SERAT WIRID IDAJAT DJATI
R.Ng. Ronggowarsito
DJATI IDAJAT
Serat wirit puniko Jasanipun RadenNgabeiRANGGAWARSITA Pudjangga ageng ing nagari SURAKARTA.
Kapendet saperlunipun kemawon, saha kawewahan saking kitab sanes-sanesipun ingkang sami - medaraken ngelmi Makripat -
TAHUN:1852.
Sinengkalan: Myarsa wisik madyeng ati.
Tjaptjapan
Penerbit Tan Khoen S Kediri.
-1- Prasaben.
Serat Wirid punika babonipun saking karaton - Surakarta, sinerat ing sastra Djawi. Wiwit sugeng ipun suwargi Raden.Ngabei Ronggowarsito dumugi ing dinten punika, serat Wirid punika tansah kagem para luhur ing Surakarta tuwin Ngajogjakarta; ugi ing pagrombolaning paguron-paguron punapa dene ing sawenehing pakempa lan Theosofie.Manawi pa ra luhur karsa paring wiridan dateng putra santana adat boten tilar wulangan saking Ronggowarsitan ; makaten ugi ing paguron-paguron sanesipun.
Ing:djaman kina.serat Wiridan punika dados ke keran; boten sadengah tijang saged nampi wiridan ingkang kados makaten punika, ngemungaken para pu tra santana dalem ingkang kinasih, ing samangke sarehne sampun ngantjik ing djaman kamadjengan,'- serat Wirid ingkang samanten edinipun:medal ing pangetjapan, sarta ladjeng sumebar ing pundi-pundi. Dados tetela: tumrap ing djaman sapunika boten namung babagan kalahiran kemawon ingkang sume dya madjeng; dalah babagan kabatosan pisan, boten purun kantun. Bab punika saja kajiina wonten ing sumebaripun kawruh Theosofie sadonja.
Mugi kawuningana: manawi pará guru bade karsa paring wiridan dateng siswanipun, punika limrahipun ingkang bade nampi wiridan ndikakaken sesutji rumijin, kados ta: adus kramas, sijam ing sawatawis dinten tuwin damel wiludjengan (rasulan) ing seprelunipun, wigatos ngalap berkahipun Kangdjeng Nabi Muchamammad s.a.w. Awit saking punika, pamra joginipun ingkang nedak wirid punika: manawi para maos bade karsa ngagem piwulang punika akanti saestu, mugi karsaa sesutji rumijin kadosisatataning siswa ingkang bade nampi wiridan. Dene ingkang _ langkung prelu punika sadjatosipun sutjining pang galih.
Ingkang punika, sarehne Pangeran punika Maha- _adil tuwin Maha asih, nanging boten pilih kasih, ... bab tinarimah tuwin botenipun saestu guman tung wonten ing lampah pandjenengan pijambak. Boten gumantung wonten ing edining serat utawi kalu huranipun ingkang paring piwulang.
Wasana sumangga. Anggen-anggen wonten ing - karsa katarima wonten ing sarira.
Ingkang nedak.
BISMILLAH IRROCHMAN IROCHIN.
Ing saderengipun wonten punapa-punapa,ing - kang wonten rumijin punika: "ALLAH", dumunung - salebetipun Nukat haib, adjudjuluk: "KUN".Inggih punika DAT sadjati. "NUKAT" tegesipun: "widji".
"CHAIB" Tegesipun: "samar". Dados Nukat Cha ib wau Widji ingkang samar, sinebut: "NUR MUCH- AMMAD", inggih Tjahja ingkang padang gumiIang - tanpa wajangan, winastan "SIFaT" sadjati.
"KUN" ladjengipun: "PAJAKUN"
"KUN" tegesipun "PANGANDIKA ALLAH",Pangandi ka sapisan kangge salaminipun. Inggih punika:-- "ASMA" sadjati.
PAJAKUN TEGESIPUN: dados gumelar salaminipun Inggih punika:---"AFinGAL" sadjati.
Sadajawau dados winihing dumadi sinebut:--- "Anasir" sadjati.
Dados ALLAH wau kagungan utawi dados anasir sakawan inggih punika: "DAT",-"SIFAT",-"ASMA",- "AFNGAL" wau punika; dadosbabaning Roh, inggih- Baboning dumadi.
Nukat Chaib, sareng kataman pangandikaning Allah, ladjeng geter.
Gumetering Nukat Chaib ladjeng angwontena - ken:--"RoHILAFI",- inggih punika tjahja wening, mantjur, mantjorong.
Papadang ingkang kaping kalih sinebut: ROH- SADJATI, dados wawajanganing Dat sadjati.
Roh Ilafi inggih gumeter. Gumetering Roh I- lafi angwontenaken tjahja mantjawarni. Inggih - punika: tjahja idjem, petak, djene, abrid, tjemeng.
Tjahja mantjawarni wau inggih tansah anggeter Getering tjahja mantjawarni dados saranduning djasad, kasar alus, awahono dados raga kita puni ka, satemah saged mobah musik, sarta asabayo muna muni.
"Muna" puniká ungeling batos.
"Muni" ungeling lesan.
Dene wedjanganipun, ingkang kawedjangaken dumateng para talabul ngelmi, anurut wedjangan para Wali wolu, ladjeng kakempalaken dados satunggal. Widji mendet. kikijasaning dalil pangan ka Allah, kados ingkang kasebat ing dalèm kadis. pangandikanipun Kandjeng Nabi Moechamad Rasullulah dateng Sajidina Ngali, dados wolung pangk kat; kapratelakaken kados ing ngandap punika.
II
No. 1. Wisikan ananing Dat.
Sadjatine ora ono opo-opo, awit duk masih awang uwung, durung ana sawidji-widji, kang ana dining iku "INGSUN"; ora ana Pangeran amung ING- SUN, sadjatining Dat kang Maha,Sutji, anglimputi ing SIFAT-INGSUN, anartani ing.AFNGALINGSUN.
III.
No. 2. Wedaran wahananing Dat.
Sadjatine INGSUN DAT kang murba misesa, kang kuwasa anitahake sawidji-widji, dadi pada sanali ka, sampurna saka ing Kodrat-INGSUN. Ing kono wus kanjatahan pratandaning Afngal-INGSUN. Kang dingin ingsun anitahake.... KAJU, aran SADJARA- TULJAKIN, tumuwuh ana sadjroning alam adam Makdum Adjali Abadi; nuli tjahja aran Nur-Moechamat; nuli Katja aran Mir Atul Kajai; nuli Njawa eran Roh Ilafi; nuli Damar aran Kandil; nuli,sosotya; aran Darah;nuli Dinding djalal aran Kidjab, kang minongka warananing kalarat-INGSUN.
IV.
No. 3. Gearan Kahananing Dat. Sadjatine Manungsa iku Rahsa-INGSUN lan ING-
SUN iki Rahsaning Manungsa: karana ingsun anitah ake Adam, asal saka anasir patang prakara:
1. Bumi.
2. Geni.
3. Angin.
4. Banju: Iku dadi kawudjudaning Sifat-INGSUN.Ing kono Ingsun pandjingi Mudah limang prakara:
1. Nur.
2. Rahsa
3. Roh.
4. Napsu.
5. Budi. Ija iku minangka warana-NINGSUN, kang Maha Sutji
-V- VI.
No. 4. Pambukaning tata malige ing dalom Betal Makmur.
Sadjátine Ingsun anata malige ana sadjero - ning Betal-makmur; iku omah enggoning paramean - Ingsun, djumeneng ana ing Sirahing Adam Kang ana sadjroning sirah iku Dimak, 1ja iku utak; kang ana antaráning-utak iku Manik; sadjoroning. Manik 1ku Budi; sadjoroning Budi iku Nafsu; sadjeroning Nafsu iku sukma; Sadjeroning Sukma iku Rahsa; sadjeroning Rahsa iku INGSUN. Ora ana Pangeran anging INGSUN. DAT kang angliputi ing- Kaanan Djat1.
No. 5. Pambukaning tata maliga ing dalem Betal Mukaram.
Sadjatine Ingsun anata malige ing dalom Betal Mukaram. Iku omah enggoning lelarangan -ING SUN, djumeneng ana Dadaning Adam. Kang ana sadje roning dada iku Ati; kang ana antaraning ati iku Djantung; sadjeroning Djantung iku Budi; sadjeroning Budi iku Djinem, ija iku Angen-angen; sadjeroning Angen-angen iku Sukma; sadjeroning Sukma iku Rahsa; Sadjeroning Rahsa iku INGSUN.
Ora ana Pangeran anging INGSUN, Dat kang anglim - puti ing Kaanan Djati.
VII.
No. 6. Pambukaning tata malige ing dalem Betal Mukadas.
Sadjatine Ingsun anata malige ana sadjeroning Betal Mukadas. Iku omah enggoning pasutjen-INGSUN, djumeneng ana ing Kontoling Adam; kang ana sadjro ningng kontol iku Pringsilan; kag ana antaraning Pringsilan iku nutpah, ija iku Mani; sadjroning Mani iku Madi; sadjroning Madi, iku Wadi; sadjroning Wadi iku Manikem; sadjroning Manikem iku Rah sa; sadjroning Rahsa iku INGSUN. Ora ana Pangeran anging INGSUN,DAT kang angliputi ing Kaanan Dja ti, djumeneng Nukat Chaib, tumurun dadi Djohar awal; ing kono ananing alam Achadijat, alam Arwah, ahm Woktdijat, alam Misal, alam Adjasam, alam Insankamil. Dadining Manungsa kang sampurna, ija iku sadjatine Sifat-INGSUN.
VIII.
No.7. Panetep iman, inggih punika:ingkang dados santosaning iman.
Ingsun anekseni: satuhune ora ana Pangeran anging INGSUN. Lan anekseni Ingsun: satuhune Muchamad iku Utusan INGSUN.
IX。
No.8. Sasahidam.
INGSUN. anekseni ing DAT-INGSUN dewe: satuhune ora ona Pangeran, anging INGSUN. Lan nekseni Ingsun: satuhunene Muchamad iku Utusan-INGSUN; Rasul iku Rasa-NINGSUN; Muchamad 1ku Tjahja-NING SUN; Ija INGSUN kang urip tan kena ing pati; 1ja INGSUN kang eling tan kena ing lali; 1ja INGSUN kang la nggeng tan kena ing rusak, tetep tan owah gingsir ing Kaanan Djati. Ija INGSUN kang waskita: ora kasamaran ing sawidji-widji. Ija INGSUN kang amuurba amisesa, witjaksana, ora kekurangan ing pangerti, bjar padang terawangan, ono
ora karasa apa-upa ora o-katon apa-apa, amung INGSUN angliputi ing alam kabeh kalawan Kodrat- INGSUN.
x.
Wiridan angka kalih.
Ingkang sampun mawi murad maksudipun pisan. Punika babaring Wirid, ingkang mawi murad saha maksudipun pisan, ngiras minangka bubukaning Idajat ingkang dados pitedahan dununging ngelmi makripat sadaja; wijosipun saking Dalil, Kadis, Idjemak. Ki jas.
Tegesing Dalil: anedahaken pangandikaning. A-1 llah.
Tegesing adis: anjarijosaken wuwulanging Rasullullah.
Tegesing Idjemak: angempalaken wawidjangipun para wali.
Tegesing Kijas inggih punika: putusaning pamanggih ingkang sampun dipun mupakati dening para Imam sekawan 1. Imam Sapingi, 2. Imam Kamba- 11, 3. Imam Kanapi, 4.- Imam Maliki..
Sadaja punika sami dados pambukaning kekeran ingkang medaraken rahsa ghaibing ngagesang,, supados waskita ing gesangipun, lestantuna gesang ing awal-achir Bondjing dumugining djandji sageda sampurna sangkan paranipun, sampun ngantos dumawah ing alam panasaran.
Menggah ingkang dados widjining ngelmi ma - kripat, miturut kikijasan saking Kadis pangandikanipun Kangdjeng Nabi Muchamad, ingkang kawedja ngaken dateng sajidina Ngali, kinen angestokaken ananing DAT kados ingkang kasebut ing Dalil sapisan saking pangandikaning Paangeran kang Maha Sutji, kawisikaken ing talingan kiwa, kados ing ngandap punika:
Menggah ingkang ngandika: "Ija INGSUN sadja tining DAT kng Maha Sutji" - punika inggih GE- SANG kita pribadi, sajekti katitipan RAHSANING DAT kn g agung-Anglimputi ing Sipat,-- punika 1- nggih RUPA kita pribadi, sajekti kawimbuhan Ra saning DAT kang elok.- Anartani Asma,-punika inggih NAM kita pribadi, sajekti kaaken sasebutaning DAT kang wisesa,- Amratandani Afngal,-punika inggih SoLAH BAWA kita pribadi, sajekti anelakaken pakartining DAT kang sampurna: Mila babasanipun: wahananing DAT punika anjamadi SI- PAT+SIPAT punika anartani ASMh-ASMA punika amratandani ApNGAL-APNGAL punika dados warananing DAT.
Dene DAT anggenipun anjamadi SIPAT punika upami kadi madu lawan manisipun, jekti boten kenging jen kabodakna.
Dene ASMA, anggonipun emertandani APNG..L, punika upami kadi paesan, ingkang ngilo lan wewajanganipun, jekti saolah bawanipun ingkang angilo, wawajangan wau anut kemawon.
Done APNGAL anggenipun dados wahananing DAT punika, upami kadi samodra lawan ombakipun, jekti wahananing ombak anut sa-rèhing samodra.
Dados sadjatosipun ingkang anama MUCHAMMAD punikn Tadjalining DAT, ing wahananing Tjahja ingkmg anglimputi/ing djasad, dumunung wonten GESANG kita; inggih ingkang gosang pijambak, boten wonten ingkang anggesangi. Mila Kuwasa aningali, amijarso, anggonda, angandika, angraosaken saliring rahsn,- punika saking KoDRAT-ing DAT kita sadaja. Tegesipun makaten: DaT ing PA- NGERAN kang Maha sutji punika, anggonipun aninga li amung angagem Netra-kita; anggenipun mijarsa ngagem Telingan-kita; anggenipun angganda ngagem Grana-kita; anggenipun angandika ngagem Lesan-kita; anggenipun angraosaken saliring rahsa, ugi ngagem Pangraos-kita. Sampun mawi uwas sumelang ing galih sabab: wahananing WAHJA DYA- TMIKA sampun kasarira; togesipun lahir batining ALAH punika sampun dumunung wonten GESANG-kita Pribadi. Mila,... bebasenipun: :.. sopuh DAT-ing manungsa katimbnng SIPAT-ing ALLAH. A- wit dadosing DAT punika chadim adjali-abadi; togesipun: rumuhun pijambak, kala taksih awangwung salaminipun ing kaanan kitn; dadosing SI- PAT punika chudusungulam tegesipun anjar, wonton ing alam donja. Ananging sami tarik-tinarik, totep-tinetepan; samukawis ingkang nama DAT, pu nika sajekti dumunung wonten ing SIPAT; sakali ripun ingkang namm SIPAT punika sajekti kadunu - ngan DAT sadaja.
= Dene menggah urut-urutanipun dumadining DAT SIPAT punika, wonten wahananipun, kasebut ing da lil kaping kalih, saking pangandikaninipun Pange ran ingkang Maha Sutji, makaten djarwanipun:
Sadjatine Ingsun DiT kang murba amisesa,kang kuwasa anitahake ing sawidji-widji, dadi pada sa nalika sampurna, saka ing Kodrat-Ingsun. Ing - kono wus kanitahan lan pratanda Angal-Ingsun,mi nangkabubukaning Iradat-Ingsun. Kang dingin Ingsun anitahake CHAJU, aran Sadjaratuljakin, tumuwuh ana sadjeroning Alam Adammakdum adjali aba di. Nuli TJAHJA aran Nur Muchammad. Nuli KATJA - aran. Miratulkajat Nuli NJAWA aran Roch Ilafi , Nuli DAMAR aran Kandil. Nuli SOSOTYA aran. Darah Nuli DINDING DJALAL aran Kidjab, kang minongko warananing kalarat-Ingsun.-Monggah dunungipun makaten:
SADJARATULJAKIN tumuwuh ing salebeting alam Adam makdum adjali abadi, tegesipun: kadjeng sadjati, dumunung ing. djagad sunja-ruri,-taksih awang-awung salaminipun ing kaanan kita,--punika chakekating Dat kang masti rumuhun pijambak, ing gih-punika Dat-ing htma, inggih GESANG sadjati : dados wahananing.alamichadijat.
pinudji- NUR MUCHAMAD, togesipun: Tjah jo Katjarijos ing Kadis: warninipun kados peksi merak wonten ing dalem sosotya kang petak,dumunung ing arah-arah ing-Sadjaratuljakin. Punika chak kating Tjahja ingkang ingaken Tadjalining DAT wonten salebeting Nukat Chaib, minangka Sipating Atma dados wahananing alam Wahdad.
MIRATULKAJAI, tegesipun: Katja wirangi, dumu nung-wonten sangadjenging Nur Muchammad. Punikachakekating Pramana, ingkang ingaken Rahsaning - DAT,minangka Asmaning Atma, dados wahananing a lam Wachidijat.
ROH ILAFI, tegesipun: Njawa ingkang wening - Katjarijos ing Kadis: asal saking Nur Muchammad punika chakekating Soeksma, ingkang ingaken kaha aning DhT, menöngka Afngaling Atma, dados wahananingalam Arwah..
KANDIL, tegosipun: rdilah tanpa latu.: Katja rijos in Kedis: awarni sosotya ingkang mantjur mantjoronggumantung tunpa tjantelan. Ingriku ka- 'anan Fur Huchammad sarta enggon,pakempalaning Roch satujh Pumika chakekating Anen ngen, in kang ingakon-wawajanganing Dng, minangka embaning Atma, dados wahananing alam Hibal.
DiR4H, togosipun: sosotya. Katjnrijos ing Kadis: adarbe sorot mantja warni,sami kanggenan Malaekad. Punika chakekating Budi, ingkane ingaken paosaningDAT,-minangka wiwaraning Atma, dados wahananing alam Addjesam.
KIDJAB, winastan Dinding djalal togesipun : warana kan &gung. Katjarijos ing Kadis: medal saking sosotya ingkans, mantja warni. Ing nalika mosik angenakaken: uruh, kukus, toja punika chakokating djasnd, minangka sesadaning Atma, dados wahananing alam Insankamil.
XI
Pratelan saking Idjemak Kijas. Papangkataning dinding.djalal.
Henggoh pratelanipun saking Idjemak Kijas, papangketaning dinding djalal, ingkang awarni uruh, kukus, Toja wau, sami dados nigang warana ingkang kasebut ingandap punika:
Ingkang rumijin: uruh, ngedalaken tigang paa. ngkat 1. Lidjab kisma, dados djsad ing djawi, kadasta.kulit daging sapanunggilanipun2. Kidjab rukmi, dados wahananing djasad ing - lebot, kadosta utek, manah; manik, djantungsapanunggilanipun- 3. Kidjab retna, dados wa hananing djasad ingkang lembat, kadosta: mani, erah sungsum sapanunggilanipun.
Ingkang kaping kalih: kukus, ngedalakon tib. gang pangkat: 1. Kidiab popeteng. dados wahananing mapas sa anunggilanipun.- 2. Kidjab guntur, dados wahananing pantja indrija. -3. Kidjab latu, wahananing nafsu.
c. Ingkang kaping tiga: Toja ugi ngedalaken tigang pangkat:
1. Kidjab BUN TOJA GESANG, dados kahananing SUKMA.
2. Kidjab NUR RaSA, dados kahananing RAHSA. 3. Kidjab NUR TJAHJA ingkan sakalangkung pa dang dados kahananing ATA.
Sadaja punika warananing DaT, sama dumunungwonton ing I n s a n k a m i 1, tegesipun ka sampurnaninglianungsa.
Sampun uwas sumelmg ing galih. Sebab: kaananing uwot sirotolmustakim, suwarra, naraka, bumi, langitsaisen-isenipun sadaja,-punika, sampun kawengku wonten salebeting w a r a n a, sinamadan doning DAT-kita kang maha agung, gume lar dados kaelokaning SIPAT- kita kang esa anar tani ine purbaning ASilA-kita kangwisesa, amrata ndani, ing kawasaning APNGAL-kita-kang sampurna Pratelanipun kados ingandap punika:
Ing nalika ingkang Maha Sutji karsa mudjuda ken SIPATIPUN winastan Adam, saking kawan praka wis: 1. Siti,-2. Latu,-3. Angin,-4. Toja, punika kahananipunkasebut ing dalil ingkang kaping tiga, saking pangandikaning Pangeran ingkang Ma ha Sutji, makaten djarwanipun:
Sadjatino Manungsa iku RASANINGSUN, lan ... INGSUN IKI rasaning Manungsa karana Ingsun anitahaken Adam asal saka ing anasir patang prakara: 1. bumi, 2. geni, 3. angin, 4. banju, Iku dadi "kawudjudaning Sipat" INGSUN. Ing kono ing sun-pandjingi udah limang prakara: I. Nur=Tjahja, II. Rasa=Rahsa, III. Roh=Njawa, VI. Nafsu = Hawa, V. Akal=Budi Ija iku wahananing WADJAH- Ingsun KANG MAHA SUTJI. Menggah dunungipun makaten:
MUDAH punika Dat-ing kawula. WADJAH punika Dat-ing GußTI kang sipat langgeng tjarijos ingKa dispandjinging mudah gangsal prakawis wau, wiwit saking embun-embunan, kandel wonten ing utek,la tumurun dateng netra, ladjeng tumudjeng run dateng karna, ladjeng tumurun dateng grana, ladjeng tumurun dateng lesan, ladjeng tumurun dateng djadja, a djeng sumarambah dateng djásad adaja;
dgangkepipun djumenong Insan-kamil. Makaten punika kawimbuhan saking karsanipun Ingkang-Maha Sutji, anggenipun andjenengakon maliganing DAT, ingkang la tata wonten ing Bet'ullah dados tigang kahanan kados ingkang kasebut inginggil; punika sadjatosipun minangka k a j e k t e n i n g - k a a nansatunggal-tunggal,anandakakon k a 1 a r a t i n g DAT ingkang agung, kang Mahà mulya, langgeng boten kenging ewah gingsir saking Kahanan djati.
XII
Para Wali Wolu ingkang karsa medjang ngelmi makBipat ing djaman Demak.
Punika warahing.Idajat djati, ingkang anadahaken dununging-pangkatipun ngelmi makripat, wedjangan saking parawali ing tanah Djawi. Sasedanipun Kandjeng Susuhunan ing Ngampeldenta sami karsa ambuka wiridan ingkang dados widjining wewedjanganipun suraosing-ngelmi kasampurnan pijam bakpijambak.
Wijosipun inggih punika asal saking: Dalil, Kadis Idjemak, Kijas. kados ingkang sampun kasebut wonten salebetin Wirid sadaja. Menggah papangkatipun satunggal-tunggal kapratelakaken ing ngandap punika:
Ingkang rumijin: saangkatan kala djaman awalipun nageri Demak, para wali ingkang karsa memedjang amung wòlu:
1. Kandjeng Sunan ing Giri kadaton, wedjanganni pun wisikan ananing DAT.
Kandjeng Sunan ing Tandes, wedjangnipun: we- 2. daran ananing DAT.
Kangdjeng Sunan ing Madjagung, wedjanganipun -3. gelaran kahananing DAT.
4. Kangdjeng Sunar ing Bonang, wedjanganipun pambukaning tata malige ing betalmakmur.
5. Kangdjeng Sunan ing Murjapada, wedjanganipun: pambukaning tata malige ing dalem Detalmucharam.
Kangdjeng Sunan ing Kalinjamat, wedjangnipun: 6. pambukaning tata malige ing dalom Betalmukadas
7. Kangdjeng Sunan ing Gunungdjati, wedjanganipun santosaning Iman. 8. Kangdjeng Sunan ing Kadjenar, wedjanganipun: sasahidan.
XIII.
Para Wali ingkang karsa medjang ngelmi ing akiripun djaman Demak.
Ingkang kaping kalih, ing saangkata malih, ingkala djaman akiripun ing Demak, para Wali kang karsa medjang inggih amung wolu:
1. Kangdjeng Sunàn ing Giriparapen, wedjanganipun: Wisikan ananing DAT.
Kangdjeng Sunan ing Daradjat, wedjanganipun: 2. Wedaran wahananing DAT.
Kangdjeng Sunan ing Ngatas-angin, wedaranipun 3。 gelaran.ananing DAT.
4, Kangdjeng Sunan ing Kalidjaga, wedjanganipu: Pambukaning tata malige ing dalem Betalmakmur.
5. Kangdjeng Sunan ing Padusan, wedjanganipun :
Pambukaning malige ing dalem Betalmukadas.
6. Kangdjeng Sunan ing Tembajat, wedjanganipun: Pambukaning tata malige ing dalem Betalmucharam.
Kandjeng Sunan ing Kudus, wedjanganipun: 7。 Santosaning Iman.
8. Kangdjeng Sunan Gesang, wedjanganipun: Sasa - hidan.
Dene wedjangan ingkang kasebut inginggil punika suraosipun inggih anunggil kemawon, amargi sämi wiwiridan saking pamedjangipun Kandjeng Susuhunan ingNgampeldenta sadaja. Mila ing samangke dados satunggal, supados gampila anggenipun angraosaken riwajating Dalil, Kadis, Idjemak Kijas. Sarehne kakekatipun DATING PANGERAN kang ma ha sutji punika binasakaken: s a k a l a n. g - k u n g G h a i b. - tanpa warna tanpa rupa, asipat: dede djaler dede estri dede wandu, sarta : boten mawi djaman makam, boten arah boten enggen dinulu boten kenging, boten katingal, dinumuk bo ten kantenan, - punika isbatipun amung Tjipta-sa smita dumunung ingkang waskita. Mila wisikanipun
katen:
Sadjatosipun boten wonten punapa-punapa sakatahing Asja (sawidji-widji) ingkang kasebut punika d e d e T a d j a 1 i n i n g Pangeran ingkang maha sutji sadaja, (Inggih punika d e d e "Ingkang Murba-misesa, kang kawasa muhung Ingsun, kang maha sutji, maha mulya muhung Ingsun".-
Menggah wisikan makaten punika, m a n a w i dorengsagedanampeniingp a n g g a 1.i h, mugi dipun taberi marsudi ing suraosipun.
Pangimpuning para wedjangan sadaja, kados ing kang kasebut wonten warahing Idajatdjati makaten: Sodjatosipun DAT INGK.NG MAHA SUTJI punika asipat ESA. Dipun basakaken DAT MUNTELAK KADIM A- DJALI ABADI, tegesipun asipat SATUNGGAL kang ma'sti RUMUHUN PIJAMBAK,- kala taksih awang-wung salaminipun ing KiHANAN KITA; inggih punika DJUME - NENG PRIBADI wonten salebeting MUKAT CHAIB ingkang sakalangkung.langgeng.
Ingkang minangka w a r a n a n i n g DáT, sa ha dados w a h a n a n i n g SIPAT, ASMh, APNGAL sadaja-ingandap-punika babaripun satunggal-tungg
1. KAJU-tegosipun GESANG; dumunung sadjawining DAT
2. NUR-tegesipun TJAHJA; dumunung sadjawining GE- SANG.
3. SIR-tegesipun RAHSA; dumunung sadjawining TJAHJA 4. ROH-tegesipun NJAWA; dumunung sadjawining RAHSh.
5. NAPSU-tegesipun angkara; dumunung sadjawining - SUKMA(NJAWA).
6. 'AKAL,-tegesipun BUDI; dumunung sadjawining Napsu.
7. DJASAD-tegesipun Badan; dumunung sadjawining Budi.
Dene KAJU punika ingkm g kapasrahan pangawasaning DAT, kinarsakaken anggesangi kahananing TJAHJA, RAH- SA, SUKMA, NAPSU, BUDI, BADAN sadaja, sumarambah saking wiwitan dumugi ing wekasán. Menggah wiwidjanganipun kados ingandap punika:
Ing nalika KAJU anggesangi kahananing Tjahja 工 sunarambah ing Netra, wahananipun dados saged aningali. Inggih punika Paningaling DAT ngagem netra kite.
II Ing nalika KAJU anggesangi kahananing Rahsa: sumarambah ing grana, wahananipun dados saged angganda. Inggih punika Panggandaning DAT ing nalika ngagem grana kita.
III Ing nalika KAJu anggesangi kahananing Sukma: sumarambah ing lidah,wahananipun dados saged angandika. Inggih punika Pangandikaning DAT ing kala ngagem lesan kita.
IV. Ing nalika "KAJU anggesangi kahananing Napsu; sumarambah ing Talingan, wahananipun dados saged amijarsa. Inggih punika Pamijarsaning DAT angagem Talingan kita.
V. Ing nalika KAJU anggesangi kahananning djadados sad: sumarambah ingarah, wahananipun saged ambekan, Ladjeng nuwuhaken kuku wulu sasa minipun; inggih punika APNCALING DAT ing nalika ngagem "sa-ulah" kita. Saestu boten pae ingnalikaamratandani Apngal s a l e be t in g a l a m: ladjeng saged molahaken surja, wulan, lintang, angin sapanunggilanipun. ...... saisen-isenipun sadaja -sami dumunung wonten ing PURBA-WISESANING DAT, kados ingkang kasebut ing ngandap punika:
DAT amurba: Kaju. Tegesipun: DAT punika wi- 1. ting Gesang.
2. KAJU amisesa: Nur. Tegesipun: Gesang punika amengku Tjahja.
NUR amisesa: Sir. Tegesipun Tjahja punika a- 3. mengku gesanging Rahsa.
4. SIR amisesa: Roh. Tegesipun: Rahsa punika amengku gesanging Sukma.
5. RoH amisesa: Napsu. Tegesipun: Sukma punika amengku gesanging Budi.
6. NAPSU amisesa: 'Akal Tegesipun: Napsu punika amengku gosanging Budi.
AKAL amisesa: djasad Tegesipun: Budi punika 7. amengku gesanging badan wadag.
Menggah wangsulanipun makaten:
Djasad kawisesa dening Budi. Tegesipun: eba 1。 hhing badan punika kaprabawa saking osiking Budi.
Budi, kawisosa dening Napsu Tegosipun: osi- 2. king Budi punika kaprabawa saking Hawa napsu
3. Napsu, kawisesa dening Sukma Tegesipun: hawa ning Napsu punika kaprabawa saking wahana-
ning Njawa. Suksa, Kawisesa dening Rahsa. Tegesipun: wa- 4. hananing Njawa punika kaprabawa saking pra mananing Rahsa:
Rahsa, kawisesa dening Tjahja. Tegesipun: 5. pramanáning Rahsa punika kaprabawa saking pramananing Tjahja.
6. Tjahja, kawisesa dening Kaju. Tegesipun: Pra mananing Tjahja punika kaprabawa saking kawasaning GESANG.
Kaju, kapurba ing DAT. Tegesipun: kawasaning 7. GESANG punika kaprabawa saking Purba-wisesaning DAT.
DAT punika tanpa dunungan. Purba-wisesaning 8. sampun wonten kanjatahaning GESANG-kita pribadi. Milanipun wahananing Gesang punika tanpa wangenan kalajan ANANING DAT, Inggih Inggih " G E S A N G K I T A punika "Dat-ing GUSTI KANG MAHA SUTJI SADJATI". Sampun uwas sumelang ing panggalih m o k m a n a w i ke-ngingpambangusingparaambarongan.
XIV.
Panekung: wasijatipun Kangdjeng Panembahan Senapati ing Mantawis.
Dene santosaning pangosti, kajektosaken ingkang dados tandanipun, punika manawi pinesu salo beting panekung, anungku semedi, aneges karsa, AMARSUDI KAWASA, Adad ingkn g sampun kalampaha n wonten "mangunah" dateng, kabekta ing utusan, me dal saking Sarira-kita kang Maha, Mulja, amawa tanda katingal saking PRAMANA, karao3 ing dalem RAHSA. Ingriku manawi katarima, ingkang tjinipta: dados; ingkang sinedya; wonten; ingkang kisan: dateng saking parmaning Kang kawasa. Menggah pratikelipun manawi bade manekung,- punika saking wasijatipun Kangdjeng panembahan Senapati ingalaga Mentawis, kados ingadap punika
Wiwitangirangidaarsar e, anjegah sahwat., ambirat napsu hawa ing da lem sawatawis dinten; ladjeng sijama a n g 1 o w o n g, sarta ambisu ing dalem tigang dinten - tigang dalu, boten kenging ngemu sak-serik,duka -tjipta.. Manawi sijamipun kantun sadinten sadalu, sampun ngantos sdre. Sareng ing wantji' tengah dalu:.siram, ladjeng angagem busana ingkang sarwa sutji, sarta akokonjoh ganda wida djebadwangi, adudupa medjeng mangetan utawi mangilen, angadjengaken keblatipun pijambak; dumugi-nipun ing wantji bangun endjing: punika wiwit tapakur pedjah raga, nutupi babahan-hawa sanga Patrapipun lenggah pitekur: djempol suku kapanggihaken sami djempol suku denpapak polok kapanggihaken sami polok den-gatuk; djengkulkapanggihaken sami djengkulden-rapet; padjaleran sapalandungani pun sinipata kakalija djempol suku den-leres, - sampun ngatos katindihan; nunten asta kalih ang rangkul djengku atrap sidakep suku tunggal; da ridjining dsta sami antuk selaning daridji,kados angapurantjang; djempol asta den-aben sami djem pol asta, ladjeng winawas kalijan putjuking gra na. Nunten anata wedaling napas, anpas,tanapas, nupus, sampun ngantos tumpang-suh kumpulipun da dos satunggal, Ing ngriku tinarik saking kiwa,- dumugi ing puser: kendel saantawis dangunipun ; ladjeng ka'urunaken anongen: medal ing leng gra ńa tengen ingkang alon, sampun ngantos kasesa,- Menawi sampun saroh, narik napas malih saking - tongen, dumugi ing puser: kondel saantawis darigunipun; ladjeng katurunaken mangiwa, medal ing leng grana-kiwa, ingkang alon, sampun ngantos -
kasesa, ambal kaping tigá. Kados-makaten pana riking napas, wekasanipun manawisampun sareh, anarik napas malih: saking kiwa, mubeng nengen, saking tengen mubeng mangiwa, kakumpulaken dados satunggal wonten ing puser; ladjeng katarik manginggil leres ingkangsareh; kendel 'tinata wonten ing djadja; ladjeng katarik manginggil malih ingkang alon, kendel tinata wonten ing sirah Ingriku angeningaken tjipta sarwi osik matrapaken pandjenenganing DAT kita, kados makaton:
Ingsun tadjalining DAT kang Maha Sutji, kang amurba amisesa, kang kawasa ngandika "KUN"- PAJA KUN" dadi satjiptaningsun: TEKA sakarsaningsun, metu saka kodrat-Ingsun.
Manawi sampun makaten, adat sanalika kemawon kajektosan ingkang dados tandanipun. Nunten panariking napas katurunaken medal ing leng grana kalih pisah, ingkang alon, sampun ngantos kasesa ing wekasan pasrah anenongsa dateng DaT-kita pijambak.
Menggah patraping panekungan punika, pinjogi nipun sageda kalampahan ing saben wulan sapisan. Botenipun, amung ing saben dinten Idjabah kemawon sampun ngantos katawongan. Sabab, ingriku wek tuning katarimah saliring panuwun, kados ingkang kapratelakaken ingandap punika:
Wulan Mucharam, idjabahipun tanggal kaping 9 1. kalijan 10.
2. Wulan Mulud, tanggal kaping 12.
Wulan Redjeb tanggal kaping 27. 3.
4. Wulan Ruwah tanggal kaping 15.
5. Wulan Sijam, tanggal kaping 21. 23, 27. 29.
6. Wulan Besar, tanggal kaping 8.
Sanesipun punika sami sepen tanpa dinten idjābah andjawi idjabahing wantji ing dalem sadin ten sadalu kaping sakawan: 1 ing wantji:serap surja, 2 ing wantji tengah dalu, 3 bangun endjing 4 tengangé leres.
xv.
Pratelan wahananing Dat ingkang urut
Ing mangke kapratelakaken urut-urutaning na manipun wahananing DaT ingkm g sampun kasebut ing ngadjeng sadaja wau, kados ingandap punika:
A. Ingkang rumijin: KAJU, tegesipun GESANG; dipun wastani KAJUN, tegesipun PANGGESANGAN; dipun wastani malih KAJAT, tegesipun ANGGESANGI; dipun wastani malin KAJU DAIM, tegesipun GESANG KANG TETEP. Ananging sadjatosipun inggih amung s a t u n g g a 1 "KAJU" punika. Makaten ugi sasampun ingkangnama "daim" kados ta: Imam daim, salat daim .... punika sami dumunung ing dalem - "KAJU DAIM" sadaja, tegesipun: TETEP wonten ing kahananing GESANG KITA pribadi.
B. Ingkang kaping kalih: NUR, tegesipun TJAH- JA, punika sadjatosipun inggih amung satungal, ananging dipun namani dados gangsal sesebutan:
1. NURIJhH, tegesipun: Tjahja samar; warnanipun tjemeng.
2. NUR.NI, tegesipun Tjahja keknlih, inggih punika Tjahja kaping kalih; warnanipun abrit.
3. NUR MaHDI, tegesipun: Tjahja sumirat; warnani pun djenar.
4. NUR BUaT, tegesipun: santosa; warnanipun idjem
5. NUR MUCHAMMAD, tegosipun Tjahja kang pinudji; warnanipun petak.
Monggah gerbanipun sadaja punika, kasebut nama. "NUR'ULLAH" tegesipun TJAHJANING ALAH.
C. Ingkang kaping tiga SIR, tegesipun: RAHSA, punika sedjatosipun inggih-amung satunggal, ananging dipun namáni dados nenem sesebutan.
1. SIR: IBTADI,.tegosipun RAHS. PURBA, inggih punika dados wahjaning asmaranala.
2. SIR: KAHARRI, tegosipun: RAHSA WISESA, inggih punika dados wahjaning asmara tura.
3. SIR: KAMALI, tegesipun.RAHSA SAMPURNA, inggih punika dados waj-aning asmara turida.
SIR: NGADJI, tegesipen RAHSA MULJA, inggih , -4。 punika dados wahjaning asmara nada.
5. SIR: CHAKI I, tegesipun RAHSA SEDJATI, inggih punika dados wahjaning asmara tantra.
6. Sir: WAHDI, togesipun RAHSA TUNGGAL, dipun wastani SIR: CHAIB, inggin punika dados wahja sadaja ning asmara gama, Menggah gerbanipun punika kasebut nama "SIR'ULLAl", tegesipun RAH SANING ALLAH.
D. Ingkang kaping sekawani ROH, tegesipun NJA- WA utawi SUKMA. Punika sadjatosipun inggih amuung satunggal, ananging dipun namani dados pitung sesebutan:
1. ROH DJASMANI, tegosipun: njawaning djasad, Ing gih punika wewajanganing NJAWa ingkang anggesungakon anggotaning B4DAN; dipun ngibarataken Roh chowani tegosipun kaupamakaken njawa ingkang nggesangi sato-kewan.
2. ROH NABATI, tegesipun: njawaning tumuwuh, inggih punika wewajanganing NJAWA, ingkang nuwuha ken iulu kuku sapanunggilanipun, tumanem dados gesanging Budi.
3. RoH NAPSANI, tegesipun: njawaning napsu, inggih punika wawajanganing Njawa, ingkang-anggesanga ken hawaning napsu. L
4. ROH ROCHANI, tegesipun: NJAWANING SUKMA inggih punika wawa janganing NJAWA, ingkang nggesangaken warananing SUKMA.
5. ROH RAHMANI, tegeSipun: NJAWA KAN G ASIPAT MURAH dipun wastani ROH RABaNI,.tegesipun NJAWaNING- PANGERail, inggih punika wawa janganing MJAWA, ingkang nggesangaken kahananing RhHSa.
6. ROH NURRANI, tegesipun: NJAWANING TJAHJA, inggih nunikn wawajanganing NJAWa, ingkang nggosa ngaken wahananing TJanJA.
7. ROH ILAPI, tegesipun: NJAWA KANO WENING, dipun wastani ROH CHUDUS, tegesipun NJAWA KANG SUTJI inggih punika wajanganing NJaWA, ingkang angge sangaken kahananing ATMA.
Menggah gerbanipun sadaja punika kasebut nama ROH'ULLAH, tegeSiPun NJAWANING ALLAH.
Dene terangipun wewidjanganing Roh punika, mmnawi karudukaken kalijan wasijatipun Ingkang Sinuhun Kangdjeng Sultan Agung, ka la musjawaratan ngelmi; kadawuhaken dateng kijai pangulu amat kategan, makaten pangandika dalem:
"Sadjatine Roh iku SAWIDJI, minangka kahananing Rahsa", binasakake "Njawa" utawa "Djiwa", kasebut aran "Sukma". Prabedane pada mawa tanda sowang-sowang:
1. Tandaning Roh iku nganakake getih.
2. Tandaning Njawa: nganakake keketeg.
3. Tandaning Djiwa: nganakake napas,
4. Tandaning Suksma: nganakake rasaning djesad, "Ananing Suksma iku ana papangkatane dadi pitung warna." Iki sawidji-widjine:
1. Patemoning djasad lan napas, iku den-arani Suk sma wahja, tegese: Suksma lahir.
2. Patomoning napas Jan budi, iku don-arani Suksma dyatmika, tegese: Suksma batin.
3. Patemoning budi lan napsu, iku den-arani Suksma lana, tegese: Suksma tetep.
4. Patomoning napsu lan njawa, iku den-araniSuksma mulja, tegese: Sukma mulus.
5. Patemoning njawa lan rahsa, iku den-arani Suk sma djati, tegesi: Suksma njata; den-arani ma neh: Suksma rasa, tegese, Suksmani rahsa.
6. Patemoning Rasa 1an Tjahja, iku den-arani Suk sma wasesa, tegese: Suksma wenang.
7. Patemoning TJAHJA lan URIP, iku den-arani Suk sma Kawekas, tegose: Suksma wekasans
Dene patemone k a b e h mau dadi SUKSM ADI LUWIH, tegese: Suksma utama. Jen kumpul, dadi RET NA INTEN DJUMANTEN, iku ngibarating martabat Wakidajat; Sampurna dadi SaSTRk LUDIRA, iku ngibarating Martabat Wahdad; Sampurna: dadi SOTYALUDI RA, iku ngibarating martabat AKADIJAT, walujyd di MaNIK MaJA, Gumilang tanpa wewajangan, tegese bali dadi DAT-ing NUKAT GHaIB, mulih marang ADJA LIABADI.
Wangsul amratelakaken uruting namanipun wa~ hananing DAT,
E. Ingkang kaping gangsal NAPSU, tegesipun angikara, punika sadjhtosipun inggih amung satu nggal, ananing dipun namani dados kawan sasebu tan:
1. Napsu Aluamah, tegesipun angangsa; darbe hawa murugaken dahga arep, luwe, sapanunggilanipun Wahananipun wonten ing waduk, wahjanipun saking lesan; 'kasebut dados ngibarat kaananing, manah ingkang asorot tjemeng. Sampurnaning nna rik leburing wulu kuku.
2. Hapsu Amnrah tegesipun sereng; darbe hawa murugaken angkara, panasten, dudukm sapanunggula nipun. Wahananipun ing ngamperu. Wahjanipun sa king karna kasebut dados ngibarat kaananing ma:. nah ingkang asorot. Sampurnaning anarik leburing kulit erah.
3. Napsu Supijah, tegesipun: meles; dipun namani, harda, tegesipun: adreng; darbe hawa murugaken murka, penginan, pakareman, kabingahan sapanunggilanipun. Wahananipun ing lilimpa Wahjanipun saking netra; kasebut dados ngibarat kaananing manah ingkang asorot djenar. Sampurnanipun narik leburing daging otot.
4. Napsu Mutmninah, tegesipun: djinem; darbe hawa murugaken loba dateng kautaman punapa dene welas asih sapanunggilanipun; terkmdang ngantos, keladuk kadosta: sumedya anglampahi tinpa brata ingkang kelantur, boten mawi wo tawis Wehananipun ing babalung. Wahjanipun saking grana. Kasebut dados ngibarat kaananing manah ingkang asorot petak. Sampurnanipun annrik leburing ba lung sungsum. Dene manawi kapatitisaken, witing Napsu punika saking utek; dumuñung ing manah:
dados Tjipta: dumunung ing djantung: dados birahi Wedalipun sgking djantung ladjeng dados Nupus; ka tampen ing manah malih ladjeng dados Anpas; anung gil lampahing erah ladjeng dados Tanapas; napas, suwara-punika sami medal saking hawaning Napas sa daja.
F. Ingkang kaping nem: TAKAL, tegesipun: Budi Punika sadjatosipun inggih amung satunggal, ananging dipun namani dados gangsal sasebutan.Menawi kaetang dalah ingkang rangkep nama, dados pitungsasebutan; sami anartani dateng ngibarat namaning manah. Kadadosanipun anunggil sasebutan.
1. Budi: Maknawi, inggih manah Maknawi, tegesipun
wahjaning budi. 2. Budi: Sanubari, inggih manah Sanubari,tegesipun wahananing budi.
3. Budi Suweda, inggih manah Suweda, tegesipun:
woding manah; dados ngibarat kahananing budi. 4. Budi Puat, inggih manah Puat, tegesipun: woding djedjantung; dipun namani budi zaki utawi manah zaki tegesipun: manah sutji; dados, ngibarat Pramaning'budi.
5. Sudi Sierrie, inggih manah Sierri, tegesipun: Rahsaning manah; dipun wastani budi Sofi, uta wi manah Sofi, tegesipun: manah, inggih wening in gih ngibarat pangaosing budi.
Dene manawi kapatitisaken pakartining Budi pu nika dipun wastani "Pantja ndrija", tegesipun:ma nah gangsal, inggih punika pangawasa ingkang medal saking rahsani Budi. Peperanganipun dados , tigang pangkat sami anggangsal pakarti:
1. Dipun wastani Karmindrija, tegesipun: purba ning budi, kados ta: paningal, pamijarsa, pang ganda, pamiraos.
2. Dipun wastani Antarendrija tegesipun: antawising budi, kados ta: keketeg, napas, kedeping netra, raosing lidah, kenjaming lati.
3. Dipun wastani Djajendrija, tegesipun: wasesaning budi, kados ta: raosing kulit, pardji dju bur, asta, suku.
G. Ingkang kaping pitu: DJASAD, tegesipun: ba dan wadag; punika sadjatosipun inggih amung satu nggal, ananging dipun namani dados kalih sesebutan:
1. Djasad wadag, tegesipun: badan kasar, kadadosan saking lebu, winastan djisim, ugi kawasta nan badan djasmani.
2.Djasad latif, tegesipun: badan alus, winastan djisim latif, ugi-kawastanan badan chewani.
Menggah saking djandjinipun: badan wadag kali jan badan alus punika, boten kenging pisah sangkan paranipun,-anunggil kahanan sadjati-upami sa tu mungging rimbagan. Ananging wawangsulan: ing tembe badan wadag punika luluh sampurna wónten, salebeting badan alus, kalimputan dening Kaju da im, tegesipun: gesang tetep dumunung ing Kahanan kita pribadi. Mila dipun pralambangi: warangka - mandjing tjuriga, tegesipun: badan wadag dumunung salebeting badan alus. Kala badan wadag taksih daios embanan, lambangipun: tjuriga mandjing warengka, tegesipun: badan alus taksih dumunung sa lebeting badan wadag.
Dene pratikelipun angluluh badan wadag wau,sa king wasijat dalem ingkang sinuhun Kangdjeng Susuhunan Paku Buwana kapisan, kenging kalarteh anglampahi tapa brata kados ingandap punika-
1. Asusutji, tegesipun taberi siram endjing.
2. Angirang-ngirangi dahar, tegesipun: adahar na mung manawi kraos luwe.
3. Angirang-ngirangi ngundjuk, tegesipun: angundjuka namung mawi sanget kasatan.
4. Angirang-ngirangi sare, tegesipun: asarea ma- 1 nawi sanget karipan.
5. Angawis-awisi ngandika, tegesipun ngendikaa - manawi ngangge mangsa kala.
6. Anjunjuda sahwad, tegesipun: sahwata kalijan, -garwa manawi sanget kangen.
7. Ambarsta napsu, tegesipun: sampun ngantos ngum bar hawa, angagema budi trima, lila, legewa utami. a
Angger saged kalmpahan makaten, manawi boten kawistara sarta dumunung ingasepen, inggih walla hu alam katarimahipun.
Dene manaw1 bade waskita dununging ngasepen, punika, sakaliring rupa kita, kapasrahnadateng, Kang darbe rupa; saliring suwara kita kaantuk na dateng kang darbe suwara. Faningal kita, pamijar sa, kita, pangganda kita, pangraos kita, pamijarsa kita, sami kawangsulana dateng sangkanipun, pijambak. Menggah patrapipun: anjidikaken eningnging rahsa, angawasaken eninging pantja ndrija Tegesipun angendelaken saniskaraning ngagesang sadaja. Ing sanal ika ngengkoki dados Tadjalining Gysti kang Maha Sutji sadjati, kang murba amisesa, kang kawasa andadosaken sawarnining "asja" sadaja. Manawi sampun saged makaten, inggih puni ka salat daim, ingkang dipun wastani sadjatining salat. Bebasan: salat ngiras njambut damel, anglamapahi padamelan kasambi salat: lenggah sarwi lumampah; lumampah kalijan andeprok; lumadjeng salebeting kendel; ambisu kalijan tjarios; kesah sarwi tilem, kalijan melek. Kados makaten ngibaratipun. Sebab kakekating salat daim punika: ade gipun inggih djumenenging gosang kita; rukukipun inggih paningal kita; iktidalipun inggih pamijar sa kita; sudjudipun inggih pangganda kita; wawaosaning ajatipun inggih pamiraos kita; lenggahipun inggih tetep ing iman kita; tahjatipun inggih manteping tochid kita; salamipun inggih ma'- ripat Islam kita; pupudjinipun inggih pandjing - widjiling napas kita;-ing nalika mandjing mungel "Hu" wedalipun mungel "Allah-- Dikiripun inggih awas--emut kita; keblatipun inggih madep dateng ening kita. Sampun uwas sumelang malih. Mila ma katen djumenengipun DAT, SIPAT, ASMA, APNGAL kita punika sampun dados Kuran sadjati, amratandani sadjatining salat sadaja; dipun wastani Salat daim. Manawi iktitahipun salat daim punika maka- :ten:
"Nijat-Ingsun salat daim, kanggo_ing salawase urip-Ingsun; Adege ija Urip-Ingsun; rukuke ija paningal-Ingsun; iktidale ija pamijarsaning - sun; sudjude ija pangambuningsun; wawatjaning ajat ija pangutjap-Ingsun; lungguhe ija Imam-Ingsun; tahjate ija manteping tokid-Ingsun; salame; makripat-Islam-Ingsun; keblate ija madep marang eneng-ening-Ingsun; Perlu nglakoni wadjib saka Kodrat-Iradat-ingsun dewe". Ladjeng pasrah nalongso dateng DAT-ing GESaNG kita pribadi Titi.
Urutipun wahananing salat. Ingandap punika mratelakaken ddah urut-urut taning namanipun wahananing salat sadaja.
DAT MUNTELAK KANG KADIM ADJALI ABADI kasebat: Wisesa.
1. KAJUN, tegesipun GESANG, kasebut Atma.
2. NUR, tegesipun TJAHJA, kasebut Pranawa.
3. SIR, tegesipun RAHSA, kasebut Pramana.
4. ROH, tegesipun NJAWA, kasebut Suksma,
5. NAPSU, tegesipun: angkara.
6. 'AKAL, tegesipun: Budi.
7. DJASAD, tegesipun: badan wadag.
1. Dene DAT punika tanpa tuduhan, amung dumu nung anarambahi wonten salebeting GESANG kita. - Ananging katah ingkang sami katambetan,awit de ning binasakaken boten mawi djaman makam, tegesi pun boten arah boten enggen, akanta tanpa warna tanpa rupa, asipatelok, dede djaler, dede estri, dede wandu; dipun pralambangi "kombang anga djap ing tawang," tegesipun kombang angeleng won ten ing awang-awang. Mila'ing dalem martabat kasebut Chaib saking dereng sanjata kahananipun.
II. Dene KAJU, punika minangka Tadjalining , DAT, awit kasorotan saking purbaning DAT sadjati dipun pralambangi "KUSUMA andjrahing tawang". Mi la ing dalem martabat kasebut "Takjun awal" dene wiwit sanjata kahananipun,
III. Dene NUR, punika minangka tadjalining , Ka ju, inggih punika dados tarsandaning gesang awit kasorotan saking wisesaning Atma sadjati; di pun pralambangi: Tundjung tanpa telaga, tegesi pun: sekar terate gesang boten mawi toja. Mila ing dalem martabat kasebut: "Takjun sami" dene sampun njata ing kahananipun.
IV. Dene SIR、punika minangka Tadjalining NUR awit kasorotan saking wisesaning Pramana sedjati dipun pralambangi: isining wuluh wungwang, tegesipun boten kawistara isen-isening wuluh wungwang punika. Mila ing dal im martabat asebut "A- kajan sabitch", dene sanjata tetep ing kahananni pun.
V. Dene ROH punika minangka Tadjalining Sir, dwit kasorotan saking wisesaning Pramam sadjati dipun pralambangi Tapaking kontul anglajang, tegesipun: boten mawi labet tapaking peksi kontul nglajang punikaMila ing dalem martabat kasebut "Akjancharidjiah, Dede sanjata medal ing kahana nipun..
VI. Dene NaPSU punika minangka Tadjalining Roh, awit kasorotan saking wisesaning Sukma Sedjati ; dipun pralanbangi.Latu murub ing teleng samodre, tegesipun: kmelokan urubing latu wonten salebe ting toja punilm. Mila ing dalem martabat lmsebut "Akjan muchapijah", dene sanjata gesang ingahananipun.
VII. Dene BUDI, punika minangka Tadjalining, Napsu, awit kasorotan saking wisesaning angkara, sedjati; dipun pralambangi:Kuda ngerap ing pandengan, TEGESIPUN: kapal njander taksih kinurung wonten salebeting djadjaran dados upatjara: suraosipun sami kalijan lumpun angineri djagad.Mila ing dalem martabat kasebut "Akjan maknawijah" dene sanjata kawedar ing kahananipun,
VIII. Dene DJASAD, punika minangka Tadjalining sipat, dados embananing para mudah ingkang. sampun kasebut ingadjeng wau Awit saking kalimputan dening pakumpulaning sorot, sami sumarambah maira ani salir anggotaning badan djasmani sadaja.Mila manawi taksin djamaning sipat dipun pralambangi: kodok kinemulan ing leng, tegesipun, kodokpunika ngibarating mudah, ingkang wonten salobeting djasad; cleng punika ngibarating djasad ing kang wonten ing sadjawining mudah, inggih punika kahananipun DAT ing GUSTI, taksih kalingan doning sipating kawula. ae manawi djamaning DaT.ing de lahan; dipun pralambangi kodok ngemuli leng, tegentos dumunung wonten inglebet, inggih gese; punika kahananipun sipating kawula sampun kalimputan dening DaT-ing Gusti. Dados sami tarik-tinarik, tetep-tinetopan, kados ingandep punika de rahipun:
Wangsulan DAT-ing Gusti punika; kaotipun ka- 一 lijan kawula, dening andarbeni pangawasa, wenang mbabar prabawa, saha narik wedaring gelar kukudan. Kados upaminipun: manawi karkating djasad, la tarik ing pangraosing Budi, pangraosing Budi lalirup ing hawaning napsu, hawaning napsu kasirep dening wisesaning Suksma, erem salebeting Betal makmur, ladjeng muntu wiwaraning Pramana, angl maken saniskaraning pantja drija, mangka la prabawan dening panguwasaning Suksma, anggelar pangraos, wahananing dados t i 1 e m kahananing; djasad kita. Ingriku saking pangraos: katingalan 'alam-ing supena, kalaksanan-saliring soiah bawa sadaja.
Manawi pangawasaning Suksma mbabar pantja ndrija sarta mbuka wiwaraning pramana, h djeng njirnakaken hawaning napsu, anuwuhaken pangraosing budi ngantos sumarambah ing djasad sadaja, ingriku, wahananipun dados t a n g i kahana - ning djasad kita, ladjeng uninga malih dateng saniskara ingkang katingalan ing alam donja. Mi ha dipun pralmbang: anenun senteg sapisan aniga si, tegesipun: saweg sakedab ing paningaling alam supena ladjeng saged wangsul uninga ingkang la-tingalan ing alam donja.
- Kados makaten ugi upaminipun manawi karka - ting djasad katarik ing pangraosing budi,pangra osing budi kairup kawasaning napsu, kawasaning, napsu kasirep dening wisesaning Suksma, wisesaning Suksma kakukut dateng pangawasaning Rahsa, ladjeng luluh mandjing ing dalem Prawaning Tjah ja, anunggil kalijan Purbaning Atma, mantuk dados sadjatining DAT MUNTELAK keng kadim, adjali abadi; ingriku wahananipun dados winastan "pe - djah" kahananing djasad kita, Ananging saestuni pun boten pedjah, namung ngalih panggenan kemawon; malah waluja, gesangipun langgeng wonten ing Kahanan ingkang Maha Mulja. Mila dipun pralambangi tanggal pisan kapurnaman, tegesipun de reng lami tumitah wonten ngalam donja, ladjong saged wangsul malih dados Manungsa ingkang sampurna sarta waskita 1ng saniskara.
XVII.
Pralambang ingkang sampun dipun tegesi maksudipun.
Ing mangke ndumugekaken urut-urutipun ing panunggilaning pralambang sadaja. Ananging tege sipun.sakatahing para marsudi ngelmi sami darbe pijambak-pijambak. lepos lepat/ kula mborongaken ing.dudugi-prajoginipun, kados ingkang kapratolakaken ingandap punika.
1. Gigiring punglu, tegesipun: gogering mimis, ngibarat kaolokaning DAT, denin: boten arah boten enggen. Ing pundi estuning panggenanipun:sa jekti amung dumunung wonten DAT-ing GESANG kita
2. Tambaning: putjang, togesipun ngibarat kaelokanipu: Sipating DaT, dening binasakakon dede djaler dede ostri dede wandu. Kados punapa saestuning sipatipun: sajekti amung dum nung wonton Si-. pating Gné NG kita. Wonten ingkan'g mastant: tambaning put jang punika elenning rrana koka lih. Saking panginten mbok-manawi kalentu-ing seserepan.
3. Wekasaning langit, tegesipun: punika ngibarat wangenanipun soroting Tjahja, sumarambah dumu gi ing Sipat kita.
4. Wekasaning samodra tanpa tepi, tegosipun; ngi barat wangenanipun pangawasaning Rahsa, sumarambah dumugi. ing sipat kita.
5. Galihing kangkung, tegesipun: punika ngibarat wahananing Suksma, dumunung ing. kahannning Si pat kita.
6. Latu sakonang ngasataken samodra tegesipun; punika ngibarat hawaning napsu wimbuh salebeting pantja ndrija kita.
7. Peksi miber ngungkuli langit, tegosipun punika ngibarat ing rosanin Budi wimbuh salobe ting apngal kita.
8. B aita amot samodra, teresipun baita punika., ngibaratini djasad, samodra punika ngibarating manah sapañunggilaniun.
9. Angin katarik ing baita, togesipun punika ngi barat lampahing napas medal sakin~ djasad.
10.Susuhing angin, terosipun punika ngibarat pakendelaning napas dumunung ing djantung. Wonten ingkang mastani, susuhing angin punika:re ma. Saking panginten mbokmenawi kapendet: sa- -king pamrajógi kemawon.
l1.Bumi kapotak ing salebeting siti, tegesipun punika ngibarating wudjud kita: asli saking,
siti, ing tembe kapendem ing siti; inggih pumnika wahananing dados daging.
12.Mondot latu adodamar, sami kalijan latu salo beting latu, utawi latu binesmi ing latu, teigesipun punika ngibarating wudjud kita asal saking latu, tansah andadosaken latu, inggih punika wahananipun dados napsu.
13.B arat kati jup ing angin, sami kali jan angin, anginto prahara, togesipun punika ngibarating wudjud kita:asal saking, anggung angingsop angin, amodalaken, angin, inggih punika wahananipun dados napas
l4.Ańgangsu rembátan toja, sami kalijan toja won ten saleboting toja, utawi toja kinum ing to fa; togesipun punika ngibarating wudjud kita asal saking toja tansah kailonan toja; inggih punika wahananipun dados crah. Mila wonten ingkang mastani: tojo saleboting tojo punika erah.
15.Srengenge pinepe, suraosipun sami kalijan ka tja angemu srengongo, tegesipun punika ngiba rat Tjahja kasorotan inr Surja, utawi Surja wonten salebeting Tjahja; inggih punika waha nanipun dados Pramaning netra.
16.Widji wonDen saleBETING UWIT? uwit wonten sa lebeting widji, togesipun"punika ngibarating kawula dumunung wonten ing Gusti; Gusti dumu nung wonton ing kawula. Dipun basakakon: pangleburan papan tulis.
17.Kakanganing pambajun, adining wuragil, tegesipun punika ngibarating martabat Insan kamil; ing nalika tanadjul, dawah wonton ing wekasan pijambak; sareng tarki, ing tembe da dos wiwitan. Monggah Insan kamil punika waha naning Gesang kita pribadi.
18.Busana kantjana retna boten mboseni, sairib, sami kalijan Busana wastra tanpa soret; tege sipun punika ngibarating djasad; busana kantjana retna wahananipun dados djasad inglo - bet, busana wastra wahananipun dados kulit.
19.Tugu manik ing samodra, tegesipun punikangi barat pantenging Tjipta, anerus'dateng telenging.paningal, Wonten ingkang mastani tugu manik punika kalam;mbok manawi sakin; pangin -ten-kemawon.
20.Sawanganing samodra retna, dados ngibarating Babul ar'bab, tegosipun korining Pangeran, inggih punika kakekatipun palawanganing DT, dumunung wonten ing babahan hawa sanga salebeting djasad. Menggah kabudanipun sawanga - ning samodra retna, punika winastan kadi sem matangkep, dados ngibarat melarmingku ing maras utawi,nga-mingkeming lati.
21.Samodra winotan kilat, dados ngibarating wot sirotol-mustakim, tegesipun: margi kang leres, inggih punika kakekatipun pesating Atma, dumugi ing Kalarating DAT. Wonten ingkang mas tani wot sirotalmustakim punika kakekatipun, wedaling pamiraos; inggih sami pakantukipun.
22.Bale Tawang gantungan, dados ngibarating Nga ras kursi; tegesipun ngaras: padaleman, inggih punika kakekatipun pasewakaning DaT, dumumung ing sirah utawi ing djadja. Tegesipun kursi: palenggahan, inggih punika kakekatipun palonggahaning DAT, dumunung wonten ing lebet utawi ing djadjantung.
23.Widji tuwuh ing sela, dados ngibarating loch kalam. Tegesipun loch: papan, kasebut "lochil makful tegesipun: papan kang rineksa, inggih punikakakekatipun sipating D.T, dumunung wonten ing djasad rinesa ing malaekad Kiraman . Tegesipun kalam: panjaratan, inggih punika kakekatipun wajanganing DAT, dumunung wonten ing Budi, tumuwuh wonten ing angen-angen,rineksa ing malaokad Katibin.
24.Tengahing arah, dados ngibarating Midjaan.Te gesipun midjan: teradju, inggih punika kakekatipun: panimbanging DAT, dumunung wonten, ing Paningal. Ing sapunika namung kakendela ken samanten kemawon urut-urutanipun panunggilaning perlambang sadaja manawi kapratelak aken ing sadumuginipun tanpa wekasan, tur bo ten patos ndadosaken parluning suraosipun.De ne manawi wonten pralambang elok ingkang ka damel tjangkriman, pradikanipun kawawas saking dugi prajogi kados ingandap puniká: Sawarnanipun ingkang binasakaken ageng, wijar, pandjang, inggil, langkung sapanunggila nipun, punika dados ngibara tipunananing DAT. Sawrananipun ingakang binasakaken alit, tjijut, tjelak, andap, kirang ..... sp, punika, dados ngibarat wahananing sipat. Upami ungelan makaten: "Botok banteng winungkus ing godong asem, kabitingan ing &lu bengkong",-punika pradika nipun botok banteng dados ngibarat, wahananing DAT, godong asem dados ngibarat wahananing , sipat; alu bengkaong dados ngibarat kahananing APNGAL sadaja. Menggah dunungipun makaten:Ana ning DAT kita punika, awarana wahananing sipat kita, katanda solah-bawa kita; nanging wardinipun ingkang sadjati, punika boten prajagi, manawi kadamel raraosan ingakatah. Kenging di
pun wiraosaken amung kalijan ingkang sampun, sami tunggil ngelmi, sarta ingkang sampun katuwuhan dudugi, tegesipun langkung tengah tuwuh.Me nawi kawiraosken dateng ingkang derong darbe dudugi, mindak karumijinan tuwuh, amargi dereng du munung wahananing tumuwuh, liripun kados wiraja-. ting para sopuh, ingatasing tijang gesang punika awit saking lahir dumugi seladjengipun: awijos , katuwuhan "Iradating DAT" ngantos kaping kalihwe las. Ing dalem satuwuhan antawisipun nem taun,ka dos ingkang kapratelakaken ing ngandap punika:
1. Awit saking lahir dumugi 6 taun katuwuhan supe; tegesipun-dereng saged anget.
2. Awit umur 7 taun 12 taun tatuvuhahen enget.
3. Awit umur 13 taun dumugi 18 taun katuwuhan Budi.
4. Awit umur 19. taun dumugi 24 taun ketuwuhan birahi.
5. Awit umur 25 taun dumugi 30 taun katuwuhan - murka.
6. Awit umur 31 taun dumug1 36 taun katuwuhan - weweka.
7. Awit umur 37 taun dumug1 42 taun katuwuhan dudugi.
8. Awit umur 43 taun dumug1 48 taun katuwuhan - santosa.
9. Awit umur 49 taun dumugi 54 taun katuwuhan - rumos.
10.Awit umur 55 taun dumugi 60 taun katuwuhan - wirangi, tegesipun apikan, resikan.
11.Awit umur 61 taun dumugi 66 taun katuwuhan - djatmika, tegosipun anteng.
.Awit umur 67 taun dumugi 72 taun katuwuhan pepeka. Dene langkungipun saking punika, a adat katuwuhan supe malih, tegesipun asringasring kasupen. Menggah pratikelipun supados sam pun supe malih, punika namung njegah napsu hawa sabab sadjatosipun ingkang dados awisesánipun u lah ngelmi kasampurnan punika n a m u n g n ap su.Manawisaged mbirat napsu adat kadunungan a w a s, e m u t. Manawi. tansah awas emut, saestu manggih kamuljan ing sangkan, paran, sasaminipun Kados wirejating pura ahli ngelmi, kasobut ingandap púnika:
I Taberi, sutji, temen-mangka pambirating durgan dana, tegesipun: ganda awon.
II Angirangi dahar minum,-mangka pangluluhaning raga.
III Angawis-awisi sare sahwat - mangka panglujuting Djiwa. M
IV. Angirang-ngirangi napsu ruwus-mangka panglenjepaning Rahsa. Manawi sampun lenjap rahsanipun, kabar ladjing lujut dados Tjahja gumilang tanpa wajangan ing Kahanan kita kang
sadjati. Punika sarehning kula dereng saget ang lampahi pijambak, dados namung njumanggakakên-pa manggihing panggalih kemawon.
XVIII
Mratelakaken manawi sampun parek ing dinten kija mat, bade kadatengan bangas.
Ing wasananipun mratelakaken Riwajating Kadis, manawi sampun parek ing dinten kijamat. Ing riku wonten ingkang dados tands bade kadatengan, bangas,tegesipun utusaning Pangeran Ingkang Maha Sutji: andawahaken djandji dateng alam donja,awi jos warni malaekad Djabarail, kinen mundut sadaja pangkat, kados ingkang kasebut ingandap punika.
1. Mundut barkating bumi: punika manawi isbating wudjut kita, dados ngibarat: sudaning rupa warna.
2. Mundut adiling Ratu; punika menawi isbating wudjud kita, dados ngibarat: ewahing paningal pamijarsa pamirosa.
3. Mundut lomaning para sugih punika manawi isba ting sudjut kita, dados ngibarat: kendoning, otot, saranging erah,abering mani.
4. Mundut wirangining pandita; punika manawi is bating wudjud kita, dados ngibarat; gingsi - ring budi.
5. Mundud nastapaning ngawerda; punikamenawi isbating wudjud kita, dados ngibarat: wimbuh dahganing napsu. luamah tanda bade lerem.
6. Mundut sabaring ngasudra; punika manawi isba ting wudjut kita, dados ngibarat: wimbuh ang karaning napsu amarah, tanda bade sirep.
7. Mundut sih-ing kadang warga; punika menawi, isbating wudjut kita, dados ngibarat: wimbuh murkaning napsu supijah, tanda bade sirep.
8. Mundut wiranging pawestri; punika manawi isbating wudjud kita, dados ngibarat: wimbuh lobaning napsu mutmainah, tanda bade sirep - pramanem.
9. Mundut imaning; mukmin; punika isbating wudjud kita, dados ngibarat: gingganging Suksma
10.Mundut sastraning Kur'an; punika manawi isba ting wudjut kita, dados ngibarating: ingse ding Rahsa.
XIX.
Mratelakaken panengeran manawi tijang bade tilar donja.
Manawi sempun kaingsod manah rahsanipun,punika tanda sampun kawistare ing panengeran. Meng gah dununging panengeran punika kalih pangkat : ingkang sapangkat nedahaken panongeran saking, paningal kita pribadi, kalih pangkatipun nedaha ken panengeran ingkang kawistara ing paningal dateng lijan.
Dene ingkang nedahaken panengoran saking ki ta pribádi, andjawi ingkang sampun kasebut ing salebeting serat Wirid sadaja, punika wonten pa nengoran malih saking riwajating kitab Tarikulngaripin. Makaten djarwanipun:
Awijos, manawi sampun mantjad'in dinten ki jamat punika ingkang dados ngalamatipun: kadate ngan tjahja kaping nem rambahan.
l. Kadatengan tjahja medjil saking badan kita, warninipun kado& bun kal amukan mina petak Sa lebeting tjahja katingal sipating rurupan wudjud petak, awarni manungsa, busananipun sarwa djenar, angaken nama malaekad, utusaning, para Nabi Poma sampun ngantos kaimanaken, sabab punika wawajangan dat ing utek kita priba di.
2. Nunten kadatengan tjahja midjil saking badan, kita malih. Salebetipun tjahja katingal peksi warninipun kados tawon, angaken nama Burak,me lampah katitian menggah dateng suwarga. Poma sampun kaimanaken, sabab punika wawajangan dat ing manik kita pribadi.
3. Nunten kadatengan tjahja midjil saking badan, kita malih. Salebeting.tjahja katingal wonten tijang djaler bagus, warninipun paningal ka - dos, kilat lesanipun tansah medal latu, suwara kados gelap, paksa adamel gora goda. Poma sampun kagingsir ing tjipta, sabab punika wawajangan dat-ing budi kita pribadi.
4. Nunten kadatengan tjahja medal saking badan, kita malih, alimengan kados pepetenging dalu salebeting tjahja katingal kados katja: salebeting katja katingal wonten sorot gumilang ; salebeting sotya katingal wonten tijang estri semunipun kados angatjarani. Poma sampun ngań tos kagimir ing tjipta, sabab punika wawaja - ngan dat-ing napsu kita pribadi. Ingriku sampun ndungkap dumugining djaman karahmat'ullah Dipun santosa.
Nunten kadatengan tjahja midjil saking badan. 5. kita malih, warninipun kados mega, ngadeg saking pulung manah dumugi ing sirah. Salebeting tjahja katingal. wonten sipating rurupan warni warni, tanpa etangan inggih punika Malaekad, kados bade metuk kita. Poma sampun ngantos ke njut ing tjipta, sabab punika wawajangan dating suksma kita pribadi. Ingriku sampun ngambah salebeting djaman karahmat'ullah. Dipun santosa.
6. Nunten kadatongan tjahja malih, midjil saking badan kita, agengipun amung sarema, ngadeg ing ngadeg ing larapan kita, nunten mandjing dateng netra, tumurun dateng karna, dateng gra na, dateng. Iesan, dateng urat; medal malih katingal kados lintang, nurut datong embun - embunan, kasatmata saking salebeting Tjpta, mandjing dateng utek, ladjeng manggen wonten ing. Betalmakmur, dumunung ing Kahanan kang, Maha luhur, salebeting gedong kang Maha Sutji. Ing nalika punika wonten kang katingal aleng gah arah ing tengen kita, ngaken nama Malaekad, amedalaken tjahja saking salebeting Betalmalmur, kabekta dateng Kalarat'ullah. Pomasampun ngantos kasupen salebeting Tjipta, sabab punika wawajangan dat-ing Rahsa kitapribadi. Ingriku sampun dumugi salebeting Ka sampurnan, dipun wastani Pamoring kawula Gus ti.
Dene ingkang nedahaken panengeran saking kaw vistara ing paningal dateng lijan,-pamawas kita ltapratelakaken ingandap punika:
l. Manawi kawawas sampun darbe. lagean ingkang, boda kalijan adatipun, utawi wangsul kados lagosanipun kala taksih la re, punika tanda bode alijan;. tegesipun meh kadatengan bangas inggih punika utusaning Pangeran Ingkang Maha Sutji.
2. Manawi kawawas sampun-sonja matinipun, utawi ulatipun sampun putjet, wajangan salebeting, netra'sampun ontjat, urubing paningal sampun sirep: ndadosakon kamisawangen,:kedep sampun kendel, imbanipun sampun tikel, talinganipun sampun pengleh grana -sampun mingkus, manawi kagrajang ketegipun sampun-sepen, badan asrop sarta sampun mambet gandaning sawa, punika ingkang kawawas wau tanda sampun dumugi ing djandji, ngalih dateng panggenan Kang Maha - mulya, nunggil Kahananing.DAT kita kang Maha Sutji. Punika sumangga ing panampinipun Amung atur pamudji kula: mugi-mugi sami sageda nam peni ing sasuraosing ngelmi sadaja. Sabab:da liling ngelmi: makaten djarwanipun: "Ageng-agenging dosa punika: tijang'ulah ngel mi makripat. "Tegesipun: manawi tijang oleh ngel mi makripat punika ketanggelan awit dereng khabuka ing pambudi, saestu dados dosa ageng, amargi, boten sumerep ing suraosipun.
Dene manawi sampun terang: saged anampeni sa dajanipun, punika saestu dados kamulyaning sangkan paran tegesipun: ing awal achir boten wonten sangsajaning djiwa raga Sabab, ingkang kasebut, ing Kadis, makaten darwanipun:
"Sinten ingkang sumeraping Pangeranipun - saestu sumerep ing ba-danipun.Sinten ing kang uninga ing badanipun, saestu inggih uninga ing Pangeranipun."
Tegesipun ingkang sumerep Pangeranipun punika: inggih ingkang sampun sumerep ing suraosing, ngelmi makripat sadaja. Tegesipun uninga dateng badanipun punika: inggih ingkang saget uninga-da teng gesanging djiwa raganipun pijambak; sampun, ngantos kalebetaken ingkang dados bekaningngage sang, kados riwa:jating Kadis makaten darwanipun.
XX
Menggah bekaning ngagesang punika wijosipun dados kalih pangkat.
Ingkang sapangkat, dipun wastani: bekaning, Djiwa katahipun gangsal warni:
1. Ngumbar napsu hawa.
2. Ambabar suka pirenaning karsa.
3. Anggelar ambek angkara murka.
Medar watak dora, para tjidra. 4.
Nuruti budi petenah panganiaja. 5. Ingkang sapangkat malih dipun wastani: bekaning raga, katahipun inggih gangsal warni:
1. Uláh tjarobo.
2. Lampah nista.
Tingkah deksura. 3.
Kesed sungkanan.
5 Lumuh nastapa pudja brata.
Wijosipun riwajating Kadis punika, manawi ka lebetan ing beka kados ingkang kasebut inginggil au, saking adat-luwangipun asring ndadosaken boten widodo ing gesangipun, sabab kedadosaning beka sadaja kaleret ing bebasan-kawan prakawis; makaten ralampitanipun:
1. Nista: papa. Tegesipun: nista manggih papa.
2. Dora: sangsara. Tegesipun: dora manggih sang sara.
3。 Dusta lara: Tegesipun: dusta manggih sakit
40 Niaja; lena. Tegosipun: niaja manggih pedjah
XXI
Kawadjibanipun tapaning ngagesang sarto djakatipun pisan.
Manawi gaget suminggah saking sakatahing be ka, punika aestu ndadosaken prajogining lulus, ranardja ing gesangipun. Langkung utami manawi saget nglampahi ingkang dados kawadjibanipun ta paning ngagesang sarta djakatipun pisan, kados ingandap punika pratelanipun:
1, B adan, tapanipun: patrap amor raga. Djakati pun: taberh ulah pandamelan sae.
2. Manah utaw. Budi, tapanipun: narima. Djakati pun: sepen saking panginten awon.
3. Napsu, tapanipun: rila. Djakatipun: sabar ing tjobe bilahi, sarta ngapunten ing kalepatan .
4。 Njawa, tápanipun: temen. Djakatipun: boten dahwen munasika.
5. Rahag, tapanipun: utami. Djakatipun: kendel a nalangsa,
6, Tjahja, tapanipun: sutji, Djakatipun: ening
7. Atma, tapanipun: awas. Djakatipun: emut. Andjawi saking punika, wonten malih ingkang , wenang dipun tapani utawi dipun djakati, kados ingardap punlka pratelanipun:
1. Netra, tapanipun: njegah utawi ngirang-ngirangi sare. Djakatipun: lumuh ningali ing kame likan.
2. Karna, tapenipun: njogah napsu hawa. Djakatipun: Lumuh mijarsa para paben.
3. Grana; tapanipun: njegah ngundjuk. Djakatipun lumuh ngisep awoning lijan.
Lesan, tapanipun: njegah-utawi ngirang-ngirangi daar. Djakatipun: lumuh ngraosi tijang
5. P ardji, tapanipun: anjegah sahwat, Djakatipun lumuh pandamel djina, babandrekan.
6. Asta, tapanipun: njegah tjolong tjalimut.Djaka tipun: lumuh mera. tangan.
7. Suku, tapanipun: njegah lumampah pandamel awon Djakatipun: taberi lampah isterakatan. Manawi kalampahan makaten, saestu kasebut Djan ma utami. Mila wonten babasan saking wasijati-
pun Kangdjeng Susuhunan ing Ngampel denta, ingkang kadawahaken dateng putra wajah, kados ingandap pu nika:
1. Rurua jen arep napsu. Tegesipun: manawi rumaos bade medal napsunipun kasamura tilem.
2. Napsua jen arep perang. Tegosipun: manawi bade porang kalijan mengsah, dipun purunna wedaling napsu.
3. Poranga jon arep mangan. Tegesipun: manawi karaos luwe sangot bade neda, kasajutanakados. mongsah prang sabil'ullah.
4. Mangana jen arep lumaku. Tegesipun: manawi bado mangkat kekesahan tebih, sarapana daar sawa tawis.
5. Lumaku jon arep turu, Tegesipun manáwi karaos arip bado sare, sinamura kadamel lumampat-lu - mampah. ranawi kals taksih djaman Buda, wonton babawsan makaten:
1. Sabetjikane turu: betjik melek.
2. Sabetjikani melek: betjik tangi.
3. Sabetjiane tangi: betjik lungguh.
4. Sabetjikane lungguh: betjik ngadeg.
5. Sabetjikane ngadeg: betjik malaku-mlaku.
Boten sisah mawi kategesan, saostu sampun sami sumerep eliding babasan punika. Sumangga angening ngraosaken.
Dene pakantuking tapa punika, amung lampah ing kang boton kawistara; inggih punika tansah prajit na ing gesangipun. Kados ta;
Ebahing badan kedah angangkah-angkah.
kedaling lesan kedah angirih-irih.
Empanipun mawi papan.
Patrapipun kanti dudugi prajogi.
Tumanduk animbang watawis.
Tumindak akalijan rininga, tegesipun angen wah janing mangsa kala ingkang pantes dawahing sam bawa kalijan sambada. Punika dados uger-ugerring sudjana.
sma Manawi saget nglampahi mekaten, saestu lulus, solahbawanipun, kajuwanan ingkang dados sakarsanipun, sabab wonten babasan kados ingandap punika:
Rongkod ungkuding badan kalingan dening solah su sila, Galap-gangsuling lesan kalingan dening purun.angawon.
Warni awon kalingan dening manah sarch.
Sipat kutjewa kalingan dengan netya sumch.
Taliti sudru kalingan dening ber Budi bawa leksa na.
Menggah ingkang binasakaken Rongkod-rungku ding badan, punika manawi tjarobo remen ngangge, busana kusut: Galap-gangsuling lesan punika mana wi kesluru ing udjar saru. Warni awon punika ing kang boten sambodo. Sipat kutjiwa punika ingkang darbe tjatjad.
Taliti sudra punika todaking tijang alit. Samanten punika mangsa borong ing pangageman. Kula darmi medaraken komawon. Sarehning dereng saged nglampahi pijambak, dudos amung atur pupudji dateng ingkang kasdu marsudi: mugi-mugi sami sageda nglampahi; saking angsal parmaning. Pangoran, ingkang asipat mirah ing donja, asih fng acherat kasandhngan Iman Sabitah, togesipun iman ingkang tetep, kados ingkang kasebut ingandnp punika:
Iman Hida jat, Dumunung ing kita: dados pito I dahaning awas.
II Iman Mufasal, dumunung ing kita: dados pasi lahaning emut.
III..Iman Sadra; dumunung ing kita: dados pambukaning-Budi.
Iman Chalir, dumunung ing kita: dados pange IV. stining biráhi.
v.. Iman Maksum, dumunung ing kita: dados pangreksaning-napsu.
pa- VI. Iman Maktum, dumunung ing kita: dados nuntuning oneng.
VII. Iman, Makbul, dumunung ing kita: panarima -
ning ening. VIII.Iman Mudjamal, dumunung ing kita dados kaelokaning wirangi.
IX. Iman Ghaib, dumunung ing kita: dados panuksmaning Suksma.
Iman Tajibin, dumunung ing kita: dados pasu x. tjianing Rahsa.
XI. Iman Kamilmukamil, dumunung ing kita: dados kasampurnaning Pramana.
XII. Iman Daim, dumunung ing kita: dados panetepaning Atma. Ing wasana, liring pamudji kula: sampun ngan tos sami nandang Iman Mardut akalijan Iman Taghajur, ingkang ndadosaken panulaking e-
nget kalijan ewah gingsir ing saniskara. Allahumma Istadjibdunga: abilcharatil Amin Amin, Amin, ja Rabbulingalamin!
XXII. TAMBHAN.
Pet jahin Ahasir kawan warni, dados njakawnn-njakawan kping, 18, kados ingand p punika.
Nukat ghaib: Tjahje Muchammad.
Kun: Pangandika Allah.
ija:
Nukat ghaib
ija:
I. Dat, Sipat Asma, Apngal. Dat mutelak, Dat subekti, Dat salikin, Dan-
2. suhut Anasir sadjati.
30 Sipat: Kahar, Djalal,-Djamal, Kamal.
h. Alam: Nusut, Djabarut, Laut.
Nur Sir, Roh; Djasad.
Mapsu: Matmainah, Supijah, Amarah, Aluamah. 6。
Napas, Tanapas, Nupus.
70 3. Roh: Mapi, Rahmani, Nurani, Rochani.
0. Rch: Rabani, Nabati, Chewani, Djasmani.
10. Sarenrat, Tarekat, Chakokat, Makripat.
Mls Mant, Wadi, Madi, Manikom.
12, Sidik, Amanat, Tabligh, Patonah.
3. Dikir: Satarijah, Isbandijah, Bardjah, Dja-
lalah. Lh. Salat: Kusta, Chadji, Ismungalim, Daim.
15. Djohar, Adam, Addjobuldanbi, Insankamil.
zó, Dalil, Kadis, Idjemak, Kijas:
17. Lapet, Mkma, Murad, Maksud. 8. Elram, Mikrad, Munadjad, Tubadil.-(Salat sa djati).
XXIII
Togesipun sipat kalih dasa.
Allah;
Kun:
Suktji,-gesang, nggesangi sa gun.g dumadi. Pangandika Allah. Widji ingkang samar, inggih So, sotyà ingkang minulja, inggih- Karatóning kabatinan, inggih sinebut Nur Muchamad.
Nukat ghaib:
2。
Dat: Sipat:
Sudjud, Wudjuding Allah. Warna, inggih Tjahja, Tjahja ning 4llah. Aran, &ngarani Pribadinipun.
Asma:
Apngal:
Pakarti, pakartining allah. 3.
Dat muntelak: Djasad. Dat Subekti: Roh. Rahsa. Dat Salikin: Tjahja=Nukat ghaib. Dat Suhut: 4.
Ingkang agung: Dat-ipun dening Kahar: Agung. nglimputi sagung dumadi. Djalal: Elok. Ingkang elok: Sipat-ipun, dening boten wonten ingkan-njameni, dede djaler, dede estri, dede wandu.
Ingkang wisesesa: Asmanipun,de Djamal: Wisesa. ne nartani kahanan sadaja
Ingkang sampurna: Apngalipun Kamal: Sampurna. done anggelar kahanan, tanpa kutjewa.
5.
Aiaming Djasad. Alam Nosut: Alam Malokut: Alaming Roh (Njawa). Alaming Ras. Alam Djabarut: Alaming Tjahja. Alam Laut: 6.
Badan. Wudjud: Ilmu: Rasa. Nur: Tjahja. Sampurna. Suhud:
7.
Tjahja. Nur: Rasa. Sir: Roh: Njawe. Djasad: B adan.
8.
grana Napsu petak dumunung ing Mutmainah: 11 netra djene, Supijah: 11 f1 11 karna abrit, Amarah: 11 11 lesan 11 Luamah: tjemong
Napas Tanapas Anpas Nupus
Roh Illapi Roh Rahmani Roh Nurani Roh Rochani
Roh Rabbani Roh Nabatti Roh Chewani Roh Djasmani
Sarengat Tarokat Chakekat Makripat
9.
Angining lesan. 11 karna. 11 netra. in gorana.
10.
Sidik Amanat Tabligh Patonah
gosanging grana. netra. Djisim alus. 11 karna 11 losan
Mani Wadi Mad2 Manikem
11.
Gunaning grana. netra. 11 karna Djisim wadag i1 losan.
12.
lakuning badan. 1 ati. 11 njawa. 11 Rasa.
13.
Njataning rasa. Wadhahing rasa. Djatining rasa. Kumpuling Rasa.
14.
Bener. Pratjaja. Nokakake. Witjaksana.
Dikir satarjah, teg: Dikiring djasad, wonton sa lebeting alam Nasut, dipun wastani dikir sarengat;sam punmaning dados boten rekasa,
| =45= dikiring ati, wonten sale Dikir isbandijah, teg: beting alam Malakut, di- pun wastani dikir tarekat sampurnanipun dados boten karasa. dikiring Njawa, wonten sa Dikir bardjah, teg: Iebeting alam Djabarut,di pun wastani dikir kakekat sampurnanipun dados boten rumangsa. dikiring Rasa,. wonten sa= Dikir djalalah, teg: lebeting alam Laut, dipun wastani dikir makripat; sampurnanipun boten won - ten rasa punapa-punapa. |
| pun wastani dikir tarekat sampurnanipun dados boten karasa. dikiring Njawa, wonten sa Dikir bardjah, teg: Iebeting alam Djabarut,di pun wastani dikir kakekat sampurnanipun dados boten rumangsa. dikiring Rasa,. wonten sa= Dikir djalalah, teg: lebeting alam Laut, dipun wastani dikir makripat; sampurnanipun boten won - |
| rumangsa. dikiring Rasa,. wonten sa= Dikir djalalah, teg: lebeting alam Laut, dipun wastani dikir makripat; sampurnanipun boten won - ten rasa punapa-punapa. |
| 16. salat sarengat Salat Djumaat, teg: salating lesan, dados e- Salat Kusta, teg: neng. |
| salat sarengat Salat Djumaat, teg: salating lesan, dados e- Salat Kusta, teg: neng. salating karna, dados e- Salat Kadji, teg: |
| neng. salating karna, dados e- Salat Kadji, teg: ning. salating netra, dados awas Salat Ismungalim, teg: |
| teg: ning. salating netra, dados awas teg: salating grana, dados e- teg: ling. |
| Salat Daim, teg: ling. 17. sosotya. Djohar. teg: ora = dihin. |
| 17. sosotya. teg: ora = dihin. teg: |
| sosotya. teg: ora = dihin. Adam. teg: pasenedaning Rasa. Addjebuldanbi teg: tog: sampurnaning manungsa |
| ora = dihin. teg: pasenedaning Rasa. teg: tog: sampurnaning manungsa |
| tog: sampurnaning manungsa Insańkamil 18. Pangandikaning Allah, da- teg: teng Kangd jeng Nabi Muchà |
| 18. Pangandikaning Allah, da- teg: teng Kangd jeng Nabi Muchà mmad. teg: Dawuhing Kangdjeng Nabi, |
19.
teg: tembung Arab.
teg: tembung Djawa.
teg: wredi.
teg: surasa.
20.
teg: tjengeng, eling, ndjinggleng ing Dat'Ullah;sampurnanipun kantun DAT-ing Allah pijambak.
teg: muljakaken utawi ngluhura - ken ing Dat'Ullah.
tog: sapotjapan, inggih punika, ngendelaken utjaping kawula sampurnanipun kentun Pangan dikaning Allah pijambak.Ing kang dipun pángandikaken inggih Allah.
te: molah, nlirnakaken, polahing kawula;sampurnanipun kantun Polahing (Apngaling). Allahbalaka.
XXIV.
Chakekating Roh Pitu, Ati pitu, Suarga, Naraka pitu.
Ati puat, ja iku djantung Palawangane ing pu 1. ser. Roho Roh'Ullah. Suargane: Djanat'ulnaim tegeso luwih nilmat; njatano: turu kepati.Na rakane: djahanam, tegese: luwih panas; njata ne: luwe lan lara weteng.
Ati mudjarat, ja iku sulbi; palawangane ing- 2. dakar. Rohe Roh kudus Suwargane Djanat'ula - dnin, tegese: iuwih endah Njatane: metu mani Nerakane: 'djakin, tegese luwih adem: njatane adus djinabad lan ngujuh.
Ati tumadjuh, ija iku waduk. Palawangane ing 3. djubur. Rohe Roh Sirrik'ulalam. Suwargane: Djanat'ultawab, tegese lega; njatane ngentut lon ngising. Narakane: welul, tegese luwih - lara; njatane: lare ngising, lan ngising getih.
4. Ati salim, je iku gindjel; palawanghni ing i rung; napsune Mutmainah, rupane putih, lakune anggonda. Rohe Yoh Rochani. Suwargane:Dja nat'ulfidos,tegeso luwih lawas: njatne wetuning napas. Narakane: 'Asapalarsápilin.. tegese luwih sesek. Njatane: lara mengi, lan - ampek.
5. Ati Sanubari, ja iku limpa Palawangane ing - mripat. Napsune: Supijah, rupane kuning. Lakune: ndeleng Rohe roh Rabbeni. Suwargane: Djanat'ulsamsi, tegese luwih padang; njatane weruh, samubarang. Narakane: sahir, tegese pe tong njatane lamur utawe wuta.
~6。 Ati Maknawi, ja iku amperu. Palawangmne: ing kuping. Nopsune Amarah, rupane~abang. Rohe roh ...... Suwargane Djanat'ulmaot, tegese - luwih elok, njatane: pakumpulaning-swara.Narakane: Lolim, tegeso pepet; njatane lara ku ping utawa tuli.
7. Ati Sawadi, ja iku usus. Palawangane ing losan. Napsune Luamah, rupane ireng. Laltune: ngutjap. Roho roh Ilapi Suwargane: Djanat'ul sukri, togese luwih suka; njatanb: gumuju.Na rakane: Sukra, tegese suker; njatane: nangis
xxv.
Bab dikir, warni-warni.
1. Dikir satarijah, punika dikir ing alam nasut inggih dikir sarengat: "La Illa ha Il Allah" dikiring leshn.
2. Dikir Isbandijah, punika dikir ing alam mala kut, inggih dikir torekat: "Il Allah, Il A - llah", dikiring manah.
Dikir Bardjah, punika dikir ing alam djabarut 3. inggih dikir kakukat: "llah, AlIah", dikir Roh.
4. Dikir Djalalah, punike dikir ing alam Laut inggih dikir makripat,"Hu Hu", dikirng Rasa.
5... Dikir napas, punika bado anurutaken kalimah ingkang rumijin, nalika malebet"Allah".
6. Dikir manah, inggih punika nalika dikir:ing salebeting manah sampun ngantos ngalem bilih punika wau paworing kawula Gusti, awit panu nggiling Allah ing kawula wau sampun salami nipun (boten petjat sakodap netra).
7. Dikir Sughul insankamil, inggih punika nali ka adjeng-adjengan kalijan gurunipun, katedahaken paesan djati, kinarja angindjen-indjen ing DAT'ULLAH TANGALA.
8. Dikir Sughul kalahijah, inggih punika dikir nalika lumampah: nalika ngidakaken suku ing. kang tengen, anurutaken kalimah ingkan rumijin: "La Illa ha": Nalika ngidakakon suku kiwa, kalimah ingkang kantun"Il Allah".
Dikir Sughul Ismu Dat, inggih punika nalika 9. bade anurutaken Asma Allah ing dalom manah, kalijan pikir, kalijan mangsi kantjena, ing káng pinda tjahjaning Surja, tjandra, karti ka.
10 Dikir Sughul Ibarat, inggih punika nalika - bade anjipta Asma allah kadjumbuhaken kalijān ingkang kamirengaken, ingkang katingalan tuwin ingkang kaganda.
11. Dikir Sughul Mirat, inggih punika nalika ba de aningali ing dalem paesan kalijan ndjing glong ing wawaj.nganing DaT; sadgja wau pae san angindjon-indjen DAT-ing ALaH TANGALA.
12. Dikir Sughul Istija Hu lan HU Istija.Bab pu nika boten kenging kababar pratingkahipun, menawi boten kalijan pitedahin Guru, Boten sampurne manawi boten saking pitodahing Guru, sinartan pitulunging allah. Inggih puni ka Dikir ghaib.
Pratelan isinipun serat Wirit punika. Katja Prasaben... 3 I. Ing saderengipun wonten punapa-punapa 5 6 II. Wisikan ananing DAT.......... 6 III. Wedaran wahananing DAT....... 6 IV. Gelaran kahananing DT... . ... . Pambukaning tata malege ing dalem Betal v. maknur. ... ..... .. .......7 VI. Pambukaning tata melige ing dalem Betal mucharam7 VII. Pambukaning tata malige ing dalem Betal muchadas...... . ::.7 Panetep Iman, ingkang dados santosaning VIII. Imn8 IX. Sasahidan.. • • 8 Wiridan ingkang sampun mawi murad maksud x. ipun........ 8 XI. Pratelan saking Idjemak Kijas papangkat aning dinding djalal......... .11 XII. Para wali wolu ingkang karsa medjang ngelmi nakripat ing djaman Demak.. 13 Para wali ingang karsa medjang ngelmi XIII. ing ukiripun djaman Demak...... .14 XIV. Panekung, wasijatipun Kangdjeng panembahan Senapati ing Mataram.18 XV. Pratelan wahananing D.T ingkang urut .20 XVI. Urutipun wahananing Salat..28 Pralambang-pralambang ingkang sampun XVII. kategesan maksudipun31 Mratelakaken manawi sampun parek ing XVIII. dinten kijamat bade kadetengan bangas..36 XIX. Mratelakaken panengeran manawi tijang bade tilar donja37 xx. Bab bekaning ngagesang dados kalih ........40 pangkat...... Kawadjibanipun tapaning ngagesang XXI. sarta djakatipun pisan...... 40 XXII. Petjahing anasir kawan warni.....44 XXIII. Tegesipun sipat kalih dasa... .. 45 XXIV Chakekating Roh pitu, ati pitu Suarga pitu, Naraka pitu........... 48 XXV.Bab dikir warni-warni......... 49
Baru sjah peredarannja, bila. sudah dibubuhi tjap tanda tangan Penerbit sebagai di paweh ini:
Penerbit, +)
Fankevenfue
J. Pend jualan buku jang tidak ada tjap tanda tangan seperti diatas, dapat diadjukan kemuka Pengadilan.
TELAH TERBIT BUKU-2 BAHASA DJAWA HURUFLATYN. Karangan R. Ng. Ronggowarsita. Idajat Djati. Buku Wirid punika karanganipun R. Ng. Ronggowarsito. Kapendet sarinipun sarta katambahan saking sa nes2 buku ingkan sami medaraken ngelmi marifat ......Rp.10,- Sapta Darma. Karanganipun pudjangga R. Ng. Ronggowarsito i sinipun: Kalatida, Djoko Lodang, Tjandra Sang kala, Sapta Djati, Sedda Jatmoko, Wedda Ragasadaja dipun wudjudaken tembang. ....Rp.4. Tiga Sastra. Isinipun serat Sopanalaja, Bambang Parasara,- (petian Pustakaradja), Resi Bjasa(Petian Pustakaradja)...... .........Rp.6, Weddha Satya. Karanganipun Pudjangga R. Ng. Ronggowarsito a njariosaken Batara Paswo kalijan Batari Darini bab Katrennaning djaler lan estri. .......Rp. 5, Adji Dopomontro (Primbon). Ilmu gaib, dosa-2 djapa, mantra rafal dll.- .....Rp.15. Darmo gandul. Babad bedahing Karaton Madjapait Miturut sura osing serat Walisanga.........Rp.15. Katunanggan. G. Katuranggaing Djaran, manuk Perkutut lan Ku - tjing..................Rp.6.
Gato-lotjo. Bantahanipun Gatolotjo tanding kalian Dewi Perdjiwati, patrap-pratingkahing Asmaragama, tuwin dumadosipun widjining manusa, . BP. 8,
Sari Warsita. Nerengaken maksudipun ramalan Djongka Pudjong ga R. Ng. Ronggowarsita, Ing Surakarta. Dipun terangaken ngangge tigang basa. Tembang (kawi) Ngoko, lan basa Indonesia, isinipun Kala tida Sapda tama Sabda djati... .Rp. 5.
Wiwaha.
Ngewrat tjekak-asosipun tjarijos Wiwaha, ing kang mengku pitedah-tatatjara Djawi ing djaman kina, bab lampah-lampahipun tijang madosakendjodo anak estri, ngantos dumuginipun kalampa han daup.... . .Rp. 4. WULANG REH. T.
Anggitanipun Sri Si uhunan ingkang kaping sekawan, buku punika pitutur ingkang perlu kawi gatekaken para anem miwah sepuh, wudjud tem - bang matja pat. .··.·.·.··.Rp.6.- Djampi Djawi.
Isinipun ratjikan djampi Djawi ingkang tulen, asalipun saking empon-2 ngantos 303 matjem re sep, djampi..... .Rp.10.
Mardi laras G.
Inggih punika kangge sinau angudi larasing gen ding Djawi, utawi sinau nabuh gamelan, ingkang boton ngangge piwulangipun Guru, enggal mengor tos tuwin saged nabuh pijambak...Rp.5.
Sukmo Wiworo G. Huruf Djawa Basa djawa. Pratikel gampil anggenipun anglampahi, piteda hing kasampurnan, sarta tetedan damel pepeling aluamah tuwin~amarah..... .....Rp.8,
Sasmita Warni-2 G. Huruf Djawa Basa djawa. Bab Sasmitaning, supena, Grahana Lindu, Sato- Kewan sasmitanipun, tuwin kedut, keterangan - patunggal-2 wahananipun, ingkang bade pinanggih awon utawi saenipun.........Rp.6.
2