Baca PDF (OCR): Lelakoné si Kentoes / Anggitané C. Collodi [pseud.] ; sing andjawakaké Soeharda

90 halaman · 5 halaman diproses dengan OCR · 5.7 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. CORNELL UNIVERSITY LIBRARY
  2. LELAKONÉ SI KENTOES
  3. XXI . KENŢOES DIEKON TOENGGOE KANDANG PITIK .
  4. XXII . KENTOES KETEMOE KARO SING MALING PITIK .
  5. XXIII . KENTOES NGGOLÈKI BAPAKNÉ .
  6. XXIV. KENTOES KETEMOE MANEH KARO POETRI PERI .
  7. XXV. KENTOES SAGOEH MARÈNI OLÈHÉ NAKAL .
  8. XXVI . KENTOES KARO KANTJA-KANTJANÉ MENJANG PINGGIR SAGARA .
  9. XXVII . KENŢOES GELOET .
  10. XXVIII . KENTOES AREP DIGORÈNG .
  11. XXIX . KENTOES KETOELOENGAN .
  12. XXX. KENTOES ORA SIDA DADI BOTJAH .
  13. XXXI . KENTOES MENJANG DÉSA NJAMLENG.
  14. XXXII . KENTOES DADI KOELDI .
  15. XXXIII . KOELDI KENȚŢOES DIEDOL MENJANG PANGGEDÉ KOEMIDI .
  16. KOEMIDI HARMSTON !
  17. XXXIV . KENŢOES DADI GOLÈK MANEH .
  18. XXXV . KENTOES KEPETOEK KARO .... MARA WATJANEN!
  19. XXXVI . KENŢOES DADI BOTJAH .
  20. DATE DUE
  21. DATE DUE
  22. PAGE NOT AVAILABLE

Wason PL5179 486 V.2

ASIA

CORNELL UNIVERSITY LIBRARY

L86 Wason PL5179

CORNE NELL UNIVERSITY • BYFOUNDED RNELL EZRA

Serie No. 282a f 0.50

SIKENTOES DJILID II BALE POESTAKA BATAVIA -CENTRUM

LELAKONÉ SI KENTOES

ANGGITANÉ C. COLLODI SING ANDJAWAKAKÉ SOEHARDA (Balé Poestaka )

NGANGGO GAMBAR

DJILID II

Cornell University Library PL 5179.L86 v.2

ech L

Loriniumi , Carlo 7

BALÉ POESTAKA - - 1932 BATAVIA-CENTRUM

1.94055 17 /

XXI . KENŢOES DIEKON TOENGGOE KANDANG PITIK .

Si Kenţoes atiné soesah banget . Moela bandjoer nangis bengokbengok, toeloeng -toeloeng . Nanging ora ana sing noeloengi . Kiwa tengené kono ora ana omahé , sanadjan ana, panggonané adoh banget . Wong liwat ija ora ana sidji-sidjia.

Dèk samana wis boebar wajah soeroep srengéngé , saja soewé saja peteng .

Kebonané njenjet, sepi ora ana swara, toer peteng . Kentoes rada wedi . Karo manèh sikilé sing kena pasangan , rasané kaja toegeltoegela . Larané ora karoewan, nganti Kentoes arep soemapoet .

Doemadakan ana konang kelip-kelip marani . Kentoes bandjoer tjalatoe:

,,É, konang, akoe toeloengana , sikilkoe kedjepit pasangan , larané ora djamak! "

Konang welas , weroeh si Kentoes maoe . Takon :

- „Kowé kok nganti kedjepit pasangan maoe keprijé, ta?" -

„Akoe maoe sirkoe arep golèk téla gantoeng ......... " ............

„Apa téla gantoeng koewi doewèkmoe , ta?"

,,Doedoe "

- ,,Kok arep kokoendoeh ?"

„Wong wetengkoe loewé !" -

ija „Loewé loewe , nanging amèk doewèké wong lija koewi djenengé njolong . Ija apa ora ? "

- Akoe „ wis kapok ,wis ora arep manèh manèh - " !

Lagi tekan samono ,ana kresek -kresek soewarané wong mlakoe . Ija ikoe sing doewé kebon , arep niliki pasangané ,manawa ana loewak sing kena pasangan . Bareng weroeh pasangané , sing doewé kebon maoe kagèt banget :doedoe loewak ,nanging botjah .Tjalatoe karo nepsoe :

,,Nah ,maling tjilik , ketjekel kowé saiki ! Iki sing gawéné njolongi pitikkoe ! "

Kentoes mangsoeli karo nangis :

Boten ,, koela boten mandoeng ajam ! Tijang koela namoeng , badé mețik téla gantoeng ! "

-,,Ah, angger wani njolong téla gantoeng , wis mesti wani maling pitik . Titènana waé, kowé mesti takadjar sing nganti ora lali sadjegmoe oerip ."

Pasangané bandjoer dioetjoeli. Kentoes ditjandak goeloené , ditjengkiwing, digawa moelih . Bareng tekan régolé omahé , Kentoes dibroekaké ing lemah karo diidak tjengelé .

,,Mengko bengi jèn oedan kowé mleboea kandang asoe kono ..... "

-,,Saiki wis kewengèn , akoe wis ngantoek . Sésoek waé titènana ! Wingi asoekoe mati , kebeneran kowé dadi soelihé ."

Kentoes bandjoer dikaloengi ranté goeloené kaja asoe , nganti mèh ora bisa méngo . Poetjoeké ranté ditalèkaké olèh tjagak. Noeli tjalatoe:

- „Mengko bengi jèn oedan , kowé mleboea kandang asoe kono. Kono wis ana daminé , isih anjar , lagi 4 taoen lawasé . Karo jèn ana maling , kowé koedoe ndjegoeg, ngreti ! "

Sawisé mangkono , wong tani maoe bandjoer mleboe ngomah , lawangé teroes dikantjingi . Si Kentoes kari idjèn, awaké gemeter sabab wedi toer wetengé loewé. Sarta dèk nalika ikoe adem ba nget. Kala -kala nggrajangi ranté sing ndjiret goeloené ikoe. Kentoes noetoeh awaké déwé karo nangis :

,,Ija iki, kaja ngéné iki opahé! Oepama akoe ora kesèd , oepama akoe ora nggoegoe kandané kantja-kantjakoe, mesți ora kaja ngéné iki ! Jèn akoe bijèn kaé toememen olèhkoe sekolah , oetawa oepama akoe ora loenga saka ngomah ,mesti akoe ora ditjantjang kaja asoe ngéné iki Ah , ..... barang wis kebandjoer "

Sawisé noetoeh awaké déwé mangkono maoe , bandjoer mbloedoes mleboe ing kandang asoe , teroes toeroe .

XXII . KENTOES KETEMOE KARO SING MALING PITIK .

Olèhé toeroe Kentoes lagi sawatara .Bareng tengah wengi nglilir , kroengoe ana swara bisik bisik - Kentoes ngingoek metoe , . weroeh ana ireng -ireng , tjatjahé papat ,ana ing ngisor pager .Roepané kaja koetjing , nanging satemené loewak . Ija ikoe loewak sing gawéné mangani pitik oetawa endog kaé . Loewak maoe sing sidji bandjoer marani menjang kandang asoe , panggonané Kentoes karo ngoendang bisik bisik - :

- ,,Kemis , Kemis ! "

Kentoes mangsoeli :

Akoe „ doedoe Kemis ! "

,, Lo , kowé sapa ? "

Djenengkoe ,, Kentoes ! "

"Kok ana kono . "

Akoe „ diekon toenggoe ana kéné ! "

Kemis asoe sing toewa , sing gawéné ana kéné kaé , ,, La si saiki ana ngendi ? "

Wis ,, lagi wingi ! mati , "

- Mati ,, ? ... Mesakaké temen !Mangka atiné betjik baNanging jèn mirid roepamoe kowé koewi ija nget ! asoe sing betjik ! "

„Hoes , akoe iki doedoe asoe ! "

,, La kowé koewi apa ? "

Akoe „ golèk ! "

ana ing djero kandang asoe ? Kok ,, "

„Akoe dioekoem ana kéné !"

- „Stt, kowé arep takadjak sekoetoe , kaja si Kemis sing wis mati kaé , kowe wis mesti matoeké , ta wis! " -

„Apa ta? "

,,Ngono , ja! Seminggoe sapisan akoe teka kéné , preloené njolong pitik 8. Sing 7 takpangan sakantjakoe , sing sidji kowé. Nanging kowé koedoe api-api ora kroengoe , adja ndjegoeg oetawa alok barang."

,,Sst, kowé arep takadjak sekoetoe ..... "

,,Apa Kemis bijèn gawéné ija ngono!"

,,Ija, bijèn Kemis noeroet baé, ora taoe njoelajani . Wis, ta , kowé toeroea waé sing pénak . Pestèkna waé, sésoek ésoek mesți tak adepi pitik sing lemoe déwé , wis resik tanpa ana woeloené , kena

kokanggo sarapan . Keprijé, gelem ora ? " - „Kok énak ja. Ija, ija wis ! "

Nanging satemené ing batin Kentoes moeni mengkéné :

- „Titènana waé mengko ! "

Loewak papat maoe pangirané wis ora ana bebaja apa-apa . Bandjoer teroes menjang kandang pitik sing panggonané djèdjèr karo kandang asoe maoe . Kantjingané lawang kandang pitik noeli dikrikiti , ora soewé lawangé menga . Bareng loewak papat pisan wis pada mleboe kabèh , djekrèk, lawangé mineb manèh . Sing nginebaké lawang maoe si Kentoes. Ora moeng ditoetoep waé lawangé, nanging isih nganggo digandjel watoe gedé , soepaja loewaké ora bisa oetjoel.

Sawisé mangkono , Kentoes bandjoer djoegoeg , ora béda karo asoe: ,,hoek , hoek, hoek !"

Pak tani kroengoe djegoeg maoe tangi njandak bedil teroes mboekak lawang karo takon.

„Ana apa? "

Kentoes mangsoeli .

„Wonten pandoeng ! "

,,Endi malingé ! "

„Wonten nglebet kandang ajam !"

,,Mengko disik, akoe noeli teka !"

Ora soewé pak tani metoe , bandjoer marani kandang pitik. Loewaké ditjekel , dilebokaké ing djero karoeng, bandjoer karoengé ditalèni kentjeng karo tjalatoe gijak-gijak:

,,Ketjekel ora, kowé saiki. Akoe ija bisa matèni kowé, ngrangkèt kowé sing nganti kapok kaé! Nanging apa preloené , akoe ora bodo! Sésoek waé takgawa menjang panggonané wong maroeng kidoel kono koewé, kowé mesti bandjoer didèndèng, disoegoehaké wong sing pada ngiras. Jèn pantjèna mono , iwakmoe didèndèng koewi, toemrap marang kowé, djenengé moenggah dradjaté. Nanging akoe iki wong betjik banget , moela ija wis tjikbèn waé."

Sawisé tjalatoe mangkono , pak tani noeli marani Kentoes . Pak tani ketara jèn atiné boengah banget , Kentoes dieloes -eloes goendoelé, karo ditakoni :

- „ Kowé kok dadi bisa njekel maling sing sok njolongi pitikkoe koewi, keprijé maoené ? Mangka djenaté si Kemis kaé ora taoe weroeh , njatané bijèn ora taoe ndjegoeg ?"

Pantjèna si Kentoes ija kepengin ngandakaké alané si Kemis anggoné tansah ngapoesi bendarané . Nanging batiné :

- „Ah, preloené apa, njatoer ala wong sing wis mati ..........

Mati ija wis bèn mati .. moeng kéné adja nganti njatoer ala!"

Kentoes ora mangsoeli barang-barang. Pak tani takon manèh : „Dėk loewak iki tekan kéné , kowé apa lagi toeroe , apa melèk?"

- ,,Koela saweg tilem , nanging sareng wonten soewanten kloetek-kloetek, koela ladjeng nglilir . Loewak ingkang satoenggal moeroegi koela , witjanten: „Kowé adja ndjegoeg ija, mengko taktjepakı ingkoeng pitik sidji ! " Kados poendi, jèn ngaten poenika , poenapa boten koerangadjar namanipoen ? Leres , koela poenika roepi golèk , oetawi katah awon koela! Nanging jèn dipoen poerih sekongkel kalijan bangsat , poenapa déné dipoen poerih toemoet neda barang pandoengan , boten , koela meksa boten poeroen , sanadjan étjaa kados poenapa ! "

,,Bener koewi! Bagoes banget atimoe! Moelané akoe boengah banget ! Saka boengah -boengahkoe , kowé takloewari saiki . Wis kana, moeliha ! "

Pak tani bandjoer ngoetjoeli wesi sing dienggo ngranté Kentoes ,

XXIII . KENTOES NGGOLÈKI BAPAKNÉ .

Kentoes atiné boengah banget . Bareng ranténé wis dioetjoeli , bandjoer brabat , mlajoe anggeblas , karo loendjakloendjak mloempat-mloempat . Olèhé mlajoe ora lèrèn -lèrèn nganti tekan ing dalan sing menjang omahé poetri peri bijèn kaé.

Bareng tekan ing dalan, Kentoes mandeg karo ngingetaké ngiwa nengen . Alasé ija katon, dèk dèwèké ketemoe karo asoe adjag lan koetjing kaé ija ana ing alas kono koewi. Kajoe gedé , panggonané ija ija Kentoes nalika digantoeng , katon . Nanging sing digolèki , ikoe omahé poetri peri , ora ana .Kentoes olèhé nggolèki , matané dielèk elèkaké - meksa ora katon .

Atiné deg degan - .Kentoes mlakoe manèh gegantjangan .Ora soewé tekan papan mloewa , sing dek bijèn prenah panggonané omahé poetri peri kaé .Omahé wis ora ana tabeté babar pisan . Nanging ing kono ana koeboerané nganggo kidjing , sing ditoelisi oeniné mangkéné :

Ing kéné

koeboeré poetri peri ngadjalé sabab sedih ditinggal adiné si Kentoes .

Sawisé diédja, Kentoes ngreti soerasané . Kentoes teroes ambroek ndjoengkel ana ing kidjing kono, karo nangis . Olèhé nangis sawengi moepoet , nganti awan ija isih nangis . Panangisé seroe nganti kroengoe kiwa tengen kono, ngoemandang ana ing poentoek -poentoek sing ora adoh saka kono. Tangisé Kentoes :

- „O, keprijé, peri, kowé kok mati tenan! Kok doedoe akoe sing mati , bok akoe waé sing mati Bapak ana ngendi , ana ngendi? ......... Ana ngendi , bakjoe, bapakkoe endi ? Akoe arep mèloe bapak ! Ora bakal loenga -loenga manèh !

... Bakjoe peri, kowé rak ora mati tenan , ta?

Rak ora mati , ta! ..... Hiiiii , apa kowé ora meMengko bangsat -bangsat pada sakaké akoe , akoe idjèèn ! teka , akoe ndjoet digantoeng manèh ! ndjoet akoe mati tenan! ... ...... Keprijé iki Bapak ora ana , kowé ora ana ! Sing ? mènèhi pangan akoe sapa ?Akoe toeroe ngendi jèn bengi ? .." Hi , Bok akoe mati waé sisan ,wis genah ! hi , hiiiii !

Sakıng sedihé , ramboeté kaja arep didjebol djebola - Nanging . ija ramboeté sing dianggo kajoe , dadi ora gampang djebolé .

Doemadakan ana manoek dara lagi maboer ana ing doewoeré ,

aroeh -aroeh : ,, É, kowé lagi apa ? goes , "

Kroengoe soewara maoe , Kentoes ngingetaké mandoewoer , karo ngoesapi eloehé .Wangsoelané rada nepsoe :

„Kowé apa ora weroeh ?Akoe iki lagi nangis . "

Manoek dara pitakon manèh : ,, Anoe , apa kowé weroeh golèk sing djenengé Kentoes ."

,,Sapa ? Ija akoe iki sing djenengé Kentoes ! Kentoes ? "

Manoek dara noeli moedoen njedaki .Dara maoe gedéné ngoengkoeli pitik tlekoen . Manoek pitakon :

„Dadi kowé blé ?" ijamesti wis wanoeh karo sing karan pak DomKentoes kagèt ,kroengoe djenengé pak Domblé .

- „Pak Domblé ?Wis mesti wanoeh , toer banget ! Ija koewi ija bapakkoe ! Ora, olèhmoe weroeh ana ngendi? Apa, apa bapak Saiki ana ngendi ....... " isih oerip ? ... -

Wis „ teloeng dina iki akoe weroeh pak Domblé ana ing pinggir sagara . "

- „Lagi apa , lagi apa ! "

- ,, Lagi gawé praoe tjilik ,arep dianggo njabrang sagara .Olèhé ndjadjah bapakmoe wis ana 4 sasi , nggolèki kowé .Nanging ora moelané arep digolèki menjang tanah sabrang . ketemoe , "

Kentoes takon :

Pira „ dohé saka kéné menjang pinggir sagara ? "

,,Koerang loewih ana sèwoe pal . " -

Sèwoe „ pal ? O, manoek dara ,mbok akoe iki doewé elar kaja kowé ngono ! .. "

- Akoe „ rak ija bisa nggawa kowé , jèn kowé gelem . "

,,Keprijé rekané ? "

,,Kowé noengganga gigirkoe kéné . Kowé abot apa èntèng ? - " Akoe „ iki èntèng banget , kaja kapoek waé ! "

bandjoer noenggang gegeré manoek dara , Kenţoes ora sranta , kaja wong noenggang djaran kaé , ngetapel karo moeni :

- Hrrr ,, , kk , kk ! ajo , adja soewé -soewé ! "

Manoek dara noeli maboer .Ora soewé mèh tekan panggonan méga . Nalika ikoe Kentoes kepengin ndeleng mangisor , nanging saka doewoeré singoenen . bandjoer agé -agé Samar manawa tiba , ngrangkoel goeloené manoek dara maoe .

Olèhé maboer sadina moepoet .Bareng ngarepaké soeroep srengéngé , manoek dara tjalatoe :

- Akoe „ ngelak banget ! "

Kentoes njamboengi : -

,,La , wetengkoe loewé banget ! "

- Ajo , lèrèn sadéla waé .Mengko „Nah , kaé ana pagoepon ! maboer manèh . Sésoek ésoek rak tekan pinggir pasisir . "

Ora soewé pada tekan ing pagoepon dara ikoe .Pagoepon maoe wis soewoeng . Ing kono ora ana barang barang - , kadjaba moeng banjoe ana ing tjoewo karo katjang idjo sabatok .

Djaréné Kentoes , dèk bijèn awaké koewi ora taoe mangan katjang idjo , weroeh waé wis moetah moetah - Éwadéné nalika ikoe . olèhé mangan sengkoet , nganti sabatok entèk goesis . Bareng wis bandjoer tjalatoe :

Manoek dara noeli maboer .

„Akoe maoené ora ngira jèn katjang idjo koewi ija énak banget!"

Manoek dara mangsoeli :

„Pantjèn bener kandamoe koewi , Toes! Wong loewé koewi ora mbalèkaké barang-barang. Sanadjan katjang mentah ija enak . Loewé ikoe lawoeh sing peng-pengan déwé ! "

Sawisé lèrèn sawatara , bandjoer mangkat manèh . Ésoeké tekan pinggir sagara .

Kentoes dioedoenaké , manoek dara sawisé ngoedoenaké Kentoes , toemoeli loenga waé , sabab ora gelem diwènèhi tarima kasih . Manoek dara teroes loenga bablas , ora soewé wis ora katon .

Ing pasisir kono akèh wongé, pada alok-alok karo toeding -toeding menjang sagara .

Kentoes takon karo nini-nini :

„Ni, ana ngapa ta iki?"

„Kaé lo, ana wong toewa , djaréné kélangan anak. Anaké moeng sidji . Digolèki menjang ngendi-endi ora ketemoe , saiki arep digolèki menjang tanah sabrang . Nanging moeng noenggang praoe tjilik waé. Saikiné ombaké gedé . La, la kaé, praoené arep kèrem

„Praoené endi , ni !"

" ,Kaé, lo, kaé!"

Nini-nini maoe karo noedingi praoe sing katon ketip-kețip ana ing tengah sagara , wongé sing noenggangi mèh ora tjeta roepané .

Kentoes ija weroeh praoe tjilik maoe . Bareng saja tjeța pandelengé , dèwèké mbengok karo nangis :

,,Bapaaaak , kaé bapaaak ! "

Nalika samana praoe maoe di ontilang aloen , moenggah moedoen . Tjat katon ana ing poetjoeking ombak , tjat ora. Kentoes ngadeg ana ing doewoer watoe karang gedé , karo oendang -oendang: „Paaaak! Paaaaaak ! " karo awé-awé nganggo topiné , tangané srawéjan.

ija Roepané pak Domblé sing ana ing tengah sagara ikoe ora Marga dèwèké ija katon ngawé -awé pangling marang anaké . nganggo tjapingé sarta awèh weroeh , oega kepéngin bisaa tekan pinggir .Nanging keprijé ? Sagarané moempal moempal - kaja mangkono !

Doemadakan ana ombak sing doewoer banget , praoené katoet , teroes keblebeg , moesna . Wong-wong sing pada ndeleng ana ing pasisir maoe pada ngentèni , bokmanawa praoené mantjoengoel manèh . Nanging ora, praoené teroes ilang. Sing pada meroehi maoe pada moeni :

,,Pak, taktoeloengi !"

,,Ah , welas temen akoe !"

Ana manèh sing bandjoer sembahjang , ana sing ngoetjap: ,,Inna'llilahi , wa inna'llilahi rodjioen! " sarta bandjoer pada klendèhklendèh moelih .

Doemadakan ana soewara ndjerit. Bareng wong-wong maoe mé ngo, weroeh Kentoes lagi ambjoer saka ing doewoer karang , karo ndjerit :

,,Pak, taktoeloengi ! .........

Kentoes ikoe awaké sing dianggo kajoe, moelané ija ora kesilep , koemambang waé. Dasar ija prigel nglangi. Kala-kala sok katon katoet aloen, bandjoer ngilang manèh . Goendoelé sok tjoengoeltjoengoel, sok moeng tangané sing katon srawéjan. Saja soewé saja adoh saka pasisir.

Wong-wong sing weroeh , pada njeboet : - „O, kok ija mesakaké temen ."

Bandjoer pada moelih , semoené pada soesah .

XXIV. KENTOES KETEMOE MANEH KARO POETRI PERI .

Kentoes olèhé nglangi ana ing sagara sawengi moepoet . Dèwèké doewé pangarep -arep bisa ketemoe karo bapakné .

Nalikané Kenţoes nglangi ana ing tengah sagara maoe , petengé ndedet . Langité katoetoepan mendoeng , oedané nganggo prahara, gloedoegé goemleger tanpa kendat.

Bareng wajah ésoek , anginé rada menda , langité wis resik. Srengéngéné katon djoemedoel saka ing sagara ana ing kéblat wétan. Ing kadohan katon ana ireng-ireng ngrenggoenoek , roepané kaja poelo .

Kentoes diepeng olèhé nglangi, soepaja agé-agé tekana poelo maoe . Nanging tanpa goena , djalaran aloené isih ngombak -ombak . Angger Kentoes wis rada tjedak, dibalèkaké manèh .

Doemadakan ana aloen gedé ! Kentoes katoet , dioemboelaké , weroeh -weroeh wis tiba ana ing gisikané poelo maoe . Olèhé tiba rada kanteb, nganti baloengé kemrepjek kabèh , nanging batiné :

- „ Ija wis tjikbèn, nanging akoe saiki wis ana pentasan ."

Srengéngéné nalika samono saja doewoer. Sagarané mari ngombak-ombak kaja maoe .

Kentoes bandjoer tjoetjoel, sandangané diepé soepaja garing. Dèwèké ndeleng ngiwa nengen bokmanawa ana praoe tjilik sing ana wongé. Nanging ora ana barang-barang . Anané moeng langit Ing kadohan ija ana praoe tjilik, nanging praoe lajar , karo banjoe. katoné ketip-ketip satengoe -tengoe gedéné .

Kentoes tjalatoe dèwèkan :

- ,,Bok akoe weroeh djenengé poelo iki, ija! Iki apa ana wongé apa ora, jèn ana apa wong betjik-betjik, apa wong ala, tegesé: apa wongé sing sok njekeli botjah tjilik bandjoer digantoeng ing witwitan kaé? Nanging sing taktakoni sapa? Wong ora ana manoengsa sidji -sidjia ngéné , keprijé?"

Sarèhné roemangsa kaidjènen ana ing poelo maoe , moela atiné Kentoes soesah banget , kaja arep nangis -nangisa . Doemadakan weroeh ana iwak gedé lagi nglangi ana ing pinggir , mentongol , endasé lan awaké katon kabèh.

Kentoes ora weroeh djenengé iwak maoe , moelané olèhé takon: - „É, goes iwaak, akoe arep takon sadéla waé ! "

Iwak maoe roepané betjik banget atiné, mangsoeli :

Ija, ana apa ? " - „Akoe wèhana weroeh , apa kéné iki ija nagara , apa ija ana wongé sing kena didjaloeki mangan , nanging ora genti mangan ?"

- ,,Ana pisan ! Malah ora adoh saka kéné ! " -

,,Dalané metoe ngendi ? "

- „Dalan tjilik kiwamoe koewi toeroeten waé. Jèn mlakoe sirahmoe méngoa menjang boeri waé, tjikbèn adja bingoeng."

- „ Ija! O, ana manèh sing taktakokaké ! Kowé koewi sabamoe moeng ana sagara waé , apa kowé ora kepetoek karo bapakkoe noenggang praoe tjilik! "

- „Bapakmoe sapa , ta! "

- ,,Bapakkoe koewi moeng sidji, sadjagat ora ana sing madani ! Akoe iki anaké , moersal banget ! "

- „O, kaé! Ija, dèk maoe bengi ketempoeh prahara gedé , praoené kèrem !"

- „Bapak ndjoet keprijé?"

- „Bapakmoe bandjoer ditjaplok iwak lodan gedéné nggegirisi, saiki lagi saba ana in kiwa tengen kéné, nijaté apa sing katon moeng arep ditjaploki waé."

Kentoes wedi banget , kroengoe tjaritané iwak maoe, tjalatoe karo ngoplok:

- - ,,Apa iwak lodan koewi gedé banget ?"

„Wé la, gedéné ora karoewan ! Gampangé waé, lagi tjangkemé totok waé gedéné wis pada karo omah djoglo , jèn mangap , bok gerbong sepoer ijakleboe ! "

- „Wé, doebilah ! "

Kentoes kagèt banget , agé-agé nganggo sandangané , bandjoer pamitan:

„Wis ja, iwak! Adja dadi atimoe olèhkoe ngroesoehi kowé iki ! Lan akoe tarima kasih banget anggonmoe wis awèh sesoeroepan . "

Kentoes noeli bablas rerikatan noeroet dalan tjilik sing dikandakaké iwak maoe ,malah kaja mlajoe mlajoea - .Angger ana kresek bandjoer kagèt méngo ,wedi manawa ditoetoeti iwak sațițik waé , lodan sing djaréné bisa ngoental gerbong sepoer maoe .

Bareng wis olèh satengah djam , Kentoes tekan ing désa . Loeroeng -loeroengé kebak wong pada njamboetgawé . Ora ana sing nganggoer sidji -sidjia , kabèh pada doewé pagawèjan déwé -déwé . Sanadjan digolèkana nganti ndjlimet , ora nemoe wong sing tengoek -tengoek ; sing ala jaora ana .

Kentoes ikoe mangka botjah kesèd ,batiné :

Ana „ ing kéné iki doedoe panggonankoe !Akoe iki dititahaké ana ing alam donja ora diekon njamboetgawé . "

....... Nanging nalika ikoe Kentoes loewé banget wetengé . Wis sadina sawengi ora kambon pangan , sanadjan katjang idjo pisan , oega ora .Atiné kèwoehan . Poengkasané akalé moeng warna sapisan ndjaloek panggawéan , kapindoné ndjaloek doewit loro : oetawa ndjaloek sega .

Kentoes satemené rada isin jèn diekon ngemis .Bapakné wis taoe ngandani ,wong sing ngemis ikoe moeng wong toewa oetawa wong sing tjatjad . Sing wadjib diwelasi ikoe dadi moeng wong sing djalaran wis toewa oetawa doewé tjatjad nganti ora bisa njamboet gawé maoe . Déné sing waras oetawa enom ikoe wadjibé koedoe njamboetgawé .Manawa ora gelem , ija tjikbèn mati kaliren .

Ing nalika ikoe ana wong liwat .Kringeté dalèwèran , ambekané menggèh -menggèh djalaran nggèrèd grobag kebak areng moendjoeng moendjoeng - mangka tanpa réwang . ,

Kentoes wis ngira jèn wong maoe betjik atiné .Diparani , karo toemoengkoel rainé , ngetoengaké tangané . Tjalatoené :

- ,,Njoewoen paring arta sakelop kémawon . Padaran koela loewé sanget ! "

Toekang grobag mangsoeli :

- „Ora moeng sakelop waé, nanging rong kețip pisan takwènèhi , anggeré kowé gelem ngréwangi ngoesoeng areng iki ! "

Kentoes nesoe , tjalatoené :

,,Lo , goemoen koela ! Koela poenika dèrèng naté dados kéwan momotan , dèrèng naté nggèrèd grobag ! "

„La ija jèn mengkono malah kebeneran , ta! Nanging , goes , jamangana koemakimoe baé , jèn kowé loewé , anaa rong tjoewil , adja nganti koewaregen ! "

Ngombéa „ lé, enja ngombéa ! , "

Ora soewé ana toekang batoe liwat , lagi manggoel èmbèr isi gamping . Kentoes tjalatoe :

„Prijantoen , bok welas dateng laré ingkang kaliren poenika ! Njoewoen paring arta 5 sèn kémawon . "

Toekang batoe mangsoeli :

- „Ija , takwènèhi , nanging akoe toeloeng gawakna èmbèrkoe iki Adja sing moeng 5 satali pisan tawis . ! sèn , "

- „Tijang èmbèripoen awrat makaten ! Mangka koela poenika soetik rekaos . "

- „Jèn kowé soetik rekasa , ija wis angopa waé .Karia slamet ! "

Ora ana satengah djam sing liwat wis ana wong rong poeloch . Si

Kenţoes II

Kabèh maoe diemisi doewit marang Kentoes, nanging wangsoelané :

-,,Botjah ora idep isin! Tinimbang kowé moeng kloejar -kloejoer ngono koewi , bok ija njamboet gawé, sinaoe golèk pangan " déwé!

Wekasan ana wong wadon isih enom liwat. Wong wadon maoe nggawa klenting loro. Kentoes ngelak banget , noeli nemboeng :

- „Jèn kapareng , koela badé njoewoen ngombé tojanipoen sakedik kémawon ."

Wangsoelané :

- „Ngombéa, lé, enja ngombéa ! "

Wong wadon maoe karo njèlèhaké klentingé. Kentoes olèhé ngombé nganti wareg; bareng wis tjalatoe karo ngoesapi tjangkemé : -

,,Saiki ngorongkoe wis mari , nanging wetengkoe kok isih loewé. Ngéné iki ana sega ngono, saiba énaké , ja! "

Bareng wong wadon maoe kroengoe tjalatoené Kentoes, noeli mangsoeli :

- „Jèn kowé gelem nggawakaké klențingkoe sing sidji iki nganti tekan omahkoe , mengko takwènèhi sega sapiring!"

Kentoes ngingetaké klențingé, ora mangsoeli apa-apa .

Wong wadon maoe tjalatoe manèh :

„Segané nganggo lawoeh iwak terik karo djangan lodèh."

Kentoes isih ngingetaké klențing, karo meneng waé. -,,Jèn wis mangan , ndjoer takwènèhi djeroek keprok. "

Bareng Kentoes kroengoe temboeng djeroek keprok, ora bisa ngamped manèh , tjalatoe :

-,, Inggih, sampoen koela bektané ."

Klențingé abot. Kentoes ora koewat, disoenggi waé.

Bareng tekan omahé wong wadon maoe si Kentoes bandjoer dikon linggih ana ing ambèn , karo diadepi sega sarta lawoehané . Kentoes olèhé mangan ngangsa -angsa banget , nganti kaja wong sing kaliren wis 5 sasi .

Sawisé rada wareg, ndengèngèk arep awèh tarima kasih marang wong wadon sing mbetjiki awaké maoe . Nanging doemadakan kagèt, karo moeni : „Oooooo ! " Kentoes saking kagèté nganti meneng kaja toenggak ora obah, tangané isih njekel djeroek, tjangkemé mlongo kebak panganan .

Wong wadon pitakon: - „Ana apa kowé kok kagèt ?"

Kentoes mangsoeli pedot-pedot :

-,,Anoe, ...... tijang sampéjan ...... sami kalijan ...... Nah, kémoetan koela ramboeté ...... ...... mripaté ...... inggih, pandjenengan kok sami ...... bakjoe O, allaah, bakjoe periiii ! ...... peri! ......... sampéjan rak inggih bakjoe koela sajektos ta? ......... Bakjoe peri , koela kala anoe nangis! ......... "

Kentoes bandjoer ambroek ana ing pangkoné.

XXV. KENTOES SAGOEH MARÈNI OLÈHÉ NAKAL .

Sakawit wong wadon maoe ora gelem ngakoe jèn poetri peri, nanging rèhné wis konangan, moelané ija bandjoer blaka waé.

„Keprijé , Toes , kowé kok weroeh?" - „Koela boten pangling. Panglinga tijangé, manah koela boten

pangling." -,,Saiki akoe wis toewa, wis patoet jèn dadi iboemoe!"

Kentoes mangsoeli boengah :

,,Nah, inggih, saniki koela jèn njeboet sampéjan boten , „bakjoe", nanging „iboe ?". Pantjèn empoen dangoe koela kepéngin gadah iboe , kados limrahé laré-laré nika! ............ Nanging napa sababé sampéjan kok ladjeng énggal sepoeh nikoe?"

,,Koewi ana wadiné! " -

,,Bok koela njoewoen wadosé. Koela kepéngin dados laré ageng . Tjobi ta, koela rak namoeng ngaten mawon wiwit lair !"

Poetri peri mangsoeli :

„Wong kowé koewi pantjèn wis ora bisa moendak gedé! " - ,,Sabab napa boten saged ?"

,,Sabab golèk ikoe ora bisa moendak gedé . Dilairaké dadi ija golèk, matiné isih dadi golèk . "

Kentoes koekoer koekoer - goendoelé :

Koela ,, empoen bosen dados golèk , empoen wantjiné saniki koela dados laré kados limrahé laré laré - nika ! "

ijadadi oewong ,anggeré kokpredi déwé ! „Kowé bésoek rak " ,,Napa inggih ? La ,dospoendi akal koela ? "

Gampang ,, koewi , anggeré awakmoe déwé kokparsoedi kaja loemrahé botjah betjik . "

,,Napa koela dédé laré saé ? - "

ija Babar pisan doedoe ! Jèn botjah betjik ikoe rak nggoegoe menjang wong toewa , balik kowé ............ "

,,Koela boten nggega ! "

- „Jèn botjah betjik rak seneng sinaoe lan seneng njamboet gawé , balik kowé .......... "

„Koela empoen sataoen mblajang mawon ! "

,,Jèn botjah betjik rak ora taoe goroh, balik kowé ......... ?"

„Koela kerep goroh."

- „Botjah betjik mesti sekolah ."

- „Jèn koela wonten sekolahan , padaran koela mesti moeles .

Nanging wiwit saniki koela adjeng mantoeni . "

"„Kowé sagoeh ? "

„Jèn botjah betjik ..... "

- „Sagah . Koela adjeng dados laré saé, soepados dados andelandelé bapak -koela. Bapak saniki onten poendi ?"

,,Emboeh , ora weroeh ."

„Napa koela saged pinanggih malih ? "

- „Kirakoe ija bisa! Ora dik, kowé mesti bisa ketemoe . "

Bareng tampa wangsoelan mangkono , Kentoes boengah banget , saking boengahé nganti njandak tangané poetri peri karo diamboengi . Sawisé mangkono , bandjoer tjalatoe manèh :

,,Anoe, boe , sampéjan boten tilar donja jektos , ta?"

Poetri peri nggoejoe :

- „Ajaké ora!"

- „Oepami sampéjan soemerep nggèn koela nangis , sareng Ing kéné koeboeré ! " koela maos :

ija moelané kabèh loepoetmoe takapoera . „Akoe weroeh , Anggonmoe nangis tenan , koewi tanda jèn atimoe betjik . Botjah sing atiné betjik ikoe , sanadjan rada nakal oetawa kogoeng satitik , ija isih kena didandani , tegesé kena diarep -arep betjiké .Awit saka ikoe moelané akoe tekan kéné nggolèki kowé . Kowé takanggep anakkoe ! "

Kentoes tjalatoe karo loendjak -loendjak :

„Wadoeh , énak , énak ! . "

Nanging „ kowé ija koedoe nggoegoe apa kandakoe ! "

,,Inggih , inggih , inggih ! "

- ,,Sésoek ésoek ......... kowé sekolah ! "

Kentoes mari loendjak -loendjak .

- Bésoek ,, jèn wis sekolah , bandjoer sinaoe njamboet gawé . "

Kentoes meneng ,mari nggoejoe .

Poetri peri takon :

Hara , ana ngapa kowé , kedoemal -kedoemel ? "

Kentoes mangsoeli gremeng -gremeng : -

Anoe „ koela empoen kesepoehen , jèn kapoerih sekolah . , "

- Ora „ , tjah bagoes ! Éling -élingen , jèn sinaoe , ngoendakaké pada waé . sesoeroepan ikoe ora enom ora toewa , "

Nanging ,, koela boten poeroen njamboet damel . "

- „Ana ngapa , ora gelem ? "

Djalaran ,, jèn njamboet damel ladjeng sajah . "

Anakkoe „ , nggèr !Wong sing ngoetjap mangkono ikoe bésoek ing tembé moeng arep njemploeng pakoendjaran oetawa njegoer roemah sakit .Takkandani ja, roengokna !Wong loemrah ikoe , sanadjan soegija mlarata , koedoe njamboet gawé . Titènana waé wong sing kesèd !Kesèd lan loemoehan ikoe lelara sing mbebajani . Sarta koedoe dirékadaja soepaja adja nganti kelèpètan lelara maoe , wiwit tjilik pisan ! Djalaran jèn wis gerang , angèl mariné . "

Semoené temboeng maoe rada kleboe ing atiné Kentoes .Ndangak karo tjalatoe :

- „Inggih , koela badé sinaoe ,badé njamboet damel .Koela badé nglampahi samoekawis pakèn sampéjan , sabab koela sampoen bosen dados golèk .Koela badé dados laré saèstoe ;kados tjrijos sampéjan waoe ."

- „Nah , ija, akoe ija wis kanda . Saiki moeng kari ana kowé . "

XXVI . KENTOES KARO KANTJA-KANTJANÉ MENJANG PINGGIR SAGARA .

Ésoeké Kentoes mleboe sekolah . Kowé kabèh wis mesti bisa ngira-ira, bareng Kentoes tekan ing djero klas, botjah-botjah lijané kabèh pada nggegoejoe ora lèrèn -lèrèn . Kabèh pada mbebéda . Ana sing ngepoek -epoek goendoelé Kentoes , ana sing njènèng klambiné, ana manèh sing bandjoer ndjoepoek mangsi arep dianggo

„Tekakoe mréné ora arep kokanggo édan-édanan ..... "

njlorèng-njlorèngi rainé . Malah ana sing nalèni sikilé karo tangané , soepaja Kenţoes ndjogèd.

Maoené Kentoes meneng waé , api-api ora roemangsa , lan nisih. Nanging soewé -soewé ora betah , méngo nggetak marang botjah sing ndoegal déwé , karo menteleng :

- „Hoes , ngati-ati! Tekakoe mréné ora arep kokanggo édanédanan. Akoe ora ngganggoe roepamoe , moelané akoe ora soesah kok ganggoe !"

Botjah -botjah malah saja kekelen olèhé nggoejoe , ana sing tjalatoe:

- „Ih, ih, ih , ana botjah kok gemaib temen . Ih, malangkerik kaja gerèh pètèk ! "

Sing ndoegal déwé ngatjoengaké tangané arep mites iroengé Kentoes. Nanging koerang tjikat, kedisikan dengkoelé ditépang Kentoes .

- „Ato, sikilé atosé kaja watoe! "

Ana manèh sing mentas kena sikoeté Kentoes, sambat :

„Eeek , dadakoe ampeg ! eeeg , eeeg, sikoeté krandjingan ! Ngoengkoeli sikilé! "

Saboebaré ana sing kena tépang karo ana sing kena sikoet maoe semoené kantja-kantjané sing ndoegal pada éring. Bandjoer pada betjik marang Kentoes.

Apa déné goeroené ija ngalem Kentoes, djalaran dèwèké lantip sarta mempeng , lan sregep . Jèn teka menjang sekolahan disik déwé, jèn moelih mesți ngèrèni .

Tjatjadé Kentoes ikoe sok isih gelem anoet groebjoeg kantjakantjané, mangka ana sing ndoegal, sing kesèd oetawa sing ora nijat mempeng sinaoe .

Goeroené sarta poetri peri olèhé ngandani ora kendat-kendat, ngélikaké:

„Sing ngati-ati, Toes ! Kantja -kantjamoe koewi jèn soewésoewé kowé diodjok -odjoki dipenging sinaoe !"

Kentoes mangsoeli karo gèdèg -gèdèg dridjiné diatjoengaké mandoewoer :

,,Ah, mangsa sageda! "

Ing batiné:

- ,,Akoe rak loewih pinter tinimbang kantja-kantjakoe. Mangsa kenaa diblitoek, ora! "

Nanging ...... noedjoe sawidjiné dina wajah ésoek si Kentoes mangkat sekolah, kepetoek karo kantja-kantjané. Botjah-botjah maoe tjalatoe:

„Toes, toes , anoe kowe wis weroeh , kowe wis weroeh ? "

„Hè, doeroeng ."

- ...... ana iwaké lodan, ,,Ing sagara koewi lo, tjedak kono! gedéné pada karo goenoeng." -

„Temenan, nèh ? ...... Mengko gèk iwak sing ngoental bapak kaé?"

-,,Iki pada arep menjang pinggir sagara . Kowé mèloe?"

- „Emoh , akoe arep sekolah kok! "

- ,,Ah, wong sekolah waé kok kokgagas ! Sésoek waé sekolah ! ija ija Sekolah karo ora ikoe rak pada waé, sekolaha isih bodo , ora pinter . "

- „Mengko jèn didoekani pak goeroe . "

- „ Jatjikbèn !Tjikbèn tjatoeran déwé .Olèhé dibajar oléh blandja ikoe rak moeng diekon gremengan karo srengen ! - "

La,, siboe keprijé ? - "

,, Iboemoe rak ora ngerti barang barang - " .

Kenţoes tjalatoe manèh :

ija - Mengko „ ta! Temené akoe preloe ndeleng iwaké disik , lodan koewi ! Nanging mengko waé , jèn wis moelih sekolah ! "

Ana sing mangsoeli :

Apa gagasanmoe iwaké koewi gelem ngentèni Bonto ,, , ki ! nganti kowé moelih sekolah ?Mengko sadéla engkas waé wis ngalih panggonan . " -

Pira „ dohé saka kéné menjang pinggir sagara ? "

- Ah,, , tjedak , bola bali - moeng lakon sadjam . "

- Ajo „ wis ! Sapa disik ! , "

Kantja kantjané - pada mlajoe , Kentoes bandjoer mlajoe . karo njangking boekoené oetawa sabaké . Nanging botjah botjah - maoe olèhé mlajoe ora bisa rikat .Sing rikat déwé moeng Kentoes .Kalakala sok méngo karo ngegoejoe kantja -kantjané sing pada krenggosan .

Kentoes ora ngreti apa sing bakal kalakon ! ............

XXVII . KENŢOES GELOET .

Bareng Kentoes wis tekan pinggir sagara , ngingetaké ngiwa nengen , iwaké lodan ora ana . Takon marang kantja -kantjané :

- Endi „ iwaké gedé ? "

Ana sing mangsoeli karo nggoejoe : ,,Kirakoe iwaké lagi golèk sarapan ! "

Ana manèh sing moeni :

- Ora ,, iwaké lagi njentong , kok , arep toeroe . "

Kroengoe wangsoelan sing ora genah maoe , toer nganggo pada nggegoejoe , Kentoes bandjoer ngreti jèn diapoesi . Noeli tjalatoe karo nesoe :

- „Ana ngapa kok akoe diapoesi ngéné iki?"

- „ Ja tjikben! Kowé tjikbèn ora sekolah ! Kowé ora isin, saben dina ngapalaké karo sinaoe koewi; ora isin ngoengkoeli kantjakantjamoe iki?" - „Kowé kok pada dahwèn? Akoe rak nglakoni apa mesținé

botjah sekolah ? Apa kowé katoet ketjangking , rak ora ? "

- „Ketjangking pisan ! Sabab akoe sakantja bandjoer olèh djeneng ala karo pak goeroe! "

- „La ana ngapa ?"

„Ana ngapa keprijé? Anggeré kowé sregep , akoe sing kesèd rak bandjoer ketara, ta? "

,,Hem , karepmoe keprijé, soepajané pada-pada kepénaké ?" -

,,Koedoe manoet tjarane kantjané ! Botjah -botjah iki kabèh moengsoehé teloe: sidji sekolahan , loro woelangan , teloené goeroe ! Ikoe koewé ija koedoe nganggep moengsoeh !"

" - „Jèn akoe ora gelem prijé? Wong akoe arep sinaoe mèn pinter!

- „Kowé didjotak ! Sarta jèn ora kebeneran ditaboki ! "

Kentoes matèntèng karo nggoejoe ngétjé : - „Èh, èh, èh, kok nggoejokaké temen. "

Botjah sing gedé déwé bandjoer njedaki Kentoes karo tjalatoe

getem -getem: - „Toes, adja koerangadjar, koewé lo! Koemakimoe , paténtangpatèntèng . Kok arani wedi apa kabèh iki karo kowé! Matamoe bok koklèké , botjah pitoe gilo, kowé idjèn ! "

Kentoes malah nggoejoe :

,,Pitoe, ih, bangsat pitoe ! "

- ,,Lo, gilo tjah, kowé dioenèkaké bangsat kabèh ! " -

„Toes , énggal ndjaloeka pangapoera ! Jèn ora, mlajoea

waé! " Kentoes malah djogédan karo kendangan:

,,Pak, pak, gentong ! "

,,Pak, ketjoepak , gentoeng ! "

- „Toes , titènana lo!"

„Raimoe bèn mantjoer -mantjoer ! "

- ,,Ditaboki lo kowé!"

„Tak, gentoeng - tong tak! "

- „Dang tong tak djoerrrrrrrr ! "

Sing kendel déwé ora sranta , tjalatoe karo njedaki Kentoes :

- „Ajo ndjogéda manèh ! Enja, gilo takwèhi lento!" Karo nggedjil si Kenţoes.

Kenţoes ija males , kaploek! Diwales manèh , keploek! Keploek, ......... keplak, doeg! Kentoes dikroeboet , tangané karo sikilé srawéan ngantemi ngiwa nengen . Moengsoehé ora pada wani njedak, sabab tangané Kentoes karo sikilé pada atosé . Singa kena ketendang teroes matoentoeng .

Bareng Kentoes njata angèl ditjedaki , pada golèk akal lija . Boekoe-boekoe sing ana ing djero tas pada didjoepoeki, dianggo mbalangi Kentoes, sebat-seboet ana boekoe : Lan dalan, Papa rara. Boekoe étoeng , Boekoe paramasastra lan lijalijané. Nanging Kentoes tansah ngéndani , ora taoe kena . Boekoe-boekoené teroes njemploeng menjang sagara .

Kotjapa ! Iwak sagara pangirané ana mangsan , agé-agé pada ngambang . Boekoe-boekoe ditjaploki , nanging noeli diwoetahaké manèh . Ana iwak sing njaplok „pangrimbaging temboeng " , nanging bandjoer gebrès -gebrès dilepèh karo moeni : -

nèh."

,,Iki doedoe pakanankoe . Jèn pakanankoe loewih énak maIng nalika ikoe olèhé pada geloetan saja ramé , nganti ana kepiting moenggah menjang daratan karo tjalatoe glereg -glereg kaja dermènan sing nggebeber :

,,Wis, wis , wis , botjah oegal -oegalan ! Adja pada kerengan , moendak ora betjik kadadéjané ! "

Nanging tanpa goena ! Kentoes méngo karo mrengoet ngoedjaroedjari :

,,Hoes , meneng ! Tjangkemé ndadak ngomèl ! Kana goléka témpé bosok dienggo goerah , bèn adja kaja montor boebrah swaramoe koewi! Karo ngoentala aspirin, ndjoet kemoelana sing broekoet, bèn soemoek ! "

Ing nalika ikoe botjah-botjah wis ora doewé boekoe sing dianggo mbalangi . Doemadakan weroeh wadah boekoené Kentoes, teroes direboet , boekoené dioedal-oedal .

Ana boekoené sing gedé sidji , nganggo samak kandel. Boekoe ikoe boekoe étoeng , boboté antep . Ditjandak salah sawidjiné botjahbotjah maoe , bandjoer dibalangaké sarosané marang Kentoes. Nanging ora kena Kentoes, kena goendoelé kantjané déwé. Botjah maoe poetjet dadakan, niba karo sambat:

- „Adoeh bijoeng, toeloeng .... mati!"

Teroes nglékar ana ing wedèn .

Bareng kantja-kantja weroeh kaja mangkono maoe, teroes pada mlajoe boebar kabèh , ora soewé pada ora katon .

Nanging Kentoes isih kari déwé. Sanadjan atiné djoedeg banget imboeh wedi , nanging noeli mlajoe menjang sagara , katjoené ditelesi , bandjoer goendoelé kantjané ikoe diblebed. Kantjané ditjeloeki karo nangis daléwéran eloehé . Sambaté Kentoes:

- „Dja, Wakidja, Dja, Dja! Meléka Dja! Ingetna akoe! ......... ... ...... Kok ora mangsoeli , Dja? Akoe ora, lo Dja, akoe ora nganoe kowé, akoe ora apa-apa , Dja! Dja, tangia , Dja! Gèk ......... keprijé akoe, jèn kowé mati ? Apa akoe wani moelih? Mengko gèk keprijé? Tobiiil , jèn ndelik , gèk ndelik menjang ngendi? ...... ...... .. .... Ah, bok maoe akoe sekolah waé, ora apa-apa! Akoe maoe ijagelem diadjak mréné !

...... Mangka pak goeroe wis ngandani , ...... siboe kerep ngélikaké : „Toes ,adja sok koempoelan karo botjah sing ora betjik ... Nanging akoe nggoegoe karepkoe déwé ; akoe koemaki ,woe- ...... Iki lang woeroek ora takrèwès ! ...... Saiki kaja ngéné iki ! ...... " keprijé iki ?

Kentoes nangis nggelolo , karo naboki goendoelé déwé . Olèhé metiki kantjané tanpa kendat . Doemadakan kroengoe ana wong mlakoe . Bareng mengo ,weroeh ana oepas loro teka .

Oepas takon :

- Ana ,, ngapa kowé kok toeron ana ing lemah ? "

Koela ,, saweg noeloengi kantja koela . "

- „Apa kantjamoe kelaran ? "

- „Ketingalipoen inggih ! "

Oepas sing sidji bandjoer ndingkloek njedaki : - Pilingané ,, tatoe ! Sapa sing natoni iki maoe ? "

Kentoes kamisosolen :

Koela ,, boten ! "

- Jèn „ doedoe kowé , sapa ? "

- Koela ,, ...... bo ...... ten !"

Olèhé „ natoni nganggo apa ? "

- „Nganggé boekoe poenika ! "

Kenţoes ndjoepoek boekoené sing nganggo samak loelang maoe , noeli dioeloengaké marang oepas .Oepasé takon :

„ Iki doewèké sapa? "

,,Gadahan koela ! "

...... ,,Wis Ajo, mèloe akoe ! "

,,Tijang koela boten poenapa -poenapa , kok? "

- - „ Mèloe , ..... koerangadjar , ki !"

Oepas loro maoe njeloek wong sing golek iwak ing pinggir sagara kono, noeli diweling:

„Ajo mlakoe, botjah ndoegal !

,,Botjah niki sampéjan opèni . Pilingané tatoe . Sampéjan gawa moelih , sampéjan betjiki —, sésoek koela tiliki !"

Sawisé mangkono Kentoes bandjoer digawa loenga diapit-apit opas loro, karo digetak -getak .

- „Ajo mlakoe, botjah ndoegal! Adja kakéhan tjrèwèt, taktapoeki kowé mengko ! .......... "

Kentoes noeroet waé, ora moeni barang-barang, metoe dalan sing menjang désa kono. Nanging pikirané ora karoewan , roemangsané kaja ngimpi ! Pandelengé dompo , sikilé rasané abot , lambéné koemitir ...... Katik kaja maling digawa oepas ! Njoet , Kentoes kėlingan mengko ngliwati panggonané poetri peri ! Wé ...... ......... lah, keprijé mengko ! Ah, emoh ora gelem jèn metoe kana! ...

Bareng arep mleboe désa , koeploeké kaboer kanginan. Kentoes pitakon:

-,,Koela badé mendet koeploek koela, poenapa pareng ?"

- „ Ija, djoepoeken , nanging gelis waé ! "

...... Kentoes noetoeti koeploeké , didjoepoek nanging ora dianggo; koeploeké ditjakot teroes bablas mlajoe nggendring menjang pinggir sagara .

Oepas roemangsa ora ketjonggah noetoeti Kentoes . Moelané asoené noeli diojakaké. Asoené maoe dèk ana balapan asoe wis ...... taoe olèh pris angka sidji . Saiki balapan karo Kentoes, ngadoe rikat, ngadoe napas ! ......

Kentoes plajoené rikat, nanging asoené loewih rikat manèh .

Keprijé sabandjoeré ?

Sing pada ndeleng pada arep weroeh. Nanging Kentoes karo asoe ora soewé wis ora katon, sabab bledoegé ing dalan moebalmoebal ngaling-alingi .

XXVIII . KENTOES AREP DIGORÈNG .

Kentoes wis ngroemangsani ora bakal bisa ontjat, mesti ketjekel, sabab si Gombloh , ija ikoe djenengé asoené sing noetoeti , wis tjedak banget . Malah roemangsané Kentoes , karia ija ora ana sakilan , sabab napasé Gombloh wis krasa ana ing gegeré .

Toedjoené wis ora adoh karo sagara . Samenit engkas Kentoes wis tekan gisikan. Kentoes tanpa antjang-antjang teroes mloempat, tjegoer! tiba tengah -tengahing ombak , teroes ... ... nglangi kaja kodok . Gombloh pantjèna arep mandeg , nanging sarèhné olèhé mlajoe rikat banget , dadi teroes waé njemploeng banjoe! Mangka ora bisa nglangi. Sikilé papat pisan srawéjan , nanging malah ambles , saja soewé saja djero .

Bareng mentjoengoel , matané plorak-plorok karo djoegoeg , sambat:

,,Haebb, haebb , akoe ......... keblebeg ! "

Kentoes lega atiné, saiki ora samar jèn ketjekel . Wangsoelané karo ngétjé :

- ,,Modara pisan, tjikbèn kapok! "

„Haebb , Toes , toeloengana ......... akoe mati !"

Kentoes dasaré atiné pantjèn betjik, bareng kroengoe Gombloh sambat-sambat , bandjoer welas .

- „ Jèn kowé taktoeloengi , apa kowé ora bakal ngojak-ojak akoe manèh ?"

gfffff ,,Haebb , .... hija, hija, ora, ora! ......... Gelis, akoe selak ......... haebbb !"

Kentoes isih godjag-gadjeg . Nanging noeli kėlingan kandané bapakné: „Jèn noedjoe ana waktoené nindakaké panggawé betjik , tindakna! " Moelané Kentoes bandjoer nglangi noetoeti Gombloh , ditjekel boentoeté nganggo tangan loro , teroes digèrèt menjang gisikan.

Si Gombloh wis ora bisa ngadeg djedjeg. Olèhé ngombé banjoe sagara rada kakèhan, nganti wetengé mlemboeng kaja ballon . Nanging Kentoes isih rada koerang pratjaja, moelané njemploeng ing sagara manèh , karo nglangi mentengah tjalatoe:

,,Wis ja, Gombloh, andoem slamet ! "

Gombloh mangsoeli :

- „ Ija, Toes ! Akoe trima kasih banget koktoeloengi iki . Akoe roemangsa kepotangan kabetjikan karo kowé. Djaréné : sapa sing mbetjiki oewong, koewi mesti genti bakal dibetjiki . Bésoek waé ketemoe manèh , bokmanawa akoe bisa males ."

Kentoes noeli nglangi teroes , nanging isih oeroet pasisir waé. Wekasan weroeh ana goewa ana ing pinggir sagara . Dikira ing kono kena dianggo ndelik. Ana keboel koemeloen metoe saka nggoewa maoe . Kentoes tjalatoe:

- „ Sadjaké ing goewa kono ana geniné . Malah kebeneran , akoe bisa api-api ngiras manggang klambikoe . Tjoba daktilikané."

Kenţoes nglangi marani goewa maoe . Nanging kotjapa, lagi petèkèl-petèkèl mènèk mandoewoer , krasa katoet barang sing metoe saka ing banjoe, saja soewé saja doewoer . Kentoes arep ngontjati wis kasèp . Bareng ditamataké djeboelané dèwèké ketjemploeng ing djaring sing gedé banget , awor karo iwak akèh . Iwaké warnawarna, gedé tjilik , pada klèpèkan ngiwa nengen .

Bandjoer katon ana toekang golèk iwak metoe saka ing goewa . Roepané nggilani kaja memedi sagara . Ramboeté kaja soeket , dawa-dawa, warnané idjo, koelité idjo, matané kelong-kelong idjo .

Bréwoké nganti klangsrah lemah . Nganti ora sipat manoengsa , nanging kaja léjong Tjina sing oerip. Patoet jèn diarani boeta idjo .

Bareng djaringé wis tekan pentasan , boeta idjo tjalatoe:

- ,,Éh, kebeneran temen dina iki, olèh-olèhakoe akèh ? Éh, akoe takmangan iwak sing nganti wareg kaé !"

Kroengoe temboeng mangkono, Kentoes rada ajem atiné, tjalatoené ing batin: - „Toedjoené akoe doedoe iwak, dadi mesținé ora katoet dipangan."

Djaringé digawa menjang ing djero goewa . Ing tengahing goewa ana wadjan gedé isiné lenga moempal -moempal . Semoené doedoe lenga klentik , sabab amboené leteng. Ing djero goewa moeleg marga peloeké geni kajoe. - „Hèh , tjoba takdelengé isiné ! "

Karo tjalatoe mangkono , boeta idjo tangané dilebokaké ing djaring. Tangané gedé nganti kaja tjikrak oewoeh. Iwaké didjoepoeki sidji-sidji , diamboe , bandjoer ditjemploengaké ing djembangan tanpa banjoe. Oeniné karo ndremimil :

- „Hemm, énak , hemm , seger ! Iki dorang, iki tjoetjoet, lah! iki kakap , latengiri , lajoer , ija lajoer ! "

Iwaké ngloempoek kabèh ana ing djembangan maoe ,pating kelèpèk , pating kroentel .

Kenţoes kèri déwé ana ing djaring .

Bareng diwetokaké ,boeta idjo kagèt banget ,matané mlorok karo nggereng :

- „Heeeengng , iki iwak apa ?Anèh temen ,akoe doeroeng taoe weroeh ! "

Diiling -ilingi ngisor doewoer , diwolak -walik :

- Ooo „ ija, iki oerang ajaké ! , "

tjalatoené : Kentoes diarani oerang maoe nesoe ,

„Apa ? Akoe oerang ? Koerangadjar , ki ? Karo manèh , nandangi wong kok sagelem gelemé - waé !Bok melèk !Akoe iki golèk , gilo ! "

- Eh„ golèk ?Temené iwak golèk koewi akoe malah doeroeng , taoe weroeh rasané .Malah kabeneran ! "

- Dadi ,, akoe arep kokpangan , ta?Nanging apa kowé ora weroeh jèn akoe iki doedoe iwak ?Akoe rak bisa ngoetjap oetawa doewé pikiran kaja loemrahing manoengsa ? "

- ,,Eh, bener , bener , bener ! Sarèhné woedjoedmoe iwak , mangka bisa tjalatoe kaja oewong , moelané ija bakal takadjèni sapantesé!"

,,Keprijé olèhmoe ngadjèni?"

- ,,Arep takekon milih: apa digodog loegoe , apa diolah nganggo brambang bawang, apa digorèng? "

„Temené akoe pilih oetjoelna waé! "

„Oeoeh, adja oegal -oegalan ! Apa kowé ngira bakal taktjoelaké . Akoe doeroeng mesti oleh kaja roepamoe iki . Wis adja kakéhan remboeg : kowé bakal takgorèng toenggal karo iwak lijalijané. Ora bakal idjèn! "

Bareng Kentoes kroengoe temboeng mangkono bandjoer nangis nggelolo:

- ,,Hiiiii , oepama akoe maoe sekolah , ora kaja ngéné , hiiiii , sing marahi kantja-kantjakoe! ......... "

Polahé Kentoes ora karoewan. Boeta idjo ora sranta , Kentoes bandjoer ditalèni tangané karo sikilé, roepané ndlolèr kaja sosis . Noeli dilebokaké ing pengaron awor iwak akèh . Pangaron ikoe isiné glepoeng beras . Iwaké diwedaki glepoeng . Kentoes ija diwedaki , roepané nganti ora karoewan .

Sing tiba disik déwé iwak tengiri, ditjemploengaké ing wadjan, ora soewé mateng . Sawisé tengiri bandjoer iwak kakap. Kentoes weroeh mangkono maoe nganti ora bisa sambat , moeng kelang -kelong matané waé, nanging boeta idjo ora ngrèwès .

Bareng iwak-iwak wis rampoeng kabèh , kari Kentoes déwé . Kentoes dioelig-oeligaké ing glepoeng , ditjekel endasé , bandjoer ......

XXIX . KENTOES KETOELOENGAN .

Nalika Kentoes lagi ditjekel arep ditjemploengaké wadjan , ana asoe gedé mleboe ing goewa kono. Olèhé tekan kono maoe djalaran mamboe gandané iwak goréngan.

Bareng weroeh ana asoe teka , arep ngroesoehi , digoesah , karo toeding -toeding:

„Ajo, minggat ! "

Nanging asoe maoe loewé banget , ora gelem loenga , moeng kipit-kipit boentoeté kaja arep tjalatoe:

„Akoe ndjaloek iwakmoe satitik waé. Jèn wis takloenga !" Boeta idjo nggetak manèh :

- „Minggat , minggat ! " karo arep népang . Asoené digoesah meksa ora gelem , malah ndjoegoeg , mringis ngétokaké oentoené . Nalika ikoe ana soewara lirih:

- „Gombloh , akoe toeloengana. Jèn akoe ora koktoeloengi mesți kelakon digorèng ."

Gombloh nitèni soewarané Kentoes, bandjoer weroeh, jèn sing ana tangané boeta idjo, sing roepané kaja gedang gorèng kebak glepoeng ikoe ija si Kentoes.

Gombloh ora sranta bandjoer mloempat . Kentoes direboet saka tangané boeta idjo, ditjokot alon-alonan, noeli digondol metoe saka ing goewa.

Boeta idjo nepsoe banget , sabab iwaké sing aneh direboet asoe maoe. Arep noetoeti , lagi oleh teloeng petjak, bandjoer watoekwatoek, noeli ora sida .

Bareng wis tekan dalan sing menjang désa , Gombloh bandjoer mandeg , Kentoes disèlèhaké alon-alon. Kentoes tjalatoe:

- „Trima kasih banget , Gombloh , akoe trima kasih banget !" Wangsoelané Gombloh :

„Ah, moeng kaja ngono waé, toemrap marang akoe ora sepiraa. Akoe rak moeng males kabetjikan djenengé . Kowé wis noeloengi akoe, saiki akoe genti noeloengi kowé, sabab wong ana ing donja ikoe wadjibé koedoe toeloeng tinoeloeng ." -

„Kowé kok dadi tekan goewa maoe , keprijé?" -

„O, kotjapa, akoe maoe bareng wis kokentasaké , rasané awakkoe kaja wong satengah mati . Doemadakan akoe mamboe gandané iwak goréngan. Wetengkoe bandjoer krasa loewé banget , lan akoe noeli nggolèki panggonané sing nggoreng iwak, woesana nganti tekan goewané boeta idjo. Ora, Toes , oepama tekakoe maoe " kasèp samenit engkas waé, keprijé? ..... ....

Kentoes mangsoeli karo kirig -kirig : -,,Ah, wis , wis , adja tjatoeran! "

Gombloh nggoejoe mrèngès karo ngatoengaké sikilé ngarep sing tengen . Loro--loroné bandjoer salaman , noeli pada pisahan. Gombloh moelih .

Kentoes teroes marani omah goeboeg sing ora adoh saka kono, noeli takon marang wong toewa sing lagi tengoek -tengoek ana ing ngarep lawang:

Si Kenţoes II 3

- ,,Boten, pak, sampéjan waoe napa mireng kabaré botjah sing

tatoe goendoelé , sing djenengé si Wakidja?" -,,Weroeh pisan ! Si Wakidja maoe ija digawa mréné . Sing

nggawa kantja-kantjakoe wong amèk iwak! Saiki ......... " -,,Saniki temtoené empoen pedjah?" -

,,Ora, isih oerip! Malah saiki wis moelih menjang omahé !"

Kentoes kroengoe temboeng mangkono maoe boengah banget .

- ,,Èstoe, pak? Dadosé tatoené nikoe boten napa-napa , ta?"

- „Nanging oepama ora mangkono , tatoené maoe ija bisa oega dadi djalaran , malah bisa dadi djalarané mati . Sabab sing dianggo ngeproek goendoelé Wakidja ikoe boekoe gedé toer nganggo samak loelang!"

- „Sing ngeproek nikoe toeréné sinten ?" -,,Anoe, koewi lo, kantjané, sing djenengé Kentoes."

Kentoes api-api ora weroeh.

,,Kentoes nikoe sinten ta, pak?"

- „Djaréné Kentoes koewi botjah ndoegal, koerangadjar, petèké wong akèh ora bakal dadi wong ......... "

,,Ah, nikoe wong tjatoerané wong oegal-oegalan !"

- „Apa kowé wanoeh karo Kentoes déwé , ta?"

- „Soemerep pisan, nanging nggih dèrèng tepang saé."

Wong toewa maoe takon manèh :

- „Nèk moenggoeh ing kowé , Kentoes koewi keprijé?"

- „Jèn koela, dèwèké nikoe botjah betjik, sinaoené mempeng , teng bapakné wedi ! ......... "

Kentoes anggoné tjalatoe mangkono maoe karo ndemok iroengé , krasa iroengé moendak dawa, roemangsa loepoeté , bandjoer goegoep, tjalatoe:

,,Boten, dik pak, ampoen ngandel kanda koela nikoe waoe! Koela koelina banget kalih Kentoes nikoe . Kentoes nikoe pantjèn botjah ndoegal banget, kasèdé boten ènten sing ngoengkoeli, wong toewané boten diwedèni. Gawéné mblajang, boten gelem sekolah !"

Sawisé kanda mangkono iroengé Kentoes bandjoer bali kaja maoené manèh .

Wong toewa maoe takon semoe goemoen:

-,,Ora, la roepamoe kok poetih kaja mangkono koewi sababé keprijé?"

Kentoes isin arep mangsoeli jèn mentas diwedaki glepoeng , moelané bandjoer golèk pawadan:

,,Nikoe ta, koela waoe kepèpèt témbok sing mentas dilaboer , wah ketjemploeng enten laboeré pisan, dadiné gloeproet kawoer!" -

,,La klambimoe, katokmoe barang ana ngendi? Koktinggal ngendi?"

- „Wong koela waoe kepapag bégal loro, koela waoe diblèdjèti nganti woeda! Boten pak, sampéjan kagoengan napa saènten -èntené ngrikoe. Koela mblindis ngoten niki, mengké rakboten bisa moelih!" -

„Wo, la, akoe ora doewé barang-barang , djaba moeng karoeng goni wadah katjang. Jèn kowé arep, ija nggonen ! "

Kentoes ora mangsoeli , karoengé énggal didjoepoek. Ing doewoer diwènèhi bolongan teloe, ing ngisor loro, noeli dianggo kaja katok monjèt. Sawisé mangkono Kentoes bandjoer moelih .

Ana ing dalan atiné ora kepénak banget. -,, ...... Iboekoe peri mengko gèk keprijé iki? Apa ora nepsoe! Ah, iki wis mangsa oléha pangapoera , ora! Ja kaja ngéné iki djaloekané botjah kaja akoe iki iki ora genah ,ora nggoegoe woelang woeroek ! ,wong akoe "

Tekan ing désané wis langkah wajah ngisa .Oedané deres banget kaja disokaké ,moelané Kentoes teroes waé ngener omahé poetri peri .Nanging bareng tekan ngarep omah ,atiné wedi banget ,bandjoer bali ana rong poeloeh petjak . Ora soewé marani manèh menjang lawang , nganti kaping teloe moeng bola bali - wać .Wekasan atiné diwanèk wanèkaké - bandjoer totok totok - lawang .

Kentoes ngentèni bokmanawa ana sing metoni .Bareng wis oleh 1½ djam , tjendela ing lotèng angka loro (omahé poetri peri ikoe nganggo lotèng papat ) Ana kéjong gedé ingoek -ingoek menga . karo nggawa tjolok dijan tjilik ditjanţèlaké ana ing soengoeté .Kéjong njapa :

- Sapa ,, kiiiii , bengi bengiiii - ? "

Kentoes mangsoeli pitakon :

- Apa „ poetri peri ana ngomah ?-" -

"Poetri peri lagi saré ,ora karsa diwoengoe .Kowé sapa , ta ? "

Akoe ,, " !

- Akoe „ sapa ? "

Akoe „ Kentoes ! - "

Kentoes ,, sapa ? "

,,Kentoes sing ndèrèk poetri peri kaé tal"

- „O, ija wis ngreti akoe! Entènana sadéla , akoe takmidoen, ngengakaké lawang!"

„Rikat waé akoe selak kademenl"

- ,,Mengko disik, tjah bagoes ! Akoe iki kéjong ,kéjong koewi ora kena kesoesoe ! "

Wis sadjam , rong djam , teloeng djam , lawangé ora ana mengal awaké kademen tili tili - bandjoer totok totok - Kentoes ora sranta , ; manèh loewih seroe tinimbang karo maoe .

Nalika samono tjandela ing lotèng sing angka sidji menga ,kéjong ingoek -ingoek manèh .Kentoes noeli mbengoki saka ngisor : -

É, kéjong , bok ija sing rikat , nèh !Akoe iki wis ngentèni ,, rong djam . Oedané deres ,wetengkoe loewééééél Sing rikat , ta! " Kéjong mangsoeli sarèh :

- Toes „ iki kéjong .Kéjong koewi ora kena kesoesoel " , akoe Tjendélané bandjoer mineb manèh . Tèng „ -tèng tèng - " , djam teloe , „tèng " ,manèh djam papat !

Kentoes wis saja selak ora koewat ,golèk wilah ,olèh ,noeli dienggo njabeti lawang . Nanging wilah maoe doemadakan malih , dadi weloet , ......... krogèl krogèl - mroetjoet saka tangané .

Kentoes saja nepsoe banget :

Wé„ la,oegal oegalan - kabèh iki ! "

Kentoes bandjoer moendoer antjang antjang - lawang ditendang , seroe . Saking seroené nganti sikilé sing sidji kedjepit .Ditarik -tarik meksa ora kena ,malah kentjeng kaja dipakoe .

Bareng wis ésoek lawangé sing sasisih menga . Kéjongé metoe . Dadi wiwit saka lotèng sing ndoewoer déwé nganti tekan ngisor dilakoni 9djam . Kéjong kringeté dléwéran .Bareng weroeh Kentoes metèngkrang sikilé ikoe ,bandjoer takon karo nggegoejoe :

kok kokpamèraké ana kono koewi ana ngapa ? Sikilmoe ,, "

- „Tjilaka wis !Gelis agé , akoe toeloengana sikilkoe iki ! "

sing bisa noeloengi kadjaba moeng toekang kajoe , Koewi ,, mangka akoe doeroeng taoe dadi toekang kajoe . "

- „Ija wis poetri peri waé atoerana ,kaé rak karsa noeloengil " -

Poetri „ peri lagi saré ,ora kena diwoengoe . "

- Dadi „ akoe iki apa diekon ngéné waé teroes -teroesan ? - "

,,La ija sambinen ngétoengi semoet sing liwat koewi , bèn keslamoer ."

- „ Ija wis djoepoekna panganan waé. Wetengkoe selak loewé

banget !" -,,Entènana sadéla , takdjoepoekaké !"

Kéjong mleboe manèh . Bareng wis oleh teloe satengah djam ,

„Koewi sing bisa noeloengi kadjaba moeng toekang kajoe....... '

bali karo njoenggi tépak isi panganan , ija ikoe : sega poetih sapenak , iwak baloer satjoewil karo djeroek keprok . Kéjong tjalatoe : Gilo ,, dienggo sarapan , paringé poetri peri . , "

Bareng weroeh panganan ana ing tépak maoe , Kentoes rada ajem atiné . Nanging kotjapa , sing kaja sega poelen maoe djeboelané doedoe sega temenan ,nanging kapoer diendèg endèg - Sing .

kaja iwak baloer maoe koelit kajoe; djeroeké keprok sing digawé lilin.

Kentoes nepsoe banget. Tépak saisiné arep ditendang. Nanging emboeh saka nepsoené maoe , emboeh saka wis ora koewat, Kentoes bandjoer niba ana ing lemah , ora éling barang-barang.

Bareng nglilir wis ana ing ambèn ditjedaki poetri peri . Poetri peri tjalatoe:

,,Saiki isih takngapoera , nanging titènana wać jèn kokpindo manèh ."

Kentoes sapata -sapata bakal marèni .

Temenan, sataoen Kentoes netepi kasagoehané . Bareng ngarepaké liboeran Kentoes diexamen , bisa oleh bidji betjik, olèh pangalembana . Awit saka boengah -boengahé bareng Kentoes tekan ngomah dirangkoel karo poetri peri. Poetri peri noeli tjalatoe:

„Kentoes, sésoek ésoek pandjaloekmoe mesti katekan."

,,„Napa, boe?"

„Kowé sésoek bakal mari dadi golèk, wiwit sésoek bakal dadi botjah temenan kaja lijalijané kaé."

Bareng kroengoe temboeng mangkono, Kentoes boengahé ora karoewan! Sésoek ésoek kantja-kantjané bakal dioendang kabèh diekon seneng -seneng . Poetri peri wis meling panganan sing énakénak karo wis meling premèn tjoklat menjang toko Tjina .

Wah saiba senengé!

XXX. KENTOES ORA SIDA DADI BOTJAH .

Ning ana ningé!

Kentoes bandjoer pamit , arep ngoendangi botjah-botjah. Poetri peri mangsoeli :

- „ Ija, kantja-kantjamoe pada oelemana , nanging sadoeroengé soeroep kowé koedoe wis moelih . Ngreti ?"

Kentoes sagoeh :

- „ Sadjam kémawon koela rak sampoen wangsoel." -

„Tenan , nèh ? Botjah koewi adaté moeng sagoehé baé, na- " nging

,,Nanging koela boten kados limrahipoen laré ta? Angger koela sagah mesti saèstoe ."

- „ Ija ta, soekoer ! Nanging jèn kowé ora goegoe marang woeroek, ijamesti kodjoer . "

,,Kados poendi?"

„Botjah ikoe jèn ora gelem nggatèkaké piwoelang betjik mesti nemoe bilai . "

Kentoes mangsoeli karo mèsem:

Inggih , pantjèn makaten koela pijambak sampoen naté „ " nglampahi ! ........

,,Tjoba, saiki kowé bisa netepi kasagoehanmoe , apa ora?"

Kentoes pamit noeli loenga karo oera2 lan djingklak -djingklak .

Doeroeng nganti sadjam , anggoné oelem -oelem wis rata kabèh . Sing akèh-akèh pada sagoeh arep teka. Ana oega sing sadjak ora ngandel. Nanging bareng dikandani jèn sésoek koewi nganggo olèh tjoklat barang, kabèh bandjoer pada sagoeh . Tjalatoené :

- „ Ija ta, jèn ngono takteka , nanging tekakoe maoe moeng arep nglegani atimoe , lo."

Kari sidji sing doeroeng ditekani Kentoes, ija ikoe kantjané sing ditresnani déwé, djenengé si Keploek . Keploek ikoe ana ing sekolahan kesèd déwé, toer ndoegal déwé. Kentoes tekan ngomahé , Keploek pinoedjoe ora ana. Dipindoni ,doeroeng moelih, ping teloe meksa ora ana ngomah .

Kentoes kéwoehan , batin atiné: „Lah ana ngendi?" Bareng digolèki temenan , ketemoe lagi tengoek-tengoek ana ing ngarep régolé tanggané. Kentoes takon:

,,Kowé ana ngapa ana ing kono?"

,,Akoe arep loengan mengko djam rolas."

„Menjang ngendi?"

„Oe, adoh banget!"

,,Akoe wis kaping 3 menjang panggonanmoe , nggolèki kowé ....... "

,,Arep apa ta?"

,,Apa kowé doeroeng kroengoe?"

- „Kroengoe apa ?"

- „Akoe sésoek rak wis mari dadi golèk, bakal dadi botjah kaja botjah loemrah kaé! "

„Lo, seneng kowé , ja? Nèk mengkono akoe ija mèloe boengah, Toes !"

- „Kowé sésoek tekaa , nggonkoe bantjakan , nganggo premên tjoklat barang."

- „Akoe maoe rak wis kanda ta, mengko akoe arep loengan!"

- ,,Djam pira? "

„Sadéla engkas ! "

„Menjang ngendi ? "

- ,,Akoe arep menjang désa Njamleng , ja ikoe désa sing kepénak banget kanggo botjah-botjah. Kowé mèloe apa pijé ?"

„Apa kowé doeroeng kroengoe ?"

- ,,Emoh , emoh ! "

„O, wong kodjoer ! Bok goléka sadonja iki ta mangsa anaa panggonan sing kepénaké kanggoné botjah-botjah, kaja désa Njamleng ! Takkandani ja, kana koewi ora ana goeroe , dadi ora ana wong sing sok ngojak-ojak botjah, boekoe sidji-sidjia ija ora ana . Saminggoe Ngahadé 6. Jèn liboer wiwit Sawal nganti tekan Pasa!"

- „Ora, la ana kono koewi ndjoet ngapa ?"

„Ora apa -apa , moeng dolanan wać, wiwit ésoek oemoenemoen nganti tekan soré. Jèn bengi toeroe. Ésoeké dolanan manèh teroes -teroesan ."

- i

,,Ehem ."

Kentoes mlenggong , sadjaké ing batin moeni mangkéné : „Kaja ngono koewi oerip kepénak! "

Keploek takon manèh :

- „ Prijé , kowé arep mèloe apa prijé?"

,,Emoh , ora-ora! Tjekaké akoe ora mèloe . Wis sagoeh karo boekoe peri arep dadi botjah betjik, kok! Ah, wis wengi ! Wis ja, mjangoni slamet ! "

,,Kok kesoesoe ta?"

,,Mengko selak peteng . Maoe akoe sagoeh moelih sadoeoengé soeroep , ki ! "

,,Ajah, sadéla engkas rak ija kena. Mengko dakkandani manèh !"

,,Wis wengi , ah! "

- „Sadèlit waé!"

- ,,Mengko jèn disrengeni ! "

Keploek mangsoeli karo mringis : - „Wèh, kațik kaja doeroeng taoe kambon srengen ! Wong disrengeni waé, anggeré ora mangsoeli , sing srengen jèn wis kesel , sak ija meneng déwé! "

Kentoes mbeneraké temboengé Keploek , bandjer njedak, takon: - „Ora, kowé menjang désa Njamleng koewi idjèn apa ana kantjané?"

- ,,Ana , satoes loewih takkandani! "

„Mlakoe apa noenggang kréta ! "

- „Noenggang kréta, mengko sadéla engkas rak teka krétané

sing arep ngeteraké tekan désa Njamleng ! "

,,Eh, bok ija ndang teka ta, krétané ! "

- „Arep apa ta, kowé! "

„Lo, ja arep weroeh toekmoe da mangkat ! "

,,La, ngentènana , ta! "

„Ora ah, akoe arep moelih waé! "

- „Keprijé ta, koewi , djaré kepéngin weroeh, djaré arep moe lih?"

,,Lo, toekkoe loenga iki wis soewé, moendak dientèni! "

-,,Sapa sing ngentèni ?"

- ,,Boe peri."

„Mbok ija mèn ngentèni , karo mèn adjar -adjar betah melèk ."

,,Mengkonoa kaé, mesakaké ! "

,,È-èh, ana botjah teka mesakaké wong toewa, lagi tjaramoe , Toes , Toes !"

,,Apa tenan ta, Ploek , nèk ing désa Njamleng ikoe ora ana sekolahan ?"

- „Apa karo kowé waé akoe ndadak goroh?"

,,Lah, goeroe apa ija ora ana tenan ?"

- „Tjekaké moeng kari ana kowé déwé, ngandel apa ora! Nèk ngandel ja soekoer , nèk ora, akoe ora boetoeh pijandelmoe !"

,,Mengko nèng kana gèk dikon ngapalaké barang?"

- „Sing akon sapa , bapakmoe apa? Wis genah dikandani jèn goeroe ora ana, kok ndadak koewatir diekon ngapalaké! "

,,Wah , pénak tenan ajaké! " Kentoes anggoné moeni mangkono maoe kambi ketjap-ketjap, semoené kemetjer banget . Bandjoer tjalatoe :

- „Lagi dikandani waé, kok wis ajem atikoe!"

,,La mèloea , ta!"

- ,,Ah, kowé koewi pidjer mèla -mèloe waé; wis dikandani : kéné wis kebatjoet sagoeh moelih , kok! "

„Ja wis ta, moeliha ! Kana, moelih kana! Njangoni slamet ! Moeng jen liwat sekolahan waé akoe pamitna !"

- „ Ija, wis ja Ploek! Lakoemoe slameta ! Moeng nèk ana apaapa waé akoe sambaten ! "

Kentoes mangkat moelih . Doeroeng adoh si Keploek tjeloektjeloek:

,,Téga temenan apa, Toes , dak pèk déwé, lo!"

„Ora, omongmoe , désa Njamleng Ngahadé djaré nenem , ikoe apa tenan ? "

- "Ora; gregeten akoe ! Ana tjangkem wong dipadakaké tjangkem kodok waé."

„Liboeré apa ija wiwit Sawal tekan Pasa temenan ?"

,,Emboeh, wis kesel akoe mangsoeli pitakonmoe !"

",Mengko kowé koewi gèk ngapoesi, Ploek ?" -

,,Moelané wis ndang moeliha ! "

,,Mangkatmoe kapan, ta nèh ?" -

,,Sadéla engkas !"

- „Oepama wis emèh , takentèni !"

,,Mengko disrengeni iboemoe poetri kowé?"

- „Wijah, wong wis kewengen waé, sisan . " -

,,Lo, kok kaja botjah nèk ngono koewi ! Wani temenan apa kowé, jèn disrengeni ? "

,,Wani waé, anggeré mboedegi waé rak oewis ! "

Sasoewéné omong -omongan maoe wis peteng . Ora soewé saka kadohan tjlorot -tjlorot teka , sarta kroengoe soewarané slomprèt kréta . Keploek bandjoer djingklak -djingklak karo alok-alok, semoené ora pati mikir marang Kentoes: -

,,La kaé teka! La kaé teka!"

-,,Apa, sapa sing teka ?" Kentoes takon:

„Krétané! Prijé, kowé mèloe apa ora?"

,,Nèng kana apa ora diekon sekolah tenan , ta Ploek ?"

,,Emboeh! "

XXXI . KENTOES MENJANG DÉSA NJAMLENG.

Nah, saiki wis teka tenan krétané ! Tekané ora nganggo soewara barang -barang, sabab rodané dioebet -oebeti gombal karo damèn . Sing narik koeldi rolas, gedéné pada , nanging roepané warnawarna . Ana sing toetoel , ana sing lorèk-lorèk koening oetawa biroe.

Nanging anèhé koeldi rolas maoe sikilé doedoe sikil koeldi sing nganggo tapel wesi. Sikilé sikil oewong, nganggo sepatoe poetih .

La koesiré keprijé? Koesiré lemoe banget, kak kong , tegesé sikilé tjendak banget , nganti sikil karo toengkak amor dadi sidji . Awaké saking lemoené nganti gindjoer -gindjoer kaja djenang djagoeng. Rainé abang kebak koekoel . Tjangkemé njoemik tjilik adjeg nggoejoe. Jèn tjatoeran soewarané kaja koetjing loewé ndjaloek tjadong.

Angger botjah weroeh koesir maoe, wis mesti bandjoer seneng tepoeng. Sarta reboetan arep pada mèloe menjang désa Njamleng koewi . Ing gambar kar désa Njamleng ikoe ija ana , malah ditoelis nganggo aksara gedé toer tjeţa .

Moelané kréta maoe ija kebak botjah, sabab akèh sing pada mèloe. Olèhé linggih pada soek-soekan kaja ditetel. Nganti mèh pada ora bisa ambegan , nanging ora ana sing sambat . Atiné pada boengah lan seneng , sabab bakal tekan désa Njamleng koewi, mangka kana ora ana goeroe , ora ana sekolahan, ora ana boekoe.

Anané moeng dolanan. Botjah -botjah maoe saka senengé atiné, nganti ora krasa loewé oetawa ngelak.

Bareng kréta wis mandeg , koesiré méngo karo mèsem, tjalatoe marang Keploek:

„É, goes , kowé apa gelem mèloe menjang désa Njamleng ?" „Mesti mawon, pakdé !"

- „Nanging dakkandani ja, krétakoe wis kebak banget , wis ora ana panggonané !"

Keploek mangsoeli :

,,Gampang mawon! Jèn nglebet empoen boten enten nggoné, koela trima ènten ing gontjèngan ! "

Keploek teroes mloempat menjang gontjèngan , bandjoer linggih ongkang-ongkang .

Koesir noeli takon marang Kentoes:

„La kowé, tjah bagoes , kowé keprijé? Mèloe apa kari ana kéné waé?"

Wangsoelané :

,,Koela kèri mawon, adjeng moelih ! Koela adjeng sekolah , adjeng sregep kaja botjah lija-lijané nika, kok! "

- „ Ja wis , ta, njangoni slamet ! "

Keploek noeli adjak-adjak: -

„Hoes, Toes, nggoegoea akoe! Mèloea ta, mengko rak semeng!" -

,,Emoh , emoh , emoh! "

Botjah akèh pada adjak-adjak saka ing djero kréta:

- „Ajo ta, mèloea , mengko dolanan karo akoe! Tjekaké seneng banget , ta wis ! "

„Jèn akoe mèloe , lah engko iboe peri keprijé?" Kentoes wis godjag-gadjeg pikirané.

- ,,Ah, wong gagasan kok kaja ngono! Bok kokpikir , kowé mengko tekan désa Njamleng bakal dolanan, bakal seneng -seneng sing tanpa watesan . Kepénak apa ora, kaja ngono koewi?"

Kentoes tanpa mangsoeli , moeng dehèm -dèhèm waé. Ora soewé tjalatoe:

,, Ija wis ta, kono akoe ndjaloek panggonan satitik waé ! Akoe ✔ takmèloe !"

Koesir lemoe mangsoeli :

- „ Panggonané wis sesak! Nanging sarèhné akoe boengah banget kowé sida mèloe , kowé manggona ana ing koesiran kéné " waé! ........

„La sampéjan ?"

,,Akoe mono mlakoe waé! "

„Boten, jèn ngoten. Koela loewoeng noenggang koeldiné salah sidji niki mawon ."

Kentoes teroes marani koeldi sing ngarep déwé sing sisih kiwa , arep ditjéngklak . Dèwèké doeroeng taoe noenggang koeldi , moelané bareng saiki oleh noenggang , atiné boengah banget , wis saja ora kèlingan ngomah. Nanging koeldi maoe minger karo ndodos wetengé Kentoes nganti keloemah kréngkangan ; sikilé ana ing doewoer .

Mesti waé botjah-botjah pada nggoejoe kepingkel-pingkel. Nanging koesir lemoe maoe ora nggoejoe babar pisan. Koeldiné diparani , kaja arep dibisiki , nanging djeboelané koepingé koeldi ditjakot saparo .

Kentoes nepsoe banget. Tangi grégah , noeli mloempat tjlèger, noenggang gegeré koeldi. Botjah-botjah weroeh olèhé mloempat maoe pada goemoen , mari pada nggoejoe, pada ngalem alok-alok karo keplok-keplok:

- „Nah, bagoes Toes , bagoes !! "

Nanging doemadakan koeldiné njlentik . Kentoes kontal , nganti tiba mbalik -djoengkir ana ing toempoekan watoe.

Ger, botjah-botjah pada nggoejoe manèh . Koesir lemoe marani koeldiné manèh , dieloes -eloes noeli ditjakot koepingé sing sidjiné. Bandjoer tjalatoe marang Kentoes:

- ",Wis, saiki noengganga , adja wedi! Koeldi iki pantjèn rada ndoegal , nanging wis takbisiki . Saiki wis mesti ora njlențik manèh ."

Kentoes noeli noenggang . Kréta wiwit mlakoe . Nanging nalika koeldiné pada mlajoe sarta krétané mlakoe, Kentoes roemangsané

kroengoe soewara lamat -lamat ora pati tjeța. Oeniné mangkéné : - „O, botjah bodo, koemaki nggoegoe karepé déwé! Titènana , kowé mbésoek mesti kedoewoeng !"

Kentoes wedi banget kroengoe soewara maoe , ngingetaké ngiwa nengen , nanging ora ana apa-apa . Koeldi rolas rakit maoe mlajoe teroes , krétané goemlinding, botjah-botjah ing djero kréta pada toeroe kabèh. Keploek ngorok kaja sapi dibelèh, koesiré lagi oeraoera karo ngelisi:

,,Botjah -botjah, daktembangké midjil ,

Isik -isik imong ,

Wis menenga wis toeroea kabèh ,

Adja ana sing oesreg ngalisik,

Adja pada wedi ,

Ditoenggoe bapakmoe ."

Bareng wis oleh satengah pal, Kentoes kroengoe soewara kaja maoe manèh , oeniné :

- „Botjah bodo! Élinga , botjah sing ora demen sinaoe , sing ora demen boekoe, sing senengé moeng dolanan waé, koewé bésoek tjilaka Akoe wis ngrasakaké déwé, moelané bisa .. ngandani . Titènana waé, jèn wis tekan kala mangsané , kowé mesti nangis kaja akoe saiki bandjoer !" .... ....... Nanging akoe iki wis keKroengoe soewara maoe Kentoes saja kagèt banget , doeroeng

taoe atiné deg-degan kaja nalika ikoe. Kentoes noeli moedoen , koeldi sing ditoenggangi ditjekel endasé . Bareng ditamataké temenan, koeldi maoe djeboelané nangis kaja botjah. Kentoes tjalatoe marang koesir lemoe semoe goemoen :

,,É, pak! Kok anèh temen! Koeldiné nangis ! " -

,,Ah, ija wis bèn waé nangis! Mengko rak ija meneng déwé!"

,,Boten, kok bisa tjalatoe kaja oewong nikoe napa samang adjari , ta?"

-,,Ora, nanging wis taoe koempoel karo asoe pangadjaran nganti 3 taoen , dadi ndjoer bisa nirokaké tjatoerané manoengsa sitik -sitik!"

- „O, kok ija mesakaké temen!" -,,Wis ta wis, wis adja kakéhan réka ! Wong koeldi nangis wać kok dirèwès! Mengko moendak kesoewèn ana ing dalan! Wis noengganga manèh , moepoeng iki rada kepénak hawané! Isih adoh, ajo énggal-énggal ! "

Kentoes ora mangsoeli noeli njèngklak manèh . Krétané mlakoe teroes . Bareng wajah ésoek tekan désa Njamleng .

Désa Njamleng koewi sadjagat ora ana loro . Sing ana kono moeng botjah-botjah tok. Sing toewa déwé kira-kira oemoer 14 taoen , sing tjilik déwé oemoeré doeroeng ana 8 taoen . Kabèh pada seneng -seneng , pada dolanan pating brengok, soewarané nganti mbrebegi koeping . Olèhé dolanan pada kloempoekan . Ana sing djirak , ana sing obrog, oembak bèdji , séroeban , béngkat. Ana manèh sing lagi noenggang pit glindingan teloe. Rada adoh sațițik ana sing loendjak-loendjak dadi badoet nganggo topèng ; tjedaké kono ana sing tjara wajang wong . Ana manèh sing mlakoe babak djoengkir . Sagolongan manèh ana sing baris-barisan nganggo tamboer, derèdèk -derèdèk . Ana sing bengok-bengok, ana sing keplokkeplok , ana sing soerak-soerak. Tjekaké raméné ora karoewan .

Bango -bango akèh banget . Ana dremolem , sing nglakokaké botjah kabèh . Sing noenggang kebak-kebak. Ing gedeg -gedèg lan pager-pager pada ditoelisi, oeniné : „Sing pada seneng -seneng ! " ,,Kéné ora ana boekoe!" „Akoe ora arep sekolah! " „Kéné ora ana goeroe ! " lan sapanoenggalané .

Bareng Kentoes, Keploek lan kantja-kantjané maoe tekan kono, teroes mèloe nggroebjoeg waé. Ora soewé wis tepoeng karo botjah-botjah lijané, noeli mèloe dolanan. Atiné pada boengah banget.

Kentoes ndina-dina moeng dolanan tok. Awit saka boengahé nganti ora krasa barang-barang, roemangsané sadina ikoe moeng sadéla banget. Sawisé olèh sadina, bandjoer rong dina , teloeng dina, seminggoe ; noeli sasasi , rong sasi , ora krasa, kaja moeng saketjlapan waé. Kala-kala dèwèké sok kepetoek si Keploek . Kentoes bandjoer tjalatoe :

-,,Wah, bener kowé, Ploek , pantjèn pénak tenan désa Njamleng iki!"

Keploek mangsoeli : -,,Ta, ngandel ora, kowé saiki! Andèkna ora, kowé maoené bot-boten, koedoe arep moelih menjang nggoné boe peri waé! Bijèn kowé moeng ndekoekoel ngapalaké waé, saiki , hara prijé?

Saiki rak ora soesah ngapalké, ora soesah sekolah! Adja ana akoe, mangsa ngono! Adja kowé koewi kantjakoe, mangsa takkandanana, ora!"

-,,Bener kowé tenan , Ploek! Ija, adja ana kowé, akoe mangsa tekana kéné! Eh, mangka bijèn koewi, pak goeroe jèn ngolok-olok kowé ora djamak-djamak! Kandané njang akoe: „Kowé adja koem-

Bardi Soma . ana goeroa هح Désa Njamleng . Sing pada Senengseneng Kéné ora ana boekoe poelan karo si Keploek. Dèwèké ikoe botjah ala, gawéné ngodjokodjoki sing ora betjik! "

Keploek mangsoeli karo gèdèg -gèdèg :

,,Eh, wong pak goeroe ! Akoe ija ngreti jèn awaké ikoe sengit banget karo akoe, gawéné akoe ditjatoer ala. Nanging atikoe betjik banget , dadi ija wis bèn takapoera dosané ! "

,, Ija, Ploek, pantjèn betjik temenan atimoe koewi!"

Kentoes bandjoer ngrangkoel Keploek , nandakaké trima kasihé.

Samana Kentoes anggoné ana ing désa Njamleng wis olèh 5 sasi . Dina-dina tansah dolanan lan boengah -boengah , ora taoe kepetoek boekoe oetawa sekolahan . Nanging noedjoe sawidjining dina, dèwèké tangi ésoek -ésoek menangi lelakon sing ora ndadèkaké senengé atiné

XXXII . KENTOES DADI KOELDI .

Taktjritani , ja tjah! Bareng ésoek -ésoek Kentoes tangi, kaja adaté wong tangi toeroe bandjoer koekoer -koekoer goendoelé . Nanging kotjapa, bareng goendoelé dikoekoer , krasa

Mara, badénen , krasa apa?

Krasa koepingé moendak dawa, nganti satjengkang .

Mangka kowé kabèh ija pada weroeh , maoené koepingé Kentoes ikoe tjilik banget , malah nganti ora katon. Gèk bandjoer dadi sakilan!

Kentoes noeli grégah tangi golèk katja dianggo ngilo . Nanging ora ana bandjoer golèk pantji , diisèni banjoe. Bareng ngilo kagèt banget, doeroeng taoe ana lelakon sing kaja mangkono! Goendoelé katon ana koepingé loro, toer koeping ......... koeldi !

Kentoes atiné djoedeg banget kanți isin. Saking bingoeng nganti nangis nggelolo, sarta goendoelé ditataptatapaké témbok . Nanging malah saja moendak bingoeng, koepingé saja moendak dawa, toekoel ramboeté .

Tanggané , ija ikoe marmot , sing panggonané ana ing lotèng ing doewoer kamaré Kentoes , kroengoe olèhé tangisan maoe , bandjoer marani . Takon semoe goegoep :

„Ana apa , ana apa , kok bengak-bengok !"

- „Akoe lara, Marmot ! Akoe wedi banget! Kowé bisa nitik larakoe?"

Si Kentoes II 4

- „ Ija sitik-sitik ngreti ! "

- ,,Tjoba titiken. "

Marmot ngangkat sikilé ngarep sing tengen . Tangané Kentoes di demok, noeli tjalatoe:

,,É, kodjoer kowé iki ............ "

- „Apa, apa ? "

„Kowé koewi lara sawan ! "

,,Sawan apa ?"

,,Iki sawan koeldi ."

,,Lo, doeroeng taoe kroengoe akoe !"

-..Ngono koewi , takkandani ! Kowé mengko rong djam, oetawa 3djam engkas wis mari dadi golèk oetawa dadi botjah, nanging ... "

- „Nanging kaprijé ? "

- Dadi „ koeldi temenan , toenggalé sing sok dikon nggèrèd grobag oetawa dimainaké ana koemidi harmston kaé ! "

tobil !Gèk prijé akoe iki , ,,Tobiiiiil , nèèèh ! "

Kentoes olèhé nangis saja seroe karo koepingé di gèrèdi kaja arep didjebol djebola - , anggepé kaja doedoe koepingé déwé .

Marmot welas ,karepé arep ngejem jemi - atiné Kenţoes :

" Ah ,wis tawis , iki wis dadi papestènmoe .Kowé ora bisa ngowahi barang -barang , sabab wis dadi oedjaré lajang -lajang : botjah kesèd sing sengit karo boekoe boekoe - lan ngemohi piwoelang , sarta pilih dolanan lan seneng seneng - ikoe ing tembé waé , ora woeroeng dadi koeldi . "

Kentoes takon karo membeg -membeg :

- Apa „ ija temenan takoewi ? "

,,Ija , pantjèn tenan .Moela kowé nangis ikoe wis tanpa goena .Maoe maoené - kok ora gagasan ! "

,,La wong doedoe loepoetkoe ! Iki sing marahi si Keploek ! "

Sapa ,, ta, Keploek koewi ? "

- Anoe ,, ,kantjakoe .Pantjèna akoe wis arep moelih ,arep mbatjoetaké olèhkoe sinaoe , .. djeboel siKeploek arep mempeng , - djaréné : Apa „ kowé arep sinaoe ? Kok dadi ndadak sekolah barang ? Loewih betjik kowé mèloe akoe menjang désa Njamleng , kana ora ana boekoe , ora ana sekolahan . Sing ana moeng botjahbotjah pada seneng seneng - dolanan sakatogé ! - "

Wong „ botjah kaja ngono kok kokgoegoe ! - "

„La pijé ta,wong akoe iki golèk , ora doewé oetek satitikija boe peri ora taktinggal țițika. Oepama akoe iki doewé oetek , rak minggat ngéné .Mangka boe peri koewi atiné betjik banget , tresnané kaja iboekoe déwé ! Djoet akoe wis mèh mari dadi ... golèk ,wis arep dadi botjah tenan ! Ija , titènana , angger akoe mengko kepetoek si Keploek , tak ............ ! "

Kentoes arep metoe ,nanging kelingan koepingé .Sarèhné awaké isin jèn roepané sing kaja mangkono ikoe keweroehan oewong , moelané bandjoer mara badénen ,ndjoepoek apa ? Kentoes ndjoepoek kopjah sajid , dianggo nganti mbleseg , nganti koepingé ketoetoepan tekan iroengé pisan .

Dèwèké noeli metoe . Keploek digolèki menjang ngendi endi - . Digolèki menjang panggonan wajang wong ,menjang panggonan dremolem , nganti majeng -majeng , ora ketemoe . Sapa -sapa sing kepetoek ditakoni , nanging ora ana sing weroeh .

Sawisé ikoe , noeli omahé diparani ,mbokmanawa Keploek isih ana ngomah . Kentoes dodog dodog - .Keploek takon saka djero :

,,Sapa iki ? "

Akoe „ " !

O,mengko disik , takngani lawang . ,, entènana , "

Bareng wis satengah djam lawangé lagi menga .Kentoes weroeh Keploek kagèt banget , sabab dèwèké ija nganggo kopjah nganti mbleseg noetoepi koepingé .

Kentoes mbatin :

ija Wé ,, la, apa Keploek iki ija lara kaja akoe ,ngono ?Apa lara sawan koeldi ? "

Nanging dèwèké api -api ora weroeh , sarta takon karo mèsem :

,,Apa kabaré , Ploek ? "

Betjik ,, waé , adjeg ! "

,,Tenan nèh ? "

- Apa ,, akoe kokarani goroh ? "

Lo,, ora ngono ,moeng kok nganggo kopjah nganti noetoepi koeping koewi ana ngapa ? "

,, Iki sing akon dokter , sabab dengkoelkoe lara .Balik kowé kok ija nganggo kopjah koewi ana apa ? "

- ,, Iki sing akon ija dokter ,djalaran sikilkoe woedoenen . " -

,, O,mesakaké temen ,Toes ! "

O,, Ploek ! , "

Sawisé ikoe pada meneng bareng , moeng kari inget -ingetan waé karo pringas-pringis .

Wekasané Kentoes ndisiki takon ngasih-asih :

„Ora, Ploek , blakané waé, apa kowé wis taoe doewé lara koeping?"

,,Doeroeng taoe , la kowé?"

- ,,Ija doeroeng taoe, nanging wiwit ésoek maoe koepingkoe sing sidji iki kok krasa lara! "

,,Akoe ija ."

Bareng tekan „teloe" , kopjahé pada ditjopot .

,,Lo, kowé ija? Sing tengen apa sing kiwa?"

,,Loro pisan, la kowé ?"

,,Ja loro pisan. Apa ija pada ngono larané?"

,,Ajaké."

,,Bok anoe , Ploek ! "

,,Anoe apa ?"

- ,,Anoe , akoe kepéngin weroeh koepingmoe ."

- ,,La ija ta! Nanging akoe ndeleng doewèkmoe disik , Toes ! "

",,Ora, kowé disik !"

- Emoh , kowé disik, ndjoet akoe, rak ngono!"

,,Wis ngono waé! Rèhné pada kantja, saiki djandjian waé! "

- „Apa djandjèné?"

„Ajo pada njopot kopjah bareng. Gelem ora?"

,, Ija, roedjoek . "

„Wis ja! "

Kentoes ngétoengi :

,,Sidji , loro , teloe ! "

Bareng tekan: „teloe ! " kopjahé pada ditjopot.

Nah, ing kono ana lelakon sing anèh banget oepama ora kelakon temenan , mesti kowé pada ora ngandel !

Bareng Kentoes karo Keploek pada weroeh doewé koeping koeldi, ora malah sedih oetawa soesah atiné, nanging malah pada diobah-obahaké koepingé karo djogédan nggoejoe tjekakakan ora ana oewis-oewisé .

Si Keploek nganti katog olèhé nggoejoe , nanging bandjoer nggloejoeri sarta oelaté poetjet , sambat -sambat :

„Toeloeng , Toes , toeloeng!"

„Apa, kena ngapa? "

„Akoe ora bisa ngadeg djedjeg! "

„Akoe ija ora bisa!" Kentoes nangis membeg -membeg sarta oega noeli nggloejoeri .

Ora let soewé botjah loro maoe pada ambroek, noeli mlakoe brangkangan ana ing djero ngomah kono. Sikilé pada malih dadi sikil koeldi , rainé modot , tjangkemé dadi tjongor , sarta gigiré toekoel woeloené klawoe nganggo toetoel -toetoel ireng.

Nanging sing saja ngagètaké banget ikoe, bareng pada doewé boentoet ! Botjah loro pada isin banget sarta soesah ati-

- né. Saking djoedegé noeli pada nangis nggelolo.

Nanging saja kodjoer !

Ing nalika ikoe ana wong dodog-dodog lawang , sarta tjeloektjeloek saka ing djaba:

,,Éééé, dingaké lawangé! Akoe sing ngoesiri kréta bijèn kaé, sing ngadjak kowé mréné ! Ajo , dingakké , ndjoek lawang , mengkol ...............

XXXIII . KOELDI KENȚŢOES DIEDOL MENJANG PANGGEDÉ KOEMIDI .

Djeboelané ora pada bisa ngengakaké lawang . Koesir lemoe sing ana ing djaba maoe ora sranta, lawangé noeli didjedjak , ambrol. Bareng wis mleboe bandjoer tjalatoe karo nggoejoe kaja adaté :

,,Èh, èh , èh, botjah bagoes -bagoes tenan ! Wah , pinter mbengah , nganti kroengoe saka kadohan. Nanging akoe ora pangling karo soewaramoe , tjah ! Moelané akoe bandjoer mréné ."

Koeldi lo o maoe meneng waé, moeng pada ndingkloek , koepingé kèplèt -kèplèh mangisor, boentoeté ngawet.

Koesir lemoe ngepoek -epoek karo ngeloes -eloes , noeli ndjoepoek kerok, koeldi loro pisan dikerok nganti aloes gilap.

Sawisé noeli dikaloengi dadoeng , bandjoer ditoentoen menjang pasar, arep diedol .

Bareng tekan pasar dadi reboetan , akèh sing ngarepi. Keploek ditoekoe wong tani ; wong maoe djaré koeldiné mati ! Kentoes ditoekoe panggedé koemidi harmston, arep diadjari kaja kéwan lijané , arep dianggo tontonan.

Mara botjah-botjah, kowé apa wis pada ngreti panggaotané koesir lemoe maoe . Koesir sing mblekeneg , sing rainé kaja mentas dientoeb tawon goela, koewi gawéné menjang ngendi-endi karo krétané. Sadalan-dalan ngrimoeki botjah-botjah sing kesèd , sing ora demen sekolah, diitjoekitjoeki karo diiming-imingi gelema mèloe dèwèké. Jèn krétané wis kebak botjah, noeli digawa menjang désa Njamleng , diekon seneng -seneng dolanan ndina-ndina ana ing kono . Nanging wekasané botjah-botjah maoe mesti pada dadi koeldi kabèh . Jèn wis dadi koeldi , bandjoer diedol menjang pasar oetawa menjang stélingan. Oleh -olehané doewit mesti baé akèh, moelané koesir lemoe maoe ija brèwoe.

Bebandjoerané lelakoné si Keploek akoe ora weroeh. Moeng si Kentoes wiwit dina ikoe oeripé rekasa banget .

Awit bandjoer digawa menjang koemidèn , di lebokaké ing gedogan, wadahé pakan isiné dami. Kentoes lagi ngitjipi sațițik waé, wis dioetahaké manèh .

Loerahé weroeh Kentoes ora gelem mangan pakané, kedoemelan. Noeli disalini pakan rèndèng . Nanging Kentoes ijaora dojan .

Loerahé saja nesoe :

- ,,Lo, ndoegal ki , ora dojan rèndèng barang. Rasakna waé, angger kowé oegal-oegalan wijahèn kaja ngono! "

Noeli njandak petjoet , Kentoes dipetjoeti, tjeter-tjetèr ! kena poepoené . Krasa lara banget. Kentoes nangis nggelolo sabab atiné sedih , tjalatoené karo mbengah :

- „ Ngjaaaaaah , ngjaaaaaah akoe ora dojan dami ! " Loerahé koewi ija ngreti basané koeldi , noeli mangsoeli :

- „La rèndèngé waé badogen ! "

Kenţoes ditoekoe panggede koemidi Harmston

,,Ngjaaaaaah , ngjaaaaaaah jèn mangan rèndèng wetengkoe moeles !"

Loerahé saja nesoe:

,,Apa nèk ora dojan rèndèng kokira bandjoer takwènèhi ingkoeng pitik , hè?"

Kentoes noeli dipetjoeti manèh nganti meneng ora moeni barangbarang .

Sawisé meneng panggede koemidi maoe noeli metoe , gedogané dikantjing . Kenţoes kari idjèn. Sarèhné wis pirang-pirang djam ora kambon pangan, wetengé loewé banget tansah klakeban waé. Sing ana moeng dami karo rèndèng , ora ana lijané manèh . Saking selak ora betah ngrasakaké loewéné, dami maoe dimamah -mamah saka sațițik, saben wis lemboet pamamahé noeli dioeloe karo merem, legender !

-,,É, kok ija lotoeng dami iki, kena dienggo gadjoel ! Èh, oepama dèk anoe kaé akoe ndjoet moelih , ndjoet sekolah, ora kaja ngéné ! Nèk mangan mesti mangan sega poelen karo dèndèng agé ana ngomah , nganggo petjel, iwak lélé barang. Eh, barang wis kebandjoer !"

Ésoeké tangi toeroe Kentoes golèk dami, wis entèk kabèh, sabab wis dipangan dèk soréné . Kentoes noeli ngosak-asik olèh rèndèng, dipangan. Mesti waé rèndèng ikoe rasané sédjé banget tinimbang karo sega liwetan sing isih kemeboel , gèk lawoehé botok teri kaé!

Kentoes tjalatoe karo nggajemi :

- ... .. „Ah, ija wis kebandjoer djenengé , arep apa manèh ! Moega-moega lelakonkoe iki dadija piwoelang marang botjah-botjah sing ora pada gelem sekolah ... ... Ija selot -seloté ! "

Ing nalika ikoe loerahé teka, kroengoe temboengé Kentoes sing poengkasan:

,,Selot-seloté apa? Apa kokkira , kowé ana kéné iki moeng arep mangan lan toeroe waé? Kowé taktoekoe koewi marga arep takmegawèkaké, arep takanggo golèk doewit! toe, menjang kana! Takadjari mloempat -mloempat , karo adéjan, djogédan! Adja moeng ngorok waé! " ..... Ajo, meKentoes kepeksa adjar mloempat -mloempat lan lijalijané maoe. Teloeng sasi lagi bisa, nanging ija nganggo dipetjoeti tanpa

kendat. Soewé-soewé wis tekan mangsané Kentoes arep dianggo tontonan ana ing koemidi maoe . Panggedéné koemidi harmston wis njebar wara -wara, ana sing di templèk -templèkaké ing témbok-témbok oetawa ing wit-witan pinggir dalan gedé .

Bareng wis soré ing koemidèn maoe kebak wong nonton. Kartjisé nganti entèk , ora ana panggonan sing sela . Sing klas doewoer kebak, klas endèk saja djedjel oejel -oejelan. Sapa teka kèri ora bisa mleboe .

Sing pada nonton ikoe sing akèh botjah-botjah, lanang wadon , gedé tjilik . Kabèh kepéngin pada arep weroeh olèhé ndjogèd koeldi sing djenengé Kentoes.

Tontonané nganggo poetjoekan. Sawisé boebar poetjoekan noeli toewan panggede koemidi metoe . Panganggoné sarwa ireng .

Awas ! Awas !

KOEMIDI HARMSTON !

MENGKO SORÉ

bakal ana tontonan sing ngéram -éramaké . Sing pada main wis misoewoer kabèh .

BADOETÉ AKÈH KÉWANÉ AKÈH

bakal dipamèri sing doeroeng taoe diwetokaké , ija ikoe

KOELDI KENTOES

WIS MISOEWOER SADJAGAT KARAN :

DJEMPOLANING

DJOGÈD

klambinè ireng, dasiné ireng, sepatoené ireng, moeng katoké sèrèd poetih , Bareng tekan tengah , noeli mendak , bandjoer tjalatoe :

,,Koela noewoen, para prijantoen, para bendara, para bèi, bagoes-bagoes , tolé -tolé, para dènmas -dènmas ! Ing samangké sarèhné koela pinoedjoe wonten ing ngriki , inggih poenika ing nagari ingkang misoewoer ramé toewin redjanipoen poenika, koela badé mamèraken dateng para prijantoen sadaja , satoenggiling kéwan élok anèh , inggih poenika koeldi koela nama Kentoes. Kawoeningana , koeldi poenika sampoen naté ndjadjah pradja milang désa , sampoen naté sowan para nata ing tanah Europa , Ngatjèh , Tjina , toewin ngarsanipoen radja Poea-poea , ngatingalaken kasagedan saha kadibjanipoen . Saben-saben tamtoe angsal pangalembana toewin mendali .

Boten langkoeng koela matoer gangsal èwoe sembah noewoen, déné para prijantoen sadaja sampoen karsa andjenengi tetingalan poenika, toer ingkang rawoeh boten sakedik . Doeh para prijantoen , moegi -moegi kaparenga anjepakaken pangapoenten mangké jèn wonten lepat koela toewin jèn wonten klèntoenipoen Kentoes! "

Bareng wis rampoeng tjalatoené maoe , sing nonton pada keplok -keplok karo njoeraki. Olèhé pada ngeploki saja ramé bareng koeldiné di wetokaké. Koeldiné didandani sarwa anjar, nganggo èbèg -èbègan , nganggo kaloeng klinting , endasé didokoki boeloeboeloe , apoesé boentoet diblebed soetra . Tjekaké roepané betjik banget.

Pangedéné koemidi noeli tjalatoe manèh:

,,Para prijantoen, para minoelja, boten badé koela atoeraken sadaja rekaos koela anggèn koela ngadjari koeldi poenika. Koeldi poenika asalipoen saking tanah Mesir, pasabanipoen ing saganten pasir . Njatanipoen , soewawi mirsanana mripatipoen , roepinipoen abrit! Watakipoen boten poeroen dipoen rèh. Mila nalika koela adjari poenika, kepeksa koela erih-erih, koela eloes-eloes mawi petjoet . Nanging éwah watakipoen waoe boten , malah saja ndadra. Namoeng sareng koela priksakaken dateng tabib Sjech Asemchetjoet , ngandikanipoen, ing nglebet oetak koeldi poenika wonten woedoenipoen, inggih poenika tandanipoen gadah watak remen ndjogèd. Mila inggih ladjeng koela adjari ndjogèd, namoeng kanggé nglantih roemijin koela poerih ngloempati klowong oetawi tong.

Tjobi , prijantoen, soewawi koela atoeri mirsani sarta jèn wonten tjatjadipoen koela atoeri natjad. 1

Para prijantoen, sadèrèngipoen tetingalan koeldi poenika dipoen wiwiti , koela kaparenga ngatoeri oeninga, béndjing éndjing sijang oegi badé dipoen wontenaken tetingalan. Jèn djawah inggih kapeksa boten saèstoe, dipoen lèrègaken dateng béndjing éndjing sonten . Béndjing éndjing wiwitipoen djam 10 sijang ."

Sawisé mangkono toewan maoe bandjoer mantoek , noeli tjalatoe marang Kentoes:

- „Alon, Toes ! ... Sadoeroengé kowé wiwit ngétokaké kapinteranmoe , mbagèkna sing pada mirsani iki disik! "

Kentoes noeroet, noeli ndjoengkel meneng waé. Bareng wis olèh sawatara, toewan préntah :

- ,,Mlakoe !"

Kentoes ndjenggèlèk , teroes mlakoe moebeng . Olèh 5 oebengan , toewan aba :

,,Njongklang ! "

Kentoes plajoené saja rikat .

,,Mbandang ! "

Kentoes plajoené saja rikat.

,,Njander ! "

Kentoes saja mbalap .

Bareng dèwèké lagi mlajoe mangkono, toewan panggedé ndjoepoek pistoel, teroes dioenèkaké, dor !

Kentoes ambroek , api-api kena pistoel maoe , kaja mati tenan . Wong-wong sing pada nonton pada keplok soerak ambata roeboeh . Olèh sawatara Kentoes grégah -grégah arep tangi . Doemadakan weroeh ing klas sidji ana poetri ajoe banget , nganggo kaloeng ana gambaré golèk. Kentoes ora pangling , jèn wong ajoe maoe poetri peri , bandjoer alok :

,,Lo koewi gambarkoe ! Wong wadon kaé mesti boe peri !"

Atiné Kentoes boengah banget. Saking boengahé bandjoer tjeloek-tjeloek:

- „Boe peri , boe peri !"

Nanging ora bisa moeni mangkono . Moeng bengah-bengah kaja koeldi baé . Wong -wong sing nonton pada nggoejoe kepingkelpingkel . Botjah-botjah pada soerak-soerak.

Panggedé koemidi nesoe . Kentoes ditoetoek iroengé nganggo bongkot petjoet, soepaja mari olèhé oegal-oegalan mbengah ana ngarepé wong akèh.

Kentoes krasa lara iroengé didilati nganti ana 5 menit , karepé bèn ilang larané.

Bareng mengo manèh nggolèki poetri peri maoe , wis ora ana! Atiné sedih , kaja arep ambroek -ambroeka . Kentoes nangis , eloehé dléwéran . Nanging ora ana sing weroeh, saja panggedé koemidi maoe , babar pisan ora ngrèwès.

Panggedé koemidi préntah manèh :

- „Ajo, Toes ! Saiki kowé koedoe mamèraké nggonmoe baoet mloempat ."

Badoeté salah sidji manengah , nggotjèki boewengan wesi. Kentoes antjang-antjang arep ngloempati , nganti kaping teloe , ora da di² . Angger wis tjedak karo boewengané , ora wani , moeng mbloedoes ngisoré waé. Bareng sing kaping paté, Kentoes antjangantjang, mloempat , tjègleg , sikilé ketjantol boewengan wesi maoe , bandjoer tiba, gebroeg ! Kentoes ngatang -atang.

Bareng ngadeg , lakoené Kentoes dingklang , nganti baliné menjang gedogan ndadak nganggo digèrèd.

Botjah -botjah sing nonton pada welas weroeh Kentoes kaja mangkono maoe , pada bengok-bengok:

- „Ajo , Kentoes, arep ndeleng Kentoes! Kentoes endi? "

Nanging Kentoes soré maoe wis ora diwetokaké manèh .

Ésoeké dipriksa dokter kéwan . Panemoené dokter , pintjangé ora bisa mari .

Moela panggedé koemidi noeli tjalatoe marang botjah sing gawéné ngresiki gedogan :

,,Lé, koeldi iki wis ora ana goenané . Jèn takingoe tiwas gawé roegi waé! Wis, gawanen menjang pasar, dolen sapajoe -pajoené!"

- ,,Inggih sendika, toewan."

Kentoes noeli ditoentoen menjang pasar. Ana ing kono ora soewé bandjoer ana wong sing arep toekoe, takon:

„Lé, koeldimoe pintjang koewé kokedol pira?"

- ,,Sadasa roepijah , noen ! "

„Eh, doewit 10 roepijah koewi rak akèh! Akoe arep moeng sroepijah . Koeldi wis dingklang sikilé baé , mangsa anaa goenané ! Kang tak méliki rak moeng loelangé , loelangé kandel, arep dakenggo njalini bedoegkoe sing ana ing langgar , mentas bedah. Awèh apa ora sroepijah ? "

,,Enggih ta empoen , mirah -mirahan ! " Mara , botjah-botjah , roengokna! Kentoes arep dikelėti , koelité arep dianggo mangkis bedoeg ! Rasané atiné ora karoewan !

Sawisé regané dibajar , Kentoes bandjoer ditoentoen digawa menjang pinggir sagara . Goeloené dibandoeli watoe gedé , karo sikilé sing boeri ditalèni dadoeng, noeli didjorogaké ! Kentoes ketjemploeng ing sagara , djegoer!

Sarèhné dibandoeli watoe , Kentoes teroes kelem mangisor . Wong sing arep gawé bedoeg linggih ana ing karang, nggoedjengi dadoeng karo oedoed , ngiras ngentèni matiné koeldi . Jèn wis mati arep dikelėti pisan.

XXXIV . KENŢOES DADI GOLÈK MANEH .

Bareng wis sawatara soewéné , wong toewa maoe tjalatoe, nanging moeng ing batin baé:

,,Kirakoe koeldikoe iki wis mati . Tjoba daktariké , bandjoer dakkelètané pisan ."

Dadoengé ditarik moenggah , ler, ler, ler! Bareng saja moenggah , weroeh mara badénen , tjah! apa sing katon? doedoe koeldi, nanging .......... golèk , krontjalan kaja weloet kena kepantjing .

Weroeh golèk kajoe maoe roemangsané wong toewa koewi kaja ngimpi . Saking goemoené nganti ora obah , ngadeg ndjedjer, tjangkemé mlongo, matané mențeleng .

Bareng wis rada sarèh , noeli tjalatoe , nanging ija isih kamisosolen:

,,Koel ... .... koeldikoe ........ ana ngendi, sing taktjem ... ..... maoe ?" ploengké sagara .........

Kentoes mangsoeli karo nggoejoe :

,,Koeldiné ija akoe iki ! "

",Kowé ? "

,,Ija, akoe ! "

,,Hoes , adja sembrana , ta, wong toewa kok dienggo dolanan!"

„Lo, akoe ora sembrana ! Akoe ora goroh temenan ! "

- ,,Jèn ngono, la prijé, wong sing taktjegoerké ing banjoe maoe koeldi , saiki kok dadi golèk?" "

,,Sing marahi banjoe sagara koewi asin , dadiné

,,Lo, lo, adja omong , ta! Mengko jèn akoe anjel -

„Ora, pakdé! Takkandani temené , naging dadoengé iki oetjoelana disik, dadi ora ngribedi olèhkoe tjatoeran . "

Saka kepénginé arep kroengoe tjaritané Kentoes, wong toewa maoe noeli ngoetjoeli dadoeng . Bareng Kentoes wis oetjoel, bandjoer tjalatoe:

,,Takkandani , ja pak! Akoe iki maoené golèk kajoe, ija kaja iki saiki roepakoe .Akoe wis mèh dadi botjah ,kaja botjah loemrah Nanging rèhné akoe kesèd , sing dak kaé . ora mleboe sekolah , enoet moeng oedjaré kantja kantjakoe - ,akoe bandjoer loenga minggat ............ Tjekaké noedjoe sawidjiné dina , bareng akoe tangi toeroe, akoe dadi koeldi , nganggo koeping koeldi , nganggo boentoet koeldi barang ! Wah, isinkoe wis ora karoewan! Moega -moega kowé adja nganti kisinan kaja akoe, pakdé! Akoe ndjoet diedol menjang pasar , ditoekoe panggedé koemidi harmston ; diadjari mloempat2 barang. Bareng anoe , noedjoe sawidjining dina , akoe lagi main , tiba saka ndoewoer . Sikilkoe pintjang . Panggedé koemidi ndjoer ora gelem ngingoe akoe , akoe diedol menjang pasar ; koktoekoe ! "

ija, ,, Ija, daktoekoe sroepijah ! Lah , saiki keprijé , sapa sing arep mbalèkaké doewitkoe ? "

- „Mestiné ija ora ana , kok dadi kowé bonggan ?Akoe koktoekoe ikoe sing kokpoerih rak koelitkoe ta, arep kokanggo bedoeg ?"

- „Ija pantjèné ! Lah saiki prijé hara , lèhkoe golèk loelang menjang ngendi ? "

- Wis „ tapakdé adja soesah !Rak ija akèh ta, koeldi lijané ? "

Ora ,, tjritamoe koewi wis rampoeng ,apa doeroeng ? , "

Kentoes mangsoeli : ,,Doeroeng , kari satitik ndjoet rampoeng .Bareng akoe wis ndjoet kokgawa mréné ,karepmoe arep kokpatèni , koktoekoe , arep koktoeweg waé . Nanging kowé welas , dadi ora sida .Akoe bandjoer kokbandoeli watoe ,koktjemploengaké sagara , karepmoe patikoe bèn sampoerna . Kaja mangkono maoe sabab kirakoe atimoe betjik toer lantip .Akoe banget trima kasih . Nanging kowé ora jèn boe poetri peri bandjoer noeloengi . njana , "

Poetri ,, peri sapa ? - "

Poetri ,, peri koewi iboekoe .Dèwèké ikoe tresna banget menjang akoe ,akoe tansah dioelat -oelataké waé ; jèn katjilakan bandjoer ditoeloengi , sanadjan akoe iki botjah moersal banget . Pantjèna akoe iki ora wadjib ditoeloengi waé saka nakalkoe iki ! Ija koewi ,bareng akoe wis mèh keblebeg ,boe peri noeli oetoesan iwak pirang pirang - ngrojok akoe . Dikira akoe iki mati , akoe dikrikiti . Wah , jèn mangan djeboelané iwak koewi ngoengkoeli botjah .Ana sing ngoental koepingkoe ,ana sing njaplok tjongorkoe ,ana manèh sing ndèdèli koelitkoe , wekasané ana wader sing njaplok boentoetkoe . "

Bareng Kentoes tjalatoe mangkono , wong toewa maoe moeni karo kirig kirig - :

- ,,Hiiiih , wiwit dina iki akoe ora bakal mangan iwak. Mengko jèn noedjoe mangan badèr ing djeroné ana boentoeté koeldi, rak tjilaka! "

Kentoes mangsoeli karo nggoejoe :

ijamangkono ! Ija koewi kotjapa ,bareng olèhé ngrikiti ,,Akoe iwak -iwak maoe loelangkoe wis goesis kabèh , ndjoet arep wiwit ngrikiti baloengkoe , ... eh ,beneré kajoekoe ,wong baloengkoe iki sing digawé kajoe .

Nanging bareng wiwit digaèl -gaèl , djeboelané ora sida ,malah moetah moetah - , djalaran ora taoe mangan kajoe .Moela bandjoer pada loenga , bjoer , malah ora nganggo moeni : trima kasih barang ! Nah , ikoe sababé anggonkoe saiki dadi golèk manèh . "

Wong toewa maoe malah bandjoer nesoe , tjalatoené :

- Oeh „ ija, , ija , ija , kodjahmoe sakrandjang gambir ikoe akoe ija ngandel , nanging ora pratjaja .Wosing oewos , akoe wis metokaké doewit sroepijah sing dakanggo toekoe kowé . Saiki dakdjaloek bali ! Tjekaké kowé arep takedol , takétoeng boboté kajoe ! Kowé rak ija pajoe jèn diedol kaja kajoe obong waé ! "

Kentoes tjalatoe : ,, É, lah ija ta,dolen !Akoe manoet baé ! "

Nanging anggoné tjalatoe mangkono ikoe Kentoes karo mentjolot , ambjoer ing tengah sagara .Kentoes noeli nglangi karo tjikrak -tjikrak .Olèhé nglangi saja soewé saja adoh saka gisik .Noeli bengok bengok - karo méngo :

- Wis ,, ja, pakdé ! Jèn kowé isih boetoeh loelang koeldi , nggolèkana akoe ! "

Kentoes teroes nglangi .Olèh sawatara noeli méngo manèh karo oendang oendang - :

- Karia „ pakdé ! Jèn kowé boetoeh arep dodol kajoe , slamet , nggolèkana akoe ! "

Ora antara soewé Kentoes wis mèh ora katon .Sing katon moeng goendoelé ireng , gedéné sagloegoet .Kala kala - katon sikilé tjekokalan .Olèhé nglangi mentjolot -mentjolot kaja iwak sepat ana ing bloembang jèn noedjoe mentas ana oedan .

Kentoes anggone nglangi ora ana sing diparani ,moeng saparan parané - Doemadakan weroeh ana karang ing tengah sagara , . roepané poetih mentoer kaja marmer . Ing sadoewoeré karang maoe embak -embèk kaja ngoendang oendang - ana wedoesé , Kentoes soe paja agé -agé tekaa ing karang maoe. Nanging ana anèhé , ramboeté wedoes ikoe ora kaja ramboet wedoes loemrah : ireng aloes kaja ramboeté poetri peri. Kentoes bareng weroeh roepané wedoes maoe rada deg -degan saka boengahé atiné . Pangirané wis mesti poetri ija peri sing dadi wedoes ikoe . Moelané anggoné nglangi saja diepeng .Bareng mèh tekan , koerang satitik , doemadakan ana irengireng ndjenggowah ,mentjoengoel saka sagara , ija ikoe iwak lodan sing gedéné ora karoewan kaé .Oentoené teloeng larik , toer dawadawa pating tjringih . Tjangkemé mangap -mangap . Iwak lodan ija iwak sing gawé girisé wong wong - sarta kéwan -kéwan maoe , ing pinggir sagara kono .

Bareng weroeh iwak lodan maoe , atiné Kentoes miris banget . Olèhé nglangi ménggak menggok - arep njingkiri tjangkem iwak . Nanging iwaké saja tjedak , toer olèhé noetoeti Kentoes rikaté kaja lakoené panah .

Wedoes ing karang maoe tjeloek -tjeloek :

- Gelis ,, gelis , gelis ! , Toes , "

Kentoes olèhé nglangi saja sengkoet , tangan sikil lan awaké obah kabèh .

"Rikat , Toes , rikat , iwaké wis tjedak ! , "

Kentoes ngetog karosané . ,, É, ngati -ati , Toes , iwaké selak njaplok !La , la, kaé , kaé " ...... ditjaplok kowé mengko ! Rikat , rikat , wé , la,

Kentoes saja rikat banget olèhé nglangi nganti kaja mimis metoe saka ing bedil . Kentoes wis tjedak banget karo karang , wedoes mangloeng ngetoengaké sikilé ngarep , kaja arep noeloengi .

Nanging .... ..... haeb ! Iwak lodan mangap , Kentoes diserot kaja wong ngoental endog ; Kentoes teroes bablas ambles mleboe Saking rikaté , ana ing djero ketatap -tatap , tjangkemé iwak lodan . Kentoes nganti kelenger ora éling ana 14 djam .

Bareng wis éling ,Kentoes ora ngreti ana ngendi .Kiwa tengen kabèh peteng , toer petengé ndoemoek iroeng , roemangsané nganti Ing kono sepi njenjet kaja ketjemploeng ana ing tong isi mangsi . ora ana soewarané barang barang - .Moeng kala -kala Kentoes krasa ana angin nampeg rainé .Maoené dèwèké ora ngreti saka ngendi asalé angin maoe .Nanging soewé -soewé weroeh jèn angin maoe saka ing keboek . Sabab iwak lodan maoe doewé lara watoek mengi dadi jèn ambegan nganti kaja angin prahara .

,,Rikat ,Toes ,rikat ,iwaké wis tjedak !"

Si Kentoes II

Sakawit atiné Kentoes diwanèk-wanèkaké . Nanging saja soewé saja roemangsa jèn dèwèké koewi saiki ana ing sadjeroné wadoeké iwak lodan; atiné saja sedih, Kentoes bandjoer nangis nggelolo, karo toeloeng -toeloeng :

„Toeloeng , toeloeoeoeoeoeng ! Kok ija ora ana sing noeloengi akoe , iki keprijé ?"

Doemadakan ana soewara glereg -glereg kaja soewarané derménan kakéhan banjoe:

,,Sing arep noeloengi kowé sapa ? "

Kroengoe soewara maoe Kentoes ndjenggirat, kagèt banget, awaké nganti anjep kabèh . Noeli takon:

„Sapa koewi ? ”

„Akoe, iwak djambal, kaja kowé, ditjaplok iwak lodan. La, kowé koewi iwak apa? "

,,Hoes , akoe doedoe iwak! Akoe golèk! "

,,É, doedoe iwak. Kok kowé gelem ditjaplok ."

,,Wong ora ditari . Oedjoeg-oedjoeg ndjoet ditjaplok waé; akoe ora bisa polah . Ora, la iki ndjoer keprijé ana ing petengan kaja ngéné iki ? "

- „ Ija wis ngentèni waé, nganti adjoer."

Kentoes mangsoeli karo nangis :

,,Akoe emoh jèn diedjoer! "

iki ,,Lo, akoe ija ora gelem .Nanging akoe sabangsakoe ikoe wis koelina nrima , sakèhing lelakon disangga kalawan kapénak . Oetawa toemrap bangsakoe mati ana ing banjoe ikoe dianggep loewih sampoerna tinimbang karo mati ana ing wadjan . " -

ngèlmoené wong kepaoeng , Oeh „ , ikoe . " -

Lo,, , koewi pijandel . Mangka toemrapé bangsakoe iwak djambal , pijandel ikoe ora kena disapèlèkaké oetawa disoelajani . "

Ora ,, .. .. tjekaké akoe arep mbradat saka kéné . "

- „Ija wis ta,mbradata jèn bisa ! "

- Apa ,, iwak lodan iki gedé banget , ta ? "

Wo „ kowé ora bisa ngira -ira . Awaké tok waé dawané wis , sapal . Koewi doeroeng petité . "

Lagi pada goeneman mangkono , doemadakan Kentoes weroeh ing kadohan ana kelip kelip - .

Padang „ padang - kaé apa lo? "

,,Kaé rak ija kantja pada baé karo akoe lan kowé, malah kaé wis mèh dileboer , njatané wis ana dijané."

,,Tjoba daktilikané! Bokmanawa koewi iwak toewa , bisa toedoeh dalan marang akoe, soepaja bisa metoe saka kéné ."

,, Ija ta, akoe mèloe ndongakaké waé , golèk ! "

,,Wis ja, djambal. "

,, Ija, slamet ja! "

„Ketemoe manèh soek kapan? "

,,Emboeh , sapa sing weroeh wis, adja soesah koarep-arep ketemoe manèh ."

XXXV . KENTOES KEPETOEK KARO .... MARA WATJANEN!

Sawisé pamitan karo iwak djambal, Kentoes teroes mlakoe karo grajah-grajah ana ing djero awaké iwak lodan maoe, marani menjang panggonan sing ana padang -padangé koewi .

Karo mlakoe Kentoes krasa sikilé tansah midak djemek-djemėk kaja banjoe gadjih, sarta banjoe maoe mamboe iwak blarongan.

Saja tjedak, dijané saja tjeța . Kentoes teroes waé olèhé mlakoe . Bareng tjedak weroeh mara , apa , tjah, sing katon? Kowé mangsa bisaa mbadé , ora! moelané daktoetoeri baé Ing kono sing katon bangkoe tjilik; ana dijané lilin dipasang ing gendoel. Sangarepé bangkoe maoe ana wong linggih dingklik , wongé wis toewa , wis woengkoek , ramboeté poetih memplak kaja kapoek ; tjanoen-tjanoen mangan iwak tjiliktjilik. Sadjaké iwak sing dipangani koewi isih oerip, njatané kala-kala ana sing mentjolot metoe saka tjangkemé .

Bareng Kentoes weroeh wong toewa maoe , atiné kagèt , nanging kagèté karo boengah sing ora ana pandingané kaé . Mèh waé, kaja botjah ora waras. Arep tjalatoe, ora kawetoe , arep nangis , ora bisa! Bisané moeng njoewara grojok ora tjeța. Wekasan tangané bandjoer ndaplang ngrangkoel wong toewa maoe karo mbengok : - „O, pak , paaaak , saiki ketemoe kowé! Saiki wis ora arep pisah akoe karo kowé, ora arep pisahtenaaaan ! "

Wong toewa maoe ngoetjek -oetjek mripaté , kaja-kaja ora ngandel marang pandelengé , noeli tjalatoe :

- „Apa tenan ta iki? Kowé anakkoe , anakkoe tenan , Kentoes!"

- „ Ija, ija pak, akoe, akoe Kentoes , pak! Akoe rak wis kok apoera , ta pak! O, paaak , kowé koewi tresnamoe kok ora djamak ! Jèn takpikir O, oepama kowé ... nanging weroeha akoe kodjoer banget , pak! Ja koewi bareng klambimoe wis kokedol, ndjoet akoe malah kokwèhi boekoe tja-

„O, pak , paak, saiki ketemoe kowé !"

rakan kaé , akoe ndjoet minggat . Bareng anoe akoe ditjekel dalang golèk, arep disoegokaké ing geni dienggo mbakar saté , ija koewi sing ngewèhi akoe doewit limang roepijah diekon mènèhaké kowé. Nanging akoe ndjoet diapoesi asoe adjag karo koetjing, diadjak menjang koplakan. Asoené karo koetjingé koewi olèhé mangan katik ora karoewan. Bareng bengi akoe ditinggal , akoe noesoel . Ana ing dalan akoe dirampog bégal, akoe digantoeng . Boe peri ndjoet akon ngoetjoeli akoe . Bareng akoe dipriksa dokter, oeniné :

„Jèn ora oerip, botjah iki ija wis mati . " Akoe géroh , ndjoet iroengkoe moendak dawa nganti ora bisa metoe saka ngomah . Ba reng anoe doewité 5 roepijah takpendem karo asoe adjag lan koetjing . Akoe digegoejoe bètèt èh, ora dik, doewité kari 4 roepijah . Nanging doewité ora ana . Bareng takgoegat , djaréné djaksa, akoe salah , ndjoer dioekoem . Metoe saka ngoekoeman , akoe arep golèk téla gantoeng , kari-kari sikilkoe kena pasangan . Akoe ditalèni pak tani, kon toenggoe kandang pitik . Bareng weroeh nèk akoe botjah betjik ndjoet ditjoelaké. Akoe kepetoek oela , oelané nggoejoe nganti mati . Akoe bali menjang panggonané boe peri, weroeh kidjing . Akoe nangis, darané marani. Tjalatoené dara: „Akoe weroeh bapakmoe lagi gawé praoe!" Akoe moeni : -,,Eh, oepama akoe doewé soewiwi bisa maboer . " - „ Kowé apa arep ketemoe bapakmoe ? " kana ngono. Ndjoet akoe mangsoeli : - „Sapa sing nggawa akoe ? " Dara moeni : ,,Takgéndong ta." Bareng anoe akoe noenggang dara, maboer sawengi moepoet . - Ésoeké wong golèk iwak kaé pada ndeleng menjang sagara , tjalatoené menjang akoe: ,,Kaé ana wong toewa mèh klelep." Akoe ora pangling kowé, pak, akoe krasa , kowé takawé -awé, takekon minggir ............ "

Bapakné njelani:

,,Akoe ijaweroeh kowé ,pantjèn ija kepéngin minggir ,nanging ora bisa .Wong aloené gedé gedé - .Praoekoe kèrem .Ora soewé ana iwak lodan , sing gawéné saba kono .Bareng weroeh akoe , akoe kaja njaplok ento ento - ditjaplok , waé . "

Kentoes takon :

Pira ,, lawasé ana kéné ,pak ? "

Kira ,, -kira ana 2taoen ,nanging roemangsakoe 200 windoe ! - "

La,, kok kowé isih oerip ?Olèhmoe éntoek lilin iki saka ngendi ijadoewé rèk barang ,sing mènèhi sapa ? ?Kok "

Takkandani ,, ja, kowé . Dèk ana prahara kaé , ora moeng praoekoe waé sing kèrem ,ana praoe dagang gedé , ija kèrem .Mantroesé kabèh pada ketoeloengan ,nanging praoené ndjoet ditjaplok iwak lodan iki .Sadjaké nalika samana loewé banget , njatané praoe gedé maoe dioental sapisan kleboe ............ "

Wé ,, , toblas , sapisan waé ? "

,,Ija , sapisan praoené kleboe kabèh ,moeng .. haeb , tijangé waé diidokaké metoe , nanging ketjantol oentoe dadi slilid . Ja koewi begdjakoe , praoené maoe momot iwak asinan , roti beskoewit , tèh , kopi , goela , beras , anggoer , katjang , lilin karo rèk pirang-pirang pak. Ja koewi paringé Goesti Allah, akoe nganti bisa oerip ana kéné , wis 2 taoen lawasé. Nanging saiki kabèh maoe wis pada entèk , wis ora ana barang -barang , liliné ija moeng kari sing daksoeled iki ............ "

- „Lah mengko ndjoer keprijé?"

„Ja wis ndjoer kari petengan waé."

„O, pak, adja nganti kesoewèn , ajo pada loenga , metoe saka kéné ! ......... "

- ,,Metoe? .... Menjang ngendi ? Keprijé?"

,,Ija metoe saka tjangkemé iwak lodan iki ,ndjoer nglangi ..... "

O, ija „ Allah , nggèr , adja moeng remboeg waé . La kowé bisa nglangi ,akoe , kaprije ? "

ora dadi apa ,pak !Kowé takgéndong ,akoe sing baoet Koewi ,, nglangi ,mengko rak ijatekan gisikan . "

Pak Domblé gèdèg -gèdèg , semoe maido :

- „Ija moeng gagasan waé ,mangsa kalakona ,ora !Ngendi ana , golèk ora ana sadepa doewoeré ,arep bisa nglangi , toer karo nggéndong akoe ! "

É, pak , mara tjobanen , mengko rak tenan ! Éwadéné , jèn „ ija wis , pantjèn kodraté koedoe mati , la nanging rak ana petingané , ija ikoe akoe lan kowé mati bareng ! "

Kentoes tanpa tjalatoe barang -barang manèh , noeli liliné didjoepoek ,mlakoe disik karo madangi .Tjalatoené marang bapakné : - Ajo „ , kowé anaa ing boerikoe , pak ! Adja wedi ! "

Wong loro maoe noeli pada loemakoe oeroet oeroetan - , metoe ing oesoesé iwak lodan , teroes metoe wadoeké .Bareng wis tekan ing gorokan sing ambané salawang gapoera kaé , pada mandeg , karo ngingetaké ngiwa nengen lan ngiras mikir mikir - kepénaké anggoné pada arep metoe .

tjah , Wroehanamoe , iwak lodan maoe wis toewa banget lan doewé lara watoek , sarta doewé lara maras .Dadi jèn toeroe tjangkemé mesti menga .Moela bareng Kentoes wis tekan panggonan gorokan , ngingetaké djaba weroeh langité padang soemilak , lintangé pating krelip ,dasar noedjoe padang boelan ,bandjoer bisikbisik : -

,, Pak , iki kebeneran banget . Iwaké lodan lagi toeroe kepati . Sangarané ora ana aloené .Ajo ,pak , noeroeta akoe waé ,mengko rak bisa tekan djaba ! "

Kenţoes karo bapakné noeli pada ngliwati gorokan, bandjoer tekan tjangkem , teroes mlakoe djindjit -djindjit ngambah ilat. Ilaté iwak lodan maoe amba dawa nganti kaja dalan gedé . Kentoes wis mèh arep mentjolot njemploeng menjang sagara , doemadakan iwaké wahing , gebrès , gebrès ! .. Kentoes karo bapakné koloe manèh , glodag , ...... bali kleboe menjang wadoek. Tjoloké mati , wong loro maoe ana ing petengan manèh .

Kentoes rada samar atiné :

„Wé, lah, keprijé iki?"

„Wis , Toes , wis , adja kakéhan réka , sing pasrah baé! "

- „Lo, adja ngono , pak! Tjoba ajo, daktoentoen manèh , alonalon waé, adja nganti keplèsèt ! "

„Arep menjang ngendi iki ?"

„Tjoba, ditjoba manèh . Wis ta, pak, adja soemelang ."

Bapakné noeli ditoentoen alon-alon, nganti tekan panggonan gorokan. Boebar gorokan noeli ngliwati lidah manèh , bandjoer mènèk ing oentoené iwak sing teloeng larik ikoe. Sadoeroenge ambjoer, Kentoes , tjalatoe marang bapakné :

,,Kéné, pak, dakgéndong , gotjèkana goeloekoe sing kentjeng . Mengko rak gampang , tjekaké ! "

Bareng Pak Domblé wis digéndong sarta wis kentjeng olèhé goedjengan , Kentoes nggebjoer ing sagara .

Sagarané kimplah-kimplah ora ana ombaké . Remboelané mantjorong , dasar poernama . Iwak lodan maoe olèhé toeroe kepati, oepama dimrijema doeroeng mesti tangi.

XXXVI . KENŢOES DADI BOTJAH .

Kenţoes olèhé nglangi sarosané . Bapakné digéndong ana ing geger , sikilé loro pisan kakoem ing banjoe . Nanging Kentoes ija krasa jèn bapakné maoe ngoplok wél-wélan.

Anggoné ngoplok ikoe djalaran kademen apa djalaran wedi? ija Kira-kira .Nanging panjanané Kentoes marga sabab loro loroné - saka wedi .Moelané noeli tjalatoe :

Adja „ soemelang ,pak , sadéla engkas rak wis tekan pasisir . "

Pasisiré ,, endi , taToes ? "Olèhé takon pak Domblé maoe karo ngintjang -intjeng kaja toekang mendjait jèn arep njoeroepaké dom kaé .- Akoe „ ndeleng ngiwa nengen , anané moeng banjoe karo langit waé ! "

,Nanging akoe weroeh pasisiré , pak! Wong akoe koewi awas banget , saja jèn bengi ngéné iki , pandelengkoe ngoengkoeli koetjing ."

Satemené Kentoes ikoe moeng api-api waé, ing batin ija rada djoedeg . Karosané saja soeda , ambekané saja ngangsoer diagak ora bakal bisa tekan pasisir, sabab pasisiré isih adoh.

Kentoes nglangi teroes , nganti pedot napasé . Noeli méngo ndeleng bapakné karo tjalatoe megap -megap :

- ",Pak, toeloeng ...... pak ...... mati ! "

Kentoes karo pak Domblé wis mèh keblebeg . Doemadakan ana soewara glereg -glereg kaja oeniné dolanan otog-otog, tjalatoené :

,,Sapa sing arep mati iki? "

"Akoe karo bapak ! "

,,Lo, kaja wis taoe weroeh lo, kok Kentoes ! "

,,Ija, akoe , Kentoes lah kowé sapa ?"

„Akoe iwak djambal, kantjamoe ana ing djero wadoeké lodan bijèn kaé."

Kok wis tekan kéné ? "

„Akoe ngetoetaké kowé. Kowé sing noedoehaké dalan akoe . Moelané bisa metoe ! "

,,Anoe, djambal, bok akoe wong loro iki kok toeloengi ! Welasana! Jèn ora koktoeloengi , wis mesti mati ! "

,,Ija, ija, ija,mesti taktoeloengi !Wis kéné ,goedjengana pețitkoe kéné , tak gèrèt .Sadéla waé rak tekan pasisir . "

Pak Domblé karo Kentoes énggal -énggal goedjengan pețité iwak djambal . Nanging gagasané tinimbang ana ing petit waé , loewih kepénak noenggang gegeré djambal pisan .

ta? Kentoes takon : Apa ,, iki ora kaboten , " -

Ora ,kaboten apa ,wong moeng saméné waé ! "

Pantjèn mèmper oepama iwak djambal ikoe koewat nggendong sabab gedéné sabelo , toer delengé djentot . wong loro maoe ,

Bareng wis tekan pasisr ,Kentoes mloempat disik , noeli noeloengi bapakné . Kentoes bandjoer tjalatoe marang iwak djambal :

- „Djambal ,kowé wis noeloengi bapak karo akoe .Akoe nganti ora bisa ngandakaké trima kasihkoe .Nganti mbésoek pitoelanganmoe ikoe bakal dakéling éling - waé . "

Anggoné tjalatoe mangkono maoe iwaké djambal karo diepoekepoek . Iwak maoe krasa atiné .Matané bandjoer mbrebes mili sa bab doeroeng taoe oleh trima kasih kaja nalika ikoe. Nanging semoené isin jèn anggoné nangis nganti konangan Kentoes moelané teroes loenga klépat angsloep ing djeron banjoe.

Samana wis ésoek .

Pak Domblé kaja-kaja ora koewat mlakoe . Kentoes tjalatoe:

,,Wis, pak , ajo dakdjagani lèndèjana akoe waé. Ajo mlakoe, ajo! Ora soesah rikat-rikat, nggremet kaja semoet waé rak oewis ! Mengko jèn sajah , ja mandeg ngono, lèrèn ana pinggir dalan."

Pak Domblé takon:

„Iki arep menjang ngendi, ta? Toes ?" -

,,Golèk omah ngono, sing kena di djaloek-djaloeki sega sepintjoek , karo diéjoebi."

Kentoes karo bapakné noeli mlakoe. Doeroeng ana satoes petjak weroeh ing pinggir dalan ana wong ngemis loro . Ija ikoe si asoe adjag karo koetjing, nanging roepané wis manglingi banget, wis akèh malihé . Koetjingé sing dèk bijèn gawéné merem api-api pitjak, saiki kadoeroesan pitjak tenan. Asoené adjag saiki wis katon toejoek -toejoek , goedigen toer belang-belang. Boentoeté wis ora ijasoegih , ana. Dèk bijèn, dèk isih dadi bégal nanging saiki wis mlarat banget . Saking mlaraté , nganti koloe ngedol boentoeté , diedol menjang toekang tjoekoer dianggo keboet .

Bareng asoe adjag weroeh Kentoes , bandjoer tjalatoe ngasihasih :

- „Toes , tjah bagoes ,mbok akoe kok -welasi ,kok -wèhi pangan , akoe saiki mlarat banget . "

Koetjing njamboengi :

„Mlarat banget . "

Kentoes méngo karo mangsoeli :

Makloemé „ baé wong kowé gawémoe apoes -apoes ! Akoe bijèn wis kokapoesi , saiki mangsa doewéa welas akoe marang kowé .

" Tenan „ ,Toes , saiki akoe mlarat tenan ! "

Koetjing njamboengi .

Tenan ,, " !

„Jèn kowé saiki pada sangsara , ikoe wis patoet waé !Bener oenèn oenèn - :Dénga apoes nemoe apes !Wis ja! "

Bok ,, kokwelasi Toes ! " ...

Welasi ,, ....... "

Kentoes mangsoeli manèh :

- „Ora arep melasi wong ala, akoe! Maling baé mangsa moeloesa , ora!"

„Adja koktinggal , Toes ! "

" Koetjing :-,,Adja koktinggal ! .......

,,Wis ja, andoem slamet ! Moeng wekaskoe adja lali marang karepé oenèn -oenèn : Sapa sing demen ndèdèli bakal kadédélan."

Sawisé tjalatoe mangkono , Kentoes karo bapakné noeli mlakoe manèh alon-alonan. Bareng wis olèh satoes petjak manèh , weroeh ana omah gedeg nganggo pajon gendèng , ana ing pinggir dalan.

Kentoes kanda .

,,Pak, omah kaé mesti dienggoni ngoewong. Jo, ndodog kana, jo!"

Bareng tekan omah maoe noeli dodog-dodog. Ana soewara saka ing djero, njapa:

„Sapa koewi? "

Wangsoelané Kentoes:

,,Koela tijang kasangsara kalijan bapak koela. Koela boten gadah arta, boten gadah grija. "

„Sogoken saka djaba waé, lawangé rak menga déwé ! "

Kentoes ngengakaké lawang, kaja welingé swara maoe , pada mleboe . Bareng wis ana ing djero, ngingetaké ngiwa nengen , ora ana oewongé.

Kentoes ngoedarasa karo goemoen :

„Sing doewé omah iki ana ngendi?"

,,Akoe ana ing doewoer ! "

Kentoes karo bapakné ndengèngèk mandoewoer , weroeh ana djangkrik ana ing saka, Kentoes noeli tjalatoe:

- „Lo, djeboelané wong toewakoe , Ki Toetoer ! "

,,Ija, ija, ija, saiki kowé ngakoe wong toewa akoe . Bijèn akoe kokgoesah , kokpatak nganggo gandèn nganti pèndèng . "

,,Ija, Ki, akoe isih kelingan ............ Ja wis, saiki akoe toendoengen waé oetawa keproeken nganggo gandèn ... .... nanging welasana bapakkoe iki ! ............ "

,,Akoe welas , ija marang bapakné ijamenjang anaké .Moeng waé akoe arep ngélingaké kowé .Wong dèk bijèn kowé koewi ndoegal banget . Saiki éling-élingen: wong koewi , jèn ora gelem dialani adja sok ngalani . "

-,,Bener, ki, bener. Woelangmoe iki bakal takéling-éling nganti tekan bésoek . Nanging kowé saiki kok doewé omah betjik temen , iki ............ ?"

,,Iki olèhkoe éntoek saka wedoes, sing ramboeté ireng moeloes , betjik kaé!"

Kentoes kagèt , noeli takon manèh :

- ,,Saiki wedoesé ana ngendi? "

,,Emboeh , ja, akoe ora weroeh! "

,,Baliné mréné kapan ?"

„Wis ora bali manèh . Wingi wedoesé nangis karo embakembèk , gadjegé moeni :- „O, Toes , mesakaké temen saiki akoe wis ora bakal ketemoe manèh wis mesti dipangan iwak lodan .......... "

- ,,Tenan , ki, kanda ngono tenan? O, wedoesé kaé wis mesți .. boe peri .. .... mangsa oraa! "

Kenţoes tjalatoené pedot-pedot, karo nangis mingseg -mingseg .

Sawisé sawatara, loehé noeli dioesapi , bandjoer nata damèn dienggo toeroe pak Domblé. Bareng wis rampoeng , takon marang ki Toetoer :

„Ora, ki , apa akoe bisa golèk presan sagelas waé, dienggo ngombèni bapak iki. Jèn diombèni presan, bapak iki rak ndjoet waras ."

,,Bisa waé, Toes ! Kana galo, teloeng boelak engkas ana wong désa, djenengé pak Karta , gawéné nandoer soeroeh . Ikoe doewé sapi presan . Ndjaloeka mrana , mengko rak olèh! "

Kentoes mangkat. Bareng tekan ngomahé pak Karta , noeli nemboeng ndjaloek presan sagelas .

Pak Karta mangsoeli , takon: -,,Kowé ndjaloek presan sepira ?"

,,Sagelas mawon ! "

,,Presan sagelas regané 5 sèn . Kéné doewitmoe 5 sèn ."

Kentoes mangsoeli karo mringis isin:

„Koela boten gadah , sabribil mawon boten mbekta ."

„Ja wis , jèn kowé ora doewé doewit ija ora dakwèhi presan satètès -tètèsa."

- „Wé lah pripoen?" Kentoes wis arep loenga .

i

Pak Karta tjalatoe manèh :

- „Mengko disik , ta! Ngono waé, kowé gelem , takekon ngoebengaké gilingan timba."

-,,Napa nikoe, gilingan timba nikoe! "

,,Koewi gilingan sing dianggo nimba banjoe soemoer . Jèn

wis, banjoené ndjoer takenggo njirami soeroeh ."

,,Enggih tjobi mawon. "

„Jèn kowé olèh satoes èmbèr , takopahi presan sapi sagelas ."

,,Enggih empoen . "

Kentoes noeli diadjak menjang soemoer , ditoedoehaké anggoné ngoebengaké gilingan maoe .

Kentoes bandjoer toemandang . Nanging doeroeng olèh 100 èmbèr , kringeté wis deléwéran , awaké sakodjoer kringeten kabèh .

Doeroeng taoe dèwèké njamboet gawé kaja mangkono .

Pak Karta tjalatoe :

„Maoené sing takekon ngoebengaké gilingan iki koeldikoe.

Nanging saiki koeldikoe lagi lara, arep mati ajaké! "

-,,Tjobi , koela pareng ningali koeldiné."

„Ajo, ta!"

Kentoes mleboe ing gedogan; weroeh ana koeldi lagi toeron ana ing damèn . Koeldi maoe wis ora doewé kekoeatan djalaran loewé; panggawéjané abot. Bareng dideleng temenan , Kentoes kagèt, batiné.

„Lo, kaja akoe wis taoe weroeh koeldi iki? Rainé akoe ora pangling ."

Kentoes ndingkloek karo tjalatoe nganggo basané koeldi :

- „Kowé koewi sapa , ta?"

Bareng ditakoni mangkono, koeldiné melèk plorak -plorok karo

mangsoeli pedat -pedot: - „Akoe Keploek ."

Koeldi merem manèh , teroes mati .

,,Ploek Keploek! O, mesakaké temen!"

Kentoes nangis, srikoetan ngoesapi loehé.

Pak Karta kagèt weroeh Kentoes nangis maoe :

,,Koeldi mati waé kok koktangisi , toer doedoe doewèkmoe .

Kowé ora ngetokaké doewit. Oepama kowé mbajara mana gèk

keprijé?" - „Koela atoeri, pak ............ Koeldi niki tilas kantja koeła."

,,Kantjamoe?"

,,Enggih, tilas kantja koela sekolah ."

Karta nggoejoe ngakak:-,,La dalah, doewé kantja kok koeldi , saiba mempengé olèhé pada sinaoe !"

Kentoes meneng waé. Noeli ndjoepoek gelas sing wis diisèni presan digawa moelih .

Kentoes saben ésoek isih oemoen -oemoen wis tangi, teroes menjang omahé Pak Karta ngoebengaké gilingan banjoe. Saben dina olèh presan sagelas dianggo ndjamoni bapakné, sabab larané bapakné lara toewa.

Nanging ora moeng mangkono waé. Saka sitik Kentoes sinaoe nganam tépas , wakoel, tjeting, klasa sapanoenggalané , nganti bisa. Oleh-olèhané diedol . Papajoné lotoeng. Doewit maoe noeli ditoekokaké boetoeh saben dina , toerahané dianggo toekoe sandangan. Kentoes ngotak-atik gawé grobag soeroengan tjilik. Sabab bapakné saiki jèn mlakoe wis rekasa. Jèn pinoedjoe hawané kepénak, bapakné ditoenggangaké grobag , diadjak dolan oeroet sawah oetawa oeroet tegalan , preloené golèk hawa sing resik.

Jèn bengi Kentoes sinaoe matja karo noelis. Dèwèké mentas toekoe boekoe ana ing désa ora adoh saka kono . Regané moeng 5 sèn, boekoené wis rontang -ranting tanpa samak . Éwadéné tansah diwatja baé. Jèn arep noelis, wong ora doewé pèn mangsèn , sing dianggo noelis kalam. Mangsiné peresan woh gendolak.

Bareng Kentoes mempeng kaja mangkono , ora moeng bisa ngepénakaké oeripé bapakné waé, nanging saiki malah bisa njèlèngi. Tjèlèngané wis rong roepijah. Karepé arep dianggo toekoe iket, djas karo djarik .

Noedjoe sawidjining dina Kentoes tjalatoe marang bapakné:

,,Pak, akoe takmenjang pasar, ja pak , arep toekoe iket, toekoe djas, karo toekoe djarik . Mengko jèn moelih kowé mesti pangling, pak! " Kentoes tjelatoe mangkono ikoe karo nggoejoe.

Bapakné awèh. Kentoes boengah banget , noeli mangkat , mlakoe rerikatan. Doemadakan ana ing dalan kroengoe ditjeloeki saka ing boeri , bareng mengo , weroeh ana kéjong djoemedoel saka pager .

Kéjong takon: „Kowé pangling karo akoe Toes ! " "

- „ Ija, ora ..

- „Kowé ora kélingan? Akoe iki sing toenggoe lawang dalemé poetri peri kaé! Bijèn kaé ta, akoe ndjoet midoen , malah sikilmoe kedjepit lawang kaé! "

Kentoes kėlingan énggal mangsoeli karo takon:

,, Ija, ija, akoe kèlingan ... ..... Ora, la saiki boe peri ana ngendi ? Saiki lagi apa? Akoe apa diapoera? apa ija isih ngrasani akoe? Apa omahé adoh saiki ? Apa akoe kena tilik ?"

Pitakoné Kentoes sing warna-warna maoe diwangsoeli sarèh :

,,Kentoes, saikiné poetri peri ana ing roemah sakit."

„Ana roemah sakit ? "

- ,,Ija. Poetri peri mentas kesangsaran , saiki gerah santer , malah wis ora kagoengan doewit kanggo ....... "

Wé la, mesakaké „Tenan apa kandamoe koewi ? temen! Oepama akoe doewé doewit samiljoen , takwèNanging akoe moeng doewé 2 roepijah nèhaké kabèh la iki , gilo! Iki arep takenggo toekoe iket karo klambi .... pantjèné . Wis ta, kéjong, doewit iki gawanen waé ,mbokmanawa boe peri boetoeh ! "

- ,,La , olèhmoe arep toekoe klambi barang keprijé ? "

- Ah,, , ija wis bèn waè ?Malah oepama sing takenggo iki pajoe dakedol , takedol pisan , preloené dienggo tambah ... ...... Wis ta, kéjong ,mangkata saiki ...... Soek embèn balija ,akoe Tekan saiki akoe adjeg njamboet rak wis doewé doewit manèh . gawé , dakenggo ngopèni bapak . Maoené akoe njamboet gawé moeng tekan djam 6soré ,saki arep dakloewihi , soepaja bisa ngoeroeni boe peri .Wis , kéjong , andoem slamet . Soek embèn takentèni ana kéné . "

Kéjong mangkat . Lakoené ora kaja adaté , saiki rikat , nganti kaja kadal jèn kodanan .

bapakné takon : Bareng Kentoes tekan ngomah ,

199Klambiné , endi ,Toes ? "

Anoe ,, , pak , ora ana sing sedengan ,moelané akoe ora sida toekoe .Bésoek waé golèk lijané . "

Soréné Kentoes olèhé njamboet gawé ora kaja sabené , nganti tengah wengi isih mempeng ,oleh olehané - ija akèh .

Sawisé rampoeng .Kentoes noeli toeroe .

Bareng wajah bangoen dèwèké ngimpi .Ana ing pangimpèn roemangsané ketemoe karo poetri peri . Roepané ngoengkoeli adat saben . Poetri peri maoe ana kanané tjalatoe karo mèsem , tangané ngeloes -eloes goendoelé Kentoes:

„Lé, Kentoes, kowé saiki dadi botjah bagoes temenan ! Moelané sapira kaloepoetanmoe dakapoera. Botjah sing tresna marang wong toewané, sing noeloengi bapa bijoengé jèn noedjoe kesoesahan oetawa noedjoe lara, ikoe wadjib dialem sarta diwènèhi gandjaran. Sanadjan kowé, Kentoes, sok nggoegoe karepmoe déwé, nanging ija patoet diwènèhi gandjaran. Welingkoe marang kowé, ing tembé kowé sing ngati-ati , samoebarang kang arep koklakoni koedoe nganggo dipikir sing dawa disik! Jèn welingkoe iki kowé mesti bakal bisa seneng oeripmoe ! kokenoet, "

Kentoes noeli nglilir , bandjoer melèk . Tekan samono impèné ,

Kagèt banget , sabab wis mari dadi golèk kajoe !Wis dadi botjah , Ngingetaké kaja loemrahé botjah anaké wong wong - kaé . ngiwa nengen karo plenggang plenggong - Omahé sing maoené . gedèk wis roesak , saiki malih dadi gebjog tjèt tjètan - anjar . Patoeroné dadi kantil nganggo kasoer lan klamboe . Ing djero kamar kono isiné : lemari wadah sandangan ,katja gedè ,bangkoe lan lijalijané . Kabèh sarwa anjar , toer wis ditata betjik .

Bareng Kentoes moedoen saka kantil , wis ditjepaki selop sepasang isih anjar kabèh .Kentoes mboekak lemari sandangan isiné bentet sandangan anjar -anjar .

nganggo saroeng batik kawoeng .Bareng Kenţoes noeli dandan , nganggo djas ,kantongané digogohi , nemoe ..... dompèt ana lajangé ,oeniné :

peri mbalèkaké oetangé 2roepijah marang Kentoes Poetri ,, 1 sarta paring trima kasih . "

Bareng dompèt maoe diboekak , isiné doedoe roepijah selaka , nanging roepijah emas !

Kentoes noeli menjang ngarep katja , arep ngilo .Bareng ndeleng katja pangling awaké déwé . Saiki wis mari dadi golèk , nanging dadi botjah lentjir koening , bagoes ,mripaté resik djlalat -djlalat . Kentoes boengahé atiné ora karoewan , nganti roemangsa kaja ana ing impèn .

Doemadakan tjalatoe :- „Lo , lah bapak ana ngendi saiki ? "

Kenţoes noeli metoe saka kamaré ,weroeh bapakné ija wis malih .Katon enom manèh , katon rosa , sarta seneng kaja dèk bijèn . Pagawéjané ija isih pagawéjan lawas , ija ikoe dadi toekang kajoe .

Pak Domblé lagi gawé lemari katja nganggo oekir -oekiran ngremit.

Kentoes marani bapakné, dirangkoel :-,,Pak , pak, kok kabèh malih iki sababé keprijé, ta? Akoe kok ora ngreti?"

Pak Domblé mangsoeli karo ngeloes -eloes goendoelé anaké:

ورو„Malihé samoebarang iki marga saka kowé, nggèr! "

-,,Lo, kok akoe dadi sabab keprijé?"

- „Ngono , ja lé! Botjah , sing maoené ndoegal, nanging bandjoer dadi botjah betjik, koewi sakabèhing kaanan sing ana ngomahé ija bandjoer malih! Kaja kowé koewi ! "

„La, golèk kajoe, sing djenengé Kentoes, saiki ana ngendi ?" ,,La kaé, ana kana kaé!"

Pak Domblé karo noedingi golèk kajoe sing soeméndé ing koersi . Golèké ngloemproek .

Kentoes weroeh golèk maoe , noeli mbatin:

„É' , bijèn akoe iki dadi golèk toer ndoegal. Saiki wis dadi botjah temenan ! Wah , boengah , akoe! "

DATE DUE

DATE DUE
1912L
MAY 4
と
GAYLORD PRINTEDINU.S.A

RLG EXCLUDE

DATE DUE

1
OCT 119/2L
MAY
MAY11
と
1
1
1
GAYLORDGAYLORD PRINTEDINU.S.APRINTED INU.S.A

RLG EXCLUDE

PAGE NOT AVAILABLE