Baca PDF (OCR): Lajang babasan lan saloka

80 halaman · 5 halaman diproses dengan OCR · 5.7 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. Serie A. Boekoe kanggé laré -laré
  2. GOEPAK POELOET ORA MANGAN NANGKANÉ .
  3. 2
  4. KATJANG MANGSA NINGGALA LANDJARANÉ .
  5. TOENGGAK KALINGAN RONÉ .
  6. POEPOER SAWISÉ BENDJOET .
  7. KAJA KÉRÉ NEMONI MALEM .
  8. ANA DAOELATÉ ORA ANA BEGDJANÉ .
  9. ANA GOELA ANA SEMOET .
  10. KLENTING WADAH MASIN .
  11. NGGENTONG OEMOS.
  12. TINGGAL GELANGGANG TJOLONG PLAJOE .
  13. 11
  14. KOETJING -KOETJING DIRAOEPI (KOETJEM -KOETJEM DIRAOEPI ).
  15. 12
  16. TJINTJING -TJINTJING KLEBOES .
  17. KANG KENA IWAKÉ , ADJA BOETEK BANJOENÉ .
  18. NABOK NJILIH TANGAN .
  19. KEBO MOELIH MENJANG KANDANGÉ .
  20. BALI MARANG KINDJENG DOMÉ
  21. 17
  22. TENGOE NGADOE GADJAH .
  23. 18
  24. GADJAH TOEMBOEK , KANTJIL MATI ING TENGAH .
  25. SATROE MOENGGING TJANGKLAKAN .
  26. 20
  27. NGOEJAHI SAGARA .
  28. ANTJIK -ANTJIK POETJOEKINGERI .
  29. SOEMENGKA PANGAWAK BRADJA .
  30. 23
  31. TJOTJAK NGOENTAL ELO .
  32. 24
  33. NGEMOET LEGINÉ GOELA.
  34. 25
  35. ROEPAK PANDELENGÉ .
  36. GLOENDOENG SEMPRONG .
  37. 27
  38. SOEMOER SINASABAN .
  39. 28
  40. SOEMOER MLAKOE TINIMBA .
  41. 29
  42. BRIGA -BRIGI ORA NGGETIHI .
  43. 30
  44. NGEMPOEKAKE WATOE ITEM .
  45. 31
  46. NGIRIT -IRIT DADI NGOROT -OROT .
  47. ORA ANA DAOELATÉ ANA BEGDJANÉ .
  48. NRADJANG GROEMBOEL ANA TJELENGÉ .
  49. 34
  50. ROEPAK DJADJAHANÉ.
  51. MBAGOEGOEK NGOETA WATON .
  52. NGGOETOEK LOR KENA KIDOEL .
  53. NGOELOENGAKÉ ENDASÉ NGGÉNDOLI BOENTOETÉ .
  54. 38
  55. OELA NANTANG GEBOEG .
  56. KOEDI PATJOEL SINGA LANDEPA .
  57. 40
  58. MRANGKANI KOEDI.
  59. BELO MILOE SETON .
  60. KEBO KABOTAN SOENGOE .
  61. 43
  62. BÈBÈK MOENGSOEH MELIWIS .
  63. 44
  64. RAI GEDÈG .
  65. 45
  66. WELAS TANPA ALIS . (WELAS TEMAHAN LALIS) .
  67. 46
  68. MADOE BALOENG KEPÉSING . (MADOE BALOENG TANPA ISI) MADOE ANGIN . ·
  69. 47
  70. ORA MAMBOE ÉNTONG IROES .
  71. WEDOES DIOEMBAR ING PAKATJANGAN.
  72. KAKÉHAN GLOEDOEG KOERANG OEDAN .
  73. DJARIT LOEWAS ING SAMPIRAN .
  74. 51
  75. MATANG TOENA NOEMBAK LOEPOET .
  76. 52
  77. MALIK KOELAMBI .
  78. 53
  79. BATJIN-BATJIN IWAK.
  80. 54
  81. KEGEDEN ENDAS KOERANG OETEK.
  82. BATANG LELAKOE .
  83. 56
  84. BATANG OETJAP -OETJAP .
  85. 57
  86. GOTONG MAJIT.
  87. NGAOEB AWAR-AWAR.
  88. 59
  89. ALING -ALING GODONG WARINGIN .
  90. 60
  91. NGOEDANG SIJOENGÉ BATARA KALA .
  92. KEROEBOEHAN GOENOENG .
  93. NGIDAK SOEPATA .
  94. ANGGENTÈNI WATANG POETOENG .
  95. KEBO MOETOENG PASANGAN .
  96. KAJA KÉRÉ MOENGGAH ING BALÉ .
  97. 66
  98. NGGEDÈKAKÉ ATINÉ TENGOE .
  99. 67
  100. ANGON OELAT NGOEMBAR TANGAN .
  101. OESOENG -OESOENG LOEMBOENG .
  102. 69
  103. KOETOEK MARANI SOENDOEK .
  104. NGGOEGAT KAJOE AKING .
  105. 71
  106. ENGGON WELOET DIDOLI OEDÈT .
  107. 72
  108. NANDOER PARI DJERO.
  109. 73
  110. OEJAH KLEBOE SAGARA .
  111. 74
  112. MAMBOE KOELIT DAGING .
  113. 75
  114. MAMBOE ATI.
  115. ORA MAMBOE WONG LANANG .
  116. 77
  117. ANEPOENGAKÉ BALOENG PISAH .
  118. SENDANG KAPIT PANTJOERAN .
  119. OEGER -OEGER LAWANG .
  120. 80
  121. TOENA SATAK BATI SANAK .
  122. SABOEK GALENG .
  123. KEMLADÉJAN NGADJAK SEMPAL .
  124. 83
  125. NDOEWOER GALENG NGISOR GALENG ..
  126. 84
  127. TJINA TJERAKI .
  128. 85
  129. PANDÉ GALENG .
  130. 86
  131. PITIK TRONDOL SABA ING PEDARINGAN .
  132. 87
  133. KEKOEDOENG WALOELANG MATJAN.
  134. MERANGI TATAL.
  135. SÉTAN NOENGGANG GADJAH .
  136. 90
  137. MBALANG OEWOHÉ.
  138. KANDANG LANGIT KEMOEL MÉGA.
  139. 92
  140. NEBOE SAOEJOEN.
  141. KEROEBOEHAN GOENOENG MENJAN .
  142. SOEDOEK GOENTING TATOE LORO .
  143. 95
  144. NJOENGKOEB KRAMAT BEDJAD .
  145. ISINIPOEN SERAT POENIKA .
  146. DATE DUE

CLE FO: 25 3 1924 023 981 206 ech LAJANG BEBASAN LAN SALOKA ANGGITANÉ MAS MERTASENDJAJA Tjaptjapan kang kapindo PDUCRO . UITV .

Cornell University Library PN 6519.J4M57 1921

C UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR WEDALAN BALE- POESTAKA

Serat -serat ingkang kaseboet ingandap poenika sok tijanga kénging toembas dateng kantor BALE -POESTAKA ing Weltevreden . Jatra panoembasipoen kakintoena roemijin mawi postwissel. Déné serat -serat ingkang katoembas waoe badé kakintoenaken ,, dienst " dateng ingkang toembas . Rembours oegi kénging , 'nanging kedah bajar wragading pangintoen .

Serie A. Boekoe kanggé laré -laré

Serie A. Boekoe kanggé laré -laré
Namanipoen pangarang .Namaning serat -serat . Regi .
M. Sasrasoetisna .. M. Ng. Wirapoestaka . Jitnasastra .... M. Sastradiardja . R. Tjitrawasita ... Masdan .... R. Roeslan Poerwaadiwinata ..... M. Sastrapratama . Dawoed M. Hardjasapoetra . Idem . Aminkanapi R. Soemarja .. Wirjasaksana .. S. Darmaprawira . Sastrawijata .. M. Sindoepranata .. R. Sasrakoesoema .. M. Soetardja .. M. Samsirmihardja .. M. Wirjadihardja . Kemis alias M. Hardjasoewita ... R. Soeradi Dirdjasoebrata . R. Sasraprawira .. Idem .. R. Sisnaèni alias R. Wirjasoesastra .... R. M. Mangkoedimedja .. R. Poerwasoewignja .. M. Poedjaardja ..... R. M. Mangkoedimedja ... R. Wirawangsa . M. Kartasiswaja Sastratama ...I Tig lan Tor. II . Soeripta .. I Dongèng mandoem iwak lan £ 0.40 II Dongéngé njai Padmasoesastra . 19 0.95 I Ketèk lan koera lan II Tri dyatmika.. I Dandoen ; II Gelang'adi . 22 0.40 29 0.40 I Oemoekipoen Kahana kalihan Soemboel lan II Moelja tjarita ... I Dongèngipoen Soewidak loro; 77 0.60 II Tridaja kawarna ; III Dongéngé wong koena ; IV Tjeraki lan V Dongeng krété .. 22 0.75 Pangoelir boedi ... Pandji laras lan. Langendrija soengkawa ... 19 0.20 Sawoer -sari .. 11 0.29 Dongeng koena .. 17 0.21 Tijang remen main . 17 0.06 Djaka Djohanis . "7 0.12 Waris lan Lalis . 0.11 Pasrèn .. Gara -gara .. Bijoeng koewalon .. 29 0.06 idem (Lat-kar).. 19 0.02 Dongeng mantjawarni .. 19 0.10 Serat poerwa wahja ... .... 0.19 Nembelas tjarijos (Lat-kar) . 19 0.08 Sari moelja .. 19 0.23 Asta tjarita .. 29 0.15 Pétroek dados ratoe .... 36 0.25 Walidarma.. 0.11 Pangresoelaning kéwan Tridjaka soewala ... "2 0.15 Tjarijos ingkang kasawaban ing 29 0 07 nama .£ 0.40 19 0.95 22 0.40 29 0.40 77 0.60 22 0.75 0.20 19 0.20 11 0.29 0.05 0.12 29 0.06 19 0.02 19 0.10 19 0.08 19 0.23 0.35

CLE Serie No. 72 Regi f 0.35

LAJANG BEBASAN LAN SALOKA ANGGITANÉ MAS MERTASENDJAJA Tjap - tjapan kang kapindo WEDALAN BALÉ POESTAKA ING WELTEVREDEN 1921 DRUKKERIJ VOLKSLECTUUR WELTEVREDEN RDUCRO. UITV . vey

KOOP & VERKOOP 2e HANDS. BOEKEN „The Little Man” BANTJEUJ 47 BANDOENG

JJSK805 TIEREVIKU

GOEPAK POELOET ORA MANGAN NANGKANÉ .

Ing sawidjining koeța ana prijaji sidji , soegih anak, doewé poenakawan sidji , aran si Gombak, såregep ing gawé . Anoedjoe ngarepaké dina riaja , prijaji maoe paréntah marang si Gombak , temboengé : „ Gombak , pitik kang ana ing prandji kaé , sembelèhna marang enggoné kaki lebé , déné jèn wis kosembelèhaké , bandjoer resikana babar -pisan ."

Oelihé si Gombak , saka njembelèhaké pitik , bandjoer agahan nggodog wédang , bakal digawé ndjarangi pitik ; bareng pitiké wis didjarangi , énggal diboeboeti , sarta dikoembah , déné tandangé si Gombak kanti aboengah -boengah . Ananging sarèhning anaké prijaji ikoe akèh , si Gombak ora kedoeman iwaké pitik maoe , dadi moeng diwèhi mangan , lawoeh lodeh lan goréngan témpé baé . Mangkono ikoe ndadèkaké moering -moeringé si Gombak, malah kongsi ing dinané riaja si Gombak ora gelem memangan lan salin sandangan , ora lija moeng sambaté ndrewili , oeniné : „Kaja ngéné iki tjilaka , goepak poeloet ora mangan nangkané ."

Bendarané lanang ngroengoe , jèn si Gombak nepsoe , bandjoer atakon marang anak -bodjoné : ing bab djalarané nepsoe ikoe , ananging kang tinakonan ora soemoeroep . Prijaji maoe bandjoer atakon marang toekang pawoné , atoeré toekang pawon : „Koela inggih kirang terang , bendara , nanging wingi sonten pijambakipoen keḍap -kedap witjanten makaten : „ Kaja ngéné iki tjilaka , goepak poeloet ora mangan nangkané ." Kang ikoe ndadèkaké roemasané anak -bodjoné prijaji maoe , awit pada soemoeroep , jèn si Gombak kang ngresiki pitik , nanging bareng wis mateng ora miloe ngrasakaké .

2

KATJANG MANGSA NINGGALA LANDJARANÉ .

Ing djaman koena ana sawidjiné Pangoeloe , doewé anak wadon sidji betjik roepané , bareng diwasa dipoendoet dadi ampilé Wadana ing kono . Déné Wadana mãoe , sadina -dina saben rampoeng nggarap gawé , mesți ngabotohan , ora pisan éling marang agamané .

Lawas -lawas embok ampil ngandeg , sasoewéné ikoe , kjai Pangoeloe njipta , jèn ing tembé olèhé ngandeg anaké wadon ikoe BEBASAN LAN SALOKA 1 pinaringan loewar, djabang baji arep disoewoen , adja kongsi ana ing kawadanan. Woesana djabang baji lahir lanang, diarani si Tjantoela . Bareng mangkono kjai Pangoeloe énggal doewé panoewoen marang Wadana maoe , jèn poetoené ikoe disoewoen momong . Nalika samana djabang baji bareng oewis disapih , bandjoer diwèhaké marang kjai Pangoeloe . Déné Wadana ikoe ija mangerti , jèn botjah ikoe ing tembé soepaja adja nglakoni maksijat .

Mangkono ikoe kelakon , si Tjanțoela ikoe awit baji kongsi diwasa, mitoeroet piwoelangé kakèkné. Bareng si Tjanțoela oemoer pitoelas taoen : kjai pangoeloe mati , dadi si Tjanțoela kepeksa ngadepi bapakné . Sanadjan si Tjanțoela maoe ora pinter ngabotohan, ananging sarehné saben dina ngadepi , lawas-lawas ija bisa malah -malah kongsi bisa nglalèkaké panggawéané sarta demen , kang betjik .

déné sapatiné bapakné Ora antara taoen ,Wadana maoe mati , Tjanțoela sadina -dina saba ing pasampakan , ikoe , si nanging ora ana wong kang goemoen , awit sanadyan siTjanțoela bisa ngadji , nanging sarèhné bapakné ikoe kaleboe warok ngabotohan ,dadi sok wonga moeni mangkéné : „Katjang mangsa ninggala landjarané . ”

TOENGGAK KALINGAN RONÉ .

Doeroeng pati lawas ana kemasan ,misoewoer ing kasoegihané , adedoenoeng tjedak lan pasar kéwan , sarta misoewoer jèn kemasan ikoe demen ngempitaké barang warna -warna .

Ing sawidjiné dina ana wong sidji , teka ing aran pak Gliți , omahé kemasan maoe . Moenggoeh désa omahé pak Gliți ikoe , ora pati adoh karo omahé kemasan maoe , sarta pantjèn wis paḍa wanoeh betjik . Satekané ing kono , „Kang temboengé pak Gliți : kemasan ,bilih noedjoe wonten sarta dangan ing panggalihé kakang , koela badé ndèrèk njadèkaké dagangane kakang . "Kemasan mangsoeli mBok inggih di , anggeré sami temen bebrajan njamboetdamel , barang warni poenapa kang adi teda , lan kang regi pinten ? ” Saoeré pak Gliți : ,,Koela neda sengkang oelir kang regi kalih oetawi tigangatoes roepijah petak , awit sadèrèk ingkang pitoengkas ,makaten panedané . '

Nalika samana apa pandjaloeké pak Gliți oega digawani ,déné kemasan ndjandji marang pak Gliți , prakara barang ikoe , pajoe ora pajoea , jèn wis sapoeloeh dina , pak Gliți mesti teka nggawa . bali barang , oetawa mbajar regané barang ikoe . Déné pak Gliți ija njagoehi .

Sawisé mangkono , pak Gliți kongsi pirang -pirang sasi ora bali ing omahé kemasan ,dikongkoni bola -bali ,ora taoe ketemoe , saking gempoengé pikiré , kemasan teka déwé marang omahé pak Gliți . Bareng kemasan teka, pak Gliți agita , goerawalan nggelar klasa , sarta ngeloedi ambèn , lan bandjoer soemenggoeh atakon , temboengé : ,,Koela ragi kesoepèn , sampéjaning poendi ingkang kadaleman , sarta wasta sampéjan sinten ?" Kemasan kongsi soewé ora mangsoeli marang pitakoné pak Gliți ikoe , sarta katon ing semoe , jèn temboengé pak Gliți ora teroes ing ati . Kemasan ngoenandika : „ Salawaskoe oerip , agi kijé akoe toenggak kalingan roné ."

POEPOER SAWISÉ BENDJOET .

Raden Wiradarsana omahé gedong gedé sidji , kang saèmpèr boeri didèlèhi sentong teloe , lawangané paḍa saka boeri kabèh . Sakiwa - tengen lan mboeriné let limang depa pinageran bata , déné jèn arep menjang ing pakebonan , ing boeri ana boetoelané , sarana lawang kori . Moenggoeh pager bata maoe kang ngarep tepoeng lan pager tèmboking omah kang sisih ngarep .

Ing sawidjiné sasi , anaké lanang Radèn Wiradarsana dadi pangantèn , patoeroné ing sentong tengah kang boeri maoe . Ing kono kantjingé lawang roesak , déné wong toewané wis kerep paréntah marang anaké kang lagi dadi pangantèn maoe , dikon ngoendang toekang kajoe, dipoerih ndandani kantjinging lawang ikoe, nanging ora dipaèloe , moenggoeh tjiptané anak lanang maoe mangkéné : „ Ngarah apa ora nganggo kantjing , déné ing djaba pageré bata doewoer , koriné gebjog santosa ."

Ora antara lawas pangantèn maoe kemalingan, simpenané sandangan kongsi entèk, weroeh -weroeh bareng ésoek . Déné leboe wetoené maling saka ing pakebonan marang longkang sarana anda , andané ditinggal soeméndé ing pager bata kono . Pangantèn lanang doeroeng kongsi ngombé wédang ing wajah ésoek , énggal loenga ngoendang toekang kajoe , bakal dikon ndandani kantjinging lawang kang roesak ikoe , déné kang wadon dikon awèh weroeh marang wong towané, ing bab olèhé kemalingan ikoe. Bareng kang wadon toetoer , wong toewané atakon : „Gendoek ! lakimoe saiki ana ingendi ?" Kang tinakonan soemaoer : „ Sapoenika saweg késah ngoendang toekang kadjeng , badé dipoenkèn ndandosi kantjing kori ingkang risak poenika ." Bapakné tjelaṭoe : 9 „ O, la ikoe ta wong kesèd , wong bodo , wong ora ngimanaké pitoetoeré wong toewa , réka -réka poepoer sawisé bendjoet , ésoek oemoen -oemoen teka ngoendang toekang kajoe , jèn wong pinter rak nggolèki sisik melik.

KAJA KÉRÉ NEMONI MALEM .

Ana wong bangsa Entjik, awit oemoer rolas kongsi ndoengkap oemoer patang -poeloeh taoen , tansah dadi batoer Walanda ; salawasé ana ing palandan , jèn mangan rikatan baé, djalaran jèn lagi mangan sok dioendang , apa manèh jèn pinoedjoe arep ndèrèk olèhé sarapan ija rikatan baé , awit kesoesoe bendarané selak boedal ; mangkono ikoe dadi matoeh , salawasé jèn mangan ora bisa sarèh .

Bareng toewa wong maoe metoe saka ing palandan , bandjoer njantri manggon ana ing Kaoeman, sarta banget katjingkrangané . Saenggon -enggoné jèn panoedjoe ana ing padjemoewahan akèh , arang wong kang gelem ngemori , awit jèn mangan oetawa jèn kondangan , kaja kéré nemoni malem .

ANA DAOELATÉ ORA ANA BEGDJANÉ .

Doeroeng pati lawas , ana maling aran si Goena , loenga memaling marang sawidjining désa , moenggoeh lakoené tanpa kantja , tekané ing désa kang disedja wajah taboeh pitoe soré , leboené ing désa kono metoe ndalan baé ; ana sadjroning désa , si Goena nḍelik ana ing pakebonan kang ana wit-witané gedé.

Bareng antara taboeh sapoeloeh , ing désa kono wis sepi , si Goena bandjoer njeḍaki omahé Loerah, ing kono wongé wis pada toeroe , si Goena énggal mbabah , déné pambabahé ikoe , panḍoedoeké batoer prasasat nḍoedoek lemah pakatjangan . Ana sadjroning omah kono , si Goena bandjoer agahan mboekak gleḍeg , moenggoeh boekakané gledeg maoe gampang banget , ananging ing kono ketemoe kotong.

Tjedaké gledeg ikoe ana lemari gedé sidji , sarta sorogé isih toemantjeb ana ing kono . Si Goena ija bandjoer agahan mboekak , ananging lemari ikoe oega kotong, wekasan si Goena moelih nglentoeng baé .

Lija dina si Goena menjang pasar , ana ing pasar ketemoe lan mitrané kang pantjèn toenggal gawé . Si Goena ngomongké ing lelakoné olèhé memaling maoe . Bareng omongé si Goena toetoeg ing poengkasan , mitrané noeli soemamboeng : Wakné , ija ikoe 27 ana daoelaté ora ana begdjané .'

ANA GOELA ANA SEMOET .

Ing sawidjining désa ana doeda doewé anak lanang sidji , banget kamlaratané . Tanggané kaki doeda ikoe, kang sisih lor soedagar soegih banget , déné tanggané kang sisih wétan oega mlarat kaja kaki doeḍa ikoe .

Ing sawidjiné dina, anoedjoe ing wajah soré , anaké kaki doeḍa atakon marang bapakné , temboengé : „Bapak, sabab poenapa , déné lèr ngrikoe poenika , rinten daloe teka tansah gemroemoeng , ingriki oetawi ing wétan ngrikoe, teka njenjet kémawon .' Bapakné mangsoeli : „ Enggèr , moelané ing lor kono tansah goemroemoeng , awit akèh wong kang njaba , déné ing kéné lan ing wétan kono , moelané njenjet baé , marga ora ana wong kang 99 njaba." Anaké takon manèh : Poenapaa bapak , ing lèr ngrikoe kaṭah tijang ingkang dateng , ingriki lan ing wétan ngrikoe teka boten wonten ingkang poeroen dateng ." Bapakné mangsoeli manèh : 0, nggèr , moelané mengkono , awit wis pinesți déning Goesti Allah , ana goela ana semoet ."

KLENTING WADAH MASIN .

Sapréné doega-doega woes ana sawindoe , ana tjaritané wong wadon sidji , betjik roepané . Wong wadon maoe , awit oemoer rolas taoen lola, sarta banget kekoerangané . Sarèhné ora ana kang mengkoni , bandjoer ditjandak ing grema , diitjoek - itjoeki amrih mitoeroeta piwoelangé , lawas-lawas bisa dadi djogèd .

Sarèhné betjik roepané , sarta wasis pratingkahé, lawas-lawas kondang komboel laris banget , kongsi bisa tjoekoep , malah -malah ingatasé djogèd , kena diarani soegih .

Bareng ndoengkap oemoer patang -poeloeh taoen , djogèd maoe tinakdir éling marang panoetané , sanalika ikoe oega bandjoer tobat nasocha . Let sawatara taoen manèh , djogèd maoe loenga kadji , kongsi lestari bisa moelih . Ananging isih ana tjatjadé gedé , ija ikoe saben ana tajoeban , njai hadji maoe koedoe nonton , déné ana ing patontonan kono , samangsa ana nijaga , loepoet panaboché gamelan , njai hadji maoe koedoe mbekoeh , apa manèh jèn ana djogèd koerang irama, ikoe kaja amoelang -moelanga . Dadi sok wonga kang kepranggoelan lan njai hadji ana ing patontonan , oeniné mengkéné : „Klențing wadah masin , sanadjan digodjagana ija isih ana amboe -amboené .”

NGGENTONG OEMOS.

Ing koeta Martapoera , bijèn ana soedagar sidji , loenga dagang marang poelo Djawa, manggon Djawatengahan ; ora antara taoen , soedagar maoe mlarat banget , kongsi ora bisa moelih , awit saka koerang pangati -atiné lan ngebrèh , nanging ora ana wong sidji - sidjia kang melasi ,awit tjatjadé gedé , ija ikoe jèn diadjak rerasan ing lijan , oetawa ngroengoe ana wong ngrasani ing lijan , ala betjika mesti énggal dikanḍakaké marang wong kang dirasani maoe .

Ing sawidjiné dina , soedagar maoe sandja marang omahé Loerah kampoeng ing kono , satekané ing kono , soedagar takon marang ,,Kang Loerah ,kados -poendi déné kantja -kantja Loerah kampoeng : sampéjan ing ngriki poenika , sapoenika teka sami boten roemesep dateng koela , mangka roemijin kala koela taksih limrah tijang , sok tijanga sami resep dateng koela , sapoenika sareng koela teka boten wonten tijang ingkang soedi dateng koela , kemlaratan , poenapa sampoen limrah ingriki poenika mekaten ? " Loerah mangsoeli : O, aḍi , jèn tijang ngriki niki roemaoskoela inggih „ déné sami boten roemesep dateng awit tijang ngriki saé , si aḍi , boten sami remen dateng tijang nggențong oemos ." ""

Sanadjan oewis diwelèhaké kaja mangkono , nanging pantjèn oewis ora bisa mboewang tjatjad kang kaja mangkono ikoe , wekasan soedagar maoe patiné dikaniaja ing wong , awit saka boediné maoe . Déné sapatiné soedagar ikoe , sok wonga tjelatoe mengkéné : „Saiki ing kéné ora ana wong nggentong oemos . "

TINGGAL GELANGGANG TJOLONG PLAJOE .

Ing sawidjiné désa , ana wong loro pada tangga , ing wajah soré kang sidji sandja marang panggonané sidjiné . Ana ing kono pada djagongan sinambi omong , soewé -soewé kang doewé omah angomong , temboengé : „Adi , ing kéné bijèn ana wong sidji ,aran si Denda , woedjoedé gedé -doewoer , brengosé tèplèng toer bréwok , wanda nggegilani ,apa manèh jèn pinoedjoe ana ing padjemoewahan akèh , angoemoekaké kekendelané , oetawa kadigdajané , ikoe digawé paméran .

Ing sawidji dina , anoedjoe mangsa petengan , si Denda maoe déné dalan kang dakambah ikoe pantjèn alelakoe karo akoe , misoewoer sok ana bégalé . Bareng lakoekoe wong loro maoe tekan panggonan kang singkik , ing konc ana bégal loro paḍa angadang lakoekoe maoe . Bareng si Denda dakadjak mapan anaroengi bégal , énggal amlajoe , tanpa éling kantja , lah ikoe akoe goemoen , déné dèwèké tinggal gelanggang atjolong plajoe , mangka jèn ndeleng woedjoedé , lan jèn ngroengoe oemoeké , ikoe pangirakoe : tandingé djipat, kari -kari bareng ana gawé pari gawé djeboel atinggal gelanggang atjolong plajoe ."

11

KOETJING -KOETJING DIRAOEPI (KOETJEM -KOETJEM DIRAOEPI ).

Ing sadjroning taoen kang kapoengkoer ana warta , ana sawidjiné prijaji koeta , kagoengan gawé nḍaoepaké poetrané wadon. Déné bésané prijaji ing lija koeța . Moenggoeh olèhé memantoe prijaji kang kagoengan poetra wadon maoe dipeng banget , awit poetrané wadon moeng sidji ikoe.

Bareng dina ngarepaké pangantèn lanang teka , loewih-loewih raméné , awit saka kèhing oewong kang pada nonton , sarta soeroehané ija akèh kang paḍa nanggoeh ing dina ikoe , woesana ing dina ikoe oega, prijaji kang doewé gawé ikoe , tampa lajang kawat saka bésané , ngabari jèn tjalon pangantèn lanang , oega ing dina ikoe : mati tanpa lara.

Satampané lajang ikoe , meneng pada sanalika , ananging sarèhning woes pada begdjané , lan oewis kebandjoer ramé-ramé, apa manèh dinijati mangan énak karo sanak sadoeloer , dadi nalika samana ija isih mbandjoeraké ramé -ramé , moenggoeh tjiptané prijaji kang doewé gawé : „ Sarèhné oewis kaja mangkéné , mangsa kelakona anakkoe wadon ora oleh djodo , ora kétoeng koetjing-koetjing diraoepi , ija kelakon."

Nalika samana , ija kelakon, botjah wadon maoe olèh djodo , anaking prijaji ing kono baé. Déné olèhé djodo ikoe , ija koetjingkoetjing diraoepi , éwadéné akèh kang ngarani jèn botjah wadon maoe begdja .

12

TJINTJING -TJINTJING KLEBOES .

Ana Loerah désa sidji , loenga djagong marang nagara , kang ora adoh saka ing désa omahé . Nalikané Loerah maoe arep boedal , kang wadon awèh sangoe sapoeloeh roepijah , awit manawa ana ing padjagongan pada kasoekan . Loerah ora arep , oeniné : „ Bok adja akèh -akèh , akoe ndjaloek rong roepijah baé, awit akoe jèn kasoekan , mangka ngandoet doewit akèh sok bandjoer ora kétoeng ."

Woesana bareng ana ing padjagongan , ing kono pada kasoekan , totohané rada akèh , sangoené Loerah rong roepijah maoe , ora soewé mbandjoer entèk , awit moeng dietohaké ping pindo , toer kalah ping pinḍo pisan . Kabeneran , déné tanggané kang doewé gawé ikoe, toekang ngetokaké doewit , ki Loerah bandjoer amèk doewit ikoe, kèhé sapoeloeh roepijah , djandji nganaki rong roepijah ing dalem sasasi , déné doewit maoe , bandjoer digawé pawitan kasoekan manèh , kanggo sawengi moepoet , nanging bareng ésoek entèk babar -pisan .

Bareng ésoek moelih , satekané ing omahé énggal toetoer marang kang wadon , jèn kalah olèhé main , kèhé rolas roepijah , sarta amèk doewit tèkan sapoeloeh roepijah , djandji nganaki rong roepijah ing dalem sasasi . Kang wadon soemamboeng : „ ,inggih poenika tjintjing - tjintjing kleboes , saoepami jatra wingi sonten poenika , sampéjan bektaa sadaja , dadosa telas , sampoen boten oesah madosaken saremanipoen ."

KANG KENA IWAKÉ , ADJA BOETEK BANJOENÉ .

Sawidjiné anak prijaji désa, kasaosaké ngabdi ing ngarsané ratoené . Anak prijaji maoe salawasé ngabdi pondokané ana ing kampoeng . Ora adoh lan pondoké ikoe , ana wong doewé anak wadon sidji , betjik roepané sarta sedeng mangsané . Déné anak prijaji maoe kapéntjoeté banget marang botjah ikoe , ananging moenggoeh pangarahé kèwoehan banget , awit botjah lan wong toewané, tansah kekanţèn.

Déné botjah wadon ikoe , oewis kelakon ditemboeng arep diselir anaking prijaji maoe , ananging wong toewané ora awèh . Moenggoeh wangsoelané wong toewané: „Anak koela poenika jèn dados seliripoen prijantoen tanggel - tanggel aloewoeng dadosa bodjonipoen koeli , angger boten dipoenkemaroe , awit dados seliring prijantoen tanggel poenika malah sok angapinteni ."

Anaké prijaji panas pikiré , lan adreng pikarepané . Nalika samana , dèwèké bandjoer ngoendang djomblang , kang oewis misoewoer ing kapinterané. Bareng djomblang teka, anak prijaji doewé panemboeng , soepaja botjah wadon maoe bisaa noeroeti kekarepané. Djomblang bandjoer njagoehi kambi nggoejoe -goejoe . Anaké prijaji doewé pamangsit , temboengé : „Bibi , paneḍakoela dateng bibi , kang kénging oelamé empoen ngantos boetek Inggih Radèn , masi kadosa laré tojané." Djomblang mangsoeli : „ alit."

NABOK NJILIH TANGAN .

Ing djaman bijèn ana sawidjiné kebajan désa, jèn préntah koeli kaetjakaké ing pagawéjan nagara , tansah goemeder sarta dija-dinija, awit kebajan maoe jèn angetrapi pagawéjan koeli : pilih-esih , sawenèh ana kang oewis diangkataké ping teloe , ana kang pindo , malah ana kang ora diangkataké .

Mangkono ikoe, lawas-lawas ana sawidjiné koeli kang disengiti kebajan maoe , anemoni sadoeloerané kang , manggon ing lija désa , kang misoewoer dadi waroking kètjoe, perloe ndjaloek toeloeng soepaja kebajan ikoe , énggal bisaa salin oetawa sirna. Pandjaloek mangkono ikoe ija sinagoehan .

Ora antara lawas , anoedjoe mangsa petengan , kebajan maoe dikètjoe. Sarèhné kebajan ikoe sanjatané ora doewé , lan pantjèn moeng diarah oemoeré baé , dadi lanang wadon kebajan maoe mati déning kètjoe.

Sarèhné oewong ing désa kiwa - tengené kono wis paḍa soemoeroep , jèn kebajan kang mati ikoe ora roekoen lan koeliné, dadi kabeh wong kang pada anjipta , oeniné : „Patiné kebajan ing désa ikoe , amasți ing désa kono ana koeli nabok njilih tangan ."

KEBO MOELIH MENJANG KANDANGÉ .

Sawidjiné Loerah désa , doewé anak lanang sidji aran si Sabar , doeroeng kongsi diwasa, bapakné ketjandak lara panas kongsi dadi patiné , déné kang goemanti dadi Loerah ing désa kono , doedoe ahli-warisé kang mati ikoe.

Sapatiné Loerah maoe , si Sabar bandjoer moenakawan ing kawadanan kalawan temen-temen , déné bijoengé dadi randa kèringan ana ing désa kono . Si Sabar maoe saja gedé saja pinter , awit ana ing kawadanan kono bisa njambi sinaoe temboeng Djawa lan Melajoe . Sarèhné désané maoe ora pati adoh , dèwèké bisa tilik bijoengé ing dalem satengah sasi sapisan oetawa pindo . Déné koeli ing désané maoe pada asih tresna marang si Sabar maoe , awit tandoeké ndemenakaké .

Bareng si Sabar oemoer teloeng windoe , Loerah kang nggentèni bapakné Sabar maoe , keloepoetan nagara : kongsi dadi lèrèhé . Déné koeli ing kono pada mbijantoe marang si Sabar , soepaja dèwèké njoewoena dadi Loerah ing kono .

Mangkono ikoe pada ketoeroetan , si Sabar goemanti dadi Loerah ana ing kono . Wiwit nalika samana , sok wonga kang kepranggoel lan si Sabar , oeniné mangkéné : ,,Akoe soekoer moenggoeh ing Goesti Allah , déné kowé kang dadi Loerah ana ing kono , awit salawas -lawasé , kang dadi Loerah ing désa kono , wong toewamoe , kadjaba moeng keselanan sidji kang kogentèni ikoe, déné saiki kowé dadi Loerah ing kono ikoe , oepamané kebo moelih menjang kandangé .

BALI MARANG KINDJENG DOMÉ

Doeroeng pati lawas , ing pasoenḍan ana Oepas Résidèn, kang wadon gawéné maroeng , déné kang lanang samangsa -mangsa dong ora djaga , saben dina ija miloe toenggoe dodolané kang wadon ana ing waroeng .

Lawas -lawas Oepas maoe katrima olèhé ndjaga Paréntah , kaangkat dadi Wadana . Bareng dadi Wadana pambekané koemingsoen, sarta sija marang bawah klèrèhané , lan koerang mitoeroet marang paréntahé Boepatiné , awit kang digawé agoel -agoel , dèwèké ikoe kekasihé Résidèné .

Ora lawas , bareng Résidèné salin , Wadana maoe kena ing prakara gedé , kongsi dilèrèni saka nggoné dadi Wadana , ora nganggo pinaringan pènsijoen . Dadi wiwit samana ora kena ora dèwèké lan kang wadon koedoe mbalèni toenggoe waroeng manèh .

Déné wong tilas bawah-klèrèhané , jèn liwat ing ngarepané Wadana dongkol maoe , pada moeni : ,, Hem, saiki si ambek sija bali marang kindjeng domé ."

17

TENGOE NGADOE GADJAH .

Ing djaman koena ana prijaji Patih toekoe pakebonané wong kampoeng , kedadéjan rega teloeng -atoes roepijah poetih , sadadiné remboeg ikoe, prijaji awèh kentjèngan : sèket roepijah poetih , déné toenggalé arep kabajar ing lija dina, sarta nganggo djandji , sadoeroengé dipoendati , prijaji maoe ora wenang ngepik-epik pametoené , apa déné noendoeng marang wong kampoeng maoe .

Déné prijaji maoe sanjatané mlarat banget , dadi kongsi lawas ora bisa moendati . Moenggoeh wong kampoeng maoe , sarèhné ora loenga saka kono , mangka wis nampani pakentjéngan sèket roepijah, dadi ajem baé , awit ing atasé dèwèké , doewit sèket roepijah bisa dadi pawitan .

Lawas -lawas awit saka kekoerangané prijaji maoe toekoel pikiré kang ora bener , kongkonan ndjaloek baliné doewit kang oewis dibajaraké , déné jèn ora gelem mbalèkaké, wong maoe arep ditoendoeng . Wong kampoeng mangsoeli marang kongkonan : ,,Kadospoendi mas , déné kersané bendara kok mekaten , inggih sampéjan matoer kémawon dateng bendara Patih , jèn koela kapoendoetan wangsoel jatra sèket roepijah ingkang sampoen koelatampèni , koela boten saged, awit jatranipoen sampoen telas koelaanggé , déné jèn koela badé katoendoeng , koela inggih boten poeroen , awit djandjinipoen boten mekaten , déné jèn kersanipoen ingkang samanten badé kaladjengaken, inggih sampéjan jektosi kémawon, béndjing arak wonten tengoe ngaben gadjah , awit sanadjan koela tijang alit, ananging koela boten pélo matoer dateng Résidèn ."

18

GADJAH TOEMBOEK , KANTJIL MATI ING TENGAH .

Résidèn ing sawidjining nagara , kerep paring lajang dedoeka marang Boepatiné ing koeta kono , djalaran pagawéané koerang betjik lan koerang tata.

Sarehning kaboepatèn ikoe kang ngadani pagawéan Boepati lan Patih , dadi saben ana lajang dedoeka saka ing karésiḍénan , Patih lan Boepatiné pada toetoeh -tinoetoeh , ngakoe beneré déwé -déwé .

Mangkono ikoe , sabandjoeré Boepati lan Patihé tansah ora atoet . Moenggoeh tjiptané Boepati : „ Sanadjan ora nganggo Patih , Boepati déwé ija tjoekoep ." Déné tjiptané Patih ija mangkono oega : „ Sanadjan ora nganggo Boepati , Patih déwé ija bisa ."

Kedrawasan , Boepati lan Patihé maoe pada angsra ing bab pagawéan , kongsi dipriksa ing Résidèné . Wekasan ketemoe oenderané loepoet , kang asring nekakaké doekané Résiḍèn : ija ikoe Tjariké . Résidèn anoeli paréntah marang Boepati lan Patih maoe , soepaja pada roekoena manèh , awit pada ora loepoet , déné Tjarik Boepati maoe dilèrèhi saka pagawéané . Saboebaré ikoe akèh wong kang goemoen , oeniné : „Akoe goemoen , déné salawaskoe oerip , lagi iki ana gadjah toemboek , kantjil mati ing tengah ."

SATROE MOENGGING TJANGKLAKAN .

Ana wong lanang loro, pada bebarengan loenga menjang pasar , kang sidji aran si Parta , sidjiné aran si Goena . Si Parta anaké lanang kabèh , déné si Goena anaké wadon kabèh . Sasoewéné pada loemakoe , ana ing dalan si Parta atjalatoe marang si Goena , temboengé : Kakang Goena , koela niki kepéngin sanget gaḍah anak èstri , ananging boten ketoeroet -ketoeroetan ." Si Goena soemamboeng : Napaa adi , déné tinekdir soegih anak djaler, teka kepéngin gadah anak èstri ." Tjalatoené si Parta : Mila koela kepéngin anak èstri , awit anak èstri poenika , jèn ngimah -imahaken , opor bèbèk saged mentas pijambak." Si Goena soemamboeng manèh : „ O , lah nikoe loepoet , di , koela niki tinekdir soegih anak èstri soesah sanget , awit laré èstri nikoe jèn empoen mangsa , tansah dados pikiran , sarta pandjaginé boten kénging léna , déné si aḍi nikoe loepoet , tinekdir soegih anak djaler teka kepéngin satroe moengging tjangklakan ."

20

NGOEJAHI SAGARA .

Boepati ing sawidjining koeta, kagoengan gawé ngramakaké poetrané , nganggo ramé -ramé sarta nimbali para prijaji lan para Loerah désa ing bawahé . Kala samana atoesan para prijaji lan Loerah désa kang sowan , déné sowané para prijaji pada sakloron . Moenggoeh para Loerah désa maoe , ana kang njoembang beras , 'ana kang njoembang sembeléhan , sawenèh ana kang njoembang iwak banjoe.

Saboebaré ikoe , ana Loerah désa memantoe , ing kono oega akèh para Loerah kang teka . Sasoewéné pada koempoel ana ing taroeb kono , ana sawidjiné Loerah atakon marang kantjané kang pada ana ing kono, moenggoeh kang ditakokaké ikoe , bab soembangé marang boepatiné maoe . Moenggoeh wangsoelané ija apa sanjatané ; moeng Loerah sidji kang mangsoeli soelaja lan kantjakantjané , temboengé : „ Akoe ora njoembang -njoembèng , awit ing atasé Loerah désa njoembang marang Boepati kang soegih , prasasat ngoejahi sagara . Samono oega wong Djawa woes loemrahé ."

ANTJIK -ANTJIK POETJOEKINGERI .

Loerah bawah ing Ngajodja, meḍajoh menjang enggoné Loerah bawah ing Kedoe . Sasoewéné ana ing kono , dajoh atakon marang kang doewé omah , ing bab kaanané papréntahan ing goeperménan . Kang doewé omah njritakaké apa anané , sarta genti takon moenggoeh anané papréntahan ing kadjawan . Dajoh mangsoeli : „ O , kang, kawontenanipoen ing panggénan koela ngrika , langkoeng soesah tinimbang ingriki , langkoeng soesah malih kantjakoela Loerah ingkang ndèrèk presil , poenika boten kénging lepat sakedik kémawon, sanadjan lepat bab rèmèh , inggih kamantoenan saking padamelanipoen , begdja -begdjanipoen inggih kadenda , malah katah kémawon, kantjakoela Loerah ingkang pasok denda , ing sawoelan ngantos kaping kalih oetawi kaping tiga."

Kang doewé omah atakon manèh : „ Poenika prakawis ingkang poendi , sarta sinten ingkang ndenda ." Dajoh mratélakaké : Menggah lepatipoen ingkang kadenda poenika , kados ta : ing 27 doesoen ngrikoe wonten tijang kepandoengan , pandoeng waoe katjepeng oetawi boten , Loerah kaḍenda gangsal anggris . Kasèp anggenipoen ngladosaken tijang dateng pabrik , kadenda kalih anggris . Kètèr pananemipoen tom oetawi rosan , kaḍenḍa kawan anggris . Menggah ingkang ndenḍa poenika , mandoripoen Walandi ingkang nggadahi siti ingrikoe , awit mandor waoe dipoenkoewasakaken , njoewoenaken lèrèh oetawi tetepipoen Loerah doesoen ."

Nalika ikoe kang doewé omah soemamboeng manèh , temboengé : „ O , di , jèn mekaten , dados Loerah ingrika poenika , manawi sitinipoen nḍèrèk presil, prasasat antjik -antjik poetjoeking eri."

SOEMENGKA PANGAWAK BRADJA .

Ana Loerah désa soegih sarta ondjo ing moebarang , Loerah maoe doewé anak lanang sidji . Botjah ikoe dèk bijèn isih tjilik , dilebokaké sinaoe ing pamoelangan , bareng oewis rada pinter , bandjoer disaosaké moenakawan ing Boepatiné . Sarèhné Loerah maoe soegih , botjah maoe sadina -dina manganggo kaja poetra , sarta kanggep ing moebarang gawé.

Bareng botjah maoe diwasa, Loerah maoe aremboegan lan sanak -sadoeloeré , jèn anaké lanang ikoe , arep kasoewoenaké poetrané Boepatiné . Sanak -sadoeloeré pada ora remboeg , wangsoelané : „ O, ikoe akoe ora remboeg , ija teka bener kowé Loerah soegih , ananging atasé Loerah njoewoen poetrané Boepati , ikoe soemengka pangawak bradja, ija jèn pareng , balik jèn ora parengé , moendak ndadèkaké soesah ."

Moenggoeh remboegé sanak -sadoeloeré maoe , ora pisan -pisan dipaèloe . Ing sawidjiné dina , Loerah maoe sowan ing ngarsané Boepatiné , soemedja noeroeti pikarepané. Bareng doewé atoer , jèn njoewoen poetra poetri , arep katemokaké karo anaké ikoe , Boepati kaget ing galih , sarta ora karsa paring wangsoelan pangandika . Bareng soewé ora kaparingan wangsoelan , Loerah bandjoer njoewoen moendoer . Déné ora antara dina botjah kang moenakawan maoe bandjoer diwetokaké. Bareng botjah ikoe mari moenakawan , sanak -sadoeloeré pada ngira, jèn Loerah maoe sida nandoekaké pikirané soemengka pangawak bradja maoe .

23

TJOTJAK NGOENTAL ELO .

Ing sadjeroné koeța , ana randa mlarat, doewé anak wadon sidji . Botjah maoe bareng diwasa , betjik roepané , kekōelitané koening sarta aloes , ramboeté dawa ndadi , dedeg-piadegé sarenteg pangawak dara . Pagawéané ing sadina -dina , beboeroeh njoelam èpèk lan mbatik.

Ing sawidjiné dina , anoedjoe wajah soré , poetrané Boepati ing koeta kono , kang wajahé lagi djaka koemala -kala, adolan -dolan , liwat ingarepé omahé randa maoe . Bareng poetra maoe weroeh marang botjah wadon anaké randa maoe , sanalika ikoe oega, poetra kakenan ing galih , kongsi karsa rawoeh ing lataré ranḍa maoe , mriksani anaké . Ing wektoe ikoe oega, poetra ndangoe marang botjah ikoe, temboengé : „Gendoek , kowé apa wis doewé laki ?" Atoeré kang dinangoe : „ Dèrèng , bendara ." Poetra bandjoer nari : „Gendoek , kowé apa gelem dadi selirkoe ?" Atoeré : „0, bendara , tjotjak ngoental elo, koela kalebet dados ampil-pandjenengan , poenika pinanggih poenapanipoen . " Poetra bandjoer paréntah marang embok randa , jèn anaké ikoe arep diselir .

24

NGEMOET LEGINÉ GOELA.

Ana randa sidji bangsa prijaji , doewé anak lanang sidji aran si Soengkana , kasaosaké moenakawan ing Ratoené. Sarèhné botjah maoe kaleboe botjah pinter lan nastiti , toer saregep ing gawé , soewé -soewé botjah maoe dikasihi ing Ratoe Goestiné , kongsi dipratjaja njimpen barang kang èdi -èdi lan doewit .

Moenggoeh mangkono ikoe , embok randa ngroengoe . Bareng ngroengoe jèn anaké kinasihan banget , soemelang atiné , awit manawa ana laliné, ora woeroeng njoețelaké lelakon.

Ing sawidjiné dina embok randa loemeboe ing kraton , nemoni anaké . Bareng katemoe , embokné énggal atakon : „Enggèr , akoe ngroengoe warta , jèn kowé saiki dikasihi banget déning Inggih, jektos , embok , koela Sang Ratoe ." Soengkana mangsoeli : „ sapoenika kakersakaken njimpen barang ingkang èdi-èdi lan jatra ing kraton, dados samangsa Sang Ratoe kagoengan karsa poenapa -poenapa , inggih moendoet dateng koela ."

Bijoengé noeli mitoetoeri akèh-akèh : „,,O, enggèr , akoe ija banget soekoer moenggoeh ing Goesti Allah , déné kowé kanggep olèhmoe soewita ing ngarsané Sang Ratoe , ananging ora lija wekaskoe marang kowé, kowé adja pegat -pegat ngati -ati , awit ingatasé wong ora doewé , mangka pinratjaja kang kaja mangkono , jèn koerang -koerang seboeté , amesți ngemoet leginé goela ." Soengkana soemaoer : „ O , embok , boten amoeng inggih poedji pandonga sampéjan ingkang koelasoewoen , moegi -moegi koela sampoen ngantos kedoenoengan boedi ingkang boten leres ."

25

ROEPAK PANDELENGÉ .

Raden Sastradarma , Mantri panegar ing kraton , loenggoehé woloeng djoeng , ananging mlarat banget , awit saka kèhé rajaté lan ngebrèh , déné sawahé kang limang djoeng diolah Walanda , awit ingarep dèwèké oetang doewit limalas èwoe , djandji toeroen -toemoeroen , Mantri ora wenang ndjaloek bali sawahé ing sadoeroengé mbalèkaké doewit limalas èwoe maoe .

Déné sawah limang djoeng maoe doeroeng kongsi bisa neboes , Mantri maoe boetoeh doewit manèh , awit ngomah -omahaké anaké .

Nalika samana dèwèké bandjoer njéwakaké kang rong djoeng , pajoe limang èwoe , djandji kang doewé doewit ngolah sepoeloeh oengsoem . Dadi awit saboebaré gawé ikoe , pangoeripané Radèn Sastradarma , moeng kari sawah sadjoeng .

Sarèhné rajaté akèh , pametoené sawah sadjoeng maoe , tjomprangtjamprèng, awit pradahé panggeng baé . Wekasan kang pinangan ing sadina -dinané , prasasat olèhé oetang baé, lawas-lawas oetangé kéblat papat , sarta arang kang binajar bener .

Déné sabandjoeré ora ana wong sidji -sidjia, kang ngandel marang Raden Mantri Sastradarma maoe .

Ora antara taoen , kang wadon Radèn Sastradarma , doewé anak, déné kang ngendong , ija isih kaja saben , ananging ora bisa moepoeti .

Barang mangkono , ana tanggané pada rerasan , kang sidji tjalatoe : ,,Kangmas , kadingarèn Raden Sastradarma poenika kagoengan poetra teka boten dipoenpoepoeti ." Sidjiné soemamboeng : „ O , di , saiki Radèn Sastradarma ikoe , roepak pandelengé banget ."

GLOENDOENG SEMPRONG .

Ana oewong loro aran si Karsa lan si Goena . Si Karsa oewis misoewoer ing kasoegihané , déné si Goena ija wis misoewoer ing kamlaratané , ananging betjik boediné . Si Karsa doewé anak lanang, si Goena doewé anak wadon betjik roepané sarta saregep ing gawé .

Bareng anaké oewong loro maoe pada diwasa , si Karsa kongkonan marang enggoné si Goena , ndjaloek marang anaké wadon , arep katemokaké lan anaké si Karsa maoe , temboengé kongkonan : ,,Dateng koela ingriki , kakang, koela dipoenkèngkèn raji sampéjan poen Karsa , bilih ndadosaken parengé panggalihé kakang, poetra sampéjan gendoek poenika , badé karimat pijambak kapanggihaken lan anakipoen ." Si Goena mangsoeli : „E, adi , inggih sampéjan tjarijos dateng aḍi Karsa , saking paneḍanipoen aḍi Karsa nikoe , koela inggih djoemoeroeng , ananging sarèhné empoen sami soemerep , jèn koela niki mlarat sanget , djandjikoela, laré èstri waoe datengé ingrika gloendoeng semprong kémawon ." Kongkonan mangsoeli : ,,Saking prakawis poenika , kakang, kados sampoen kawengkoe ."

27

SOEMOER SINASABAN .

Dèk bijèn ana goeroe kadigdajan ngiras dadi doekoen , aran kjai Wirasanta , manggon ing sawidjining désa . Ing nalika samana , poelcehan wong kang magoeroe lan maḍoekoen , ana kang ndjaloek soepaja slamet , ana kang ndjaloek soepaja soegih , ana kang ndjaloek soepaja tegoeh , sawenèh ana kang ndjaloek soepaja bisa dadi prijaji .

Ora antara lawas, anoeli ana goeroe sédjé teka , manggon ing désa, ora adoh lan désa maoe . Moenggoeh sanjatané goeroe kang anjar ikoe, loewih pinter tinimbang kjai Wirasanta . Dadi wiwit samana atoesan wong kang pada magoeroe lan maḍoekoen marang goeroe anjar , malah -malah moeridé kjai Wirasanta , kabèh kèloe marang goeroe kang anjar ikoe .

Ing sawidjiné dina , ana wong sidji soemedja magoeroe marang goeroe kang anjar maoe , ananging sarèhné wong maoe doeroeng taoe weroeh ing kono , dadi kliroe teka ing omahé kjai Wirasanta . Ora soewé wong maoe bandjoer ndjawab, apa kang dadi sedjané . Kjai Wirasanta mangsoeli : „ Kirakoela dika nikoe kliroe, nak, awit koela niki soemoer sinasaban , déné saniki kang misoewoer , goeroe kang manggèn ing doesoen kidoel nikoe , dèk krijin inggih kaṭah anak -anak kang sami mbapa dateng koela , ananging saniki sami ngalih ngidoel mrikoe. "

28

SOEMOER MLAKOE TINIMBA .

Ing nagara Bandjarmasin , ana wong pinter sidji , pangoepadjiwané dadi doekoen , wiwitané laris banget , malah saking kèhé pametoené , pamangané tanpa doega ; serèté ing dalem sadina pangadji saanggris , ombèn -ombèné brèndi ing dalem rong dina sagendoel . Ananging lawas -lawas doekoen maoe ngabar , wekasan toemiba ing kamlaratan , awit ora bisa njamboet -gawé lija ; pamangané maoe ora bisa marèni .

Sarèhné ana ing omahé wis ora ana wong kang madoekoen , doekoen maoe bandjoer ngoembara marang panggonan kang adoh . Bareng ana ingamantja, saben dina tansah golèk wong lara, oetawa kesoesahan . Samangsa mranggoeli , doekoen maoe énggal njanḍak, sarta njagoehi awèh tamba oetawa toembal soepaja moelja .

Woesana ana wong sidji , doewé anak lanang isih tjilik , ginandjar lara tjatjar . Bareng doekoen maoe weroeh : énggal marani , sarta sagoeh nambani , tjalatoené : „Adi, kepripoen nikoe , déné anakdika sakit tjatjar , koela welas dateng larélika nikoe , saéné dikagolèk isarat, mangké koela kang mratikelaké , jèn dika mitoeroet koela , koela mestèkaké anakdika nikoe énggal mantoen , sarta boten boerik." Kang doewé anak soemamboeng : ,,Isaratipoen napa ?" Doekoen tjalatoe manèh : „ Adi , boten oesah kangélan , dika soedija jatra kawan anggris kémawon, mangké koela déwé kang ngréka ." Bareng mangkono , kang doewé anak mangerti , jèn wong ikoe pantjèn golèk -golèk , bandjoer mangsoeli , temboengé sarwi melèhaké : Sarèhné koela boten gadah , toer dika nikoe soemoer mlakoe tinimba, jèn dika adjeng koelaoembali kawan wang inggih saé." Nalika samana , doekoen bandjoer loenga tanpa pamit, awit temboengé oewong ikoe ndadèkaké roemasané kijai doekoen .

29

BRIGA -BRIGI ORA NGGETIHI .

Ing sawidjiné dina , ana Tjarik njamboet -gawé lan magang , ana ing sentong patoelisan , déné prijaji loerahé agi pepriksa marang désa . Bareng antara ngarepaké taboeh sapoeloeh , prijaji loerahé

BEBASAN LAN SALOKA 2 teka, sarta énggal bandjoer mriksa pagawéané Tjarik lan magangé maoe . Sarèhné garapané Tjarik lan magang ikoe loepoet , prijaji banget doekané . Awit saka sora lan kasaré pangoewoeh , apa manèh angawoet -awoet lajang toempoekan , sarta nggebrag -gebrag médja panoelisan . Magang maoe banget wediné , sanalika ikoe oega goemeter , kongsi ora bisa noelis , ananging Tjariké ajem baé .

Bareng soré magang maoe teka ing omahé Tjarik, satekané ing kono , atakon , temboengé : „Kados-poendi , loerah , kala waoe éndjing sampéjan tampi dedoeka ingkang samanten , teka ajem kémawon, déné koela ingkang boten dipoen -doekani , ing wektoe waoe oewas sanget , malah ngantos goemeter ngantos boten saged njerat." Tjarik amangsoeli : „ O, di , ija wong kakangmoe , moelané akoe ajem baé , awit akoe oewis soemoeroep wateké loerahkoe iki , adaté jèn briga -brigi ora nggetihi , aloewoeng jèn oewis ora karsa doeka , ngoewatíri ." Magang soemamboeng : ,,Saoepami ing tembé , koela tinakdir dados Tjarik, nglampahi kados sampéjan waoe , sanadjan loerah-koela watekipoen brigabrigi boten anggetíhi , koela maksa boten saged ajem teteg , kados sampéjan poenika .”

30

NGEMPOEKAKE WATOE ITEM .

Ana germa loro , aran si Soera lan si Parta , karoné paḍa ngroengoe warta , jèn ing sawidjining alas ana mendjangan akèh . Si Soera anoeli ngadjak si Parta , temboengé : „ Parta , ajo pada mbeboeroe menjang alas kang akèh mendjangané ikoe ." Parta mangsoeli : „ Ija ajo , ananging sarèhné adoh , mangka agi ora doewé doewit, digawé sangoe apa ?" Soera soemaoer : „ Sangoe mono gampang , bésoek manawa ana ing kana pada mondok ing waroeng kang tjeḍak lan alas baé, déné pamangané ija kabajar , jèn oewis olèh mendjangan ." Parta mangsoeli manèh : י Soera , kowé koewi sok ngempoekaké watoe item , slameté baé doeroeng karoehan , teka masțèkaké olèhé ."

Ananging sarèhné si Soera adreng kekarepané , wekasan grema loro maoe bandjoer pada mangkat, karoné pada nggawa beḍil . Bareng ana ing alas , énggal pada weroeh mendjangan akèh , gedé -gedé , ananging doeroeng kongsi bisa njeḍaki . Moenggoeh lawasé ana ing alas maoe kongsi mèh sasasi , déné pondokané , ija kaja kang dadi tjiptané nalika pada arep mangkat. Malahmalah bareng ing alas katon akèh mendjangané , si Soera atjalatoe marang toekang waroeng kang dipondoki : „ Embok aḍi , tekakoela tijang kalih niki , salaminé wonten ingriki dika sangga , béndjing koelabájar saka pepajoné soengoe mendjangan ." Toekang waroeng njagoehi .

Ing sawidjiné dina , oewong maoe pada menjang alas manèh . Ora soewé ana mendjangan gedé sidji ngaton , bareng ditjeḍaki germa loro maoe , mendjangan énggal mapan , nedya wani . Wasana pambeḍilé germa maoe pada loepoet , mendjangan njander marang grema , bareng mangkono si Soera bandjoer mènèk ing kekajon gedé , déné si Parta saking kesoesoené bandjoer ngglimpang baé , ora obah -obah kaja wong mati . Mendjangan oega njedaki marang si Farta , ananging bandjoer loenga baé . Bareng mendjangan oewis ora katon , si Soera bandjoer medoen , sarta atakon marang si Parta , temboengé : „ Parta , mendjangan maoe ana apa déné njeḍaki kowé ?" Si Parta mangsoeli : „ Mendjangan maoe noetoeri , akoe lan kowé salawasé adja sok ngempoekaké watoe item ."

Ing dina ikoe oega germa loro maoe bandjoer moelih, ananging bedilé si Soera ditjekelaké toekang waroeng maoe , awit pamangané salawasé ana ing kono ora bisa mbajar.

31

NGIRIT -IRIT DADI NGOROT -OROT .

Loeroeng pati lawas ana singkèk sidji , omah ing désa, bodjoné wong Djawa . Singkèk ikoe geminé loewih -loewih, pamblandjané marang kang wadon penḍak ésoek baé , kinira satjoekoepé ing sadinané . Moenggoeh pandjaloeké kang wadon , soepaja diwèhana blandja satjoekoepé ing sasasi , panemboengé : „ Kjai , akoe blandjanen babar -pisan , kira satjoekoepé ing sasasi , dadi akoe bisa blandja babar -pisan , awit tetoekoe ikoe jèn babar-pisan , olèh loewih moerah tinimbang kang itjir , déné samangsa blandja saben dina ikoe , kakèhan gawé , toer ngirit -irit dadi ngorot -orot , awit saben ésoek koedoe kongkon menjang waroeng , déné kongkonan ikoe ija koedoe mboeroehi ."

Singkèk mangsoeli : „ ikoe akoe ora remboeg , njai , awit saka pamikirkoe , oewong ikoe samangsa ngaḍep pangan akèh , ija tansah arep memangan baé ." Moenggoeh sanjatané , moelané singkèk ikoe ora gelem awèh blandja babar -pisan , awit soemelang jèn diemos -emos .

ORA ANA DAOELATÉ ANA BEGDJANÉ .

Ana sawidjiné magang in kontroliran . Olèhé magang oewis lawas , ora bisa -bisa oleh pagawéan , awit koerang pinter lan rada kesèd .

Anoedjoe ing sawidjiné sasi , ing sadjroné bawah kontroliran kono, ana lowongan Tjarik Wadana . Bareng mangkono , ing wajah soré , magang maoe séba ing ngarsané bandarané , perloe ndoewèni atoer panoewoen , soepaja ing waktoe ikoe , bisaa oleh pagawéan dadi Tjarik Wadana maoe . Nalika samana bandarané mangsoeli : „É, magang , akoe goemoen , déné kowé wani doewé pandjaloek kang kaja mangkono ikoe , déné kowé ikoe , pada -paḍa magang arang séba déwé , sarta ndadekna kaweroehanamoe , jèn saiki sakoekoe ireng baé , akoe ora doewé pamikir marang kowé. Sanadjan akoe ngangkata magangkoe , ija ngangkat magang kang saregep ."

Nalika samana , magang maoe bandjoer moelih tanpa pamit, déné satekané ing omah , bandjoer nggegleg sarta ora gelem memangan . Ananging moenggoeh sanjatané , loerah bandarané maoe amikir , magang maoe oega arep disoewoenaké dadi Tjarik Wadana maoe , awit olèhé magang oewis lawas banget .

Ora lawas magang maoe oleh paréntah, jèn wis katetepaké dadi Tjarik Wadana , kaja déné panoewoené maoe . Magang ikoe , satampané lajang pijagem , kagèt banget , tjiptané : „ Akoe goemoen banget , déné ora ana daoelaté , ana begdjané ." Wekasan magang maoe sabandjoeré , saben -saben angomong , jèn nalikané doewé panoewoen , ora ana daoelaté teka ana begdjané .

NRADJANG GROEMBOEL ANA TJELENGÉ .

Ana Ratoe kagoengan kelangenan wirèng akèh , pendak dina sapisan , wirèng maoe dikarsakaké sinaoe . Moenggoeh wirèng ikoe ana loerahé sidji , oewis doewé anak bodjo , déné lija - lijané isih pada djedjaka kabèh. Jèn pinoedjoe sinaoe , mangka Loerah wirèng maoe ngadeg , amasti ana wong wadon kang kepéntjoet.

Ing sawidjiné dina , mbeneri dina wijosané Sang Ratoe , wirèng kakarsakaké gijar . Ing waktoe ikoe èwon wong kang pada nonton . Ing kono ana woelandjar sidji , betjik roepané toer asoegih , nonton . Bareng Loerah wirèng maoe ngadeg , woelandjar ikoe kepéntjoet . Saboebaré ikoe , landjar bandjoer ngoenggah -oenggahi Loerah wirèng maoe , sarta anggawa barang darbèké kabèh , temboengé : „ Koela noewoen , kangmas Loerah, datengkoela ingriki , koela badé ndèrèk sampéjan wonten ingriki , é, inggih trimah dados pamomonging poetra sampéjan , soekoer pisan koela klebet dados toekang tebah pasaréansampéjan , sarta koela njoemangakaken barang darbèkkoela, sawontenipoen koela soemangga ing sampéjan ." Loerah wirèng mangsoeli kambi goemoejoe : „Elo, kok mangkono , embokaḍi , mangka akoe iki ora doewé , toer soegih anak , jèn barangmoe entèk ana ing akoe kaprijé ?" Woelandjar mangsoeli : „ , 0, kangmas Loerah, inggih sanadjan telasa , oegeripoen sampéjan ingkang nelasaken , koela inggih trimah ." Loerah wirèng ngerti, jèn landjar ikoe tekané ing kono ngoenggah -oenggahi . Dèwèké bandjoer ngedjepi marang kang wadon , déné kang wadon ja ngantoeki , awit soemoeroep déwé gegawané woelandjar ikoe akèh .

Woesana woelandjar bandjoer diningkah , sarta karan embok enom . Moenggoeh kawitané bodjo loro ikoe , ija pada roekoen atoet -roentoet , ananging bareng barang darbèké embok enom oewis entèk, embok toewa lan embok enom wiwit ora roekoen .

Ing sawidjiné dina , embok toewa toekar padoe lan embok enom , pasambaté embok enom : „Kaja kéné iki wirang ambebarang , laki tombok barangé entèk , sadina -dina padoe lan maroe .” Embok toewa mangsoeli : „ Bonggané , ajoe anom toer soegih , teka nradjang groemboel ana tjèlèngé .'

34

ROEPAK DJADJAHANÉ.

Ana Wadana adedoenoeng ing désa pagoenoengan , adoh lan nagara, doewé poenakawan sidji , tilas batoer Walanda . Samangsamangsa Wadana maoe katekan Walanda sidji oetawa loro baé, poenakawan sidji ikoe njoekoepi dikon leladen .

Anoedjoe sawidjiné dina , Kontroliré rawoeh ing omahé Wadana maoe , sarta ana Walanda lijalijané miloe teka ing kono perloe arep pada soemoeroep poetjoeking goenoeng kang tjedak lan omahé Wadana ikoe . Sarèhné rawoehé oewis nanggoeng , ing dina ikoe ora bandjoer moenggah ing goenoeng , dadi ing bengi ikoe oega pada njaré ing kono .

Sarèhné Walandané rada akèh , ora tjoekoep jèn diladènana moeng poenakawan sidji maoe . Wadana kang doewé omah ngoendang djedjaka sidji , anaké Assistent-wadana bawahé , dikon miloe ngladèni , awit ikoe kang kinira ngerti ngladèni Walanda dahar , ananging moenggoeh ing sanjatané ing bab ikoe ora bisa .

Bareng seḍija dahar ing wajah soré , sarèhné médja kang dianggo dahar: tjilik, lawoehané ora kamot ana ing médja kono , awit kebak wowohan. Déné lawoehané kadèlèhaké ing médja lijané, sarta ing kono kamomoran mertéga sawadah , tjalon seḍijan kanggo dahar roti ing wajah ésoek .

Samana bareng djam woloe bandjoer pada dahar lan kang doewé omah lanang-wadon , awitané dahar djangan (soep), anoeli dahar sega. Barang poenakawané Wadana ngladèkaké lawoehan , djedjaka maoe bandjoer njandak sambelgoreng lan mertéga maoe , anoeli diladèkaké , déné olèhé njaosaké saka ing tengen . Bareng . Walanda disaosi mangkono : goemoedjeng , loewih manèh goemoedjengé , bareng disaosi mertéga .

Saboebaré dahar Wadana tjalatoe marang djedjaka maoe : „ O, nang , roemasakoe ora loepoet , akoe njambat kowé ikoe , awit sapisan pantes , kapindoné anaking prijaji , kari -kari kliroe njambat wong roepak djadjahané . Déné bésoek manèh , manawa ngladèni , ngatoeraké daharan mono , koedoe saka ing kiwané kang disaosi , sarta ora loemrah mangan sega lawoeh mertéga ."

MBAGOEGOEK NGOETA WATON .

Ing djaman bijèn, ana sawidjiné kawadanan ; sapa kang dadi Wadana ana ing kono , ora lawas amasți énggal kaelih oetawa kalérénan saka pagawéané , awit ora tjoekoep . Moenggoeh kang dadi sababé ora tjoekoep ikoe, Loerah désa ing bawahé , koerang mitoeroet paréntah .

Ing sawidjiné mangsa , ing kono Wadanané komplang. Kapala nagara nari marang para Assisten -wadana bawahé , ing salah sidjiné sapa kang gelem , arep kaangkat dadi Wadana ana ing panggonan maoe , anangging ora ana kang sagoeh . Moenggoeh atoeré , jèn kadadèkaké Wadana ana ing kono , pada milaloe dadi Assistènwadana salawasé .

Ora soewé ana Assistèn -wadana sidji , kapaksa arep kaangkat dadi Wadana ana ing panggonan maoe , déné kang pinaksa ija njagoehi , ananging doewé panoewoen djandji . Moenggoeh panoewoené , ing tembé samangsa dèwèké ndoewèni atoeran , njoewoenaké kaoekoem oetawa lèrèhé Loerah désa ing bawahé , koedoe bandjoer kaidinana . Kapala nagara ija njagoehi apa panoewoené . Bareng Assistèn-wadana maoe dadi Wadana ing kono , olèhé nglakokaké papréntahan , ora pisan -pisan ndoewèni mirma marang kantjakantjané bekel , kaja ta : jèn ana Loerah ora teka koempoelan ing kawadanan sapisan baé , ija bandjoer kasoewoenaké lèrèh . Kètèr bagéané ratan ija bandjoer kasoewoenaké lèrèh . Wiwit samana ing kono ora ana Loerah kang kesèd oetawa mbangkang , sabandjoeré malah dadi pangaleman .

Ing sawidjiné dina , ana Wadana katemoe lan Wadana maoe , atakon: Koela goemoen , adi Wadana , déné gegebengan -sampéjan , sapoenika dados pangaleman , poenapa ing sapoenika kantja Loerah bawah-sampéjan , sampoen boten wonten ingkang mbagoegoek ngoeta waton ?" Wangsoelané kang tinakonan : ,,Saking pangèstoe -sampéjan , kangmas, boten ."

NGGOETOEK LOR KENA KIDOEL .

Raden Djajawilastra doewé anak loro : lanang wadon , kang toewa aran si Tidjah , kang enom aran si Sardja. Déné si Tidjah oewis doewé laki , aran si Djajawigoena . Moenggoeh si Djajawigoena ikoe salawasé miloe maratoewané . Lawas -lawas katon jèn kalakoeané ora betjik , kaja ta : demen ngabotohan , locmoch marang kabetjikan , koemingsoen , koerang tatakramané marang wongtoewa. Mangkono ikoe ora ndadèkaké kedoegané Radèn Djajawilastra, ananging éwoch jèn noetoerana pada sapangarepan .

Anoedjoe ing wajah ésoek , Radèn Djajawilastra diadep anaké lanang lan anaké mantoe , nalika ikoe Radèn Djajawilastra moeringmoering banget , awit éling marang kalakoeané anaké mantoe , ananging tjegah jèn njrengenana , wekasan srengen marang anaké lanang . Mangkono ikoe bodjoné Radèn Djajawilastra oega mangerti marang kekarepané kang lanang .

Soréné si Sardja atakon marang embokné , temboengé : ,,Embok , saking doekané bapak kala waoe éndjing poenika koela boten soelang , awit koela boten roemaos lepat." Embokné mangsoeli : „, 0, enggèr , moenggoeh doekané bapakmoe ikoe , nggoetoek lor kena kidoel , sanjatané doedoe kowé kang disrengeni , ija ikoe kakangmoe Djajawigoena , ananging sarèhné anak mantoe , éwoeh jèn njrengenana marang kakangmoe .'

NGOELOENGAKÉ ENDASÉ NGGÉNDOLI BOENTOETÉ .

Ana Koemetir isih anjar doeroeng doewé djaran , saben loenga ndeleng tandoeran kopi , njilih djaran marang Loerah ing bawahé , malah -malah jèn njilih djaran , jèn doeroeng dibolan -balèni kang doewé , doeroeng gelem ngoelibaké . Lawas -lawas panjilihé djaran marang Loerah désa , mèh kempoet , moeng kari sidji Loerah kang doeroeng disilih djarané , déné Loerah ikoe soegih , doewé djaran gedé sidji , ing kono ora ana kang maḍani geḍéné .

Ing sawidjiné dina , Koemetir maoe njilih djaran marang Loerah kang soegih ikoe, perloe arep dianggo ndeleng tandoeran kopi . Sarèhné Loerah ikoe rada tjețil katjokan njenjengit, djarané disilih ikoe, sanjatané ora awèh , nanging éwoeh olèhé mangsoeli , awit Koemetir ikoe , agi nembé ikoe ndjaloek njilih djarané . Nalika samana djaran oega bandjoer digawakaké kongkonané Koemetir , nanging lapaké tanpa amben wadoek lan tanpa kendali .

Oelihé kongkonan maoe , noentoen djaran lan njoenggi lapak . Bareng Koemetir weroeh énggal atakon : „ Généja lapaké kosoenggi ?” Kang tinakonan mangsoeli : „ Inggih, bandara , mila koela -soenggi , awit tanpa amben wadoek, dados boten kénging menggah kaabah -abahana ." Koemetir énggal kongkonan njilih amben waḍoek lan kendali , ananging ora ana amben lan saroengan kang tjoekoep. Woesana djaran maoe ora sida kanggo , déné Koemetir ing dina ikoe ora sida loenga ndeleng tandoeran kopi , wekasan glendang -glendeng : Ambakna wong olèhé njenjengit, disilih djarané sapisan kala baé, teka dioeloengaké endasé digondèli boentoeté ."

38

OELA NANTANG GEBOEG .

Ing désa ana botjah aran si Kemis , ing wajah soré noedjoe mendoeng , arep loenga ngoendoeh djagoeng menjang alas . Sarèhné mendoengé nggameng , bapa -bijoengé menging : „Kemis , saiki kowé adja ngoendoeh djagoeng , awit mendoengé kok nggameng , bokmanawa ana gelap ." Nanging si Kemis ora maèloe marang pitoetoeré bapa -bijoengé .

Bareng si Kemis tekan ing alas , agi oleh djagoeng sațiṭik , bandjoer oedan deres kamoran angin , sarta gelapé njambernjamber kongsi ndadèkaké wediné si Kemis . Ora soewé si Kemis bandjoer ngaoeb sangisoring oewit randoealas gedé ; moenggoeh sasoewéné ana ing kono , si Kemis tansah éling marang pitoetoeré bapa -bijoengé maoe , oeniné : Bener oedjaré bapak lan bijoeng maoe , sacepama akoe mitoeroeta , ora kaja mangkéné .'

Ora antara soewé , poetjoeké oewit randoe kang diéjoebi ikoe bandjoer disamber ing gelap , sempalané nibani endasé si Kemis kongsi bendjoet , sarta ing nalika ikoe si Kemis kaget banget , malahmalah ora ngira jèn oerip . Bandjoer moelih ngleboes baé , olèholehané djagoeng ditinggal baé ; déné satekané ing omahé , kongsi soewé ora bisa kekanḍan . Bareng bijoengé weroeh jèn anaké ora bisa kekanḍan , bandjoer nangis , déné tangga - tanggané ija akèh kang tindjo .

Ing benginé ikoe , akèh kang noenggoni si Kemis maoe , bareng ngarepaké tengah wengi , si Kemis bisa tjalatoe . Wong kang pada noenggoni , bandjoer atakon djalarané maoe ; déné si Kemis ja anggantjaraké , sarta noedoehaké bendjoeté . Bapa -bijoengé noeli tjalatoe : 0, Enggèr, ija banget soekoerkoe ing Goesti Allah , déné kowé ora kasamber ing gelap , ija nrimaa, kowé tinakdir kang samono ikoe , sarta bésoek manèh kowé adja loemoeh paréntahing wongtoewa . Déné loengamoe maoe prasasat oela nantang geboeg ; oewis katon jèn mendoengé anggameng , teka ndadak loenga menjang alas . '

KOEDI PATJOEL SINGA LANDEPA .

Ing kantor karésiḍénan , ana magang sawatara ; déné magang maoe , ana kang oewis lawas , ana kang sedeng lan ana kang isih anjar . Ora antara soewé ing parésidénan kono ana lowongan Djaksa , ananging toenḍan toeroenan , amasți ana Tjarik kang moendak pangkaté , lan ana magang kang diangkat dadi Tjarik .

Nalika samana , magang maoe paḍa rerasan arep gawé lajang panjoewoen , ananging Tjarik kantor kang ngloerahi ora awèh , awit ana magang lawas sidji , kang arep disoewoenaké pagawéan . Samana akèh magang kang katjoewan pikiré .

Magang maoe ana sidji kang aran Raden Ardjasoebrata, anaké Wadana dongkol ing koeta kono , olèhé magang lagi pitoeng sasi . Ing wajah sore dèwèké awèh weroeh marang bapakné , temboengė : „ Bapak, ing sapoenika noedjoe wonten lowongan prijantoen , ananging Tjarik kantor boten soeka , jèn wonten magang kantor nglebetaken serat panoewoen , awit pijambakipoen badé njoewoenaken pandamelan dateng satoenggiling magang ingkang sampoen lami ." Bapakné mangsoeli : „ O , lé, mangkono ikoe akoe ora remboeg ; moenggoeh remboegkoe , koeḍi patjoel singa lanḍepa , kowé betjik nglebokna lajang panoewoen .'

Raden Ardjasoebrata mitoehoe paréntahé bapakné , dèwèké bandjoer nggawa lajang panoewoen , ing lajang panoewoen ikoe oega mratelakaké , jen olèhé magang lagi pitoeng sasi . Ananging lajang panoewoen maoe , bareng kasaosaké ing ngarsané wong gedé, pamaosé koerang titi , wekasan Raden Ardjasoebrata kaangkat dadi Tjarik, awit wong gedé ngira jèn olèhé magang Radèn Ardjasoebrata oewis pitoeng taoen .

Bareng dèwèké mantjep dadi Tjarik , akèh wong kang atakon : „ Radèn , mawi isarat poenapa anggèn -sampéjan damel serat panoewoen ?" Wangsoelané : 0, boten mawi isarat poenapapoenapa , boten lija tjipta -koela, inggih koedi patjoel singa landepa ."

40

MRANGKANI KOEDI.

Ing nagara ana Kliwon , doewé anak lanang sidji , aran si Darpa , awit tjilik si Darpa banget brangasané , sarta jèn panoedjoe nepsoe , kawetoe basané sawijah, lan kadoenoengan boedi tioelika ; oewongtoewané kerep mitoetoeri , temboengé : Enggèr, Darpa , sabisa -bisa tjandeten hawanapsoemoe , lan adatmoe kang ora pantes boewangen , jèn ora mangkono , ing tembé manawa kowé nggentèni kaloenggoehanakoe , saroe dineleng ." Ananging si Darpa ora bisa marèni .

Bareng Kliwon maoe djempo , si Darpa oewis diwasa , pagawéané loemintir marang si Darpa . Ananging sanadjan si Darpa oewis dadi Kliwon , ija ora bisa marèni adaté maoe . Ora lawas wongtoewané mati , déné sapatiné wongtoewané ikoe , si Darpa malah saja banget brangasané , kongsi ora bisa doewé batoer.

Noedjoe sawidji dina , si Darpa teka ing omahé tanggané , ndjaloek toeloeng soepaja digolèkna poenakawan . Wong kang djinaloekan toeloeng njagoehi ing lahir baé . Bareng si Darpa oewis moelih , wong maoe glendengan , oeniné : „Prijaji brangasan , djoedas mangkono teka arep doewé poenakawan , kadjaba jèn ana wong bisa mrangkani koedi , lah ikoe bisa ngawoelani ."

BELO MILOE SETON .

Ing désa ana oewong doewé anak lanang loro , kang gedé aran si Karma , wajahé agi diwasa , kang tjilik aran si Kardja , agi oemar rolas taoen . Moenggoeh si Karma agi arep dirabèkaké olèh ing koeta, kang ora adoh saka ing kono.

Oewongtoewané si Karma , oewis awèh weroeh marang tjalon bésané , sarta wis kapasți dinané , jèn arep ngeteraké anaké : teka nontoni mrono . Bareng toetoeg ing dina djandjiné, wong désa lan anaké maoe arep boeḍal ananging anaké kang tjilik kelajoe . Nalika semana lakoené wong maoe lan anaké loro pada djaranan .

Satekané ing koeța , ora soewé bandjoer disoegoeh , déné kang ngladèni ija botjah kang ditontoni ikoe. Moenggoeh tekané ing kono , si Kardja ora ngerti pisan -pisan ing bab perloené , dadi sasoewéné ana ing kono, ora nglegéwa marang botjah wadon kang ngladèni maoe ."

Bareng oewis rada soré , noeli pada moelih , déné oelihé si Kardja maoe ndisiki . Satekané ing omah si Kardja énggal ditakoni embokné , temboengé : „Nang, Kardja , apa ajoe tjalon bodjoné kakangmoe ?" Kardja mangsoeli : „ Akoe ora weroeh, bijoeng , ingendi ta omahé tjalon bodjoné kang Karma ikoe?" Bijoengé noeli tjalatoe : „ O , Kardja ! keprijé kowé ikoe, dadi loengamoe ikoe kaja belo miloe seton , ana wong miloe nontoni kok ora weroeh kang ditontoni , gawéné apa , weroeh groebjoeg ora weroeh remboeg ."

KEBO KABOTAN SOENGOE .

Ing sawidjiné nagara , ana dongkolan prijaji , doewé anak lanang, kang toewa aran si Goenasedira , pagawéané magang ana ing kantor , déné kang enom aran Soewandi , isih djedjaka , saben dina loemeboe sinaoe marang pamoelangan , déné ana ing pamoelangan , kapétoeng oewis pinter , awit ana ing pangkat kateloe oewis sataoen .

Nalika samana , ana pamoendoeté wong geḍé , jèn ing nagara kono , amasți ngleboni botjah marang pamoelangan tjalon goeroe . Ing kono doeroeng ana botjah kang gelem , moenggoeh kang tinoeding para gedéné kono , ija si Soewandi maoe awit saka lja oega wis diwèhi weroeh ing bab paringé atoeré Mantri -goeroe . blandja lan panggonan , ananging si Soewandi isih panggah ora gelem . Moenggoeh kang dadi soemelangé Soewandi , kapisan adoh , kapindo ora bisa katemoe sanak sadoeloer : jèn ora mangsa liboer.

Ing wajah soré prijaji dongkol maoe ngloempoekaké anak bodjoné . Sawisé koempoel , bandjoer ngremboegi marang Soewandi , temboengé : ,,Nang, Soewandi ! moenggoeh remboegkoe , kowé betjik njagoehana dadi moerid tjalon goeroe ikoe , jèn kowé ora gelema , apa kang kogolèki , déné salawasmoe - dadi moerid , kaparingan blandja , tjoekoep kosandang kopangan , toer moenḍak kapinteranamoe , lan wetoené saka ing pamoelangan , ginantoengan pangkat kalawan masți , saoepama kakangmoe si Goenasedira adjaa oewis anak bodjo , dakadjokaké ." Nalika ikoe si Goenasedira soemamboeng , tjalatoené : „ Dèk Soewandi , saka pamikirkoe , ija prajoga banget saka karsané bapak ikoe, lan manèh harak pirapira kowé tinoeding para gedé , saoepama akoe iki adja moenggoeha kebo kabotan soengoe , kirakoe ora kongsi ditari bola -bali kaja kowé ikoe."

43

BÈBÈK MOENGSOEH MELIWIS .

Dèk bijèn ana Loerah désa pagoenoengan , demen prakaran , ananging saben prakaran masți kalah, sanadjan saka roemasané déwé prakarané noempang , toetoegé ing Paréntah , Loerah maoe ija kalah .

Nalika samana , Loerah maoe ngira, jèn Djaksané olèhé nibakaké bebeneran ora adil , lan nampani pawèwèhé wong kang paḍa dimenangaké maoe . Nalika samana , dèwèké doewé pamikir arep nggoegat Djaksané ; sadoeroengé kalakon, Loerah maoe kanda-kanda marang kantja -kantjané Loerah. Déné Loerah kang dikandani pada ora remboeg sarta ora mitoeroeti , temboengé : 17Ikoe akoe ora remboeg pisan -pisan , jèn kowé arep nggoegat bandara Djaksa , awit lelakonmoe ora kapénak banget , sanadjan kowé menanga , ija ora kapénak, awit kowé salawasé bakal kaaranan wong ala . Apa manèh anané kowé moengsoeh Djaksa , ikoe prasasat bèbèk moengsoch meliwis , ija kaèngan jèn kowé bisa menang ."

Ananging Loerah maoe koedoe ndjoeroengi pikarepané , bareng lajangé goegat kondjoek ing Résidèné , prakarané anoeli dipriksa, wekasan Loerah maoe dimarèni dadi Loerah . Saoelihé ikoe , dèwèké ketemoe manèh lan kantja -kantjané Loerah kang pada mitoetoeri maoe , tjalatoené mangkéné : „ O , bener toetoermoe , dèk bijèn ika, aeng banget jèn bisaa menang , Loerah désa moengsoeh Djaksa ikoe padané bèbèk moengsoeh meliwis ."

44

RAI GEDÈG .

Ing désa ana wong sidji , salawasé ora taoe njamboet-gawé , moenggoeh kang dadi pangané , ija ikoe saben ngroengoe ana wong elèk -elèkan baji , oetawa doewé gawé lija - lijané, ora kena ora , dèwèké masti teka, moenggoeh tekané ikoe ora kalawan dioendang . Moelané saregep mangkono , awit jèn ana ing padjagongan , sawarnané panganan kang ana ing ngarepané digawani moelih, minangka dadi goena -kajané marang kang wadon. Malahmalah sarèhné wong maoe salawasé pakarjané kaja mangkono , sabandjoeré kaparaban kjai Raigeḍèg .

Ewadéné ing sawidjinè dina , wong maoe mojoki marang tanggané , awit tanggané ana sidji kang kepatèn bapa , bareng dong mitoengdinaní , kjai Raigedeg maoe ora dioendang kondangan , awit kelalèn. Nalika samana banget pangarep -arepé kjai Raigeḍèg ; bareng oewis tita ora ana kongkonan teka : ngoendang kondangan , dèwèké bandjoer loenga nanggoeh . Bareng ing omahé tanggané ikoe katon adem baé, kjai Raigedeg bandjoer takon marang kang doewé omah ,, temboengé : „ Pitoeng dinané bapakmoe harak dina iki ta !" Saoeré kang doewé omah : „ Inggih, pak, ananging sampoen waoe ." Kjai Raigedèg bandjoer moelih tanpa pamit sarta kedoemelan , oniné : „Raigedèg temen , mitoeng dinani bapakné baé , kok ora koewat ngoendang wong."

45

WELAS TANPA ALIS . (WELAS TEMAHAN LALIS) .

Ana Mantri agi tetep , satekané ing panggonan doenoengé , mondok ing omahé Tjarik, déné tekané ikoe , anak bodjoné ora dibojong babar -pisan , awit saka kekoerangané , amarga demen ngabotohan . Malah kongsi lawas anak rabiné ora dibojongi . Déné salawasé mondok ikoe , kang ngrengga ing sadina -dinané ija kang doewé omah . Moenggoeh Tjarik kang dipondoki ikoe sanjatané ija kekoerangan , awit rajaté ora timbang lan blandjané. Mantri maoe salawasé dadi rajaté Tjarik, ora pisan éling ngoeloeri oeroen panempoer , djalaran blandjané tansah ana ing padolan . Kala mangsa ja sok oleh toerahan blandja, ananging keplaoer digawé ngroepakaké sandangan , awit jèn ora mangkonoa , bakal saroe dinelang , apa manèh ing dalem sasasi sapisan , amasți séba ing kaboepatèn , koempoelan prijaji akèh .

Ing wajah soré embok Tjarik ngresoela , sarta atjalatoe marang kang lanang , temboengé : „ O , Allah ! kangmas , kados -poendi , déné Mas Mantri poenika, teka boten wonten palimirmanipoen sakedik-kedika dateng koela , jèn ta sampéjan tjekapa , koela inggih boten sélak lan boten nggrantes , sareng sampéjan pijambak kemlaratan , kado -spoendi . Saking panoewoenkoela ing sampéjan , anggènkoela njaosi dahar Mas Mantri poenika , badé koelakèndeli ." Saoeré kang lanang : „ Harak mesakaké ." Bok Tjarik soemamboeng : „ O ! kangmas , welas tanpa alis , Tjarik amelasi Mantri ."

46

MADOE BALOENG KEPÉSING . (MADOE BALOENG TANPA ISI) MADOE ANGIN . ·

Ing désa ana djedjaka loro , pada tangga , aran si Gațoel lan si Tlepong , ing wajah ésoek pada dolan -dolan menjang tegal . Déné satekané ing tegal kono , ora soewé ana manoek prendjak sidji moeni . Si Gatoel banget goegon -toehoné , atjalatoe : „ Oeniné prendjak ikoe , ngalamati begdja marang akoe , loepoet - loepoeté ngalamati akoe bakal tampa doewit." Si Tlepong ija goegontoehon , saoeré : ,, Sabab déning apa si prendjak ikoe teka moeng ngalamati begdja marang kowé baé , apa ta sababé , jèn loewih asih marang kowé tinimbang marang akoe , moenggoeh pangirakoe , akoe oega ija dingalamati begdja , malah-malah ngalamati loewih begdja akoe tinimbang kowé."

Mangkono ikoe , bandjoer pada dija-dinija, soewé -soewé dadi kekerengan , karoné babak -boenjak bandjoer getihen . Anoeli paḍa moelih , satekané ing omahé déwé -déwé , tinakonan ing wongtoewané , sababé babak -boenjak sarta getihen . Djedjaka ikoe toetoer sanjatané . Wongtoewané djedjaka loro maoe , noeli pada ngoempoel , njatakaké apa toetoeré anaké maoe . Bareng ketemoe njata, bandjoer pada nrimané, awit botjah pada botjah, lan paḍa goegon -toehoné . Sawisé mangkono , noeli paḍa noetoeri marang anaké , oeniné . „ O , nang ! kowé ikoe sanjatané saking bodomoe , moeng madoe baloeng tanpa isi baé kok kolaboehi kongsi babak -boenjak sarta getihen , moenggoeh sanjatané manoek prendjak kang moeni maoe , ora ngalamati begdja marang kowé, nanging ngalamati endasmoe bakal getihen ." Wiwit nalika samana , djedjaka loro maoe , rada soeda goegon -toehoné .

47

ORA MAMBOE ÉNTONG IROES .

Ana botjah lanang aran si Galințoe , anaké toekang kajoe , nanging wis mati . Patiné toekang kajoe ikoe , si Galințoe isih tji lik , embokné kang moelasara ing sabisa -bisané . Bareng si Galintoe wis oemoer rongpoeloeh taoen , bandjoer digentèkaké marang pagawéané bapakné .

Noedjoe ing sawidjiné dina , si Galințoe loenga menjang alas gedé , negor kajoe , akanți djedjaka sidji , pada nggawa wadoeng . Ana ing alas kono si Galințoe negor kajoe gedé saoewit : panegoré kajoe doeroeng kongsi rampoeng , noeli ana matjan gémbong sidji teka, soemedja golék memangsan , awit wis teloeng dina ora oleh memangsan . Bareng weroeh , matjan énggal njander sarta noebroek si Galințoe , ketjanḍak bandjoer disebit -sebit sarta dimangsa , déné djedjaka kanținé maoe , bisa loemajoe ora kongsi ketjandak ing matjan .

Nalika ikoe ing alas kono ana wong loro lelakoe , aran si Troena lan si Wangsa . Bareng weroeh agi ana wong dimangsa matjan, si Wangsa atjalațoe : O ! Allah ! Troena ! kaé ana wong dimangsa matjan, keprijé ta olèhé noeloengi ." Si Troena njaoeri : „É! perdoeli apa ta , dandanan ora mamboe énțong iroes , anggeré awaké déwé slamet ; poeloeh noeloengana , kari -kari mengko awaké déwé dimangsa ." Nalika samana , lakoené wong loro ikoe malah gegantjangan , soepaja loewara saka bentjana kang arep nekani .

WEDOES DIOEMBAR ING PAKATJANGAN.

Gredjiné toewan Van den Hoed aran si Tairah , kaatoeraké ing Paréntah , kaoekoem sasasi , nggarap gawé peksa sarta dikoendjara, awit njolong sandangané njonjah Van den Hoed . Ananging sarèhné sanak -sadoeloeré si Tairah ikoe paḍa omah noenggal sakampoeng lan toewan Van den Hoed , dadi oelihé si Tairah saka ing pakoendjaran , ija marang kampoeng kono.

Bareng wis moelih, ora antara dina , si Tairah dadi batoeré toewan Van Stap . Déné toewan Van Stap ikoe soemoeroep , jèn si Tairah ikoe mentas dikoendjara, awit saka tjoelikané. Sarèhné Walanda loro maoe pada tangga tjedak , ing wajah soré toewan Van den Hoed teka ing omahé toewan Van Stap . Satekané ing kono , toewan Van den Hoed takon : Van Stap ! apa njata si Tairah tilas gredjikoe , saiki dadi batoermoe ?" Wangsoelané Van Stap : „ Ija , awit njonjahkoe boetoeh banget ” . Toewan Van den Hoed tjalatoe : Njonjahmoe konen ngati -ati , moenggoeh sababé ora soesah takpratélakaké , kowé rak wis weroeh déwé ."

Bareng ésoek si Tairah njolong doewité bandarané , kèhé satoes roepijah , roepa wang kertas rong lembar, bandjoer minggat ; weroeh -weroeh jèn minggat sarta njolong doewit, bareng wis soré. Ora soewé toewan Van den Hoed ketemoe lan toewan Van Stap , tjalatoe mangkéné : „Van Stap ! kowé ikoe ngoembar wedoes ing pakatjangan . Wis weroeh jèn botjah tjlimoet doemadakan koingoe , jèn kaja mangkono ikoe ta , ndadèkaké pitoenamoe déwé ."

KAKÉHAN GLOEDOEG KOERANG OEDAN .

Ing nagara ana toekang kajoe aran si Soema , wateké demen oemoek ; loewih-loewih oemoeké jèn kaonggrong . Déné jèn teka ing omahé sanak kawanoehané , amasti natjad barangé kang doewé omah , sarta sagoeh nggawèkaké , oetawa awèh kang loewih betjik.

Mangkono ikoe oewis kerep ana kang njatakaké , ing bab kasagoehané toekang kajoe maoe , nanging ora ana pisan kang dilaksanani .

Ing sawidjiné dina , si Soema teka ing omahé mitrané, moenggoeh mitra kang ditekani ikoe, demen ngonggrong . Ora soewé kang doewé omah noedoehaké lemariné kang ana ing sentong rada roesak , sarta tjalatoe : „Kang Soema ! lemantoen -koela niki , sanèsé kakang kang ndandosi , boten saged saé." Toekang kajoe soemamboeng : „O ! di , tanpa damel jèn nikoe koeladandanana , awit kajoené empoen kropok . Déné jèn adi adjeng nganggé lemari, koela gadah satoeggil taksih saé, nika mawon dika-gawa mriki ." Ananging kang doewé omah maoe , ija ora maèloe marang temboengé si Soema kang kaja mangkono ikoe, awit oewis semoeroep marang adaté .

Ing dinané manèh si Soema teka ing omahé mitrané ; moenggoeh mitra kang ditekani ikoe , demen melèhaké marang wong oemoek kang ora sembada . Ora soewé ana ing kono , si Soema natjad waranané kang doewe omah , temboengé : Waranamoe ikoe gawéané sapa , di , déné kok kasar temen . Akoe ija entas gawé warana rada betjik , kongkonana: enggonen ." Kang doewé omah njaoeri : La ija sapa wongé kang ora kèloe marang temboengmoe kang kaja mangkono ikoe , ananging tjatjadmoe ikoe kakéhan galoedoeg koerang oedan ." Moenggoeh temboengé kang doewé omah mangkono ikoe, ndadèkaké pangraitané si Soema , wekasan olèhé sok ngetjemong ikoe rada soeda .

DJARIT LOEWAS ING SAMPIRAN .

Ana djedjaka loro, pada anaking prijaji , sidji aran si Amad , sidjiné aran si Mahmoed . Si Amad wateké meneng , ngati -ati , nastiti lan wekel . Déné si Mahmoed wateké demen -njar , sarta koemingsoen . Wiwit tjilik djedjaka maoe pada bebarengan dilebokaké ing pamoelangan Djawa ; bareng oewis rada bisa , djedjaka loro maoe bandjoer dilebokaké pamoelangan Walanda , antara limang taoen , bandjoer pada metoe , awit oewis diwasa lan kapinterané oewis tjoekoep ing atasé wong Djawa .

Sawetoené saka pamoelangan maoe si Amad bandjoer nlatèni magang ana ing kaboepatèn , sadina -dina sébané tanpa kendat sarta apa pagawéan kono njanḍak kabéh . Déné si Mahmoed bandjoer magang in kantor karésidénan , ananging ora wekel kaja si Amad . Bareng antara rong taoen si Amad kaangkat dadi Tjarik Boepati , oega ana ing kono ; Déné si Mahmoed isih magang .

Dèk samana wong ing kantor kono paḍa takon marang si Mahmoed , temboengé : „ Keprijé , Mahmoed , déné si Amad saiki dadi Tjarik Boepati , mangka kowé doeroeng dadi apa -apa ."

Saoeré Mahmoed : É, karebèn ta, akoe ora goemoen , déné akoe saoepama kadadèkaké Tjarik baé loemoeh nglakoni , awit ora timbang lan kapinteranakoe ; déné si Amad gelem nglakoni dadi Tjarik ikoe botjah bodo , moenggoeh pamikirkoe , apa gawéné sinaoe ana ing pamoelangan Walanda pirang-paring taoen ikoe, wetoené bareng magang moeng dadi Tjarik baé .' Moenggoeh tjalatoené si Mahmoed mangkono ikoe, oewong ing kantor ing batin pada nggegoejoe .

Let sawatara taoen si Amad kaangkat dadi kepala Mantri , déné sabandjoeré bisa dadi Wadana . Moenggoeh si Mahmoed maoe sabandjoeré ora tjekel gawé , awit magang ana ing ngendi -endi , koerang toememené .

Noedjoe sawidjiné dina , bareng si Mahmoed lan si Amad kira oemoer njèket taoen , si Mahmoed teka ing omahé si Amad , ing waktoe ikoe Amad dadi Wadana , anangging ora basan -binasan . Sasoewéné omong , si Mahmoed takon semoe mojoki , temboengé : „Amad, kowé ikoe kok rada koeroe , apa soesah moeng nglakokaké pagawéan Wadana baé?"

Amad genti atakon : La kowé ikoe sabab apa kok loewih koeroe tinimbang akoe ?" Si Mahmoed njaoeri : „Moelané akoe loewih koeroe tinimbang kowé , awit saka soesahkoe .” Amad soemamboeng : „Em , bener , Mahmoed , manoengsa ikoe soegiha , mlarata, tjekela gawé , nganggoera , ija koedoe soesah ing pamikir , ananging anané ing donja , akoe iki moenggocha djarit loewas kanggo , déné kowé ikoe moengoeha djarit loewas ing sampiran ."

51

MATANG TOENA NOEMBAK LOEPOET .

Ing désa ana djoeragan , doewé anak lanang sidji aran si Jakoeb ; moenggoeh dedagangané djoeragan maoe , ija satjanḍaké baé, kaja ta jèn ndoega bakal pajoe tembako , ija tando tembako , jen ndoega bakal larang pangan , ija tando gabah , jèn ndoega bakal pajoe lenga , ija tanḍo katjang , déné jèn ngarepaké sasi betjik, mangsané wong memantoe , lan sasi Ramelan , ija koelak wadé , mangkono ikoe salawasé ; ananging ora taoe loepoet pambatangé , wekasan saja lawas saja ngreda kasoegihané .

Djoeragan maoe bareng kira ndoengkap oemoer pitoeng windoe katjanḍak ing lara panas , dadi lan patiné ; déné sapatiné ikoe , kang wadon ija oewis ora bisa njamboet -gawé adol tinoekoe , dadi apa barang tetinggalané kang lanang maoe bandjoer dirilakaké marang anaké lanang babar -pisan , déné dèwèké nrima diopènana sanḍang lan pangané ing sadina -dinané baé. Si Jakoeb anjagoehi , awit sanadjan ora marga mangkono , ija oewis beneré , anak ikoe jèn oewis toewa genti ngopèni wong toewané . Moenggoeh tetinggalané djoeragan maoe , koerang loewih pangadji sèkat èwoe roepijah , kang pitoe -likoer èwoe roepijah roepa oewang , lijané roepa barang warna-warna.

Nalika samana si Jakoeb oewis doewé anak loro , moenggoeh lakoe boediné ngati -ati , déné pangoepa -djiwané ija kaja pangoepadjiwané bapakné nalika isih oerip ; ananging bareng watara rong . igara , windoe lawasé , si Jakoeb oewis ora doewé doewit saigar - moeng kari kang roepa barang baé . awit apa kang ditjipta loepoet , dadi saben taoen tansah toena . Bareng mangkono si Jakoeb nglèrèni olèhé dedagangan , sarta mikir -mikir , moenggoeh kang dadi pakolèhé .

Ora antara sasi ana sawidjiné mitra teka ing omahé si Jakoeb . Satekané ing kono takon, temboengé : „ Kados -poendi , kakang,

BEBASAN LAN SALOKA . 3 sampéjan koelatingali kok kirang bingar ?" Si Jakoeb mangsoeli : ,,O, inggih, di , kados -poendi anggèn koela badé bingar, digaliha ta, awit pedjah kang oewa , koela tampi tilaran jatra pitoe -likoer èwoe roepijah, mangka saniki koela empoen boten gaḍah jatra saigar - igara , awit napa -napa kang koela - tjipta lepat , dados saprikasapriki , saben taoen , koela tansah toena kemawon." Mitrané soemamboeng : „ O , jèn makaten inggih sabara , sarta èngeta , jèn tijang soegih oetawi mlarat poenika , kalebet takdir . Roepinipoen ingkang tinakdir badé mlarat, inggih matang toena noembak loepoet , kados sampéjan poenika . Menggah tijang ingkang badé tinakdir soegih , boten soesah pawitan samanten inggih njekapi , toer dados ndrebala ."

52

MALIK KOELAMBI .

Prijaji ing désa , kaleboe adoh saka ing nagara , doewé poenakawan sidji aran si Sarma , kinasihan banget ing bandarané , awit saka pinter lan temené . Saking pinratjajané, jèn dikongkon oetang barang ing toko , regané dikon ndoega si Sarma déwé , apa manèh ala betjiking barang .

Ing wajah soré , noedjoe tanggal nembelas sasi Walanda , bandarané paréntah marang si Sarma , paréntahé : „ Sarma , sésoek dina blandjan , kowé njadonga blandja menjang nagara , mlakoea baé , awit djarané pada sajah . Sarèhné adoh , boedalmoe araharahen adja kongsi kawanen, sarta doewit blandja teloe belah adja ko-epik-epik. Déné jèn kowé arep djadjan, iki lo doewit saoekon . Doewit teloe -belah ikoe ana preloené ." Si Sarma njandikani .

Ing waktoe bengi ikoe oega, si Sarma doewé pikiran ala , moenggoeh tjiptané : „ Sarèhné olèhkoe moenakawan iki wis lawas, mangka lija saka kang taksanḍang - takpangan sadinané , ora oleh pitoewas apa-apa , jèn mangkono doewit blandja teloe belah ikoe , sésoek loewih betjik takgawa minggat baé, ingatasé akoe : Coewit samono tjoekoep takenggo pawitan." Ing bengi ikoe si Sarma prasasat ora toeroe , awit ketoengkoel mikir tjipta ala maoe .

Woesana si Sarma kerinan , dadi tekané ing nagara kasèp . Wekasan ing dina ikoe ora bisa tampa blandja . Sarèhné adoh, si Sarma nginep . Ana ing panginepan Sarma doewé pamikir kedoewoeng , tjiptané : „ Moelané tekakoe ing kantor kasèp . awit maoe bengi akoe ketoengkoel mikir olèhkoe arep ndjoeroengi boedi ala , wekasan akoe kerinan, saiki akoe nemoni ora kepénak , saoepama akoe maoe bengi ora doewé pamikir kaja mangkono , masti tekakoe ing kantor ora kasèp , dadi akoe énggal bisa nampani blandja, sarta bandjoer moelih , ana ing omah ngénak -énak , toer sésoek ora mikir arep loemakoe manéh . O , iba wisa kelakon tjiptakoe ala maoe bengi ika , loewih kadi iki soesahkoe , moelané salawasé akoe arep njirnakaké tjipta ala .”

Bareng ésoek , si Sarma énggal njadong blandja menjang kantor , satampané oewang teloe belah , bandjoer moelih , lakoené gegantjangan tanpa nolèh . Satekané ing omah , bandarané énggal ndangoe : „ Généja , Sarma , kok kongsi nginep ?" Atoeré si Sarma : „Inggih, bandara , mila koela sipeng , awit kala wingi datengkoela ing kantor kaineban kori ." Bandarané tjalatoe manèh : „Akoe ija ngira jèn kowé kaineban lawang, amarga boeḍalmoe saka ing kéné kawanen."

53

BATJIN-BATJIN IWAK.

Ana wong désa , soegih radja -kaja, doewé anak lanang loro , kang toewa aran si Seboel , kang enom aran si Landoeng. Bapabijoengé pada tresna marang si Landoeng tinimbang marang si Seboel , awit si Landoeng bekti marang wong toewa , moegen lan taberi ing gawé . Déné si Seboel , kadoek wani koerang dedoega , kesed toer demen ngabotohan .

Bareng wong désa maoe ngarepaké djempo , kemlaratan banget , awit saka panggawéné si Seboel . Déné si Landoeng saja toewa saja mențel , awit saka wekelé . Samana si Seboel jèn arep ngabotohan rada kèwoehan , ing bab panggolèké pawitan . Saking djoedeging pikiré, bandjoer njolong djarané si Landoeng, didol marang pasar .

Ing rong dinané , Landoeng menjang pasar , soemedja nggolèki djarané kang ilang . Satekané ing pasar , ana ing padjaranan , weroeh jèn djarané ana ing kono , ananging oewis toemiba ana tangané blantik . Si Landoeng énggal njeḍaki , sarta takon marang kang adol , temboengé : „ Sadèrèk , teng poendi kang sadé koeda niki ?" Blantik kang adol goerawalan ngakoe : ,,Kang sadé koeda niki koela , ki sanak ." Si Landoeng takon manèh : „Dika napa pantjèn blantik ?" Wangsoelané kang tinakonan : „ Inggih , koela niki pantjèn blantik ." Si Landoeng noeli takon manèh : „ Koeda niki dika toembas saking sinten, sarta saksi-dika sinten , nalika dika tampantinampan koeda niki , kalih tijang kang sadé ?" Blantik mangsoeli : „ Koela toembas saking si Seboel , kala dinten wingi , saksi-koela : Loerah sapraboting doesoen -koela ."

Nalika ikoe si Landoeng soewé mikir-mikir , awit saoepama diatoerna ing préntah , ora woeroeng sadoeloeré kang kaoekoem , awit wong kang kanggonan , bisa nerangaké lan akèh saksiné. Bareng pinikir bakal gawé soesahé déwé noeli moelih , satekané ing omah , toetoer marang bapakné , temboengé : „Bapak , kala waoe koela dateng peken , soemedja madosi koedakoela ingkang itjal poenika , sareng koela doemoegi ing peken , ing rikoe koeda waoe ketingal dipoen -sadé tijang , tijang waoe pantjèn blantik . Sareng koela-takèkaken, ketingkasanipoen koeda waoe ingkang njolong kakang Seboel , mila ladjeng koela kèndelaken kémawon, awit saoepami koela atoeraken ing paréntah , boten sandé kakang Seboel ingkang kaoekoem ." Bapakné mangsoeli : „ O , nggèr , Landoeng , moenggoeh pamikirkoe betjik atoerna ing paréntah , ija karebèn kakangmoe kaoekoem , awit jèn ora mangkono , ing tembé masți toeman ." Si Landoeng njela : „ O , bapak -saking karsa, sapéjan sapisan poenika , koela badé nglanggar , awit batjin -batjin oelam , boten kelampahan menggah kaboetjala , éwadènten manawi ing tembé taksih poeroen makaten , koela inggih nḍèrèk saking karsasampéjan poenika ."

54

KEGEDEN ENDAS KOERANG OETEK.

Ana prijaji ngoembara , diiring poenakawan sidji , bareng lakoené wis adoh , loemeboe ing omahé sawidjining Mantri , ananging kang doewé omah panoedjoe ora ana . Sarèhné prijaji ikoe soemedja nginep ing kono, dadi ngenteni .

Ora soewé ana wong sidji teka, manganggo sarwa betjik , atoedoeng boeloe -boeloe toer tjripon , tekenan , sadalan -dalan sarwi angobat -abitaké tekené . Déné kantongané klambi , kiwa tengen kebak daloewang lan potlod . Bareng ana ing kono , tanpa aroeharoeh marang prijaji maoe , malah koemingsoen ndeleng lajang sarwi tjloemaktjloemik , apa manèh mada marang oekara lan pitemboengané lajang ikoe ; ananging olèhé ngilingilingi , soekoné aksara ana nḍoewoer . Nalika ikoe oega prijaji maoe ngira, jèn wong ikoe kegedèn endas koerang oetek .

Nalika samana kesaroe kang doewé omah teka , satekané ikoe énggal mbagèkaké marang prijaji maoe , déné wong kang koemingsoen bandjoer loenga . Prijaji takon marang kang doewé omah : „Poenika waoe prijantoen poenapa , Mas bèi ?" Wangsoelané kang tinakonan : „ O , tijang poenika waoe dédé prijantoen, ananging abdi Walandi ." Dajoh bareng ngroengoe mangkono , banget kagèt sarwi tjalatoe : É, é, koela goemoen sanget , jèn poenika waoe dédé prijantoen , malah -malah koela -wastani prijantoen Tjarik, awit kala waoe sadèrèngipoen sampéjan dateng , pijambakipoen ngilingilingi serat ingkang temoempang ing médja poenika , sarta tjloe27 maktjloemik , nanging soekonipoen aksara teka wonten nginggil ." Kang doewé omah banget goemoejoené , bareng ngroengoe toetoeré ḍajoh ikoe , tjalatoené : „ Inggih leres pangandika -sampéjan , awit tijang waoe pantjèn kagengen sirah kirang oetek " .

BATANG LELAKOE .

Ana wong désa wis oemoer loewih teloeng -windoe , doeroeng tahoe weroeh garebeg , awit saka adohé nagara . Nalika sawidjiné taoen Dal , wong maoe kadereng arep ndeleng ; ing dina garebeg , isih koerang sasasi , wong maoe wis kekloempoek doewit bakal sangoené , sarta semajan lan kawanoehané , kang manggon ing tengené kono, kang pantjèn arep ndeleng grebeg . désa sakiwa -

Woesana bareng toetoeg ing dina mangsané , wong maoe kari , nanging saking koemoedoe -koedoené weroeh grebeg , bandjoer loenga déwé baé, sanadjan doeroeng weroeh dalané , soemedja takon-takon. Déné pakéwoehé ana ing dalan ija wis dipikir , moenggoeh réka amrih slameté , mengkéné : dèwèké moeng keklambèn takwa sembagi , kaṭokan kiper , benting djarit lan iket woeloeng , kabèh sarwa loewas , tjiptané : „ Mangkéné baé ija wis, anggeré ngandoet doewit kang akèh , déné menganggo kaja mangkéné , koedoe ana gento gelem mbégal , pantjèn begdjané awakkoe."

Bareng lakoené wong maoe toetoeg ing waroeng satengahing boelak , ing kono ana bégal teteloe pada ngalèlèh ana ing tanggoel . Bégal teteloe ikoe bareng weroeh marang wong désa ,,É, lah! kaja mangkéné iki maoe , kang sidji tjelatoe mangkéné : sijal banget , bareng ana batang lelakoe , tanpa oeles ." Wong désa bareng ngroengoe mangkono banget boengahé , awit ngrasa jèn lakoené bakal slamet .

56

BATANG OETJAP -OETJAP .

Ana santri loro , kang sidji aran si Slamet , sidjiné aran si Jahja, karoné pada loenga menjang pasantren . Moenggoeh dohé panggonan kang disedja ikoe , lakon penḍak dina , dalané oeroet alas geḍé . Lakoené santri loro maoe kambi nggendong koer'an , kerisan, kaloeng lameng .

Ana ing dalan santri maoe pada remboegan , tjelatoené si Slamet : „ Jahja , ing sadoeroengé sawisé , kang disoewoen -soewoen ija slameté , nanging manawa ana bebaja nekani , akoe lan kowé koedoe ndoewèni tjipta : mati bareng , lan manèh besoek manawa ngambah alas gedé , oetawa panggonan kang singkik , kowé adja pisan tjeḍak lan akoe , nanging ija adja adoh-adoh , kira -kiranen let papat oetawa limang tjengkal , soepajané manawa ana bégal ngrangsang kowé , gampang olèhkoe noeloengi , déné manawa ana bégal ngrangsang akoe , oega gampang enggonmoe noeloengi ." Jahja mangsoeli : İja, Slamet , prakara ikoe kowé adja soemelang ."

„ Bareng lakoené santri maoe tekan ing alas geḍé , ing kono ana bégal sidji , loenggoeh satjeḍaké dalan , kambi ngeloes -eloes gembel . Bareng weroeh marang santri maoe , énggal ngadeg sarta ngoentir brengosé toer kambi tjelaṭoe , oedjaré : „ Hem, koetjiwané batang oetjap -oetjap , toer pada miranti ."

Wekasan lakoené santri maoe lastari kongsi toetoeg ing panggonan kang disedja . Déné bégal maoe moeng mandeg ngoentir brengos lan anggațikaké oentoené , déné oelihé nglentoeng baé.

57

Ana soedagar doewé anak loro , kang toewa wis doewé anakbodjo , adedoenoeng ing nagara adoh , déné kang enom isih djaka.

GOTONG MAJIT.

Ing sawidjiné dina , sarèhné djaka maoe wis lawas ora ketemoe lan kakangné , ing wajah soré pamit marang bapa -bijoengé , temboengé : „Bapak, manawi sampéjan marengi , koela njoewoen idi , badé toewi kakang dateng nagari ." Bapa -bijoengé mangsoeli : „ ,0, enggèr ! adja , sabab adoh banget , bésoek manawa wis pajoe olèhé adol tembako ikoe , tilika kakangmoe lan akoe , déné jèn kowé arep tilik déwé , akoe ora téga .”

Ananging nalika samana , djedjaka maoe soemedja noeroeti karepé déwé . Bareng bapa -bijoengé lagi menjang pasar , djedjaka maoe énggal minggat tilik kakangné, ngadjak djedjaka loro , oega djedjaka ing kono , déné boeḍalé djedjaka teloe ikoe , tangga - tanggané ija akèh kang weroeh .

Bareng bapa -bijoengé moelih saka pasar , katon jèn anaké ora ana , mbok soedagar énggal takon marang tangga - tanggané . Kang pada tinakon toetoer , jèn loengané anaké mbok soedagar , ing wajah ésoek maoe , roentoeng -roentoeng lan djedjaka loro .

mBok soedagar bareng ngroengoe warta mangkono , njipta jèn loengané anaké , masti tilik kakangné menjang nagara . Nalika samana mbok soedagar bandjoer goerawalan toetoer marang lakiné, kambi ngondok -ondok sarta doewé pandjaloek soepaja lakiné énggala noesoel lakoené anaké . Nanging ki soedagar tansah alon tandangé , sarta tjalatoe , temboengé : „mBokné tolé , kowé adja soesah lan soemelang , déné lakoené anakmoe gotong majit, sanadjan botjah, rèhné akèh , akoe pitaja . Déné akoe ko-kon noesoel , ija mengko oetawa sésoek daknoesoel ."

NGAOEB AWAR-AWAR.

Loerah désa aran si Setrawangsa : soegih . Ing sawidjiné dina ngladèkaké prakara marang nagara ; nalikané arep boeḍal , kang wadon nggawani doewit rong anggris dikon noekokaké soetra bakal koelambi anaké .

Moenggoeh Loerah ikoe ana ing nagara , doewé sadoeloer loro , kang sidji prijaji soegih , déné sidjiné nganggoer toer mlarat. Prakarané Loerah maoe ora bandjoer bisa rampoeng , dadi dèwèké ana ing nagara kongsi rada lawas ; moenggoeh salawasé ana ing nagara , mondok ana enggoné sadoeloeré kang mlarat.

Sarèhné kang dipondoki mlarat lan soegih anak, Loerah maoe ora mentala , jèn ora oeroena blandja, dadi sadina -dina koedoe oeroen blandja, loewih kadi masti .

Woesana bareng Loerah maoe moelih , ora bisa ngolèhaké soetra anaké . Déné satekané ing omah , bandjoer toetoer marang kang wadon , temboengé : „mBokné gendoek , wekasanamoe soetra ora oleh , marga doewité kebraḍad , dakwèhaké adimoe nagara ." Kang wadon takon : „Poenapa sampéjan mondok ing ngrika ?" Saoeré kang lanang : " Ija ." Kang wadon noeli soemamboeng : „ 0 , la , inggih poenika labetipoen tijang ngaoeb awar-awar ; saoepami sampéjan mondoka enggèné sadèrèk kang soegih singgih , inggih boten makaten." Kang lanang tjalatoe manèh : 27 Ija bener kowé, mbokné gendoek , nanging jèn akoe , sanak sadoeloer kang soegih lan kang mlarat , kang singgih lan kang dadi koeli , ikoe paḍapada sok dakprelokaké kang koeli , apa manèh koeli mlarat, ikoe loewih dakprelokaké, awit wong mangkono ikoe , sok gede roemasa lan pangresoelané .”

59

ALING -ALING GODONG WARINGIN .

Dèk bijèn ing sawidjining karésidénan , ana wong sidji aran Amatsemangoen , dadi warok kètjoe ; saking bahoedé nandoekaké tjoelikané sarta kekendelané , kongsi pinoendjoel ing akèh. Malah ingatasé wong kang oewis soemoeroep marang kalakoeané , jèn katekan Amatsemangoen maoe , pada miris .

Anoedjoe sawidjiné dina , mangsa peteng , Amatsemangoen nggawa kantja sanga , loenga ngètjoe marang sawidjiné désa , bawah lija karésidénan . Ing kono pada nggepoek marang omahé Loerahé , oega oleh -olèhan , ananging bareng agi metoe sadjabané pomahan : katoetoep . Déné kètjoe lan wong boemi kongsi roeket, apentoeng -pinențoeng , apeḍang -pineḍang . Wong boemi akèh kang tatoe , kètjoe ja samono oega, ananging kang rekasa moeng Amatsemangoen , ija ora ana gegaman kang toemama , nanging remoek déning pentoeng . Nalika ikoe kètjoené oewal kabèh , moeng Amatsemangoen kang ndoko sarta nggémbol barang kètjon, aroepa timang djalébrah mata inten, èpèk soelam banjoe mas .

Bareng ésoek Amatsemangoen kaladèkaké marang kawadanan, satekané ing kono , Wadana ndangoe : „Kowé wong ngendi , sapa aranmoe , lan kantjamoe ngètjoe wong pira ?" Atoeré Amatsemangoen : „Koela tijang ing doesoen Karangpoh, wasta-koela Amatsemangoen , boten roemaos ngètjoe ." Wadana ndangoe manèh : „ Iki barang timang saèpèké saka ing endi , lan kaprijé kowé wong ing désa Karangpoh, teka nḍoko ana ing désa bawahkoe kéné , lan sikilmoe remoek ikoe sabab apa ?" Atoeré : ,,Menggah barang timang poenika , oetawi anggèn -koela ambroek ing doesoen bawah-pandjenengan poenika , koela boten saged matoer terang, awit waoe daloe koela inggih mapan tilem ing grija-koela pijambak, sareng daloe koela soepena késah tandang kètjoe, soekoe -koela remoek déning gembeling kètjoe, sareng koela nglilir teka koela sampoen ambroek wonten ing ngriki sarta ngandoet barang poenika , poenapa malih kraos soekoekoela sakit, amoeng poenika atoer koela ."

Sarèhné atoeré kètjoe ora kaleboe ing akal, Wadana banget boengahé , déné njekel kètjoe , bareng dipriksa atoeré ngakoe baé. Ora soewé ana oepas sidji atakon marang tjarik , temboengé : „ Loerah ! kados -poendi atoeripoen kètjoe ingkang katjepeng poenika ?” Tjarik mangsoeli : „ Atoeré kètjoe aling -aling goḍong waringin .” Oepas soemamboeng : „ O, inggih soekoer jèn makaten."

60

NGOEDANG SIJOENGÉ BATARA KALA .

Ana singkèk loenga nagih marang désa , lakoené déwé baé, tanpa gegaman . Tekané ing panggonan kang disedja , wajah asar , déné panagihé olèh doewit tembaga .

Bareng kira -kira djam lima, singkèk maoe boeḍal moelih , lakoené kambi manggoel doewit . Moenggoeh singkèk maoe sanjatané bisa besilat , moelané sanadjan lakoené tanpa kantja , ija ora soemelang , awit ngediraké besilaté .

Katemahan , bareng lakoené singkèk maoe tekan ing panggonan kang singkik , wis peteng . Ing kono ana bégal loro, pada kaloeng gembel , ngandegaké lakoené singkèk maoe . Moenggoeh singkèk ija mangreti jèn arep dibégal , énggal njèlèhaké gegawané , bandjoer djèngkèng sarta mingkis lengené koelambi , apa manèh ngoebed -oebedaké koetjiré , oedjaré : „Akoe woes mangreti jèn kowé arep mbégal akoe , nanging saka pamikirkoe ketanggoengan déné kantjamoe moeng loro , lah bok ana sapoeloeh mono manèh , ora-orané akoe atinggal plajoe , éwadéné jèn kowé arep tjoba - tjoba ngrasakaké songkolkoe , gembelmoe énggal pada tamakna ing akoe ." Bégal bareng ngroengoe oedjar mangkono ikoe , bandjoer pada gegantjangan loenga , lakoené reboet disik .

Bégal maoe bareng wis adoh , bandjoer pada manḍeg , ana ing kono pada toetoeh -tinoetoeh , kang sidji moeni mangkéné : „ Kowé, di, kang marakaké gagal iki maoe , moeng ana Tjina ngoedang sijoengé Bațara Kala mangkono baé , kok teka mbroeboed , akoe kongsi kagèt , dadi akoe déwé miloe loenga ." Sidjiné soemamboeng : „ O , wakné, sapa wongé kang ora miris ngroengoe soembar kaja mangkana ."

KEROEBOEHAN GOENOENG .

Ana botjah désa aran si Djasma , dilebokaké sinaoe ing pamoelangan sadjeroning koeța . Sarèhné omahé adoh , diponḍokaké ana ing enggoné pamané kang manggon ing koeța kono . Botjah maoe wekel banget , moengoch olèhé tilik marang désa, pendak dina Septoe : lebar sinaoe , ing malem Senèn wis bali marang koeta manèh .

Ing sawidji dina, anaké kang dipondoki Djasma mati . Sarèhné anaké lanang moeng sidji ikoe, dadi wong maoe lanang wadon banget growah pikiré . Nalika samana , si Djasma ora awèh tilik marang désa , awit manawa wis moelih saka pamoelangan digawé kongkonan .

Sarèhné si Djasma maoe wis rada lawas ora tilik marang désa, kirim lajang marang bapakné , preloe awèh weroeh, jèn pamané agi soesah , amarga anaké lanang mati , sarta olèhé ora tilik-tilik ikoe , dipenging pamané .

Bareng bapakné tampa lajangé anaké , bandjoer diwatja , sawisé diwatja noeli awèh weroeh marang kang wadon , temboengé : ,,mBokné Djasma , akoe tampa kirimané lajang anakmoe si Djasma , perloe awèh weroeh marang akoe lan kowé , ing saiki aḍimoe ing nagara agi keroeboehan goenoeng , lan manèh moelané anakmoe ora tilik -tilik ikoe , amarga aḍimoe kana kang ora awèh .” Kang wadon mangsoeli : „ Jèn makaten prajoginé sampéjan kémawon toewi dateng nagari , lajad ngiras toewi poen Djasma .”

NGIDAK SOEPATA .

Ana oendagi djedjagongan lan anaké lanang aran si Kentoes , sasoewéné djedjagongan si Kentoes takon marang bapakné , temboengé : „ Bapak, damel goemoening manah -koela , déné soedagar ingkang gegrija ing ngadjeng poenika , kok saged malarat, déné dèrèng lami anggenipoen nampèni warisan saking tetilaraning bapakipoen , mangka pijambakipoen kapandoeman barang warniwarni lan jatra , goenggoeng pangaos sakeți roepijah , saking pamanah -koela , jatra samanten waoe , kénging kadamel pawitan saoemoeripoen , malah-malah jèn kaleresan, saged toemoeroen dateng anak poetoe ."

Oendagi mangsoeli : „Enggèr ! prakara soegih miskin ikoe , goemantoeng ing karsané Goesti Allah. Ananging mlaraté soedagar ingarep ikoe , tinoetoeh ing tangga - tanggané , awit dèwèké ngidak soepata . Dèk bijèn akoe ngroengoe déwé olèhé maleri • wongtoewané , ananging anané saiki , sakabèhé wewaler maoe ora pisan dipaèloe , mangka wong nradjang walering bapa -bijoeng ikoe , kang loemrah ija ora betjik kang tinemoe . Kadjaba ikoe , nalikané dèwèké isih bambang , bapakné ija isih rosa , pada padoe bapa lan anak. Nalika samana soedagar ikoe kongsi kelakon loenga saka kéné , déné boeḍalé ngoembar soewara , oeniné : „Jèn akoe kongsi ngambah oetawa omah ing kéné manèh , ija moega adja diloemrahaké ing akèh . Ananging ora lawas bandjoer bali , omah ing kéné kongsi saiki . Dadi dèwèké ngidak soepata ping pindo ."

ANGGENTÈNI WATANG POETOENG .

Kjai Dipadarma Loerah désa , ingatasé Loerah : soegihé loewihloewih , doewé anak lanang sidji aran si Katjoeng : ndoegal banget , djalaran wong toewané banget pangoegoengé . Moenggoeh koeli ing désa kono , ora ana kang demen marang si Katjoeng .

Ora antara taoen kjai Dipadarma toemeka ing pati , déné sapatiné ikoe , prijaji kang ngoewasani , mriksa pilihané ing désa maoe . Nalika samana noeli ing désa kono , ora ana kang milih si Katjoeng , ananging paḍa milih si Parta , kebajan ing désa kono oega. Sarèhné saka pranatané Kandjeng Goepermèn , wong kang kena kadadèkaké Loerah désa , koedoe wong kang kapilih koeli ing désa kono , dadi si Katjoeng maoe masti ora bisa nggentèni bapakné , déné si Parta , ora kena koedoe kadadèkaké Loerah ing désa kono .

Si Parta maoe anak-toeroené wong goegon -toehon , dèwèké ija isih ngimanaké marang pitoetoeré bapakné : ing bab goegon -toehon . Nalika arep kadadèkaké Loerah , banget akipa -kipa, atoeré marang prijaji kang mriksa : „ Kawoela moendjoek ingarsa -dalem bandara , inggih oegi abdi -dalem kantja-kawoela sami milih dateng adalem , anamoeng kawoela sanget mopo , menggah nglampahana dados Loerah ing doesoen ngrikoe ." Prijaji ndangoe : „ Parta , sabab déning apa kowé ora gelem dadi Loerah ana ing désa kono ?" Atoeré si Parta : ,, Mila adalem mopo , awit saking welingipoen abdi -dalem poen bapa nalika teksih gesang , boten ngidini menggah anak-poetoenipoen nglampahana nggentosi watang poetoeng ."

Prakara ikoe kondjoek ingarsané Résiḍèn . Résiḍèn oega kèwoehan banget nggalih . Si Parta noeli katimbalan ingarsané Résidèn . Bareng si Parta séba , Résidèn ndangoe : „ Parta , ja géné , kowé ora gelem nggentèni watang poetoeng , jèn kowé nglakoni , bakal kaprijé ta kang tinemoe ?" Atoeré si Parta : „Adalem boten saged ngoendjoeki katingkasan, bandara , boten amoeng adalem adjrih menggah ngelirna dateng welingipoen abdi -dalem poen bapa .” Sarèhné éwoeh pinoetoesan , Résidèn dawoeh soepaja désa maoe kapriksaa pilihan manèh .

KEBO MOETOENG PASANGAN .

Ing sawidjiné pamoelangan , moeridé sidji kang aran si Margana , kesedé loewih-loewih, awit saka ikoe , kongsi kerep dioekoem kaja kang oewis dadi masținé .

Bareng toetoep taoen , moerid maoe akèh kang oleh gandjaran , moenggoeh gandjarané warna-warna, ana kang diparingi lajang watjan , ana kang diparingi djangka sagagragan , ana oega kang diparingi gambaran , sawenèh diparingi lading , ananging si Margana . maoe ora miloe olèh gandjaran .

Saboebaré prijaji koemisi maringaké gandjaran maoe , Margana takon marang goeroené , temboengé : „ Menapaa , bandara goeroe , déné koela teka boten toemoet pikantoek gandjaran , mangka koela kepéngin sanget dateng gandjaran waoe ." Goeroe mangsoeli : „É, akoe goemoen banget , jèn kowé kepengin miloe oleh gandjaran , apa ta , kang kogawé olèh gandjaran , anamoe ikoe , kapisan : kebo moetoeng pasangan , kapindo : kapinteranamoe ora moenḍakmoendak , déné jèn kowé kepéngin oleh gandjaran , ija marènana olèhmoe ngebo moetoeng pasangan ikoe , bokmanawa ing taoen ngarep kowé bisa oleh gandjaran ."

Wiwit samana , si Margana taberi banget , sadina -dinané jèn oewis moelih saka ing pamoelangan , tansah ngoempoeli kantjakantjané kang pinter . Moenggoeh leboené marang ing pamoelangan , ing sataoen ikoe prasasat tanpa lowong, déné kapinterané ija moenḍak akèh . Wekasan Margana maoe dadi wong pinter . Ija ikoe toemandjané piwoelang kang moeni mangkéné : „ Sing sapa wongé temen : tinemenan."

KAJA KÉRÉ MOENGGAH ING BALÉ .

Kjai Wiradarsa Kebajan doekoeh , doewé anak lanang sidji aran si Wirapadma . Kjai Wiradarsa maoe ingatasé Kebajan : poendjoel ing kasoegihané , apa manèh pikiré . Wirapadma maoe dimagangaké ing kantor kono , lawas -lawas bisa dadi Tjarik ing kantor kono . Bareng olèhé dadi Tjarik oewis lawas , arep kadadèkaké Mantri -kopi ,-ananging ora gelem , awit ingatasé Tjarik kantor dadi Mantri -kopi oega moenḍak pangkaté , ananging soeda blandjané. Moenggoeh pangarahé si Wirapadma , bisaa bandjoer dadi Assistèn -Wadana oetawa Adjoeng-Djaksa. Déné panariné wong gedé mangkono maoe , oewis kerep, ananging si Wirapadma tansah panggah ing tjiptané .

Ing sawidjiné dina , Tjarik maoe ditimbali ingarsané Résidèn lan Boepatiné , bareng séba , Résidèn nari : dèwèké arep diangkat dadi Mantri -goedang oejah , awit saka panimbangé Résidèn lan Boepatiné maoe , moenggoeh Tjarik kantor dadi Mantri -goedang oejah ikoe , oega blandjané popog baé, ananging moendak pangkaté , lan akèh kaoentoengané , toer majar panggawéané . Ananging si Wirapadma tansah isih doeroeng gelem . Sawisé mangkono , 27 Boepati maoe ngandika : Tjarik, moenggoeh karsané toewan Résiḍèn mangkono ikoe , betjik lakonana , awit saka paningbangkoe , ingatasé kowé dadi Mantri -goedang oejah , rak oewis kaja kéré moenggah ing balé ." Moenggoeh temboeng mangkono ikoe ndadèkaké roemasané si Wirapadma , wekasan nglakoni .

66

NGGEDÈKAKÉ ATINÉ TENGOE .

Ana panggedéning nagara , pepriksa marang désa, sarèhné adoh, prijaji maoe njaré ana ing omahé Wadana . Sasoewéné ana ing kono , kang njéba : Wadana , Assistèn -Wadana , Mantri lan para Loerah désa .

Bareng bengi prijaji maoe kersa kasoekan , moenggoeh kang dikarsakaké ngladèni kasoekan , ija ikoe Wadana sidji , AssistènWadana sidji , Loerah désa sidji , ganep papat lan pandjenengané . Sasoewéné kasoekan ikoe , Loerah désa sidji maoe pinaksa loenggoeh djadjar nggedangkrang ana ing koersi .

Nalika samana , para Loerah kang séba pada goemoen , déné isih ana Assistèn -Wadana lan Mantri teka ndadak Loerah désa dikarsakaké ngladèni kasoekan , loenggoeh nggeḍangkrang . Moenggoeh Assistèn -Wadana kang ora miloe kasoekan maoe , kebatinan moering -moering , sabab mèri Loerah kang nggeḍangkrang maoe , tjalatoe marang Mantri tjeḍaké loenggoeh , temboengé : „ Dèk Mantri , salaminé nembé poenika, koela soemerep prijantoen ageng ngagengaké manahé tengoe ." Mantri mangsoeli : „ Inggih soekoer , kangmas , malah sampoen boten kétjalan jatra .” Assistèn -Wadana , tjalatoe manèh : „ Inggih teka leres , dèk , ananging pantesipoen katingalan harak langkoeng prajogi koela oetawi aḍèk , kakarsakna ngladosi , tinimbang lan Loerah doesoen ; éwadènten jèn boten wonten Assistèn -Wadana oetawi Mantri ingkang ngadep , inggih sakarsanipoen .”

67

ANGON OELAT NGOEMBAR TANGAN .

Ana randa aran mBok Kerta , doewé anak lanang sidji aran si Toepin . mBok Kerta maoe gawéné dodolan ana ing pakeplékan ; déné si Toepin ikoe awit tjilik sabané ija ana ing pakeplékan kono. Lawas -lawas si Toepin pinter lan demen keplèk, malahmalah saking demené , doewit pawitané bijoengé entèk ditjolongi, digawé keplék. Bareng bijoengé wis ora doewé pangadji saigarigara , si Toepin toekoel pikiré ala , ija ikoe ngoetil . Wiwit nalika samana si Toepin sabané ing pasar , sakiwa - tengené ing kono . Sarèhné pangoetilé kerep kolèhan , dadi toeman sarta misoewoer , jèn si Toepin gawéné ngoetil .

Ing sawidjiné dina , pangoetilé si Toepin konangan , bandjoer ditjekel , sinaosaké ing paréntah , noeli kaoekoem, nggarap gawé peksa sarta kakoendjara. Ananging sanadjana kaoekoem mangkono , tjiptané si Toepin ora soemedja ngoendoeri , awit ingatasé njenjclong , ikoe kang dianggep majar déwé .

Bareng olèhé nglakoni paoekoeman wis poenḍat , si Toepin bandjoer kaoelihaké , sarta dipasrahaké marang loerahé . Satekané ikoe , loerahé mitoetoeri mangkéné : „ Toepin , moenggoeh pitoetoerkoe marang kowé, betjik marènana olèhmoe sok angon oelat ngoembar tangan , samangsa kowé ora marèni , akoe ora gelem kanggonan kowé." Si Toepin mangsoeli : „ O , Masloerah , koela sampoen tobat, boten pisan -pisan badé nglampahana angèn oelat ngoembar tangan malih.”

OESOENG -OESOENG LOEMBOENG .

Kjai Kasanbenawi soedagar soegih , omah ing nagara , doewé batoer lanang sidji aran si Wagija , awit saka temené , dipratjaja banget déning Kjai Kasanbenawi . Kjai soedagar maoe akèh potangé marang para Loerah-désa.

Ing sawidjiné dina , si Wagija dikongkon nagihi marang désa , loengané kongsi nginep pendak dina , nanging ora ana Loerah sidji -sidjia kang ketemoe , awit para Loerah kang ditagih , agi paḍa toegoer gawé pasanggrahan ana ing goenoeng , awit saka karsané nagara . Sarèhné adoh , oelihé Loerah-Loerah maoe , jèn wis rampoeng babar-pisan .

Bareng si Wagija teka ing omahé , kjai soedagar énggal takon, temboengé : „ Wagija ! déné kok kongsi lawas, kaprijé wartané .'

Wagija_mangsoeli : „ O ! lampah -koela boten pikantoek damel , awit para Loerah ing ngrika , saweg sami oesoeng -oesoeng loemboeng dateng paredèn , dados boten wonten Loerah satoenggil - toenggila ingkang pinanggih ."

69

KOETOEK MARANI SOENDOEK .

Ing désa ana djaka sidji , aran si Karna , goelang -goelangané mitenah ing lijan . Mangkono ikoe katemahan . Bareng toewa si Karna gawéné dodok atjoeng -atjoeng lan lija - lijané kang pantjèn agawé soesahing wong. Sarèhné pagawéjané ora ana manèh , kadjaba moeng gawé ala lan roesaking tangga , dadi tangga - tanggané wedi kamoran geting .

Bareng si Karna maoe satengah toewa , ana wong mantja sidji , omah -omah ing désa kono . Nalika samana , wong ing désa kono akèh kang doewé pandjaloek marang wong anjar ikoe, soepaja si Karna maoe loenga saka ing désa kono . Wong tetekan ija njagoehi .

Ora antara lawas, noedjoe mangsa peteng , ing wajah soré dioendang wong tetekan maoe , tekané si Karna doeloeng sirep botjah. Bareng wis wengi sarta wis toetoeg olèhé omong , si Karna pamit moelih, sarèhné peteng , lakoené nganggo obor. Bareng si Karna toetoeg ing latar , kang doewé omah énggal njikep marang si Karna , sarta bandjoer dibanda . Sawisé mangkono wong maoe bandjoer ngoendangi tangga - tanggané kang tjeḍak . Bareng wis pada teka, bandjoer dikon njekeli bandan maoe , sarta ngremboegi mangkéné : „ Ki sanak , koela soemedja noeroeti pikadjengané ki sanak , saniki grija pawon -koela badé koela -besmi . Déné mangké jèn empoen , koela nggaḍahi atoer dateng paréntah , jèn si Karna niki kang mbesmi , moenggoeh njinané latoe obor nikoe kang dianggé mbesmi ; déné ndika sami naksènana , jèn si Karna nikoe kang mbesmi ."

Tanggané paḍa njagoehi kambi boengah -boengah , temboengé : Remboegé ki sanak makaten nikoe , koela sami njoewawèni sarta bingah , awit empoen limrahé tijang kang pidjer damel soesahing tijang, kénging kaoepamèkaken koetoek marani soendoek ." Bareng wis kelakon, si Karna bandjoer katjaosaké ing paréntah ; déné nalika dipriksa ing paréntah , si Karna moekir , ananging moekiré tanpa gawé , awit ana njinané lan kasaksèn ing akèh . Wekasan dioekoem boewang limang taoen , bandjoer mati ana ing mboewangan ; dadi wiwit samana ing désa kono redja sabandjoeré .

NGGOEGAT KAJOE AKING .

Ana toekang sepatoe arep memantoe , oetang doewit marang soedagar kèhé satoes roepijah , sagoeh mbajar pendak poenḍat sasi rolas roepijah , kongsi ambal kaping sapoeloeh . Soedagar oega mènèhi , sarana lajang pratanda oetang , awit ing wektoe ikoe toekang sepatoe maoe rada tjoekoep . Ananging saboebaré mantoe , toekang sepatoe maoe mlarat banget , awit saka geḍéné pikiré , nalika mantoe maoe , malah kongsi ora bisa nggarap gawé dadi toekang sepatoe manèh , awit pirantiné nggarap gawé didol ditoekoe toekang sepatoe lijané, dadi ora bisa netepi pradjandjiané marang ki soedagar maoe .

Ora antara lawas ki soedagar mati , déné kang ndoewèni barang tetinggalané anaké lanang loro aran si Doeta lan si Wirja . Bareng pada maris barang tetinggalan ikoe , ing kono ketemoe ana lajang pratanda oetang salembar , ija ikoe mratélakaké jèn toekang sepatoe maoe isih oetang marang ki soedagar , kèhé satoes rongpoeloeh roepijah . Sarèhné ahliwaris ikoe wis pada weroeh, jèn toekang sepatoe kang oetang ikoe ing saikiné mlarat banget , dadi bandjoer dioendang sarta diremboegi baé . Nalikané ahliwaris ketemoe lan toekang sepatoe , oeniné mangkéné : „Roemijin dika napa njamboet dateng bapak -koela ?" Toekang sepatoe mangsoeli : „ Inggih, nalika koela badé ngimah-imahaken anak-koela, koela njamboet dateng kang rama kaṭahé satoes kalih dasa roepijah , ananging sapriki koela dèrèng mbajar saigar - igara , awit saking malarat-koela !" Ahliwaris mangsoeli : „ Enggih, nikoe koela weroeh déwé , jèn dika saniki kemlaratan, lan saoepami dika koelagoegata , koela prasasat nggoegat kajoe aking ; betjiké dika dadi batoer-koela mawon , déné prakara oetang -dika nikoe , koela -rilakaké mawon, lan dika koela -blandja teloeng anggris sasasiné ." Toekang sepatoe njagoehi kambi boengah -boengah .

71

ENGGON WELOET DIDOLI OEDÈT .

Ing désa ana toekang kajoe, ngoembara golèk boeroehan , moeggoeh kapinterané moeng mețèl , lan nggawé médja alanalanan baé. Déné sanjatané toekang kajoe ikoe , rada kemadjon, ing saenggon -enggoné demen ngoemoekaké kapinterané.

Ana ing teba, toekang kajoe maoe nginep ing omahé Loerah oenḍagi , tekané ing kono soré , sarta ora weroeh jèn kang doewé omah ikoe Loerah oenḍagi . Toekang kajoe maoe , ana ing kono , prasasat sawengi moepoet , ngoemoekaké kapinterané, sarta doewé panari marang kang doewé omah , manawa arep ndandakaké barang sagoeh nggarap .

Déné Loerah oenḍagi maoe , sanjatané pinter lan sabar , sasoewéné toekang kajoe ngoemoekaké kapinterané , malah nggoemoeni baé . Bareng ésoek , toekang kajoe maoe tangi disik, bandjoer ngoengak ing sentong sandingé toeroe , ing kono katemoe ana pirantiné oendagi akèh betjik -betjik . Toekang kajoe énggal takon marang anaké Loerah oenḍagi kang panoedjoe moelih saka kali , pitakoné kambi bisik-bisik , temboengé : „ Nang , sapa kang doewé piranti iki ." Saoeré kang tinakonan : „ Inggih gadahané bapak ." Toekang kajoe takon manèh : „ Elo , bapakmoe dadi apa ta ?" Botjah soemaoer manèh : „ Bapa -koela poenika dados Loerah oenḍagi ."

Sawisé mangkono , toekang kajoe maoe bandjoer loenga , ora nganggo ngentèni tanginé kang doewé omah , awit ngrasa kedoewoeng , tjalatoené : „ Tjilaka , enggon weloet dakdoli oedèt ." Bareng Loerah oendagi tangi toeroe , anaké bandjoer ngandakaké ing bab pitakoné toekang kajoe maoe . Bapakné tjalatoe kambi goemoejoe : „Kirakoe dèwèké kadoewoeng saka oemoeké maoe bengi ika, wong enggon weloet didoli oedèt."

72

NANDOER PARI DJERO.

Ana anak prijaji aran Radèn Tirta , kemlaratan banget , wong toewané oewis ora ana kabèh . Nalika samana ḍèwèké loemeboe magang ing kontroliran , paḍa -paḍa magang ing kono , pinter sarta wekel déwé , ananging lelakoné sadina -dinané memelas banget , awit saka kémlaratané maoe .

Tanggané Radèn Tirta maoe soedagar , ora doewé anak lanang , moeng doewé anak wadon sidji betjik roepané . Déné soedagar maoe kepéngin doewé anak dadi prijaji , saoepama doewéa anak lanang , soemedja disarati soepaja dadi prijaji . Noedjoe sawidjiné dina, soedagar maoe remboegan lan kang wadon , moenggoeh remboegé kang lanang , Radèn Tirta maoe jèn gelem arep dipèk mantoe . Bareng soedagar oewis saremboeg lan kang wadon , bandjoer kongkonan ngoendang Radèn Tirta , déné satekané Radèn Tirta , soedagar lanang -wadon nemoni , sarta doewé panari , temboengé : „ Radèn , sampéjan poenika , kok memelas sanget , jèn mantoek saking kontroliran , boten wonten ingkang ngladosi , oetawi ingkang ngopèn -opèni agem -ageman ." Radèn Tirta mangsoeli : „ O , la inggih sadasa kados -poendi , bapak , saweg kadamel lelampahan , sarta malih arak boeboehanipoen kawoela poenika kedah nglampahi kalihan narimah." Soedagar mbandjoeraké panariné : „Rembag -koela , manawi Radèn karsa , badé koelaatoeri para -njai anak-koela poenika , boten poenapaa , Radèn , inggih oegi koela soedagar , ananging temenipoen , koela kepéngin nggadahi anak dados prijantoen . Menggah anggèn -sampéjan magang , inggih sampéjan ladjengaken , prakawis agem -ageman , oetawi daharsampéjan , sampoen pisan nggalíh soemelang ."

Raden Tirta kagèt , bareng ngroengoe temboeng mangkono ikoe , wangsoelané : „ O , bapak, koela boten ndoengi pisan -pisan , jèn bapak nggadahi rembag ingkang samanten , inggih sanget bingahkoela , déné bapak nggadahi pamengkoe dateng koela ingkang samanten , anamoeng kados poendi temenipoen , bapak nggadahi pikadjengan samanten poenika ." Wangsoelané soedagar : „ Radèn , rembag -koela poenika lahir batos , koela soemedja nanem pantoen lebet , manawi lami -lami koela saged panèn , poenika ingkang koelaangkah ." Wekasan Radèn Tirta noeroeti .

73

OEJAH KLEBOE SAGARA .

Kjai Wiragoena ora doewé anak , dioelem -oelemi ing tanggané , kang panoedjoe doewé gawé mantoe , bareng toetoeg ing mangsané , kjai Wiragoena ora bisa teka djagong lan njoembang , awit agi angot lara geger .

Ing waktoe ikoe kaponakané kjai Wiragoena , djedjaka gedé , pinoedjoe tilik mrono . Bareng bengi djedjaka maoe pamit arep ndeleng ramé -ramé : enggoné kang mantoe maoe . Sarèhnè kjai Wiragoena ora bisa teka, djedjaka ikoe digawé wakil djagong sarta njoembang , temboengé kjai Wiragoena : „Nang, tinimbang kowé nonton ana ing djaba , loewih betjik kowé dakgawé wakil ,

BEBASAN LAN SALOKA 4 djagonga , sarta njoembanga , lan kowé toetoera jèn dakgawé wakil , moenggoeh soembangé , iki soetra limang katjoe wis dakboentel deloewang ."

Sawisé dandan , djedjaka anoeli boedal sarta njangking soembangé , ananging djedjaka maoe bareng toetoeg ing taroeb , ora maleboe , awit saka bodoné . Déné soembangé mace ditampakaké marang sawidjiné wong , kang réwang ana ing taroeb kono , kirakira sinoman , ananging djedjaka maoe doeroeng taoe wanoeh marang kang dioeloengi soembangé maoe .

Ora soewé djedjaka maoe moelih , kjai Wiragoena énggal takon : „ Nang , wajah éné kok moelih ." Saoeré djedjaka : „ Inggih bapak, mila koela énggal wangsoel , awit koela boten malebet ing taroeb ." Kjai Wiragoena takon manèh : „ Pasoembangé kotampakaké sapa ." Wangsoelané djedjaka : „ Soembangipoen koelatampèkaken dateng tijang ingkang lelados , nanging koela dèrèng .naté wanoeh ."

Kjai Wiragoena bareng ngroengoe wangsoelané kaponakané mengkono , bandjoer mbekoeh , oeniné : „Hem, kaprije djedjaka samono gedéné , dikongkon mangkono baé, teka ora genah , dadi ilangé soetra maoe prasasat oejah kleboe sagara , awit saka pangirakoe mesți ora toemeka marang kang doewé gawé ."

74

MAMBOE KOELIT DAGING .

Radèn Ngabèhi Mangoenpranata , Mantri ing nagara Soerakarta , doewé anak loro lanang wadon , kang toewa aran si Tidjah , kang nom aran si Koesèn. Botjah loro ikoe awit pada diomah -omahaké , kongsi pada pepoetoe : ora temoe -tinemoe , awit saka adoh lan ora koberé . Si Tidjah omah ing parésiḍénan Prijangan , amarga ngetoetaké lakiné .

Ing sawidjiné dina anaké lanang si Tidjah kang aran si Landoeng , loenga ngoembara golèk pagawéan , moenggoeh si Landoeng ija wis kerep dipitoetoeri , jèn bijoengé ikoe , asalé saka nagara Soerakarta , anaké Radèn Ngabèi Mangoenpranata Mantri , lan doewé anak lanang sidji , tjiliké aran si Koesèn . Ora antara sasi lakoené Landoeng toetoeg ing nagara Soerakarta , tekané ing wajah asar , bandjoer golèk panginepan , loemeboe ing omahé prijaji . Satekané ing kono , prijaji kang doewé omah panoedjoe ana ingarepan , énggal takon, temboengé : „ Dika kantja poendi , lan adjeng napa ?" Si Landoeng soemaoer : „ Koela tijang ing Pasoendan , badé njoewoen njipeng ing dalem-sampéjan sadaloe kémawon." Prijaji ija bandjoer nglilani .

Moenggoeh prijaji ikoe ija si Koesèn maoe , ananging ing wekoe ikoe ora éling , jèn doewé sadoeloer ana ing Pasoenḍan . Ing bengi ikoe si Landoeng ora pati diopèni , bareng èsoek si Landoeng takon marang anaké prijaji kang doewé omah , temboengé : „ Radèn , keng rama poenika lenggahipoen prijantoen poenapa , lan asmanipoen sinten ?" Kang tinakonan mangsoeli : „ Lenggahipoen Mantri , asmanipoen Radèn Ngabèhi Mangoenpranata , awit noenggak semi soewargi embah -koela ." Si Landoeng nggraita , jèn prijaji kang doewé omah ikoe sadoeloeré bijoengé , awit rada tjotjog lan pitoetoeré bijoengé . Noeli takon manèh : „ Saḍèrèkipoen keng rama poenika sinten ?" Bareng takon mangkono anaké prijaji nggraita jèn botjah ikoe isih mamboe koelit daging , awit dèwèké ja sok dikandani jèn bapakné ikoe doewé sadoeloer wadon , tjiliké aran si Tidjah , omah ing Pasoenḍan .

Nalika samana , botjah loro maoe mbandjoeraké olèhé takontinakon , nggantjaraké asal -oesoelé , mangka kabener pantjèn sadoeloeré . Wekasan tangis - tinangis temboengé anaké prijaji : ,,Saleresipoen sampéjan poenika lan koela mambet koelit daging ."

75

MAMBOE ATI.

Wong aran si Karja djoeroe ngladèni ana ing loesménan , bodjoné isih enom , betjik roepané . Karja maoe oelihé saka ing loesménan , jèn bengi penḍak beḍoeg, jèn awan penḍak loehoer , sarta jèn awan anané ing omah moeng rong djam. Déné bok Karja lawasé oewis limang taoen , ananging doeroeng doewé anak.

Woesana ana wong lanang sidji , isih enom bagoes roepané , tekané ing omahé Karja , perloe arep golèk gawéan , dadi batoer Walanda , déné tekané ikoe kabener si Karja moelih ing wajah bengi . Sawisé di bagèkaké sarta disoegoeh , wong maoe doewé pandjaloek marang si Karja , temboengé : „ Kakang , dateng -koela ingriki , manawi toewan ing loesménan oetawi sanèsnipoen , wonten ingkang ngoepados abdi , koela sampéjan lebetaken ." Si Karja njagoehi , oeniné : „ Enggih ta di , ananging rembag -koela dateng aḍi , aḍi prajogi lèrèh wonten ing pondok -koela ngriki roemijin , koela seḍeng oelang -oelang ." Wong maoe ija gelem .

Nalika samana wong maoe kongsi sasèn -sasèn , ora loengaloenga . Sarèhné bok Karja kepéngin doewé anak, mangka kapondokan wong bagoes anom . Lawas -lawas bok Karja lan kang mondok maoe lakoe béḍang . Déné tangga - tanggané ija paḍa ngerti, jèn bok Karja lan kang mondok ikoe mamboe ati . Woesana ana wong tangga loro, kang sidji tjalatoe : „Kang , bok Karja nikoe kok mamboe ati !" Sidjiné mangsoeli : „ O, di prakara mangkono ikoe , sanadjan kowé weroeh déwé , adja pisan kogawé moerah , awit ora betjik kang tinemoe , lah, ija loewih -loewih doerakané disangga déwé mono , éwadéné jèn Karja salah sidjiné sadoeloermoe , akoe ora malangi kang dadi karepmoe ."

ORA MAMBOE WONG LANANG .

Kjai Djagaredja Loerah désa , soegihé loewih-loewih, doewé anak lanang sidji , oewis djedjaka gedé . Djedjaka ikoe awit tjilik tansah ngințil bijoengé , lawas-lawas ngerti banget marang rékané wong olah -olah oetawa blandja, sarta kadoenoengan boedi kețoek tjețil , lan loemoeh nggarap gawé kaloemrahané wong lanang . Déné jèn ana ing karaméan , ija ora bisa nggoejoebi lan djedjaka lijané . Djedjaka maoe wis kerep di golèkaké bodjo , ananging ora olèh , awit endi prawan kang ditakokaké , wong toewané ora awèh. Malah oewis taoe nakokaké landjar , ananging ija ora gelem , awit saka alaning wateké maoe .

Ing sawidjiné dina , Loerah sisihané kijai Djagaredja maoe , doewé gawé mantoe , déné kijai Djagaredja lan anaké , ija toegoer ana ing kono. Ing kono ana dajoh sidji , takon marang kang doewé omah , temboengè : „Kang Loerah, poenapaa Loerah Djagaredja poenika anakipoen djaler sampoen ageng , teka dèrèng dipoenrabèkaken?" Wangsoelané kang doewé omah : „O, liwat saking, di, digolèk -golèkaké ora olèh ." Dajoh takon manèh : "Elo, poenapaa kok boten angsal , déné anak Loerah soegih , toer pangéran dipati ." Kang doewé omah mangsoeli manèh : „ Moelané endi kang ditakokaké ora gelem , awit botjah ikoe ora mamboe wong lanang , malah dèk bijèn kelakon nakokaké landjar ala baé, ija meksa ora gelem ." Dajoh soemamboeng kambi mbekoeh : „ Em, kang Loerah, inggih leres inkang boten poeroen ."

77

ANEPOENGAKÉ BALOENG PISAH .

Ana wong loro pada sadoeloer , kang toewa aran si Mangoen , kang enom aran si Padma . Wong maoe pisahé awit djedjaka, marga si Mangoen ikoe, awit tjilik ngabdi prijaji Walanda . Bareng bendarané ngalih , kakarsakaké nḍèrèk , wekasan omah sédjéné nagara . Mangkono ikoe kongsi wajahé pada memantoe , ora temoetinemoe , ora lija moeng kabar-kinabaran sarana lajang baé. Kang toewa oewis ngroengoe jèn anak pambarepé wadon , déné kang enom samono oega, ija wis ngroengoe jèn anak pambarepé kakangné lanang .

Nalika samana , sarèhné anaké maoe oewis pada mangsa , si Mangoen kirim lajang marang si Padma, soerasané lajang , arep ngedjak bésanan , ananging sarèhné adoh , ija salah sidji baé kang mangkoe , déné botjahé ija salah sidjiné diloeroegaké , ija ora apaa , moeng nepoengaké baloeng pisah , awit jèn ora mangkonoa , amasti ing tembé bakal kebandjoer . Mangkono ikoe si Padma ija njarah baé.

SENDANG KAPIT PANTJOERAN .

Pamané si Kartajoeda, soedagar soegih banget , doewé anak ontang -anting, déné anaké ikoe bareng oemoer sawindoe : mati , déné si Kartajoeda anaké maoe teteloe , kang pambarep lanang , kang pandaḍa wadon , kang woeragil ija lanang manèh .

Sapatiné ki soedagar maoe , kang ndoewèni barang tetinggalané kabèh , ija ikoe si Kartajoeda , awit ki soedagar maoe ora doewé ahli waris manèh -manèh . Moenggoeh barang tetinggalané ikoe, kang roepa doewit rongleksa roepijah, lan barang warna-warna .

Satampané warisan maoe , saben wong ngira jèn si Kartajoeda íkoe , ora bakal toemiba ing kamlaratan . Éwadéné doeroeng kongsi ngomah -omahaké anaké teteloe maoe , si Kartajoeda oewis ngéré .

Ing sawidjiné dina, bareng si Kartajoeda ikoe oewis mlarat, ana sawidjiné dalang teka ing omahé . Sasoewéné dalang ikoe ana ing kono , si Kartajoeda tansah nggoenem ing bab kamlaratané awaké . Déné dalang maoe bandjoer noetoeh , oeniné : „ Lepat dika pijambak , di , ila-ilané jèn gaḍah anak sendang kapit pantjoeran nikoe kedah ngroewat nanggap wajang poerwa sadintensadaloe , samangsa boten makaten , masti énggal doemawah ing kamlaratan, awit redjekiné dipoenteḍa Batara Kala ." Moenggoeh oedjaré dalang mankono ikoe, si Kartajoeda ora mikir , awit oewis kebandjoer mlarat.

OEGER -OEGER LAWANG .

Anaké kjai Wirakarsa , loro lanang kabèh , roepané bagoes -bagoes , toer kaja djambé sinigar . Sarèhné kjai Wirakarsa maoe , kaleboe soegih , jèn nggawèkaké sandangan anaké maoe , masți pada . Sok wonga kang nembé weroeh marang botjah maoe ngira jèn botjah kembar , nanging sanjatané doedoe .

Ing sawidjiné sasi , sadoeloeré kjai Wirakarsa , ramé -ramé , botjah loro maoe paḍa njinoman ana ing kono , manganggo sarwa pada .

Ing kono ana dajoh mantja sidji doeroeng taoe weroeh marang botjah loro ikoe. banget goemoené ndeleng , sarta ora ngandel pisan -pisan , jèn ikoe doedoe batjah kembar.

Nalika samana , dajoh maoe saking ora pratjajané takon déwé marang kjai Wirakarsa , temboengé : Bapak, sanget damel goemoening manahkoela , déné sok tijanga koelatakèni , jèn poetra -sampéjan poenika dédé laré kembar, poenapa inggih jektos , dédé laré kembar ?" Kjai Wirakarsa mangsoeli : „ O , dédé nak , larékoela nika : laré oeger -oeger lawang , déné oemoeré let tigang taoen ." Nalika ikoe, wong maoe lagi pratjaja , ananging tansah goemoen .

80

TOENA SATAK BATI SANAK .

Prawan kang aran si Sadirah , pinter lan saregep ing gawé , sadina -dina gawéané dodol . Sadirah maoe awit oemoer rolas taoen , wis bisa golèk sanḍang -pangan déwé .

Ing sawidjiné dina , si Sadirah blandja , nempoer , toekoe gedang , krambil , oejah lan kajoe : soemedja arep digawé nagasari . Berasé rong beroek rega rong ketip, geḍangé satangkep rong wang, krambil lan oejahé sakelip , déné kajoené soewang . Bareng wis mateng diétoeng katemoe beḍah teloeng talèn , kadjaba kang dipangan sasadoeloeré . Mangkono ikoe wong toewané ija soemoeroep , jèn batiné satalèn , awit belandjané entèk rong talèn , beḍah teloeng talèn.

Bareng si Sadirah moelih saka dodol ing wajah soré , bapakné takon, temboengé : „ Ing dina iki kowé oleh bați pira, genḍoek ? ” Sadirah mangsoeli : „ Ing dinten poenika koela pikantoek bati kalih ketip , bapak ." Bapakné soemamboeng : Elo, moenggoeh ,, pétoengkoe , ing dina iki kowé olèh bați setali , ja géné teka moeng bați rong ketip ." Sadirah mangsoeli manèh : „ Inggih bapak ananging toena satak bați sanak . Awit jèn tangga oetawi kawanoehan -koela saé ingkang toembas , kedah koelasoekani mirah." Tjalatoené bapakné : „ Hem, ikoe bener gendoek awit samangsa ora mangkono , masti kaaranan wong njenjengit.'

SABOEK GALENG .

Ing désa ana randa soegih , betjik roepané , aran bok Djaja, agi doewé anak sidji , doeroeng kongi gedé bandjoer mati . Nalika samana , olèhé dadi randa kongsi lawas, awit kang dikarepaké , bisaa laki Loerah désa kang bagoes anom , kang amba sawahé , lan kang ora ngebrèh . Salawasé bok Djaja randa , dadi kembang lambé : sandoeng djekloek embok Djaja.

Loerah désa tjeḍaké kono , ana sidji kang bagoes anom , toer amba sawahé , ananging salawasé sawahé ana ing padolan , awit Loerah maoe madati lan demen ngabotohan , malah -malah saben mangsa bajar padjeg , kerep kongsi arep dikoendjara , awit pambajaré doewit padjeg tansah kètèr .

Noedjoe sawidjiné dina , Loerah maoe kongkonan sawidjiné wong wadon toewa, nari marang bok Djaja, soemedja arep diepèk bodjo . Bareng kongkonan maoe teka ing omahé bok Djaja, énggal atoetoer , temboengé : „ Bok ngantèn , datengkoela ingriki , dipoenkèngkèn loerahkoela , boten poenapaa , manawi ndadosaken sardjoening panggalihsampéjan , loerahkoela kepéngin sanget nggadahi rajat ing sampéjan ." Kang tinari mangsoeli semoe sengol : „ O, njai dika matoer dateng loerahdika , koela saniki boten adjeng laki , awit poeloeh koela lakia, nggih laki amalkoela , toer mangké jèn koela empoen mlarat, ladjeng disija ; koela boten mada dateng loerahdika , Loerah bagoes -anom , toer saboek galeng , nanging salami -laminé, sabiné kok onten sadan ." Kongkonan ora bisa djawab apa -apa manèh , awit oewis kanggonan .

KEMLADÉJAN NGADJAK SEMPAL .

Ana prijaji Wadana , wateké resik banget , wiwit dadi Tjarik kongsi dadi Wadana , ora taoe gelem nampani pawèwèhé wong kang kabener bawahé . Wadana maoe doewé poenakawan sidji , aran Redjasemangoen , ikoe saben -saben ndjedjaloek marang para Loerah désa , kang kalebce bawahé bandarané ; moenggoeh pandjaloeké maoe , loepoet ora olèh , awit awad -awad dikongkon bandarané , loewih-loewih pandjalceké , jèn ana Loerah doewé prakara oetawa lagi mantjep dadi Loerah. Mangkono ikoe kongsi ndadèkaké tjoekoepé , malah -malah kena ditemboengaké soegih , awit ingatasé poenakawan , bisa njéwa sawah atoesan .

Lawas -lawas kalakoeané Redjasemangoen maoe kaweroehan, awit para Loerah ngerti , jèn Redjasemangoen ikoe , pandjaloeké marang Loerah désa saka karepé déwé . Bareng mangkono para Loerah kang oewis diapoesi moering -moering , soemedja matoer marang bandarané .

Nalika samana , ana sawidjiné Loerah désa isih anjar, nalikané mantjep dadi Loerah, didjaloeki doewit déning Redjasemangoen , kèhé satoes anggris , oega awad -awad bendarané kang ngoetoes . Ikoe sowan marang wedanané , nerang Redjasemagoen maoe , temen lan orané ; bareng teka ingarepané Wadana , atoeré Loerah mangkéné : „ Bandara, sowan kawoela ingarsa pandjenengan , kawoela njoewoen priksa , nalika kawoela mantjep dados Loerah poenika , abdi -pandjenengan Redjasemangoen neda jatra dateng kawoela kaṭahipoen satoes anggris , oegi sampoen kawoela -soekani , menggah djawabipoen Redjasemangoen dateng kawoela , pandjenengan ingkang moendoet . Ingkang poenika Redjasemangoen temen poenapa boten , manawi pandjenengan ingkang moendoet , kawoela inggih soekoer , sarta rila donja achérat , manawi boten , moegi ndadosna pamriksapandjenengan ." Wadana mangsoeli sarta mangah -mangah : E, temen toetoermoe ikoe Loerah?" Atoeré "" Loerah : 0, sinten kawoela, bendara , jèn kawoela kamipoeroena 27 matoer dora dateng pandjenengan ?" Wadana soemamboeng : „Lajak bisa njéwa sawah mréna -mréné ; jèn mangkono , Redjasemangoen ikoe kemlaḍéjan ngadjak sempal ."

Sawisé dipriksa bener , Redjasemangoen bandjoer dioendang ; bareng teka, Wadana énggal paréntah : „ Redjasemangoen , kowé awit dina iki ora kena ana ing wewengkonkoe kéné , sarta wong désa kang pada isih oetang marang kowé, ora wenang kotagih , awit doewit kang kogawé njéwa sawah ikoe , olèhmoe ora sah , roepané kowé ikoe anané ing tangankoe kemladéjan ngadjak sempal ." Redjasemangoen sarèhné oewis roemasa loepoeté tanpa soewala . Déné para Loerah boengah ndeleng , bareng Redjasemangoen maoe ditoendoeng .

83

NDOEWOER GALENG NGISOR GALENG ..

Ana prijaji bangsa gedé , kagoengan abdi poenakawan loro , aran si Doel lan si Adi . Si Doel botjah mantja, si Adi botjah ing kononé. Bareng botjah maoe paḍa diwasa , karoné pada magoeroe kadigdajan marang sawidjiné goeroe , kang dedoenoeng ing désa ora pati adoh saka ing kono . Awit samana botjah maoe , roemaket banget prasasat rina wengi tansah roentoeng -roentoeng , awit saka paréntahé goeroené . Nalikané pada magoeroe , goeroené paréntah , oeniné mangkéné : „ Enggèr , wong ikoe sanadjan lijan delajan , jèn toenggal goeroe , mangka noenggal panggonan , ikoe koedoe ndoewoer galeng ngisor galeng ." Moelané sabandjoeré , botjah maoe roekoen kaja déné sadoeloer toenggal bapa bijoeng .

Si Doel maoe bareng mempeng , wateké goemedé sarta toekmis ; bareng mangkono ing kono ana wong sidji , aran si Poerwa , ikoe panas marang si Doel , awit saka wateké maoe . Poerwa takon marang si Adi , temboengé : „ Adi , kowé ikoe dakdeleng -deleng kok sepeket temen karo si Doel ika, apa ta pakolèhé , ngraketi wong oegal -oegalan , toer botjah mantja , ora karoehan tambang prantéané ." Si Adi njaoeri semoe sengol : „ Ọ , ija, Poerwa , akoe lan Doel ikoe loewih sepeket , apa kowé doeroeng ngerti , jèn akoe lan si Doel ika, nḍoewoer galeng ngisor galeng ?"

Temboengé si Adi mangkono ikoe, ndadèkaké moentabé pikiré si Poerwa, ananging ora soewé si Poerwa éling jèn kang noeroenaké si Poerwa , oewis karoban betjík déning kang noeroenaké si Adi , sarta manèh éling marang piwoelang kang moení mangkéné : „ Disantosa njanḍet hawa-nepsoemoe , jèn ora mangkono , dadi anamoe ing donja tanpa gawé ."

84

TJINA TJERAKI .

Ing désa ana wong sidji , aran Anggajoeda , soegih ananging tjețil , saking tjețilé kongsi ora pisan éling ngoeloeri pangan marang wong mlarat, déné jèn ana wong njilih barang dandanané koedoe njéwa. Tanggané Anggajoeda maoe aran Parta , wateké makoetar , ananging ora soegih kaja Anggajoeda .

Noedjoe sawidjiné sasi si Parta doewé gawé , ngrabèkaké anaké . Nalikané ngarepaké doewé gawé , si Parta teka ing omahé Anggajoeda , ndjaloek njilih dijan gantoeng sidji , temboengé Parta mangkéné : „Kang Anggajoeda , datengkoela ingriki , koela badé neḍa njamboet dilahé gantoeng kakang satoenggal kemawon , déné mengké jèn empoen , koela enggih njoekani pitoewas dateng kakang , napa adaté ." Sarèhné disilih tangga , Anggajoeda ora arep jèn diwènèhana séwané , wangsoelané mangkéné : „ Enggih saé, di , mangké dika kéngkénan menḍet , sarta si aḍi boten oesah njoekani pitoewasé , awit ngangkah , napa , di , dilah satoenggil disamboet sadèrèk .” Parta mangsoeli banget panarimané .

Bareng toetoeg mangsané arep kanggo , si Parta kongkonan ndjoepoek dijan oega digawakaké, sarta katoetan lenga satengah endèk , déné si Parta ija weroeh déwé , jèn dijan maoe isi lenga satengah enḍèk . Bareng boebar gawé , Parta kongkonan ngoelihoelihaké barang silihan, kabèh bener , moeng dijané Anggajoeda kang dibalèkaké, oeniné Anggajoeda mangkéné : „ Dijan iki gawanen bali , awit dijankoe kang digawa mrana ora kaja mangkono ." Bareng digawa bali , anaké Parta lan kongkonan maoe geder , oeniné mangkéné : „ Kaprijé , mangka ora njilih dijan gantoeng lija - lijané kedjaba moeng sidji iki , lan ing kéné ora ana dijan manèh -manèh , teka bareng dioelihaké kang doewé ora 99 nganggep .

Mangkono ikoe kroengoe ing si Parta , sarta éling jèn nalika nggawa dijan maoe isi lenga satengah enḍèk , mangka olèhé ngoelihaké kotong babar pisan. Parta bandjoer tjalatoe marang anaké lan kongkonan maoe , temboengé : „ O , botjah bodo , ngoelihaké dijan mangkono baé kok ora bisa , njilih barangé tjina - tjraki mono koedoe élingan , mara saiki dijané isènana satengah doewoer , bandjoer oelihna , masți énggal ditampani, awit bijèn nalika dijan ikoe digawa mréné , isi lenga satengah endek . Bareng dijan maoe " oewis isi lenga satengah doewoer , bandjoer dioelihaké ,Anggajoeda énggal nampai moenggoeh olèhé nampani , katon ing semoe jèn kalawan boengah .

85

PANDÉ GALENG .

Ing désa ana randa soegih , aran bok Kartika , doewé anak wadon sidji aran si Soeli , patiné kang lanang nalika si Soeli ikoe agi oemoer pitoeng taoen . Kasoegihané bok Kartika saka tetinggalané kang lanang ,moenggoeh dipangana kambi nganggoer , tjoekoep saoemoeré . Déné pangoepadjiwané kang lanang nalika isih ora lija moeng naberèni nggarap palemahané , oerip , awit saka taberiné , sawah lan pakarangané kongsi ora ana kang bera sațiṭikțițika .

Bodjoné bok Kartika maoe , nalikané arep mati , tinggal wekas marang kang wadon , temboengé : saoengkoerkoe „Bokné Soeli , jèn anakmoe ginandjar slamet , adja pisan kolakèkaké wong kang ora tani , awit kowé soemoeroep déwé , jèn kasoegihanakoe samono ikoe , djalaran saka taberikoe nggarap lemah . " Kang wadon mangsoeli kambi mbrebesmili , awit tjalatoené kang lanang mangkono ikoe , oewis sanḍoewoer tenggok .

Bareng si Soeli diwasa , akèh prijaji Mantri lan Tjarik kang ngarahi , soemedja dipèk bodjo , awit Soeli maoe roepané rada si lowoeng , sarta barang darbèk embokné , ing tembé ora woeroeng si Soeli kabèh .Ananging kang mangkono ikoe ,ora ana kang marang djalaran bokné panggah ora awèh , kelakon , awit dèwèké tansah éling marang wekasé kang lanang , nalikané arep mati .

Ing sawidjiné dina tanggané kang aran pak Tlepong , teka ing omahé bok Kartika maoe tjalatoené mangkéné : „Bokajoe Kartika dika nikoe kepripoen ,déné gadah anak èstri kapoendoet prijantoen teka boten soeka , nikoe saking pamanggihkoela , dika loepoet , empoen pinten -pinten rahmat , awit ingtasé bokajoe , gaḍah anak laki prijantoen ageng , kados ta :Wadana , Kolèktoer , sapanoenggilanipoen , poetrané boten tamtoe ladjeng laki Mantri . Bok " Kartika mangsoeli : „Enggih leres dika , di , ananging welingé Soeli nikoe jèn bapakné Soeli , nalikané adjeng tilar -donja , si wiloedjeng , kèn ngimah -imahaké pikantoek tijang kang pandé galeng kados bapakné nalika taksih gesang , awit djenaté rakané ngriki , sagedé tjekap djalaran anggèné pandé galeng ." Pak Tlepong soemamboeng kambi manțoek-manțoek, temboengé : Kedjawi ta jèn makaten , bokajoe , koela boten njekap , awit sampéjan nglampahi wadjib .”

86

PITIK TRONDOL SABA ING PEDARINGAN .

Ana randaning prijaji , aran Mas Adjeng Trawigoena, loewih-loewih mlaraté , doewé anak lanang sidji aran Masagoes Tjentoeng. Patiné bapakné nalika dèwèké isih baji .

Bareng Masagoes Tjentoeng maoe lebar tetak, mbandjoer loemeboe sinaoe marang pamoelangan . Salawasé sinaoe kantjakantjané ora ana kang ngadjèni , awit saka asoring panganggoné , malah saking koeroené , sadina -dina dadi gegoejon .

Moenggoeh mangkono ikoe , lawas -lawas mari déwé , awit Masagoes Tjențoeng maoe ora lawas ditjandak ing pamané kang soegih singgih , awit soemedja arep dipèk mantoe . Dadi wiwit samana Masagoes Tjențoeng maoe karengga ing boesana lan ora kekoerangan ing pangan . Wekasané ora lawas énggal katon betjik .

Anoedjoe ing sawidjiné dina , ana moerid loro aran si Gombak lan si Wahja pada rerasan . Tjalatoené si Gombak : „ Wahja , akoe goemoen , déné si Tjențoeng ika, saiki karengga ing boesana , lan awakè loemrah ing akèh ." Wahja soemamboeng : „ O , mesți baé , Gombak, awit ing saikiné si Tjențoeng ika, pitik trondol saba ing padaringan ." Si Gombak takon ; „Wahja , kaprijé teka koarani mangkono ikoe ?" Saoeré si Wahja : „Moelané dakarani mangkono , awit ing saiki dèwèké ora miloe bokné , ananging miloe pamanané kang soegih singgih ." Si Gombak soemamboeng : ,,É, lajak énggal ganep woeloené lan ginak-ginoek ."

87

KEKOEDOENG WALOELANG MATJAN.

Ana sawidji maganging Kontrolir , aran Radèn Singaranoe , loewih nḍoegalé , ananging dikasihi déning bendarané , awit saka pinteré ngladèni .

Moenggoeh Kontrolir maoe doeroeng doewé njonjah toer soegih , lan rada demen marang oegal -oegalan . Magangé akèh ananging moeng Radén Singaranoe déwé kang dikasihi , diparingi sandangan , ora kongsi kekoerangan , malah saking banget pangedjoré , Radèn Singaranoe maoe panganggoné prasasat poetra , lan sadina -dina kandoetané doewit ora koerang kadi satoes roepijah.

Ananging moenggoeh sanjatané , Radèn Singaranoe maoe , gawéné ndjaloek marang Loerah désa bawah kono , kang agi tetep dadi Loerah, oetawa kang agi kena ing prakara, kang atas bebenerané Kontrolir . Déné pandjaloeké ikoe awad -awad jèn bendarané kang ngoetoes .

Moenggoeh lelakoné magang kaja mangkono maoe , ora lawas énggal mari , awit ana sawidjiné Loerah désa , anjatakaké, matoer marang Kontrolir maoe . Bareng Kontrolir mireng atoeré Loerah, moering -moeringé , sarta bandjoer dilakokaké prakarané , moenggoeh oekoemé , kaja déné kang dadi beneré . Nalika nibakaké bebeneran , paréntah ngandika : ,,Singaranoe , serèhné enggonmoe kekoedoeng waloelang matjan oewis lawas, saiki kowé koedoe nglakonana oekoem boewang limang taoen , menjang tanah sabrang ." Kang kaḍawoehan njandikani kalawan mbrebesmili .

MERANGI TATAL.

Doeroeng lawas ana djedjaka loro , aran si Sari lan si Midin , kawitané pada tepoeng betjik . Ora antara taoen , si Sari goegat marang si Midin , moenggah marang bebenaran . Atoeré si Sari marang paréntah: ,,Doemoeginé ing sapoenika , kadoegi sampoen wonten tigang taoen laminipoen , koela kekésahan dateng pasantrèn ing sadèrèngipoen mangkat, koela titip koerän Trengganoe satoenggil dateng poen Midin , awit pijambakipoen sampoen koelaanggep mitra saé , ing sapoenika koerän waoe koelateḍa , ananging poen Midin boten poeroen mangsoelaken ." Atoeré si Midin nalika dinangoe ing paréntah : „ Koela matoer ing sajektosipoen , koela boten soemerep pisan -pisan dateng koerän poenika , saking pandoegikoela, mitrakoela poen Sari poenika ragi kalindih ing manah, déné kok gaḍah panarka ingkang samanten ."

Paréntah ndangoe marang si Sari : ,,Kalané kowé ngoeloengaké koerän marang si Midin , apa ana wong kang weroeh ." Wangsoelané si Sari : „Boten wonten tijang ingkang soemerep , kalanipoen koela ngoeloengaken koerän dateng poen Midin , panoedjoe wonten ing radinan ageng , sangadjenging wandé, wonten ingrikoe koela ngiras andoem wiloedjeng ." Si Midin dinangoe ing paréntahatoeré : „ Koela poeroen soepaos jèn koela soemerepa dateng wandé 99 ingkang dipoen -atoeraken poenika , sami oegi boten soemerepkoela dateng koerän waoe .'

Paréntah toemoeli dawoeh marang si Sari : ,,Sari ! kowé loengaa , ndjoepoeka ateping waroeng kang koatoeraké maoe , akoe arep weroeh roepané . Déné kowé Midin ngentènana ing kéné baé ."

Si Sari bandjoer loenga , bareng oewis antara soewé mangka doeroeng ana katon bali , noeli ana sawidjiné poenakawan njeḍak si Midin sarwi takon , temboengé : „ Di , Midin , kok dangoe siSari waoe , napa tebih enggèné ?" Si Midin mangsoeli semoe songol , temboengé : „Eh ! dika nikoe kok merangi tatal, tebih tjelaké malih koela soemerepa , prenahé mawon koela boten soemerep . Moenggoeh pitakoné poenakawan mangkono ikoe awit saka pakoné bendarané . Sarèhné si Sari ora doewé saksi , sarta ora bisa ngoeloer atoeré , wekasan goegaté dibatalaké, sarta bandjoer dikon moelih .

SÉTAN NOENGGANG GADJAH .

Ing djaman koena ana Palang désa soegih sarta banget kepénginé marang oenḍaké pangkaté , ananging moenggoeh tjatjadé, wong maoe kalakoeané ala banget , ija ikoe srèi lan drengki .

Ing sawidjiné dina , anaké wadon kang manggon ing désa lijané, teka tilik mrono , kang lanang ora miloe . Nalika samana kongsi lawas ora moelih, kelakon dipețoek kang lanang , ija ora gelem , moenggoeh sanjatané, ndjaloek petoekan soeweng kang betjik , awit salawasé ana ing enggoné bapakné ikoe , soewengé ilang ora karoewan, déné jèn ora ditoeroeti , ija arep ora bali ing salawasé . Moenggoeh akal mangkono ikoe , ing satemené saka pangodjokodjoké bapakné , awit soewengé didjaloek bapakné .

Moenggoeh lelakon mangkono ikoe , ora lawas énggal kawangoeran , sarta misoewoer jèn Palang maoe ndagang anaké wadon . Ananging sarèhné mantoené maoe , anaké Loerah désa kang kabener bawahé toer bodo , wekasan apa pandjaloeké kang wadon maoe ditoeroeti .

Bareng antara sasi , ing désané , Loerah kang kabener bawahé Palang maoe , ana wong dikètjoe , moenggoeh kang dadi Loerah ija isih sanaké Palang maoe . Bareng prakara maoe kaoeningan ing paréntah , paréntah noeli dawoeh marang palangé , soepaja golèka keterangan , déné jèn dèwèké bisa njekel kètjoe sarta terang , arep didadèkaké Demang . Palang noeli njandikani klawan boengahboengah .

Nalika samana , Palang bandjoer golèk barang sawatara , kang njaroepani lan barang kang digawa ing kètjoe maoe . Bareng wis oleh barang bandjoer disesepaké ing pakebonané Loerahé wong kang dikètjoe maoe . Ing lija dina Loerah maoe bandjoer digléḍah , sarèhné ana barang kang ketemoe ing pakebonané , Loerah bandjoer ditjaosaké ing Paréntah. Bareng paréntah noedoehaké barang gléḍahan ikoe , wong kang dikètjoe ora ngakoe jèn doewé barang ikoe . Wekasan ija katitik , jèn barang ikoe Palang déwé kang nlesepaké . Nalika samana , misoewoer sanagara , jèn Palang maoe ngleboni sanaké , sarta sok wonga tjalatoe , jèn alanè Palang maoe ngrenggoenoek .

Ora lawas saka boebaré prakara ikoe, Palang maoe ngadjak bésanan marang Palang sisihané ; déné Palang kang diadjak bésanan , bandjoer remboegan lan sadoeloeré . Wangsoelané sadoeloeré : „ O , di : ija sapa wongé kang ora gelem diadjak bésanan mas Palang ika , dasar soegih toer singgih , moeng tjatjadé kok sétan noenggang gadjah ." Palang maoe saben remboegan lan sadoeloeré , wangsoelané ja mengkono . Wekasan ora sida dadi bésan .

90

MBALANG OEWOHÉ.

Ana prabot désa , lanang wadon pada loenga tilik mitrané, kang manggon ing nagara ora adoh saka ing désa kono . Lakoené wong maoe , kang lanang njangking boeboek , oran -oran , wadjik lan goela , diboentel ing katjoe, déné kang wadon nggendong senik isi beras , krambil , iwak lan djanganan , kagawé olèh -olèh .

Bareng lakoené toetoeg ing omahé mitrané, kang doewé omah lanang wadon panoedjoe lengoek - lengoek sarta panoedjoe ora dedoewèn . Nalika samana , bareng oewis mbagèkaké sarta nampani oleh -oleh , kang wadon bandjoer nggodog wédang , moenggoeh sasoewèné nggoḍog wédang ikoe , dèwèké ngoenandika , temboengé : ,,O, Allah , saoepama dajoh ikoe tekané tanpa oleh -oleh , masți kawirangan ."

Nalika samana , ora soewé noeli metoe soegoehané wédang boeboek , moenggoeh patjitané ija oran -oran lan wadjik maoe . Sasoewéné kang lanang djedjagongan lan dajohé loro , kang wadon mbandjoeraké olah -olah . Bareng antara oewis mateng -matengan , bandjoer pada mangan , lawoeh gorèngan iwak , koeloeban lan djangan lodoh .

Dajoh maoe oelihé oewis rada soré , bareng ana ing dalan , paḍa rerasan , tjalatoené kang lanang : „ Bokné tolé ! aḍimoe nagara maoe , semoené agi ora dedoewèn ." Kang wadon njaoeri : „ Kang soemerép gèmbolané tijang sinten , sarta sampéjan njipta mekaten poenika , katanda saking poenapa ." Kang lanang tjelatoe manèh : „Anggonkoe ngira mangkono ikoe , déné soegoehané maoe , kok balang oewohé baé."

Kang doewé omah maoe , bareng dajohé moelih , kang wadon tjalatoe marang kang lanang, temboengé : „O, Allah bapakné ,, gendoek , kaprijé déné kok tinekdir ora mati ora oerip mangkéné , maoe ika toedjoené dajohé nggawa olèh -olèh , dadi balang -balang oewohé ana kang digawé njoegoeh ." Kang lanang mangsoeli , oedjaré : „ O , ananging ija soekoera ing Goesti Allah baé, awit pira-pira kèhé wong kang miskin ngoengkoeli akoe lan kowé."

KANDANG LANGIT KEMOEL MÉGA.

Ing sawidjining koeța , ana wong karan anak pak Kantong, mondok ing omahé wong soegih , dipanggonaké ana ing èmpèr kang boeri . Moenggoeh pagawéané pak Kantong ikoe glidig lan beboeroeh nggawa barang : ing satjandaké baé . Déné jèn beboeroeh nggawa barang ing sawidjining koeța , ora énggal bandjoer moelih , ananging moenggoeh oelihé ija ngiras beboeroeh nggawa barang . Ing sadoeroengé olèh gawan, ana ing koeta kono ija njamboetgawé gliḍig.

Anoedjoe ing sawidjiné dina, pak Kantong moelih saka beboeroeh , satekané ing pondokané , kang doewé omah panoedjoe njambat majoe . Pak Kantong ngoenadika , temboengé : „ É, déné pada majoe , dakarani doeroeng botjor ."

Ora soewé kang pada majoe lèrèn kambi wédangan . Kang doewé omah takon marang kantjané , temboengé : „Pak Kantong maoe tjalatoe kaprijé ?" Kang ditakoni soemaoer : „ Pijambakipoen goemoen , déné sami madjeng poenika , awit pijambakipoen nginten jèn dèrèng botjor." Kang doewé omah noeli soemamboeng : „ Em, wong majoe omah baé teka digoemoeni , rak oewis loemrah ing akèh , ḍèwèké kandang langit kemoel méga , ora nganggo mikir paréntah lan omah ."

92

NEBOE SAOEJOEN.

Ing désa ana djedjaka lelima , pada loenga ndeleng garebeg marang nagara , kang rada adoh saka ing désané . Déné djedjaka maoe paḍa soemekta ing sangoe sarta manganggo ing sapantesé . Bareng lakoené djedjaka maoe ngarepaké toetoeg ing nagara , kang sidji mitoetoeri marang kantjané, temboengé : „,,É, kantjakoe kabèh, sasoewéné ndeleng garebeg iki , koedoe kang goejoeb , kaja ta : toeroe koedoe noenggal sapanggonan , loenga sakingkang koedoe bareng ."

Bareng djedjaka maoe ana ing nagara oewis nginep sawengi , djedjaka kang kaleboe tjilik déwé , petal sadina sawengi , moenggoeh petalé ikoe, djalaran saka kèhé wong kang nonton . Déné kalané petal ikoe , djedjaka kang papat tansah nggolèki , sarta moering -moering , temboengé kang sidji „ Akoe goemoen , déné ana ing dalan oewis daktoetoeri , jèn sasoewéné nonton , koedoe neboe saoejoen ." Kantjané soemamboeng : „ Ija ikoe ta , moelané moenggoeh kebandjoer ilang, akoe pada ora wenang tinoetoeh , awit dèwèké déwé kang ngeliraké pitoetoer ."

Bareng ing dinané manèh djedjaka kang petal maoe , ketemoe ana ing aloen -aloen , panoedjoe ndjadjan sega goerih lan tjao . Djedjaka kang papat noeli ngapit-apit sarta takon akèh -akèh , wenasan djedjaka kang sidji tjelatoe , temboengé : „ Lo, ing saiki kowé élinga pitoetoerkoe , kaja kalané pada loemakoe ika , ana ing paran mono koedoe neboe saoejoen ." Djedjaka kang lijané noeli tjalatoe temboengé : „ Ija lo ḍi , kowé ikoe kok kebangeten temen , ana njonjah Walanda gedobjah -geḍobjoh baé, nggonmoe ndeleng kongsi minger, bareng kantjané loenga ora weroeh ." Wiwit samana djedjaka lelima maoe kongsi paḍa moelih tansah roentoeng -roentoeng .

KEROEBOEHAN GOENOENG MENJAN .

Ana wong lanang loro , pada sadoeloer , kang toewa aran Hardja , dadi Loerah désa, kang enom aran mas Mangoen , dadi Mantri goeroe ana ing koeța . Moenggoeh désané si Hardja ikoe ora adoh saka ing koeta kono .

Moenggoeh wong loro ikoe, pada wekel nanging mlarat. Bareng antara oewis lawas , mantri goeroe maoe olèh oenḍakan balandja sarta oleh gandjaran limangatoes roepijah , awit katrimané saka ing sawidjiné pagawéan . Moenggoeh kabegdjané Mantri goeroe mangkono ikoe , si Hardja ija bandjoer ngroengoe baé .

Ora antara dina , si Hardja noeli teka ing omahé aḍiné , déné satekané ing omahé aḍiné ikoe , kang lanang isih ana ing pamoelangan , dadi moeng ditemoni ing ipéné baé . Bareng olèhé loenggoehan antara oewis soewé , si Hardja takon marang ipéné , temboengé : „ Bok goeroe , akoe ngroengoe warta djaré bodjomoe lagi keroeboehan goenoeng menjan ?" Bok Mantri goeroe njaoeri : ,, Inggih kangmas , ananging koela boten ngantos soemerep woedjoedipoen , awit ladjeng dipoen -damel njaoer samboetan sadaja , malah oendoeripoen raji sampéjan saking nampèni jatra poenika , boten ladjeng mantoek , ananging ladjeng dateng grijanipoen tijang ingkang dipoensamboeti poenika .”

SOEDOEK GOENTING TATOE LORO .

Ana ranḍané Pangoeloe , doewé anak teteloe , kang toewa lanang , aran Amatrameli , omah noenggal sakampoeng lan bijoengé . Kang panengah wadon, dadi bodjoné Loerah désa , ora adoh saka ing kampoeng kono . Déné kang woeragil oega lanang , ananging isih tjilik .

Kawitané si Amatrameli ikoe , dadi soedagar lenga , loewih -loewih soegihé . Bareng antara oewis lawas , noedjoe mangsa panas , Amatrameli maoe kobongan , déné omah lan barang doewèké kongsi entèk kabèh . Sarèhné toemiba ing kamlaratan, bandjoer inah -inoeh , allas wekasan dikoendjara sarta bakal dioekoem boewang .

Anoedjoe ing sawidjiné sasi , anaké njai Pangoeloe kang woeragil maoe , ginandjar lara tjatjar , bareng lagi banget -bangeté , anaké wadon maoe moelih , marga dipegat . Antara pendak dina manèh , noeli tampa paréntah , jèn anaké kang dikoendjära , bakal diangkataké marang ing pamboewangan .

Nalika samana , njai Pangoeloe ora dojan mangan , sarta ora bisa toeroe , goewajané kongsi kaja majit.

Ora lawas mitrané njai Pangoeloe teka , déné satekané ikoe , njai Pangoeloe noeli tjalatoe : „ O , bokaḍi , kaprijé akoe iki , déné kok soedoek goenting tatoe loro kaja mangkéné ." Mitrané mangsoeli : „ O , bokajoe , kados poendi malih, inggih poenika saking begdjanipoen selira sampéjan , anamoeng inggih kedah èngeta , sarta kamanaha ingkang pandjang ."

95

NJOENGKOEB KRAMAT BEDJAD .

Ana Pangéran sidji kang wajahé oewis rada sepoeh , kèngser saka ing paprangan , diḍèrèkaké ing abdi sidji , kang mantep ing bandarané , tindaké anasak -nasak , moenggah medoen djoerang sarta njlamoer ing panganggo . Sarèhné nagarané bandjoer dibroki moengsoehe , Sang Pangéran maoe sabandjoeré dedoenoeng ana ing tanah mantja, sarta salawasé ora bisa ketemoe lan poetra santanané .

Nalika doeroeng lawas ana ing tanah kang didoenoengi ikoe , wong ing kono ora weroeh jèn pandjenengané ikoe Pangéran , awit saka ora timbangé , pangkat lan kaanané . Ananging ora lawas énggal kaweroehan , jèn pandjenengané ikoe bangsa loehoer .

Sarawoehé ing tanah kono , Sang Pangeran oewis ora kagoengan sangoe . Nalika samana , Sang Pangéran lan abdiné maoe , sadina -dina kapeksa njamboetgawé rekasa , moenggoeh patoewasé , minangka dadi daharé ing saben dinané .

BEBASAN LAN SALOKA 5

Bareng ora antara lawas , sarèhné lelakoné Sang Pangéran maoe memelas , noeli ana sawidjiné soedagar kang welas , Sang Pangéran maoe ing sabandjoeré diatoeri dahar sarta manggon ana ing omahé , ora kalawan nggarap gawé apa -apa .

Anoedjoe ing sawidjiné dina , soedagar maoe katekan mitrané . Ora soewé mitrané takon marang ki soedagar , temboengé : „ Kaki , kang manggèn wonten ing sentonging pandapi poenika sinten ?" Soedagar mangsoeli : „O , di , nika rak Pangéran, ananging sanget boten kopen , mila sasaged -sagedkoela , koelaatoeri manggèn sarta dahar wonten ingriki , awit koela boten saé ningali , déné ing atasé Pangéran, kok dipoentakdir doemawah ing kasangsaran sanget ." Mitrané tjalatoe manèh : „O , kakang , sampéjan njoengkoeb kramat bedjad makaten poenika , inggih kasinggihan , awit sinten ingkang soemerep jèn ing tembé sampéjan doemawah ing sangsara langkoeng saking poenika , moegi sampoen ngantos wonten ingkang sija ."

ISINIPOEN SERAT POENIKA .

KATJA . 1. Goepak poeloet ora mangan nangkané 1 2 . Katjang mangsa ninggala landjarané 3. Toenggak kalingan roné 2 4. Poepoer sawisé bendjoet 3 5. Kaja kéré nemoni malem . 4 6. Ana daoelaté ora ana begdjané 7. Ana goela ana semoet . 5 8. Klenting wadah masin . 9. ngGentong oemos . 6 10. Tinggal gelanggang tjolong plajoe . 6 11. Koetjing -koetjing diraoepi (Koetjem -koetjem diraoepi ) 7 12. Tjintjingtjintjing kleboes . 7 8 13. Kang kena iwaké adja boetek banjoené . 14 . Nabok njilih tangan . 9 15 . Kebo moelih menjang kandangé 9 16 . Bali marang kindjeng domé . 10 10 17 . Tengoe ngadoe gadjah . 18. Gadjah toemboek kantjil mati ing tengah 11 19. Satroe moengging tjangklakan · 11 12 20. Ngoejahi sagara . 21. Antjik-antjik poetjoeking eri . 12 22. Soemengka pangawak bradja. 13 23 . Tjotjak ngoental elo . • 14 14 24. Ngemoet leginé goela 25 . Roepak pandelengé 15 26. Gloendoeng semprong 16 27. Soemoer sinasaban 16 28. Soemoer mlakoe tinimba · 17 29. Briga-brigi ora nggetihi . 17 30 . Ngempoekaké watoe item . 18 19 31. Ngirit -irit dadi ngorot -orot . 32. Ora ana daoelaté ana begdjané . 19 33. Nradjang groemboel ana tjèlèngé 20 21 34. Roepak djadjahané 35 . mBagoegoek ngoeța waton 22 36. ngGoetoek lor kena kidoel 23 37. Ngoeloengaké enḍasé nggéndoli boentoeté 23 24 38. Oela nantang geboeg 25 39. Koeḍi patjoel singa lanḍepa . 25 40 . Mrangkani koeḍi · · 41. Belo miloe seton . 26

KATJA 27 42. Kebo kabotan soengoe . 27 43. Bèbèk moengsoeh meliwis 28 28 45 . Welas tanpa alis . .Ma44. Rai geḍèg · (Welas temahan lalis ) 46. Madoe baloeng kepésing . (Madoe baloeng tanpa isi ) doe angin . 29 Ora mamboe éntong iroes 30 47 . 30 48. Weḍoes dioembar ing pekatjangan 49 . Kakéjan gloedoeg koerang oedan 31 32 50 . Djarit loewas ing sampiran 51. Matang toena noembak loepoet . 33 52. Malik koelambi 34 53. Batjin -batjin iwak 35 36 54 . Kegeḍèn endas koerang oetek 55. Batang lelakoe 37 56. Batang oetjap -oetjap 37 57. Gotong majit . 38 39 58. Ngaoeb awar -awar 59. Aling -aling godong waringin . 39 60. Ngoedang sijoengé Batara Kala 40 61 . Keroeboehan goenoeng · 41 62 . Ngidak soepata · 42 63 . Anggentèni watang poetoeng 42 64. Kebo moetoeng pasangan . 43 65. Kaja kéré moenggah ing balé 44 66. ngGeḍèkaké atiné tengoe . 44 67. Angon oelat ngoembar tangan 45 68. Oesoeng -oesoeng loemboeng 46 69. Koetoek marani soendoek 46 70. ngGoegat kajoe aking 47 71. Enggon weloet didoli oeḍèt 48 72. Nandoer pari djero 48 73 . Oejah kleboe sagara 49 74 . Mamboe koelit daging 50 75 . Mamboe ati . 51 76 . Ora mamboe wong lanang 52 77 . Anepoengaké baloeng pisah 52 78. Sendang kapit pantjoeran . 53 79. Oeger -oeger lawang 53 80 . Toena satak bați sanak 81. Saboek galeng . 54 82. Kemladéjan ngadjak sempal 83. nDoewoer galeng ngisor galeng 56 • 84. Tjina tjeraki 57 58 85. Pandé galeng 86. Pitik tronḍol saba ing padaringan 59

KATJA Kekoedoeng waloelang matjan 59 87 . 88. Merangi tatal 60 . . 89 . Sétan noenggang gadjah 61 . mBalang oewohé 62 90 . 91. Kandang langit kemoel méga 63 92. Neboe saoejoen 63 . 93. Keroeboehan goenoeng menjan 64 94. Soedoek goenting tatoe loro . 65 95. Njoengkoeb kramat bedjad 65

ingkang sampoen ngoemoer .
Namaning pangarang.Namaning pangarang . Namanipoen serat -serat . Regi .Bogt.
Dr. B. Vrijburg .. M. Moedana .... R. S. Martaatmadja .. A. Dwidjaatmadja .... Dr. F. W. van Haeften ... B. Sarwana ... R. Ng. Kartaasmara... R. M. A. Soerjaadikoesoema . Kamsa Reksasoesila .... H. R. M. Soejoed .... Gambèr S. Sr. Prajitna R. Boedidarma .. .. Sasrasoedirdja ... J. Kats .. Soekir .... R. Boedidarma .. Djakob c.s. M. Nitisastra...Bab nangkaraké radjakaja I.. Lampahan ringgit poerwa . Tjatoer toenggil .. Resi Boeddha .. Sesakit èstri .. Sandi oekara .. Pakem padalangan ringgit poerwa lampahan rabinipoen R. Soerjatmadja ... Lelara Influenza .... I Lajang koepija ; II Pitakènipoen pak Krama lan III Dajaning arak ........ Dedasaraning wewatekanipoen manoengsa ... Serat Pranatjitra . Barès -koerès . Serat tjarijosipoen Sang Praboe Soebrata ... 77 0.45 Baléwarna Bab panjegahing minoeman keras .f 0.75 0.50 22 0.90 99 0.50 22 0.14 29 0.25 27 0.80 79 0.25 19 0.60 1.50 0.80 222 0.25

DATE DUE

DATE DUE
3UN882070
JOW *8
1
1
1
1
_
1
1
GAYLORD1PRINTEDIN U.SA