Baca PDF (OCR): Serat pakem ringgit poerwa

100 halaman · 25 halaman diproses dengan OCR · 6.5 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. ISINIPOEN SERAT POENIKA. 9,10m/1
  2. SERAT-SERAT BASA DJAWI
  3. NAMANING PANGARANG .
  4. 1. Poenika lampahan Semar djantoer .
  5. 5
  6. 2. Poenika lampahan Djaladara rabi .
  7. 3 Poenika lampahan Alap - alapan Soertikanti .
  8. 4. Poenika lampahan Alap-alapan Banowati .
  9. 5. Poenika lampahan Alap-alapan Droesilawati .
  10. 6. Poenika lampahan Pandawa doelit .
  11. NAMANING PANGARANG .
  12. NAMANING SERAT .

Wason PL5177 548 1921 v. 5-6

ASIA

CORNELL UNIVERSITY LIBRARY

5-6 Katja PAKEM RINGGIT POERWA DJILID Vsarta VI Tjap -tjapan ingkang kaping kalih Mawi gambar 20 idji Cornell University Library PL 5177.S48 1921 v.5-6 Serat pakem ringgit poerwa . ech POUCRO .UITV .

ISINIPOEN SERAT POENIKA. 9,10m/1

pahan Semar djantoer.antoer.
1. Lampahan Semar djantoer 434 2. " Djaladara rabi .rabertikanti10 21
alap -alapan Soertikanți . 3.alap -alapan Soertikanți .30
4 . 77 "Banowati
DroesilawatiDroesilawati
" Fandawa doelit44

UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR WEDALAN BALÉ -POESTAKA

SERAT-SERAT BASA DJAWI

Serat-serat ingkang kaseboet ingandap poenika sok tijanga ing Weltevreden . kénging toembas datengkantor BALE POESTAKA "dateng Jatra panoembasipoen kedah kakintoenaken roemijin mawi postwissel .Déné serat serat - waoe badé kakintoenaken dienst „ ingkang toembas .Rembours inggih kénging ,nanging kedah bajar wragading pangintoen . REGI .

NAMANING PANGARANG .

M. Sasrasoetiksna . Idem .

M. Ng .Wirapoestaka . Jitnasastra Hardjawiraga .

M. Sastradiardja . R. Tjitrawasita . Masdan .

Idem . R.Roeslan Poerwaadiwinata .

M. Sastrapratama . Dawoed .

M. Hardjasapoetra . Idem . Aminkanapi . R. Soemarja . Wirjasaksana . S.Darmaprawira . Sastrawijata . M. Sindoepranata . R. Sasrakoesoema . M. Soetardja . M. Samsirmihardja . M. Wirjadihardja . K.Hardjasoewita . M. R. M. Mangkoedimedja . R. Poerwasoewignja . M. Poedjaardja . R. M. Mangkoedimedja .

M. Kartasiswaja . R. Wirawangsa . Sastratama .

NAMANING SERAT.REGI .
REGI . II.Dongèngé njai PadmaNAMANING SERAT . f0.40 Tig lan Tor . I. Soeripta . II. Dongèngmandoem iwak . " 0.95 I. soesastra . Keţèk lan koera . I. II. Tridyatmika . I. Dandoen . II.Gelangadi . Oemoekipoen Kahana I. kalihan Soemboel . II.Moelja tjarita . I. Dongèngipoen Soewidakloro . II.Tri daja kawarna . III .Dongèngé wong koena . IV.Tjeraki . V. Dongèng krété . Pangoelir boedi . 77 Pandjilaras . I. Langendrija soengkawa . II. Sawoer sari . Dongèng koena . Tijang remen main . Djaka Djohanis . Waris lan Lalis . Pasrèn . Serat poerwa wahja . Nembelas tjarijos . Sarimoelja . Asta tjarita . Pétroek dados ratoe 3e.dr. ( ). Pangresoelaning kéwan . Walidarma .REGI . f0.40 " 0.95 0.40 1,040 770.60 120.75 0.20 77 0.20 19 0.29 17 0.21 " 0.06 77 0.12 13 0.11 " 1,0.05 ,,0.19 ,,0.08 "0.23 " 0.15 0.25 11 ). ,,0.35 ,,0.11 ,,0.15

Serie No. 59 d Regi f 0.50 SERAT PAKEM RINGGIT POERWA DJILID V sarta VI Tjaptjapan ingkang kaping kalih Mawi gambar 20 idji WEDALAN BALÉ POESTAKA DRUKKERIJ VOLKSLECTUUR WELTEVREDEN 1921. ADUCRO, UITV. SLIBRARY

PLOITT 548 192.1

1.5-6

GAMBAR No. 1.

1. Poenika lampahan Semar djantoer .

(Gambar No. 1). Adegipoen Ratoe ing Mandaraka, Maharadja Salja, kalih ingkang poetra , Radèn Roekmarata lan Patih Toewajata, ingkang ginoenem saitjalé ingkang poetra Dewi Érawati , ndangoe mring kang poetra Radèn Roekmarata ; ingkang dinangoe prakawis ingkang lampah - lampah mantri boepati ingkang ngoepados saitjalé Dewi Érawati ; kondjoek jèn boten wonten ingkang angsal damel . Ingkang poetra Praboe Ngastina sagah -sagah kémawon, noenten ingkang poetra Radèn Roekmarata ingoetoes dateng ing Ngamarta animbali ingkang poetra ing Madoekara . kinèn mbekta ing salampah - lampahira ; noelja mangkat, noenten kadatonan ; Dèwi Setyawati lan Dewi Soertikanţi , Banowati ; saoendoeré ingkang raka awewarti : jèn badé animbali ingkang poetra ing Madoekara . Soertikanți , Banowati sami mijarsa .

Sinigeg pasowan djawi , Radèn Arja Boerisrawa , amanggihi sawedalé ingkang raji sarta atakèn warta . Roekmarata matoer , jèn kaoetoes dateng Ngamarta, animbali ingkang raji Madoekara ; ladjeng mangkat, Toewajata toemoet .

Sinigeg; genti kotjapa Praboe Koeroepati , ingkang masanggrahan wonten ing pasisir sa Koerawa sadaja , katrendjoeh lampahing kerлнови pandoeng ingkang mbekta Dewi Erawati ; sareng kaboetoehakenn badé katjepeng, poen pandoeng nggebjoer dateng saganten , ladjeng itjal ingkang pandoeng dipoenantos sapoenika boten katingal , ladjeng apoetoesan Koerawa satoenggil , Radèn Sroetajoe , kinèn ngoendjoeki oeninga mring Mandaraka, sarta sampoen winekas ; mangkat Radèn Sroetajoe .

Sinigeg ; genti kotjapa, adegipoen ing Madoekara , Radèn Djanaka, ketamoean ingkang raka Radèn Roekmarata, sasampoenira binagèkaken , Roekmarata dawoeh jèn ingkang raji ngandikan dateng ingkang oewa . Djanaka matoer sandika, noelja bodol , Semar Nalagarèng Pétroek , samja toemoet .

Noenten adegipoen Salja malih, amanggihi oetoesan saking Ngastina Radèn Sroetajoe , matoer sapitoengkasé ingkang raka. opetraalt . Praboe Salja ladjeng djoemoeroeng kersané ingkang poetra ; Sroetajoe ladjeng pamit. Saoengkoeré Sroetajoe , datengé Roekmarata ,

PAKEM RINGGIT POERWA V-VI . : 1. 190 121

15 birkja suvelance wothies creed . rumvaçi: uremiage ? kodal naar brute kemén 182

ngoendjoeki oeninga , jèn poetra sampéjan poen adi sowan , ladjeng timellemteswet nimbalan doemateng ngarsané ingkang oewa ,kaparingan prembagé , saitjalé ingkang raka Dewi Érawati , noelja kaparingan sajembara , jèn saged manggihaken ladjeng kadaoepaken . Radèn Djanaka moendjoek lenggana ; soeka dipoenoetoesa kémawon , jèn anglampahi sajembara sanget panoewoenipoen , angatoeraken pedjah Praboe Salja lega galihé , ingkang poetra ladjeng binekta gesang . loemebet ing kadaton , panggih lan ingkang oewa Dewi Setyawati ; Dèwi Soertikanți kinèn mbagèkaken mring Radèn Djanaka ,noenten Dèwi Banowati kinèn mbagèkaké marang ingkang raji Radèn Djanaka . Sareng sampoen kabagèkaken , Radèn Djanaka pamitan dateng ingkang oewa .

Mradja Salja ngandika mring kang poetra kekalih ,Soertikanți lan Banowati sami kinèn njangoni , sami noesoel poetri kekalih . Soertikanţi njangoni roemijin boten katampèn ,moendoer nangis ; Banowati njangoni ladjeng goelet ,noenten semajan , ladjeng boebar ; mangkat Radèn Djanaka sapanakawané .

Sinigeg genti kotjapa adegipoen Praboe Koeroepati moengging ing pasisir ; jèn ingkang sadatengé Radèn Sroetajoe ,moendjoek , sok dasar kepanggiha Dèwi rama Mandaraka sampoen pareng , Érawati , Praboe Koeroepati ladjeng dedawoeh , saganten kinèn ngebjoeki djenoe , gamping , djeliroe , kajoe oerip ; saganten datan ladjeng kinèn ngedrèl ingoeroegan mimis sarta djemparing . kodal ,

Gambar ( No. 2) Sinigeg genti kotjapa ingkang wonten telenging . gandjoetalaja , Ratoe danawa ingkang kagjat , dangoe gègèring danawa ,moendjoek pepatihira , jèn kedawahan mimis saking daratan sarta djemparing ;animbali poenggawa tetiga kinèn mariksa sangkaning mimis . Tjaraka tetiga samja mesat angambang dateng pasisir .

Sinigeg genti kotjapa lampahé Radèn Djanaka ingkang sampoen doemoegi ing pasisir , let tigang ondjotan lan baris Koerawa ; tan antara dangoe doeta tetiga saged Karja marga . Danawa ingkang masisir anggènira mentas katrendjoeh Radèn Djanaka , danawa tetanja mring Radèn Djanaka . Ingkang tinanja ngaken jèn bebalang saking Mandaraka . Danawa sampoen ngraos jèn mengsah ,Djanaka tjinepeng lepat , ladjeng prang ramé ,danawa kawon pedjah sadaja . Sasampoenira perang , Semar kinèn priman . késah Semar lan ki loerah Kantongbolong , Nalagarèng kantoen ; késahé Semar ladjeng nenawoe angsal oelam boeloes ,weloet lan lintah , kinèn mbekta lan ki Pétroek , loerah Semar mbarang djantoer ,Pétroek sampoen wineling :

GAMBAR NO .2.

GAMBAR .NO 3.

„Jèn akoe ndjaloek djanoer, weloet tjepakna, jèn godong waroe , boeloes tjepakna , jèn gedang kloetoek , lintah tjepakna."

Ladjeng mangkat.

Sinigeg genti kotjapa padoekoehan ing Nogasonja , akekasih Bambang Wasi Djaladara, lenggah kalih ingkang raji, Dewi Endang Panalika , ingkang tjinatoer wasi Djaladara, ingkang raji kinèn ngadegaken dana , awèh pangan wong keloewèn, awèh banjoe wong kasatan, jèn ana wong mampir agé -agé ingonana , jèn ana wong derep adjana kobawoni , nggawaa sakelaré. Sasampoenira mekas Djaladara moemboel mring méga malang ; boten antara dangoe datengé ki loerah Semar mbebarang djantoer, ladjeng tinanggap mring Éndang Panalika , sarta ditakèni opahé . Atoering Semar boten saged mastani , sakoewasaning kang peparing , ladjeng kinèn lekas ndjantoer ; Semar neda djanoer koening, sareng djinantoer boten dados ; toetoeré Pétroek : „ Weloeté pinangan boeloes ! "

(Gambar No. 3). Semar neda godong waroe ladjeng sinoekanan noelja wiwit ndjantoer, godong waroe boten dados , toetoeré Pétroek : „Boeloesé mbabah , bebetkoe bedah , bolong saboeloes , boeloesé woes takgetjek-getjek."

Semar neda gedang kloetoek, sinoekanan mring para njai , sarta koetoegé boten pedjah -pedjah , ladjeng wiwit ndjantoer, gedang kloeţoek dados lintah , ingoentjalaken ingarsané Endang Panalika , lintah kadoet gengira sadjanggel , Endang Panalika kamigilan , loemadjeng sapara njainé ; Semar toe moet mladjeng sarta girogiro , ki loerah Pétroek ngroentoeh wetengé metoe getihé ; Éndang Panalika lenggah saparanjainé ; loerah Semar tinimbalan lan ki Kantongbolong, Endang Panalika peparing jatra kalih semat Semar boten adjeng , jatra kawangsoelaken , njoewoen sekoel kémawon saoelamé , ladjeng winedalan sekoel ing soemboel sarampadané ; Semar boten adjeng mbekta, Semar neda oepih , ladjeng sinoekanan kadamel tékor , țékor sinoekakaken para njai , sekoel kinèn noemplaki ing țékor, para njai anoeroeti kémawon satjalatoening Semar, sekoel oelam dipoendadosaken satoenggil : sambel , lalaban, djambé , soeroeh , gambir, tembako , winor dados satoenggil ; Semar pamit, țékor ladjeng binekta .

Kotjapa Radèn Djanaka lan ki loerah Nalagerèng , sadatengé ki loerah Semar angatoeraken angsal -angsal anggènipoen mbarang djedjantoer , sekoel sinaosaken moenggèng țékor .

Ardjoena tetanja mring Semar : „ Iki sapa sing madahi sega iwak iki , dimor dadi sidji baé kijé ?"

ellaston Loerah Semar matoer ; „Inggih ingkang njoekani ngrika, waoené sekoel dipoenwadahi soemboel oelam rampadan , adjangipoen pane djang saé, toewoengipoen wadah djangan toewoeng poetra , sarengred adjeng koela bekta boten soeka , ladjeng dipoensoki ing țékor."

icdte giveien we verte ed

Ardjoena soemoeng -soemoeng djadjané, ngandika mring Semar : ,,Mara toedoehna , kakang, kang wèwèh koewé, roepané kaja apa , ambakné wong wèwèh lila tan lila, wong wèwèh patoet dilangga getihé . "

Ardjoena ladjeng narik doewoeng moeroegi mring Nogasonja . Kotjapa Éndang Panalika lan para njai ingkang ginoegoe -goegoe sektiné kang mbarang djantoer : „Gedang kloețoek teka bisa dadi lintah, balia mréné manèh taktanggapé .

Tan antara dangoe ningali wonten tijang ngagar -agar doewoeng , Éndang Panalika adjrih mladjeng saparanjainé malebet grija yawingking, Wasi Djaladara sampoen pinanggih wonten grija; jèn ana wong Endang Panalika ngrangkoel aneda toeloeng : ngamoek.

Wasi Djaladara modjar : „ Ja wis , adja kotoetoeri wis weroeh wiwitané , teka wong mbarang djantoer wiwitané koewé , mengko taktemonané ."

Wasi Djaladara medal rémané dènoré pinara tiga, sarta wedak mementahan ; doegi ngarsané Radèn Djanaka , wasi Djaladara malangkadak sarta ngatag mring Djanaka : „ Mara ditoetoegna si adi olèhé mbarang amoek , mbaranga lijané kéné mangsa pajoea , kéné kijé dasar tanggapan , jèn ana wong mbarang amoek , ora-orané dakwales, mentas nggegoeroe anjar lajaké si adi koewé, arep ndjeliraken ing kadikdajané, arep anjatakaké ing kategoehané .”

Djanaka gegetoen , doewoeng ladjeng sinaroengaké , ngraos jèn katjiwa siti , Djanaka ladjeng nemboeng nalangsa neda pangaksama mring Wasi Djaladara.

Wasi Djaladara ladjeng goemoedjeng latah -latah, Wasi Djaladara modjar : „ Lah , ija, wong betjik nemoea betjik , wong ala nemoe ala , maoe ana apa , mengko ana apa, si adi ngendi pinangkané , lan sapa wewanginé ? "

Ardjoena modjar : „Koela tijang saking Mandaraka, wondéné namakoela poen Djanaka. "

Djaladara tanja malih : „Kaleboe prijaji apa ana ing Mandaraka ?" Saoeré Ardjoena : „Koela dèrèng nama prijaji taksih panakawan . " ,,Arep menjang endi ?"

Ardjoena soemaoer malih : „Koela poenika dipoenoetoes dateng Kangdjeng Sinoehoen ing Mandaraka , dikakaken ngoepadosi poetri itjal kabekta pandoeng , koela ingkang dikakaken ngoepadosi ."

Djaladara modjar malih : „ Si adi weroeh panggonané maling koewé ?"

Atoeré Djanaka : „Boten oeninga ."

Djaladara modjar malih : „Si adi jèn gelema pasanakan karo Djaladara , kaja-kaja bisa anoedoehaké panggonaning maling ; ingkang nggawa poetri koewé , doedoe wong ala-ala, kang nggawa poetri koewé : Ratoe, Ratoening boeta , akèh balané leksan, joetan."

} 18:

5

Ardjoena ladjeng modjar dateng wasi Djaladara : „ Jèn kados makaten, sampéjan kénginga koelaatoeraken dateng Sinoehoen / ing Mandaraka ."

Wasi Djaladara kagèt : „ Ikoe diatoeraké keprijé , adi ? ”

,,Mila sampéjan koela saosaken , makaten nalaripoen: jèn poetri 196 poenika kadamel sajembara , sinten-sinten ingkang saged manggihaken poetri poenika , dados djatoekramanipoen .”

Wasi jaladara modjar : „Si adi apa temen ; menèkné angloropaké ?”

Modjar Radèn Djanaka : „ Ila-ila poenapa ingkang koelapanggih , jèn koela angloropena ing sampéjan ."

Wasi Djaladara lega galihé , ladjeng loemebet ing dalem , tetarosan ingkang raji. Endang Panalika anggèndoli ingkang raka. Wasi Djaladara tan kénging , ladjeng medal panggih lan Djanaka, ladjeng mangkat.

Sinigeg genti kotjapa kadaton Tirtakandasan , Dewi Érawati ingkang pinanggihaken soetaning danawa Praboe , dèrèng saged tjarem, tansah dèn arih-arih ; Dewi Érawati kakoe galihé, kang raka ladjeng diloropaké , oedjaré Érawati : „Gelem akoe mawongan , nanging akoe ndjaloek sanakkoe tekakna kéné , loepoeté si Soertikanți , si Banowati , soekoer teka karo pisan , akoe iki ölèhkoe ana kéné wong lola, jèn soeker sakit anaa sing takdelengdeleng ."

Radèn Mandradjid ladjeng sagah : „Bijèn -bijèn ndjaloeka kaja mangkono , mangsaha ngangsi banjoe sinaring."

Radèn Mandradjid ladjeng moemboel ingawijat , ladjeng ndoesța mring nagari ing Mandaraka.

Noenten ngadeg Ratoe ing Mandaraka, datengé Wasi Djaladara lan Radèn Djanaka ; Praboe Salja angandika , ndangoe mring Djanaka .

Djanaka moendjoek jèn boten angsal damel : „Nanging koela njaosaken sadèrèkankoela , poenika sagah . "

Praboe Salja ngandika : „Wong teka ngendi ?"

Djanaka matoer : „Aloehoeng sampéjan dangoe pijambak ."

Noelja dinangoe Wasi Djaladara.

,,Tijang saking Nogasonja , namakoela Wasi Djaladara."

Praboe Salja ngandika malih : „Kowé kang bisa nemokaké menjang anakkoe , ja mara golèkana , jèn kowé ingkang nemokaké, takgandjar sarta taktrimani . "

Wasi Djaladara ladjeng sagah : „Nanging koela semados , béndjing-éndjing kémawon koela mangkat; pramila koela njoewoen semados , mangké daloe badé wonten tjobaning Djawata , salebemeulen 120

ting kadaton mangké daloe badé wonten pandoeng awon ingkang koelaoepados , déné ingkang wingking badé dipoenwangsoeli ."

Praboe Mandaraka kagjat ladjeng ngandika goepoeh : „Wis , jèn kaja mangkono , sadjroning kadaton taksrahaké menjang kowé , sawengi mengko .

Wasi Djaladara matoer: „ Inggih sandika, nanging wonten ingkang koelasoewoen : abdidalem ingkang kemit , koelasoewoen soewakipoen , bawanipoen , koela tijang anjaran boten mirsa ing tjatjahipoen , manawi momorsamboe , ngadjeng namoeng satoenggil kémawon.”

Djaladara loemebet kalihan Djanaka, ladjeng Djanaka pinernak wonten ing régol mring Djaladara : „ Mengko jèn ana swara pating barekoeh , dikebat olèhmoe tetoeloeng ."

Lädjeng tinilar , Djanaka kantoen wonten ing régol , ladjeng saré . Wedalé Banowati medal ing anda , sadatengé ladjeng nggoegah mring Djanaka , Djanaka ladjeng tjampoeh.

Sinigeg salebeting pandoeng ndjoedjoeg kapoetrèn , ndjedjer sarta matak sesirep , noenten sadatengé Wasi Djaladara ndjoedjoeg wingkinging pandoeng , wasi Djaladara ladjeng anjapa mring pandoeng . Ki pandoeng loemadjeng ladjeng binoedjoeng , kang pandoeng kesoepit ladjeng anarik doewoeng ; Djaladara sinoedoek mring pandoeng datan pasah , pandoeng tinoebroek maloempat , taksih binoedjoeng , swara pating barekoeh .

Kotjapa Radèn Djanaka mireng swara ting barekoeh , adjeng tetoeloeng mring kang raka, ginèndolan mring Banowati , Banowati ladjeng dipoen antoekaken , djinoendjoeng inginggahaken banon , ladjeng katampèn ing anda ; Djanaka ladjeng tetoeloeng mring kang raka, noenten kepetoek ing pandoeng , Djanaka sinoedoek ing pandoeng , mèh kontal datan pasah , Djanaka kagjat ladjeng mboedjoeng , pandoeng "loemadjeng kapegatan mring Djaladara, pandoeng kasompok ladjeng miber ontjat mantoek ; Djanaka ladjeng tinoebroek mring Djaladara dènnjana pandoeng , sareng mirsa soewarané kang raji ladjeng oewal . Djaladara maras jèn katoera mring Praboe Mandaraka itjaling pandoeng , angraos , jèn dados lelintoe, Djanaka kinèn kantoen, ananggoenga mring Wasi Djaladara, Wasi Djaladara sagah angesoeka mring wismaning pandoeng , Djanaka ladjeng katilar neng lebeting kapoetrèn : Djanaka osik salebeting wardaja , jèn ingkang raka sabadé kontit, Djanaka ladjeng noesoel mring kang raka Wasi Djaladara , katjandak wonten margi ; Djanaka tinanja mring Djaladara: „Ja géné teka noesoel ? "

Djanaka matoer : „Mila koela noesoel , koela boten téga , lampahsampéjan kapijambaken , pedjah -gesanga koela kedah toemoet kalih sampéjan ."

GAMBAR .NO 4.

Djanaka ladjeng rinangkoel mring Wasi Djaladara, Djaladara angling mring Djanaka : „Satemené taktjoba baé si adi, olèhkoe ninggal koewé ; wis ta, jèn kaja mengkono , ajo pada boeboehboeboehan , si adi jèn takboeboehi lelemboetané , ana agalé kate . moea poen kakang . "

Sigra ladjeng .

Sinigeg genti kotjapa Ratoe boeta , ingkang angadeg sadasaring kagjat sadatengé ingkang poetra ; tinanja mring kang sagara , ingkang poetra oematoer , jèn mentas memandoeng dateng rama , nagari ing Mandaraka ,mandoengi Dewi Soertikanți lan Banowati , boten kénging : sampoena koela ontjat , „Selak koela konangan , kénging koela dipoentjepeng . bilai , "

Kang rama angandika : „Ikoe ingkang akon sapa , déné kowé ora toetoer menjang akoe ? "

Matoer ingkang poetra ,Radèn Mandradjid : „Ingkang akèn poetra sampéjan poen Érawati ingkang bebana ,wonten ingriki angraos drevenemeye lola ."

Ingkang rama sareng mirsa atoeré ingkang poetra : doeka , ngraos jèn ingkang poetra dipoenloropaké , ladjeng ingkang poetra ryu dipoenadjani , Dewi Érawati dikakaken njenggara -sima : „Gelem ja ja ja pondongen , ora gelem pondongen , mati wis ; mangsi koeranga poetri . "

Ladjeng boebaran , Radèn Mandradjid ladjeng loemebet .

Sinigeg ingkang wonten kapoetrèn , Dèwi Érawati rinten -daloe anangais ,asesambat rama iboe sarta ingkang raji Radèn Boerisrawa lan Radèn Roekmarata , sadangoening sesambat ,sadatengé Radèn Djanaka lan Djaladara . Djaladara awas anggènira ningali , Djaladara angoenandika : „Ora larang poetri kijé tinoekoe saka pati ! "

Djaladara ladjeng medal , Djanaka kantoen pijambak ; noelja rinangkoel mring kang raka tinangisan , sireping tangis , ingkang raka dinèkèk ing sesoepé , Djanaka ladjeng medal .

Gambar ( Kotjap wasi Djaladara ingkang malangkadak No. 4). satengahing pintoe , sadatengé Radèn Mandradjid kagjat aningali wonten tijang malangkadak , tinakonan mring Mandradjid ,Djaladara blaka : „Jèn akoe kongkonan saka ing Mandaraka , ingkang njekel menjang kowé ana ing kapoetrèn dèk kowé loemajoe "

Mandradjid ladjeng narik tjoeriga , Djaladara sinoedoek tan pasah , Mandradjid tinampiling remoek ponang sirah : pedjah , binalangaken mring djawi , tiba ngadjengé ingkang rama Sareng mirsa ingkang poetra pedjah , njana jèn kalebetan pangéndra-

.... q meenivid den.

djala, ingkang rama gadgotèng anggro tan ngantos amepak bala, sigra loemebet panggih lan Djaladara, ladjeng dènemplok ing sirahé. Djaladara étja anggènira malangkadak , noelja kaétang nenggalanira , pinoesti anggènira mangsah , Praboe jeksa katjoendoek ing nenggala pedjah. Ladjeng mantoek kalih ingkang raji , Dèwi Érawati kinèn ngiringaken mring kang raji. Radèn Jèn tereo Djanaka boten poeroen : „ koela ingkang ndèrèkna , kakang mas lampahé tipis ". almi

Djaladara ngétjani prajané ingkang raji , Érawati dèn iring mring Djaladara , let saroeboehing landèjan , Djanaka wonten wingkingé kapara tebih .

Sinigeg genti kotjapa Praboe Djajapitana , ingkang wonten ing marga saKoerawanira sadaja ,mirsa jèn wonten tijang loemampah sarimbit ladjeng kinepang , Djajapitana kang nakèni . Djaladara ngaken , jèn oetoesan saking Mandaraka angoepados poetri . Djajapitana adamel_gelar , ngaken panekar ing Mandaraka : „Koela mirsa ing nama dèrèng mirsa ing warni . pana bus ,diens vie "

Ladjeng poetri ingatoeran roemijin mring Praboe Djajapitana , sarta modjar malih : „Koeladèrèkné pijambak , si adi sami djaler . "

Sawoesnja pisah lan Érawati , Djaladara ladjeng tinoebroek mring Koerawa katah , tan nganti binanda , dèn dabjang mring ngadjenean . Koeroepati sigra narik keris , Djaladara sinoedoek djadjanipoen pedjah , ladjeng tinilar .Sapengkering Koerawa dateng Radèn Djanaka nangisi ingkang raka . Djaladara ragi émoet , Ardjoena matoer atakèn poerwa . Djaladara angling : „Jèn akoe dipréwang pangakoené soematali Mandaraka , bandjoer takandel baé , bandjoer poetri didisikaké , noeli ing boeri akoe ditoebroek menjang kantjané , loerahé sing nglarihi menjang akoe . "

Djanaka kagjat mijarsa , soematali adjeng dipoentoetoeti mring Radèn Djanaka .

Djaladara menggak : „Adja noetoeti ,moendak béla poepoe ,akèh batoeré ; wis pinėsți kéné kang dadi djalaran angoentapaké me njang akoe , wis pinesți saméné lelakonkoe , kowé takkongkon mlajoea njang Nogasonja ; adikoe toetoerana sarta djaken mréné , warahen jèn akoe kaja mangkéné ,karo wekas -wekasané katemoe . "

Djanaka sigra méntar , Djaladara ladjeng moemboel .

Kotjap kang wonten Nogasonja wasi Djaladara lan Dèwi Érawati , Djaladara ladjeng siram anèng pantjoeran aneles réma , ladjeng lenggah , kinèn ngonjohi mring Éndang Panalika , sasampoenira kaseratan ,Éndang Panalika tinoetoeran mring kang raka : „Ölèhkoe nggolèki poetri ing Mandaraka woes ketemoe , iki roepané ."

Endang Panalika goepoeh , Dewi Erawati ladjeng sinanding sasampoenira mbagèkaken ladjeng tanja mring sarta binagèkaken ; kang raka : „Kantimoe sing ngamoek bijèn ana ngendi ? "

Djaladara modjar : „Taktinggal ana ing boeri , mèh teka kéné kaé, moelané akoe dingin , akoe selak kangen menjang kowé, bari awakkoe selak oejang temen, moelané akoe teka bandjoer adoes .” hanar

Dèrèng dangoe sadatengé ingkang raji Radèn Djanaka, nanging kèndel wonten ing latar kémawon, mila boten loemebet grija, jèn dipoenpaiben ; wonten kalih pamoetjang anggènipoen ngadeg wonten ing latar , djinorog-djorogaken mring ki loerah Semar, sarta kațah -kațah atoeré .

Modjar Radèn Djanaka : „Ija akoe menèk digoegoe , menèk akoe dipaido, olèhkoe ndokok raikoe ngendi . "

Kakrasana mirsa wewadiné ingkang raji , Radèn Djanaka katjeța jèn soemelang , Djaladara watoek-watoek, kapriksa mring Radèn Djanaka , boten samar jèn soewarané ingkang raka, ladjeng dènintip mring Djanaka , sareng pratéla jèn ingkang raka, noelja loemebet goepoeh anoengkemi padané ingkang raka, sarta anangis 192 lir péndah pawèstri .

Djaladara sigra angandika : „Wis menenga adi, sing ora-ora, kon wong ora ana apa-apa , sing mati kana maoe doedoe akoe , soempingkoe ika maoe , takboewang karo pisan, sing tengen dadi akoe , sing kiwa dadi poetri Mandaraka, wis soewé olèhkoe teka kéné, ngangsi adoes , ngangsi beborèh , toeroea wis olèh saimpèn ."

Djanaka ladjeng kemboel dahar, Dewi Érawati sinaosan dahar mring Endang Panalika ; sasampoenira dahar , Radèn Djanaka ladjeng kaoetoes mring Wasi Djaladara , angatoeraken Dèwi Érawati : „Si adi takgawé awakkoe, jèn ana pandangoené , ja moendjoeka blaka , jèn akoe kang nemokaké , déné mengko jèn wis katoer, apa pangandikané ja tadahana , toetoera menjang akoe , nanging adja ndjoedjoeg kéné , kéné soewoeng , akoe moelih menjang nagarakoe Mandoera , ja akoe poetra Mandoera ingkang djeneng Kakrasana ."

Djanaka sigra anggènira njoengkemi , kalih mirsa jèn poetrané ingkang oewa Praboe Basoedéwa , Djanaka nembah méntar, angiringaken ingkang raka Dewi Érawati mantoek mring Mandaraka . Kakrasana mantoek mring pradja Mandoera sarta ingkang raji Dèwi Bratadjaja .

Ladjeng atantjep kajon.

prant

2. Poenika lampahan Djaladara rabi .

Adegipoen Ratoe Mandaraka kalihan Roekmarata, Patih Toewajata. Praboe Salja ndangoe mring kang poetra lampahé dipoenoetoes angoelem -oelemi mring Ngastina . Roekmarata matoer mring kang rama , jèn Praboe Ngastina badé dateng , béndjing raméning damel datengipoen . Sadangoening potjapan kesaroe gègèring djawi rawoehé Praboe Ngastina , Roekmarata kinèn ngatoeri loemebet noenten moenja gending ladrang, salebetira : mbekta Radèn Sengkoeni . Sasampoenira binagèkaken , Praboe ing Ngastina ladjeng pinasrahan damel mring kang rama Praboe Mandaraka .

Koeroepati modjar matoer mring kang rama Praboe Mandaraka : „Sinten ingkang sampéjanoelemi sadaja ?"

Praboe Mandaraka ngandika : „ Moeng kang raji Ngamarta , ingkang koelaoelemi , nanging sampoen wonten pasanggrahan , kala wingènipoen anggènipoen dateng . "

Praboe Ngastina matoer mring kang rama : „Jèn damel kapasrahaken dateng koela, koelapoendoeti Praboe anom ing Mandoera , béndjing jèn ngarak nganggéa patah wanodya kang saé-saé, goenggoengipoen satoes kawan dasa , béndjing jèn ngarak sadjadoemoegiagara kemawon,kolalilani dipoeniring tijararak doemoegi salebeting rangkah , tijang èstri kémawon ingkang ngiring, jèn mawi tijang djaler , koelawangsoelaken pangantèné . "

Roekmarata kang tinoedoeh mring Mandoera , ndawahaken pepoendoetan ; ladjeng boedal ; Djajapitana masanggrahan .

Kotjap kadatonan Dewi Setjawati , Erawati , Soertikanți lan Banowati ; saoendoeré Praboe Salija ngandika mring kang garwa , kinèn sesaos dedaharan , kang poetra Praboe ing Ngastina ingatoeran kemboel dahar sarta ingkang poetra ing Ngamarta, Radèn Brataséna , Pintèn , Tangsèn .

Sinigeg paséban djawi Radèn Roekmarata lan Boerisrawa , Boerisrawa winartanan mring kang raji : „ Jèn damel poenika kapasrahaken dateng kakang Praboe ing Ngastina , kangdjeng rama sampoen boten toemoet -toemoet , koela ladjeng dipoenoetoes dateng nagari ing Mandoera , kakang Praboe ing Ngastina moendoet patah , goenggoengipoen satoes kawan -dasa , tijang èstri ingkang éndah -éndah ."

Roekmarata ladjeng, Patih Toewajata oemiring.

GAMBAR .NO 5.

GAMBAR .NO 6.

Sinigeg genti kotjapa, angadeg ing Tirtakandasan . Jaksèndra Koeranda-Geni , gadah poetra satoenggil djaler, Radèn Prakangsa, moendjoek mring kang rama ngatoeraken soepenané , kepanggih poetri ing Mandaraka Dewi Érawati , bebana mring kang rama, jèn boten kapanggiha lan Dèwi Érawati , soeka dadosa kaki -kaki . Ingkang rama ladjeng oetoesan danawa repatan , sarta pinaringan ... serat iber-iber, kinèn ngatoerna mring Ratõe Mandaraka ; kang kinon . nembah mesat , bodol samantrinira .

Sinigeg genti kotjapa adegipoen Praboe Kakrasana , patih Prabawa, Pragota ; Kakrasana pinarak nèng pandapa , manggihi Radèn Roekmarata , sasampoennja binagèkaken dinangoe ing lampahira .

Roekmaratá matoer , ndawoehaken timbalané ingkang rama : ,,Béndjing pangaraksampéjan , amawia patah wanodya ingkang éndah -éndah , goenggoeng satoes kawan dasa , sampoen mawi kirang , sampoen langkoeng ."

Kakrasana mangsoeli sandika, Roekmarata pamit moendoer . Kakrasana nimbali ingkang raji Radèn Narajana, lan Pragota, Prabawa , Narajana dinawoehan kinèn ngoepajaa patah sidji , ingkang prajoga dadia tetindih , Pragota Prabawa dinawoehan pinoendoetan njatoenggil, dadia tetindih palara-lara sadjroning Kadaton . Narajana ladjeng méntar mbekta Radèn Oedawa ; Pragota , Prabawa nembah moendoer , areboet paran lan Prabawa , Narajana ladjeng minggah mring woekir Gandamadana , panggih lan Kapi Djembawan .

(Gambar No. 5). Sinigeg genti kotjapa gara-gara , ngadeg Semar, Nalagarèng , Pétroek , ngiring Radèn Djanaka wonten ing wana, badé sowan dateng Sétragandamaji, wonten margi binégal ing danawa, tjaraka saking Tirtakandasan , ladjeng aprang sekar, danawa kawon pedjah . Ladjeng ngadeg Bațari Doerga , Djanaka lepat ing goda , sampoen kawong nèng Sétragandamaji, Djanakato katingal ladjeng tinimbalan ,Djanaka dinangoe lampahira .

wor

Djanaka matoer : „Mangsa boronga padya Bațari , mangsa botena sampoen kaoeningan saosikkoela .

Djanaka ladjeng pamit sapanakawanira, wonten margi kepetoek Pragota , bok Rantansari tinaros dados patah poeroen , ladjeng binekta .

(Gambar No. 7). Sinigeg genti kotjapa ngadeg ardi Gandamadana Bagawan Kapi Djembawan, kalih Radèn Narajana , sareng sampoen binagèkaken , Narajana nemboeng anjamboet poetrané poen Djembawati , kadamel lebetan patah : „Béndjing jèn kakang Praboe sampoen kepanggih , koelaantoekaken poen Djembawati ."

Bagawan Kapi Djembawan lega , kang poetra ladjeng binektakaken ; Narajana pamit mring Kapi Djembawan.

Sinigeg genti kotjapa malih, ngadeg Tirtakandasan Danawa radja , Togog sampoen dateng ngoendjoeki oeninga , danawa pedjah wonten margi, prang kalih Radèn Djanaka, seratnja kondjoek malih , Danawa radja loemampah pijambak medal ing gegana .

Sinigeg adegipoen Ratoe Mandaraka pepakan sadaja , Ratoe ing Ngastina, Ratoe Ngamarta , Brataséna, Pintèn , Tangsèn ; Roekmarata sampoen dateng moendjoek mring kang rama , lampahipoen anggèné ndawoehaken pepatah satoes kawan dasa , sampoen kasagahan .

Praboe Salija ngandika mring kang poetra Radèn Roekmarata, kang poetra kinèn nengga kapoetrèn: „Adja metoe -metoe jèn ora taktimbali ."

Roekmarata méntar malebet ing kapoetrèn , Praboe Salja taksih pinarak , bodjana lan poetra Praboe kekalih .

Sinigeg kang wonten salebeting kadaton Dewi Setyawati , Érawati , Soertikanţi , Banowati , sakondoeré ingkang rama , Praboe Salja, ndangoe mring kang poetra Dewi Érawati ; kang poetra madjeng ladjeng dinèkèkaké ing sesoepé ; sadatengé Radèn Roekmarata, dinangoe mring kang rama : „Kowé apa ana gawémoe ? ”

Kang poetra matoer : „Anggènkoela loemebet ingriki , inggih anglampahi pangandikasampéjan . "

Salija ngandika : „Kowé takkon apa ?"

Roekmarata matoer : „Koela sampéjan dikakaken tengga kapoetrèn : adja metoe -metoe jèn ora taktimbali ; makaten pangandikasampéjan. "

Praboe Salija ngèstoeti : „ Ja akoe kang lali , wong toewa mono anané lalèn, bari kakéhan olèhkoe ngombé anggoer , awakkoe

GAMBAR NO .7.

abot temen , taktoerokné sadéla , kowé metoea ingdjaba , temonana kakanganmoe Ngastina, adimoe Ngamarta, toetoera jèn kowé dadi wakilkoe ."

Roekmarata ladjeng medal ; kotjapa ing pandapa , Praboe ing Mandaraka , Praboe Ngastina , Praboe Ngamarta, Brataséna , Pintèn Tangsèn , daweg étja anggènira dedaharan , kasaroe wedalé Radèn Roekmarata sinapa mring kang rama ; Roekmarata dangoe boten moendjoek .

Praboe Salja ngandika : „ Ja géné kowé teka deleg -deleg ?"

Roekmarata matoer : „Koela poenika saking kliwenging manahkoela , ngladosi karsané kangdjeng rama ; koela waõe dikakaken tengga kapoetrèn , sareng koela dateng kapoetrèn sampéjan kondoer , koela sampéjan dikakaken medal kadamel wakil , sampéjan gerah poejeng ."

Kagèt ingkang rama, ladjeng angandika : „Akoe ora roemasa loenga teka kéné ; soewawi anak Praboe ing Ngastina, koela waoe poenapa késah saking ngriki ?"

Praboe Ngastina matoer : „ Satingalkoela boten ."

Praboe Mandaraka angandika mring kang poetra Praboe Koeroepati : „Kalebetan pangéndradjala , anak Praboe , poen bapa mapan sampoen pasrah amis batjinipoen kadaton , sampoen boten mariksani ."

Praboe Koeroepati sigra anggènira nabda mring kang paman Praboe ing Mandaraka : „ Inggih, paman , sampoen koewatos , jèn taksih poetrasampéjan poen Koeroepati ."

Koeroepati ladjeng dedawah mring kang raji Praboe Joedisțira : „Si adi mara boeboehi saparo ana régol kang kidoel , poen kakang régol kang elor, pager bata tjapoeri saparo éwang , ingkang elor balané poen kakang sapangétan såpangoelon ,pangidoelé adoe tengah karo balané adi , jèn mlajoe mangalor adi adja si si miloe -miloe ,wisa déné poen kakang , jèn mangidoel poen kakang jawis ora idep . "

Ladjeng boedal malebet , Sengkoeni kinèn ngerig Koerawa , ndjoedjoega régol kang elor , bala kinèn ngepoeng pager bata sigra medal Sengkoeni . Praboe Ngamarta ingkang baris tjepoeri ; wonten paséban kidoel ; Brataséna pinernah nèng bradjanala kidoel ; Praboe Joedistira baris nèng régol kidoel .

Kotjapa Praboe Koeroepati ingkang djaga wonten ing régol kang sadatengé Sengkoeni ngirid Koerawa ,Koeroepati peparéntah , lèr , Koerawa kinèn loemebet ing prabajeksa , Koerawa gangsal kinèn njepeng pandoeng kang minda Praboe Mandaraka ,Koerawa sigra loemebet .

Kotjapa pandoeng agoena kang minda Praboe Salja , taksih alenggah moenggèng prabajeksa ,sadatengé Koerawa gangsal datan wigih ; kang aminda Praboe Salja arsa tinoebroek , Koerawa sinampé , gangsal kalenger sadaja ; émoet Koerawa sigra anggènira loemadjeng , moendjoek mring Prabõe Koeroepati , matoer jèn boten ketjonggah .

Praboe Koeroepati salah panjana , pandoeng dipoenwastani ingkang raji Radèn Djanaka , ladjeng hoetoesan mring régol kidoel, kinèn nimbali ingkang raji Praboe Ngamarta. Joedistira sigra anggènira mangalèr medal ing plataran, ingkang ngiring kinèn medal sadjawining tjapoeri ; praboe Ngamarta panggih lan ingkang raka Praboe Koeroepati : Praboe Joedistira pinasrahan mring kang raka anjepenga pandoeng , Koeroepati sengadi sajah : „Mengko jèn akoe mari sajah takgentèni. "

Joedistira sagah loemebet prijangga, sarta ngasta djemparing, tan wigih mring pandoeng agoena , kang minda Praboe Mandaraka, tan wawang, sigra djinemparing kénging djadjanira , babar dados danawa , sigra anggènira sesoembar : „ Ja Ratoe Ngamarta , adja kèri kélangan, bakal panganten takgawa." Danawa ladjeng moemboel .

Kotjapa salebeting kadaton, saitjaling poetri tangis kados gerah .

Sinigeg ingkang anangis , kotjap Praboe Mandaraka pepakan sadaja , Praboe Koeroepati, Ngamarta , Brataséna, samja pirembagan itjalé Erawati , rembagé Koeroepati : oetoesan mring Mandoera mitedanana oeninga , saitjaling poetri kang binekta pandoeng , patah sampoen boten kanggé , jèn sagah manggihaken temtoe damelé . Radèn Roekmarata ingkang kinon sigra mangkat.

Sinigeg genti kotjapa Praboe anom Mandoera , ingkang pinarak manggihi patih Pragota, angatoeraken angsal -angsal , sigra kinèn madjeng, sareng tiningalan kapratjaja angsal -angsalé Patih Pragota. Sembadra tinimbalan , wedalé Dewi Sembadra ladjeng ginadoehan palara-lara, angsal -angsalé Pragota ladjeng binekta loemebet dateng kapoetrèn saréntjangé sadaja , sadatengira kapoetrèn ladjeng tinoenggil saré , réntjangnja ginadoehaken mring para njai njatoenggil . Sembadra sampoenira saré manahé boten sakétja, bok palara-lara étja anggènira tilem, nanging ladjeng babar malih djaler ; Sembadra kagèt, sareng tiningalan tijang djaler : loemadjeng medal .

Ngadeg Praboe Kakrasana ing djawi , sadatangé Radèn Roekmarata, toer oeninga jèn ingkang raka binekta pandoeng , palaralara sampoen boten kanggé , jèn sagah manggihaken tamtoe damelipoen . Kakrasana sagah . Roekmarata pamit kalilan ; sawedalé Déwi Sembadra wroeh jèn palara -lara malih lanang , Praboe Kakrasana sigra loemebet , mirsa ponang palara -lara, sareng doemoegi kapoetrèn sigra anggènira ngintip, doepi tiningalan ingkang raji ing Madoekara , Praboe Kakrasana ladjeng ngendelong doekanja ; Ardjoena sinoewaran : „Wis kowé adja loenga - loenga teka ;; kono , takarani doedoe kowé."

Kakrasana sigra medal animbali patih Pragota, sareng dateng kinèn madjeng, ladjeng dipoen -gandjar pisang bangka salirang. Pragota kagèt : „Dosakoela ingkang poendi , goesti ?"

Praboe Kakrasana ngandika : „Emboch gagapana saselané igamoe , jèn ana ."

Pragota matoer : „Boten wonten ingkang keraos, koelasaloesoer salebeting iga, toewin sadjawining iga : boten wonten, resik sadaja ."

Kakrasana angandika : „ Matamoe ora ndedeleng , koepingmoe ora ngroengokaké , olèh -olèhmoe botjah wadon kaé, doedoe wong wadon, wong lanang ."

Pragota kagèt : „ Poenapa jektos, goesti , koela noewoen , adjeng oeninga ."

Kakrasana angandika sarèh : „Wis adja , satemen -temené goestimoe si Djanaka déwé ."

Pragota matoer : „Poenapaa teka sampéjan doeka dateng koela , koela tijang boten oeninga sajektosipoen, kalihan koela ! -- tijang alit, kénginga kilap kados , goesti makaten tingal bațara , a oe poenapaha kénging kilap , koela malih jèn botena noendjaknoendjak."

Kakrasana ngandika malih : „Wis , Pragota, menenga baé adja tjetjatoeran, teka kowé tjetjatoeran ing djaba , takboengis ; sédjé sing taktjatoer , si Narajana apa wis teka ?"

Pragota matoer : „Wertosipoen sampoen rawoeh rajisampéjan, wonten inggih sapeken ."

Kakrasana ngandika : „Wis , Pragota, karia kéné baé, adja loenga - loenga , menèk ana wong metoe , sapa -sapa adja kowé awèh , akoe takniliki si Narajana ." Ladjeng késah .

Adegé. Radèn Narajana kalih Dewi Djembawati , satibaning gamelan Kakrasana dateng , ndjoedjoeg wingkingé Narajana , ladjeng kèndel mawon Kakrasana , sasoewoeking gamelan Djembawati matoer mring Narajana : „Koela poenika béndjing poenapa anggènsampéjan ngatoeraken kalih ingkang raka djengandika ?"

Narajana modjar : „Kowé ora takatoeraké, arep taklironi bać , takgolèkkaké ing pasar gedé kono jèn olèh .”

Kakrasana anggegem tangan, ingkang raji dipoenagagi biți . Djembawati matoer malih : „Sadèrèk dika poenapa Praboe Kakrasana poenikoe ?"

Narajana modjar malih : „ Sadoeloerkoe lanang toenggal rama toenggal iboe , nanging ora pati apik, isih apik akoe , sok wonga baé arep , sok dasara wadon."

Djembawati matoer malih : „Bagoes poendi kalih sampéjan ?" Saoeré Narajana : „Isih bagoes akoe , lemah karo langit. "

4 ?

" 1 203 x my 2 Do

Kakrasana toekoep lați sarta gegem -gegem asta .

Narajana modjar malih : „Sembari akèh tjatjadé kakang mas koewé, astané koewaga , karo lakoené rada pékoh , padarané bèkèl, pamidangané rada ngringkoes , lan jèn ngandika rada tjedal , ilaté rada tjoepet, moelané jèn ngandika rada grojok, wong ditjlatoni arang dènger toemoeli ."

Kakrasana kekebeken anggènira mijarsa, ingkang raji ginetak saking wingking : „Dah , iki bok oewis angrasani wong kadandeng ."

Djembawati kagèt mladjeng , Narajana nolèh sarta njentak : ,,Dah, kang mas sampéjan nikoe ndjedjaroehi temen , botjah girasé boten djamak, lagèk koela arih-arih teka sampéjandjedjaroehi , la kados poendi, ta, mladjeng poenika. "

Kakrasana modjar : „Kowé ikoe apa srengen , katepas -katepoes , petjétja-petjétjé , akoe arep takon menjang kowé, mengko srengena , kowé ikoe apa wong dikongkon apa karepmoe déwé , loemrahé wong kinongkon koewé , jèn wis olèh diwènèhaké kang akongkon , kowé ikoe ta ora, wong dikongkon teka diplep déwé ." vor zier nereden.

Narajana modjar : „Kakang mas waoe sampoen dangoe anggèn sampéjan rawoeh ?"

Kakrasana modjar : „Doeroeng soewé olèhkoe teka ; ja généa ta ?" Narajana matoer : „ Soekoer manawi dèrèng dangoe . "

Olèhkoe teka dèk paimpoer, karo dèk tangan koewaga maoe : olèhkoe teka ."

Narajana dekoe -dekoe sarta njoewoen apoenten : „Meningi wiwitanipoen rawoehsampéjan , koela noewoen apoentensampéjan kémawon, boten malih-malih , koeladamel ngaringi laré poenika kadjengé toetoet . "

Kakrasana modjar : „Apa koerang aring-aring, wong kogawé tetombok koewé ; kaé maoe botjah ngendi ? "

Narajana matoer : „ Laré ngerdi, anaké pandita, nanging ragi lowoeng warniné , mila koelapendet ."

Kakrasana modjar : „Ja wis pèken déwé botjah koewé . Poetri Mandaraka ilang dipèk ing maling, karo akoe dimedjanani oewong , adimoe déwé si Sembadra ditjekel oewong , diontoh -ontoh ."

Narajana modjar : „Poenikoe poenapa jektos kakang mas ? " Saoeré Kakrasana : „Ora taoe mloto kaja kowé."

Narajana soemaoer : „Poenapaha sampéjankèndelaken kémawon, boten sampéjantjepeng ? "

Kakrasana modjar : „Akoe iki mentas perang kalah , dibanting akoe maoe nganti rengkeng -rengkeng , oléhkoe maréné kijé ndjaloek toeloeng menjang kowé."

Oedjaripoen Narajana : „ Tijangipoen poenapa taksih ?"

Saoeré Kakrasana : „ Isih , malah sesoembar maoe : adja kowé Kakrasana , Narajana adjokna; mangkono maoe soembaré ."

204- Narajana takèn malih : „Tijangé poenapa ageng , ageng poendi kalih sampéjan ? "

„Gedé akoe , pada kara kowé."

Narajana soemaoer : „Poenapaa sampéjan kawon ? "

Kakrasana soemaoer : „Kalah pisan wong kari otot ."

Narajana modjar : „Mangké koelaajonané , koelagadoné atiné, koelamamahé koepingé ."

Narajana mladjeng sarta dèntetepaké doewoengé , Kakrasana noetoeti njegati ngadjeng , oedjaré Kakrasana : „ Mandega disik , akoe arep takon menjang kowé ; kowé wani -wani temen karo kang medjanani menjang adimoe koewé ?"

Saoeré Narajana : „ I, poeroen koela. "

Oedjaré Kakrasana : „Ngangsi njoengir lambéné , poeroen bok poeroen mangkono baé géné , nganggo norong lambéné , mara nèk kowé wani-wani temenan , ajo pada djadjal-djadjal geloet karo akoe , menèk kowé bisa mbanting akoe , bisa ngalahaké sing medjanani adimoe , mara akoe kalahna disik ."

Narajana mlèrok kalih moengkoer , sareng nolèh , modjar Nara- ε τον jana : „Poenikoe napa temenan , napa gegoejon ; moelané akoe sok ora bisa nglakoni , ja mangkono , adja sok gawé odjat amrih nepsoening wong ."

Kakrasana aris modjar : „Moelané kowé takadangi, satementemené adimoe déwé si Djanaka."

nu 2 205 PAKEM RINGGIT POERWA V-VI 2

,,Djanaka sétan belang botena , sadèrèk makaten boten betjiké ."

Kakrasana modjar : „ Ja, wis bener kowé, wong wis patjangané adimoe koewé karo si Djanaka, karoakoe bari oetang sanggoep , 3 teloeng prakarané miloe lara dek akoe ana ing Nogasonja, akoe éling dèk pasemar djantoer, réwangkoe lara lapa , angoer kowé vemenangi gegadjih noempang , apa ora éling dek pakangsa kaka- ! ngané takgawé djago ?"

| Narajana soemaoer : „Katah -katah sampéjan pangandikakaken,

dadak ndoedoek apoes kependem , tijang saé sami saé , dipoen- ? doegèkna , telasanipoen sampéjanadjani , sampéjanaben , lah poenapa ndadak toetoer -toetoer , mbende agawé rengkèg gawé nepsoening wong."

Kakrasana modjar : „Ja wis , menenga baé , linggiha boerikoe kéné baé kowé, mengko takoendangé ."

Kakrasana beloek -beloek: „Parta ! Parta ! metoea !"

Alon medal Radèn Djanaka sarta ngabekti .

Kakrasana modjar : „Moelané kowé takkon metoe , adja kowé maras atimoe , prakara adikoe koewé , mangsa takomah-omahna toemoeli , wong wis pepatjanganmoe , nanging akoe rabèkna disik ."

Ardjoena matoer : „Jèn wonten karsa sampéjan , lah poetri Mandaraka kados poendi ?"

Kakrasana modjar : „Poetri Mandaraka ilang digawa maling ; ikoe golèkana ."

Radèn Djanaka boten matoer, ladjeng késah .

Kakrasana ladjeng nolèh mring Narajana :

„Keprijé ta, olèhmoe ngalakaké, jèn didjaloek gawéning sanak, olèhé nglegakaké ati ora djamak , mak leng ora ana banèné , ora kaja kowé , padoemoe kemroesoek ora djeboel ."

Narajana modjar : „ Sanadyan koela katjèk poenapa , jèn wonten pangandika sampéjan , dèrèng kantenan jèn koela boten poeroen , saniki napa ? ”

Kakrasana modjar : „Ja mara golèkana . ”

Narajana késah.

Kakrasana takon : „Lah, kowé menjang endi, teka menjang kebon koewé ?"

Narajana soemaoer : „ Mangké ta, roemijin , koela golèkané botjah wadon waoe roemijin , menèkné késah ."

Kakrasana misoeh mring kang raji : „O, digegodjog ! "

Ladjeng boebar . Kakrasana noesoel mring Djanaka ketjandak wonten mergi.

Oedjaré Kakrasana : „Akoe ora téga , dadia mati , oerip , ajo taktoet boeri."

Ladjeng mangkat tijang kekalih .

Sinigeg genti kotjapa adegé Ratoe boeta kalihan poetrané .

Ngandika Radja danawa : „Wis kena si Érawati takgawa wis bandjoer pondongen ."

Kasaroe lebeté Radèn Djanaka lan Kakrasana , sami boten katingal kalih pisan , ladjeng sami loemebet ing kadaton, Semar, Nalagarèng, Pétroek . Poetra ladjeng malebet .

Sinigeg adegé kapoetrèn, Dewi Érawati ingkang nangis , satibaning gamelan: datengé ingkang raji Radèn Djanaka, ingkang raji rinangkoel sarta tinangisan ; sasireping tangis, Dèwi Érawati ladjeng dinèkèk ing sesoepé , Djanaka ladjeng medal ngoepados ingkang raka Radèn Kakrasana .

Kotjapa Radèn Kakrasana , ingkang ngadeg wonten satengahing kori sarta amalang kadak kiwa tengen . Sadatengé poetra danawa aningali tijang malang kadak wonten ing pintoe, tinakènan mring poetra danawa.

Kakrasana dadag saoernja : „Akoe kongkonan saka Mandaraka anggolèki poetri."

Poetra danawa kagjat, Kakrasana ladjeng tinoebroek, Kakrasana ladjeng maloempat ladjeng aprang ; poetra danawa narik tjoeriga, Kakrasana sinoedoek datan pasah , poetra danawa tinampiling remoek ponang sirah, ladjeng pedjah , noenten ingoentjalaken medal dawah ngadjengané kang rama.

Kang rama kagjat ladjeng koerda aningali kang poetra pedjah , tan ngantos animbali bala , ladjeng loemebet panggih lan Kakrasana . Kakrasana ladjeng sinaoet kang sirah arsa dèn oental , Kakrasana malangkadak , Radja danawa klelegen , Kakrasana amoesti neng-...... ε ντου galanira , toemandoek reksasa Radja : pedjah , ladjeng tinilar.

Tan kotjapa ing wingking . Kakrasana pirembagan kalih ingkang raji , Dewi Érawati kinèn ngatoeraken mring kang raji Radèn Djanaka , mantoek mring nagri Mandaraka. Kakrasana ladjeng mantoek mring Mandoera , ingkang raji winekas : „ Bokmanawa ana karsané dedawoeh sinoehoen Mandaraka , mangsa bodoa kowé, akoe wis pratjaja menjang kowé. "

Ladjeng oengkoer -oengkoeran .

Sinigeg genti kotjapa adegé Bațara Goeroe lan Narada, Bațara Goeroe ndangoe gara -gara .

Narada matoer : „ Jèn gara -garané Praboe anom ing Mandoera angsalé panggih lan poetri Mandaraka, poen Salja gadah kekoedangan , poen Érawati jèn émah -émah anganggéa gagar majang kadjeng déwadaroe , panakawan Déwa parekan widadari ."

Bațara Goeroe ladjeng djoemoeroeng ; angling Batara Goeroe , Narada kinèn medoen ; anggawaa Déwa woloe , Widadari woloe : „pakenira dawoehna mring si Kakrasana , gegawan pakenira dadia pasoembang manira, adja nganti soemengka pangawak bradja, sarta manira gandjar djeneng , namaa Praboe Baladéwa." Narada mitoehoe , pamit lèngsèr ladjeng medoen .

Sinigeg genti kotjapa Praboe ing Mandaraka, pinarak pepakan sadaja , kang poetra Ngastina : kang poetra Ngamarta, Brataséna. Sadatengé Radèn Djanaka, dinangoe Djanaka matoer poerwa tekèng doeksina .

Praboe Salja gadah kekoedangan : „Anak Mandoera jèn ngarak panakawan Déwa, parekan Widadari , kembar-majang déwadaroe , anak Praboe ing kana apa sakarsané , olèha ésoek , soré ngaraka."

Djanaka pamit moendoer .

Sinigeg genti kotjapa Praboe anom ing Mandoera , tamoean Bațara Narada , amaringaken pasoembang Déwa woloe , Widadari woloe lan kembang majang kajoe déwadaroe , sarta kapatedan nama Praboe Baladéwa . Kakrasana moendjoek anoewoen . Narada mesat . Sadatengé Radèn Djanaka ngatoeraken kekoedangané kang oewa , Kakrasana ladjeng pareng , déné sampoen sarwa wonten, ladjeng bodol .

(Gambar No. 8). Sinigeg genti kotjapa Praboe Mandaraka, kang pinarak lan Praboe sakalihan, sadatengé pangantèn , sareng pinirsa kekoedangan pepak sadaja , tan wonten kang géțang , noelja kang poetra pinanggihaken .

Sampoen éndjing atantjep kajon .

GAMBAR NO .8.

" Bațari Doerga modjar : „ Jawis weroeh , akoe , karepmoe . "

Gambar ( Djanaka ladjeng kadamel èstri awasta bok No. 6). Rantansari , Semar , Nalagarèng Pétroek ,sami kekembenan ,Semar ngalih njai Melik , Nalagarèng njai Péto , Pétroek njai Djagaplok .

Premoni modjar mring Djanaka : „Jèn samengko kakanganmoeekend . Kakrasana olèhé rabi didjaloeki patah , jèn ora nganggo patah si olèhé rabi woeroeng . "

3 Poenika lampahan Alap - alapan Soertikanti .

Angadeg nagari Mandaraka, maharadja Salja pinarak anèng pandapa , kalihan ingkang poetra Radèn Roekmarata lan Patih Toewajata , ingkang ginoenem damelé ingkang poetra Dewi Soertikanți , patjanganira Praboe Koeroepati . Sesoeroean Ratoe ing Ngamarta ingkang sampoen dateng . Dewi Soertikanți mbebana , loemampah dipoenpaèsi ingkang raji ing Madoekara . Radèn Ardjoena kantoen nengga nagari ing Ngamarta , Roekmarata ingoetoes mring Ngamarta animbali Ardjoena . Toewajata ingoetoes mring nagri Ngastina matedani oeninga , jèn daweg animbali ingkang raji ing Madoekara , sampoen agé angarak toemoenten , jèn boten dateng ingkang raji . Roekmarata lan Toewajata ladjeng mangkat .

Noenten kadatonan , Dewi Setjawati , Soertikanţi Banowati . Oendoeripoen Praboe Salja sarta ngandika mring kang raji Dèwi Setjawati , jèn saweg animbali ingkang poetra Radèn Djanaka , Radèn Roekmarata kang kinèngkèn. Boebaring daleman ; paseban djawi Radèn Roekmarata, panggih lan kang raka Radèn Arja Boerisrawa , sampoen ingatoeran warti ingkang raka, jèn kinèn animbali ingkang raji ing Madoekara . Roekmarata sigra boedal .

Sinigeg genti kotjapa ing nagari Ngawangga, mahardja Koen djaja Karna , animbali danawa emban , awasta emban Ranihasa ; Koendjaja Karna ngandika jèn ngimpi pinanggih lan poetri ing Mandaraka Dewi Soertikanți , anoedoeh danawa poenggawa awasta kjai Bragalba, ingoetoes mring nagri Mandaraka , sarta pinaringan soerat , ladjeng kinèn mangkat, Bragalba samantriné bodol sadaja .

Sinigeg genti kotjapa gara -gara , Semar , adegipoen Radèn Djanaka tetamoean Radèn Roekmarata . Roekmarata modjar, jèn ingkang raji ngandikan mring kang oewa. Atoeré Radèn Djanaka sandika, nanging ingkang raka kinen roemijin . Ianaka soemados gentos tapak. Roekmarata pamit, Ardjoena ing wingking anoesoel .

cantan Sinigeg adegé danawa repatan , kèndel wonten ing marga , sadangoening potjapan kepetock Radèn Djanaka, ladjeng aprang , danawa kawon ladjeng pedjah , Djanaka ladjeng .

(Gambar No. 9). Sinigeg genti kotjapa ngadeg nagari Petapralaja, mradja Radéja kalih ingkang poetra Radèn Soerjapoetra , kalih Radèn Soerjanirada. Mahradja Radéja ndangoe ingkang poetra Radèn Soerjapoetra anggènira saking kekésahan. Ingkang poetra matoer mring kang rama , jèn akésah areremenan kalih poetri Ingkang rama mijarsa jèn Mandaraka, poen Dewi Soertikanți . badé angsal Ratoe Ngastina, ingkang poetra pinenggak. Radèn Soerjapoetra tan kénging, ladjeng pamit méntar . Radèn Soerjanirada dinawoehan mring kang rama , kinèn memanoeki mring kang raka , jèn tjelak kinèn nebihi. Sigra ladjeng.

Sinigeg adegipoen Ratoe ing Mandaraka, kang poetra Ngamarta , Brataséna. Salja ngandika mring kang poetra , jèn ingkang raji tinimbalan , sinoeprih amaèsi mring kang raka Dewi Soertikanţi . Praboe Ngamarta djoemoeroeng miwah Brataséna. Tan adangoe datengé Radèn Roekmarata, ngoendjoeki oeninga jèn ingkang raji wonten ing wingking .

Boten dangoe sadatengé Radèn Djanaka ladjeng tinimbalan . Sadatengé wonten ingarsa Praboe Salja ngandika, jèn kinèn maèsi kang raka Dewi Soertikanți béndjang jèn kepanggoeh . Praboe Salja oetoesan anımbali mring Banowati , sigra dateng Banowati . Praboe Salja ngandika mring Dewi Banowati pinaringan gadoehan ingkang raji ing Madoekara kinèn gegadoeh . Sandika atoering Banowati , ladjeng binekta mring kapoetrèn , sadatengira kepoetrèn , Djanaka pamit mring Banowati , arsa toewi mring kang raka Dewi Soertikanți .

Banowati modjar, Djanaka tinoętoeran : „Kowé tilik ja tilika, nanging adja kowé soewé -soewé , menèk kowé kesamaran ."

Djanaka takon mring Banowati .

Banowati modjar malih : „ Moelané kowé takpenging soewésoewé , bakajoe ala polahé : bandrèk, moeng kowé sing taktoetoeri , wong sakadaton doeroeng ana weroeh ."

Djanaka takèn malih : „ Wong ngendi batoeré demenan ? "

Banowati soemaoer : „Emboeh, ora weroeh omahé , tekané tanpa sangkan , maloempat baé pager bata, roepané abagoes mèmper kowé, wis lawas olèhé demenan , wis oleh satengah sasi ."

Djanaka sareng mirsa sanget sakité manahé , roemaos jèn dipoenmedjanani , Djanaka sigra ladjeng mring enggèné kang raka, Dèwi Soertikanti .

GAMBAR NO .9.

Noenten adegé Déwi Soertikanți kalih Radèn Soerjapoetra , kotjap mentas woengoe saré sakalihan sadangoening gegoeneman , Radèn Djanaka beloek -beloek , Soerjapoetra kagjat tanja mring Soertikanţi .

Soertikanți matoer: „ Poenika rajikoela ing Madoekara , mrikiné koelaoendang . "

Ija temonana , nanging adja soewé -soewé , Soerjapoetra modjar : „ samoebarang sing didjaloek noeli wènèhana , karbèn noeli loenga, kowé noendoenga awada ngeloe , akoe takana ing soewengmoe kono ."

Sampoen loemebet ing sengkang ; Djanaka ingkang dateng sesampoenira binagèkaken, Djanaka tanja mring Soertikanţi : „Koela niki dikèn mriki wonten damel poenapa ? "

Soertikanți ngandika mring kang raji : „Kowé takgawé kaoel, menèk bisa omah -omah , adja lija kang maèsi kadjabané kowé. "

Djanaka matoer mring kang raka : „Koela niki jèn boten menjanga, dados wandé oleh dikakrama , lah, koela sampéjangandjar poenapa ?"

Soertikanți ngandika : „Lah kowé ndjaloek apa , apa sakarepanamoe ?"

Matoer Radèn Djanaka : „ Jèn koela sampéjansakadjeng inggih wonten ingkang koelasoewoen , agem sampéjan sengkang poenika ingkang koelasoewoen ."

Soertikanți modjar : „ Wong lanang ora gegedèn soeweng saméné , takgawèkaké baé kowé : anting. "

Djanaka matoer : „Boten koelaanggé , bèndjing manawi koela rabi : koelaanggèkaken rajisampéjan."

Soerjapoetra bisik-bisik sengkang kinèn ngoewèhaké : „Akoe ngalih nèng ali-ali. "

Sengkang sigra pinoetjat sinoengaken mring kang raji Radèn Djanaka .

Atoeré Radèn Djanaka : „ Inggih sanget panoewoenkoela kakangbok, sampéjanparingi sengkang , sampéjanagem malih roemijin , koela noewoen titip mawon dateng sampéjan roemijin , bèndjing jèn émah -émah mawon koelasoewoen, agemsampéjan soepé poenika koela remen ."

Soertikanţi modjar : „ Akoe lagi akon gawé kembarané ali-ali kijé, bésoek jèn wis dadi pèken."

Djanaka matoer: „Ingkang kantoen kémawon sampéjanagem ." ** Soerjapoetra bisik-bisik : „ Bagoes roepané , teka njlakoetis , aninggal wewangoenané , wènèhna -wènèhna , karbèk noeli minggat , دو akoe ngalih patoeron , jèn wis loenga ajo noeli toeroe wong loro ."

Sigra pinoetjat ponang ali-ali sinoengaken mring kang raji Soertikanți modjar : „Enja enggonen apa sedeng , kowé noeli lèrèna, menjanga panggonanmoe , tetoeron -tetoerona ."

Djanaka matoer ; „ Inggih noewoen sampéjanparingi sesoepé : 214 kakang bok, sampéjanagem malih roemijin, koelatitip dateng sampéjan , bèndjing koelasoewoen sarenga kalih sengkangipoen . Ingkang nata pasaréansampéjan poenika sinten, teka ragi boten kaleresan, jèn pareng koelaleresené . ”

Soertikanţi ngandika : „ Ja apa karepmoe ."

Djanaka sigra loemebet ing pasaréan , saboek dipoenkentjengi , Doewoeng tinetepaken, sigra minger winedalan saking poengkoer.t. Soerjapoetra étja gènira lenggah wonten satengahing kasoer, sarta asila toempang angentrog wentis . Djanaka arsa noebroek anjampar bokor kantjana : Koemrompjang kendi pratala malesat .

lir Soerjapoetra kagjat noeli loemadjeng . Djanaka mboedjoeng , koepoe ataroeng gènira aprang . Soertikanți mawas , jèn ingkang raji mboedjoeng ingkang raka , nanging taksih dèrèng katingal ingkang raka , moeng Ijanaka kang katingal , kados sinatrija salah tonen : „Kena jèn akoe matoera dora sembada , Djanaka kijé mari -mari jen kena ,menèkné doewé karep . Ora ana jogané sing takdjaloeki toeloeng amisaha Djanaka , moeng kakang si Praboe ing Mandoera . "

Soertikanți mladjeng mring pasanggrahaning Mandoera .

١٠٠ the 215 یلما 1

Sinigeg adegé Praboe ing Mandoera moenggèng pasanggrahan , kang wonten ngarsa Patih Pragota , Prabawa . Kang dinangoe Praboe Baladéwa sesaosan soegoeh tamoe : „Sembeléhan adja nganti ngisin -isini , di mbloedag adja nganti ngisin -isini kandjeng rama . "

Pragota matoer : „Kala waoe dateng kekintoenan saking Mandoera , maésa goenggoeng kalih -belah , saoewosipoen saboemboenipoen "

Baladéwa soeka goemoedjeng : „Mangsa entèka , sapira gawéné si Soertikanţi ".

Tan adangoe datengé ingkang raji Dewi Soertikanți ,asesambat adjrih -adjrih .

Baladéwa kagjat : „Wedi ana apa ? "

Soertikanţi matoer : „Koela tamoean rajisampéjan ing Madoekara , ingkang koelasoewoen badé amaèsi anggènkoela dados pangantèn , sareng dateng ngarsané ingkang rama , ladjeng toewi dateng koela , koela soeba -soeba , koelakoermati , koela tijang tamoean sadèrèk anèm , poen Djanaka ladjeng malebet dateng patilemankoela , sajadanipoen angleresaken kadjang sirah , koelalilani , sareng doemoegi patileman salah ton kalih ngagar -agar doewoeng .

.GAMBAR .NO 10

Baladéwa modjar : „ Méndahnéa , mara takdelengé ."

Baladéwa loemebet dateng kapoetrèn , sareng mirsa Radèn Djanaka jektos mlodjang -mladjeng kalih ngagar -agar doewoeng , Baladéwa nglenggak tebah -tebah djadja : „ Éman temen bagoesé , tekant..." doewé lara kaja mangkono , jèn bèbèt teka kang iboe ora ana kang doewé lara kaja mangkono , emboeh menèk teka bèbèté kang lanang. "

(Gambar No. 10) . Sigra dandan Baladéwa, ingkang raji sigra tinoebroek saking poengkoer , sigra binanda Radèn Djanaka ing tjindé poespita , asta wonten ngadjeng . Djanaka ladjeng noetoet kémawon , matoer mring kang raka Mandoera : „Dosakoela poenapa, koela sampéjantjepeng ."

Modjar Praboe Mandoera : „Olèhmoe ngagar-agar keris sambi mlajoe -mlajoe koewé, olèhkoe njekel ."

Djanaka matoer : „ Tijang saweg wonten kadjengkoela ."

Saoeré Baladéwa : „ Ja bener sakarep -karepmoe wong owah , lah kowé weroeh akoe , akoe sapa , mara ? "

Djanaka matoer : „ Sampéjan kakang Praboe ing Mandoera . "

Saoeré Baladéwa : „Wroeha kaé dat-datan baé , ajo ta takgawa metoe mréné , takatoeraké kangdjeng rama, si adi Ngamarta , si adi Pamenang ."

Ladjeng binekta medal .

Kotjapa adegipoen Praboe Mandaraka ingkang taksih dahar étja, ingkang poetra ing Ngamarta lan Brataséna ; sadangoening sami glo dahar , sarawoehé ingkang poetra Praboe ing Mandoera , sarta mbekta ingkang raji Radèn Djanaka binanda , moenggèng ngadjeng tinangsoelan tjindé sekar.

Praboe Mandaraka kagjat, tanja mring kang poetra Praboe Baladéwa .

Alon matoer Praboe Baladéwa : „ Mila koelatjepeng , poenika waoe nalar saking poen Soertikanți , mladjeng dateng panggénankoela , sambatipoen neda toeloeng , jèn Ardjoena salah ton , sareng koelapirsa jektos , mladjeng -mladjeng kalih angliga doewoeng , ladjeng koelatjepeng , Djanaka noetoet kémawon."

Ardjoena dinangoe mring Praboe Mandaraka. Ardjoena matoer : „Mila koela ngliga doewoeng boten teka salah tonen makaten, leres jèn dipoenwastanana makaten , koela poenika mboedjoeng pandoeng , wit koela mboedjoeng pandoeng , saking poetrasampéjan kakangbok Dèwi Banowati ingkang tjetjrijos dateng koela' pramila koela oeninga pandoeng ."

Praboe Mandaraka ngandika kinèn nimbali Dewi Banowati . Sigra dateng Dewi Banowati , dinangoe mring kang rama .

,,Ikoe kaprijé adimoe koewé, déné teka dadi salah ton, djaréné nalar teka kowé, kotoetoeri apa ?

Banowati matoer : „ Mangké koela moendjoek kakang Praboe Mandoera roemijin : Mila raji sampéjan , sampéjan tjepeng saking sinten ?"

Baladéwa ngandika mring kang raji Dèwi Bonawati : „ Moelané adimoe si Djanaka taktjekel , kakanganmoe si Soertikanți mlajoe menjang enggonkoe ndjaloek toeloeng , toetoer jèn adimoe salah ton, maleboe patoeron angagar -agar keris , sarta mlajoe-mlajoe , bareng taktiliki njata , moelané adimoe taktjekel ; mangkono nalaré. "

Bonawati modjar : „ Ajoe temen kakang Dewi Soertikanți , plaoer bandrèkané karo sadoeloeré , koela poenika moendjoek blaka kémawon kalih ing sampéjan , sadasa koela alingana kakang Soertikanți boten kénging, kakangbok poenika ngiwa , gadah remenan , bagoes temen warniné , sami kalih rajisampéjan ing Madoekara warnanipoen; sareng rajisampéjan Madoekara badé toewi raji sampéjan koelatjrijosi , koelapenging dangoe -dangoe , manawi ndjedjaroehi , kalih manawi kasamaran; raji sampéjan Madoekara teka ndedes dateng koela, ladjeng koelablakani , mila dadosipoen makaten."

Baladéwa angandika mring kang raji Banowati : „ Ikoe apa temen kaja mangkono ?"

ila jèn koela moendjoeka dora Banowati matoer : „ Ila - poenapa , ing sampéjan , sampoen lami temen anggènkoela ngalingi , koela boten soeka boten lila , raji koela dipoendamel tombok reremenan . "

Praboe Mandaraka angandika : „Sampoen anak Praboe ing jèn kaja makaten nalaré dikaoetjoeli ,Soertikanți dadi Mandoera , sing ala koewé , géné kowé ora ana toetoermoe menjang akoe , wong kaja mangkono gawéné . "

„Koela adjrih ,manawi koela dipoenwastani Atoeré Banowati : toembak -tjoetjoekan ,manawi dados landesan . "

Praboe Salja angandika mring kang poetra Praboe Mandoera : „Jèn kados makaten dikarodjongi angsalé njepeng pandoeng . "

Baladéwa sagah , Brataséna kedah toemoet , ladjeng loemebet katiga pisan . Baladéwa dipoentilar ing kori ngadjeng , Brataséna moenggèng ing beboetoelan , Ardjoena loemebet pijambak .

Kotjapa Dewi Soertikanți kalihan ingkang raka Radèn Soerjapoetra ; angandika Radèn Soerjapoetra ingkang raji dipoenbekta mantoek dateng ing Petapralaja .

Soertikanți alenggana : „Poeroen koela mrika , koela neda pangarih rajidika , si Soerjawati . dikabekta mariki : "

Ingkang raka sagah ; boten dangoe Ardjoena soembar -soembar , Soerjapoetra mijarsa kagjat , ladjeng pinețoekaken aprang , ramé anggènira aprang .

Kotjapa Radèn Soerjanirada mirsa ingkang raka abandajoeda , ladjeng tetoeloeng , ladjeng pinețoekaken mring Praboe Baladéwa ; Soerjanirada kawon mladjeng mangétan ,tjinegatan mringBrataséna , mladjeng mangilèn tjinegatan Baladéwa , Soerjanirada njalimpet ladjeng itjal , kepanggih lan Soerjapoetra , ingkang raka ingatoeran mbolos ;Soerjapoetra noeroet ladjeng mbolos ; kantoen Praboe Mandoera lan Brataséna tetiga lan Djanaka , samja pirembagan :

GAMBAR .NO .11

Atoeré Radèn Djanaka ingkang raka tinilar : „ Sampoen sampéjan moendjoek , jèn boten dateng koela, koela djoedjoelé pandoeng poenika dateng grijanipoen.”

Brataséna nanggel : „Akoe roepané jèn loengané adimoe si Djanaka ."

Mangkat Radèn Djanaka, ladjeng mring nagri Pețapralaja .

Sinigeg genti kotjapa adegipoen Ratoe Pețapralaja Mahradja Radéja, tinangisan mring kang poetra Dewi Soerjawati , sambatsambat Radèn Soerjapoetra .

Mradja Radéja ngandika : „ Wis menenga , mèh teka kakanganmoe , agèk loenga menjang nagara Mandaraka, mengko noeli teka kakanganmoe."

Boten dangoe sadatengé Radèn Djanaka, tinangisan mring Dèwi Soerjawati , dipoenwastani ingkang raka.

Ngandika Mradja Radéja : „Ana ngendi poetri Mandaraka, déné teka ora kogawa ? "

Djanaka matoer : „ Mila boten koelabekta, boten poeroen , kedah neda pangarih , poetra sampéjan Soerjawati koelabekta , koeladamel pangarih."

Mradja Radéja ngandika , ingkang raji kinèn mbekta, ladjeng binekta Dewi Soerjawati . Sapoengkoeré Radèn Djanaka, datengé Soerjapoetra lan Soerjanirada .

Kang rama angandika : „Déné teka bola -bali mbalèni apa ?" Soerjapoetra matoer : „Koela poenika saweg dateng . "

Ingkang rama angandika : „Lah sing nggawa adimoe doedoe kowé , barang -barangé ja wis kowé."

Soerjapoetra matoer : „Poenapa sampoen dangoe ?"

Kang rama angandika : „Doeroeng soewé elet sapanginang ." Soerjapoetra matoer : „Ketiwasan , mengsahkoela ."

Soerjapoetra ladjeng noetoeti lan Soerjanirada, ketjandak wonten margi , Soerjawati tineda boten soeka , ladjeng aprang , ramé nggènira aprang . Soerjanirada tetoeloeng , ladjeng pinentoeng mring ki loerah Kantong -bolong , Soerjanirada ladjeng kalenger, ènget noelja mladjeng , ginoedag tijang kekalih : Pétroek , Nalagarèng. Kantoen Soerjapoetra lan Djanaka aprang idjèn, boten wonten ingkang kasoran , sami soediranja . Soerjapoetra modjar, Djanaka dipoendjak bebalapan : endi ingkang ketjandak dadi kalahé , mawi panengeran tal saoewit . Djanaka mladjeng roemijin , binedag mring Soerjapoetra , sampoen anglangkoengi tal boten kétjandak .

(Gambar No. 11). Gentos Soerjapoetra binedag , mladjeng kepati 4 - Radèn Soerjapoetra , Radèn Djanaka sigra mbedag , mèh doemoegi ing etal kirang sapambalang , noelja kadjambak ing rémané , sampoen dènoekel , Soerjapoetra sesambat angraos sampoen kawon . Adjeng pinedjahan mring Radèn Djanaka, kasaroe gara -gara oedoennja Bațara Narada, anoetoeri mring Djanaka : „Adja kopatèni , sanakmoe déwé koewé, sadoeloermoe toenggal iboe ; ingkang ora lahir teka ing marga ina, kowé apa ora ditoetoeri karo iboemoe si Koenți , olèhé doewé anak dèk prawan, metoe saka koeping , moelané djeneng si Karna Soerjapoetra . "

Ardjoena sareng mijarsa sadelingé Bațara Narada, ladjeng rerangkoelan , sami angrerepa ing kalihnja .

Narada ngandika malih mring Radèn Djanaka : ,,Wis ta, Djanaka , malah éwang -éwangana kakanganmoe koewé , si Soertikanți koewé woes pestiné dadi djodoné si Soerjapoetra , déné djodoné si Koeroepati : si Banowati . "

Ladjeng amitoehoe kalihnja , Narada moemboel . Karna , Ardjoena ladjeng mring Mandaraka.

Sinigeg genti kotjapa, ngadeg Ratoe Ngawangga Praboe Koendjaja Karna , sadatengé ingkang emban , angatoeri oeninga jèn tiwas , dèrèng ngantos doemoegi selak pedjah wonten margi, aprang kalih Radèn Djanaka, kantjakoela pedjah sadaja .

Koendjaja Karna angandika : „Wis ora tak sekolèhaké patiné kantjamoe, wong ora takkon kekerengan, lan kowé, balia : emban , ora takgawani lajang , malingana baé si Soertikanți , poma di kena ."

Emban sigra mesat ngambah madya gantang .

Sinigeg adegipoen kapoetrèn Dewi Soertikanți lan para emban , satibaning gamelan danawa èstri dateng sarta boten katingal ndjoedjoeg wingkingé Dèwi Soertikanți , nitik anggènira tjap-otjapan kalih ingkang abdi , tetéla pamirsané danawa emban , jèn Dèwi Soertikanți , ladjeng pinondong binekta moemboel ; Sang poetri andjrit, gègèr salebeting kapoetrèn .

Sinigeg adegipoen Praboe Salja, Baladéwa , Dremawangsa , Ardjoena , Brataséna, Soerjapoetra .

Ardjoena matoer : „Pandoeng sampoen ketjepeng , nanging koela tanggel pedjah gesangipoen , jèn dados pareng sampéjan , koelasoewoen dados panggihipoen kalihan kakangbok Soertikanți ."

Praboe Baladéwa djoemoeroeng , Banowati kinarja lelintoe, sampoen sami pareng katigané. Kasaroe wedaling emban , ngoendjoeki oeninga jèn ingkang poetra binekta ing pandoeng .

Praboe Mandaraka modjar mring kang poetra Radèn Djanaka, jèn Soertikanți kadamel sajembara . Ardjoena Soerjapoetra sagah , anjoewoen pamit ladjeng mangkat, Brataséna kang memanoeki ing wingking .

Sinigeg genti kotjapa, adegé poen Koendjaja Karna nagri ing Ngawangga, sadatengé emban moendjoek jèn angsal damel poetri sampoen kabekta, ladjeng kinèn medalaken saking tjetjoepoe . Sampoen medal Déwi Soertikanți , ladjeng loemebet ing kadaton. Sadatengé Soerjapoetra lan Ardjoena amatak adji kemajan boten ketingal , ladjeng loemebet ing kadaton. Poen Koendjaja Karna sigra noesoel badé mondong Soertikanti . Ladjeng adegé Soertikanți wonten kapoetrèn , gendingipoen kabojong , sarta anangis sambat -sambat . Boerisrawa lan Roekmarata ; satibaning gamelan sadatengé Soerjapoetra , Soertikanți kinèn nolèh , sareng nolèh ladjeng ngrangkoel .

Kotjapa Radèn Djanaka minda Dewi Soertikanți ; sadatengipoen Koendjaja Karna , Soertikanți ladjeng pinondong , neda panggil notok sinoekanan mring Koendjaja Karna , Soertikanți sigra malih warna Ardjoena , Koendjaja Karna sareng ținoțok goemeter .

Ardjoena sigra soembar : „Koendjaja Karna biloloken matamoe , doedoe wong wadon , Djanaka, akoe ."

Ladjeng aprang , Koendjaja Karna pedjah djinemparing mring Soerjapoetra kang tetoeloeng . Gègèring kadoton wedaling para njai , tjrijos danawa kang wonten djawi , danawa goepoeh samja malebet sadaja , pinetoek mring Wrekoedara , poenggawa danawa telas . Noelja ngadeg Soerjapoetra , Djanaka, Brataséna . Soerjapoetra modjar Ardjoena kinèn mantoek lan Brataséna, kinèn ngoendjoeki oeninga , jèn Soerjapoetra boten mantoek, ladjeng ngadeg Ratoe wonten nagari Ngawangnga . Brataséna lan Djanaka sigra méntar.

Siena

Sinigeg adegipoen Ratoe Mandaraka, rawoehé Praboe Ngastina , Sengkoeni , Praboe Baladéwa, moenggèng wingkingé Salja, Praboe Ngamarta. Sengkoeni modjar angatoeraken badé mring Praboe Salja.

Salja ngandika mring patih Sengkoeni , oedjaring Salja : „Ketiwasan adi Sengkoeni , poetri dipoenbekta pandoeng , saking tiwasé anggènkoela ngreksa , awon ingkang késah : déné ingkang kantoen poen Banowati poenika ingkang koelaatoeraken badé kalih anak Praboe ing Ngastina ."

Praboe Mandaraka angandika mring kang poetra Dèwi Banowati , dinawoehan kinèn mendet anggoer manis . Banowati késah .

Praboe Mandaraka angandika mring Patih Sengkoeni , sarta Narpati ing Ngastina : „ Inggih poenika warninipoen, ingkang koelaoetoes moendoet anggoer manis, ingkang koelaatoeraken badé .”

Praboe Ngastina sareng mijat warnining Banowati , galihé sakalangkoeng panoedjoe ; ladjeng ingatoeran masanggrahan .

Noelja atantjep kajon .

4. Poenika lampahan Alap-alapan Banowati .

Ngadeg Ratoe Ngastina wonten ing pasanggrahan , patihnja Sengkoeni . Ingkang ginoenem pambebananipoen Dèwi Banowati , Praboe Ngastina jèn angarak noengganga gadjah poetih , ingkang srati poetri . Praboe Ngastina sampoen oetoesan mring Radèn Kartamarma , animbali ingkang raji ing Madoekara ; sigra dateng Kartamarma , angoendjoeki oeninga jèn ingkang raji sowan, alon tinimbalan ; sapraptanira ngadjengan , Praboe Ngastina ngandika mring kang raji Madoekara : „Praboe Ngastina amoendoet pasoembang liman petak ingkang srati poetri. " Sandika atoerira ingkang raji , noelja pamit lèngsèr . Sengkoeni kinèn ngoepadosi pijambak , toernja Sengkoeni : sandika , sigra lèngsèr .

Kotjap dalem pasanggrahan , Déwi Gendari ; sarawoehé ingkang jèn in gl poetra Praboe Koeroepati , matoer mring kang iboe : raji ing Madoekara kinèn ngoepados liman petak, sarta ingkang paman ing Plasadjenar : koedi patjoel poendi ingkang landep . Ladjeng boebaran , wedalé Radèn Sengkoeni amepak Koerawa , sapratigan ingkang binekta, ladjeng bodol .

Sinigeg genti kotjapa, nagari ing Timboeltaoenan , Ratoe danawa Mradja Koerandageni, anjoepena pinanggih lan poetri ing Tasikmadoe , panengeran Dèwi Retna Djoewita ; sigra nimbali poenggawa danawa, pinaringan serat kinèn loemaksana mring nagari Tasikmadoe ; sigra bodol samantrinira .

Sinigeg genti kotjapa , ngadeg Ratoe ing Tasikmadoe , Mradja Kasèndra lan ingkang poetra Kaséna . Sadangoené imbal watjana , sadatengé danawa oetoesan , sigra tinimbalan , sadatengira ngatoeraken serat , tinampèn mring kang poetra Radèn Kaséna : binoeka, temboenging serat badé anglamar Praboe Kaséndra pasrah mring kang poetra Radèn Kaséna. Wekasan amoendoet tinoekoe ing prang , tan arsa tinoekoe ing radjabrana ; danawa doeta sagah angatoeri kentjéngan, ladjeng tinoedoeh kinèn medal , Radèn Kaséna sigra noetoeti sarta amepak bala , tetindih Patih ing Tasikmadoe Patih Djajaloekita , sampoenira pepak ladjeng bodol.

GAMBAR .NO 12

Kotjap danawa panggih lan kantjanira mantri , winartanan jèn pinoendoetan prang, badé anjagahi njaosi kentjéngan, kantjané sami rembag sadaja , awit boten kekațahen lampah , jèn kondjoeka mangsa wandéa tijang kados koela ingkang loemampah .

Sèbet bjar dèrèng dangoe anggènira goenem rasa , kasaroe wedalé poetra ing Tasikmadoe, ladjeng pinetoekaken mring danawa poenggawa . Pradjoerit kapoetran kațah risak , Djajaloekita madjeng , dangoe-dangoe ketèmper loemadjeng ; Radèn Kaséna oemangsah , .... dangoe anggènira aprang , katèmper. Danawa kèndel pamboedjoengé , ladjeng masanggrahan malih.

Adegé Praboe Kaséndra . datengé ingkang poetra matoer jèn kawón ; Praboe Kaséndra ngandika : „Kang poetra kinèn minta sraja, ingkang saged ngawonaken raseksa ; ingkang poetra sigra méntar kinanţénan patih Djajaloekita , sigra pamit noelja mangkat .

Sinigeg genti kotjapa gara -gara : Semar , Garèng , Pétroek , Sesampoené bebanjolan , panggih lan Djanaka, winartanan mring ki loerah Semar , ladjeng mangkat analasak wana.

Kotjapa satengahing wana wonten sarpa sadjodo , atali mangsa , sadjodo lawan sima, galaknja anglangkoengi , djalma mara djalma mati . 1)

Sang taksaka nangis aminta pangan mring sima kang djaler , tan adangoe mambet gandaning manoesa , noelja sami ndingkik , tinoeroet sangkaning samirana.

(Gambar No. 12 ). Kotjap Radèn Djanaka, ingkang kèndel asaré soeméndé ing kadjeng kendajakan, kongsi gingsiring soerja ; Semar , Garèng , Pétroek ingkang atengga . Pétroek tjetjangkriman lan ki Garèng, kadamel tjagak elèk; dangoening tjangkriman sadatengé Singaprendjana ndjongok wingkingé ki Pétroek , Pétroek angrasa koemepjoer manahé , mengkarag gițoknja . Sareng dènemèk wingkingé wonten poek-empoek atos, sareng ngoelèt anoleh tiningalan sima ndjongok, Pétroek ladjeng angloemba , loec madjeng sarta beloek -beloek dateng Garèng, kinèn mlajoea : „Boerimoe ana kaki wilwa !"

Garèng sareng nolèh kantjilen soekoenira , loemadjeng kalih késod; ki loerah Semar kantoen, bineloek mring Nalagarèng, kang rama kinèn loemajoe : ,,Boerimoe ana gemah ! "

Semar nolèh soemerep jèn sima, soepé ing goestinira, Ardjoena kantoen pijambak , arsa tinoebroek Ardjoena kagjat, woengoe sigra maloempat , noenten binoedjoeng , aprang dangoe , Ardjoena noelja ngagem djemparing, sima djinemparing watgata ladjeng pedjah . Noelja taksaka kang béla patining lakinira , djinemparing kenèng telakira , taksaka kawatgata pedjah ; noelja babar djoewata sadjodo : Kamadjaja lan Ratih , ladjeng amanggihi mring Radèn Djanaka .

Moengel gending ladrangan sekar lempang gender . Kamadjaja panggih lan Ardjoena ladjeng toetoer ing poerwanira kenèng tjintraka , sarta modjar mring Ardjoena tanja ing paranira Ardjoena matoer badé ngoepados liman petak kang srati poetri . Kamadjaja modjar , kinèn ndjoedjoeg mring nagari ing Tasikmadoe, Mahradja Kaséndra : „Déné poetriné loro, retna Kasimpar kang toewa , retna Djoewita kang enom , kang doewé gadjah poetih kang toewa."

Ardjoena mitoehoe , Kamadjaja moemboel , Ardjoena ladjeng pangkat kapetoek poetra Tasikmadoe , ladjeng kapinta sraja, Ardjoena poeroen noenten kabekta. Patih Djajaloekita kinèn roemoehoen angoendjoeki oeninga , sarta kinèn mețoek titihan , Djajaloekita sigra bidal, doemoegi salebeting nagari Tasikmadoe , ndjoedjoeg ing régol , tan adangoe wonten para goesti medal , Djajaloekita weling atoer, ladjeng kondjoek sigra tinimbalan . Sareng doemoegi ngadjengan dinangoe , Djajaloekita matoer : „ Jèn poetradalem anggèning minta sraja angsal damel , nanging taksih wonten wingking , koela dipoenoetoes moendjoek roemijn, poetradalem moendoet petoekan .'

Praboe Kaséndra ngandika, ingkang poetra kinèn metoek. Tan antara datengé ingkang poetra , kang poetra moendjoek jèn angsal -angsalipoen wonten djawi , ladjeng kinèn nimbali . Sadatengé Radèn Djanaka, dinangoe mring Praboe Kaséndra, Djanaka matoer tijang saking Ngastina, nama Radèn Djanaka ; Noelja tinantoen prang kalihan danawa, Djanaka matoer poeroen .

Praboe Kaséndra osik sadjroning wardaja : „Jèn takdoea prang dingin , menèk mati éman bagoesé , angoer taktemokna karo anakkoe disik, nadyan matia wis ana toeroené ."

Ladjeng binekta kondor angadaton .

Adegira ni bok Dèwi Tjlekoțana lan ingkang poetra Sang dyah Retna Djoewita , noenten sarawoehé ingkang raka, pinețoek mring Dèwi Tjlekoțana . Sesampoennja tata lenggah , Radja Kaséndra ngandika mring kang garwa : Jèn wis olèh , ólèhé minta sraja, poetra Ngastina djenengé Radèn Djanaka ; karepkoe ora takdoe disik , taktemokaké karo anakmoe Retna Djoewita , jèn kowé remboeg .

Dèwi Tjlekoțana matoer mring kang raka : „ Jèn koela boten rembag , jèn sampéjan panggihaken sapoenika , béndjing sesampoening damel kémawon, kasesa poenapa ? Oetawi kawona toewin pedjaha ; dados poetra sampéjan boten imah-imah kaping kalih ."

1 PAKEM RINGGIT POERWA V -VI 3

Praboe Kaséndra ngandika : „Ja bener kowé, akoe kang kesoesoe , nanging wong wis tiba oedjarkoe keprijé ? sabda pandita ratoe . "

Tjlekoțana meksa boten kénging, Kaséndra angandika malih : „ Lah, wis , jèn kaja mangkono , akoe lilanana baé , taktemokné lan anakkoe Retna Kasimpar baé , idepidep takgawé panantjang baé dingin , djaja oetawa tiwasa wis taktemah, moeng adja nganti lowong sabdakoe baé ."

Atoernja Dewi Tjlekotana soemangga kémawon, Praboe Kaséndra ladjeng djengkar , Radèn Djanaka kabekta dateng kebon pepoengkoeran .

Adegé Dèwi Retna Kasimpar kalihan ingkang para emban . Tan adangoe sarawoehé ingkang rama , ingkang poetra metoek , sawoesnja lenggah , ingkang rama ngandika , ingkang poetra kinèn akrama : ,,Idepidep kowé angreboet nagaramoe ."

Ingkang poetra tan kénging matoer,Imring para selir, noenten pinanggihaken, ingkang rama noelja kondoer.

Kotjap Radèn Djanaka, ingkang kapanggihaken lan Retna Kasimpar , sareng sampoen angsal tigang dinten tigang daloe , katjarita sampoen tjarem, ingkang garwa arsa tinilit sowan mring kang rama , kersa pamit prang ; ingkang raji kedah toemoet , Dèwi Retna Kasimpar noelja pinondong , ingemban tjindé poespita , noelja dènlé - oume la-léla tinembang toeroe -toeroe laré, kasilir ing samirana noenten saré wonten ing embanan , tandva sinarèkaken ing baboet sarta dineseg ing gegoeling . Djanaka mlorod maring dagan , tiningalan ingkang raji mentjorong wedanané , Djanaka asajoet ing drija , sarta amegat ing tresna ; Djanaka sowan mring kang rama , kang rama kagjat ladjeng ngandika mring poetra Radèn Djanaka. Djanaka matoer njoewoen pamit badé prang , ingkang rama angastoeti kersaning poetra sarta Radèn Kaséna kinèn oemiring kangraka, lan Patih Djajaloekita sami boedal .

Kotjap pasanggrahan danawa, pepakan lan samantrinira sadaja , ingkang sami dènadjeng -adjeng , rampoenging pangandika Praboe Tasikmadoe . Tanantara dangoe soemerep wedaling gegaman ing Tasikmadoe , sigra pinețoekaken mring poenggawa danawa . Radèn Kaséna anoelja njoewara : „ Koerang sapisan kijé pepanggilé kakang bok , jèn wis kalah pinta srajakoe, goestimoe bandjoer konen ngarak ! "

Djanaka lan danawa ladjeng prang , danawa telas pedjah sadaja ; Radèn Kasèna ladjeng neteg tengara boebar . Radèn Djanaka ... njimpang , boten sowan dateng kang rama , Radèn Kaséna ingkang 130 kinèn moendjoeka dateng kang rama .

Kotjapa madeg Dewi Tjlekotana , moering -moering maring Radèn Djanaka , déné pinanggihaken lan dèwi Kasimpar , ni bok Tjlekoțana sanget kedoewoengira , maras poetrané jèn kinawajoeh . Tjlekoțana sigra maring kebon pepoengkoeran , amarani mring Dewi Retna Kasimpar ; sesampoenira doemoegi , Dewi Retna Kasimpar saweg asaré , Tjlekoțana sigra dandan , anoelja Retna Kasimpar djinambak ; Retna Kasimpar kagjat andjrit, noelja tinekak mring Tjlekoțana ladjeng sinembelèh , Retna kasimpar pedjah , ladjeng pinendem ing soemoer mati ingoeroegan oewoeh , Tjlekotana mantoek dandan , ladjeng angagem ganda wangi .

Genti kotjapa, liman petak mirsa, jèn goestiné mati , meta wonten wantilan , rosaning liman: koekoehing djanget pedot , liman loemadjeng ngintar ngoelari Radèn Djanaka , tijang kang kapetoek sami adjrih .

Kotjapa Radèn Djanaka ingkang mantoek , Semar, Nalagarèng , Pétroek , oeninga wonten liman meta sami loemadjeng , moeng kantoen Radèn Djanaka. Liman petak sigra moeroegi mring ngarsané Radén Djanaka sarta amendak kalih anangis , loehipoen derodosan , jèn ta sageda ngoetjap : „Goesti , koela ngoendjoeki oeninga ing sampéjan , raji sampéjan Dewi Retna Kasimpar angemasi , dipoentjidra déning iboedjengandika Dèwi Tjlekotana , kasembelèh ing doewoeng , samangké dipoenlebetaken ing soemoer ; koela sampėjantitihi , koela oeningakaken panggènané raji sampéjan . "

Gadjah petak telalénira amalelet -lelet soekoené radèn Djanaka, medar telalé ngadeg dinoemoekaken gigirira prijangga, tinon kadya liman njembah. Radèn Djanaka sigra nitih , alon lampahing dirada , sigra loemebèng taman , Semar, Pétroek atoetpoengkoer dateng salampahing gadjah ing soemoer pedjah . Liman petak moebeng sapinggiring soemoer , sampoen djangkep ping tiga mendak. Djanaka moedoen saking liman, alon djoemeneng , limannja taksih andjeroem , sarta loehira mili , telalé anggajoeh oeroeging soemoer , kinèn angréntjangi Nalagarèng. Pétroek . Setelasing oewoeh , goestiné gilang-gilang moenggèng salebeting soemoer , sigra sinamboet mring ki loerah Garèng . Pétroek nglawani binekta minggah mring anda ; Radèn Djanaka mirsa, ladjeng sinamboet , dènemban sarta dènaras , ladjeng binekta sowan mring kang rama .

Kotjap adegé Praboe Kaséndra lan ingkang poetra Radèn Kaséna , moendjoek mring rama , jèn djoerité ingkang raka oenggoel , danawa pedjah sadaja ; poetra sampéjan dèrèng ngarsakaken sowan, ladjeng mantoek dateng taman, Praboe Kaséndra ngandika : „Lajak kaja mangkonoa , wong lagi anjaranjaran . "

Dèrèng antara dangoe datengé Radèn Djanaka, angemban ingkang garwa palastra ; ingkang rama kagjat , sigra gènira ndangoe mring kang poetra. Alon atoeré ingkang poetra , moendjoek jèn saking liman petak oeninganipoen : „Koela mantoek saking paprangan, kapetoekaken ing liman petak, ladjeng mandeg ingadjengkoela, sareng koelatitihi , ladjeng ndjoedjoeg dateng soemoer pedjah , sarwi amendeg , telalé mboetjali oewoeh saking salebe ting] soemoer , sarta koelakèn ngréntjangi dateng poen Garèng lan Pétroek ; telasing oewoeh , poetra sampéjan kepanggih , moegi kaoeningana ing sampéjan .”

Praboe Kaséndra nglenggak sarta atebah djadja, waspanira ... koemembeng, ladjeng dawoeh dateng emban , para njai toewin para inja, pinepak sadaja ; dinangoe mring praboe Kaséndra , para emban ngoendjoekaken pedjahgesang , matoer boten oeninga .

andia. Kaséndra angandika : „Jèn ana ingkang weroeh , ora gedé ora tjilik, takgandjar wong sidji -sidjiné njatoes , sarta takpengadeg ;t. jèn ketemoe kang matèni anakkoe si Kasimpar , poenagikoe : taksembelèh sarta wetengé takbedèl , atiné takganjang.” 201

Tijang alit sami rerep sadaja , tan ana bawane walang asisik .

Kotjap Radèn Djanaka, pedjah angraga soekma , taksih mangkoe ingkang garwa, tan wonten kang oeninga , dipoenwastani lenggah kéwala . Sigra saged panggih soekma sami soekma , noelja soekmané kang garwa pinandjingaken malih, soekmané Ardjoena mandjing prijangga . Dèwi Retna Kasimpar apoerna djati , ladjeng anoengkemi ingkang raka ; ingkang rama tedak saking dampar amengkoel ingkang poetra , sampoen dangoe pangrangkoelira , Praboe Kaséndra pinarak ing dampar malih, ndangoe mring Dèwi Retna Kasimpar . Ingkang poetra matoer , pedjahé katjidra ingkang iboe ; „Koela tilem ladjeng kadjambak, koela kagèt ndjerit , koela ladjeng katekak , dipoensembelèh ; sesampoené koela dipoensembelèh , koela boten oeninga ."

Bjar sareng mijarsa atoeré kang poetra , Praboe Kaséndra soemoeng -soemoeng kang pranadja , doeka jajah sinipi , sarta nggigit wadja, sigra gènira tedak angasta talempak, amoeroegi ingkang garwa, Dewi Tjlekotana pinanggih lenggah , poepoerira alelamatan, sindjangira tjindé sérédan , kasemekan djingga tinepi, kalihan moetjang . Sarawoehé kang raka, sigra angembat -embat talempak , sarwi asroe ing pangandikané : „Hé , Tjlekotana ! sanggakna pati oeripmoe , iki dedalané patimoe ! "

Tjlekoțana kagjat alon matoer : „Dosa koela ingkang poendi ? Moegi koela sampéjanoeningakaken ."

Praboe Kaséndra sendoe pamoewoesira : „Emboeh , ora idep , seloesoeren déwé awakmoe , kowé ngrasa apa ora : anjembelèh si Retna Kasimpar , batangé kolebokaké soemoer , mara, arep moengkir , moengkira ."

Dèwi Tjlekoţana matoer : „ Legané manah koela mawon, sinten kang moendjoek ing sampéjan? Sanget temen remené dateng koela, lengar katiban oentjeg koela poenika . Wonten wastaning, ferieom bijoeng koewalon, boten koela bédak -bédakaké kalih poetra sampéjan poen Retna Djoewita , kantoen boten ngedalaken kémawon.

Praboe Kaséndra ngandika : „Emboeh , takroengoe basamoe , nanging ora takgoegoe- "

Tjlekoțana ladjeng bijas, alon atoerira : „ Inggih, koela kedah sampéjanbélakaken dateng poetra sampéjan , inggih koelabélanané , tijang koela sampoen sepoeh , ngoepados pedjah poenapa , jèn koela sampéjanasta pijambak, nanging koela sampéjanlilani oedjoeng sakedap , wekas -wekasané koela ngabekti ."

Ingkang raji kalilan , Tjlekotana ladjeng oedjoeng sarwi matek pengasihan , pangèdepan djaran gojang , Sesampoenira ngabekti , Praboe Kaséndra lilih ing doekanira , alon pamoewoesira : „Keprijé , Tjlekoțana , akoe ora koloe deleng roepamoe , ja géné ta, déné nglakoni kaja mangkono ?"

Praboe Kaséndra késah moeroegi kang poetra Radèn Djanaka, alon pamoewoesira : „ Wis, Djanaka, iboemoe mangsi bodowa kowé : patiné, akoe wis lila. "

Djanaka matoer : sandika ; ki loerah Semar tinoedoeh kinèn amedjahana . Atoeré Semar : sandika ; sigra mangkat tetijang tiga sami mbekta dadoeng , aloe , pentoeng , mara mring panggonané Tulekotana, Tjlekoțana kagjat moelat , anoelja tetanja. Saoeré Semar : „ Dikakaké moendoet patioeripmoe ."

Tjlekotana modjar : „ Ora gelem akoe dipatèni sok wonga , kedjaba kangdjeng paran déwé . "

Semar modjar : „Gelem ora gelema takpatèni , wong wis sah ing paréntah ."

Sigra tinoebroek , Tjlekotana mladjeng amapan , amedalaken sétané : ki Topèngrègès , kinèn metoekaken Semar ; Semar ladjeng kepandjingan , klenger boten émoet , pinidjetan mring Nalagarèng ; sétan medal ngalih mring Garèng , noelja genti pinidjetan mring ki loerah Semar lan sinemboer , sétan medal , Nalagarèng , Semar mladjeng ngoengsi mring Pétroek , tinoetoeran jèn binadog sétan ; ki loerah Kantongbolong goemoejoe , ngisin-isin mring Garèng : „Wong lanang apa, teka kena dibadog sétan , dadi growong kowé koewé ; wis pada loenga , takajonané."

Nalagarèng lan Semar sami késah, ki loerah Kantongbolong angoendang sétané , djenengé si Kéndo , tinoedoeh kinèn metoek mring bangsané ; ki Kantong oemangsah , prang lan Kloentoengwaloeh , Topèngrègès . Sadangoening prang, sétan kalih kawon , angoengsi mring Tjlekoțana , toetoer jèn kawon prang lan bangsané . Tjlekotana mapan sarta narik patrem .

(Gambar No. 13). Kotjap si Kéndo ngoengsi lan ki Kantongbolong, atoetoer sétané wis mlajoe, nanging wedi bijangané menèk didjamoni ; sigra linebetaken ing kantong malih si Kéndo . Ki Pétroek sigra oemangsah , sarwi mbekta pentoeng ; Tjlekotana angagar -agar patrem , noelja pinontoeng wani mring ki Pétroek , kapisanan kénging, ladjeng pedjah; kondjoek koewanda ladjeng sinaénan .

Praboe Kaséndra pinarak lan ingkang poetra Radèn Djanaka , lan Retna Kasimpar ; Djanaka pamit dateng kang rama , klilan

GAMBAR NO .13

Original from CORNELL UNIVERSITY

noelja bidal , ingkang poetra tinoedoeh kang raka, wangsoel sadjawining rangkah .

Sinigeg genti kotjapa, adegé Praboe Ngastina moenggèng pasanggrahan , Sengkoeni , Droesasana moenggèng ngarsa ; Sengkoeni matoer kadoeta ngoepados liman petak boten angsal . Praboe Ngastina ngoengoen wardajanira , kèngetan mring kang raji Radèn Djanaka .

(Gambar No. 14). Tan adangoe gègèring djawi , jèn ingkang raji dateng , anitih liman petak, ladjeng kondjoek mring Praboe Koeroepati , Sang Praboe sigra tedak mețoek mring kang raji ; sareng mirsa jèn kang raka mețoek , ladjeng amendakaken liman , Radèn Djanaka mandap saking liman ; Retna Kasimpar ingkang teksih moenggèng liman, sigra ngadeg malih kang liman , Djanaka tandya rinangkoel mring kang raka Praboe Koeroepati . Djanaka sigra ngabekti , sawoesnja ngabekti ladjeng kondoer dateng pasanggrahan , ingkang raji rinangkoel kalih loemampah. Sadatengira pasanggrahan ladjeng bodjana kalih kang raji ; Sengkoeni kaoetoes angoendjoeki oeninga mring, Mandaraka . Saoengkoerira Sengkoeni, ing wingking tata-tata, ladjeng ngarak .

Kotjap Praboe ing Mandaraka , Baladéwa, Ngamarta, Brataséna ; Sengkoeni dateng angoendjoeki oeninga . „Pepoendoetan sampoen angsal , kang dirada petak ." Goegoep Praboe Mandaraka , Baladéwa toewin Joedistira sami sanéga .

Tan adangoe Praboe Ngastina rawoeh , Salja ndawoehakan animbali kang poetra Dewi Banowati ; Banowati sampoen pinaèsan , sigra ginarebeg sapramèswaranira. Sarawoehé Praboe Soejoedana , Dèwi Banowati pinețoekaken, kinèn ladjoe loemebet ing prabajasa ; ingkang kantoen Praboe Mandaraka, Baladéwa, Ngamarta , Brataséna , moenggèng pandapa , ladjeng bodjana pitoeng dinten pitoeng daloe . Atantjep kajon .

1) Poenika ing padalangan , ambasakaken panggénan ingkang sanget angker , gawat oetawi amcetawatosi , kados ta: Setragandamaji kajanganipoen Batari Poerga , wana Lodaja toewin Ngajah

Limrathipon temboeng nakaten waoe kawetahaken : djalma mara djalma mati , sato nara sato mati Pikadjengipoen : Sinten kémaw on ingkang amerpeki panggonan poenika , n anggih bilai oetawi tiwas.

5. Poenika lampahan Alap-alapan Droesilawati .

Adegipoen Ratoe Ngastina , Sengkoeni , Droesasana ; ingkang ginoenem damelé ingkang raji Dewi Droesilawati , badé katrimakaken dateng poetra ing Banakeling Radèn Tirtanata . Kasaroe kalebetan pandoeng , poetri ingkang binekta, mbobok pager bata tjepoeri troes lan pager boemi djawi , bolongira sagadjah .

Sengkoeni , Droesasana dinangoe gènira ngloeroeh pandoeng , oendjoekipoen Sengkoeni nelas , noeroet pasisir boten pinanggih ; ladjeng animbali Adipati Ngawangga, dinawoehan kinèn amadosi mring Droesilawati , Karna matoer sendika, kinanțénan mring Sengkoeni sarta para Koerawa . Karna , Sangkoeni ladjeng lèngsèr.

Noenten kadatonan, Dewi Banowati saoendoeré ingkang raka, noelja winartanan , jèn ingkang raka Adipati Ngawangga ingkang dèn oetoes , sarta arja Sengkoeni , angoelarana mring Droesilawati ; ladjeng boebaran .

Kotjap pasèban djaba , Karna , Sengkoeni , Droesasana , Koerawa gangsal , sasampoenira sadija pepak , ladjeng bodol .

Sinigeg genti kotjapa, ing nagara Siloeman, Radja Kalawerdati kalih emban Wéwégidrah . Ingkang ginoenem anggènira ngimpi, pinanggih lan Dèwi I roesilawati , ing Ngastina nagaranira ; ladjeng amidji poenggawa , awasta kjai Kempana , binektanan serat kinèn mring nagari Ngastina ; Kempana mesat bodol samantrinira .

Sinigeg genti kotjapa , adegé Praboe Ngamarta lan Brataséna, Nangkoela , Sadéwa . Ingkang ginoenem késahé Radèn Djanaka, ndangoe lampahé poenggawa Ngamarta . Atoernja Werkoedara : tan ana kang angsal karja . Joedistira ngandika mring Brataséna kinèn ngloeroe prijangga ; Brataséna mitoehoe , pamit noelja mangkat, lampahira medal ing wana sarta ingiring déning bajoe .

Sinigeg genti kotjapa, gara-gara adegé Semar, Garèng lan Pétroek ; sesampoenira gegoedjengan , adegé Radèn Djanaka moenggèng satengahing wana. Semar matoer : goestiné kinén kondoer, Ardjoena tan arsa , arsa doegèkaken anggènira ndjadjah wana , koewangkoengen wonten sadjroning nagara , noelja ladjeng , Semar, Garèng lan Pétroek atoet poengkoer .

GAMBAR No. .15

Kotjap adegé danawa parepatan , ingkang kèndel wonten samadyaning wana ; sadangoenira apotjapan , datengé ki loerah Togog , matoer jèn wonten satrija langkoeng , noelja tjinegatan ladjeng prang, danawa kawon . Djanaka sajah , ladjeng saré sesèndèn moenggèng kajoe kendajakan, abdi tetiga kinèn toenggoe . Saking mandining sesirepira gadjah , Semar saanaké samja toemoet toeroe. Tanpantara liman petak langkoeng, sarta nggèndong poetri Retna Droesilawati , langkoeng ngiringané Radèn Djanaka. Dèwi Droesilawati awas tingalira , mirsa kang raji ing Madoekara , ladjeng bineloek sinambat ing tangis . Djanaka lir pinetik talinganira, ladjeng woengoe nggoegah abdi tetiga : „Moelané kowé pada dakgoegah , sadjroning toeroe akoe kroengoe wong nangis beloek-beloek menjang akoe , sarta weroeh ing djenengkoe ."

Boten dangoe mireng malih swaraning tangis asesambat alamat-lamat, noelja kinèn mriksa mring ki loerah Semar. Pratéla tingaling Semar, jèn poetri binekta ing liman, sigra matoer mring Radèn Djanaka, noelja tinoetoetan . Sareng mawas tingalira , jèn ingkang raka Droesilawati , Djanaka sigra moemboel , kang raka rinebat, liman petak kagjat sigra nolèh , asroe modjar : „Kowé ikoe wong apa , teka wani ngreboet gegawankoe ?"

Djanaka soemaoer : „ Moelané dakreboet , kijé sanakkoe ."

Liman petak modjar malih : „Takdjaloek koewé , awèh ja takdjaloek, ora awèh ja takdjaloek , boedi taksembadani ."

Ladjeng prang , dirada mbedol wreksa, rikat Radèn Djanaka asidakep saloekoe toenggal , anoetoepi babahan hawa sanga, tanpantara angin kang dateng , Sang liman binekta ing prahara , ladjeng kaboentjang : sirna . Droesilawati binekta mantoek mring nagari Ngastina .

κάλο της " anankan -

Gambar ( No. 15. )Sinigeg genti kotjapa ,barising Koerawa : Karna ,Sengkoeni ,Droesasana ,Djajawikața .Sadangoening pirembagan , angoepados poeroeg , sadatengé Radèn Tjitraksa , toer oeninga mring Sengkoeni mirsa , jèn Radèn Djanaka loemampah ,ndèrèkaken Dèwi Droesilawati ; Koerawa manahira koemepjoer sadaja ,anjana jèn binekta mring Djanaka , sigra kinèn ngepang para Koerawa . Karna mara ingarsa sarta atakèn anggènira Ardjoena mbekta mring Sang retna . Ardjoena matoer mring Karna : „Kekajalan dateng soemerep kakang bok Droesilawati kabekta dirada petak , wana , ladjeng koelarebat , dipangga kawon , koelalepasi barat ladjeng sirna . "

Dipati Ngawangga nggraita , kanjina jèn ingkang raji awon , angiwat kawaspadan ; Droesilawati karoemijinaken ,Karna maksih kantoen , Koerawa sakawan angimoer Radèn Djanaka , sinambi kalih dedaharan .Sareng kalimpé Radèn Djanaka tinoebroek , ladjeng binesta ing tjindé poéspita ; Djanaka noeroet kémawon, sarta matoer mring kang raka Adipati Karna : „Koela boten ngraos dosa , koela teka sampéjanbesta , sampéjanoeningakken ing awonkoela ?"

Karna mangsoeli : „Teka soemelang , pindogawé 1) si adi koewé, rasa pangrasa , si adi koewé apa ora dirasakaké, apa ana wong dibanda tanpa dosa , diteloesoera déwé saselané igané , soewésoewé katemoe ; si adi koewé sanak - betjiké , alané : ja dilakonana déwé , jèn benera tindaké si adi, doeroeng karoehan , doewé karep menjang Droesilawati , lah , bok ditemboeng sangkaning aloes , éwoeh apa menèk akoe bisa ngréwangi. "

Ingkang raji ladjeng kèndel , noelja bodol binekta mring nagari Ngastina .

(Gambar No. 16). Sinigeg genti kotjapa ngadeg nagari Ngamarta, Poentadéwa Brataséna , Pintèn Tangsèn . Kang ginoenen késahé Radèn Ardjoena ; Sang Poentadéwa ndangoe mring Brataséna , Brataséna modjar : „Ora roemasa reboet soewala karo adimoe , akoe , loenga teka karepé déwé .”

Sadangoening potjapan, datengé ki loerah Semar lan saanakira, matoer mring Praboe Joedisțira : „Jèn raji sampéjan dipoentjepeng kalih tijang Ngastina , malah kabesta ing tjindé poespita ."

Semar dinangoe ing poerwanira, matoer poerwanira tekèng woesana ; ladjeng Joedistira ngandika mring Brataséna, tinoedoeh ngloeroe mring kang raji : „Sanadjan mati , jèn moedjoer patiné, moeng batangé baé soewoenen ."

Brataséna ladjeng mangkat, Semar, Garèng lan Pétroek oemiring; lampahing Brataséna ingiring déning bajoe .

Sinigeg genti kotjapa, adegé Praboe Ngastina , datengé Dèwi Droesilawati , gja dinangoe , Droesilawati matoer, jèn binekta gadjah petak : „Koela karebat raji sampéjan ing Madoekara raji sampéjan wonten wingking , dipoeniringaken kakang Adipati Karna . "

Koeroepati ngandika, ingkang raji kadawoehan malebet kadaton, salebeté Dèwi Droesilawati , datengé Adipati Ngawangga , ladjeng tinimbalan , bestan katilar ing djawi . Koeroepati ngandika mring kang raka; Dipati Ngawangga matoer , angatoeraken bebestan , ingkang ngiwat Droesilawati , ingkang raji ing Madoekara pijambak .

GAMBAR No. 16 .

Praboe Koeroepati ngandika malih : „Djaré digawa gadjah poetih, toetoeré Droesilawati , Djanaka kang ngreboet ."

Dipati Ngawangga matoer : „ Si Droesilawati makaten , atoeripoen poenika saking welasé dateng Djanaka , koela doegi sampoen ketikan ."

Djanaka ladjeng tinimbalan , sadatengé ngarsaning kang raka, Djanaka dinangoe : „Apa ija , kakangmoe kogawa ? blakaa baé , adja kowé goroh ; jèn kowé demen karo kakangmoe bandjoer daktemokaké , adja keparan doh ."

_1243.

Djanaka matoer : „Kakangbok binekta ing liman petak, koela tilem wonten satengahing wana, salebeting tilem koela mireng sambaté kakangbok, koela kaget. Sareng koelatingali , liman petak nggéndong dateng kakang bok, koelatoetoeti , koelarebat, liman koelalepasi barat ladjeng itjal ; koela noenten kepetoek kalih kakang Ngawangga, atoerkoela inggih makaten, noenten raji sampéjan karoemijinaken , koela ing wingking tjinepeng, amoeng poenika atoerkoela ."

Praboe Koeroepati ngandika mring kang raji Madoekara : „ Jèn kowé blaka : takloewari , sarta taktemokaké, jèn kowé ora ngakoe : takgedong .

Djanaka moendjoek : „ Soemangga , sampoen ingkang sampéjangedong , sampéjanpedjahana soemangga . "

Ladjeng kadawoehan nglebetaken ing gedong , boten kalilan kasoekanana latoe sapelik, toewin toja satètès oegi pinatjoehan ; ... ας ladjeng bibar, Djanaka mandjing gedong peteng .

Kotjapa kang wonten kapoetrèn, Dewi Droesilawati , sareng mirsa ingkang raji kalebet pasakitan, Sang Dewi koemembeng waspané, angoenandika Dewi Droesilawati : „Ja géné , kakang Praboe, kok mangkono karsané, adikoe wong betjik -betjik temen , jèn kelakona toemeka ing pati , pangrasané apa ora takbélani , poeloeh akoe lakia , wong tombok sadoeloer , olèhkoe golèk ngendi , kaja adikoe si Djanaka , mantepé olèhé doewé sadoeloer menjang akoe ; akoe teka diarani diiwat menjang adikoe si Djanaka , jèn matia mati said ."

Emban Wéwé -gidrah sampoen dangoe wonten wingkingé Dèwi Droesilawati , nanging datan wonten kang oeninga , emban Wéwégidrah atas pamjarsané , ladjeng anjoewara Wéwégidrah : „Adja kari kélangan , poetri dakgawa."

Ladjeng binekta moemboel , gègèr salebeting kadaton .

Kotjap adegé Praboe Koeroepati lan Brataséna , Patih Sengkoeni ; Koeroepati tanja mring Brataséna, Brataséna soemaoer : „Ana gawékoe , lakoekoe iki ngloeroeh menjang adimoe si Djanaka , djaré katjekel ana kéné, ikoe keprijé poerwané ?"

Koeroepati modjar : „ Moelané taktjekel , kakangané diiwat , ketjandak ana ing dedalan , saiki wis taklebokaké ing gedong ,

. 21.5

akoe arep toetoer karo si adi, kepasang jogja si adi wis teka déwé , keprijé ta karepmoe ? "

Brataséna modjar : „Kakang Koeroepati , apa doemèh sadoeloer , betjiké : sanakkoe ; jèn ala baoekoe kiwa , baoekoe tengen ja daksempal , akoe ndjedjaloek menjang kowé : jèn sida kopatèni , si Droesilawati takdjaloek , akoe kang matèni , si Djanaka kowé kang matènua

Praboe Koeroepati aris anggènira ngandika : „ Lah, ikoe ora , adi , sekaro -karoné takapoera , takkapokaké baé , nanging adja manèhmanèh."

Brataséna modjar : „Wong ala diwelasana, mangsa betjika ." Saoeré Koeroepati : „Jèn pada sardjoené , dakdaoepaké ; nanging adimoe si Djanaka doeroeng ngakoe ."

Dèrèng dangoe sawedalé para goesti angoendjoeki oeninga : jèn ingkang raji kabekta ing pandoeng , nanging ponang pandoeng datan katingal , namoeng soewaranipoen danawa èstri , Sang poetri kabekta moemboel Droesilawati . Praboe Ngastina goegoep galihé , ingkang raji ing Madoekara kinèn angloewarana ; ladjeng kawedalaken saking gedong Radèn Djanaka . Praboe Ngastina moendoet ambengan dahar , ingkang raji Pamenangan linarihan anggoer , ingkang raji Madoekara oegi linarihan , ladjeng dahar kemboel , Koeroepati , Brataséna Djanaka, Sengkoeni lan Droesasana .

Sesampoenira daharan , Praboe Koeroepati ngandika mring Radèn Djanaka : „Kowé wis takapoera saloepoetmoe , nanging kakangmoe golèkana , ilang ginawa maling maoe bengi . "

Radèn Ardjoena matoer : „ Sandika, nangin koela njoewoen kanți tijang satoenggal kémawon , badé panganten ingkang koelasoewoen .

Radèn Tirtanata noeli tinimbalan , dinawoehan mring Koeroepati : kinon miloe sabajapati mring Ardjoena . Djajadrata matoer sandika , ladjeng mangkat sakalihan, Brataséna kantoen.

Sinigeg genti kotjapa, Radja Goewasiloeman , sadatengé emban Wéwégidrah , angatoeraken poetri Dèwi Droesilawati , kawedalaken saking tjoepoe , sawedalé noeli linebetaken maring kadaton. Sadatengé Radèn Ardjoena lan arja Djajadrata boten katingalan, Semar, Garèng lan Pétroek datan kantoen. Lebeté Praboe Kalawerdati arsa mondong mring Droesilawati .

Kotjap salebeting kadaton, Ardjoena pinanggih Droesilawati , kang raji noeli tinangisan, sireping tangis kang raka winadahan ing sesoepé . Djajadrata kan metoekaken lan Praboe Kalawerdati , ladjeng Perang ; Praboe Kalawerdati kawon ladjeng pedjah sabalané , Dèwi Droesilawati ladjeng kabekta mantoek mring Ardjoena lan Djajadrata .

Ngadeg Praboe Koeroepati lan Brataséna Sengkoeni lan Droesasana ; kang ginoenem lampahé kang raji Radèn Djanaka , jèn boten dateng sapeken , Brataséna arsa noesoel .

Tan adangoe datengé Radèn Djanaka lan Djajadrata , angatoeraken Dewi Droesilawati . Dinangoe anggènira pinanggja , Ardjoena matoer : „Kadoesța danawa Radja ing Goewasiloeman , Sang Praboe Kalawerdati ; Radja sampoen pedjah sabalanipoen , kang medjahi Radèn Djajadrata ."

Praboe Koeroepati dahat ing soekanira , pinengkoel-pengkoel .... kang raji ing Madoekara , Droesilawati gja kinèn loemebèng kadaton.

(Gambar No. 17) Kotjap gègèring djaba , katoer wonten liman petak ngamoek , sigra kadawoehan ngaroewat , rinampog ing gegaman tan ana kang toemama , Koerawa Ngastina baledoeg , Sengkoeni Doersasana keplajoe , Karna oemangsah tinelalé ing liman, kaserakat winasoeh ing liman nanging datan pedjah , gja . Brataséna tetoeloeng , liman ginada pedjah . Panggih Dewi Droesilawti lan Djajadrata. Noelja atantjep kajon .

1) Ingkang sampoen limrah kasebcet :mindogawèni , ambasakaken samoekawis ingkang ngaping kalih damel . Kaseboet salokaparibasa „Winter . " paribasan ingkang makaten poenika saèmper kados : merangi tatal . Toemrap ing tijang ngaping kalih damel boten mikantoeki : dados kénging oegi kaibarataken ing tijang ingkang tetakèn ingkang sampoen dipoensoemerepi kados déné inginggil waoe .

6. Poenika lampahan Pandawa doelit .

Adegipoen Ratoe Ngastina, Sengkoeni , Droesasana ; kang ginoe nem pedjahé Brataséna, linebetaken ing soemoer Djalatoenda. Sengkoeni kaoetoes dateng Ngamarta , animbali Darmakoesoema , Ardjoena , Pintèn Tangsèn , Sengkoeni mangkat; noenten kadatonan, boebaring kadatonan paséban djaba , bodolé Patih Sengkoeni .

Sinigeg genti kotjapa, adegé Ratoe Ngamarta , Ardjoena Pintèn Tangsèn ; ingkang ginoenem panggihé Dèwi Lroesilawati . Ardjoena mantoek pijambak , ingkang raka Radèn Brataséna taksih kantoen wonten ing nagari Ngastina . Sadangoening potjapan, datengé Patih Sengkoeni , ladjeng dipoenatoeri ; sapanggihé lan Darmakoesoema , Sengkoeni ladjeng ndawoehaken , jèn Sang Praboe Ngamarta sakadangé ingandikan, ladjeng bodol .

Kotjap malih adegé Praboe Ngastina lan Droesasana ; datengé spergeriment Patih Sengkoeni , moendjoek jèn ingkang raji kapondongan sadaja , ladjeng tinimbalan. Sadatengira ingarsa , Praboe Ngastina ngandika mring Praboe Ngamarta , jèn kapasrahan nagara sapalih : „Déné adimoe si Brataséna lagi dakkongkon, nggolèki sarat adeging kaprabon ; déné si adi dakwènèhi pagawéan disik , dadia tanda ana ing pasar gedé , idep - idep bari ngentèni tekané si Brataséna. Déné si Djanaka takwènèhi panggawéan adol endjet, sarta takkoewasakaké, saroepané kakang-kakangmoe kabèh kang dojan nginang, pada toekoea endjet menjang kowé, sing ora toekoe menjang kowé larangana . "

Ardjoena mitoehoe ; Pintèn Tangsèn sinoekanan pandamelan angon ménda lan kambangan , ladjeng boebar .

Kotjap Radèn Pintèn Tangsèn ingkang angon ménda lan kambangan , katjarita keloewèn , ladjeng loemebet kadaton medal verdive care poengkoeran , panggih lan Banowati , ingkang raji ginematénan , Pintèn Tangsèn sami neda . Saoendoeré Praboe Koeroepati , mirsa jèn kang raji kalih sami neda , ladjeng kadjambak kalih pisan sarta gineboegan , Pintèn Tangsèn males , Koeroepati sinamploek kikil , Koeroepati kelengger, Pintèn Tangsèn loemadjeng dateng Katandan .

Sinigeg genti kotjapa nagara Banakeling , Djaradrata lan Droesilawati karsa tetoewi ingkang raji , Radèn Djanaka, ingkang wadé endjet, mbekta dedaharan kalih djodang .

GAMBAR .NO .18

Kotjap Radèn Djanaka ingkang wadé endjet , mawi palawanganjèn tetijang pidak kang toembas endjet , wangkit bodjon mantri at panèwoe , sinampoenan mring ki loerah Kantong -bolong , toembas endjet soekoe , sadjampel , saréjal, saketon , sinoekanan sapawèhé tan kena nganjang : jèn bodjo santana pijambak pinanggihan déning Radèn Djanaka. Noelja datengé Radèn Djajadrata lan Dèwi Droesilawati , pinanggihan mring Radèn Djanaka ; sasampoenja binagèkaken , Droesilawati ngandika mring kang raji, bilih Sang Retna toembas apoe gangsal keton, tinampèn mring ki loerah Semar ; Djajadrata sipeng angsal sadaloe kalih kang garwa , ladjeng sinegah mring kang raji .

Kotjapa Sengkoeni , Koerawa pepak sadaja , remboegnja Sengkoeni, badé ngringkes mring Katandan ; Koerawa rembag sadaja , daloe ladjeng bodol , wantji djam lingsir daloe boedaling Koerawa .

Kotjap adeging Katandan kalihan bodjonipoen ki loerah djagal, datengipoen wonten ingrikoe , ngatoeri antoek-antoek, sekoel- ~ 50 oelam sadjodang , dedaharan sadjodang , kalih mbekta patadahan isi kampoeh , paningset tjelana, doewoeng sapoet kadjeng. Poerwanira ngatoeri antoek -antoek , anakipoen djaler sakit sanget , mèh dados doedoenipoen , kadjampèkaken mrika-mrika boten saras , njai Djagal adarbé nadar : „Sok wontena ingkang njarasaken , koela pangadeg sarta koela ngèngèraké , dermi koela anak-anak."

Darmakoesoema angling alon: „ Ja taktampani loewaring nadarmoe , sawisé mangkono anakmoe gawanen moelih , emongen , sarta dodot tjelana saboek keris , ikoe takwènèhaké menjang anakmoe kang doewé . "

Atoeripoen njai Djagal : „Inggih sanget panoewoenkoela ."

,,Sarta gegawanmoe rong djodang koewé slametna ana ngomahmoe , oendang -oendangna mager sarimoe , sarta akoe awèh patoekon banjoe patang keton. "

Njai Djagal pamit mantoek ladjeng kalilan . Saoengkoeripoen njai Djagal Darmakoesoema pinarak pijambak, wantjinipoen tengah daloe , sareng lingsir daloe datengipoen Koerawa tanpa bala , Droesasana ingkang loemebet roemijin , sigra pinanggihan.

Droesasana modjar mring Darmakoesoema : „Ngemban timbalané kakang Praboe Ngastina, dikakaké moendoet pati oeripmoe ."

Atoernja Darmakoesoema : „ Inggih soemangga . : me

Sigra Droesasana narik tjoeriga, sareng arsa ginotjo djadjanira , Droesasana aniba , maripatira amlepoeh , gelasaran neda apoera : „Wis kapok ora manèh -manèh ;" sigra moendoer .

(Gambar No. 18). Radèn Sroetajoe oemangsah lan Sroetajoeda, sareng narik tjoeriga Darmakoesoema arsa tinaradjang : sareng niba kekalıhnja , loempoeh samja brangkangan , temboengnja neda apoera , ladjeng ingapoera mring kang raji ; Sroetajoeda Sroetajoe ladjeng moelja , moendoer apirembagan . Sengkoeni Koerawa sadaja rembag kinarojok ing katah, sanadjan wontena ampoehané , sinangga katah, majar. Koerawa sigra mangsah sareng , medal ngadjeng ngiringan poengkoer ; sareng anggènira narik tjoeriga, sareng mèh doemoegi Koerawa loempoeh sadaja , wonten ingkang mamar wonten ingkang tjadok , Sengkoeni wonten djawi mèntjrèt, Koerawa samja neda apoera sadaja .

Darmakoesoema aris modjar, angsoeng pangapoera ingkang raka - raka sadaja , Koerawa ladjeng moelja sadaja , noenten sami medal panggih lan Sengkoeni, Sengkoeni boten saged medal , ngrèwèk kémawon.

„Koerawa modjar mring kang paman, jèn Darmakoesoema boten kénging pedjah , ageng welakipoen, poetra sampéjan katah ingkang kaparag , koela poenika waoe neda apoera : toedjoe sarasa . "

Sengkoeni modjar : „Akoe iki djaloekna apoera , djadjal apa lara teka kono, apa teka ngomah ."

Loemampah Radèn Tjitradarma , nemboeng mring Darmakoesoema.

Darmakoesoema modjar mring Tjitradarma angatoeraken panalangsa : „Paman Arja Sengkoeni moegi ginandjara moelja ."

Sengkoeni ladjeng saras , sadatengé Tjitradarma Sengkoeni sampoen saras , Koerawa rembagan ladjeng boedal , ndjoedjoeg ing Plasadjenar, ingkang rinembag angoepados gegaman , ingkang saged medjahi mring Darmakoesoema . Tjaroetjitra oematoer mring Sengkoeni , angatoeraken tetilarané Radèn Brataséna : gada loekita wadana sari .

Sengkoeni Droesasana sakalangkoeng anggènira rembag ,badé dipoenben koemba . Koerawasigra boedalamoeroegi panggènaninggada .

Kotjapa gada ingkang kantoen wonten paséban kidoel , soeméndé ing elo , kotjap wonten ingkang mbaoe reksa lelembat awarni danawa , awasta poen Batangsidalantjang , ingkang nengga satilaré Brataséna .

Kotjapa sadatengé Koerawa , Batangsidalantjang mirsa jèn gada badé kabekta , sigra ginéndolan , sadatengé Koerawa sigra angangkat gada , kinalihan dipoensakawani : gada sampoen boten kangkat , dipoenbjoek Koerawa sadaja , boten kangkat, sigra moendoer dateng kapatihan ; sareng doemoegi kapatihan sigra anggènira anoedoeh Koerawa kekalih kinèn mintasraja , angoelari ingkang koewawi ndjoendjoeng gada , jèn angsal dikakaké mbekta : „Apa sapandjaloeké toeroetana ." Mangkat Koerawa kekalih .

Sinigeg genti kotjapa ing Saptapratala : Bațara Antaboga, ginoebel ingkang poetra Dewi Nagagini , toetoer ing soepenanira , ingkang raka Radèn Brataséna katingal anganggé sarwa djingga , anitih pedati ambjoer ing sagara . Osiké Hjang Antaboga ingkang poetra katjipta , jèn sakit sanget ; Antaboga ladjeng késah , ingkang djinoedjoeg ing soemoer Djalatoenda .

GAMBAR .NO .19

Sinigeg genti kotjapa, Radèn Brataséna ingkang linebetaken ing soemoer , poerwanipoen dipoenendemi , sareng satengahing pedjah noenten dipoenrerampa kalebetaken ing soemoer ; saking lebetipoen soemoer dawahira bebaloeng rempoe ; Brataséna pedjah boten , gesang boten , gereng -gereng tan oeninga rinten daloe . Boten dangoe datengé ingkang rama Bațara Antaboga, lamboenging soemoer menga , noenten katingal mantjorong makoețané ingkang rama , Brataséna mawas tingalé jèn ingkang rama Bațara Antaboga . Sareng mirsa ingkang poetra Bațara Antaboga ngoengoen ; Antaboga alon anggènira tanja mring kang poetra, atakon ing poerwanira.

Brataséna alon modjar atoetoer poerwanira : „Déné akoe didjak mangan énak marang kakangkoe si Koeroepati , satemoené si kakang Droesilawati karo si Djajadrata , dikon ngentèni patang poeloeh dinané, si Djanaka wis moelih dingin, noeli akoe didjak 253 kembongan; bareng akoe wis mendem ora idep nèk djeboel kéné , awakkoe rempoe kabèh : ora bisa ngadeg ."

Antaboga sigra amendet lisah sangkal poetoeng , sigra linisahan, Brataséna moelja kados wingi oeni , ladjeng binekta kondoer mring kajanganira ; sadatengé Saptapratala ladjeng kinèn panggih lan ingkang garwa, Antaboga wonten djawi , antawis kalih djam datengé para njai , angoendjoeki oeninga jèn ingkang poetra paben : ,,Ingkang raji dipoenpala , jèn boten sampéjantoeloengi pedjah ! " .

Antaboga sareng mirsa atoering emban , goemoedjeng latah-latah , ngandika mring para njai : „Wis teka tontonen baé , wis adaté , ja ikoe olèhé pangantènan goestimoe "

Para njai ladjeng sami getoen .

(Gambar No. 19). Boten dangoe sadatengé ingkang poetra sakalihan , Brataséna pamit moelih : „Atikoe ora kepènak , sadoeloerkoe kang kari kaprijé ?”

Antaboga modjar , ingkang poetra tinoetoeran: „Sapoengkoermoe kakangmoe ditimbali , adimoe si Ardjoena , Pintèn Tangsèn , tekané ana Ngastina, diaring-aringi nagara saparo , déné kowé , Brataséna, diawataké dikongkon golèk saraté kaprabon ; kakangamoe si Poentadéwa digawé tanda ana ing pasar gedé, ja pakoné kakanganmoe ; déné si Pintèn Tangsèn dikon angon bèbèk karo wedoes , kakangamoe si Poentadéwa kang diringkes disikch menjang Koerawa Ngastina kabèh , nanging isih dialingi menjang déwané ; tinggalanmoe gada arep diparakaké menjang kakanganmoe , kang soeméndé ana ing pasébán kidoel, Koerawa ora ana kang kelar ngangkat, disepoeloehi , dirongpoeloehi meksa ora kangkat , saiki noedoeh Koerawa loro, dikon amèk sraja, sing kelar ndjoen- 54 djoeng gadamoe digandjar didadèkaké boepati , ora ana sing kelar , kadjaba kowé déwé . Kowé mentasa menjang martjapada : akoe kang awèh dalan, dèk dalanmoe kowé mentas diobong balé sigalagala, kowé taksalini roepa dadia botjah tjilik , botjah badjang :

roepamoe tjilik nanging pinter , swaramoe isih lawas, djenenga si Bondan Peksa Djandoe , déné gadamoe ana sing ngreksa djeneng Batangsidalantjang, koewé sing nggondèli gadamoe ; déné kowé mengko jèn wis mentas noeli kepapag kongkonané kakanganmoe Koerawa loro , kowé dikebat tetakona : arep menjang endi parané lan arep apa , jèn kaja toetoerkoe mangkéné , sanggoepara ."

Bondan Peksa Djandoe mangkat medal soemoer poen Djalatoenda , kang rama ngoentapaken ; boten kangélan timboelé Bondan Peksa Djandoe , noenten ngantjik daratan bawéra tingalé , ningali soerja tjandra , étja anggènira loemampah ; kepetoek lampahing Koerawa kekalih , sigra anggènira ngandeg .

Koerawa kalih kagèt, Koerawa kalih tanja mring botjah badjang : „Kowé botjah ngendi teka kemaki , dedegmoe tjilik , oelatmoe wis kaki -kaki , roengonmoe gedé."

Kang tinanja soemaoer : „Akoe ora doewé omah ora doewé bapa , ora doewé bijoeng , djenengkoe Bondan Peksa Djandoe ; kowé ikoe prijaji ngendi lan arep apa ? "

Koerawa kalih modjar : tinoetoeran jèn mintasraja nggolèki kang kelar. ndjoendjoeng gada tinggalané si Brataséna. Bondan Peksa Djandoe njanggoepi .

Koerawa kalih njentak mring botjah badjang : „Gedéné sapira gada koewé, apa koarani tjilik ?"

Peksa Djandoe modjar : „Abot endi karo watoe sadjembangan koewé, mara tak djoendjoengé ."

Sigra djinoendjoeng dènoemboel -oemboelaken kinarja tjanţèng. Koerawa kalih sami djomblong , ladjeng binekta mring kapatihan.

Adegnja Sengkoeni , koerawa Droesasana , sadatengé koerawa kalih , moendjoek jèn angsal mintasraja, ladjeng ingoendjoekaken , dinangoe mring Sengkoeni , Bondan Peksa Djandoe tinanja mring

Patih Sengkoeni : „Kowé boʻjah ngendi , karo sapa djenengmoe ? "

Soemaoer Bondan Peksa Djandoe : „Akoe ora doewé pinangka, botjah kandang langit kemoel méga 1) djenengkoe Bondan Peksa Djandoe."

Sengkoeni modjar : „Kowé kelar djoendjoeng gada , tinggalané ود si Brataséna, jèn kowé kelar takdadékaké boepati .'

i sarta mambet gandané , boten soepé jèn goestiné , mantoen ang1) Kadjarwakaken ing serat saloka rariba -anipoen toewan Winter :

Bondan Peksa Djandoe datan arsa , aminta nagara saparo . Sengkoeni sagah , ladjeng dènirid mring pasowan kidoel, ingiring koerawa sadaja . Sareng doemoegi pasowan kidoel, kaoeningakaken panggènaning gada , gada sigra tjinelekan mring Peksa Djandoe . Batangsidalantjang amawas tingalé mring Bondan Peksa Djandoe ,

GAMBAR .NO 20

gènira nggondèli gadanira . Bondan Peksa Djadoe sigra anggènira ngangkat gada , djinoendjoeng tangan sadjoega , ingoemboelakan tinadahan asta . Koerawa ndjomblong sadaja , sarta osik ing drija : „Golèka botjah sadoenja mangsa olèha ."

Sengkoeni sigra modjar, Bondan Peksa Djandoe kinèn medjahi , ladjeng dènbjoek koerawa kațah.

(Gambar No. 20). Bondan Peksa Djandoe babar warni Brataséna ladjeng aprang sampak, gada ngamoek pijambak , koerawa boebar loemebet kadaton, Koeroepati ngoengsi , ladjeng pra Pandawa nglempak.

Atantjep kajon .

tijang ingkang boten sarawoengan kalihan tijang katah .

NAMANING PANGARANG .

Dean Swift. R. Kartawibawa .

Dr. Sardjita . K. H. Soebrata . Dr. B. Vrijburg . M. Moedana . R. S. Martaatmadja . A. Dwidjaatmadja . Dr. F W. van Haeften . B. Sarwana . R. Kartaasmara .

K. M. A. Soerjaadikoesoema . I. Lajang koepija . Kamsa .

Reksasoesila . R. B. Soelardi. H. R. M. Soejoed .

Gambèr S. Sr. Prajitna . R. Boedidarma .

Sasrasoedirdja. J. Kats .

Soekir. R. Boedidarma . Djakoeb c. s. M. Nitisastra . R. Kartawibawa . Jitnasastra .

R. M. Kartadirdja . R. Siswawinata . J. Kats lan Tjakradibrata . M. Natatenaja .

NAMANING SERAT .

Lelakoné Gulliver . Gagasan prakara tindaking ngaoerip. Ngèlmoe kawarasan. Kadadéané mim teteloe. Bab nangkaraké radjakaja I. Lampahan ringgit poerwa. Tjatoer toenggil . Resi Boeddha . " 0.50 Sesakit èstri . " 0.14 Sandi oekara . " 0.25 Pakem padalangan ringgit poerwa lampahan rabinipoen R. Soerjatmadja. " 0.80 Lelara Influenza . 17 0.25 II. Serat pitakènipoen pak 0.60 Krama. III . Dajaning arak. Serat Rijanta . Dedasaraning wewatekanipoen manoengsa . Serat Pranatjitra . Barès -koerès. 170.25 Serat tjarijosipoen Sang Praboe Soebrata . Baléwarna . Bab panjegahing minoeman keras . Abimanjoe kèrem. Darmawirja . " 0.20 Enoet gending sléndro . 77 0.50 Serat Djajaprana . 77 0.25 Mardi tani . 170.65 Késah lajaran dateng poelo Papoewah. 77 0.45 Toehoening katresnan . 170.20 Margining kaoetamèn . " 0.50 Babadipoen Pandawa . " 6- Pangandar bab ngingah tawon. 27 0.20 Idajat Mangoendirdja. Pratikelipoen tijang nenanem wonten ing pakebonan . " 0.60

REGI. f 1.20 17 0.50 77 1.- 0.20 0.75 " 0.50 0.90 77 17 0.55 " 1.50 " 0.80 " 0.45 " 0.35 77 0.80 11 0.75

ALG EXCLUDE

OLIN LIBRARY CIRCUI ATION DATE DUE
APR 20
PR 20 91
__
—
SAYLORR
GAYLORD PRINTEDINU.S.A.