Wason Serie B 405 DU744 J61 ASIA KÉSAH LAJARAN DATENG POELO PAPOEWAH ANGGITANIPOEN :: JITNASASTRA :: MAWI GAMBAR SARTA KAR UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR WEDALAN BALÉ POESTAKA PDUCRO . UITV.
CORNELL UNIVERSITY LIBRARY
ech OUN DATE DUE
| _ | |||
| _ | |||
| GAYLORO | GAYLORO PRINTEDINU.S.A. |
KÉSAH LAJARAN DATENG POELO PAPOEWAH ANGGITANIPOEN JITNASASTRA Z TIJANG MARDIKA ING SOERAKARTA WEDALAN BALÉ POESTAKA KAETJAP ING PANGETJAPANIPOEN „EVOLUTIE " WELTEVREDEN 1919 PDUCRO . UITV.
$ 74516!!!
Isinipoen serat poenika .
katja 1 Beboeka " 2 I. Saking Soerakarta dateng Soerabaja II. Saking Soerabaja dateng Makasar nglangkoengi Banjoewangi , Boelèlèng (Bali ) toewing Ampenan " 8 (Lombok) , " 18 III . Saking Makasar dateng Ambon IV. Saking Ambon dateng Saparoewa 31 V. Saking Saparoewa dateng Banda " 32 VI . Saking Banda dateng Gisser " 36 VII . Saking Sekar dateng Fak -fak. " 36 99 41 IX. Kawontenipoen tanah Papoewah (Nieuw Guinea) Bab pawedaling siti toewin toja " 43 Bab tetijang siti " 44 Bab agami " 47 Bakoening tida " 48 Kasarasaning tijang " 49 " 49 Tatatjara bab bal grija " 51 Bab tijang gadah anak Bab salaki rabi " 51 Bab tijang sakit " 54 Bab tijang pedjah " 55 Bab kéwan " 56 Tatatjara sanèsipoen " 57 Χ. Lampahan koela sobebetipoen wonten tanah Papoewah " 59 Késahan toemoet Dokter kalijan noempak sekotji " 59 Papriksa noempak baita ageng (kapalapi) " 61 Kawontenan ing daratan " 69 Bab lampahipoen tijang dagang 71 Bab pasamoean ing kita : " 72 ΧΙ . Wangoet dateng tanah Djawi " 72
BEBOEKA.
Mila ngantos dangoe saweg kasembadan sapoenika , amargi toedjoening manah namoeng tansah mangoe -mangoe , déning roemaos sarwa toena ing kawroeh. Ing wekasan kapeksa anempoeh bjat koemasaged angarang tjarijos poenika , saking roemaos owel mboetjal seserepan sakedik . Tjarijos poenika koela lampahi nalika ing taoen 1903, kala koela toewi salèrèk koela nama Radèn Soehirman , ingkang dados Dokter Djawi wonten ing kita Fak -fak (Nieuw Guinea), inggih poenika pepéranganipoen kita ing poelo Papoewah bawahipoen Kangdjeng Goepermèn ingkang sisih kilèn. Déné wigatosing tjarijos , anjarijosaken sadaja lelampahan ingkang koela soemerepi , wiwit bidal saking Soerakarta ngantos doemoegi ing Papoewah , makaten malih ngantos doemoegi wangsoel koela. Tjarijos poenika koela namakaken : „Késah lajaran Jateng poelo Papoewah . " Boten langkoeng koela namoeng njoewoen pangapoenten dateng para maos , déning wontenipoen tjarijos poenika sarwa sepa boten wonten raosipoen .
Sampoen dangoe anggèn koela sedya ngarang lelampahan koela nalika koela kekésahan dateng ing poelo „Nieuw Guinea " (poelo Papoewah) , nanging tansah kandeg déning roemaos b.lih karangan waoe badé boten wonten damelipoen , amargi sanès golonganing kawroeh ingkang maédahi . Ananging saréhning lelampahan koela waoe nama lelampahan ingkang ndjadjah ing lelampahan tebih , toewin anjarijosaken tatatjara warni-warni , kados oegi wonten perloenipoen dipoen oeningani ing sanès , namoeng doemoenoeng dados serat waosan .
Ingkang ngarang .
Saking Soerakarta dateng Soerabaja .
Noedjoe ing mangsa katiga bentèripoen soemelèt , ing dinten waoe noedjoe tanggal kaping 10 woelan April ing taoen 1903 sinangkalan „Goena sirna anroesing toenggal . " Ing wantji djam 10 sijang koela bidal saking grija dateng setatsijoen ing Balapan (Sala) kalijan mbekta bebektan badé sangoe koela kekésahan . Sadoemoegi koela ing setatsijoen boten dangoe ladjeng bikak penjadéan kartjis, koela ladjeng toembas kartjis mandap ing setatsijoen Soerabaja kotta regi f 3,50 . Sarampoengipoen anggèn koela toembas kartjis, sepoer senėl ingkang saking Ngajogja lateng mawa soewanten goemroeboeg kados datenging ampoehan . Sasampoenipoen kèndel koela ladjeng noempak saha ladjeng pados panggènan ingkang sakétja , amargi panoempak koela badé dangoe . Sareng lontjèng kataboeh kaping kalih, setoeming lokomotip kabikak mawa soewanten koemrangsang , lontjèng moengel kaping tiga : lèng tèng lèng, sepoer ladjeng pangkat : greg , greg , dangoe -dangoe saja rikat kados pesating mimis saking woeloehing sendjata .
Samargi -margi koela aningali tatanipoen tijang tetanèn , ingkang pasabinanipoen angsal toja ketingal sampoen bibar tanem , sawenèh sampoen goemadoeng , tojanipoen mili saréwéhan adamel senenging manah . Ingkang sabin tadahan katingal bera angilak-ilak salepasing pandoeloe , sanadyan bera nanging ketingal tandaning mirah ridjeki , déning tabeting mangsa panèn taksih katingal tilar damèn wonten ing sabin . Dados tandonipoen oewos badé anjekapi kateda doemoegi ing mangsa panèn malih .
Saketjlapan sampoen wiwit ngambah wana padjatèn nggenggeng katingal tanpa wates , lampahing sepoer kados ngambah bebondotan . Énggaling lampah , koela sampoen doemoegi laladanipoen nagari Soerabaja, serap bles doemoegi ing setatsijoen Soerabaja kotta, oentabing tijang boten kantenkantenan , padanging dilah-dilah sasat pinda raina. Koela ladjeng mandap saking sepoer teroes noempak dokar dateng kampoeng Sasak mondok dateng ing grijanipoen pawong mitra koela. Sasampoenipoen bagé -binagé wiloedjeng, koela ladjeng ngaso , amargi saking sajah sadinten ketjepoet mentas noempak sepoer .
Éndjingipoen taksih oemoen -oemoen koela sampoen tangi , ningali dateng waradinan soemerep oentabipoen tetijang ingrikoe , koela roemaos goemoen , tetijang mlampah ing margi kados soek -soekan , pating sariwet sadjak kesesa gadah perloe, saben tram langkoeng kebak oejel -oejelan isi tijang noempak . Sadaja waoe sami boten béda sedyanipoen sami perloe badé mlebet dateng padamelan . Sareng sampoen djam 9 sijang koela dateng kantor poelisi perloe njoewoen koela dipoen dangoe badé késah dateng serat pas laoet , poendi , koela matoer badé dateng poelo Papoewah ndjoedjoeg ing kita Fak -fak , koela ladjeng dipoen paringi serat pas . Sawedal koela saking kantor ngrikoe ladjeng dateng kantor kapal , badé toembas serat prah . Lampah koela samargimargi tansah tjengangoekan ningali kawontenanipoen kila ingrikoe , toko ageng ageng - nggenggeng pepet boten wonten tijang memikoel pating krengkot sadjak rosa -rosa , selanipoen , penganggènipoen katok kalèt doemoegi ngandap dengkoel , koeli -koeli waoe sami tijang Madoera . Dados ing kita Soerabaja waoe koelinipoen pikoel sami tijang Madoera , tijangipoen Soerabaja deles sami njamboetdamel dateng toko -toko toewin nenoekang , mila limrahipoen tijang ing nagari ngrikoe manawi pados koeli pikoel temboengipoen kapoerih pados tijang Madoera , ngantos boten moengel pados koeli . Tijang Soerabaja poenika sami goendoel ,mila samargi -margi kalah sanget toekang tjoekoer ingkang sami sami manggèn wonten sangandaping kekadjengan dasar , dipoen tingali adamel sengseming pradja . Lampah koela ajom , ladjeng doemoegi kantor kapal , koela ladjeng toembas serat prah saking Soerabaja dateng Fak-fak, regi f27.50 manggèn ing ngedek . Koela tingali seratipoen moengel noempak kapalapi Japara , angkatipoen wonten tanggal kaping 13 woelan April djam 4 sonten , dados anggèn koela wonten ing Soerabaja taksih kalih dinten malih . Manah koela roemaos kobét , amargi perloe badé toembas tetedan kanggé sangoe wonten ing margi. Sarampoenging perloe, koela saking ngrikoe ladjeng dateng peken , koela roemaos bingoeng awit saking kalahing tijang . Ardjaning kila Soerabaja poenika menggah ing Soerakarta anjamèni kalijan menawi noedjoe sakatèn . Sadoemoegi koela ing peken namoeng toembas wowohan badé koela teda wonten ing kapal , amargi saking tjarijosipoen tijang ingkang sampoen naté késah, lajaran , bangsa keketjoet poenika radi mitoeloengi menggah ing tijang késah lajaran. Keketjoet poenika saged amitoeloengi dateng raosing maboek laoet. Sasampoenipoen toembas wowohan koela ladjeng mantoek dateng pamondokan .
Éndjingipoen koela sowan dateng pasaréan ing Ngampèl , (Ngampèldenta) inggih poenika pasaréaning wali ing djaman kina, tjetjarijosanipoen sampoen kaseboet wonten ing serat Babad tanah djawi . Katelahipoen doemoegi sapriki pakampoengan ngrikoe poenika dados pakampoenganipoen tetijang bangsa Arab. Kampoeng Ngampèl poenika saking kampoeng Sasak boten patos tebih . Sadoemoegi koela ing pasaréan pinanggih djoeroe koentji, koela dipoen panggihi wonten ing grija kaprenah sakidoel masdjid . Wonten ingrikoe koela ladjeng angisèni peți kas masdjid , kalahipoen 10 sèn, sekar doepa koela sampoen mirantos , koela ladjeny dipoen irid mlebet dateng pasaréan ; lebet koela medal konten sakidoel masdjid , ladjeng menggok mangalèr mlebet konten malih . Ingrikoe waoe tjepoerining pasaréanipoen Sinoehoen ing Ngampèldenta, ingkang ngirid koela anedahi , pasaréanipoen ingkang Sinoehoen ingkang moenggoel pinantjak soedji , namoeng mawi sekaran (kidjing) séla tjemeng loegas , boten mawi katjoengkoep , dados namoeng ngențak -entak kémawon . Koela ladjeng ngobong doepa , ingkang ngirid koela ndonga goemrenggeng , dipoen amini ing tetijang sanès ingkang oegi toemoet ngeteraken koela. Tijang waoe sasampating ndonga ladjeng tjarijos dateng koela, temboengipoen neda slawat sakadar koela, koela badé boten njoekani roemaos pakèwet mila ladjeng koela oeloengi arta talèn satoenggal , soepados dipoen bagé sakantjanipoen , sakawit tijang waoe inggih marenggoek , nanging boten koela raosaken. Koela ladjeng medal , sadoemoegi koela ing djawi wonten laré neda arta kados patrapipoen tijang ngemis , koela inggih ladjeng anjoekani sa -sèn, woesana laré sanèssanèsipoen goemaroebjoeg ambjoek oegi sami neda arta , dalah laré-laré ingkang saweg noedjoe dolan inggih sami toemoet ngebjoek . Koela roemaos ngantos kawekèn , saben koela mangsoeli boten njoekani , ladjeng melèhaken : „Wonten poenapa laré-laré waoe sami sampéjan soekani ? " Dangoedangoe malah neranjam poeroen nggogohi kantongan rasoekan , woesana inggih ladjeng koela soekani , ananging malah dados damel , poendi ingkang sampoen koela soekani , let sakedap malih wangsoel saha tjarijos dèrèng koela soekani , sampoen tansah makaten kémawon; saking kakening manah koela, ladjeng koela kéndelaken kémawon , sanadyan sami ngetoetaken toewin sadjak membek -membek nangis meksa koela kèndelaken kémawon, koela ngantos doemoegi pondokan laré-laré waoe saweg sami wangsoel. Ingkang koela pondoki tjarijos : „O, makaten waoe sampoen damelipoen , aloewoeng poenika laré-laré ingriki , boten sapintena , witikna menawi laré-laré ingkang wonten pasaréan ing Giri (Gresik ) panedanipoen menawi boten dipoen soekani poeroen memisoeh poenapa ."
Ing pasaréan Ngampèl poenika dados padjiarahan ageng , saben taoen noedjoe ing woelan Roewah angsal sadranan saking kraton Soerakarta toewin Ngajogjakarta , mila katah para tetijang Islam ingkang dateng ing Soerabaja sami merlokaken djiarah mrikoe, pijandelipoen sami ngalap barkahipoen ingkang soemaré .
Kawontenanipoen ing kila Soerabaja kados boten perloe koela tjarijosaken katah -kalah, kados sampoen kalah ingkang sami priksa. Éndjingipoen wantji djam 12 sijang koela bidal dateng kapal , bebektan koela gelaran bantal tetelan toewin panganggé wonten ing tromol; koela noempak baita tambangan saking lèpèn Mas , lampahing baita anoedjoe dateng palaboehan ; lèpèn Mas poenika lèpèn ingkang ageng pijambak manggèn satengahing kita Soerabaja, dados pangangsonipoen tijang ing ngrikoe, kanggé adoes oetawi kaombé . Ananging sapoenika boten kanggé , amargi sampoen angsal toja mendet saking toek Kasri , tojanipoen bening akintjlong -kintjlong . Lèpèn Mas waoe sanadyan ageng toewin wijar , ananging ing pinggiripoen tinabag ing tembok , wiwit salebeting kita ngantos doemoegi ing palaboehan . Toeroet pinggir kebek kaedegan goedang -goelangipoen toko ingkang ageng -ageng , bilih dipoen tingali saking lèpèn ngantos itjal sipating kita, namoeng katingal kados lepèn wonten saselaning lodji ; baita alit-alit ingkang wonten ing lèpèn ngrikoe katah sanget , pating sliri kados sarah kentir ing toja. Lampahing baita ingkang koela toempaki ladjeng andjog ing soengapaning lèpèn Mas , ingrikoe winastan ing Oedjoeng , ardjanipoen saja nggegirisi , baita -baita ngantos pepet boten kénging pinijak . Ingrikoe wonten baita setoem , mlampah wira-wiri dateng Madoera , minangka sambetanipoen Madoera Stoomtram ; palaboebanipoen ing Madoera nama ing Kamal, saha wonten malih baita ingkang mlampah dateng Gresik . Lampahing baita ingkang koela toempaki sadoemoegining Oedjoeng ladjeng dipoen endeg ing parèntah ngeboem ngrikoe, perloe mriksa bebektan koela; sasampoenipoen kapriksa salesih ladjeng teroes mlampah , lampahipoen mijak medal saselaning baita , ingkang sami wonten ingrikoe. Sadoemoeginipoen soengapaning lepèn tojanipoen katingal idjem , saha katingal wates -watesipoen toja tawa kalijan toja asin ( toja saganten ). Lampahing baita wiwit kraos ébah kados dipoen ojog, inggih poenika wiwit kénging ombak ing saganten . Ingrikoe katingal kalah kapal-kapal ageng ingkang sami laboeh, toewin kapal perang ingkang djagi ingrikoe, pating renggoenoek kados kita ing toja. Ing sisih wétan katingal loemahing poelo Madoera , grija-grijanipoen katingal ageng -ageng sami apajon gendèng , koela noléh mengilèn ningali kita Soerabaja grija-grijanipoen taksih katingal tjeța , menaranipoen katingal ngégla , kinoebengkoebeng ing wit tjemara , ngantos katingal kados panggoeng wonten sanginggiling kekadjengan . Lampahing baita sareng sampoen tjelak kapalapi ingkang sami laboeh ladjeng mlampah lon -lonan . Kapalapi ingkang badé koela toempaki laboehipoen wonten ing sisih wétan pijambak. Samargi -margi koela mireng soewanten pating kedogrèg , inggih poenika soewantening kèrèkan ing kapal ingkang kalampahaken mawi setoem , kanggé ngangkoeti oetawi ngandapaken barang . Woesana lampahing kapal ingkang koela toempaki doemoegi ing panggènan laboehipoen kapalapi Japara , ladjeng dipoen tjantjang wonten ing andaning kapal. Koela ladjeng minggah saha ladjeng pados panggènan ingkang sakétja , kaleresan koela saged manggèn wonten sangandaping padjagèn setirman , dados sijang daloe saged adjeg kejoman , amargi bilih manggèn sangandaping mota , bilih noedjoe laboeh mawi dipoen bikak. Manah koela ajem déné sampoen angsal panggénan sakétja , bebektan koela sampoen koela tata , gelaran sampoen koela gelar , tromol koela sanding , tetedan koela dèkèk satengening patileman koela , samangsa kepéngin neda kantoen ngranggèh kèmawon.
Sareng djam 3 wonten poelisi ingkang mriksa tetijang ingkang sami noempak dalah bebektanipoen . Sasampoenipoen salesih ladjeng sami wangsoel mandap , boten dangoe bebaoening kapal ladjeng tata -tata badé bidal.
II
Saking Soerabaja dateng Makasar nglangkoengi Banjoewangi , Boelèlèng (Bali) toewin Ampenan (Lombok ).
Djam 4 sonten para bebaoening kapal iboet sami roemagang ing damel , anda -anda ingkang dipoen pasang wonten ing lamboenging kapal sampoen sami dipoen inggahaken , hèk -hèk ingkang kabikak sampoen sami katoetoep , lajar pajoning baita oegi sampoen dipoen trapaken malih . Sarampoenging panata ladjeng wiwit mbikak setoeming baita njoewanten goemarenggeng toewin koemrasak tanda angentas djangkaring kapal, kasarengan pambengoeng ploewiting kapal , minangka tanda bilih badé pangkat . Samentasing djangkar baita karaos ébah : saha kasarengan pambengoeng kaping tiga , ladjeng wiwit ébah : greg , greg , tojaning saganten katingal wiwit pijak, poenika pratandaning kapal sampoen mlampah , dangoe -dangoe saja rikat lampahipoen .
Saseraping srengéngé mlebet ing boemi kantoen katingal palangipoen , loemahing kita Soerabaja kantoen katingal lamat -lamat , bandéraning kapal katingal moenggoel wonten , katempoeh ing angin poetjoeking tijang ( tjagaking kapal) tansah kekedjer kados koemlawéning tangan asoeka sasmita wiloedjeng ing ardjanipoen poelo Djawi. Lelangening sijang ladjeng poegoet sinelan pepetenging daloe, dilah salebeting kapal katingal abjor saenggèn -enggèn , sadaja sami dilah ingkang limrahipoen winastan dilah élèktris . Sareng djam 2 daloe katingal abjoripoen dilah ing daratan , inggih poenika palaboehanipoen kita ing Banjoewangi . Kapal ingkang koela toempaki ladjeng laboeh ingrikoe, ananging laboehipoen taksih tebih saking daratan , toewin laboehipoen namoeng sakedap . Sanadyan noedjoe wantji daloe oegi katingal ramé , amargi wonten kapal laboeh, baita alit-alit sami dateng angepang kapal, perloe anampèni barang toewin bilih wonten tijang ingkang sedya mandap dateng ing daratan.
Wantji bjar éndjing loemahing kita Banjoewangi katingal ngléla , kekadjenganipoen katingal semoe atis mrentoel katoetan boen , kados saking kaprabawan asreping daloe. Sawedaling srengéngé katingal pentèr kados tijang mboetjal kemoel , woesana saja ngléla woedjoeding kita. Tetijang ingkang dateng ing kapal saja kalah , ananging ingkang noempak badé késahan namoeng sakedik . Para poelisi katingal wirawiri ndjagi tata tentrem . Sareng djam 12 sijang kapal bidal malih , lampahipoen saja rikat, poelo Djawi namoeng katingal gatra tjemeng , woesana ladjeng sirna warninipoen. Saseraping srengéngé wonten daratan ingkang katingal, dilah-dilahipoen katingal sampoen kasoemet abjor , kitanipoen ardja, inggih poenika palaboehanipoen kita ing Boelèlèng (Bali) .
Kita Boelèlèng poenika dados kitaning parésidénan BaliLombok , kitanipoen kalebet tjekapan , toko-toko oegi kalah , tetijangipoen sampoen abangsa pijambak , wonten ingkang agami Islam , wonten ingkang taksih agami boeda , tetijang ing Bali gadah sastra pijambak , toewin kalah patilasanipoen kaboedan , poenapa déné tatatjaraning kaboedan , kalah serat-serat tetilaranipoen tijang Bali ingkang minoeljakaken ing Kangdjeng Goepermèn. Tjetaning tjetjarijosanipoen nagari ing Bali , amriksanana serat Poerwatjarita Bali karanganipoen Radèn Sasrawidjaja ingkang kawedalaken ing kantor pangetjapan Goepermèn .
Laboehing kapal wonten ingrikoe anginggahaken momotan lemboe pinten-pinten dasa. Lemboe ingrikoe naratjak sami pantjal soekoenipoen , ing bokong pélak, soengoenipoen sami dablang , ing poelo Bali pantjèn kalah wedalipoen lemboe ingkang kanggé padagan jan. Sareng djam 12 daloe kapal bidal saking Bali , petengipoen ndedet , wiwit sabidalipoen saking ngrikoe ombaking saganten wiwit kraos angébahaken baita amargi ngambah soepitaning saganten kidoel . Koela teroes tilem kémawon , amargi radi kraos ngeloe , bok manawi saking kénging daja ombak ing saganten . Bjar éndjing kapal sampoen laboeh malih wonten palaboehan ing Ampenan (Lombok) , laboehing kapal oegi boten saged mèpèt. Ing palaboehan ngrikoe noedjoe wonten kapal perang Walandi kakalih sami laboeh , katah para pradjoerit Marine ingkang dolan dateng kapal Japara . Palaboehan waoe ketingal ngilak-ilak, pasisiripoen pasir pelak angelangoet tebih , paredènipoen ketingal lamat -lamat . Ing kita Ampenan waoe oegi kita parésidénan golonganipoen kita Boelèlèng (Bali-Lombok) ardjanipoen irib-iriban kalijan kita ing Boelèlèng, tetijangipoen oegi angèmperi tetijang bangsa Bali, djaler èstri enèm sepoeh naratjak sami dojan nginang, katah tijang ingkang dateng ing baita sami sadé wowohan , semangka , djeram goeloeng , pelem raosipoen kados koewèni (namanipoen wani-wani ) nanging warninipoen gilig, baita ingkang dipoen toempaki waoe alit-alit, ing kiwa tengen mawi tèdèng kados soewiwi , bok manawi perloe kanggé ndjagi kasangsaran , amargi ingrikoe ombakipoen ageng , dados sanadyan kateraka ing ombak inggih namoeng kampoelkampoel kémawon , manawi dipoen tingali saking katebihan katingal pinda peksi meliwis lelangen ing toja. Laboehipoen kapal wonten ingrikoe sadinten -sadaloe , kalah sanget momotan ingkang dipoen inggahaken , ingkang kalah asem . Sarampoenging nampèni momotan ladjeng bedol djangkar malih , bidalipoen wantji djam 9 daloe , sareng sampoen sawatawis lampahipoen , ing kita Ampenan namoeng kantoen katingal soenaring dilah kémawon , poenapa déné dilahipoen kapal perang ingkang laboeh wonten ing palaboehan Ampenan , katingal pating kalentjar kados dilah rerengganing taroeb . Wiwit bidal saking ngrikoe ombakipoen ageng , gondjinging kapal kraos ngantos kados mbabitaken badan , sakedap -sakelap tansah kraos soemijoet .
Noedjoe wantji tengah daloe, boten wonten sabawaning tijang koemetjap , sadaja sampoen sami tilem , namoeng soewantening setoem ingkang adjeg njebawa : doeng , loeng , toewin soewantening ranté kemoedi tansah koemroetjoek kados sabawaning arta woetah . Koela ladjeng tangi angoek -angoek wonten ing hèk , dilah-dilah ing kapal katingal abjor anjoenari tojaning saganten , tojanipoen katingal moelak - moelak , pijaking oentoek katingal petak mentoer kados kapoek winoesonan , kala-kala katingal wonten oelamipoen minglar , sisikipoen katingal gilap, kesorot ing dilah goemebjar pinda kilat, ing langit katingal lintangipoen abjor kados inten soemawoer ing wijat, pating karelip adamel sengseming pandoeloe , ing batos koela tansah nggagas ing lampah koela , sampoen tebih temen saking tanah Djawi, nglampahi kampoel -kampoel kinoeroeng ing langit, namoeng gebjaring lintang boten bènten soenaripoen lan wonten sanginggiling boemi , anglesing manah koela kados ingimoer -imoer jèn satoehoenipoen taksih koengkoelan ing akasa , boten bènten kalijan wonten ing daratan . Wantji gagat bangoen koela sampoen tangi, tengoek - tengoek wonten tilasing patileman koela, rerengganing langit katingal lamat -lamat kados mérang oempetan , kasor sinerang soenaring srengéngé , dangoe -dangoe saja soerem malah ladjeng itjal babar pisan , gentos kendih padanging rina, wedaling srengéngé saking saganten katingal mbranang pinda mripat rinambang , sapetjahing oedjwalanipoen katingal amradini djagat , loemahing toja katingal anglangoet tanpa tepi. Ing wekdal waoe ingkang katingal ing pandoeloe namoeng toja lan langit, ing kéblat sakawan namoeng katingal awang-oewoeng, sareng saja sijang weninging toja saja katingal mantjoer idjem , oelam -oelam ingkang katradjang asring katingal ngloemba wonten lamboenging kapal, kawontenan sadaja waoe satoehoe adamel lamlaming manah .
Djam 8 éndjing koki ing kapal sampoen soeka paréntah dateng tetijang ingkang sami noempak , soepados njadong sekoel . Wonten ing kapal poenika ing dalem sadinten angsal tjadong sekoel kaping tiga, sapisan éndjing djam 8 sekoel salawoehipoen , kaping kalih djam 12 sijang , oegi sekoel salawoehipoen mawi djangan , kaping tiga djam 4 inggih sekoel salawoehipoen mawi djangan, oekoeraning tjadong satoewoekipoen , éndjing angsal wedang boeboek mawi gendis , sonten angsal wédang tèh tanpa gendis . Sanadyan boten sapinten raosipoen , éwadéné kraos étja , makaten waoe sampoen dados adatipoen tijang noempak baita. Déné toemrap ing klas I. II. satataning dahar sampoen boten bènten kados wonten ing lesmèn ; manawi ing klas III telanipoen bènten kalijan ingkang manggèn ing ngelek , toewin limrahipoen ing klas III poenika namoeng kanggé bangsa soeldadoe . Déné panatanipoen ingkang sami manggèn ing ngedèk , ing ngadjeng pijambak kanggé manggènaken tijang prantéan , ladjeng sanès -sanèsipoen sami manggèn ing poendi panggènan ingkang sela, dados toemrap ing klas III poenika namoeng kaot tedanipoen . Toemrap ing klas I. II. pepela- . ning panggénan sami mawi kamar oeroet pinggir mirantos saisinipoen , patilemanipoen soengsoen kalih , dilah , pispot, gelas toewin kenți wadah toja.
Ing salebetipoen kapal poenika pangagengipoen sineboet Kapitan , ladjeng galah karéréhan setirman pangkat 1 , 2, bebaoenipoen djoeroemoeli toewin sanès -sanèsipoen , gegolonganipoen masinis oegi wonten ingkang pangkat 1 , 2, toewin 3, oegi gadah karéréhan pijambak , ladjeng pangagenging koki ngerèhaken koki dalah djongos sapanoenggilanipoen . Toemandangipoen ing damel tetijang ing kapal poenika sami tjikat - tjikat saha sami kijat-kijat , menawi kapal noedjoe mlampah toemindaking damel sami giliran , setirman ingkang anjepengi kemoeli tansah ngadeg ndjedjer wonten ing nginggil (ngebroek = brug) boten sah tansah ngèker toewin ningali pandoman , poenapa déné ningali kar . Lampahipoen djagi gegentosan . Djam ing kapal panoeloekipoen gèsèh kalijan djam ing daratan , dados boten djam 12 dipoen loeloek kaping 12, terangipoen makaten :
1/21=1. 12. 1/ 22=3.2=4. 1/ 23=5.3-6. 1/24 7. 4=8 . 1/ 25=1.5=2 . 1/26=3.6=4. 127=5.7=6. 1/ 28=7.8-8 . 1/29= 1.9 =2 . 1/210=3 . 10=4. '/211=5.11=6.1/212=7.12=8 . Mila djam ing kapal panaboehipoen makaten , perloenipoen boten saged toemboek ing pamirengan , dados boten damel moesabijat ing pamireng . Dados saoepami mireng leng 1 , ngoengak wantjinipoen tamtoe sampoen kraos, bilih teng
1 ing wantji éndjing , tamtoe djam 1/29, tèng 1 ing wantji sijang, tamtoe djam 1/21 , jèn sonten 1/25 . Perloenipoen toemrap tijang bebaoening kapal ingkang noedjoe ngaso mangka badé njoendoel djagi , nglilira sawantji-wantji bilih mireng soewantening djam , ladjeng mangertos kémawon djam samanten . Saoepami tilem djam 9-2 daloe , mangka noedjoe nglilir mireng djam dipoen toetoek kaping kalih , inggih teges djam 1 , amargi wontenipoen katoetoek kaping kalih malih mangké djam 5 sampoen gagat bangoen , soenaring srengéngé sampoen padang . Bènten kalijan djam ing daratan , saoepami nglilir sawantji-wantji manawi mireng téng djam dipoen taboeh sapisan , boten saged mastani djam pinten , saja bilih noedjoe djam 1/21 . djam 1. djam 1/22, tiga waoe sami kémawon . Makaten malih menggah ing kapal, dalah lagoening panoetoek kémawon inggih bènten , perloenipoen soepados ngringkesaken pamireng , dados tijang ingkang mireng gampil pangétangèpoen , saoepami djam 12=8 . panoeloekipoen kalih-kalih ; tèng-lèng , tènglèng , lèng - lèng , lèng - tèng . Panoeloek makaten waoe kalijan sakedap kémawon saged tjela bilih 2 × 4 poenika langkoeng tjela tinimbang pétang 1X 8 .
Lampahing kapal salebetipoen 3 dinten 3 daloe ngelangoet tanpa kèndel , boten wonten poelo ingkang katingal, kedjawi namoeng toja kalijan langit, wewarnen ing margi ingkang ketingal namoeng peksi saganten , warninipoen kados peksi dara , sami maboer bebajakan , méntjokipoen namoeng koemambang ing toja, ladjeng lelangèn kados peksi mliwis , kala-kala wonten ingkang djoemedoel saking toja toewin wonten ingkang kekalangan ladjeng ambles ing toja, warninipoen pelak soemawoer pinda sarah sari . Saja dangoe ombakipoen saja ageng , tojaning saganten ngantos njempjok dateng ngelèk , kalah tetijang sami klotjoet, koela kraos mendem (maboek laoet), poenika sampoen dados padatanipoen tijang noempak baita saben kirang tahan tamtoe ladjeng mendem , raosipoen sirah ngeloe , tansah noentak kémawon , sanadyan isèn-isèning weteng sampoen telas , nanging meksa kedah noentak kémawon , mila raosipoen dateng badan lesoe loengkrah boten kantenkantenan . Sareng sampoen angsal lampahan 3 dinten 3 daloe badan koela kraos ragi wonten sakétjanipoen , wantji gagat bangoen wedaling remboelan sampoen tanggal sepoeh katingal ndjlirit boten sapintena padangipoen , wewajanganipoen katingal wonten salebeting toja, katingal mawa praba kados memaniking saganten . Lintang pandjer rina ndjèdjèri remboelan ngléla oedjwalanipoen, manter kados tetoeloeng dana sorot, woesana mérang kesoek pepadanging raina . Wedaling srengéngé tjahjanipoen njilakaken pepetenging pedoet temah sirna tilasipoen . Bjar katingal poelo alit-alit meripit kados sekaring saganten , toewin wonten daratan katingal , grija-grijanipoen bebandjengan sami pager témbok waradin oeroet pasisir, katingal djedjel pipit pinda pepagering pradja, inggih poenika palaboehanipoen kita ing Makasar (Celebes ). Lampahing kapal wiwit anglonloni, ingrikoe kalah laré-laré apepariman sami nglangi wonten ing toja toewin ènggak , ladjéng nemboeng pepariman , saben dipoen bjoeri arta ladjeng dipoen saloeloepi , mentoengoelipoen sampoen mbekta arta ingkang dipoen saloeloepi saha dipoen tedahaken , ingkang papariman waoe ngantos kemrojok wonten kiwa tengening kapal, woesana kapal ladjeng laboeh saged mèpèt ing daratan . Laboehipoen kapal wonten ingrikoe 3 dinten 2 daloe, koela ladjeng tata -tata badé mentas dateng ing daratan saha badé pados pasipengan , ngiras ngasokaken badan , amargi kraos loengkrah sanget manggèn wonten ing kapal, awit mentas mendem . Sareng koela mandap dateng daratan , wiwit ngantjik siti sampoen ladjeng kraos saras boten wonten tabetipoen mentas sakit .
Palaboehanipoen nagari Makasar poenika saé , laboehipoen kapal saged mèpèt, kilanipoen redja sanget , mila ing palaboehan ngrikoe oentapipoen tijang ngantos nggabag kados boten kénging pinijak. Koela ladjeng mlampah dateng peken , pekenipoen ageng , ingkang sesadéan sami manggèn ing ambèn -ambènan inggil , koela kagèt sanget soemerep arta ing rikoe, amargi taksih nganggé arta gobangan toewin loewitan , inggih poenika ingkang roemijin kanggé wonten ing nagari Djawi tengah , sadèrèngipoen santoen arta sèn . Wonten ing peken ngrikoe koela kepetoek tijang Djawi asli saking Djawi tengah , koela dipoen ampiraken dateng ing grijanipoen saha koela ladjeng sipeng wonten ingrikoe. Koela salebitipoen wonten ing Makasar tansah moebeng -moebeng ningali kawontenanipoen kita ingrikoe, marginipoen ageng -ageng toer saé-saé. Margi ingkang sapinggiring saganten andjog peken toewin andjog ing tangsi , marginipoen medal sangadjeng tangsi , mawi ineb konten pantjak soedji , satjelakipoen ngrikoe kalah padalemanipoen para toewan-toewan opsir, ladjeng wonten malih padalemanipoen para toewan-toewan opsir abebandjengan toeroet pasitèn ngentak -entak (tanah lapang ) pasitén waoe wijar , oeroet pinggir wonten marginipoen ageng tepoeng , tetanemanipoen oeroet pinggir awarni wit kenari toewin pelem , agengipoen sampoen saprangkoel -prangkoel , saha saben let 50 tindak tamtoe wonten soemoeripoen dipoen windoe ing tembok . Ing kita Makasar poenika sanadyan ngongkang saganten , ananging tojanipoen tawa bening akintjlong -kintjlong , mila sanadyan oeroet pinggiring saganten inggih narilik kalah soemoeripoen , déné menawi noedjoe oesoem pelem awoh, samargi -margi boten kirang wowohan , manawi noedjoe wantji sijang ajoming margi ageng ing Makasar ngantos pepet boten kaselan soroting srengéngé , tetijang ingkang mlampah kados roemaos mlampah wonten sangandaping pajon, kawimboehan hawanipoen sakétja , mila tansah dados lam - laming manah . Satjelaking pasitèn wijar kaseboet nginggil doenoenging padale manipoen toewan Goepernoer , inggih poenika ingkang dados pangagenging pradja, warnining padaleman asinger , satjelakipoen ngrikoe ladjerg kantor pos , kantoripoen télépoen manggèn sapodjoking tanah lapang , satjelaking kantor pos grija kamar bolah, grijanipoen ageng , mratandani jèn ing kita Makasar katah Walandinipoen . Lampah koela nekoek ladjeng andjog margi sapinggir palaboehan malih , toeroet pinggir margi pepet toko-toko Walandi , Tjina, tokonipoen sami ageng -ageng , ladjeng andjog ing peken , poengkasanipoen ngambah pakampoenganipoen tijang boemi , marginipoen resik goemrining , waradin sami pepager wilah winangoen toembakan , pémahanipoen oegi resik -resik , ndengdeng tinaneman klapa, atarik-tarik katingal waradin sinipat djedjeg , grijanipoen sami mingklik-mingklik kados panggoengan , lebetipoen dateng ing grija mawi andan -andan minggah , sangandaping grija pinageran rapet perloe kanggé kandang maénda , saben pémahan satoenggal tamtoe gadah soemoer pijambak . Sasampoenipoen kempoet anggèn koela moebeng -moebeng , koela ladjeng wangsoel dateng pondokan .
Ing kila Makasar poenika pangagengipoen apangkat Goepernoer , pangagengipoen tijang boemi sineboet radja , ananging pamanggènipoen tebih saking kita, saha taksih pepéranganing radja ingkang taksih galah siti mardika , limrahé tetijangipoen dipoen wastani tetijang Boegis , ingkang bangsa asal sineboet Daèng , gadah temboeng toewin sastra pijambak , pasitènipoen loh sanget , panggaotanipoen sami atetanèn , pasitènipoen waradin keléban toja, wedaling oe wos ngantos soemebar doemoegi nagari lijan, ingkang ketjekap sami ngingah kapal kanggé dagangan , pangingahipoen ngantos kados kapal wanan. Ingkang misoewoer doemoegi lijan pradja menggah ing tanah ngrikoe awarni saroeng tenoenan , ingkang adi dedasar soetra sinoelam ing benang mas, wonten ingkang ngantos regi f 25, ingkang mirah pijambak regi f 2. Panganggènipoen tijang ingrikoe ingkang djaler ingkang katjekap , akalok tjelana , rasoekan djas , mawi keloe bobat alit namoeng ngelaplik toemènplèk ing sirah , wonten ingkang mawi tinepi ing djené , saroengipoen namoeng kanggé srémpang kémawon njengkelit doewoeng warangkanipoen alit, ingkang boten gadah inggih namoeng lading blați kémawon, toemrap tijang ingkang boten gadah namoeng akatok kalèt doemoegi sanginggil dengkoel , wonten ingkang iket-iketan wonten ingkang kaketon , rasoekané sasenengipoen , boten soepé srémpang saroeng . Tetijangipoen èstri sami tapihan saroeng , rasoekan koeroeng tjemeng , adjeg sami koedoeng saroeng broekoet , saha ladjeng tinoempangan koeloeng malih awarni toetoep sadji abrit mawi rinengga sinoelam ing moté toewin djagoeng djali , manawi mlampah wonten ing margi bebajakan ngantos ngitjalakan sipating manoengsa , tetijang ingrikoe djaler èstri naratjak sami dojan nginang.
Tetijang ingrik ɔe poenika winastan bangsa Boegis , pawakanipoen alit-alit nanging kengkeng -kengkeng , ingkang dipoen rasoek agami Islam , saha kentjeng sanget dateng sarak , wewatekanipoen brangasan , kerep wonten prakawis parapaben ladjeng dados radjapati , padatanipoen tijang kerengan makaten : saoepami wonten tijang pasoelajan , ladjeng sami tantang -tantangan , temboengipoen tjekak - tjekakan kémawon : „Apa kowé wani kerengan ana sadjroning saroeng " ingkang tantoe mangsoeli „poeroen ." Manawi sampoen makaten ladjeng kalampahan tijang kekalih mlebet kolonganing saroeng ladjeng sami soedoek -soedoekan , wekasanipoen inggih sami dados balang , mekaten kawanteranipoen bangsa Boegis. Wonten malih kawanteranipoen bangsa Boegis. inggih poenika manawi lajaran kalijan baita alit kémawon poeroen lajaran ngantos doemoegi Bandjarmasin , Singgapoera , toewin sanèssanèsipoen . Tetijang Boegis poenika pantjèn kagolong wijardjadjahanipoen , sasat saben djadjahan poelo Moloken temtoe wonten tijangipoen Boegis , sanadyan namoeng tijang pados oelam kémawon manawi noedjoe misaja inggih ngantos tebih poeroegipoen .
Koela salebetipoen wonten ing Makasar kerep sasrawoengan kalijan tetijang Djawi kalah, katah ingkang sami tjepeng damel wonten ingrikoe. Sareng sampoen 3 dinten kalih daloe, djam 12 sijang koela sampoen minggah dateng ing kapal , para bebaoe ing kapal tansah iboet anggèning njamboet damel , anggènipoen nampèni inggahing barang kalah sanget , amargi ing kita Makasar poenika dados pabandaran ageng , minangka dados baboking toko-toko golonganing kapoeloan ngrikoe, kados ta : Ambon , Ternaté,
Késah lajaran dateng poelo Papoewah.
Menado , toewin kapoeloan alit-alit sanès-sanèsipoen . Mila barang-barang ingkang dipoen inggahaken waoe kalah ingkang kanggé kabetahaning tijang gegrija , kados ta ; oewos , gendis , kopi , lisah pèt, tetelan toewin sanès-sanèsipoen , poenapa déné prabot bekakasing gegrija , dados inggahipoen padagangan ingkang ageng boten wonten, kedjawi manawi kapal wangsoel dateng Soerabaja malih .
III
Saking Makasar dateng Ambon.
Djam 3 sijang bandéra dagang ing kapal sampoen dipoen kèrèk , pratanda sampoen telas anggèning tampi momotan , saha minangka pratanda badé bidal . Para matrozs ladjeng toemapak ing damel , lajar - lajar ingkang kabikak sampoen sami dipoen benakaken , mesining pangérékan barang sampoen wiwit dipoen pedjahi setoemipoen , woesana kapal ladjeng mbengoeng pandjang, pratanda badé bidal . Sareng pambengoengipoen sampoen djangkep kaping tiga , djangkaring kapal wiwit dipoen inggahaken , saladjengipoen teroes bidal, lampahipoen mangidoel ladjeng menggok mangétan . Lampahing kapal wiwit bidal ngantos sawatawis tebih namoeng mlipir oeroet pinggiring poelo kémawon . Nalika taksih ngambah wewengkoning kita Makasar katingal grija ațarik-tarik. Saben grija satoenggal wonten oendak -oendakanipoen mandap dateng ing saganten , pageripoen ndendeng inganam awisawis katingal adamel samaring pémahan inglebetipoen , namoeng tetijangipoen sami katingal ngadeg wonten kontening pémahan ingkang andjog ing saganten . Manawi ningali mangilèn wantjining srengéngé sampoen badé ambles ing toja, tjahjanipoen ingkang mbleringi sampoen tawar oedjwalanipoen , kantoen katingal atjahja djené kados kantjana sinangling. Poelo alit-alit katingal moejek bebajakan pinda linampahaken , kasoenaran marta soenaring soerja katingal djené ngléla pinda poelo kantjana . Saben poelo alit wonten grijanipoen mregil toewin wonten tanemanipoen ledoeng -ledoeng sanadyan poelo alit manggèn mregil , éwadéné katingal anengsemaken manah . Lampahipoen kapal ladjeng bablas mangétan , wiwit ngambah sapinggiring poelo paloesoenan, tetanemanipoen nedeng -nedengipoen ing wantji . Klapanipoen katingal ndendeng wohipoen mbijet . Dangoe -dangoe ladjeng ngambah satjelaking bebondotaning wit-witan ingkang toewoeh ing toja, ojodipoen ketel katingal roewet kados benang. Warnining bebondotan katingal ngantos salepasing pendoeloe , boten wonten wawarnèn sanèsipoen ingkang katingal. Wekasan wawarnèn ingkang mboseni waoe ladjeng poenggel tinoetoep ing petenging daloe . Saweradining pepeteng boten wonten wawarnèn ingkang katingal malih , kedjawi kala-kala soemerep soenaring dilah ing daratan kelip-kelip kados konang, terkadang sagebjaran ladjeng boten katingal malih . Sareng sampoen daloe koela ladjeng tilem , tijang ingkang noempak saja kalah, anggèn koela tilem namoeg angsal papan sakedik manggèn saselaning toempoekan barang . Ombakipoen wiwit kraos ragi ageng nanging wiwit waoe badan koela sampoen saja atoel , mila koela ladjeng tilem sakétja kémawon .
Bjar éndjing sampoen boten wonten daratan ingkang katingal malih , kadjawi namoeng toja kalijan langit. Lampahing kapal saja rikat, pepindanipoen kados moeroegi padoenoengan sadjawining langit. Sareng wantji djam 5 sonten lampahing kapal medal sakidoel poelo Boeton, kapal ingkang koela toempaki boten laboeh ingrikoe, palaboehanipoen poelo Boeton poenika manggèn ing sisih lèr . Ing Boeton poenika wonten radjanipoen , nanging boten ageng , tetijangipoen gadah temboeng pijambak . Tetijang ingrikoe poenika namanipoen ing wiwitan tamtoe mawi la, kados ta; Laodo , Lamoeroe, Lakabon , sapanoenggilanipoen , dados panitikipoen namoeng saking nama , saha tetijang ingrikoe poenika karemenanipoen oelah pakebonan , amargi pasitènipoen paredèn , karemenanipoen manggèn ing ngèrèng -èrèng redi. Tanemanipoen awarni krowodan , djagoeng , timoen , waloeh, mila misoewoeripoen toemrap sakiwa tengenipoen ngrikoe saben tijang gadah pakebonan ing paredèn tamtoe tijang
Boeton . Poelo ingkang kalangkoengan waoe awarni pasitèn èrèng -èrèng , tetanemanipoen katingal nggemboeleng ketel , oewi-oewi ingkang roemambat katingal sampoen anggogrogi golongipoen , ngantawisi jèn sampoen wantji badé ndoedoek . Pamanggèning pakebonan angongkang saganten , katingal wonten grijanipoen satoenggal alit age'ik-gelik, soenaripoen katingal sampoen amasang totor, koekoesipoen koemeloen . Sapinggiring saganten wonten baitanipoen alit tjinantjang angsal ojoding kekadjengan ingkang mbambing ngongkang saganten , sanadyan panggénan waoe katingal sepi mamring , éwadéné galah semoe damel sengseming manah , kados -kados boten badé kekirangan teda, toewin tentreming gesangipoen angoengkoeli tetijang ingkang manggèn ing papan ramé , kados makaten adilipoen ingkang koewaos anggèning mandoem kasenengan boten apilih sih. Lampahing kapal saja bablas , rinten daloe tampa kèndel. Sesampoenipoen nglangkoengi poelo waoe sampoen boten wonten daratan ingkang katingal malih , sesambèn koela boten wonten kadjawi namoeng ningali aloening saganten , ingkang matoenda -toenda pinda redi toja, sampoena noempak kapalapi ageng temtoe kadoenoengan waswas ing manah , saking soemerep lampahing ombak ingkang pinda angelem djagat. Sareng lampahing kapal sampoen angsal 2 dinten 3 daloe , noedjoe wantji gagat bangoen para bebaoening kapal sampoen wiwit tata -tata toemapak ing damel , lajar pajon inginggil sampoen sami dipoen bikaki , mesin pirantos ngèrèki barang wiwit katjobi soewantenipoen ngantos nggogrokaken papan , kados soeka sasmita nggoegah para tetijang ingkang taksih tilem . Sawedaling srengéngé soenaripoen soemeblak amadangi djagat, ingrikoe katingal wonten poelo pangawak redi , warninipoen idjem waradin, awakawakaning redi pating djlarèh sami isi taneman warni -warni , isi sajoeran angrembaka idjem ,dipoen tata tarik -tarik sapanța ginoela -goela , grijanipoen namoeng katingal satoenggal kalih wonten satjelakipoen pakebonan . Lampahing kapal kraos gondjing amargi ombakipoen ageng , lampahing kapal saja njelaki poelo waoe , dangoe dangoe - ladjeng mlebet
Palaboehan ing Ambon .
ing soepitan , angsal satikoeng koela nolèh sampoen itjal sipating saganten ageng , dados lampahing kapal namoeng kados mlebet ing lèpèn kémawon , woesana katingal wonten kita ingkang doemoenoeng wonten lelengkèh saselaning redi , inggih poenika kita ing Ambon . Koela sakalangkoeng ngoengoen , boten njana bilih saselaning paredèn soengil djeboel wonten kitanipoen ageng sakelangkoeng éndah , loemahing kita manggén ing papan waradin saselaning redi , grija -grijanipoen katingal ndendeng pepet pipit tanpa wonten selanipoen , wit-witanipoen ingkang inggilinggil katingal angaléla , ingkang katah wit koewèni toewin kenari , ing mangsa waoe noedjoe sekar , warninipoen katingal abrit angèbeki kita, ngantos njengkrèk doemoegi ing paredèn inggih abrit mbranang , selang -seling kalijan godonging kekadjengan ingkang idjem , warninipoen dahat asri pinda boental roemenggèng kita . Salebitipoen kapal mlampah lon-lonan, boten kendat koela tansah njawang asrining kita waoe, dangoe -dangoe lampahing kapal saja rindik , woesana ladjeng laboeh saged mèpèt wonten kreteging palaboehan .
Sasampoenipoen kapal laboeh, koela ladjeng dateng ing daratan , saha ladjeng mlampah -mlampah dateng salebeting kița, kițanipoen ing nagari Ambon poenika waradin , sanadyan manggèn wonten saselaning paredèn boten wonten pasitènipoen ingkang mendak mendoekoel , kadjawi ingkang tjelak lèpèn toewin ingkang manggèn wonten soekoening redi . Palaboehanipoen ragi nglodjok sakelik , dados tijang ingkang badé dateng kapal mawi ngambah ing pasiten ingkang dipoen tambak manengah . Papan ingkang kanggé laboeh kapal wonten salebeting panggènan ingkang kinoebeng ing paredèn , dados palaboehanipoen boten katingal saking loemahing saganten ageng . Waradinan ing salebeting kita gasik goemarining oeroet pinggir sami tinaneman deling tjendani , sapinggiring margi wonten kalènipoen alit mili goemlinding , tojanipoen bening, kalèn waoe mawi tinèmbok saé, éjoeb -éjoebing waradinan wit kenari. Ing kita ngrikoe dèrèng wonten tetoempakan , oegi wonten karéta séwan , nanging awis sanget ingkang ngarggé. Lampah koela andjog doemoegi ing peken , pekenipoen ageng , ingkang sesadéan ingkang kalah bangsa tetijang agami Kristen, tetijang ingkang agami Islam awis -awis. Satjelakipoen peken ngrikoe kalah tokonipoen ingkang ageng -ageng , toko Walandi , Tjina, Arab toewin sanès-sanèsipoen . Grija-grija ingrikoe ingkang katah sami pajon golong sagoe , sanadyan ingkang grija témbok oegi makaten , wonten satoenggal kalih ingkang pajon sèng . Wontenipoen sami apajon godong sagoe waoe awit saking dawoehipoen parèntah , amargi ing kita Ambon mentas karisakan ageng , djalaran mentas wonten lindoe ageng . Sadéréngipoen lindoe oegi katah grija-grija ingkang sami apajon gendèng , nanging sareng wonten lindoe grija-grija waoe sami ambioek saha damel kasangsaran ageng ; déné saking ambroeking grija ingkang sami pajon gendèng angebroeki tijang ingkang manggèn salebetipoen , ngantos tijang pinten-pinten ingkang kasangsaran . Ing kita Ambon poenika sanadyan grija-grijanipoen sami apajon welit (golong sagoe), éwadéné boten wonten semoenipoen mlarat , amargi namoeng welit perloe kanggé ndjagi kasangsaran . Lampah koela ladjeng ngambah pakampoenganipoen bangsa toewan -toewan , grijanipoen ageng -ageng , salong taksih wonten tilasing grija ingkang karisakan , témbokipoen taksih katingal rengka , toewin Ing pakampoengan kantoen ngadeg ndjedjer kémawon. ngrikoe sepen boten wonten tetijang langkoeng, lampah koela ladjeng doemoegi ing tangsi koempeni , tangsinipoen ageng , saha ing paprèntahan Militer ing Ambon ngrikoe kanggé anampèni tetijang ingkang mlebet soeldadoe . Kadjawi saking kalah ingkang mlebet soeldadoe , ing tanah Ambon pijambak tetijangipoen pantjèn remen mlebet soeldadoe , malah ladjeng karan angawontenaken golongan , sanadyan ingkang mlebet soeldadoe waoe sanès tijang Ambon oegi ladjeng sineboet Ambonnees . Lampah koela ladjeng andjog ing kampoeng Batoe Gadjah . Batoe Gadjah poenika pakampoengan ingkang kadaleman pangageng nagari , inggih poenika Residèn, toewin padalemanipoen para prajagoeng Djawi ing kang sami kakèndangaken mrikoe. Padalemanipoen adjèdjèrdjèdjèr sami ageng -ageng , toewin ingrikoe tilas kedatondalem Sampéjan dalem Ingkang Sinoehoen Kangdjeng Soesoehoenan Pakoe-Boewana kaping VI (Ambangoen Tapa) sasoeroet dalem oegi soemaré wonten ingrikoe ; koela oegi langkoeng sangadjeng padaleman waoe, lampah koela ladjeng dateng palaboehan . Sakilènipoen padaleman ing Batoe Gadjah waoe wonten sekolahanipoen Walandi , toewin ing Ambon oegi wonten sekolahan Kweekschool , woesana lampah koela andjog ing palaboehan malih .
Sadoemoegi koela ing kapal raosing manah dèrèng marem angambah ing daratan , mila sareng kèndel sawatawis koela ladjeng wangsoel malih . Lampah koela sareng doemoegi kreteging palaboehan kepetoek bangsa Djawi , sareng sami takèn -tinakèn , pandjenenganipoen ngandika trah sinatrija ing Ngajogja , sapoenika manggèn wonten ing Batoe Gadjah noenggil para sadèrèk -sadèrèk saha wonten ing Batoe Gadjah waoe amadjibi roemeksa pasaréan dalem Ingkang Sinoehoen Ambangoen Tapa . Wontenipoen ing Batoe Gadjah sami manggèn wonten ing grija lodji peparingipoen Kangdjeng Goepermèn, déné para prijantoen waoe sami wajahipoen soewargi Kangdjeng Pangeran Arja Dipanagara . Koela ladjeng dipoen ampiraken dateng padalemanipoen , sadoemoegi koela ing Batoe Gadjah dipoen panggihi para sadèrèkipoen , sasampoenipoen bagé-binagé wiloedjeng ladjeng sami pitakèn kawontenanipoen ing tanah Djawi ; koela inggih ladjeng njarijosaken , woesana koela njipeng wonten ingrikoe.
Éndjingipoen koela sowan dateng pasaréan dalem Ingkang Sinoehoen Ambangoen Tapa , dipoen irid para ingkan sami roemeksa . Papaning pasaréan poenika manggèn wonten salebeting pakarangan waoe , wewengkoning pasaréan kinoebeng ing tembok , kontenipoeng doemoenoeng wonten ing sisih wétan madjeng mangalèr , sawétaning konten wonten sarambinipoen , sadjawi toewin salebeting tjapoeri pasaréan dipoen tanemi wit pala , wohipoen mbijet kados sempal -sempala , golongipoen idjem ketel ngajomi sangandapipoen , bebasan ngantos boten katingal bentèring srengéngé , salebeting tjepoeri ngrikoe ander isi pakoeboeranipoen para sentana ingkang roemijin sami ndèrèk ingkang Sinoehoen wonten ing Ambon , sisih lèr sakedik sampoen pantog kamaring pasarèan dalem , kinoebeng ing témbok apajon sèng , ingèmpèr sangadjenging kamar wonten koeboeranipoen amergil , inggih poenika koeboeripoen Radèn Ngabèi Tjakradipoera , kekasihipoen ingkang Sinoehoen . Koela kèndel wonten ingèmpèr ngrikoe sasampoenipoen kontening pasaréan kabikak , koela ladjeng mlebet , ingkang soemaré ingrikoe namoeng ingkang Sinoehoen sakalijan Kangdjeng Ratoe , wijaring kamar boten sapintena ,pasaréanipoen namoeng dipoen témbok kémawon , dados sanès sekaran séla toewin sanès -sanèsipoen , inginggil mawi kalowahan katingal siti kémawon , toewin wonten isinipoen awarni koewoekan , damar , doepa , poenapa déné wonten tabeting sekar Saantawising sampéjan dalem sikil ( tjampoer bawoer . ) sakalijan pinasangan songsong gilap mingkoep , pamasangipoen dandaning songsong toemantjep ing mestèr sampoen dipoen lépa , wonten ingrikoe kraos manah koela , angèngeti ing Goesti koela déné soemaré wonten ingrikoe .Sareng anggèn koela sowan sampoen sawatawis dangoe ladjeng medal , sadoemoegining djawi kèndel linggihan wonten sangandaping wit pala ,wohipoen ingkang sampoen sepoeh sami mleļėk , isinipoen sami dawah ing siti mblader ,warninipoen abrit sepoeh , inggih poenika warninipoen sekar boentel ing nglebet , limrahipoen ingrikoe dipoen wastani kembang pala . Sasampoenipoen kéndel sawatawis ladjeng medal saking tjepoerining pasaréan . Sadjawining pasaréan ngrikoe awarni patamanan , tinaneman sesekaran , klapa géndjah , djambé pol , toewin sanès -sanèsipoen . Koela ladjeng mlampah angoebengi sakiwa tengening pasaréan , sakilèn pasaréan tjaket wonten marginipoen alit andjog dateng lèpèn . Salebeting pakarangan ajom manawi mendet toja sanget , soemoeripoen tjelèk -tjelèk , namoeng dipoen tjidoek kémawon . Sawingkingipoen pakarangan waoe wonten lepènipoen , tojanipoen bening toer tjelèk , sélanipoen pating djanggeleg ageng-ageng , tetijang ingkang sami adoes tjekap namoeng aling-alingan séla kémawon sampoen pinda akekelir, sapinggiring lepèn ngrikoe kalah tijang ingkang gegrija, wonten masdjidipoen alit angongkang lèpèn , ingkang sami gegrija ingrikoe poenika kalah ingkang toeroenan tetijang Djawi , amargi ing roemijinipoen ingrikoe dados pakampoenganipoen para abdinipoen ingkang Sinoehoen Ambangoen Tapa . Sasampoenipoen sawatawis dangoe koela ladjeng wangsoel dateng tjapoerining pasaréan malih , saha ladjeng kèndel wonten ing srambi satjelaking pasaréan , wonten ingrikoe sami kèndel sarapan .
Sareng sampoen ragi sijang koela dolan dateng ing Batoe Gantoeng , tebihipoen saking kita kinten-kinten wonten kalih Ing Batoe Gantoeng poenika wonten oemboelipoen , pal . tojanipoen ambèr dados pangangsonipoen tijang salebeting kita . Lampah koela oeroet margi èrèng -èrènging redi , sanadyan lampah koela oeroet paredèn , nanging tansah ngambah pakampoengan ingkang dahat ardja, grijanipoen ndendeng , tetijangipoen katingal sami njamboet damel ; nambal djala, ndeplok sagoe , damel toewak (dèrèsan sagoe ), amratandani jèn tetijang ingrikoe sami madjeng -mandjeng ing damel . Margi ingkang koela langkoengi waoe ajom sanget , lampah koela saja tebih saja njengkrèk saha ngambah margi ingkang mbambing , margi waoe namoeng oeroet énggakénggoking lèpèn , labet saking noentaking siti dados tojaning lèpèn waoe goemrodjog sanget , kados woetah saking talang . Lampah koela ladjeng doemoegi ing papan ingkang sakalangkoeng ajom , papan waoe inggih wonten sapinggiring lèpèn , ananging tojaning lepèn boten katingal , amargi tinoetoep ing sela bleg, dados ilining toja waoe medal sangandaping sela . Séla waoe warninipoen petak pating tjringih , saésļa kados goemantoeng wonten sanginggiling lèpèn , saking kawontenan waoe mila ngrikoe nama ing Batoe Gantoeng . Ilining toja satjelakipoen ngrikoe santer , lémbak - lémbaking toja ingkang toemempoeh ing sela katingal moentoek petak moentjrat -moentjrat pinda sekar mlaţi soemawoer ing patileman , kalah tetijang èstri sami adoes toewin ngoembah -oembah , banènipoen sami tjetjiblonan , dipoen tingali saking katebihan kados pepindanipoen para widadari sami leloemban . Wonten ingrikoe koela kèndel ngantos dangoe, saking lam-lamen ningali kawontenan waoe. Sareng sampoen itjal sajah koela, koela ladjeng mlampah malih , marginipoen minggah mandap , ladjeng ngambah pasitèn moenggoel ladjeng mandap ndjodjog, wiwit ingrikoe, sakiwa tengening margi dipoen tanemi kroton , warninipoen sakalangkoeng asri, woesana ladjeng doemoegi panggénan oedalaning toja, inggih poenika ingkang dados sirahing lèpèn waoe, manggènipoen wonten lelengkèhing redi , boten patos wijar , ananging wedaling toja deres sanget . Wiwit oedalipoen ladjeng kinoelah ing tembok moebeng , pinasangan lompongan tinampèn ing oeroeng-oeroeng tosan , teroes doemoegi ing kita. Wedaling pipa tosan waoe oeroet èrèng -èrènging djoerang, andjogipoen ing kita ladjeng pinarapara dados katah , saben sapanggènan dipoen dėkėki bikakan , toewin wonten ingkang dipoen djogaken ing palaboehan , ingrikoe dados pangangsonipoen kapal-kapal ingkang sami laboeh . Satjelaking panggènan toek poenika dipoen degi grija alit mawi ambèn -ambènan , koela kèndel wonten ingrikoe, saha ladjeng tileman , koela ningali manginggil ngiwa nengen katingal asri sanget , marginipoen katingal ndjlarèh oeroet lelengkèhing redi. Kroton -kroton ingkang dipoen tanem wonten sapinggiring margi katingal pinda pepaès , koela ladjeng adoes , tojanipoen bening kados katja , raosipoen asrep kados ès , dateng badan raosipoen sakétja , lakar koela sampoen sawatawis dinten boten adoes , badan koela ladjeng kraos èntèng .
Sesampoenipoen adoes koela ladjeng minggah ing margi sisihipoen , marginipoen saja njengkrèk minggah , sadoemoegi koela inginggil koela saged aningali loemahipoen kita ing Ambon , katingal tjeța awéla-wéla, ingrikoe wonten witipoen koewèni ageng , ingandap mbelader kebak gogroganing sekaripoen , warninipoen abrit mberanang adamel sengsemngi manah . Prenah ingandap tjaket katingal dalem Karesidénan , taneman salebeting pakarangan kebak patamanan isi mantjawarni , katingal asri sanget , sesekaranipoen wonten ingkang roemambat ing ngandjang -andjang ,wonten ingkang namoeng djinembangan , sawenèh nlosor roemambat ing siti , satengahing patamanan wonten sélanipoen awarni sirah gadjah , telalénipoen medal tojanipoen moentjrat -moentjrat , awit saking wontenipoen wewarnèn waoe , mila ingrikoe karan kampoeng Batoe Gadjah . Oetah -oetahaning toja ladjeng pinara -para kinalèn ameradini taman . saha ladjeng andjog dateng kalénan ingkang meradini kita , ilinipoen pating sarèwèh tanpa kendat , katjarijos ing redi waoe kala roemijin kerep kagem lelangen Ingkang Sinoehoen Ambangoen Tapa jèn pinoedjoe kasekelan panggalih , wonten ingrikoe ladjeng saged pentèr , kados leres manawi ingrikoe dados padoenoengan kasengseman , amargi kawontenanipoen saged damel senenging manah . Ningali mangalèr katingal grija -grija alarik -tarik manggèn wonten ing pasitèn waradin , grijanipoen salong soemamar kaling -kalingan gegolonganing kekadjengan , ing sisih kilèn katingal loemahing saganten tojanipoen alémbak -lémbak , kapal ingkang sami laboeh katingal sami mèpèt ing daratan , koekoesipoen koemeloen kados semoe sajah ing lampahipoen , ladjeng aningali saoebenging kéblat , katingal redi ndendeng kados pepageripoen Ing lelengkèhing redi katingal marginipoen kita Ambon . pating djlaréh kados tapaking sawer ; ngantos wantji srengéngé ngajom koela saweg mandap saking redi waoe , wangsoel medal margi lami , kawontenanipoen samargi -margi saja adamel lam -laming manah , para tetijang ingkang sami abalé -grija ing paredèn ngrikoe sami ngisis wonten ing djawi , katingal ing semoe sadjak tijang sarwa tentrem ing gesangipoen , djam 6sonten lampah koela sampoen doemoegi ing pemondokan .
Ing poelo Ambon poenika gegolonganing siti paredèn , bakoening oelah tetanèn boten wonten , toemrap ing paredèn pawedalipoen namoeng krowodan , sajoeran , déné ingkang dados bakoening telanipoen tetijang ingrikoe sagoe , dados lintoening sekoelipoen sagoe , wontenipoen oewos namoeng asli datengan saking lijan nagari. Pawedalipoen ing poelo ngrikoe ingkang kalah : tjengkèh , pala , kenari , soemebaripoen ngantos doemoegi ing poendi-poendi ; radjakaja boten patos wonten , wontenipoen lemboe namoeng kanggé peresan . Panggaotanipoen tetijang ingrikoe, damel sagoe , damel sagoeweer (inoeman asli saking dèrèsan sagoe) , pados oelam , toe nrap ing tijang nèm-èman ingkang dipoen kadjengaken sanget sami dados soeldadoe .
Sagoe poenika witipoen kados, wit arèn , nanging delegipoen ageng , toewin katahing patinipoen ngoengkoeli deleg arèn, toemrap pandamelipoen boten bènten kalijan damel pali onggok (damel pați arèn ) sesampoenipoen witing sagoe dipoen tegor, ladjeng dipoen petjèl -petjèl, seladjengipoen dipoen deplok , deplokanipoen ladjeng dipoen koem ing toja toewin dipoen oeleni , ingrikoe ladjeng medal patinipoen, dipoen nebaken ; samenebipoen , toja ladjeng dipoen boetjal, paținipoen sampoen nglempak wonten ing ngandap , ladjeng dipoen pendet dipoen pé. Déné pandamelipoen dados sagoe kados ingkang sampoen kalimrah doemoegi ing poendi -poendi , poenika nama sampoen mateng , pandamelipoen boten bènten tijang damel gandos rangin, manawi taksih énggalan empoek kémawon, toemrap tetijang ing tanah Ambon mekaten waoe ladjeng ketela nganggé lawoeh sasenengipoen , ingkang matoek bilih dipoen lawoehi goedang -goedangan , nanging menggah ing tijang Ambon sagoe makaten waoe boten patos karem , pakaremanipoen sagoe ingkang kanggé djenang , limrahipoen dipoen wastani pepéda , pandamelipoen namoeng kalijan dadakan , toja ingkang sampoen oemob dipoen sok ing wadah ingkang ageng , ladjeng dipoen tjemploengi remedan pați sagoe , ladjeng kaoebleg , oekoeranipoen mantes sakențelipoen . Pandamel makaten waoe ladjeng dados kémawon warninipoen kados djenang pați kențel , sesampoenipoen kențel sampoen kénging ladjeng kateda , abenipoen namoeng bangsaning doedoehdoedoehan , tjarijosipoen kedjawi irit oegi énggal toewoek .
Sagoeweer poenika toja dèrèsaning sekar sagoe , deresing wedalipoen anglangkoengi dèrèsan sanès-sanèsipoen , raosipoen ingkang taksih ènggal legi angleg , manawi sampoen wajoe leginipoen ladjeng dados toengtoeng sengak , saladjengipoen ladjeng dipoen masak malih , ladjeng saged awarni bening toewin angendemi . Kawontenan panjadéan sagoeweer waoe dipoen kéngingaken paos ing parèntah .
Déné wontenipoen pawedal pala toewin tjengkeh kalah ingkang dipoen pahat kanggé lisah , inggih dipoen sadé doemoegi nagari sanès . Ingkang dipoen damel adi dedamelanipoen tetijang ingrikoe manawi adamel pepetaning kapal api , kapal lajar , wadah bokèt , wadah sroetoe , toewin sanèssanèsipoen sadaja waoe ingkang dipoen anggé tjengkèh , sarana dipoen galoek-gațoekaken , traptrapanipoen awig sanget .
Tetijangipoen siti ing Ambon poenika kénging kawastanan agami Kristen , wontenipoen tijang ingkang agami Islam namoeng sakedik sanget , temboengipoen Mlajoe ; tjaktjakanipoen paketjapan sora berabah , djaler èstri sami birai mantep ing agami , sandang pangangénipoen bilih djaler ingkang taksih naloeri prijantoen, kados satata panganggénipoen bangsa Éropah (djas tjlana) , bilih ingkang trah alit rasoekanipoen namoeng potong mangkok kémawon (rasoekan tjina ) tanpa sepatoe , toemrap èstri bilih taksih asli , saroengan , rasoekan kebajak petak, bilih ingkang trah alit, kados sanlanganipoen tijang èstri bangsa Betawi , saroengan , rasoekan pandjang , nanging ingkang kalah nganggé tapih toewin rasoekan soetra mentah dasar tjemeng . Manawi noedjoe mlebet ing grédja , djalera, èstria inggih sami manganggé dedasar soetra mentah waoe , dados toemrap djaler trah alit rasoekanipoen potong mangkok awarni soetra mentah tjemeng , toemrap èstri wewah nganggé sléndang oegi soetra tjemeng , namoeng ingkang sampoen sami manganggé djas , sami manganggé balé rasoekan sasenengipoen , djangdji tjemeng .
Pangagengipoen ing nagari Ambon poenika apangkat Residen , pangagengipoen tetijang siti apangkat Kepala, sese boetanipoen warni-warni , wonten ingkang seboetan Major , Kaptin , Radjapati , oegi wonten ingkang dados amtenaripoen Kangdjeng Goepermèn, dados Djaksa, Djoeroeserat, malah amtenar -amtenar waoe kalah ingkang wedalan saking pamoelangan Walandi . Pantjèn tetijang ingrikoe sami madjeng -madjeng dateng pasinaon , poendi ingkang sampoen . gadah kagoenan ladjeng angembara dateng nagari sanès , mila, soemebaripoen tetijang Ambon ngantos doemoegi poendipoendi, makaten malih toemrap ingkang dados soeldadoe , katahipoen ngantos ngawontenaken golongan pijambak .
Tetijang bangsa Ambon poenika tatanipoen bilih salakirabi toemrap ingkang agami Kristen, anetepi kados satataning salaki - rabinipoen bangsa Walandi, namoeng toemrap ingkang asli alit taksih ketjampoeran tatatjara kina, kawontenanipoen makaten :
Sapragating pangantèn nikah dateng ing grédja, sontenipoen mawi djagongan anjelahi koela warga pawong mitra sapanoenggilanipoen , ing daloe waoe mawi lelangen ingkang dipoen wastani dendang , tetaboehanipoen èrmonikah toewin soeling , mawi dipoen djogèdi ing tetijang djaler èstri , bok manawi makaten waoe kanggé lintoening dangsah , amargi bilih ingkang sarwa kasembadan inggih mawi dangsah kados satataning bangsa Éropah , déné dèndang waoe pandjogèdipoen inggih kénging sesarengan djaler lan èstri tijang sanès , nanging tjaranipoen ingkang djaler mawi anjoekani prabéja dateng tijangipoen èstri , bilih ing Djawi tengah bokmanawi dipoen wastani tombok. Pambajaripoen boten mawi dipoen wastani , makaten malih sanadyan noedjoe boten gadah arta pambajaripoen inggih kénging mernèkaken wewarnèn sanèssanèsipoen , oetawi inggih kénging barang sawarninipoen , nanging kedah tjarijos regi samanten , éndjingipoen oetawi sanès dinten ladjeng dipoen teboes poenapa sareginipoen , saoepami njoekani dimik rèk satoenggal idji moengel regi saringgit , paneboesipoen oegi saringgit. Malah wonten ingkang koela anggep anganèh -anèhi , saoepami wonten ingkang badé ndjogèd mangka anjoekani tjoewilan teretepaning grija , ( tjoewilan golong sagoe pajon grija) poenika tanda anjoekani wit sagoe saoewit, bilih anjoekani golong pala , ateges njoekani wit pala saoewit, ingkang makaten waoe malah nama kerojalan ageng amargi wit sagoe toewin wit pala poenika sami medjadji katah , ananging patrap makaten waoe ingkang kalah namoeng saking tandoek toewin ingkang toemandoek gegendoengan , dateng pepatjangan .
Toemrap tijang ingkang agami Islam , menggah ing salaki rabi inggih gadah tatatjara pijambak, inggih poenika sadėrèngipoen pangantèn daoeb , kinten -kinten taksih kirang sapeken , badé pangantèn èstri moebeng -moebeng angoelemi dateng para prawan koewanoehanipoen , temboengipoen : soepados sami arerèntjang anggèning laki . Béndjing tempoeking damel para prawan waoe, sami dateng , ngoejoenoejoen angladosi pangantèn , ngantos doemoegining tigang dinten. Bilih pangantèn djaler èstri noedjoe wonten salebeting kamar , para prawan waoe sami anenggani wonten sadjawining konten , mangké sawedalipoen saking kamar inggih ladjeng ngoejoen -oejoen malih. Bilih sampoen tigang dinten ladjeng mantoek , mangké bibar sapeken , pangantèn djaler èstri moebeng -moebeng maratamoe dateng ing grijanipoen para prawan waoe, temboengipoen soeka trima kasih dateng sadaja ingkang dipoen datengi , déné sami kesdoe reréntjang anggènipoen laki , saha pangantèn ladjeng anjoekani tandaning sih awarni balé rasoekan , bilih sampoen weradin ladjeng mantoek .
IV
Saking Ambon dateng Saparoewa .
Sareng wantjining kapal bidal, wantji djam 1/2 7éndjing , koela ladjeng wangsoel minggah dateng ing kapal ,oentabing tijang among dagang sakalangkoeng katah , amargi sami badé sesadéan dateng kapoeloan alit -alit . Sareng sampoen rampoeng ladjeng wiwit ébah anglon -loni , sareng doemoegi ing tengah sinarengan oengeling mrijem goemleger , inggih poenika sabawaning mrijeming kapal ingkang koela toempaki waoe, wiwit bidal saking Ambon mawi ngoengelaken mrijem . Sareng lampahing kapal menggok satikoengan asrining palaboehan Ambon sampoen itjal kalingan paredèn , lampahing kapal saja manengah , dangoe -dangoe saja tebih saking ing daratan , ladjeng bles boten wonten daratan ingkang katingal , kados pepindaning djagat kinelem , sareng djam 12 sijang wonten daratan katingal malih , poelonipoen alit, inggih poenika poelo ing Saparoewa , saja dangoe saja tjeța , katingal pagrijanipoen ndendeng asri, woesana kapal ladjeng laboeh wonten ing palaboehan ngrikoe, laboehipoen boten saget mèpèt.
Kitanipoen ing nagari Saparoewa poenika alıt, nanging katingal ardja , pasitènipoen golongan waradin, pangoepadjiwanipoen sami kados tetijang ing Ambon , namoeng bab wedaling tjengkeh toewin kenari kalah wedalipoen saking Saparoewa, pangagengipoen apangkat kontrolir , tetijangi poen boemi sami agami Kristen , woedjoeding tijang saha tatatjaranipoen sami kados tetijang Ambon ; kaotipoen tijang Saparoewa kalijan tijang Ambon poenika namoeng ketitik saking pawitjantenanipoen , tetijang Saparoewa ragi aloes sakedik nanging kotjapipoen saking lijan pradja, sadaja tijang satjelaking poelo Ambon poenika sampoen karan bangsa Ambon sadaja . Sareng wantji sonten kapal bidal malih .
V
Saking Sapoerawa dateng Banda .
Boten katjarijos lampahipoen ing wantji daloe, sareng wantji gagat bangoen lampahing kapal kraos rindik, lampahipoen medal soepitan saselaning redi inggil , redi waoe nama redi Api , sapoetjaking redi wonten kawahipoen , poetjakipoen katingal tjela wéla-wéla. Ing awaking redi mbaroendjoeng aloes namoeng ketoekoelan roempoet , namoeng ing poetjak katingal boetak labet tjelak lan
Teloek palaboehan ing .Banda
kawah, jèn dipoen tingali saking katebihan kados redi akeketoe . Soekoening redi waoe sampoen katjlop ing saganten, dados woedjoeding redi waoe katingal ndeder tanpa lelengkèh , mila palaboehanipoen ing kita Banda lebet, amargi tjelak paredèn waoe. Lampahing kapal saja alon saha ladjeng laboeh mèpèt ing daratan , sarampoengé anggènipoen laboeh koela ladjeng dolan dateng ing daratan , laboehipoen kapal wonten ingrikoe sadinten sadaloe .
Nagari Banda (1) poenika namoeng nagari alit kémawon , nanging ardja sanget , amargi ingrikoe dados padoenoenganing kaboedidajan ageng -ageng , inggih poenika kaboedidajan kebon pala, ingkang toemindak ing damel sami tetijang koeli kontrak, ingkang kalah tetijang saking poelo Djawi , wontenipoen ingrikoe ngantos bebranahan , mila ing poelo Banda poenika tetijangipoen mèh tijang Djawi sadaja . Marginipoen ageng boten katah, lampah koela langkoeng ing margi ageng satjelaking palaboehan ngrikoe, sapinggiring margi ageng waoe katah tokonipoen ageng -ageng , toko Walandi , Tjina, Arab, toewin sanès-sanèsipoen . Lampah koela ladjeng andjog ing margi anglangkoengi bètèng kina, bètèng waoe katingal ageng asinger , témbok -témbokipoen sampoen sami rengka , bètèng waoe sapoenika sampoen soewoeng , katjarijos kala roemijin dedamelanipoen koempeni bangsa Portegis nalika angebroki ing kita ngrikoe, mila ing poelo Banda poenika sanadyan alit nanging pabandaranipoen sakalangkoeng ageng , amargi toemrap lampahipoen padagangan dateng poelo-poelo sakanan kéringipoen ngrikoe saged nerambahi . Lampah koela ladjeng andjog ing pakampoengan Walandi , lodjinipoen ndendeng leladjoeran , aoeb -aoebing margi sami wit njamploeng, njrekakahing golongipoen saged mradini margi , wohipoen pating galinding wonten ing margi malah damel asrining pendoeloe . Satjelaking lodji ngrikoe wonten pekenipoen , grijanipoen adapoer los leladjoeran ngantos sap tiga, kawontenanipoen sesadéan ing peken sarwa mepaki , ngoengoen koela sakedik , kawontenanipoen ingkang sami sesadéan waoe sami tetijang Djawi sadaja , malah wonten ingkang anggèndong senik kados tjaranipoen ing poelo Djawi tengah . Koela ladjeng mlebet dateng peken , tetijang ing peken ngrikoe pating kraèk sami mbagèkaken , makaten waoe kados sampoen lajak, ingatasipoen tijang wonten ing poeroeg tebih , soemerep dateng bangsanipoen , sampoen tamtoe koemenjoet ing manah , makaten malih anggènipoen wonten ingrikoe sampoen tetaoenan , apes-apesipoen sampoen sadasa taoen , ingkang dangoe wonten ingkang sampoen tigang dasa taoen , malah wonten ingkang sampoen kakikaki nini-nini, wonten ingrikoe, ngantos sampoen itjal raos toewin sipating Djawi . Boten tebih saking ngrikoe wonten tangsinipoen soeldadoe , isinipoen boten sapintena , ladjengipoen ladjeng pakampoengan Djawi, ladjeng andjog saganten . Salebetipoen nagari Banda poenika boten wonten tetoempakanipoen , amargi kitanipoen alit sanget, dipoen lampahi darat sasekétjanipoen kémawon saged waradin salebetipoen saedjam . Sareng lampah koela sampoen sajah ladjeng kèndel mampir dateng ing grijanipoen tijang bangsa Djawi , grijanipoen manggèn wonten setjelakipoen saganten , sareng koela ampiri katingal semoenipoen bingah sanget , ladjeng njarijosaken anggèning manggèn wonten ingrikoe poenika sampoen sèket taoen , roemaosipoen sampoen kétjalan raosing Djawi, sampoen roemaos dados tijang siti ingrikoe. Koela ladjeng dipoen segah neda, tjara toewin olah-olahanipoen taksih tjara Djawi, sabibar neda ladjeng dipoen adjak moebeng -moebeng kita malih , saha dipoen tedah -tedahaken dateng pagrijanipoen bangsa Djawi, ingkang sami manggèn wonten ing nagari ngrikoe, toewin njarijosaken kawontenanipoen nagari ing Banda, ngantos wantji sonten koela saweg wangsoel dateng ing kapal malih.
Ing kita Banda poenika pangagengipoen apangkat Kontrolir , kala roemijin apangkat Asistèn Residèn , pangageng tetijang siti namoeng apangkat Kepala kampoeng , ingrikoe wonten sekolahanipoen Walandi , sanadyan gegolonganing poelo alit kalebet katah moeridipoen , amargi ingrikoe katah Walandinipoen , paprèntahanipoen golonyan tentrem -tentrem , kadingkala namoeng ngoeroes prakawis berontakan koeli kontrak .
Ing poelo Banda poenika pawedalipoen ingkang misoewoer pala, nanging warnining pala bènten kalijan pala wedalan kapoeloan sanès . Pala wedalan ing Banda boenderboender alit, wedalan sanès-sanèsipoen ageng londjong, ananging reginipoen malah awis ingkang wedalan Banda, panjadénipoen ngantos soemebar doemoegi ing tanah Éropah . Déné ingkang nanem pala waoe para toewan-toewan , malah nama kaboedidajan ageng , mawi ndatengaken tetijang saking nagari sanès kanggé koeli asarana kontrak, pamendetipoen dateng tanah Djawi ; mila wontenipoen tetijang Djawi ing Banda ngantos éwon-éwon bebranahan , inggih saking wontenipoen tijang kontrak waoe. Déné wontenipoen kaboedidajan kebon pala , kadjawi manggèn wonten ing salebetipoen poelo Banda, salong manggèn wonten ing poelo-poelo kanan kéringipoen ngrikoe, bilih dipoen tingali katingal idjem angrembaka ngebeki boemi , semoenipoen kados wana, nanging ing nglebet kebak isi tijang . Kala roemijin ing kaboedidajankaboedidajan waoe kekirangan tijang ,amargi poendi ingkang sampoen telas kontrakipoen ladjeng sami wangsoel dateng nagari woetah rahipoen . Ingkang makaten waoe ndadosaken kapitoenanipoen para toewan kaboedidajan ,woesana ladjeng gadah rékadaja amrih tetijangipoen sami katrem wonten ingrikoe , para toewan kaboedidajan ladjeng pados tetijang dateng tanah Djawi , nanging namoeng mendet tetijang estri kémawon , perloenipoen bade kanggé miloeta dateng para tetijang djaler sakanan kéringipoen poelo Banda ; kalampahan , sareng ing poelo Banda sampoen kalah tijangipoen èstri , ladjeng kalah tetijang djaler ingkang sami dateng mlebet koeli kontrak , saha ladjeng sami ngrabi dateng para tetijang èstri waoe , wekasan sami bebranahan katrem wonten ingrikoe ; déné tetijangipoen djaler ingkang katah tetijang saking poelo Boeton , mila tetijang èstri ing poelo Banda kalah ingkang dados bodjonipoen tetijang Boeton, dados djanipoen tetijang siti boten wonten, sadaja sampoen nama tijang tjamboran , asli saking kapoeloan sanès , nanging temboengipoen kalah ingkang nganggè temboeng Djawi , amargi nama pranakan Djawi .
Tjaranipoen ngoendoeh woh pala poenika sarana mawi sènggèt , ingkang dipoen pendet namoeng isinipoen toewin sekaripoen inglebet . Panitikipoen manawi sampoen sepoeh , manawi sampoen katingal mletek , inglebet katingal abrit, inggih poenika warninipoen sekar pala ingkang mboentel isi dados dédé sekaring pentil . Bilih sampoen dipoen , pendet isipoen ladjeng dipoen klokopi sekaripoen , ladjeng dipoen pé ngantos garing . Toemrap pala ing Banda ladjeng pangintoenipoen dateng ing Éropah sampoen dipoen ontjèki , ontjèk -ontjèkan . Manawi noedjoe mangsa ngoendoeh , wedalipoen pala saking poelo Banda poenika katah sanget , pinten pinten - kapal api ingkang dateng ngrikoe , sami anampèni momotan waoe .
(1) Ing paketjapan moengel Bandan , toewin loegoenipoen Banda Neira . Késah lajaran dateng poelo Paporwah 3
VI
Saking Banda dateng Gisser .
Wantji djam 7 éndjing kapal api bidal saking Banda , lampahipoen mangétan ngantjas mangidoel ,saketjlapan kémawon ing poelo Banda kantoen katingal pinda séla kambang . Wiwit bidal saking ngrikoe katah para tijang sami bikak sesadéan kados déné toko , lampahing kapal saja soemeboet pinda talit , djam 4sonten lampahing kapal sampoen mlebet ing tikoenganing poelo Gisser , saha ladjeng laboeh wonten ingrikoe . Laboehipoen boten saged mèpèt ,mila oentabing baita alit ingkang sami dateng katingal pating sriwet , sami ta: mbekta sesadéan wowohan , kados djeram goeloeng , timoen , toewin sanès -sanèsipoen . Koela ladjeng minggah dateng ing daratan , kewontenanipoen tjekapan , wonten pekenipoen , grija -grijanipoen sami kados panggoengan , waradinanipoen resik -resik , nanging tjijoet -tjijoet , amargi ingrikoe boten wonten tetoempakan . Ing Gisser poenika sanadyan kapoeloan alit nanging katingal ardja, para soedagarsoedagaripoen katah, pamboetjalipoen padagangan dateng kapoeloan kanan kéringipoen ngrikoe.
Ing poelo Gisser poenika pangagengipoen apangkat Gezaghebber , pangageng tetijang siti apangkat Radja , déné tetijangipoen sineboet bangsa Séram , amargi poelo Gisser poenika golongan poelo Séram . Oegi gadah temboeng pijambak, sastranipoen nganggé sastra Arab, kalebet kentjeng dateng agami Islam , malah kalah tetijang ingkang sampoen sami kadji , bakoenipoen tela sagoe .
Pawedalipoen poelo waoe kagolong boten wonten, dados katjekapanipoen tetijang ingrikoe poenika saking anggènipoen among dagang , tjandak kilak saking kapoeloan sanès , mila ing poelo satjelakipoen ngrikoe ingkang sami dagang kalah bangsa tetijang Séram .
Tatatjaranipoen tetijang bangsa Séram sadaja nama limrah , namoeng tatatjaraning mantoe ragi wonten gèsèhipoen kalijan kalimrahan , tjaranipoen makaten : Sesampoening kedadosan rembag , badé panikahing pangantèn mawi njenjoeroehi dateng para pawong mitra, panikahipoen tamtoe ing wantji sonten , sadèrèngipoen nikah sampoen andatengaken tamoe , temboengipoen namoeng dipoen atoeri dahar étja . Bilih para tamoe sampoen nglempak ladjeng sami neda , sabibaring neda ingkang gadah grija tjarijos dateng para tamoe , bilih Jangan ing panggalih mangké djam wantjinipoen nikah sami dipoen atoeri wangsoel pinarak malih. Ing wantji katamtoean waoe para tamoe oegi sami wangsoel, nanging djoedjoegipoen wonten ingkang dateng ing grijanipoen pangantèn djaler , wonten ingkang dateng ing grijanipoen pangantèn èstri , sésa -sésa wonten ing awrating gegajoetanipoen warga . Bilih sampoen mirantos , pangantèn djaler ladjeng dipoen arak dateng grijanipoen pangantèn èstri . Panganggènipoen pangantèn djaler kados kadji . Sadoemoegining ngadjeng konten mawi dipoen adangi déning para warganing pangantèn èstri , mawi dipoen tjegati ing dadoeng , temboengi poen warga èstri ; boten angsal mlebet , saha mawi nglahiraken temboeng sadjak dèrèng soemerep dateng tijang ingkang sami dateng waoe. Para warga pangantèn djaler meksa badé mlebet , sadjak meksa -meksa ngesoek gawar . Dangoedangoe warga pangantèn èstri tjarijos : inggih kénging mlebet , ananging kénging bajaran prabéja wenganing konten. Warga pangantèn djaler ladjeng njoekani arta ngantos kalah , bilih dèrèng soeka meksa dipoen tambahi kémawon , malah katah para ingkang sami nggroebjoeg inggih sami toemoet tjoetjoel. Ingkang makaten waoe nama tatatjara pitoeloenganing para warga, mila ingkang sami nggroebjoeg kedah anoet gegajoetaning warga, perloenipoen bilih makaten waoe ladjeng sami toemoet tombok. Makaten malih menggah wontenipoen bajaran waoe, bilih kekirangan arta inggih sami tjoetjoel barang panganggé , kados ta; sesoepé , èrlodji toewin sanès-sanèsipoen , mawi dipoen tapsir medjadjinipoen , sanès dinten saweg dipoen pendet kanti anglintoni arta satepsiripoen . Sasampoenipoen tjondong ing rembag , pangantèn djaler sapangiringipoen sami dipoen lilani mlebet , dipoen pernahaken wonten ing grija ngadjeng , sasampoenipoen tata ladjeng nikah.
Sapragating nikah pangantèn djaler ladjeng dipoen irit mlebet , dipoen panggihaken kalijan pangantèn èstri . Wiwit sonten pangantèn èstri sampoen dipoen dandosi , tapih saroeng , rasoekan ngangrangan , ing djawi mawi slépé , geloeng kondé mawi rinengga ing djamang , dipoen linggihaken wonten salebeting katil , klamboenipoen dipoen toetoep broekoet , kiwa tengening klamboe dipoen djagi ing tijang èstri kațah . Sareng pangantèn djaler dateng badé mlebet inggih dipoen palangi malih , wengananing klamboe dipoen gotjėki kentjeng , tjaranipoen kados nalika dipoen tjegati wonten ing djawi . Pangantèn djaler inggih ladjeng tjoetjoel arta, minangka prabéja wenganing klamboe, tjoetjoelipoen arta inggih ngantos katah , para warga ingkang tambel ngemoengaken warga ingkang tjelak kemawon . Woesana pangatèn inggih soeka mlebet , nama dipoen panggihaken . Déné arta toemrap angsal -angsalan ing djawi , sabibaring damel ladjeng dipoen bagé waradin dateng para warganing pangantèn èstri ingkang sami toemoet anjegati datenging tamoe , namoeng arta ingkang dipoen tampèni pangantèn èstri kadarbé ing pangantèn èstri pijambak .
Boten dangoe ing djawi ladjeng ngoengelaken tetaboehan , trebang, ketipoeng, bendé toewin soeling , mawi lagoe nganjoet -anjoet anoet irama , pangantèn djaler èstri ladjeng medal dateng ing grija ngadjeng ndjogèt, ingkang èstri wonten ngadjeng , djaler wonten ing wingking , patraping pandjogèt namoeng angigelaken tangan sipat ing koeping, mlampah madjeng . saben wangsoel ing lampahipoen , ingkang djaler oegi ladjeng wangsoel, ananging ladjeng manggèn ing wingking malih , saha wonten ingkang ndjogèt malih , anangingsami kaprenah warganing pangantèn èstri pijambak , anggèning ndjogèt amapagaken saking ngadjeng djèdjèr kalih, kados patraping larih najoeban , terkadang ngantos sakawan toewin nem adjon, sami madjeng sasarengan , bilih sampoen sawatawis dangoe ladjeng kèndel , gentos adegan sanès , manoet sasoekanipoen tamoe , ingkang mboekani roemijin tamtoe tijang èstri , ladjeng dipoen papag ing tijang djaler sanès , boten métang akrab, makaten saladjengipoen tansah gegentosan santoen . Tataning pasamoewan makaten waoe oegi kelampah wonten ing kapoeloan sakiwa tengenipoen poelo Gisser , koela oegi sampoen naté nglampahi djagong kados makaten waoe.
VII
Saking poelo Gisser dateng Sekar.
Bidalipoen kapal saking Gisser sampoen wantji daloe, ing daratan namoeng katingal gebjar-gebjar padanging dilah, pating klentjar kados lintang soemawoer ing boemi , dangoedangoe ladjeng itjal sipatipoen , déning saking tebih , pepindanipoen kados lintang kaling-kalingan mendoeng , kantoen petengipoen ingkang ngaling-alingi pasabaning pandoeloe , lampahing kapal saja ngambah tengahing saganten . Wantji djam 6 éndjing wonten poelo ingkang katingal, inggih poenika poelo Papoewah (Nieuw Guinea) saja dangoe lampahing kapal saja tjelak, wewarnèn ing daratan boten wonten malih kadjawi wana greng, toewin paredèn soengil, boten wonten grijanipoen ingkang katingal. Dangoe-dangoe kapal ladjeng kèndel laboeh, laboehipoen manggèn ing antawising tikoengan , ingrikoe sampoen kalah tetijang ingkang sami moeroegi dateng panggènan laboehing kapal, palaboehan waoe nama ing Sekar, daratanipoen taksih wana greng, wonten tijangipoen dagang sawatawis manggèn wonten ing pasisir, grijanipoen manggèn wonten sanginggiling toja, nanging ingkang katah namoeng lampah dagang landjon kémawon, ingkang katah saking poelo Gisser . Koela ladjeng minggah dateng ing daratan , ing daratan waoe wonten lodjinipoen satoenggal , toewin grija-grija sawatawis . Ingkang manggèn ingrikoe poenika namoeng Walandi satoenggal , dados pangagengipoen oepas poelisi dinar , tjatjahing oepas poelisi dinar namoeng 6, kampoengipoen nama ing Kokas, déné ingkang nama Sekar poenika ragi sawatawis tebih saking panggènan ngrikoe, boten wonten pakampoenganipoen ing daratan , sadaja sami manggèn ing grija sanginggiling toja. Sasampoenipoen sawatawis dangoe anggèn koela wonten ing daratan ladjeng dateng ing Sekar, mawi noempak baita oeroet pasisir, sadoemoegi koela ing Sekar aningali kawontenanipoen grija-grija ing kampoeng Sekar, ingkang gegrija namoeng para tijang dagang , grijanipoen bebandjengan wonten sanginggiling toja, traping tangga tepalih bilih asesandjan sami ngoewot, déné ingkang sami toembas dedaganganipoen sami tetijang bangsa Papoewah, dados ingrikoe poenika sampoen nama poelo Papoewah .
VIII
Saking Sekar dateng Fak-fak.
Sasampoenipoen sawatawis dangoe anggèn koela wonten ing daratan , koela ladjeng wangsoel dateng ing kapal. Djam
12 sijang kapal bidal saking palaboehan ing Sekar, lampahipoen mènggak -menggok boten tebih saking daratan . Wantji djam 6 sonten lampahing kapal mlebet ing tikoengan wijar , wantji serap bles laboeh wonten ing palaboehanipoen kita ing Fak-fak, nanging kapal dèrèng poeroen laboeh tjelak , amargi wantjinipoen mertanggel , dados kawontenanipoen kiļa dèrèng katingal, amargi taksih kalingan tikoengan , toewin ing wekdal waoe noedjoe djawah , mawa pedoet nggameng angemoeli daratan .
Sareng ing wantji éndjing lampahing kapal dipoen ladjengaken , watawis saprapat djam ladjeng laboeh kasarengan oengeling mrijem djoemegoer ngoemandang doemoegi ing daratan . Daratanipoen ing kita Fak-fak katingal angléla , inggih poenika kitanipoen poelo Papoewah ingkang sisih kilèn, kițanipoen golongan paredén , traping grija-grija katingal sap-sapan anoet andap inggiling pasitèn , ingandap pijambak grija oeroet pasisir , saja minggah katingal grija ingkang ageng -ageng . Koela ladjeng mandap saking kapal kepanggih sadérék koela, sadoemoegi koela ing daratan aningali loemahing saganten , laboehing kapal katingal mawa koekoes koemeloen kados njasmitani ngadjak pepisahan . Ing wantji sonten kapal ladjeng bidal , lampahipoen katingal anglamlami , anggènipoen nilar koela kados raosing medot pawong mitra ingkang toenggil boedi ,woesana lepas lampahipoen , ladjeng itjal kaling kalingan - pangkeloeking djagad , namoeng tabeting koekoes ingkang taksih katingal lamat -lamat . Koela ladjeng ndoemoegėkaken pepanggihan kalijan sadèrèk koela . Anggèn koela wonten ing Papoewah laminipoen 20 woelan , kawontenanipoen kados ing ngandap poenika .
IX
Kawontenanipoen tanah Papoewah (Nieuw Guinea ) .
Poelo Nieuw Guinea poenika péranganing bawahipoen Kangdjeng Goepermèn ing Indija wétan ingkang sisih wétan pijambak , wetahing poelo ageng sanget , nanging kabagé tiga , ingkang sisih lér wétan kabawah karadjan Ditselan, ingkang sisih kidoel wétan kabawah keradjan Inggris , ingkang sisih kilèn kabawah Kangdjeng Goepermèn Walandi . Pétangipoen ing bawah Goepermèn Walandi ingkang katah pijambak , ladjeng kapérang dados tigang apdéling, ingkang sisih lér kițanipoen ing Manokwari , ingkang sisih kidoel ing Mareuke ingkang sisih kilèn ing Fak-fak, pangagengipoen sami pangkat Asistèn Residèn , nanging koela namoeng njarijosaken kawontenanipoen ing kita Fak-fak.
Ing kita Fak -fak poenika nama boten ageng , tetijang ingkang manggèn ing kita namoeng para tetijang ngamantja , wontenipoen namoeng 900 djiwa , amargi ing kita Fak -fak poenika kița énggal , bikakipoen saweg kala ing taoen 1898, sadèrèngipoen taoen waoe, dèrèng nama kita, oegi sampoen wonten tetijang ingkang gegrija nanging dèrèng katah toewin dèrèng wonten pangagengipoen . Patrap loemahing kita, wiwit saking ngandap sap-sapan minggah , dados bilih dipoen tingali saking saganten katingal ngégla sadaja . Ingkang manggèn ing ngandap pijambak oeroet pasisir para tetijang dagang, bangsa Tjina, Arab, Boegis, Bandjar , toewin sanèssanèsipoen , sanginggilipoen ladjeng tangsi panggènanipoen oepas poelisi dinar, ladjeng dalem Asistènan, kantor , toewin grijanipoen para toewan-toewan, nginggilipoen malih pakoendjaran, ladjeng grija sakit , grija Dokter Djawi, poengkasan pijambak tangsi malih . Grijanipoen sadaja sami pajon golong sagoe , baloenganipoen sami kadjeng taoen , ingkang katah kadjeng besi (wesi). Pageripoen grija, ingkang tjekap nganggé gebjog, ingkang boten tjekap namoeng nganggé papah golong sagoe dipoen gapit, toewin gedeg deling, sawenèh namoeng golong sagoe kagapit kémawon .
Amtenaripoen Kangdjeng Goepermèn ingkang manggèn ingrikoe: Asistèn Residèn , Djoeroe serat ngrangkep Djaksa , pangageng oepas poelisi dinar ngrangkep pandamelan pos toewin Sipir , Dokter Djawi, Mantri tjatjar, toewin wonten sawenèhipoen toewan ingkang ngimpoen basa Papoewah . Ing Fak-fak ngrikoe dipoen soedijani kapalapi alit nama
Pionier , perloe kanggé pepriksa dateng ing bawah, mawi pangageng Kaptin oetawi Masinis , pangagengipoen tijang mantja wonten pijambak, ingkang dipoen dadosaken tijang bangsa Arab, déné pangagengipoen tetijang siti wonten kekalih, sami apangkat radja, satoenggal mbawahaken tetijang ing paredèn , nama radja Foeteger , satoenggal mbawahaken tetijang ing pasisir , nama radja Ati-ati, oegi sami manggèn wonten ing salebeting kita. Radja kekalih waoe kapétang namoeng mbawahaken tetijang satjelakipoen kița, déné toemrap djadjahan ingkang tebih-tebih sami wonten radjanipoen pijambak -pijambak .
Ing kita Fak-fak poenika kitanipoen madjeng mengidoel , angadjengaken saganten , sangadjengipoen leres wonten poelonipoen pandjang nggameng , nama poelo Pandjang . Poelo waoe dados aling-alinging kita Fak-fak , namoeng ing sisih kilèn katingal poengkasanipoen . Sawétaning kita anengenaken pakampoengan oeroet pasisir , sakilèn kila angiwakaken tikoengan saganten nglodjok mlebet , ingrikoe ingkang kanggé andap -andapaning tijang saking kapal , satjelakipoen palaboehan ngrikoe wonten goedangipoen areng setinkoel , toewin wonten goedang pasimpenan barang-barang ingkang mandap minggah dateng toewin saking ing kapal, bilih noedjoe wonten kapal laboeh , ing palaboehan ngrikoe ardja sanget .
Bab pawedaling siti toewin toja . Pasitènipoen ing poelo Papoewah perangan kilen poenika kagolong siti paredèn , saking poendipoendi namoeng katingal redi ndendeng toewin kebak wana, oegi wonten pasitènipoen ingkang waradin, ananging taksih ketoetoep ing wana bebondotan , para tetijangipoen malah remen sami manggèn ing paredèn , amargi tetanemanipoen namoeng sarwa krowodan , wananipoen nama taksih greng, kekadjenganipoen ingkang ageng ingkang katah kadjeng besi , sapèn , toewin kadjeng taoen sanès-sanèsipoen , kekadjengan waoe ingkang kénging kanggé prabot grija namoeng kadjeng besi. Toemrap ingkang wonten asilipoen , awarni : pendjalin , kadjeng tingi, damar , pala . Menggah ing tetijang Papoewah ingkang kanggé padagangan ageng namoeng pala, kados tjaranipoen tijang kapoeloan sanès . Sanadyan tetijang ingrikoe boten njengadja nanem pala , amargi saking boten angoepakara , éwadéné wontenipoen toekoelan pala sampoen angebeki wana, saha wonten ingkang amadjibi pijambak -pijambak , mila toemrap tetijang Papoewah panganggepipoen dateng pala kados anganggep Jateng arta . Bilih wonten tijang mlebet dateng wana mangka poeroen mendet woh pala , inggih dipoen réntjangi kerengan jektos , nanging manawi memendet sanèssanèsipoen inggih dipoen kèndelaken kémawon . Bèntenipoen pala wedalan ngrikoe kalijan wedalan ing Banda , kaot ageng -ageng wedalan ing Papoewah , nanging mentes wedalan ing Banda. Kadjawi pawedal waoe, oegi wonten sanès-sanèsipoen malih , kados ta; peksi , tripang (lintah saganten ) penjoe toewin kidjing .
Pasitènipoen ingkang waradin kagolong mirah toja, nanging sampoen katjarijos inginggil , tetijang ingrikoe dèrèng soemerep tjaraning tetanèn . Déné ingkang siti paredèn pantjèn awis toja, kados toemrap ing kita kémawon namoeng wonten pangangsonipoen sapanggènan , warni koelah anadahi ilèn -ilèn saking toek medal saking goewa alit, bilih noedjoe mangsa ketiga ilinipoen alit sanget , ngantos boten anjekapi kanggé kabetahanipoen tijang salebeting kila. Bilih noedjoe ing mangsa katiga waoe, ladjeng sami mendet toja saking sapinggiring saganten , ingrikoe wonten oedalaning toja, wedalipoen namoeng njarengi manawi tojaning saganten noedjoe rob, nanging manawi kedangon sampoen keleban toja saganten , makaten malih raosing tojanipoen inggih gadah raos anta , dados nama namoeng trimah lowoeng .
Bab tetijang siti . Tetijang Papoewah poenika pakoelitanipoen kagolong limrah kados tetijang Djawi , wontenipoen katingal tjemeng poenika namoeng djalaran saking anggèning regedan , boten naté adoes , badanipoen boten naté kesasaban panganggé , salaminipoen namoeng angliga badan . Sasipatanipoen ingkang gèsèh kalijan tijang Djawi namoeng ramboetipoen . Tetijang Papoewah ramboetipoen sami brintik , sanadyan tjemeng -tjemeng nanging pakoelitanipoen mandes , katingalipoen dados pakoelitan tjemeng manis , mripatipoen bening -bening, telenging (manik ) mripat tjemeng ageng , petakipoen resik, dedegipoen inggih kalebet seleng, djaler èstri nggalenjèh sami karem nginang. Sandang panganggénipoen toemrap tijang ingkang sampoen tjelak kalijan kita, ingkang djaler sami tjetjawetan sindjang djinggaloka, poenika ingkang dipoen remeni sanget , panganggénipoen namoeng dipoen tjawetaken kémawon . Déné djangkeping panganggé sapangadeg , kadjawi tjawet waoe, nganggé sarèmpang kerga Japoer ambanon ageng . Kerga waoe ingkang dipoen anggé pandan kaanam angrawit, mawi dipoen poelas mantjawarni, ingkang damel tijang èstri , ing nglebet isi sedah , sedahipoen ( ing tanah : Papoewah poenika ingkang dipoen kinang sanès godongipoen : wohipoen , agenging woh sadridji -dridji ) ,apoe , apoeni- ( poen ingkang dipoen anggé koelit tirem kabesmi ) gambir , , limrahipoen ( inggih gambir -gambir poenika , nanging menggah ing tijang ngrikoe wonten ingkang nganggé gambir masakan , ingkang dipoen anggé djambé nèm kadjenang ,malah manawi nganggé djenang waoe jèn nginang saged njoeda boten nganggé apoe ) , sata , satanipoen ( salong wonten ingkang asli tanemanipoen pijambak , nanging awis -awis ) nipah , , (limrahipoen ingrikoe nipah poenika sami damel pijambak , margi ingrikoe kalah toekoelan nipah wonten ing rawa -rawa ) , djoengkat (ingkang dipoen anggé wilah deling dipoen sigarsigar kados tjoekit , (porok )selanipoen dipoen gandjel kandeg ing ngeros ), boemboeng panitikan latoe , nanging sapoenika sampoen katah ingkang nganggé rèk , kadjawi isèn -isèn waoe , oegi wonten isinipoen sanés , nanging namoeng nama rerenggan kémawon . Ing kerga waoe mawi dipoen gandoelgandoeli pendjalin dipoen anam awis -awis , wangoenipoen inglebet dipoen isèni soewiran sepet , tjarijosipoen boender , poenika pirantos kanggé enaling sendjata ,toewin boten soepé tamtoe njangking dedamel parang. Parang poenika warninipoen kados bendo nanging ing poetjoek boten mlengkoeng , manawi kala roemijin asring mbekta dedamel sendjata , sapoenika dipoen awisi ing paréntah , déné manawi peperangan kalah ingkang taksih nganggé dedamel sendjata . Ingkang bakoe dados dedamelipoen awarni djemparing , ingkang dipoen anggé djemparing glagah ingkang sampoen sepoeh , pandjangipoen sadepa langkoeng , bédoripoen ri oelam toewin loejoeng dipoen damel tjringihtjringih, perloenipoen bilih angéngingi tijang soepados angel dipoen doedoet , kénginga inggih tjoklèk. Patrapipoen ndjemparing dipoen tenggelaken manginggil , dados dawahipoen saged angèngingi saking nginggil , déné pandjemparingipoen tanpa kèndel , dados kados ndjawahi djemparing . Limrahing gandéwanipoen loejoeng. Oegi wonten ingkang adedamel toembak , ingkang kanggé toembak loejoeng toewin baloenging peksi soewari, patraping panoembak namoeng dipoen tlorongaken .
Bilih tijang èstri panganggènipoen inggih sampoen limrah , tapih saroeng nganggé rasoekan koeroeng , karemenanipoen rasoekan koeroeng soetra woenggoe, panganggénipoen saroeng namoeng dipoen oewel-oewelaken kémawon , gelang anting -anting tamtoe nganggé , ingkang tjekap tamtoe nganggé gelang toewin anting-anting djené . Kadjawi panganggé waoe tamtoe mawi mbekta tjangklong ageng , ingkang dipoen anggé loeloep dipoen ploentoer ladjeng dipoen enam kados radjoet , mawi dipoen dèkèki tangsoel kolor , pambektanipoen isi dipoen tjanţèlakan ing sirah, inglebet pakinangan kados gadahanipoen tetijang djaler . Panganggé waoe dèrèng nama panganggé djangkep , bilih noedjoe pasamoewan kadjawi panganggé ingkang sampoen kaseboet ing nginggil , ing sirah wewah mawi tjoendoek woeloe peksi mantjawarni , toewin ing iroeng dipoen pasangi sijoeng andapan ,mawi gelang ing baoe , toemrap èstri namoeng wewah nganggé anting -anting katah .
Bangsa Papoewah poenika gadah temboeng pijambak , ananging boten gadah sastra , Kangdjeng Gopermèn inggih sampoen ngoedi sanget amrih tetijang siti ing Papoewah sami soemerep ing sastra , ngantos dipoen wonteni pamoelangan Mlajoe, éwadéné adjengipoen dèrèng sapintena , saben sinaoe dèrèng ngantos dangoe inggih ladjeng medal , bokmanawi saking roemaos wegah, saben wantjinipoen sinaoe kerep boten wonten, pinanggih saweg kepoeng sami mbakar tales , manawi goeroenipoen pitakèn malah dipoen tawèni, poenapa adjeng , poenika étja , goeroenipoen sami ngemong sanget , amargi manawi dipoen srengeni ladjeng késah , éwadéné dangoe -dangoe inggih saged sami ngandang , malah sapoenika sampoen wonten tijang Papoewah ingkang saged maos toewin njerat , nanging saben wangsoel dateng padoenoenganipoen inggih ladjeng poelih dados tijang pawanan malih , remen belasaken oeroet wana .
Tetijang Papoewah poenika bilih sesarengan mlampah kalijan tijang sanés wonten ing wana, jèn ngantos katilapan tebih ladjeng anjebawa sora, soewantenipoen kados pambengoking kéwan, toewin bilih mlampah dados toekang atedah margi , samangsa pijambakipoen mlampah roemijin tamtoe metjok kekadjengan kanggé tanda tilas ingkang dipoen langkoengi , ingkang wonten ing wingking kantoen ngetoetaken kémawon .
Tetijang Papoewah poenika sanadyan tijang pawanan golongan temen -temen , adjrih dateng paprèntahan , bilih sampoen kalepatan mitoeroet poenapa ingkang dados pidananipoen ; poenapa déné adjrihipoen dateng kepala bangsanipoen pijambak ; soemoengkemipoen ngoengkoeli dateng pangageng sanès , mila ing poendi panggènan tamtoe dipoen dėkėki kepala, seseboetanipoen radja, déné para tetijang waoe poendi ingkang sampoen sesrawoengan kalijan tijang ing kița, sami nganggé basa Mlajoe, paketjapanipoen tètèh -tètèh .
Bab agami . Tetijang Papoewah poenika bakoening agaminipoen pijambak dèrèng gadah , dados toemrap tetijang ingkang taksih toelen ingkang dèrèng sesrawoengan kalijan tijang ingkang mengkoe agami , inggih taksih nama tetijang kopar . Ananging toemrap ingkang sampoen sesrawoengan oegi ladjeng sami ngrasoek agami , ingkang sesrawoengan Islam inggih Islam, ingkang sesrawoengan Kristen inggih Kristen . Ananging kawontenanipoen bade kalah ingkang ngrasoek agami Kristen, amargi kalah para toewan-toewan Pandita ingkang mijaraken agami Kristen, ndjadjah dateng doesoen ing ngadoesoen . Sanadyan tetijang waoe sampoen sami toemoet ngrasoek agami warni kalih waoe, éwadéné inggih boten katingal toememenipoen ing kasetyan . Ingkang mekaten waoe bok menawi namoeng djalaran saking dèrèng pana dateng lèrèg aloesing piwoelang, nanging dangoedangoe temtoe inggih balé mangertos jektos, tandanipoen oegi sampoen wonten ingkang minggah kadji , toewin oegi wonten ingkang toemoet toewan Pandita dados panoentoen .
Bakoening teda. Tetijang Papoewah poenika bakoening teda sagoe , wonten oegi ingkang namoeng neda pala kependem kémawon, kados ta; kimpoel, tales , pohoeng , toewin sanès sanèsipoen . Toemrap pala kependem panedanipoen namoeng dipoen bakar, boten mawi sarem , malah limrahipoen tetijang Papoewah poenika boten naté neda sarem . Déné manawi neda sagoe , toemrap tijang ingkang sampoen tjelak tijang dagang inggih neda sagoe lèmpèngan , toemrap ingkang tebih namoeng neda sagoe bakaran, sarana dipoen pès ing golong sagoe . Panedanipoen mana soeka , wonten ingkang namoeng dipoen teda lawaran , wonten ingkang dipoen teda mawi lawoeh, karemanipoen mawi lawoeh oelam loh bakaran, inggih boten mawi sarem , pambakaripoen ngantos garing sanget , amargi panedanipoen boten namoeng telas sagrabjagan kémawon , malah karemenanipoen simpen oelam loh bakaran waoe ngantos wewoelanan , saking garingipoen inggih boten mambet . Makaten malih menggah ing tetijang Papoewah pantjèn saged sanget mbebakar , kados pambakaripoen sawarnining pala kependem , poenika tamtoe garing ngantos doemoegi ing nglebet , mila sadaja tetedanipoen sarwa awèt sinimpen dangoe . Bab ngombé , tetijang Papoewah inggih boten patos adjeng , saben mentas neneda ingkang kanggé ngombé namoeng rosan (teboe ) kémawon, mila pakebonanipoen sami isi taneman rosan .
Kasarasaning tijang . Kasarasaning tijang Papoewah poenika kalebet prajogi , awis -awis tijang ingkang nandang sakit lebet ,kados ta; panas ,weteng ,masoek angin ,sapanoenggilanipoen , bokmanawi kalising sesakit waoe inggih saking djalaran isining wetengipoen boten patos reged ,toewin koelina sanget lateng toemandoeking hawa boemi ing badan ,amargi koelina namoeng ambeloedjoet kémawon , badanipoen sakodjoer namoeng kesasaban tjawet . Nanging menggah ing sesakit djawi kalah sanget , inggih poenika ; kowak , goedig , boesik (ingkang kalah sanget boesik ) , déné boesikipoen toewin tamtoe ameradini ing badan sap -sapan nggegilani , sakodjoer . Wontenipoen tetijang Papoewah katah ingkang boten lija namoeng djalaran nandang sakit djawi waoe , saking anggènipoen regedan , tilem boten naté nganggé lambaran ingkang resik ,boten naté kemoelan ,dipoen tjakoti ing gagremeten inggih boten dipoen raosaken , toewin sadjegipoen boten naté adoes , njandang nganggé kémawon inggih boten naté dipoen koembah , saben oewal saking badan inggih sampoen boten dipoen anggé malih , mila tetijang Papoewah poenika gandanipoen boten étja sanget , sareng ing apek semoe prengoes ,mila bab sesakit waoe , tanah Papoewah dipoen dèkèki Dokter ,katah sanget ingkang angsal pitoeloengan .
Tata tjara bab balé grija . Tetijang Papoewah poenika tataning balé grija ing dalem sagolonganipoen namoeng wonten grija satoenggal , adapoer kampoeng , inggil kados panggoengan , bilih malebet mawi minggah ing anda . Saben grija satoenggal wonten kamisepoehipoen satoenggal , pamanggènipoen tamtoe wonten pérangan ing tengah , ing pinggir dipoen goetek -goetek sakamar -sakamar , sagrija Késah lajaran dateng poelo Papoewah 4 waoe sakedik -sakedikipoen isi djiwa 50 , ingkang katah ngantos 200. Mila saben sagrija kémawon soewantenipoen goemrenggeng sanget . Saben kamar satoenggal wonten padianipoen satoenggal , satengahing grija (pérangan tengah ) inggih wonten padianipoen malih , malah kepara ageng , ing pérangan tengah waoe padianipoen boten naté pedjah , rinten daloe tansah koemoetoek kémawon , déné manawi wantji daloe , sadaja sami dipoen gesangaken , perloenipoen kanggé anget anget - , kanggé dilah , toewin kanggé perloe sanès -sanèsipoen , dados bilih daloe namoeng nganggé padanging latoe wangwa .
Grija waoe apajon godong sagoe , tjagakipoen narițik tanpa witjalan ,pageripoen ingkang katah gebjog ,pangetrapipoen namoeng sakénging kéngipoen - kémawon ,woedjoeding blabag namoeng tatoe petjélan , manawi boten gebjog inggih nganggé kalikaning kadjeng garing . Ing pawanan ngrikoe kațah sanget ,dasaring grija namoeng dipoen pasangi wilah dipoen etrap gribigan , perloenipoen saselaning gribig waoe kénging kanggé margi mboetjal rereged saking salebeting grija , mila ing djrambahing grija katingal resik , ananging ing djawi sangandaping grija regedipoen ngantos adamel djidjik .Grija -grijanipoen tetijang Papoewah poenika wangoenipoen tamtoe sami kémawon , namoeng toemrap ingkang manggèn ing pasisir , tjagaking grija sami agengageng , amargi manggèn wonten sanginggiling toja .Grijagrija waoe kadjawi grija ingkang dipoen enggèni ing tijang katah ,wonten grija alit inggih namoeng satoenggal ,manggènipoen ragi sawetawis tebih kalijan grija ageng ,pemanggènipoen wonten ing papan kiwa ,grija waoe pirantos kanggé milahaken tijang èstri ingkang noedjoe anggarap sari , sadèrèngipoen mantoen dèrèng kénging medal saking grija waoe , tedanipoen dipoen kintoen déning waris oegi kedah èstri .
Padatanipoen tijang Papoewah poenika manawi damel grija namoeng sapisan ngantos sabibrahipoen ,bilih sampoen bibrah dipoen tilar kémawon , ladjeng damel grija sanès , babad panggènan ènggal , mila ing wana -wana katah padoesoenan ingkang soewoeng , toewin kalah ingkang badran énggal , ing poendi papan ingkang dipoen enggèni katingal anengsemaken , tetanemanipoen saé- saé, amargi poendi ingkang dipoen tanemi tamtoe siti terasan , warnining taneman ingkang tamtoe , pohoeng, kimpoel , tales , teboe , sedah , pisang , téla gantoeng , sadaja waoe sami kalebet dados pekaremanipoen .
Bab tijang gadah anak . Tjaranipoen tijang gadah anak , bilih baji sampoen lahir boten mawi dipoen oepakara poenapa -poenapa , toewin boten mawi dipoen goejang , kadjawi namoeng dipoen resiki kalijan èpèk-èpèké bapakipoen, sarana dipoen panggang ing latoe wangwa , ladjeng dipoen kesoetaken ing badan. Sasampoenipoen makaten inggih namoeng dipoen gloendoengaken kémawon, tjaranipoen djagongan poenapa boten wonten, dados ingatasipoen tijang gadah anak poenika boten mawi poenapa -poenapa . Bilih ingkang gadah anak waoe saweg sapisan , bapaking laré ladjeng santoen nama , nganggé namaning anakipoen , mawi tjangkingan temboeng , pak. Bilih laré waoe sampoen ragi agal sakedik kémawon , sampoen dipoen adjak kakésahan , pambektanipoen dipoen dèkèk wonten ing radjoet ageng mawi tangsoel pandjang dipoen tjantolakan ing sirahing bijoengipoen, dados larénipoen soemèlèh wonten ing geger . Manawi dateng ing wana bilih ndékék anakipoen tangsoeling radjoet dipoen tjanţèlaken ing panging kekadjengan . Laré waoe ngantos doemoegining ngoemoer sadasa taoen saweg kasasaban panganggé .
Bab salaki rabi. Tetijang Papoewah poenika salakirabinipoen nganggé tjara warni kalih :
1. Toemrap tijang ingkang mlarat , sadèrèngipoen kelampahan dados djodo , sampoen anglampahi rerembagan pijambakan, nanging namoeng dedemitan kemawon, amargi toemrap ingkang galah anak éstri , tamtoe boten soeka manawi dipoen pendet ing tijang mlarat, toewin tijangipoen djaler inggih tamtoe boten poeroen nemboeng , amargi menggah ing djedjodoan boten entèng dipoen lampahi , déning sarananipoen kedah ngawontenaken toembasan awarni , anting -anting djené, ngantos pinten-pinten rakit, perloe kanggé petoekan badé pangantèn èstri sakelik -sakelikipoen tigang rakit. Anting-anting sadaja waoe inggih badé dipoen anggé , amargi koepingipoen tijang èstri Papoewah poenika ingkang dipoen tindik boten namoeng saenggèn kémawon, toemrap tijang ingkang kasembadan panindikipoen ngantos tiga doemoegi gangsal tjomplongan, ingrikoe dipoen isèni tindik sadaja .
Kadjawi tindik waoe, ingkang langkoeng awrat kedah amernékaken mrijeman kanggé toembasan . Déné bab salakirabining tijang mlarat waoe, bilih sampoen sami mantepipoen ladjeng dipoen adjak késah rangkat kémawon , késahipoen inggih ngantos doemoegi laladan tebih, tijang sepoeh toewin para warganipoen inggih sami madosi , bilih ketjandak inggih dipoen pedjahi jektos , ananging manawi sampoen kalèban taoen, sanadyan mantoeka inggih boten poenapapoenapa , dados patrap makaten waoe inggih kapétang dados toembasan , tohipoen njawa, déné toemrap sinten kémawon , bilih kedatengan tijang rangkat makaten tamtoe dipoen tampi kalajan soekaning manah .
2. Toemrap tijang ingkang sarwa wonten, bilih sampoen memboeng dateng tijang sepoehipoen laré èstri , ladjeng dipoen tedani toembasan warni anting-anting toewin mrijeman . Anting-anting toewin mrijeman poenika, menggah ing tijang Papoewah dados banda ageng . Ingkang dados titikan menggah ing katjekapan namoeng wonten mrijeman , bilih wonten pémahan katingal wonten mrijemanipoen , poenika anandakaken bilih ingkang gadah tijang katjekapan , saja manawi katah, ladjeng kawentar nama tijang soegih . Mrijeman waoe wonten ingkang ngantos regi f 300 mirahmirahipoen regi f 50 déné ingkang sadé para tetijang dagang. Ladjenging rembag bilih sampoen mateng , sami tjondongipoen, badé pangantèn djaler ladjeng kapanggih kalijan bade pangantèn èstri , ingkang èstri ladjeng njoekani tenger dateng badé bodjonipoen, ing lengen dipoen dėkėki gelang nam -naman pandan , pandamelipoen ngraw itsanget , saha dipoen iras kémawon (dipoen enam wonten ing lengen ),poenika nama sampoen kasingsetan ing rembag . Bilih sampoen tjelak ing damel , balé pangantèn djaler ladjeng njoekakaken antinganting toewin mrijeman , ingrikoe ladjeng tata-tata badé panggih , pamiwahaning pangantèn mawi ngoelemi para kadang warga , doemoegining damel angleresi wantji sijang , para tamoe sami manganggé paméran djangkep, toewin sami mbekta ketipoeng , minangka rerengganing pasamoewan . Bilih tamoe sampoen nglempak linggihipoen pepilahan , ingkang warga pangantèn djaler milah pijambak , warga pangantèn èstri oegi milah pijambak , patrapipoen sami adjengadjengan , linggihipoen namoeng lèsèhan wonten ing latar tanpa lambaran poenapa -poenapa , namoeng pangantèn djaler èstri linggihipoen wonten ing papan inggil, manggèn ing tengah . Bilih sampoen tata , pangantèn djaler ladjeng ngadeg teroes mladjeng moeroegi panggénaning pangantèn èstri , sadoemoegining panggènan pangantèn èstri , ladjeng tjengkélak wangsoel, anggèning wongsal-wangsoel waoe ngantos kaping tiga, woesana poengkasanipoen ladjeng ngglandang pangantèn èstri , kabekta dateng palinggihanipoen lami , ingrikoe ladjeng dipoen soerak goemoeroeh binaroeng ing oengeling ketipoeng, blang-bloeng. toewin sinarengan oengeling mrijem djoemegloeg , inggih poenika ateges ningkah toewin daoebing pangantèn sampoen kelampahan , ingkang nama nikahipoen anggèning wira -wiri mladjeng waoe.
Bilih sampoen daoeb ladjeng sami bingah-bingah , djedjogédan , patrapipoen makaten : sagolonganing tijang djaler sadasa poenapa pinten , sami anaboeh ketipoeng kalijan mlampah moebeng , angoebengi teken ingkang dipoen tantjepaken ing siti. Teken waoe pininda soendoekan sirahing tijang (1) , oebengipoen ngalètèr mawi mégal -mégol, panaboehing ketipoeng manoet irama toemindaking soekoe , saben sampoen angsal sadasa tindak poenapa pinten anggènipoen namtokaken , panaboehipoen ladjeng dipoen toenda tiga mawi sinelan panaboeh : pek , toewin dipoen sarengi sami njoewanten : oeh , ah , oeh , ah , mawi nolih ngiwa nengen . Patraping panaboeh makaten ; boeng. .... boeng..... boeng kaping sadasa , ladjeng pek, boeng boeng boeng, pek, boeng boeng boeng, oeh , ah , oh, ah . Déné sadangoenipoen sami soeka -soeka waoe, boten mawi tjaranipoen dipoen soegata barang -barang, saben kèndel inggih neda sangoenipoen pijambak-pijambak, warni tales bakaran, sagoe , toewin sanès-sanèsipoen , poenapa déné nginang , déné toemrap ingkang tamoe èstri namoeng linggihan kémawon , ningali solahipoen ingkang sami djedjogédan , sambènipoen anèmplèkaken godong lateng ing badanipoen, manawi kraos gatel ladjeng dipoen koekoer , poenika inganggep kanikmatan , boten kendat oegi tansah nginang . Sarampoenging perloe, pangantèn ladjeng mantoek dateng grijanipoen ingkang djaler .
Bab tijang sakit. Bab tjaranipoen manawi wonten tijang sakit, boten wonten tjaranipoen mawi djedjampi , saben wonten tijang sakit , pandakwanipoen para ahliwarisipoen , namoeng sinenggoeh tineloeh ing demit , ingrikoe namoeng djinagi sinambi lèk-lèkan ing wantji daloe, toewin damel pepetan kadjeng pininda tijang, pinasang wonten ing panggènan ingkang mentas dipoen ambah tijang ingkang sakit , perloenipoen kanggé tetoelak , toewin ing panggénan waoe ladjeng dipoen wastani wingit. Namoeng makaten ingkang dados tjara pangadatanipoen , nanging sareng sapoenika sampoen wonten Dokter , toemrap tijang ingkang sampoen tjelak kila sampoen katah ingkang sami djedjampi dateng Dokter , déné ingkang tebih , namoeng kala-kala dipoen datengi Dokter , nanging ingkang kalah dèrèng ngandel dateng pitoeloenganing Dokter .
Bab tijang pedjah . Bilih wonten tijang sakit sampoen katingal rekaos , para ahliwarisipoen sami anenggani , wonten ingkang nangis , panangisipoen mawi sinarengan ing sesambat , toewin dipoen lagokaken, bilih doemoegi ing pedjah mawi ngoengelaken mrijeman , ingrikoe ladjeng katah para tetijang ingkang dateng nglajat. Ingkang pedjah ladjeng dipoen dandani kados panganggé manawi noedjoe pasamoewan , sasampoenipoen rampoeng ladjeng dipoen tilemaken malih, namoeng ing prenah sirah, geger, sikoet kiwa tengen toewin toengkak kalih pisan, sami dipoen lambari mangkok . Majit waoe mawi dipoen akepi ses , saben wonten tijang ingkang dateng sami anawèni ses, gantèn , boten kendat ingrikoe tansah binaroenging tangis mawa lagoe nganjoet-anjoet , bilih para tamoe sampoen nglempak , ladjeng bidal, badé dipoen koeboer. Pangoeboeripoen milih panggénan ingkang awis kambah ing tijang, pambektanipoen rinampa -rampa ing tijang katah , samargi -margi binaroeng ing tangis oemjoeng , toewin binaroeng ing soewantanipoen para ingkang sami nglajat kados minangka pepoedji. Sadoemoegining papan ingkang kanggé ngoeboer ladjeng dipoen linggihaken, para nglajat ladjeng nawèni ses , gantèn , bilih sampoen kèndel sawatawis ladjeng dipoen koeboer, oedjoeripoen boten mawi katamtoean , patrapipoen anggèning njèlèhaken kados nalika wonten ing grija, mawi lambaran mangkok , pangoeroegipoen kadamel waradin kémawon, toewin seladjengipoen pakoeboeran waoe sampoen boten dipoen toeweni malih , mila ing tanah Papoewah poenika boten wonten pakoeboeranipoen , inggih djalaran saking boten tamtoe anggènipoen mendem , wah namoeng dipoen waradin kémawon, poenapa déné ing poendi doenoenging pakoeboeran ladjeng dipoen ébrakaken kémawon , mila ladjeng dipoen wastani tanpa koeboeran.
Menggah bab pangoeboering majit , kadjawi patrap makaten waoe oegi wonten patrap sanèsipoen malih , inggih poenika toemrap padoesoenan ingkang tebih saking kita. Bilih wonten tijang pedjah ladjeng dipoen kèlèkaken ing lèpèn , para ahliwarisipoen sami noempak baita ngetoetaken , kèlining majit, mangké ing poendi kèndel kasangsanging majit , ladjeng dipoen entasaken , toewin ladjeng dipoen damelaken grija alit tanpa pajon, mawi dipoen dėkėki ambèn inggil, majit ladjeng dipoen sèlèhaken ingrikoe, oegi mawi dipoen lambari mangkok , toewin dipoen sadjèni tetedan sawatawis . Grija waoe mawi dipoen geberi ing djinggaloka, bilih sampoen makaten inggih ladjeng dipoen tilar , tanpa dipoen toewèni ngantos sarisakipoen . Déné toemrap ing paredèn toewin ingkang tebih lèpèn, kadjawi nganggé tjara dipoen pendem , oegi wonten ingkang nganggé tjara namoeng dipoen sèlèhaken wonten ing panggènan sepen kémawon .
Bab kéwan. Ing tanah Papoewah poenika sanadyan poelo ageng sanget , ananging boten wonten satonipoen galak ingkang moetawatosi . Kéwanipoen ingkang nama ageng namoeng andapan , sawer inggih wonten, nanging boten sapintena ageng -agengipoen . Déné isèn -isèning wana ingkang misoewoer doemoegi poendi-poendi, namoeng bangsaning peksi, kados ta: peksi déwata , limrahipoen dipoen wastani peksi koening, peksi kondé, toewin peksi sanèssanèsipoen . Peksi-peksi waoe èdi-peni sanget , woeloenipoen naratjak kados soetra , sadaja sami mentjèrèt gilap, oelesipoen mantja warni , tjemeng , biroesepoeh , biroe nèm , idjem sepoeh , idjem poepoes , abrit djingga , abrit kețèl, abrit nèm , woengoe, djené warni -warni , petak . Wewarnen waoe pantjèn linangkoeng sajektos , déné peksi waoe kanggé dagangan ageng, kapendet koelitipoen, (dipoen kamoes ), ladjeng dipoen kintoenaken dateng tanah Eropah , kanggé rerengan topi. Reginipoen peksi waoe katah sanget , limrahipoen ingkang sami pados peksi waoe kèngkènanipoen para tijang dagang , sarana dipoen sendjata , toemrap tijang Papoewah inggih sampoen wonten ingkang nélat pados peksi waoe , nanging sarana dipoen panah . Sanèsipoen peksi ingkang warni makaten waoe , toemrap peksi ingahingahan inggih katah , nanging namoeng bangsaning peksi ta:djaka toewa kaka ( ingkang tjoetjoekipoen njanţoek ,kados toewa), bajan , nori. Peksi waoe sagolong -golonganipoen inggih oeles warni -warni , sami saged ngotjèh kados tijang, déné ingkang peksi ageng, bangsaning soewari. Peksi soewari poenika ingkang ageng ngantos sami kalijan belo, bilih wonten wana poeroen kalijan tijang, ingkang kanggé nanggoelang mengsah soekoenipoen , kanggé ndjedjak, rosaning pandjedjakipoen ngantos ngéram -éramaken . Kadjawi peksi waoe ing tanah Papoewah misoewoer sanget kalahing koepoe ingkang saé-saé, misoewoeripoen ngantos doemoegi ing tanah Éropah , toewin kalah toewan bangsa Inggris ingkang pados koepoe dateng tanah Papoewah .
Tata tjara sanèsipoen . Tetijang Papoewah poenika djaler èstri sami pasah , déné pasahipoen waoe manawi sampoen toemapak birai , pasahipoen saé-saé, anggèning pasah saking pandamelipoen pijambak , boten sarana dipoen pasahi ing tijang sanès . Titikan tandaning birai, kadjawi pasah waoe oegi wonten sanèsipoen , kados ta: nggambar wewarnèn wonten ing badanipoen , dipoen lebetakan wonten ing koelit rai , baoe , dada, wonten malih ingkang namoeng dipoen belèk-belèk, dipoen angkah amrih saged dados gètèk , pandamel makaten waoe inganggep saé .
Limrahipoen tetijang Papoewah poenika dèrèng kénging nginang manawi dèrèng naté ngeproek sirahing tijang, (mengsah ), ananging sarèhning patrap makaten waoe boten gampil, dados namoeng dipoen saranani patrap rerékan , inggih poenika bilih noedjoe wonten tijang saged ngetok sirahing mengsah , sirah waoe ladjeng dipoen soendoeki , ladjeng damel pasamoewan ageng , mawi njoeroehi dateng tangga doesoen tebih, sanadyan ingkang boten dipoen soeroehi inggih dateng , sadoemoegining panggénan pasamoewan waoe ladjeng sami djedjogèdan kados kaseboet inginggil, kaotipoen namoeng dawahing och ah mawi anoetoek sirah ingkang dipoen soendoeki waoe. Ing wekdal waoe ingkang kalah namoeng laré djaler èstri , perloenipoen inggih namoeng kanggé sarana ladjeng kénging nginang, déné toemrap tetijang sepoeh namoeng perloe kanggé kebregasan kémawon .
Tetijang Papoewah poenika sami temen -temen mitoehoe dateng tatatjaranipoen , ingkang katitik ing katemenanipoen , kados manawi noedjoe késahan mangsa ngoendoeh pala, oetawi késahan sanèsipoen , ingkang perloe mawi njoewoengaken grija, amargi toemrap mangsa ngoendoeh pala tamtoe njoewoengaken grija, boten mawi toetoep konten poenapa , djangdji sangadjenging grija sampoen dipoen pasangi djanoer koening, inggih sampoen boten wonten ingkang poeroen malebet dateng ing grija, sanadyan dipoen tilar ngantos wewoelanan inggih wiloedjeng kémawon.
Karemenanipoen ingah -ingahan awarni segawon , peksi , ajam . Remenipoen dateng segawon ngantos kados dateng anak , manawi tilem dipoen keloni , manawi dateng peksi remen njenjoemboe , sapoeroeg -poeroegipoen tansah kabekta dipoen dèkèk wonten ing poendak , déné ingah - ingahanipoen ajam tamtoe kalah sanget , ananging sampoen kados dipoen alasaken . Ajamipoen alit-alit, kesit-kesit , oelamipoen araos sepa , wontenipoen araos sepa waoe bok manawi djalaran namoeng neneda barang saangsalipoen , terkadang neda ampas sagoe , dados boten gadah gadjih. Déné panelanipoen oelam ajam menggah ing tijang Papoewah , namoeng dipoen bakar kémawon, boten mawi dipoen dèkèki sarem .
Tetijangipoen djaler bangsa Papoewah poenika mitoehoe sanget dateng paréntahipoen ingkang éstri (bodjonipoen) toewin ingkang èstri inggih oegoengan sanget , malah kerep angwontenaken toewoehing pasoelajan , djalaran saking wewadoelipoen ingkang èstri . Déné manawi badé noewoehaken witing pasoelajan , sasampoené wewadoel beboekanipoen, ladjeng soeka sasmita kémawon, bilih njoekani toemper , ateges kapoerih bentèr ing manah dateng tijang ingkang dipoen toedjoe , manawi njoekani pala, ateges kapoerih anglawan perang , tjaranipoen inggih ladjeng bantonbinantonan, woesana ngantos dados pasoelajan ageng .
Tetijang Papoewah poenika, nalika dèrèng sasrawoengan kalijan lijan bangsa , kagolong tijang bodo-bodo sanget , dèrèng soemerep ing pétang, toewin dèrèng soemerep ing tandja , kados adjining arta roepijah dèrèng saged ambédakaken kalijan adjining arta bènggol (21/2 sèn) ingkang katah malah remen artanipoen bènggol, kosok wangsoelipoen toemrap tijang ingkang remen arta roepijah, sanadyan sesadéanipoen namoeng regi 1 sèn, inggih kapoerih noembas mawi arta roepijah, toer tetijang waoe dèrèng remen nganggé tandjaning arta , perloenipoen anggèning simpen arta waoe namoeng dipoen anggep kados dolanan kémawon , nanging bab arta waoe namoeng toemrap dateng tijang ingkang sampoen sesrawoengan kalijan tijang mantja , déné ingkang taksih deles wanan, sadaja patraping tetoembas namoeng sarana oeroep-oeroepan kémawon. Sareng ing Fak-fak sampoen dipoen dėkėki pangageng , bab adjining arta waoe ladjeng dipoen woelangaken dateng para tetijang siti , doemoeginipoen sapoenika sampoen kalah ingkang mangertos , malah toemrap ingkang sampoen mangertos , kalebet dados tijang mbetitil, boten kénging katjorok pétangipoen .
Tetijang Papoewah poenika boten naté poeroen prasadja namanipoen , bilih pitakèn kedah dateng tijang sanès , saoepami dipoen takèni pijambak, djenengmoe sapa , wangsoelanipoen: emboeh , nanging manawi dipoen takèni namaning lijan, inggih ladjeng tjarijos.
(1) Bilih noedjoe wonten , toewin noedjoe perangan, sirahing tijang waoe inggih wonten jektos, inggih poenika mendet saking sirahing mengsah ingkang kepoepoe ing perang , toewin saben mentas moeрое mengsah , tamtoe damel pasamoewan makaten wave .
X
Lelampahan koela salebetipoen wonten tanah Papoewah.
Salebetipoen koela wonten ing tanah Papoewah kerep sanget koela kekésahan pijambak , toewin toemoet papriksa Dokter , poenapa déné kakésahan toemoet tijang dagang, kawontenanipoen kados ing ngandap poenika.
Késahan toemoet Dokter kalijan noempak sekotji . Sampoen dados padatanipoen , saben sawoelan sapisan ,
Dokter Djawi ing Fak-fak tamtoe papriksa dateng ing bawah, perloe ndjampèni tetijang ingkang sakit , bilih ingkang lampahan darat , angsal -angsalaning papriksan boten saged katah, amargi doenoenging doesoen sami tebih-tebih , toewin marginipoen angèl, bilih oeroet pasisir , saged ngantos papriksa doesoen katah, amargi katah sanget pakampoengan ingkang manggèn oeroet pasisir . Koela anjarijosaken ingkang toemrap pasisir, patraping papriksa makaten : wantji èndjing oemoenoemoen sampoen bidal saking palaboehan , noempak baita sekotji alit, mbekta djampi warni -warni , saben doemoegi ing padoesoenan ingkang dipoen langkoengi ladjeng kèndel . Dokter ladjeng pitakèn poenapa wonten tijang ingkang sakit . Nalika dèrèng koelina, saben dipoen datengi waoe malah sami késah oempetan , amargi sami adjrih , bilih boten késah inggih namoeng mangsoeli boten wonten, ingkang sakit . Sagedipoen ngandel bilih Dokter poenika namoeng sedya tetoeloeng , awit saking sesorahipoen tijang ingkang sampoen dipoen koelinani, saja manawi sampoen soemerep dajanipoen, inggih ladjeng sami ngandang . Ing poendi panggénan ingkang dipoen datengi Dokter bilih tetijangipoen sampoen sami mangertos , malah kemroeboet arebat ngadjeng . Lampahing baita ingkang kanggé papriksa waoe rendet sanget , amargi tansah mampir -mampir , saben sapanggénan ngantos kèndel satengah djam , terkadang mawi dipoen soegata kimpoel bakaran , oelam loh bakaran, gantèn toewin ses , sawenèh rosan, pisang , nanging inggih dipoen lintoni sata , rèk, gambir, tetijang ingkang tampi sakelangkoeng ing bingahipoen. Terkadang sanès dinten ladjeng dateng grijaning Dokter, perloe neda djampi malih , nanging ingkang sampoen dados padatan , tjaranipoen pamitran kalijan lijan bangsa boten saged soepeket , katingalipoen memitran bilih saweg gadah kadjeng , poeroen neda boten poeroen kétjalan , makaten waoe sampoen dados wewatekanipoen tijang bodo, éwadéné kala-kala inggih wonten ingkang soemerep ing kasaénan , kados ingkang sampoen kerep dipoen danani , asring -asring dateng mbekta angsal -angsal , sedah , lombok djemprit, pohoeng.
Patraping papriksa waoe, manawi namoeng nganggé baita sekotji dipoen angkah toelak kémawon. Sadaja ingkang sami noenggil sabaita sami mbekta sangoe tetedan pijambakpijambak , amargi ing poendi panggènan ingkang dipoen djoedjoeg tamtoe boten wonten tetedan ingkang kénging dipoen toembas . Bilih sampoen wantji neda, ladjeng kèndel wonten pinggir saganten pados panggénan ingkang pakantoek . Panedanipoen tamtoe kadoek miraos , sabibaring neda ladjeng bidal malih , manawi kakinten wangsoelipoen doemoegi ing Fak-fak sampoen serap , inggih ladjeng wangsoel. Patrap makaten waoe amewahi mangertosipoen bangsa Papoewah dateng paédahing kagoenan .
Papriksa noempak baita ageng (kapalapi). Ing Fakfak poenika dipoen salijani kapalapi alit, nama Pionier (namaning baita) perloe kanggé papriksa toewan Assistèn Residèn. Toemindakipoen toewan Assistèn Residèn waoe perloe papriksa bawah toewin mriksa prakawis ing blabag. Ingkang koela tjarijosaken poenika nalika toewan Asistèn Residèn papriksa dateng wewengkon ing Bentoeni, perloe papriksa prakawis warni-warni , kados ta: mriksa oemboel lisah pétroléoem , mriksa reresah ing Berau . Bidaling kapal Pionier sampoen mirantos bebektan kanggé kaperloeaning kakésahan sawoelan , naging sadaja sami mbekta pijambakpijambak , ingkang lajaran poenika, toewan Asistèn Residèn , kanți Insinjoer bangsa Walandi , Dokter Djawi mbekta sapirantosing Dokter , oepas poelisi dinar 15, mirantos gegaman djangkep, tijang prantéan 3. Lampahing kapal rikat boten bènten kados lampahing kapal ageng , nanging boten patos manengah , namoeng nradjang ragi pinggir kémawon , amargi kapal alit, boten kandas . Sareng sampoen ngambah pérangan saganten ageng , lampahing baita kraos gondjing , amargi badaning baita tansah katradjang ombak ageng . Lampahing baita tansah njelaki daratan kemawon, ing daratan katingal asri anengsemaken , wana nggenggeng , kala-kala katingal wonten doesoenipoen amregil , tijangipoen sami angoek -angoek , sawenèh metangkrong wonten andaning grija, satjelaking grija waoe katingal resik dipoen babadi , kataneman palawidja , sareng sampoen serap lampahing kapal kèndel , laboehipoen wonten ing tengah , amargi tjelèk, sadaloe moepoet tansah mobat -mabit , ingkang boten tahan sami maboek laoet, mila laboehipoen kapal manggèn wonten ingrikoe, amargi sampoen mendet papan ingkang prajogi pijambak . Sareng sampoen bjar èndjing kapal ladjeng bidal malih , wantji djam 9 èndjing laboeh, laboehipoen taksih tebih sanget saking daratan , daratanipoen taksih katingal lamat -lamat , inggih poenika ing doesoen Berau kekadjenganipoen namoeng kadjeng tjemara , saking katebihan katingal ramjang -ramjang idjem , toewan Asistèn kanți oepas poelisi dinar , ladjeng noempak baita sekotji dateng ing daratan , ananging meksa boten saged mèpèt doemoegi ing daratan amargi ladjeng ngambah pasitèn loempoer , manawi tetijang ingrikoe, limrahipoen manawi ngambah paloempoeran waoe sami noempak gètèk kadjeng oetawi gètèk debog, panoempakipoen kalijan mengkoerep , tangan toewin soekoenipoen ingkang sasisih kanggé mijak loempoer , lampahipoen saged rikat sanget , tjikatipoen ngantos kados kéwan toja. Toewan Asistèn sagedipoen doemoegi ing daratan sarana dipoen pitoeloengi tetijang ingrikoe , sekotjinipoen dipoen bekta minggir , anggènipoen mandap toewanAsistèn waoe perloe badé njepeng tijang dosa ing paréntah , ananging tijangipoen sampoen késah , dalasan tijang ingkang noenggil sagrija sareng soemerep wonten kapal laboeh, inggih ladjeng sami angésahi , ingkang kantoen sami mladjeng sipat koeping, woesana ing grija ngrikoe pinanggih soewoeng . Grijanipoen ageng abebandjengan , prabotipoen sentosa -sentosa , sami nganggé kadjeng tjemara . Sareng tijang ingkang dipoen padosi sampoen boten wonten, toewan Asistèn ladjeng wangsoel dateng baita saha ladjeng bidal malih. Lampahing baita mlebet medal antawising poelo alit-alit, sareng ing wantji sonten laboeh wonten sapinggiring doesoen Fioer, ingrikoe kalah tijang dagang sami bikak padaganganipoen , awarni sindjang sindjang, sata , toewin barang sanès -sanèsipoen , ingkang dados karemenanipoen tijang ingrikoe. Tetijang ingkang dagangan waoe salong tijang landjon saking poelo Gisser , ingkang katah saking Fak-fak, lampahipoen doemoegi ingrikoe asarana noempak baita lajar alit, ing dalem sabaita namoeng mbekta tijang 3, 4, éwadéné kapoeroenanipoen sampoen anglangkoengi, inggih poenika ngambah papan ingkang siloek-siloek. Laboehipoen wonten ingrikoe ngantos sadinten sadaloe , katah para radjaradja ingkang sami dateng milenggahaken prakawis warni - warni , panganggènipoen wonten ingkang memba panganggènipoen bangsa Mlajoe, djas -djasan saroengan , wonten ingkang nganggé djas tjelana atopi pasmèn . Sesampoening katjekap perloenipoen , radjaradja waoe wonten ingkang wangsoel, sawenéh ladjeng Ingrikoe kalah sanget tijang sadé ndèrèkaken toewan Asistèn. kepiting , toewin oelam pé, tjarijosipoen tetijang ingrikoe , satjelakipoen doesoen Fioer poenika wonten poelonipoen alit, karanipoen nama poelo Kepiting , pamanggènipoen sami ngerong wonten sapinggiring poelo, nanging manawi ing wantji daloe sami minggah dateng ing daratan , toewin sami mènèk dateng kekadjengan , mila pamendetipoen dipoen angkah ing wantji daloe, pamendetipoen kantoen ngoekoepi kémawon. Sareng laboehing kapal sampoen sadinten -sadaloe , ladjeng bidal malih, lampahing kapal mlebet ing lèpèn ageng , ilining toja santer sanget , lampahing kapal mènggak -mènggok anoet ènggoking lèpèn , sapinggiring lèpèn waoe namoeng isi tetoewoehan nipah , ngantos lampahan pinten -pinten djam Sareng sampoen djam tansah ngambah makaten kémawon . 4sonten , kapal laboeh wonten tengahing lèpèn ,para tetijang ing kapal ladjeng sami adoes , tojanipoen asrep kados toja ès, sawenèh wonten ingkang pados woh nipah , poenapa malih pados poepoesipoen ,woh nipah poenika étja kateda , ingkang enèm raosipoen kados siwalan , déné godongipoen sami dipoen sèsèti kanggé ses .
Wantji djam 5sonten toewan Asistèn mandap dateng ing taksih mawi noempak sekotji , lampahing sekotji daratan , medal oeroet lèpèn alit, perloe amadosi tijang ingkang dados beboedjengan . Inkang minggah waoe namoeng toewan Asistèn toewin oepas poelisi dinar , kanți para radja-radja bangsa Papoewah . Sapengkeripoen toewan Asistèn , boten dangoe mireng soewantening tijang nangis pating djlerit toewin djelèh-djelèh , inggih poenika panangis toewin sesambatipoen tijang ingkang sami angésahi , namoeng sakalahing segawon ingkang taksih kantoen wonten ing grija, sami djoegoeg toewin mbaoeng , kamirengan adamel koewoering manah . Sareng grija waoe pinanggih soewoeng ladjeng dipoen tilar, woesana wangsoel dateng baita malih .
Daloenipoen sipeng wonten ing lèpèn ngrikoe, sareng wiwit serap mimikipoen kalah sanget , sadaloe moepoet boten wonten tijang ingkang saged tilem , ingkang boten broekoet anggènipoen kemoelan , sareng endjing katingal kados aboeh pakoelitanipoen. Pantjèn ingrikoe poenika mimikipoen kalah sanget , sareng endjingipoen, toewan Asistèn toewin tetijang sadaja sami minggah dateng daratan , lampahipoen sami noempak sekotji, sawenèh noempak baitanipoen tijang Papoewah . Baitanipoen tijang Papoewah poenika pandjang-pandjang, ingkang dipoen anggé kadjeng wetahan , wijaripoen namoeng tjekap kanggé linggih tijang, pandamelipoen namoeng sarana dipoen besmi ladjeng dipoen krowok , dados traping linggih namoeng oeroet katjang kémawon. Kiwa tengening baita mawi timbangan kadjeng kados soewiwi, perloenipoen soepados kalis ing bebaja kèrem . Tijang Papoewah poenika saged sanget anglampahaken baita, ngendegaken baita wonten tengahing lèpèn santer inggih saged , namoeng sarana oelahing welah wingking (kemoedi ). Lampahing baita mènggak - mènggok oeroet lèpèn alit, samargimargi tansah anglangkoengi koeboeripoen tetijang Papoewah ingkang sami dipoen tarang, wonten ingkang taksih énggalan , wonten ingkang sampoen dados kerongkongan, sawenèh sampoen sami gogrog saking panggoengan . Dangoe -dangoe lampahing baita ladjeng ngambah lepèn ingkang tjijoet sanget , samargi -margi tansah rinoeboeng ing mimik , mila ingkang noempak sami kemoelan broekoet. Sareng lèpènipoen saja roepak ladjeng sami mandap , ingkang mlampah ing ngadjeng pijambak radja Papoewah minangka panedah margi . Lampahipoen ngambah wana, marginipoen namoeng ndjelirit anoet tabeting soekoe , terkadang malah itjal tabetipoen, saben tabeting margi itjal , radja ingkang atedah margi ladjeng damel tanda njempal kekadjengan , dipoen pasang wonten ing panggénan ingkang badé dipoen langkoengi . Lampahipoen ingkang tedah margi rikat sanget , sakedapsakedap tansah nilapaken, nanging sampoen soeka tanda antjer -antjer , toewin saben sampoen tebih anjebawa kados peksi , oengelipoen : o, o, inkang kantoen oegi tansah mangsoeli o, o, angener dateng soewanten ingkang roemijin , ngantos saged kepanggih . Lampah waoe ngantos pintenpinten djam tansah ngambah ing wana kémawon, ladjeng nglangkoengi lèpèn ageng , tojanipoen bening, nanging tjetek , dedasaripoen séla , dados lèpèn waoe lèpèn paredèn , wonten ingrikoe ladjeng sami njidoek toja kanggé sangoe ngombé . Boten dangoe ladjeng doemoegi ngèrèng -èrèng redi, ingrikoe wonten belikipoen bening, tojanipoen kimplah-kimplah, pamanggènipoen wonten sangandaping kekadjengan ajom, ingkang lelampah ladjeng kèndel wonten sangandaping kekadjengan waoe, sami sarapan , panedanipoen sami kraos miraos sanget . Sanginggiling kekadjengan waoe katah peksinipoen ingkang saba , peksinipoen oeles idjem tjoetjoek abrit, agengipoen sami kalijan peksi dara, soewantenipoen melang -meloeng anengsemaken manah , peksi waoe nama peksi poené , peksi waoe ladjeng dipoen sandjaţa , ingkang toemandang tijang Papoewah . Tijang Papoewah waoe tjarijos, bilih njendjata peksi wanan poenika kedah ingkang sampoen koelina saba wana, amargi peksiné bènten lagéanipoen . Tijang Papoewah waoe ladjeng njandjata, peksi ingkang dipoen sendjata ladjeng sami maboer , aboeripoen koemilat kados țațit , ingkang boten mangertos dipoen kinten lepat, namoeng ingkang njendjata waoe mrimatipoen petjitjilan, sareng sampoen sawatawis dangoe ladjeng alok : la poenika dawah Késah lajaran dateng poelo Papoewah 5 wonten lèr . Peksinipoen ladjeng dipoen pendet , warninipoen saé sanget . Saking tjarijosipoen tijang ingkang padamelanipoen njendjata peksi , sami-sami gampil boten kados njendjata peksi déwata, (peksi koening), amargi peksi déwata poenika saben saba tamtoe gegolongan , patrapipoen pados kedah nanggoeh wantji mentas djawah, ingkang ladjeng bentèr , adakanipoen peksi déwata waoe tamtoe ngombé dateng panggènan tjetjloewèkan ingkang wonten tojanipoen, bilih ananggori papan makaten waoe, kénging dipoen pestekaken , sapinten wontening peksi tamtoe kénging sadaja , amargi gegolonganing peksi waoe saben dipoen sendjata boten poeroen késah tebih, let sakedap inggih wangsoel malih . Patrap makaten waoe ngantos kénging dipoen sendjata sadaja . Sareng anggènipoen kèndel sampoen sawatawis dangoe, ladjeng mlampah malih, boten antawis dangoe ladjeng ngambah pakebonan wijar, isi taneman warni -warni , ingkang katah ketéla pendem , pisang ,pisangipoen ingkang kalah pisang brentel .Satjelaking pakebonan waoe wonten grijanipoen ageng ,sadoemoegining ngrikoe ladjeng sami malebet ing grija , tijangipoen pating belèngkrah sami linggih djégang , toewin tijang ingkang dipoen padosi sampoen pinanggih wonten ing ngrikoe tjatjahipoen kekalih . Tetijang waoe sami sampoen noetoet , dosa amedjahi tijang dagang bangsa Ambon , sareng tijang waoe sampoen noetoet ladjeng dipoen bekta . Sabidalipoen saking ingrikoe katah tetijang èstri sami nangis , inggih poenika warisipoen ingkang dados bebandan , anggènipoen nanging ladjeng sami wangsoel . ngetoetaken ngantos tebih , Para oepas toewin para matroes sawangsoelipoen saking ngrikoe sami mbekta angsal -angsal warni -warni , ta: kados pisang , téla , djalégor , kloewih , télagantoeng , poenapa malih sagoe bakaran .Sadoemoegining kapal tetijang tawanan waoe ladjeng dipoen djagi ing oepas poelisi dinar , sareng kelimpé , ingkang satoenggal saged ontjat ambjoer dateng ing lèpèn saloeloep bebles , sanadyan ladjeng kasarengan dipoen sendjata , nanging meksa lepat , dipoen padosi malih boten saged pinanggih .
Laboehing kapal wonten ingrikoe poenika kațah sanget tetijang ingkang dateng ningali , sandang panganggénipoen taksih deles tjara pawanan. Tetijangipoen èstri namoeng nganggé ombjong-ombjong godong nipah dipoen soewirsoewir , ngantos tepoeng ketel, ingkang aloes , soewiraning godong mawi dipoen tampar . Ingkang djaler nganggé tjawet klikaning kadjeng, déné ramboetipoen sami dipoen wangoen anam -anaman , warninipoen kados klabangan, nanging mèpèt ing sirah , bilih sampoen dipoen wangoen makaten waoe saged kekah ngantos wewoelanan . Ingkang sami dateng waoe boten wonten ingkang tjara mawi gineman , sadaja namoeng sami mlongo kémawon.
Éndjingipoen malih ladjeng bidal saking ngrikoe, salebetipoen ngambah ing laladan ngrikoe waoe hawanipoen sakétja sanget , amargi ngambah wonten sanginggiling toja tawa. Lampahing kapal tansah ndeder noengsoeng lèpèn, lampahipoen rindik . Samargi-margi tansah mboetjal loet, wewarnèn ingkang katingal namoeng wit nipah toewin kekadjengan toewoehan ing rawa, boten wonten wewarnèn ingkang katingal malih , lampahing kapal kados noesoep -noesoep ing bebondotan , sanadyan wewarnên waoe boten santoensantoen , nanging anengsemaken manah . Sareng sampoen serap lampahing kapal kèndel, éndjeng bjar mlampah malih ladjeng kèndel ingrikoe ladjeng sami mandap sadaja saha noempak sekotji , amargi lèpènipoen sampoen tjijoet toewin tjețèk. Sareng angsal lampahan satengah djam ladjeng mandap , lampah poenika perloe amadosi oedalan lisah pétrolioem . Wiwit ingrikoe soelaking toja sampoen katingal anglisah , lampahipoen anggèning madosi noeroet ilining toja waoe, ilinipoen namoeng oeroet lèpèn alit, sanadyan sampoen mawi tijang ingkang dados tjoetjoeking lampah , nanging lampahipoen taksih rendet sanget , amargi toewan Insinjoer tansah aniti priksa wontenipoen pasitèn ingrikoe . Sareng lampahipoen saja tebih, gandaning toja saja nggadag kados lisah pèt, warnining toja abrit anglangit, ingkang abrit waoe lisahipoen, nanging taksih kaworan toja. Sareng doemoegi panggènaning toek katingal namoeng kados endoet njemeknjemek , ilinipoen boten katawis , sagedipoen mendet lisahipoen sarana dipoen damelaken krèwèkan, tetandonipoen ladjeng dipoen pendeti badé dipoen priksa, lisah waoe sampoen kénging katjobi , saben dipoen toetoel ing godong garing ladjeng dipoen soemed , saged moeroeb mawa koekoes tjemeng , gandanipoen boten bènten kalijan gandanipoen lisah pétrolioem. Para tijang ingkang sami dateng ngrikoe inggih ladjeng sami toemoet amendeti . Boten tebih saking ngrikoe wonten séla sap-sapan , warninipoen tjemeng , séla waoe séla areng (steenkool ) oegi ladjeng mendet badé dipoen priksa. Sareng sampoen salesih ladjeng wangsoel dateng ing kapal, marginipoen santoen , oeroet ing paredèn, woesana ladjeng doemoegi ing sekotji wangsoel dateng ing kapal Pionier .
Katjarijos ingkang manggih toek lisah pétrolioem poenika bangsa Papoewah , sakawitipoen soemerep , tijang waoe pinoedjoe dateng ing wana badé ngombė , sareng doemoegi ingrikoe kagèt soemerep wonten toja awarni abrit, anglisah toewin mawa ganda , tijang waoe adjrih, ladjeng damel tetenger wonten ing panggènan waoe, dipoen wastani bilih panggènan wingit. Sareng tijang waoe damel tetenger makaten , inggih ladjeng boten wonten ingkang poeroen ngambah mrikoe, dangoe-dangoe kasoemerepan ing tijang ingkang sampoen naté soemerep lisah pétrolioem , sareng dipoen njatakaken jektos lisah pétrolioem, ladjeng dipoen lapoeraken ing paréntah saladjengipoen kapriksa poenika.
Sadoemoegining kapal sareng sampoen ngaso sawatawis ladjeng bidal , lampahipoen sakedap -sakedap mampir ing padoesoenan ingkang kalangkoengan , poendi doesoen ingkang dipoen langkoengi katingal katah tijangipoen , sawenèh wonten ingkang adjrih ladjeng sami mladjeng , wonten malih padoesoenan ingkang namoeng isi tetijang èstri , ketingal sami dandos dandos - grija . Wonten tijang ingkang tjarijos , bilih patrap makaten waoe sampoen dados tjaranipoen tijang ingrikoe , ingkang gadah wadjib dandos -dandos grija tijang èstri , tetijangipoen djaler namoeng pados kadjeng toewin anjekapaken pirantos sanès-sanèsipoen . Woesana lampahing baita wangsoel dateng Fak-fak malih .
Kawontenan ing daratan. Salebetipoen koela wonten ing tanah Papoewah poenika gadah pamitran bangsa Papoewah nama Djaman Madé , toewin Goringgi , nama mawi Madè poenika ategas kamisepoehing gegrija, soepeketipoen anggèn koela amemitran ngantos tanpa soeba sita . Sawenèhing dinten koela dolan dateng ing grijanipoen, lampah koela sesarengan , koela mbekta angsal -angsal sata, poenika ingkang dipoen senengi . Sadoemoegi koela ing grijanipoen ladjeng dipoen panggihi wonten salebeting grija , ing grija waoe katah tijangipoen , bodjonipoen Djaman Madé saweg noedjoe mbakar kimpoel , koela ladjeng njoekakaken sata , dipoen tampèni kalijan bingahing manah , koela ladjeng dipoen segah kimpoel bakaran , pambakaripoen ngantos djené doemoegi ing nglebet pisan ngantos kemremes ,manawi ingkang ageng ing nglebet empoer ,kadjawi namoeng kemremes ing pinggir , kimpoel waoe koela dipoen segah rosan londjoran , téla gantoeng mateng , pisang , sesegahipoen inggih koela teda sadaja , salebetipoen lelinggihan koela pitakén bab kaasilanipoen poenapa , wangsoelanipoen namoeng awarni pala , pamendetipoen (tjaranipoen pantoen panén ) sataoen sapisan , déné angsal -angsalanipoen inggih ngantos regi atoesan roepijah . Koela pitakèn malih , pala waoe sinten ingkang toewin wates -watesipoen poenapa , nanem , poenapa déné pétanging regi kados poendi , wangsoelanipoen : pala makaten boten wonten ingkang nanem , ing kina -kinanipoen sampoen ngrebda dados wana , déné watesing bagéan , sampoen gadah tjara pijambak -pijambak , namoeng prakawis panjadé sampoen wonten patokanipoen , saben 5idji regi 1 sèn , nanging sareng sampoen saja kalah sesrawoenganipoen kalijan tijang dagang , reregen waoe inggih manoet reregen ing peken . Kadjawi pala waoe , sareng ing Fak -fak dados kita , inggih kerep sesadéan pawedaling pakebonan, kados ta: djanganan, krowodan sesaminipoen . Salebetipoen djedjagongan waoe, katingal sanget semoenioen , bilih tijang Papoewah poenika dèrèng soemerep dateng tjaranipoen tijang manggihi tamoe , tandanipoen , salebetipoen gineman waoe katingal boten djendjem , tansah sinelan gineman kalijan tijang sanés , toewin sakedap -sakedap tansah késah kémawon, poenapa malih katingal boetadjenganipoen , amargi ingkang èstri sanès -sanèsipoen inggih ladjeng sami késah . Koela ladjeng neda lilah badé ningali dateng pakebonan inggih ladjeng dipoen teraken , ing pakebonan ngrikoe isi taneman warni -warni .Woesana koela ladjeng pamitan mantoek , anţoek koela dipoen bektani lombok ageng saboentel , lampah koela mawi njambi anjendjata peksi ,ananging boten Samargi -margi boten amranggoeli peksi ingkang élok -élok . kendat koela tansah njoemerepi taneman ingkang toewoeh wonten ing wana , kados ta: téla gantoeng wohipoen ngantos mateng -mateng , lombok djemprit wohipoen ngantos ambranang doemoenoeng pinten -pinten panggènan ,makaten malih ingkang warni pisang , ngantos katingal mbelasah katah sanget , ananging pisang waoe salong étja kateda salong boten .Déné wontenipoen wit pala sami toewoeh saenggènenggèn tanpa witjalan . Sareng lampah koela keplantrang ragi tebih kraos ngelak , kantja koela koela -poerih pados tjarijosipoen ing ngrikoe boten wonten toja , tjobi toja , mangké saondjotan malih . Sareng lampah koela saja tebih sareng dipoen petjok , kantja koela waoe pados deling , deling waoe inglebet kebak toja , tjarijosipoen pantjèn deling ingrikoe poenika sami isi toja ,mangka sampoen limrah , agenging deling sami kalijan deling ori ,mila katah sanget pangombé koela , mbekta saeros kémawon sampoen tjekap kanggé ngombé sadinten . Salebetipoen koela mlampah déné wana ageng waoe , saben kèndel tansah nggagas , makaten boten wonten beboedjenganipoen galak , sabawaning wana ingkang kamirengan namoeng goemroeboeging angin toewin soewantening peksi ngotjèh ,manawi dipoen mirengaken adamel sengseming manah , sareng sampoen wantji djam 3 sijang koela ladjeng mantoek .
Bab lampahipoen tijang dagang . Lampahipoen para tetijang dagang ing tanah Papoewah poenika, gegajoetanipoen kalijan tijang siti soepeket sanget , poeroen njoekakaken barang roemijin, pambajaripoen kantoen, déné tjaranipoen inggih namoeng oeroep-oeroepan kalijan pawedaling siti , poendi ingkang sampoen koelina sami ngitjalaken èwet -pakèwet, toemrap tijangipoen Papoewah sanadyan datenga ing tokonipoen memendet barang-barang inggih dipoen oedja kémawon, saben ing wantji ngoendoeh pala ladjeng tjotjogtjotjogan. Sawenèhipoen dinten koela toemoet tijang dagang noempak baita lajar alit, sesadéan dateng ing doesoen -ngadoesoen ingkang oeroet pasisir, bebektanipoen ingkang kalah awarni parang (bendo ), djingga loka, piring-piring, tjangkir , gelang moté , ingkang adi warni anting-anting djené , patraping panjadé , saben doemoegi papan ingkang sakétja kanggé laboeh inggih ladjeng laboeh, toewin naboeh bendé ngoengkoeng, ingrikoe poendi tijang ingkang mireng ladjeng sami dateng , pitakèn poenapa ingkang kabekta, ingkang saged mbajar kentjèng inggih kentjèng (oeroep-oeroepan) , ingkang boten inggih namoeng mendet kèmawon, bilih sampoen dawah ing wantji panjaoer , ladjeng sami keklempakan , tijang dagang toewin tijang Papoewah ingrikoe ladjeng pétangan , pambajaripoen wonten ingkang dipoen bajar wonten ing ngenggèn ngrikoe, wonten ingkang dipoen poeroegaken dateng ing gerijanipoen ingkang dipoen samboeti , déné lampahipoen tetijang dagang waoe ngantos wewoelanan, antoekipoen tamtoe angsal bebaten kalah , mila tetijang dagang ing tanah Papoewah poenika énggal nderbala , amargi panjadénipoen saged angindakaken reregèn katah . Déné sadéréngipoen kalah tetijang dagang waoe, ing tanah Papoewah sampoen dipoen datengi tijang dagang bangsa Inggris , ingkang dipoen sadé boten ngemoengaken barang ingkang rèmèh -rèmèh kémawon, dalasan sendjata inggih dipoen sadèni , mila ing tanah Papoewah poenika kațah tijang ingkang sami gadah sendjata , ananging bab sendjata sapoenika sampoen dipoen djagi kentjeng sanget . Lampahing baita ingkang koela toemoeti waoe, sareng sampoen sawatawis dinten ladjeng wangsoel, amargi sesadéanipoen sampoen telas .
Bab pasamoewan ing kita. Bilih noedjoe taoen baroe ing kita Fak -fak dipoen wonteni karaméan , para tetijang kalah ingkang sami dateng manganggé djangkep, sadoemoegining kita sami bingah-bingah djedjogédan , tetijang waoe sami angsal sesegah saking pangageng , awarni tetedan toewin ombèn -ombèn toja setroep , ingkang angsal sesegah katingal bingah sanget , wonten ingkang ladjeng plesir-plesir dateng toko, toewin wonten ingkang dateng grijaning pawong mitranipően. Déné manawi wantji datengipoen waoe ngantos ngagétaken , amargi sami medal saking wana pating djredoel saenggén -enggén , toemrap ingkang gegrija ing pesisir , datengipoen sami noempak baita, bilih sampoen wantjinipoen mantoek wangsoelipoen inggih boten ketawis , slap-sloep mlebet ing wana.
XI
Wangsoel dateng tanah Djawi.
Sareng anggén koela wonten ing tanah Papoewah sampoen 20 woelan , koela ladjeng wangsoel mantoek dateng tanah Djawi , lampah koela boten bénten kados nalika angkat koela, ingkang koela toempaki kapal api „van Swoll " . Antoek koela mawi mbekta barang warni-warni anggèn koela angsal wonten ing Papoewah , sadoemoegi koela ing Soerakarta kepanggih para akrab, koela tedahi barang-barang waoe, inganggep barang aneh , toewin koela tansah tjetjarijos lelampahan koela, kados déné ingkang keseboet ing serat poenika.
TAMAT.
| EN - CEL |
| P.P.TO S |
| NTEN ! Res . Timoe |
| Res . Timoe |
Digitized byGogle