Baca PDF (OCR): Swaratama: mbangun kuncaraning basa, sastra, lan budaya Jawa, edisi 22, mei-agustus 2022

40 halaman · teks PDF berhasil diekstrak tanpa OCR · 6.3 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. Dening: Yan Tohari
  2. Murakabi ing Liyan
  3. Daftar Isi lan Susunan Redaksi
  4. Susunan Redaksi
  5. Revitalisasi Maca Babad ing Banyumas
  6. Langgam Jawa
  7. Dening: Rita Nuryanti
  8. Ndhudhah dhudhah Bungah
  9. Dening: Didit Setyo Nugroho
  10. Unsur Dramatik ing Cerkak Iku Apa Perlu?
  11. Dening: Triman Laksana
  12. Basa Jawi Mina ngka Basa Ibu
  13. Dening: Khofi fah Indarti
  14. Kabudayan Jawa sing Meh Baen Ilang
  15. Dening: Sri Wijayati
  16. Budi Pekerti udi Pekerti ing Jaman Saiki ng Jaman Saiki
  17. Tata Krama Siswa ing Sekolah kanggo Mujudake Karakter
  18. Dening: Latifah Agus Setyaningrum
  19. Jujur Ora Ajur ujur Ora Ajur
  20. Rembulan embulan Jambon
  21. Pungkasane Aku Kesasar ing Papan Iki ungkasane Aku Kesasar ing Papan Iki
  22. Bangbang Wus Rahina angbang Wus Rahina
  23. Sendhang Kalimah Toyyibah
  24. Mulabukane Sendhang
  25. Aturan Adus neng Sendhang
  26. Simbolikum Etik Keris
  27. KABUDAYAN
  28. Manunggaling kawula-Gusti
  29. Ngeling-eling Piweling ing Cerkake Fajrin Dwi Artika
  30. Dening: Budi Wahyono
  31. BUDI PEKERTI
  32. Griya lan Dalem
  33. Bang-Bang Wis Rahina

Mbangun Kuncaraning Basa, Sastra, lan Budaya Jawa

Edisi 22 MEI-AGUSTUS 2022

Milenial Langgam Jawa KABUDAYAN NGUDARASA Simbolikum Basa Jawi Etik Keris Minangka Basa Ibu freppik.com

KABABAR DENING BALAI BAHASA PROVINSI JAWA TENGAH

SWARATAMA iii

Dening: Yan Tohari

Sabda bisa ditegesi kandha utawa omongan, tan iku tegese ora utawa dudu, dene yukti tegese laras utawa cocok. Sabanjure ukara iku bisa ditegesi kanthi prasaja, yaiku ‘omongane ora cocok utawa laras’. Manut pangerten Jawa omongan utawa kandha sing ora laras iku sawijine omongan sing ora gampang dipercaya. Utawa adhakane akeh dorane katimbang barese.

Unen-unen “sabda tan yukti” iki pancen unen-unen kang ditujokake marang saweneh pribadi kang kulina tumindak cidra, upamane durjana. Durjana utawa maling pratelane pancen ora kena dicekel, sarwa pinter alesan, sarwa wasis gawe ukara. Kabeh iku kanggo mbudi amrih kadurjanan sing katindakake ora gampang kawiyak. Mula, nalika ngadhepi pribadi sing kaya mangkene iki sabisa-bisa tetep waspada. Aja gampang kena rembug, aja gampang kena bujuk.

iv SWARATAMA

“Sabda tan yukti” ateges sakalir sing dikandhakake sarwa geseh klawan sanyatane. Lumrahe yen ketemu klawan pihak sing nedya kagawe kurban, omongan lan pratelane alus lembut kadya bludru. Ndadekake sing krungu yen uwal saka kawaspadan lan pangati-ati bisa kapilut ing dayaning rembug. Pungkasane kena ing godha lan bisa dadi kurbane kang sabanjure.

Ing era digital kaya ngene iki, wis akeh wujud pakarti cidra kang sumebar embuh lumantar medsos, lumantar aplikasi lan caracara sing canggih liyane. Sabanjure mungguh kepriye carane endha saka tindak durjana iki. Sejene tetep waspada lan ngati-ati, tetepa tansah ditandur ing ati kita. Yen sejatine ora ana enak utawa mulya ing urip iki katempuh kanthi dalan sing gampang. Lumrahe tindak durjana sing kaya ngene iki nawakake bab sing penak lan gampang kanggo dalan kamulyan. Yen kena blithuk, dudu mulya, dudu penak sing teka nanging kepara ing kosokbaline. Mula kang tuhu waspada lan ngati-ati.

Murakabi ing Liyan

Dening: Yan Tohari

Nate saweneh pitutur nandhesake yen sautamautamane manungsa, yaiku manungsa kang bisa murakabi ing sasama. Tegese uripe dadi piguna ing samadyaning bebrayan. Tumuli sing endi kang kinaran bisa murakabi ing liyan?

Ing sawijine wektu uripe manungsa bisa wae kesandhung ing kahanan abot. Sawijine kahanan kang kala mangsane datan bisa karampungi kanthi ijen. Nuli kanggo ngadhepi kahanan abot kasebut kedadak merlokake pitulungane liyan. Embuh iku pitulung kang wujud pikiran, dana, pertikel lan apa wae.

Tumuli saiba bungah, saiba mulya, kalamun wujud pitulungan kang diarep-arep kang digadhanggadhang bisa dadi kasunyatan. Urip sing mulane mbokmanawa peteng, tumuli malik padhang. Urip kang karasa abot, wusana awit tekane pitulungan dadi manggon ing entheng.

Mangkono sawijine gegambaran kang bisa dadi sangu kanggo nlesih bab perkara urip bisa murakabi ing liyan iki. Kang sanyatane kabeh jejering manungsa ing sawijine wektu bisa wae tan kaduga kataman ing perkara kang banget merlokake wong liya kanggo angudhari. Lan tekane pitulungan iku mesthi nyipta rasa bungah sarta mulya. Sawijine rasa kang bisa sumandhang ing sapa wae uga kalebu dhiri pribadi kita.

Jejering titah sosial, kita yekti datan bisa uwal saka madyaning pasrawungan, jer kodrat netepake yen manungsa mokal bisa urip dhewe. Kosok baline tansah merlokake wong liya kanggo sampurnaning panguripan. Mula salaras klawan anane pitutur ing ndhuwur, samesthine kita ora pantes gawe lan luwih-luwih ngrancang kanggo gawe rekasa utawa sengsarane liyan. Awit wong liya iku bisa ing sawanciwanci kita perlokake kanggo ngudhari anane bobot kahanan kang tumempuh ing urip kita.

pitulungan bab dana, mesthi wae (saora-orane) kita prayoga duwe kaluwihan dana katandhing klawan kang bakal kita tulungi. Mangkono terus sapiturute.

Ewasemana jejere wong ditulungi lan mitulungi mesthi wae darbe bobot kang seje. Rasa bakal luwih mongkog sarta luwih mulya yen urip kita bisa dadi dalan marang pangudhar boboting kahanan. Awit jenenge aweh pitulungan iku luwih merlokake sawijine kekuwatan utawa kabisan tinamtu. Upamane bakal nulungi wong lara, saora-orane kita kudu ngerti ngelmu kanggo nambani. Upamane kita bakal asung

Beda yen kang nampa pitulungan, dheweke kayakaya ora merlokake kekuwatan utawa daya kang luwih. Awit dheweke wektu iku dadi pihak kang lagi nandhang. Kabagyan lan kamulyane yen ta ana pihak kang gelem sarta bisa asung pitulungan. Mula, ing kene sansaya terwaca yen aweh pitulungan ngemu daya kabagyan kang luwih.

Saka kasunyatan kang mangkono iku istingarah kita perlu sinau marang pangerten mungguh kepriye supaya kita darbe daya sing bisa murakabi ing liyan. Murakabi ora mung winates apa sing katon, nanging ing perkara rasa mbokmanawa iku kasunyatan kang ora kalah wigati uga.

Bisa murakabi ing liyan mono dudu perkara kang sepele, merlokake werna-werna sangu, saengga kita tuwuh dadi pribadi sing enthengan, gampang ngulungake ati kanggo kabagyan liyan. Paweh legi ing sasamining titah, dudu asung pait utawa kasangsayan ing liyan. Mula daya sing kawitan kita darbeni yaiku ati kang resik. Ati sing dhemen aweh pitulungan mesthi caket klawan Gusti. Atine katumrapan klawan sipating Gusti Kang Maha Agung, yaiku sipat Gusti Kang Maha Paring Pitulungan.

Jenenge wae pitulungan, mula sithik datan ngarep-arep pepulih. Arane ing umum, yaiku “sepi ing pamrih rame ing gawe”. Pitulungan kasebut katindakake kanthi rila lan legawa, sithik-sithika wae datan kasimpen rasa ing pangarep-arep. Becik iku awujud bandha, utawa maneh nadyan amung sabobote pangalembana. Pamrih kang kaya ngapa wujude, lumrahe bakal ngrusak ajining karilan. Pangarep-arepe kang kena yaiku amung siji, wujude antuk pangasihe saka Gusti Kang Maha Paring Piwales.

Pungkasane, laku ngurip-urip duwe panguripan kang murakabi ing liyan, yaiku yen pitulungan kasebut katindakake kanggo sapa wae. Datan mulat klawan drajat, pangkat, golongan, agama, lan ukuran apa wae. Ukuran sing gumathok yaiku yen dheweke nyata-nyata merlokake pitulungan lan kita mbudidaya kanggo bisa asung pitulungan. Ngono, muga kang sithik iki kuwawa asung gegambaran klawan apa sing kinaran urip murakabi ing liyan. SWARATAMA 3

Daftar Isi lan Susunan Redaksi

PITUTUR LUHUR 2 Sabda Tan Yukti BLENCONG 3 Murakabi ing Liyan TERAS 5 Revitalisasi Maca Babad ing Banyumas KAWRUH SASTRA 7 Milenial Langgam Jawa CERKAK UTAMA 9 Cacing GLADHI SASTRA 12 Ndhudhah Bungah ONCEK-ONCEK 14 Unsur Dramatik ing Cerkak Iku Apa Perlu? NGUDARASA 16 Basa Jawi Minangka Basa Ibu DIALEK TEGAL 18 Kabudayan Jawa sing Meh Baen Ilang CRITA RAKYAT 20 Panembahan Bodho SWARA SISWA 22 Budi Pekerti ing Jaman Saiki SWARA DWIJA 23 Tata Krama Siswa ing Sekolah kanggo Mujudake Karakter WACAN BOCAH 26 Jujur Ora Ajur GURIT 28 Rembulan Jambon, Pungkasane Aku Kesasar ing Papan Iki, Bangbang Wus Rahina MACAPAT 31 Kaduk Manis Pancasila Linair Patitis JAJAH 32 Sendhang Kalimah Toyyibah KABUDAYAN 35 Simbolikum Etik Keris RESENSI BUKU 37 Ngeling-eling Piweling BUDI PEKERTI 39 Griya lan Dalem

Mbangun Kuncaraning Basa, Sastra, lan Budaya Jawa

Susunan Redaksi

Penanggung Jawab : Dr. Ganjar Harimansyah

Sasti, S.S.

Pemimpin Utama : Sunarti, M.Hum. Pemimpin Redaksi : Umi Farida, S.S. Sekretaris Redaksi : Poetri Mardiana Redaktur Pelaksana: 1. Widiyartono 2. Triman Laksana 3. Yan Tohari 4. Bambang Sulanjari, M.A. 5. Kustri Sumiyardana, M.Hum. 6. Jefrianto, S.Pd. Redaktur: 1. Getmi Arum Puspitasari, S.Pd. 2. Vintia Anggraini, S.S. 3. Dian Respati Pranawengtyas, S.S., M.Pd. 4. Citra Aniendita Sari, M.Hum. Reporter: 1. Afritta Dwi Martyawati, M.Hum. 2. Akhid Anshori Setiawan, A.Md. Desain Grafi s lan Tata letak: Aziz Nugroho Keuangan: Sri Ernawati, S.E. Sekretariat & Sirkulasi: 1. Ramadhanti Sukma Priyandini, S.E. 2. Bambang Surono Alamat redaksi:

Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah, Jalan Elang Raya 1, Mangunharjo, Tembalang, Semarang 50272 Pos-el: [email protected]

ISSN 2746-3389

Revitalisasi Maca Babad ing Banyumas

Dening: Tim Swaratama

Gelar Wicara Revitalisasi Basa lan Sastra Dhaerah ing Banyumas

Dhusun Cibun kalebu ing wewengkon tlatah Banyumas. Penere ana ing tlatah Desa Sunyalangu, Kecamatan Karanglewas. Papan mau bisa dikandhakake rada mencil. Lha, kepriye, kanggo mlebu ing dhusun kuwi ora bisa nganggo mobil. Dalane ora cukup. Mulane, nalika tim saka Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah arep tumuju menyang papan kuwi, kudu mlaku pirang-pirang kilo adohe. Saliyane kuwi, ing kana uga durung ana sinyal. Kanthi mangkono HP ora bisa digunakake kanggo nelpon utawa internet.

Sanadyan papane rada mencil, ing Dhusun Cibun ana tradhisi kang ora ditemoni neng tlatah liyane. Tradhisi kuwi yaiku Maca Babad Pasir Luhur. Eman, tradhisi mau wis meh ilang amarga para sesepuh kang kulina nindakake wis padha tilar donya. Mula, tradhisi kuwi prelu di-revitalisasi utawa diuri-uri maneh.

Kanggo program revitalisasi mau, Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah ngutus tim, yaiku Shintya, Agus Sudono, Naratungga Indit Prahasita, lan Esti Apisari, menyang Dhusun Cibun. Tim mau dikancani kancakanca saka Universitas Jenderal Soedirman (Unsoed) kang dipandhegani Nisa Roiyasa.

Sawise mecaki dalan meh rong jam suwene, tim mau tekan ing Dhusun Cibun. Tekane disambut masyarakat kang dipandhegani dening Puji Irawan. Sawise leren sadhela, tim diajak menyang wangunan kang memper pendhapa. Wangunan mau ana ing sanjabane dhusun. Papane rada dhuwur kanthi alam kang isih asri. Dadi, wong-wong kang arep menyang kono kudu mlaku liwat dalan kang munggah. Ora ana omah liya kajaba pendhapa iku. Saliyane kuwi, durung ana listrik ing wangunan mau.

Wektune wis rada sore. Kabeh banjur padha ander lungguh ing pendhapa. Katon uga bocah-bocah cilik kang pancen diajak menyang papan kuwi. Sawise padha tata, masyarakat kono banjur mraktekake maca babad. Swara tembang banjur keprungu ing papan kang sepi. Babad sing ditembangake mau, yaiku Babad Pasir Luhur kang nyritakake lelakone Raden Kamandaka.

Srengenge wis meh angslup nalika wongwong mau mungkasi anggone maca babad. Kabeh mau kanggo gambaran sastra lisan kang bakal direvitalisasi dening Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah. Ndilalah ing wektu kuwi banjur udan deres. Kepeksa tim karo dikancani saperangan masyarakat ketahan ana pendhapa. Ing petenge wengi wong-wong kang ana ing kono mung bisa ngobrol karo ngenteni terange udan. Ponsel ora bisa digunakake kajaba mung kanggo pepadhang.

Mangkono satleraman wiwitaning acara revitalisi sastra lisan ing Banyumas. Pancen, Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah duwe program revitalisasi basa lan sastra. Program mau kanggo ngupaya nguri-uri basa utawa sastra kang wis meh mati.

Taun iki dipilih Tradhisi Maca Babad kang ana ing Banyumas. Maca Babad dipilih amarga wong-wong kang maune nindakake tradhisi mau wis padha ora ana. Maestro kang pungkasan wis tilar donya kurang luwih setaun kapengker. Putrane maestro mau, Puji Wirawan, duwe krenteg nguripake tradhisi kuwi. Dadi, miturut Puji, masyarakat kene ya isih padha ajar karo ngeling-eling kang ditindakake wong-wong tuwa biyen nalika maca babad.

Program revitalisasi dhewe diwiwiti saka inventarisasi. Sastra lisan kang dirasa wing nguwatirake banjur dicatheti. Saka sastra-sastra lisan mau dipilih siji kanggo di-revitalisasi. Kanggo inventarisasi, Balai Bahasa nggandheng Lembaga Penelitian dan Pengab dian Kepada Masyarakat (LPPM) Unsoed. LPPM Unsoed uga dijaluki lelimbangan, prayogane tradhisi sing endi kang bakal di-revitalisasi.

Sabanjure dianakake audiensi, yaiku rerembugan ngiras pantes kulanuwun karo panggedhe ing tlatah Banyumas. Acara iki dipandhegani dhewe dening Kepala Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah, Dr.

Ganjar Harimansyah. Tim saka Balai Bahasa mertamu nemoni bupati Banyumas, Achmad Husein. Saweneh kepala dinas ing laladan Banyumas melu ngampingi. Ing antarane katon ana Kepala Dinas Pendidikan, Dinporabudpar, Arpusda, lan Dinas Kominfo Kabupaten Banyumas. Audiensi mau lumaku ana ruang Joko Kahiman.

Ing kalodhangan kuwi, Mas Ganjar njlentrehake program-program ing Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah kalebu revitalisasi. Program kuwi kanthi ancas ndhidhik generasi mudha. Dadi, samengkone, kanggo revitalisasi maca babad, bocah-bocah ing Cibun bakal dilatih nindakake tradhisi kuwi. Kang mangkono iku supaya tradhisi mau ora mati.

Achmad Husein katon seneng kanthi anane program mau. Panjenengane langsung paring dha wuh marang dinas-dinas kang kawogan supaya nyeng kuyung kang ditindakake Balai Bahasa. Bupati Banyumas uga nelakake panuwun dene taun iki program revitalisasi milih tradhisi kang ana ing laladane.

Wiwit kuwi program revitalisasi maca babad wis bisa ditindakake. Ing program kuwi diklumpukake bocah-bocah ing Cibun lan sakiwatengene. Bocahbo cah mau saben minggu dilatih maca babad. Samengkone, ing pungkasaning taun, asiling re vi talisasi kuwi bakal ditampilake ana ing masyarakat umum. Kaangkah mengko bakal ditampilake ing acara kang dikepyakake dening Balai Ba hasa Provinsi Jawa Tengah.

Tengahan mapan ana abad ka-13 tekan kurang Milenial luwih abad ka-16. Karya sastra ing periode iki

Langgam Jawa

Dening: Emi Triani

Sastra Jawa sejatine ora lumuntur apa maneh linebur. Masia akeh kawula mudha kang mletre angel sinau basa krama ananging jiwa sastra Jawa tetep tumancep lantip uga ing atine para ngamudha. Salawase iki, periodisasi karya sastra Jawa dipangaribawani dening ruwang lan wektu. Ana kang awujud tulis kang dumadi saka gurit, novel, cerkak, cerbung, lan sapanunggale. Saliyane iku uga ana kang awujud lisan kaya ta folklore, dongeng, legenda, lan samanekawarnane.

Umume para ahli nggolongake periodisasi sastra Jawa dadi papat. Kawiwitan saka Sastra Jawa Kuna. Periode iki, yaiku ing antarane abad ka-9 ngandi abad ka-14 M. Karya sastra ing jaman iki awujud gancaran, kakawin, babad, lan kitab agama. Banjur Sastra Jawa kang kawentar, yaiku awujud kidung. Periode sastra Jawa sabanjure jumbuh karo tekane ajaran Islam. Periode iki antarane ing abad ka-16 M nganti ka-17 M. Basa kang dianggo yaiku basa Surakartanan. Karya kasusastran ing periode ing antarane suluk. Tembang kang digunakake ing periode iki racake nganggo tembang macapat. Periode pungkasan, yaiku sastra Jawa Modheren, kawiwitan saka abad ka-19 tekan saiki.

Tekane saiki, sastra Jawa bisa dikandhakake isih eksis. Mung wae kabeh melu ombyaking jaman. Saiki bisa dikandhakake minangka jamane generasi milenial lan generasi Z. mesthi wae sastra Jawa melu owah manut jiwane para ngamudha.

Para nom-noman duwe cara dhewe kanggo nguriuri lan nglestarekake sastra Jawa. Isih akeh ngamudha kang nganggit karya sastra. Ana kang nulis cerkak, geguritan, cerbung, lan liyane. Salah sijine ngripta geguritan utawa puisi Jawa kang awujud lelagon.

Lirik lagu kuwi satemene karya sastra awujud puisi kang kasusun dadi lelagon. Ana sajroning lelagon mau bisa wae ngandhut unen-unen, paribasan, bebasan kang bisa dadi sarana kaca benggala kanggo mawas dhiri. Tuladhane lelagon kanthi irah-irahan “Wis Tatas” dening Happy Asmara.

Tak  ing- ing biyen tau ng g apa  ep ngancani tekan pungkase  iku Nanging saikine kowe ningg janji Ibar banyu m i wis tekan segara

Karya sastra awujud puisi ing ndhuwur minangka salah sawijining tuladha yen tembang iku duwe bobot dhewe ing kasusastran. Ing tembang mau pangripta gawe unen-unen, yaiku ibarat banyu mili wis tekan segara. Unen-unen mau ditegesi wong kang lunga ngono wae lan ora bakal bali. Kuwi dipadhakake karo banyu kang mili menyang segara, ora bakal banyu mau mili bali menyang kali, terus menyang erengereng gunung, lan sateruse. Kuwi ngupamakake wong kang mokal yen arep bali. Unen-unen Jawa kang kaya mangkono pranyata gampang dingerteni dening generasi milenial jaman saiki.

Eksistensi sastra Jawa ing generasi milenial katon uga saka akehe nom-noman kedanan langgam Jawa

versi koplo. Contone, ana Sobat Ambyar sebutan kanggo pandhemen lagu kang karipta dening maestro agung Didi Kempot. Nganti Didi Kempot entuk julukan Lord Didi. Kuwi kabeh mbuktekake tresnane generasi milenial marang sastra Jawa. Durung maneh lagu-lagu Jawa kang ditembangake dening Denny Caknan, Guyon Waton, Happy Asmara lan musisi liyane. Ora mung kuwi. Saikine lelagon sastra Jawa ngebaki jagad virtual ora trima neng Youtube, lelagon mau uga jag-jagan ana TikTok, Instagram, WhatsApp, lan sapanunggale. Restoran, minimarket, bazar buku, warung HIK, lan pepanggonan liya uga kerep muter lelagon mau .

Banjur apa lelagon mau nduweni ajaran luhur kaya kang kacetha ing serat, kakawin, kidung, lan sapanunggale? Mesthi ana kaya dene lagu kang karipta dening Jogja Hip-hop Foundation kanthi judhul “Kecap no. 1 ”

rejekimu ra bak cukup dinggo ngrag i gayamu Apa wareg mangan gengsi? gengsi dikecapi tep ra enak did i Aja gumunan, rasah pinginan sing ng i- i, jaman wis edan Aja kebablasan, k angan ukuran gaya ra digawa m i nganti tekan kuburan

Lirik ing ndhuwur di-rilis taun 2021. Lelagon kuwi ngajarake dadi manungsa kuwi aja kemlinthi, aja gumunan, lan pinginan. Ajaran mangkono jumbuh karo kahanan jaman kang sarwa akeh godha kaya saiki.

Sastra Jawa uga katon eksistensi-ne nalika lelagon mau kasebar ana saindenging nuswantara. Saiki ora mokal yen tembang Jawa kaprungu ing Papua, Kalimantan, Sulawesi, apa dene Sumatra. Sanadyan sing ngrungokake durung tamtu paham tegese. Liwat lelagon mau para ngamudha bisa ngrumat lan nguri-uri sastra Jawa. Malah ana unen-unen anyar sastrane saya ngeksis nom-nomane katon mbois. Bisa dikandhakake iki minangka mikul dhuwur kasustraan kanthi cara milenial.

Dening: Rita Nuryanti

”Hiiii...., Pak! Tulung, Pak! Hiiii...., jijik! Muneg-muneg tenan, aku!” Lagi sajangkah manyuk teras kanthi ancas ngresiki gegodhongan garing ing pot kembang, Lasmi gidro-gidro mbengok kamigilan. Awak diputer, bali nggendring mlebu ngomah. “Pak...., tulung, Pak! Hiiiii.....” Lasmi nutup rai kanthi tangan sakloron.

“Ana apa, ta, Las? Dioyak kuntilanak apa piye? Ngisruh ngerti ra?” Nardi kang lagi mutheg ing ruwang kerja nesu, rumangsa keganggu. Sikile jumangkah metu kepengin mangerteni apa kang satemene dumadi.

“Iki lho, Pak. Ana cacing gedhi ngloler, hiiiii....!!!” Mangerteni Nardi nyedhaki, Lasmi gage nubruk kaya dene njaluk pangayoman.

“Lasmi..., Lasmi! Aku ki Pak Lurah! Repot, ngurusi warga, malah kon mbuwang cacing. Ngeceh-ceh wektu lan tenaga, ngerti ra?” Sajak ora dadi atine, Nardi ngendhani Lasmi. “Golek cuthik apa piye, rak beres, ta, Bu!”

“Wallah Pak, ya wis, yen dianggep nyaru wuwus. Lasmi kelangan pangarep-arep. Kaya Baladewa ilang gapite, bali nglunuh menyang teras. Wala-wala kuwata, arep perang tandhing klawan cacing. Sepira kadigdayane cacing. Kewan klugat-kluget ana ngisor, ora bisa mabur, ora bisa nendhang. Hi hi hi....!!!” Lasmi setengah nggeguyu awake dhewe. “Lha ning, yen jijik ki ya jijik tenan e, ora ana kakang adhine!” Sesisih atine mbelani.

Sinambi jumangkah Lasmi ngulir budi kepriye carane nyirnakake cacing kang kalebu kewan angreregedi karana sabane ing lemah. Kene takpithese. “Aaaaaaaaaaa......!!!” Durung nganti tekan lawang, Lasmi mbengok sora. “Bleg!!!” Lasmi ambruk. Semaput, tan eling purwa duksina.

Krungu pambengoke Lasmi lan suwara gedebug, Nardi nratap. Sinartan ati gembreget kepeksa njranthal, mbok-mbok Lasmi kena apa-apa. “Lasmiiiii........!!!” Kagete Nardi kaya sinamber gludhug na ndhuwur mbun-mbunan. Lasmi ditubruk, dihoyog-hoyog awake murih enggal eling. “Ana apa, ta, Las? Kena apa kowe?”

Lasmi obah wae ora. “Apa iki kok kleler-kleler?”

Nardi ngudarasa. Sikile ngrasakake kaya ana kewan cilik dawa nggremet saka driji munggah tekan tungkak. “Gene mung cacing.” Cacing dikipatake. “Iki ta kang njalari Lasmi semaput. Kene takgilese!” Nardi lingaklinguk golek barang sing kena kanggo nyirnakake cacing. “Haaaaa........!!!!” Nardi mbengok sarosane nuli mlayu sipat kuping mlebu kamar mangerteni cacing sapirang-pirang kaya dibarisake.

“Hiiiiiiii.........!!!” Githoke Nardi mengkirig. “Jebret!” Lawang ditutup, dikunci. Lungguh kursi, menggehmenggeh. Nasibe Lasmi wis ilang saka pangangene.

Nardi wel-welan. Cacing samono akehe, saka ngendi asale. Apa kang njalari dhampyak-dhampyak mlebu ngomah? “Apa ana kang ngganggu gawe ya?” Pikirane Nardi ngumbara. “Sapa ya?” Nardi milangmiling milangi kanca lan tangga kang kira-kira ora seneng marang dheweke.

“Lho?!!!” Nardi njondhil. Ana cacing kang bisa ndlesep saka ngisor lawang kamangka kanthi kasat mata blas ora ana sela sasithika. “Kapokmu kapan, kowe!” Nardi nyaut sepatu kang gumlethak ing pojokan dinggo nuthuk lan ngiles-iles cacing. Sajak mentheles lan ngece, apa maneh mati, beset sithik wae ora. “Lho..., lho..., lho.....” Nardi tansaya kaget lan gumun. Cacing dadi modot, tansaya gedhe..., tansaya gedhe. Ora mung kuwi, saka tembok lan lawang njedhul cacing sapirang-pirang. Kaya duwe mripat, cacingcacing kasebut mencereng sajak ngampet sesengit marang Nardi. Tan gantalan wektu, bleg! Nardi ambruk, ndlosor ing jobin.

Nardi krasa cacing sapirang-pirang pating kruget jejogedan ing saranduning awake. Krasa thok, nanging tan bisa suwala. Ngelekake mripat wae kaya kelet, apa maneh mbengok tulung-tulung utawa gumregah tangi. Blas, otot bebayu kadya dilolosi.

“He, Pak Nardi! Rungokna! Jembrengen kupingmu!” Keprungu suwara sora mepet kuping kiwa. “Aku pancen mung cacing, gegambarane wong cilik, pidak pedarakan. Nanging aja njur kok idak-idak terus. Cacinga kae aku duwe ajining dhiri. Oraa bisa genti midak, mesthi kronjotan kepengin uwal.”

“Jare lurah mono ngayomi rakyate. Lha, kok, tiba kosok balen?” Cacing kang nemplek ing pipi tengen melu nyuwara. “Warga kokanggep ora ngerti lan bodho, sanyatane mung ngajeni kareben ora kewirangan.

“Mbok eling Pak, janji-janji sadurunge dadi!”

“Wingi empuk mblubur, saiki lahan subur. Nggo ngapusi!!!”

“Nardi..., na arta dadi..... Ha ha ha.........”

“Iki isih dha nganggo tepa-tepa lho! Coba yen mlebu irung apa kuping! Kesiksa nganti oncat nyawamu!”

Cacing sapirang-pirang pating craek genti-genten mbalang tembung. Keri, risi, semu jijik wis ora dirasakake Nardi. Anane mung pasrah, nyatane pancen ora bisa polah. Nardi ing kahanan antarane sadhar lan ora rumangsa lagi diwulang. Kang dianggep sepele kalamun nyawiji kanyatan dadi ngedab-edabi. Tanpa cecala lelakon kawuri kumlebet ing pangangene Nardi.

“Pak..., Pak Nardi! Nyuwun tulung, Pak! Nika Sarman kaliyan Sumadi ajeng bacok-bacokan rebutan pathok kebon.” Lagi bali dhog saka ngantor ing kelurahan, Nardi dipapag tekane Warna kang magitagita mrepegi.

“Aja gawe-gawe, Na!”

“Saestu, lurahe! Ngga tindak mrika saderenge wonten korban!” Kaya disawatake, lurah Nardi lan Warna mlayu nedya misah kang lagi pancakara.

“Mandheg..., mandheg! Tunggal kringkel lan wis gedhe tuwa kaya bocah cilik. “Bacoken aku yen kepengin mlebu bui!” Tanpa duwe wedi Nardi malangkerik ing tengah. Sarman lan Sumadi dipenthelengi mbaka siji.

Kalah perbawa klawan kang diadhepi, Sarman lan Sumadi mbleret. Pedhang dilorot, tangan kiwa tengen nggejejer mepet awak. Ambegane ngangsur-angsur pratandha ngampet ubaling hawa.

“Ana rembug ki mbok dirembug. Ora isin pa diton ton tangga? Kae pating jlager padha nonton!” Tetembungane Nardi alus. “Pilihen, dirampungke ana kantor polisi apa cukup ing omahku?”

“Wonten dalem panjenengan kemawon, Pak!” Kaya diabani, Sarman-Sumadi nyaut bebarengan.

“Lha, mbok ngono kuwi, kompag!” Nardi ngguyu. “Ayo, padha salaman!”

Sarman–Sumadi sidane digiring menyang omahe Nardi. Golonging rembug kekarone nedya gawe sertifikat dhewe-dhewe murih cetha kikise lan ora bisa diogreh-ogreh maneh. Yen arep dibangun utawa diwariske anak, wis ora eret-eretan.

“Lha, ning, ragade pinten, Pak?” pitakone Sarman.

“Kula boten gadhah arta, lho, Pak!” Sumadi nambahi.

“Gampang.” Nardi nuli menehi sasmita marang Sarman lan Sumadi supaya nyaket. Tetelune nuli

geglenikan, kursi kang dilungguhi wae aja nganti krungu. Pepuntone Nardi kang mbayari. Tinimbang di etung utang, Sarman apa dene Sumadi pilih ngiris sithik bageane diwenehake Nardi pinangka gantine mbayar sertifi kat.

“Pak..., Pak..., Pak Lurah! Tulung Paaaaaakkkkk!!!” Durung nganti Sarman–Sumadi pamitan bali, lawang digedhor sarosane.

“Sapa kae, ora ana unggah-ungguhe!” Nardi menyat.

“Inggih sampun, Pak Lurah. Kula nyuwun pamit,” Sarman ngajak salaman.

“Matur nuwun, nggih, Pak. Nyuwun pangapunten sampun ngrepoti.” Sumadi ora gelem keri. Ngulungke tangan, nedha nrima tan kinira.

“Ya wis. Sing padha rukun, ya. Sertifi kate enggal di gawa mrene. Thit, ya, dipecah dadi telu.”

“Inggih, Pak.” Ora kaya kalane teka, sedulur kakang adhi kuwi gegojegan lali menawa mentas sulaya.

Wong telu gegancangan metu. Sarman lan Sumadi bablas menyang omahe dhewe-dhewe, Nardi nemoni kang nggegeri kaya dioyak maling.

“Welleh, gene Tarno. Ana apa?”

“Pak..., Pak Lurah, pripun nika bojo kula?”

“Lha priye kowe, mosok bojomu takon aku?”

“Pak Lurah..., ngeten niki lho!” Tarno nuli ngethuprus nyritakake bojone kang diganggu dening Wawan, kancane nyambut gawe. Arep diajar kareben kapok kok ora mentala merga wis dianggep kulawarga lan ora sithik kabecikane. Dinengake, saya nranyak lan nyenyamah ajining dhiri minangka wong lanang.

“Bojomu karo Wawan saiki ana ngendi?”

“Teng nggriya kula, Pak. Teng kamar.”

“Ayo mrana! Sesidheman wae, aja ana kang ngerti. Dirembugi apik-apik. Bisaa dikena iwake aja nganti butheg banyune.”

“Kasinggihan, Pak Lurah.”

Murih ora ditakoni kang pethukan ing dalan, Nardi nggoncengake Tarno nganggo motor. Sadurunge tekan plataran mesin dipateni. Kaya detektif amatiran kekarone sesingidan ngener lawang butulan kang biyasane pancen ora dikunci.

“Nika Pak, dha cekikikan, kula kedah pripun?” Tarno ngampet gemreget. Lagi wae mbukak lawang wis keprungu suwara nglelithik kuping.

“Tenang lan sabar. Aja emosi. Yen kowe nesu, ora karuan mengko kedadeyane. Cedhakana kanthi sareh, priye mengko tumanggape,” pamrayogane Nardi.

Tarno ambegan landhung, nata ati. Lon-lonan jumangkah, nyaketi kang lagi lungguh lelendhotan lan gegojegan. “Hai..., Wan. Kapan teka? Kok ora ngabari aku dhisik! Mosok mung dianggurke. Tamune digawekke unjukan, ta, ya, Jen!”

Keprungu alus nanging mak, “Peng!” Kang lagi pepasihan kaya kekantem bodhem.

“E..., e..., iya! Kelalen. Sing gedhe pangapuramu, ya, Tar!” Sajak kamisosolen Wawan mangsuli. Jeni, sisihane Tarno, nggendring mlebu kamar nyuntak tangis.

“Sampun, sumangga, Pak Lurah, anggen panjenengan badhe paring pangandikan!” Tarno njawil lurahe.

“Sik, lungguh kene Mas Wawan. Ayo dirembug apik-apikan!” Lurah Nardi nuli njlentrehake mbulet lan entreng-entrengane kasus perselingkuhan. Mbebarang wirang, jeneng lan bandha kanggo totohan. “Piye, arep damai apa dikasuske?”

“Damai mawon, Pak!” wangsulane Wawan meh ora keprungu.

“Kaya ing desa liya, didhendha rongpuluh yuta. Sepuluh kanggo Tarno, sepuluh kanggo mbangun desa. Merga kudu dingengreng kanggo apa, titipna aku dhisik.”

“Kalih dasa yuta, Pak? Arta saking pundi?” Wawan sumlengeren.

Merga kepepet, Wawan anane mung manut kalane Nardi nawani ngutangi kanthi sertifikat sawah minangka jaminan. Sing nyaur sakuwate, sing penting ana tembunge.

Embuh sapa kang nyebar warta, wiwit dina kuwi kalamun ana warga kang nemoni sandhungan bab urusan, playune menyang lurahe. Mrantasi lan ora nguciwani. Ning ya kuwi, kudu ana oline murih lunyu lan tlunyur, enggal tekan kang tinuju.

“He..., Pak Nardi! Endi sawahku! Mosok merga telung taun ora nyaur, sawahku kok candhak cekel!” Mak bedhengus, Wawan mencungul.

Nardi gragapan. Panglambranging pikiran sanalika kandheg. Wawan kang padatan manutan lan weden, malih mbranyak wani. Mentheleng, mripat abang kaya ngampet kanepson.

“Sabar piye! Wis ora betah aku, kokpidak kaya cacing!”

“Sabar..., sabar..., Wan!” Nardi nggregeli.

Cetha wela-wela ing panyawange Nardi, Wawan

kang sakawit njenggereng gedhi malih mengkeret..., mengkeret..., wusana malih cacing klogat-kloget ndedilat awake.

“Aku ya ora trima!” Tanpa kangerten sangkane, ujug-ujug Sarman lan Sumadi teka. “Aku uga dicecamah kaya cacing!” Jleg, Sarman lan Sumadi sakkal dadi cacing. Kaya kang uwis, nuli padha egalegol nyak-nyakan ing awake Nardi.

“Aku uga!”

“Aku ya mangkono!”

“Aku njaluk tanggung jawab!”

“Ayo diganyang bareng-bareng, ben kapok!”

Pating brengok wong-wong kang nate diapusi Nardi gembrudug teka.

“Ajaaaarrrrr!!!” Ana siji kang ngabani.

Pawongan sapirang-pirang salin wujud dadi cacing nuli jag-jagan ing saranduning badane Nardi.

“E..., aja! Aku kapok! Tulung...., tuluuuungngng!!!” Nardi kamigilan, mbengok golek pitulungan.

“Pak..., Pak! Eling, Pak!” Nardi krasa ana kang ngobah-obahake awake lan swara wong wadon un dangundang. Kanthi ngetog daya nyoba ngelekake mripat. Sakawit rada blawur, wusana byak, cetha.

“Wallah Pak..., Pak! Ngedheg-edhegi. Njenengan kuwi kena apa?” Lasmi mingseg-mingseg ing jejere.

“Cacinge endi, Bu?” Nardi lingak-linguk nggoleki.

“Aman, Pak. Wis dijupuki Kang Sarman, Kang Sumadi, lan Wawan, kang uga wis nulungi aku.”

“Ha?!! Hiiii....” Krungu jeneng telu mau disebut, rasa wedi mencit tekan mbun-mbunan. Rapet pet, rai ditutup nganggo tangan.

“Kula eklas tetulung kok, Pak.”

“Kula boten badhe males kok, Pak.”

“Kula pasrah kok, Pak. Yen tasih rejeki kula rak nggih wangsul.”

Genti genten Sarman, Sumadi, lan Wawan mangsuli. Ora nyaket, njaga pangrasane Nardi.

Nardi mbrebes mili. Kaya antuk kekuwatan, gumregah tangi. Wong telu ditubruk, dirangkul. Udan tangis. Nelesi ati, nyuwak werdining kamanungsan. Cacing kang gluprut lemah kanyatan murakabi mring pepadhaning tumitah, kalebu dheweke kang rumangsa luwih dhuwur drajade. Eklas, tanpa kabiwara ocehing kukila lan cumloroting bagaskara.

Rita Nuryanti,

Dwija ing SMPN 3 Semanu, kang mapan ing Pacarejo, Semanu, Gunungkidul, Yogyakarta

GLADHI SASTRA

Ndhudhah dhudhah Bungah

Dening: Didit Setyo Nugroho

Temlawung mblejeti lakon perih sing wis nate dak untal sadawane gurung uripku, saben aku arep mlangkah lawang omahe Mbakyu. Kaya lagi wingi sore nalika Bapak, aku, lan adhiku leren ana langgar mlebu dalan cilik Desa Nggundhi Purwodadi. Kiyupkiyupan rembuyunge godhong mahoni aku nyawang pasuryane Bapak mbrabak abang, lan luh tumetes nalika nemahi putrine sing pamite nyambut gawe ana CV nanging nyatane ing kono uga dadi tukang ngepel, ngumbahi, lan nyetlika sandhangane kabeh pegawe CV.

Wektu kuwi Bapak ora bisa ngendikan apa-apa, mung esem getir kang sempat cemanthel ing lathi. Karo pasuryane katon pucet ora bisa ndhelikake rasa trenyuh kang nggubel ati. Bapak rumangsa salah mung kuwat ngragati sekolahe Mbakyu mung tekan bangku SMEA. Senadyan wektu semono bocah bisa sekolah menengah atas kuwi wis peng-pengan. Kuwi wae direwangi niba nangi anggone mburu cukup. Jaman semono wae golek gawean angele wis ora njamak apamaneh jaman saiki. Mbakyu kepeksa wani dadi sapu gerang, wani wirang mlayu dadi pegawe CV menyang Nggundhi Purwodadi katut kanca kenthele sing asmane Harmini.

“Ndar, timbang kowe ana ngomah ora nduwe gawean lan gur ngenteni bojo teka kepiye nek takjak nyambut gawe ana panggonane bulikku,” pangajake Harmini tilas kancane SMEA nalika isih mangerteni manawa mbakyuku isih nganggur.

Mbakyuku sing rumangsa ana ngomah mung dadi bebane wong tuwa terus gage-gage mangkat ora mangerteni gawean sing kudu dicekel mengko

apa. Nyatane nganti pirang-pirang sasi Mbakyu ora bali lan mbaka sithik bisa kirim dhuwit liwat kantor pos. Bapak, ibu, aku, lan adhi-adhiku ya rumangsa mongkog marang pegaweane Mbakyu. Nganti Bapak, aku, lan adhiku kepingin ngerti apa ta sejatine gaweane Mbakyu ing Desa Gundhi Purwodadi kuwi.

Esuk mruput bubar subuh wis ngadhang bis. Sawise sawetara bis katon endhas lan lampu bunder loro kang mobrong nyedhaki. Udakara sakjam wis tekan Terminal Tirtonadi Solo ganti bis jurusan Pur wodadi lan mandheg Desa Nggundhi.

Sawise mrangguli kahanane Mbakyu ing Gundhi kang kaya mengkono banjur bapak ngadhep Pakdhe, sing uga kagungan CV, njaluk tulung supaya ponakane dilebokne ing kono. Pakdhe ya nyanggupi. Ananging ing ngendi-endi jenenge CV kuwi ora ajeg gaweane. Mula nek ora ana gawean ya kareben Mbakyuku gelem mbantu gawean ngomah. Bapakku ya ora kabotan . Bapak mbok menawa menggalih nek nyambut gawe ana panggonan sedulure dhewe senadyan dikaya ngapa mesthine luwih ana rasa kamanungsane.

Wusanane Bapak kirim layang nyang Mbakyu sing isine supaya mulih terus pindhah gawean ana kantore Pakdhe sing ora adoh seka ngomah. Embuh pancen bejane Mbakyuku apa pancen Gusti Allah wis nggaris urip kang apik ing epek-epeke. Mbakyuku lagi udakara nyambut gawe patang sasi ana panggonane Pakdhe wis dilamar wong dijak bebrayan lan diboyong menyang Cilacap. Bapak bungahe ora mekakat. Mbakyuku dimantu gedhen nganggo dhuwit arisan sepedha motor sing ndelalah sakantor pada nglilakake nalika bapak ngersakne entuk dhisik.

Tekan Cilacap, omah-omah udakara rong taun dititipi aku gen digulawenthah ana kana amarga bapak wis gerah-gerahen. Aku ganti ngrewangi Mbakyuku karo kuliah fi lial yen wayah wengi. Sorene mbakyuku sekolah ana KPG. Ora nganti patang sasi amarga lulusan saka SMEA wis rampung terus magang dadi dwija TK. Banjur ana testingan pegawe Mbakyuku sing pancen lantip katon bisa ngimbangi kancane lan bisa klebu dadi pegawe terus di-DPK ana perhutani dadi dwija ing TK Rimbani.

Sekolahane cilik manggone ana pinggir laut ngisor wit sukun. Muride akeh sing anake tukang becak, buruh, karo nelayan, senadyan ana uga anake pegawe negeri. Lagi entuk siji setengah tahun anggonku kuliah Bapak seda lan ibu dadi randha, ngurus pensiyunan rada angel mula aku kepeksa metu seka kuliah fi lial. Ing surat kabar ana bukaan pendaftaran IKIP Yogya sing rangking siji tekan lima entuk ikatan dinas. Aku banjur coba mburu nasib. Ndelalah kabeh lancar. Aku pindhah sekolah Yogja, kebeneran entuk ikatan dinas, dadi rada nyopak sekolahe ora mbayar malah kepara kena kanggo mangan sisan saben sasine.

Wektu mubeng terus nganti Mbakyu wis dadi Pangarsane Pawiyatan ing TK terus sekolahane entuk proyek bangunan. Ana salah sawijining pegawe sing dikirim seka Jakarta sing survey ana gedhung TK kuwi. Mbakyuku sing pancen rada blater banjur omongomong karo Pak Darto ketua tim kuwi. Crita ngalor ngidul nganti ketemu prastawa kang ora nate dietung dening manungsa. Tibake sing pimpinan proyek kuwi kancane Mbakyu pegawe CV ana Gundhi Purwodadi selawe tahun taun kepungkur.

“Nuwun sewu Bapak, menapa ingkang Panjenengan ngedikakaken menika Mas Prayogo, insinyur ingkang kala semanten nate magang wonten dalemipun Bu Lurah Nggundhi?” pitakone Mbakyu.

Pegawe kuwi katon kaget plompang-plompong karo, ”Inggih leres kok sampun pirsa.”

Mbakyuku ora mangsuli malah nyuwun tulung karo pegawe kuwi kon nakokke apa tepang karo Sri Sundari sing dhik emben tau ngumbahi lan nyetlikakke

klambine. Pegawe kuwi tambah kamitenggengen nalika saka HP keprungu manawa Pak Prayoga ke pingin ngendikan dhewe karo Mbakyu.

“Iki apa bener Dhik Ndari sing nate ana Nggundhi?” “Iya Mas masa pangling karo celathuku.”

“Dadi bener kepalane TK iki Dhik Ndari?”

“Iya-iya.”

“Alhamdulillah, Dhik. Gek saiki garwane priyayi ngendi, gek putrane wis pira?”

“Aku entuk sisihan priyayi kene wae, Mas. Pegawe Pertamina lan anakku wis loro gedhe-gedhe kabeh. Wis padha kuliah ana Yogja.”

“Alhamdulillah, Dhik. Alhamdulillah. Wis, Dhik, takgawekne telung ruwang kanggo TK-ne Dhik Ndari.”

“Aja, Mas, wong jatahe mung sak ruwang.”

“Ora papa, Dhik, takgolekne sepletan dana seka ngendi-ngendi, sing penting halal. Iki merga rasa bungahku Dhik ora ana pamrih apa-apa.”

“Iki bener ora nyalahi prosedur?”

“Ora Dhik, ora,” kaprungu ngendikane Pak Prayoga saka HP,” Alhamdulillah ketemu sedulur lara lapa ana Gundhi. Wis Dhik dienteni wae caosna meneh HP-ne, tak rembugan karo Pak Darno.”

HP banjur dibalekne marang Pak Darno sing isih gumun banget mrangguli kahanan kaya mengkono. Apa maneh nalika saka Pak Prayoga ana prentah mbangun telung ruwang. Ora nganti telung sasi telung ruwang wis ngadeg kukuh ing ndhuwur lemah Perhutani. Sakwise prastawa kuwi akeh TK saka njaban kabupaten lan njaban propinsi pada studi banding marang TK-ne Mbakyu sing pancen hebat tenan. Malah nalika peresmian pegawe Perhutani padha cingak nyawang kahanan kang dianggep ora sakbaene. Mbakyu dadi wong sing ketengen. Kabeh padha mangerteni menawa Mbakyu nduwe kanca Pejabat ana Jakarta. Nanging Mbakyu uripe tetep prasaja.

“Kabeh ngono kari tandurane,” ngendikane Mbakyu manawa ditakoni babagan kuwi.

Aku kang dadi buku perangan cathetan uripe Mbakyuku isih kelingan wae manawa silaturahmi menyang daleme kang saiki wis magrong-magrong tingkat loro lan mobil mengkilat werna abang mbranang ing garasine.

“Kowe ki ngapa ta, Le, kok ra ndang mlebu ngomah,” pitakone Mbakyu.

Aku glagepan lan trus mesem mlebu ngomah sing rasane mak cles kaya mlebu suwarga.

Unsur Dramatik ing Cerkak Iku Apa Perlu?

(Oncek-Oncek Cerkak “Ndhudhah Bungah”)

Dening: Triman Laksana

Sejatine, ora ana teori baku sing paling pas kanggo sajroning nulis, apa iku nulis asipat tulisan populer, utawa tulisan sastra. Upama ana teori, teori iku bakal njiret marang penulis sing utamane lagi ajar nulis. Teori-teori iku malah bakal dadi memedi sing ngreridhu lakuning penulis sadurunge ambyur ana donyaning nulis.

Lha, wong kegiyatan nulis iku mujudake kegiyatan asipat pribadi, sing sabenere luwih cedhak karo urusan proses mental psikologis pawongan. Sebab, sangune wiwitane nulis iku ora liya saka kepriye bisa mbangun motivasi, nggeblengke pangrasa, lan sing luwih penting nggetih.

Pancen, donyaning nulis iku uga diarani “donya sing sepi”, kudu bisa meneb ing batin lan kahanan. Supaya bisa nulis kanthi rancag lan lumintu. Ora kudu gebyar lan mewah. Nanging sing diperlokake ya mung lakuning batin lan pikir.

Ana bukune Jacob Sumarjo, Catatan Kecil Menulis Cerpen, weton Pustaka Pelajar, Yogyakarta, taun 2007. Dheweke ngandharake menawa nulis iku minangka sawijining proses nglairake tulisan sing awujud gagasan. Proses anggone nglairake bisa maneka warna, ana sing kanthi spontan, uga ana sing makaping-kaping, kanthi isih ditliti lan ditintingi maneh. Ana ing proses kreatif nulis iki, ana limang tataran: nyiapake, inspirasi, inkubasi, anggone nulis, lan revisi.

Nah, menawa maca cerkak tulisane Didit Setya Nugroho kang asesirah “Ndhudhah Bungah”, sapandurat pancen isih ana gegayutane karo teori ing ndhuwur. Cerkak iki anggone nulis kaya mung ngopyak lakuning gagasan sing kasat mata. Durung mrentul saka ati lan nggeblengke pangrasa sing jero. Alur critane mung ndlujur, bisa diarani kurang rabuk. Paraga “Aku” kurang menehi greget lan tandha. Sapa ta sejatine, sanajan ana ing kono digambarake menawa si “Aku” iku adhine Ndari. Uga, crita iki bisa diarani mung monolog. Nanging mangkono, paraga “Aku” malah sajak kaya ngganggu. Anggone crita dadi wantah lan mbingungake. Iku kabeh amarga paraga “Ndari” nalika ing Desa Gundhi, Purwodadi, bisa dicritakake kanthi jlentreh. Kamangka, menawa asipat “Aku”, paraga tunggal ora bisa mangerteni marang paraga liya, sing ora ana sangarepe, utawa ana papan liya. Iki mujudake kayadene anomali logika.

Babagan konflik ora digarap kanthi mateng lan kurang nengsemake. Kamangka, ana ing konfl ik iki, cerkak bisa dadi nges lan nengsemake. Konfl ik uga bisa numusi unsur dramatik marang crita sing dibangun. Dadine, cerkak “Ndhudhah Bungah” iki, kaya mung

crita biyasa, durung bisa menehi greget marang unsur dramatik ana dawane uripe paraga Ndari. Mung kaya crita aku marang wong liya, durung menehi sepira getir lan lara-lapane paraga Ndari.

Narasi cerkak iki, uga klebu didedawa nganti kaya wong kojah paraga “Aku”. Dhialog sing digarap, ora bisa nambahi greget marang alur, nanging mung kaya sisipan wae. Durung menehi jerone isi crita sing digarap. Kayane, Didit Setya Nugroho kepengin cepetcepet ngrampungi alur crita sing dianggit.

“Nuwun sewu Bapak, menapa ingkang Panjenengan ngendikaken menika Mas Prayogo, insinyur ingkang kala semanten nate magang wonten dalemipun Bu Lurah Nggundhi?” pitakone Mbakyu. Lan, sateruse nganti rampung.

Dhialog iki sejatine lucu lan aneh. Awit, paraga “Aku” ora ana ing papan iku, nanging bisa mangerteni pacelathon mangkono.

Apa maneh, nalika pacelathon pungkasan, kang dadi intine cerkak iki.

“Kowe, ki, ngapa ta, Le, kok ra ndang mlebu ngomah?” pitakone Mbakyu.

Paraga “Aku” bisa mangerteni dawane uripe Ndari, ya Mbakyune, saka mung pengangen-angen. Iki sing kudune penulis bisa milah lan milih tembung kang bisa gawe sing maca paham lan mengerteni, kok nganti ngerti lelakone Mbakyune iku.

Saka irah-irahane wae, gampang ditebak, mesthi pungkasane bungah. Katon ngegla lan tarwaca. Pancen, babagan irah-irahan dadi hak mutlak tumrap penulis, nanging menawa ora patia ngegla, sing maca harak bisa digawe kepengin ngerti nganti tekan pungkasane crita. Ora saka irah-irahan wae wis bakal bisa mangerteni pungkasane crita.

Pramila, unsur dramatik pancen perlu kanggo nulis cerkak lan prosa liyane. Menawa dibangun kanthi becik lan kepenak, bisa nambahi greget lan nges-e cerkak kang dianggit. Supaya cerkak iku bisa duwe nyawa lan uga dadi cerkak kang pancen wis mateng tenan. Nuhoni tataran sing kudu dilakoni dening penulis, supaya hasil tulisane pancen bisa kanggo hudyana sing mentes.

Sumangga!

Basa Jawi Mina ngka Basa Ibu

Dening: Khofi fah Indarti

Panjenengan sarta kula tamtu asring mi reng tembung basa ibu (bahasa ibu). Sa derengipun ngrembag langkung lebet babagan basa Jawi minangka basa ibu, langkung sae sami mangertosi rumiyin punapa ingkang kasebat basa ibu punika.

Wonten kalih pamanggih ing babagan makna bahasa ibu. Ingkang sapisan, basa ibu tumrap satunggaling tiyang punika basa suku/etnis asalipun tiyang kasebat. Dados, manawi wonten lare lair saking

suku Jawi, basa ibunipun inggih basa Jawi. Manawi lare lair saking suku Sundha, basa ibunipun inggih basa Sundha. Samanten ugi menawi lare lair ing tengahing suku Batak, basa ibunipun nggih basa Batak, lan sapanunggilanipun. Pamanggih ingkang kaping kalih, basa ibu punika basa ingkang tuwuh saking lingkungan sosialipun lare. Tuladhanipun, tiyang Betawi lair wonten ing tlatah Jawa Tengah ingkang migunakaken basa Jawi minangka basa padintenan.

Awit alit, tiyang punika srawung kaliyan rencangrencangipun ing sakiwa tengenipun. Mila, basa ibu tumrap tiyang kasebat inggih basa Jawi.

Basa ibu wonten ing basa Inggris dipun sebat native language, inggih punika basa kapisan ingkang dipunmangertosi dening satunggaling lare. Wonten pundi kemawon lare punika lair, piyambakipun lajeng pikantuk utawi mangertosi basa saking ibunipun utawi tiyang-tiyang ingkang nggulawenthah. Amargi punika basa kapisan ingkang dipunmangertosi, mila lajeng kasebat basa ibu.

Basa kapisan ingkang dipunmangertosi lare punika racakipun basa dhaerah, sanes basa nasional utawi internasional. Pramila, basa ibu tumrap sawatawis masarakat Indonesia punika basa dhaerah, basa Sundha tumrap masarakat Sundha, basa Batak tumrap masarakat Batak, basa Jawi tumrap masarakat Jawi, lan sapanunggilanipun.

Budaya Jawi ngawrat pranatan kangge tindaktanduking manungsa, kalebet unggah-ungguhing basa. Kados paribasan “Ajining dhiri dumunung ing kedaling lathi”. Tegesipun, kapribadening manungsa dipun temtokaken dening pocapanipun. Paribasan punika gadhah maksud, sinten kemawon kedah nglelimbang langkung rumiyin punapa-punapa ingkang badhe dipun ngendikakaken.

Kulawarga dados laladan kapisan ingkang gadhah pangaruh ageng tumrap seserepan utawi pendhidhikanipun lare. Punika saderengipun lare nglebeti laladan pasinaon wonten ing sekolah. Kawontenan padintenanipun ugi gadhah pangaruh tumrap mindhaking seserepan saha kaprigelanipun lare, kalebet ing babagan basa ingkang dipun ginakaken. Manawi lare manggen wonten ing kulawarga ingkang taksih ngugemi adat kabudayan Jawi, tamtu piyambakipun saged wicanten mawi basa Jawi. Saboten-botenipun, saged wicanten mawi basa Jawi menawi gineman wonten ing laladan kulawarga. Ananging, manawi lare punika manggen ing tengahing kulawarga ingkang boten ngginakaken basa Jawi, tamtu kemawon lare wau ugi boten badhe teteh abasa Jawi.

Pambudidaya kangge ngupayakaken lestantunipun budaya Jawi saged mawi maneka warna cara. Ing antawisipun saged kapraktikaken nalika nggegulang putra wayah. Laladan griya dipun sebat minangka lembaga pendhidhikan nonformal ingkang wigatos kangge nggulawenthah lare. Wonten ing griya, tiyang sepuh paring tuladha ingkang mangkenipun badhe dipun tulad dening para lare.

Budaya Jawi punika sanget wigatos tumrap bebrayan Jawi. Mila, sampun dados kuwajibanipun tiyang Jawi tansah njagi supados budaya Jawi tetep lestantun. Tiyang Jawi kedah ngupayakaken supados budaya Jawi punika tetep lestantun.

Wujudipun tuladha saking tiyang sepuh punika ing antawisipun nalika gineman. Pocapan ingkang dipun ginakaken prayogi mawi basa ingkang sae. Tetembungan wonten ing basa Jawi (ngoko, krama, krama inggil) punika kedah dipun gatosaken undhausukipun dening para tiyang sepuh. Kathahing tembung basa Jawi ingkang dipun wucalaken dhateng lare badhe njalari agenging pangertosan tumrap cak-cakanipun. Lare badhe mangertosi sarta paham tembung pundi ingkang kedah dipun ginakaken nalika wicantenan kaliyan tiyang sanes wonten ing pasrawungan.

Sekolah, minangka lembaga pendhidhikan formal, ugi boten kawon wigatosipun. Wonten ing ngriku lare saged sinau ngecakaken unggah-ungguh. Wonten ing sekolahan, murid kadhawuhan matur dhumateng para guru kanthi ngginakaken basa Jawi ingkang sae, inggih punika basa krama. Kawontenan punika saged dipun wastani bilih murid mraktikaken tumindak ingkang sopan kanthi wicantenan ingkang trep.

Kajawi praktik ngginakaken basa Jawi ing sekolah, para murid ugi dipun wucal babagan budaya Jawi sanesipun. Ing antawisipun bab gamelan, rasukan adat, lan aksara Jawi. Sadaya punika dipun tindakaken minangka sarana kangge nglestantunaken budaya Jawi, mliginipun basa Jawi minangka basa ibu. Jer bab gamelan, rasukan adat, saha aksara Jawi punika mesthi kemawon magepokan kaliyan tembung-tembung ing basa Jawi.

Salajengipun, lare ugi perlu dipunkulinakaken gineman mawi basa krama. Kanthi pakulinan punika, lare saged mangertosi caranipun ngurmati tiyang sanes, mliginipun ingkang langkung sepuh. Dados, gineman mawi basa krama saged nuwuhaken raos kurmatipun lare dhumateng tiyang sepuh. Kanthi ngulinakaken basa krama punika, ing tembe wingking, lare ugi badhe wanuh dhateng unggah-ungguh ing bebrayan agung masarakat Jawi.

Kabudayan Jawa sing Meh Baen Ilang

Dening: Sri Kustanti

Budaya utawa kabudayan dhong dideleng sekang tembung basa Inggris diarani culture. Aran budaya kiye asale sekang basa Sansekerta buddhayah, sing wujud jamake sekang buddhi sing duwe teges akal.

Kabudayan kuwe asil sekang kegiyatan garo pamikiran. Wujude kaya kepercayan, seni, garo tradisi utawa adat istiadat.

Budaya kuwe siki wujude sekang akehe kebiyasaan kaya politik, agama, adat istiadat, wujud bangunan, klambi, basa, garo karya seni. Budaya sing duwe sipat komplek, abstrak, garo amba kuwe wuhuf sekang kebiyasaan urip sing duwe ciri khas dhewek.

Basa nudhuhna budaya. Basa mujudna salah siji budaya sing dadi sarana komunikasi utawa omong-omongan garo wong liya. Omong-omongan utawa ndhopok garo wong sing duwe latar budaya sing beda marakna wong sing dijak ngomong kudu bisa

madhakna. Lha kiye nuduhna budaya kuwe patut disinaoni. Budaya sing beda nemen, bisa ngaruhi nggone kancanan. Angel dhong arep omongomongan bisa marakna beda pangerten. Sejen pikirane, ya bisa ndadekna sikep sing ora trep.

Emane, jaman siki akeh bocah enom luwih seneng maring kebudayane wong njaba (manca). Apa kuwe sekang anggo-anggone (klambi), basa sing dinggo, nembang, jogedan, polahe, garo nglakokna pegaweyan sing ora sabaene. Mulane, neng SMA kelas XI kurikulum 2013 kiye ngenalna kebudayaan

Jawa. Karepe ben bocah sekolah bangga toli gelem nglestarekna kebudayaane dhewek tinimbang budayane wong njaba.

Ngerti garo sisan nyinaoni budayane dhewek kuwe wis kena darani tindhakan nggo nglestarekna kebudayaan ben ora ilang. Akeh cara sing bisa dinggo nggo nglestarekna. Umpamane, kaya ngerti budayane sing ana neng panggonane dhewek. Dhong wis ngerti terus disinaoni, mergane sing arane budaya kuwe ngemu nasehat sing apik sing dinggo nggo ngarahna menungsa ben bisa dadi wong sing bener. Wong sing bisa ngajeni ciptane Gusti Allah. Aja klalen sing utama kudu eling marang sing gawe urip.

Budaya ora mung ana neng seni garo adat istiadat kaya sing wis diaturna neng ndhuwur. Unggah-ungguh, kapribaden, sikep, tindakan sing wis dingerteni mesthi apik tur bisa dadi conto. Kabeh mau wujud sekang budaya sing wis dingerteni daning kabeh wong.

Coba sih bareng-bareng mikir. Unggah-ungguh, kapribaden, polahe bocah siki wis ngarah maring pikirane wong kulon. Ora tanggap maring panggonane urip mben dina neng umah, neng sekolah, neng panggonan nyambut gawe, ya ora nggape wongwong sing ana neng pereke. Carane aruh-aruh wis niru kaya wong kana (manca). Anggo-anggone ya wis ora sabaene. Pakulinan urip sing nerak aturan agama. Ya pakulinan kiye siki wis dadi panganan menungsa mben dinane.

Awake dhewek sing jarene wong wetan, siki ndeleng babagan kaya kiye sing mrihatina nemen, isane mung ngelus dhadha. Nggolet cara, priben ben bocah saiki gelem tur bisa mongkog maring budayane dhewek. Pancen kabeh mau ora gampang kaya malikna tangan, mung baen dhewek kudu bisa golet cara nggo ngilangnan wujud negatif sekang kabudayan.

Mulane kuwe, pemerintah garo Pergube nglebokna basa Jawa dadi salah sijine pasinaon sing kudu ana neng sekolah SD tekan SMA/SMK. Kabeh mau nggo ancang-ancang dhong wong-wong enom gelem tur bisa melu nglestarikna budayane dhewek. Carane ya nganggo tindakan sing utamane ngetrepna unggahungguh sing pas neng masarakat.

Contone pasinaon sing dilebokna neng basa Jawa, kurikulum 2013 nggo SMA, ana tembang Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, Kinanthi, garo dhandhanggula. Tembang macapat sing diajarna maring siswa kuwe duwe pitutur sing apik. Kabeh mau dhong dilakoni neng urip mben dinane bisa mujudnanwong sing duwe kapribaden luhur, ngajeni wong liya, uga sliyane kuwe dadi kawulane Gusti sing taat.

Pawarta, seni tradhisional, budaya Jawa, panganan tradisional, pariwara, garo wewaler kuwe ya diajarna. Kabeh mau diwulangna maring siswa ben padha ngerti, nyinaoni, nglestarikna, toli ya mongkog maring kabeh pranata urip neng tanah Jawa. Jalukane bisa dadi menungsa sing luhur budine ya nalare.

Ana njero Pergub aweh instruksi maring kabeh ASN neng propinsi Jawa Tengah, ben nganggo basa Jawa saben dina Kemis. Kiye mujudna salah siji cara nglestarekna budaya. Instruksi kuwe jalukane ben bisa njaga, ngopeni lestarine basa, sastra, garo aksara Jawa sing dadi jati dhiri dhaerah garo masarakat Jawa Tengah.

Instruksi nggo nganggo basa Jawa ana neng Surat Edaran Gubernur Jawa Tengah, Nomer 430/9525 tertanggal 7 Oktober 2014. Isine, “Penggunaan Bahasa Jawa untuk Komunikasi Lisan di Lingkungan Pemerintah Provinsi Jawa Tengah dan Pemerintah Kabupaten/Kota se-Jateng.”

Nganggo basa Jawa wis ana neng Pergub Jateng Nomer 55 taun 2014, kaitane garo Perubahan Atas

Peraturan Gubernur Jateng No. 57/2013 sing isine Petunjuk Pelaksanaan Peraturan Daerah Provinsi Jawa Tengah No. 9/3013 ngenani Bahasa, Sastra, dan Aksara Jawa.

Guru sing dadi cucuke tombak neng lapangan, nganggo dhasar Pergub mau mbu didaya ben apa sing diwenehna maring siswa jalukane mengko bisa ngowahi sikep sing ora bener dadi apik. Ngajari siswa unggahungguh sing bener liwat sinau. Carane ngomong, sikep sing dicon tokna daning guru, jalukane mengko bisa ditiru siswane.

Pergub Jawa Tengah maring basa Jawa kuwe mu judna ayoman garo dhukungan ma ring pa sinaon neng sekolah. Pemerintah ngarep ben wong-wong enom mbesuk bisa dadi pim pinan bangsa sing duwe kawicaksanan sla ras garo etika, estetika, moral, spiritual, tur bangga maring budayane. Bisa njaga, ngayomi, terus nglestarikna budaya sing diduweni.

Sithik-sithik unggah-ungguh, sikep, ya tindakane sing wis diajarna maring siswa bisa nuwuhna rasa mongkog. Rasa pengin nggo nglestarekna garo majokna budaya bangsa, utamane budaya Jawa bisa thukul. Kabeh mau ora ujug-ujug ana, tapi mipil, sithik-sithik. Mulane aja cilik ati, kabeh upaya kudu bisa dilakoni ben budayane dhewek ora ilang daning majune jaman.

Sri Kustanti, S.Pd. lair ing Tegal. Dadi guru ana ing SMA N 1 Tegal

Dening: Sri Wijayati

Panembahan Bodho asma asline Raden Trenggana. Miturut silsilah sejarah, Raden Trenggana isih trah dharah Prabu Brawijaya, kalebu Buyut saka Raden Arya

Damar, kang jumeneng Adipati Palembang, putra Prabu Brawijaya ya Raja Majapahit. Raden Arya Damar utawa Adipati Palembang kaparingan putra loro cacahe. Lo ro-lorone kakung. Lair saka garwa kang asesilih Darawati Murdaningsih uga kasebut Putri Dara Pethak. Dene putra loro mau diparingi asma Raden Kasan lan Raden Kusen.

Raden Kasan kuwi ing samengko kondhang pinangka Raden Patah, Sultan ing Demak. Dene Raden Kusen jumeneng Adipati Terung kaping I, uga kasebut Adipati Pecatandha. Lengsere Adipati Terung I, diganti dening Adipati Terung II, sabanjure peputra Raden Trenggana ya kang kasebut Panembahan Bodho.

Nalika isih mudha, Raden Trenggana dadi nom-noman kang bagus, gagah, pideksa. Ing sawijine dina Raden Trenggana tindak-tindak nitih kuda. Ana satengahe dalan papagan karo pawongan sepuh.

Pawongan sepuh mau ngendika sajak nyemoni, ”Menawa gagah ya gagah, nggantheng ya nggantheng, cahyane murub abang, endah lan asri, nanging tanpa nyebar ganda wangi.”

Krungu pangandikan mengkono, Raden Treng gana duka yayah sinipi. Dheweke rumangsa diina lan diremehake. Raden Trenggana mlayu ngoyak pawongan sepuh mau. Nanging, dhasar pawongan kang sekti mandraguna, blas tanpa tilas, ilang sanalika. Kadadeyan kuwi njalari Raden Trenggana ora jenjem pikire, sawetara mawas dhiri, metani kabeh tumindake. Pasemon pawongan sepuh mau mung saklimah, nanging rumangsa nunjem ing sajroning ati.

Sabanjure Raden Trenggana tindak, nggoleki pawongan sepuh mau, kanthi niyat arep anggegulang ngelmu. Pungkasane Raden Trenggana bisa ketemu ing sajrone alas. Atur sembah sungkem lan niyat nggegulang ngelmu banjur diaturake marang pawongan sepuh. Kanyata, pawongan sepuh mau ora liya ya Kanjeng Sunan Kalijaga. Raden Trenggana duwe niyat arep ndarmabektekake jiwa raga lan kapinterane marang pepadha. Kanggo ngawiti gegayuhane kuwi, Raden Trenggana dadi santri lan ngabdi marang Ki Ageng Gribig ing Jatinom, Klaten.

Karana lantip, Raden Trenggana cepet bisa tuntas sakehing ngelmu agama. Pungkasane malah kapundhut putra mantu dening Ki Ageng

Gribig, dijodhokake karo putrine kang sesilih Putri Kedupayung. Saka garwa iki, lahir putra loro kang asesilih Raden Cakrawesi lan Raden Surasekti. Perjuwangane Raden Trenggana ing babagan nyiarake Agama Islam, kanyata oleh panyengkuyung saka para kawula. Kabukten saya suwe saya akeh santrine, nganti bisa gawe papan pangibadahan.

Kaya Para Wali, Raden Trenggana anggone nindakake nyiarake Agama ora tau cengkah karo tradhisi budaya Jawa sing tansah dipepetri. Akeh papan pangibadahan sing wis digawe. Contone ing Kauman Wijireja, Mesjid Syabilurrosyaad Kauman. Nganti seprene masjid iki tansah kauri-uri dening para jamaah. Senajan wis tau direhab nanging isih akeh bangunan asline, yakuwi bangunan indhuk mesjid, mustaka, sumur, lan watu gilang.

Raden Trenggana dadi ulama ing kukuban Kauman, Pijenan, suwene kurang luwih rong puluh taun. Nalika semana ana utusan saka kanjeng ramane, yaiku Adipati Terung II, sing surasane Raden Trenggana kadhawuhan kondur lan ngganteni kalenggahan Adipati. Nanging Raden Trenggana ora bisa minangkani dhawuhe ramane. Piyambake wis rumangsa manteb dadi ulama ing Kauman, Pijenan. Amarga ora gelem mukti, nglenggahi adipati kuwi mau, akeh wong ngarani “Bodho.”

Nalika semana, tanah Jawa bakal katekan mung suh yakuwi bangsa Portugis. Raden Trenggana siyaga perang ngadhepi mungsuh kanthi mbangun pos ing pesisir kidul. Swara jlegarjlegur dikira swara mriyem, kanyata mung swara ombak segara kidul. Pirsa kadadeyan kuwi, Sunan Kalijaga, ngarani Raden Trenggana isih bodho, terus kasebut Ki Bodho. Krana andhap asor Raden Trenggana nampa sesebutan Panembahan Bodho.

Panembahan Bodho utawa Raden Trenggana seda taun 1600 Masehi, kasarekake ing Makam Sewu, Wijireja, Pandak. Nganti tekan saiki, Pasarean Makam Sewu tansah karawuhan sedulur akeh, saperlu ziarah. Luwih-luwih malem Jemuwah Kliwon lan Selasa Kliwon.

Budi Pekerti udi Pekerti ing Jaman Saiki ng Jaman Saiki

Dening: Dwi Meilissa Rahmawati

Tata krama kuwi ora uwal saka budi pekerti. Sopan santun, tata krama kuwi kalebu sikap, cara lingguh, cara ngomong, lan liya-liyane. Kaya ta karo wong tuwa kudu basane kang lembah manah lan nganggo basa krama. Dene, manawa karo kanca bisa nganggo basa ngoko.

Basa Jawa iku bisa kanggo nuduhake sipat lan tata krama sawijining wong. Ngabekti marang wong tuwa, guru, lan pinisepuh kuwi pancene minangka kewajiban, nanging bocah enom mesthi uga diajeni. Bekti marang wong liya kuwi salah sijining tumindak kang pinuji. Kuwi kabeh kalebu sajeroning etika moral kang dumadi saka jujur, ora ngapusi, lan welas asih marang pepadha.

Kalebu ing tata krama, uga tumindak kang becik lan ora nindakake bab-bab sing negatif. Mesthi wae panggawe ala kaya mateni, ngina, ngapusi, laku kejem, lan tumindak kang nglanggar kukum liyane, kudu diinggati. Tumindak becik lan ngendhani panggawe luput kuwi kanggo nja ga jeneng. Kuwi kabeh supaya

je neng kang becik te tap kajaga lan murih ora kisinan. Wong kang ku cem as mane kuwi kang gone wong Jawa ateges kelangan aji. Wong kang mangkono kuwi bisa 22 SWARATAMA

disebut ora kajen.

Saliyane kuwi, wong perlu rukun karo sakiwa tengene. Tegese rukun, yaiku ora ana regejegan ing antarane kulawarga lan tangga, embuh kuwi ing laladan dhusun, desa, nganti ing laladan negara lan donya. Njaga paseduluran ing antarane manungsa kuwi penting banget. Bab-bab kang ndadekake rusak lan rusuh ing donya iki, paling gedhe amarga saka tumindake manungsa.

Nalika tata krama ditindakake kanthi bener, kuwi bakal ngasilake kabecikan. Nanging, eman banget saiki akeh bocah-bocah enom sing lali marang tata krama lan suba sita. Kena ngapa perkara iki bisa kedaden?

Miturut panaliten, ilange tata krama iki amarga majune teknologi. Kuwi utamane amarga anane HP utawa ponsel. Bocah-bocah jaman saiki ora bisa uwal saka ponsel ing uripe saben dina. Wiwit saka tangi turu kang dicandhak ya ponsel. Ngono kuwi nganti mapan turu maneh isih nyekeli ponsel. Werna-werna kang padha dibukak, wiwit WA, facebook, instagram, apa blanja. Malah ana uga kang mung mbukak game.

Ponsel bisa mangaribawani urip lan kapribadene bocah. Saiki asring diprangguli bocah kang asyik menthelengi ponsel. Bocah-bocah mau ora nggagas kiwa tengene, mung konsentrasi marang HP-ne. Kang kaya ngono kuwi ndadekake bocah kurang panggraitane marang wong-wong sakiwa tengene. Ora aneh yen bocah saiki dadi kurang ing babagan tata krama.

Mula, kanggo ngawekani kang kaya ngono, bocah perlu diwatesi anggone nyekel ponsel. Ponsel digunakake saperlune. Mung kanggo komunikasi lan golek informasi. Bocah-bocah perlu diakehi anggone srawung karo kancane lan wong-wong sakiwa tengene. Dadi, ora mung menthelengi ponsel saben dina.

Dwi Meilissa Rahmawati, Siswa SMAN 1 Wonosari, Kelas XI MIPA 1, mapan ing Sumbermulyo, Kepek, Wono sari, Gunungkidul.

Tata Krama Siswa ing Sekolah kanggo Mujudake Karakter

Dening: Latifah Agus Setyaningrum

Manungsa, minangka makhluk sosial kang urip ing bebrayan agung, ora bakal bisa uwal saka sesrawungan karo sapepadhane. Manungsa ana sajroning pasrawungan mesthi wae duwe pepenginan bisa urip kang ayem tentrem lan rukun karo sapadha-padha. Kanggo mujudake pepenginan kuwi perlu ana upaya apadene paugeran ing sesrawungan, yaiku kanthi cara migunakake tata krama. Ateges duwe aturan tumindak kang sopan santun.

Wong kang tata kramane ditindakake kanthi apik bakale nduweni sesrawungan kang becik. Dheweke bakal diajeni, diasihi, lan dibiji minangka pawongan kang utama. Sewalike, wong kang ninggalake tata krama bakal disingkiri ing sesrawungan. Tata krama kuwi adhedhasar saka tansah ngajeni liyan, nduweni watak kang grapyak, nduweni rasa asih marang liyan, njaga rasa atine liyan kanthi tumindak lan pocapane, uga tansah duwe watak sabar utawa bisa ngendhalekake nepsu kanthi becik.

Tata krama bisa diwiwiti saka ing lingkungan omah. Carane ing antarane, yaiku ngajeni bapak ibu, tansah ngrungokake lan ngestokake piwelinge kanthi premati, mbiyantu pagaweane wong tuwa, atur salam manawa

arep mlebu utawa metu saka omah, tansah pamit kanthi takzim marang bapak ibu rikala arep lelungan, ora gawe lara atine wong tuwa, lan tansah bisa njunjung sarta njaga asmane bapak ibune.

Dene, tata krama kang ditin dakake ing masyarakat bisa nemtokake kapribadene wong mau. Tata krama ing masyarakat bisa awujud kanthi cara ngajeni marang tangga teparo, tansah grapyak semanak, biyasa migunakake tembung kang trep miturut undha-usuk basa, biyasa njaluk pangapura manawa luput, lan atur panuwun marang kang paring samubarang utawa pambiyantu. Saliyane kuwi, tansah njaga pocapan lan tumindak kareben ora nglarani wong liya. Kajaba saka tumindak

kaya mangkono, isih ana maneh perangane tata krama ing masyarakat, yaiku manganggo kanthi sopan, asung pambiyantu marang liyan, lan melu njaga lingkungan. Kabeh tumindak kaya mangkono manawa bisa dilakoni bakal gawe tatanan kang nengsemake.

Sabanjure, kang bakal dirembug ing kene, yaiku bab tata kramane siswa ana ing sekolah. Saiki akeh bocah kang nglirwakne bab tata krama. Kuwi kabeh amarga racake siswa ora mangerteni gunane tata krama kanggo pribadi lan bebrayan. Mula saka kuwi, bocah kudu diwenehi piwulang bab tata krama

ing sekolah. Kang mangkono kareben siswa bisa mangerteni ancase tata krama ing bebrayan iki. Yen wis kulina, samengkone siswa bisa nglakoni tata krama ing sekolah kanthi becik lan entheng. Ananging, kabeh mau bisane kelakon kudu ana panyengkuyung saka kulawarga lan masyarakat.

Tata krama bisa kalaksanan manawa siswa wis oleh wewarah saka ngomah, yaiku saka bapak lan ibune. Sabanjure, siswa uga sinau tata krama saka lingkungan ing sakiwa tengene. Lan mesthi wae kuwi mau kudu disengkuyung dening sekolah amarga sekolah minangka papan panggonan kanggo siswa ngangsu kawruh. Ing kono siswa sinau kawruh bab apa wae kalebu tata krama ing bebrayan agung. Mula, wis wajibe sekolah uga menehi piwulang tata krama.

Ing Jawa Tengah, tata krama ana sambung rakete karo unggah-ungguh lan undha usuk basa. Masyarakat Jawa Tengah nduweni undha usuk basa kang mbedakake sesrawungan marang sapadha-padha, marang wong kang luwih enom, lan marang wong kang luwih tuwa. Basa Jawa kapilah dadi papat, yaiku ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus. Ananging undha usuk basa saiki wis sangsaya kasingkir amarga saiki akeh kulawarga kanoman kang luwih seneng migunakake basa Indonesia kanggo sarana komunikasi. Kahanan kang mangkono ora mung ing wewengkon kulawarga. Ing masyarakat uga luwih asring digunakake basa Indonesia ketimbang basa Jawa. Ewa samono, senadyan unggahungguh basa ora digunakake maneh, ananging manawa tansah tumindak sopan lan nduweni tata krama, bakal mujudake siswa duwe karakter becik.

Tata krama siswa ing sekolahan iku salah sijine kanthi ngajeni marang guru lan karyawan, kaya ta matur kanthi sopan. Kuwi katindakake kawit saka kepala sekolah tumeka karyawan kang pangkate paling asor kaya ta tukang kebon. Ambaka amung marang tukang kebon, siswa tetep kudu migunakake basa kang trep, ngajeni, lan tansah sopan. Tuladhane, manawa nyebutake asmane kudu tetep migunakake tembung pak, lik, utawa pakdhe. Dadi, ora njangkar kanthi nyebut jenenge. Kuwi tumindak kang ora bener.

Ing sawenehing sekolah kadhang kala diprangguli siswa matur marang guru lan karyawan nanging migu nakake basa kang ora trep. Kuwi isih ditambah tumindake kaya marang kancane dhewe. Kahanan kang kaya mangkene kudune diilangi. Siswa kudu ngajeni marang kang luwih tuwa, kalebu kakak kelas. Saben wong mesthi ngerti manawa kakak kelas kuwi luwih dhisik mlebu ing sekolah. Dadi, senadyan ora migunakake basa karma, saora-orane tindak-tanduke katon ngajeni. Wujude kanthi cara micara kang lembah manah, sopan, grapyak, lan ngucapake salam.

Saliyane ngajeni marang kakak kelas, siswa uga kudu asih marang adhik kelas, minangka warga sekolah kang mlebu luwih keri. Senadyan karo adik kelas, siswa tetep kudu micara kanthi sopan. Siswa ora kena sawiyah-wiyan dumeh luwih tuwa.

Biyasane bocah kang rumangsa wis luwih dhisik mlebu ing sekolah iku bakal duwe rasa linuwih. Bocah iki adate banjur semangkeyan marang sangisore. Watak kaya mangkono kudu disingkirake amarga bakal ngrusak sesrawungan kang becik.

Siswa kang duwe tata krama bakal ngleksanakake kabeh kang dadi paugerane sekolah. Dheweke bakal ngestokake piwelinge guru. Siswa mau uga tansah migatekake rikala guru paring piwulangan lan njaga kahanan sekolah kareben tansah ayem tentrem. Siswa kang mangkono uga ora nrambul ngendikane guru. Dheweke ijin menawa arep metu saka kelas apadene ora mlebu sekolah. Kabeh mau mesthi wae kanthi basa kang trep.

Kalebu tata krama ing sekolah, yaiku tansah nindakake jadwal piket kelas. Siswa kang ana ngomah ora tau nandangi pagawean, ing sekolah biyasane ya ora gelem nindakake piket. Mula, ana ing sekolah prelu diwenehi kawruh bab wigatine nandangi pagawean kanggo mbiyantu kancane. Samengkone siswa bakal dadi biyasa. Adate kang mangkono terus tumus menyang ngomah. Ing ngomahe siswa banjur mbiyantu gaweane wong tuwane.

Saliyane iku, siswa kudu melu njaga fasilitas sekolah. Siswa uga kudu tansah menganggo kanthi lumrah lan rapi. Kang ora kena keri, yaiku tansah nindakake tata tertib sekolah.

Dadi, kanggo mujudake sekolah kang nyaman kudu ana panggonan lan rasa kang uga nyaman.

Manawa kabeh paugeran kang gegayutan karo tata krama ing ndhuwur bisa kelakon, siswa bakal duwe rasa kang ayem, tentrem, lan betah ana sekolah. Iku ateges siswa betah anggone nampa piwulangan.

Panggonan kang nyaman bisa kawujudake saka warga sekolah guyub rukun anggone reresik sekolah. Saliyane iku, siswa kaajab duwe kasadharan kanggo piket ing kelas.

Dene, rasa kang nyaman bisa kawujudake kanthi cara njaga sesrawungan. Anggone njaga sesrawungan kang becik mesthi wae ora nglirwakake tata krama.

Tata krama ing sekolah manawa ditindakake bakal dadi adat saben. Yen ing sekolah wis lumaku, adate banjur numusi ing ngomah lan masyarakat. Tata krama iku ora kudu migunakake basa kang ndakik-ndakik ananging bisa diwujudakake kanthi cara tumindak,

upamane mlaku mbungkuk rikala ngliwati papan kang kanggo lenggahan wong sing luwih tuwa.

Mujudake tata krama kang jang kep marang siswa iku gampang-gampang angel. Ana panemu manawa tata krama ora perlu ditindakake amarga ora penting tumrape sawenehing pawongan. Kamangka urip bebrayan tanpa tata krama bakale bubrah. Mula saka kuwi tata krama wigati banget. Tata krama kudu dadi gondhelan ing urip bebrayan. Kabeh mau dimen urip bisa ayem tentrem. Manawa urip ayem tentrem sakabehing tumindak bakal dilakoni kanthi rasa kang nyenengake. Ora bakal ana rasa serik marang liyan, ora duwe rasa sumangkeyan, lan tansah kajen keringan.

Wekasan atur, ayo padha diupaya urip kang ayem tentrem kanthi cara nindakake tata krama ing ngomah, masyarakat, lan sekolah. Wong sing nduweni tata krama kang becik bakale pikirane resik.

Latifah Agus Setyaningrum, dwija ing SMP Muhammadiyah 9 Gemolong.

Jujur Ora Ajur ujur Ora Ajur

Dening: Tri Kurniati Budiyarsih

Fahmi nampa kertas ulangan sing diparingke Bu Sinta. Dheweke sajak kaget nyawang angka sing ana ndhuwur kertas iku. Wadhuh! Angka iku rasane marai atine ora karu-karuan. Mak byur sanalika. Raine malih pucet amarga kegelan.

Ing ndhuwur kertas iku ana seratane Bu Sinta. Angka 40 katulis ana ndhuwur dhewe. Piye iki? Angka 40 iku hasil ulangan matematika minggu wingi.

Fahmi banjur kelingan apa sing dilakoni dheweke bengi iku. Ibu wis ngelingake yen sesuk ana ulangan matematika. Dheweke malah kepenaken dolanan, ora sinau.

“Fahmi! Sinau sik ta, cah bagus. Sesuk ngendikane Bu Sinta ana ulangan lho,” mengkono ngendikane ibu.

Fahmi ngguyu karo manthuk.

“Nggih Bu! Sakedhap malih kula sinau,” Ibu mung gedheg-gedheg karo ngendikan maneh.

“Aja ketungkul olehmu dolanan lho. Main game lak ya isa suk nek dina Setu. Ben katog olehmu dolanan,” Fahmi ora njawab mung manthuk-manthuk.

“Nggih Bu! Sekedhap malih,” Ibu mung ngelus-elus sirahe bocah iku, banjur menyang ruwang tengah nerusake nggarap tugas kantor.

Mbokmenawa wae ibu uga sayah ngendikani, ora digagas karo bocah iku. Fahmi nerusake olehe dolanan. Rampung dolanan siji, ganti dolanan liyane sing ana neng hapene.

Theng... theng... theng. Jam ana kamar makan kemlontheng. Jam sanga bengi! Fahmi njenggirat, kaget.

“Lho, kok wis jam sanga ta?’ atine mbatin. Banjur terus mateni hapene. Deweke wiwit mbukak buku arep sinau.

Ora krasa kok wis bengi. Ketungkul olehe dolanan tibake rikat banget mlakune jam.

Mripate sakjane wis wiwit krasa ngantuk. Apa maneh rasane wis kesel kawit bubar maghrib dinggo menthelengi layar telpune kanggo main game.

“Dhuh! Kok soal-soal matematika iki tibake angel men ya?” batine nggresula.

Nanging dheweke ora wani sambat marang ibu. Kawit bar Maghrib ibu wis ngelingake nek sesuk ulangan. Nanging, jan soal-soal iku nobatke temenan angele.

“Ah, tak nyuwun diajari ibu wae,” pikire.

Cepet-cepet dheweke mlayu menyang ruwang tengah sing dianggo ibu mirsani TV. Ibu wis sare ana kursi dawa ing ngarep TV. Fahmi alon-alon ngaturi ibu.

“Bu!...Ibu!’ dheweke bisik-bisik karo ngoyagoyag lengene ibu. Nanging ibu ora wungu, sajake wis kepati.

Dheweke banjur bali menyang kamar. Nyoba ngga rap soal sing durung isa digarap mau. Diothakathik, nanging tetep wae bingung. Rasane kok ya banjur gela. Kena ngapa mau ketungkul olehe dolanan.

Disawang-sawang angka iku mesti wae ora bakal malih. Kamangka biyasane dheweke asring entuk biji apik. Angka 100 meh saben-saben ditulis Bu Guru ana kertas ulangane. Jan, sembrana tenan. Sabab saka kakehan dolanan dadi saiki entuk biji elek.

“Piye iki yo carane matur Ibu?” Fahmi bolak balik unjal ambegan merga bingung. Mbayangake bakal didukani ibu merga entuk biji elek. Pengin nangis rasane amarga wedi. Tutuke membak membik. Ngampet rasa susah ana njero atine.

“Le! Ayo maem sik. Kawit mulih sekolah kok ana njero kamar wae. Iki lho ibu masak ayam goreng karemanmu,” Ibu nimbali ngajak maem bareng.

“Nggih Bu,” saure Fahmi, ora semangat.

Ana ngarep meja makan dheweke blas ora kepengin maem. Ibu nyendhok sega ana piringe. Ayam goreng karemane Fahmi ugo diparingke ana piring iku.

“Wis ndang dimaem. Nek uwis njur bobuk awan ya. Mengko sore digugah ibu ngaji neng Ustadzah Aini.”

Fahmi mung isa manthuk. Dhuh, lagi iki ayam goreng rasane ora enak.

“Fahmi! Ana apa ta, Le? Kok maeme sajak ora semangat?” Ibu ndangu karo ndemek bathuke.

“Lha ora panas. Ora lara ta?”

Fahmi mung gedheg-gedheg. Wong dheweke mung bingung arep matur nek ulangane entuk biji elek kok malah dikira lara.

“Bocah sing jujur iku kudu wani tanggung jawab.

Apa pepuntone saka panggawean sing dilakoni ya wani nanggung. Iku jenengane wani sing tanggung jawab. Ora mlayu apa ndhelik nalika asil polahe ora kaya sing dikarepake,” Ustadzah Aini nerangake pelajaran akhlak.

Rasane Fahmi kaya dielingake. Wah, ateges kudu wani matur menyang ibu iki. Tekade wis kenceng saiki. Mengko bubar ngaji arep matur ibu. Dhuh, nanging dheg-dhegan rasane. Ibu mesti duka ya?

Fahmi maju mundur arep matur marang ibu. Ibu wis rampung olehe masak, lenggah ana kursi makan.

“Bu! Fahmi badhe matur.”

Ibu malah ndhawuhi Fahmi lingguh, “Ana apa ta, Le? O..., ana titipan saka Ustadzah Aini?”

Fahmi mung gedheg-gedheg. Ibu gemujeng nyawang Fahmi sajak bingung olehe arep matur.

“Kok malah kaya wong bingung mengkono ta? Wis ndang matur ana apa?”

Fahmi ngulungake kertas ulangane. Ibu mirsani kertas ulangan iku. Dhuh, Fahmi dheg-dhegan banget. Piye iki nek ibu duka marang dheweke.

“Lhah..., kok dengaren bijine kaya mangkene ta, Le?” Ibu sidane ngendika marang dheweke.

“Inggih Bu! Kala mben kawula ketungkul dolanan game wonten hape. Dados sinau namung sakedhap.”

Fahmi nyawang ibu. Nanging, ibu malah mesem, ora duka.

“Ibu ora duka kok. Wis ngerti ta saiki kena ngapa ibu ndukani nek kowe dolanan kesuwen,” Ibu ngelus–elus sirahe Fahmi.

“Nggih Bu. Kula pun kapok samenika. Benjangbenjang malih boten badhe ngoten malih.”

Ibu banjur ngrangkul Fahmi.

Sidane Fahmi lega atine. Jujur pancen luwih penak. Coba kawit wingi dheweke jujur marang ibu. Ora bakal bingung mikir ngasi ora bisa turu lan ora enak maem. Ujug-ujug wetenge saiki kemriuk, krasa luwe. Ibu gemujeng nyawang dheweke njupuk piring banjur telap telep maem.

Tri Kurniati Budiyarsih, mapan ana ing Griya Prima Asri, Jalan Dadali Blok D3 No. 2 Kelurahan Bojong Malaka, Kecamatan Bale Endah, Kabupaten Bandung-Jawa Barat.

Rembulan embulan Jambon

Bengi iki rembulan jambon Kaya pipiné bocah wadon Jumedhul mésem ndhuwur gunung —nyolong atiku

Cahyané sempurna Mlebu dhadha Njilma bayanganmu, cah ayu!

Ing panyiraman purnama

Faris Al Faisal Indramayu, 2020

Faris Al Faisal lair ing Indramayu, Jawa Barat, Indonesia. Saben dinané nyambut gawé ing Komite Sastra, Dewan Kesenian Indramayu (DKI) lan Lembaga Kebudayaan Indramayu (LKI). Asmané mlebu buku “Apa dan Siapa Penyair Indonesia” Yayasan Hari Puisi. Tulisan-tulisané kaya puisi, cernak, cerpen, cerita remaja, lan resensi kapacak ing media lokal, nasional, lan Malaysia. Saiki nulis puisi-puisi basa Jawa. Kapacak ing Majalah Djaka Lodang, Jaya Baya, lan Swaratama. Buku puisiné yaiku: Bunga Kata penerbit Karyapedia Publisher (2017) lan Dari Lubuk Cimanuk ke Muara Kerinduan ke Laut Impian penerbit Rumah Pustaka (2018).

Pungkasane Aku Kesasar ing Papan Iki ungkasane Aku Kesasar ing Papan Iki

Pungkasane aku kesasar ing papan iki

papan kang ora tepung awan lan bengi

papan tanpa wadhag, nir sakalir kesel, susah, seneng, mongkog, gething,

apamaneh tresna papan wujud aksara, angka, lan tandha-tandha kadhang kala gambar-gambar tanpa jiwa

pungkasane aku melu ngeyub ing papan iki

najan panas lan udan ora bakal ngampiri

ing kene akeh kanca, sedulur, lan pawongan-pawongan liya

uncal-uncalan aksara, angka, lan tandha-tandha

uga gambar-gambar tanpa jiwa mung saderma ngelingake yen aku lan wong-wong kuwi nate wanuh lan mapan ing alam padha

kang saiki dadi ampiran kanggo andum tresna

saperlu tetamba nalika lara utawa ngaso nalika kentekan daya,

papan nyata kang dianggep

maya

(kang banjur ora digape kasarasane)

pungkasane kabeh pawongan tekan ing papan iki

papane wong yutan padha sendhenan

papan tanpa wujud, nanging landhep

bisa nglarani, natoni, kepara mateni

suwung kang ngungkung lan kemrungsung

kang kuwawa ngendhih kalungguhane papan kinurmat ilang kawibawane

dadi wujud kang sanyatane: kandhang kewan kang njejemberi

Pungkasane ....

Rini Tripuspohardini Bandungan, 2021

BIODATA PANGGURIT

Rini Tripuspohardini sadina-dinane ngasta minangka dwija basa Jawa ana SMP 3 Salatiga. Geguritane kababar ing maneka kalawarti. Saperangan geguritane diterbitake dadi buku ing antologi Kidung Saka Bandungan lan Bocah kang Nyusu Ula.

Bangbang Wus Rahina angbang Wus Rahina

Esuk esuk uthuk uthuk Jagone kluruk Srengengene nyunar Bang bang wis rahina

Wus ora keprungu swara kebo luku Padha menyang sawah Laku garu ing wayah esuk

Wus ora keprungu tembang iku Tetembangan ati kang wis Kagusur jaman Wis ambyur dadi sejarah Lan museum

Wis ora keprungu Swara uluk salam tangga teparo Padha jejagongan

Urip wis dhewe dhewe Ora kenal siji lan sijine

Kuncuping sekar Kembang lan tetanduran Mesem guyu ora ana kang ngganggu Ocehan manuk , kupu mencok ora ana sing ngruda Kabeh manggon papan dhewe

Sus S. Hardjono Sragen, 2022

GURIT GURIT

BIODATA PANGGURIT

Sus S. Hardjono lair 5 Nopember l969 ing Sragen. Aktif nulis puisi, cerpen, geguritan lan novel wiwit isih dadi mahasiswa. Karyane wis kapacak ing maneka kalawarti kang terbit ing Yogyakarta lan Jawa Tengah. Puisine nate kababar ing Bernas, Kedaulatan Rakyat, Pelopor Jogja, Merapi, Solo Pos, Joglo Semar, Suara Merdeka, Wawasan, Swadesi, Radar Surabaya, Minggu Pagi, lan Cempaka Minggu Ini. Wis ana 100-an buku antologi puisi bebarengan karo penulis liyane. Taun 2017 nampa anugerah penghargaan Guru Peduli Sastra saka Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah. Wis nerbitake novel kaping telu yaiku Sekar Jagad, Pengakuan Mendut, lan Surga Yang Hilang.

Kaduk Manis Pancasila Linair Patitis

Dening: Mbah Wiku Sri Laksita

Ana kidung surya siji Juni, niku dina wiyosan sembada, dadya dinten pengetane, nenggih ri lairipun, Pancasila dhasaring nagari, Nagari Nuswantara, NKRI tuhu, tuhu nunggak semi klayan, wiyosane putra Sang Pajar hanenggih, Bung Karno sang kusuma.

Mapan manjing Bung Karno hangliling, milang-miling kanca rowang, wangun njajagi kedhunge, kedhung kawruh kinebur, tlenging tlaga jatining dhiri, rinumpaka budaya, Pancasila timbul, mutyara wahyaning wedha, wedharan sri dadi wawasaning urip, Bangsa Indonesia.

Raras lamun Pancasila nenggih, binayangkari srana jinaga, hambumi wonten nagrine, nelakke lamun sampun, manjing dadi jiwaning wargi, ginulang ing swasana, namung guyub rukun, kuncara wimbuh santosa, gotong royong rareyongan sepi pamrih, rame sri mahardika.

Kawistara wus ciniri wanci, citranipun risang Nuswantara, raras winengku pitane, suh bakuh jejedipun, Sang Bhinneka Tunggal Ika sri sri ngrenggani budaya, ndayani sinanjung, jinunjung drajating bangsa, sasat santi mulya sri sinekar lathi, pinasthi mahardika.

Gerbang Mlebu Sendhang Kalimah Toyyibah.

Sendhang Kalimah Toyyibah

Dening: Jalanata Guswari

Sendhang Kalimah Toyyibah, yaiku sendhang sing ana neng Desa Nyatnyono, Kecamatan Ungaran Barat, Kabupaten Semarang. Jeneng Kalimah Toyyibah dipilih kareben dadi tandha yen sendhang iki minangka wisata religi utawa agamis. Saliyane kuwi kalimah toyyibah padha karo kalimat syahadat. Kang mangkono kare ben wong sing mlebu ana ing sendhang iku bisa nyedhakake awake marang Gusti Pangeran. Kuwi mau uga bisa dadi salah sijine syiar Islam.

Banyu sing ana neng sendhang kuwi dijenengi ba nyu keramat, amarga banyu kuwi dipercaya bisa ngobati penyakit lan nduweni karomah. Banyu mau ora nate entek lan mili terus. Ana ing mangsa ketiga banyu kuwi uga ora susut, mung ora deres kaya biyasane. Banyu ana ing sendhang mau akeh sing nggoleki, uga

ana sing gawa bali. Biyasane sing mara ana sendhang luwih milih gawe adus ana ing sendhang. Panggonan gawe adus uga dibedakake gawe sing lanang lan gawe sing wadon. Banyu sing neng sendhang kuwi atis amarga panggonane dhuwur. Kira-kira ana neng ±600 nganti ±800 meter sandhuwuring laut.

Akeh wong sing dodolan botol ana neng kana gawe wong sing arep nggawa bali banyu sendhang, ananging ora ana wadhah. Njupuk banyu ana neng sendhang kana mau gratis. Utawa yen arep infak ya bisa saikhlase wae. Pengurus sendhang nyedhiyani kothak menawa ana sing arep amal utawa infak. Kandhane Ali, pengurus sendhang, ana peneliti seka Jepang sing nliti yen banyu sing ana neng sendhang kuwi mau luwih apik ketimbang banyu merek terkenal

Masjid Subulussalam saka ngarep Masjid Subulussalam saka pinggir

sing biyasa didol neng Indonesia.

Ngenani karomahe banyu kuwi mau, saben uwong sing ngombe utawa adus ana neng sendhang mau duwe niyat kang beda-beda. Ana sing duwe kekarepan usahane lancar, cepak jodhone, diobati larane, lan liyaliyane. Nanging, miturut Mualim, pengurus sendhang liyane, sing menehi karomah kuwi kabeh mau sejatine Gusti Pangeran, banyu sendhang mau mung dadi lantaran.

Wong sing teka ana neng Sendhang Kalimah Toyyibah sadurunge ana corona, sewulan bisa nganti 300 bis. Sakbis biyasane ana 50 wong. Kuwi lagi sing seka njaba dhaerah. Yen ditambah karo wong sing saka tlatah kono dhewe ketambahan ±20.000 wong. Pengunjung sendhang uga ana wong non muslim. Ana uga kang teka saka luwar negri kaya ta Malaysia lan Singapura. Wiwit mlebu, adus, njupuk banyu, lan parkir, kabeh gratis ora ditariki bayaran. Yen gawe pengunjung saka njaba dhaerah biyasane diaturi ngisi buku tamu. Dhuwit sing dititipke neng buku tamu gawe nggaji kabeh pengurus sendhang. Dhuwit kuwi mau uga saikhlase sing menehi.

Mulabukane Sendhang

Kondhange sendhang mau ana critane, diwiwiti nalika taun 1986 neng Desa Nyatnyono arep dianakake pembangunan masjid duwene Mbah Hasan Munadi (wali). Warga padha sarujuk yen arep urunan. Jebulane dhuwit urunan mau kurang. Banjur pamarentah arep mbiyantu seka dana desa. Bantuan seka pamarentah mau ora sida dijupuk amarga tokoh agama neng Nyatnyono ora padha sarujuk. Sidane para kyai sowan

menyang Mbah Ahmad utawa K.H. Ahmad Abdul Haq ing Watucongol, Muntilan lan K.H. Abdul Hamid, Kajoran, Magelang. Mbah Ahmad ngendika yen ora prelu njaluk dhuwit menyang ngendi-endi mengko bakale ana dhuwit sing teka dhewe amarga masjid kuwi tinggalane Waliyullah Hasan Munadi.

Sawise kuwi ana salah sijine mahasiswa sing arep ujian lan sowan menyang Mbah Ahmad. Mahasiswa mau dikon adus neng sumber banyu sing paling gedhe ing Nyatnyono. Banjur warga padha nggoleki amarga sadurunge durung ana sing reti sumber banyu mau. Sidane ditemokake panggonan sing sumber banyune akeh. Mahasiswa mau banjur adus ana neng kana lan dikabulke dongane. Sauwise kuwi, akeh uwong sing padha mara. Taun 1986—1987 sendhang kuwi rame banget dening wong kang padha teka. Wongwong mau menehi dhuwit saeklase. Ngendikane Mbah Ahmad bener. Sawise kondhang, dhuwit sing diklumpukake sajroning rong dina rong wengi isa nganti ± Rp30.000.000. Dhuwit mau banjur digawe mbangun masjid sing ana neng Nyatnyono tinggalane Waliyullah Hasan Munadi, yaiku Masjid Subulussalam. Nganti saiki masjid kuwi isih ana.

Aturan Adus neng Sendhang

Adus ana neng Sendhang Kalimah Toyyibah ora bisa sembarangan. Ana aturan-aturan sing kudu di lakoni. Menawa arep adus neng kana ora entuk wuda lan kudu nggawa kain. Neng sendhang kuwi ya ana sing nyewakake sarung gawe uwong sing arep padhusan. Dadi yen seka omah ora nggawa sarung bisa nyewa. Saliyane kuwi uga ora entuk nggawa mas-masan.

Ngarep Sendhang Kalimah Toyyibah Panggonan Sendhang Kalimah Toyyibah

Barang kuwi bisa disimpen dhisik yen arep adus ana neng sendhang. Gawe wong wadon sing lagi ora sholat uga ora entuk adus ana Sendhang Kalimah Toyyibah. Ana neng sendhang Kalimah Toyyibah uga ora entuk ngguwak hadas. Mula, ana neng sangarepe sadurunge melbu sendhang disedhiyani jedhing gawe sing arep ngguwak hadas.

Yen ditlesih, ngenani babagan ora entuk adus wuda, kuwi mau amarga njaga sopan santun. Saliyane kuwi, ing agama Islam diajarake menawa adus ora entuk wuda. Dene, ngenani babagan ora entuk nggawa mas-masan, amarga tau ana sing kelangan mas-masan pas lagi adus. Sing pungkasan ngenani babagan wong wadon sing lagi ora salat ora entuk adus ana neng sendhang, amarga banyu sing ana kana uga digawa bali lan digawe ngombe karo wong-wong. Mengko mundhak malah regetane kecampur.

Aturan kuwi mau diwajibke karo pengurus ben wong sing teka neng kana bisa aman lan ora cilaka. Menawa larangan kuwi mau dilanggar bakal kadadeyan marang wong mau. Yen larangan kuwi mau dilanggar bareng-bareng, bakal ana salah siji sing kena cilaka. Miturut Mualim, biyasane bakal ana sing semaput seka

wong sing nglanggar aturan. Yen ora percaya, ya jajal wae.

Ana donga sing kudu diwaca sadurunge adus uta wa njupuk banyu ana neng sendhang. Sepisan, yaiku uluk salam marang Nabi Khidir kanthi maca assalamu’alaika ya nabiyallah khidhir balyan bin malkan ‘alaihis salam. Sing kaping loro yaiku maca kalimat tauhid la ilaha ilallah. Kaping telu, sauwise kuwi maca kalimat syahadat asyhadu anla ilaha ilallah wa asyhadu anna muhammadar rasulullah. Sing kaping papat yaiku, maca “ila hadhoroti waliyullah hasan munadi wa waliyullah hasan dipura,” banjur maca alfatehah. Sing pungkasan maca sholawat nabi “allahuma sholli ‘ala sayyidina Muhammad ping telu.

Miturut pawarta, akeh uwong sing uwis mbuktekake nalika adus ana ing sendhang utawa ngombe banyune bisa gawe awake luwih kepenak, usahane luwih lancar, jodhone cemepak, mari larane, lan liya-liyane. Kuwi kabeh manut karo apa sing dipercaya awake dhewe. Sing penting awake dhewe eling yen karomah kuwi mau seka Gusti lan banyu sing ana neng sendhang mung lantaran. Amarga nalika arep adus lan arep ngombe banyu mau nyebut asmane Gusti Pangeran.

Simbolikum Etik Keris

Dening: Irul S. Budianto

Ngrembug ngenani keris kaya ora ana enteke lan tansah narik kawigatene wong akeh. Kejaba minangka peninggalan karya seni sing ngedab-edabi, sipat kandel lan sapanunggalane, eksistensi keris uga ngandhut simbol-simbol sing perlu didhudhah maknane.

Sebutan keris wiwit ditepungi ing abad 9 M. Prasasti Karangtengah sing digawe saka lempengan perunggu kanthi angka taun Saka 748 utawa 824 M, nggunakake tembung “patuk kres i”, bareng tembung “wadung i, punuka i, lukai i”. Bukti mau dikuwatake maneh karo Prasasti Poh kanthi angka taun Saka 829 utawa 907 M, sing nyebutake gegaman kres minangka perangane piranti sesaji jroning proses ritual. Sawetara ing basa Sanskerta katelah kres lan ing basa Jawa kuna dadi kris. Tembung mau ateges keris, dhuwung, curiga, katga, utawa wangkingan. Maknane gegaman landhep mawa warangka lan ukiran.

Ing perkembangane keris ngalami owah-owahan angggone maknani. Ing antarane gegayutan karo makna sing luwih alus, abstrak, lan jero. Keris ngandhut kakuwatan sing sumbere saka dhiri pribadi. Tegese, keris sing wujud gegaman minangka instrumen sing dibutuhake ing kahanan tartamtu. Kakuwatan sing ana mau bakal ditemtokake dening wong sing nduweni utawa nggunakake.

keris ngandhut makna kekeran-aris.

Sebutan keris uga ana sing ngan dhakake dumadi saka jarwa dhosok. Yaiku tembung ke cekakan saka kekeran sing tegese ‘pager’, ;ngalang-alangi’, ‘pepenget’, lan ris cekakan saka aris sing tegese ‘anteng’, ‘alon’, ‘alus’. Dadi, tembung

Sawetara saka ajarane Sunan Kalijaga ing Serat Centhini, tegese kekeran yaiku anane pengalamanpengalaman saka generasi sadurunge sing kudu didadekake sumber ngelmu lan kawruh dening generasi sabanjure. Bab iki minangka mekanisme warisan wasiyat peradaban.

Gegadhangane generasi sadurunge marang generasi sabanjure nandhesake kaya ngapa wigatine keris minangka dhuwung kang mengku makna ‘de lowung’ utawa kudu terus dirumat. Ing tataran basa krama inggil diarani wangkingan sing nuduhake panganggone ana mburi cedhak bangkekan. Iki mujudake paham kabudayan yen keris kudu dianggo minangka landhesan mburi ing panguripan saben dina. Bab iki ana gegayutane karo manungsa ing kahanan apa wae sing mbutuhake gegaman kanggo njaga dhiri. Ing perangan liya, keris uga minangka simbol kadiwasan, kepercayan, kebebasan, lan tanggung

jawab sosial ing satengahe bebrayan agung. Wong Jawa asring ngibaratake

Dideleng saka wilahe, lumrahe wujud keris memper sawijining ula kanthi sirah ing bageyan ngisor lan buntut ing bageyan pucuk. Senajan kaen dahane keris lumrahe ana bageyan ngisor,

nanging landhepe ana perangan pucuk. Gambaran kaya ngono memper kewan ge gre metan, senajan sirahe ndhelik nanging kakuwatane dumu nung ing pucuk buntute.

wujud wilah keris ‘bener’ (lurus} minangka simbol saka sawijining naga sing lagi tapa lan banjur katelah sarpatapa, nagatapa, utawa lingga makarti. Sawetara wujud keris luk dianggep minangka pralambang sawijining naga sing lagi mlaku utawa nleser, nganti diarani sarpa lumaku.

Senajan wilah keris awujud stilirisasi sawijining ula utawa naga, nanging sacara fi losofi s ora ngono maknane. Sacara maknawi keris dudu replika saka sawijining ula utawa naga. Wilah keris ngandhut pasemon ngenani kahanane manungsa sing urip ing alam cacah loro, yaiku alam mikrokosmik (jagad alit) lan makrokosmik (jagad ageng), lan theg-kliwere alam cacah loro mau bakal dingerteni lamun gelem ngrembug babagan ricikan, dhapur keris lan konsep

KABUDAYAN

manunggaling kawula-Gusti. Wilah keris luwih nyungulake sawenehing gagasan imajinatif, kreatif lan kandhutan makna sing nglukisake kepriye kapitayan urip lan nilai-nilai moral bebrayan Jawa ngenani manungsa lan ekosistem. Senajan wilah keris asring diupamakake kanthi stilirisasi ula utawa naga, nanging kandhutan maknane arupa ajaran-ajaran ngenani moralitas sing luhur. Satemah keris luwih mujudake kerangka simbolik saka fi lsafat panguripan “taksakajalma”.

Kanggone wong Jawa, keris dadi perangane panguripan simbolik sing luwih omber kanthi sipat-sipat sing gegayutan karo alam makrokosmik. Bab mau lumrahe dianggep minangka ‘rumusan kultural’ para waliyullah Tanah Jawa.

Manunggaling kawula-Gusti

Keris sing dimaknani minangka simbol nyawijine kawula lan Gusti utawa asring katelah manunggaling kawula-Gusti, sing dibeber kanthi ukara “curiga manjing warangka, warangka manjing curiga”. Ukara mau mengku teges yen keris mujudake sawenehing pasemon marang hakikat panguripane manungsa: “apa lan piye ta, sakjane urip iku”. Jroning keris ngandhut “sawenehing realitas jroning dhiri” awujud gagasan eksistensial, senajan dideleng saka blegere kasunyatane ana eksistensi cacah loro (wilah dan warangka) sing ora bisa dipisahake antarane siji lan sijine.

Nalika keris metu saka warangka, saora-orane bisa dimaknani anane gagasan rong tahap ngenani sesambungane manunggaling kawula-gusti sing kinandhut saka konsepsi jlegering wujud keris. Sepisan, wujud sesambungan ing tataran kulit yaiku sesambungane manungsa karo manungsa sajroning bebrayaning jagad ageng, sing diibaratake kaya kulitari saka awak panguripane. Cethane, keris dimaknani minangka nyawijine antarane wilah lan warangka, kanggo menehi pasemon ngenani panguripan, yen manungka kuwi hakikate kaperbawan dening proses sosiokultural sing sipate primordial.

Proses mau bakal mlaku lumantar tradhisi pangu ripan, kawruh lan pengalaman, sarta interaksi sosial jroning bebrayan. Kanthi mangkono keris lan warangka ngandhut kakuwatan pangeling-eling mikroskopik yen manungsa mujudake perangane

realitas panguripan. Saengga ora nyalahi tatanan, aturan lan etika sing lumaku ing sistem panguripan sosiale. Nanging uga ngandhut pangeling-eling makroskopik awujud pepindhan liya ngenani pepenget murih manungsa bisa ngenggonake Hyang Widi, ora mung nggunakake donya minangka kaca, nanging jiwa ne (suksma).

Sawetara konsepsi jlegering wujud keris kapindho yaiku wujud gagasan magepokan karo manunggaling kawula-gusti sing luwih implisit lan isoteris, kanthi simbol saka wilah keris (sing tansah katutup dening warangka). Gagasan ngenani spirit nyawiji mau kasembul lumantar makna saka ganja (keris). Ganja sing mujudake perangane wilah keris lumantar pesi, mujudake simbol kapisan saka sesambungan antarane Gusti klawan kawula.

Doktrin esoterik sing luwih nengenake marang pamawas visioner (batin) lan praksis, nglawan pamawas sing murni spekulatif utawa teoritis, marang makna “nyawijine wujud”. Wewengkoning ilmu pengetahuan rasional adhedhasar pamawas “nyawijine wujud” teoritis, yaiku sawijining fi lsafat sing ditampa akal rasional lan mulane mujudake wewengkoning ego.

Kawruh bisa disinau lumantar ngelmu lan makrifat. Konsep ngelmu kanggo ndumuk ngelmune Gusti Allah sing asring diarani minangka kawicaksanan, lan konsep makrifat bisa disinau minangka ngelmu, yaiku ngelmu langsung sing mung bisa ditampa krana praktek spiritual lan ndhudhah ngelmune Gusti Allah. Kaya dene ganja ing wilah keris sing mujudake tameng tumrape tangane wong sing nyekel keris mesisan minangka kakuwatan artistik pungkasan saka wilah keris, menehi pepenget ngenani anane Gusti Allah minangka tameng lan pangayom pungkasan kanggone manungsa lumantar ajaran-ajaran keslametan sing diajarake para utusane.

Kanthi mangkono sesambungane antara ne Gusti lan utusan-E diibaratake minangka wujud ma nung galing kawula gusti. Gagasan mau mujudake kakuwatan sing nylametake manungsa sing disimbolake saka anane ganja keris. Sawetara wilah keris lan ricikan liyane dadi simbol saka anane manungsa sing kudu ambyur jroning konteks lan spirit manunggaling kawula-Gusti mau. Sabanjure sing bakal katon yaiku sikap, tumindak lan kasadharan etis.

Ngeling-eling Piweling ing Cerkake Fajrin Dwi Artika

Dening: Budi Wahyono

Irah-irahan : Piweling (Kumpulan Cerkak)

Pangripta : Fajrin Dwi Artika

Penerbit : SIP Publishing, Banyumas

Taun terbit : Januari 2022

Cacahing kaca : xiv + 128 kaca

ISBN : 978-623-337-548-1

Buku kang irah-irahane Piweling iki dumadi saka wolulas cerkak. Kumpulan cerkak mau dianggit dening Fajrin Dwi Artika, pangripta sing uga dadi dwija ing Grobogan. Kajaba cerkak, Fajrin uga asring nganggit gurit lan pangalaman sing isine geguyon.

Sawise ambiyak buku iki saka ngarep tekan mburi, mbok-menawa banjur thukul gagasan saka pamaca “bakal luwih nengsemake yen Fajrin gelem rada sabar sithik anggone nglumpukake cerkakcerkake”. Isine buku iki campuran antarane cerkak diwasa lan rumaja. Luwih apik yen dipantha-pantha endi kang kanggo diwasa, endi kang kanggo rumaja. Satemah, bisa ana buku loro kanthi sasaran kang beda. Dadi, satemene Fajrin bisa gawe buku loro, siji kanggo wong diwasa, siji maneh kanggo rumaja.

Sabanjure, ing buku iki ana tembung-tembung sing geseh saka aturan babagan ejaan, kayata tulisan tahun sing kudune taun (kaca: 69), tahunan kang kudune taunan (kaca: 70), di deleng kudune dideleng (kaca: 73), lan sapiturute. Kesalahan-kesalahan kaya mangkene iki nggawe wong ngudarasa, menawa kudune penerbit munpangatake penyunting. Sokur yen penerbit luwih manteb maneh anggone menehi iguh pratikel ing babagan ejaan merga kabeh diajab kanggo njaga wibawane buku.

Cerkak “Piweling”, kang dipilih kanggo irah-irahan buku, nyritakake Kasno sing lagi kejiret isin merga lagi wae metu saka pakunjaran. Sawijining wengi Kasno nekad metu lan ketemu sesepuh kampung sing jenenge Mbah Dargo. Mbah Dargo kober ngajak jagongan kanthi gayeng. Malah, Mbah Dargo meling marang Kasno, wiwit sesuk esuk dheweke kudu mara neng omahe saben dina. Kusno diweling supaya gelem ngrewangi resik-resik omahe sing pancen wis suwe ora tau diresiki. Nuruti welingan mau Kasno banjur duwe karep nemoni Mbah Dargo maneh. Sawise pamit bojone, Kasno ngingklik menyang omahe Mbah Dargo. Nanging, sepira kagete bareng ngerti yen omah mau jebul wujud kuburan. Tujune Kasno banjur ketemu Lik Jino lan entuk kabar yen Mbah Dargo wis seda. Sanadyan mangkono, Kasno tetep ngresiki kuburane sing wis ora kopen.

Sabanjure, ana maneh kang bisa dideleng saka buku iki. Penulis asring gawe latar masjid minangka pilihan, contone ing cerkak “Pitulungan” paraga Kang Paijo, tukang becak, kelangan becake neng plataran masjid. Mangkono uga, ing cerkak “Ora Usah Digetuni” ana ing masjid maneh. Cerkak mau nyritakake paraga Galih kang petungan, nanging malah dhuwite dilebokake ing kothak amal dening anake. Ing kene Fajrin nggiring marang pitutur supaya wong urip kuwi ora perlu cethil. Latar masjid uga ana ing cerkak “Ngelu Tenan” kang nyritakake lelakone Jarwo kang arep nyelametake kothak amal, nanging malah dituduh dadi maling. Sapa sing maca cerkak kuwi lan isih nduweni ati lurus, mesthi bakal melu nggrantes marang sedhihe atine paraga Jarwo.

Mangkono satleraman isine cerkak ing buku Piweling. Katilik saka carane ngolah crita, Fajrin katon ora ngguroni, kamangka gaya kang mangkono kuwi kerep diprangguli ana sawetara panganggit. Gaya komunikasi kang kaya ngene iki sing bisa nggiring pamaca panggah pengin maca cerkak-cerkak anggitane.

Budi Wahyono,

lulusan Magister FISIP Universitas Diponegoro, panganggit geguritan lan cerkak saka Semarang

BUDI PEKERTI

Griya lan Dalem

Dening: Sunarti

Dhenok : “Bu, kula mangke nek pun mantuk sekolah badhe tindak dhateng daleme kanca kula nggih.”

Ibu : “Nanging, mengko mulih dhisik, aja langsung neng omahe kancamu, lho, Nok.”

Dhenok : “Nggih, Bu. Kula mangke mantuk riyin kok. Rasukan kula benjing rak kula ngge sragam malih.”

Ibu : “Lha, ya, nom-noman jaman saiki, karepe matur marang wong tuwa migunakake basa Krama, nanging…”

Dhenok : “Sekedhap, Bu. Ketingale kok Ibu kirang remen kaliyan atur kula dhateng Ibu.”

Ibu : “Sejatine ora mangkono, Nok. Anggonmu matur marang ibu nganggo basa krama kuwi bener. Mung wae, rada kurang pener.”

Dhenok : “Kirang peneripun kados pundi lan ing bab menapa, Bu?”

Ibu : “Coba balenana anggonmu matur pamit marang ibu mau!”

daleme kanca

kula nggih. Rak nggih leres ngaten, ta, Bu?”

Ibu : “Nok, tembung tindak, ki, ora kena digunakake kanggo awak dhewe. Nanging tembung tindak kuwi diarani tembung krama inggil. Dene tembung krama inggil kuwi kanggo ngurmati priyayi sepuh utawa sok sapa sing duwe drajat luwih luhur. Mangkono uga tembung daleme kuwi digunakake kanggo nyebut omahe kancamu.

Yen omahe kancamu kuwi griya, dadi panyebute griyane. Lha, menawa omahe Pak Guru utawa omahe wong tuwane kancamu lagi kokramakake dadi daleme.”

Dhenok : “O, menawi makaten mesthinipun matur kula “Bu, kula mangke nek pun mantuk

sekolah badhe dhateng griyane kanca kula, nggih. Ngaten, Bu?”

Ibu : “Ya, mangkono iku sing bener, Nok.”

Dhenok : “O, sakniki kula pun ngertos, Bu. Dados menawi tembung dalem menika

dipunginakaken kangge ngurmati tiyang sepuh. Dene tembung griya menika kangge dhiri pribadi utawi sapantaran.”

Ibu : “Bener, Nok.”

Bang-Bang Wis Rahina

Bang-bang wis rahina

Bang-bang wis rahina

Srengengene munc , munc , munc

Sunar sumambur

C c cu cu

C c cu cu c cu

Rame swara ceh-ocehan

Krengket ger -geret

Krengket ger -geret

Nimba aneng sumur, sumur, sumur

Adus gebyar-gebyur

Segere kep i

Segere kep i, kep i

Bingar bagas kuwarasan