Swaratama
Mbangun Kuncaraning Basa, Sasira, lan Budaya Jawa
EDISI20 SEPTEMBER-DESEMBER 2021 Foto: Falaq Lazuardi on Unsplash
KABABAR DENING BALAI BAHASA PROVINSI JAWA TENGAH
Pidak Sikil Jawil Mungkur
Lelakon sing gayut klawan unen-unen iki asring ditemoni ing jagad bisnis, hukum, lan jagad politik lan kang saemper. Katone mungsuh, katone regejegan, jebul kabeh wis padha pidak sikil. Sakabehe pakarti sing ngono wis karancang sadurunge kanggo tujuan ngrenah mungsuh utawa pihak kang kaanggep lawan.
Pidak sikil jawil mungkur, pasekuthon kang katindakake amung wong-wong sapihak kanthi pangajab kanggo untunge dhewe utawa klompoke dhewe, kanthi mamrih pitunane liyan. Kanthi pasekuthon kang sipate wadi, mula sarwi kagawe ing walik pirembugan kang resmi. Pakarti iki mesthi wae agawe lara sarta tunane kang kaajab limpene. Ing ngarep pancen bisa karasa lumaku lumrah, nanging satemene iku amung api-api.
Umpama lumaku ing dol tinuku, bisa wae katone mapan ing tengah-tengah. Winates amung dadi seksi utawa kanca wae, nanging rembug sarta ucape sayektine nyangking ancas tinamtu kanggo mihak ing salah-sijine. Embuh iku marang sing adol apa dene sing tuku. Yen mihak sing adol, rembuge ngajab supaya payu dhuwur, kosok baline yen mihak sing tuku rembuge ngajab amrih regane endhek. Amarga wis ana rembug sadurunge kanthi angka utawa buwuh winadi.
Pakarti kang mangkono iku yen nganti dikonangi bisa agawe ilange kapitayan ing liyan. Pribadi sing ana ngendi wae datan gampang dipercaya, jalaran sarwa mburu untunge dhewe, nadyan kanca utawa mitra sing dadi kurbane.
Mula sakabehe bab sing durung cetha perlu kebak pangati-ati lan waspada. Aja gampang kablithuk klawan drama utawa sandhiwaraning liyan. Ngono. (yan)
Piweling iki kaaturake dening: BALAI BAHASA PROVINSI JAWA TENGAH
Ngundhuh Wohing Pacoban
Rila ora rila, kudu gelem ngelus dhadha. Urip ing alam padhang mono sarwa sinampiran jejibahan. Wondene kawernaning jejibahan salah-sijne tinemu ing pacoban. Pacoban dhewe kawujudake ing rong bab, yaiku entheng apa dene abot. Kekarone gilir gumanti kanggo ndayakake pamikir. Mula tan kena ora titah urip prayoga tansah siyaga, embuh apa wernaning jejibahan. Kalebu anane pacoban.
Kadi dene kang katemben kaadhepi dening negara iki, yaiku anane pageblug Covid-19. Iki ya dhapur pacoban. Pacoban kanggo para kawula, pamarintah lan sapa wae kang jejering tinitah urip. Wujud pacoban kang datan sithik nggawa bebanten sarta kapitunan, yekti dudu pacoban entheng. Pageblug kang tumuli kinaran pandhemi iki, kacihna dadi werna lelakon ngeres kang akeh kaadhepi ing saindenging jagad. Nabetake kasedhihan, panelangsan, sarta rasa papa liyane. Mangkono Gusti Allah sarwi nuduhake mring kuwasane.
Saklebatan iku kawujudane panandhang, becik kang padha ketaman apa dene para kulawargane. Nasib apes mau tetep meksa kanggo sing kataman padha netesake luh. Wus kelangan akeh sing diupayakake sasuwene iki sarta apa kang padha ditresnani. Saweneh wujuding pesthi kang datan kanyana sadurunge. Sakeplasan, apa sing sadurunge kasawang apik, nyenengake, ujug-ujug malik pedhut peteng lelimengan. Ana sing njerit, tetangisan, ana sing
ngundamana marang sapa wae. "Geneya kudu tumama marang aku, dudu liyane?" mangkono batine nguwuh.
Kahanan sedhih sing kaya ngono kuwi sithik akeh wis padha dilakoni mungguhe wong urip. Amung bab sing dadi sebab tumanduke kasedhihan iku wae kang bedabeda. Kosok-baline, bab-bab sing ngukir rasa gumbira, laras klawan sing dikarepake uga wis padha dilakoni. Emane sing gawe seneng iku racake rinasa gelis, dene panandhang iku rumangsa suwe. Kamangka ing urip, kasunyatane panandhang iku sedhela dene liyane akeh sing gawe gumbira.
Abot apa entheng, nyedhihake apa dene nyenengake, kekarone prasasat kembang. Gilir-gumanti ngrenggani taman urip iki. Mula sing wigati, sakabehe prayoga siyaga angadhepi. Wanci iki bisa wae sedhih darbeke wong liya, nanging eling, ing wektu liya bisa wae dadi perangan kita. Dadi dalan sing kudu kaliwati, dadi kahanan sing kudu katampa, sarta dadi lakon sing kudu kasandhang.
Wusana, mungguh kepriye urip ngadhepi anane pacoban kasebut. Murih pacoban datan amung nabetake pangaru-ara, luwih-luwih ngundamana marang kuwasaning Gusti. Sikep kang kawawas prayoga nalika pinercaya Gusti kanggo nyangga pacoban, yaiku pasrah. Narima ing pandum. Rila lan legawa kanggo anglakoni. Trimah mawi pasrah.
Jejering titah ya amung iku sing bisa katindakake, awit samubarang sing dumadi ana jagad padhang iku muhung ing Panguwasane Gusti. Kita titah amung saderma anglakoni. Embuh apa wujude, bungah apa susah, ana apa ora ana, lan sapanunggalane. Manut pituture RMP Sosrokartono ing buku Ilmu dan Laku (1995), titah sing wis kuwawa ngolah marang kawernaning pacoban kang wujude ya menang ya kalah, ya sugih ya mlarat, ya kasil ya gagal, ya waras ya lara, istingarah bakal ngundhuh wohe kang pengaji linuwih, arupa kawicaksanan ing pakarti. Tengere welas asih, sabar, sarta ikhlas.
Prayoga den eling lan kawantiwanti ing panguripan, yen Gusti iku kapercaya Maha Adil, Maha Welas, Maha Asih, Maha lan sawernaning Maha. Satemah pacoban sing banget rinasa abot, samesthine Gusti nedya paring piwales sing satimbang. Waton kita kuwat lan pasrah. Kanthi pamikir ngono iki sayekti kita wis kuwawa ngadhepi pacoban kanthi manis. Kanthi endah. Satemah adoh saka panggersula, panggersah, sarta wani nyalahakake ing liyan.
Minangka panutuping atur, mangga kaunting welinge RMP Sosrokartono gegayutan ngadhepi lakon panguripan iki, yaiku ikhlas marang apa sing wis kelakon, trimah apa kang dilakoni, lan pasrah marang apa kang bakal kelakon. Nuwun.
DaftarIsi
Pitutur Luhur
Pidak Sikil Jawil Mungkur
Blencong
Ngundhuh Wohing Pacoban
Anugrah Prasidatama kanggo Buku Sastra Jawa
Teras
Kawruh Sastra
Gesehing Tembung Salebeting Tembang Wedhatama
Pathinan Jati Bambang
Cerkak Utama Juragan Lintah
Gladhi Sastra Mbah Cokro
Oncek-Oncek Alur Iku Bisa Mahanani Gregete Cerkak
Swara Siswa Onthel
Crita Rakyat Ki Ageng Mangir
Wacan Bocah
Ajar Rapi Uga Resik
Gurit
Gameng
Nggrentes
Sendhang
Dudu Sliramu
Macapat
Kenangan Lorin Solo
Sanggit Samba Wuyung
Kabudayan Tulak Balak lan Pageblug
Jajah Wit Nganten
Budi Pekerti
Pageblug lan Mitos
Resensi Buku
Regejegan Amarga Bandhara ing Kulon Progo
Komik
Supatane Begawan Sukra 27-28
SUSUNAN REDAKSI
Penanggung Jawab : Dr. Ganjar Harimansyah ~ Pemimpin Utama : Drs. Suryo Handono, M.Pd. ~ Pemimpin Redaksi : Kustri Sumiyardana, S.S., M.Hum. ~ Sekretaris Redaksi : Sunarti, S.S., M.Hum. ~ Reporter : 1. Drajat Agus Murdowo, S.S., M.A., 2. Akhid Anshori Setiawan, A.Md. ~ Redaktur Pelaksana: 1. Yan Tohari, 2. Bambang Sulanjari, M.A. 3. Widiyartono, 4. Triman Laksana~Redaktur: 1. Mochammad Fikri, S.S., 2. Tri Wahyuni, S.S., 3. Umi Farida, S.S., 4. Sutarsih, M.Pd.,~ Desain Grafis dan Tata Letak: Tarra Lalita Anggitalini, A.Md. ~ Keuangan : Ramadhanti Sukma Priyandini~ Sirkulasi: 1. Slamet Priyono, S.E., 2. Agus Sulistiyo.
AnugrahPrasidatamakanggoBukuSastraJawa
Dening: Tim Swaratama
Anugrah Prasidatama kanggo Buku Sastra Jawa Ing mangsa pageblug Covid-19, acara Penganugerahan Prasidatama dianakake tetep kanthi protokol kesehatan. foto: Suwandi
Ana kang beda tumrap anugrah Prasidatama ing 2021 iki. Yen taun-taun sadurunge anugrah Prasidatama mung kanggo buku-buku sastra Indonesia, taun iki ana kategori kanggo buku sastra Jawa. Kuwi minangka wujud panyengkuyunge Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah tumrap sastra Jawa.
Acara anugrah Prasidatama dikepyakake ana Hotel Patra Jasa Semarang, ing dina Setu, 23 Oktober 2021. Acara kuwi dirawuhi Kepala Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa, Kepala Pengadilan Tinggi Provinsi Jawa Tengah, Kepala Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Tengah, lan Kepala Dinas Kominfo Jawa Tengah. Ing acara mau uga rawuh para pejabat saka instansi ing Jawa Tengah, ing antarane Undip, Unnes, Kemenag Provinsi Jawa Tengah, Pengadilan Negeri saka kabupaten/kota ing Jawa Tengah, lan wakil sekolah.
Acara kuwi uga diisi
sesorah saka Prof. Endang Aminudin Aziz, M.A., Ph.D., Kepala Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa. Miturut Pak Amin, anugrah Prasidatama iki minangka wujud apresiasi saka balai bahasa tumrap panganggone basa Indonesia. Kuwi kabeh prelu kanggo nyengkuyung basa Indonesia minangka basa internasional.
Sawetara kuwi, Dr. Ganjar Harimansyah, kepala Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah ngandharake manawa anane anugrah Prasidatama iki kanggo motivasi tumrap masarakat supaya nganggo basa Indonesia kang pener. Saliyane iku,
Kepala Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa, Prof. E. Aminudin Aziz, M.A., Ph.D. maringi sesorah ana ing acara Prasidatama
Prof. E. Aminudin Aziz, M.A., Ph.D. mbukak acara kanthi nuthuk kenthongan.
anugrah kuwi uga kanggo motivasi tumrap pengarang supaya ngasilake karya sastra kang mutune apik.
Ing taun iki anugrah Prasidatama ing babagan basa kawenehake marang telung lembaga, yaiku SMA/SMK/MA, pengadilan negeri, lan media massa daring. Dene ing babagan sastra, kaya taun wingi, anugrah Prasidatama kawenehake kanggo buku antologi puisi, antologi cerpen, lan novel. Nanging ana tambahan maneh, yaiku anugrah kanggo naskah drama lan buku kumpulan geguritan. Rong kategori kuwi lagi ana ing taun iki.
Kanggo kategori SMA/SMK/MA anugrah Prasidatama ditampa dening MAN 2 Banjarnegara. Dene, kang kapilih dadi nomine yaiku SMK NU 1 Slawi lan SMAN 7 Surakarta.
Sawetara kuwi, ing kategori pengadilan negeri, anugrah Prasidatama ditampa dening Pengadilan Negeri Klaten. Nomine ing kategori iki yaiku
Pengadilan Negeri Surakarta lan Pengadilan Negeri Ungaran.
Sabanjure ana kategori media massa daring. Anugrah Prasidatama kanggo kategori iki katampa d e n in g suaramerdeka.c om. Dene, korantegal.com
lan sukoharjonews.com kapilih minangka nomine.
Kajaba ing babagan basa, Prasidatama uga diwenehake ing babagan sastra. Ing kategori antologi puisi panampa anugrah yaiku Mengunjungi Janabijana anggitane Eko Setiawan (Dluwang Karanganyar). Nomine ing kategori iki yaiku Sajadah Katulistiwa anggitane A. Musabbih (CV Wadahkita) lan Kota Asu anggitane Budi S. (Tidar Media).
Kategori liyane yaiku antologi cerpen. Buku kang nampa anugrah yaiku Seharusnya Malam Ini Saya Jatuh Cinta karyane Sulung Pamanggih (Beruang Cipta Literasi). Dene, kang kapilih dadi nomine yaiku Orang-Orang Pribumi karangane Agil Faturohman (Pataba Press) lan Tanah Letung tulisane Theophilus Yudi Setiawan (Nomina).
Sabanjure uga ana kategori novel. Nanging, beda karo kategori liyane, ing novel ora ana
buku kang nampa anugrah Prasidatama. Mung kapilih telung nomine, yaiku Ipung anggitane Prie GS (Cipta Prima Nusantara), Nyi Cubluk karangane Bambang Iss Wirya (Pataba Press), lan Meninggalkan Tempurung karyane S. Labdhawara (TriBEE). Miturut juri, novel-novel mau isih kurang greget. Mulane, ora ana novel kang menang ing taun 2021 iki.
Saliyane buku, taun iki Prasidatama uga diwenehake marang naskah drama. Naskah kang kapilih yaiku "Kumbokarno Gugat" anggitane Tentrem Lestari. Kang minangka nomine yaiku "Pengadilan Semut" karangane Bambang Wadoro lan "Kost: Bebas Campur" reriptane Idham Adi Nurcahyo.
Kaya kang wis kaandharake ing ngarep, taun iki Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah uga menehi anugrah kanggo sastra Jawa yaiku kategori kumpulan geguritan. Buku kumpulan geguritan kang kapilih entuk anugrah Prasidatama yaiku Mecaki Wektu anggitane Sriyanti S. Sastroprayitno (Cipta Prima Nusantara). Sawetara kuwi, kang minangka nomine yaiku Gendari marang Drestarastra karyane Ucik Fuadhiyah (Beruang Cipta Lestari) lan Aubade saka Boyolali tulisane Irul S. Budianto (Yayasan Hidayatul Mubtadi'in).
Anane kategori buku geguritan kang entuk anugrah Prasidatama kuwi nuduhake yen Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah duwe kawigaten marang ngrembakane sastra Jawa. Akeh
Para panggurit kang nampa anugrah lan nomine Prasidatama (kang nyekeli piagam), saka kiwa: Sriyanti S. Sastroprayitno, Irul S. Budianto, lan Ucik Fuadhiyah.
kang duwe pangarep-arep yen ing taun-taun sabanjure anugrah ora mung kanggo geguritan. Nanging, uga kanggo novel lan crita cekak. Sanadyan mangkono, anugrah kanggo kumpulan geguritan kuwi tetep gawe anyes, kaya dene tetesing embun ing mangsa ketiga.
Ana maneh bukti kawigatene Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah tumrap ngrembaka lan tumangkare sastra Jawa. Buku-buku lan naskah kang menang Prasidatama ing taun iki uga dijarwakake ing basa Jawa. Dadi, buku Mengunjungi Janabijana, Sajadah Katulistiwa, Kota Asu, Seharusnya Malam Ini Saya Jatuh Cinta, Orang-Orang Pribumi, Tanah Letung, Ipung, Nyi Cubluk, Meninggalkan Tempurung, apa dene naskah "Kumbokarno Gugat", "Pengadilan Semut", lan
"Kost: Bebas Campur" kabeh diterjemahake ing basa Jawa. malah ana buku kang diterjemahake ora mung nganggo basa Jawa baku, nanging uga dhialek kaya Banyumas lan Tegal. Contone, novel Ipung kajaba diterjemahake ing basa Jawa baku, uga ditulis nganggo basa Banyumasan.
Buku-buku terjemahan kuwi banjur diterbitake dening Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah lan disebarake marang masarakat umum. Mangkono kuwi salah sijine upaya Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah nggrengsengake kasusastran Jawa ing Jawa Tengah.
Dr. Ganjar Harimansyah, Kepala Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah, lagi menehi lapuran., foto: Suwandi
Gesehing Tembung Salebeting Tembang Wedhatama
Dening: Ki Soponyono*)
erat Wedhatama punika yasan dalem S KGPAA Mangkunagara IV (1811-1881). Serat punika kalebet ewoning serat piwulang. Kathah piwucalan ingkang kawrat wonten ing Serat Wedhatama. Contonipun, piwucalan kangge ngibadah manekung dhateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Ing Wedhatama sampun kajlentrehaken antawisipun wontenipun sembah raga. Inggih punika pakartining tetiyang ingkang amagang laku. Saderengipun nindakaken sembah raga, tiyang punika kedah suci. Inggih akarana sesuci migunakaken toya. Dene, sembah raga punika wonten gangsal wekdal. Punika ingkang dipunsebat salat fardu, inggih Subuh, Luhur, Ngasar, Magrib, kaliyan Ngisak.
Serat Wedhatama punika satunggalipun kasusastran ingkang misuwur. Milanipun, serat wau boten namung sinerat wonten ing buku kemawon. Asring sanget Wedhatama punika dipuntembangaken. Nanging, kula kok asring manggih wonten gesehipun antawis Wedhatama ingkang sinerat kaliyan ingkang dipuntembangaken.
Gandheng kula punika sanes pakar, inggih boten pengamat, ananging namung penikmat, nyadhong pangapunten anggen kula kumalancang. Tegesipun menawi kula kapinujon mirengaken pangandikan ingkang runtut basanipun tur tumata pamilihing tembung dhasar rinengga sastranipun, raosipun kados sampun tuwuk saderengipun madhang.
Mila mugi dipun-keparengna sarta nyuwun pangapunten ing saderengipun, kula namung adhapur wadul.
Kula manggih ing pupuh Pangkur wiwit pada angka 1 dumugi pada angka 14 (kawanwelas pada), tembung kaping kalih ing gatra kaping 6 ing pada kaping kalih wonten tembung pasamuwan. Ananging, dening sawatawis pesindhen (ingkang kirang premana) asring kawaos pasumuwan. Ngantos kula padosi dhateng bausastra kok boten manggih.
Salajengipun, ing pupuh Sinom, wiwit pada angka 15 dumugi pada angka 32 (wolulas pada),
tembung kapisan gatra kapisan ing pada kapisan wonten tembung ingkang ngewuhaken. Tembung punika sajatosipun nuladha utawi nulada? Manawi wanda kaping kalih saking tembung kala wau kawaos mawi a jejeg, wanda pungkasan kedah kawaos dha. Awit saking lingganipun tembung tuladha. Nanging manawi kawaos a miring (a), wanda pungkasan kedah kawaos da. Amargi saking lingganing tembung tulad boten tuladh.
Tembung salajengipun Sinom (grandhel) ingkang limrahipun kangge bawa, ing pada pungkasan inggih punika, "Temah gonjing anggenjong ing pagulingan". Tembung anggenjong kok sami dipunwaos mawi taling? Menawi pemanggih kula saking kawruh basa, ingkang leres kok anggenjong mawi pepet, kanthi teges saking lingganing tembung genjong jinis tembung kriya tanduk ingkang mawi dasanama angkat, bopong, pondhong, lan sapanunggilipun. Jalaran menawi anggénjong mawi taling malah boten kepanggih ing werdi-pikajenganing ukara kala wau. Tur menawi anggénjong mawi taling mesthinipun saking lingganing tembung génjong ingkang ateges saking jinising tembung aran, inggih punika bangsaning brekasakan, jin, setan, peri, prayangan, ilu-ilu, banaspati, wewe, janggitan, jerangkong, génjong, waru dhoyong, engklekengklek, balung atandhak (egrang), glundhungpringis, wedhon,ujung-ujung, lan sapanunggalanipun. Ingon-ingoning Bathari Premoni (Durga) ing Kayangan Setragandamayit papaning Bathara kala.
Salajengipun wonten gerong parabe sang Smarabangun, asring kawaos mara pisan mara bangun. Lajeng wonten ugi sepat domba kali Oya, asring kawaos sipat domba. Makaten wau, kathah manawi kajlentrehaken. Kula namung saged weling, mugia para pesindhen ngatos-atos manawi nembangaken serat ingkang kasusastranipun inggil punika. Amargi punika saged beda tegesipun.
*) Ki Soponyono, ing Padhepokan Kismarjo, Traten
Jati Bambang
Dening: Tamiya Riszia Reswari
ati Bambang iku salah sijine legenda crita rakyat sing ana nong Kabupaten Pati. Crita iki ana J gayutane karo asal-usul Desa Bambang, Kecamatan Cluwak, sing diganti jengene dadi Desa Plaosan, ya isih kalebu nong wilayah Kabupaten Pati. Crita iki dijumbuhna ambi critane mbahmbah Desa Plaosan dhek biyen lan uga peninggalan-peninggalan sing isih ana, kaya wayang krucil, watu cagak (mungkin watu lingga), lan makame dhanyang.
Jati Bambang dianggep dadi kayu kramat kanggo sapa ae sing percaya iku. Kayu iku nduwe kadigdayan sing ngedab-edabi lan magis. Akeh sing wedi karo kayu iku. Harene ya merga ana sing nunggoni, lèh. Mula ya gak mokal, nek kayu iku maeng dadi kramat, mergane gak ana sing wani ngelokna.
Penabuh gong ngiringi acara ringgit wacucal sajroning Bersih Dhusun Lasem
Dene, critane Jati Bambang iku kaya ngene. Dhek mben iku ana wong-wong paran sing lagi nglembara ngluru dulure. Wong loro iku mau jengen undangane Dalem lan Bayan. Sing siji dijengeni Dalem mergane angger diundang mesthi nyauri dalem. Nek jengen Bayan iku maeng mergane wonge gak tau turu kaya manuk bayan tur senenge mangan. Wong loro iku maeng niyate arep nusul adhine, jengene Jayadi nong èreng-èreng Gunung Sapta Arga.
Singkat crita, Dalem ambi Bayan maeng ketemu ambi Ki Guru Rahtawu. Kekarone terus meguru ambi Ki Guru iku maeng. Sakwise pitung sasi olehe meguru ambi Ki Guru Rahtawu, wong loro iku maeng nutukna anggone nggoleki adhine, Jayadi, sing harene manggon nong Sokarombe.
Dalem ambi Bayan nutukna laku diampingi Ki Guru Rahtawu. Wong loro iku maeng sepakat arep tapa brata nong dhaerah iku. Dalem tapa nong ngisor lembah, sing Bayan nong ndhuwur lembah. Kayu tonggak jati sing digawa Dalem, ditancepna nong lemah. Anehe, dadi tunas terus uwoh wit jati sing pol gedhe, nanging wit iku maeng leh uwoh kuwalik. Mula diarani jati sungsang.
Bayan manggon nong ndhuwur lembah. Dhekne gak tau turu. Sing dilakoni ming ngliwet nganggo kendhile. Olèhe ngliwet iku maeng ngasilna intip. Nalika iku, Bayan lagi gawe pondhok cilik utawa gubug. Intip iku maeng ditata thirik-thirik dadi kaya payon. Anehe intip maeng malèh dadi rumbia utawa
payon rumbia.
Dalem lan Bayan tekan wilayah Sokarombe, cedhak petilasane Bambang Setomo utawa Bambang panggonane Nyi Latri. Wilayah Sokarombe iku bisa diarani nduwe panguwasa kaya patih, tumenggung, penamping, lan prajurit. Wilayah iki diapit rong lembah, sisih kidul Gili Koluro, sing sisih lor Gili Niti, sisih kulon Gili Ngesong, lan sing sisih wetan Dukuh Kedung Bunder.
Panguwasane gak liya ya Raden Jayadi, iku adhine Dalem lan Bayan. Dhaerah Sokarombe klebu dhaerah sing ayem lan tentrem, merga manggone adoh saka karamean. Dalem, Bayan, lan Raden Jayadi wis padha ketemu. Akeh kedadeyan sing gedhe sakwise iku. Nanging, kabeh isa ditandangi karo para jagoan, ra liya si Dalem lan Bayan.
Sokarombe diganti jengen dadi Bambang, nek ilate wong Jawa leh ngarani dadi Mbambang. Tekane Ki Leseh dadi gawe tambah ayem nong wilayah kono. Ki Leseh sing marai gawe kedhokan leseh, iku kanggo sawah-sawah tanpa galengan. Merga saka iku maeng, para warga Bambang dadi nduwe tradhisi turun
Watu Cagak
temurun anggone nggarap sawah.
Nek cara saiki, kedhokan leseh iku maeng ya lèhem ngarani terasering. Merga apa, bentuke digawe tingkat-tingkat, terus galengane manggon nong pinggirane blaka. Ora lali, wit-wit jati ya isih padha urip tekan saiki. Apa maneh, jati sungsang sarah mayit sing biyene dadi urip merga tongkate Dalem. Nanging, jati sungsang iku maeng bareng dikethoki, pangé dadi mlengkung-mlengkung kaya gantungan. Mula, isa diarani jati canthel.
Jati canthel iku dadi indhuké jati Bambang. Kadigdayane ora ana sing nandhingi. Wong-wong sing ora asli Desa Bambang, umpamane urip nong kono, gak bakal kuwat merga saking gedhene kekuwatan magis sing ana nong jati iku. Daya pati sing ana nong jati iku, harene gak ana sing isa nandhingi, merga gak ana jampi sing kena dadi tamba.
Merga saka dhawuhe Ki Guru, anggone nebang kayu jati iku maeng kudu nganggo donga sing suci. Carane, kudu ngubengi sawah ping telu akehe. Sak bubare, mandheg terus ndonga nong ngisore wit iku. Aneh nanging nyata, kayu jati iku maeng ujug-ujug ilang ora roh nong ndi parane, nanging malèh dadi kothak wayang, jangkep sak cempalane. Wayang sing digawe saka kayu jati iku jengene wayang krucil.
Desa Bambang dadi desa anyar nong dhaerah lor Sapta Arga, pucuke Gunung Muria. Desa iki dipandhegani ambi turunane Ki Dalem lan Ki Bayan. Cirine kanggo wong sing mandhegani desa iki, mesthi nduwe sak kothak wayang krucil nong kamar pribadi.
Tradhisi-tradhisi tandur tekan panen, nong Bambang nduwe cara dhewe. Sakdurunge tandur, diwiwiti saka sawah Leseh. Upacara dipandhegani ambi Ki Guru lan nyuwun slamet ambi Gusti Allah. Wondene sajen nek selametan iku, kaya ta, tebu
abang, ingkung pitik putèh mulus, lepet beras (dudu ketan), topong tenun sing tengahe diisi wulu pitik sing wis dibelèh, benang lawe, gedhang raja, gedhang mas, gedhang sepet, serbat degan, dijangkepi anak wayang krucil loro cacahe, Mantaraga lan Panji Tuwa sing dibungkus cindhe, jengene jondhang. Bar iku maeng, para wanita cacah telung puluh dijejer terus mlaku mundur kanggo nandur wineh pari nganti bar, lagi diterusna nong sawah liyane.
Sak liyane iku, nek wayah panen, Desa Bambang pantang nanggap wayang kulit. Merga, miturut kapitayane wong-wong kono, dhanyange utawa para penghuni Petilasan Bambang Setomo nesu. Mula, tau ana kedadeyan nggegirisi kaya udan angin gedhe banget, nganti wong-wong padha katut angin, mbendal tekan ngendi-ngendi. Dadi, nek ana wayangan ya kudu nganggo wayang krucil, dudu wayang kulit.
Arepa kaya ngapa, kabeh dhaerah mesthi nduwe critane dhewe-dhewe. Dhak iya lèh? Kaya crita Jati Bambang iki, kebak misteri, aneh, khayal, nanging tetep isa dipitaya. Nganti kapan ae, ora bakal ilang critane uga kena kanggo pangeling-eling marang anak putu, nek dhek biyen tau ana crita sing kaya ngono endah lan misterine.
Matur nuwun. Salam rahayu.
Salah sakwijining wayang krucil
Dening: Keliek SW
Saiki dina Kemis. Riyaya Idul Fitri mung kari kurang nem dina. Tekane dina kamulyan kuwi pancen tansah dienteni. Ora bisa diselaki, sapa wae kangen marang tekane dina kamenangan. Sejatine, manut petung apadene adhedhasar nalar kang jembar, wektu nem dina kuwi rekene ora suwe. Nanging nyatane wong-wong wis padha kemrungsung, sajak ora sranta geneya isih kudu nunggu sawetara dina.
Bargowo iya kemrungsung. Lanang suwidak taun kuwi menyat saka lungguhe banjur jumangkah ninggalake ruwang kerjane sing katon jembar, tansah resik tur adhem-papane ngantor saben dina-karo nyangking tas koper isi dhuwit. Arini, sekretarise, sengaja ora dipamiti. Sadurunge Bargowo kebacut midak trap-trapan tumuju lantai dhasar, Arini age-age nututi karo celuk-celuk sopan-senajan rada gupuh. Bargowo mandheg, nginger awake nyawang Arini, polatane katon mbesureng.
"Bapak badhe tindak pundi?" pitakone Arini.
"Mulih. Ana apa?" Bargowo genti nlesih.
"Apa?"
"Bapak menapa supe?"
"Siyang menika wonten rekanan ingkang badhe pinanggih Bapak. Kepengker Bapak piyambak ingkang ngendika."
"Oh, iya ta. Sapa?"
"Pak Dalbo."
"Pak Dalbo?"
"Inggih."
"Sik, ta. Pak Dalbo kuwi...."
"Pak Dalbo menika juragan inuman...."
"Inuman Seger Sumyah!"
"Inggih, leres, Bapak."
"Wah, piye ya...."
"Nuwun sewu, keparenga kula matur."
"Karepmu kepriye?
"Pak Dalbo menika rekanan lami. Kejawi kredibel, integritasipun ugi sae. Sadangunipun menika Pak Dalbo mboten nate damel masalah. Kepara Pak Dalbo kathah sanget pisumbangipun tumrap kemajenganing PT Lintah Dana Perkasa."
"Ngene wae. Yen Pak Dalbo mrene, temonana sing apik. Kowe ora perlu dak wulang kepriye carane guneman. Sing penting Pak Dalbo aja nganti gela. Wis, saiki aku dak mulih," Bargowo terus jumangkah ninggalake Arini sing plenggang-plenggong karo kukur-kukur sirah.
"Inggih, Bapak, ngestokaken dhawuh," ucape Arini karo mesem kepeksa. Batine Arini rada cuwa jalaran dina patrape Bargowo marang rekanan seje karo padatan. Kaya wis ora mbutuhake rekanan maneh. Arini mbatin: Oh, ngene iki ta lagak-lageyane juragan sugih mblegedhu kuwi.
Beda karo biyasane, dina iki Bargowo mulih luwih gasik. Juragan Lintah kuwi wiwit esuk awake krasa ora penak; atine tab-taban, sirahe ngelu, penyawange klemun-klemun. Kabeh mau njalari dheweke ora bisa konsentrasi nyambut gawe. Digagas-gagas, kanyatan iki jan nganeh-anehi tenan. Sadurunge, Bargowo ora nate ngalami kahanan lan rasa-pangrasa kaya mangkene.
Awan kuwi dalan-dalan ora sepira rame-malah kepara sepi. Bargowo anggone nyetir mobil rada dikebut wae pamrihe supaya enggal tekan ngomah. Dheweke kepengin enggal bisa istirahat. Ngglethak ana kamar peturon dikancani Sulindri, garwa kinasih sing ayu kinyis-kinyis kaya bintang film kae, senajan umure wis meh seket taun.
Akhir-akhir ini Bargowo kepengin tansah cecaketan karo Sulindri sing dinikah likuran taun kepungkur. Batine Bargowo krasa ayem samangsa cecaketan karo Sulindri, lan glenak-glenik rembugan ngenani ruwet-rentenge urip lan panguripan sing dirasa saya abot sanggane.
Nanging bareng meh tekan ngomah Bargowo atine sakala malih dadi kemranyas lan ngelune sirah saya mbangeti. Gerbang pager lan lawang ngarep binuka ngeblak. Bargowo wis nggraita, sing mbukak gerbang pager lan lawang omah mesthi Sulindri. Upama sing tumindak sembrana kuwi dudu Sulindri nanging Sukir si tukang kebon, wis mesthi Bargowo ngamuk-ngamuk.
Bargowo uga weruh, ing teras ngarep ana bocah lanang loro lungguh nglesot-ingak-inguk menyang njero omah. Bocah gembel loro kuwi nyebabake panase ati lan ngelune sirah sing disandhang Bargowo saya ndadi. Bargowo kaya nate weruh bocah-bocah kuwi-embuh sapa jenenge, ngendi omahe, sapa wong tuwane. Bab kuwi ora penting.
Mripate Bargowo krasa sepet nyawang bocahbocah kucel kuwi nglesot ana teras omahe. Bargowo markir mobile ing garasi, banjur age-age jumangkah nyaketi bocah gembel.
"Heh, kowe sapa?" Bargowo malang kerik.
"Kula Sugianto, Juragan. Niki Marsudi, adhik kula."
"Kowe ana kene arep ngapa, heh?"
"Saiki kowe muliha. Juragan Putri ora sida nimbali!"
Sugianto lan Marsudi tolah-toleh bingung. Karepe kepengin tetep ana kono jalaran olehe ngenteni Juragan Putri Sulindri wis rada suwe. Pengarep-arepe, Juragan Putri bakal maringi bingkisan utawa hadhiah lebaran. Taun wingi Sugianto lan Marsudi oleh bingkisan tas lan buku tulis, sandhangan, sembako, uga dhuwit.
Mbok menawa wis dadi apese bocah loro kuwi. Durung nganti oleh bingkisan lebaran saka Juragan Putri, wis keselak tekane Juragan Kakung sing galak tur pelit.
"Ndang lunga! Ngaliiiihh!" Bargowo nyentak.
Sugianto lan Marsudi klithik-klithih ngalih. Atine ngedhap.
Wis telung dina iki Bargowo mung turon ana kamar. Awake lungkrah tanpa daya, atine goreh, pikirane nglambrang. Sakjane Bargowo wis menyang Klinik Marga Husada diterake Sulindri saperlu nindakake general medical check up lan hasile negatif. Dokter Herman mung menehi saran supaya Bargowo istirahat lan ngombe vitamin. Nanging nyatane sing dirasakake Bargowo suda. Wis telung dina uga Bargowo kepeksa ora pasa.
Lungguh ing pinggir spring bed, Sulindri mijeti sikile Bargowo. Sulindri welas weruh kahanane Bargowo. Awake krasa anyep lan praupane katon pucet. Kejaba kuwi, atine Sulindri iya nggrantes awit kelingan patrape Bargowo marang Sugianto lan
Sumardi dhek wingenane kae. Kok kebacut olehe siya-siya marang kaum dhuafa.
Nggagas kedadeyan dhek wingenane, Sulindri getun. Merga dheweke kesuwen olehe telpon ana njero omah, wusana ora bisa enggal menehake bingkisan lebaran marang Sugianto lan Sumardi-nganti ketungka tekane Bargowo.
Sugianto lan Sumardi mono anake Wakini-rekene tangga cedhak. Bocah loro kuwi wis yatim. Telung taun kepungkur Galepo-bapake Suginto lan Sumardi-ceblok saka bangunan tingkat lima nalika nyambut gawe lan nyawane ora ketulungan senajan wis digawa menyang Rumah Sakit. Wakini kepeksa niba-tangi golek kaya kanggo ngopeni anak-anake. Sejatine Sulindri ajeg menehi santunan, nanging nyatane Wakini uripe tansah sekeng.
"Mah,"lirih ucape Bargowo.
"Ngersakne apa, Pah?"Sulindri wangsulan.
"Gerbang pager lan lawang ngarep wis mbok kunci?"
"Uwis. Ngapa ta, Pah?"
"Aja sembrana, Mah. Mengko yen ana maling."
"Pah, panjenengan ki mbok aja menggalih werna-werna."
"Wong urip kok ora oleh mikir!" Bargowo sengol.
"Karepku, panjenengan ki aja kuwatir nemennemen. Beja-cilakane manungsa kuwi wis ana sing ngatur," Sulindri wangsulan sareh. "Karo maneh, bandha akeh ki arep nggo apa, ta? Awake dhewe ki wis sugih, Pah. Bandha turah-turah ki ora ana gunane, wong awake dhewe ya ora duwe anak...."
"Wis, wiiisss! Aja omong kuwi!"
Sulindri meneng cep klakep.
Riyaya Idul Fitri saya cedhak-mung kurang rong dina. Sulindri atine saya keranta-ranta. Bingkisan lebaran kanggo Wakini lan anak-anake durung sida diwenehake. Sakjane Sulindri pengin ngeterake bingkisan mau menyang omahe Wakini, nanging kuwatir yen konangan Bargowo. Sulindri ngerti watake bojone-jan methithil sundhul langit. Ora krasa, mripate Sulindri kaca-kaca.
"Mah, ngapa kok nangis?"pitakone Bargowo.
Sulindri saya mingseg-mingseg. Merga ora kuwat ngempet rasaning ati, dheweke banjur blaka
marang Bargowo. Sing diudhal ora liya kejaba perkara niyat aweh bingkisan lebaran marang Wakini lan anak-anake sing durung sida kaleksanan.
"Piye, Pah?"
"Mah, nek ngono ayo dak kancani...."
"Ayo dak kancani menyang nggone Wakini...."
Sulindri mlenggong. Dheweke kaya ora percaya ucape Bargowo. Nanging iki dudu impen. Iki kanyatan. Sidane wong loro nyangking bingkisan lebaran, tumuju menyang omahe Wakini. Emane, Sulindri lan Bargowo kecelik. Omahe Wakini tutupan.
"Anu, Juragan. Wakini lan yogane dicepeng polisi,"ujare saweneh tangga.
"Lho, ngapa kok dicekel polisi?" Bargowo lan Sulindringgenahake.
"Kiyambake konangan ngutil wonten toko pakeyan."
Sulindri sakala lemes. Bargowo malah netesake eluh.
"Maaahhh! Mamaaahhh!"
Sulindri lagi wae rampung sholat ashar nalika dheweke krungu Bargowo bengok-bengok saka njero kamar. Sulindri age-age marani. Bargowo ditakoni kanthi alus, geneya kok bengok-bengok.
"Kowe saka ngendi, Mah?"
"Sholat asyar."
"Adhuh, Maaahhh. Cilakaaaaa."
"Cilaka piye ta, Pah?"
"Cilaka tenan!"
"Sapa sing cilaka?"
"Apa sliramu during krungu?"
"Wakini lan anake ditangkep polisi merga ngutil!"
"Ah, Papah. Njenengan mung ngimpi."
Kertosono, Juli 2016-April 2020
Keliek SW mujudake jeneng sesinglone Sugeng Wiyadi.
Lair ing Wonogiri, 8 Desember 1964. Alumnus Fakultas Sastra UNS Solo lan pensiunan dhosen Universitas Negeri Surabaya (Unesa) iki wiwit SMP wis seneng maca lan nulis nganggo basa Jawa ing surat kabar Parikesit. Tulisane wujud geguritan, crita cekak, novel, lan esai. Wis nate nulis novel Kembang Desa Talunomba (Jaya Baya, 2005) lan Rembulan Ndhuwur Wuwungan (Panjebaar Semanggat, 2005). Buku kumpulan esai-ne Imajinasi Liar diajab bisa terbit ing taun 2020 iki.
MBAH COKRO
Dening: Zuly Kristanto
ore kuwi Mbah Cokro katon legok-legok S ing emperan omahe. Piyambake ngeluk boyok samungkure ngeterake anak ragile menyang terminal ing kutha. Anak ragile kuwi bakal bali mulih menyang omahe dhewe sing dedunung ana ing Pontianak. Sawise sewulan ngancani dheweke dalah bojone wekasane anak ragile kuwi bali menyang kaluwargane dhewe kang ana ing sabrang pulo kana. Wektu iki Mbah Cokro pancen ana ing omah ijenan lan sing ngancani mung bojone wae. Dene anake sing cacahe ana telu padha ura dhewedhewe. Anak wadon sing mbarep rabi oleh wong Malaysia lan ngomah ing kana. Anake sing nomer loro kerja ing pelayaran lan mulihe mung setaun sepisan. Dene anak ragile ya sing mentas diterake menyang terminal kuwi saiki wis gawe omah dhewe ana ing Pontianak, jalaran biyen nalika kerja ing Pontianak anak ragile kuwi kecanthol dening pawongan asli kana.
Kanggo ngusir rasa sepi jalaran adoh klawan anak, sing ditindakake dening Mbah Cokro ya mung besik-besik ing sawahe. Idhep-idhep nyepakake sawahe kanggo mangsa tandur sabanjure. Sawah sing diduweni dening Mbah Cokro iki dhewe
kapetung amba. Jembare kurang luwih ana sahektar. Nanging sawah sing diduweni dening Mbah Cokro iki mujudake sawah tadhah udan. Tegese sawahe kuwi mung bisa ditanduri yen pinuju mangsa rendheng wae. Sing njalari sawahe Mbah Cokro mujudake sawah tadhah udan iki saliyane papane ana ing ereng-erenge gunung, uga disebabake amarga sumber ing dhaerahe kapetung jero.
"Pak, piye, ndhuk mau wis munggah bisa apa durung?" pitakone bojone saka njero pawon.
"Wis Bune, mau wayah tekan terminal dheweke langsung numpak bis jurusan Semarang," wangsulane Mbah Cokro.
"Hlo, kok ndadak nang Semarang mbarang ta Pak?"
"Mau jarene arep ngurusi babagan bisnise ngono Bune. Ngenani bisnise apa aku dhewe ora pati mudheng. Hla jerene online ngono kok. Rampung tekan Semarang langsung menyang Solo saperlu numpak pesawat. Jarene yen numpak pesawat kuwi luwih cepet yen dibandhingake numpak kapal laut," jelase Mbah Cokro.
"O, alah yen kaya mangkono ya wis, Pakne, muga-muga wae Gendhuk tansah diparingi keslametan nganti tekan omahe kana. O, iya Pakne, iki mau Lik Sudar ngeteri watu maneh," kandhane sisihane Mbah Cokro sinambi nuduhake watu sing mentas diterake menyang omahe dening tanggane.
"Oalah, kok ya ndadak repot-repot mbarang ta lek iki, kok ya sampeyan tampa mbarang ta Bune? Hla aku wis ikhlas tenan kok yen watu-watu kae dijupuki dening warga kene."
"Aku mau jane ya wis nulak, Pakne, nanging Lik Sudar sing meksa. Jalaran ora kepenak yen nulak, wekasane ya daktampa wae," ujare bojone Mbah Cokro sinambi ngelungake teh sing mentas digawe ana ing pawon mau.
Sawetara dina pungkasan iki warga sing dedunung ana ing desane Mbah Cokro pindha nemu kabegjan kang gedhe banget. Ing satengahe ketiga ngerak lan sawah-sawah sing ora bisa ditanduri, tanpa dinyana-nyana ana kabegjan sing dirasakake dening masarakat desa. Kabegjan kuwi dhewe isih ana sambung rapete klawan fenomena watu akik sing lagi ngetren ana ing ngendi-ngendi. Ing desa papane Mbah Cokro iki mentas wae ditemokake watu akik jinis mani gajah sing cacahe akeh banget. Lan sawah duweke Mbah Cokro sing jembare sahektar kuwi mujudake salah sawijining sawah sing nyimpen watu jinis kasebut kanthi cacah sing akeh lan kwalitas sing paling apik. Mula ora nggumunake yen saben dinane sawahe Mbah Cokro tansah dikebaki dening warga sing kepengin golek watu jinis kasebut.
Mbah Cokro dhewe ora masalahake sawahe didhudhuki dening para warga sing rancake para tanggane kuwi. Sawah duweke Mbah Cokro kuwi oleh didhudhuki kanggo dijupuk watune sauger para warga sing golek watu kasebut ngecakake asil musyawarah kang ditindake klawan para warga liyane. Masia watu-watu kasebut yen didol menyang pasar regane larang banget nanging Mbah Cokro ora njaluk dhuwit asil dol-dolan watu kuwi. Tur Mbah Cokro uga ora njaluk ongkos marang wargane sing kepengin golek watu ing sawahe. Rasa ikhlas kang diduweni Mbah Cokro iki linandhes saka
pamawase yen ing mangsa ketiga iki akeh para tanggane sing ngalami gagal panen. Lan watu sing dijupuk saka sawahe kuwi mbok menawa wae bisa menehi ganti rugi menyang para tanggane sing ngalami gagal panen.
Yen didulu saka babagan ekonomi, Mbah Cokro ngono wis kapetung pawongan kang cukup. Kabeh anake wis mentas kanthi padha cekel gawe. Kanggo kabutuhan urip saben dinane Mbah Cokro wis dicukupi dening anak-anake. Sejatine para anak-anake wis ora ngolehi bapake kanggo nyambut gawe kang abot-abot. Nanging kegawa sipate sing seneng nyambut gawe wiwit isih enom, senajan yuswane wis akeh, Mbah Cokro tetep nyambut gawe ana ing sawah.
"Oh, iya Pak. Samungkure Lik Sudar, mau Pak Lurah ya mrene. Dheweke ngajab yen mengko rada sore sampeyan diutus menyang sawah. Jarene penting," kandhane sisihane sinambi lungguh ana ing jejere sing lanang.
"Wah, kok ndadak banget ya Bune? Kira-kira ana apa ya? Ya wis lak ngono Bune aku tak budhal menyang sawah dhisik ya?," ujare Mbah Cokro kanthi kebak pitakonan.
Ora watara suwe sawise nyruput tehe Mbah Cokro langsung nyingklak sepedhahe lan budhal menyang sawahe. Sawah sing diduweni dening Mbah Cokro dhewe iki kira-kira jarak saka omahe limang atus meter. Nalika tekan ana ing sawahe dheweke wis dienteni dening para tangga teparone. Wiwitane ing njero ati dheweke takon ora biyasane dheweke diakon kanggo menyang sawah dening lurahe. Dheweke wis masrahake ngenani tata cara ndhudhuk lemah menyang para tanggane.
Mbah Cokro kaget banget sawise weruh lemahe didhudhuki ora kaya tata cara lan tatanan nalika rembug warga sing dianakake ana ing omahe sawetara wektu kepungkur. Rasa kagete kuwi suwisuwi ndadekake rasa nesune nalika wates sawahe klawan wates sawah duweke tanggane dirusak dening para warga sing golek watu ing sawahe.
"Hlo...hlo iki karepe piye? Kok dadi kaya mangkene prakteke?"
Para warga sing ana ing kono ora ana sing wani kumecap apa-apa. Kabeh padha ngrasa luput jalaran ora nindakake apa kaya sing wis disarujuki kanthi bebarengan. Rasa lupute para warga iku tansaya ndadra nalika ngelingi Mbah Cokro ora njaluk piwales kanthi wujud apa-apa marang para pawongan sing golek watu jinis mani gajah ing lemahe.
"Mbah, nyuwun pangapunten saderenge. Niki mau saged dumadi kados mekaten jalaran wonten warga sing eyel-eyelan ngenani papan panggonan kagem pados watu. Saking eyel-eyelan niku mau njalari wonten pihak ingkang mboten nrimakake lajeng ngrusak wates sawahe panjenengan. Kula minangka pihak saking desa saguh kagem ngukurne malih wates sawah gadhahane panjenengan lan nraktor lemah menika menawi sampun dumugi wancine jawah," ujare Pak Lurah nyoba nengahi.
"Saderenge kula ngucapaken matur nuwun marang panjenengan Pak. Ananging yen para warga mboten saged nindakake tata cara anggene nambang kados ingkang sampun dipun rembag bebarengan wonten dalem kula menika, mboten wonten cara sanes saliyane kula bakal nutup lemah menika. Lemah niki kagungan kula. Dados menapa ingkang kula kersakaken tumrap lemah menika kedah manut napa ingkang kula kersakaken. Ingkang kula kersakaken sejatose namung sepele. Yen sampun rampung nambang hla mbok joglanganjoglangan ingkang kados niku ditutup malih. Tur malih anggene ndhudhuk niku saking etan mengilen. Mboten dinjah-enjah kados mekaten. Pun yen kados mekaten cak-cakane wiwit dinten niki. Lemah niki bakal kula tutup," kandhane Mbah Cokro kanthi mantep.
"Hlo Mbah, kok malih nesu kaya mangkono," semaute Sugeng salah sawijining tanggane.
"Hla cak-cakane kaya mangkene kok. Senajan ta aku ora rumangsa ora dirugekake nanging yen kaya mangkene sing ditindakake ateges aku disepelekake. Ora bisa. Pokoke wiwit dina iki kabeh wae ora oleh golek watu ing
sawahku. Aku luwih lila yen sawahku dithukuli alang-alang timbangane kaya mangkene dadine. Pun Pak, kula kinten mboten wonten ingkang dipun rembag malih kula badhe nyuwun pamit," ujare Mbah Cokro sinambi ninggalake papan kuwi.
"Mbah... Mbah sik.... Mbah.. sing sareh Mbah. Aku njaluk sepura. Mbah...aja ditutup ya Mbah....," ujare para warga sing ana ing papan kono.
Ananging apa sing dikandhakke dening para warga sing ana ing kono babar pisan ora dipaelu dening Mbah Cokro. Amarga ngrasa disepelekake dening para tanggane sing wis diolehi kanggo golek watu ing sawahe. Mbah Cokro ngrasa kuciwa banget. Mung gara-gara watu akik dheweke rumangsa ora dianggep ana. Lan rasa kuciwane Mbah Cokro kuwi diwujudake kanthi kaputusane kanggo nutup sawahe saka aktivitas tambang watu akik ing sawahe iku mau.
Zuly Kristanto RT 02 RW 06 Desa Mirigambar Kecamatan Sumbergempol Kabupaten Tulungagung
Alur Iku Bisa Mahanani Gregete Cerkak
Dening: Triman Laksana
ancen, proses kreatif iku bisa dadi P nuduhake sepira ta dawa lan napase pengalaman si penulis nyuntak ide lan gagasane ana ing tulisane. Tulisane bisa lair kanthi biyasa apa ngedab-edabi. Kabeh ora liya, ya mung saka proses kreatife penulis, bisa nggawa dhiri pribadine marang hasil karyane. Apa maneh bab nulis cerita cekak (cerkak), pancen kudu pinterpinter anggone ngolah, tembung-tembung kudu dirakit, dadi crita kang nengsemake, uga gawe sing maos kepranan. Bisa uga malah gawe getere sing maca. Iki ora liya uga bab kaprigelan anggone ngolah pengalaman dadi tembung, sing marahi karyane dadi gamben, lan fenomenal.
Ing teori sastra, ana urut-urutane proses kreatif nulis: persiapan, inspirasi, inkubasi, ditulis, lan revisi. Persiapan, yaiku kepiye anggone bakal nulis iku. Inspirasi, gagasan sing jumedhul lan disimpen ana pikiran. Inkubasi, gagasan sing pancen wis disimpen lan wis wancine lair. Ditulis, menawa wis ana persiapan, inspirasine pancen wis kuat, uga wis nganti tekan inkubasi pancen wis mateng. Revisi, nah iki sing paling baku. Sawise kabeh dadi tulisan rampung, bab revisi kudu dadi kawigaten. Aja nganti tulisan sepisan dadi. Bisa uga, nulis sacerkak, anggone revisi bisa bola-bali. Nganti rumangsa marem, lan sampurna miturut penulise.
Menawa maca cerkak "Mbah Cokro" karyane Zuly Kristanto, pancen ora ana sing salah. Sanajan nggarap bab watu akik ing wektu saiki, ora merga wis ora trend maneh. Nanging, anggone nggarap kurang rabuk. Konflik kurang digarap kanthi tajem, dadine ya mung ndlujur wae, kurang greget. Kamangka, menawa digarap kanthi tuntas lan luwih mateng, cerkak iki bisa luwih nges lan nengsemake. Mulane, sadurunge nulis, kudune wis duwe draft, paraga sapa sing bakal dadi antagonis lan protagonis. Supaya bisa nguripake mlakune crita, utawa alur sing bakal inti cerkak kasebut.
Pramila, bab nulis cerkak iku, pancen kudune nduweni pengalaman sing ana ing batine, yaiku literer estetis, humanis, etis lan moral, filosofis,
uga religius. Kabeh iku bisa ndayani asil karyane ora mung wantah, lan gampang ditebak. Lan mung dadi wacan biyasa, durung bisa menehi pengalaman batin tumrap sing maca.
Ing cerkak "Mbah Cokro", Zuly Kristanto anggone nyuntak ide, kayane mung sagebyaran wae. Iku bisa dirasakake ana alur crita sing mung mbanyu mili. Ora ana ombak sing mundhak lan mendhukul. Kamangka, alur iku sing dadi punjere crita kang kababar. Pacelathone uga kurang tandhes lan tatas. Apa maneh, nalika sawahe Mbah Cokro dirusak warga, kudune ana kene, pacelathone kudu teges lan nandhes. Ora mung sareh lan biyasa wae. Sanajan, kabeh wis entuk idin saka Mbah Cokro. Nanging, bab nesune Mbah Cokro kurang tuntas, lan isih ngambang. Pungkasane crita, Mbah Cokro nglungani ing papan sawahe, kanthi tembung kunci "Wis ora entuk maneh".
Penutup cerkak "Mbah Cokro" kurang tuntas. Lan kaya mbingungake. Menawa digawe crita sing absurd, ya durung tekan. Menawa digawe crita sing nggantung (hanging story) ya nanggung. Apa maneh crita realis, isih cethek banget.
Mulane, menawa nulis cerkak, kudune wis duwe ancas tujuan, utawa alur sing bakal digarap ana tulisane. Hasil karyane bakal muni lan mlaku dhewe, menyang ngendi papan juntrunge alur critane iku. Supaya cerkak hasil karyane iki dadi karya sing pancen bisa kanggo wacan sing enak lan kepenak. Uga gawe tandha marang sastra Jawa, menawa tetep isih ana sing nulis. Lan tulisane ora mung saanane lan sakenane wae.
Nanging, paling ora cerkak "Mbah Cokro" tulisane Zuly Kristanto iki ya wis nduweni nilai tambah. Cerkak sing ditulis ora mung bab katresnan lan keluwarga wantah. Zuly Kristanto wis nulis babagan lingkungan hidup lan sosial humanis. Iki sing perlu dicathet. Uga, perlu dikembangke maneh tumrap penulis-penulis sastra Jawa. Isih akeh bahan lan ide ana ing jagad raya iki. Ide sing ngemonah babagan sosial, lingkungan hidup, filsafat. Dadine, sastra Jawa bisa terus ngrembaka kanthi kualitas. Lan ora njuwarehi. Sumangga!
Dening: Nadia Nirmalasari.
umilir angin esuk marakke bocah lanang S nganggo sragam putih abu-abu sing lagi ngayuh pit onthel iku tentrem atine. Dalan gedhe durung rame. Motor mobil durung akeh sing liwat. Bocah lanang iku pisan pindho ngematake kiwa tengene. Mripate nyawang ibu-ibu padha golek janganan ing warung pinggir dalan, ana sing nyapu latar omah, lan bocah-bocah nganggo sragam abang putih padha mlaku sambi guyonan.
Ora let suwe bocah lanang iku ujug-ujug narik rem onthele nganggo drijine. Pit onthel sing lagi ditumpaki iku mau mandheg. Sakbrebetan bocah lanang mau namatake simbah-simbah sing ora kuwat nyurung pit neng cengkrekan dalan amarga gawane kang ana ing boncengane katon akeh. Ora ngenteni suwe bocah lanang iku mudhun saka pit onthele lan nyedhaki simbah mau.
"Ajeng wonten pundi Mbah? Kula ewangi nyurung nggih."
Bocah lanang iku nggoceki pite simbah mau. Banjur ngewangi nyurung saka mburi.
"Arep bali neng ngomah. Saka pasar iki mau, bar dodolan ben dhuwite isa dinggo mangan," Simbah njelaske.
Bocah lanang mau mesakake marang simbahe. Awak garing lan wis sepuh nanging isih kudu banting tulang kanggo mangan saben dinane. Bocah lanang mau njupuk salah sijine barang sing ana neng njero tas sekolahe. Banjur diselipake barang mau ana ing tangane simbah.
"Niki Mbah, mang tampi mawon, niki namung sekedhik rejeki saking kula... Itung-itung kula latihan sedhekah."
Bocah lanang iku nyelipake dhuwit warna biru neng tangane simbah mau. Simbah kaget nanging banjur matur nuwun. Sing dimaturnuwuni lega atine amarga bisa sedhekah. Bocah lanang langsung bali numpaki pit onthele sing disetandharake ing pinggir dalan, lan langsung tumuju sekolahane.
neng parkiran samping gedhung sekolah. Bocah lanang iku ora isin ambakna para kancane padha mangkat sekolah nggawa motor apik-apik lan kinclong-kinclong. Iku amarga dheweke seneng banget karo pit onthel peparingane almarhum eyang kakunge. Saliyane iku, mangkat sekolah numpak pit luwih sehat amarga sambi olahraga, pikire.
Tekan sekolahan, pit onthele sing wis katon lawas iku diparkirke bareng motor-motor gedhe
Lagi pirang jangkah sikile ngadoh saka pite mau, bocah lanang iku krungu ana kancane sing ngundang dheweke.
"Hisyam... Hisyam... Jaman saiki isih nganggo onthel kowe ki? Alah alah... kudhet banget! lya ta Je?Ha..ha..ha.."
Omongan utawa kang luwih trep pangece saka kancane Hisyam mau diiyani karo Jije sing lagi ngadeg ing sandhinge. Bocah-bocah mau banjur padha nggeguyu Hisyam sing diarani kurang update jaman amarga isih nganggo pit onthel.
Hisyam mung meneng lan ora males marang Carle sing ora bosen-bosene ngenyek dheweke. Sabubare Carle rampung ngomong, Hisyam ameh metu saka parkiran lan mlebu kelas. Durung ngasi telung jangkah, ana swara sing marakke Hisyam mandheg.
Sssss....
Hisyam madhep mburi lan banjur reti yen pite bane nggembos. Kaya ana tipak jlaritan neng bane. Katon Carle sing lagi ngowang-awingke cutter neng tangane tanpa rasa salah. Hisyam langsung bali nyedhaki pite. Karo nahan muring dheweke omong marang Carle.
"Astaghfirullah, Le, aku ki duwe salah apa karo kowe? Lha wong aku ora tau ngganggu kowe karo Jije, ngapa kowe saben dina ngganggu njur gawe polah sing aneh-aneh?" omonge disabar-sabarke.
Carle sing isih ngowang-awingke cutter mau malah ngguyu. Hisyam reti polahe Carle banjur sepet terus trima ngalah lan arep mlebu kelas. Ananging jangkahe bali kandheg amarga omongane Carle.
"Adhuh, kepiye ya Sam. Kowe napas neng kene we wis ngganggu gek. Mesakna paru-paruku le berharga iki nek kudu berbagi oksigen karo wong le levele adoh neng ngisorku. Lagian kowe kok isa mlebu sekolah kene ta? Kamangka iki sekolahe isine dinggo anake wong sugih-sugih lho. Sak pinterpintere kowe nek ra isa mbayar ya gur dikon metu. Ha ha ha ha!"
"Eh..eh. Ning krungu-krungu si Hisyam ora tau telat mbayar lho. Apa wong tuwane adol lemah, omah, motor, ngono? Ha ha ha ha, Hisyam, Hisyam, mesakake aku karo kowe. Wis gek kono mlebu kelas! Mengko ulangan semester ta? Digarap sing tenan, ben paling ora, nek ora sugih ki ya dadi wong pinter. Ha ha ha ha..." Jije sing kawit mau neng sandhinge Carle nambahi.
Hisyam sing kawit mau meneng, terus mbalik. Madhep mburi.
"Nanging aku luwih mesakke karo kowe lho Le, Je. Wong tuwamu wis banting tulang nanging kowe padha ora bisa mbuktekake sik terbaik kanggo wong tuwamu."
Bubar ngomong ngono Hisyam metu saka parkiran banjur mlebu kelas. Persiapan ameh ujian semesteran. Carle karo Jije ora trima. Banjur nendhangi lan ngrusaki pite Hisyam.
Sarampunge ujian semesteran, Hisyam bali tumuju parkiran. Dheweke lemes bareng weruh pit onthele wis ora mbentuk. Sapa maneh nek dudu polahe Carle lan Jije. Kepeksa Hisyam bali karo njunjung pite sing bane mburi ngasi ora bisa mubeng.
Lagi tekan gerbang sekolah, Hisyam dindhegi karo mobil ireng neng sandhinge. Kaca mobil kabuka. Katon Bapak Direktur sekolah.
Tanpa dingerteni dening Hisyam, ana bocah kang namatke saka kadohan. Katon Hisyam omongomongan karo Pak Direktur. Pite Hisyam dititipake satpam. Hisyam mlebu mobil, mulih barengan karo Pak Direktur. Halah ana wong seneng golek rai, batine bocah mau kang ora liya si Carle.
Esuke Carle karo Jije tekan sekolah luwih gasik saka biyasane. Jije wis dicritani karo Carle lan melu mangkel. Bocah loro mau nyiyapke rencana kanggo Hisyam. Rada awan neng kelas wis akeh sing teka. Si Hisyam mesthi dina iki bakal mangkat luwih awan amarga bareng Pak Direktur. Jije lan Carle masang ember isi banyu neng ndhuwur lawang mlebu kelas. Carle bengok-bengok marang kanca-kancane.
"Cah, cah! Takkandhani ta. Jebul neng kelase awake dhewe kuwi ana sing levele neng
ngisor ning senengane golek rai neng Pak Direktur lho!"
Bocah-bocah neng kelas banjur rame. Kabeh padha pengin reti sapa sing dimaksudke dening Carle.
"Sabar, sabar, mengko dhilit maneh wonge teka. Mengko lak kesiram banyu sik neng ndhuwur kuwi. Ha ha ha, awake dhewe kudu ngenehi pelajaran, ben reti nek ora level sekolah neng kene iki. lya ora Le?" Jije nambahi.
Ora let suwe Hisyam teka. Dheweke mbukak lawang. Byurrrrrrrr! Banyu sing tiba saka ndhuwur ora bisa disingkiri. Hisyam kaget. Sragam, tas, lan sepatune teles kesiram banyu. Hisyam banjur ngematake sajrone isi kelas. Dheweke wis reti sapa pelakune, nanging mung trima ngalah.
"Wuahahahahaha! Kuwi cah ematna uwongé melas tenan. Mesakake ya. Sok-sokan golek rai ning Pak Direktur. Tur maneh gur perkara onthel rongsokan! Ora modhal!" Carle ngenyek-ngenyek Hisyam neng ngarep kelas.
Liyane ngrungokke Carle ngenyek Hisyam sambi kaget. Hisyam gur bisa meneng. Jije sing neng sandhinge Carle kawit mau manthuk-manthuk. Ananging omongane salah sijine bocah wedok sing lingguh neng pojok mburi marahi Carle lan Jije kaget.
"Lho Le, Je... Lha Hisyam ki pancen putrane Pak Direktur. Ora reti pa kowe?"
Nadia Nirmalasari, siswa SMA N 1 Wonosari, Gunungkidul.
Ki Ageng Mangir
Dening: Sri Wijayati
Ki Ageng Mangir kuwi salah sijine Panguwasa ing Bumi Mangir. Dheweke kondhang dadi wong sing bagus, gagah, wani, lan sekti mandraguna. Ki Ageng Mangir uga kondhang dadi wong sing duwe pusaka ampuh, sing awujud tombak sing dikenal kanthi sebutan Baru Klinthing. Miturut crita, tombak Baru Klinthing asale saka sawijining ilat ula naga sing gedhe banget. Dene naga mau arane Baru Klinthing.
Nanging Ki Ageng Mangir duwe sipat sing kurang becik, yaiku gumedhe lan golek menange dhewe. Dheweke ora gelem tumungkul marang Karaton Mataram. Dheweke duwe penganggep menawa Bumi Mangir kuwi bumi perdikan, sing tegese bebas, merdika, ora kudu tumungkul lan manut marang Karaton Mataram. Panembahan Senapati pinangka Raja Mataram, wis bola-bali ngirim utusan menyang Mangir, kanggo mbujuk Ki Ageng Mangir supaya sowan menyang Mataram. Nanging Ki Ageng Mangir tetep puguh atine, ora gelem ngadhep
lan manut marang Karaton Mataram. Malah Ki Ageng Mangir wani nantang perang.
Miturut carita kasektene Ki Ageng Mangir kuwi ngedabedabi. Kacarita, Ki Ageng Mangir kuwi pinangka putra saka Ki Ageng Bondhan, sing isih ana garis keturunan saka Karaton Majapahit. Dheweke duwe jeneng dawa yaiku Raden Jaka Humbul Wanabaya. Ki Ageng Mangir kuwi wong sing sekti, lan kasektene ndadekake Raja Mataram, Panembahan Senapati, rumangsa kuwatir.
A keh crita sing njlentrehake tumindake Ki Ageng Mangir. Ana loro critane sing narik kawigaten, kaya kang dikandhakake ing Babad Mangir. Salah sijine yaiku perkara perange mungsuh prajurit Mataram. Banjur, ana crita patemone karo ula naga ing telaga kang ana ing tlatah Ponorogo. Crita sing nomer loro iki dadi cikal bakal legenda Baru Klinthing. Akeh sing ngandhakake menawa Baru Klinthing kuwi jan-jane pusakane Ki Ageng Mangir dhewe.
Salah sijine pusaka sing diduweni dening Ki Ageng Mangir yaiku, lading sing sekti. Lading kuwi ora ketok yen sekti, amarga wujude mung biyasa wae. Lading kuwi duwe sirikan, ora kena diselehake ing pangkone prawan. Ing sawijine dina, sirikan kuwi dilanggar. Lading disilihake marang prawan sing jenenge Sarinem ing acara Merti Desa. Ora njarag Sarinem sing isih prawan kuwi nyelehake lading ing pangkone. Sanalika lading kuwi ngilang. Krungu kabar bab ilange lading kuwi, lan kedadeyan apa sing sanyatane, Ki Ageng Mangir banjur nglamar lan ngepek bojo Sarinem. Asil saka dhaupe karo Ki Ageng Mangir, Sarinem nglairake jabang bayi sing awujud Naga pinangka panjalmane lading sekti.
Ki Ageng Mangir lagi mertapa ing Gunung Merapi. Ki Ageng Mangir digoleki Naga sing pinangka anake. Naga kuwi terus ngamuk warga desa.
Ki Ageng Mangir weruh Naga sing ngamuk banjur kandha, "Heee sapa kowe Naga kurang ajar, ora ngerti tatanan ngamuk marang wong-wong sing ora salah?"
Naga kuwi banjur wangsulan," Aku Naga arep nggoleki bapakku sing ngukir jiwa ragaku."
Ki Ageng Mangir takon, "Sapa jenenge bapakmu?"
"Jare simbok, jenenge bapakku Ki Ageng Mangir, lagi mertapa ing Gunung Merapi kene."
Ki Ageng Mangir kandha, "Mangertia ya Naga, sing jenenge Ki Ageng Mangir kuwi aku."
Naga kandha, "Wo, dadi nek ngono kowe bapakku. Aku wis ketemu bapakku, lehku nggoleki adoh-adoh saka Desa Mangir nganti tekan Gunung Merapi kene ming arep ketemu karo bapakku."
Ki Ageng Mangir ora seneng atine yen diceluk bapak karo Naga, mula kandhane, "Heee Naga, aja ngaku-aku yen kowe anakku. Aku emoh duwe anak kowe. Elek, ora bagus, wewujudanmu Naga."
Naga banjur nangis ngariharih supaya Ki Ageng Mangir gelem ngakoni dadi bapakne.
Ki Ageng Mangir banjur kandha, "Hee naga, yen nyata kowe ngaku dadi anakku, aku gelem dadi bapakmu ning nganggo sarat. Sarate kowe kudu bisa nggubed Gunung Merapi iki nganti kemput nganggo endhasmu tekan pethitmu. Menawa ora bisa nyembadani panjalukku, kowe naga dudu anakku."
Krungu kandhane Ki Ageng
Mangir, Naga banjur mangsuli, "lya bapak arep takbuktekake."
Naga banjur nggubet Gunung Merapi awake seka endhase tekan pethit, wis meh kemput, ming kurang sekilan dawane nanging ora tekan. Naga banjur melet kanggo nggenepi ben bisa kemput. Ki Ageng Mangir ora lena ing kaprayitnan, nalika lagi melet, ilate naga banjur katigas nganggo pusakane. Ilate naga pedhot sanalika malih wujud dadi tombak. Tombak mau dijenengi Tombak Baru Klinthing.
Ki Ageng Mangir Wanabaya mbalela, ora gelem teluk marang Panembahan Senapati, panguwasa Mataram. Bumi Mangir tlatah kang subur dadi lumbung parine Karaton Mataram. Mula saka kuwi Panembahan Senapati ndhawuhake supaya nglurug perang menyang Bumi Mangir. Perange ora awujud nguntabke wadya bala, nanging nganggo cara liya. Pembayun putrine Panembahan Senapati kadhawuhan nyamar dadi pambeksa tayub. Pembayun sarombongan mung mlaku liwat Sendhang Kasihan. Ing Sendhang
Kasihan, Pembayun adus lan kungkum. Bubar adus katon Pembayun saya tambah ayu lan sumringah. Ki Ageng Mangir Wanabaya rumangsa kepranan marang ayune Pembayun. Wusanane Pembayun banjur dipek bojo. Ki Ageng Mangir banjur ngerti sapa sejatine Pembayun. Wanita ayu anake mungsuh. Nalika Ki Ageng Mangir sowan lan ngadhep sungkem marang Panembahan Senapati, tekane ora dianggep mantu, nanging tetep mungsuh. Mula nalika nyembah, sirahe Ki Ageng Mangir dijeblesake watu gilang. Raja tega banget mateni marang mantune. Satemah Pembayun dadi randha. Mengkono pungkasan critane Ki Ageng Mangir sing sekti mandraguna. Crita rakyat kuwi asale saka Desa Mangiran, Kabupaten Bantul, Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta.
Ajar Rapi Uga Resik
Dening: Rizky Alvian*)
Rahma kesengsem nalika salah sawijining bengi mlebu kamere Mbak Maya, kanggo murubke lampu. Amarga sing nduwe kamar siweg metu, melu kemah Sabtu Minggu.
Pas saklar dijeplak, kerlap-kerlip lampu muter saka dhipan kasur terus marani tembok sing ana foto-foto kancane Mbak Maya. Sing luwih gawe kagum maneh, yaiku ana proyektor sing nampilke gambar rasi bintang. Kaya dene ngrasa lagi turu mbari ndelok langit, dikancani gemerlap lintang.
Esuke, pas Rahma ngrewangi Ibu mepe kelambi. Dheweke negesna kepenginane.
"Buk, Kula pengin kamere kaya Mbak Maya. Sing isa dihias-hias."
Ibu mesem ing Rahma.
"Olih. Tapi syarate Rahma kudu beres-beres kamer dhewek. Uga barang-barang sing ora dienggo, dikumpulke ben isa disumbang kanggo sing luwih mbutuhke."
Rahma bungah, nuli dheweke ngacungna jempol, "Siyap, Buk!"
Omongan ibu iku bener. Ing njero lemarine Rahma akeh kelambi sing wis ora dienggo maneh, tapi isih numpuk sebab arang diberesi. Rahma wiwit pilih-pilih, sing endi kelambi kang dienggo awake dhewek uwis seret, tapi kondhisine isih apik.
Rahma uga ora lali maring koleksi aksesorise. Awit setaun mburi, dheweke seneng koleksi benda-benda saka kartun Frozen. Gelang, anting, kalung, nganti bandho. Sekabehane ana gambar karakter Frozen.
Saka kadohan, katon Ibu mareki Rahma mbari nggawa kardhus gedhe.
"Barang sing arang dienggo. Padha diseleh ing kene." Ibu nunjuk kardhus gedhe.
Lima las menit Rahma beberes. Dheweke ngrasa ana sing janggal. Pas dheweke ngelongok rak aksesoris nembe nyadhar yen bandho Frozen hadhiyah Paklik Danis saking Disneyland ora ana ning papane.
Rahma kelabakan. Dheweke mbuka-mbuka maneh kelambi sing wis diberesi, sapa weruh nyelip. Nanging tetep wae, ora ketemu.
Akhire Rahma metu saka kamar, terus takon maring Mbak Maya sing nembe mulih saka Persami.
"Mbak, ningali mboten bandhoku sing wonten
gambar Frozen?"
"Ora weruh. Wis, aku kih lagi pegel mulih saking Persami." Terus Mbak Maya cepet-cepet nutup lawang kamere.
Rahma mung bisa mrengut. Dheweke ngrasa sembrana ora bisa njaga barang.
Rahma terus ndhodhog lawang kamare Mas Rizky.
"Mas, ningali mboten bandho kula sing gambar Frozen?"
Mas Rizky gedheg mbari mripate ora ngalih saka layar hp.
Pas kahanan sedhih, Ibu mareki Rahma. Ora didugaduga, Ibu nggawa bandho sing Rahma nggulati mau-mau.
"Mengko aja sembrana maneh, Rahma. Kowe ninggalna bandho ning umahe Paklik Danis. Untung ibu buru-buru mberesi."
bando iku ora ilang. Hhhuuufff... Rahma ngelus dhadha. Lega. Akhire
Rahma weruh Bapak mareki mbari nggawa gulungan kertas uga plastik kresek. Pas dibuka, isine gawe Rahma bungah pisan. Ana kertas tembok gambar Frozen, ora ketinggalan mbari foto-foto karaktere, sing bakal digantungna ing lampu kerlap-kerlip persis kamare Mbak Maya. Rahma ndhekep Bapak karo Ibu.
Rahma cepet-cepet ngrampungna anggone beresberes, amarga ora sabar. Sadhela maneh kamare arep disulap dadi Arendelle, omah saka Putri Ana, Elsa, uga kanca-kancane sing akeh keajaiban.
Cirebon, 21 Agustus 2020.
*)Rizky Alvian, miyos wonten Cirebon, November 1998. Sapunika mahasiswa teknik sipil saking UGJ, Cirebon.
Sun unting kabeh pangeling-eling Dadi sak ronce pandonga pameling Supaya mbesuk, nora sun temoni Abange ati tanpa rah kang mili Perih, tanpa usada kang sejatine nora ana
Gameng
Suntulis gurit iki Ing maejan sak ndhuwure astana kang durung garing Nora ana tetembungan Kajaba semboja kang nyemengake rupa Uga waspa kang wus ndhisiki ukara
Gameng... Katon cemeng lan peteng Srengenge kang mrebawani jagat isun, Wus angslup
Salatiga, 6 Februari 2021
Dhuhh biyung... Ana ngendi dununge wanamu kang ijo royo-royo? Ana ngendi dununge segaramu kang biru kecu? Omah gedhong ngadeg jejeran sajak padha saingan Larahan kumambang kaya-kaya wus lumrah dadi sawangan
Gurit Ketiga
Godhong garing kang tumiba Bebarengan sumribiting angin ketiga Nggawa hawa sumeleting sang surya Saya nambah gerahing raga ing lemah kang nela
Jan-jane iki salahe sapa? Apa manungsa kang angkara? Utawa mega mendhung kang nyaput nala?
Salatiga, 21 Mei 2021
Saya gerah ati iki Nyawang para durjana padha lomba ngoyak bandha Nganti lali jati dhiri minangka titahing Gusti Tumindake agawe prahara Tumindake agawe memala
Kidunging Ratri
Sumilir angin wengi Meksa netra iki tangi Ing sepining ratri Kang wingit anggigit
Ana rasa kang ngaru biru Kaya-kaya ngajak jumangkah metu Senajan ajrih Dak kendel-kendelake njejer jejeg Ing tengahing peteng kang nggumeleng
Sumunaring sang hyang candra Uga kerlap-kerliping kartika Kadya nyungging akasa Dadya usada kekesing nala
Swara ajag ing wana Uga swaraning pungguk Kang padha thenguk-thenguk ceceluk Kadya kidung kang dadi kanca
Rasa ayem tentreming tyas Adoh saka swara klakson sesautan Uga hawa kutha kang agawe ampege jaja Ohh Gusti, konjuk suka syukur kula
Salatiga, 22 Mei 2021
Nggrentes
Lingsir wengi tan bisa nendra Tumeka ing esuk iki tanpa kolu upa Binarung swaraning kutu-kutu walang ataga Kaya-kaya mayapada kang amedhar sabda
Mituhu dhawuhe kang akuwasa Alon lumaku ginayuh tirta hambasuh muka Kinarya handedonga hangajab ing sedya Mugi sih tetesing Pangeran sageda tumiba
Rong taun hanandhang samun lan sedhih Kebak tangis lan pangrintih kang perih Sanak kadang samya kapang pinanggih Ananging datan bisa hangrangkul asih
Sing pralaya layone ginawa peksa Kaluwarga datan kena pirsa Netra kadya ambedhal tanpa nala Kabeh gawe grentes ing rasa
Gisik Lor, Kemis Kliwon 8/7/21
Lingsir Wengi
Kalamun ana pepadhanging rembulan Swarane walang lan jangkrik sesauran Ning awak anyep, njur teka wewayangan Sing metu saka njero ati kang kasepan
Lungiting asmara wis tuhu tumuju Ati siji iki sagepuk mligi sak lugu Ora kanyana yen blarak dadi glugu Ning saiki sliramu lali ninggal aku
Lingsir wengi kang sansaya sepi Wis ora kaetung wutahe luh iki Pirang candra tekamu tak enteni Saben wengi asmamu tak undangi
Kakang, kenangapa mung mendel ora ngendika Ora krasa apa pancen tega Tekan semene wis ora kuwawa maneh ngrakit ukara Amarga bangeting rasa nalangsa
Hamung panyuwunku tan kendhat kanggo sliramu Mugia tansah pinaring rahayu Piye wae, tetep setya tuhu Najan mung kekancan banjire luhku
Gisik Lor, 24/5/21
Biodata Panggurit: Sayekti Sri H., Panggurit iki sadina-dinane ngasta dadi ASN ana Pengadilan Negeri Pemalang. Daleme ana ing Perumahan Pemalang Recident, Pemalang.
Sendhang
Sendhang cilik kinepung grumbul alang-alang nyimpen sengsem ayang-ayang rembulan samangsa purnamasidhi leledhang Banyu kasuwargan ing kendhi lan porong dadi tamba ngelak lan ngorong Jaka Pengalasan sing andon lelana sajak ora keduga nyangga abote panggodha bekah-bekuh sambat adhuh Biyung adhuh Bapa
Lelagon Lawas
Lelagon lawas kuwi wis rantas ambyar kececeran sadalan-dalan dak jumput satembung mbaka satembung dak sambung-sambung nganggo utas dak seret ngubengi kampung satengahe grimis sangisore mendhung
Lelagon lawas tinggalane simbah jare biyen disunggi bocah-bocah ing latar jembar bumi pertiwi gumerah rame kalane purnamasidhi
Pitik Tulak
Swara
Sapa pengin kalis santhet lan teluh primbon kawak nyimpen pituduh Pitik walik pitik tulak ules blirik wulu njeprak Pitik tulak pitik tukung sapa nggetak mesthi wurung Pitik blirik jambul wulung cengkelak mulih sing ditundhung Lelagon lawas cengkok prasaja irama gumbira nggugah rasa mesthine akeh tunggale mbok menawa sliramu nemokake gawanen mrene dak rumatane
swara apa kuwi. Jumedhor bolabali kupingku nganti mbudhegi ati kejot tab-taban. Dhadha geter ora genah dununge sumber
swara iku yekti dudu illusi dudu imajinasi. Teror tanpa gatra tumrap jiwa-jiwa kasangsaya geneya sliramu api-api mbudhegi apa pancen ora perduli?
Potlot
Dak ongoti nganti lincip potlotku amrih tajem kanggo nggurit lagu. Nuwun sewu potlotku kepeksa dak simpen ing laci sinandi Dudu pamrihku supaya sliramu bingung nggoleki. Nanging saderma ngurmati priyayi tanpa aran sing wis nanem budi tumrap bocah-bocah wiwit jaman wingi uni Giritontro, Februari 2020
Biodata Panggurit: Lollyta Chindy Primadatu, saka SMK Negeri 1 Giritontro, kang mapan ing Jalan Raya Giritontro-Pracimantoro Km.4 Giritontro. Kajaba gawe geguritan, uga asring nulis tembang macapat. Lenggahe ana Kabupaten Wonogiri.
Mung Sliramu
Mung sliramu, gawé bungah mbêlah trékah pindha lintah, nyacah angkah solah salah jumangkah gagah mbéla titah, kang tan obah kalah kêkuthah rah kang dijajah, dicêcamah, digusah, mbêlasah susah wutah sumrambah bangkit warah ati growah, swara éndah sêgêr sumyah mêcah bungkah-bungkah wêgah, ginugah tumuju gêmah lan prênah nggayuh jatah kang turah-turah Polatanmu? ndhudhah lungkrah ndugang sayah
Mung sliramu, gawé èsêm kumrêngsêng nalika amêm, gumrênggêng rêgêng tanpa gunêm ati surêm adhêm ayêm, gêtêm-gêtêm sêrêm sidhêm béda lan sêdulur cangkêm, cêdhak marêm, apa mêneh ngrêgêm dak gêgêm konjêm sumungkêm, kèrêm Pangajakmu? Tanpa alêm mêsthi gêlêm
Mung sliramu, gawé padhang nadyan gawang-gawang wani nantang, tindak nungsang nrajang palang lancang diadhang tan sumêlang, katrajang kéndhang kabuncang kumléyang tamba kapang nadyan wadhang, nalika batin pinérang gothang ngégla ing tawang tanpa ilang, rumagang kaya karang njênggarang nênuntun ati mamang, cahya sakonang dadi satumang Panguwuhmu? Dak-kalang-kalang dadi wulang
Mung sliramu, aja gawé sêdhih têtêpa asih tanpa pamrih, ririh tanpa dipripih, sugih nanging putih, pêrih-pêrih kalindhih, isih ana winih ing warih, isih, isih, isih...
Semarang, 22 Februari 2021
Biodata Panggurit:
Asmane Bambang Sulanjari, asline saka Gunungkidul. Angel kanggo nggolongake minangka apa, amarga kaprigelane werna-werna. Ya dhalang, ya dhosen, ya seniman, ya sastrawan, malah tau main filem barang. Mesthi wae trampil ndhalang, karawitan, nembang, gawe cerkak, naskah drama, apa dene geguritan. Sadina-dinane ngasta dhosen ana UPGRIS lan lenggah ana Semarang.
Dudu Sliramu
Dalan-dalan rumpil dakpêcaki sasat tanpa pétung papan-papan pêtêng daktabras tanpa wêgah tanpa wigih nadyan tangan-tangan rosa pating dhaplang dadi pêpalang nanging dakpêksa mbêrung, mbradhat, mlumpat nadyan sikil-sikil gagah tumancêp bantala tanpa obah dakpêksa nrajang, kêsandhung sandhung mung kêpéngin luru sliramu, kêtêmu, ndulu, mambu
Lungkrah dakkipataké, suminggah Kêsêl dakpunthês, pêpês Wêgah dakpithing, kunthing
Antarane mêlèk lan mêrêm ana cahya sumêlèt jênggirat daksawang, dakkira sliramu têka nambani tatu biru jêbul dudu, cahya sumlêngèt nyudhèt tatu saya jêru
Antarané adhêm lan panas, ana angin kumlawé brabat dakoyak, daktarka sliramu marêmmi otot-otot kaku jêbul dudu, angin njêkut nyublês tatu garing dadi têlês
Antarané kaku lan lêmês ana swara ngangkang ing tawang sêmplah daktilingaké, dakduga sliramu ngluluri kulit nggêrus sêsukêr jêbul dudu, swara panas murub ngobong kuping njêjuwing batin
Antarané miring lan mlumah ana rêrupan tan maujud lungkrah daksawang, dakpêsthèkké iku sliramu sebab cat katon cat ilang jêbul dudu, wêwujudan nggodha lan ngrêridhu njalari kasluru
Dakbacutké mbrangkang grayah-grayah mbokmênawa awakmu nyêbar wisa ndhêdhêr rêncana bèn sisan dak grayang sebab ora bakal kêduwung tanganku garing sikilku aking dhadhaku gruwing mêrga wisamu
Apa têgêsé bungah, èsêm, sênêng lan marêm yèn durung têmpuk nétra lan sliramu
Tangan-tangan rosa dak duwa sikil-sikil gagah dak dhudhah nèng ngêndi... nèng ngêndi sliramu, sing njalari wuru
Semarang 17 Februari 2021
Kenangan Lorin Solo
(Sinom)
Dening: Yu Prapti Ciprut Banyumas
Nguntabaken rasa bungah, wonten kalodhangan ngriki, ndhapuk kadang kaluwarga, kathah ngelmu kang katampi, mugia migunani, keparenga matur nuwun, kagem para pandhega, ingkang sampun ngawekani, pawiyatan agung dwija basa Jawa.
Kabeh kawruh wis kababar, mapan aneng Hotel Lor In, temtu dadi sangu kerja, nggulawenthah siswa siswi, ngrengkuh kanthi gemati, andum restu mawa ngelmu, mbabar asih lan tresna, piwulangan basa Jawi, matur nuwun pangarsa Bale Bahasa.
Rahayu Bale Bahasa, ngleluri budaya Jawi, dimen tetep angrembaka, njagani budi pakarti, netepi jati dhiri, ngrangkul ngrengkuh para guru, tepung uga mring sastra, mring aksara Jawa ugi, padha dene nyengkuyung jayane praja.
PRASIDATAMA DAN HADINHTOIMBA BALAIBAHASAJAWA FENGAH Gerakan Semarang, 20 November 2019 iterasi BIT asional BERSH Majalah Basa Jawa | 27
SambaWuyung
Dening: Ki Sudadi*)
aden Samba, R Satriya Parang Garudha putra Narendra Dwarawati, lagya ketaman turidha asmara. Rasane ora karu-karuan. Prasasat apa-apa ora kepenak. Mangan ora doyan, ora jenak dolan, nanging yen neng ngomah bingung. Pepenginane mung kudu pethuk karo geganthilaning ati.
Sapa ta wanodya kang wis agawe wuyung Raden Samba? Wanodya kang nyata sulistya ing warna iku peparabe Dewi Hatnyanawati, putri saka
Giyanti Pura. Ing kamangka wanita iku wus nora legan maneh, awit wus kagarwa dening Prabu Bomanarasura utawa Boma Narakasura kang ora liya kadang sepuh nunggal bapa seje biyung. Wus sawetara candra Dewi Hatnyanawati ngadeg minangka jejere prameswari ing Praja Trajutrisna.
Kang kaya ngono iku wus disumurupi, nanging Raden Samba sajak ora menggalih. Jare kandha sing jeneng tresna iku wuta. Kayungyun mring kasulistyaning rupa mahanani
atine Raden Samba wus tuna netra, tan weruh barang bener lan luput. Karepe ati bisoa nduweni wanita kang dadi pepujaning nala. Nora kuwat manggon ing Kasatriyan Parang Garudha, dheweke banjur oncat saka kasatriyan lan sesingidan aneng Astana Gada Madana golek panglipuring driya. Ing kono Sang Satriya cumondhok aneng papan dununge Raden Gunadewa, sedulur nunggal yayah rena kang caket marang dheweke.
Raden Gunadewa utawa Arya Gunadewa nyata bisa ngemong atine Raden Samba. Kekarone putra Narendra Dwarawati Prabu Kresna saka garwa Dewi Jembawati. Kacarita yen Raden Gunadewa iku nandhang cacad sarira jalaran awake kebak rambut dhiwut-dhiwut lan duwe buntut eling-eling turune wanara. Cinarita yen Raden Gunadewa karo ingkang Eyang Resi Jembawan mapan ing Astana Gadamadana marsudi tarak brata manekung puja. Ngedohi alam keramean kang kebak rekadaya lan ethok-ethok. Tekane Raden Samba ing Astana Gada Madana tinampa dening Raden Gunadewa. Raden Samba banjur nyritakake anggone kedanan karo mbakyune ipe kuwi. Raden Gunadewa banjur paring pitutur.
"Adhiku Wong Bagus, Samba, kawuningana yen jagad iku ora mung segodhong kelor. Kenya ayu, wanodya sulistya ing warna kang pantes sira garwa iku cacahe sepirang-pirang. Kenangapa kudu nresnani wanita sing wis winengku priya, gek priya iku isih kakangira dhewe?" pituture Raden Gunadewa kanthi sareh.
"Leres kathah kenya, boten kirang wanodya ing ayuayu kados para waranggana. Emanipun setunggal kewala boten wonten ingkang nuju prana. Boten wonten ingkang kados Kakang Mbok Hatnyanawati, Kangmas. Manis
esemipun. Edhum polatanipun. Mirawa gunemipun. Pun boten wonten ingkang tandhing kalih Kakang Mbok Hatnyanawati."
"Aku percaya dhasare sliramu iki lagi nandhang wuyung. Mula donya kebak kaendahan."
"Pramila ampun maiben."
"Pancene aku mung bisa kandha. Umpama ketaman dhewe embuh piye kahanane. Nanging wus samesthine minangka jejere wong tuwa aku kepengin suka pamrayoga amrih rahayu uripmu. Mula Dhi, adhiku Samba, tinimbang sedhih atimu, ayo dak ajak mlaku-mlaku ngubengi Astana Gada Madana. Dak ajab kowe mengko bisa entuk panglipur lan nglalekake anggonmu kesengsem marang Dewi Hatnyanawati."
"Nggih Kangmas. Mangga kula dherekaken."
Amrih bisa nglalekake marang Dewi Hatnyanawati, Raden Samba banjur diajak mlaku-mlaku naliti pepethan lan wewangunan ing Astana Gada Madana. Kekarone banjur mlaku-mlaku ngubengi papan pekuburan kuna kuwi. Sawetara mlaku kekarone wus prapteng pojoking makam. Ing kono Raden Samba ketarik anane pepethan loro kang dipajang ing korine saweneh candhi tuwa sangarepe gapura bajang. Pepethan mau wujud reca utawa gupala. Kang gawe gumun, gupala loro iku wujude
kaya jaler lan estri kang isih mudha. Raden Samba terus takon ngenani reca loro kang nganeh-anehikuwi.
"Kangmas, menika kok wonten reca kalih? Ketingal sae nggih Kangmas? Menika pepethanipun sinten?"
"Sumurupa adhiku Samba, nadyan wujud reca, pepethan loro iku dudu asil karyane undhagi. Manut dedongenan, gupala loro iki sinebut panjalmane Bathara Wulan Derma lan Bathari Wulan Dermi," andharane Raden Gunadewa njlentrehake.
"Lajeng sinten dewa kalih niku wau?"
"Kekarone iku kakang adhi putrane Bathara Dharma. Ya amarga kentekan wektu ngayahi karya ing kahyangan, mula Hyang Bathara Dharma katalumpen anggone nggulawenthah putra. Wancine tumekeng birahi, jalwestri kang isih nunggal bapa biyung iku nindakake srawung tresna sesambungan badan kaya dene jalwestri kang wus bebojoan. Entuk dukane Hyang Jagad Girinata wusana kekarone disotake malih wujud dadi gupala."
"Menika dewa nggih Kangmas? Yen dewa kemawon wantun nerak angger-angger, punapa malih titah manungsa limrah? Mesthi kemawon pareng nerak angger-angger kautaman. Umpami titah ngantos nerak kasusilan, mesthinipun bebendunipun boten awrat nggih?"
"Embuh. Aku ora ngerti. Wong nerak wewaler iku mesthi ana bebendune. Paukuman iku bisa ditampa saiki utawa ing dina mburi."
"Ning rak inggih langkung entheng?"
"Becike aja pisan-pisan wani nerak angger-angger lan tata kasusilan. Iku ora prayoga. Kadhang malah mbilaheni."
Raden Samba terus ngematake gupala loro kuwi. Ing kono dheweke mrangguli ana katrangan tinulis ing aksara Dewanagari. Seratan ing aksara Dewanegari iku tinulis renikrenik asri kaya kanggo pepaesing gupala. Satriya Parang Garudha iku tambah penasaran pengin nyumurupi tulisan kuwi.
"Kangmas, kula kok boten radi pana bab aksara Dewanegari. Menawi Kangmas Gunadewa mesthi lanyah maos seratan ingkang kados mekaten. Mbok panjenengan waos seratan menika, Kangmas," panjaluke Raden Samba.
"Mengko dhisik, Dhi. Satemene tulisan iki ora kena diwaca sembarang wong lan sembarang wektu."
"Adhuh! Kok aneh? Namung sak seratan kemawon kok boten kenging dipun waos. Menapa sebabipun Kangmas?"
"Sliramu ora perlu
nyumurupi Dhi. Awit tulisan iki satemene mujudake mantra."
"Kangmas, kula kepengin sanget ngertosi. Kangge nglelipur sedhihing manah kula. Mangga panjenengan waos, Kangmas," panjaluke Raden Samba adreng.
"lya Dhi. Mung kepengin nuruti panjalukmu sing adreng, mula gage rungokna! Tulisan iki bakal dakwaca."
"Mangga Kangmas. Kula mirengaken lan kula emataken isinipun."
"'Paran nir lulut. Mangaran rahina wengi. Anitya ing satmata. Dru setyaning driya. Kusuma Giyanti Pura. Setyan putra Dwarawati!"
Kang sinerat ing aksara Dewanagari sangandhaping gupala iku sayektine mantra Kendhali Suksma. Sinebut mantra kendhali suksma awit cinipta kanggo nyencang suksmane Bathara Wulan Derma lan Bathari Wulan Dermi aneng sajrone gupala. Wau ta wus paripurna Raden Gunadewa maca mantra Kendhali Suksma. Katiyasane mantra bisa mbalekake yitmane Bathara Wulan Derma lan Bathari Wulan Dermi oncat saka gupala. Sakala iku uga gupala lanang wadon panjalmane Bathari Wulan Derma lan Bathari Wulan Dermi ilang saka pandulu. Yitmane Bathara Wulan Derma nyawiji ana anggane Raden Samba dene sukmane Bathari Wulan Dermi
angslup ana ragane Dewi Hatnyanawati. Kekarone bakal nerusake lelakon lawas anggone ngreronce tresna peteng nuruti hardane napsu birahi nadyan kudu nerak angger-angger bebener nyingkur ing wewaler, anut tatanan panguripane sato kang mung nuruti napsu.
Saya wimbuh rasa gandrunge Raden Samba marang Dewi Hatnyanawati. Gandrung-gandrung kapirangu rasane kaya selak kepengin nyesep madune tresna. Nadyan kang ana ing pangarepane Raden Gunadewa, saka rumangsane Raden Samba pawongan iku Dewi Hatnyanawati kang lagya sumandhing karo dheweke. Dirungrum, dipotha-potha, dielus-elus rikmane Raden Gunadewa, polah tingkahe Raden Samba lir wong kedanan kenya. Sang Gunadewa sigra ngusap raine Raden Samba mawi mantra kang bisa agawe eling wong sing lagi ketaman wuyung. Sakala eling, dadya lingsem Raden Samba.
"Adhuh Kangmas, nyuwun tadhah deduka. Kados nglelingsemi lelampahan kula ingkang kados mekaten," ature Raden Samba nalika wus eling.
"Adhiku Samba, kaya abot temen rasane atimu nandhang lelakon iki. Kaya ora bisa ilang rasa sengsemmu marang Kakang Mbok Dewi Hatnyanawati. Emane, aku ora bisa tetulung marang sliramu," pangandikane Raden Gunadewa.
"Lajeng sinten Kangmas? Sinten ingkang saged tetulung kula?"
“ E m m m . s a k a pamawasku, kang duwe kuwasa ngawekani bab iki, ora liya Paman Harjuna ing Madukara. Mula becike Si Adhi tak jaluk enggal-enggal ninggalake Astana Gada Madana tumuju ing Kasatriyan Madukara dina iki uga," pamrayogane Raden Gunadewa.
"Nggih Kangmas. Menawi mekaten kula nyuwun pamit. Tansah nyuwun tambahing pangestu."
"Iya Dhi. Sing ngati-ati lakumu."
Raden Samba sigra pamit. Dheweke kepengin njaluk pitulungane Raden Harjuna. Eman, lagi wae budhal ninggalake Astana Gada Madana, Raden Samba wis ketemu pepalang ing marga. Nora kanyana dheweke ketemu sardula sing sagudel gedhene, gereng-gereng, gero-gero, agawe giris. Ngadhepi sardula kang semono gedhene, Raden Samba sigra ngetokake senjata gegebengane. Sigra menthang langkap Raden Samba, enering warastra katujokake aneng gulune sima. Sigra lumepas ponang panah. Jleb! Sanalika tumancep aneng gulune macan. Nanging ana kaelokan. Sawise diperjaya, sardula iku malih
wujud dadi Bathari Wilutama.
"Heh sira Raden Samba, gedhe panarimaningsun sira wus ngruwat wewujudaningsun malih dadi ing wujud sekawit," pangandikane Bathari Wilutama.
“Ibu Bathari, kula ngaturaken sembah pangabekti katur paduka," ature Raden Samba.
"Raden Samba, wus ulun tampa sembah bektinira. Sira iki satemene bakal lunga menyang ngendi?"
"Kula bingung, badhe wonten Madukara menapa jumujug Taman Trajutrisna. Ingkang wigatos kula selak kepengin pinanggih Dewi Hatnyanawati ingkang sampun nggondhol ati kula."
"Oh kaya ngono? Yen sira kepengin nemoni Dewi Hatnyanawati, gampang wae margane. Sira dak ampili Pusaka Cundhamanik. Dayane pusaka, sira bakal bisa ngesong bumi, lan jumujug aneng Taman Trajutrisna nemoni wanita katresnanmu kuwi."
"Lha menika ingkang kula padosi Ibu Bathari. Kula nyuwun pitulunganipun Ibu Bathari."
"Yoh. Dakturuti kabeh kekarepmu."
Awit wus kepotangan kebecikan, Bathari Wilutama sigra ngampili Pusaka Cundhamanik kanggo ngesong bumi nglarapake Raden Samba tumuju Taman Trajutrisna.
Nalika nedhenge nyidra tresna, tumindake Raden Samba kadenangan Putra Trajutrisna. Ya iku kang bakal nglarapake Raden Samba mring kasangsaran ing lakon Samba Juwing.
*) Ki Sudadi, Penulis Sastra & Budaýa, Kepala SMP Negeri 4 Wadaslintang, Cumondhok ing Wadaslintang, Wonosobo
Tulak Balak Ian Pageblug
Warga Dhusun Lasem Nggelar Ritual Ringgit Wacucal
Dening: Media
Sasrahan wayang minangka simbol wiwitan acara
aben mapag wulan S Ruwah (tanggalan Jawa), warga ing dhusun Lasem, Ngepungsari, Jatipuro, Karanganyar, Jawa Tengah, mesthi nganakake ritual sing penting. Ritual kasebut dianggep sakral. Yakuwi tradhisi Ringgit Wacucal, utawa Pagelaran Wayang Kulit. Sadurunge nindakake ritual, para warga uga nganakake arakarakan ngubengi desa. Kepiye wujude tradhisi kasebut?
Ritual iki uga diarani upacara, utawa tradhisi bersih dusun (ngresiki desa) lan ajeg ditindakake saben telung taun
Rombongan kirab mampir menyang pundhen Eyang Sentana saperlu kirim donga
sepisan. Dene, acara taunan mung nggelar rasulan kanthi acara prasaja utawa climen. Minangka puncak acara telung taunan kasebut, mesthi digelar pentas wayang kulit. Satemah uga kerep diarani tradhisi ringgitan utawa wayangan.
"Tradhisi iki ora bakal dilalekake dening warga Dhusun Lasem. Awit warga percaya, umpama ora nindakake bakal ketaman balak utawa pageblug sing dirasakake kabeh warga dhusun," ujare Sukamto, ketua RW ing Dhusun Lasem, sing didhapuk minangka ketua panitia jroning acara bersih dusun kasebut.
Miturut Sukamto, para pinituwa desa biyen nate crita. Sawijining taun warga ndilalah lali utawa mbuh sengaja, ora nindakake tradhisi kasebut. Dadakan, para tani sing meh nyedhaki mangsa panen kena musibah. Ewonan ama wereng lan ama liyane mesthi teka saben wengi. Wabah kasebut nyerang pari lan tanduran palawija. Wose, panen sing ditunggutunggu pungkasane gagal. Mesthi wae, kahanan ekonomi warga dadigoyah.
Acara puncak awujud wayangan kanthi lakon Sri Mulih
Malah, ora mung iku. Sawise sawetara wulan, akeh warga desa sing bara menyang
njaba, uga ngalami bancana lan kacilakan. Akeh warga dadakan lara lan saperangan bablas tilar donya.
"Kawit kadadeyan kasebut, warga banjur sadhar lan nindakake tradhisi kuwi kanthi tulus. Kanthi ragad swadaya masarakat dusun, kita njur ajeg nindakake upacara bersih dusun," sambunge Sukamto.
Ritual kaping pisanan diwiwiti kanthi nggelar kirab. Rute kirab yakuwi ngubengi dalan utama dhusun. Nanging sadurunge, rombongan kirab mampir ing papan pundhen sing dianggep wingit. Yakuwi pundhen Eyang Sentana. Eyang g kala uga diarani Sentana kadhang Kyai Sentana. Yakuwi paraga, sing dipercaya minangka cikal bakal, leluhure saka utawa kabeh warga Dhusun Lasem.
Eyang "Ing petilasan Sentana, para warga padha kanggo para ngirim donga
Gelaran ringgit wacucal minangka puncak acara tradhisi bersih dhusun
leluhur. Amarga kita pancen ngajeni para leluhur, sing dadi cikal bakal dumununge dhusun," pratelane Sukamto.
Petilasan Eyang Sentana dikenal pancen keramat tumrap warga Dhusun Lasem. Gegayutan karo bab kasebut, ana sawijining crita legenda, sing tansah dibolan-baleni tumekan saiki. Biyen, nalika jaman penjajahan pasukan Jepang lan Walanda, ana sawetara pemberontak sing asring ndhelik ing Dhusun Lasem.
Nanging embuh kenangapa, pasukan Jepang utawa Walanda sing ngliwati Dhusun Lasem, mung ndeleng alas utawa ara-ara samun. Ora weruh padunungan kaya desa utawa dhusun babar pisan. Dadi aman kanggo para pejuwang sing ndhelik ing Dhusun Lasem.
"Ngandikane wong-wong tuwa kita, iku amarga kekuwatan gaib, utawa sawabe Eyang Sentana. Spirit utawa ruh saka Eyang Sentana dipercaya tansah njaga, lan ngayomi sapa wae warga saka Dhusun Lasem, utawa tamu-tamune warga Lasem dhewe. Kalebu para pejuwang sing ndhelik ing Dhusun Lasem mbiyen,"tuture nirokake critane
para pinituwa lan sesepuh ing Dhusun Lasem.
Miturut dheweke, tradhisi iki uga wujud nguri-uri, utawa nglestarekake budaya leluhur. Kanthi nglestarekake budaya leluhur, kearifan lokal sing wis nyata mupangate, lan migunani tumrap warga desa, bisa dilestarekake nganti pungkasane jaman.
"Kanthi tradhisi bersih dhusun iki, kita ngajab supaya warga Dhusun Lasem mligine, utawa warga desa Ngepungsari
Ki Dalang Suroso mbektakaken Lakon Sri Mulih
umume bisa tetep urip rukun, tentrem lan ayem. Uga mesthi diparingi berkah kewarasan, tata tentrem loh jinawi salawase," kandhane nalika ditemoni ing sela-selane pagelaran wayang kulit.
Sauntara kuwi, acara tradhisi iki uga bisa diwujudake kanthi panyengkuyung saka pemudha lan pemudhi ing Dhusun Lasem. Lumantar Karang Taruna Sari Taruna Jaya, kagiyatan iki bisa mlaku kanthi lancar lan sukses. Ana wetara 50 anggota Karang Taruna sing
padha cancut taliwanda ngregengake acara kuwi.
"Tradhisi bersih dhusun Lasem, mesthi ngundang kabeh warga. Becik warga sing mapan ing dhusun dhewe, lan warga sing ana ing njaban rangkah. Para mudha-mudhi sing melu acara kasebut, ngakoni manawa padha seneng banget bisa melu kagiyatan tradhisi lan budaya leluhure," ujare Bekti Kumara, minangka ketua Karang Taruna Dhusun Lasem.
Ritual wiwitan yakuwi nyiyapake sesaji lan ubarampene. Satlereman ritual iki katon sepele. Nanging, ngelingi akehe jinis sesaji sing digawe, proses kasebut asring diwiwiti sadurunge dina puncak ritual. Malah bengi sadurunge, kabeh bahan kanggo persembahan sesaji, diklumpukake ing omahe kepala dusun. Bahan-bahan kasebut didongakake kanthi rapalan para pinituwa desa.
"Sawise rampung donga bengi, bahane banjur dimasak nganti esuk. Lan dikumpulake ing sawijining meja kanggo
Penabuh gong ngiringi acara ringgit wacucal sajroning Bersih Dhusun Lasem
Disengkuyung Karang Taruna lan Banser
didongakake maneh. Yakuwi dipimpin dening ki dhalang ruwat,"sambunge Bekti.
Donga sing dipimpin dening dhalang kasebut ditindakake kanthi pagelaran wayang ruwat. Ritual pagelaran wayang ruwat iki dianggep paling penting jroning tradhisi mau. Dileksanakake udakara jam 16.00 sore. Sanajan durasi wektune mung sedhela, utawa jroning seni wayang tradisional kerep diarani panggung pakeliran padhet. Pagelaran mung dianakake ora luwih saka sajam. Sanajan wektune sithik, nanging makna lan simbul ritual iki penting banget.
Maneka jinis sesaji lan ubarampe ditata ing sacedhake pagelaran wayang. Sesaji utama yaiku sega tumpeng pitu kanthi hiasan pitik panggang. Banjur disusul kain jarik telung lembar, klapa enom wutuh cacah loro, pisang raja satundhun, jajan pasar komplit, wajik, lan jadah. Saben digelar tradhisi kasebut, jinise sesaji lan ubarampe ora bakal owah.
"Maknane saben sesaji beda-beda. Nanging umume, kabeh makna kasebut bisa
digunakake kanggo nulak sukerta, sengkala, utawa minangka simbul tolak balak. Kalebu nulak pageblug, kaya bangsane penyakit lan pandemi kaya wektu-wektu iki," ulase maneh.
Jroning ritual wayang ruwat kasebut, mantra utawa donga ditembangake minangka simbul nyenyuwun keslametan marang para panguwasa ing alam gaib kalebu Gusti Kang Maha Kuwasa. Satemah kabeh proses ritual bisa lumaku lancar lan tertib.
Ing wayah bengine, udakara jam 20.00, pagelaran wayang dianakake maneh minangka puncak acara. Beda karo pagelaran wayang ruwat sadurunge, acara iki luwih kanggo nglipur para warga lan kabeh tamu undangan sing padha teka. Pagelaran sing taun iki njupuk lakon Sri Mulih, dimainake dening Ki Dhalang Suroso, saka Desa Ngerot, Jatisobo, Karanganyar.
Jroning sambutane, kepala dusun Lasem, Sutarno ngandhakake, manawa tradhisi nglestarekake budaya bersih desa iku, minangka kuwajiban. Kajaba iku, akeh makna positip sing dikandhut jroning upacara tradhisi kasebut. Yakuwi ngresiki desa saka sawab negatip utawa ala (sukerta). Dadi warga isih bisa nindakake warisan budaya
leluhur, sinambi tetep sinau agamane dhewe-dhewe.
Lumantar tradhisi iki, harmoni bisa kajalin antar kabeh warga desa. Becik warga sing beda agama, politik, lan golongan. Kanthi ngaturake puji sokur marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Liwat simbul-simbul upacara tradhisi kasebut, diajab kondhisi desa lan warga bisa reresik becik sacara mental uga fisik. Lan bisa dadi manungsa sawutuhe minangka makhluke Gusti Allah Kang Maha Kuwaos.
"Kita, minangka wakil saka panitia, uga ngucapake matur nuwun saakeh-akehe marang kabeh warga lan donatur sing wis melu nyengkuyung marang kelancaran acara iki," ujare Sutarno ing pungkasan sambutane.
Meh kabeh warga Dhusun Lasem, mligine ing njaban rangkah, tansah bali menyang kampung dhusune, nalika acara kasebut dianakake. Acara kasebut dianggep minangka simbul gotong-royong, utawa raket guyube antar warga. Uga mujudake nilai-nilai kearifan lokal sing isih dipertahanake nganti saiki.
Wit Nganten
Panggonan Angker kang Malah dadi Papan Pariwisata
Dening : Bagas Syafrijal N. I.
alatiga yaiku kutha cilik S sing ana ing Provinsi Jawa Tengah. Salatiga kuwi kutha sing nduweni panggonan kanggo plancongan. Salah sijine yaiku Wit Nganten sing manggon ing Desa Pulutan Kecamatan Sidorejo, Kota Salatiga. Uwit sing durung penulis ngerteni jenise iki nduweni crita mistis. Crita mau kerep dirembug dening masarakat kang manggoni Desa Pulutan. Dhisik uwit kuwi mau ana loro. Sing siji diparabi lanang lan sijine diparabi wedok. Amarga sepasang kuwi, mulane wit mau bisa diarani Wit Nganten.
Saiki Wit Nganten mung kari siji, yakuwi sing wedok. Kuwi amarga sing lanang wus ditegor dening wong. Alesane negor wit kuwi penulis lan masarakat kono durung mangerti.
"Aku ora ngerti napa wit kae ditegor, Gas." Wangsulane Mas Yeni, salah sawijining warga kang manggon ing Desa Pulutan wiwit lair. "Nanging jarene wong sepuhsepuh, wong sing negor kuwi ketemu mati bubare negor." Tambahe Mas Yeni.
Mas Yeni sabanjure crita yen ana ing Wit Nganten kono akeh dhemite. Wus akeh wong kang diweruhi. Ana sing tau ditakoni swara ananging ora ana wujude. Banjur ana maneh sing kendharaane diboncengi, nanging tekan panggone sing mbonceng mau ora ana wujude. Saliyane kuwi, ana sing diweruhi pocongan.
mangerti ngapa panggonan sing wujude asri kaya mangkono malah dadi panggone dhedhemit kang meden-medeni wong akeh.
"Pancen kene iki akeh dhemite, Gas,"Kandhane Bapake Mas Krisna nalika awan-awan daktakoni ana ngarep omahe. "Ya wis akeh uwong sing diweruhi, nalika padha jajan lan crita ana ing warung."
Warunge Bapake Mas Krisna kuwi pancen manggon ana cedhake Wit Nganten.
"Nanging saiki ya wus rada suda sing padha ngganggu, amarga saiki wit kono wus rame, pendhak sore padha dolanan layangan nganti tekane Magrib lagi leren," imbuhe Bapake Mas Krisna.
Katrangan mau nuduhake yen Wit Nganten ora angker maneh. Mbok manawa malah saiki Wit Nganten wis ora ana dhemite. Kaya kang dicritakake warga mau, yen wayah usum layangan, akeh bocah sing padha ngulukake layangan ana ing kono. Apa maneh saiki jaman wis ganti. Ing jamane lan wayah biasa kaya ngene iki kanggo gawe foto-foto lan nyawang angslupe srengenge wayah surup apik tenan. lan tambah apik
Pancen, yen ndelok kahanane, sesawangan ing kono katon asri. Mungkin wae bocah-bocah saiki wis ora preduli karo dhemit. Ana papan kang endah, eman yen ora dimanpangatake kanggo foto-foto. Yen miturut wong-wong jaman saiki, papane instagramabel. Cocog yen fotone dipajang ana
instagram, facebook, lan media sosial liyane. Mbok manawa wae nalika ana bocah sing ngunggah foto papan mau ing instagram, banjur wong-wong rame-rame kepengin mrono. Bisa uga amarga ditekani wong akeh, dhemite malah banjur lunga, ora krasan.
Wit Nganten saiki wis dadi panggonan wisata. Akeh pelancong sing padha mrana. Saka kahanane saiki, ora nyana yen biyene papan kuwi panggonan kang angker.
Pageblug lan Mitos
Dening: Kustri Sumiyardana
Bapak : Ron, dina iki isih sekolah ana ngomah ta?
Roni : Inggih, Pak. Lare-lare dipundhawuhi sinau wonten griyanipun piyambak-piyambak amargi taksih wonten wabah corona.
Bapak : Wabah kuwi yen tembung Jawane 'pageblug'. Biyen jamane Simbah jarene ya tau ana pageblug. Roni
: Jamanipun Eyang Buyut, Pak?
Bapak : lya, wektu semana isih jaman Landa. Miturut Mbah Buyutmu kuwi kira-kira taun 1941. Wektu semana Mbah Buyutmu isih cilik. Terus ana pageblug utawa wabah pes. Akeh wong kang tilar donya. Jare, saking cepete sumebare pageblug nganti paribasan esuk lara sore mati, sore lara esuk mati. Roni
: Wah, medeni sanget nggih pageblugipun?
Bapak : Bener. Mula, akeh wong kang dadi korban.
Roni : Lajeng kados pundi anggenipun nanggulangi pageblug punika?
Bapak : Wektu semana kang dadi pemimpin ing Ngayogyakarta yaiku Ngarsa Dalem Sinuhun Hamengku Buwana kaping IX. Ngarsa Dalem kagungan cara kanggo nanggulangi pageblug mau. Roni : Caranipun kados pundi, Pak?
Bapak : Ngarsa Dalem paring dhawuh para prajurit ngetokake pusaka awujud panji kang jenenge Kyai Tunggul Wulung. Pusaka mau diirid para prajurit muter sadawaning dalan-dalan ing Ngayogyakarta. Roni
: Dados, Kyai Tunggul Wulung punika saged kangge merangi pageblug?
Bapak : Nah, jare Simbah, rakyat banjur wedi ketaman dayane Kyai Tunggul Wulung kang k a b a r e ngedab-edabi. Jare Simbah, ana mitos utawa gugon tuhon manawa wong ketaman prebawane Kyai Tunggul Wulung bisa kuwalad. Wong-wong banjur ora wani metu saka ngomah. Mula, pageblug banjur ilang amarga ora bisa sumebar karana wong-wong ana ngomahe dhewe-dhewe. Dadi, wong sing waras ora campur karo sing lara. Kuwi ndadekake pageblug sirna.
Roni : O, kados sapunika tiyang-tiyang ugi boten kepareng ngempal.
Bapak : Iya. Saka critane Mbah Buyutmu mau, bisa didudut yen mitos kuwi ora mesthi gawe kapitunan. Kadhang kala anane mitos kuwi bisa mbiyantu awake dhewe. Contone, kanthi mitos wong-wong bisa medhot sumebare pageblug.
REGEJEGAN AMARGA BANDAR UDARA ING KULON PROGO
: Susuh Irah-irahan
Panganggit : Eko Purwanto
Penerbit : Penebar Media Pustaka, Yogyakarta
:2014 Taun terbit
Cacahing kaca :515
Bokmanawa ora akeh kang wanuh marang panganggit sastra Jawa kang asmane Eko Purwanto. Jalaran, pancen durung akeh buku kang kababar, nanging dheweke wis kapundhut dening Pangeran. Umure nalika kapundhut isih kapetung enom, yaiku 46 taun.
Novel kang asesirah Susuh mujudake salah sawijining buku kang ditulis dening Eko Purwanto. Novel iki kasil dadi nomine Lomba Penulisan Novel kang dianakake dening Kundha Kabudayan Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta ing taun 2018.Novel iki isine 515 kaca, kalebu kandel, apa maneh yen dibandhingake karo novel Jawa kang racake mung 100- an kaca.
Susuh nyritakake lelakone Tangguh, nonoman saka Glagah, Kulon Progo. Tangguh ngupaya nggoleki wong kang njalari patine bapakne. Crita iki dilatari konflik utawa regejegan amarga pembangunan bandar udara ing Kulon Progo. Irah-irahaning novel iki, yaiku Susuh, mujudake metafora tumrap papan manggone montor mabur. Kasebutake ing novel yen bandar udara kuwi minangka susuh tumrape kinjeng wesi.
Bokmanawa siji ing antarane sawatara kaluwihane novel iki yaiku penganggit anggone crita migunakake tembung kang nganyut-anyut. Buktine, mahasiswi aran Wakhidatur Rokhmah kang gawe skripsi kanthi objek novel Susuh, ngandharake manawa dheweke nganti nangis nalika maca perangane novel kang nyritakake Pak Landhung nemahi tiwas.
Nanging, kadhang kala pengarang ngambraambra anggone menehi gambaran. Contone, andharan ngenani pakunjaran wae digayutake karo para sastrawan saka Pramudya Ananta Toer, W.S. Rendra, tekan Wiji Thukul. Embuh kuwi bisa dianggep kaluwihan apa kekurangan, jer novel pancen menehi kalodhangan mangkono iku.
Ana maneh prakara kang bokmanawa ora akeh para maos kang ngerti. Ing novel iki penganggit uga mratelakake jati dhirine dhewe. Kuwi kamot ing kaca 467, ing pethilan pacelathon iki.
"Iya, bener, Bi! Lebar kuwi blas ora tau ketemu! Aku krungu saka cah Sastra Jawa, si Eko kae lho yen kowe dadi PNS Kepatihan ya!"
"Wo Eko gundhul kae ya? Krungu-krungu dheweke dadi guru basa Jawa neng Bantul ya?"
Pethilan kuwi nyritakake pacelathone Tangguh karo Kasbi, ngomongake kancane sing jenenge Eko. Pancen, Eko Purwanto kuwi kuliah ana ing Sastra Jawa UGM. Nalikane kuliah, dheweke kondhang peparab Eko Gundhul utawa Eko Bakso.
Mangkono satleraman ngenani novel Susuh anggitane Eko Purwanto. Nadyan durung patia suwe anggone terbit, saora-orane novel iki wis mujudake salah sawijining pasumbang kanggo nyengkuyung ngrembakane sastra Jawa.
(Kust)
Supatane Begawan Sukrd
DENÍNG BANUARLIAMBARDÍ
ADIFATI SURANEANYUR SARA AMUK KADYA BANTHENG KETATON NRAJANG BARISAN PRAOLIRIT PURWARLINGU GAWIE PEPATI.
PANTES YEN SURANGANYUR WANI NGRAMAN-NEDYA NGREBITPANGUWASANING- SUN.
PANCEN PENG-PENGAN WONG IKU
PRABLI YAYATI AJA NDELIK,METUA! TANDHINGANA AKI YEN YEKTI PRAWIRA ING YUDA!
Supatane 28 Begawan Suprd
DENÍNG BANUARLIAMBARDÍ
AKUANA KENE SURANGANYUR. YEN KEPINGIN TANDHING YUDA
KEPARA NSARSA
RAME ANGGONE PERANG. SURANGANYUR ORA BISA NANDHINGI KATIYASANE NATA PURWARUNGLI.
SIRNA MARGA LAYUI
PitikWalikJambul
Pitikwalikjambul Sega golong mambu enthong Manggasamikondur Weteng kula sampun kothong Enake sega liwet jangan terong Teronge bunder-bunder Bocah sregep mesthi pinter Teronge ijo-ijo Bocah kesed mesthi bodho
http:///balaibahasajateng.kemdikbud.go.id
www.perpustakaanbbjt.blogspot.com
BBJateng
balaibahasajawatengah
@bb_jateng
Balai Bahasa Jawa Tengah