Baca PDF (OCR): Swaratama: mbangun kuncaraning basa, sastra, lan budaya Jawa edisi 17, September-Desember 2020

41 halaman · 41 halaman diproses dengan OCR · 20.8 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. Swaratama
  2. Mbangun Kuncaraning Basa, Sasira, lan Budaya Jawa
  3. 3
  4. AJA SANDHING KIRIK GUDHIGEN
  5. Pinter,NangingDuduKeminter
  6. Danptar lsi
  7. Banyumasan 10
  8. 21 Gurit
  9. Macapat 25
  10. 26 Swara Dwija
  11. 30 Swara Siswa
  12. Ngudarasa 32
  13. 35 Kabudayan
  14. Budi Pekerti 37
  15. 37 Resensi Buku
  16. Swaratama ning iasa Saslra lan ButayaJwa
  17. SUSUNAN REDAKSI
  18. Ganti Pangarsa ing Mangsa Pageblug
  19. Ganti Pangarsa ing Mangsa Pageblug
  20. Teras
  21. Rgungak Serat Wulangreh
  22. Bapak
  23. Jadwal Kagiyatanipun Toni
  24. WEWADI SINENGKER
  25. PAGEBLUG
  26. Biodata Panggurit :
  27. NGUDI
  28. ISTINGARAH
  29. Biodata Panggurit :
  30. Liris Grimis
  31. Ing Swara Kreteg Gantung Pengéling-éling Dermayu
  32. Biodata Panggurit :
  33. Mangsa Udan
  34. Manjing Katrisnan
  35. Biodata Panggurit :
  36. Wiqantine BasaJama (Dhandhangqula)
  37. Dening: Sri Haryati T.
  38. Sekolah Saking Nggriya, Efektif Kangge Sedaya Kalangan?
  39. Sekolah Kok Malah Dados Stress?
  40. Sekolah Kok Boten ing Sekolah?
  41. GOJEGAN "KRATON ANYAR" SAJERONE NKRI
  42. Fantasi?
  43. Ugudarasa
  44. Poin Penting
  45. Ngudarasa
  46. Bekakas sing Digawe saka Pring ing Tlatah Temanggung
  47. Anting
  48. Besek
  49. Cething
  50. Kukusan lan Kekeb
  51. Engkrak
  52. Kesah dhateng Griyanipun Simbah?
  53. Ndhudhah Piwulang ing Novel Kinanti
  54. Supatane 22 Begawan Sukrd
  55. Cungkup Milang Kondhe

Swaratama

Mbangun Kuncaraning Basa, Sasira, lan Budaya Jawa

3

AJA SANDHING KIRIK GUDHIGEN

Memitran utawa pasrawungan ing mulane dadi bab kang lumrah. Kita bisa srawung klawan sapa wae lan ana ngendi wae, nanging bareng mratahe virus Covid -19, srawung dudu bab sepele, kosok baline kabeh sarwa kaiket anane aturan, kudu ana wates, kudu ana masker, lan werna-werna bab liyane. Bab sing kaya mangkono iku satemene adoh sadurunge wis karacik dening para ngaluhur biyen, kekancan

utawa srawung luwih prayoga kapetung lan kawawas

kanthi permati.

Ora perbeda kaya dene ing wanci pandemi iki, petungane pangati-ati mau aja nganti ketularan virus,

sapa ngerti yen ta mitra utawa kanca mau nggawa virus corona. Semono uga para ngaluhur biyen kekancan sing tanpa petungan, sing tanpa mulat lan ora ngarepake pangati-ati bisabisa uga ketularan virus. Banjur virus apa? Bakune dudu virus kaya sing saiki, Covid-19. Nanging virus sing kuwawa ngrusak ajining kapribaden, virus kang luwih mbebayani katimbang virus Covid-19.

Virus sing iki ora mung nuwuhake panandhang raga, nanging uga kajiwane.

Bab milah lan milih iki dudu mawa pepathokan pangkat drajat, sugih mlarat, utawa bagus lan ayu. Semono uga sehat lan ora sehat. Nanging kang minangka ukuran milah lan milih mau sing gayut bab pakarti utawa wewatakaning kanca. Awit sapa kang dadi mitramu, iku nggambarake kaya ngapa sejatine pribadimu. Klawan pepetungan iki, yekti kekancan wiwit biyen mono dudu bab sing remeh,

kosok baline perlu petung sing memet sarta njlimet.

Aja nganti kita ing wekasane amarga salah ing pasrawungan, bisa kasered, kalepet mring lingkungan kang kurang munpangati, malah-malah ing bebrayanan kang gawe tuna. Kita bisa kekancan lan memitran klawan sapa wae, waton becik watake, murakabi tindake. Dudu kosok baline, pribadi sing asring gawe pituna, gawe usreg, gampang ninggal pranatan, lan sapiturute. Virus sing mangkono iku ora mung gawe tuna kita, nanging uga gawe lingsem kulawarga. Mula kinarya adoh saka iku tembung pituture: "aja sandhing kirik gudhigen." (yan)

Piweling iki kaaturake dening BALAI BAHASA PROVINSI JAWA TENGAH

Pinter,NangingDuduKeminter

Ature: Yan Tohari

Pinter iku dadi gegayuhan ing akeh, awit kanthi kapinteran ora sithik bab kang buntu bakal antuk marga. Nanging banjur aja keminter. Sipat iki saliyane ora disenengi ing akeh, uga bisa gawe asor lan sasar tumrap kang handarbeni. Perlu ngati-ati, kalamun ora kepengin keblinger.

Racikan ukara kang sayekti pas dadi pepeling tumrap kita kabeh, "aja keminter mundhak keblinger". Saengga urip ing madyaning bebrayan tansah migunakake petung, nyandhang deduga klawan prayoga. Mligine metung mring dhiri pribadi. Mungguh sepira kabisan kita. Keminter, asring gunggung dhiri lan ngremehake ing liyan. Sipat mangkene iki, kepara asring kaprangguli ing TV jroning acara dialog. Dhestun temen, ukara keladuk iku kawedhar dening priyayi-priyayi sing kalebu ewaning caket mambu pawiyatan.

Kita gandrung klawan wong pinter, nanging dudu keminter. Mawa petung kasebut dadekake bebrayan bisa mad-sinamadan. Sipat lumrahe manungsa iku datan ana kang sampurna. Wewatoning alam wis akeh digambarake ing dedongengane para sepuh biyen, sakuwatkuwate gajah nate bisa dikalahake kancil. Sawengiswengise sardula, nate digawe lumpuh dening laler. Tegese yen kita gelem nglenggana, sapinterpintere kita mokal kuwawa pinter sakabehe. Mesthi ana siji loro bab sing kita ora kuwawa ngerti, malah babar pisan ora paham.

Panglengganayen "sandhuwure langit ana langit", iku pangerten sing ndadekake kita nuli datan keladuk anggone

tumindak, luwih-luwih sengaja ngliwati wates. Apa-apa kang sengaja tumindak ngliwati saka kekuwatan kang satemene iku kang lumrahe ngundang bilahi. Becik prasaja, salaras klawan apa sing diduweni, satrep klawan kang den bisa.

Wondene pribadi kang sengaja nuduhake dhiri luwih pinter katimbang sing sanyatane iku kang diarani keminter. Malahmalah ana sing sajane pancen datan bisa lan ora ngerti, nanging wani micara utawa tumindak kaya-kaya kang ditindakake wong sing ngerti lan bisa.

Ewa semana pancen ana sing pancen ngerti, nanging pangerten iku amung kanggo nuduhake salah lan kurange liyan. Sipat keminter pancen rinasa kaku, landhep lan kejem. Asring natoni sarta gawe tatuning liyan. Apa-apa kang kurang ing liyan tansah tinudhing bodho lan ora bisa, kosok baline kurang ing dhiri pribadi datan kaanggep, kepara luput kawawas. Rumangsa luwih pinter, luwih pener lan luwih bener.

Nanging sanyatane apa-apa kang kurang bener iku sarwa antuk bab kang ora nyenenengake. Kabeh iku minangka ukum alam. Kalebu sipat keminter, uga bakal antuk undhuh-undhuhan kang sarwa ora menakake ing wekasane. Kadi dene sing sinebut ing unenunen ing bebrayan Jawa, aja

keminter mundhak keblinger.

Pribadi ing sejatine ora ngerti nanging wani-wani tumindak kadi dene wong ngerti, tan wurung wekasane nampa lingsem. Kajaba iku pribadine dadi asor ing sapadhane. Awit apa-apa kang dikandhakake pungkasane datan karungu ing liyan. Sarta ana uga sing luwih kejem, datan amercaya marang dheweke ing sabanjure. Lamun mangkono apa ora jeneng sipat keminter nggawa kapitunan gedhe, isih lingsem, lan datan kapielu ing bebrayan.

Sipat keminter kinaran keblinger, ing kene uga bisa ditegesi bakal nampa dalan sing buntu jroning panguripane. Awit sipat keminter asring natoni atining liyan, seneng nyalahake nanging emoh disalahake. Seneng nacad nanging suthik dicacad. Pribadi ngene iki tan wurung disirik ing liyan. Selot kasingkiri bebrayan, awit emoh kalaraniatine.

Mangkono sipat keminter becik kita ilangi. Becik kang prasaja. Kepara yen pancen bisa ora terus ngaku bisa, Kabeh pangerten perlu kababar nalika wanci perlu sarta kabutuhake. Ora perlu dipamerake, jalaran sayektine pinter mono isih ana kang ngungkuli pinter. Ora ana sing pinter banjur pinter dhewe. Ngono. ***

Danptar lsi

Pitutur Luhur 2 Aja Sandhing Kirik Gudhigen

3 Blencong Pinter Nanging Dudu Keminter

Daftar Isi

Teras Ganti Pangarsa ing Mangsa Pageblug

Kawruh Sastra 8 Ngungak Serat Wulangreh

Banyumasan 10

Dana Desa Kudu Mumpangati

13 Cerkak Utama Lunas

18 Gladhi Sastra Bapak

21 Gurit

20 Wacan Bocah Jadwal Kagiyatanipun Toni

Pageblug, Ngudi, Liris Grimis, Mangsa Udan

Macapat 25

Wigatine Basa Jawa

26 Swara Dwija

Wulangan Basa Jawa Daring lan Luring

30 Swara Siswa

Sekolah Saking Nggriya

Ngudarasa 32

Gojegan Kraton Anyar Sajerone NKRI

35 Kabudayan

Bekakas sing Digawe Saka Pring ing Tlatah Temanggung

Budi Pekerti 37

Kesah dhateng Griyanipun Simbah?

37 Resensi Buku

Ndhudhah Piwulang ing Novel Kinanti

Swaratama ning iasa Saslra lan ButayaJwa

SUSUNAN REDAKSI

: Dr. Ganjar Harimansyah Penanggung Jawab Pemimpin Utama : Drs. Suryo Handono, M.Pd. Pemimpin Redaksi : Kustri Sumiyardana, M.Hum. Sekretaris Redaksi : Sunarti, M.Hum.

Reporter : 1. Drajat Agus Murdowo, M.A. 2. Akhid Anshori Setiawan, A.Md.

Redaktur Pelaksana : 1. Yan Tohari, 2. Bambang Sulanjari, M.A. 3. Widiyartono 4. Triman Laksana

Redaktur : 1. Mochammad Fikri, S.S. 2. Tri Wahyuni, S.S. 3. Umi Farida, S.S. 4. Sutarsih, M.Pd.

Desain Grafis dan Tata Letak : 1. Surya Purnomo, S.Ds. 2. Anggara Januar Putra

Keuangan : Lungid Ismoyo Putro, M.H.

Sirkulasi : 1. Lely Siti Fatimah, M.Si.Akt. 2. Slamet Priyono, S.E. 3. Agus Sulistiyo

Dr. Ganjar Harimansyah (kiwa) nalika nguntabake Dr. Tirto Suwondo (tengen) kang purnabakti Ian nindakake jejibahan anyar ing Balai Bahasa DIY

Ganti Pangarsa ing Mangsa Pageblug

Ora ana kang nyana manawa ing taun 2020 iki donya bakal katekan pageblug. Asale pageblug mau saka Wuhan, Cina, banjur sumebar ing saindenging donya kalebu Indonesia. Pageblug mau awujud virus corona utawa katelah covid-19.

Amarga pageblug mau akeh tatanan kang banjur ganti. Wongwong dikon nganggo masker manawa lelungan. Karesikan uga kudu terus dijaga. Ing antarane kerep-kerep anggone wisuh. Wongwong uga dipeksa nggunakake teknologi luwih cepet. Mula, banjur ana sekolah daring, seminar daring, lan rapat-rapat kanthi daring.

Sanadyan ana pageblug, urip tetep terus kudu lumaku. Mangkono uga ing laladan Badan Bahasa lan

Balai-Kantor Bahasa sa-Indonesia. Kaya gantine pangarsa ing pirangpirang instansi tetep ora bisa diselaki, amarga umur terus rumambat.

Ing wulan Agustus 2020 iki kalakon ana owah-owahan ing Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah. Dr. Tirto Suwondo, kang wis telung taun mandhegani Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah, wayahe purnabakti. Panjenengane diganti dening Dr. Ganjar Harimansyah. Acara

pelantikan pangarsa anyar katindakake ing tanggal 13 Agustus 2020.

Dr. Ganjar Harimansyah kang akrab diundang Mas Ganjar kuwi dudu wong liya kanggone Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah. Nalika sepisanan dadi pegawe negri, Panjenengane ditugasake ing Semarang. Kira-kira setaun makarya ana Semarang, Mas Ganjar ditarik menyang pusat. Mula, anggone dadi kepala Balai Bahasa iki kena

Dr. Ganjar Harimansyah (kiwa) nalika nguntabake Dr. Tirto Suwondo (tengen) kang purnabakti Ian nindakake jejibahan anyar ing Balai Bahasa DIY

Ganti Pangarsa ing Mangsa Pageblug

Ora ana kang nyana manawa ing taun 2020 iki donya bakal katekan pageblug. Asale pageblug mau saka Wuhan, Cina, banjur sumebar ing saindenging donya kalebu Indonesia. Pageblug mau awujud virus corona utawa katelah covid-19.

Amarga pageblug mau akeh tatanan kang banjur ganti. Wongwong dikon nganggo masker manawa lelungan. Karesikan uga kudu terus dijaga. Ing antarane kerep-kerep anggone wisuh. Wongwong uga dipeksa nggunakake teknologi luwih cepet. Mula, banjur ana sekolah daring, seminar daring, lan rapat-rapat kanthi daring.

Sanadyan ana pageblug, urip tetep terus kudu lumaku. Mangkono uga ing laladan Badan Bahasa lan

Balai-Kantor Bahasa sa-Indonesia. Kaya gantine pangarsa ing pirangpirang instansi tetep ora bisa diselaki, amarga umur terus rumambat.

Ing wulan Agustus 2020 iki kalakon ana owah-owahan ing Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah. Dr. Tirto Suwondo, kang wis telung taun mandhegani Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah, wayahe purnabakti. Panjenengane diganti dening Dr. Ganjar Harimansyah. Acara

pelantikan pangarsa anyar katindakake ing tanggal 13 Agustus 2020.

Dr. Ganjar Harimansyah kang akrab diundang Mas Ganjar kuwi dudu wong liya kanggone Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah. Nalika sepisanan dadi pegawe negri, Panjenengane ditugasake ing Semarang. Kira-kira setaun makarya ana Semarang, Mas Ganjar ditarik menyang pusat. Mula, anggone dadi kepala Balai Bahasa iki kena

Teras

dikandhakake bali kandhang.

Kaya kang wis dipratelakake ing ndhuwur, anane pageblug marakake akeh tatacara kang ganti. Mangkono uga acara pelantikan lan serah terima pangarsa Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah. Yen adate para paraga kang dilantik diundang menyang Jakarta, saiki ora kudu mangkono. Para pejabat cukup nglumpuk ing dhaerahe dhewedhewe terus dilantik kanthi daring. Mangkono uga acara serah terima jabatan. Pak Tirto tetep ana ing Semarang, dene Mas Ganjar ana ing Jakarta. Banjur, acara tapak asma serah terima jabatan ditindakake kanthi daring.

Konservasi wayang othok obrol ing Wonosobo diwujudake kanthi dokumentasi pagelaran wayang.

Bocah-bocah SMA diajari maca lan nulis aksara Jawa kanthi daring.

Mas Ganjar wiwit tugas ana Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah ing Agustus iki uga. Sadurunge dianakake acara pisah sambut ing Balai Bahasa. Mesthi bae acara iki ditindakake nganggo protokol kesehatan, kaya ta nganggo masker lan jaga jarak. Acara iki mung ditekani para pegawe Balai Bahasa amarga pancen ora kena nglumpukake wong akeh. Ing acara iki Pak Tirto pamitan bali makarya

ana ing Yogyakarta. Dene, Mas Ganjar nepungake minangka pangarsa kang anyar. Nanging, mesthi bae akeh pegawe kang wis tepung, wong ya kanca makarya wiwit biyen.

Revitalisasi aksara Jawa kang katindakake kanthi daring.

Anggone dadi pangarsa ing Jawa Tengah iki, Mas Ganjar wis dibyuki gawean kang wingi kober rendhet amarga ana pageblug. Ing antarane, Program Revitalisasi awujud maca lan nulis aksara Jawa. Ing acara iki para mudha digembleng kaprigelane anggone nulis lan maca aksara Jawa. Narasumber ing acara iki yaiku Bambang Sulanjari, S.S., M.A. lan

Adhi Deswijaya, S.S., M.Hum. Acara iki uga katindakake kanthi daring. Dadi, para mudha-mudhi sinau saka ngomahe dhewe-dhewe kanthi bimbingan saka narasumber lumantar jaringan internet.

Acara liyane maneh yaiku konservasi wayang othok obrol ing Wonosobo. Wayang kuwi satemene perangan saka wayang kulit kang ana ing Jawa. Ananging, wayang othok obrol duwe ciri khas dhewe kang mbedakake karo wayang liyane. Wayang iki perlu banget dikonservasi amarga dhalange mung kari siji. Iku bae wis sepuh banget. Mula, perlu ditindakake dokumentasi, sokur-sokur manawa ing tembe bisa diwarisake marang para mudha. Ing acara konservasi iki wayang kagelar kanthi penonton kang wis dipilihi, dadi ora akehakeh, selaras karo protokol kesehatan.

Kajaba kuwi, ana pirang-pirang webinar, utawa seminar kang ditindakake kanthi daring. Ing antarane, yaiku bedhah buku Kumpulan Gurit Bocah Kang Nyusu Ula karyane Rini Tri Puspohardini lan peluncuran buku Maca Geguritan ing Amerika tulisane Yosep B. Margono. Webinar-webinar kuwi ditindakake kaya lumrahe seminar, nanging kanthi teknologi satemah panyarta bisa melu saka ngomahe dhewedhewe.

Acara liyane maneh yaiku penganugerahan penghargaan Prasidatama. Acara iki wis dianakake mataun-taun. Taun iki anugrah diwenehake marang polres, rumah sakit, perguruan tinggi, buku kumpulan puisi, buku kumpulan cerpen, lan novel. Kang nampa anugrah kategori polres yaiku Polres

Wonosobo, dene kang dadi nomine yaiku Polres Kebumen lan Polres Sukoharjo. Ing kategori rumah sakit, kang nampa anugrah yaiku RSUD KRMT Wongsonegoro Kota Semarang. Dene kang dadi nomine yaiku RSUD Kardinah Tegal lan RSUD Prof. Dr. Margono Banyumas. Ing kategori perguruan tinggi kang nampa anugrah yaiku Unikal Pekalongan. Dene kang minangka nomine yaiku Unisula Semarang lan Unisnu Jepara. Ing kategori buku kumpulan puisi anugrah ditampa dening Sepasang Amandava karangane Achiar M. Permana. Kang dadi nomine yaiku Kota yang Mukim di Kamar-Kamar karyane Setia Naka Andrian lan Tembang Tengah Malam tulisane Sus S. Hardjono. Buku kumpulan cerpen kang nampa anugrah Prasidatama yaiku Soetji Lelaki Tua dalam Tiga Peristiwa karyane S. N. Ratmana. Dene kang minangka nomine yaiku Ustad Salim Menangis karyane Budi Maryono lan

Veronica Punya 4 Ayah 4 Ibu tulisane Gatot Prakosa. Pungkasan, novel kang nampa anugrah yaiku Gandayoni karyane Saroni Asikin. Dene kang dadi nomine yaiku Dendam karangane Gunawan Budi Susanto lan Bau tulisane Gunoto Saparie. Mangkono kang nampa anugrah Prasidatama. Nanging, acarane ora bisa digawe gedhe kaya taun-taun sadurunge. Kuwi selaras karo protokol kesehatan amarga anane pageblug.

Mangkono mau, kanthi anane pageblug marakake tatanan dadi owah. Acara ora kena nglumpukake wong akeh-akeh. Wong-wong uga dipeksa munpangatake teknologi kanthi luwih cepet. Nanging, kepriye wae pageblug ora kena dadi pepalang sakehing aktivitas. Mula, sepisan maneh sugeng nindakaken jejibahan enggal, Pak Tirto, lan sugeng rawuh Mas Ganjar. (Kustri Sumiyardana)

PENGANUGERAHAN PENGHARGAAN PRASIDATAMA DAN PENGHARGAAN WAJAH BAHASA 2020 Indonesia dari Jawa Tengah Mer PROV IJAWATEN BALAIB ENDID' AN KEBUD marang, 21 O SH

Acara penganugerahan penghargaan Prasidatama.

Rgungak Serat Wulangreh

Dening: Drajat Agus Murdowo

erat Wulangreh kaanggit dening Paku Buwana S IV. Wulangreh saka tembung wulang lan reh. Wulang duwe teges 'ajaran' utawa 'pitutur', dene reh duwe teges 'tatanan' utawa 'aturan'. Serat Wulangreh ing pangajab pancen katujokake kanggo para putra Kraton Surakarta supaya oleh pendhidhikan babagan tata cara pamarentahan. Ananging ana rejaning jaman Serat Wulangreh saiki bisa disinaoni sapa wae.

Putra raja sadurunge dadi raja kudu sinau babagan tatanan utawa aturan urip kanggo landhesan nglakokake rodha pamarentahan. Apa ta sing kudu disinaoni para putra kraton iki? Ana ing Serat Wulangreh wis katulis sing kudu disinaoni. Sepisan, para putra raja sadurunge diangkat utawa ditetepake dadi raja kudu nguwasani kawruh utawa ajaran agama mligine agama Islam. Paku Buwana IV njlentrehake manawa nguwasani kawruh agama dadi sarat utama kang kudu dilakoni para putra raja. Sabanjure, Paku Buwana IV negesake yen arep nguwasani agama kudu golek guru kang mumpuni sabab Alguran, kitab suci ana ing agama Islam katulis nganggo basa Arab. Paku Buwana IV mratelakake yen nyinaoni Alquran salah anggone mahami bisa kesasar. Luwih trawaca Paku Buwana IV uga nerangake manawa sinau agama kuwi ora kudu mligi Alguran wae, ananging isih ana liyane, yaiku kang cacahe telu sing bisa kanggo landhesan. Alquran minangka sing sepisan lan utama didadekake tetimbangan pocapan bener utawa salahe manungsa, kang uga sinebut dalil. Kaping pindhone yaiku, khadis. Khadis iku pocapan lan solah bawane Nabi Muhammad SAW kang didadekake tetimbangan tingkah lakune manungsa. Kaping telu ijma', yaiku mupakate para ulama. Kaping papat giyas, yaiku pepindhan kang adhedhasar nalar utawa logika. Paku Buwana IV uga ngajak lan njaluk supaya ora mung sinau teori wae, ananging uga ngleksanakake sariate, yaiku ngocapake tembung syahadat, nindakake salat, nindakake pasa, mbayar zakat, lan munggah kaji.

Pitutur kaping pindho Serat Wulangreh, yaiku putra raja kudu tekun sinau kanthi bimbingan guru kang winasis. Winasis samubarange. Ana ing Serat Wulangreh

kang sinebut guru winasis iku guru sing duwe ilmu ana ing bidhange lan linambaran agama sarta martabat kang utama.

Kaya kang kacetha ing pupuh I Dhandhanggula pada 4, para putra raja kudu temen lan taberi sinau ilmu lan kawruh kang utama kaya ta ilmu agama, ilmu pamarentahan, lan sapiturute kanthi guru kang wis menep marang sakabehe. Nanging ora gampang golek guru kaya kuwi mau. Ulet lan tekun piranti kang utama kanggo ngupadi guru lan ilmu. Aja nganti kendhat ing laku nggoleki padhange donya lumantar ilmu kang becik.

Pitutur kaping telu Paku Buwana IV tumrap putra raja, yaiku kudu gelem prihatin. Prihatin tumrap wong Jawa wis kaya dadi barang kang wajib. Awit kanggone wong Jawa prihatin bisa nglatih landhepe rasa lan nyerakake kalawan Gusti Allah Swt. Mula ora mokal menawa laku prihatin iki diajarake Paku Buwana IV marang para putra raja.

Ana ing Serat Wulangreh katerangake menawa kalbu lan pikir kuwi kudu dilatih supaya lantip nampa isyarat saka gusti. Carane nglatih kanthi nyuda mangan, turu, lan suka-suka utawa pista sabab kabeh iku yen ora disuda lan dicegah bisa ngilangi rasa kalbu kanggo nampa sasmitaning urip. Wusanane manungsa dadi ilang prayitnaning kalbu lan sakarepe dhewe tumindake.

Pitutur kaping papat, Serat Wulangreh ngajarake putra raja kudu gelem lan bisa ngrungokake nasehat. Miturut Serat Wulangreh nasehat kuwi bisa saka sapa wae angger isine apik kanggo ngadhepi urip, ora preduli sapa sing ngomong nanging apa isine omongan.

Ajaran putra raja uga ana ing pupuh III Gambuh pada siji tekan telu Serat Wulangreh kang nerangake aja nganti duwe prilaku tanpa aturan lan ora gelem ngrungokake nasehat becik. Prilaku kang ora duwe aturan bakal mbebayani. Menawa nganti kabacut dadi pakulinan bisa nyilakani dhiri lan wong liya. Serat Wulangreh pupuh iki uga nerangake babagan nasehat kang becik bisa saka sapa wae. Wong sudra, mlarat, sugih, lan liya-liyane bisa menehi nasehat kang becik. Nasehat becik ora kenal kasta utawa kelas tartamtu, kaya ta sanajan sing kandha wong mlarat ananging omongane apik lan pener, para putra raja kudu nggugu lan manut nasehate.

Paku Buwana IV uga negesake maneh ana ing pupuh V Maskumambang pada siji tekan papat. Nasehat iku ora ditonton saka sapa sing kandha ananging apa ta isine.

Nasehat kaping lima ana ing Serat Wulangreh kanggo putra raja yaiku ora kena jumawa yen dadi panguwasa. Ana ing pupuh Il Kinanthi pada telu diterangake ora kena gumedhe menawa ditakdirake dadi panguwasa utawa wong agung.

Sabanjure Paku Buwana IV uga mratelakake menawa dadi panguwasa kuwi aja nduweni sipat adigang, adigung, lan adiguna kang tundhone dadi watak gumedhe. Dadi panguwasa utawa wong agung kuwi kudu duwe sipat rereh (sabar), ririh (alon-alon), lan ngati-ati.

Paku Buwana IV ana ing Serat Wulangreh uga ngelingake marang putra-putrane menawa dadi panguwasa kudu bisa nggawa dhiri. Lire, panguwasa kuwi kudu welas asih, ora umuk, waspada, lan lantip. Kudu anteng jatmika ing budi, luruh sarta wasis samubarang tanduk.

Nasehat kaping enem sing bisa kapethik saka Serat Wulangreh yaiku babagan ngurmati marang wong sing dianggep penting. Ana wong lima sing wajib ukume dikurmati dening anak. Lelima sembahan iku, sing kapisan wong tuwane dhewe, kaping pindho mara tuwa, kaping telu sedulur tuwa, kaping papat guru, lan kaping lima raja. Wejangan kuwi katulis ana ing pupuh V Maskumambang pada pitu

tekan sanga.

Serat Wulangreh uga mituturi putra raja supaya ngadohi babagan sing bisa ngrugekake awake dhewe. Babagan kuwi kaya ta madat (nganggo candu), main (kretu, dadu, lan sapanunggalane), tumindak culika (begal, maling, kecu, lan sabangsane), lan tumindak sing nguntungke marang dhiri pribadi. Katrangan kuwi bisa diwaca ana ing pupuh VI Wirangrong pada sepuluh nganti sewelas.

Tumindak-tumindak sing ngrugekake dhiri iku nyatanyata ana ing bebrayan satemah pitutur kuwi isih jumbuh karo kahanan saiki. Ora mung pangeran keraton wae sing wajib ngadohi tumindak kuwi ananging masarakat umum prelu nindakake nasehate Paku Buwana IV sing ana ing Serat Wulangreh.

Pitutur candhake ana ing Serat Wulangreh sing kudu dimangerteni yaiku nasehat marang putra raja kudu urip sing rukun. Nasehat iki penting banget ora mung tumrap para putra raja, ananging bisoa luber nganti tekan urip bebrayane masarakat Indonesia. Bhineka Tunggal Ika kaya ing lambang Garudha ora mung dadi simbol, nanging bisa kajaga raket lan urip salawase.

Paku Buwana IV nglambangake rakete kulawarga nganggo woh kluwak nalika isih enom. Paku Buwana IV weling menawa rakete kulawarga aja kaya woh kluwak sing nalika isih enom raket, mangumpul, lan katon rukun, ananging nalika wis dadi kluwak pisah dhewedhewe. Paku Buwana IV pengin putra-putrane rukun terus nganti tuwa ora kaya kluwak sing dadi pisah nalika tuwa.

Serat Wulangreh anggitane Paku Buwana IV bisa dadi rujukan kanggo generasi penerus bangsa. Kahanan moral saiki bisa ditanggulangi kanthi isine Serat Wulangreh yen generasi penerus gelem nyinaoni. Serat Wulangreh iki bisa ndadekake bangsa lan nagara Indonesia duwe generasi kang lantip, santun, lan tangguh.

Mbokmenawa isih akeh nasehat-nasehat liyane ing Serat Wulangreh kang bisa dijupuk kanggo sangu ngadhepi bebrayan ning donya iki. Pandhemen sastra Jawa bisa maca lan nyindhetake dhewe pitutur ing Serat Wulangreh iki. Tulisan iki mung kanggo pamantik supaya masarakat gelem mbukak serat iki lan maca kanggo nambah wawasan ilmune.

ajuné masrakat butuh sengkuyungan M sekang pandhéga pamréntah. Sing paling pédhêk ya pandhéga pamréntahan désa. Ningén pamréntahan désa ora bisa ucul sêkang aturan sing mlaku sêkang pamréntahan tingkat sendhuwuré. Tegesé antarané masrakat, pandhéga pamréntahan uga kawicaksanan pamréntah mlakuné gandhéng cénéngan.

Gandhéng cénéng karo anané dana désa sekang pusat kudu bisa dêgawe démumpangatna nggo masrakat.Dana kuwé bener-bener dépretanggungjawabna nggo ningkatna drajat mulyané masrakat. Mulya sekang ekonomi, sosial, budaya klebu seni. Kena déarani makmur sekabehané. Sing dadi kunci neng kéné, yakuwé

dana desa kudu dadi modhal makmuré wong sekorab. Udu modhal makmuré salah sijiné golongan apa maning salah sijiné wong.

Pandhégané pamréntah kudu bener tur pener goli ngenggo dana désa. Sekang pusat butul pandhéga neng saben désa. Bener goli nganggarna kegiatan. Bener goli nganakna kegiatan gemantung anggarané. Bener goli nglapurna pretanggungjawaban dana maring sing wenang nampa. Sebanjuré bener tur pener dhata karo nyatané. Kabèh mlebu-metuné dana desa kudu keton genah, gamblang. Ora ana sing dékimputkimput dhatané.

Anggaran dana désa kudu méhak maring masrakat. Masrakat kudu dégatekna kepriwé carané olih dalan ngangsu kawruh. Ngangsu kawruh nggo nukulna uga nrubusna poténsi pribadiné. Merga saben masrakat mesthi duwé poténsi sing kudu délemoni goli thukul. Mulané pandhéga pamréntah désa kudu njingglengi poténsi sing ana neng masrakaté kuwé.

Potensi masrakat desa ora ucul sekang lingkungan desané. Bab kiyé sing déarani poténsi lokal. Poténsi lokal désa pesisir ya béda karo désa neng nggunung. Poténsi lokal désa neng kota ya béda karo desa neng plosok. Poténsi lokal désa neng tlatah plesiran ya béda karo désa kebek kebonan. Kuwé kabéh bakal ndadékna bédané cara goli nggunakna dana desa. Mliginé goli nganggarna dana desa nggo ngunggahna poténsi lokal masrakaté.

Ora kabéh désa duwé wong utawa organisasi sing ahli neng bab mumpangatna poténsi lokalé. Mulané pandhéga désa ora kena isin nggandhéng ahli sekang njaba désa kanggo dadi guruné masrakaté. Contoné neng desa Karangsalam, Kemranjén, potensi lokalé ya tanén. Ana durén, mlinjo, peté, jengkol, uga klapa. Angger durén, peté, jéngkol karo mlinjo kabeh masrakat sing nduwe panénan téyéng goli ngrumat kasilé. Panénan klapa semana uga. Ningén sekang kasil wit klapa ana bab sing urung téyéng ngrékani dhéwék. Contoné ngrekani sada dadi barang sing munpangati. Angger mung dadi sapu sada tah ya gampang. Ningén angger dadi barang sing lewih duwé rega,

masrakat Karangsalam mbutuhna guru.

Bapak Roso minangka Lurah Karangsalam ora kurang réka. Panjenengané karo jajaran perangkaté nggandhéng péhak njaba désa sing bisa dadi guru. Péhak sing dégandhéng yakuwé Griya Kréatif Jatilawang. Nggo ngapa? Nggo déséngi awéh dalan maring masrakat Karangsalam, mliginé kaum ibu mén nduwéni ketrampilan nggawé barang sing payu dolé sekang sada.

Ibu Kaminah, Ibu Eli Nuryani, uga pandhéga Griya Kreatif Jatilawang, Drs. Sirin, dérawuhna neng acara "Pelatihan Kerajinan Lidi". Pelatihan kuwé détujokna kanggo ibu-ibu RT uga pengurus PKK. Kegiatan kuwé délakoni telung ndina mbladheg. Ancasé supayané panyarta nganték téyéng ngasilna barang kerajinan sekang sada. Sing dadi matéri pretama yakuwé nggawé piring sekang sada.

Kenang ngapa piring? Ngendikané Bu Kaminah, "Mrega bentuk piring kuwé ora angel dégawé. Ningén prospék dagang piring sada maén pisan. Mrega siki wong mbaranggawéan, réstoran, warung panganan uga hotél-hotél ewis akéh sing ngenggo piring sada. Mulané Griya Kreatif Jatilawang pancén nggawé dalan maring ibu-ibu binaané mén supayané téyéng nggawé piring sada. Mengko-mengkoné, angger ibu-ibu sing mélu pelatihan ewis pinter nggawé piring, ya anu gerep délatih nggawé barang liyané. Kaya pas kembang, wadhah tisu, wadhah buah, uga barang liya-liyané sing bisa dedol."

Neng "Pelatihan Kerajinan Lidi" sing manggon neng pendhapa Balé Désa Karangsalam, ana selawé ibu-ibu padha prigel latiyan. Semana uga Ibu Kaminah, Ibu Eli Nuryani, uga Drs. Sirin tlatén ngajari para panyarta. Pak Lurah Roso ya ora kéri maringi motivasi. Piring-piring sing ewis dadi keton semanger détata neng téras pager pendhapa. Angger ana panyarta sing kasil ngrampungna pegawéané, mesthi panyarta liya dadi tambah sengkud goli nggawé. Neng kéné dadi kéna nggo padha déné mancing keprigelané.

Kenang ngapa mung selawé ibu-ibu sing délatih? Pak Roso ngendika, "Muga-muga sekang selawé ibu-ibu kuwé bakal thukul atusan ibu-ibu

liyané sing ketéyéngané padha. Sukur pisan malah lewih trampil. Merga sing rawuh neng pelatiyan kiyé wakil sekang saben RT se-Désa Karangsalam. Karepé inyong sekanca, wakil-wakil kiyé bakal nyalurna ketéyéngané maring warga neng RT-né."

"Dana sing déenggo gawé kegiyatan Pelatihan Kerajinan Lidimau yakuwé Dana Désa," ngendikané Pak Roso.

Muga conto sing délakoni neng warga Désa Karangsalam kena nggo bahan inspirasi desa liyané. Masrakat bakal makmur angger pandhéga désané jujur. Dana désa bakal munpangati, angger sing ngurusi jujur. Mula, muga-muga kabéh padha jujur mén kabéh makmur. Nuwun. Klilan. (Prapti Ciprut)

yu durung bali. Sedhela maneh A surup. Jare arep bali sore. Ngono pamite nalika arep lunga mau karo Tommy, bojone.

Tommy. Blaka. Aku sengit karo wong lanang iku. Sengit kepati. Kala-kala aku bisa ngrasakake. Rasa sengitku kuwawa dadi gaman kanggo merjaya dheweke. Nanging pendhak thukul krenteg ngono iku, aku banjur kelingan Ayu.

Tommy katresnane Ayu. Patine Tommy mesthi bakal gawe lara atine wong wadon iku. Lan aku ora bakal tega nyawang wong wadon iku lara ati. Sedhih. Sajeroning uripe.

Udan angin nerak kutha nalika iku. Sawijining wit gedhe rungkat, ngebruki papan dunungku. Ing tengahing udan kang deres iku aku mlayu. Golek slamet. Ndhepis ing tritisan warung.

Aku liyer-liyer ing tritis warung. Nalika saweneh wong wadon mudhun saka kendharaan banjur mlaku tumuju warung. Sajak kesusu. Lan tanpa sengaja ngidak sikilku.

"Oh, sorry," wong wadon iku celathu.

Seminggu bacute aku meruhi wong wadon iku maneh ing warung. Aku isih nunut ana kana. Durung duwe panggonan anyar. Kaya sadurunge. Dheweke katon kesusu. Aku migatekake wong wadon iku. Senajan ketara yen wis umur, nanging isih katon ayu. Mbokmenawa malah luwih ayu tinimbang nalika nome. Saperangan rambute nglawer ing raine. Rong ler telung ler uwan kang nglawer ndadekake wong wadon iku katon seksi.

Aku nguwasi dheweke nalika jumangkah metu saka warung. Ndilalah nalika iku dheweke meruhi aku.

"Lhah! Kowe neh?" kandhane. Lakune kandheg.

Aku ora wangsulan. Mung nyawang wong wadon iku. Tetembungan lan panyawange nekakake rasa geter ing atiku. Embuh kapan kang pungkasan ana wong wadon -ayu pisangelem ngruruhi kanthi polat padhang marang aku. Kaya wong wadon iku. Kang dakelingi sasuwene iki mung tangkep srengol kang meh saben dina daktampa saka wong-wong kang ndilalah cecedhakan karo aku.

"Kowe gelem pa, melu aku?" durung ilang rasa geterku, dumadakan wong wadon iku pitakon.

Aku mung bisa nyawang wong wadon iku sinambi ngampet ambegan. Saking bungah lan ora percaya marang apa kang nembe wae dakrungu. Sajake menengku ditegesi 'gelem' dening wong wadon iku. Mula dheweke banjur bali mlebu warung, nembung marang bakule menawa bakal ngajak aku manggon ing omahe.

"Aku Ayu. Eh, jenengku Ayu," kandhane wong wadon iku sinambi nglakokake kendharaan. Ninggalake warung kang pirang-pirang dina daknunuti ngeyup.

Sauntara ora ana kang celathu. Ayu nyopir sambi mentheleng nguwasi dalan.

"Kowe takundang Duwi, ya? Gelem, ta?" pitakone Ayu. Sepisan iki sinambi nglirik aku sakeplasan. Dhadhaku krasa bengkah meruhi lirikane.

Mengkono sepisanan aku menganggo jeneng kuwi. Duwi.

Kaya ngene iki rasane tresna. Aku nate ngrasakake pangrasa kaya ngene iki. Biyen. Nanging sepisan iki pangrasa iku krasa luwih manther. Ayu nekakake rasa geter sajeroning atiku. Kang kuwawa ndadekake jiwa-ragaku gronjalan saben wayah. Rasa tresna iku saya ngrembaka nalika saben dina aku methuki wong wadon iku. Ngrasakake kawigatene marang aku kang nunut urip

ing omahe lan nyadhong mangan saka dheweke.

Ora mung menehi kawigaten. Ayu uga gemati karo aku. Nalika sawijining wektu aku mriyang, Ayu gage mriksakake aku ing ndhokteran. Saka mripate aku bisa maca menawa dheweke sedhih lan sumelang marang kahananku. Senajan awak lara, nanging sajeroning ati aku rumangsa mulya. Bisa cecaketan karo Ayu. Ngrasakake kulite kang alus ngelus-lus awakku, raiku...

Lan ya rikala iku. Aku janji. Bakal tansah njaga Ayu. Katresnanku. Njaga atine. Uga ragane.

Brag! Glodhag!

Aku njenggelek krungu suwara iku. Sadurunge mangerteni apa kang dumadi keprungu suwara jangkah sikil nyedhaki panggonanku.

Jegreg!

Lawang menga. Ngerti-ngerti Ayu wis ngadeg ing ngarep lawang. Aku kang nembe wae nglilir nyepadakake wong wadon kanthi rambut awul-awulan iku. Sakeplasan aku meruhi mripat lan pipine kang teles katon gilap kasorot dening lampu panjer. Gage wong wadon iku mapan lungguh ing dhingklik dawa. Nangkupake tangane kekarone ing rai. Banjur keprungu suwara sesenggukan kang dibekep.

Klunthuh-klunthuh aku marani. Lungguh ing sisihe. Ora ngerti kudu kepriye. Kejaba lungguh anteng. Meneng. Ngenteni Ayu lerem.

Kedadean iku dakalami ing wengi kapapat aku manggon ing omahe Ayu.

Dina candhake Ayu mulih nyambut gawe gasik. Udakara sejam sadurunge Tommy bali. Banjur marani aku. Kanthi polatan bungah. Kebak esem. Ngundang aku supaya lungguh ing sisihe. Mesthi wae aku bungah. Jeroning atiku kebak kembangmara tangan, wiwit rabi limang taun

kembang jambon kang mekrok. Nyesaki dhadhaku.

"Kowe kaget ya, mau bengi?" pitakone. Eseme njlarit ing lambe. Sawise unjal ambegan lan nyawang ndhuwur sedhela, dheweke mbacutake. "Aja kaget yen sesuk neh ana kedadean kaya mau bengi."

Hhh. Blaka. Aku rada bingung. Ya ing kene, ing dhingklik iki mau bengi Ayu sesenggukan. Sajak atine utawa uga ragane kelaran dening pokale bojone. Kathik saiki dheweke nyritakake bab iku kanthi polatan padhang. Sajak kedadean mau bengi mung kembang turu. Ora temenanan kedadean.

"Ya kaya ngana kae Tommy. Kaya ngene iki sesambunganku karo dheweke," bali celathune Ayu. Sinambi njingkitake pundhak.

Aku njengkerutake bathuk. Saya bingung.

"Aja mung nyawang tangkepe sing kalakala kasar. Yen nuju genah, Tommy ki wong sing gemati." Pipine Ayu mbrabak. Sajak kelingan kedadean kang gawe seneng atine. "Yen bar gegeran, dheweke njur njaluk ngapura. Lan ngajak mlakumlaku," bacute sinambi mesem. Isin.

Krungu ukara keri iki aku ngampet ambegan. Ora kuwawa nyawang mripate Ayu kang katon sumunar. Kebak rasa bungah. Uga mongkog. Lan bab iku ndadekake Ayu tansaya katon ayune. Hhh. Aku mesem getir.

"Najan ngono," bacute Ayu. Pisan iki kanthi praupan lan suwara kang teges. "Ora ateges aku nrima. Jane aku wis tau ngajokke gugat. Ning takjabel. Merga Tommy mrina."

kepungkur, Tommy ora tau genah anggone nyambut gawe. Seneng gonta-ganti pegawean. Ana wae pawadanane. Ora sreg karo kanca, ora mathuk karo pimpinane, ora seneng karo pegaweane, lan sapanunggalane.

Ayu banjur crita ngenani Tommy. Najan gagah tur bagus, nanging dheweke dudu wong lanang kang bisa ngayomi kulawarga. Saliyane kasar lan asring

"Nek bola-boli ganti gawean, kapan arep mundhak bayare? Nganti tuwa nyambut gawe ora ana sing temanja," kandhane Ayu semu jengkel.

Kamangka Tommy duwe kuwajiban ngragadi anak. Ayu mbacutake. Lan Ayu kabotan menawa terus-terusan mbiyantu. Amarga Ayu uga duwe anak dhewe sing kudu diragadi. Pranyata Ayu apa dene Tommy wis nate omah-omah sadurunge iki. Ayu randha. Tommy dhudha. Kekarone padha dene nduweni anak saka bebojoan sadurunge. Anake Ayu melu mbahne. Dene anake Tommy melu ibune.

"Aku ki kurang apa?" Ayu mandheg sedhela. Unjal ambegan landhung. "Arep dadi sopir online ya wis, takutangke mobil. Dheweke kari nyicil pendhak sasi. Aku ra njaluk jatah. Urusan omah aku sing nyukupi. Ngono isih njaluk aku yen kudu ngirimi dhuwit anake. Njaluk tombok yen nyicil. Lha entuke nyopir ki njur nggo ngapa?"

Amem. Mung keprungu suwara ambegane Ayu kang gawe mengkap-mengkap dhadhaku. Ora suwe banjur keprungu lawang pager disurung. Sanalika Ayu njenggirat. Tanpa pamit njranthal ninggal aku. Tommy bali. Lan sajake njanjeni Ayu bakal mlaku-mlaku. Mbayangake bab iku, krasa ana kang nggaret ing ati. Hoh...

Sawijing dina. Aku liyer-liyer, ngringkel ing peturon. Najan wujude mung prasaja, peturon saka papan iki wis luwih saka cukup kanggoku. Pancen ora sepiraa ambane. Nanging apik.

Resik.

"Duwi," keprungu suwara kang banget ngidini. dakapali. Suwarane Ayu.

Aku ngelekake mripat. Wis surup. Srengenge wis angslup. Daktoleh asale suwara iku. Ayu ngadeg ing ngarep lawang. Mesem nyawang aku. Tangan kiwane nyangking piring.

"Wis ngelih mesthi," kandhanene sinambi nyedhaki aku. Piring diselehake.

Aku menyat. Klunthuh-klunthuh jumangkah. Marani Ayu.

"Mangana sik," kandhane.

Tanpa wangsulan aku mangan. Ditunggoni Ayu.

"Kowe ngerti ta, Tommy mau bengi ngamuk neh?" pitakone Ayu nalika kari upa siji loro ing piringku.

Aku njengek. Sinambi ngresiki lambeku. Daksawang wong wadon ing sandhingku. Mripate Ayu wayah surup iku kelangan sunare. Katon surem. Peteng.

Tommy ngamuk. Rung ana setengah taun anggonku manggon ing omah iki. Ora kepetung kaping pira anggonku mrangguli Ayu regejegan karo bojone. Kala-kala sawise regejegan, esuke aku meruhi Ayu macak kaya sri panggung. Raine diwedhaki putih kandel. Pipine disaput rupa jambon. Tlapukane diwernani ruparupa. Lambene ora luput ditemploki benges nganti nggedibel.

Ewa semono aku panggah bisa weruh. Menawa mripate wong wadon iku njarem biru. Utawa pipine emu. Tau uga lambene njenor, tatu. Maneka warna kang ditemplokake ing raine ora bisa ngalingi mripatku maca tipak tangane Tommy ing raine Ayu.

Menawa mrangguli kahanan ngono iku, krasa kemropok atiku. Bola-bali aku nembung marang Ayu kanggo males

tumindake Tommy. Nanging Ayu ora tau

Nate sawijining wengi getihku krasa umep krungu suwarane wong wadon ngrintih kelaran. Ora bisa ngampet nesu, aku nggebrag lawang kang kuncen. Sinambi mbeker sarosaku. Nganti kentekan daya, lawang panggah ora menga. Esuke, Ayu malah nyeneni aku. Jare menawa sepisan maneh aku mbaleni tumindakku, Ayu bakal nundhung lunga aku. Aku mung nunut urip marang dheweke lan ora perlu melu cawe-cawe perkarane, kandhane.

Donyaku krasa peteng sanalika. Mangerteni wong wadon pepujanku dipilara ndadekake atiku kerantaranta. Nanging dinesoni dening wong wadon iku, diseneni awit patrapku kang ora dadi atine, ndadekake atiku luwih lara. Mula sawise iku, ana kedadean apa wae sajerone omah, aku milih meneng. Kejaba Ayu njaluk tulung utawa aweh prentah marang aku supaya mbiyantu.

Nanging tekan seprene, Ayu ora nate menehi prentah aku. Pegaweyanku kang baku ing omah iki mung siji. Ngancani Ayu. Ngrungokake critane.

"Tekan mangsane, aku bakal tumindak."

Krungu tetembungan iku sanalika ambyar ngen-ngenku. Ayu celathu lirih. Sajak marang awake dhewe. Saprentul luh kang thukul ing pojok mripat gage dikipatake.

"Kaya sing tau takomongke. Kowe kena cawe-cawe perkarakuyen tekan mangsane," Ayu mbacutake celathu. Mripate kedhep ndrindhil. Nyingidake luh kang ora gelem diendheg wetune. "Takkira saiki meh tekan mangsane."

Aku njejegake awak.

"Sesuk aku lunga. Tommy ngajak rembugan," Ayu mbacutake. "Aku jane wis kesel. Tommy ra kena didandani," kandhane Ayu sawise mesthekake menawa ukarane ora keprungu dening liyan. "Kelakon edan aku nek ra pisahan!"

Srengenge wis ngglimpang mengulon. Meksa rung ana tandha menawa Ayu teka. Atiku goreh. Bola-bali aku metu. Nginguk pager. Panggah tutupan rapet. Ukarane Ayu sadurunge budhal esuk mau gumrenggeng ing kupingku.

"Aku sida metu. Mengko sore bali. Ning yen jebul..." tetembungane Ayu kandheg sedhela. Unjal ambegan landhung. "...aku bali tanpa nyawa, Tommy patenana."

Awakku bali ndrodhog kelingan weling iku.

"Ben ra milara wadon liya," bacute meh ra keprungu.

Ayu! Aku mbengok sora. Mbayangake apa kang dikuwatirake wong wadon iku dadi kasunyatan. Bebarengan iku keprungu lawang pager disurung. Tommy mbukak lawang. Ana ngendi Ayu? Atiku saya ora karuan. Apa maneh bareng Tommy mudhun saka mobil dhewekan. Polatane peteng, kusung-kusung, lan kanthi kesusu mbukak lawang ngarep.

Aku mbladhas. Tumuju mobil putih ing latar. Ngupaya sabisaku nginguk menjero. Dheg. Ing jog tengah aku bisa nyumurupi Ayu gumletak. Cangkeme mangap. Matane mendelik. Ambeganku prasasat mandheg ing gorokan.

Sawise sauntara ngobrak-abrik lemari perkakas, ketemu sing dakgoleki. Gulungan tali tampar. Aku tau meruhi Tommy nyinggahake ing lemari. Banjur aku gage marani Tommy ing kamare.

"Egh... kkk... kowe..." Tommy mendelik. Kaget. Raine pucet. Sajak weruh memedi kang sajege rung tau

disumurupi. Dakuncalake tali iku ing ngarepe. Tommy kemringet. Nggregeli.

Glodhag. Egh...

Keprungu suwara kursi ngglimpang lan ambegan kajiret. Aku ndangak. Katon awake Tommy gumandhul ing gawangan lawang.

Banjur dakranggeh hp-ne Tommy kang gumlethak ing meja. Kudu ana wong kang mara. Supaya jisime Ayu lan Tommy gage dirukti.

Ora nganti setengah jam candhake, omahe Ayu wis rame. Sedulur, tangga, perangkat desa, apa dene polisi padha teka. Aku marani mobil putih ing latar. Aku kepingin nyawang Ayu. Menehi pangurmatan pungkasan marang wong wadon katresnanku. Mripatku prebeng-prebeng ngelingi dina-dina endahku urip bebarengan wong wadon iku. Ayu...

Beg! Saweneh polisi marani mobil. Nendhang aku. "Kucing, ki! Ngribeti."

"Meong!"

Siti Aminah, Bener Tr IV/97 Yogyakarta 55243

Gladhi Sastra

is pitulas taun Bapak W minggat. Jalarane mung perkara sepele. Bapak nesu nalika Emak nampa layang peteng liwat pos, embuh sapa sing ngirim. Isine layang kuwi pancen bisa gawe atine Bapak kaya kobong: "Jeng Heni, senajan sliramu wis dadi garwane Heru, tresnaku ora bakal luntur. Aku tansah tetep ngarep-arep bisa urip bebarengan karo sliramu."

Bapak

Layang peteng kuwi banjur disuwek-suwek dening Emak sawise diwaca karo Bapak. Emak nangis karo supata yen ora duwe kanca kakung utawa bekas pacar, jalaran Emak pancen ora tau yang-yangan sadurunge dirabeni dening Bapak.

Nanging Bapak ora percaya maneh marang Emak. Banjur Bapak minggat tanpa ninggalake pesen. Kamangka wektu iku Emak wis ngandhut telung sasi. Dene sing dikandhut ora liya ya aku sing saiki wis dadi prawan.

Senajan ditinggal minggat dening Bapak nganti welasan taun, Emak tetep pasrah lan sabar, emoh rapak utawa nuntut pegatan ing Pengadilan Agama supaya bisa dadi randha. Emak sajak isih ngarep-arep tekane Bapak jalaran katresnane Bapak marang Emak wis kebacut metu wohe, ya anak wadon sing ayu iki.

Pancen, praupanku ayu memper karo Emak. Malah kabeh tangga lan kerabat padha kandha yen praupanku pancen memper utawa ora wiwang babar blas karo Emak nalika isih prawan, bebasan kaya woh jambe sing disigar dadi loro.

Kandhane tangga lan kerabat pancen bener. Aku uga ngreti yen praupanku pancen ora seje karo Emak. Nalika aku mbukak-mbukak album potrete Emak nalika isih prawan kaya dene mbukak-mbukak albumku dhewe. Potrete Emak persis kaya potretku.

Aku tau ngapusi Herman, kanca sakelas ing SMA sing kesengsem

marang aku, nanging aku emoh dicedhaki dening Herman. Banjur Herman saya pengin nyedhak. Meh saben sore Herman marani aku, karepe ethok-ethok ngejak sinau bareng. Banjur aku mamerake potrete Emak karo Bapak nalika lagi yang-yangan ing taman, lungguh jejer pepet-pepetan kaya lumrahe pasangan sing lagi padha nganyam katresnan.

Herman langsung kaget jalaran nyangka yen potret kuwi dudu potrete Emak karo Bapak nanging potretku karo pemudha liya. Sawise kuwi Herman banjur ora tau marani aku maneh. Malah Herman uga ora gelem nyapa aruh utawa ngejak guneman maneh karo aku.

"Herman, geneya kowe saiki ora gelem ngejak guneman marang Dewi?" ngono pitakone kancakancaku.

Herman banjur mangsuli yen dheweke wis ora maneh ngarep-

arep katresnanku jalaran aku wis tresna marang pemudha liya. Banjur kanca-kancaku padha takon marang aku. Apa bener aku wis nganyam katresnan karo pemudha liya?

"Sapa sing kandha yen aku yangyangan karo pemudha liya?" aku balik takon.

"Jare Herman kowe tau pamer potret mesra karo pemudha liya."

Aku banjur ngguyu kepingkelpingkel jalaran wis bisa ngapusi Herman. Aku pancen ora seneng marang Herman jalaran pemudha kuwi duwe watak nesunan. Wiwit aku dicritani Emak babagan watake Bapak sing gampang nesu, aku pancen dadi tansah kipat-kipat marang pemudha-pemudha sing watake nesunan.

Pokoke aku emoh nduweni nasib padha karo Emak sing ditinggal minggat dening bojo mung garagara nampa layang peteng. Kamangka layang peteng kuwi bisa wae dikirim dening wong-wong sing duwe niyat ala. Saupama Bapak ora duwe watak nesunan, mbok menawa ora bakal minggat. Tangise lan supatane Emak wis cukup njlentrehake yen Emak ora tau duwe yang sadurunge ketemu Bapak.

"Nek bisa aja gelem ditresnani dening pemudha sing watake nesunan, supaya nasibmu ora kaya emak," ngono pituture Emak nalika Herman bar marani aku. Pituture Emak tansah dak eling-eling.

Tengah wengi, nalika aku karo Emak wis padha turu, dumadakan keprungu swara lawang ngarep sing dithothok-thothok saka njaba. Emak banjur ngejak aku nginjen sapa sing nothok-nothok lawang ngarep kuwi. Bareng wis nginjen saka bolongan paku, Emak banjur mbukak lawang ngarep.

Aku karo Emak padha nyawang jejere Bapak. Jebule Bapak isih gagah tur bagus. Senajan wis 50 taun, Bapak katon isih bregas. Bapak sajak braen, sepatune gilap, celanane jeans, lan jaketan kulit ireng. Rambute gondrong memakmemak. Bapak nyangking koper sing banjur diparingake marang Emak.

Nalika Bapak wis mlebu lan lungguh ing kursi tamu, Emak nepungake aku.

"Iki Dewi Astari, putrimu, Mas."

Bapak banjur nyawang marang aku karo mripat mbrebes mili. "Ngapurane ya, Ndhuk. Bapakmu wis suwe banget ninggal kowe karo emakmu," ujare Bapak karo nangis mingseg-mingseg.

Aku lan Emak melu nangis mingseg-mingseg. Atiku dadi lega jalaran bisa ketemu karo Bapak. Atine Emak mesthine uga wis lega jalaran Bapak wis mulih saka paran, sawise minggat saparan-paran ora ngreti sing dituju, tur ora tau kirim layang, apa maneh wesel pos.

Jalaran wis tengah wengi, Emak banjur ngejak Bapak mlebu kamar mburi, sawise Bapak ngunjuk kopi susu anget-anget.

"Njenengan sare ing kamar mburi ya, Mas. Aku karo Dewi turu ing kamar ngarep."

Bapak mung mesem karo mlebu kamar mburi, sawise ngakon emak nyimpen koper ing kamar ngarep.

Aku karo Emak banjur mlebu kamar ngarep karo nyangking koper. Sawise tekan njero kamar ngarep, aku banjur ngakon Emak supaya ngancani Bapak ing kamar mburi. Aku wis dadi prawan, dadine ya wis mudheng apa sing dikarepake dening Bapak lan Emak nalika ketemu maneh sawise pisah suwene welasan taun. Bapak lan Emak bakal kaya manten anyar maneh!

Karo mesem, Emak banjur nusul Bapak ing kamar mburi. Aku banjur langsung pengin turu. Aku emoh mbayangake apa sing arep dilakoni Bapaklan Emaking kamar mburi.

Nanging aku ora bisa turu. Akeh pitakon sing ngaru biru atiku. Saprene ing paran Bapak lapo? Apa mbukak usaha, apa dadi buruh? Nek mbukak usaha, apa usahane? Nek buruh, ing pabrikapa?

Aku uga pengin mbukak koper kuwi. Apa isine? Banjur aku nyoba micet-micet tombol koper kuwi. Jebule ora dikunci. Aku mbukak koper kuwi karo dheg-dhegan. Aku kaget nyawang isi koper sing jebule tumpukan dhuwit pecahan satus ewu rupiah anyar-anyar kaya dene lagi bar dijupuk saka bank. Saben sakbeket dhuwit ing koper kuwi cacahe sepuluh yuta rupiah. Dadi kabeh cacahe dhuwit ing koper kuwi dakkira-kira menawa wae tekan samilyarrupiah.

Aku bungah banget, jalaran Bapak mulih saka paran jebule nggawa dhuwit akeh. Menawa wae Bapak bakal tuku mobil sing apik lan mugar omah ben dadi dhuwur magrong-magrong kaya omahe wong-wong sugih kuwi. Banjur Emak lan aku bakal urip kaya wong wong sing sugih: tansah numpak mobil saben-saben lelungan, uga manggon ing omah magrong

magrong.

Yen pancen Bapak duwe usaha ing paran, menawa wae bakal lunga maneh ninggalake Emak lan aku. Utawa malah Bapak bakal ngejak Emak lan aku lunga ing paran, embuh ing kutha ngendi dununge aku durung ngreti.

Wengi saya atis. Koper daktutup maneh. Banjur aku pengin turu. Nanging turuku sajak kebak pangarep sing neka-neka. Aku pengin dijak Bapak klenceran menyang Singapura apa menyang Eropa lan Amerika. Dakbayangake Bapak wis sugih banget saengga kerep ngejak aku lan Emak klenceran numpak pesawat lan nginep hotel ing negara-negara liya.

Tumekaning pajar aku durung bisa turu angler. Banjur aku tangi langsung wudu nalika keprungu suwara adzan. Sakbare shalat Subuh, aku nyetel tv ing kamar ngarep sing ngepasi nyiarake pawarta rampog lan rajapati.

Atiku njinggleng nyawang penyiar tv sing lagi maca pawarta nganggo basa Indonesia:

"Pelaku kasus perampokan dan pembunuhan tersebut diduga membawa lari uang milyaran rupiah yang baru saja díambil dari kantor cabang sebuah bank swasta. Ada saksí mata sempat merekam dengan kamera hp ketika pelaku hendak kabur dengan sepeda motor sambil menggondol sebuah koper berisi uang. Berikut hasil rekamannya. Bagi pemirsa yang mengenali pelaku atau mengetahuitempat persembunyiannya, diharap segera melapor ke kantor polisi terdekat."

Atiku dumadakan dheg-dhegan lan awakku dadi sumpyuh nalika nyawang rekaman kuwi, jalaran rampog sing tegel mateni korbane kuwijebule Bapak.

Siti Siamah, Penulis saka Purwodadi

Jadwal Kagiyatanipun Toni

Dening: Umu Fatimiah

iwit wonten corona, Toni lan lare kelas W setunggal sanesipun sami sinau wonten ing ndalemipun piyambak-piyambak. Bapak kaliyan ibunipun Toni sami boten tindak kerja. Pamarentah sampun nerapaken program kerja lan sinau saking griya. Corona punika virus ingkang ndamel sesakit ingkang mbebayani, milanipun Bu Guru paring dhawuh kaliyan murid-murid supados sregep wisuh ngangge sabun utawi hand sanitiser, ampun sami medal saking griya, menawi kepeksa medal kedah ngangge masker.

Wiwit dinten kapisan, Toni ndamel jadwal kagiyatan kaliyan Bapak lan Ibu. Kangge ngisi wekdal, Bapak sampun tumbas bibit sayur lumantar online lan tumbas bibit ulam lele wonten ing peken kewan.

"Ton, mangke Bapak kaliyan Ibu nyuwun direwangi nandur bibit sayur lan ngingu iwak lele, nggih?"

"Injih Pak," wangsulanipun Toni.

Keleresan, ngajeng griya wonten kolam tilas wadhah toya ledheng ingkang mboten dingge malih. Bapak manpangataken kolam punika kangge ngingah ulam lele. Aslinipun Bapak kepengin mbudidaya lele kaliyan nanem bibit sayuran ngginakaken metode aguaponik. Aguaponik inggih punika gabungan cara budidaya taneman lan budidaya ulam ngangge toya. Nanging Bapak kaliyan Ibu dereng sinau caranipun ndamel aguaponik.

Bibit ulam lele dipunsebar dhateng kolam, nanging bibit sayuran dipunsebar wonten ing wadhah plastik awujud kothak ingkang sampun dipun-isi sekam bakar. Bibit sayuran ingkang dipuntanem inggih punika bibit kangkung.

"Le, mangke sampun kesupen bibit kangkunge diparingi nutrisi, disemprot banyu saben enjing lan mangke menawi wonten srengenge, bibite dipe," sanjangipun Bapak.

"Injih Pak."

"Oh nggih, lelene nggih sampun kesupen dipakani."

"Injih Pak, siap."

Toni lare ingkang nurut dhateng tiyang sepuh. Saben dinten ndherek jadwal ingkang sampun dipundamel kalih Bapak lan Ibunipun. Wiwit tangi tilem, Toni beberes patileman. Sasampunipun lajeng adus, sembahyang Subuh, lajeng ngrencangiibu nyepakaken sarapan ing pawon.

Sasampunipun sarapan, Toni ngumbah piring. Sanadyan taksih kelas satunggal, Toni sampun dilatih mandhiri kaliyan Bapak lan Ibu. Toni nyebar pakan ulam lele dhateng kolam. Boten kesupen nyiram bibit kangkung lan mepe bibitipun.

Saben dinten Toni nindakaken dhawuhipun Bapak lan Ibu. Toni saged sinau ing nggriya. Bu Guru asring nyapa lare-

lare lumantar video call lan maringi tugas belajar. Bapak lan Ibu saged ngancani Toni sinau. Bapak lan ibu kerjanipun sawetawis ing salebeting griya.

"Pak, Bu... bibit kangkungipun sampun mencingis," sanjangipun Toni bingah ningali bibitipun.

"Pundi, Ton?"

"Niku, Pak, Bu."

"Alhamdulillah...."

Bapak lan ibu tumut bingah mirsani bibit-bibitipun sampun sami thukul. Mangke menawi sampun madan ageng, bibit kangkung punika badhe dipindhah dhateng lemah wonten ing pekarangan sisih griya.

Saben dinten Toni ngrumati lan ngingah wit kangkung ngantos ageng lan saged dipunpanen. Toni bingah ningali kangkungipun dipunpanen Ibu. Sanjangipun Ibu, mangke kangkungipun badhe dipundamel tumis kangkung kaliyan es krim kangkung.

Ibu ugi mundhut lele ingkang sampung ageng-ageng wonten kolam. Ulam lelenipun badhe dipun-goreng. Dinten punika Bapak, Ibu, lan Toni sami bingah saged nikmati asil ingah-ingahanipun. Masakanipun ibu raosipun eca. Toni paling seneng nyicipi es krim kangkung. Es krimipun raosipun manis lan gurih.

Asil panen ulam lele lan sayur kangkung taksih kathah. Sisanipun kangkung sepalih dipunbagi dhateng tanggi ingkang caket, sepalihipun malih dipundamel es krim lan disade online. Toni ngrencangi Ibu mbagi-mbagi kangkung lan lele dhateng tangga tepalih. Toni ngangge masker menawi medal saking griya. Sasampunipun mbagi-mbagi, Toni wisuh ngangge sabun. Mangsa corona kedah ingkang ngatos-atos. Kedah saged njagi kasarasanipun piyambak.

Sanajan wonten ing salebeting griya, Toni boten bosen amargi wonten kagiyatan. Sadean online es krim lan lele ugi tambah laris, kathah ingkang tumbas. Toni angsal kathah sangu tambahan saking ibu. Nanging, arta saking ibu dipuncelengi wonten celengan jago. Mila, dadosa lare ingkang nurut dhateng tiyang sepuh supados rejekinipun tambah kathah lan angsal pandonga ingkang sae saking tiyang sepuh.

Umu Fatimiah, guru wonten SDIT Harapan Umat, Brebes. Manggen wonten ing Pasarbatang, Brebes.

WEWADI SINENGKER

Coba kandhakna, kandhakna marang aku Wewadi sinengker jroning atimu Tinimbang manjing dadi penyakit Jiwa kaya direrujit, batinmu jeritjerit

Coba kandhakna, kandhakna sanyatane Senajan lirih anggonmu ngucapake Coba kandhakna, aja mung meneng wae Dak-enteni, aku saguh ngrungokake

Urip neng alam donya, paribasan mampir ngombe Mung sedhela, ora suwe Yen sajroning atimu tansah kalimput wewadi Tundhone malah bisa nyilakani

Mula nuli kandhakna wewadi sinengker iku Istingarah bisa tentrem atimu

22 Juli 2019

PAGEBLUG

Sapa sing ora ngerti? Saiki lagi mangsa pageblug

Sapa sing bisa nanggulangi? Kabeh padha gedrug-gedrug

Pageblug tekane tanpa dinuga Tanpa diundang 1ha kok mara Aku lan sliramu tanpa daya

Biodata Panggurit :

Pageblug Corona-19 yekti nggegirisi Ngelingake aku lan sliramu Marang Maha-kuwasane Gusti

15 Februari 2020

Keliek SW mujudake jeneng sesinglone Sugeng Wiyadi. Lair ing Wonogiri, 8 Desember 1964. Alumnus Fakultas Sastra UNS Solo lan pensiunan dhosen Universitas Negeri Surabaya (Unesa) iki wiwit SMP wis seneng maca lan nulis nganggo basa Jawa ing surat kabar Parikesit. Tulisane awujud geguritan, crita cekak, novel, lan esai. Wis nate nulis novel Kembang Desa Talunomba (Jaya Baya, 2005)I Photo Ian Rembulan Ndhuwur Wuwungan (Panjebar Semangat, 2005). Buku kumpulan esai-ne Imajinasi Liar diajab bisa terbit ing taun 2020 iki.

NGUDI

Langit isih kumembeng mendhung Senajan wis tengah ketiga Pratandha salah mangsa Saka ulahing manungsa Ninggal adat budaya Ngrusak alam sinikara Ulap pangungrum manca Lali purwa duksina Ninggal keblating rasa

Kasunyatane ora wani nyawang Malah mamang tumenga tawang Sawangen saka cendhelane sejarah Aku lan kowe kang mesthine maris Bisa nyembadani baya pakewuh Tangis kang kawelas sih Ngajab wilasaning pangesthi Bali ngrungkepi jati dhiri Ngudi bangsa kang nyawiji.

ISTINGARAH

Padangan-Bojonegoro Jimawal 1948

Lamun ta lampah linambaran krenah Lan pakarti linandhesan sesanti Osiking pikir tinuntun Gusti Istingarah dadi pepadhanging urip wilujeng Ora bakal ndungsang palang Tembene bakal manggih jangka kang ginayuh

Lamun tekad wis golong ing karep Sinurung gumeluring daya gegancang Angglar pindha gelaring pabaratan Istingarah tan wiwing siji lan liyane Nyawiji ngudi ungguling payudan Kang wis ngancik pagut.

Wisma JKI Surabaya 19 Syawal-Jimawal 1949.

Biodata Panggurit :

J. F. X. Hoery miyos ing pesisir kidul Kabupaten Pacitan, tanggal 7 Agustus 1945. Seneng nulis wiwit nalika SMP. Karyane awujud geguritan, crita cekak, crita sambung, crita rakyat, laporan, lan esai wis kababar ing maneka kalawarti Jawa. Kumpulan geguritane Pagelaran (2004) antuk hadiah Rancage. Saiki minangka pangarsa sanggar sastra Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PBSJ). Lenggah ana ing Jalan Diponegoro 58B Padangan, Bojonegoro, Jawa Timur.

Liris Grimis

Ing Swara Kreteg Gantung Pengéling-éling Dermayu

saka liris grimis, cuwilan gurit nggawé nangis ing pucuké sepi. mripatmu yaiku naskah kuna, aku maca nanging angél diéja. ing suwaliké lawang, aku dikunci.

sawisé iku udan ngantem dhadha, ing antara eri sing landhep. aku ngrungokaké sepi, sawétara tangan reroncén kelopak mawar.

ing kreteg gantung dermayu layung soré liwat playuné kaya kidang emas dak sawang-sawang mawa bening ati

ing kadhemen, kabéh dadi beku. watu-watu langgeng ing kali saka pengéling-éling.

senajan sedhéla nanging menéhi kesan saka crita-crita opacraphile ; mburu senja ing antara tembang manuk, sing ana ing lengen kreteg sedurungé mulih ing sarangé

saben-saben nglampahi wektu

kemrisik swara pengéling-éling teka saka jaman kepungkur kanthi werna biru lebu-lebu lan liyané dadi wengi klawu ing pojok-pojok panandhang

mesthiné arum wangimu ngancani tinaburan melathi setaman lumebu ing ati; ing dalané tresna

Indramayu, 2020

Indramayu, 2020

ya, mung ngungun ngangeni tanpa juntrung

Indramayu, 2020

Biodata Panggurit :

Faris Al Faisal lair ing Indramayu, Jawa Barat. Saben dinané nyambut gawé ing Komite Sastra, Dewan Kesenian Indramayu (DKI) lan Lembaga Kebudayaan Indramayu (LKI). Asmané mlebu buku Apa dan Siapa Penyair Indonesia Yayasan Hari Puisi. Tulisan-tulisané kaya puisi, cernak, cerpen, cerita remaja, lan resensi kapacak ing media lokal, nasional, lan Malaysia. Saiki nulis puisi-puisi basa Jawa. Buku puisiné yaiku: Bunga Kata penerbit Karyapedia Publisher (2017) lan "Dari Lubuk Cimanuk ke Muara Kerinduan ke Laut Impian" penerbit Rumah Pustaka (2018).

Mangsa Udan

Mangsa udan Sawah kebanjiran Jalaran kali kebak larahan Kabeh lemah katutup betonan

Mangsa udan Bakal ana proyek susulan Bola-bali ngeruk anggaran Watu semen malih celengan

Wis wayahe adus kringet Iki mangsane akeh awu Dalan-dalan katon lunyu Akeh sing padha kepleset

Yen ora ngati-ngati Ambegan bakal pedhot Nanging aja nganti lali Tetenger kiwa tengen Ing donya ora selawase.

Manjing Katrisnan

Wis suwe, separone yuswa Aku nyimpen rasa pangrasa Marang sliramu Cah ayu

Mbok menawa wis takdire Kang Kuwasa paring pangestune Kita bakal urip bebrayan Kanti adhedhasar katrisnan

Aku lan sliramu Bakal nyawiji Mili kadiya banyu Gemati ,marang Gusti.

Biodata Panggurit :

Wiqantine BasaJama (Dhandhangqula)

Dening: Sri Haryati T.

1. Salugune punika pamanggih, Guna-wigatine basa Jawa, Tumrap kang migunakake, Siji piranti srawung, Bawarasa komunikasi, Kapindhone minangka, Mbabar sagung kawruh, Katelu dadi sarana, Asung kabar tuwin nyebar informasi, Tumrap sagung bebrayan.

2. Kaping papat basa Jawa ugi, Dadi sarananing seni sastra, Jumbuh lan angen-angene, Kaping limane iku, Basa Jawa banget wigati, Dadi ciri budaya, Jati dhiri kukuh, Mila ing pamanggih kula, Tuhu becik lamun para putra-putri, Marsudi basa Jawa.

3. Mbudidaya ngreksa basa Jawi, Salugune kuwajiban kita, Kapisan lingkup brayate, Mila cak-cakanipun, Bapa-ibu anuladhani, Saben dina ngendika, Basa Jawa tuhu, Wong tuwa dadi panutan, Tumrap kabeh para putra kakung-putri, Punika kang utama.

4. Kaping pindho lingkungan wigati, Kabeh wae padha rumangsoa, Melu ndarbeni basane, Yen pangandikanipun, Basa Jawa yekti mranani, Temah cirine bangsa, Bisa cetha kukuh, Mula aja tidha-tidha, Nggunakake basa Jawa saben ari, Sanyata wicaksana.

5. Kaping telu pawiyatan ugi, Tinanggenah ngupakara basa, Lumantar para dwijane, Para siswa puniku, Yen kapiji tansah ngurmati, Kabeh dhawuh tinampa, Sarwi sukanipun, Lan ing tembe sami pirsa, Para mudha pinter basa wimbuh trampil, Unggah-ungguh jinaga.

6. Tri prakara kang kasebut nginggil, Prayogane jinangkep sarana, Wewacan basa Jawane, Dene wigatosipun, Nylarasake pocap lan tulis, Wewacan ngemu crita, Gawe sengsem tuhu, Mula mulih mring prakara, Ngreksa basa Jawa ing jaman puniki, Wajib kita sadaya.

Wonogiri, Agustus 2019

Swara Dwija WULANGAN BASA JAWA DARING LAN LURING Dening: Ki Sudadi

Guru tatap maya kudu melek teknologi informasi kanggo ngemonah PJJ moda daring.

Tekane pageblug Covid-19 sing kedawa-dawa mahanani pasinaon adu arep ing sekolahan kudu ditutup. Aturan sing sekawit ngidini pasinaon adu arep ing wilayah ijo lan kuning uga ora mlaku awit ancaman bebayane Covid-19 durung mendha. Sekolah lan kampus banjur ngadani wulangan saka kadohan kang disebut PJJ (Pembelajaran Jarak Jauh) lan bocah-bocah sekolah uga mahasiswa sinau saka ngomah. Kabeh wulangan kudu nuruti sistem pasinaon saka kadohan iki kanggo ngendhani bocah-bocah kemruyuk banjur nularake Covid-19.

Banjur piye carane ngadani wulangan Basa Jawa ing sekolahan? Basa Jawa sing klebu muatan lokal uga kudu diwulangake nganggo sistem PJJ. Amrih pasinaon saka kadohan iki mlaku kanthi rancak, guru Basa Jawa kudu wasis nindakake wulangan daring lan luring. Daring iku tembung ing basa Indonesia asale saka tetembungan "dalam jaringan" (online), wondene luring dijupuk saka tembung "luar jaringan" (offline). Kekarone mujudake pambudidaya kanggo ngemonah sinau ing mayapada kang asring disebut virtual learning kae.

Pasinaon saka kadohan ana kang katindakake kanthi cara dalam jaringan (daring) utawa online. Diarani mangkono awit guru mulang lan para siswa sinau kudu ngliwati jaringan internet. Wulangan iki bisa mlaku lamun ing sekolah lan papan dununge siswa ana listrik, internet, lan duwe kuota (pulsa).

Ing papan-papan tartamtu sing sinyale angel, tangeh bisa nindakake pasinaon daring iki.

Lumrahe guru mulang kanthi ngadhep laptop lan disorot kamera kang kasedhiyakake dening perangkat laptop utawa komputer. Siswane kayadene nonton siaran TV lumantar ponsel utawa tablet lan bisa nanggapi wulangan mau kanthi langsung. Tablet iku jenenge perangkat kayadene ponsel nanging luwih gedhe, dudu jeneng obat lara sirah ngelu. Kanthi disambungake jaringan iki, guru lan siswa bisa nindakake interaksi pasinaon. Laptop, ponsel, tablet, utawa gawai banjur dadi kebutuhan pokok ing pasinaon daring.

Supaya bisa nindakake pasinaon daring iki, mesthine para guru kudu melek teknologi informasi, utamane wasis nggunakake aplikasiaplikasi sing bisa nyengkuyung pasinaon saka kadohan kayata Microsoft 365, Google Classroom & Google Form & Google Meet, Youtube, Zoom, utawa paling entheng paham WA (Whatsapp). Angger gurune wae durung tepung aplikasiaplikasi kuwi wis mesthi angel sing arep nindakake pasinaon daring. Ing jaman digital kaya saiki, aplikasi-aplikasi sing katon onja kaya kuwi mau wis dudu barang istimewa maneh. Pirembugan saka kadohan kanthi ngatonake video uga gampang ditindakake. Rapat ing mayapada kelakon diadani mung nggunakake laptop lan HP. Webinar maneka warna tema uga bisa dieloni. Jaman wis sarwa maju. Mula bener pangandikane para winasis "ora perlu kagetan lan gumunan."

Bocah lagi nyimak wulangan daring saka ponsel

Banjur kaya ngapa gegambaran wulangan Basa Jawa kanthi cara daring sing becik? Aplikasi mulang daring sing becik iku perangkat sing nyedhiyani piranti tatap maya kayadene kang mlaku ing wulangan adu-arep. Ing wulangan mau, guru bisa paring wulangan ing ngarepe siswasiswane nggunakake piranti sing nyambungake sapatemon mau, lan siswa-siswane bisa menehi tanggapan langsung. Umpamane, ing wulangan bab crita rakyat, guru bisa paring tuladhane crita rakyat sing arep dirembug. Tuladha mau wujude bisa critane guru langsung utawa direkam. Kajaba iku, teks model uga bisa diwujudake video klip sing isi crita rakyat lokal. Sawise migatekake conto sing wis diparingake dening guru, para siswa bisa menehi tanggapan, mula banjur ana interaksi guru lan siswa. Siswa bisa ngajokake pitakonan marang guru. Guru uga bisa ndangu siswa-siswane kanggo ngawuningani apa wulangane pancen digatekake

karo siswa-siswane apa ora. Guru uga bisa mundhut priksa babagan isine crita marang siswasiswane. Interaksi iki perangan wigati saka wulangan cara daring kanggo mangerteni wulangane guru pancen digatekake murid-murid.

Saliyane kanggo menehi teks model lan interaksi langsung (bisa liwat pelantang uga kolom obrolan utawa chat), becike aplikasi wulangan daring iki uga nyedhiyani perangkat kanggo ngirim materi wulangan. Ora cukup lamun gurune mung muter rekaman utawa ceramah langsung lumantar laptop. Materi ngenani crita rakyat iku kudune bisa disebar kanggo para siswa amrih bisa disinau ing sajabane jam tatap maya. Wulangan mau bisa digawe wujud powerpoint, video cekak saka powerpoint, lembaran wulangan ing word, lan sapiturute. Supaya materi sing diunggah ora ngebaki ponsel, kudune kumpulan materi kuwi cukup dibukak lan ora perlu diundhuh mlebu HP. Adate materi disimpen ing drive, wondene tautan (link) materi kuwi disebar kanggo bocah-bocah. Nalika nge-klik tautan kuwi, bocah wis bisa mbukak materi banjur disinau kanthi nonton, ngrungokake, maca, utawangrampungake gladhen.

Sing uga wigati, aplikasi wulangan daring mesthine uga nyedhiyani piranti kanggo menehi tugas utawa ngrampungake wulangan. Kanthi nggunakake piranti sing ana ing aplikasi kuwi, kudune guru bisa menehi tes, bedhekan, utawa tugas. Sawise mbukak tugas lan ngrampungake, siswa uga kudu bisa ngunggah asile nggarap tes utawa bedhekan iku kanthi gampang. Cukup kanthi nge-klik tautan, tugas-tugas bisa dikirim marang gurune, mula ora perlu ribet.

Kanggo menehi conto ngenani piranti saka aplikasi mau, para guru Basa Jawa bisa nenimbang Microsoft Office 365 (MO 365). Kanggo ngadani webinar amrih guru bisa langsung katon ing layar HP utawa laptop, MO 365 nyedhiyani perangkat Microsoft Teams sing memper karo aplikasi Zoom utawa Google Meets. Nggunakake Microsoft Teams, para guru bisa katon kayadene penyiar TV ing studio sinambi majang materi ing layar. Guru bisa pirembugan langsung karo siswa kanthi lisan. Kanggo nyebarake materi, MO 365 uga nyedhiyani cara kanthi ngunggah materi ing one drive lan nyebarake tautan materi kuwi ing group WA banjur bisa dibukak kabeh siswa sing melu wulangan. Malah uga sumadhiya piranti kanggo gawe materi sing nyengsemake sing diarani sway. Kanggo menehi tugas uga bisa digunakake perangan assignment, lan Microsoft Form uga nyedhiyani cara kanggo menehi bedhekan sing praktis.

Wulangan daring sing digambarake ing ndhuwur bisa nglantarake guru lan siswa nindakake sesambungan ing jagad maya, mula ketemune guru lan siswa sing kaya kuwi disebut tatap maya. Angger guru bisa nindakake tatap maya lan siswa bisa menehi tanggapan langsung marang materi sing disinau, wulangan mau sinebut wulangan daring sinkron. Ewasemono ana uga wulangan daring sing ora bisa tatap maya, mula sesambungane ora langsung. Yen nggunakake Google Classroom siswa-siswa mlebu ing kelas, lan sesambungan mung ditindakake lumantar obrolan (chatting) sawise maca materi pokok. Nggunakake WhatsApp uga bisa, nanging sepisan maneh interaksi tatap maya ora bisa ditindakake. Ing kene siswa-siswa mung melu wulangan kanthi nindakake pasinaon ijen. Wulangan daring sing kaya ngeneikibisa diaraniasinkron.

Bocah lagi nyimak wulangan daring saka ponsel

Wulangan daring sinkron lan asinkron iki pancen nduweni kekurangan lan keluwihane dhewe-dhewe. Tumrap sekolah-sekolah sing siswa-siswane durung bisa mandhiri lan semangate sinau uga cendhek, wulangan singkron luwih mikolehi. Kenangapa mangkono? Awit kanthi rada dipeksa bocah-bocah gelem melu wulangan daring. Nadyan sekawit digiring, bocah-bocah mau banjur mlebu ing jaringan lan ngetutake lakune wulangan sing dituntun dening guru.

Pilihan kang kapindho yaiku wulangan luar jaringan (luring). PJJ kanthi moda Iuring katindakake tanpa nggunakake jaringan internet, umpama kudu nggunakake internet mung winates banget kaya ta nyebar foto materi. Ing papanpapan sing isih angel sinyale, pasinaon luring iki cocok dipilih. Pilihan pasinaon luring iku uga werna-werna kaya ta modul, radhio, TV, lan tuntunan sinau.

Sing sepisan, pasinaon luring kanthi nggunakake modul. Modul iku sekawit digawe kanggo wulangan ing Universitas Terbuka (UT) lan SMP Terbuka. Modul dirancang kanggo sinau mandhiri. Guru kudu ngrancang wulangan kawiwitan sing paling gampang terus diundhakake tumuju sing luwih angel sarta menehi pituduh amrih para siswa bisa sinau dhewe (tanpa dituntun guru). Sing dadi kunci supaya modul iku migunani kanggo sinau mandhiri, panggawene modul pancen kudu permati. Karana guru ora bisa nuntun sinaune murid langsung, siswane kudu nuruti pituduhe guru kang katulis kanthi runtut.

Modul kanggo mulang Basa Jawa pancen durung kasedhiyakake dening sing kawogan. Karana iku, para guru Basa Jawa kudu ngothakathik dhewe amrih materi wulangane bisa digawe modul. Umpamane, kepengin mulang bab tembang macapat, guru kudu nyedhiyani contone tembang macapat amrih bisa disinau guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane. Sawise ketemu kabeh, guru nyedhiyani conto-conto sing luwih akeh amrih digunakake kanggo gladhen ndhudhah tembang

D Guru lagi ngadani wulangan nggunakake moda daring sinkron

kuwi. Yen siswa wis mudheng tenan, banjur diwenehi tes lan uga kunci jawaban. Para siswa kudu nyinau mandhiri nganti bisa gawe sindhetan sing trep ngenani intine bab kuwi.

Sing kapindho, pasinaon luring uga bisa ditindakake kanthi nggunakake siaran radhio lan TV. Bocah-bocah kudu bisa nyinau wulangan kanthi cara nonton TV utawa ngrungokake siaran radhio. Tumrap para siswa, sinau kaya mangkono gampang ditindakake, nanging sing bakal ngadani siaran pancen butuh persiapan lan wragad sing ora sethithik. Yen wulangan liya wis akeh sing disiyarake ing radhio lan TV, wulangan Basa Jawa ing radhio apamaneh TV pancen durung akeh. Sing ana mung video-video cekak sing ana sambung rapete karo materi wulangan. Kanggo nyengkuyung siyaran radhio wulangan Basa Jawa iki, para guru bisa tembayatan karo stasiun radhio lokal. Kudune ana relawan sing bisa ngemonah program iki.

Sing katelu, kanthi nggunakake cara sing luwih prasaja guru uga bisa ngrancang pituduh sinau. Pituduh iki digawe kanthi prasaja, yaiku nulis ancase wulangan, andharan cekak ngenani rangkuman materi wulangan, pituduh kanggo maca rujukan sing luwih akeh saka internet utawa

buku sumber liya lan tautan materi, gladhen, sarta tes. Pituduh sinau iku digawe dadi lembaranlembaran banjur dipotokopi lan didum marang murid. Murid bisa njupuk pituduh sinau kuwi utawa maca lembaran sing bisa dikirim liwat WA. Bocahbocah banjur nindakake pasinaon kayadene pituduh sing wis dirancang. Tugas-tugas ditulis ing kertas lan diaturake marang guru.

Mangkono iku andharan ngenani wulangan daring lan luring sing bisa ditindakake kanggo ngadani wulangan saka kadohan kang katelah pembelajaran jarak jauh (PJJ). Yen wulangan daring bisa katindakake kanthi sinkron lan asinkron, wulangan luring bisa nggunakake sarana, kaya ta modul, radhio lan TV, sarta tuntunan sinau. Nalika pageblug Covid-19 durung genah kapan rampunge, para guru kudu prigel ngemonah pasinaon saka kadohan kanthi nindakake tatap maya lan liyane. Guru Basa Jawa uga kudu bisa ngulir budi amrih bisa manjing ajur-ajer. Mulang kudu katindakake manut jaman kelakone. Kanthi mangkono, pasinaon tetep bisa mlaku nadyan bobote beda karo pasinaon adu arep. Sumangga.

*)Ki Sudadi, Penulis basa Jawa, Kepala SMP Negeri 4 Wadaslintang, Wonosobo.

Sekolah Saking Nggriya, Efektif Kangge Sedaya Kalangan?

iturut Surat M K e p u t u s a n Gubernur DIY Sri Sultan Hamengkubuwono X, wiwit tanggal 24 Maret 2020 sedaya sekolah kaliyan padamelan dipunewahi ngangge metode daring amrih nanggulangi pandemi covid-19 ing wilayah DIY. Sedaya sekolah wiwit SD ngantos SMA ugi pawiyatan luhur nglampahi sinau mawi media online. Kagiyatan punika dereng wonten pepesthen pungkasanipun, kedah ngentosi pengumuman saking pamarentah rumiyin. Mbok manawi school from home punika ndadosaken muridmurid bingah amargi saged sekolah wonten griyanipun piyambakpiyambak. Nanging, nalika nglampahi sekolah daring punika, lare-lare kathah ingkang malah sambat saha pengin sekolah kados biyasanipun kemawon.

Miturut salah satunggalipun lare, school from home punika wonten bingah kaliyan sedhihipun. Bingahipun, boten kedah tangi enjing, langkung kathah wekdal kangge ngaso kaliyan nindakaken hobinipun (dolanan, maos buku, lan sapanunggalipun), ugi langkung kathah wekdal kangge ngempal kaliyan kulawarga. Nanging lare punika tansah sambat amargi tugasipun malah langkung kathah lan ribet tinimbang sekolah biyasa (pepanggihan langsung). Ugi lare punika wau sambat amargi school from home ndadosaken kangen swasana sekolah ingkang rame lan nyenengaken.

School from home pancen solusi ingkang sae dipunlampahi ing wekdal pandemi menika. Dipuntingali saking babagan kawilujengan, sekolah saking

nggriya punika saged ngalonaken sumebaripun virus corona amargi tiyang enem boten saged dolan dhateng pundi-pundi kaliyan boten pikantuk kalodhangan mbekta virus kangge lingkungan sakiwa tengenipun. Saking babagan pendhidhikan, kagiyatan punika dados trobosan enggal ingkang ngginakaken teknologi modheren kangge pasinaon. Nanging, boten sedaya sekolah kaliyan dhaerah saged ngginakaken teknologi kanthi maksimal. Kados ta, sekolah pinggiran wonten dhaerah mencil ingkang boten pikantuk sinyal internet. Masalah punika kedah dipunkaji malih dening pamarentah amargi mesakaken lare-lare ingkang sampun semangat sinau malah dipunalangiinternet ingkang winates.

Dumugi ngriki saged dipunsimpulaken dereng? Efektif menapa boten kagiyatan school from home menika? Inggih, kagiyatan punika efektif kangge kalangan kitha ingkang sampun gadhah teknologi ingkang majeng lan pepak. Nanging kangge sekolah ing dhusun-dhusun kagiyatan punika dereng saged dipunlampahi kanthi maksimal. Ngatos-atos inggih maksimal, taksih wonten sekolah ingkang boten saged nglampahi kagiyatan school from home sapunika. Manawi saged, pamarentah ngawontenaken program mirunggan kangge sekolah wonten dhusun-dhusun ingkang teknologinipun kirang majeng, kados ta program pasinaon ingkang wujudipun nasional. Utawi saged ugi pamarentah mbikak akses internet kangge dhaerah-dhaerah pelosok. Sanesipun punika, guru wonten sekolah inggih kedah kreatif, mbok manawi cara mucalipun saged ngginakaken fitur sms. Nanging, manawi saestu boten saged ngginakaken cara punapa kemawon, pasinaon tetep dipunlampahi wonten sekolah kanthi ngginakaken protokol kasarasan, kados ta kedah ngangge masker lan njagijarak minimal setunggal meter.

(Audiamara Vinka Nabiela Antyolin—Murid SMA, mapan ing Jalan P. Mangkubumi 32, Karangijo Kulon RT 03/RW 01, Ponjong, Gunungkidul)

Sekolah Kok Malah Dados Stress?

Sapunika pamarentah ndhawuhi sedaya siswa supados sinau saking griyanipun piyambak utawi katelah sekolah daring. Dhawuh punika amargi wontenipun pageblug corona ingkang sumebar ing pundi-pundi. Ancasipun supados pageblug wau boten tambah nyebar.

Sinau saking griya punika ngginakaken piranti hp utawa laptop. Dados, tugas kaliyan materi dipunbagekaken wonten aplikasi googleclassroom. Kathah sekolah ingkang sampun nindakaken sinau saking griya utawa sekolah daring punika.

Manawi saking pamanggih kula piyambak, kula remen sinau saking nggriya amargi boten kedah tangi enjing-enjing. Nanging ingkang kula boten remen saking sinau saking nggriya utawi sekolah daring inggih punika tugas ingkang kathah, materi ingkang dipunparingaken namung sekedhik, wanci sekolah daring ugi boros kuota, kaliyan wonten ugi guru ingkang namung maringi tugas nanging boten maringi materi. Bab-bab kasebat saged ndamel muridipun stres. Kathah ugi ingkang angluh bab kathahipun tugas ingkang dipunparingaken dhateng murid.

Nadiem Makarim ngendika makaten, "Kami juga ingin menekankan bahwa walaupun banyak sekolah sekarang melakukan belajar dari rumah, bukan berarti gurunya hanya memberikan pekerjaan saja kepada murid, tapi juga ikut berinteraksi dan berkomunikasi membantu muridnya dalam mengerjakan tugas."

Pangandikan punika ateges guru kedah mbimbing siswanipun kados umumipun wonten sekolah. Pak Nadiem ugi ngajak para guru supados nuntun para siswa tetep sinau kanthi leres, amargi murid dereng kulina sinau daring. Gurunipun ampun maringi tugas ingkang kekathahen supados murid boten stres. Amargi, materi dereng kantenan dipunpahami, sampun dipunparingi tugas ingkang kathah. Punika malah ndamel murid stres. Punapa malih wontenipun wabah corona punika ndamel ajrih murid.

Sekolah Kok Boten ing Sekolah?

(Iendah Cahya Sava Dewi—murid SMA, mapan ing Siyono Kidul RT 41/RW 08, Logandeng, Playen, Gunungkidul)

Sekolah boten ing sekolah? Inggih leres, menika ingkang dipunalami para siswa sapunika. Para siswa sinau saking griyanipun piyambak ngginakaken media elektronik kados hp, laptop, komputer, lan sapanunggalanipun. Sekolah mawi media elektronik ugi kasebat daring punika dilaksanakaken amargi wabah virus corona sampun nyebar ing Indonesia. Daring menika salah satunggaling cara kagem medhot panularan virus corona. Wonten dampak negatif lan positif ingkang kula sakanca raosaken. Dampak positifipun siswa saged ngaso kanthi cekapan. Siswa ugi saged sinau sinambi ngempal kaliyan kulawarga. Ananging dampak negatifipun kathah siswa ingkang boten jujur. Mripatipun ugi gampil sayah amargi ningali layar terus, saha tugasipun kathah sanget. Materinipun ugi dereng mesthi jelas punapa malih saged dipunmangertosi.

Nadiem Makarim ngendika," Kami juga ingin menekankan bahwa walaupun banyak sekolah sekarang melakukan belajar dari rumah, bukan berarti gurunya hanya memberikan pekerjaan saja kepada murid, tapi juga ikut berinteraksi dan berkomunikasi membantu muridnya dalam mengerjakan tugas."

Pangandikan punika kagungan teges menawi guru kedah mbimbing siswanipun. Kagiyatan sekolah daring punika miturut kula kirang efektif. Kajawi manawi guru saged maringi tugas ingkang cetha miturut porsinipun. Sekolah daring ugi saged efektif menawi siswa saestu kaliyan jujur anggenipun sinau. Sejatosipun manawi dipundamel enjoy, boten dipunpikir kanthi awrat, sekolah daring punika sakeca. Mila, sedaya punika gumantung saking guru kaliyan muridipun piyambak.

(Aira Fatikha Ardhani—murid SMA, mapan ing Wonosari, Gunungkidul)

GOJEGAN "KRATON ANYAR" SAJERONE NKRI

Dening: Urip Triyono*)

irang wektu kepungkur kita dikagetake P dening prastawa nganeh-nganehi lan mbok menawa lucu amarga njedhule kraton anyar sing wis narik kawigaten marang masyarakat. Luwih saka warta kang sensasional, njedhule kraton anyar kaya ta Kraton Agung Sejagat ing Purworejo, Kasultanan Selacau ing Tasikmalaya, lan Kakaisaran Sunda ing Bandung kudu dimatake minangka fenomena sosial sing ngemot mawerna-werna pitakon lan sasmita. Apa sing sejatine lagi umeb ing masyarakat kita saiki, kok katon ana kang ora beres ing pranatan urip sosial sajake. Kraton anyar njedhul tanpa intro sing jelas miturut lanjeran saka kraton-kraton gedhe jaman kuna-makuna sing wis dadi ikon bangsa iki kaya ta Majapahit, Sriwijaya, Pajajaran, utawa Mataram. Anane kraton sing njedhul ujug-ujug iki bakal ngagetake akeh wong, kena ngapa lan ana apa ing sajroning kedaden iki.

Fantasi?

Ora kudu apriori (nyinyir) babagan kedaden njedhule kraton anyar saiki. Ning ya kita kudu ngati-ati, yen nyatane anane kraton Nusantara wasanane uga dadi cikal bakal negara iki. Salah sawijining alesan sing baku yaiku pepinginan kanggo sumbang-surung tumrap maju lan mulyaning masarakat negara iki, utawa paling ora menehi pamikiran alternatif kanggo sistem bebrayan sing dianggep kurang maju utawa stagnant. Pitakonane, kena ngapa kedadeyane nembe saiki ora kawit wingi-wingi? Ana kang nganggep iku mung ilusi,

delusi, utawa istilah liyane kang nuju marang pamikiran kang kosong saka penggedhene. Ya mangga kersa wae.

Ketua Umum Forum Silaturrahim Keraton Nusantara (FSKN) AriefNatadiningrat saka Kasepuhan Kasultanan Cirebon kaping XIV mratelakake yen Kraton Agung Sejagat lan Kakaisaran Sunda ora dilebokake ing dhaptar kraton ing Indonesia. Sultan Arief malah ngendikan manawa anane Kraton Agung Sejagat lan Kakaisaran Sunda wis ngrusak jeneng kraton kang wis eksis ing bumi Nuswantara.

Sejatine ora mung saiki wae fenomena njedhule kraton anyar ing Republik Indonesia. Sadurunge, ana uga lelakone Idrus lan Markonah sing legendaris kasebut. Kalorone dudu pawongan sing duwe pendhidhikan, nanging bisa ngapusi amtenar, yaiku priyayi lan pejabat negara. Loro-lorone iku wong lumrah sing katon mung kepengin ngrasakake urip mewah lan dikurmati, kaya sing dikarepake dening umume wong Indonesia. Paling ora, pasangan Idrus- Markonah wis bisa dadi wong sukses nganggo cara instan ora beda karo pawongan kang sugih lan mlastar liyane, amarga ilusi kemewahan lan gedhe gegayuhan. Jeneng Idrus-Markonah banjur dirembug lan dielingeling, paling ora ana ing buku Basa lan Sastra (1979) sing diterbitake dening Menteri Pendidikan lan Budaya. Rong jeneng kasebut minangka conto bahan ajaran basa minangka paraga kang lantip lan dawa akale sanadyan gegayuhane kuwi direngkuh kanthi cara licik, kebak apus-apus.

Ugudarasa

Ing Jawa Tengah uga muncul sawetara karaton anyar sing ngaku minangka panerus resmi ing jaman biyen kaya ta Kraton Jipang ing Kecamatan Cepu, Kabupaten Blora, sing diadegake taun 2014. Ratu Kraton Jipang, Pangeran Raja Adipati (PRA) Barik Barliyan Surowiyoto madeg minangka ratune. Banjur Kraton Pajang dening Suradi ing wilayah Pajang. Lokasine ing jejere Kasultanan Karaton Pajang kang mapan ana ing Desa Makamhaji, Kartasura Sukoharjo, ora adoh saka Kutha Surakarta (Solo). Petilasan wis diadegake, yaiku ing taun 1993. Pendhiri kasebut yaiku Suradi sing duwe gelar Sultan Prabu Hadiwijaya Khalifatullah IV. Dheweke ngaku duwe prentah kanggo netepake Kraton Pajang saka Kanjeng Sultan Surya Alam sing dadi sultan ing Kasultanan Dhimak, Kabupaten Demak. Kajaba iku, Kasultanan Selacau utawa Selaco Tunggul Rahayu diadegake ing Desa Nagara Tengah, Desa Cibungur, Kecamatan Parung Ponteng, Tasikmalaya wiwit taun 2004. Kasultanan Selaco diadegake dening Raden Rohidin Patra Kusumah kanthi gelar Sultan Patra Kusumah VIII, asale saka Kampung Nagara. Rohidin ngaku minangka keturunan ka-9 ratu ing Padjadjaran ingjaman Prabu Surawisesa.

Kajaba Kraton Ageng Sejagat lan Kakaisaran Sunda, karaton-karaton sing anyar njedhul mau bisa nuduhake garis-garis sing jelas utawa lanjeran adhedhasar sertifikat sing diterbitake negara utawa lembaga sing resmi, uga situs sing nyengkuyung kahanan fisik juntrunge karaton, lan luwih seneng dadi pelestari budaya leluhuré. Keraton Agung Sejagat lan Kekaisaran Sunda katon luwih cocog karo idealismene kang makantar-kantar yaiku ngganti lan mbangun tatanan donya anyar kanthi ringkes, satemah tapak fisik kasebut ora bisa ditelusuri maneh, mung diwatesi kanggo ngenali utawa panemu pribadi sing subyektif. Mula kraton anyar iki ora kacathet ing kumpulan kraton Nusantara kang cacahe 204 kaya sing

K.R. warna

dicritakake dening T. Roy Suryo saka Sekret

aris Forum Silaturahim Keraton Nusantara I.

Sosiolog UGM, Najib Azca nyebutake jumedhule karaton sing nembe dadi perangan saka gerakan ratu adil. Fenomena iki nggambarake krisis ing komunitas pawongan golongan ngisor kang ngimpekake masyarakat kang adil makmur. Saka pamawase, jumedhule karaton anyar, utawa kelompok sing nyatakake sawetara struktur kekuwatan anyar ing wektu pungkasan iki sejatine minangka refleksi krisis kang ana ing masyarakat. Krisis sing dikarepake yaiku kedaden jeleh utawa bisa uga bangkrute sawetara warga, sing wis ilang pangarep-arep, uga kuciwa marang kahanan sing surem kaya saiki. Paraga utawa raja anyar sing muncul nggawa janji-janji kang manis, manawa tekane ratu kasebut bakal ngganti nasib warga sing peteng dadi padhang, sing sedhih dadi seneng. Impen masyarakat kang adil makmur lan obralan janji manis marang bebrayan utamane pawongan lapis ngisor kanthi gampang tinampa lan ninggalake sikap kritis.

Poin Penting

Ana ing kasusastran Jawa, Serat Kalatida kang kaanggit dening pujangga Ranggawarsita (18o2-1873), mratelakake babagan perangan jaman kang misuwur kanggo nandhani jaman kang bubrah lan jaman kang adil makmur, yaiku jaman Kalabendu lan Kalasuba. Kalabendu minangka jaman kang ora umum alane. Jaman sing kejem lan ngumbar dur angkara saenggon-

e n g g on , p ranata (manungsa s i j i n e srigala

jejeging adil meh ora ana, remuk ing moral, homo homini lupus pada pangan-panganan siji lan merga nduweni watak ), lan warna-

Ngudarasa

tumindak sawenang-wenang dadi tontonan saben dina. Laku sawiyah-wiyah mau ditindakake dening para punggawa lan pangreh pangembating praja. Jaman iki umume diarani jaman edan, yaiku jaman sing ora trep karo norma lan tatanan moral. Sistem negara lan sistem sosial diwolak-walik, wong-wong cilik ditindhes, lan awake dhewe diincim tanpa bisa nindakake apa-apa. Sawise Kalabendu bakal teka Kalasuba. Jaman sing trep karo kukum, adil lan raharjaning bebrayan dadi ambegane para punggawa pangembating praja. Adil lan makmur tansah dijaga.

Kapan wasanane Kalabendu lan munggah marang Kalasuba? Wangsulan pitakon iki gumantung ana ing rasa pangrasa kita, utamane para panguwasa kang diparingi amanat nggulawenthah negara. Kanggo ngowahi kahanan pancene ora prelu ngenteni pamrentah utawa panguwasa sing kudu tumandang. Tumindak ngganti kabeh mentalitas kang asor, mentalitas kere kang ora mrabawani diowahi dadi mentalitas kang agung sarta luhur miturut agama lan Pancasila bisa diwiwiti saka awake dhewe.

Kita ora prelu nesu utawa ngguyu nyekseni fenomena sing njedhul ing masyarakat kaya ta adege karaton-karaton anyar mau, amarga kudu diakoni ora ana kukus yen ora ana geni. Bisa uga kedaden iki minangka pangeling-eling kanggo panguwasa saiki yen dheweke lagi mblenjani janji, utawa ora nggatekake konsep bangsa lan negara sing jumbuh karo Pancasila lan UUD 1945. Nalika undang-undang lan keadilan

mung kanggo dolanan, wong cilik diremehake amarga ora duwe daya, diboti karo maneka pajeg lan paugeran, moralitas anjlog, tumindak sawiyah-wiyah mblabar ana ing ngendi-endi, sarta tata titi tentreming negara saya ringkih kang dijarake wae, jumedhule keraton anyar kudu dirasakake kanthi positif minangka perangan saka dinamika sosial bebrayan agung (masyarakat). Nalika sumpah "Demi Allah" apa dene Al-Quran, Injil, Veda, lan perangkat religius ora ana tilase ing pejabat eksekutif, legislatif, uga yudikatif, satemah dheweke tetep tumindak koruptif, mula muncule raja-raja anyar mau bisa uga diwawas minangka titir. Kudu diwenehi papan parembugan, sanajan mesthi diwatesi supaya ora nrajang paugeran kang ana ing sistem pamrentahan NKRI sing wis dianggep final. Muncule kraton lan ratu anyar pancen katon lucu, nanging malah para pejabat sing luwih lucu. Wis sumpah kanthi asmane Gusti Allah ing kitab suci, nanging isih kena operasi tangkap tangan (OTT). Lawakan kang ora mekakat lucune iki nyebabake kelompok komedi Srimulat lan liya-liyane tutup ora komanan order amarga perane dijupuk kanthi peksa dening para oknum pejabat kang tumindak ora nganggo dhasar, nrajang tata trapsila. Dadi pelawak kang banget lucune.

*) Urip Triyono, S.S., MM.Pd., panulis minangka aktivis sastra, anggota Komite Sastra ing Dewan Kesenian Brebes.

Bekakas sing Digawe saka Pring ing Tlatah Temanggung

Dening: Umi Farida

ng tlatah Temanggung isih akeh bekakas sing 1 digawe saka pring. Senajan ing tlatah liyane bisa uga isih akeh, bokmenawa beda arane. Bekakasbekakas kuwi minangka piranti padinan, kaya ta: cething, kukusan, kekeb, tampah, kalo, irig, tumbu, besek, kranjang, tenggok, lan rigen. Ora akeh bocah saiki sing isih paham jeneng-jeneng bekakas kuwi lan pigunane. Apa maneh, wis ana bekakas sing luwih modern. Tinimbang adang beras nganggo kukusan utawa ngliwet nganggo ketel, wong saiki luwih milih masak sega nganggo rice cooker: Luwih gampang tur praktis. Sanajan ing babagan rasa, ganda, lan kasarasan jarene luwih apik sega sing didang utawa diliwet nganggo alat lan cara tradhisional mau. Ing ngisor iki kababar saperangan bekakas, mligine sing digawe saka pring.

Anting

Anting [antIn] kuwi tas utawa cangkingan sing digawe saka pring sing dinam. Wujude kaya kranjang. Namnamane digawe saka pring sing diirati cilik-gilig-dawa kaya biting. Olehe ngenam mujure malang. Biyasane anting dianggo nggawa blanjan pasar, wadhah panganan kanggo ngirim kang nyambut gawe ing sawah, bisa uga dianggo nggawa pari, panenan, utawa wulu-wetu. Kadhang kala malah dianggo ngetus asah-asahan sadurunge disimpen.

Sumber: dokumentasi pribadi Anting:keranjang sing nganggo cangkingan.

Besek

Besek [bEsE?] kuwi wadhah saka pring dinam kang wujude kothak. Besek biyasane dianggo wadhah berkat kendhuren, kaulan, utawa slametan liyane. Biyasane berkat mau awujud sega, jangan, lawuh, lan uba rampe liyane. Mula ana sing ngarani yen sega besek kuwi sega berkat. Sadurunge dianggo wadhah sega lan uba rampene, njeron besek dilemeki godhong gedhang. Mula besek sing wis dinggo wadhah berkat biyasane isih resik, bisa dienggo wadhah bumbon utawa barang liyane. Awit majuning jaman sing mbutuhake bekakas kang sarwa ringkes lan praktis, saperangan wong luwih milih kerdhus tinimbang besek. Mbokmenawa amarga kerdhus luwih gampang golekane. Mula sega besek gumanti sega kerdhus utawa nasi kardus. Nanging saiki sajake besek wiwit populer maneh. Wong-wong padha anut slogan utawa bebasan 'back to nature'sing tegese 'bali ing asale'.

Besek kanggo wadhah berkat.

Cething

Cething [cəthIn] kuwi wadhah sega sing digawe saka nam-naman pring. Sisih ngisor luwih ciyut tinimbang ndhuwure. Minangka sikilan, landhesan ngisor dhewe digawe saka pring kandel kang rineka awujud kothak.

Cething saka pring iki sakjane minangka bekakas sing akeh pigunane. Saliyane kanggo wadhah sega, bisa uga dianggo ngumbah janganan, kuluban, lan mususi beras. Saliyane iku, bisa uga dianggo wadhah wulu-wetu, kaya ta: jagung, tela, lan kentang. Nanging, cething sing kanggo wadhah sega becike mligi kanggo wadhah sega, ora dianggo wadhah barang liyane.

Kukusan lan Kekeb

Kukusan [kukusan] lan kekeb [k|k|p] kuwi minangka wadhah kanggo adang beras utawa nggodhog jagung ing sadhuwure dandang tembaga. Dandange diiseni banyu, digeneni nganti umeb. Sing dienggo nggeneni biyasane kayu. Yen wis umeb, kukusane dilebokke dandang, perangan sing lancip dicemplungake ing dandang. Beras pususan disuntak ing kukusan kuwi, banjur ditutup nganggo kekeb. Saben-saben beras disuntaki banyu panas banjur diudhak murih rata. Sabanjure, ditunggu nganti mateng. Yen wis mateng segane dientas, dipindhah ing cething.

Wis sawetara wektu kukusan lan kekeb arang dianggo dening masyarakat Jawa jalarane akeh bekakas sing luwih praktis. Wis ana rice cooker kanggo masak sega,

Sumber: gpswisataindonesia.blogspot. com-2)

Kukusan

kari madhahi beras sing wis resik ing mancine, tambahi banyu sacukupe, banjur dicolokke listrik. Sinambi makarya liyane, segane mateng dhewe.

Sumber: wwwtembi.net

Carane nganggo kukusan lan kekeb.

Engkrak

Engkrak [Enkra?] kuwi wadhah kanggo ngeruk utawa nglumpukake larahan sing bar disaponi arep dibuwang ing pawuhan. Ing tlatah liyane ana sing ngarani pengki. Engkrak digawe saka nam-naman pring, wujude kaya pincuk gedhe. Kajaba kanggo ngeruk uwuh, engkrak uga bisa dianggo nggawa watu, wedhi, lan material liyane yen pinuju mbangun omah utawa gugurgunung.

Jaman saiki akeh engkrak saka bahan plastik lan seng. Sakjane engkrak pring luwih wuled tinimbang engkrak plastik. Engkrak pring uga ora bakal teyengen kaya dene engkrak seng. Nanging, prakara endi sing luwih awet, kabeh gumantung carane nganggo lan ngopeni.

Sumber: galankshop.indonetwork.ead Engkrak

Kesah dhateng Griyanipun Simbah?

Dening : Sunarti

Wisnu : Bu, benjing Ibu kaliyan Bapak saestu kesah dhateng griyanipun Simbah?

Ibu : Sida, Nang. Bapak karo ibu wis suwe ora sowan Simbah. Simbah ya wis ngangenangen.

Bapak : Nang, anggonmu matur marang ibumu nganggo basa krama kuwi wis bener, nanging ana tembung sing sejatine kurang trep panganggone.

Wisnu : Kirang trepipun pripun, Pak?

Bapak : Anggonmu migunakake tembung kesah lan griyanipun kuwi mau lho, Nang.

Wisnu : Lajeng, ingkang leres pripun, Pak?

Bapak : Ing unggah-ungguh basa Jawa kuwi ana tembung ngoko, krama, lan krama inggil. Tembung krama digunakake kanggo ngajeni wong liya kang nduweni drajat utawa status sosial utawa drajat kang padha. Dene, tembung krama inggil kuwi kanggo ngajeni utawa "nginggilake" wong kang luwih sepuh utawa drajate luwih dhuwur. Tembung kesah kuwi krama, dene tindak kuwi krama inggil.

Wisnu : Jebul anggen kula matur klintu. Menawi makaten kula ambali anggen kula matur. "Ibu kaliyan Bapak benjing saestu tindak dhateng dalemipun, Simbah?

tembung krama inggil tindak. Mangkono uga tembung ngoko omah yen dikramakake kanggo awake dhewe dadi griya, umpamane "Kula wonten griya.". Ananging menawa kanggo priyayi sepuh dadi dalem, umpamane "Menapa Bapak wonten dalem?"

Ibu : Lha, sing bener ngono kuwi, Nang. Tembung ngoko lunga yen dikramakake kanggo awake dhewe dadi kesah, dene menawa kanggo Ibu, Bapak, utawa priyayi sepuh liyane migunakake

Ndhudhah Piwulang ing Novel Kinanti

Irah-irahan : Kinanti

Panganggit : Margareth Widhy Pratiwi

Editor : Suroso, B.Sc.

Penerbit : Taman Budaya Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta

Desain sampul : Aprodhety

Cetakan kapisan : Oktober 2001

Sapa ta sing durung ngerti pengarang wanita asal Jogyakarta sing asmane Margareth Widhi Pratiwi? Pengarang sastra Jawa iki asring antuk pangaji-aji amarga karya-karyane apik lan endah. Salah sawijining novel anggitane kang asesirah Kinanti kasil nggondhol juara 1 lomba Novel Jawa kang diadani dening Taman Budaya Jogyakarta ing tahun 2000. Pancen, kanggone wong kang seneng sastra, maca novel Kinanti iki kayakaya diajak melu ngrasakake isining crita. Ing novel Kinanti kasebut panganggit bisa nggawe sing maca melu jengkel, trenyuh, kudu nangis, lan mlebu ing sajroning crita. Kuwi amarga pintere panganggit anggone ngronce ukara.

Novel iki nyritakake uripe Kinanti kang lair saka ibu kang aran Yulia. Yulia digambarake dudu wanita kang apik, asor drajade. Wanita iki diangkat drajade karana kagarwa dening Sujarwa ya Bapakne Kinanti kuwi. Mbok menawa sing maca novel Kinanti bisa mbiji dhewe kepiye watak wantune saben paraga. Tuladhane Yulia, ing crita digambarake minangka wanita kang nakal, seneng main ngabotohan, gaweane mung seneng-seneng karo kanca-kancane. Paraga Sujarwa kang ditinggal mati bojone banjur nikahi Yulia nganti duwe anak Kinanti. Paraga Sumpana, bapakne Sujarwa, tansah welas asih marang putune, yaiku Kinanti sanadyan dheweke lair saka Yulia kang dudu wanita apik. Lelakone Kinanti tansah nrenyuhake amarga disiya-siya dening mbakyumbakyune kuwalon. Hapsari lan Anjani anake Sujarwa saka bojo kapisan (Widorini) tansah ora seneng marang Kinanti. Ana uga paraga Kelik lan ibune (Lik Semi) kang tansah tresna marang Kinanti.

Akeh piwulang kang bisa kajupuk saka crita kasebut. Sanadyan ta paraga Yulia ing crita tansah nuwuhake konflik lan gawe sing maca dadi gregeten, tetep wae pamaca bisa ngundhuh piwulang saka lelakone.

Piwulang kang bisa kajupuk saka novel Kinanti iki kaya ta: Dadi wong tuwa kudu tansah wicaksana lan sabar. Iki bisa tinulad saka paraga Sumpana. Sanadyan ngerti yen Yulia asor drajade, dheweke tetep nampa Yulia dadi mantune. Sumpana uga tresna banget marang putune sing lair saka Yulia, yaiku Kinanti. Piwulang liyane yaiku kudu tansah sabar ngadhepi pacobaning urip. Iki bisa tinulad saka paraga Kinanti kang tansah sabar lan narima sanadyan dheweke ora disenengi dening mbakyumbakyune kuwalon lan ora bisa cedhak karo ibune.

Saliyane iku isih ana piwulang liyane maneh, yaiku tansah welas asih marang sapepadhane. Iki bisa tinulad saka paraga Lik Semi, Ibune Kelik. Lik Semi tansah welas asih marang Sumpana. Lik Semi uga tresna banget

marang Kinanti. Piwulang liyane maneh kang bisa kajupuk, yaiku bisoa tumindak becik lan ninggalake tumindak ala supaya ing tembe ora cilaka.

(Fajrin Dwi Artika)

Pemenang 1 Lomba NovelJawa KINANII Margareth Widhy Pratiwi

Supatane 22 Begawan Sukrd

DENING BANUARLIAMBARDI

EADAN JOMPO PLINIKA MEOTEN SEKECA,RAMA! KEJAWI RAOSIPUN SAKIT PIKIN,KESUPENAN...

NYUWLIN NGAPUN- TEN-KULA MBOTEN SAGED NDEREK KARSA PADIKA

KANGGE MLAMPAH2 NEDHA KEMAWON SARWA REKAOS.

DENE PLURU, PLITRA WARUJUNE INGKANG NYAGLIHI PAMUNDHUTE SANG RAMA.

MENAWI PADUKA BA- DHE NGAGEM RAGA KA- WLILA, SUMANGGA.

JAWABAN YADU, TLIWARSUI DRAHYU, ANNU BISA DIARA- NIPADHA KAREPE.ORA SA- RUJUKLIRONROGOKARO INGKANG RAMA-NDADEKAKE KUCIWANING PENGGALIH PRABL YAYATI.

SUPADOS PADUKA ENGGAL SAGET MBENGKAS RERETU- NING NAGARI.

KULUP PURU SING SIN TRESNANI.KE- SAGUHANIRA NDADEK- AKE BUNGAHING PENGGALIH INGSLIN.

Cungkup Milang Kondhe

Cungkup cungkup

Milang kondhe

Milang arum

Aum simbar ladak

Ladake wong desa klambine sutra

http://balaibahasajateng.kemdikbud.go.id

www.perpustakaanbbjt.blogspot.com

BBJateng

balaibahasajawatengah

@bb_jateng

Balai Bahasa Jawa Tengah