Swaratama
Mbangun Kuncaraning Basa, Sastra, lan Budaya Jawa
CERKAK UTAMA
Golek-Gagakan
MACAPAT
AnakeWongTani
WACAN BOCAH
Kartini Cilik
GURIT
SakTekem Beras
Sawah Lan Dalan
Kaedus Banyu Sasiwur
Adus banyu kok mung sasiwur apa ya bisa resik? Lumrahe wong adus iku paling sithik mbutuhake banyu saember, kepara ana sing luwih. Kajaba banyune bisa warata gawe segere salira uga bakal bisa gawe resiking awak. Utawa bisa diarani pagawean kang temanja, ora mung setengah-setengah. Babar pisan.
Ing unen-une iki kepengin ngaturake pitutur sinandi ing tembung kaedus banyu sasiwur. Sawijine tumindak utawa pakaryan iku prayogane nyukupi ing telung bab, yaiku ana pigunane, katindakake kanthi temen, sarta wekasane paweh asil kang gawe marem utawa sampurna. Pakaryan manut Brown yaiku kridhaning mental lan fisik jroning nggayuh bab kang nuwuhake asil. Kanthi mangkono ing bab ana asil lan orane, sawijine kerja utawa pakaryan iku darbe bobot. Lamun tumindak sing ngetokake tenaga, wektu, kepara wragat, nanging ora darbe asil kok ya dhestun temen.
Kaedus banyu sasiwur mratelakake sawijine pakaryan nanging adoh saka bobot tumindak mentes. Tegese durung bisa nyukupi drajat saweneh laku utawa pakaryan. Adus, tangeh cukup yen mung migunakake banyu sasiwur. Tur upamane dipeksa ya mung bakal paweh asil sing ora maremake. Ora bisa resik, sok malah bisa gawe wirang.
Unen-unen iki kepengin nandhesake manawa makarya iku bisaa sing tuntas, mbabarpisani, duwe teges, lan asil sing sampurna. Aja kok mung kaya "kaedus banyu sasiwur". Tiwas ngentekake wektu, tenaga lan wragat, awit ora disranani piranti mirunggan, tan wurunga ya mung muspra. Tiwas teles ning tanpa teges.... (yan)
Piweting iki kaaturake dening BALAI BAHASA JAWA TENGAH
PilihPanacadApaPangalembana?
Ature: Yan Tohari
Dudu aran aneh yen ana pribadi seneng dialem. Pangalem bisa nuwuhake rasa bombong uga marem. Nanging yen sabanjure tansah mburu pangalembana iki kang kurang prayoga, jalaran kajaba ngasorake dhiri, uga asring akeh nabetake kuciwa. Kala mangsane pakarti kita sing manut petungan bakal antuk pangalembana, jebul wekasane luput.
Paling ora ana telung sipat manungsa kang angel diilangi ing saben pribadi. Telung sipat iki yaiku seneng dialem, seneng dianggep penting, lan seneng dikormati. Telung sipat iku sabanjure lumrah kena diarani ego, sawijine perilaku yen ing saben pribadi iku tansah ngunggulake
dhiri pribadi katimbang wong liya.
Mula bakal lara jroning ati kalamun sing ditampa tiba kosok balen saka telung bab kasebut. Lara ati kalamun ta dicacad, diremehake, sarta ora diajeni. Senadyan kala mangsane panacad iku trep, awit pancen lagi tumindak luput utawa kurang patut liyane. Panacad, tetep nuwuhake rasa ora ngepenakake. Luwih -luwih anggone nuduhake kekurangan iku ing ngarepe wong akeh.
Paribasane ora bisa apa-apa, nanging yen sabanjure kita diremehake, dianggep ora ana gunane ing sawijine bab, mesthi bakal nukulake rasa panas lan kairis ing ati. Semono uga nadyan adrajat asor, nanging yen kaidak-idak wibawane, ora dikormati, uga bakal rumangsa lara. Kabeh iku kasurung dening daya ego sing ana ing dhiri pribadi kita.
Ewa semana tumrap pribadi sing kulina nata adeging jiwa lan tumatane rasa kebatinan, ora banjur gampang serik lan lara saka apa kang ditampa nalika luput klawan apa sing dikarepake, yaiku ora dialem, ora dianggep penting utawa ora kakormati. Jalaran wis tuwuh kesadharan ing jiwane lamun dudu iku kang dadi tujuan saka apa kang den tindakake.
Nyinau mring dununging jiwa iki kita bisa nlusur piweling ngaluhur Jawa duk ing uni. Tinemu
ing tembang Pangkur jroning Serat Wedhatama yasan KGPAA Sri Mangkunegara IV, "nggugu karsaning priyangga, nora nganggo peparah lamun angling, lumuh ingaran balilu, uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu,sinamun samudana, sesadoning adu manis.
Urip pancen tansah ribet kalamun nurut playuning ego. Apa wae ora tinemu ing bener awit sakabehe kita ukur klawan karep lan pepenginan dhiri pribadi. Nanging yen urip linambaran klawan kepriye murih apike lan penake ing sasamine bakal lumaku klawan edi lan nengsemake.
Saengga pribadi bakal adoh saka sipat uger guru aleman, utawa seneng lan marem yen sarwa dialem. Awit sipat iku satemene amung bakal nyiksa batin. Kerep nuwuhake rasa gela sarta kuciwa. Mula dening Sri Mangkunegara sipat sing mangkono iku dudu mujudake pribadi sing waspada marang semu. Kepara keblasuk ing semu, uripe amung kanggo dolanan kahanan, ora manggon ing sejatining pangerten.
memayu hayuning bawana. Mula, apa wae sing thukul saka pakartine wis dudu dadi petung, waton apa sing dilakoni manggon ing bener lan pener. Antuk pangalembana apa ora iku dudu perkara.
Pangalembana dianggep penting, kakormati, lan sakabehe iku dudu dadi ancas klawan apa sing katindakake. Jalaran urip iku amung kanggo ngudi ing edining sesama. Kanthi tembunge mentereng
Panacad, diremehake, lan ora dikormati, kabeh tetep kapetung becik. Jalaran ing batine amung ana sesadoning adu manis, yaiku panyakrabawa becik. Pihak sing nampa lan sing nolak iku kawawas padha wigatine. Kepara ing sawijine wanci, kala mangsane kita merlokake panacad kanggo luwih maju. Pihak kang nampa, bakal ngandelake tekad kita kanggo wimbuh ing greget tumindak terus ing sabanjure. Wondene tekane panacad, minangka pangeling yen apa kang wus kita tindakake isih durung sempurna.
Temahan, pakarti kang wis katindakake tan wurung bakal nampa pitungkas loro, sejene pangalembana uga bisa wae panacad. Iku bab lumrah ing sabensaben srawung klawan bebrayan. Ewa semana yen laku iku sarwi kaajab ing ngudi memanising laku, prayoga pangalembana apa dene panacad dadi pepetungan sing mapan ing mburi. Dene kang pantes diselehake ing ngarep yaiku mbabar utama mring mulyaning sesama. Ngono. ***
Daftar Isi
3 Blencong
Pilih Panacad Apa Pangalembana?
Kawruh Sastra
Mangkunegara IV lan Serat Wedhatama
Kawruh Basa Ater-Ater Hanuswara
10 Cerkak Utama Golek Gagakan
Sastra Donya Petani Aran Marey
Crita Rakyat Jaka Sangkrib
Gladhi Sastra Pawuhan
Swara Siswa Harimbyat Maja
Wacan Bocah Kartini Cilik
27 Gurit
• Sak Tekem Beras
• Sak Dulit Sambel
• Sumeleh
• Sawah lan Dalan
• Tandha
• Semarang, Lilanana Aku Sambang
• Sawur Donga
Macapat
Anake Wong Tani
Oncek-Oncek
Konflik Iku Punjere Nyawa Ana ing Cerkak
Sastrapedia
Titah Rahayu Jroning Kenangan : Juru Gurit Pethingan kang Kepeksa Tinggal Glanggang
Swara Dwija
Pangudarasane Dwija
Ngudarasa
Normalisasi Basa Jawa (Krama) ing Tengahing Banjir Basa Liya
Budi Pekerti
Prastawa Apa Kedaden?
SUSUNAN REDAKSI
Penanggung Jawab : Dr. Tirto Suwondo, M.Hum. ~ Pemimpin Utama: Drs. Suryo Handono, M.Pd. ~ Pemimpin Redaksi: Kustri Sumiyardana, S.S., M.Hum. ~ Sekretaris Redaksi : Sunarti, S.S., M.Hum. ~ Reporter : 1. Drajat Agus Murdowo, S.S., M.A., 2. Akhid Anshori Setiawan, A.Md. ~ Redaktur Pelakana:.Yan Tohari, 2.Bambang Sulanari,MA.Wdiyarton,.Trman Laksana~Redakur:.Mochammad Fikri,S.S.2.TriWahyuni,S.S. 3.UmiFarida,S.S.4.Sutarsih,M.PdDesain GrasdanTataLetak:1.SuryaPunomo,S.Ds.2.AnggaraJanuarPutra,Keuangan:LungidIsmoyo Putro, M.H.~Sirkulasi: 1.Lely SitiFatimah, S.E.,M.Si., 2. Slamet Priyono, S.E.,3. Agus Sulistiyo.
Manqkuneqara IV lan Serant Wledhantama
Dening: Drajat A. M.
Jaman saiki akeh manungsa kelangan kapribaden luhur lan nerak paugeran, kaya ta paugeran agama, nagara, lan bebrayan ing masarakat. Kapentingan pribadhi lan golongan luwih diutamakake katimbang kapentingan umum. Gambaran iki gawe miris ati lan mbok menawa, kahanan iki jumbuh karo piwulang ana ing Serat Wedhatama.
Mangkunegara kaping IV ngripta utawa nganggit karya sastra kanthi siklus kang tumata rapi kaya dene ana ing tahapan pambangunan Pelitane jaman Orde Baru. Karya-karyane kalandhesan skala prioritas sing dipadhakake karo kondisi sosial, ekonomi, politik, lan budaya Mangkunegaran pinangka pamarentahan sing otonom. Nalika wiwitan pamarentahane, kira-kira 1842-1856, Mangkunegara IV ngripta karya sastra sing isine perjuwangan mungsuh Walanda. Uga nerangake kahanan wilayah-wilayah sing ditekani, kaya ta wilayah Sragen, Wonogiri, lan Karanganyar. Karya sastra sing lair ing jaman utawa periode iki awujud naskah babad utawa sejarah miturut wawasan Jawa.
Mangkunegara IV uga nyathet utawa ndokumentasekake lakune pamarentahan nalika panjenengane madeg dadi adipati, kaya ta tamu resmi pamarentahan dicathet. Cathetan lakune pamarentahan lan sejarahe kuwi ana ing periode 1871-1881 kang diwujudake ing tembang macapat. Ana ing periode candhake, Mangkunegara IV ngripta karya sastra kang isine babagan nasehat utawa piwulang. Kasebut naskah piwulang awit ngemot ajaran, pelajaran, lan nasehat kanggo sadhengah wong. Piwulang kang diajarake utawa dicathet kanggo sapa wae iki kaya ta nasehat babagan akhlak, sopan-santun utawa etika, pamarentahan, nasehat tuntunan kanggo kaum nom-noman, nasehat tuntunan kanggo prejurit, pegawe, lan budi pakerti.
Serat Wedhatama kuwi anggitane Mangkunegara IV kang kapetung misuwur. Wujude tembang kang nganggo basa Jawa anyar, kaya dene Serat Tripama. Wedhatama yen dideleng saka semantik, ilmu asalusul tembung, saka tembung wedha sing duwe teges 'wawasan', 'kawruh', 'pitutur, utawa 'wejangan', lan tama saka tembung utama kang ngemu teges 'utama', 'apik', 'dhuwur', utawa 'luhur'. Dadi, Wedhatama duwe teges wawasan, kawruh kang
didadekake bahan pelajaran kanggo utawa ngibadah nyembah Gusti Allah Swt. saka srakah. Pancen ora gampang kanggo
ngupadi kautaman lan kaluhuran uripe manungsa. Akeh para sarjana kang duwe panganggep menawa Serat Wedhatama kuwi ngemot a jaran etika lan kasampurnaning urip sing munpangate gedhe tumrap manungsa.
Serat Wedhatama duwe m u n p a n g a t k an g g o ngembangake pribadi manungsa supaya bisa dadi wong kang luhur lan precaya marang Gusti Kang Maha Agung. Ana ing Serat Wedhatama Mangkunegara
Sajroning ngibadah nyembah Gusti Allah, manungsa kudu sabar, ora kesusu, lan eklas, adoh saka sipat golek pangalembana. Lamun manungsa yen wis sabar, ora kesusu, lan eklas bakale dadi wening utawa atine eklas. Wening iki tundhone anggawe ati tentrem lan sumareh ana ing ngarepe Gusti Allah Swt. Mangkunegara IV menehi nasehat menawa sembah raga iku prelu lelandhesan laku. Laku yaiku tata cara tumindak kanggo mujudake tujuan. Mungguhing agama Islam laku iku sinebut
IV menehi ajaran lan pitutur marang manungsa supaya manembah utawa sembah Gusti. Ana papat wujude sembah, yaiku sembah raga, sembah cipta, sembah jiwa, lan sembah rasa. Menawa bisa nglakoni patang sembah iku, manungsa bakal nduweni ati lan prilaku kang luhur lan mulya. Lire kepriye werdine sembah papatiku?
Sing kasebut sembah raga utawa badan iku tumindak arupa fisik utawa jasmani manembah
syariat. Mangkunegara IV nyebutake menawa laku ana ing sembah raga kuwi kudu ajeg (konsisten) lan
Sembah cipta ana ing Serat W e d h a t a m a p u p u h kapindho, pada sewelas tekan pada limalas, yaiku prilaku patitis, nyuda hardaning kalbu, ngati-ati, tlaten, lan waspada. Manungsa kang nindakake sembah cipta kudu dilandhesi pikiran kang patitis (cerdas, cermat, tliti) kanthi mangkana bisa nyuda hawa nepsu kang thukul saka hardaning kalbu utawa pepenginan ati.
Sembah cipta uga kudu nemenake sikap ngati-ati ana sajroning tumindak. Kanthi ngati-ati bisa ngasilke tumindak kang bener lan pener. Tumindak kang bener lan pener bisa ndadekake adoh saka tumindak nistha. Sembah cipta uga kudu dilandhesi sikap sing tlaten supaya urip dadi taberi utawa tekun. Sikap tlaten iki anggawe urip luwih ngati-ati ora grusa-grusu sing bakale dadi sabar. Kanthi kasabaran bisa ndadekake manungsa adoh nyampurnakake sembah cipta kuwi. Manungsa kudu waspada. Lire mangkene, prilaku patitis, nyuda hardaning kalbu, ngati-ati, lan tlaten bakal ora kanggo gawe menawa manungsa ninggalake sipat waspada. Sabab, sikap waspada bisa ngendhalekake nepsu kadonyan ana ing bebrayan utawa sesrawungan. Manungsa bisa kabidhung dening gebyare donya sing bisa gawe lali sakabehing, tundhone manungsa bisa rugi dhewe.
Sembah jiwa ana ing Serat Wedhatama pada nembelas tekan pada rolikur. Ing pada mau disebutake menawa sembah jiwa kuwi wujud ngibadahe manungsa karo Gusti Allah Swt. kanthi khusuk. Menawa manungsa bisa nyelarasake lan nuwuhake Gustine ana ing ati lan pikirane kuwi kasebut sembah jiwa. Ana ing pada nembelas katulis sembah katri kang sayekti katur, mring Hyang Sukma suksmanen saari-ari. Sembah jiwa kuwi candhake utawa tutuge saka sembah raga lan sembah cipta. Ana ing sembah jiwa kudu dilandhesi sikap awas lan eling. Awas kuwi waskitha. Manungsa kudu bisa ndeleng samubarang kanthi bener lan pener. Ewa dene eling, yaiku emut, kudu eling terus. Eling bab apa? Eling bab tumindak kang nistha lan utama. Wong kuwi wajib tumindak kang santun, nyelarasake omongan lan tumindak, lan ngurmati siji lan sijine. Yen wis ngana, bakale manungsa nduweni prilaku kang utama.
Nah, sembah sing pungkasan yaiku sembah rasa. Rasa kuwi magepokan karo bab becik-ala, utama-nistha, oleh tumindak-ora oleh tumindak, bener-salah, oleh diduweni-ora oleh diduweni, lan liya-liyane. Kena apa magepokan karo bab-bab kuwi? Ora liya karana manungsa menawa tumindak kudu mikir ala-becik, bener-salah, supaya tumindake bener lan utama. Bener lan utama iku bisa kaukur saka rasa, sabab rasa kuwi
nuranine manungsa. Nurani iku ora bisa diapusi. Manungsa tumindak utawa nindakake barang kang ala tetep wae ati nurani ngomong menawa kuwi salah. Dadi bisa disimpulake menawa sembah rasa kuwi kalandhesan ati nurani. Tumindake manungsa wis ora maneh kalandhesan dening pituturing wong liya. Sipat lan prilaku manungsa sing wis taraf sembah rasa adhedhasar saka ati nurani utawa swara ati kaya kang sinebut ana ing pada kaping telulikur, sembah rasa karasa rosing dumadi, dadine wis tanpa tuduh, mung kalawan kasing batos.
Mangkana babaring sembah papat ing Serat Wedhatama. Dadi, manungsa kuwi kudu imbang antarane tutur lan tumindak, meper prilaku kang ala kanggo kasampurnaning urip. Menawa tutur lan prilaku manungsa wis imbang (harmonis), laku manungsa kuwi bisa kawastanan utawa diarani manunggaling kawula-Gusti. Yen wis bisa manunggal kalawan Gusti urip manungsa ana ing donya iki bakale tentrem ora ana regejegan kang dadi dredah gedhe maneh.
Ater-Ater Hanuswara
Dening: Sutarsih
Ing basane dhewe, basa Jawa, ana kang diarani imbuhan utawa afiks. Imbuhan yaiku wuwuhan kang ditempelake ing tembung lingga. Ana imbuhan kang tumempel ing sangarepe tembung lingga, ana kang tumempel ing satengahe tembung lingga, ana kang tumempel ing mburine tembung lingga, lan ana sing tumempel ing ngarep lan mburine tembung lingga kanthi bebarengan.
Imbuhan kang tumempel ing ngarepe tembung lingga diarani ater-ater utawa prefiks. Imbuhan kang tumempel ing tengahe tembung lingga diarani seselan utawa infiks. Imbuhan kang tumempel ing mburine tembung lingga diarani panambang utawa sufiks. Imbuhan kang tumempel ing ngarep lan mburine tembung lingga bebarengan diarani imbuhan gabung utawa konfiks. Imbuhan kuwi ndadekake tembung lingga kang diwuwuhi dadi beda surasane karo sadurunge diwuwuhi imbuhan. Semono uga tumrap tembung lingga kang entuk imbuhan arupa ater-ater dadi beda surasane karo tembung lingga sadurunge diwuwuhi.
Ater-ater ing basa Jawa cacahe ana pirangpirang, yaiku ater-ater hanuswara, ater-ater tripurusa, ater-ater bawa autawa ha-, ater-ater ma-, lan ater-ater ka-. Banjur ana uga ater-ater pa- , paN-, pi-, pri-, pra-, para-, lan pari-. Nanging, ing tulisan iki mligi ngrembug ater-ater hanuswara.
Kang diarani ater-ater hanuswara yaiku aterater kang gunane kanggo ngrimbag tembung kriya tanduk. Ater-ater hanuswara kaperang dadi lima, yaiku ng-, ny-, n-, m-, lan nge-. Tembung lingga kang diwuwuhi ater-ater hanuswara bisa uga diwuwuhi panambang-e/-ake lan-/.
Ater-ater hanuswara uga diarani ater-ater kang nganggo swara irung. Diarani swara irung amarga swarane mbrengengeng. Ater-ater hanuswara lumrahe ateges solah tingkah utawa nindakake pagawean. Ater-ater hanuswara uga lumrah mratelakake tembung tanduk utawa aktif.
Aksara kang diwuwuhi ater-ater hanuswara arupa aksara swara lan aksara antep. Tembung mawa ater-ater akang pangetrape ing tembung kanthi sinartan hanuswara ndadekake ater-ater iku owah dadi amutawa ham-, anutawa han-, angutawa hanglan anyutawa hany-. Tembung kang apurwa u yen oleh ater-ater hanuswara ng-, swara [ng] tumempel ing sangarepe tembung, panulise nunggal dadi satembung. Tembung kang apurwa d utawa dha yen oleh ater-ater hanuswara, pandhapuking tembung andhahan mawa hanuswara n.
Murih luwih terang lan trawaca cak-cakane aterater hanuswara ing tembung, ing ngisor iki kababarake tuladhane.
1. Tembung kang apurwa aksara swara, yaiku a, i, u, e, lan o diwuwuhi ater-ater hanuswara ng-.
Tuladha: arep dadi ngarer incer dadi ngincer uber dadi nguber etung dadi ngetung obah dadingobah
2. Tembung kang apurwa aksara t, aksara t luluh lan diganti nganggo ater-ater hanuswara-. Tuladha: tari dadi nari tulis dadi nulis
3. Tembung kang apurwa aksara c lan s diwuwuhi ater-ater hanuswara ny-. Tuladha: cakot dadi nyakot sulih dadi nyulih
4. Tembung kang apurwa aksara p lan w luluh lan diganti nganggo ater-ater hanuswara —. Tuladha: puter dadi muter
watu dadi matu
5. Tembung kang apurwa aksara k lan w luluh. Aksara k lan w diganti nganggo ater-ater hanuswara ng-. Tuladha: kembang dadi ngembang wétan dadi ngétan
6. Tembung kang apurwa aksara j diwuwuhi ater-aterhanuswara-. Tuladha: jaluk dadi njaluk jupuk dadi njupuk
7. Tembung kang apurwa aksara b diwuwuhi ater-ater hanuswara -. Tuladha: brengengeng dadi mbrengengeng balung dadi mbalung
8. Tembung kang apurwa aksara p luluh lan diganti nganggo ater-ater hanuswara —. Tuladha: paku dadi maku palu dadi malu
9. Tembung wod diwuwuhi ater-ater hanuswara nge-. Tuladha: bom dadi ngebom cet dadi ngecet pit dadi ngepit pel dadi ngepel du dadi ngedu dol dadi ngedol
10. Tembung kang apurwa aksara g, k, r, lan l diwuwuhi ater-ater hanuswara ng-. Tuladha: gelung dadi nggelung kirim dadi ngirim rebut dadi ngrebut lali dadi nglali
11. Tembung kang apurwa aksara d, dh, lan j diwuwuhi ater-ater hanuswara -. Tuladha: dudut dadindudut dhudhah dadi ndhudhah joged dadinjoged
Golek Gagakan
Dening: Impian Nopitasari
Awan iki aku kebageyan tugas methuk anakku wedok ing sekolah anyare. Ibune si gendhuk isih repot ngurusi omah merga aku durung suwe pindhahan omah. Kerjaku dimutasi ing kutha iki dadi gelem ora gelem ya kudu adaptasi ing lingkungan anyar.
Lagi wae aku njagrakke montor anakku wis nututisambi celuk-celuk awakku.
"Bapaak...."
Sajake dheweke seneng banget ing sekolah anyare. Kamangka aku wis sumelang yen dheweke bakal angel srawung karo kanca-kancane. Dayu, anakku wedok iki nubruk aku sambi wadul wernawerna.
"Bapak, merem!"akone.
"Ngapa bapak kudu merem, Ndhuk?"
"Pokoke merem! Aja ngintik!"
Aku manut. Dayu ngranggeh tanganku. Tanganku diakon ngenggem barang bunder. Rasane kaya apel. Dayu ngangkon aku melek. Nalika wis melek, ing genggemanku wis ana woh pir sing dakkira apel
mau.
"Dayu, iki pir saka sapa, Ndhuk?" takonku. Kelinganku mau esuk dheweke ora dakgawani woh pir minangka bontotan.
"Aping."
Aku takon Aping kuwi sapa, jarene kanca sakkelase. Aku lega dene Dayu wis bisa kekancan rumaket senajan lagi pirang dina dheweke pindhah sekolah. Lagi arep nyengklak montor, Dayu dudingduding nuduhake pawongan sing padha mlaku. Bubaran sekolah kaya ngene akeh sing padha methuk anake.
"Apiing... Bapak, iku Aping."
Aku medhun saka montor arep ngaruh-aruhi kancane sing aran Aping iku, arep atur panuwun dene wis menehi Dayu woh pir. Aping digandheng pawongan saumuran bapakku, dakbedhek iku simbahe. Mak dheg, aku lan bapak-bapak mata kalup iku pandeng-pandengan.
"Bagus?"
"Babah Ong? Jenengan Babah Ong ta?"
Aku lan bapak-bapak iku langsung rangkulan. Embuh wis pirang taun aku ora kepethuk lan ora ngerti kabare. Babah Ong ngguyu ngakak-ngakak, isih panggah ngono ngguyune, sambi nyekeli wetenge. Aku sakloron banjur nostalgia ngelingi jaman mbiyen. Sidane aku wurung mulih, Babah Ong ngajak aku lan Dayu jajan bakmi paling enak ing kutha iki. Dayu lan Aping (sing sabanjure dakngerteni yen aran sabenere iku Alvin) melu mobile Babah, aku ngetutke karo numpak montor. Nalika rampung mangan bakmi, Dayu njaluk dioncekke woh pir pawewehe Aping mau. Ngerti woh pir kuwi, Babah Ong ngguyu maneh.
"Gus, dadi kelingan cilikanmu mbiyen diajar bapakmu merga njupuk woh pir sajen neng kuburan cedhak omahmu kae. Ha ha ha."
Aku mung ngguyu klecam-klecem kisinan. Jiyan ra mutu tenan crita jaman cilikanku kae.
"Eh, Bah, sing njupuk dudu aku yaaa...nanging Sahlan," aku kelingan banget aku mung diwenehi kancaku, ah Babah ki pancen seneng mbebeda kok kawit mbiyen.
Yen usum wiwit pari kaya ngene pancen wektu kang disenengi bocah kanggo golek gagakan. Wiwit iku ritual mbancaki pari kang lagi ditandur lan ngarepake dipanen. Gagakan iku wujud sajen kang ditujokake marang Mbok Sri, sing njaga pari. Biyasane awujud kupat, lepet, endhog pitik godhog, saunting merang kang diklabang kaya rambute wong wadon, jungkat, ngilon, kembang boreh, suruh, njet, gambir, lan dhuwit cring. Kabeh iku dideleh ana ing takir-takir cilik saka godhong gedhang. Bubar parine didongani, sajen wiwit dideleh ing pojokan sawah lan ditinggal ngono wae. Biyasane banjur ditemu dening pawongan sing kabeneran neng sawah. Yen wiwite ngepasi bocah-
bocah tunggu manuk, bakalan rame padha golek gagakan. Biyasane yen olehe rombongan, bakalan didum. Wiwit uga carane nyenengake bocah, ora ateges ngajari colong jupuk amarga pancen sajen wiwit iku ancase kanggo sedhekah.
Bapakku iku mburuh ing sawahe Pak Haji umar, saka kabeh buruhe mung Bapak sing paham babagan wiwit dadi yen ngepasi arep wiwitan aku seneng banget amarga mesthi oleh gagakan. Nanging sakjane Bapak ora ngeparengake aku melu grudugan karo kancaku golek gagakan.
"Jatah mangan saka Pak Haji wis cukup, ra sah golek-golek liyane,"ngono ujare Bapak.
Mula saka iku Bapak padatane ora kandha kapan persise arep wiwit. Bapak nglimpe aku, dadi esukesuk kae wiwite nalika aku arep mangkat sekolah. Nanging yen ngepasi liburan sekolah rada angel, amarga mesthi aku melu Bapak neng sawah. Kenangan rebutan gagakan pancen angel dilalekake kanggone bocah seumuranku. Sakgrombolan bocah biyasane ana sing kaya dadi intel kae, dadi ngerti kapan pak kae arep wiwit, mbah kae sing sajen wiwite akeh, pakdhe kae sing akeh ndeleh dhuwit cring-e lan sapanunggalane. Ana strategine barang carane golek gagakan ben ora kedhisikan wong. Wis ana-ana wae pokoke.
Pak Haji Umar duwe mitra akrab sing aran Babah
Ong. Babah Ong iku peranakan Tionghoa sing duwe usaha kuliner jajanan sing sukses. Babah Ong yen pesen beras ketan ya neng Pak Haji Umar. Aku asring melu Bapak yen lagi ngeterke pesenan beras ketan menyang omahe Babah Ong. Saking kerep mrana Babah Ong nganti akrab karo aku. Aku asring dolanan karo Meimei, anake Babah Ong. Babah Ong iki loma banget, ora kaya sing dituduhake wongwong yen wong peranakan iku pelit. Aku paling seneng yen diwenehi woh pir lan bakpao kacang ijo. Sok-sok ya disangoni yen ngepasi Imlekan utawa riyaya Idulfitri. Paling seneng pancen yen pengajian ing daleme Pak Haji Umar, merga panganane mesthi gaweane bojone Babah Ong, Cik Tan, ya ibune Meimei. Aku ora paham ngapa kok bapake Meimei diceluk Babah lan ibune Meimei diceluk Cik, aku mung melu-melu liyane. Meimei kuwi jeneng sabenere Melisa, nanging ya mbuh kok isa diceluk Meimei, sepisan maneh aku mung melu-melu.
Meimei iki ya bocahe gampang akrab. Kapan kae pas dheweke melu rewange ngeterke pesenan panganan neng nggone Pak Umar, dheweke ngetutake aku nyang sawah. Aku wis menging, samar kulite sing kuning iku mengko bakalan abangabang merga gatel, nanging dheweke panggah melu. Dheweke seneng banget nalika melu tunggu manuk apa dene golek gagakan. Aku nganti diseneni rewange Meimei merga dheweke mumet nggoleki momongane. Aku ora tau wadul Bapak yen Meimei dak ajak golek gagakan, isa diuni-uni mengko.
Saliyane golek gagakan neng sawah, bocah ing desaku uga seneng yen nggolek sajen ing kuburan Cina sing nggone ora adoh saka sawah sisih etan
desa. Yen perayaan Ceng Beng (ora ngerti bener ora anggonku ngucap) utawa dina jiyarah kanggone sedulur Tionghoa, biyasane akeh sajen rupa wohwohan kaya ta pir, apel abang, woh kesemek, jeruk, lan roti-rotian sing enak-enak. Uga ana dhuwit cring lan dluwang sing cacahe ora sethithik. Kadhang kala sing jiyarah lagi lunga 10 meter adohe ngono sesajene wis dirubung bocah-bocah. Kelinganku mbiyen sareane iku ora dijaga ketat kaya saiki lan sing jiyarah ya ora papa nalika sesajene dinggo rebutan bocah-bocah.
Yen golek gagakan neng sawah aku pancen seneng, nanging yen neng kuburan aku ora patia gelem, rumangsaku kok wingit ngono. Woh pir iku sing paling diincer bocah-bocah saliyane apel abang, senuk utawa kesemek embuh woh persik (aku ora patia mudheng bedane piye). Rasane kecut-kecut seger enak.
Sore iku aku lagi arep mulih bubar ngarit kanggo pakan wedhuse Pak Haji. Aku kepethuk kancaku aran Sahlan. Dheweke menehi aku woh pir cacah loro. Sahlan bocahe mbeling nanging sejatine dheweke kuwi apikan. Aku wis nampik nanging dheweke meksa.
"Iki takjipukke luwih kanggo awakmu, Gus. Biyasane awakmu sing menehi kabar yen Pak Haji arep wiwitan dadi aku entuk gagakan akeh. Iki minangka atur panuwunku, wis ta trima ae," ngono sambi njejelke woh pir iku ing kranjang suketku.
"Ya wis nek awakmu meksa, suwun ya, Lan," wusana aku gelem nampa.
Nalika Bapak weruh woh pir iku neng meja, aku didhedhes tenan kae piye larah-larahe entuk woh piriku.
"Golek gagakan neng kuburan pa?"
"Mboten, Pak,"aku wis prembik-prembik.
Bapakku pancen medeni yen lagi nesu. Sajake Bapak ora percaya aku ora golek gagakan. Bengi iku aku diseneni entek-entekan. Bapak pancen ora seneng yen aku melu trutusan karo bocah-bocah golek gagakan, apa maneh neng kuburan. Nalika bubar ngaji ing masjide Pak Haji aku ora langsung mulih merga ora wani ngadhepi Bapakku. Sajake patrapku dikonangi Pak Haji.
"Ana apa ta, Gus? Kawit mau sajake kok sedhih? Mau ngaji kok ya ora pati lancar wacanan Qur'anmu?"
Swarane Pak Haji sing alus banget iku nggawe aku ayem lan gelem crita senajan tetep sambi nangis. Aku crita yen aku ora nyolong sajen, aku mung diwenehi Sahlan.
"Saestu, Pak, kula mboten nyolong," kandhaku maneh.
Wusanane aku diterke bali Pak Haji. Sadurunge Pak Haji mampir neng omahe Sahlan lan ngajak bocah iku mara ngadhep Bapak kon matur yen pancen dheweke sing njupuk woh pir iku, dudu aku. Bengi iku Bapak wis ora nesu maneh lan aku wani turu ngomah.
Esuke ana rewang kongkonane Babah Ong mara ngomah nggawa panganan akeh banget. Lan sing paling dakgatekke iku ana pir sakranjang. Bapak gumun tenan, dikira salah anggone ngeteri. Rewange Babah Ong wis ngomong yen ora kliru nanging Bapak tetep ora percaya lan ngajak aku mara neng omahe Babah langsung. Tekan kana Babah malah ngguyu ngakak-ngakak.
"Ora salah. Pancen aku kongkonan rewang takkon ngeteri jajan nyang omahmu. Aku dicritani Pak Haji dadi trenyuh dhewe, mesakke anakmu arep mangan pir wae ndadak mbok seneni ta,
mengko yen pengin maneh dolana kene wae ya," jlentrehe Babah Ong.
Bapak ngaturke panuwun sing banget jerone. Aku uga ngono. Sadalan-dalan mulih bapak ora kendhat anggone ngalem kabecikan atine Babah Ong lan uga Pak Haji.
"Sepurane ya, Gus, bapak luput," krungu Bapak njaluk ngapura atiku rasane embuh. Aku pancen gampang trenyuhan dadi wong.
"Nggih, Pak. Kula nggih nyuwun ngapunten,"
Ora suwe saka kedadeyan aku diteri woh pir Babah Ong iku ana geger ing kutha-kutha. Tokotoko Tionghoa akeh sing diobong lan dijarah. Babah Ong sakulawarga melu ora ana kabare. Bab iku nggawe sedhihe atiku, Bapak, Pak Haji Umar, lan wong-wong sing ngrasakake kabecikan atine Babah Ong. Aku mung isa ndedonga muga Babah Ong sakulawarga slamet, embuh ing endi parane.
"Aku sakulawarga begja isa lunga menyang luwar negeri. Embuh aku kaya wis nduwe firasat yen bakal kaya ngono dadi kabeh wis daksiyapke nalika gegeran kae durung kedadeyan. Aku wis ora sempet pamit, karo Pak Haji Umar wae ora. Nalika kahanan wis aman, aku mutusake balik ing Indonesia lan manggon ana kene. Meimei kaya trauma yen dakjak bali mrana. Ya ngono iku nganti dheweke omah-omah lan nduwe anak Aping iku,"
Babah Ong crita sakwuse rampung mangan bakmi.
Aku manthuk-manthuk ngrungokake critane Babah Ong. Pancen wis tinakdir kepethuk, ndilalah aku ketampa gawean ing jawatan pemerintah lan ditugaske ing kutha iki. Kok ya ngepasi anakku daksekolahake ing sekolahane anake Meimei uga. Aku jan seneng banget bisa kepethuk Babah Ong. Rasane wis ora sabar pengin telpon Bapak lan Pak Haji Umar yen aku kepethuk Babah Ong.
PETANI ARAN MAREY
Dèning : Fyodor Dostoyevsky
Iki ngono dina keloro saka minggu Paskah. Hawa krasa anget lan langit katon semu biru. Srengenge katon dhuwur semlenget panas, ananging aku malah nandhang sumelang. Aku ngubengi pojok-pojoke bui, karo ngetung cacahe ruji siji lan sijine sing dumunung ing pager wesi kukuh prakosa iku. Satemene aku ora pengin tenanan banget ngetung ruji kuwi. Aku nglakoni iku mau mung amarga pakulinan wae.
Dina iki jatah dina "preiku" sing kepindho neng bui. Yaiku wektune para narapidana neng bui ora susah tandang gawe. Rata-rata wong-wong iku milih mendem utawa gelut. Liyane nyanyi-nyanyi banter, sanadyan swarane ora nggenah. Malah lagulagune ya ora mbejaji babar blas. Kabeh ngono iku nyebabake kapitunan awakku. Aku malah rumangsa lara. Aku ora tahan karo kemriyeke pestane wongwong mlarat iku. Pesta neng njero bui kuwi malah luwih nggegirisi tinimbang pestane wong neng njaba kana.
Menawa pas preinan, sipir ora rumangsa perlu susah mriksa para narapidana. Dheweke mikir menawa para narapidana iku kudu diwenehi
kalodhangan seneng-seneng setaun sepisan wae. Nek ora, kahanan neng njero kene iki bisa luwih mbebayanisalawase.
Aku mlaku ngliwati narapidana sing saka Polandia, jenenge Miretski. Wonge kaya aku. Dheweke kinunjara amarga alasan politik. Wonge katon sedhih, ora sumringah ndeleng aku. Mripate kaca-kaca lan lambene obah-obah, rada kedher.
"Aku sengit karo wong-wong sing nglanggar aturan iku," dheweke nggremeng menyang aku kanthiswara alon.
Wonge banjur ngliwati aku. Aku balik maneh menyang selku sanadyan aku lagi metu saka sel limalas menit sadurunge.
Pas aku ngliwati salah sawijining lurung bui, ana enem wong ukuman sing gedhe dhuwur ngantemi wong lanang sing jenenge Tatar Gazin. Wong-wong iku nggepuki Gazin sakatoge. Nganti kaya-kaya onta bae bisa mati amarga gepukan sing antepe kaya ngono. Nanging wong-wong iku nglegewa yen Herkules iki ora gampang dipateni, mulane olehe nggepuki sakarepe dhewe.
Aku banjur mbalik ngliwati lurung iku maneh. Takdelok Gazin ana neng pojok kamare. Semaput, kaya wis ora ana penguripan maneh. Gazin nglumpruk tanpa daya neng bangsal. Wong-wong padha sliweran, tanpa ana sing muni omongan babar blas. Wong-wong iku pada ngerti menawa Gazin bisa mati amarga disiksa kaya mangkono mau.
Aku wiwit leyeh-leyeh nglerenake buthung neng ambenku dhewe. Njajal ngeremake mripat lan nyelehake tangan ing ngisore sirah. Aku paling seneng leren nganggo cara ngene iki. Ora ana wong sing arep ngganggu wong kang lagi turu. Iku menehi kalodhangan kanggo aku ngalamun lan mikir.
Ananging dina iki aku rumangsa angel ngalamun. Jantungku ndredheg kenceng tanpa mandeg. Omongane Miretski isih terus keprungu neng kupingku, "Aku sengit karo wong-wong pelanggar aturan iku!" Ora susah takon pikiranku. Malah aku kerep ngimpi mangsa-mangsa apes biyen ika. Lan aku ora duwe impen wing luwih nglarakake ati. Nganti saiki aku isih ora wani ngomongake babagan pengalaman uripku neng bui iki.
Omah Kematian, ngono iku wis taktulis limalas taun kepungkur. Tulisan iku takcorek nganggo aksara karo ngaruara ing bui. Sawijining penjahat sing wis mateni bojone. Malah, akeh wong sing duwe pangarep-arep menawa aku kudune dilebokne neng bui khusus amarga mateni bojoku.
Sawise sauntara wektu aku wiwit bisa nglalekake kahanan sakiwa tengenku. Aku malih dadi kelingan marang kenangan-kenanganku biyen. Sasuwene patang taun jatah ukumanku neng bui, aku tansah mikirake panguripanku jaman biyen. Sing ana ing pangangen-angen, aku pengin banget
mbaleni nglakoni panguripanku jaman dhisik.
Dina iki, amarga sawijining perkara, dumadakan aku kelingan saperangan uripku samangsa isih cilik. Sawijing dina ing wulan Agustus iku aku umur sangang taunan. Srengenge sangsaya munggah neng desaku nanging angine tetep bae krasa adhem. Mangsa ketiga wis meh entek. Ora suwe maneh aku sakulawarga arep pindhah menyang Moskow. Neng kana aku kudu ngentekne mangsa adhem kanthí melu pelajaran sing nganggo basa Prancis. Pelajaran iki jian mboseni banget. Aku rumangsa getun banget kudu lunga saka desaku.
Aku njajal dolan metu saka omah, ngisi wektu sedina wutuh. Golek swasana penak ing pinggiran desa. Ora let suwe aku mlaku neng sisihe grumbulan eyup sing ngedhumake, sacedhake alas. Saka kono aku krungu ana pak tani sing laku nggarap kebone ing perengane gunungan. Kiraku iku ora nganti 30 meter saka dumunungku. Pak tani iku nggarap kebone nganggo jaran. Jarane kayane rumangsa yen lemahe wis kadhung garing lan atos, dadine kangelan digarap. Aku bisa ngrungokake pak tani mbengok-mbengok, "Ayo cepet! Ayo cepet!"
Aku meh kenal kabeh petani sing neng desa kene, nanging sing siji iki aku durung tepung. Karo petani sing lagi nggarap kebon iku. Satemene dudu perkara sapa sing lagi nggarap kebon. Aku lagi ewuh karo awakku dhewe.
Ing grumbulan kono aku nemokake pang cilik saka wit hazel. Iki taknggo golek kombang lan sadpada liyane. Aku dhisik biyasa nglumpukne kumbang lan sadpada liyane iku. Disawang ketok edi peni ngeramake. Aku uga seneng banget marang kadhal abang lan kuning kang canthas, sing ana tutul-tutul ireng neng gegere. Nanging aku wedi karo ula. Ula luwih arang tinemu tinimbang kadhal.
Ora akeh jamur kang ana ing kono. Yen pengin golek jamur kudu budhal menyang alas birch. Aku lagi nyedhaki mrana. Ora ana sing paling taktresnani neng donya iki kajaba alas. Neng alas bisa ditemokake jamur lan beri, kombang lan manuk, landhak lan bajing. Aku seneng banget ambune godhong sing wis mati, kang isih teles.
Malah aku nate nulis, aku ngrasakne ambune kayu birch. Rasa sing arep tetep takrasakne saumure uripku.
Dumadakan, ing kahanan sing sepi mamring kaya ngene aku dikagetake swara sing banter banget. Ana wong sing mbengok.
"Asu ajag! Asu ajag!"
Aku sanalika ya melu mbengok sakatogku. Banjur aku gage metu saka alas kono. Aku mlayu lurus menyang panggonane pak tani sing lagi nggarap kebone iku.
Iki ngono salah sawijining petani sing kerja neng omahku. Jenenge Marey. Sajane aku dewe ora patia ngerti ana jeneng sing kaya ngono iku, nanging pancen wong-wong ngundange Marey. Wonge lemu lan katon luwih dhuwur tinimbang wong lanang liyane. Umure seketan taun. Jenggote kandel rupane soklat peteng. Aku kenal ananging arang ngobrol karo dheweke.
Dheweke ngendhegake jarane nalika krungu aku mbengok, lan nalika aku megap-megap angel ambegan amarga wedi. Aku nyekeli kayu lukune Marey nganggo tanganku sing siji lan gulon klambine nganggo tanganku liyane. Wonge bisa weruh kaya ngapa wediku wektu iku.
"Ana asu ajag neng kana!" aku njerit, megapmegap, kentekan hawa.
Wonge nguwasi kiwa tengen, meh ora percaya marang aku.
"Neng ngendi asu ajage?"
"Ana wong sing mbengok, asu ajag...ngono mau,"jawabku gragapen.
"Ora mungkin. Ora mungkin ana asu ajag neng kene. Iku mung jaremu dhewe bae. Piye carane kok bisa ana asu ajag neng kene," jarene.
Dheweke nguculi tangane, lan ngelus-elus pipiku.
Wong iku nyoba ngerih-erih awakku. Nanging aku isih tetep ndredheg. Ngewel kabeh awakku. Aku ya isih gocekan kenceng nyang klambine wong iku. Jelas banget yen aku pucet. Dheweke katon mesem sumelang.
"Wis, kono. Cukup. Ngaliha saka kene ya."
Nanging aku ora ngalih. Lambeku krasa cenutcenut. Dheweke kaget nalika nguwasi aku. Wonge nyelehake drijine sing kandel, kanthi kukune kang ireng lethek kena lemah, neng lambeku sing krasa cenut-cenut.
"Kowe katon keweden banget," jarene karo gedheg-gedheg, "Wis, ora usah wedi. Mesakne banget awakmu. Lha, uwis...uwis."
"Wis, neng kono. Kana, " dheweke omong alon marang aku. Karo mesem. "Wis Nak, ana apa? Kana. Mranaa!"
Wekasane aku nglegewa menawa pancen ora ana asu ajag ing kono. Aku mung ngalamun krungu swara iku wae. Pisan pindho aku tau ngalamunake swara banter iku -ora mung swara asu ajag. Pas rada gedhe aku wis wiwit ora tau maneh krungu swara-swara kaya ngono iku mau.
"Ya wis. Aku pamit dhisik," jareku, nyawang dheweke, karo semu isin.
"Ya wis, lungoa. Tak-awasi saka kene. Ben ora ana asu ajag sing ngganggu awakmu," isih karo mesem alus, "Gusti Pengeran karo awakmu. Wis ndang budhala."
Dheweke menehi tandha marang aku supaya mlaku lunga. Aku budhal lunga lan alon-alon mlipir saka kono. Aku malik awak saben sepuluh jangkah, ndelok mburi maneh. Marey isih tetep ngadeg jejeg cedhak jarane, ngawasi aku. Wonge manthukmanthuk marang aku saben aku mbalik memburi ndeloki dheweke. Aku rada isin marang awakku dhewe, nanging aku isih tetep wedi marang asu ajag nganti tekan ngomah.
Tekan omah, kahanan sing nggegirisi mau krasa ilang sanalika. Apa maneh pas aku ndelok asuku aran Voltchok mlayu marani awakku. Nek wis asuku Voltchok ana neng sandhingku, aku wis ora krasa keweden maneh.
Aku mandeng mburi maneh marang Marey kanggo kang pungkasan. Aku wis ora bisa maneh nyawang pasuryane kanthi cetha. Nanging aku isih yakin menawa wonge isih manthuk lan mesem alon marang aku. Aku ndhadhah tanganku marang dheweke lan dheweke mbales dhadhah.
Dheweke wiwit nggliyakake jarane maneh. "Ayo. Ayo!" Aku isih krungu swarane saka kadohan. Jarane nerusake garapane maneh.
Kedaden iku wis suwe banget. Nanging dumadakan wae kabeh prastawa iku ndadekake aku kelingan sakabehane. Aku ora mangerteni nyangapa bisa kaya ngene, nanging aku ora ngelingi kanthi cetha. Nganti pirangpirang menit sawise, pikiranku mbalik menyang jaman cilikanku.
Nalika aku mulih menyang omah dina iku, aku ora arep crita marang sapa-sapa babagan "ngulandaraku". Apa maneh, prastawa iku ora bener-bener bisa kasebut ngulandara. Kasunyatane, aku enggal lali karo Marey. Sawayah-wayah aku pethuk aku ora nate ngomong karo dheweke maneh. Aku karo dheweke ora nate maneh ngomongake asu ajag utawa babagan liyane.
Saiki, rong puluh taun sawise kedaden iku, aku neng bui Siberia. Dadi krasa aneh menawa aku dumadakan kelingan kedaden dina iku kanthi cetha kaya ngene! Ora ana siji-sijia sing geseh. Tegese, pangeling-elingku babagan patemon iku isih kasimpen primpen ana pikiranku, tanpa aku nglegewa. Aku ngeling-eling kenangan iku maneh amarga aku pengin.
Saiki aku yakin menawa aku ora bakal bisa nglalekake eseme petani kang edhum lan adhem
iku. Uga lagake manthukake sirahe menyang aku. Dinggo ngenengenengi bocah cilik. Saben wong mesthi bakal nindakake kabecikan kaya ngono. Nanging ana sing beda ing nalika iku. Menawa aku anake dhewe wektu kuwi, kiraku dheweke ora bakal ngawasake aku kanthi ulat kang kebak katresnan kaya mangkana. Apa ya sing kira-kira bisa marai kaya ngene? Marey iku salah sawijining buruh sing kerja neng panggonanku. Buruh ngono dadi raja branane kulawargaku. Aku anake juragane Marey. Ora ana sing ngerti menawa Marey nate nglakoni tumindak sing apik banget marang aku. Ora ana sing menehi bebana amarga apa sing nate ditindakake marang aku. Apa ya ngono iku sing dijenengake nresnani bocah cilik? Tibane pancen ana temenan wong-wong sing kaya mangkono. Ora mangu maneh. Patemon iku dhisik neng kebonan sing sepi. Ora ana wong liya kang nyekseni alusing budi sawijining petani Rusia sing kasar. Sing pangarep-arepe, kebebasane ora kawujud. Apa iki dudu sing dikarepake dening Konstantin Aksakov kanti babagan tataran kabudayan tetanen iku ya?
Nalika aku ngadeg saka bangkuku lan nyawang kiwa tengen, rasaku marang para narapidana iku beda. Dumadakan, kaya sawijining mukjijat wae. Kabeh rasa sengit lan nesu sanalika ilang saka atiku.
Aku mlaku maneh ngubengi bui, ngawasake rai-raine uwong sing taktemoni. Aku nyawang sawijining petani sing gundhul, sing neng raine diwenehi cap kriminal, nangis ndrenginging, lagi nyanyekake lagune wong mendem. Sajake wong iku kaya Marey banget. Aku ora mungkin bisa ndeleng nganti sajeroning atine.
Bengi iku aku kepethuk Miretski maneh. Wong lanang apes! Dheweke ora nduweni kenangan blas babagan Marey, utawa petani liyane. Dheweke ora duwe penemu liyane, kajaba "Aku sengit karo wong sing nglanggar aturan iku!"
Ya, kahanan bui neng Polandia luwih abot dilakoni Miretski, tinimbang aku dhewe.
(Kajarwakake dening: Agung BeBe - Palembang)
Dening : Irul S. Budianto
SAMURUDE Sultan Agung Hanyakrakusuma sing nglintir keprabon jumeneng nata ing Kraton Mataram yaiku Pangeran Purbaya kanthi gelar Sunan Amangkurat I. Nanging anggone nyekel kendhali paprentahan ora jejeg kaya ramane. Kajaba ora wicaksana, Sunan Amangkurat I uga asring tumindak sawenang-wenang marang kawulane.
Pangeran Bumidirja, pamane Sunan Amangkurat I satemene ora kurang-kurang anggone ngelingake murih Sunan Amangkurat I nuladha sing wis ditindakake dening Sultan Agung. Nanging ature Pangeran Bumidirja ora nate digagas apa maneh ditindakake. Kagawa kahanan kaya ngono njalari Pangeran Bumidirja mutusake pilih ninggalake Kraton Mataram. Ngumbara tekan tlatah Bagelen lan banjur dedunung ing Panjer. Ing papan mau Pangeran Bumidirja urip minangka among tani lan ngganti jenenge dadi Kyai Bumi.
Kyai Bumi duwe putra cacah papat, yaiku Kyai Gusti, Kyai Bagus, Nyai Ageng lan Kyai Bekel. Saka Kyai Bekel lair Kyai Ragil sing sabanjure nurunake Kyai Hanggayuda minangka Demang Kutowinangun. Kyai Hanggayuda duwe putra cacah pitu, salah sijine aran Jaka Sangkrib.
Wiwit cilik Jaka Sangkrib nandhang lelara gudhig sing warata ing awake. Lelara gudhig kanthi ganda amis mau njalari Jaka Sangkrib didohi sedulur-sedulure apa dene kancakancane. Kepara Kyai Hanggayuda, wong tuwane dhewe uga ora patia nggatekake kahanane Jaka Sangkrib. Nyipati kahanan mau sing ndadekake Jaka Sangkrib kaya-kaya ora duwe semangat urip.
Kagawa perihing ati, ing sawijine wengi Jaka Sangkrib nekat ninggalake omah tanpa dingerteni dening sapa wae. Bakune mung lunga saparanparan ora ngerti tujuane. Ora krasa saikine lakune tekan ing satengahe
alas gung liwang-liwung. Ing saben dinane mung mangan woh-wohan utawa gegodhongan sing diprangguli. Nanging aneh lan ajaib, sadawane lakune mau lelara gudig sing disandhang dadi mari lan rontog karepe dhewe. Nyipati kahanane awake sing wis pulih, luwar saka lelara gudhig, njalari atine dadi bungah banget. Jaka Sangkrib banjur metu saka alas, nanging ora bali menyang omahe. Tekade bakal terus ngumbara sinambi nggentur tapane, lan wiwit wektu kuwi banjur ngganti jenenge dadi Surawijaya.
Kagawa anggone ngumbara lan seneng laku tapa Surawijaya banjur mlebu alas liya sing kondhang wingit saperlu nindakake laku tapa. Sawise milih papan sing dirasa cocog yaiku ing sangisore wit Bendha, Surawijaya banjur nindakake laku tapane. Nanging nyandhak ing dina ka-30 anggone tapa, dheweke ditekani dening sawijiningpawongan.
"Kowe sapa lan genea nyedhaki anggonku tapa ing tengah alas kene?" pitakone Surawijaya marang pawongan sing saiki ana ngarepe.
"Kula Nalagati. Nyuwun pangapunten, Ki Sanak, dene kula wani nyedhaki Ki Sanak ingkang nembe nindakaken tapa brata," wangsulane pawongan sing ngaku Nalagati keprungu alon.
"Ana perlu apa genea nganti kedharang-dharang tekan papan iki?"
"Nyuwun pangapunten, Ki Sanak. Anggen kula kedharang-dharang
dumugi papan ngriki namung nuruti impen kula ingkang kedah ngudi sawijining pawongan ingkang nembe tapa ing sangisore wit Bendha. Inggih sang atapa kala wau ingkang saged ngusadani anak kula ingkang nandhang lumpuh kados pituduhing impen wau."
Krungu tembunge Nalagati sing kaya ngono njalari Surawijaya dadi njegreg sawetara.
"Ki Sanak, kula nyuwun pitulungan murih anak kula saged luwar saking panandhangipun," tembunge Nalagati maneh sajak ngrerepih.
Ora gantalan wektu, Surawijaya banjur ngajak Nalagati bali menyang omahe. Sawise tekan papan sing dituju, Surawijaya banjur nemoni anake Nalagati sing lagi nandhang lumpuh. Anehe, sawise diusadani dening Surawijaya, anake Nalagati sing maune nandhang lumpuh saiki bali dadi waras-wiris. Bisa mlaku maneh kaya wingi uni. Nyipati kahanan kaya ngono, Nalagati lan kulawargane dadi bungah banget lan nelakake panuwun marang Surawijaya.
Surawijaya banjur mbacutake pangumbarane. Nglakoni tapa ing papan-papan wingit sing durung nate diambah. Kaya ta ing Guwa Menganti, Alas Maos, Gunung Blencong, lan Gumuk Bulupitu ing Kutowinangun. Sawise katog anggone seneng nindakake laku tapa, Surawijaya banjur ngangsu kawruh menyang pondhok pesantren, meguru marang Kyai Amat Yusufing Desa Bojongsari.
Ing antarane santrine Kyai Amat Yusuf sing cacahe akeh banget, Surawijaya klebu santri kinasih. Kajaba pinter, tata krama lan suba sitane uga jangkep. Ing pondok pesantren mau, kajaba diwulang ngelmu agama, Surawijaya uga digembleng ngelmu kanuragan.
"Surawijaya," pangandikane Kyai Amat Yusuf ing sawijining sore sawise nimbali Surawijaya.
"Wonten dhawuh, Kyai."
"Kowe ngerti genea wektu iki daktimbali?"
"Boten mangertos, Kyai."
Kyai Amat Yusuf mesem, banjur ngendikane, "Dakkira wis wayahe Kowe kudu ninggalake pondhok pesantren iki."
Krungu dhawuhe Kyai Amat Yusuf sing kaya ngono njalari Surawijaya dadi kaget.
"Kersanipun, Kyai?" pitakone sabanjure.
Kyai Amat Yusuf bali mesem. Surawijaya sing ana ngarepe disawang manther lan ora gantalan wektu banjur ngendika, "Surawijaya, anggonmu sinau ing pondok pesantren kene dakrasa wis cukup. Wis wayahe kowe nutugake lakumu, lan saiki kowe suwitaa menyang Kraton Mataram, nglamara dadi prajurit."
"Genea kedah kados mekaten, Kyai?"
"Wis aja takon. Prayogane kowe enggala menyang Kraton Mataram, lakonana apa sing dadi dhawuhku."
Surawijaya wekasane mung bisa sendika dhawuh. Wektu kuwi uga banjur pamitan Kyai Amat Yusuf saperlu menyang Mataram. Nanging embuh ngapa, ing sadawane dalan tumuju Mataram atine isih mamang.
Surawijaya rumangsa ngelmu kanggo nglamar dadi prajurit durung cukup. Mula kanggo nambahi ngelmune, Surawijaya banjur ngadhep menyang Kyai Jaiman saperlu meguru. Nanging dening Kyai Jaiman, Surawijaya ora ditampa kanthi alesan ngelmune wis kepara cukup kanggo nglamar dadi prajuriting Mataram.
Krungu pangandikane Kyai Jaiman sing kaya ngono njalari Surawijaya dadi mantep atine anggone arep nglamar prajurit ing Mataram. Surawijaya banjur gegancangan tumuju menyang Mataram. Nanging ing satengahe dalan, dumadakan Surawijaya krungu yen Kademangan Kutowinangun lagi diserang wadya bala saka Kademangan Pekacangan sing dipandhegani dening Surapremati,Surapakewuh, Surabinarong, lan Surantaka minangka andhahane Demang Prawiragati.
Ing paprangan mau wadya bala Kademangan Kutowinangun pranyata kuwalahan ngadhepi pangamuke wadya bala saka Kademangan Pekacangan. Kepara malah Demang Hanggayuda kapeksa nyingkir menyang Ngabehan saperlu nylametake dhiri.
Mangerteni kahanan kaya ngono, Surawijaya banjur tumuli tumuju menyang Kutowinangun. Surawijaya banjur ngamuk ngadhepi wadya bala Kademangan Pekacangan, tandange nggegirisi sing njalari mungsuhe akeh sing padha nemahi tiwas. Ing paprangan kuwi uga, Surawijaya klakon bisa adhep-adhepan karo Demang Prawiragati lan dadi perang tandhing. Dedreg anggone andon yuda lan wekasane Demang Prawiragati bisa dikalahake lan banjur mlayugolekslamet.
Sawise bisa ngalahake Demang Prawiragati, warga Kutowinangun padha njaluk marang Surawijaya murih gelem dadi Demang ing Kutowinangun. Nanging kekarepan lan penjaluke warga Kutowinangun ditolak dening Surawijaya. Ing wektu kuwi uga Surawijaya mbabar jati dhirine yen dheweke ora liya Jaka Sangkrib sing wis sawetara suwe
lunga ninggalake Kutowinangun.
Sawise lerem sawetara wektu ing Kutowinangun, Jaka Sangkrib banjur kelingan dhawuhe Kyai Amat Yusuf supaya nglamar dadi prajurit ing Mataram. Nanging Jaka Sangkrib ora ngerti carane lan wekasane migunakake cara sing kurang trep. Jaka Sangkrib sengaja nahan upeti sing kudu dikirim menyang Mataram saka kademangan-kademangan ing tlatah Bagelen. Tenan, nyipati kedadean kaya ngono njalari Mataram ngirim utusan supaya nangkep Jaka Sangkrib lan banjur digawa menyang Mataram. Jaka Sangkrib dianggep luput lan banjur dipatrapi ukuman mati.
Nanging ukuman mati mau wurung ditindakake sawise Sang Nata ing Mataram antuk pamrayoga lan tetimbangane saka para nayaka lan punggawa kraton. Alesane, Jaka Sangkrib bisa dadi kakuwatane Mataram kanggo numpes pemberontakan sing asring dumadi ing tlatah Banyumas sing ditindakake dening Supena lan Suratma. Mula wiwit wektu kuwi uga Jaka Sangkrib banjur diutus menyang Banyumas kanggo numpes pemberontakan sing ana tanpa dikantheni prajurit Mataram.
Kanthi disengkuyung wadya bala saka Kademangan Kutowinangun, Jaka Sangkrib wekasane bisa numpes Supena lan Suratma. Tlatah Banyumas dadi aman. Krana lelabuhane mau Jaka Sangkrib banjur kaparingan ganjaran dadi punggawa kraton kanthi pangkat Mantri Gladhag lan gelar Kyai Hanggawangsa. Nanging anehe, senajan wis diangkat dadi punggawa kraton, Jaka Sangkrib ora gelem netep ing Surakarta lan pilih manggon ing Kutowinangun minangka lemah wutah getihe. Jaka Sangkrib sing sabanjure kondhang minangka Tumenggung Arungbinang I nganti milih kaya ngono ora liya kanggo ngurmati leluhure. Malah tlatah sing biyene dipanggoni Kyai Bumi banjur dijenengi Kabumian sing sabanjure katelah dadi Kebumen. (*)
Pawuhan
Dening: Jefrianto
"O, dadi aslimu ngene iki? lya!?"
Rama Gandhi mbengok marang Karyadi.
Karyadi mung meneng nahan gunem. Dhadhane wiwit munggah mudhun kanthi santer. Pak Yunanto kang lungguh ing sandhinge ngepuk-epuk pupune.
Sanalika, Karyadi kelingan sekabehan lelakon kang dumadi pirang-pirang dina kapungkur.
"Pak, pirang-pirang dina iki kok uwuhe saya akeh wae, ya?" pitakone Hermi, semahe Karyadi, sinambi nguleg bumbu kacang.
"Ah, tenane, Bu? Wong ya uwuhe nggone dhewe iki lak mung sithik. Lha kuwi ngisormu, uwuhe lak mung sauprit!"
"Lha, embuh Pak. Uakih nan saiki!"
"Mosok, ta? Apa ora tau mbok titeni kenengapa dadi akeh ngono?"
"Yungalah.. Kapan lehku niteni, Pak. Wong ya nggonku kerja ki lak tekan sore."
Karyadiamem.
"Ya nek Njenengan dipirsani dhewe. Sumangga! Syukur Njenengan dititeni dhewe. Ben ngreti apa sebabe. Yen kok uwuhe ujug-ujug le teka, tegese dhemit sing mbuwang uwuh," Hermi gemuyu ngekek sinambi njupuk piring loro.
"Huss...! Aja gunem sing ora-ora! Mundhak kuwalat!"
Hermi isih wae gemuyu sinambi ngulungake dhaharan marang garwane.
Bubar madhang, Karyadi age-age jumangkah menyang mburi omah. Kirane apa tenan omongane semahe mau. Minangka pegawe Pemda dheweke pancen ora tlaten ngawasi kahanan omah. Apa maneh bab-bab cilik kaya dene uwuh. Dheweke wus precaya marang
bojone, marang petugas kebersihan dhusun sing saben minggune ngangkuti uwuh.
Dumadakan, godhong-godhong padha sempyok katiyup angin. Swasana karasa tintrim. Wit ori ing cedhak pawuhan sanalika karasa angker. Karyadi mrinding kelingan tetembungane bojone babagan dhemit kang mbuwang uwuh.
"Mirsani napa, Pak Yadi?"
Jenggirat, Karyadinjimprak.
"Badalah, Hasim, Hasim! Kowe iki..!" Karyadi semu nggethem.
"Pangapunten, Pak. Wong dingaren njenengan teng ngriki."
Hasim mbuwang kresek abang marang pawuhane Karyadi.
Makjeg! Dhadhane Karyadi karasa kaya dilindhih gunung sewu cacahe meruhi tumindake Hasim.
"Lho, kok dibuwang rana ta, Le?"
"Kula namung tiru-tiru tanggi-tanggi, Pak?"
"Tangga-tangga? Tenane?Ah, cilik-cilik aja ngapus"
"Saestu, Pak. Lha niku Pak Sabar, Pak Rudit, Pak Gandhi, Bu Condro menawi mbucal sami teng ngriki. Kula nggih tiru-tiru. Wong nggih kula criyos teng bapak kula ngendikane bapak kula boten napa-napa. Kathah kancane. Ngaten, Pak."
Krungu panjlentrehane Hasim, dhadhane Karyadi karasa tansaya jero anggone kalindhih.
"Ehm ngono. Kenengapa bapakmu ora gawe dhewe ta, Le."
"Nggih mangke kula cobi matur bapak kula nggih, Pak."
"Eh,eh. Ra usah! Pokoke ora usah ngomong apa-apa karo bapakmu. Ra usah crita uga kowe bar ketemu aku. Ngono, ya?"
"Ehm. :nggih, Pak. Nggih sampun. Pareng!"
Éínarung lungane Hasim, maneka pitakonan age-age nglurug sirahe Karyadi. "Dhuh..dhuh, kawit kapan ta iki ked?den? Sapa ta wonge sing miwiti iki?"
Ka:yadi gedheg-gedheg dhewe. Dheweke ngadeg. Amem. Ndelengake pawuhane kaya-kaya sakehing pitakena.r sajroning sirahe mesisan arep dibuwang ing kone.
S".suke, Karyadi akon marang Kartinem, rewange, supniteni sapa wae kang mbuwang uwuh neng luwange
"Ye: prelu, mbok cathet neng kertas ya, Nem! Ndhak kowe lali!"
"Enggih..Pak!"
Sawise iku, saben sore Karyadi entuk lapuran saka Kartin?m. Saben krungu lauprane Kartinem, sirahe Karyadi resthi sanalika krasa cumleng. Pawongan kang mbuwang neng pawuhane jebul luwih akeh tinimbang pawongan-pawongan kang disebutake dening Hasim.
"Ki lho, Pak, kopine diunjuk dhisik!" Hermi nyelehake kopi lan saperangan gorengan neng ngarepe Karyadi. Naging Karyadi mung amem tanpa gunem. Dheweke malah nglirik bojone kaya wong kang nelangsanibanget uripe.
"Aku bingung, Bu."
"Bingung kenengapa ta, Pak? Uwuh maneh? Lak ya gampang ta iku! Kari akon sapa kon ngobongi saben dinanę. Njenengan iki wong cukupan. Nggo mbayari tukang obong uwuh kuwi sithik lhah tumrape njenengan."
"lya sih, Bu. Awale takpikir ya ngono. Ning pangrasaku, tangga-tangga kok ya kaya ngepenakke awake dhewe iki?"
"Lho bab ngono kenengapa kok dipenggalih banget, Pak? Njenengan iku pegawe Pemda. Yen njenengan jembar dhadhane anggone nampa pakarti tangga-teparo kang kaya mangkono malah bisa nambah rasa urmat marang njenengan! Malah bisa nimbulake kesan yen njenengan niku tumindak ngono malah wong sengsaya urmat !ħo marang njenengan."
"Mouwang uwuh sekapenake dhewe kuwi apa ya isih mbok petung ngurmati, Bu?"
"Ehm njenengan ki kakehan dirasa. Ya wis apa arep ditembok keliling wae mburi omahe dhewe kuwi?"
"Aku ora kepenak, Bu karo tangga teparo. Gek-gek ngko aku diarani wong pelit. Manehe mburi kuwi ya sok nggo liwat Pakdhe Kartam lan Mbah Wisra yen menyang tegalan."
"Ah njenengan iki mbingungi! Jare ora trima, ealah bar di venehi solusi malah sangsaya cumleng. Ya wis, matur marang Pak RT wae apa piye?"
Karyadi mbesengut banjur madhep ngarep. Meneng rada suwe, praupane Karyadi miwiti padhang.
"Ehm. .bisa iki. Dakcobane lapur nyang Pak RT."
"Nha ngono iku. Wong kok ra isa milih!"
Wengine, Karyadi glesah-gleseh bae neng peturonan.
"Njenengan iki ngapa ta, Pak? Katone mau sore wis nemu dalan padhang."
"Piye ya lehku matur?"
"Ya, matura wae apa anane nyang Pak RT."
"Mosok aku sing pegawe ngene ngrampungi masalah prakara ndadak nyuwun tulung Pak RT."
"Hass mbuh, Pak. Njenengan iki dituruti pikirane malah tansaya ndadra. Wis, sare sik. Sesuk wengi ta kumpule, dudu ngko iki?"
Karyadi meneng. Ora suwe wus keprungu senggrokan-senggrokan saka bojone kang turu angler.
Udan nggejrih sekawit surup. Karyadi ngrembyangake payung banjur mlaku tumuju marang omahe Pak Hadi kang saiki kepanggonan kumpulan RT. Acara kumpulan RT dibuka kanthi sambutan saka Pak RT lan Pak Hadi. Banjur diterusake dunga bebarengan lan lapuran keuangan.
"Salajengipun, mbokmenawi wonten ingkang badhe atur gagasan, pamrayogi, utawi sajinisipun. Kasumanggakaken.." empuk swarane Dimas minangka pranatacara kala iku.
"Kula,"Karyadingacung.
"Mangga, Pak Yadi."pranatacara nyumanggakake.
"Saderenge, nuwun sewu para rawuh. Kula niki badhe criyos babagan ingkang wigatos. Mliginipun tumrap kula sakulawargi."
Karyadi crita babagan uwuh ing pawuhane. Sanalika, praupan wong-wong malih sepaneng keprungu critane Karyadi.
"Dados, ing kalodhangan menika, kasuwun sanget ampun mbucal malih teng nggene kula. Kangge nika, mangkenipun kula sagah mbiyantu damel pawuhan kangge saben griya.. Mangke kula sing mbayari tukangipun."
"O boten sisan mbeyani tukang ngobong uwuhe, Mas?" Rama Gandhi asung ujar.
"Niku nggih saged, mangke kula beyani sisan."
"Walah, apikan nemen, Mas. Mbok sisan mawon sadhusun ngriki dibiyantu," swarane Rama Gandhi malih santer.
Mak jegagik, Karyadi ngrasakke tembung-tembung kang saiki beda surasane.
"Nuwun sewu, kula namung nyukani solusi niki lho. Boten ateges kula nyepelekaken Panjenengan sedaya."
"Ora nyepelekne? Iya, Mas. Njenengan niku lagi pamer kok."Wak Barkah nyuwara.
"Leres niku. Dumeh lanang wadon pegawe kabeh!"
"Nha ta, katon asline ki. Pegawe Pemda kok ngono. Suk tulisi mburi omahe nggih Mas, dilarang buang sampah di sini, ben tangga dha ra lali" ujare Pak Misran.
"Iya, diwenehi lampu kelap-kelip sisan. Ndhak ana tangga sing wengi-wengi kok meh mbuwang neng pawuhe Njenengan lak dadi ngerti," Rama Gandhi asung ujar maneh.
Praupane Karyadi abang ireng krungu ujar-ujar iku. Babar pisan dheweke ora ngira bakal kedaden kaya
Harimbyat Maja
Dening: Arika Nur Alifah
Wengi kang nglangut, kartika wus katutup dening langit kang cemeng. Lintang kang gumantung, sunare wus ndhelik mapan turu. Wengi sansaya jeru. Sapatemon karo dheweke iku ing wit ringin cedhak kamar mandhi sekolah, embuh wewayangane nora bisa uwal ing pikiranku. Embuh!!! Dina-dina lumaku. Ananging esemane tansah ngubed ing netraku. Ah.... Sapa bocah lanang iku mau? Kok tegel temen wus nggentayang ing panguripanku. Gobloge aku kok ya ora namatake badge jeneng kang nemplek ing seragam nutupi jajane. Hihhh.... Kenapa aku isa lali? Lha yen mangkene iki aku ora ngerti sapa jenenge bocah bagus mau.
Halah-halah... Yen upamane aku ketiban godhong waru mring dheweke, apa tresnaku bakalane amung keplok sesisih? Kasunyatane toh aku lan dheweke padhapadha ora kenal. Amung angin kang liwat mak sliwer. Mesthi bakal lara. Sapa kang ora lara yen ngrajut crita nanging amung sepihak? Ah.. Iki dudu ketiban godhong waru. Paling iki amung sewates gumun! Cepet-cepet dakkipatake pikiran kang wus marahi kuwur ing utegku. Aku ora kepengin mbaleni crita kang nuwuhake tatu. Amarga tatu, biyen wus nyulap tresnaku dadi sepet. Aku ora ngenal tresna. Aku ora gelem njegur bab kang ngemot tresna. Ananging sawuse ketemu dheweke kang kapisan, embuh! Atiku dadi ledeng. Aku ngonangi ati kang rasane ora kaya biyasane nalika ketemu saperangan wong lanang. Ana sing beda.
Wiwit aku mlaku ana ngarepe dheweke kang lagi semendhe ing wit ringin karo merem, dumadakan ing netraku kebak kluwung kang maneka warna. Kanthi saiki kluwung iku isih mulas ing awang-awang panguripku. Aku ora mudheng aku kudu kepriye. Tenan! Rumangsaku agi sepisan iki aku penasaran mring wong lanang. Ing pikiranku kebak pitakon kang ora isa kejawab. Sapa jenenge? Geneya kok adhewe agi kapisan ketemu?
★*s
Esuk durung sampurna. Kahanan njaba isih katon peteng. Sawuse sembahyang, adus, lan tata-tata, aku nyiapake sarapan mbiyantu ibu. Dening bapak makani lele ing empang. Nalika kabeh uwis padha rampung banjur mangan bareng. Sabanjure, aku pamitan mangkat sekolah.
Sawuse tekan sekolahan, ing brang kulon, ora sengaja netraku kepethuk pasuryane Asti kang lagi wae mudhun saka motore.
"Ayo bareng As. Arep ning kelas ta?" pitakonku kang dianthukiAsti.
Sabanjure, aku lan Asti mlaku tumuju kelas. Kabeneran aku lan Asti sakelas. Malah uga sapanggonan. Janjane aku isih penasaran mring priya kang nggentayang ing pikirku.
"As....enteni!" mbengokku karo ngawe-awe Asti.
Asti mara, ora lali mamerake untu wiji timune.
Satekane ing ngarep kelas, dumadakan wetengku krasa mules. Mungkin iki merga mangan sambele ibu isuk mau. Kahanan weteng wis ora isa diempet tenan. Krusak-krusuk ora jelas. Rai katon ora penak disawang.
"Geneya Ri?" pitakone Asti rada panik.
"Aku ora ngerti. Kok ujug-ujug wetengku krasa mules,"jawabku jujur.
"Hm.. As, aku ijin arep neng kamar mandhi dhisik ya. Tulung mengko yen ditakoni ibu guru aku ijin telat mlebu," panjalukku marang Asti.
Asti mung manthuk ngiyani. Aku langsung ngacir menyang kamar mandhi. Merga iki wis ora tahan maneh. Cepet-cepet kepengin metu.
Ing ngarep kamar langsung mlebu nggolek p e n a k gake urusan Sepuluh menit mungkur. kamar mandhi kanthi alonalon. Wedine yen kebanteren isa ngganggu kelas sebelah kang lagi piwulangan. Amarga kamar mandhi sing dak anggo iki persis manggon ana ing mburine kelas uga sandhingan karo gudhang. Sanajan panggonan iki kalebu arang diliwati utawa arang dianggo deni ng siswa-siswa liyane, nanging
mandhi, papan kang Ngrampun weteng. w u s Lawang d a k b u k a
"Ayo bali Ri. Bu guru mau wis ngomong yen ana rapat. Murid diulihake gasik,"aloke Asti.
"Kowe isa ndhisik. Aku isih pengin ning kene," wangsulanku kang dianthuki Astinjur dheweke metu.
Aku dadi bingung marang kang diandharake Asti lagi wae. Apa iya Harimbyat Maja iku wus ninggal donya? Nanging awan mau bener-bener cetha ing netra. Aku bingung tenan. Sasuwene iki aku ora tau ketemu apa maneh isa guneman mring wong kang wis ninggal donya. Iki bener-bener aneh. Sing dakrasakke saiki dudu rasa wedi, nanging rasa penasaran bab Harimbyat Maja. Geneya kok dheweke mungkasi uripe lan bisa guneman mring aku? Dakputusake aku marani wit ringin iku.
"Kula nuwun.." celukku kang saiki ana ing ngisor ringin.
Sekolah katon sepi. Awak dadi mrinding. Embuh hawa rasane dadi ora kepenak.
"Uwis ngerti bab aku?" pitakone kang ujug-ujug semendhe ing ringin kang marahi aku njenggirat campur wedi.
Raine katon pucet tenan. Pandengane dhatar lan kosong.
"Hm.. Mmm.. Anu, aku ora pracaya yen iki bener nyata,"jawabku grogi.
"Pancen bener kang diandharake kancamu. Aku mungkasi panguripan merga sawijining prakara," blakane mring aku.
"Nalika umurku limang taun, ibu lan bapak nglilakne aku diadopsi dening pengusaha konglomerat merga bab ekonomi. Aku manut merga ora pengin nyusahne bapak ibu uga widadari cilikku kang isih setaun umure. Taun-taun lumaku. Aku diwenehi welas asih kadya wong tuwa kang sabenere. Ananging kabeh owah nalika bapak lan ibu angkat kapusan janji. Adhewe dadi susah. Nganti umurku wus linggih ing bangku SMA, bapak ibu angkat kaubed utang kang gedhe. Dheweke kang ora bisa nyaur ning rentenir, pungkasane dipateni lan jasade diguwak ing kali. Pikirku ambyar. Ora nduwe sapa-sapa maneh. Arep bali ing bapak ibu kandhung, aku ora ngerti ning endi panggone saiki. Pikirku kang kuwur, ambyar, nggeret aku ing wit ringin iki kanggo mungkasi urip, blakane kang tetep ora madhep marang aku.
Aku gedheg-gedheg ora pracaya mring wektu kang lumaku iki. Iki bener-bener nyata. Aku bingung kudu kepriye.
"Sliramu ngelingake marang ibu kandhung. Persis. Aku ora ngerti geneya sliramu isa weruh aku. Jenengmu uga persis mring wanodya kang dakgoleki. Apsari, widadari atiku. Aku dadi yakin yen sliramu yaiku widadari cilikku. Isa pracaya utawa ora, ing njero gudhang sisih kamar mandhi, ana kothak cilik werna coklat kang nate dakdeleh sadurunge aku mungkasi urip. Bisa kokdeleng. Aku lega yen aku wis isa ketemu kang pindha widadari cilikku, sanajan durung isa ketemu bapak lan ibu. Apsari, matur nuwun. Aku pamit bali ing
Aribawana. Salam kanggo bapak lan ibumu," blakane maneh njur pamitan.
Aku angel nampa sing dumadi saiki. Rasane angel ditampa dening uteg. Pikirku kuwur. Merem sedhela. Nalika dakbuka netraku, Harimbyat Maja wis ora ana ing sisihku. Aku kelingan mring pangucape. Cepet-cepet aku mlaku mlebu ing njero gudhang persis pakone. Nalika ketemu kothak kang dimaksud njur dakbuka. Ana selembar poto. Srengenge arep ilang, dakjupuk poto iku njur mlayu bali omah karo pikir kang kuwur.
Ing kamar, aku upyek nggoleki barang kang nate daksimpen. Nalika ketemu cepet-cepet daksandhingake karo poto iku mau. PERSIS. aku kaget. Aku ora pracaya yen iki dumadi. Harimbyat Maja, yaiku kangmasku dhewe. Aku ora nyangka. Ora nate weruh wiwit cilik, mak jegagik ketemu nalika wus ora ana. Harimbyat Maja, awan lan sore iku mau dadi pisanan aku mangerti yen dheweke sedulur segetihku. Aku ora nyangka, sasuwene iki bapak lan ibu ora nate crita bab iki. Dheweke mesthi ngalihake omongan yen aku takon bab bocah lanang kang nggendhong aku sing isih bayi persis poto iku. Harimbyat Maja....
"Kangmas......" celukku alon, lemes ora ana kakuwatan uga nangis sasero-serone ing kamar.
"Aku lila. Mugi kangmas tentrem ing sandhinge Gusti. Swarga langgeng kangmas.... " alokku ngrangkul poto sing dakjupuk ing gudhang mau sing dadi ngyakinake yen dheweke iku kangmasku.
Jebul wong kang nate nggentayang ing pikir, wong kang arep bae nibani godhong waru mring aku yaiku kangmasku dhewe kang wus mungkasi panguripan telung taun kepungkur.
"Matur nuwun Gusti, sampun methukke kawula kalihan kangmas kang pisah wiwit alit. Kula bakal sinau lila."Syukurku marang Gusti.
Biodata penulis : Arika Nur Alifah
lair ing Boyolali, 18 April 2002.
Saiki manggon ana ing Kutha Boyolali, ananging KTP ne kalebu KTP warga Demak. Dedunung ing Dhukuh Beran No.009, Rt.006, Rw.002, Desa Pranggong, Kecamatan Andong, Kabupaten Boyolali, Jawa Tengah.
Ngudi ngelmu ing SMA N 1 Andong, Boyolali. Sesambungan bisa lumantar email: [email protected] utawa facebook: Arika Nur Alifa utawa bisa uga liwat No WhatsApp : 085337299257
Kartini Cilik
Dening: Sri Sekartadji*)
Ing njero ruwang kelas lima SD Mentari, para murid padha nggatekake Bu Ani kang nerangake bab aksara Jawa.
"Piye, Cah, wis padha ngerti carane nulis aksara Jawa?" ngendikane Bu Ani.
"Dalem kirang mangertos aksara ca kaliyan sa, Bu,"pitakone Tini.
"O, kuwi pancen meh memper tulisane, Tin. Bedane, aksara ca ana pucuk lancipe, yen sa ora lancip. Coba dideleng maneh," dhawuhe Bu Widya njlentrehake.
"Oh, mekaten njih. Dalem ngertos sakniki, Bu. Matur sembah nuwun,"jawabe Tini.
Ora let suwe, lonceng tandha wayah mulih keprungu.
"Mengko dhisik. Ayo, bocah-bocah padha anteng. Iki ana pengumuman saka ibu kepala sekolah," dhawuhe Bu Ani. Para murid langsung meneng klakep.
"Minangka mengeti hari Kartini, minggu ngarep para siswi diwajibake nganggo kebaya lan para siswa nganggo beskap. Kabeh kudu melu nyemarakake maneka lomba," dhawuhe Bu Ani.
Para siswa padha bungah amarga minggu ngarep akeh perlombaan, bisa antuk hadiah. Nanging, kahanane Tini beda karo kanca liyane. Ulate katon peteng.
"Tin, ngapa ngalamun?" pitakone Santi.
"Aku kepengin melu fesyen show, hadiahe kuwi tak idham-idhamake wis suwe. Sepeda mini,"jawabe Tini.
"Apa? Kowe arep melu fesyen show? Aja ngimpi bakal menang." Dumadakan ana Rosa kang langsung ngece Tini.
Rosa pancen sering juwara sebab anggone mlaku
ing panggung luwes lan kebayake serasi. Kuwi sebabe Tini mindher. Ibune kang makarya dadi buruh konveksi mesthi ora sanggup nyewa kebaya ing salon.
"Ana apa, Ndhuk?" pitakone ibune.
"Mbenjing Jumat kedah ngagem kebaya, Bu," jawabe Tini ora semangat.
Ibu mesem nyawang putrine sinambi nggoleki jarik gendhonge Tini nalika isih bayi.
Esuk iki, wayahe lomba. Tini milih melu lomba nulis aksara Jawa.
"Tin, ayo ndhaftar fesyen show. Kebayamu iki apik, loh, saka jarik gendhong," dhawuhe Bu Ani.
Lomba wis diwiwiti. Rosa siyap-siyap munggah panggung.
Ulate katon angkuh lan panyawange ndangak terus nganti ora ngira yen sikile kesrimpet kabel mikropon. Bocah kuwi tiba lan sanggule mosah-masih. Dheweke age-age sumingkir kisinan amarga disoraki kanca-kanca.
Wektune Bu Ani ngumumake para juwara.
"Juwara 1 nulis aksara Jawa lan fesyen show taun iki, Kartini Lestari ...." Tini seneng banget atine. Ora ngira, mung nganggo kebaya saka jarik gendhong kang dijait ibune, dheweke bisa menang.
*)Sri Sekartadji, pengarang crita bocah kang lenggah ing Pakis, Kabupaten Malang.
Sak Tekem Beras
isih ana jepitan ban trek simbah tansah gumregah ndheruki ceceran beras sing kepetung wutah pirang-pirang tekem merga kecampur lemah mawur krikil pating jrondhil - kudu disukuri kareben rasa ayem tambah gandem
bacute tekeman beras mlebu wadhah kresek mikir alon-alon mrambat mulih, kesangga awak sing ringkih merga kesilem getere getih
gubug kalempit bungkus semen ora bakal permanen sak grujug campuran kasil dherukan diinteri, dijlimeti kareben tambah nduwe aji kabeh dipetung tanpa jerit sambat tulung merga mripat lan kuping tangga kebacut kegulung.
Sak Dulit Sambel
Semarang, 2018
sak dulit sambel sing lomboke pating kruntel gawe ambyar ati mangkel pedhese gawe gibras-gibras - keringet babar sak gelas gawe awak tambah bregas sanadyan awak gering lan iga mung sak sisikan empring
kari nari: wetengmu kuat ora weteng sing wis ciri kari mbiji aja nganti kecenthok galak lombok tangeh mung ndhelik swalike bothok
sakdulit sambel sing nempel ilatmu tansah ngelingake aku jebul mbiyen sliramu kemayu tumandang rewang, nglesot sendhen kusen lawang nanging wektu banjur tambah gowang klepermu ilang ora bisa tak sawang.
Jakarta - Jambi, 2018
Biodata Panggurit:
Budi Wahyono, lair ing Wonogiri Jawa Tengah, 17 Juli 1959. Lulusan Magister Ilmu Sosial Politik Fisip Undip, Semarang. Seratane awujud crita cekak lan geguritan sumebar ana Parikesit, Jaya Baya, Djaka Lodang, Panyebar Semangat, Solopos, Mekarsari, Kedaulatan Rakyat, Pustaka Candra, Derap, lan melu katut ana maneka antologi.
Widyastuti
Mangga samya prasudi Tansah sumeleh ing atur Tan duwe rasa pangrasa Dahwen kemeren lan open Alam donya mung kebak samudana Bakal sirna samangsa-mangsa
Mangga samya anungkul Nyadhong duka marang kang kuwasa Tansah sumarah lan prasaja Gebyar mung saklerapan Bandha tan ginawa Among badan wadhag Kang lumarap ing ngarsane
Biodata Panggurit: Widyastuti, S.S. sadina-dina ngasta ana ing SMP N 1 Kertek Wonosobo kang mapan ing Desa Karangluhur, Kertek, Wonosobo
Sapa sing bisa ngira Ngukur dawane dalan dipecaki mbaka sekilan Sapa sing bisa ndakwa Ngilani lurung ketemune luwih dawa gurung Idu ing lathi nyata mulad-mulad ngemu geni Mripat kang kaca-kaca Pecah pyar!!! Dadi beling ngrerojeh ngelmu lan wening
Geneya
Ndadak melu-melu crita ing kemreceke ocehan manuk emprit mencok pari Nglimpe nggonmu tunggu ana gubug liyat liyut Ngliyap-ngliyep ngetutake impen Munggah bale kepengin kajen
Geneya Ndadak melu-melu kandha Ujare dudu perkara ndakwa Nanging kadhung keceh lendhut Kawitan cedhak-cedhak kebo gupak Apa kowe ora eling sanak Apa kowe ora keduwung
Sawangen parimu gusis Emprite banget nggone ngisis Gubugmu hoyag-hayig katerak angin Dene kowe durung gelem mingsed Ngopyak pepalanging panen paningsed Sawahmu garing sedhela maneh bera Apa trima mung panen ngayawara Dalan desa dalan dawa Sawah desa sawah negara Dadi sumbering crita
Karangsambung, 20190404
Iki pratandha apa Udan deres tanpa sela, Lemah ambles kadya kabotan prahara, Segara mbludag nyuntak memala Angin bae ora trima sumilir Dayane gawe nyawa kumitir
Iki pratandha apa Kojahe duratmaka dibiji sabda Wejangane para waskita dibobot maruta Sawangen gumelare rasa wengis kang landhepe pindha siyung diisis ujare gawe kendel lan kandele kapitayan kang wiwit tipis
iki pratandha apa regane nyawa luwih asor tinimbang salas upa kang kudu tladhung yen kepengin weruh dina
Kebumen, 20170927
Biodata Panggurit:
Eko Wahyudi, Sedina-dinane mulang basa Jawa ing SMP N 1 Karangsambung Kebumen. Asring gawe geguritan lan crita cekak. Karyane wis makaping-kaping ngrenggani kalawarti Jawa.
Semarang, Lilanana aku sambang Ketang tresnaku marang sliramu Sing wis tetaunan kurugan wektu
Marang Tugu Muda kang ngadeg kukuh Dak-critakake sakehe kenangan kanthi angluh Marang Lawang Sewu kang tansah binuka Dak-ucapake tresnaku tanpa tidha-tidha Marang Simpang Lima kang nyumadulur Dak-rayuk wigatine sesanti luhur
Semarang, Aja kipa-kipa marang tembung tresna Jalaran katresnan iku nduweni teges wigati Lamun tanpa katresnan Sliramu mung bleger papan panggonan Memper wadhag tanpa jiwa Memper raga tanpa nyawa
Sawur Donga
Sawise ngecakake sakehe pambudidaya Nanggulangi sesuker kang ngrebda Sateruse dak-sawurake puja-puji pangastuti Konjuk ing ngarsane Gusti Tumrap brayat agung salumahe bumi
Dak-ucapake japamantra tinggalan kuna Yasane wiku lan pujangga Kidung kala singgah lan kidung rumeksa ing wengi Ngumandhang ing lingsir dalu Mlesat tumuju ngarsa-Mu
Sawur donga lumantar kidung Ati tumenga, dasih-Mu mentelung
Trenggalek, 22 Februari 2020
Panimin Sastrodikoro, klairan Trenggalek 1955. Rekene anggone nulis wis klebu kasep. Gumregah nulis sawise tepung lan srawung klayan para pengarang Sanggar Sastra Triwida Tulungagung. Tulisane wujud geguritan, crita bocah, crita cekak, lan artikel. Kapacak ing Jaya Baya lan Panjebar Semangat.
Anake Wong Tani
(Pangkur)
Dening: Lollyta Chindy Primadatu
Aku pancen bocah ndesa, Urip susah dadi anake wong tani, Saben dina mangan thiwul, Sandhangan ora gatra, Yen sekolah ajeg mlaku ora sangu, Nanging aku ora kemba, Kepengin dadi priyayi.
Ngajeni marang sasama, Dadi tepa-tuladhane patrap becik, Jroning pocapan mituhu, Unggah-ungguhing basa, Lembah manah aja nganti sasar-susur, Lamun nilar paugeran, Tuhu yen dudu priyayi.
Wonogiri, Maret 2020
Pitutur saka wong tuwa, Dak ugemi minangka wasita adi, Mangka priyayi puniku, Ora mung drajat pangkat, Nanging patrap suba-sita budi luhur, Becik tansah gondhelana, Yen tininggal memalati.
Lollyta Chindy Primadatu, Sekolah ana ing SMK N 1 Giritontro Jalan Raya Giritontro - Pracimantoro Km 4 Giritontro, Kabupaten Wonogiri, Kode Pos 57676
Konflik Iku Punjere Nyawa Ana Ing Cerkak
Dening: Triman Laksana
Nulis iku bisa mung nulis wae, nyuntak isi pikiran, pangrasa utawa pengalaman dadi tulisan. Nanging uga, kang disebut creative writing, utawa tulisan kreatif iku hasil olah pikiran, pangrasa, bisa pengalaman dadi tulisan. Mung wae, creative writing bisa gawe mrentule daya imajinasi, inspirasi, lan daya kritis sing maca. Daya imajinasi iku kang gawe sapa wae kang maca bakal rumangsa kepranan, angen-angene sundhul ngawiyat, banjur ngrasakake, nuli mbayangke, lan bisa ngureg-ureg uteg dadi emosi.
Ya, creative writing iki, bisa kanggo pancatan lan lelandhesan kanggo nulis, utamane cerkak. Sebab, ing kene, cerkak iku bisa maujud carangan utawa fiktif, nanging uga pengalaman pribadi utawa wong liya, disuntak ana tulisan.
Ana ing cerkak "Gethek" tulisane Herlina S., kang kapacak ing Swaratama, edisi 15, menawa diwaca kanthi permati, isih akeh cathetan kang kudu diolah maneh tumrap penulis.
Sepisan, irah-irahan "Gethek" iki dadi ambiguitas. Awit, gethek ing cerkak iki, dudu kaya kang dibayangake, yaiku prau saka pring kanggo nyabrang kali. Nanging, pranyata gethek ing kene, yaiku pager seka pring. Kamangka, basa sing umum, yaiku "bethek".
Kapindho, paraga utawa tokoh, rada kakehan (Bu Darmo, Ashudi, Rusmiati, Pak Tejo, Tarjo, Permadi, Lastri, Bu Warsini) Kamangka, paraga kang akeh iki, ora digarap kanthi tuntas. Mung satleraman wae. Malah, kaya ora koheren, ora nyawiji. Mung dadi klilip. Kaya pethilan wae. Basa mancane cameo. Cerkak sing becik iku biyasane paragane ora luwih seka wongpapat.
Katelu, konflik. Kurang digarap kanthi landhep. Kamangka, konflik iku sejatine dadi nyawa ing cerkak sing dianggit. Ya, ing konflik iku, menawa digarap kanthi tenanan, cerkak bisa gawe geter sapa wae kang maca. Bisa ngureg-ureg uteg, tundhone terus emosi, uga bisa gawe adreng. Mekonah konflik pancen ora gampang, kudu bisa ngleremake pikir lan emosi. Ora mung angger cepet-cepet eksekusi ide dadi crita. Uga, konflik ora mung kanggo kedadean imbuh-imbuh wae. Nanging, konflik iku, marahi sing maca bakal kepranan utawa malah kosok balen. Dadi crita sing njuwarehi, aliyas njelehi. Konflik iku penting, supaya
crita narik kawigaten, lan dadi pralambang, menawa penulise sugih imajinasi. Ya, seka konflik iku nyawane crita dadi kawigaten, lan penting.
Ing cerkak "Gethek" iki, konflik sing dibangun malah kepara nggladrah, ora fokus siji wae nanging mentes. Bisa kanggo laladan crita kang enak diwaca lan nambet ing ati. Kudune, konflik mung digarap bab gethek wae, iku wis bisa gawe crita kang narik kawigaten. Konflik wiwitan, nalika Tarjo nyenggol mobile Ashudi, Bu Darmo nesu-nesu. Terus, konflik iki mung ilang, ora ana juntrunge. Tarjo uga wis ora digarap maneh, lan ora ana ing crita sabanjure. Konflik utama, bab gethek, mung digarap satleraman. Awit,
terus mlebu konflik liyane, nalika Permadi bakal
antuk penghargaan seka provinsi.
Cerkak gethek iki, penulise kakehan momotan konflik, nanging kurang greget " anggone nggarap. Dadine, cerkak iki kayane mung nyuntak emosi kanggo nulis, nanging kurang nuhoni bab kepriye anggone nggulawenthah ide iku dadi becik lan mranani. Kurangparipurna.
Apa maneh, pungkasan crita utawa ending, malah kepara adoh banget karo esensi irah-irahane. Mung bab arep utang.
Iki aneh, lan kurang mitayani tumrap crita kang kudune bisa dadi lelipur ati, lan gawe inspirasi. Adoh karo crita kang gawe nges, lan crita kang gawe cingak (suspense).
Poma dipoma, sepisan maneh, mekonah konflik iku pancen kudu pinter lan dipikirke kanthi tenanan dening penulis cerkak. Supaya crita sing dianggit gawe adrenge ati, ngureg-ureg uteg, lan dadi pitakonan: "Kok bisa kaya ngono,ya?"
Mekaten!
TITAH RAHAYU JRONING KENANGAN:
Juru Gurit Pethingan kang Kepeksa Tinggal Glanggang
Mbak Titah, gendera sing mbok panjer kae pungkasane banjur kepriye?
Cathetane: Keliek SW
Angin, panas, lan udan ora wurung njalari genderamu dadi barang lungse
Nanging sliramu mung mesem, sajak ora ngreken pitakonku sing kebacut adhem
MBOK manawa para maos kang minulya rada ketilapan marang saweneh wanodya sing asmane Titah Rahayu. Piyambake bisa disebut salah sawijine pejuwang sastra Jawa kang tatag tanggon. Senajan wis ora nganggit karya kreatif wujud reriptan sastra, nanging anggone berjuwang ngipuk-ipuk basa lan sastra Jawa ora kemba.
Sadina-dina, Titah Rahayu makarya minangka Pemimpin Redaksi Jaya Baya, hudyana basa Jawa sing kantore saiki manggon ing kompleks pertokoan Ramayana sakulone Terminal Bungurasih Surabaya. Dadi rekene ya isih tangga cedhak lan kanca saperjuwangan klawan Panjebar Semangat. Uga isih tunggal brayat karo Djaka Lodang lan Pagagan sarta Swaratama.
Mula saka kuwi kiprah lan kapribadene Titah Rahayu, ora ketang mung saglugut pinara sasra, perlu dicathet lan dimangerteni bebrayan agung. Ing pangajab, cathetan ngenani kiprahe Titah Rahayu mau bisa dadi sumber inspirasi.
Penggurit Pethingan
Mbak Titah, ngono sebutan akrabe, sejatine mujudake sastrawati pethingan tumrap kasusastran Jawa gagrag anyar, mligine ing babagan geguritan. Eloke, senajan pethingan nanging ora ngetarani. Ibu peputra loro kasebut wis kepara suwe kentir ing ulegan pakaryan padinan minangka redaktur/jurnalis, saengga kreativitase minangka sastrawati kesisih lan ora karamut samesthine. Akibate, gegadhangane para nimpuna sastra Jawa mrucut, suwening-suwe asmane kesilep tekane barisan generasi anyar kang trubus krana alamiah ing saben jaman.
Minangka tanda yekti menawa Mbak Titah mujudake juru gurit pethingan, karya-karyane katut kaimpun dening Suripan Sadi Hutomo ing buku Kalung Barleyan (1988). Salah sawijine geguritane diwenehi irah-irahan "Wong Lanang Aran Ghofar". Senajan sebutane geguritan, nanging wujud utawa cakrike kaya prosa utawa gancaran mini. Amrih gampang, bisa diarani kanthi istilah geguritan prosais. Geguritan jinis mangkene iki cocog diwaos jroning ati ing njero kamar kalane sepi, karo dirasak-rasakake lan diguguti maknane sajroning sanubari.
Paraga Ghofar dicritakake kanthi alus kadi dene wong lanang kang sentosa lan tatag ngadhepi sakehe rubedane ngaurip awit anane kesadharan marang tanggung jawab. Geguritan kanthi lagaklageyan mangkono mau klebu langka tumitis saka driji-drijine penggurit sastra Jawa. Jamak-lumrahe
geguritan jaman saiki, cakrike kaya puisi. Larik mbaka larik ditulis mangisor kanthi nggunakake metaphor utawa pasemon kang rumit, satemah angel dimangerteni isi lan maknane.
Sajake, ing donyane juru gurit ana konsep salah kaprah. Geguritan sing angel digagapi isi lan maknane dianggep minangka karya sastra kang nduweni kualitas unggul. Mbok manawa para juru gurit lali, senajan anggitan-anggitane apik utawa bermutu, yen ora diwaca dening publik ya muspra tanpa guna. Lan, Mbak Titah wani nyempal saka konsep salah kaprah mau tanpa bengok-bengok utawa wara-wara luwih dhisik. Sawetara geguritangeguritane ing buku Kalung Barleyan wis micara ngenani kaendahan lan konsep estetika sing dadi gegebengane.
Saderma ngemutake, Suripan Sadi Hutomo mujudake sastrawan, dokumentator, uga ahli sastra Jawa. Buku Kalung Barleyan mligi ngemot geguritan karyane juru gurit wanodya. Buku Kalung Barleyan katerbitake dening Jurusan Pendidikan Basa Jawa IKIP Surabaya (saiki Unesa-Universitas Negeri Surabaya).
Mbak Titah karo karikaturis Oemaryanto
Ing buku kasebut, Mbak Titah mujudake juru gurit paling enom. Sok ngonoa, asil kreasine ora kalah pamor nalika kagelar klayan anggitan-anggitane juru gurit wanodya senior. Upamane St lesmaniasita, TS Argarini, Sri Setyo Rahayu, Diah Hadaning, Yunani, lan sapanunggalane. Geguritane Mbak Titah krasa seje. Saklebatan katon lugu lan encer, nanging satenane nggawa napas anyar tur segersumyar.
Wiwit Kuncung
Mbak Titah anggone srawung lan nggemateni sastra Jawa kena diarani wiwit kuncung. Nalika isih SMA ing Trenggalek, Mbak Titah wis sregep nulis roman sacuwil, crita cekak, lan geguritan. Zuly Kristanto, saweneh pengarang mudha kang klebu "siswane" Mbak Titah ing babagan nenulis nggunakake basa Jawa, krungu crita gethok tular saka para pengarang Sanggar Sastra Triwida. "Sing dakrungu, Mbak Titah wiwit sekolah ing SMA jenenge wis kondhang, awit srengep nulis sastra Jawa ing majalah," ngono ucape Zuly Kristanto marang saweneh aktivis sastra Jawa sagenerasine sing adoh dununge lumantar piranti komunikasi modern.
Reputasine Mbak Titah minangka sastrawati kang njanjeni (potensial utawa berbakat), mligine geguritan, saya manjila nalika kuliah ing Universitas Gajah Mada Ngayogjakarta dhek taun 1980-an. Yen nyemak basis pendidikane,
Mbak Titah karo pengarang Margareth Widhy Pratiwi
kasenengane, lan profesine ing tembe, sajake Mbak Titah klebu paraga "aneh tapi nyata" ngana kae. Lha piye, kuliahe ing Jurusan Geografi, nanging aktivitase ing kasusastran Jawa malah saya ndadi. Ing tembe, aktivitas mau nglantarake Mbak Titah marang profesi minangka jurnalis media cetak basa Jawi.
Margareth Widhy Pratiwi, pengarang sastra Jawa saka Ngayogyakarta sing dinane iki lagi "naik daun" bisa crita kanthi gamblang ngenani kepriye gregede Mbak Titah jroning marsudi sastra Jawa dhek jaman isih kuliah. "Ing kampus UGM Bulak Sumur, Mbak Titah kepethuk Andrik Purwasito, mahasiswa Fakultas Ilmu Politik asal Trenggalek kang uga seneng nulis geguritan. Kejaba kuwi uga kepethuk A. Nugroho, dosen Jurusan Sastra Jawa UGM, sing uga kondhang minangka penggurit pilih tandhing. Ana maneh jeneng-jeneng liyane. Upamane: Y. Sarworo Suprapto, Daru Maheldaswara, Joko Budiarto, Anthon YS Taufan Putra, Christanto P. Raharjo, Budi Raharjo, lan liyaliyane. Kuwi kelakon dhek tahun 1982," pratelane Margareth lumantar media sosial Facebook.
Bebasan tir padha irenge, sir padha senenge, bareng kerep kepethuk pribadi-pribadi kasebut, tundhone banjur ketemu rembug. Wose rembug nedya saiyeg-saeka kapti ngedegake Sanggar Sastra Jawa Rara Jonggrang sarta nerbitake buletin. Eman banget dene buletin Rara Jronggrang saiki wis ora kadenangan maneh kaya ngapa wujude, sarta apa wae isine. Iki mujudake tantangan tumrap akademisi sastra Jawa kanggo nglacak lan negesi sumbangsihe buletin-buletin basa Jawa tumrap pangrembakane sastra Jawa.
Senajan wis duwe komunitas ing kampus Bulak Sumur, Mbak Titah isih kurang trima anggone ngembangake dhiri ing babagan kepenulisan sastra Jawa. Jayadi Kasto Kastari,
wartawan surat kabar Kedaulatan Rakyat suka katrangan tambahan ngemu pangalembana,"Titah Rahayu isih ijlig-iyig ngangsu kawruh marang sastrawan Ragil Suwarno Pragolapati. Aku salut tenan marang semangate Titah Rahayu."
Sanggar Sastra Jawa Rara Jonggrang dudu sawiji-wijine komunitas sing dieloni Mbak Titah. Ing ngendi papan ana paguyuban sastra Jawa, lamun isih bisa dijangka, Mbak Titah mesthi melu. Nalika pengarang kondhang Tamsir AS dhek taun 1984 adeg Sanggar Sastra Triwida ing Tulugagung, Mbak Titah iya nimbrung. Nanging ora kabeh anggota Triwida jaman saiki mangerteni kanthi langsung. Kukuh Setyo Wibowo, jurnalis lan pengarang novel serial Detektif Setyawan, kalebu salah sawijine generasi sing ora mangerteni kanthi langsung keterlibatane Mbak Titah ing Triwida.
Kukuh kober crita mangkene, "Dhek taun 1993-1995, aku nate digeret Pak Tiwiek SA supaya dadi anggota Triwida. Nalika kuwi aku wis ora kepethuk Mbak Titah ing sanggar. Mbak Titah wis makarya ana Surabaya. Kejaba papane adoh, mesthine uga sibuk klayan panggaotane sadina-dina." Kukuh malah ngakoni, nalika kuwi dheweke gladhen nulis lan kirim tulisan menyang majalah Jaya Baya, papane Mbak Titah nyambut gawe. Sateruse, Kukuh lagi nulis ing Panjebar Semangat.
Geguritan Warna Klawu
Pengarang kuwi seniman lan seniman kuwi jiwane mardika. Seniman mono ora seneng kinunjara ing pakumpulan. Lamun diwawas ora nyengkuyung pangrembakane kreativitas, pakumpulan mau mesthi banjur ditinggal. Semono uga Mbak Titah. Nalika wis ora aktif ing Sanggar Sastra Triwida, ana Surabaya Mbak Titah nggabung ing Paguyuban Pengarang Sastra Jawa
Surabaya (PPSJS). Nalika kuwi ing PPSJS isih komplit kanthi jenengjeneng kondhang. Upamane: Suripan Sadi Hutomo, Setya Yuwana Sudikan, Suharmono K., Ismoe Riyanto, Tengsoe Tjahjono, Anggarpati, Suparto Brata, Aming Aminoedhin, Widodo Basuki, Budi Palopo, Sugeng Adipitoyo, Sugeng Dwianto, S Danar Pangeran, lan liyaliyane.
Merga jembar srawunge lan tansah ngudi undhaking kawruh, mula ora aneh lamun wawasane Mbak Titah ngenani kasusastran uga linuwih. Upamane ngenani werna klawu jroning geguritan sing dianggep keladuk. Miturut pamawase Mbak Titah, racake geguritan kuwi nuduhake werna klawu, surem-surem dewangkara kingkin. Isine kebak panandhang, kasedhihan, panalangsa, sambat ngaru-ara. Guwayane geguritan katon pucet, tanpa esem, kaya-kaya ora ana kabagyan. Mbak Titah pratela, "Nggoleki geguritan sing isine gumbira kuwi angele ora mekakat. Nemokake geguritan sing nyebabake ati ayem utawa bisa njalari ngguyu kuwi ora gampang."
Pratelan kasebut rekene wis suwe banget, dhek likuran taun kepungkur. Nanging rasane nabet jroning ati, kaya lagi diucapake dhek wingi. Yen ora kleru taun 1995. Kantore Mbak Titah rikala semana isih ana ing kawasan elit satengahe kutha Surabaya. Persise ing Kompleks Pertokoan Harmoni, Jl. Embong Malang Surabaya. Senajan ora dijlentrehake kanthi kedawadawa, nanging mungguh kepriye arah panemune Mbak Titah mau wis bisa digerba. Geguritan kuwi ditulis dening juru gurit lan katujokake kanggo masyarakat. Tegese, geguritan ora ditulis kanggo dhiri pribadine si juru gurit.
Magepokan karo bab kuwi, ana prekara werna loro sing perlu dicathet lan pantes dadi tetimbangan. Sepisan, yen isine geguritan tansah klawu, apa si juru
gurit mujudake pribadi kang uripe tansah ketula-tula katali? Apa si juru gurit tansah nandhang papacintraka? Babar pisan ora nate nemoni kabagyan? Kapindho, yen geguritan isine tansah klawu, apa maneh peteng lelimengan satemah ora bisa dimangerteni isine, apa ora nyebabake para maos antipati marang geguritan?
Wis kepara suwe Mbak Titah ora nganggit geguritan. Ing mangka, yen gelem, geguritan karyane mau bisa kapacak ing majalah sing diembani. Yen rikuh nggunakake jenenge dhewe, bisa nggunakake jeneng singlon utawa nama samaran. Nyatane ora. Aalon-alon lan semu sesidheman, Mbak Titah ora nulis geguritan maneh. Mesthi wae bab iki nuwuhake pitakon. Apa keputusan kasebut jalaran Mbak Titah ngrumangsani ora bisa "nulungi" utawa "malik" warnane geguritan? Sarehne ngrumangsani "gagal", mula Mbak Titah banjur mutusake tinggal glanggang saka jagade geguritan?
Pamit merga Ngelu
Ana kang ngandhakake menawa geguritan kuwi ngemu misteri. Senajan geguritan mau cakrike prasaja utawa lugu, kadi dene karya sastra, tetep kesusupan misteri. Nanging sajake akeh kang kurang nyadhari prekara iki. Mula saka kuwi, saya jembar wawasane pawongan sing maca geguritan, istingarah misteri jroning geguritan uga saya ngremit.
Ora lidok, geguritan mujudake perlambang urip lan panguripane manungsa. Semono uga tumrap Mbak Titah minangka pribadi kang "puitis" kadi dene geguritan. Jantra lan nasibe angel digerba kaya misteri sinandi jroning geguritan. Ya prekara iki sing dumadakan nyadharake Widodo Basuki, juru gurit lan kanca tunggal kantor karo Mbak Titah.
Durung suwe iki, Widodo Basuki
crita marang kanca-kancane. Sawijining dina, kira-kira sesasi kepungkur, ing satengahe kabar gumerah ngenani sumebare virus Corona-19, Mbak Titah isih ngantor. Nanging lagi sedhela ngadhep komputer kanggo milih lan ngoreksi naskah kiriman saka koresponden, Mbak Titah banjur pamit mulih. "Mbak Titah pamit merga ngelu," kandhane Widodo Basuki. Sambate mung ngelu, nyatane meh sesasi Mbak Titah ora mlebu kantor. Widodo ora nggraita yen dina kuwi mujudake dina pungkasan Mbak Titah menyang kantor.
Dina Setu (11/4) ana kabar yen Mbak Titah mlebu Rumah Sakit. Let rong dina, mbeneri dina Senen (13/4), Mbak Titah tinimbalan mangayun ing ngarsane Gusti Kang Mahawikan. Kanyatan kasebut mesthi wae ngaget-ageti. Akeh kanca-rowang sing ora percaya, nanging pesthine Gusti Allah dudu sandiwara. Mbak Titah kondur mangayun nilar Bambang Bes, garwa kang banget ditresnani sarta putra kakung cacah loro. Yakuwi Pandu Gilas Anarkhi (mahasiswa Institut 10 November Surabaya) lan Pandu Bagus Pramudita (mahasiwa Institut Bandung). Sugeng tindak, Mbak Titah. Lepasa parane, jembara kubure. (*)
Mbak Titah karo putrane, Pandu Gilas Anarkhi lan Pandu Bagus Pramudita
Pangudarasane Dwija
Dening: Suprayitno
Mongkog dadi Dwija
Wiwit warsi 1982 aku wiwit dadi dwija. Katitik saka kapisanan aku nampa layang utawa SK nadyan kuwi lagi 80% ateges isih capeg (calon pegawai). Nanging iku wis bisa ndadekake mongkog tan kena kinira. Kabener aku ya nduweni tambahan kabisan nang babagan seni sing taktularake marang murid-murid nganti padha bisa melu lomba lan manggung. Mula, ora mokal yen aku uga oleh predikat dwija plus.
Tansaya mongkog atiku dadi dwija amarga banjur pinitaya dening kang kawogan kadhawuhan ngangsu kawruh yen pinuju ana pagelaran seni neng kutha gedhe utawa propinsi. Iku kabeh ndadekake kandele kapitayan mbok menawa pancen Gusti paring dhawuh supaya aku dadi dwija.
Pancen bener yen pamarentah sengkud kanthi cara apa wae murih duwe dwija kang profesional supaya muridmuride ing tembe mburine padha bisa ndadekake bangsa kang nduweni martabat. Kasunyatane urip aneng bebrayan agung utawa masyarakat wis katelah yen dwija kuwi kalebu piyayi kang
sarwa mumpuni. Mula, mesthi wae bebrayat agung ora luput yen padha minitaya marang dwija supaya mandhegani saliring reh. Mbok
menawa saka percayane marang dwija kang bisa mrantasi ing samubarang gawe, terus ana jarwa dhosok tembung guru kang banjur ditegesi wajib digugu lan ditiru. Malah ana paribasan kang kondhang kaloka ing saindhenge Nuswantara, guru kencing sambil berdiri, murid kencing sambil
berlari apa ora ngedab-edabi coba? Mula saka iku aku kang minangka salah sawijine dwija
mbudidaya nggladhi dhiri ing babagan telung warna yaiku:
1. Solah bawa: tegese tindak tanduk / prilaku becik
2. Busana : tegese pangagem / carane manganggo
3. Wicara: tegese pocapan / ngomong kanthi sopan Telung babagan kuwi banjur taktanjakake marang murid-muridku kang taktresnani.
Bebasan rina kalawan wengi aku among nganam pikir kepriye carane supaya murid-muridku kabeh padha bisa dadi tuladhane bangsa lan manggalaning nusa. Tundhane bisa gawe mongkoge wong tuwane. Mendah kaya ngapa bungahe sing dadi wong tuwa duwe putra kang bisa dadi tuladha aneng tepis wiring.
Binarung lumakuning wektu. Ya ing titi mangsa kala wiji kang taktandur lan tak-ipuk-ipuk aneng pamulangan padha thukul ledhung-ledhung lan ngrembaka gawe mongkoging ati awit uwaling murid-murid saka pamulangan padha nggegem lan nggandhol tata krama, trapsila, lan udanegara. Adhem, anyes, lan trenyuh atiku nalika krungu muridku lumaku karo matur "nuwun sewu". Senajan iku amung tembung sepele nanging tumrapku kuwi larang awit ngono kuwi wewujudan karakter murid sing nandhes.
Keranta-rantane Dwija
Apa bab kang sepele ngono kuwi wis luntur? Aku kapang swara kuwi. Aku kangen, tindak tanduk murid kang kaya mengkana kok kaya wis ora tau keprungu maneh.
Ora luntur semangatku. Aku ya ora nglokro anggone mbudidaya nandur budi pekerti kanthi maneka warna cara. Senajan wis keprungu ana unen-unen "bocah saiki wis padha ora ngerti Jawane, bocah saiki wis padha ora ngerti unggah-ungguh, bocah saiki wis padha ora duwe sopan-santun, bocah saiki wis padha ora duwe udanegara"
Aku ya wis nyoba lan durung percaya manawa murid-murid wis padha luntur budi pekertine. Mbok menawa kabeh unen-unen kuwi amung panyakrabawa wae. Muga-muga panyakrabawaku sing bener senajan atiku satemene kandha yen unen-unen kuwi pancen bener. Kang mangkono bisa gawe keranta-rantane ati.
Awit kasunyatane durung suwe iki ana kedaden kang gawe gumregeting lathi. Kedadeane mangkene critane:
Wayah esuk nedheng-nedhenge kabeh para dwija padha sengkud mulang muruk aneng pamulangan. Kalebu bocah-bocah kelas 4 tangga pamulangan lagi padha gayeng ngemban dhawuhing Bu Guru kang nggulawenthah kelas kuwi. Ana salah sijine bocah sing mbebeda kanca-kancane kang lagi sengkud lumantar panuntune Bu Guru. Mesthi wae Bu Guru pirsa ya wis samesthine Bu Guru ndangu bocah kuwi bab pakaryane kanthi pangajab bocah kuwi uga melu sengkud. Dadi, ora mung mbebeda gawe umyeg swasana. Nanging apa pikolehe Bu Guru kuwi? Tanpa kanyana bocah kuwi malah ngrangsang. Bu Guru den jambak rikmane, den bithi padharane serta den tendhang samparane persis kaya nonton MMA One Pride kae lo. Senajan kanca-kancane mbudidaya mambengi nanging bocah kuwi malah ndadra pindha klebon "mak lampir". Tundhane Bu Guru lumayu menyang kantor nanging meksa binujung wani. Sanajan anggone lumayu kanthi sesambat sakit lan ngendika njaluk ngapura tanpa petungan. Ya mesthi wae sanalika kedaden iku gawe umyege swasana pamulangan. Mula kepala sekolah sigap banjur jumangkah kanthi layang ulem nimbali wong tuwane bocah kuwi saperlu rinembug kanthi aris ngupadi solusi.
Sajroning rembug kekadangan padha sarujuk gumolong ing kapti kanggo ngleremake swasana sauntara bocah kuwi kepareng ora mangkat neng pamulangan cilike sedina suwene telung dina, kanthi pangajap supayane bocah kuwi ngerti lan nglegawa yen tumindake ora bener. Bubar sapatemon kepala sekolah banjur sigra lumawat sowan menyang kantor UPT munjuk atur lan ngandhakake anane ontran-ontran ing pamulangan lan tumindak kanggo mrantasi kadadean kuwi. Mungguh Ka UPT tumindak kuwi wis bener. Tetela kanthi lelandhesan kekeluargaan, uga rirembug sarana aris, mula ora mokal yen Ka UPT mangestoni
Esuke Bu Guru kang nggulawenthah kelas 4 ora tindak ing pamulangan nganti telung dina lawase karana netepi dhawuhe dhokter. Kuciwane atiku nambahi keranta-ranta jejere dwija amarga lagi sedina bocah kuwi ora mangkat ing pamulangan ya kerana netepi asile pirembugan wingi, e....dumadakan pamulangan kerawuhan tamu agung priyayi sing nduweni kalungguhan luwih dhuwur saka kepala sekolah. Priyayi kuwi ngaku yen jare isih pak gedhene bocah mau, banjur ngendika kanthi lagak wong pinter, wibawa, lan pejabat. Sajak kaya ora ana wong kang luwih pinter ing donya iki. Priyayi gung kuwi nandhesake yen putra ponakane ora luput. Sing luput dwijane amarga dadi dwija kok bodho, ringkih, lan ora bisa ndhidhik. Mangka yen mungguhku dwija kuwi cukat trengginas, pinter, uga bisa ndhidhik. Katitik saka panjenengane kagungan beslit sarjana pendidikan, kurang apa?
Kudune sing pantes tinuding dwija bodho kuwi aku, awit beslitku yo mung SPG Tambahan D2. Nanging ing batinku yen krungu dwija kanthi titel S.Pd. kok isih tinuding bodho, satemene sing bodho kuwi dwija S.Pd. apa sing nuding ta? Coba pikiren!
Tansaya kekes lan keranta-rantane atiku marga media sosial saiki padha nggiyarake solah bawane muridmurid kang murang tata marang dwija. Malah nganti ana murid sing nantang gelut marang dwija. Banjur kepriye kuwi? Kok dwija kaya uwis ora ana ajine babar pisan.
Luwih tragis maneh durung suwe iki ana pawarta saka televisi kang nggiyarake dwija seda amarga diperjaya dening muride. Adhuh Gusti kula nyuwun pangapura, kula nyuwun pangayoman kangge kadangkadang kula para dwija murih rahayu anggenipun ngemban dhawuh Paduka Gusti.
Kadang Dwija, coba waspadakna pawarta kang digiyarake dening stasiun televisi anggone para pejabat negara padha kabukten korupsi ngremuk negara iki kok kaya ora ana pedhote. Apa pancen wis padha lali marang budi pekerti kang tinandur dening para dwija? Apa malah budi pekerti ora ditandur marga wedi kasandhung ukum perlindungan anak? Wallahu a'lam kuwi panelisik sing luwih permati.
Paguyuban Para Dwija
Panjeriting atiku kang keranta-ranta iki mugamuga bisa kapireng dening kang kawogan ing paguyuban para dwija yaiku PGRI kang minangka wadhah lan dalane aspirasi para kadang dwija. Nuwun sewu, ora ateges aku dwija kang gembeng. Dudu kuwi sing takkarepake. Pangudarasaku sing nyemeh iki aku duwe pangajab mbok menawa kepireng kang kawogan mligine PGRI supaya dadi spirit ngoyak lan mbudidaya murih para kadang dwija tambah sengkud anggone nandur budi pekerti, nyithak murid berkarakter kanthi pengayoman ukum. Ana regulasi UU perlindungan anak, muga-muga diimbangi nganggo regulasi UU perlindungan dwija lan sapanunggalane.
Aku jejering dwija mung duwe pengarep-arep lumantar kang kawogan ana ing paguyuban para dwija. Arep digagas ya matur nuwun, ewa dene amung dienjepi ya wis ora apa-apa.
LejaringAti
Pangudarasaku minangka jejere dwija kang amung saperlik iki mbokmenawa wae ora mutu, ora penting, lan ora ana kanggone. Malah mbok menawa mung dadi lelucon tumrape wong akeh. Ya ora dadi ngapa. Sing baku pangudarasa iki wis bisa nyuda rasa kerantarantaku kang kependhem pirang-pirang warsi lan uga wis bisa gawe lejare atiku minangka dwija ora ketang among saperlik. Nuwun.
NormalisasiBasa Jawa (Krama) ing Tengahing Baujir Basa Liya
Dening: Aris Destria*)
ayah rendheng ndadekake akeh wilayah ing W Indonesia kang kena musibah banjir. Kabeh rakyat Indonesia menehi simpati saka kedadeyan mau. Ing TV nasional kabeh martakake ngantinganti dadi trending topik lan viral ing media sosial.
Kedadeyan banjir bandhang mau, jan-jane ora beda adoh karo kahanane basa Jawa saiki, mligine basa krama. Basa sing digunakake ing kulawarga lan lingkungan masyarakat Jawa wis wiwit owah. Kelarut derese arus basa liya, kaya ta basa Indonesia (basa nasional), basa Inggris (basa internasional), lan basa manca liyane. Kahanan mau disebabake,ingantarane telungjalaran.
Kapisan saka kulawarga, ing tataran kulawarga akeh wong tuwa kang ora ngajarake basa krama marang anake. Kahanan iki disebabake dening wong tuwa sing kurang mangerteni basa krama satemah nalika guneman ora migunakake basa krama, Ana uga wong tuwa kang nganggep basa krama angel digunakake. Mula, akeh wong tuwa sing golek gampange kanthi migunakake basa ngoko utawa basa Indonesia.
Sing luwih mrihatinake maneh nalika para wong tuwa saiki nganggep yen ngajari basa marang anak nganggo basa Indonesia iku luwih keren, luwih modern, dianggep wong kutha, lan sing paling nyesek yen ana wong tuwa luwih mongkog anake pinter basa Indonesia, sanajan ora bisa basa Jawa. Akeh pawongan Jawa kang wis owah anggone ngajari anak bab basa. Akeh kang luwih mongkog nganggo basa Indonesia lan basa Inggris tinimbang basa dhaerahe. Lumrahe wong tuwa kang mangkono duwe ancas menawa sinau basa Indonesia lan basa Inggris iku supaya anakluwih cepet bisa srawung.
Jalaran kapindho, saka lingkungan. Urip ing desa lan urip ing kutha nduweni pangaribawa dhewe-dhewe. Nalika urip ing desa, isih akeh wong Jawa kang guneman migunakake basa krama marang liyan, nanging ing kutha kang nduweni pirang-pirang jinis suku, ras, lan agama, basa krama kaya-kaya wiwit ditinggalake. Jalaran saka iku, masyarakat ing kutha migunakake basa sing dianggep luwih umum, yaiku basa Indonesia.
Sanajan isih ana kulawarga kang ngajarake unggahungguh basa marang anak-anake, nanging kaya-kaya wis samsaya sithik, apamaneh ing kulawarga mudha. Jalaran saka iku, akeh-akehe bocah-bocah luwih milih migunakake basa Indonesia sing luwih umum lan gampang.
Jalaran katelu, yaiku majune ilmu pengetahuan lan
teknologi (iptek). Ilmu kang luwih maju lan teknologi kang ngrembaka kanthi cepet banget njalari wong Jawa ngetut derese iptek supaya ora kalindhes rodhaning jaman. Kahanan kaya mangkono samsaya nyingkirake posisine basa krama. Siaran televisi kang umume migunakake basa Indonesia nduweni pangaribawa tumrap bocah-bocah kang isih gampang kagawa lingkungan lan tontonan. Perilaku-perilaku saka tontonan kang adoh saka sopan santun lan tata krama ngudhunake unggah-ungguhe bocah marang wong tuwa.
Anane kahanaan kang kaya mangkono, mula prelu cancut tali wanda, bareng-bareng kanthi rasa tresna lan handarbeni nguri-uri basa krama, luwih-luwih wong tuwa jaman saiki. Bocah iku wiwitane sinau basa, sopan santun, lan tata krama ana ing kulawarga. Lingkungan uga prelu melu nyengkuyung kanthi cara, umpamane nggelar lombalomba basa Jawa, pengajian-pengajian kang nggunakake basa Jawa krama, lan kegiatan RT. Yen mung ngandelake kulawarga nanging lingkungan durung sadhar migunakake basa Jawa, bakal kangelan bisane ngajak bocah nom-noman migunakake basa Jawa krama ing padinan. Umpamane, bocah nalika ing ngomah diajari unggah-ungguh basa dening wong tuwane, nanging nalika dolan karo kancane utawa ing sekolah basa sing digunakake basa Indonesia. Suwe-suwe bocah mau dadi suda anggone migunakake basa krama. Kahanan iki akeh ditemokake ing masyarakat Jawa. Saka telung bab kang dadi jalaran mau prelu anane cara kang nyata kanggo nguri-uri basa Jawa, mligine basa krama, supaya ora kekikis owahing jaman, utamane para generasi mudha sing dianggep generasi milenial.
Dwija Basa Jawa dhewe minangka ujung tombak lestarine basa Jawa, kaya-kaya samsaya kangelan anggone ngulinakake bocah migunakake unggah-ungguh basa. Ing sekolah, para dwija Basa Jawa mulang bab basa krama wiwit SD nganti SMA/SMK. Nanging, kaya-kaya sithik banget pengaruhe marang bocah. Kasunyatane, isih akeh bocah kang ora bisa basa krama marang wong tuwa. Akeh uga bocah kang kurang sopan santun lan kurang tata krama marang gurune. Prelu nyengkuyung bebarengan antarane wong tuwa, dwija basa Jawa, lan pamarentah anggone nguri-uri basa krama. Wong Jawa nduweni unggah-ungguh basa kang kudu diuri-uri. Tansah ngrembakakake basane dhewe iku luwih utama tinimbang ngeli ing basa manca.
*) Aris Destria, S. Pd. dwija ing SMA N 5 Kota Tegal
Prastawa Apa Kedadèn?
Ibu : Kok yahmene lagi bali, ta, Nang. Bali saka sekolah mampir neng ngendi?
Kenang : Mesthi Ibu kesupen. Dinten niki rak jadwal kula les, ta, Bu.
Ibu : Ibu ora lali, Nang. Adate kowe yahmene rak wis neng ngomah. Anak yen wayahe bali kok durung bali, ki, Ibu anane was sumelang. Apa maneh kowe ora ngabari menawa balimu telat, Nang.
Kenang : Nggih, Bu, kula nyuwun pangapunten. Sejatosipun kula wau ugi wangsul kados biyasanipun, Bu. Kula ugi boten mampir wonten pundi-pundi.
Ibu : Lha kok bisa tekan ngomah yahmene, Nang.
Kenang : Nggih, Bu, niki wau kepalang macet jalaran wonten prastawa. Wonten tabrakan truk kaliyan bus.
Ibu : O, ngono, ta. Kowe nek neng dalan sing ngati-ati, Nang.
Kenang : Nggih mesthingatos-atos, ta, Bu.
Ibu : Nang, kowe mau matur Ibu menawa ana prastawa. Sing kok ngerteni tembung prastawa kuwi tegese apa?
Kenang : Sangertos kula prastawa niku rak menawi ing basa Indonesia peristiwa utawi kejadian, Bu.
Ibu : Sejatine, prastawa kuwi tegese ora kaya sing komangerteni kuwi, Nang.
Kenang : Lajeng, tegesipun menapa, Bu?
Ibu : Prastawa kuwi tegese 'waspada', 'waskitha', utawa 'ngati-ati lan jaga-jaga'. Tembung kuwi kalebu tembung kawi utawa tembung kang endah kang lumrahe digunakake ing jagad kapujanggan.
Kenang : Lha, kok tegesipun beda sanget kaliyan pangertosan kula, Bu. Ateges anggen kula matur klintu. Lajeng, kejadian utawi peristiwa menika basa Jawanipun menapa, Bu?
Ibu : Basa Jawane kejadian utawa peristiwa kuwi dudu prastawa, nanging kedadèn. Dene, tembung kramane kedadosan.
Kenang : Sapunika kula ngertos, Bu. Dados, ingkang leres, cakcakanipun makaten.
"Nggih, Bu, niki wau kepalang macet jalaran wonten kedadosan."
Kita kudu prastawa ngadhepi pageblug Covid-19 iki.
Ibu : Bener, Nang. Mangkono iku cak-cakane tembung prastawa sing bener. (Narti)
Supatane 21 Begawan Supird
DENING BANUARLIAMBARDÍ
KAHANAN SANG PRABU YAYATI SING DADIJOMPO KU- DU DIGAWE WADI- AJA ANA SING NGERTI.SEBAB YEN NGANTI KABAR 1KI SUMEBAR..
BISA MBEBAYANI TUMRAPKESLAMETAN NEGARAPLIRWARUNGU.
PRABU YAYATI BANGET NAWUNG SUNGKAWA,NIM- BALI PUTRALIMA CACAHE,YAIKLI YADLI,TLIWARSLI, PATUTANE KARO DEWI DEWAYANI. DRAHYU, ANNLI SARTA PURLI, PATUTANE KARO DEWI SARMISTHA.
KULUP PUTRA-PUTRANINGSUN SALIRANINGSUN SAIKI DADI JOMPO KAYA NGENE-ORA BLSA APA-APA. KAMANGKA NAGARA LAGI NANDHANG PEPETENG MBLITUHAKE TENAGA- NINGSUN
KEPRIYE PANEMUMU?
MULA SAKA IKU-INGSUN DUWEKAREPLIRONROGA KARO SALAH SIJINING PUTRA- NINGSIN SAWETARA WEK- TU SUWENE. SUPAYA ING SUN BISA NGAYAHI TUGAS KANGGO NGIDARI PEPETENG- ING NEGARA PURWARUNGUI.
Lepetan
Lepetan lepetan angudhari anguculi janur kuning aningseti Seti bali lunga dandan methika kembang sikatan
Enya sega, enya sega, enya sega, enya cethinge Enya lawuh, enya lawuh, enya lawuh, enya wadhahe Enya sambel, enya sambel, enya sambel, enya coweke
Lho kowe kok dibanda njupuk apa?
Njupuk krikil Endi berase? Wis takliwet BBJateng
Endi krikile? Wis tak-edol
Endi dhuwite? Taknggo tuku beras
Endi segane? Wis takmaem
Kowe mau wis takkei maem lha yen ngono kowe kaya buta