Baca PDF (OCR): Swaratama: mbangun kuncaraning basa, sastra, lan budaya Jawa, edisi 15, Januari-April 2020

40 halaman · 40 halaman diproses dengan OCR · 26.4 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. Swaratama
  2. Kaya Ngenteni Thukule Jamur ing Mangsa Ketiga
  3. Daftar Isi
  4. Blencong
  5. Teras
  6. Kawruh Sastra
  7. Kawruh Basa
  8. Banyumasan
  9. Tegalan
  10. Crita Cekak
  11. Gladhi Sastra
  12. Wacan Bocah
  13. Gurit
  14. Macapat
  15. 30 Sanggit
  16. 32 Oncek-Oncek
  17. 33 Ngudarasa
  18. 34 Kabudayan
  19. Budi Pekerti
  20. Resensi Buku
  21. SUSUNAN REDAKSI
  22. Gawe Aji Basa Indonesia Lumantar Prasidatama
  23. Kategori
  24. Jagat Modheren
  25. NqupadliJejegipun BasaJlana
  26. BASAKUPENGINYONGAN
  27. Pambudidaya Cilik Nglestarekake Dhialek Penginyongan (Banyumasan) ing Era Milenial
  28. Puisi Tegalan Bisa Kanggo Piwulangan Basa Jawa Siswa Ngapak
  29. 1. Basane ngapak
  30. Lantaran perkarane doyan goroh
  31. Nglamun
  32. 4. Kanggo ngenalna lan ngembangna sastra Tegalan
  33. Dening: Suwardi Endraswara
  34. Balada dewi Sinta
  35. Dewi Sinta kembeng-kembeng tangis
  36. Gêthèk
  37. Gethuk Lindri Pelangi
  38. Tangan Kiwa Kang KokLirwa
  39. Ratu SHima, Ratu KalinYamat DaLa RaDen AJenG KaRTiNi
  40. Biodata Panggurit:
  41. Biodata Panggurit:
  42. Mongkoking Rasa
  43. Biodata Panggurit:
  44. KEMLETHAK
  45. CLUTHAK
  46. Cluthak
  47. Biodata Panggurit:
  48. Jsră Mi'raj Mu'jizat Ingkang Sanyata
  49. Dhandhanggula
  50. Pangkur
  51. Sing Lugu Kepalu
  52. HARMONISASI: IDE, IMAJINASI LAN KASUNYATAN
  53. Murih BasaJania Lestari
  54. WEWEDEN LAN LESTARINE LINGKUNGAN
  55. Sesajen
  56. Saya Luntur
  57. Cak-cakane Tembung Siram lan Ngendika
  58. Kumpulan Cerkak kang Sugih "Rasa Jawa
  59. Supatane 19 Begawan Sukrd
  60. Jamuran

Swaratama

Mbangun Kuncaraning Basa, Sastra, lan Budaya Jawa

Dewi Sinta"

NgupadiJejegipun BasaJawa.

Murih BasaJasa Lestari

Kaya Ngenteni Thukule Jamur ing Mangsa Ketiga

Salah sawijine unen-unen kang ana ing bebrayan Jawa yaiku kaya ngenteni thukule jamur ing mangsa ketiga. Kanggone bebrayan Jawa mangsa kuwi diperang dadi rolas ing setaune. Mangsa ketiga utawa katelu tumiba ing mangsa panas, mangsa garing, wektu kang larang banyu. Kamangka jamur kuwi tetuwuhan kang thukule mbutuhake banyu. Mula, jamur adate akeh thukul lan ngrembaka nalika ing mangsa rendheng, mangsa kang akeh udan. Mesthine para leluhur wis niteni mulane banjur ana unen-unen mau. Dadi, aja ngarep-arep jamur bakal

thukul ing mangsa ketiga. Kuwi tangeh lamun. Mula, tegese unen-unen kaya ngenteni thukule jamur ing mangsa ketiga yaiku ngarep-arep barang kang tangeh lamun bakal kasembadan. (Kustri Sumiyardana)

Piweling iki kaaturake dening: BALAI BAHASA JAWA TENGAH

Dening : Yan Tohari

Jroning urip akeh tinemu gegambaran panguripan sing kabeh mau kena dadi sarana pasinaon.

Kalebu werna-werna patuladhan bisa minangka ngundhakake pangerten.

Embuh iku pangerten lair apa dene batin. Nuli ing ngendi kita bisa nemokake patuladhan? Kang selot ilang saka madyaning panguripan kita gegayutan klawan pambudi ngemonah

runtuting pakartine para generasi bangsa iki yaiku adeging tuladha.

Jalaran panandhese para wasis, sapinter-pintere memulang yaiku dadi conto dudu menehi conto.

Anak-anak kita ing wanci iki kadi dene anak turun sing koncatan patuladhan, banjur sapa sing kena kanggo conto mring pangudi murih madeg dadi pribadi pinunjul. Kalebu ing perangan sing paling cerak, raket sarta kawitan anak iku ana, yaiku ing tengahing kulawarga. Kacihna angel kena kanggo conto.

Jalaran kulawarga saiki kadumaden saka pribadi-pribadi sing sarwa repot klawan urusane dhewe-dhewe. Embuh iku ibu apa dene bapak. Kekarone kayakaya kecanthol acara sing datan ana enteke saka mrojole srengenge nganti teka madyaning ratri.

Datan mokal ing sabanjure, anakanak kita dadi pribadi sing ngemba klawan apa-apa sing katon lan kaanggep narik lan apik kanggone. Ora wurung, medhia sing asring dadi kanca ing rina klawan wengine, embuh iku TV, game online, android, internet, lan sapanunggalane. Wusana, wis salumrahe kalamun anak-anak kita ucul saka pribadi-pribadi sing dikarepake, embuh iku sopan, tata krama, ngerti unggahungguh, lan liya-liyane.

Nanduki perkara iku, wiwit wanci iki

prayoga kita ginugah kanggo madeg minangka tuladha marang anak-anak kita. Kabeh wae, ora mung wong tuwa jejering sakaguru kulawarga. Kalebu para guru, pemimpin, pejabat, tokoh agama, sarta tokoh-tokoh liyane.

Saben-saben kita padha ngarepake klawan generasi sing ngemu bobot. Becik iku bobot pamikir utawa bobot perilaku, mula sakamat-kamat kita kudu bisa dadi conto mring dheweke kabeh.

Conto kang paling prasaja yaiku yen ora bisa dadi conto kang apik, aja nganti dadi conto kang kurang becik. Manawa kuwawa ora ketang siji dadi conto marang bab kang kasil gawe bombonge bocah. Saengga bocah rumangsa mongkog darbe lan ngaku klawan sapa kita.

Sayektine ing sawetara wektu kepungkur katon sawernaning pribadi sing kasil dadi tuladha ing madyaning generasi bangsa iki, sebut wae sakehing para pahlawan, sabanjure tokoh kadi dene Pak Habibie lan tokoh-tokoh liyane. Patut lan pantes kaangkat dadi pribadi sing kena kanggo kaca benggala. Nanging nyandhak dina iki kita rada kacipuhan.

Ngrembaka lan anane tuladha iki uga dadi jejibahane para wasis sarta medhia kang ana, awit salawase iki medhia kadi dene TV sing paling gampang sarta cerak klawan masarakat, kepara akeh nggiyarake bab-bab sing ora pantes katonton dening para generasi. Pancen kawitane tayangan iku kababar murih para sing nonton aja nganti tiru-tiru. Nanging kasunyatane ora sithik sing bab ala iku kepara dadi virus sing nular ing generasi liyane.

Mula nyipta anane generasi kuwat, tangguh, wasis, lan ndarbeni kautaman, yekti dadi tanggung jawab kita kabeh. Kabeh kudu saiyeg saeka kapti maju bebarengan. Madeg dadi conto sing pantes kaconto. Dudu amung menehi conto. Apa maneh sing karasa fatal yaiku kejem nudhing lan nyalahake para generasi sing sabanjure dadi pribadi adoh saka piguna. Tumindak iki bisa-bisa sansaya nyurung para generasi dadi pribadi sing salah kedaden. Ngono. Nuwun.

Daftar Isi

Blencong

Dadi Conto Dudu Menehi Conto

Teras

Gawe Aji Basa Indonesia Lumantar Prasidatama

Kawruh Sastra

Jagat Modheren ing Sajeroning Kembang Pasren

Kawruh Basa

Ngupadi Jejegipun Basa Jawa

Banyumasan

Basaku Penginyongan: Pambudidaya Cilik Nglestarekake Dhialek Penginyongan (Banyumasan) ing Era Milenial

Tegalan

Puisi Tegalan Bisa kanggo Piwulangan Basa Jawa Siswa Ngapak

Crita Cekak

Dewi Sinta

Gladhi Sastra

Gêthèk

Wacan Bocah

Gethuk Lindri Pelangi

Gurit

• Tangan Kiwa Kang Koklirwa

Ratu Shima, Ratu Kalinyamat, dalah Raden Ajeng Kartini

Tansaha Rahayu, Ibu...

• Kanggo Anakku

• Jateng Gayeng

• Kemlethak

Mongkoging Rasa

• Cluthak

Macapat

Isra' Mi'raj Mukjijat Ingkang Sanyata

30 Sanggit

Sing Lugu Kepalu

32 Oncek-Oncek

Harmonisasi : Ide, lmajinasi lan Kasunyatan

33 Ngudarasa

Murih Basa Jawa Lestari

34 Kabudayan

Weweden lan Lestarine Lingkungan

Budi Pekerti

Cak-cakane Tembung Siram lan Ngendika

Resensi Buku

Kumpulan Cerkak Kang Sugih "Rasa Jawa"

SUSUNAN REDAKSI

Penanggung Jawab : Dr. Tirto Suwondo M.Hum ~ Pemimpin Utama : Drs. Suryo Handono, M.Pd ~ Pemimpin Redaksi : Kustri Sumiyardana, S.S., M.Hum ~ Sekretaris Redaksi : Sunarti, S.S., M.Hum ~ Reporter : 1. Drajat Agus Murdowo, S.S., M.A, 2. Akhid Anshori Setiawan, A.Md ~ Redaktur Pelaksana: 1. Yan Tohari, 2. Bambang Sulanjari, M.A. 3. Widiyartono, 4. Triman Laksana ~ Redaktur : 1. Mochammad Fikri, S.S., 2. Tri Wahyuni, S.S., 3. Umi Farida, S.S., 4. Sutarsih, M.Pd.,~ Desain Grafis dan Tata Letak: Surya Purnomo, S.Ds. ~ Ilustrasi: Ahmad Rofiq~Keuangan: Lungid Ismoyo Putro, M.H~Sirkulasi: 1. Lely Siti Fatimah, S.E., M.Si, 2. Slamet Priyono, S.E., 3. Agus Sulistyo.

BALAI BAHASA JAUNA TENGA PENYERAHAN PENGHARGAAN PRASIDATAMA DAN HADINHHGMBA BALAI BAHASI AWIENGAH

Gawe Aji Basa Indonesia Lumantar Prasidatama

SMA Semesta Semarang munggah ing panggung nduduhake kaprigelane ing babagan musikalisasi puisi kanthi nembangake puisine sastrawan Semarang Handry Tm. Foto: Widiyartono R

BALAl Bahasa Jawa Tengah ngambali maneh nggelar pahargyan Penghargaan Prasidatama kanggo lembaga utawa pawongan kang kabiji ngetrapake bahasa negara, yaiku basa Indonesia ing ruang publik kanthi apik lan bener. Pahargyan iku digelar di Hotel Patra Convention, Jalan Sisingamangaraja Semarang,

Rebo 20 November 2019 kepungkur.

Kepala Balai Bahasa Jawa Tengah Dr. Tirto Suwondo, M.Hum. ngendikakake menawa adicara mengkene iki penting dileksanani, amarga warga Jawa Tengah bebarengan karo Balai Bahasa Jawa Tengah ing wektu 10 taun lumaku iki nganakake kegiyatan njaga ajine (memartabatkan) basa Indonesia.

"BBJT nindakake ngupaya supaya basa Indonesia tetepi aji, duwe martabat lan uga mbiji kepriye basa Indonesia digunakake ing ruang publik. Amarga wis sepuluh taun kepungkur Undang-Undang No. 24 Tahun 2009 tentang tentang Bendera, Bahasa, dan Lambang Negara, serta Lagu Kebangsaan

diundhangake lan wis terbit uga Peraturan Presiden sing ngandharake menawa basa Indonesia kudu duwe martabat," ujare Dr. Tirto Suwondo.

Sing gawe mongkog, kandhane Dr. Tirto, Provinsi Jawa Tengah ing taun 2018 oleh Penghargaan Adibahasa saka Kemendikbud, amarga kabiji minangka provinsi kang kasil nggunakake basa Indonesia ing ruang publik kanthi apik. "Senajan kudu disadhari yen nyatane isih kudu diupayakake kanggo kepriye carane murih saya apik kanthi ora kemba, kudu terus ditindakake,"celathune.

Penghargaan Prasidatama wis

katindakake dening Balai Bahasa Jawa Tengah wiwit taun 2013. Lan ing rong taun lumaku iki ana owahowahan, penghargaan sing diserahake ora mung kanggo pawongan, nanging uga kango prodhuk arupa buku lan uga kanggo lembaga kaya dene sekolah, kantor, instansi kang dibiji duwe kawigaten migunakake basa Indonesia kanthi bener lan apik.

Kategori

Kategori penghargaan Prasidatama taun 2019 iki yaiku ana nem kategori. Kategori kapisan migunakake basa Indonesia ing kabupaten/kota ing Jawa Tengah,

PENYERAHAN PENGHARGAAN PRASILATAMA DAN BALAL

Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Pati nampa penghargaan Prasidatama saka Kepala Balai Bahasa Jawa Tengah, Dr. Tirto Suwondo. Foto: Wiedya Wiryaatmaja

migunakake bahasa Indonesia kang apik lan bener ing SMK sa-Jawa Tengah, ing Dinas Pendidikan kabupaten/kota laladan Jateng. Banjur uga penghargaan kanggo antologi cerita pendek, antologi puisi, lan buku novel kang diterbitake dening penerbit ing Jawa Tengah.

Pancen, Pak Tirto ngakoni, greget kanggo melu ing kegiyatan ini durung gawe mongkog, amarga Dinas Pendidikan, pemkab/pemkot, lan SMK sing ngirimake berkas kanggo melu ing swayambara iki isih sithik banget tinimbang akehe wilayah ing Jawa Tengah sing cacahe 34 pemkab/pemkot.

Sawise tim juri nindakake verifikasi lan naliti berkas-berkas sing dikirim, lan uga ana "tim rahasia" sing nekani lembaga utawa sekolahan sing mlebu nominasi sabanjure katetepake Dinas Pendidikan sing nggunakake basa Indonesia kanthi apik lan bener yaitu Dinas Pendidikan Kabupaten Demak, lan loro kang dadi nomine yaiku Dinas Pendidikan Kabupaten Pati lan Dinas Pendidikan Kabupaten Blora.

Ing kategori SMK, kapiji sing nampa penghargaan yaiku SMK

Negeri 1 Pati lan rong nomine yaiku SMK Negeri 1 Purworejo lan SMK Negeri 1 Purwodadi. Banjur Pemerintah kabupaten/kota sing oleh penghargaan yaiku Pemerintah Kabupaten Pekalongan lan nomine loro yaiku Pemkab Purworejo lan Pemkab Wonogiri.

Kanggo antologi puisi sing oleh penghargaan Yusuf AN kanthi irahirahan Hikayat Sri, banjur nomine loro yaiku Yuditeha antologi Dolanan lan Soekoso DM antologi Mozaik yang Tercabik.

Kanggo antologi cerpen Pipiek Isfianti minangka pemenang kanthi irah-irahan Janji Sri lan rong nomine Ary Yulistiana (Suatu Pagi di Karlovy Vary) lan Yoyok Dwi Prastyo (Eksperiman Jin Botol). Eman, kanggo buku novel ora ana sing antuk nugraha minangka pemenang,mung kapiji rong nomine yaiku Panji Suka kanthi irah-irahan Astungkara lan Andri Saptono irahirahane Martir.

Ing adicara kang kaleksanan luwih saka limang jam iku, paling ora dirawuhi 300-an tamu saka maneka komunitas seni lan budaya kang sumebar ing saindhenging Jawa Tengah. Kejaba acara nampa

penghargaan, uga ana musikalisasi puisi saka SMA Semesta Semarang lan uga Joshua Igho lan wacan cerpen dening Pipiek Isfianti sarta maca puisi dening Yuditeha. (Wiedya Wiryatmaja)

ENGHARGAAN ATAMA LOMBA WA TENGAH mber 2019

Pipiek Isfianti, sastrawan saka Kudus kang nampa penghargaan saka kumpulan cerita pendek sing kasil menang lan antuk Prasidatama. Foto: Widiyartono

Jagat Modheren

ing Sajeroning Kembang Pasren

Dening: Jefrianto

Ana kang nyebut menawa sastra Jawa kuwi "sastra ndesa". Panemu kasebut nyata tanpa wewaton. Sarworo Soeprapto (1989) mratelakake menawa akeh pengarang Jawa kang dedunung ing kuthakutha cilik (kabupaten/kecamatan). Kahanan geografis kang dialami iku mangaribawani obyekobyek kang digarap. Yen saupama obyek critane babagan wong kutha, kang digarap biyasane masarakat kutha kang isih komunal lan tradhisional sipate.

Panemune Sarworo nyata-nyata isih nemu gathuke ing jaman saiki. Cerkak-cerkak kang muncul isih akeh kang nyaritakake kahanan desa lan rerupan tradhisional. Durung patia akeh cerkakcerkak kang nggarap kutha lan rerupan modheren. Sanadyan mangkono, temtu bae cerkak-cerkak kang isih minor cacahe iku dudu babagan kang bisa disepelekake.

Kita bisa nyekseni obyek kutha lan rerupan modheren iku ana ing kumpulan cerkak Kembang Pasren (2017) karyane Impian Nopitasari. Saka selikur cerkak kang dimot ing kumpulan cerkak kasebut, paling ora ana patang cerkak kang nuduhake gambaran kutha lan rerupan modheren kang kuwat. Gandaning alam modheren iku bisa ditemoni sepisanan ing cerkak "Es Susu Soklat, Tesis 378, lan Dhasi Kupu".

"Iki dudu sing sepisanan aku ngonangani kenya jilbaban siji iki ing warung susu segar cedhak Akademi Teknik Mesin (ATMI) kene."

Saka pethikan ing ndhuwur, cetha banget papan panggonan kang dienggo minangka latar crita yaiku sawijining perguruan tinggi. Perguruan tinggi pancen kadhang kala mapan ing desa, nanging, lingkungan sajeroning perguruan tinggi temtu bae mujudake modherenitas kang wis ora bisa sinebut ndesa.

"Nggarap tesis neng sandhinge mbak-mbak aneh iki kok ya ora konsentrasi blas. Akeh pitakonanpitakonan ing sirahku."

Pethikan ing ndhuwur tansaya nuduhake modherenitas ing cerkak "Es Susu Soklat, Tesis 378 lan Dhasi Kupu". Tesis mujudake pagawean sawijining mahasiswa/i pascasarjana. Pagawean kaya mangkana cetha dudu pagawean tradhisional kaya kang asring ditemoni ing alam padesan.

Wujud modherenitas iku tansaya kuwat menawa nilik cerkak "Eseme Mas Sejarawan". Cerkak iki nganggo latar saka alam nyata, yaiku Balai Soedjatmoko.

"Tekan nggon dhiskusi aku lungguh, njipuk makalah, karo ngrungokake wedharane Mbak Setya..."

Dhiskusi lan makalah neng pethikan ing ndhuwur dadi pituduh babagan kegiyatan kang ana gandheng cenenge karo modherenitas. Dhiskusi sajane pancen ora beda karo rerembugan. Ananging, dhiskusi ing cerkak "Eseme Mas Sejarawan" dudu rembugan gagrak lawas. Rerembugan iku wis mujud kegiyatan kang luwih modheren kang dituduhake mawa anane makalah.

Latar cerkak "Kupon Keramat Uda Fajri" saemper karo latar cerkak "Es Susu Soklat, Tesis 378 lan Dhasi Kupu". Latar kang digunakake yaiku lingkungan kampus.

"Kuliyah jam iki kok rumangsaku suwene eram. Dhosene ngomong apa wis mbuh mung mlebu kuping tengen metu kuping kiwa alias bablas."

Kanthi pethikan ing ndhuwur, kita wus bisa oleh sithik gambaran manawa karyane Impian iki nyoba uwal saka panemu sastra ndesa. Desa iku uga ora katemokake ing cerkak "Lintang, Ndaru lan Pulung". Latar cerkak kasebut migunakake latar asli saka alam nyata, yaiku Taman Balekambang.

"Gedhong kethoprak Balekambang bengi iki rame banget ora kaya padatane."

Sanadyan kethoprak iku sipate tradhisional, kang diarani gedhong kethoprak nyata-nyata anane ing kutha. Pagelaran kethoprak gagrag ndesa mesthi bae nir-bathi, aliyas gratis. Beda karo gedhong kethoprak kang majibake tuku karcis.

"Generasi mudha racake padha pilih nonton pilem neng bioskop tinimbang nonton kethoprak, senajan karcise mung Rp. 10.000,-."

Wujud kutha lan rerupan modheren ing Kembang Pasren paling ora menehi pituduh marang kita kabeh, mligine para sutresna Jawa, manawa panemu babagan sastra Jawa minangka sastra ndesa wis ora trep maneh. Sastra Jawa saiki wus luwih fleksibel.

Babagan iki bisa ditemu nalar sabab akeh pengarang Jawa kang saiki manggon ing kutha. Dadi, ora mokal crita kang yinasa mawujud kutha lan rerupan modheren. Kaya Impian dhewe, minangka pengarang buku kang dirembug iki. Impian mujudake pengarang kang uripe asring ing kutha. Sinebut mangkono sabab Impian iku pengarang kang asale saka desa ing Grobogan, ananging luwih asring ing Surakarta. Ngangsu kawruh lan nempil kamukten mesisan ngreronce karya sastra Jawa ing kutha kang kawastanan Spirit of Java.

Cerkak-cerkak kang dirembug ing tulisan iki wis apik. Kari nuju pangolahan kang luwih jero, luwih sublim maneh. Pangolahan kutha lan alam modheren ing saperangan cerkake Impian isih mawujud minangka latar. Muga-muga ing mengko kutha lan rerupan modheren iki bisa ginarap kanthi luwih jero, nunjem ing hakekat dening Impian utawa pengarang-pengarang liyane.

Sastra Jawa nyata-nyata sastra sing luwes. Jaman gumanti, sastra Jawa isih bisa manunggalake dhirine kanthi apik lan trep. Sipat kaya mangkana mujudake sasmita tumrap para sutresna Jawa, mligine pengarang, supaya luwih kreatif, luwih mahami sakiwa tengene minangka modhal kuwat anyiptakake karya sastra Jawa kang mumpuni. Manjing ajur ajer jaman.

NqupadliJejegipun BasaJlana

Dening: Tukijo*)

irembagan babagan kawontenanipun basa Jawa P menika bokmenawi boten bakal purna. Awit kawontenanipun basa Jawa menika gumantung tiyang Jawa. Ingkang dipunwastani tiyang Jawa menika, tiyang ingkang panci gadhah tedhak turunipun sesepuh Jawa, menapa dene tiyang Jawa ingkang mapan ing laladan pundi mawon. Kasunyatan basa Jawa tansah dados sarana wicantenan antawisipun tiyang ingkang nindakaken wawan pangandikan. Nanging jumbuh kaliyan ewah gingsiring kawontenan, basa Jawa ugi nemahi maneka pacoban. Kados dene wontenipun basa manca, kalebet ugi basa alay para mudha lumantar medhiya sosial. Kanthi nitik kahanan kasebat, kenging menapa basa Jawa kedah jejeg?

Boten saged dipunselaki bilih basa Jawa lumantar tembung-tembung ingkang wonten menika tansah nyengkuyung basa nasional. Kejawi menika, tembungtembung kasebat nedahaken bilih basa Jawa menika sugih tembung. Kanthi menika ateges basa Jawa saged gesang lestantun. Ing sadhengah papan lan pasamuan, basa Jawa tansah dipun-ginakaken tumraping tiyang Jawa.

Basa Jawa ing laladan Jawa Tengah mawon kathah wujud tetembungan ingkang maneka warni, kalebet dhialek-dhialek. Maneka dhialek kasebat kados ta dhialek panginyongan (Banyumas), dhialek Tegal, Surakarta-Yogyakarta, dhialek Pekalongan, lan dhialek

Wonosobo. Sedaya menika nedahaken bilih basa Jawa panci basa ingkang saged lestantun.

Ing tataran kawruh basa utawi paramasastra, basa Jawa ing jamanipun nedahaken basa ingkang "istimewa". Ing antawisipun katitik saking leksikonipun. Leksikon miturut Kridalaksana, perangan basa ingkang ngemot sedaya babagan teges lan pigunanipun tembung ing salebetipun basa, kalebet leksikon ing basa Jawa. Pramila, dhialek-dhialek basa Jawa menika ugi kedadosan saking maneka leksikon dhialek lokal. Kanthi menika, kita kedah gadhah seserepan ingkang paripurna ing babagan basa Jawa. Dados, basa Jawa boten namung setunggal dhialek. Wonten maneka dhialek ingkang tuwuh lan ngrembaka nyengkuyung basa Jawa.

Basa Jawa panci tansah dipun-ginakaken ing sesrawungan, nanging boten ateges basa Jawa menika basa ingkang awrat utawi kepara gampil. Saperangan generasi sepuh tetep pitados bilih basa Jawa tansah gesang lan lestantun. Basa Jawa boten badhe pejah, nanging tansah nemahi ewah-ewahan. Pramila bokmenawi basa Jawa kedah nut ing jaman. Ewahewahipun basa menika kajumbuhaken kaliyan para mudha ingkang kirang mangertosi babagan kawruh basa kasebat.

Ingkang ndadosaken basa lan sastra Jawa boten badhe pejah, kaping setunggal, tradhisi kasusastran Jawa ingkang sampun mbalung sumsum, sumebar ing bebrayan agung, wiwit wonten kraton, bebrayan agung, lan kawula alit. Buktinipun kathah sanget wujud kawruh basa ing serat-serat susastra Jawa, kados ta serat Tripama, Kalatidha, Wedhatama, Ajipamasa, ugi Wulangreh. Kaping kalih, taksih wonten tradhisi mantenan kanthi pawiwahan. Wontenipun pawiwahan mujudaken kasunyatan bilih basa Jawa taksih gesang. Kaping tiga, wontenipun paimpunan kabudayan ingkang taksih gesang. Kanthi tetiganipun menika kita pitados bilih basa Jawa badhe lestantun.

Nitik ing andharan kasebat, cetha menawi ing kawruh basa Jawa menika ngandhut maneka pitutur luhur. Contonipun, ing wicantenan mawi basa Jawa, antawisipun para mudha nalika matur dhateng para sepuh temtu mawon ngajeni, ngurmati, kanthi ragam krama alus. Babagan menika nedahaken bilih basa Jawa saestu nuwuhaken maneka tumindak kasusilan. Liripun saged amemangun karakter ingkang samangke radi kirang cetha.

Jumbuh kaliyan andharan kasebat, bilih wontenipun undha-usuking basa lan dhialek-dhialek basa Jawa menika nedahaken bilih basa Jawa tansah saged gesang ing samadyaning maneka kawontenan ing samadyaning bebrayan ageng. Inggih menika bebrayan kanthi nengenaken kasusilan, urmat, lan andhap asor minangka titahing GustiAllah.

Kados sampun kawuningan bilih samenika kawontenan basa Jawa sampun boten jejeg malih. Para mudha sambat menawi kedah wicantenan mawi basa Jawa. Maneka alesan, wiwit saking leksikonipun ingkang maneka wujud, undha-usuking basa, lan traptrapanipun. Kejawi menika, pranyata wicantenan mawi basa Jawa menika kedah jumbuh kaliyan swasana batin ing micanten. Kamangka para mudha (milenial) mbetahaken sinau basa ingkang gampil, lan ugi langkung komunikatif. Bab menika ingkang kedah dipungatosaken dening kita minangka para praktisi, dwija, ugi para sutresna basa lan sastra Jawa.

Paramasastra Jawa ugi dados perkawis dening para mudha. Awit paramastra Jawa menika panci boten gampil. Pramila menika, mbetahaken babon paramasastra ingkang sae. Kados ta, Paramasastra Padmosoedarmo. Kejawi menika saged ugi kita mbikak bausastra. Bausastra Jawa kados ingkang kaanggit dening Purbatjaraka menika salah setunggalipun wujud bausastra ingkang taksih wonten.

Supados wujudipun bausastra menika gampil dipunsinaoni, bausastra saged kadamel kanthi aplikasi ingkang sae. Modhel aplikasi bausastra mobile menika gampil. Saking menika para mudha langkung gampil sinau ing pundi papan. Pramila sedaya menika mbetahaken greget lan gumregahing manah.

Kanthi sarana bau sastra online kasebat, paling boten nyamaptakaken bausastra ingkang langkung gampil. Cak-cakanipun ing pawiyatan, siswa saged pados tembung basa Jawa kanthi sarana menika. Kanthi menika ugi, pangajab basa Jawa langkung dipunremeni

dening para mudha.

Jumbuh kaliyan menika, pangangkah ngadhepi jaman milenial, kita tansah eling. Basa Jawa kedah gesang lan lestantun. Ateges, para mudha Jawa kedah mangertosi basa Jawa lan ngecakaken wicantenan mawi basa Jawa. Basa Jawa saged langkung gampil ing cak-cakanipun.

Kanthi nitik kawontenan menika, pramila kedah wonten pambudidaya amrih basa Jawa menika jejeg lestantun. Sedaya kedah cancut tali wanda, saiyeg saeka praya, netepi jejering tiyang Jawa ingkang nggadhahi sesanti "sadumuk bathuk sanyari bumi". Kedah dipunwujudaken kanthi tumindak, boten namung tetembungan ingkang tebih saking kasunyatan.

Sepisan, undha-usuk basa ingkang awrat tumraping para mudha, kedah dipun "reproduksi" kanthi wujud ingkang langkung ringkes. Babagan menika amrih jumbuh kaliyan kawontenanipun para mudha, langkunglangkung ing jaman milenial. Boten namung menika, basa Jawa ugi kedah njumbuhaken kaliyan kawontenan. Menapa malih ingkang nembe mawon katelah kanthi revolusi industri 4.0.

Generasi mudha tansah kepincut ing sarana ingkang modern, praktis, lan gampil. Menika ingkang nedahaken ewah-ewahan kahanan ingkang saestu dumadi. Pramila basa Jawa kanthi wosing kawruh kedah saged njumbuhaken sedayanipun. Umpaminipun, wonten kawruh bebasan, parikan, candrasengkala, lan saloka kedah dipunmangertosi. Kejawi menika, jinisipun tembung-tembung kedah saged, kados ta tembung kriya, tembung saroja, lan tembung entar.

Cak-cakanipun basa Jawa ing kampanye pemilu ugi tansah katingal kanthi cetha. Mliginipun ing pundi papan wonten reklame calon ingkang ngginakaken basa Jawa. Kanthi wujud ingkang maneka warni. Wonten ingkang ngginakaken paribasan, parikan, lan sanesipun, kados ta "Ayo, pilih wae sing tekun, teges, lan bener!", "Kanggo rakyat kang mukti lan sayekti." Unen-unen kasebat nedahaken bilih basa Jawa sampun mlebet ing basa kampanye politik. Menika nedahaken bilih basa Jawa taksih jumbuh ing jamanipun.

Wujudipun kawruh menika sejatosipun kathah cakcakanipun ing bebrayan. Kados ta bebasan, menika wujudipun tembung ingkang saestu ngemot kawruh basa Jawa ingkang sae. Para mudha samenika kirang mangertosi wujud tembung menika. Pramila saking menika, kita kedah mbudidaya amrih basa Jawa dados manjila ing samadyaning bebrayan. Wusananipun, para mudha ugi kedah gumregah njejegaken lan nglestatunaken basa Jawa.

*) Dwija Basa lan sastra Jawa SMP 17 Semarang/ Pangarsa MGMP SMP Kota Semarang

BASAKUPENGINYONGAN

Pambudidaya Cilik Nglestarekake Dhialek Penginyongan (Banyumasan) ing Era Milenial

Dening: Supangat*)

Nganti sekiye meh kabeh sekolah neng Jawa Tengah, mligine neng tlatah Banyumas Raya, mata pelajaran Bahasa Jawa ngetutaken pakem basa Jawa Mataraman, nanging bab kuwe ora ditolak jalaran pembelajaran Bahasa Jawa sing adhedhasar basa Jawa Mataraman kasebut ngemot pamulangan babagan sesikep lan tata krama. Anane unggah-ungguhing basa Jawa bisa diarani mujudaken salah sawijine strategi politis sing dumadi wiwit abad kaping 16 lan sengsaya rumasuk wiwit panjajahing Walanda sing nyengkuyung nguwataken panguwasa Jawa lan 'memfeodalkan'sesambungan ing antarane panguwasa karo rakyate, mangkono miturut Benedict Anderson.

Senajan kaya kuwe, menawa kawawas lewih tliti, undha-usuking basa kasebut pancen prelu diwulangaken lan dilestarekaken, dudu minangka wujud feodalisme ananging sawijine sikep unggah-ungguh. Basa Jawa baku sing diwulangaken neng sekolahan kudu tetep lumaku. Mung bae menawa sing diwulangaken kuwe mung basa Jawa dhialek Mataraman, njuran bakal ngurangi seserepan siswa maring tetembungan basa Jawa dhialeke dhewek, uga neng babagan kesenian utawa carane guneman.

Porsi pasinaon basa Jawa wektu kiye pancen gumantung maring kawicaksanane para panguwasa tlatahe dhewekdhewek, nanging umume pasinaon basa Jawa mung rong jam pelajaran utawa 80 menit saben minggune. Wektu sing mung sethithik kasebut temtu ora nguntungaken banget, sebab sing diwulangaken mung basa Jawa baku. Babagan kuwe mesthi bae bakal dadi masalah atawa prekara mbesuk tembene, utamane gegayutan karo basa Jawa logat tlatahe dhewek-dhewek sing sebenere uga prelu diwulangaken.

Ancas tujuane tulisan kiye yakuwe nawakaken sawijining panemu (gagasan) babagan pasinaon basa Jawa logat Penginyongan (Banyumasan). Pasinaon basa Jawa logat Penginyongan (Banyumasan) neng SMP temtu uga kanggo mujudaken amanat sekang UUD 1945 pasal 32 sing ngandharaken menawa: ayat 1)Negara memajukan kebudayaan nasional Indonesia di tengah peradaban dunia dengan menjamin kebebasan masyarakat dalam memelihara dan mengembangkan nilanilai budayanya, dan ayat 2) Negara menghormati dan memelihara bahasa daerah sebagai kekayaan budaya nasional.

Neng tlatah sing nduweni basa dhewek sing tansah diuriuri lan diurip-urip dening rakyate kanthi seapik-apike, basa kuwe bakal diurmati lan dijaga, sarta diupakara dening negara. Lan uga basa-basa kuwe mujudaken seperangan sekang kabudayan Indonesia sing esih urip. Adhedhasar UUD 1945 kasebut, mula sengsaya trewaca fungsi basa Jawa logat Pengiyongan (Banyumasan) tumrape masrakat neng tlatah Banyumas Raya. Supayane kuwat lan nambahi warna-warnining basa Jawa mulane maneka warna logat basa Jawa uga prelu lan butuh banget kanggo digatekaken lan dilestarekaken. UUD 1945 sing sinebut neng ndhuwur kaya-kayane pamarentah durung migatekaken. Durung dileksanakaken kanthi maksimal. Babagan kuwe bisa kadeleng sekang kawigatene pamarentah maring mata pelajaran Bahasa Daerah, mligine basa Jawa.

Panulis minangka guru Basa Jawa SMP neng SMP Negeri 1 Kalimanah Kabupaten Purbalingga, sarta lagi katiban sampur kaparingan amanat minangka Ketua MGMP Bahasa Jawa SMP Kabupaten Purbalingga, rumangsa terpanggil

Sumber:Kongres Bahasa Jawa(1993) FAD tirtod Dialek Banyumasan Dialek Banyumasan/Ngapak adalah kelompok bahasa masyarakat Jawa Tengah Banyak kata dalam dialek bagian barat (Eks Karesidenan Banyumasan yang berakhiran "a" Banyumas hingga sebagian sementara di Jogja/ Solo Eks Karesidenan Pekalongan) berakhiran "o" Banyumasan Jogja/Solo Artidalam Bahasa Indonesia Perbedaan dari dialek pira piro berapa Yogyakarta/Solo sembilan sanga songo sega sego nasi Intonasi konsonan "g. k, d, b" dalam dialek Banyumasan diucapkan ngapa ngopo kenapa keras-senangat, dalam dialek Jogja/Solo lemah-tak semangat ORA NGAPAK Banyumasan Jogja/Solo ORA KEPENAK! gberubah kreteg g tetapg jadi k k hampir tak bapak K tetap k terdengar d berubah jagad d tetap d jadi t d berubah lembab b tetap b jadi p (Ngapak)

kanggo ngenalaken maning lan ngurip-urip maning basa Jawa mligine logat Penginyongan (Banyumasan) maring para siswa minangka salah sawijine pambudidaya nglestarekaken budaya Banyumasan utamane neng babagan basa. Minangka tindak lanjut sekang keterpanggilan kanggo nglestarekaken lan nguri-uri kearifan lokal sing wujude basa Penginyongan (Banyumasan), mula panulis bebarengan karo kanca-kanca guru Basa Jawa SMP se-Kabupaten Purbalingga nyoba lan Alhamdulillah wiwit taun pelajaran 2017/2018 kasil gawe buku materi ajar mata pelajaran Bahasa Jawa Penginyongan (Banyumasan) sing diwenehi sesirah Basaku Penginyongan. Babagan kasebut linandhesan ngelingi sedurunge kabeh sumber belajar mata pelajaran Bahasa Jawa nggunakaken basa Jawa baku (logat Mataraman).

Buku materi pelajaran basa Jawa Basaku Pengiyongan disusun adhedhasar Kurikulum Muatan Lokal Provinsi Jawa Tengah. Sanjerone buku kasebut ana materi babagan crita, dongeng, warta, lan tembang macapat sekang Serat Wulangreh anggitane Sri Susuhunan Pakubuwana IV. Kabeh materi kasebut nduweni ancas tujuan kanggo nglatih para siswa supayane wasis lan trampil basa Jawa, mligine basa Jawa logat Penginyongan kanthi tetep njaga unggahungguh lan suba sita.

Pangarep-arepe, buku materi pelajaran basa Jawa Basaku Penginyongan sing panyusune kadhasaraken kearifan lokal sing ana neng tlatah kabupaten Purbalingga bakal mupangati lan nambah seserepan siswa ngenani kabudayan sing ana neng tlatahe dhewek yakuwe Kabupaten Purbalingga. Bisa diarani menawa buku materi pelajaran basa Jawa Basaku Penginyongan sing dienggo minangka sumber pembelajaran neng SMP Kabupaten Purbalingga mujudaken strategi kanggo nguwataken kesatuan dan persatuan Indonesia, mligine Jawa.

Optimisme sing muncul sekang panemu/gagasan kiye, senajan akeh pepalang sing bakal teka, ing besuk tembene pasinaonan basa Jawa Penginyongan (Banyumasan) bakal dadi mercusuar kanggone basa dhaerah liyane neng Indonesia supaya lewih ngenal jati dirine tanpa ninggalaken persatuan lan kesatuan Indonesia. Seserepan lan wawasan dhaerah liya kanthi logat sing beda-beda bakal ndadekaken siswa sengsaya siyap ngadhepi persaingan embuh kuwe asipat regional, nasional, apa dene internasional, sebab para siswa wis disangoni kanthi unen-unen aja kagetan, aja gumunan, aja melikan, lan aja dumeh.

*) Supangat, S.Pd., Guru Basa Jawa SMP N 1 Kalimanah, Purbalingga

Puisi Tegalan Bisa Kanggo Piwulangan Basa Jawa Siswa Ngapak

Dening: Geni Purbatini *)

uisi kuwe salah sijine karya sastra sing P disenengi dening masarakat utawa penikmat karya sastra, sebabe kanthi puisi sakabehing panguneg-uneg sing ana neng ati utawa imajinasi bisa diekspresikna nganggo tembung-tembung sing indah. Manut Wahyuni (2014) puisi kuwe salah sijine bentuk karya sastra sing diwujudna nganggo tembungtembung sing indah lan nduweni makna. Sangger manut Pradopo (2017) puisi kuwe ekspresi pamikiran sing bisa nukulaken rasa imajinasi pancaindra sing susunane nduweniirama.

Puisi Tegalan kuwe salah sijine jenis geguritan/ puisi Jawa sing digawe daning sastrawan-sastrawan sing ana neng dhaerah Kabupaten Tegal, Kota Tegal, Brebes, lan Pemalang sing nggunakna dhialek Tegalan. Puisi Tegalan strukture padha karo puisi modern sing ora manut aturan-aturan kaya puisi Jawa kuna. Struktur fisik lan batin sing ana neng puisi Tegalan padha karo geguritan utawa puisi Jawa modern. Amerga puisi Tegalan padha karo puisi Jawa modern/geguritan mula puisi Tegalan nduweni kebebasan aturan sing diarani licentia poetica lan licentia gramatica artine nduweni kamardikan nggunakna basa, kamardikan nggunakna pamilihe tembung, lan kamardikan ngudharaken makna lan pesen. Merga kamardikan nggunakna basa, tembung, lan makna kuwe ngakibatna puisi Tegalan luwih gampang diterima daning masarakat Tegal lan sakupenge soale basa sing digunakna nganggo basa Jawa dhialek Tegalan.

Piwulangan basa Jawa sing diwulangna neng Jawa Tengah umume nggunakna buku-buku sing basa pengantare basa Jawa standar. Kondhisi kiye ngakibatna siswa-siswa sing ana neng dhaerah ngapak krasa kangelan, mergane akeh tembung-tembung sing ora dipahami lan ucapane ya beda. Mula sabisa-bisane guru sing mulang neng dhaerah sing basane ngapak kudu bisa nggoleti cara, metode utawa bahan ajar supaya materi utawa piwulangan bisa lancar lan murid seneng bisa nrima apa sing diajarna. Puisi Tegalan bisa dadi salah siji solusi kanggo bahan ajar utamane materi geguritan neng pamulangan basa Jawa apa kuwe neng tingkatan SD, SMP, SMA/SMK sing ana neng dhaerah sing basane ngapak.

Alesane puisi Tegalan bisa dadi bahan ajar kanggo piwulangan basa Jawa yakuwe:

1. Basane ngapak

Puisi Tegalan karyane para sastrawan Tegal sing

biasane nggunakaken bahasa Jawa dhialek Tegal, mula puisi kiye pas nemen yen digunakaken kanggo piwulangan basa Jawa khususe materi geguritan. Amerga materi geguritan sing diwulangaken neng sekolah-sekolah biasane nggunakna conto geguritan nganggo basa Jawa standar sing umume kanggo siswa sing ana neng dhaerah ngapak krasa angel soale tembung-tembunge akeh sing ora paham lan pocapane ya beda, mesthine kiye nyebabna siswa kangelan ari maca lan ngerteni isine geguritan. Alesan kiyelah sing ndadekna puisi Tegalan bisa kanggo materi ajar neng piwulangan basa Jawa.

2. Isine nggambaraken kondhisi sosiologi masarakat dhaerah ngapak.

Saben-saben karya sastra mesthi nggambaraken sosiologi utawa kondhisi masarakat wektu karya sastra kuwe digawe, kaya apa sing dingendikakna Wellek lan Werren (1990), literature is an expression of society sing artine sastra kuwe ekspresi perasaan masarakat. Kaya kuwe uga puisi Tegalan sing umume isine nggambaraken kondhisi sosial masarakat Tegal karo dhaerah sakupenge.

Contone neng puisi karyane Dwi Ery Santoso kang ana neng buku Republik Tegalan terbitan Balai Bahasa Jawa Tengah sing judhule "Iwak Sontong Diwadhahi Ketel" sing monine :

Iwak sontong diwadhahi ketel

Angger ana wong ngomong aja ndadak jengkel Kyeh pati-pati nyong mlocoh tresnane maring kowen

Lantaran perkarane doyan goroh

Cuwilan saka puisi neng ndhuwur nyebutna tembung iwak sontong sing klebu salah sijine jenis iwak cumi. Masarakat dhaerah Tegal lan sakupenge ngenal iwak cumi ora mung sajenis tapi ana jenis sontong, blekutak, lan gurita . Aran jenis-jenis iwak cumi mau tentune beda karo neng dhaerah liyane. Ana maning tembung ketel. Angger neng dhaerah Tegal tembung ketel kuwe padha karo teko. Tapi neng dhaerah wetan tembung ketel kuwe papan nggo ngliwet sing ana cekelane. Saka contoh tembungtembung mau jelas nggambaraken basa lan kebiasaane wong dhaerah Tegal lan sakupenge.

Ana maning cuwilan puisi sing nggambaraken kondisi masarakat Tegal khususe Kota Tegal sing jaman semono dipimpin dening panguwasa sing ora amanah yakuwe puisi karyane sastrawan Tambari Gustam sing judhule "Ora Nyangka" sing monine:

Ora nyangka

Wong sing katone ayu jebule koruptor

Wateke kotor ora gelem tekor

Malah anak buahe dipaksa kon pada setor Nyong ora nyangka Jebul rika durjana Molane wong Tegal pada gela Ora lila dipimpin rika emut sadulur, aja maning-maning dibodoni wong sing model sintren jejogedan padahal prilakune kaya wong edan kesurupan setan

Saka cuwilan puisi sing judule "Ora Nyangka" neng ndhuwur jelas nggambaraken keadaan masarakat Tegal sing krasa kecewa karo pimpinane sing jebul mung nggorohi thok, ora padha karo apa sing diarepna dening wong Tegal yen sawijine pemimpin kiye kudu ngayomi, nglindhungi lan nggawe makmure wong Tegal, ora malah dadi koruptor. Pemimpin neng puisi "Ora Nyangka"dipadhakna karo sintren. Sintren kuwe pawongan wadon sing nari diiringi tabuhan gamelan karo tembangan khas Tegalan lan sing nari ora sadhar kaya kesurupan.

Saka rong conto cuwilan puisi sing wis dicontohna mau, nyata yen puisi Tegalan bisa nemen kanggo bahan ajar neng piwulangan basa Jawa neng dhaerah Tegal lan sakupenge.

3. Bisa dijukut nilai-nilai pendhidhikan karaktere Pendhidhikan karakter sing diterapna neng pendhidhikan include neng saben proses pembelajaran sawijining mata pelajaran. Mula saben-saben mulang kudu disisipi pendhidhikan

karakter senajan ta ora disebutna secara eksplisit.

Manut Ratna (2004) pendhidhikan karakter kuwe upaya kanggo ndhidhik putra-putri eben bisa njukut keputusan sing bijak lan bisa mraktekna neng panguripan saben dinane eben bisa menei kontribusi sing positip kanggo lingkungane. Kanthi anane pendhidhikan karakter diarepna mengkone siswa-siswi nduweni karakter utawa sipat sing dewasa, bijak ari njukut keputusan lan bisa nerapna neng panguripan saben dinane. Saengga bisa dadi generasi sing tangguh ngadhepi kabeh problem urip, ora gampang nglokro lan putus asa.

Manut Kemdiknas (2010) pendhidhikan karakter ana 18 nilai yakuwe: religius, jujur, toleransi, disiplin, kerja keras, kreatif, mandiri, demokrasi, rasa ingin tahu, semangat kebangsaan, cinta tanah air, menghargai prestasi, bersahabat/komunikatif, cinta damai, gemar membaca, peduli lingkungan, peduli sosial, lan tanggungjawab.

Puisi Tegalan uga ngandhung nilai-nilai pendhidhikan karaktere sing bisa dijukut kanggo piwulangan basa Jawa, salah siji contone neng puisi karyane Eri Sudjono sing judule "Nglamun"

Nglamun

Jam siji bengi pikirane aku ngrambyang kelingan aku lair nang Tegal gede sampe tuwa nang Tegal Maning - maning pemimpine didombreng-dombreng rakyat krungu maning pemimpine pada rayahan brekat wetenge pada gede-gede loken pan diterus-terusna kota sing takalem-alem lan taksubya-subya iloken nang Tegal laka wong maning sing bisa dadi pemimpin bener? Ben magrib ana adan apa ora pada ngrungokna? rumangsane aku wong agamane Islam nabine Muhammad lan gusti Allah dadi panutan apa sebababe wong sing pada dadi pemimpin pada micek lan mbudeg? Ora eling jaman pilihan ora kemutan waktu kodrahan? Aku kudu kepriben loken iya wong Tegal wis laka sing duwe jiwa pemimpin? Maning-maning korupsi maning-maning rebut gemeder urusan komisi sing digedek-gedekna daning panguwasa pendhidhikan karaktere yakuwe nilai religius, jujur, demokratis, cinta tanah air, peduli sosial, lan tanggung jawab.

a. Nilaireligius

Puisi "Nglamun" nduweni nilai karakter religius diungkapna neng bait 3 baris 1-4 sing monine:

Ben magrib ana adan apa ora pada ngrungokna? rumangsane aku

wong agamane Islam

nabine Muhammad lan gusti Allah dadi panutan

Nilai religius mau nggambarna sifat keagamaan pengarange lan sing kudu diduweni sawijining pemimpin.

b. Nilai jujur lan tanggung jawab

Nilai karakter jujur lan tanggung jawab sing ana neng puisi "Nglamun" digambarna neng bait 6 :

Maning-maning korupsi

maning-maning rebut gemeder

urusan komisi sing digedek-gedekna

daning panguwasa

Bait 6 nggambarna sawijining pimpinan sing ora jujur ari nglakoni tugase, dhuwit sing kudune nggo rakyat malah nggo rebutan karo kanggo kepentingane pribadine dhewek. Neng bait kiye uga nggambarna pemimpin sing ora tanggung jawab utawa ora amanah. Pemimpin sing kudune makmurna rakyate malah rebutan komisi lan korupsi.

Nilai karakter tanggung jawab uga bisa dideleng neng bait 2 baris 1-4 sing monine:

Maning-maning pemimpine

didombreng-dombrengrakyat

krungu maning pemimpine pada rayahan brekat wetenge pada gede-gede

Neng bait 2 baris 1-4 mau nggambarna pemimpin sing ora amanah soale pemimpin mau nganti didhombreng-dhombreng/didhemo rakyate merga padha nglirwakna tanggung jawabe lan padha rayahan brekat (komisi) nganti wetenge gedhe-gedhe/kewaregen. Bait 6 kuwe klebu njelasna maksud sing ana neng bait 2.

c. Demokrasi

Nilai demokrasi neng puisi "Nglamun" bisa dideleng ana neng bait 4 baris 1-2 sing monine:

Ora eling jaman pilihan

ora kemutan waktu kodrahan.

Neng bait 4 ndhuwur nuduhna yen pemimpin dipilih secara demokrasi soale dijelasna neng baris kelorone sing ana tembung kodrahan (istilah Tegalan kanggo acara pemilihan sawijining kepala

utawa pemimpin nganggo coblosan langsung).

d. Cinta tanah air

Aku kudu kepriben

loken iya wong Tegal wis laka sing

duwe jiwa pemimpin?

e. Pedulisosial

Saka bait 2-6 sing dicontohna neng puisi "Nglamun" nuduhna yen panulis/penggurit nduweni rasa peduli marang kondhisi Tegal sing bolak-balik dipimpin dening penguwasa sing ora amanah. Pemimpin sing ora bisa nggunakna tugase kanggo kemakmurane rakyate.

4. Kanggo ngenalna lan ngembangna sastra Tegalan

Anane puisi Tegalan kanggo bahan ajar neng piwulangan basa Jawa neng dhaerah ngapak bisa digunakna kanggo ngenalna marang generasi mudha yen neng dhaerah Tegal lan sakupenge nduweni karya sastra sing digawe dening para sastrawan Tegalan lan perlu dikembangna supaya karya sastra Tegalan thukul subur saengga bisa terkenal nganti tingkat nasional sukur-sukur terkenal tekan manca negara.

Saka apa sing wis diurekna neng ndhuwur manut penulis, yen puisi Tegalan kuwe salah sijine wujud karya sastra sing dilairna dening penyairpenyair sing uripe neng daerah Tegal lan sakupenge saengga hasil karya-karyane ya nggambaraken kondisi sosial masarakat Tegal sakupenge lan basa sing digunakna nganggo basa Jawa dialek Tegal, kondisi kiye manut penulis pas nemen yen puisi Tegalan bisa digunakna kanggo bahan ajar neng piwulangan basa Jawa tingkatan SD/MI, SMP/MTs, SMA/SMK sing ana neng daerah Kabupaten Tegal, Kota Tegal, Kabupaten Pemalang lan Kabupaten Brebes. Nuwun.

*) Geni Purbatini, S.S., M.Pd., guru Basa Jawa sekang Tegal

Salah sijine siswa lagi maca puisi Tegalan sing judhule "Nglamun" karyane Erry Soedjono

dewi şinta

Dening: Suwardi Endraswara

Sadurunge nggelar lakon Sinta Robyong, Ki Wiji Puspanjala umak-umik sedhela. Dheweke namakake mantra. Ngiras-ngirus kanggo uluk salam, sinambi ngadhep sajen. Sajen mung diwadhahi takir wujud tumpeng robyong.

Tumpeng iku digawa kanthi laku dhodhok dening ki dhalang, tumuju belik ngisor gayam. Belik iku sing dianggep ngetokake banyu bening kanggo wong sak kampung.

Ki Wiji Puspanjala njlentrehake werdine sesajen wayangan, kanthi gamblang marang Mbak Kenanga. Mbak Kenanga pancen mahasiswa sing lagi ngelak bahan panaliten kanggo ngrakit dhisertasi. Dheweke wis pirangpirang wulan, nguber werdine bersih desa sing dumadi ing desa Randhu Kentir. Merga, bersih desa iki beda banget karo padatan. Kejaba sajene sing rada aneh, uga lakone wayang sing ora kaya biyasane.

"Lakone niki kudu disarati ngeten niki. Lakon Sinta Robyong, niki betah laku. Rapat kampung jare sing mutuske, kula rak mung kedhapuk nyabetke wayang. Boten namung tumpeng, Mbak, ning dijangkepi uripuripan, ayam dhere setunggal."

"Lha kok ayame dhere ndadak dicencang ngangge oyot napa niku Pak Dhalang?"

"Niki oyot wit sidaguri. Oyot niki le pados kanthi tapa mbisu nalika ngedhuk oyot. Cah sak niki pun boten sami tepang khasiate oyot niki."

Mbak Kenanga kang lagi nedheng-nedhenge gawe dhisertasi, manggut-manggut. Dheweke lagi nulis karya mirunggan bab etnobotani Jawa. Mula kang anggone wawan rembug marang dhalange pagelaran wayang bersih desa, nengenake bab sambung rapete tuwuhan karo budaya. Yen wis kebacut nyemplung ing donyane ritual, tuwuhan, lan wayang, Mbak Kenanga pancen kedudut atine. Mula ora entek-entek sing ditakokake marang dhalang lan wong-wong sing dianggep ngerti thek kliwere wayang bersih desa.

Kadhang kala ki dhalang kang kajibah nggelar lakon uga sok kentekan rembug. Mung wae, daya kawruhe dhalang pancen ngetuk tembung-tembunge, sok ora kurang lakon. Mbak Kenanga terus mburu pitakon-pitakon marang ki dhalang kondhang seka desa Waringin Garing. Sing ndudut banget kawigatene Mbak Kenanga yaiku lakone wayang, kok ora gayut karo dewi Sri, merga digelar ing adicara bersih desa. Sing uwis-uwis, saben bersih desa, mesthi nglakokake Sri Mulih.

"Yen bab lakon, dhalang kados kula nggih manut sing ngundang. Saged mawon kula othak-athik dados lakon carangan."

"Dados wayang kangge bersih desa boten kedah mawi pakem napa Ki?"

"Pakem niku yen tiyang kuna. Yen lare milenial pun dha sami nilar, sing baku wose kecepeng."

"Emmmm, cobi kula setele malih pentas Penjenengan wingi dalu. Kula kathah sing dereng ngertos. Jangkep kok rekaman kula."

"Nggih Mbak, mangga. Kula kathah damel sanggit, supados lare-lare enem boten nglepeh dhateng wayang, napa malih bab sesajen barang niku."

"Kok boten nglampahaken Sinta Gugat mawon ki? Sisan damel supados diremeni kawula mudha. Lare nem rak dha remen nggen gugat niku."

"Kangge bersih desa nggih boten trep Mbak. Kula saged disawat srandhal jepit dening penonton."

Mbak Kenanga monthak-manthuk, kebak pitakon nalika nyetel lakon Sinta Robyong. Sing marahi

nggodha pikirane Mbak Kenanga, yaiku nalika Dewi Sinta kaboyong ing Pancawati. Pancen ana sing beda karo padatan. Mligine patrape Dewi Sinta, kang adate sok diobong, kanggo nodhi kasetyane Sinta. Lakon Sinta Robyong iki pancen akeh sing nuwuhake pitakon.

Bola-bali Mbak Kenanga nyetel lakon wayang iku. Ewa semono tetep ana sing durung cetha tegese. Lakon wayang ing bersih desa kasebut, pancen ana kembangkembange crita. Nalika disetel dening Mbak Kenanga, lakon iku, ana adegan ki dhalang macakake geguritan sesirah Balada dewi Sinta. Kebak rasa anggone maca. Nggambarake lelakon kang banget njiret sang dewi. Sadurunge maca

geguritan kang nglangut, dipurwakani nganggo Suluk Pathêt Manyura Jugag.

Lêng-lênging driya mangu mangu wang-wang,

dewi Sinta kang sungkawa,

lir kapuk tanpa kanin,

yèn tan tulusa mêngku Sang Dyah utama.

Ki dhalang njogedake Dewi Sinta, sinawung suluk legeg swasanane. Kaya lagi ngulu panganan getir ing ilat. Dewi Sinta mandheg mangu, noleh ping telu. Katon yen ana kang digagas jero. Ana rasa getun kang kedawa-dawa. Kaya ndhudhah kahanan lawas kang banget nggaret ati. Ing batin semu ngendhelong, nganti Dewi Sinta netesake luh kaya kapuk randhu.

Bebasan luh bening tumetes ing pucuk-pucuking randhu. Ngelingake nalika dheweke gumreget marang kidang kencana kang amping-amping wit randhu alas. Ana rasa kleru kang banget nggaret tatu. Nanging kabeh wis dumadi. Mung getun kang angel diusap, nalika kleyang randhu kebacut kabur kanginan. Embuh tekan ngendi dheweke ngudang pengangen. Kanggone Mbak Kenanga, sing baku bisa ngerti surasaning lakon wayang kang kebak tetuwuhan. Sing cumithak ing batine Mbak Kenanga yaiku pangudarasane Dewi Sinta marang Prabu Rama.

"Kangmas Rama, usapen kabeh salwiring luput kang tau ngembangi playuning atiku. Merga wis kebacut nggonku kegiwang dening suruh ayu, nganti ketliweng angin sore. Kepara malah wis nuwuhake korban kang ora sethithik. Kakang, aku kepengin bali leladi bisa netepi jejering wanita."

"Yayi Sinta pepujaning ati, kang wis nggugah karep ing salembar godhong kangen. Satemene, aku tetep bisa nampa ing kahanan apa wae."

Prabu Rama ngusap luh bening ing pipine Dewi Sinta. Kebak rasa asih lan panggugahing rasa, kaya suruh ijo kang kepengin rumambat. Dewi Sinta kang banget mendhem rasa kangen, ora bisa nyingidake. Mung tumungkul kebak rasa. Lebar iku ki dhalang macakake geguritan sinawung lelagon tlutur.

Balada dewi Sinta

Nalika dewi Sinta nrabas alas gung liwang-liwung Sepi, mung dhadhap srep salembar kang ngawe njugarake angin bisu, nurut plengkunge kluwung sore

Ana godhong dhadhap lumarap ngaling-alingi

Salembar rasa kang atos kaya galihing asem

Nganti ngipatake angen-angen ing nam-naman pandhan

mung geter kang wiwit kejungkel kekes ing jurang curi

Angin tansaya rendhet njawil kang lagi ngumbara Ing laladan sepi, nyengkerem ngrangkeng ati perih Ing waliking rembulan, dewi Sinta nggegem mawar Nalika weteng tansaya ngganda panguwuh merga prabu Rama ndakwa Rahwana wis murang tata

Dewi Sinta kembeng-kembeng tangis

Nyawang kembang mlathi ing ngarepe

Kang kagubet kemlaheyan gadhing

Prabu Rama lon-lonan ngusap luh kang tumetes

Ing salumahe godhong tales kekes

Lebar maca geguritan, ki dhalang nyaut gunungan. Gunungan terus diobahke, ing kiwa tengene Prabu Rama lan Dewi Sinta sing lagi meres tangis. Antawecana dhalang pancen baut nata tembungtembung endah milangoni. Mbak Kenanga kang lagi nedheng-nedhenge nggarap tugas, kandheg anggone nyetel rekaman nalika tekan antawecana ki dhalang kang banget nyungging sanggit lungit.

Dheweke kaya katut ing ilining rasa, nalika nonton rekaman kang nyanggit Dewi Sinta kang kebak kasedhihan. Ing batin rumangsa bombong, merga dhisertasine bakal saya kempel lan kebak daging. Ruhe budaya Jawa kang pancen ngoyot, bakal kagayuh. Seka adegan kasebut, Mbak Kenanga kasil nyathet pitakonan dawa kang bakal ditakokake marang ki dhalang. Merga sing disekseni akeh

antawecana lan geguritan kang diwaca gathuk karo underane tetuwuhan. Tetuwuhan kang ngembangi lelakone Dewi Sinta.

"Kok kathah nggambaraken tetuwuhan Ki Dhalang? Napa sambunge kaliyan bersih desa?"

"Ooo, kuwi ta. Iki sanggitku bab tetuwuhan. Tetuwuhan kang ngrenggani Dewi Sinta, merga dheweke kuwi titising dewi Sri, dewaning tetuwuhan. Mula pakeliranku iki ora nganggo lakon Sri Mulih, merga Dewi Sinta iku wis jelas dadi panjalmane widadari kang ngendhaleni suburing tetanduran."

"Kula lajeng kendel le nyetel, selak kepengin ngertos werdinipun wit-witan ingkang boten uwal saking kapitadosan Jawi deles. Elok sanget wayang menika. Kula ugi tumut mbrebes mili, menawi nyetel dumugi godha rencananipun Dewi Sinta ingkang kelunta-lunta tur tumlawung. Cobi Ki, niki kula setele malih nggih pas perangan adegan aneh menika. Mangke kula nyuwun priksa malih."

"Ya Mbak, aku ya malah pengin melu krungu. Sebab yen lagi mayang, sok mili karepe dhewe gagasanku. Kadhang ana bab sing aku dhewe ora ngira kok tekan sing semono." Tekan pungkasane wangsulan, ki dhalang melu ngrungokake adegan sing disetel Mbak Kenanga. Wong sakloron katut ilining adegan kang ngemu surasa nabet.

Ana godhong kumleyang, kang nggeterake dhadha. Godhong salembar iku tiba ing pangkone Dewi Sinta. Godhong iku dening ki dhalang kok digambarke bisa guneman tandhes marang Dewi Sinta kang lagi nandhang raga. Nandhang susah merga kepengin nggoleki wit kang godhonge robyong kang tau tinemu ing sejarah uripe. Urip kang durung nyesep pait getir.

"Sang Dewi, mesakna aku, ayo dadia wit kang bakuh, aku pengin kok anggep werdining sihmu. Merga wis suwe, aku kelangan wit kang tau nguripake jiwa ragaku. Nanging wit mau saiki ora cetha papan dununge, embuh ana ngendi."

"Lo, godhong aja ngece ta ya. Kok tembungmu, kaya uga memper karo sing daklakoni sajroning titi mangsa iki. Aku uga wis suwe kelangan wit sing tau dadi panutaning uripku. Nganti seprana-seprene uripku mung kaya kleyang kang kabur tekan ing segara, manut ombaking banyu kang kadhang nggugu karepe dhewe."

"Dhuh pepujanku, dadia wit purwa sejati, aja malah anyep. Aku kepengin suwita. Sawangen mripat kedher kang pijer nyamber pang-pang garing. Tumungkul kaya kebakar blegering wit kang wis lali marang godhong lan oyode. Sang Dewi, sliramu kang cundhuk kembang melathi. Sang Dewi kang agelung gambir suruh, aku pengin suwita, dadia wit seger, kareben bisa ngusap laku kang ora langgeng. Áku kangen wit kang dakgoleki, dakrewangi nyasak eri bebondhotan, munggah mudhun jurang curi. Pengin witku bisa bali ngrembuyung, kareben ora pijer kesaput mendhung."

"Ya, uwis aja kok trusake tembungmu seklimah iku banget ngrerujit atiku. Ngertia, aku uga lagi nggoleki wit kang robyong-robyong, kang tau ngembangi uripku. Aku uga kepengin adeging taman kang katanduri wit nagasari, sing tau dadi seksi nalika godhonge lara kanggo dolanan angin sore. Saiki badan wadhagku, kaya wit kang mragasi. Mung ana patang lembar godhong kang gumeter ing pang-pang garing."

"Ngeres Sang Dewi, daksawang isih tetep ana kupu-kupu kang gelem mencok ing pang-pangmu, mula aku kepengin nempel ing ing pangmu. Kupukupu iku uga butuh kasetyan, nalika tapa brata sajroning pang-pangmu. Najan aku ngerti, menawa nggonku dadi godhong iki salawase urung tau kencokan kupu, nangíng aku melu kasengsem nalika kupu-kupu iku mencok ing kembang. Mung wae,kabeh mau kari dadi klangenan urip kawuri."

Tekan semono anggone wawan rembug ganda rasa ing pakeliran, nalika Dewi Sinta ketiban godhong. Godhong kang ngidham pasuwitan, merga suwe koncatan wit pilihan. Mbak Kenanga meneng sedhela, kepengin ngrasakake sepira papa cintrakane godhong kang koncatan sihing wit. Dheweke mbenerake menawa ki dhalang pancen ganep sanggit lan antawecanane. Akeh bab kang nrenyuhake.

Mbak Kenanga gumun. Njur ngacungi jempol marang ki dhalang sing baut nata sanggit, sarta gawe kembang-kembange lelakon. Sadurunge nlesih pitakon marang ki dhalang, mbak Kenanga mbacutake anggone nyetel rekaman. Ing adegan pungkasan iki wis ngancik pathet manyura. Gendhing uga tansaya seseg. Njur keprungu Suluk Pathêt Manyura Wantah.

Mèh rahina sêmu bang Hyang Aruna,

kadi nétrané abor rapuh,

sabdané kukila ring kanigara,

sakêtêr kêkidungan ningkung,

lir wuwusing winipanca,

papêtaking ayam wana ring pagagan,

mêrak anguwuh ,

brêmara ngrabasa kusuma ring tetuwuhan arum.

"Godhong, yen kepengin banget nggonmu bakal nemplek ing awakku, semurupa. Aku kepengin amblesing bumi wae,kepengin nggoleki sedulurku sinarahwaikang aran oyot. Aku butuh ketemu, pengin kandha nedha nrima, nggonku wis sok nglalekake."

sampurna. Yen ngono aku uga kepengin tutwuri. Kareben uripku katut mulya, ora pijer kasiya-siya dening trekahe manungsa kang sok lali marang tanggung jawab.

'Sang Dewi, daksawang ing sikilmu wis tuwuh oyotoyot, kang nggegirisi. Sedhela meneh bakal kasembadan kang dadi sedyamu. Uripmu bakal

Dewi Sinta lan godhong selembar wis sarujuk, mecaki njeron bumi. Godhong kasebut dadakan cumeblok ing bumi, ngoyot jero. Kaya-kaya dheweke bisa nemokake werdining urip sampurna.

Kang kaprungu seka kupinge Mbak Kenanga, lonlonan ki dhalang wiwit nyaut gunungan. Bab iku mratandhani pakeliran bakal tancep kayon. Mula seka iku,Mbak Kenanga tetep namatake pakeliran kasebut nganti pungkasaning crita. Dheweke rumangsa lega, merga sinambi nulis dhisertasi,ning uga bisa sinau babagan urip sejati.

"Godhong, wiwit iki aku percaya marang tulusing atimu. Daksawang katon ana wit robyong seka nggonmu cumeblok ing lemah. Aja-aja ya wit robyong iku kang suwe dakgoleki, nalika takon marang playune angina sepi."

Ya, Sang Dewi matur nuwun banget, wit bisa nuduhake marang sampurnaning uripku. Lan daksawang oyot-oyotmu saya bakuh, tur ngganda wangi cendhana. La kok kuwi oyotmu tumuju ngulon bener kuwi, arep menyang ngendi?"

"Aku bakal nggoleki tuking oyot kang bisa ngetokake banyu bening. Wis suwe nggonku duwe gegadhangan iki. Merga, ing jagad rame, aku mung pijer nemu tuk-tuk kang butheg. Tuk butheg kuwi selagine iwak wae emoh, apa meneh aku."

"Yen ngono, aku uga kepengin. Kareben godhongku tetep sumunar,ora mung ngayomi, ning bisoa ngayemi sapa wae."

Klik. Tekan kono, pakeliran rampung. Dhalange wis nableg gunungan ing tengah kelir, pas papane Dewi Sinta lan godhong ambles.banjur trubus tetuwuhan robyong ngganda arum. Ki dhalang mungkasi pakeliran kanthi nembang megatruh rara nangis laras pelog pathet barang.

wus pinesthi dadi garising hyang agung

bersih desa kang kaesthi

sinta robyong kang cinatur

muga dadiya pepeling

desa kene bakal mulya

Lebar nembang ngungkung, ki dhalang gage ngudhunake sajen kang ana sak ndhuwur dhalang. Byong Sajen kang wujud tumpeng robyong iku isih urip lampune seka uceng-uceng lenga klentik. Njur digawa menyang nggon pitik dhere kang dicencang ing cedhak gong. Pitik iku mberot, petok-petok. Njur diuculi. Nglubuk mabur tekan plataran. Kasusul unine gendhing ayak-ayak pamungkas suwuk.****

Gêthèk

Dening: Herlina S.

u Darmo katekanan dhayoh saka B Kalimantan. Dhayohe dudu wong liya,

nanging anak lan mantune. Daleme kang prasaja iku katon resik lan tandurane temata rapi. Ing latar kang ora amba iku ana montor rodha papat werna abang ngejegreg rada mepet dalan. Tangga kiwa tengen sing kulina lewat latare Bu Darmo minger golek dalan liya. Mula bukane saka kedaden anake Waris ora sengaja nyenggol kaca spion montor sing diparkir kuwi nganti alarame muni. Kamangka anak lan mantune Bu Darmo lagi nyekar nang sarean sing rada adoh saka daleme Bu Darmo. Krungu swara alaram sing ora enggal meneng, Bu Darmo metu saka daleme.

"Sapa kiye sing nyenggol montor?" pambengoke Bu Darmo.

Tarjo sing isih njagong nang ndhuwur sadhel gage mudhun lan aweh wangsulan, "Nyuwun pangapunten mbokdhe, kula boten sengaja."

"Oooo.... kelakuanmu, karepmu apa Le?" Bu Darmo duka yayah sinipi.

"Kula boten sengaja Mbokdhe, nalika kula ngepit roda pit kula nggreyol krikil lajeng stang pit kula nyenggol niku kaca." Tarjo ndingkluk keweden.

"Bocah ra urus, piye kuwi nek njuk muni wae ngono kuwi hah?" Bu Darmo methentheng.

"Nyuwun pangapunten... kula nyuwun pangapunten." Tarjo prembik-prembik arep nangis didukani Bu Darmo.

Begja, ora let suwe anak lan mantune Bu Darmo bali. Gagean mantune Bu Darmo sing jenenge Ashudi mlebu ngomah njupuk kunci. Kunci montor banjur dipencet amrih alarame sipet. Pasuryane Bu Darmo wis malih sumeh, lan Tarjo banjur digusah lunga.

"Rus, iku Nak Ashudi digawekke unjukan, kae lho ana kopi ireng karemenane!" Bu Darmo kongkon Rusmiati supaya nggawekake wedang bojone. Sing dikongkon banjur menyat menyang pawon. Dene Bu Darmo metu ngomah menyang warung.

"Wah mantune wis sukses, bali kampung bisa nggawa mobil. Nyambut gawene nangendi Bu?" pitakone Lastri, sing duwe warung.

"Mulang nang kampus ngono, jenenge... emmm apa ya jenenge..." sajak mikir apa pagaweane Ashudi, "ooo iya jenenge dhosen. Mulang bocah gedhegedhe ngono jare."

"Oh... penak ya uripe Rusmiati, duwe bojo dhosen, duwe mobil.... wah jian" Lastri gedheg-gedheg karo mesem.

"Ya kuwi wis rejekine Ati, duwe bojo bagus, sugih pisan... " Bu Darmo ngalem mantune. Si Lastri uga ngimbuhi nganti rembugan sing maune ngrembug Ashudi dadi kedawa-dawa ngrembug Permadi, mantune Bu Warsini. Bu Warsini duwe putra asmane Dewi. Dewi iku minangka guru TK ing laladan kono. Dene bojone, Permadi, mung usaha tetanen. Sejatine si Permadi iku wonge pinter, lulusan saka pawiyatan luhur, kasil nggembol gelar sarjana pertanian. Mung emane si Permadi luwih milih manggon desa mbiyantu mara sepuhe ngolah sawah. Bu Darmo ora ana enteke ngala-ala Permadi sing wonge bagus lan lulusan pawiyatan luhur nanging mung saba ing sawah. Permadi dibandhingbandhingake karo Ashudi, mantune. Nganti ora krasa wektu rumambat kanthi cepet. Bu Darmo pamit mulih.

"Saka ngendi Bu?" Pak Darmo nakoni bojone kang nembe bali saka warung.

"Saka warunge Lastri, golek janganan kanggo sesuk Pak." Bu Darmo njujug pawon. "Pak, bocah-bocah padha menyang ngendi?" Bu Darmo mbengok saka njero pawon. Sing ditakoni ora langsung aweh wangsulan. "Pak? Ditakoni kok mendel wae ta?" Bu Darmo nggawa unjukan banjur diglethakake ing meja.

"Lha piye arep mangsuli, sibu ana pawon ngono kok ya." Pak Darmo lungguh ing jejere Bu Darmo. "Bocah-bocah lagi padha nang omahe Dewi, kulon kae. Layak kanca jaman isih cilik, paling ora bali ndesa ngono banjur nemoni kanca kanggo aweh kabar marang kanca kenthel." Mireng ngendikane Pak Darmo, Bu Darmo menjeb. "Bu, mau Ashudi kandha arep nembung marang Pak Tejo supaya gêthèk sing dipasang ing kebone kae rada digeser ngalor supaya montore Ashudi bisa mardika anggone liwat. Yen ora digeser jare kemepeten, bodhi mobile bisa tatu-tatu." Bu Darmo sajak rada mikir. Pak Tejo iku garwane Bu Warsini. Kawit biyen wong loro iku ora ana cocoke. Senajan anake, si Rusmiati karo si Dewi kanca kenthel, ibu-ibune ora ana akure. Yen kepethuk gathuk mesthi padha mlengose. Yen ana pawarta sing ora nyenengake banjur digedhek-gedhekake. Pancen urip nang ndesa kono yen ora kuwat kuping mesthi wargane padha bebeh ngrungokake bu Darmo lan bu Warsini sing saben ketemu mesthi padu. Pancen padha ora ideb isin, nanging kaya-kaya wis dadi pakulinan.

"Wa'alaikumsalam..." Bu Darmo lan pak Darmo aweh wangsulan meh barengan.

"Piye Nak, kasil rembugan nang daleme Pak Tejo? Apa Pak Tejo kersa paring idin?" Bu Darmo nlesih sajak pengin ngerti.

"Assalamu'alaikum..." Ashudi lan Rusmiati uluk salam.

Ashudi lan Rusmiati lungguh. Kalorone mung pandeng-pandengan, arep aweh wangsulan sajak abot. Sawise ngenam pikir sawetara, Rusmiati wiwit miwiti rembug.

"Mekaten Bu, kula sampun matur dhateng Pak Tejo, piyambake..." Rusmiati nata ambegan, "Piyambake kersa nggeser gêthèk nanging ngentosi woh jeram sampun dipunundhuhi." Rusmiati nginguk marang bojone. Sing disawang rumangsa oleh sasmita banjur mbacutke rembug, "Inggih Pak, leres aturipun Rus."

Ing jero batin Bu Darmo nguman-uman Pak Tejo. Mesthi woh jeruk sing dikandhakke kuwi mung kanggo alesan supaya gêthèke ora digeser. Sejatine sing dadi undherane perkara mung ora seneng marang kamulyan sing lagi disandhang anak lan mantuku. Lha piye ora seneng? Wong anak mantuku wis kasil nggawa montor rodha papat, sukses dadi dhosen ing Kalimantan, lan anggon-anggon kaya ta gelang kalung sing dienggo Rusmiati kuwi lak ya bisa gawe meri Bu Warsini. Huhhhh... wong kok senenge eren kemeren.

"Ngapa Bu kok menjab menjeb?" ora nyana ora ngira Pak Tejo mriksani ulate Bu Darmo sing sajak ora rena.

"Ah Bapak, ora kok Pak, ora ana apa-apa." Bu Darmo banjur menyat saka palungguhan banjur nuju pawon, dene Rusmiati banjur mlebu kamar. Sing isih nang ruwang tamu wong loro, Pak Darmo lan Ashudi. Kalorone mikir kepiye carane bisa mbujuk Pak Tejo supaya kersa nggeser gêthèke. Gêthèk kang gawe ruweting pikir kanggo Ashudi. Sejatine montor sing digawa bali Ashudi kuwi montor silihan. Dheweke nyilih kanca kantore sing kebeneran manggon ana Jogja. Nanging perkara kuwi ora diblakakake marang bapak ibu mara sepuhe. Kabeh kuwi mung kanggo njaga rasa supaya bapak ibu mara sepuhe bisa nampa Ashudi kanthi becik. Awit satemene, Ashudi kuwi mung anake wong tani. Iku wae dudu tani tenanan alias buruh tani. Banjur Ashudi akal-akalan menyang Kalimantan golek gawean. Begjane Ashudi ditawani dadi dhosen ing salah sijining pawiyatan luhur swasta. Kalodhangan mung teka sepisan, mula kalodhangan kuwi banjur dijupuk. Ashudi sing asli Kulon Progo dadi dhosen ing Kalimantan. Saben prei semesteran dheweke bali ndesa. Lha yen ngepasi bali ndesa iku asring kepethuk Rusmiati kang nyambut gawe ing counter karcis. Awit saka iku banjur thukul rasa tresna. Rusmiati ora nulak dilamar dening Ashudi. Taun iki minangka taun kapindho kalorone mbangun bale wisma. Supaya bisa gawe mongkog wong tuwane, Rusmiati ngeriherih bojone supaya gelem nyewa mobil lan masmasan. Satemene Ashudi rada kabotan, nanging luwih abot rasa tresnane marang Rusmiati. Mula Ashudi banjur sarujuk.

"Pak, piye Pak yen Sampeyan sing menyang daleme Pak Tejo?" kandhane bu Darmo marang garwane.

"Aku ora kepenak Bu, pancen woh jeruke lagi ndadi. Yen gêthèke digeser bisa-bisa wohe padha rontok." Pak Darmo momong atine bojone. Nanging bojone sajak ora preduli marang omongane sing lanang.

"Ya wis Pak, aku dhewe sing arep kandha." Pak Darmo arep menggak bojone nanging ora tekan amarga Bu Darmo mbrabat metu ngomah ora pamit.

Tekan ngarep warung, lakune Bu Darmo dicegat Lastri. "Arep tindak ngendi Bu, sajak kesusu?"

"Arep menyang daleme Pak Tejo."

"Wah kadingaren Sampeyan ana perhatian marang kulawargane Pak Tejo. Aku mentas saka kana. Permadi, mantune Pak Tejo arep entuk pengaji saka pamerintah provinsi amarga dadi panutan sarjana preduli desa. Senajan wis sarjana nanging isih mikirake kemajuan desane, mbangun desane. Mula awan iki kulawargane Pak Tejo arep menyang kutha

kanggo nampa pengaji-aji kuwi." Mangkono katerangane Lastri. Bu Darmo mung ndomblong. Ora ana tembung kang bisa metu. Sidane Bu Darmo bali mulih.

"Lha kok cepet Bu, sida menyang daleme Pak Tejo?" pitakone Pak Darmo.

"Ora Pak, daleme kosong, lagi padha tindak kutha." wangsulane Bu Darmo cekak.

"Lha Ibune kok ulate peteng ngono, ana apa?"

"Piye ora mbedhedheg Pak, si Lastri cerita nek Permadi arep entuk pengaji-aji saka pamerintah amarga kasil dadi sarjana mbangun desa, anggone cerita kaya-kaya nyindhir awakku. Aku ya jengkel ta Pak!"

"Lho... Ibu ki piye ta, nyindhir sing kepiye? Ibu mrene takkandhani ya, durung mesthi sing diceritakake Lastri kuwi kanggo nyindhir Ibu. Uwis ora perlu dipikir maneh. Perkara gêthèk ora usah dirembug maneh. Aku wis kepethuk Pak Tejo nalika piyambake lan kulawarga arep budhal menyang kutha. Rembugane wis mateng. Nek arep nggeser gêthèk, dhewe kudu tuku wit jeruk sing rusak. Kari diitung wae pira akehe wit jeruk sing bakal rusak iku.

Bu Darmo tambah peteng ulate. Ganti rugi wit jeruk sing rusak mesthi bakal akeh dhuwit sing kudu diwetokake. Kamangka anggone Ashudi lan Rusmiati mulih desa iku amarga ana perlu nyilih dhuwit kanggo pawitan tuku omah ing Kalimantan. ()

Gethuk Lindri Pelangi

Dening: Elisa D.S.

el pratandha wayah B mulih sekolah muni banter. Lily ngringkesi buku lan alat tulise, salim marang wali kelas, banjur tumuju warung resik ing kiwane sekolahan.

Lily uluk salam. Sawijining priyayi putri sing yuswane undhaundhi karo ibune Lily njawab salam sinambi mbukak lawang.

"Lily, matura ibumu, ya. Gethuk lindrine isih sisa patbelas. Dhuwite telung puluh enem ping sewu limang atus, dadi seket papat ewu ya, Ndhuk." Bu Nungki maringne lembaran dhuwit gambar pahlawan werna biru lan soklat marang Lily.

"Wangsulanipun setunggal ewu nggih, Bu Nungki." Lily gage-gage ngrogoh esak.

"Wis, ora usah. Sing sewu gawe jajanmu wae."

Lily manthuk. "Matur nuwun

sanget, Bu Nungki. Dalem nyuwun pamit, nggih."

Lily ngaturna wadhah jajan lan dhuwit marang ibune. Bocah manis kelas lima kuwi ambegan dawa.

"Ana apa, Ndhuk? Sajake kaya susah?" Ibu ngelus rambute Lily.

"Kirang langkung semingguan niki gethuk lindri mboten telas sedaya, Bu." Lily ngempet supaya kaca-kaca ing mripate ora ceblok dadi udan luh.

Ibu mesem. "Ora pa pa Lily, rejeki kuwi wis diatur Gusti Allah. Senajan mung payu sethithik, ora perlu gela, kudu tetep disyukuri. Aja nganti dadi menungsa kuwi kufur nikmat, sing disawang mung materi wae."

"Astaghfirullah. Inggih, Bu. Lily supe menawi kathah nikmat saking Allah kados kesehatan, keimanan, kalih lintu-lintunipun

sing mboten saged dipunsebut setunggal-setunggal."

"Nah, kuwi sing dimaksud ibu. Apa maneh keimanan, iku bab utama sing kudu disyukuri." Lily manthuk-manthuk. "Lajeng, kados pundi caranipun supados dagangan ibu saged laris malih, Bu?"

"Awake dhewe kudu nduweni terobosan anyar, Ly. Kira-kira apa sing marakake bocah-bocah seneng maem jajanan tradhisional gethuk lindri iki."

Lily meneng. Atine mlayu mrana-mrene mikirne dhawuhe ibu.

"Ora usah dipikir, Ly. Iku ngono tugase ibu. Lily kudu fokus sinau supaya dadi wong sing pinter lan manfaat gawe umat. Ayo, ndang shalat dhisik, banjur maem. Ibu wis masak sayur bayem karo dadar jagung senenganmu."

"Inggih, Bu."

Ing wayah sore, Lily sing wis katon seger bar adus, lungguh ing ruwang tamu maca majalah anak-anak. Dumadakan, dheweke mlayu nang pawon marani ibu sing lagi ngonceki pohung.

"Bu,menawi gethuk lindrinipun werna-werni kados jajan rainbow cake niki, sae napa mboten?" Lily ngaturne majalahe marang ibu.

Ibu mirsani gambare, banjur maos keterangan babagan jajan modheren kuwi.

"Wah, apik iki, Ly. Kebeneran, ibu duwe sumba panganan aneka werna."

Lily mesem kebak rasa bungah.

*k☆

Ora krasa, wis seminggu iki jajan tradisional sing digawa Lily laris manis, entek resik ora ana sisane babar blas. Senajan regane mundhak sithik dadi rong ewu, kabeh padha seneng tuku gethuk lindri sing ayu-ayu kaya pelangi. Sawadhah mika cilik isine rong werna. Ana sing biru karo kuning, ijo karo abang, utawa putih karo wungu.

"Patang puluh sanga ... pas seket. Lily bidhal, Bu." Lily ngambung tangane ibune,

pamit budhal sekolah karo nggawa wadhah isi gethuk lindri pelangi.

Sekolahan isih sepi. Lily nyelehne tas, banjur menyang warunge Bu Nungki. Ing ngarep gerbang, Lily kepethuk Ria lan Ita.

"Ly, nyuwun gethuk lindrine siji, ya,"jare Ita.

"Sepurane, Ta. Jumlahe pas." Lily mesem.

"Huhh, medhit banget. Mosok siji wae ora oleh. Ibuku ora bakal ngerti, kok." Ria meksa mbukak wadhah gethuk lindri.

"Ajaaa!"

Ria lan Ita ngedohi Lily sinambi bisik-bisik. Lily sedhih nyawang kancane loro kuwi. Senajan Bu Nungki wis percaya marang dheweke lan ora nate ngitung cacahe gethuk lindri sing disetor, nanging bocah manis rambut dawa iku duwe prinsip ora bakalan njupuk siji-sijia gethuk lindri pesenane ibuke Ria. Lily unjal ambegan dawa, siyap njupuk resiko dimungsuhi kancane amarga prinsip kejujuran sing diugemi.

Wektune lumaku terus. Ora krasa, wis sawulan iki gethuk lindri pelangi dadi jajanan

favorit sing tansah digoleki dening arek-arek sekolah uga uwong tuwa.

"Lily, gethuk lindrine wiwit sesuk tambah seket engkas ya, amarga akeh pesenan saka kantor-kantor," ngendikane Bu Nungki.

"Alhamdulillah. Inggih, Bu."

Sesuk isuke ....

"Ta, aja dulinan karo Lily. Bocah medhit." Ria njawil Ita.

"Sik, toh." Lily ngewehna kothak kerdhus marang Ria lan Ita. "Iki titipan saka ibuku." Bocah loro kuwi pandengpandengan, banjur mbukak kothake dewe-dewe. Pranyata isine rong wadhah mika isi gethuk lindri pelangi.

"Sepurane yen kapanane aku ora bisa menehi gethuk lindri. Senajan ibune Ria wis percaya lan ora nate ngitung cacahe gethuk lindri sing daksetor, nanging aku ora wani njupuk masia mung siji, amarga Allah tansah mirsani apa wae sing ditindakake manungsa. Iki maeng ibuku sengaja nggawe luwih, gawe rasa syukur pesenane tambah akeh."

Praupane Ria malih kaya urang digoreng amarga isin.

"Apuranen aku uga ya, Ly. Kowe pancen bocah sing jujur."

Ria ngelungne tangan. Semono uga Ita, salaman karo Lily.

Lily manthuk lan mesem bungah. Bocah telu kuwi banjur mangan gethuk lindri pelangi sinambi omong-omongan ing ngarep kelas.

Gresik, 6 Februari 2019

Tangan Kiwa Kang KokLirwa

nganti tumekane saiki kowe isih kerep nganggep tangan kiwamu kaya-kaya satru senajan yen tega uwal sengara mokal daklali-lali penganggepmu iku nanging kaya tansah sumriwet ing pangelingelingku daklali-lali penganggepmu marang tangan tengenmu kang sajak tansah nuwuhake rasa bombongmu

dakrungu pawarta jare tangan kiwamu nandhang lara abuh kecekrek benthung wadhah trasi nalika lagi kokkumbah kokresiki

apa bener kowe nganti tega marang tangan kiwamu kang babar pisan ora kokwenehi kalodhangan lelambeyan ing saben lakumu mecaki dalan-dalan

Ratu SHima, Ratu KalinYamat DaLa RaDen AJenG KaRTiNi

Saumpami, saumpami Kula dalah panjenengan Saget mireng kumlesikipun Ratu Shima, Ratu Kalinyamat dalah Raden Ajeng Kartini ing bunderanNgabul Jepara ingkang sampun mawujud reca O, raos lingsem badhe mbrubul saking mbunmbunan ugi saking sela-selane iga saking manah kang katungkul legawa

Kumlesikipun Ratu Shima dateng Ratu Kalinyamat Wiwit warsa nematus pitungpuluh papat nganti warsa sewu limangatus patangpuluh sanga, Kalinyamat coba gunggungen Wis wolungatus pitungpuluh lima warsa Coba panggalihen wis pira cacahe wanita

kang mbrojol saka guwa garbane wanita-wanita Jepara O, wis mayuta-yuta Nanging mung aku dalah sliramu Kang tansah ngrenggani pawarta Jare kang bisa gawe arum lan kuncaraning bangsa Jare kapara nganti tekan rangkah njaban negara

Saumpami, saumpami Kula dalah panjenengan Saget mireng kumlesikipun Ratu Kalinyamat dateng Raden Ajeng Kartini Raos lingsem tansaya tajem njarem Nini Kartini, telungatus telungpuluh warsa Suwene antarane aku ana sliramu ana Kang durung nate dakrungu Endi sulur gentimu, endi sulur gentiku Kang jare bisa gawe arum lan kuncarane negara Endi maneh anak-putu, buyut-canggah Kang nerusake perjuwanganmu

Ing sangisore patung Ratu Shima, Ratu Kalinyamat lan Raden Ajeng Kartini Ing bunderan Ngabul Jepara Pating sliwer kendharakan, bledig-bledigan Saka kadohan panjenenganipun tiga-tiganipun eram Kok akeh kreta tanpa kuda Bisa nggendring rikat playune Para kanoman padha regejegan, cekikikan pacaran Cekrak-cekrek potret-potretan

Saking tebih ugi, sinambi nguladi Ratu Shima, Ratu Kalinyamat dalah Raden Ajeng Kartini netesake waspa dhuh tuladha, kang arang banget gelem memaca

Biodata Panggurit:

Panggurit iki wis ngasilake karya-karya sastra awujud cerkak lan geguritan. Saiki lenggah ing Jalan Kartini 2, Jepara

Ibu... Putramu kang isih ngumbara kabuncang ing maruta Kepengin bisa mabur ing antarane mega-mega Manganjali ing handap ampeyanmu Ngrangkul wujudmu Ngesok rasa kapangku

Nanging..... Mega durung bisa kawiyak Lakuku kagubel ing pepenginane awak Nggayuh kamulyan kang pepak

amung donga pangestumu tansah rinasa lumintu ngebaki jagadku dadi lenteraning lakuku Ibu.... Putramu durung bisa sowan Mung bisa dedonga Mugia tansah rahayu...

Ngger anakku... Atiku miris kaya diiris iris welat kang tipis Dulu handphone, ipad , lan tablet Barang antik kang dadi pokoking urip Jaman iki

Internet wis dadi pangananmu kang pengaji seka esuk nganti tumekaning ratri kaya lading kang lungit yen ora ngati-ati..... Bisa mbusak kautaman, nuwuhake wit-wit kamurkan Gawe dredah angambrah-ambrah

Ngger... anakku handphone iku perlu Nanging aja ketungkul temah dadi pruthul Gunakna kanggo nggayuh mulyaning uripmu

Biodata Panggurit:

Panggurit kang asmane Kuntari Purwaningsih, S.S. iki asale saka pesisir kidul, Parangtritis. Sawise lulus saka Sastra Jawa UGM banjur ngasta ana ing SMA Negeri 9 Purworejo. Saiki manggon ing Purworejo.

Sumunare srengenge kang mlethek isuk iki Mertakake dina bakal ora kamendhungan Angin sumilir ngrajut awak Lumakuku ngawang-ngawang Ana ing segaraning pangangen Cahya warna abang rampak-rampak Pratandha ngajak jalma miwiti makarya Ngobahake raga, ngudi rejeki ngluru pangupajiwa Nyeyuwun nugrahaning kang Maha Rat Jago kluruk sesautan miyak cahyane srengenge Kaya padatan njalari donya iki tangi Panas sing sumeblak diwiyak angin adhem mabit Bumiku tresnaku aweh pratandha kabeh rasa Tlatah kang dadi papan uripku Jawa Tengah kawentar kapribadene Kuthaku Jawa Tengah bumi kang asri Bumi kang gumelar jembar Kaendahanmu, kaelokanmu, lan kaasrian bakal dak jaga Bumiku Jawa Tengah Apepayon langit ing pucuking alun Wiwit dak kidungake tresna iki Jateng Gayeng Liwat getering angin kang sumilir Sadawaning laku kang sepi tak ceritakake Bungahing atiku, mongkoging rasaku Nyawiji batinku bisa mbuktekake Guyup rukun anambut kardi ing tlatah iki Kuthaku Jawa Tengah Sugih budaya, adat lan bumi alame Puji syukur matur nang Gusti Allah Marang kaendahan isine bumi kudu dijaga lestariane Para mudha gumregaha Buktekake tlatah iki kebak pangarep-arep Jawa Tengah kang endah Mongkoking rasa bungahe atiku Jateng kuthaku, kutha kang sugih kabudayan Tatanan kang mrabawa Unggah-ungguh kang utama Iku kabeh minangka dudutaning bumiku Jateng Gayeng

Mongkoking Rasa

Takcoba wiwit nggurit Ing kene ana panggonku

Bumi asri kang gumelar jembar bakal ngancani aku Cumloroting sang bagaskara wiwit madhangi jagad Nyenyuwun nugrahaning kang Maha Rat Cinathet ing jroning ati Niyat mbangun rasa seneng, tresna, lan melu nduweni Saka sakabehing pamuji Tentrem saka sakabehing rasa Bumi Jawa Tengah bakal tetep kawentar kapribadene kang becik, sugih kabudayan, sugih pangan lan sandang Ora wigah wigih, ora pilah pilih Kabeh direngkuh kanggo nggayuh kaberkahan Mugya Gusti paring kanugrahan Jati Gedhe niatku, nyawiji batinku bisa njangkahi lan mbuktekake Kabeh guyub rukun anambut kardi ing tlatah Jawa Tengah Aku bungah, aku mongkok sajroning swasana tentrem lan mardika Gilig ing tekad manunggal cumithak jroning ati Bebarengan ambangun Nuswantara iki Isining atiku mung ana rasa bungah, nanging ora dadi pongah Prasetyaku thukul saka ati kang tulus bisa mujudake Jawa Tengah Kang ngrembaka kebak kanugrahan lan kasantosan Supaya bisa njaga langgenging kamardikan lan ngadohi congkrah Lemah kang subur, angin kang nggawa ganda arum melati Bumi kang tentem, iku kabeh saka berkahing pamuji Generasi mudha kang bisa mujudake kabeh iki Ayo padha gage, padha cincing, padha mbuktekake Aja amung melu lakune angin Aja gampang kapincut Aja gampang kasanjung Aja gampang tumindak kang bisa gawe cilaka lan sengsara ing tembe Amung ana tanganmu tlatah kang gedhe iki bisa ngrembaka Amung ana tanganmu kabeh bisa kawujud Amung ana tanganmu samudayaning bisa kasembadan Kapribaden kang kebak kabudayan Tatanan kang becik, patrap kang mrabawani Uga tutur laku kang utama Kuwi kabeh saka sliramu Donga pamuji kebak kaendahan kanggo wutah getihku Jawa Tengah kang dadi papan uripku

Biodata Panggurit:

Panggurit kang asmane Triana Kanthi Wati, S.Pd. iki lulusan Unnes. Saiki sadina-dinane ngasta ana ing SMA N 1 Sapuran Wonosobo

KEMLETHAK

Klethak...klethak.... Dadi wong ki aja kemlethak Sebab kabeh-kabeh wong ki mesthi pingin ngeplak Klethak...klethak.... Aja kemlethak olehe ngomong Sebab kabeh-kabeh wong ora bisa momong Momong pangarepan Momong klakuan Uga momong tumindak lan ujaran

Klethak...klethak...... Dadi wong ki aja kemlethak Sebab kabeh-kabeh wong mesthi pingin ngethak Aja kemlethak pangarepan Ndadekke nalar ora empan papan Aja kemlethak klakuan Ndadekke manungsa kaya kewan

Klethak...klethak.... Dadi wong ki aja kemlethak Sebab manungsa urip kaya dolanan sekak Kadhang kala menang lan bisa nyekak Kala-kala mati merga kena sekak

Klethak...klethak.... Dadi wong ki aja kemlethak Saben wong duwe mangsa Saben mangsa uga ana menungsa

CLUTHAK

Cluthak

Salah sijine sifat manungsa sing kudu ditata Cluthak Yen ora ditata mung nggawe rusak Rusak tatanan Rusak seduluran Rusak sakabehan

Cluthak

Salah sijine sifat manungsa sing kudu ditali Cluthak Yen ora ditali bisa ngilangke mawas dhiri Ngilangke nalar Ngilangke rasa kamanungsan

Cluthak

Salah sijine sifat manungsa sing aja diumbar Cluthak Yen diumbar bisa agawe bubar Bubar sesrawungan

Cluthak Salah sijine sifat manungsa sing aja diuja Cluthak Yen diuja bisa agawa bebaya

Cluthak Salah sijine sifat manungsa sing kudu dielakna Cluthak

Biodata Panggurit:

Panggurit iki kalairan Purwodadi. Saiki minangka peneliti ana ing Balai Bahasa Jawa Tengah.

Jsră Mi'raj Mu'jizat Ingkang Sanyata

Dening: Lutfianto (Ki Lutfi Caritagama)

Dhandhanggula

Sawise ngadhepi siksa fisik, nalikane Abu Thalib seda, ugi Khatijah garwane, Rasul kebak bebendu, saking tiyang-tiyang kafir, sakehing aniaya, uwal ing pangrengkuh, lakune kedharang-dharang, nindakke dhawuh Gusti Ilahi Rabbi, ing tlatah Mukaramah.

Pacoben nalika saking Thaif, paring bebungah awujud safar, Isra' lan Mi'raj wujude, kanthi bebungah iku, kados-kados Allah paring, wejangan pangandikan, "He Muhammad rasul, bumi sumpeg langit jembar, menawa pra warga bumi memungsuhi, ing Allah langkung mulya".

Pripun Rasul saged anglampahi, tebih sanget anggenipun safar, wekdal ingkang boten suwe, sagede kiyat Rasul, nampeg hawa lawan angina, daya pangaribawa, maruta lan bayu, minggah Sidratul Muntaha, papan ingkang inggil sap pituning langit, bungahe Rasulullah.

Pangkur

Isra' lan Mi'raj mu'jizat, kedadosan ingkang ngedab-edabi, saking Gusti Allah tuhu, panguwasaning alam, Allah ingkang ngatur panguwasanipun, yektine nyipta manungsa, Mu'jizat mung kagem nabi.

wayah dalu wonten cahya, ngasta Buroq malaikat Jibril, Rasul sare krasa wungu, taksih ana ing dhipan, Buroq ngangkat mbeta raganipun Rasul, Rasul sholat dados imam, papan suci Baitul Maqdis.

piwulang ing Isra' Mi'raj, Isra' dhateng Baitul Maqdis kanthi pribadhi, nindakaken sholat tuhu, Mi'raj sidratul muntaha, pirsa piwales surga neraka estu, yekti kebak kaberkahan, nindakaken risalah nabi.

*) Lutfianto, S.S., M.A., ngasta minangka dwija ing SMAN 1 Pajangan Bantul Yogyakarta

Sanggit

Sing Lugu Kepalu

Dening: Ki Sudadi*)

Wus purna pahargyan pawiwahan. Raden Abimanyu wus kadhaupake karo putri Wiratha sesilih Dewi Utari. Jejere penganten anyar kekarone tansah karonsih ngrajut tresna ngreronce asmara. Emane Dewi Utari nora nyumurupi yen satemene Satriya Plangkawati iku wus kagungan garwa aran Siti Sundari. Dhasare wanita utama, Sang Putri nora nggembol rasa cubriya.

"Kakangmas, dinten menika kula ngraosaken kabagyan ingkang tanpa pepindhan dene saged cecaketan kalih Kangmas Abimayu," ature Dewi Utari.

"lya Dhiajeng. Nyata kanugrahan kang agung dene aku bisa sesandhingan karo sliramu. Pandongaku mring Pangeran muga-muga katresnan iki langgeng."

"Nggih Kangmas. Mekaten pangajab lan pandonga ingkang kita sesuwun rinten pantaran dalu. Nanging nyuwun pangapunten Kangmas, menapa kepareng kula nyuwun priksa satunggaling perkawis."

"Ana apa Dhiajeng kok sajak wigati? Yen pancen kudu matur, wus daklilani."

"Ning saestu nyuwun pangaksami menawi kaanggep lepat lho Kangmas."

"Aja tidha-tidha!"

"Nyuwun sewu, nalika dhaup kala wingi menika Kangmas Abimanyu taksih jejaka menapa sampun nggarwa?"

Mak dheg. Krungu pitakonane Dewi Utari sing kaya kuwi, Raden Abimanyu sakala mendel. Tan ana tetembungan sakecap kang bisa diucapake. Rasane jaja kaya didhodhog palu. Kodheng ing pikir awit sanyatane dheweke wis duwe bojo tuwa arane Siti Sundari, putrine Sri Bathara Kresna saka Praja Dwarawati. Heneng hening sajrone taman padha sanalika. Durung bisa aweh wangsulan pitakonan kuwi kedadak ana sowane Ditya Kala Bendana, kang nrambul mlebu ing taman tanpa cecala.

"Ae..ae..aku sing eka ene aden!" ature Ditya Kala Bendana kanthi suwara cedhal. Kala Bendana pancen

nora bisa celathu kanthi cetha.

"Kangmas, menika kok wonten buta bajang mlebet taman. Menika sinten?" pitakone Dewi Utari sajak gumun.

"Iya Dhiajeng. Buta bajang iki aran Ditya Kala Bendana, kepetung pamane Raden Gathutkaca."

"Oh....gek wonten menapa kok mlebet taman tanpa cecala?"

"Mula saweneha sawetara! Coba dakdangune dhisik Dhiajeng."

"Nggih Kangmas."

"Aden...ekaku ene diutus ....," ature Ditya Kala Bendana.

"Paman! Ampun diterusaken anggenipun matur. Mangga kula ajak medal rumiyin!" wangsulane Raden Abimanyu karo nyaut tangane Kala Bendana.

"Aku anut hae. Alep mbok ajak enyang endi."

"Dhiajeng, daktinggal dhisik ya. Sajake dhayoh iki pengin matur bab kang wigati."

"Nggih Kangmas. Mangga sacekapipun."

Raden Abimanyu banjur nuntun Ditya Kala Bendana metu saka Taman Wiratha kuwi. Ing njaba taman kekarone enggal pirembugan. Raden Abimanyu mencereng netrane sajak duka.

"Paman, sira ngerti aku mau lagi ngapa?"

"Lho aden Abimanyu agi lungguhan alo wong ayu."

"Iku mau garwaku. Putri Wiratha sesilih Dewi Utari."

"Oh...ha embuh aku ola pengin eti."

"Paman teka kene diutus sapa?"

"Lha aden uwi iye? Wis huwe hojo ana omah kok isih holek hojo maneh."

"Hus! Aja seru-seru! Iku mono barang wewadi. Sanyatane wis lumrah yen satriya iku garwane luwih saka siji, yen prelu papat utawa lima."

"Oh..aya uwi ta? Ya la papa. Ning iki aku diutus ngajak owe mulih ana omah. Siki Siti Sundari agi ana Pringgadani."

"Ora bisa Paman."

"Udu helem!" wangsulane Kala Bendana rada mbengok.

"Yen ngono Paman ora kena dakkandhani. Saiki rasakna iki tanganku!"

Raden Abimanyu sakala kebranang pikire. Kala Bendana sigra den jempalani. Kupinge dijewer. Irunge dipithesi. Pipine dicewowo. Gulu lan tangane diciweli. Ditya Kala Bendana mung manut wae dipilara. Buta lugu iku tansah sabar, tan bangkit kanepsone. Saya suwe tambah muntab kanepsone Raden Abimanyu, mula tan bisa dikendhaleni. Raden Abimanyu sigra ngunus keris pusaka kanggo ngagar-agari Ditya Kala Bendana.

"Paman, coba sawangen apa kang dakcekel iki?"

"Adhuh! Aja aya uwi! Aku wedi. Wis aku tak ayu hae!" kandhane Ditya Kala Bendana karo mlayu sipat kuping ninggalake Wiratha.

Sidane Ditya Kala Bendana mlayu ninggalake Wiratha. Sawise lega nundhung Kala Bendana saka WIratha, Raden Abimanyu enggal mlebu taman nemoni garwa kang banget ditresnani kuwi. Dewi Utari takon apa Kala Bendana ora diaturi leren dhisik ing Wiratha. Diwangsuli jare ora kersa diaturi kendel ing Wiratha malah nggeblas bali ing Pringgadani. Sateruse Dewi Utari mbaleni pitakonan kang durung diwangsuli. Raden Abimanyu enggal wangsulan.

"lya Dhiajeng, satemene aku isih jejaka,' wangsulane ngapusi.

"Saestu?"

"Temenan. Aku ora nate goroh. Malah aku wani supata, umpama aku goroh ngaku isih jejaka, mugamuga mbesuk ing Bharata Yuda Jaya Binangun aku mati dikrocok gaman sewu!" supatane Raden Abimanyu. Sineksenen jagat kalawan langit kapiyarsa ing ngarsa-Ne Pangeran Kang Maha Agung, mandi kang dadi supatane Raden Abimanyu. Bumi horeg, lindhu gegunturan anyekseni sumpah dora Sang Satriya. Wus ginaris ing pesthi mbesuk ing Bharata Yuda Jaya Binangun Raden Abimanyu bakal gugur ing ayuda kanthi dikrocok gaman sewu dening Sata Kurawa.

Tan kocap kang lagya andon tresna aneng sajrone Taman Wiratha. Kang dadya sambunge crita nora kaya playune Ditya Kala Bendana kang nggeblas bali ing Pringgadani. Ing Taman Pringgadani Siti Sundari, garwa sepuh Raden Abimanyu, lagya pilenggahan aneng sajrone taman. Katon Cangik lan Limbuk kang lagya nglelipur bendarane. Ora antara suwe wus teka ing papan kono Raden Gathutkaca kang kepengin ngancani Siti Sundari. Putrine Narendra Dwarawati iku sajak ora sranta anyranti tekane Ditya Kala Bendana kang diutus mring Praja Wiratha kanggo nakyinake apa kang ditindakake dening Raden Abimanyu nganti ora kondur pirang-pirang dina lawase. Lagi eca wawan pangandikan, kedadak tekane Ditya Kala Bendana tanpa taha-taha.

"Adhuh Paman, teka dangu sanget anggen Panjenengan tindak dhateng Wiratha," ature Siti Sundari.

"Hiya...ancen adoh hanget..."

"Lajeng kados pundi pawartosipun Kangmas Abimanyu, Paman?"

"Nggih ae...ning siki aden Abimanyu agi ana taman alo...."

"Paman! Paman Kala Bendana, aja diterusake anggone Paman matur," panyelane Raden Gathutkaca.

"Lha ana apa ta?"

"Cukup Paman! Ayo saiki melu aku," kandhane Raden Gathutkaca karo ngglandhang tangane Ditya Kala Bendana diajak metu saka Taman Pringgadani.

Satriya Pringgadani iku nora mangsuli pitakone Siti Sundari. Werkudaraputra iku terus ngglandhang Kala Bendana metu saka Taman Pringgadani. Diglandhang nganti adoh ninggalake taman, Kala Bendana manut wae. Sawise tekan papan kang rada adoh, Kala Bendana dikandhani supaya ora nyritakake kabeh kang diweruhi ing taman marang Siti Sundari, nanging Kala Bendana nora gelem manut. Kang kaya iku njalari nesune Raden Gathutkaca.

"Mangke rumiyin! Janipun wonten menapa?" pitakone Siti Sundari.

"Dhasar buta bajang! Ora gelem diajak rembugan. Kudune Paman bisa nutupi perkara iki. Ora kudu crita walaka yen Raden Abimanyu wis nggarwa maneh karo Dewi Utari."

"Lha aya uwi henenge ola jujul. Aku emoh ngapusi!"

"Ngapusi kuwi yen kanggo kebecikan ora dadi baya pengapa."

"Emoh...okoke aku emoh."

"Sepisan siji iki wae Paman dakjaluk ora perlu jujur. Amrih slamet sakabehe."

"Emoh...ngapusi uwihosa."

"Pancen wis ora bisa diajak rembugan. Saiki tampanana kepelan tanganku iki!" kandhane Raden Gathutkaca karo njempalani mustakane Kala Bendana. Kala Bendana dipeksa supaya matur dora, nanging tetep wangkal. Raden Gathutkaca kedereng kanepsone. Lali mring kautamane satriya, rambute Kala Bendana sigra dijambak. Mustaka diuntir. Sakala tugel balung ing jangga. Dhawah kalenggah ambruk ponang raga. Gugur Ditya Kala Bendana padha sanalika. Nyumurupi gilanggilang kuwandhane Ditya Kala Bendana, sakala Raden Gathutkaca muwun. Tangise satriya iku ambrol. Luh tumetes nelesi bantala. Rasane mung gela kang ora ana tambane. Sakala iku saka akasa keprungu swara wewentehan memper swarane Kala Bendana nanging malih dadi cetha, ora cedhal maneh.

"Kulup Angger Gathutkaca. Wus kebacut anggonmu tumindak deksura marang pun Paman. Ya ngger wus daktrima kabeh tumindakmu kang kaya iku. Yitmaku bakal bali mring alam kelanggengan, nanging isih manggon ing Swarga Pengrantunan. Mung eling-elingen mbesuk ing Bharata Yuda Jaya Binangun, aku bakal manjing aneng pucuke senjata Kunta Wijaya Danu. Ing kono aku bakal methuk sliramu bali mring kaswargan jati. Wis ngger enggal ruktinen ragaku!"

Mung keburu ing kenepson, Raden Gathutkaca ora bisa ngendhaleni dhiri. Kanepson kang leluwihan wis mahanani kapitunane liyan. Kala Bendana, buta bajang iku kudu sirna marga layu. Nasibe pancen kurang becik. Ditya Kala Bendana gegambarane buta lugu sing kepalu. Wondene piwalese Sang Kala Bendana nyata bakal dumadi mbesuk yen wus gumelar Bharata Yuda Jaya Binangun.

Wadaslintang, 23 Januari 2020

*) Ki Sudadi, Penulis Sastra & Budaya, Kepala SMP Negeri 4 Wadaslintang, Wonosobo

HARMONISASI: IDE, IMAJINASI LAN KASUNYATAN

Dening: Triman Laksana

arya sastra yaiku "karya seni sing awujud K tembung-tembung". Supaya bisa ngrasakke kang paling apik kaendahan, uga bisa ngukuhi isi sakabehane. Kudu tanggap lan menehi kalodhangan tumrap "tandha" linguistik magepokan karo kang digunakake pengarang lan hasil karangane (JJ Ras, Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir).

Cerita cekak (cerkak) Jawa modern umume nggarap crita-crita realistis. Romantik nuli diteruske ana ing genre-genre sing luwih tradisional, kaya ta wayang, kethoprak, lan kentrung. Uga ana karya-karya sing isih ana "benang abang" kasusastran klasik, karo legenda lan mitos.

Cerkak sing isine adoh karo realitas utawa kasunyatan, njaban bidhang romantik sing wis biyasa tekan saiki, durung bisa dadi populer, lan ora akeh sing gelem nggarap. Apa maneh cerkak kang nggarap absurd utawa rada "nyelelek", kurang lan prasasat ora wani nyemplung ana laladan iku. Dadine, cerkak-cerkak kang terus karipta ya kayane mung "nguler kambang", monoton lan stereotype. Senajan pengarang sastra Jawa modern mesthi ora mung nyawisake karyane kanthi harafiah, hubungan kasunyatan antarane crita lan panguripan. Nanging tekan saiki isih tetep dadi ciri wanci kang penting, tumrap sebageyan para penulis sastra Jawa.

Cerkak "Arjuna Judheg", tulisane Eko Purwanto (Swaratama, edisi 14). Nyritrakake lara lapane uripe wayang tobong. Kanthi paraga penting, "Aku" lan mas Wid. Alur crita mung ndlujur wae, ora ana mendhak lan mendhukule. Dialog utawa pacelathone ora ana sing "istimewa" kanggo bisa nggeret mlebu marang sing maca. Dialoge mung nggambarake bab-bab lumrah utawa verbal, durung ndudut atine sing maca. Konflik sing diunggah kurang nges, uga kurang gawe greget sing maca. Kurang duwe misi utawan tujuan, cerkak iku ditulis kangga apa lan kanggo ngapa?

"Aku" supaya dadi tandha pitakon utawa "ngambang"(hanging story)?

Dadine, cerkak iki yang mung kaya wong grenengan, utawa ngudarasa. Ora ana rabuke kang kudu supaya crita kang gawe getere ati. Anggone nggarap paraga "Aku" isih mbingungake. Senajan karepe penulis, minangka paraga misterius, nanging kurang digarap kanthi permati. Paraga

Supaya cerkak "Arjuna Judheg " iki dadi crita kang bisa gawe sing maca kepranan, nuli dadi pepeling, kudune bisa diolah lan dicawisake kanthi "hidangan istimewa". Nalika antarane harmonise: ide, imajinasi, lan kasunyatan, nyawiji dadisiji.

Ide kanggo mbukak romantisme wayang tobong, iku wis mujudake ide sing apik. Supaya generasi milenial saiki bisa nggoleki referensi bab wayang tobong, sing wis ilang diuntal jaman.

Imajinasi, kudune rada "liar" sithik. Dadine ora mung ngrembug bab asmara, kulawarga, selingkuh. Nanging, bisa digarap bab wayang tobong lara lapane, dadine bisa dadi gegambaran kang cetha minangka rekasane urip neng wayang tobong. Apa maneh digarap kanthi liar, nerjang saka realitas, iku bisa ngedab-edabi.

Antarane ide, imajinasi, lan kasunyatan, menawa bisa dadi siji kanthi koheren, crita iki bisa luwih apik lan nges. Sebab, pungkasane crita, wis ditutup kanthi panutup kang lumayan.

...Aku kelingan yen ing kembenku mau ana dluwang untel-untelan. Dakbukak alon-alon. Ana tulisan ing dluwang kuwi. Tulisan isih cetha. Banjur dakwaca. Jebul...layang pangundang sidhang gugatan cerai mbak Sri marang mas Wid saka pengadilan Agama ing kutha cilik iki!("Arjuna Judheg", Swaratama, Edisi 14)

Sejatine, menawa cerkak iki digarap ora mung kanthi genre romantik, nanging nganggo genre sosio humanis, luwih nges lan bisa luwih greget. Bisa dadi prasasti tumrap penulise, uga marang sing maca.

Cerkak "Arjuna Judheg" iki, menawa kanggo wacan ora kanthi ngrembug bab kwalitas lan gamben, wis klebu wacan kanggo rabuk sastra Jawa. Isih ana sing nulis, lan tetep ditulis.

Mekaten!

Murih BasaJania Lestari

Dening : Fajrin Dwi Artika

asa Jawa, basa sing saiki wis kaya basa B manca tumrap bocah-bocah ing jaman saiki. Kepiye ora dadi basa asing wong sing nduweni basa Jawa, sing asli wong Jawa, wae saiki akeh sing padha isin nggunakake basa Jawa. Ngaku wong Jawa, nanging yen ngomong ya wis akeh sing ora bisa nggunakake unggah-ungguh kanthi trep, kadhang kala malah kepara isin yen arep ngomong nggunakake basa Jawa. Mbok menawa rumangsa isin utawa dianggep ora "gaul" utawa "ketinggalan jaman". Lha yen wis kaya ngene banjur sapa sing disalahake? Apa mung nyalahake kulawarga? Apa banjur nyalahake guru sing mulang Basa Jawa ing sekolahan? Mesthine kabeh kudu tansah melu cawe-cawe, melu njaga, lan aja mung padha nyalahake antarane siji lan sijine.

Cara kanggo nglestarekake basa Jawa bisa diwiwiti saka kulawarga. Yen ing kulawarga dikulinakake ngomong nganggo basa Jawa, mesthi wae bocah bakal kulina. Sanajan mengko yen bocah wis saba neng njaba, kumpul karo kanca-kancane banjur basane dadi campur adhuk utawa kacampuran basa Indonesia, nanging saora-orane kulawarga wis miwiti ngulinakake basa Jawa. Dene yen ing kulawarga wae wis ora dikulinakake basa Jawa, bocah ora bakal kenal karo basa Jawa. Kabeh iku pancen kudu disinaoni lan dikulinakake.

Kasunyatane, para mudha saiki akeh sing padha ora ngerti unggah-ungguh basa sing bener. Karepe kepengin migunakake basa kanthi bener, nanging ora ngerti menawa basane luput utawa kurang trep. Karepe kepengin basa nanging salah kaprah. Ditambah maneh, saiki akeh bocah wis ora bisa migunakake basa kang trep marang sing luwih tuwa. Kuwi mau pancen amarga ora bisa utawa isin ya ora ngerti. Nanging, kasunyatane saiki wis arang sing bisa nggunakake basa Jawa kanthi unggahungguh kang bener.

Kasunyatan kang mangkono iku dadi PR tumrap guru Basa Jawa. Guru Basa Jawa kudu tansah ubet golek cara kang nyenengake supaya bocah-bocah gelem sinau basa Jawa kanthi ati kang seneng. Yen atine seneng, mesthi wae apa kang diwulangake guru mesthi gampang dipahami dening bocah. Piwulangan Basa Jawa sing digunakake jaman biyen kudu diowahi lan dijumbuhake karo obah owahing jaman amrih bocah-bocah kagugah atine gelem

sinau basa Jawa kanthi seneng. Menawa guru gelem migunakake medhia kanggo srana nyinaoni bocah ing pamulangan, siswa bakal bisa dadi seneng karo wulangan Basa Jawa.

Saliyane nganggo medhia-medhia kang bisa narik kawigatene bocah, bisa uga saben piwulangan bocah diajak doianan, utawa diwenehi kuis. Sing wigati, kabeh kudu dijumbuhake karo materi kang diwulangake. Kanthi mangkono, guru gampang anggone mulang, bocah uga seneng sinau, banjur ancase piwulangan bisa kagayuh kaya sing dikarepake.

Yen ing kulawarga ngulinakake migunakake basa Jawa, ing sekolahan pamulange guru nyenengake, mesthi bakal becik asile. Eman banget yen nganti bocah ora bisa basa Jawa kanthi migunakake unggah-ungguh. Yen saben dina dikulinakake nganggo basa Jawa mesthi wae bocah bakal ngerti unggah-ungguh.

Aja nganti majuning jaman sing sarwa modheren kaya saiki dadi pepalang tumrap urip lan lestarine basa Jawa. Kosok baline, majuning jaman lan teknologi kudu bisa didadekake srana lan medhia kanggo nguripake lan ngrembakakake basa Jawa kareben basa Jawa bisa lestari.

Maneka cara kudu digunakake supaya basa Jawa tansah ngrembaka. Generasi mudha minangka paneruse bangsa kudu dikulinakake basa satemah bisa nguri-uri lan ora ninggalake basa Jawa. Yen nganti bocah saiki ora gelem nggunakake basa Jawa, ora gelem nglestarekake basa Jawa banjur sapa sing arep nggunakake basa Jawa? Sapa sing arep nerusake? Yen ora diwiwiti saiki banjur kapan anggone miwiti? Yen ora dijaga amrih lestari banjur kepiye nasibe basa Jawa? Mula, minangka wong Jawa, ayo padha migunakake basa Jawa, ora prelu isin, ora prelu gengsi supaya basa Jawa tansah

lestari.

monm ha na ca ra ka do ta sa wa lo nmnm pa dha Ja ya nya 0A tha nga

WEWEDEN LAN LESTARINE LINGKUNGAN

Dening: Siti Siamah

anggone bebrayan agung ing Jawa, akeh K cara murih lestarine lingkungan, mligine wit-witan. Nanging cara kang paling misuwur yaiku cara meden-medeni. Contone, murih wit-witan aja nganti ditegori mula banjur diawat-awati kanthi weweden sing pancen nggegirisi. Jarene wit-witan kuwi dijaga dening bangsa lelembut sing balane akeh. Mangka sapa sing wani negor wit-witan kuwi bakal dimungsuhi dening kang mbaureksa tumekaning anak putune kabeh.

Weweden kaya mengkono kuwi pancen nggegirisi, jalaran kabeh manungsa ora kepengin nduweni mungsuh, apa maneh yen mungsuhe uga bakal mungsuhi anak putune. Mula banjur akeh witwitan gedhe ora ditegor jalaran pancen ora ana sing waninegor.

Biyen, ing saben kampung ana wit-witan gedhe sing dianggep angker jalaran misuwur dijaga dening lelembut utawa malah dadi panggonane lelembut. Kabeh warga rumangsa melu handarbeni jalaran wit-witan gedhe kuwi tansah dadi punjere sumber banyu panguripan kanggo warga kampung.

Malah wis lumrah yen sangisore wit-witan gedhe uga ana sendhang sing banyune tansah megung sadawane mangsa katiga. Akeh warga padha adus lan umbah-umbah ing sendhang. Uga akeh warga padha ngangsu banyu sendhang kanggo kaperluan kulawarga ing omahe dhewe-dhewe.

Dudu Syirik

Murih kabeh warga gelem melu ngopeni sendhang lan wit-witan sing gedhe kuwi, sesepuh kampung padha gawe tradhisi bancakan utawa slametan. Bancakan utawa slametan tegese syukuran marang Gusti Kang Kuwasa sing wis paring kanikmatan arupa sumber banyu bening sing dadi panguripane warga kabeh.

Kaya ngono kuwi sawijine cara murih lestarine wit-witan sing pancen penting banget kanggo kabeh kawulane Gusti Kang Murbeng Dumadi. Mula wiwit biyen weweden kaya sing kasebut mau kuwi ora dianggep minangka syirik jalaran pancen ora teges nyekuthokake Gusti Kang Kuwasa.

Kejaba saka kuwi, weweden malah ngemot piwulang becik kang magepokan karo lestarine lingkungan. Luwih cethane, kang kasebut lingkungan kuwi digawe dening Gusti Kang Kuwasa kanggo kabeh kawulane. Dene, kawulane Gusti Kang Kuwasa kuwi ora mung manungsa nanging uga kewan, jin, lan malaikat. Mula yen ana sing kandha yen percaya anane weweden kuwi minangka syirik sing kudune disingkirake, ora susah direwes jalaran pancen dudu syirik.

Malah yen digalih kanthi temen-temen, weweden kuwi bisa dadi cara murih tansah eling lan mituhu marang Gusti Kang Kuwasa. Cethane, yen manungsa lagi kaweden, kaya dene wedi lara utawa wedi mati, banjur bakal tumindak becik lan sregep ngibadah marang Gusti Kang Kuwasa.

Sesajen

Weweden murih lestarine wit-witan wiwit biyen uga direkadaya aja nganti ilang. Mula saka kuwi, ing kampung-kampung para sesepuh padha gawe sesajen utawa ngobong menyan ing ngisore witwitan. Sesajen minangka sedhekah, dene ngobong menyan minangka rekadaya murih wangine kahanan. Sesajen kuwi ora pareng dipangan dening manungsa jalaran wis diniyati dadi sedhekah kanggo bangsa lelembut.

Yen ana sing takon, apa ora syirik yen manungsa maringi sesajen marang bangsa lelembut? Wangsulane wis cetha, ora syirik, jalaran sesajen dudu nyekuthokake Gusti Kang Kuwasa. Tegese, manungsa ora dilarang maringi sedhekah marang sapa wae, apa maneh marang sapadha-padha kawulane Gusti Kang Kuwasa murih lestarine witwitan lan karahayon saha katentremane bebrayan agung.

Yen dipikir maneh, manungsa urip ing ngalam donya iki kaya dene tetanggan karo bangsa lelembut. Mula apik-apik wae yen manungsa gelem loman marang bangsa lelembut sing pancen dadi sapadha-padha kawulane Gusti Kang Kuwasa.

Miturut ajaran agama, pakanan utawa minuman sing dadi sesajen ora pareng didhahar utawa diminum dening manungsa, jalaran pancen wis diparingake minangka sedhekah. Lha wis diniyati kanggo sedhekah ya pancen aja dijaluk maneh senajan sesajen kuwi katon isih wutuh. Yen bangsa lelembut ora doyan sesajen ben dipangan kewan, embuh kucing apa luwak. Kaya dene idu aja didilat maneh. Yen pancen sedhekah utawa sesajen katon muspra, jalaran isih wutuh nganti padha mambu utawa bosok, musprane ora sepiraa dibandhing paedahe murih lestarine wit-witan.

Saya Luntur

Ing wektu saiki, weweden murih lestarine witwitan pancen saya luntur. Akeh wit-witan gedhe sing biyen dianggep angker wis padha ditegori jalaran saya akeh warga sing ora wedi maneh marang weweden. Mula banjur saya akeh balak kaya dene longsor lan banjir saben-saben mangsa rendheng utawa kekurangan banyu saben-saben mangsa katiga.

Balak sing kasebut kuwi minangka jalaran saka musnane wit-witan sing bakal gawe susah. Akeh warga uga padha karugen utawa malah katula-tula, padha ngungsi menyang kampung liya, jalaran kampunge longsor utawa kebanjiran. Mula kedaden ala kaya mengkono kuwi bisa dianggep minangka kuwalat.

Mula sadurunge ketiban balak, becike tansah ngrekadaya murih lestarine wit-witan. Yen pancen weweden wis ora meden-medeni maneh utawa wis ora mathuk ing jaman modheren iki, kudune golek cara liyane sing luwih mathuk. Kaya dene cara-cara sing ilmiah. Contone, kabeh warga dijak guyub nandur lan ngopeni wit-witan saakeh-akehe ing sakiwa-tengene omahe dhewe-dhewe murih nyegah asate sumber banyu lan lestarine kahanan adhem lan seger sing pancen penting kanggo urip bebrayan agung.

Yen pancen agama dianggep melu nglunturake weweden, becike kudune uga direkadaya murih lestarine wit-witan. Cekak aose, menawa wae kabeh warga padha sembrana negori wit-witan gedhe sing dadi punjere sumber banyu panguripan, kudune para ulama tansah paring fatwa sing tegese wajib kanggone manungsa melu ngopeni wit-witan. Utawa kudune ana fatwa, karam kukume yen negori wit-witan sing wis cetha penting banget kanggo lestarine lingkungan.***

Siti Siamah Peneliti Global Data Reform Sutresna Kebudayaan Jawa

Cak-cakane Tembung Siram lan Ngendika

Dening: Sunarti

Ibu : Ndhuk, wis yahmene kok durung adus, ta? Jarene arep sinau bareng karo kanca-kancamu?

Gendhuk: Nggih, Bu. Sekedhap malih kula siram.

Ibu : Lho, marang awake dhewe kok siram, ta, Ndhuk?

Gendhuk : Lha, kula rak ngangge basa krama, ta, Bu? Menapa klintu anggen kula ngendika?

Ibu : Lha, tambah maneh klirune, ta, Ndhuk.

Gendhuk : Ingkang lepat pundi, Bu?

Ibu : Senajan kowe matur nganggo krama, nanging yen kowe adus, ora kok banjur tembung adus kokramakake dadi siram. Ananging, kanggo awakmu dhewe adus, dene yen kanggo ngurmati wong liya, tembung kang trep siram. Cethane, kramane adus kuwi tetep adus, dene siram kuwi krama inggil saka adus.

Gendhuk : O, makaten, Bu. Dados ingkang leres kula adus, menawi Ibu, Bapak, utawi Simbah siram.

Ibu : Kuwi lagi bener, Ndhuk.

Gendhuk : Lajeng, ingkang klintu malih menapa, Bu?

Ibu Tembung ngendika sing kokanggo mbasakke awakmu dhewe kuwi kliru, Ndhuk.

Tembung ngendika kuwi tembung krama inggil kang ditujokake marang wong sing dikurmati, umpamane: Bapak ngendika, Simbah ngendika, Pak Guru ngendika. Yen kanggo mbasakke awake dhewe tembung krama sing digunakake matur.

Gendhuk : O, makaten. Dados tambah pangertosan kula bab basa, Bu.

Impian Nopitasari KEMBANG PASREN. humpulan corita cehak

Kumpulan Cerkak kang Sugih "Rasa Jawa

Irah-irahan : Kembang Pasren

Pengarang : Impian Nopitasari

Penerbit : Garudhawaca, Yogyakarta

Tahun : September, 2017

Buku antologi cerkak utawa kumpulan crita cekak kanti irah-irahan Kembang Pasren mujudake karyane Impian Nopitasari kang kapisan. Semangate Impian Nopitasari kanggo mbabar buku kanthi migunakake basa Jawa iki patut diwenehi apresiasi kang gedhe. Jalaran, wis arang ana nom-noman sing gelem mbabar buku basa Jawa kaya kang ditindakake dening Impian Nopitasari. Yen ngelingi umure sarta trajange ing jagad kasusastran Jawa, Impian Nopitasari, pengarang saka Grobogan, Jawa Tengah iki bisa dikandhakake mujudake winih anyar kang diajab bakal gawe lestarine sastra Jawa.

Antologi cerkak kanthi irah-irahan Kembang Pasren iki ngemot 18 crita cekak kang sugih rasa Jawane. Maneka warna tema digarap kanthi nges dening Impian. Rancake tema-tema sing digarap dening Impian Nopitasari yaiku, crita-crita kanthi tema katresnan. Nanging, tema sing paling manjila ing kumpulan cerkak iki yaiku cerkak kanthi tema tragis-romantis, maksude tema-tema crita babagan katresnan kang keplok sesisih utawa yen basane nomnoman jaman saiki kasih tak sampai.

Tumrape sing wis tepung klawan Impian Nopitasari ing saben dinane, mesthine kudu ngguyu dhewe kalane maca crita-crita anggitane kang sauntara dielokake ing antologi iki. Kahanan iki disebabake apa sing ditulis dening Impian Nopitasari iki nate dumadi temenan ing kasunyatan. Kedadean nyata iku mau dening Impian Nopitasari banjur ditambahi nganggo maneka "bumbu" satemah ngasilake crita cekak kang nduweni rasa "nges" lan "njawani" banget.

Kapribadene Impian Nopitasari kang grapyak lan kepara rada crewet kegawa nganti tekan crita anggitane. Babagan iki ora ngurangi rasa nges sajeroning crita cekak anggitane. Nanging, kepara

malah aweh daya kekuwatan sajeroning crita anggitane. Ing perangan liya, akehe dhialek sajeroning crita cekak kang kaimpun ing Kembang Pasren iki nuduhake pasrawungane penulis kang jembar banget.

Ing cerkak kanthi irah-irahan "Kupon Kramat Uda Fajri", garapan critane digawe rada beda tinimbang crita-crita cekak liyane. Ing kene, dheweke nggawe paraga priya saka laladan sanjabane tlatah Pulo Jawa. Priya sing dadi paraga ing critane iki mujudake wong saka laladan Minang. Masiya ing crita iki ana tugelan pacelathon kanthi migunakake basa Minang, nanging babagan kasebut ora nyuda ngese crita. Suwalike, perangan kuwi dadi nambahi gregeting crita kang bisa nuduhake yen penulise nduweni pasrawungan kang ora cupet.

Sajeroning cerkak anggitane Impian Nopitasari iki pamaos bakal nemoni akeh banget istilah-istilah utawa tetembungan basa Inggris. Perangan iki mujudake titikan saka cerkak anggitane Impian Nopitasari ing antologine mau. Senajan migunakake istilah utawa tetembungan kanthi migunakake basa Inggris, Impian Nopitasari bisa gawe cara sing trep supaya sajroning crita anggitane ora kelangan rasa Jawane.

Impian Nopitasari pancene kapetung isih jeneng anyar ing jagad kasusastran Jawa. Nanging yen ndulu kerepe tulisane kapacak ing media basa Jawa kaya ta Panjebar Semangat, Jaya Baya, Djaka Lodhang, lan suplemen "Jagad Jawa" Solopos, nuduhake yen karya-karyane kenya lulusan S-2 Basa Inggris saka sawijining Universitas ing kutha Semarang iki ora bisa dianggep entheng. (Zuly Kristanto--Pandhemen Sastra Jawa saka Tulungagung)

Supatane 19 Begawan Sukrd

DENÍNG BANUARLTAMBARDI

KADIPATEN SELAGANDHEN.

WIS TITI MANGSANE PANGUWASANE PRABLI YAYATIAMBRUK.

tth a 19

AKU SURANGANYLIR BAKAL NGGANTENI KE- PRABONE-JIMENENG NATA ING PLIRWARUNGLI

LABRAK PURWARLINGU! RAWE-RAWERANTAS MALANG-MALANG PLITING!

GUSTI DIPATI... PUNAPA SAMPUN PUN PETANG TLINA LAN MBOTENIPUN,NGE- REK GENDERA PERANG?

LIWIS!AKU ORA SUDI DHEKU-DHEKU TERUS NENG NGAREPE YAYATI.

KIMPULNA PRAJURIT. TATA-TATA AYUDA.

KRAMAN NJEBLIK-DIPANDHEGANI D因NING SURANGANYLIR·DIBAN- TY PARA BUPATI KANG SARUJUK KARO PEPINGINANE ADIPATI SELAGANDHEN.

KAYA SING DIKANDHAKAKE BEGAWANSIKRA,ING KALANE KRAJANPURWARUNGUMANG- GIHRERIBET

SOTSANG RESINE- MAHI PRABU YAYATI. RAJA PLIRWARLINGU DADI JOMPO DADAKAN.

GUST1 PRABLI- OH?

AJAA KUATIIR KAKANG PATIH.. AKU BAKAL BISA PLILIHMANEH

DHIHBATHARA AGLING... KENGING PLUNAPA NAGARI PLIRWARUNGUPADUKA DAMEL PETENG LELIMENG- AN KADOS PUNIKA

Jamuran

Jamuran

Ya gegethok

Jamur apa

Ya gegethok

Jamur gajih mbejijih saara ara

Sira mbadhe jamur apa