Swaratama
Mbangun Kuncaraning Basa, Sastra, lan Budaya Jawa
Arjuna Judheg Guril
zanja menyang candi cetho papan pertapang prabu brawijayā
Celengan Kagem Simbah
DITERBITKE DENING BALAI BAHASA JAWA TENGAH
EDISI 14 SEPTEMBER - DESEMBER 2019
0 H Alon - Alon Waton Kelakon
Ana wong kang takon prekara unen-unen alon-alon waton kelakon. Miturut wong mau unenunen kuwi wis ora jumbuh karo jaman saiki. Saiki wis sarwa cepet, dadi yen nindakake apaapa kanthi alon-alon, ateges bakal ketinggalan. Unen-unen kuwi kaya nuduhake manawa wong Jawa kuwi leled manawa nyambut gawe utawa tumandang apa bae. Satemene kang kaya mangkono kuwi kleru tampa. Unen-unen iku ora nuduhake yen wong Jawa leled, malah suwalike wong Jawa kuwi ulet. Iki bisa dimaknani mangkene, yen awake dhewe ngadhepi gawean kang abot utawa angel, ora banjur mutung. Upamane, mahasiswa kang lagi gawe skripsi. Anggone nggarap kangelan, ora kok banjur mandheg anggone nggarap, nanging tetep digarap alon-alon sing penting tetep kelakon. Mangkono kang dadi werdine unen-unen mau. Dadi, unen-unen kuwi nuduhake yen wong Jawa kuwi ulet ora gampang mutung. Intine
ana ing tembung kelakon. Sanadyan alon nanging sing penting tetep kelakon. Ora kok sengaja dilonake anggone nyambut gawe. Yen bisa cepet banjur kelakon kuwi luwih becik
Nanging yen ora bisa, ya alon-alon waton kelakon. (Kust)
Piweling iki haaturake dening: BALAI BAHASA JAWA TENGAH
Dening : Yan Tohari
Pikir mono minangka santang kapribaden, ngono manawa uriping manungsa bisa digambarake lakuning prau.
Mula pikir prayoga kagladhi ing kasarehan. Nyantang prau ora mung butuh rosa utawa kendel,
nanging uga pepetung sareh. Pamrihe prau lumaku imbang, ora gampang oling.
Pikir kang sareh, agawe urip lumaku anteng, dudu grusa-grusu, tembene gampang kerem.
Ewa semana awit perbawaning jaman modheren, wanci iki nggayuh pikir sareh dudu perkara gampang.
Kepara tiba kosok-balen. Urip saiki ing saben wektu lan kalodhangan prasasat kaya kabujung macan galak.
Kepengine sarwa kebat, cepet lan dhenga dhisik. Pambudi lan pakarti kaseret ing sarwa kemrungsung, grusa-grusu, kepara kurang ing petung sarta pangati-ati.
Dudu ati maneh sing dadi gondhelan, nanging rasa. Kamangka rasa iku piranti panglimbang kang banget cethek. Rasa gampang dadi dolanane kahanan. Rasa luwih ringkih kalamun kanggo dadi pathokaning urip. Rasa angel kanggo nuduhake kaadilan. Mula ing jaman saiki aja gampang kaseret ing rasa. "Aja baper," ngono para mudha saiki kulina padha celathu. Emane, isih akeh pihak kang condhong kanggo gondhelan rasa katimbang pikir.
Minangka sarana lelantaran sinau bab iki, kita bisa nyinau marang larikan tembang kang kababar ing Serat Wulangreh yasane Paku Buwana IV ing sekar Sinom klawan cakepan mangkene: puniku laku utama, tumindak sarta kekelir, nora ngatingalken lampah, wadine kang denalingi, panedyane ing batin, pan jero pangarahipun, asore ngelmu rasa, prayoga tiniru ugi, anak putu aja na tinggallanjaran.
Saka pada Sinom ing ndhuwur, sayektine pikir sing kuwat yaiku pikir sing ora gampang gondhelan rasa. Jalaran rasa mono panggrahita sing cethek, kosok baline pikir mujudake
panggrahita kang wasis. Kanthi mangkono urip aja gampang kaadhepi kanthi rasa, kosok baline kanthi pikir. Awit iku Gusti maringake pikir marang manungsa, kabeh-kabeh perlu kapikir paran apa wujuding kahanan. Klawan dayaning pikir istingarah urip luwih darbe ancas, gumathok lan uga datan gampang kapilut kahanan.
Kagawa pikir duwe kekuwatan mirunggan, mula kudu ana tekad kanggo anggulawenthah pikir kanthi becik. Panggulawenthah pikir kang becik, yaiku dudu cethek ing petung. Cetheking petung katengeri ati sing kurang sareh. Gampang kebrongot dening kahanan. Pikir sing kaya mangkono iku minangka pikir kethul. Arane wae kethul, mula nadyan kaempakake mesthine datan duwe mupangat. Kosok-baline amung ngarepake rosa lan rasa seneng lan ora seneng.
Dene pikir sareh, iku minangka pikir kang mardika. Jalaran kridhane datan gampang kaperbawani apa-apa sing lagi ginelar, apa maneh kang durung dadi kasunyatan. Beda kalamun pikir datan mardika, anane urip rumangsa sarwa
kaancam, batin kalindhih rasa was sumelang, apa dene cubriya. Ati sing kabundhet rasa sumelang apa dene cubriya adhakane gampang nyalahake liyan sarta angel kanggo nampa kuranging wong liya.
Wusana jumbuh klawan tembang Sinom ing ndhuwur, pikir sing sareh yaiku nuduhake batin sing seneng sesirih utawa laku (lampah) prihatin. Sesirih wujud, laku angurang-ngurangi datan seneng nguja hardaning napsu. Cekake, laras kang dadi cirining ngaluhur Jawa duking uni araning sesirih yaiku cegah dhahar klawan guling. Laku kang mangkono iku minangka panggladhi pikir, saengga pikir dadi we-wengkon kang bandel ngadhepi kahanan urip. Wening kanggo nanduki sadhengah lelakon. Temahan urip kasantang mring ancas kang bener lan pener. Ngono. ***
Daftar Isi
Blencong
Urip Sareh
E Teras
Kasusastran lku Gawe Waras lan Raharja
8 Kawruh Sastra
Cangkriman lan Wangsalan
10 Banyumasan
Ndeleng Ronggeng Dhukuh Paruk Banyumasan Kang Deanggit Dening Ahmad Tohari
2 Crita Cekak
Mripat
1 Gladhi Sastra
Arjuna Judheg
16 Wacan Bocah
Celengan Kagem Simbah
• Jaman Global
18 Gurit
• Inyong Ora Maido
Kafah
Klapa
• Enggane
Malem Jum'at
Sampeyan Ki Piye
340 Wali Nggoleti Gamelan llang
24 Macapat
Kidung Swaratama
2 Sanggit
Samba Kemaki
Oncek-Oncek
Nulis lku Gampang, Nanging Aja Terus Nggampangke
28 Kabudayan
Wujuding Ringgit Jawi Miturut Sastra Sinerat
50 Ngudarasa
Lagu "Sewu Kutha" Gampang Dinyanyekake, Kaprah Tulisane
Jajah
Sanja Menyang Candi Cetho Papan Pertapane Prabu Brawijaya V
5Budi Pekerti
Turu lan Tangi
SUSUNAN REDAKSI
6Resensi Buku
Geguritan Inggil Bu Amie Williams
Penanggung Jawab : Dr. Tirto Suwondo M.Hum ~ Pemimpin Utama : Drs. Suryo Handono, M.Pd ~ Pemimpin Redaksi : Kustri Sumiyardana, S.S., M.Hum ~ Sekretaris Redaksi : Sunarti, S.S., M.Hum ~ Reporter : 1. Drajat Agus Murdowo, S.S., M.A, 2. Akhid Anshori Setiawan, A.Md ~ Redaktur Pelaksana : 1. Yan Tohari, 2. Bambang Sulanjari, M.A. 3. Widiyartono, 4. Triman Laksana ~ Redaktur : 1. Mochammad Fikri, S.S., 2. Tri Wahyuni, S.S., 3. Umi Farida, S.S., 4. Sutarsih, M.Pd.,~ Desain Grafis dan Tata Letak: Surya Purnomo, S.Ds. ~ Ilustrasi: Ahmad Rofiq ~ Keuangan: Lungid Ismoyo Putro, M.H~ Sirkulasi: 1. Lely Siti Fatimah, S.E., M.Si, 2. Slamet Priyono, S.E., 3. Agus Sulistyo.
KKK SILATPAHMIPENYARNEGE9 Pcuan, Diskusi, dan Pesta Puisi Buu IANBAHARI
Prof. Dr. Suminto A. Sayuti paring pidhato kebudayaan ing acara Silaturahmi Penyair Negeri 2019. Foto: Wirady Wiryaatmaja
Iku Gawe Waras lan Raharja
PROFESOR Dr. Suminto A. Sayuti, M.Hum. ngendika, manawa kasusastran kuwi marasake (gawe sehat) lan uga gawe raharja (sejahtera). Antaraning kuwarasan lan karaharjan iku, loro-lorone talen-tinalenan. Guru besar sastra ing Universitas Negeri Yogyakarta (UNY) iku ngendika mangkono ana ing acara Silaturahmi Penyair Negeri 2019 ing Wisma Perdamaian, ing kawasane Tugu Muda Semarang, September kepungkur.
Diandharake, rawuhe ing adicara iku marga ana panyuwun saka penyair Dad Murniah, Direktur Yayasan Cinta Sastra, supaya mbabar bab kasusastran/sastra sing gawe waras. Ana tambahan maneh, penyair Gunoto Saparie uga nyambat supaya Prof. Suminto uga ngendika bab kasusastran/sastra sing gawe raharja (sejahtera). "Aku banjur nalekake lelorone mau, marga pancen sejatine antarane sastra lang kuwarasan sarta karahyon kuwi pancen talentinalenan,"ujare Prof. Minto.
Ahli sastra asal Purbalingga iki ngrasakake manawa sing jenenge penyair kuwi ngeyelan. Contone ana sawatara penyair putri sing bebarengan gawe kumpulan puisi sesirah Perempuan Langit. Perempuan utawa wadon iku
lambange bumi, mula ana ibu pertiwi, ibu bumi. Lan yen kakung utawa lanang iku akasa, kang sering disebut bapa akasa. Kena ngapa kok "ngeyel" nyebut perempuan langit, mesthi ana kekarepan, umpamane bab "kesetaraan gender". Prof. Minto dhewe ngendika yen durung maos buku kuwi, lagi weruh buku thok.
Kanalisasi Pikiran lan Emosi
Sastra itu gawe waras, kang tetalenan karo puisi utawa repertoar kang dadi wujud kanalisasi pikiran lan emosi. "Sawise penyair utawa penggurit ngrampungake karyane, banjur bakal ngalami katarsis. Lan sawise karyane iku rampung banjur krasa lan rumangsa waras, plong kabeh momotan ing batin lan pikirane wis
ucul kabeh," ujare Mas Miinto.
Piyambake banjur nyritakake pengalamane tahun 70-an bebarengan karo para penyair dan sastrawan ing jaman iku. Jroning komunitas penyair Yogya sing disebut "Universitas Malioboro", Suminto ngandharake tetembungan orgasme spiritual. "Dadi sawise nulis, nglairake karya, para penyair kuwi rumangsa orgasme. Krasa kepenak, lega," kandhane Prof. Minto.
Ngene iki, maknane, sabubare karya wis cinipta, kabeh momotan ing batin lan jiwa wis luruh, ucul kabeh, ndadekake raga lan jiwa lega, entheng, mula dadi waras, sehat. Ngono kuwi ora mung dirasakake dening penulise utawa pangriptane wae, nanging uga para maos kang dadi penikmat, sing
Obah kuwi wajibe menungsa, mula awake dhewe kudu obah, mangkono uga ibu-ibu. Aja kabeh dipasrahake karo si Inem. Ibu-ibu bisa nyapu, nyirami tanduran, lan liya-liyane,
Acara silaturahmi dirawuhi para seniman, penyair saka Jawa Tengah uga Jakarta kaya Dad Murniah, Nurhayati, lan liya-liyane. Foto: Wirady Wiryaatmaja.
Wirady Wirjaatmaja
ngrasakake karya iku. Contone, ana wong sing maca geguritan utawa puisi utawa novel banjur rumangsa oleh "sesuatu" banjur rumangsa sehat.
Prof Minto nyambungake iki karo paring conto, ana wong sing maca novel utawa puisi bisa rumangsa ketagihan, kudu mbaleni maca, malah kepara ana sing nganti nangis. "Kahanan ketagihan ini, menawa disedhiyani, dianani sabanjure dadi sawijining terapeutik kang bisa gawe waras,"ujare.
Ketagihan utawa kecanduan kuwi ana contone, umpamane W.S. Rendra nalika jaman Orde Baru biyen. Yen Rendra pentas, kabeh penonton kaya ora lila yen Rendra kudu mudhun saka panggung. Wongwong kuwi tetep njaluk Rendra ora mudhun, kejaba didhunke dening aparat keamanan. "Iki nuduhake menawa wong-wong kuwi rumangsa diobati dening Rendra banjur padha waras,"tambahe Prof Minto.
Banjur kepriye sastra/kasusastran gawe karaharjan. Prof Minto nyebut,
kesejahteraan kuwi aja mung disawang saka anane bandha, omahe apik, bayare cukup. "Sastra bisa gawe waras lan rahayu yen individu-individu padha ketemu, banjur cinipta kuwarasan lan karaharjan kolektif,"ujare.
Imajinasi Kok Diwedeni
Sastra iku wohing imajinasi. Nanging kena ngapa awake dhewe padha percaya marang sastra? Marga percaya marang sastra, awake dhewe kudu melu sedhih kepara nangis nalika kita nikmati karya sastra iku. Yen awake dhewe ngilo ing jaman kepungkur, sastra lan sastrawan kok diwedeni. Buku-buku sastra dilarang, wonge ora oleh njedhul, ora kena tampil. "Lha sastra kuwi imajinasi kok diwedeni," ujare maneh.
Mula sabanjure Prof Minto ujar maneh, imajinasi kang apik kudu semendhe marang realitas. "Mulane aku jengkel yen ana sing kandha sastrawan utawa penyair iku gaweyane mung ngalamun, ngayal, golek ilham. Sastrawan lan penyair
iku ya padha nyambut gawene karo wong-wong liyane, kalebu malah kaya peneliti. Mung bedane, peneliti ndhodhog lawang ilmu saka ngarep, nanging sastrawan utawa penyair ndhodhog kamanungsan saka sisih buri. Mula ilmu lan kamanungsan utawa humanisme kudune gegandhengan,atut-runtut bebarengan,"ujare.
Peneliti anggone nindakake tugase kanthi cara deduktif, sastrawan kosok baline kanthi cara induktif. "Yeng ana sing nyaruwe bab sing digeluti penyair, enengna wae, kepara malah wenehana pangapura. Amarga sejatine wongwong kuwi ora paham cara kerjane sastrawan utawa penyair," tambah Prof Minto.
Nalika wong bisa mahami puisi, ya kuwi sing disebut sejahtera. Padha karo among tani sing nyambut gawe kanthi pethel, adus kringet macul, banjur mulih menyang omahe kang prasaja. Senajan omahe gedheg, nanging among tani kuwi rumangsa oleh kantentreman lan karahayon, sejahtera. Bubar sedina macul, sorene ngopi karo macit tela godhog. Kuwi kaendahan, nikmat, ya sejahtera iku. Dadi sejahtera kuwi ora bisa mumpung diukur saka bandha.
Resep Dawa Umur
Ing acara iku uga rawuh narasumber liyane, yaiku Dhokter Handrawan Nadesul. Piyambake ora mung dhokter, nanging uga dikenal minangka penyair. Mula, panitia ngrawuhake Dhokter Handrawan, kanggo njlentrehake bab kesehatan/kuwarasan sing magepokan karo para penyair, sastrawan, seniman.
Seniman kuwi, biyasane ora bisa ditata, sakarepe dhewe. Mangkono uga bab tata urip, gaya hidup.Umpamane, yen lagi nulis utawa maca, karo nyambi turon. Kuwi ora becik, amarga awak ora pas anggota napak. Beda karo nulis utawa ngetik ing meja, kursine ergonomis. "Yen carane lungguh wis salah, kuwi akibate ana saraf sing ketarik. Mula akeh ta sing sambat lara boyok, nanging ora ngerti pase lara ing sisih ngendi. Lara boyok aja banjur percaya karo obat sing jare
bisa nambani. Ya, lara boyoke ilang nanging ginjele malah kena. Iki kudu ngati-ati," ujare Dhokter Handrawan.
Sapa wae, klebu para seniman, sastrawan, penyair urip pancen kudu temata (teratur), umpamane ora temata anggone mangan. Mangan kudu diatur, supaya organ ing awak bisa nyambut gawe kanthi temata uga. "Turu uga penting, ora perlu pirang jam sedina anggone turu, nangin kepriye kwalitas turune. Tangi turu awake seger, yen wong lanang tangi esuk clana dhaleme metu tendhane, kuwi tandhane turune berkualitas," ujare dhokter Handrawan.
Uga diparingi conto, kena ngapa si Inem (rewang/pembantu rumah tangga) awake luwih seger, luwih ayu tinimbang juragane. Amarga si Inem akeh obah, nyapu, ngepel, asah-asah.
RAHMI PENVAIR NEGERI 2019 i, dan Pesta Puisi Bulau Pelu EREMPUANBAHARI PESISIR September 2019 Wism
Dokter Handrawan Nadesul mirengake testimoni utawa paseksen bab njaga kesehatan saka sastrawan Yudiono K.S. Foto: Wirady Wiryaatmaja
Cangkriman lan Wangsalan
Dening: Sutarsih
Cangkriman lan wangsalan inggih punika tetembungan ingkang kalebet istilah ing kasusastran Jawa. Masyarakat Jawa ingkang ngugemi basa Jawa temtu kemawon sampun priksa ngengingi cangkriman lan wangsalan. Ewa dene ingkang nembe sinau basa Jawa, dereng temtu priksa punapa sejatosipun kekalihipun punika. Kawontenan punika limrah. Kados ingkang sampun kasebat ing ukara saderengipun, cangkriman lan wangsalan punika istilah ing kasusastran Jawa.
Dados, cangkriman lan wangsalan boten tansah dipun-ginakaken ing sesrawungan utawi adat saben. Salajengipun ingkang ndadosaken cangkriman lan wangsalan dereng dipunmangertosi sok sintena kemawon inggih punika dereng priksa kados pundi cara kangge mbedakaken antawisipun cangkriman lan wangsalan. Ingkang njalari, amargi cangkriman lan wangsalan ketingal sami kemawon manawi boten dipuntliti kanthi permati. Estu cangkriman punika wonten emperipun kaliyan wangsalan, nanging ugi wonten bedanipun.
Cangkriman memper kaliyan wangsalan ing babagan tetembungan ingkang kedah dipunbatang lan mbetahaken wangsulan ing ukara utawi tetembungan ingkang dados batangan. Ingkang mbedakaken cangkriman kaliyan wangsalan inggih punika wonten
utawi boten wontenipun wangsulan kangge mbatang. Cangkriman ing Bausastra Jawa anggitanipun S. Prawiro Atmodjo dipunwatesi minangka bedhekan utawi batangan. Ananging, watesan istilah wangsalan dereng kawrat ing bausastra kasebat.
Cangkriman inggih punika tetembungan utawi ukara ingkang saged kabatang. Limrahipun, cangkriman kaginakaken ing gojekan minangka srana kangge ngregengaken swasana. Wangsulan ing salebetipun cangkriman boten wonten ing ukara utawi tetembungan minangka batangan kasebat. Dados, tetembungan utawi ukara minangka batangan ing cangkriman boten kaserat. Dene, ing wangsalan sampun wonten wangsulanipun sanadyan kanthi samudana. Wangsulan minangka batangan wangsalan sampun wonten ing salebetipun tetembungan ingkang karipta. Tetembungan ingkang dados wangsulan batangan namung kasirat lan kedah wonten sambetanipun kaliyan babagan sanes ingkang nyaketi kaliyan tetembungan ingkang dipun-ginakaken ing wangsalan. Pramila saking punika, ingkang mbatang wangsalan kedah nggadhahi pamawas ingkang wiyar supados saged negesi kanthi trep. Supados trawaca, saged dipunpriksani conto punika.
Contonipun Cangkriman
Sega sekepel dirubung semut.
Wangsulan kangge cangkriman kasebat inggih punika: salak (woh salak). Salak inggih punika salah satunggalipun jinis wowohan ingkang gadhah ukuran boten nglangkungi kepelan tangan agengipun. Manawi woh salak punika dipunbucal kulitipun, daging woh salak ketingal awarni pethak. Ewa dene kulit salak manawi dipuncepeng kraos kasar lan warninipun antawisipun soklat, langking, lan cemeng kados werninipun semut nalika nembe nggrombol.
Pitik walik saba kebon.
Wangsulan kangge cangkriman kasebat inggih punika: nanas (woh nanas). Nanas inggih punika salah satunggalipun jinis wowohan ingkang gadhah ukuran kados badan ayam agengipun. Wujudipun woh nanas punika kados ayam ingkang njempalik. Ronipun memper kaliyan buntut ayam, rembyak-rembyak panjang. Tembung saba kebon nedahaken bilih wangsulan kangge batangan kasebat ngengingi sawenehipun barang ingkang saged kapanggih ing kebon.
Contonipun Wangsalan
Dupenane kuwasa bae, nguneni wong kok le nganak cecak.
Wangsulan wangsalan kasebat inggih punika: sawiyahwiyah. Ing basa limrah, wangsalan punika gadhah werdi 'amargi gadhah panguwaos, mastani tiyang sanes sasekecanipun piyambak'. Anak cecak punika dipunwastani sawiyah. Tembung nganak cecak punika wonten sambetipun kaliyan tembung sawiyah-wiyah ingkang ngemu teges, 'sakarsanipun piyambak'.
Ancur kaca, kaca kocak mungging netra
Den rinasa, tindak mamak tan sayogya
Wangsulan wangsalan kasebat inggih punika, 'menawi dipunraosaken, tumindak sakajengipun piyambak, boten nggadhahi andhap asor'. Ancur kaca punika tembung ingkang gadhah nami sanes inggih punika banyu rasa (air raksa). Tembung banyu rasa gegayutan kaliyan tembung rinasa ingkang ngemu teges 'karaosaken'.
Kaca kocak mungging netra minangka wangsalan ingkang batanganipun inggih punika tesmak. Tesmak punika kaca tinggal utawi kacamata. Tembung tesmak gegayutan kaliyan tembung mamak. Tembung mamak sesambetan kaliyan tembung mamak-mumuk ingkang ngemu teges 'nekad sakersanipun piyambak', 'ngawag', 'ngawur'.
Kados makaten babagan kawruh ngengingi istilah cangkriman lan wangsalan. Mugi-mugi seratan punika saged kangge nambahi seserepan dhumateng para kadang ingkang nembe sinau basa Jawa.
Ndeleng Ronggeng Dhukuh Paruk Banyumasan Kang Deanggit Dening Ahmad Tohari
ovel Ronggeng Dhukuh Paruk kuwé salah sawijining novel sing deanggit dening Ahmad Tohari. Ahmad Tohari N kuwé sastrawan lan budayawan sing lair 13 Juni 1948 lan asalé sekang Banyumas, Jawa Tengah. Novel kuwé nyritakna ronggeng sing jenengé Srinthil. Srinthil kuwé bocah wadon sing seneng ngibing. Salah sijining dina, kakiné Srinthil, Sakarya, weruh polahé Srinthil kaya ronggéng. Sakarya njuran nyritakna prekara kuwé maring Kartareja, dhukun ronggéng nang dhusun kuwé. Srinthil njuran dedadékna anak kuwalon Kartareja njuran deréwangi bén bisa dadi ronggéng sing prigel. Ningen saraté dadi ronggéng kuwé ora gampang. Ana sarat-sarat sing kudu delewati dhisit. Jogédan nang ngarepé warga Dhukuh Paruk, jogédan nang ngarep pesaréané Eyang Secamenggala lan sing keri dhèwèk yakuwé mbukak klambu.
Ronggéng Dhukuh Paruk Basa Banyumasan AHMAD TOHARI
Rasus, wong lanang sing detresnani maring Srinthil lunga kepengin dadi tentara. Srinthil saya sedhih lan ora kepengin dadi ronggéng maning. Ana impén-impén sing ana nang atiné Srinthil. Dhèwèké kepengin bisa umah-umah karo wong lanang sing detresnani kuwé. Srinthil kepengin duwé anak lan urip tentrem karo kluwargané. Ningen, kuwé mau mung dadi pangimpené Srinthil. Nyatané dhèwèké tetep deanggep ronggéng nang masrakat sing ana nang kana.
Wulan ganti taun, Srinthil saya pengin ucul sekang penggaweyané dadi ronggéng. Akeh wong lanang sing kepengin deladèni dening Srinthil. Kuwé sing gawé pikirané Srinthil nambah abot, nambah susah, lan nambah mumet. Nganti salah sijining dina ana Bajus, tentara sing detugasi proyèk nang tlatah Dhukuh Paruk. Bajus ketoné seneng maring Srinthil. Dhèwèké cokan ngrewangi Srinthil lan kluwargané angger ana prekara sing kedadéyan lan gawé susah.
Dina ganti minggu, minggu ganti wulan. Srinthil lan Bajus saya pèrek. Akèh tangga teparo sing ngrasa angger Srinthil lan Bajus duwèni gegayutam sing temenanan. Pas kuwé Bajus diwèhi ulem kanggo nekani rapat proyèk sing bakal degarap, banjur ngajak Srinthil. Srinthil sing ora ngreti apa-apa ya seneng-seneng baé dejak lunga sing jarené pahargiyan kuwé. Nalikaé bengi kuwé, Bajus niatan arep njaluk tulung nang Srinthil ngakon mbatiri turu bosé sing ewis kondhang dhemen karo wadonan. Ningen, Srinthil ewis ora precaya maning maring wong lanang. Srinthil klaran atiné, njuran umpetan nang jero senthong. Dhèwèké kagoncang jiwané nganti ora sadhar. Bajus njur ngeterna Srinthil mulih. Siki, Srinthil ewis ketalangan nalaré. Srinthil sing gemiyèné ayu moblong-moblong lan wangi, siki rupané ewis reged lan ambu pesing. Srinthil sing gemiyèné desubya-subya, siki ewis delalekna. Rasus sing adoh nang Kalimantan rasané kaya kepengin mulih baé. Kaya ana prekara sing marahi dhèwèké kemudu mulih ming njawa. Rasus mulih ming Dhukuh Paruk. Dhèwèké kagèt maring kahanané Srinthil sing siki. Atiné Rasus sedhih. Wong wadon sing dèntresnani dadi edan. Merga kuwé, Rasus mutusna ngrumati Srinthil nganggo tangané dhèwèk.
Sekang novel kuwé, amanat sing bisa deulih salah sijiné yakuwé kepriwé bebungah sing sejati kuwé. Dudu prekara dhuwit sing akèh. Dudu prekara kondhang lan akèh wong sing nyenengi. Bebungah kuwé sejatiné bisa urip tentrem, bisa nglakokna apa sing dekarepna lan deimpekna.
Novel anggitané Ahmad Tohari kuwé duwé pirang-pirang keluwihan. Sing pisanan yakuwé sekang samak utawané cover novelé. Gambar sing
ana nang cover novel yakuwé gambar ronggéng sing bisa njlèntrèhna isi umum sekang novel kuwé, yakuwé critan babagan ronggéng sing ana nang Dhukuh Paruk.
Kaping loro yakuwé basa sing deenggo yakuwé basa Jawa dhialek Banyumasan utawa lewih kondhang basa ngapak. Liwat novel kuwé, penganggit bisa melu nglestarekna salah sijining dhialek sing ana nang basa Jawa. Lan uga bisa lewih gampang dengreteni nang masrakat, khususé masrakat ngapak sing dadi latar crita novel kuwé.
Kaping telu, novel nganggo basa kang bisa dengretèni kanti cetha dening para pamaosé. Basa sing deenggo yakuwé nganggo basa Jawa ngoko, basa padintenan sing tansah deenggo dening masrakat. Karakter tokoh lan kedadéyan sing dejlèntrèhna uga bisa langsung dengretèni dening pamaos, saengga amanah kang deandhut bisa ditampa kantigampang.
Keluwihan liyané yakuwé ana glosariutawané daptar tetembungan ning kaca akir novel kuwé. Glosari bisa ngrewangi pamaos kanggo ngreteni tembungtembung sing ora dengreteni.
Ningen, kajaba kuwé, ana kang kudu degatekna pamaos nalika maca Ronggeng Dhukuh Paruk Banyumasan. Sudut pandang sing deenggo dening penganggit kuwé campuran. Ana bab sing nganggo sudut pandang orang ketiga, ana uga sing nganggo sudut pandang orang pertama pelaku sampingan. Kiyé ndadèkna pamaos kudu tliti lan cermat kanggo ngreteni kapan aluré kuwé ganti. Kajaba kuwé, ana kalané penganggit gawé singkatan runtuting kedadéyan para paraga. Ningen, carané nyingkat kuwé kadohan. Kuwé njalari pamaos kudu bisa ngawang-awang dhèwèk apa kahanan kang kedadéyan marang tokoh kuwé. (Siti Khotimah)
Mripat
Dèning: Rita Nuryanti
"Ha?!! Adhuh...!!! Hiiii....!!! Apa ya?" Tanpa kangerten sangkan parane, atiku tab-taban. Ngedhap tanpa sebab. Ora bisa kacandhet kenthong titir ngogreh-ogreh pangrasaku. Dheg-dhegan ora karuan, kawoworan wedi nunjem pulung ati. Lha piye, lagi enak-enak maca buku ing perpustakaan, kok ing pojok tembok kaya ana mripat sajodho, manther nyawang saparipolahku. Mencereng, sajak ngendhem pangigit-igit.
Yakin, satemene aku kepengin njerit. Witikna, sapa wonge kang bisa teteg kalane dhewekan ana kedadean kang nyleneh, kaluwih mambu-mambu titah kang ora katon. Wulu githok mengkirig, kringet brol-brolan nanging tangan lan sikil anyep njejet. Piye jal? Tengah awan padhang ndhrandhang kok nemoni lelakon kang ora klebu nalar.
"Mbak Yuni ki ana ngendi?" batinku ngudarasa. Mbak Yuni mono petugas perpustakaan kang biyasa nyenuk ing ngarep komputer ngladeni para karyawan kang nyilih utawa mbalekke buku. Sanajan dudu sekolahan, PT Widya Kencana kang nyetak lan nerbitake buku, pancen nggadhang wiwit tukang sapu tumeka direktur ora alergi buku, tansah maca ngundhakake ngelmu.
Takcoba unjal napas landhung, nata rasa lan pikir. Sakehing rasa kang angreridhu tak srateni kanthi ngeningke panca driya. Takjaga tenan aja nganti mbengok njaluk tulung, aja nganti gawe geger para kanca lan dadi rembug ngambra-ambra.
Kanthi ngetog kekuwatan, takpandeng papan jumedhule mripat nyalawadi. Kanyatan isih njegreg, nanging wis ora mlorok kaya buta ngumbar kanepson. Kanthi lon-lonan sikilku jumangkah nyedhaki. Tanganku kumlawe, nedya ngajak rembugan apik-apikan. Padhapadha titah, ora perlu padha dene ngganggu gawe.
"Lho?!! Kok?!" Gumunku sundhul mbun-mbunan. Kaget, kang sakawit wis ora pati wedi mbalik wedi kepati. Kanthi etungan mung saklepasan, mripat musna saka panyawang lan ninggal plerokan semu ngece. Mbokmenawa wae nggeguyu solah bawaku kang genah katon minggrangminggring, kurang teteg ngadhepi kanyatan. Aku plenggongan. Pangungunku saya tumpuk undhung, lelakon kok neka-neka.
"Ora! Aku ora kena ngucir ing yuda!" Jiwaku katetangi. Rasa gigrig mencelat adoh saka anggaku. Ing batin malah tuwuh ngarep-arep, kapan jumedhul maneh bakal taktantang adu kasatriyan. Tanganku methentheng. E, jebul ora mencungul-mencungul.
Srettt..., kursi takgeret. Lungguh. Pangangenku ngenam lelakon kang nembe mungkur. Aku dadi krasa, ana kang ora
beres. Aku klebon titah tan kasat mata, apa kaya dene indigo, duwe kaluwihan nyawang barang ghaib. Nanging geneya tekane bareng umure wis lungse? Wis
meh setengah abad. "He he he...," Aku klecam-klecem, nggeguyu pikiranku kang ngayawara.
"Hayo, Pak Arif! Mesam-mesem piyambakan! Kelegan sajake. Ditekani widadari napa dospundi?" Kegawa katrem kekeceh ing lelamunan, aku dadi ora nglegewa yen Mbak Yuni wis ngejejer ing sandhingku.
"Iya e, Mbak! Pojokan kono mau ana glibete widadari. Takcaketi kok ilang tanpa lari. Eseme jaaannn..., nanggal sepisan! Eh, merak ati! Lha yen Njenengan kijenan, apa ya njedhul bocah bagus?" Sinamar gegojegan takpancing Mbak Yuni. Mbokmenawa wae ing ruangan iki pancen ana apaapane.
"Wah, Pak Arif! Ndhagel! Panjenengan kekathahen maos crita bab lelembut, Pak! Bocah bagus niku marahi nggerus! Paling-paling wontene nggih kados Panjenengan, ha ha ha...."Mbak Yuni malah melu-melu nyenges aku.
"Ya wis, Mbak! Arep mbutge, nyambut gawe!" Tanpa mbuwang wektu, sikilku jumangkah metu. Mlebu ruanganku, mbacutake ngedhit naskah.
"Rif, kepriye babaring lelakon kang kok critakake?" Lagi wae awakku manglung wis dipapag pitakone Agung, kanca saruwangan. Tugasku pancen ngedhit naskah. Tinimbang mung amem, tarkadhang apa kang takwaca takcritakake marang Agung, semono uga dheweke kerep ngethuprus ngimbangi, idhep-idhep andum pengalaman.
"Lambeku keju, Gung! Takbukakke, wacanen dhewe!" Tanpa nunggu wangsulan, laptop takbukak. Uga tanpa mindhon gaweni, Agung nuli ngingklig nyedhak, nglungguhi kursiku.
"Kapan rampunge yen mung disambi wae! Nanging yen butuh dhuwit banjur ngrebut jobe kancane!" Rada sengak, Pak Hardana nyaruwe.
"Ben ora spaneng, Pak! Sing penting ora nrajang deadline!"Agung sajak ora nggople.
Sanajan kesengkring, aku trima meneng. Pak Hardana pancen sok ora ngepenaki. Nyambut gawe wong telu, dheweke ajeg mbedani. Angel sraten-sratenane. Tinimbang dadi perkara, aku pilih ora mangsuli. Genti lungguh kursine Agung, nganggur kendhangan dhengkul.
"Kono sakarepmu! Gaji gedhe, kerja direndhe-rendhe!" Ora nganggo etungan menit, Pak Hardana menyat, metu, lan "Jengglengngng...!!!"Mbanting lawang.
"Priye iki Gung, kok salah kedaden? Aneh, mosok cugetan kaya ngono?"
"Tenangna pikirmu! Anggep wae kurang sajen! Ha ha ha..!!" Agung ngumbar guyu. Dheweke pancen ndableg, ora thik-thik dipikir kaya aku. "Wis ta, aja ngganggu! Kurang sithik, takrampungne!"
Aku ngalah. Ora mangsuli, saderma ngungah ngedhunake panglimbang ngonceki tumanduke Pak Hardana. Yen pancen ana luputku, luwih becik dituduhake murih aku ora mung ngira-ira lan nibakake panyakrabawa.
"Lho?! Ngapa kowe njedhul maneh?" batinku mlenggong. Ora gantalan jam kedadean aneh bali dumadi. Ing tembok sangarepku katon mripat kethal-kethil semu nyenges. Aku yakin, kuwi mripat sing mau mbebeda ing perpustakaan.
"Hai, Rif! Sapa sing njedhul! Nglindur apa ndleming?" Kanthi mengo sithik, Agung nylenthik pangrasaku.
"Kuwi lho Guuuuungngng..!!!" Tanganku tuding-tuding, swara setengah mbengok.
"Wong ki yen culika, uripe didhabyang-dhabyang setan!" Sajak wis nguping saka njaba, mbukak lawang byak! Pak Hardana nguncalake panyangka, ngilani dhadha.
Aku sumlengeren. Kok bisa-bisane Pak Hardana ngendika mangkono. Diwangsuli utawa ora sarwa mrekewuhi. Tinimbang saya ndadra, aku nuli klunuh-klunuh nyaket Agung, nyenggol sikute aweh sasmita supaya bali ing papane. Agung tanggap. Tanpa cemuwit dheweke ngadeg. Sajake bisa maca swasana.
"Thog..., thog..., thog!" Keprungu lawang didhodhog. "Pak..., Pak Arif! Ditimbali Pak Broto!" Saka suwarane cetha yen iku Mbak Yuni. Tanpa nguculake tembung, aku menyat lan mbukak lawang. Klendheh-klendheh jumangkah kaya Baladewa ilang gapite.
"Pak Arif ngerti, ngapa taktimbali?" Lagi wae manyuk ruwang direktur, aku wis diantem pangandikane Pak Broto.
"Boten, Pak!" Ora ditawani lungguh, aku mung ngadeg jejeg, ndhungkluk amarikelu.
"Lha ya kuwi wong kang ora bisa mawas dhiri! Aja dumeh pinter lan disenengi penulis banjur aji mumpung! Ngrebut rejekine kanca!"
Satemene aku ora dhong, ora nyambung karo ngendikane Pak Broto. Sing ngusrug lan kemethag ki sapa, aku ora bisa nggraita. Nanging Pak Broto pating tlepug paring duka, bisaku mung meneng, ngunci dalan gunem.
"Ha?!!!" Lambeku menga amba nanging ora bisa nyuwara. Persis ing ngarep dlamakanku mripat plerakplerok mbebeda lan ngece. "Huhhh...!!!" Sikil takangkat, "Bruuuggg..!!!" Ngiles-iles mripat. Kurangajar, jebul wis
mlumpat pindhah enggon.
"He! Ora sopan! Disrengeni malah ngiwi-iwi!" Pak Broto saya duka. "Metu kana! Yen nganti tumindak neka-neka, isih akeh wong pinter kang golek gawean!"
Tanpa pamit lan njaluk pangapura, aku nuli klintrihklintrih lunga. Aku wis rumangsa ora duwe rai. Mlebu ruangan tanpa nyapa Agung, apa maneh Pak Hardana. Njupuk tas, menyang parkiran, lan bablas mulih.
Takkipat-kipatna, mripat nyalawadi tansah nggandhuli. Tekan ngomah dudu anak bojo kang katon, nanging mripat kang nggegilani. Oraa isin anak bojo, aku kepingin nangis gero-gero. Apa aku wis edan tenan alias owah pikiran?
"Mas, ngapa ta kok sok kaya gragapan?" Taktutupana jebul ibune bocah-bocah bisa maca glagatku.
"Ora apa-apa, paling mung kekeselen!"
"Ya wis, Mas! Dinggo ngaso wae!"
Aku manut. Tinimbang wadiku kewiyak, aku mlebu kamar. Awak takbanting ing kasur, kelap-kelop nyawang plafon. "Wueee...!!!" Katon mripat peplayon jag-jagan plafon. Buku kang gumlethak ing meja takbalangake. Mrucut. Mripat saya pencolotan.
Otot bebayuku kaya dilolosi. Kringet byuk-byukan, gemeter wel-welan. E,lha kok tambah pengin ngompol ngenggon. Kanthi sisa tenaga, aku rambatan menyang pakiwan.
Bleng mlebu, mripat mendelik ing ndhuwur toilet kaya arep ngemplok ragaku. Aku anteng, nata ambegan. Taklirik ing wadhah sabun gumlethak drei kang mentas digunakke Mbok Nah kanggo ngresiki saringan banyu kang kesangkut rambut.
"Aaaaa....!!!" Pindha sagebyaran thathit drei takjupuk, "Bleeesss.....!!!"Takcublesake mripat.
"Adhuuuhhh...!!!"Ana suwara tanpa rupa mbengok sora.
"Mas?! Ana apa?" Ibune bocah-bocah teka magita-gita.
"Ora apa-apa. Mau rada mumet, saiki wis mari. Ayo, metu!" Wangsulanku sinamur ing samudana. Satleraman taksawang papan cublesan, ana getih mbalabar.
"Hiii.....!!! njejemberi!"
"Kene Mas, ngunjuk sik!" Nyonyahku nggawekke teh kebul-kebul. Entuk limang ceglukan, panonku dadi padhang. Panyawangku clilang-clileng nggoleki mripat kang ngganggu uripku. Resik, ora katon prejengane. Batinku makcles, kaya siniram banyu sewindu. Ana rasa syukur kang angel ginambar.
Hape muni aweh tengara yen ana WhatsApp mlebu. Takbukak. Kiriman foto saka Agung. "Dhuh Gustiii..., lelakon apa iki?" Katon cetha wela-wela mripate Pak Hardana dleweran getih kaya kecubles barang landhep. Muga-muga iki dudu luputku, nanging luweng kedhukane Pak Hardana dhewe.
Hargadaksina, 170818 as Wid katon bingung. Kawit M mau mung wira-wiri kaya setrika sing biyasane dinggo nyetrika lyem saben dinane neng ngomah. Arep takon kok ra mentala aku. Gek durung mekapan barang dheweke. Kamangka sedhela meneh pentase wis wiwit. Lha kae Mbak Mung sing dadi juru paes ya mung meneng wae. Dheweke lagi asyik maesi Warsi, paraga Dewi Supraba ing Lakon Begawan Ciptoning sing sedhela maneh arep dipentasake. Panyawangku, ora mung sepisan iki Mas Wid kaya mangkono. Seminggu kepungkur nalika arep pentas lakon Rama Shinta, makuthane kijolan. Dheweke kleru nganggo makuthane Lesmana. Begjane, konangan Pakdhe Dirga sing biyasane gawe wedang lan nyepakake konsumsi. Manut critane Mbak Mung, Pakdhe Dirga enome biyen ya mayang uwong, nanging saploke entuk kacilakan montor limang taun kepungkur, sikile wis ora bisa nggo mbeksa meneh ing panggung wayang wong sing saiki uga dadi papan pangupajiwaku.
Nyawang Mas Wid kaya mangkono, nuwuhake rasa mesakake ing atiku. Aku mung bisa mbatin. Mas Wid mesthi lagi nandhang lelakon sing abot ing bale wismane. Mas Wid pancen pambeksa wayang wong sing wis kondhang kaloka. Wiwit dibukake tobong wayang wong ing kutha cilik iki, dheweke wis dadi primadona. Dhasar rupane bagus, tur ya luwes anggone mbeksa. Mula ora mokal akeh penonton wanita sing keminthilminthil karo Mas Wid. Ana sing titip layang, ana sing titip rokok rong wungkus, malah ana uga sing nganti nututi tekan mburi panggung sawise Mas Wid pentas. Kabeh kuwi mujudake tresna sing gedhe marang Mas Wid. Banjur aku? Orak! Senadyan wis tepung lan srawung karo Mas Wid sawetara wektu ing tobong wayang wong iki, ora ana babar blas rasa sing mirunggan marang dheweke. Rasa sing ana ya mung rasa kekancan sejati sing tuwuh antarane Mas Wid karo aku. Rasa saiyeg saeka kapti ngurip-urip tobong wayang wong iki. Tobong sing sasuwene iki wis dadi pangupajiwane Mas Wid, aku lan kanca-kancaku. Tobong sing saiki wis wiwit ditinggalake para pandhemen setyane merga wis padha bosen. Panemuku mung prasaja! Bosene para
Arjuna Judhey
Dèning: Eko Purwanto
penonton seni tradhisi kuwi merga terobosan-terobosan anyar sing bisa bali meneh nggrengsengake tobong Wah malah dadi ngomongke panguripanku ta iki?
Daksawang Mas Wid isih kamus lonthonge. Sejatine aku mesakake karo Mas Wid. Dheweke biyen entuk panggilan dadi guru negeri ing Kalimantan. Nanging ora dinyangi merga ora mentala ninggalake
ora tau ana gawe penonton wayang wong. t o b o n g m b e n a k a k e
Mbak Sri sisihane sing wis mbobot tuwa. Pangurbanane kanggo keluwarga pancen gedhe banget. Mula, nalika Mas Wid mutusake tetep nobong wayang wong, rasa pangrasaku kebagi dadi loro. Seneng merga tetep dikancani dening priya sing dadi primadona
panggung
sasuwene iki. Ngeman merga tobong wayang wong iki saiki wis ora bisa dijagakake meneh minangka cagaking urip. Mbak Sri pancen dadi wanita sing beja. Dheweke kuwi kawit biyen sing diajak tembayatan karo manajemen nyedhiyani kostum kanggo para pemain. Suwening suwe tuwuh tresna antarane Mas Wid karo Mbak Sri sing dibacutake palakrama. Saiki kalorone wis peputra loro. Yen daksawang keluwargane Mas Wid karo Mbak Sri kuwi pancen keluwarga sing bisa kanggo pengilon keluwarga liyane. Ora tau crah. Ora ana padudon-padudon minangka bumbuning bebrayan sing kawetu nganti krungu tangga teparo. Aku nyekseni dhewe merga omahku mung ngarepe caket.
Minangka rol, Mas Wid pancen dadi kembanging pamentasan. Lakon apa wae yen sing dadi rol kuwi Mas Wid, isa dipesthekake sing nonton mesthi kebak. Kabeh padha ngenteni kridhane Mas Wid ing panggung wayang wong. Nanging mbengi iki katon beda. Mas Wid katon ora jenjem. Wusana dakwanek-wanekke takon.
"Mas Wid, ana apa ta? Kawit wau mung wira-wiri lho! Wis arep wiwit lho pentase!"
"Ora ana apa-apa kok, Jum! Wis kuwi tulung uncalna penitene!"
"Iki Mas! Nyoh! Eh Mas . . .ana apa ta? Lagi rame karo Mbak Sri pa? Arep crita ro aku ra?" Wis dakmanis-maniske anggonku takon. Wangsulane marainggondhuk.
"Rak!" Wangsulane ringkes.
Aku wis ora takon meneh. Mekapanku wis rampung. Mekapan prasaja sing cundhuk karo dhapukanku. Anggonku nganggo kendhit uga wis rampung. Gari mbenakke gelung sing wis cumanthol ing sirahku. Kaya padatan aku dadi emban. Wengi iki aku dadi emban ing Negara Manikmantaka. Ora tau mundhak! Mung kuwi dhapukan sing paling pas kanggo aku, mangkono kandhane Om Piet, sutradaraku. Eh ya ora apa-apa! Kabeh wis daktampa kanthi lila legawa. Karang ya keparingan awak lemu! Sing wigati bagas waras. Lemu kuwi ora dosa kok! Malah dhapukane ajeg. Rasah ngapalake dhialog. Kabeh wis lumaku kaya lumakuning dom jam saka angka rolas ngliwati angka-angka liyane ing sajroning jam weker lawas sing semeleh ing mejaku.
Saka mburi panggung, keprungu MC wis ngaturake panuwun marang para penonton sing wis lungguh kepenak. Dakinjen saka kain tonil sing wis suwek rada amba, para penonton kaya wis ora sabar ngenteni pamentasan lakon Begawan Ciptoning. Aku mengo nalika ana tangan njawil pundhakku! Maktratab! Jebul Mas Wid!
"Akeh sing nonton, Jum?"
"Kaya padatan, Mas! Ora! Ora nganti rong puluhan! Kabeh pandhemen setiamu lho Mas!" Kandhaku nggedhekake semangate Mas Wid sing katone rada mbleret kuwi.
"Wah yen mangkono terus kahanane aku bisa banting stir dadi tukang ojek on line iki Jum!" Kandhane Mas Wid melas.
"Semangat, Mas! Rodha kuwi mubeng! Ora salawase nasibe awake dhewe iki kaya ngene! Eeeeeee . . .mbokmenawa ana prodhuser filem sing nonton bengi iki banjur ngejak awake dhewe main filem! lya ora Mas Wid?"
"Halah! Mbok rasah nyaru wuwus kowe ki Jum! Prejengan kaya awake dhewe iki wis ora payu ya! Eh . . . jemparingku mau wis dicepakke Trubus durung ya? Woo kae Jum! Jebul neng cedhak lemari! Isa njupukke ra? Aku dakmbenakke wironku iki dhisik!"
"Oke, Mas Wid!" Wangsulanku cendhek banjur njupukake jemparing sing bakale arep digawa ing ndhuwur panggung. Tetulung antarane para seniman panggung kuwi wis lumrah. Bab-bab kaya ngene iki sing tansah ngangeni. Tobong lan donyaning panggung pancen bisa dadi papan kanggo mupuk pasrawungan sing becik.
"Sik ya Jum! Daknyambut gawe dhisik!" Kandhane Mas Wid karo nampa jemparing saka tanganku. Mas Wid wis metu saka kamar paes. Nalika arep ngilo sing pungkasan, aku weruh dluwang untel-untelan ing ngisor jakete Mas Wid. Dluwang kuwi banjur daklebokake kembenku. Ancasku mengko ketemu Mas Wid bisa dakwenehake marang dheweke.
Neng mburi tonil, para widadari sing paragane nom-nom kuwi wus padha siyaga. Wus padha katon ayu manglingi. Ana pangajab gedhe ing kridhaning pambeksa-pambeksa nomnoman kaya Warsi kuwi. Ing batinku, tuwuh pangentha-entha yen tobong wayang wong iki bakal tetep ngadeg jejeg ing madyaning seni pertunjukan ing kutha cilik iki.
Gamelan wis muni angrangin tandha pambukaning pentas wayang wong wengi iki. Adegan pambuka nggambarake pangamuke Patih Mamangmurka ing Suralaya. Para dewa ora kuwawa ngadhepi Patih Mamangmurka sing mundhi dhawuh saka Sang Gung Binathara Negara Manikmantaka, Prabu Niwatakawaca. Patih sekti mandraguna kuwi didhawuhi nglamar Dewi Supraba. Nanging lamarane ditampik para dewa, sing wusana ndadekake perang rame antarane wadyabala Manikmantaka mungsuh Suralaya. Wadyabala. Ora kaletan suwe, Prabu Niwatakawaca wis tumeka lan langsung ngobrakabrik isining kahyangan. lan ora ana sing bisa ngalahake. Kabeh wis kocar-kacir. Bethara Guru banjur dhawuh marang Bethara Endra supaya nggoleki Arjuna (Begawan Ciptoning) sing lagi mesu brata ing Guwa Mintaraga.
Para pamirsa padha keplok nalika tonil nggambarake swasana pertapan. Ing kono padha weruh Begawan Ciptoning
sing lagi mesu brata. Bethara Endra wis tekan ing pertapan. Dheweke malih rupa dadi wong tuwa aran Resi Padya. Ing pacelathone, Resi Padya ngandharakake marang Begawan Ciptoning yen semedine ora bakal tinampa Sang Hyang Wenang merga isih nyandhing jemparing. Nanging banjur diwangsuli yen anggone nyandhing jemparing kuwi merga nuhoni Rama Parasu. Adegan loro iki kaisi pacelathon-pacelathon ngenani bab kamanungsan. Pungkasaning pacelathon, Resi Padya badhar dadi Bethara Endra. Bethara Endra banjur bali ing kahyangan ndhawuhi marang widadari cacah pitu supaya bisa mungkasi pamesubratane Begawan Ciptoning. Para penonton keplok-keplok meneh nalika weruh widadari cacah pitu kuwi padha mbeksa kanthi kenese. Widadari cacah pitu kuwi yaiku Supraba, Wilutama, Warsiki, Surendra, Gagarmayang, Tanjungbiru, lan Lenglengmulat. Widadari cacah pitu mau banjur nyaru dadi garwa-garwane Arjuna.
Para penonton padha ngempet ambegan nalika weruh widadari cacah pitu kuwi kanthi luwes nanging trengginas nyedhaki Begawan Ciptoning. Sakabehe padha nggodha Begawan Ciptoning nanging ora kasil. malah padha kesengsem marang baguse. Penonton padha mesem weruh Begawan Ciptoning tetep tatag anggone mesu brata. Kabeh wis percaya yen Begawan Ciptoning bakal kasil ing mesu bratane senadyan widadari sing ayune uleng-ulengan kuwi sangsaya bergas anggone nggodha. Saka sisih tengen panggung aku mesem. Senadyan lakon "Begawan Ciptoning" iki wis wola-wali dipentasake, nanging aku ora tau mandheg njingglengi adhegan panggodhane widadari marang Begawan Ciptoning utawa Arjuna kuwi. Widadari sing pungkasan ngleksanani dhawuhe Bethara Indra yaiku Dewi Supraba. Dewi Supraba banjur ngobahake awake nyedhaki Begawan Ciptoning. Kanthi gandhes luwes dheweke ngobahake sampure. Penonton ngempet ambegan meneh nalika Dewi Supraba wis cedhak banget karo Begawan Ciptoning.
Nanging sing dumadi bacute marakake para penonton padha misuh-misuh sero. Aku weruh samar-samar, Begawan Ciptoning ngadeg saka anggone mesu brata, banjur mbopong Dewi Supraba mbladhat kagawa ing mburi panggung. Swaraning penonton isih lampor. Ana sendhal-sendhal sing mabur tekan ndhuwur panggung! Aku banjur mlaku rikat ing kamar dandan nggoleki Mas Wid sing mau mbopong Warsi. Jebul, Warsi ngadeg ing ngarep kamar paes rinubung para paraga widadari liyane sing padha takon kedadean sing lagi wae dumadi. Aku wis lingak-linguk mrana-mrene ora ketemu. Aku ketemu Pakdhe Dirga sing kandha yen Mas Wid metu saka tobong. Ngisis neng njaba sajake. Legane atiku krungu kabar kuwi. Aku kelingan yen ing kembenku mau ana dluwang unteluntelan. Dakbukak alon-alon. Ana tulisan ing dluwang kuwi. Tulisane isih cetha! Banjur dakwaca. Jebul. . .layang pangundang sidhang gugatan cerai Mbak Sri marang Mas Wid saka Pengadilan Agama ing kutha cilik iki!
Yogya., 6 Maret 2019
*) Guru lan pengarang kang mapan ing Kampung Pelemsari KG II No. 96 RT 03 RW 01 Prenggan, Kotagede, Yogyakarta.
Celengan Kagem Simbah
Dening: Nishfi Yanuar
ore iki Taman Pendidikan S Alquran (TPA) Masjid Al Furqon lagi ana acara khataman Alguran. Khataman iki rutin dianakake sewulan pisan pendhak dina Minggu pungkasan. Bocah-bocah murid TPA maca Alquran kanthi giliran. Ustadz lan wong-wong sepuh sakiwa-tengene masjid uga melu ngampingi.
Dewi ndhek mau budhal ning masjid dikancani simbahe. Senajan wis sepuh, nanging simbahe tetep semangat lan rutin melu khataman. Apa maneh pas wulan Pasa, simbahe malah melu tadarus tekan wengi. Pas giliran simbahe Dewi ngaji,
bocah-bocah kancane Dewi ketok bisik-bisik. Nuri, bocah sing lungguh ning sandhinge Dewi ganti mbisiki ning kupinge Dewi.
"Wi, omongana simbahmu ta, ngajine kon uwis!"
Swarane Nuri lirih banget, nanging ketara yen Nuri omong karo gela. Dewi mung mrengut. Mripate ora owah saka lembaran Alquran ning ndhuwur dhipan.
"Omonga dhewe!" Dewi sakjane uga ndhongkol. Ngrasa keganggu karo polahe kancane sing terus njawil-njawil lengene.
金会☆
"Bu, kanca-kanca kula kathah ingkang boten seneng lho, menawi Simbah tumut ngaji wonten masjid. Ibu matur Simbah nggih, pun sah ndherek khataman malih," wadule Dewi nalika mulih saka masjid. Dheweke sengaja mulih dhisik, wegah ngenteni simbahe sing jarene sisan ngenteni wektu Magrib.
"Lho, ora seneng piye maksude?" Ibune Dewi ndeleng putrine sing katon mecucu.
"Pokoke Ibu matur ae ning Simbah ngajine ning omah mawon!"
"Kudune kan Dewi seneng, duwe Simbah sing sregep ngaji. Apa maneh melu khataman ning masjid teka sore ngene ki," Ibu mangsuli lirih.
"Bu ... simbah ki ngajine kathah sing salah. Dhiluk-dhiluk ndadak dibenerke, malah sok-sok ana barisan ayat sing kelewat. Kancakanca padha nesu, Bu!" Bocah kelas 4 SD iku ngomong karo gregeten.
"Ndhuk, ning sekolahan pun disinaoni dereng bab pahala maca Alquran? Utawa Ustadz Aswan nate nyampekne ning TPA?" Ibu kandha alon-alon supaya Dewi bisa mahami. Dewi isih katon mrengut.
"Paling nate, nanging mbuh ... lali."
"Dhuh, mosok asring melu lomba tilawah nanging kok lali? Jajal dieling-eling maneh." Ibu njiwit pipine Dewi amerga gemes.
"Aaah, Ibu ... pokoke kathah, pahalane diitung per huruf."
"Nah, wong sing durung lancar maca Alquran utawa kadhang isih salah-salah, yen wonge gelem mbolan-mbaleni supaya bener, iku saben sahuruf uga tetep diparingi pahala lho, Ndhuk." Ibu njelaske kanthi sabar. Dewi anteng ning sandhinge.
Sedhela, banjur ibu neruske, "Lan pahalane ki padha akehe karo dheweke mbaleni leh maca, Ndhuk."
Dewi manggut-manggut. Njajal mahami pituture ibune.
"O, nggih ... terus Allah ora mung mirsani waosan ngajine thok, lho! Nanging uga mirsani usaha lan kesungguhane awake dhewe pas maca Alquran."
"Nanging, kan kesel, Bu dhilukdhiluk kudu mbenerke ngajine simbah."
Tibake Dewi isik durung marem karo penjelasan ibune. Isih ana sing ngganjel ning atine.
"Hmmm, mesthine Ustadz Aswan ya nate ngendikan ta yen wong ngaji karo wong sing nyimak ki pahalane padha? Apa maneh Dewi gelem mbenerke waosane Simbah sing salah, wah malah dhobel ta pahalane ...." Ibu maringi semangat.
Dewi manggut-manggut maneh. Tambah paham karo penjelasan ibune.
"O, nggih, Bu, nek ngoten
celengane Dewi angsal dipecah?" Ujug-ujug Dewi kepikiran celengan kendhine.
"Lah, arek kangge napa kok dipecah? Jarene kae dhuwite arek kangge tumbas sepedha?" Ibu rada kaget karo omongane Dewi.
"Dewi pengin numbaske Alquran sing gedhi kangge simbah, Bu. Sing tulisane luwih jelas, kersane simbah saged ngaji langkung lancar." Ibu mesem, atine bungah.
Azan Maghrib wis kumandhang. Dewi age-age siap-siap arek ning masjid nusul simbahe.
Bambang Wadoro
JAMAN GLOBAL
Jaman global, akeh wong padha nyebal Sekang budaya lan basane dhewek Cuwek mbebek, ora open ora gaten Suwe-suwe kelalen karo asal-usule. Basa sing dadi tandha slambruh karo basa liya
Tarung adu kesekten, balapan rebutan enggon Basa liya dadi raja, basane dhewek dadi menthek. Nganggo basane dhewek kuwe Ujare sing enom, jere gengsi lan ora intelek Ujare sing tua, jere ora mreyayeni lan emoh dearani Jawa koek.
Jaman global, akeh wong sing padha dadi gedibal Gedibal kemajuan, ilmu lan teknologi Kayane kur semendhing wong sing padha eling Gelem ngakal lan sawan-sawan tangis Nangisi kahanan budaya lan basa sing wis padha dhidhal O, jaman global, jamane akeh wong padha vocal Budaya lan basa sing dadi cirri wanci Apa enggane arep ilang, kaya dene basa liya sing wis ilang ndhisiti? Jajal, goletena unine bedhug Aja kur ngumbar swara ora nana bukti Sing bening pikire, kudu mudheng lan ngerti Mumpung urung kadhung adoh kedlarung Temandanga, ngrumat lan mguri-uri sing esih demunung
Jaman global, jaman budaya lan basane dhewek detinggal Sing enom bangga nganggo basa manca Sing tua neng keluarga wis ora ngulinakena Papan sambung, sambung papan Saya suwe pinangkatan Apa enggane inyong padha kur arep meneng karo ati sekreneng Ndeleng kahanan budaya lan basane dhewek sing lagi remeng-remeng? Gong pecah detabuh mak jer! Jer ngkana jer ngkene Jar jer, jar jer! Jere arep nggatekena Jere arep nglestarikena Endi?
Ndeleng pembangunan kota pating gebyar pating kerlip Nedeleng budaya lan basane dhewek, deneng api-api matane sithip Tek jaluk, ngganua legislatip lan eksekutip duwe pikiran lantip Merga ngertia kurikulum sekolah ora ngambah Perdane nganti siki ya urung kejamah Jaman global, aja ngosih budaya lan basane dhewek dadi tumbal!
KAFAH
Senjerone wengi ilat kendhat adoh sekang pengucap Ana padhang dudu awan, ning cahyane meh kaya wulan Ngrajug setengah weruh praupan samar Sapa si sing manglong-manglong senjerone lawang Blegger udu medi, lan dedeleng ora medeni
Ora kula nuwun ora uluk salam Nggoda rasa nyandhung napas sing lagi laku wirid Sapa jane sing manglong-manglong senjerone lawang Apa ya si kaki sing wis swargi? Apa ya malaekat sing arep mbagi rejeki? Koh ya mung manglong-manglong ana neng senjerone lawang
Apa ya esih ana sing salah? Merga esih gupak laku ala lumban kedunyan Duwe iri, dhengki, jail, serik, srei lan srakah Kurang pasrah, kurang sumarah, lan kurang nrima Sing esih nggubed jantrane lampah laku kafah Sapa si sing manglong-manglong senjerone lawang Kaya ngerti ana janji sing urung bisa klakon Senajan kayune urip wis dhoyong ngulon Kafah, nembe mung dadi omongan
KLAPA
Dekalapa urip neng dunya Aja luwak mangan tepes Nggawa awak, uripe rekasa Gutul mati nemune kur apes. Kulit klapa jenenge tepes
Senjerone tepes ana bathok klapa Senjerone bathok klapa ana daging klapa Senjorene daging klapa ana banyu klapa Senjerone banyu klapa ana rasa Senjerone rasa ana dzat
Sapa sing kur kulite Sapa sing kur bathoke Sapa sing kur daginge Sapa sing kur banyune Sapa sing kur rasane
Lan sapa sing bisa gutul maring dzate? Oceten! Aja kur kulite Aja kur bathoke Aja kur daginge Aja kur banyune Lan aja kur rasane.
Mbok iyaa bisa gutul maring dzate! Dekalapa urip neng alam dunya Aja kur bathok, mati kur nggawa dosa thok Aja kur daging, lampah lakune ora nganggo eling Aja kur banyu, urip kelayu maring drajat, pangkat lan semat Aja kur rasa, rasa kewadhagan kelalen pengolahe rasa sing sejati
Kulit, daging, getih, balung, sungsum Ati ngrogoh Ngrogoh ati Ati ngraga Ngraga ati Batin tumus neng lair Lair tumus neng batin Nyewiji maring dzat Sing Maha Suci.
Desember 2011
Biodata Panggurit:
Bambang Wadoro, uga asring nulis nganggo jeneng Ki Bador Kayu. Wis nulis cerkak, geguritan, utawa naskah sandiwara. Naskahe kang asesirah Pengadilan Semut (1988), dadi naskah nominasi Tingkat Nasional. Dadi panyarta "The 13th International Folklore Festival CIOFF" ing Republik Ceko, Eropa Tengah tahun 2007. Redaksi Kalawerta Penginyongan " ANCAS ", lan ngisi acara Gladhen Basa Penginyongan RRI Purwokerto. Saiki manggon ing Jalan Dr. Suparno No. 40, Rt 03 / Rw 01, Karangwangkal, Purwokerto
Atmo Tan Sidik
340 Wali Bareng Nggoleti Gamelan Ilang
Muga kabéh tambah sabar anggoné bebrayan Ndonga bareng ebén ora ringsang Nandur bawang tukule utang....! Wali sing Bumiayu, kiyéh ketan pencok taksuguhaken Tulung anggoné mabok aja diterusaken Wali sing Tanjung, pesen tulung sing padha sregep nabung
Endah bisa tuku gelang kalung Wali sing Losari, wanti-wanti ari ana wong titip dhuwit aja dikurangi Ari ana wong titip omongan tulung aja ditambahi Wali sing Tonjong, méin pitutur aja sombong Ari dikongkon aja ndlapong Karo méin durén montong, tulung sing padha lewih remojong Lamon sombong kayong ora weruh sing nggéyong Wali sing Bulakamba, pesen poma aja padha kegodha narkoba
Wali sing Wanasari, pesen aja gampang sirik drengki Dadi santri sing sregrep solaté Sing lincah maén silaté Sing akeh maca solawaté Wali sing Bantarkawung, pesen sing tumata anggon sesrawung Endah rejekiné ora wurung
Wali sing Salem, pesen éndah batiné ayem tentrem Sing imbang anggon sms'an, maca koran karo qur'an sing imbang anggon mikir karo dikir Wali sing Brebes, pesen sing sregep nderes karo ngirim endhog asin Pesen ari goblog, kudu rumangsa isin Wali sing Kersana, sing temenan anggon usaha Endah kaya keratabasa Kersana sing dikersakna sarwa ana Wali sing Sirampog, sing Songgom pesen aja gampang kapok, toli sing bombong sing dibéla apiké wong cilik dudu wong licik Endah banyuné mancur rakyaté makmur Apiké akéh syukure aja kakéhen sukeré Wali sing Jatibarang, Ketanggungan, Paguyangan, Larangan
Pesen ngomong aja padha sembarangan Ngumbar pitnah gawé wong padha padu bengkerengan Mulané sing sregep mélu pengajian
Aja ngawula warta kulak jéré adol ndeyan Sing temenan anggon nenanduran Endah mendot wowohané Sing akéh sodagohé
Wali sing Banjarharjo, ngirim 340 klapa ijo Karo pesen padha sing éman maring anak bojo Aja kadiran pinter mbebodo Moniné ewis nikahan Jebulé selingkuhan 340 wali bareng nggoléti gamelan ilang karo nétésna banyu mata Maca asmaul husna "Ya Allah, Ya Ghofur, Ya Nuur, Ya Syakur" Muga rakyaté, ulamané, wong sugihé padha akur Pejabaté ora ngawur
Endah bisa ketemu Gamelan sing ilang Ning nong ning gung Ning nong ning geng Ning nong ning ger Ning nong ning gong
Neng ning nung nang Kabéh kudu lewih brayan, tambah rahat ruket nyambung tali paseduluran
Biodata Panggurit:
Atmo Tan Sidik lair ing Brebes lan saiki manggon ing Jalan Cereme No. 35, RT 11 RW 03, Kelurahan Mangkukusuman, Kecamatan Tegal Timur, Kota Tegal. Karyane wis akeh, ing antarane buku antologi geguritan Dugale Asu Maring Menungsa, kumpulan kolom Dikendangi Wong Edan, Aja Joged!, antologi bebarengan Kelapa Ijo, Wulan Ndadari, lan Republik Tegalan.
Mahbub Junaedi
Inyong Ora Maido
Besanu, urip kayong rekasa Senajan wis dipeksa tenagane diperes kringete Diwolak walik lawake Tetep bae ora obah nasibe
Inyong wis ora kongang Nanggung lelara njaba njero Inyong wis ora maido Bagen tek belani karo mangan ora ben dina Wis, pikiran kiye wis buntu
Arep nganggo cara apa maning Inyong nanggung abote wong urip Tetep bae ajeg Wis.. Wis.. Laah biyung.. Inyong wis kesel
Age-age inyong kepengin urip kepenak Nyandhang, papan karo mangan sing enak Aja mung ita-ita, mbayangna sing ora-ora Presasat kayong ning ngarep mata Kaya urip ning suarga
Wislah Gusti, Inyong ya uripe ora ala nemen Pranti-prantine ana tangga njaluk tulung ya tek tulungi Ora ketang sethithik ewang Aja nganti padha keliren
Witeng jadi pada ambrol godhonge Sedhela maning wayah ketiga enggal rampung Muga-muga ana dalan padhang Sing arep teka ngadhepi usum udan Kanggo ngganti wayah paceklik
Bumiayu, 2907201
Senggane aku ora ketemu Inyong ora bakal ngalami kedadian sing kaya ngene Banget dhing matur kesuwune Ana sing ngelingna karo nei nasehat bener
Udane awet, ora deres tapi dudu gerimis Sapet esuk tekan sore nesih kemrucuk talang ngarep umah
Dalan sing njeglong kebek dhing banyu Kaya kubangan sing biasa nggo gupak kebo Buthek tapi ora patia cethek
Inyong esih kemutan bae Ana sing marakna uripku sejen lan sejen karo gemiyen Mergane pancen wis takdhire Karo ijabah sekang Gusti Allah Pandansarija digawe ngresulah Sing penting sabar karo rajin ngibadah ditambah akhlak sing mulya
Bumiayu, 290917
Kangen kuwe kaya wong kelangan Bagen ora selawase Seorane ana pengarep-arep
Ora baka ana sing ngarti mbesuke Gusti Allah ya ora tidhokan Kaber maring usahane menungsane
Mulane angger kengen aja di pikir nemen Cukup nggo kembangeng ati Ana sing arep gawe atimu bombong karo lega
Ndeleng kembange wis megar Banyu embun ning pucuk godhong Esuk-esuk hawane bungah
Kangen ora mung kudu diemut-emut Ben aja semaput malah dadi kesia-sia Angger wis kaya kuwe sapa sing kajogan?
Bumiayu, 290917
Wanti-Wanti
September siki ana udan Ora patia deres, terkadhang mung grimis Kaya nggolet remis nggo empan bebek Tapi kaline esih sat, garing tur akeh runtaeh
Inyong wis weruh dhewek Kali ning ngarep pasar Sing siki ning ngisor fly over Isine mung lemah karo watu-watu garing
sing inyong tek kewatirna Mbok menawa udan deres Kaline banjir, ora bisa nampung banyu Banyune munggah maring gili, terus mlebu maring umah Mbokan ana sing padha keli Kabeh barang-barang penting Kewan-kewan atawa tanduran padha rusak
Muga-muga esih ana waktu nggo mikirna akibate sadurunge ana kedadian sing ora diarep-arep
Bumiayu, 250917
Biodata Panggurit: Mahbub Junaedi lair ing Brebes. Saiki manggon ing Jalan Raya Grengseng no 10, RT 03, RW 10 Taraban, Kecamatan Paguyangan, Kabupaten Brebes Jawa Tengah 52276. Asring gawe geguritan lan crita cekak nganggo basa Jawa lan Indonesia.
Malam Jumat
Sawur kembang melathi Sabun dina Kemis sore Nang ngarep omah apa nang ndalan Buruh ngenteni bayaran sanggan kerja sak singan apa bae dikerjakke Dadi tukang colet apa tukang lorot Juga tukang ngepe jarit Para buruh regudag regudug mlaku mara nang juragan Rempet kaya antri sembako Men bisa nggo mayeng malam jumatan Mergone Jumat libur e wong ngkalongan
Mumpung jek rejeh Mumpung jek nggojek dhuwit Slamet dolan nang THR Rema-rema wong sing teka Ana bakul entek, bakul sruwal, bakul celak Slamet mlaku-mlaku Nganggo klambi ndombroh Teka nang toko emperan Tuku trompah karo jajan semprong kopong Kopyahe juga ora klalen Juga tuku pakan kanggo ingon-ingon iwak Nang pasar Sayun Adzan nang mesjid Syuhada Ngilengake Slamet men gagiak solat Wedi wektune disamplok
Pekalongan, 20 Oktober 2017
Sampeyan Ki Piye?
Sugeng ndalu ndara, Kang lagi sibuk karo urusane Aja lali karo apa sing sampeyan omongke wingi Piye sampeyan ki Ngongkon aku aja atos Mben alus kaya glepung Lan bakal mesthi disenengi wong Nanging sampeyan dhewe kang ndedekke aku atos Kerana omongan paitmu Kowe ndedekna syariat gawe pedhang Mben urip ku adem tentrem lurus kaleh ajaran tuhan Aku manut panjenengan Kabeh tak lakoni kanthi mbrebes mili Nanging panjenengan dhewe sing mbelokke ibadahku Kelawan dalil sak penakmu Sampeyan ki piye?
Panjenengan ngongkon aku kudu nduwe rasa sopan Toleran karo sing diciptakke maha kuwasa Kula manut karo apa sing didhawuhaken Ikhlas taklakoni nganti tenanan
Tapi kenapa sampeyan sing nyalahke aku Ngomong aku kafir kerana ngormati wong liya Sing beda aliran, pemahaman lan agama Sampeyan ki piye?
Saben mbengi saben wayah aku ngapiki wong Nglakoni sunnah rosul Manut karo dalil atiul amri Tapi kenapa maneh aku disalahke Kerana manut adat ing negara iki
Pecinan tanpa sorban Kudhungan tanpa cadhar Maneh maneh sampeyan nyalahke aku Aku kudu piye Lan njalukmu piye?
Uyong, Wirid, Ian Kuburan Sapura
Sujud karo Gusti Tapi ati durung tetep Lisan durung bisa mathuk karo awak Irung karo kuping durung nyatu Nafas wirid durung cukup Nentremke ati Durung bisa nembus ati nganti mihrab Nyang Gusti Nafsu jek bae mbalela Jek bae ngejak dosa
Tenger nang ngarepe nyong Dudu sekedhar tandha Tapi ngilingke nyong Men tetep jejeg karo sing Kuwasa Njawil ati bakale kabeh mati Wong sing koper ora diterima Kudu kodok awak ngilangke dosa Nang awang-awang nyong krungu Padha samprohan
Cah nom padha mlaku regudugan Nekani pengajian Sakliyane kuwi bapak-bapak Padha maca berzanji nang langgar Nganggo speker karo nabuh terbangan Urip kuwi kudu urip Urip kuwi kudu waspada Urip kuwi kudu apik marang tangga sekanca
Tenger nang sapura iki ngilengake aku Men bisa urip luwih ajib Men aja nelangsa
Pekalongan, 19 September 2017
Biodata Panggurit:
Muhammad Ari Siswanto, mahasiswa ing IAIN Pekalongan. Manggon ing dukuh Prompong desa Kauman kecamatan Comal, Pemalang. Asring nulis puisi lan geguritan.
Kidung Swaratama
Anggitane: Kristyhanto Yonosoebroto
Mijil
Kawijiling Swaratama warti, Tinonton sri katon, Katon byar sumunar byor pamore, Hamancorong kabudayan Jawi, Wijang cetha bukti, Tan mungkur ing santun.
Pangkur
Tan mungkur ing kasunyatan, Tanpa kumbi mring pangawikan Jawi, Swaratama hasusuluh, Yekti tan ngayawara, Raras lamun ngreksa kabudayan luhung, Hunggul kang tan ngungkulana, Asmaradana mawangi.
Asmaradana
Ngidung sanjung sekar agni, Niti maca Swaratama, Mapan waton pawartane, Neka warna kabudayan, Sri jati dhiri bangsa, Sasat cinitra linuhung, Kinancing kuncung mirunggan.
Pocung
Aneng kuncung kenceng kancinganing ngelmu, Ngelmu kang sanyata, Swaratama hamawarti, Tinemu sri kuncara budaya bangsa.
Samba Kemaki
Dening: Ki Sudadi
awakane sedheng. Pasuryane tansah dikebaki
P polatan padhang, pakulitan resik, rikma tansah tinata. Katon mbranyak gumayane mratandhani lamun Sang Bagus dhemen ngudi sarira. Tansah mangagem busana kasatriyan kang anyar prasasat durung lungset wis dilungsurake. Saben dina tansah reresik sarira sinambi nyawang wewayangane raga kang katon jatmika ing rupa. Satriya pekik ing rupa tan mokal akeh kenya kang kesengsem pengin dadi katresnane Sang Bagus. Dhasar putra nata Dwarawati, ora mokal yen Raden Samba dadya kembang lambene para wanita. Akeh kang ngimpi kepengin ditresnani Satriya Parang Garudha iki.
Mung sethithik cacade. Raden Samba asring keladuk anggone nggunggung dhiri. Rumangsa bagus mula banjur gemagus. Rumangsa pinter kaya kaki mula banjur kemaki. Saka rumangsane ora ana satriya kang ngluwihi baguse rupa yen kabandhing karo dheweke. Jroning batin tansah kandha ngendi ana wong bagus kaya aku, ngendi ana wong lantip ngluwihi kepinteranku, lan ngendi ana satriya kang waskitha ngluwihi kawaskithanku. Mula nalika krungu ana saweneh Resi kang disuyuti wong akeh, Raden Samba rumangsa runtik atine.
"Sanga Sanga, kowe ngerti sapa Resi anyaran kang dadi kembang lambene kawula Dwarawati dina iki?" pandangune Raden Samba.
"Miturut ujaring mbok bakul sinambi wara, asmanipun Resi Prabhasa Raden. Sayektosipun sanes resi enggal nanging sampun sawetawis warsa ngedegaken paguron ing tlatah Prabhasa Harja. Mundhak dinten saya kathah siswanipun, saya jembar daya kawibawanipun."
"Kaya ngapa kasektene Resi Prabhasa kuwi?"
"Manut gotheking akathah Sang Resi yektos kesdik paningaling batin. Mempeng pangibadahipun mila cinaket ing Pangeran. Tan mokal lamun kaparingan daya linuwih, limpad, saha pana ing pamawas. Saben dinten tansah ngudi ing panembah sarta leladi mring kebetahaning gesang. Lelabetanipun prasasat paring obor tiyang kepetengen, paring teken tiyang kalunyon, saha paring wewarah tiyang cubluk."
"Wah...kaya ngedab-edabi temen Resi Prabhasa kuwi?!"
"Mekaten pirembaganipun para kawula sedaya. Kula piyambak dereng mbuktekaken sowan Resi Prabhasa kala wau."
"Aku kepengin mbuktekake kaya ngapa kepinterane Resi Prabhasa kuwi."
"Kersanipun Raden Samba kados pundi?"
"Aku kepengin ngerti sepira kepinteran lan kawaskithane Resi Prabhasa kuwi. Iki mengko wetengku bakal daksumpel bantal. Aku bakal rewa-rewa dandan kaya dene wanita sing lagi ngandheg. Yen wis ngono aku bakal pitakon bayi sing ana sajrone kandhutanku iku bakal lair lanang apa wadon."
“Nyuwun tadhah deduka Raden,menapa menika prayogi katindakaken?"
“Karepmu piye?"
"Kula emutaken bilih pakarti ingkang makaten kirang
prayogi Raden.
Menika saged dipunwastani kuminter."
"Ah.. ora peduli. Malahane aku kepengin nyoba sepira kepinterane Resi Prabhasa kuwi. Yen dheweke nyata resi kang resik tur kesdik paningale mesthine dheweke ngerti yen lagi dakcoba kepinterane. Nanging yen ora ngerti tegese
dheweke iku wong
cubluk. Yen genah cubluk kena ngapa padha ngangsu kawruh marang dheweke."
"Nggih mangga Raden. Kula namung atur pepemut."
"Kowe ora susah mikir sing ora-ora. Mengko kowe dakajak nemoni Resi Prabhasa. Yen perlu ana Raden Dwara lan Raden Setiyaka diajak sisan."
"Nun inggih tansah mangestokaken dhawuh."
Tan kocap lakune kang nylamur laku. Didherekake Raden Sanga Sanga, Raden Dwara, lan saperangan satriya Dwarawati liyane, Raden Samba kang memba wanodya anggarbini wus tumekeng Padhepokan Prabhasa Harja. Tekane para satriya mau katampa dening Sang Maharesi ing bale parcabakan. Gupuh-gupuh Sang Resi amanembrama rawuhe para tetamu.
"Sasampunipun ngaso sawetawis mangga keparenga paring dhawuh menapa kersaning sedya Panjenengan sami tedhak wonten padhepokan ing pareden ngriki?" ature Resi Prabhasa ruruh.
"Nyuwun pangapura Sang Resi, anggonku sowan mrene iki mung kepengin nyarawidekake anggonku ngandheg. Ing tembe bayi sing ana wetengku iki bakal lair lanang apa wadon?" pandangune Raden Samba kanthi suwara memba wanodya. Pratingkahe digawe kaya dene wanita kang lagi nggarbini.
Resi Prabhasa kang nyata kesdik paningale mung mesem sajrone wardaya. Sang Yogi priksa yen Raden Samba satemene mung ethok-ethok ngandheg. Mangagem busana lir putri kang sulistya ing warna, sajabane padharan sinumpelan bantal sawetara, kinembenan minting-minting amrih katon kadi dene wong nggarbini, satleraman ilang wujude Raden Samba jebles satatane wong kang lagi ngandheg.
"Sederengipun atur wangsulan, kula nyuwun priksa. Menapa leres menawi Paduka nembe anggarbini?"
"Bener Sang Resi. Aku nyata lagi meteng."
"Pramila kula namung nyekseni. Paduka dinten menika yektos anggarbini, nanging boten ngandhut ponang jabang bayi. Mangke sonten Panjenengan badhe nglairaken gada wesi kuning. Inggih gada wesi kuning menika ingkang badhe njalari sirnanipun punggawa, sentana, lan praja Dwarawati saisinipun!" pangandikane Resi Prabhasa karo maca mantra astane ngetung tasbih aksamala.
Purna anggonira Resi Prabhasa paring weca. Tan ana udan tan ana angin, dumadakan kilat nyamber agawe kagyat kang padha ndulu. Ilang wewujudane wanodyayu, sakala Raden Samba malih sejatine wujud dadi satriya. Kang nggumunake bantal kang kanggo nyumpeli weteng uga melu ilang saka papane. Raden Samba grayak-grayak wetenge. Sakala krasa lamun wetenge Raden Samba mundhak gedhe katon lir wong kang lagya anggarbini sepuh.
"Adhuh... Sang Maha Resi. Nyata kewirangan aku. Aku njaluk pangapura Sang Resi!" ature Raden Samba karo ngaras pada nangis sesenggukan.
"Raden Samba, ingkang nami cuwa mesthi dhawah wingking. Sedaya sampun ginaris ing pesthi, tinulis ing takdir. Mangga kula aturi kondur ing praja Dwarawati. Mugi-mugi Sinuwun Bathara Kresna saged ngruwat kalepatan saha dosa-dosa Paduka," dhawuhe Resi Prabhasa kanthi netra tajem nyawang Raden Samba.
Kanthi atawang-tawang tangis tandha duhkita, Raden Samba sigra ninggalake Padhepokan Prabhasa Harja. Raden Sanga Sanga, Raden Dwara, Raden Setyaka, lan para satriya Dwarawati liyane tan bisa tumindak apa-apa. Bisane mung padha nglelipur Raden Samba amrih bisa lejar penggalihe. Kabeh terus budhal ninggalake Padhepokan Prabhasa Harja. Nalika tumekeng kuthagara Dwarawati sang bagaskara wus lingsir mangulon. Nalika iku Raden Samba ngrasakake lara wetenge kaya dene wanodya kang bakal nglairake ponang jabang bayi. Durung nganti ngadhep Sri Bathara Kresna, Raden Samba wus babaran. Eloke kahanan kang metu saka padharane Satriya Parang Garudha iku dudu ponang jabang bayi nanging wujud gada wesi kuning. Tiba ing bantala katon cumlorot sunare.
"Raden, menika paduka priksani, ingkang medal saking padharan paduka wujud gada wesi kuning kados pangandikanipun Begawan Prabhasa," ature Raden Sanga Sanga.
"Adhuuuh...ketiwasan! Iki jenenge kewirangan aku Sanga Sanga."
"Lajeng kados pundi menika saenipun?"
"Aturna kabeh lelakon iki ana ngarsane rama Prabu Bathara Kresna."
Raden Sanga Sanga kadherekake Raden Dwara lan Raden Setyaka enggal lumaris. Gada wesi kuning terus diaturake ana ngarsane Prabu Kresna. Gita-gita pisowane
satriya telu iku wus tinampa aneng ngarsane Prabu Harimurti iya Sri Bathara Kresna. Kekarone enggal matur purwa, madya, lan wasana dumadine lelakon Raden Samba nglairake gada wesi kuning kuwi. Sri Bathara Kresna legeg ing wardaya, mung mendel kadya tugu sinukarta. Ananging jejering titising Wisnu, Sri Bathara Kresna nora kasamaran maneh nyumurupi kabeh kang wus dumadi.
"lya wus dak tampa aturira kabeh. Ingsun wus nora kasamaran maneh nyumurupi lelakon iki. Gada iku kang bakal njalari sirnane Praja Dwarawati. Mula, gada iku enggal sirnakna! Leburen gada wesi kuning iku dadi bubuk! Sawise iku bubuk gada wesi kuning kudu dibuwang warata ana papan sakiwa tengene Padhepokan Prabhasa Harja! Mula gelis sira padha tumandang! Aja kaya bocah cilik!"
"Terang terwaca dhawuh Paduka. Kula nyuwun pamit badhe ngayahi karya!"
"Ya wus tindakna kang sampurna! Aja kongsi ana perangane gada kang ketriwal! Yen ora sampurna mula bakal mbilaheni."
"Nun inggih. Namung saged sendika angayahi karya!"
Raden Sanga Sanga, Raden Dwara, Raden Setyaka ngaturi saperangan punggawa praja kaya dene Raden Harya Setyaki lan Patih Udawa sadurunge angayahi karya. Kabeh enggal-enggal budhal tumuju papan sakiwa tengene Padhepokan Prabhasa Harja. Ing papan kono gada wesi kuning enggal didheplok nganggo palu, den remukremuk dadi bubuk. Kocapa, nadyan sedyane para satriya Dwarawatí arsa ngremuk gada pusaka paran dene nora bisa sampurna. Ana perangan wesi kang mencelat tiba aneng sangisore wit lateng kang ngrembuyung. Kabeh nora nyumurupi barang kuwi.
Saka rumangsane para satriya Dwarawati perangane gada wus malih wujud dadi bubuk, mula bubuk gada iku enggal disebar sakiwa tengene Padhepokan Prabhasa Harja sakala wis sumebar warata bubuking gada wesi kuning ing bantala. Kena dayane toya jawah ing tembe bubuking gada wesi kuning iku tuwuh dadya suket domdoman kang godhonge ijo semburat abang. Ing tembe suket dom-doman iku kang bakal njalari sirnane trah Dwarawati sakukuban awit suket-suket iku bisa malih dadi gada lan dienggo kepruk-keprukan kabeh trah Dwarawati.
Wau ta nalika para satriya Dwarawati wus kondur ing praja, kedadak ana tukang bebedhag aran Ki Jara. Anggone mburu kewan alas tumekeng papan tumibane pecahan gada wesi kuning. Nyumurupi ana barang kang nyalawadi, Ki Jara enggal mandheg. Pecahan gada wesi kuning enggal dijupuk digawa mulih ing wismane. Barang nyalawadi iku banjur dilincipi ana tukang pandhe digawe pucuke panah. Ing tembe panah kang pucuke digawe saka pecahan gada wesi kuning iku kang bakal nyidra yitmane Sri Bathara Kresna.
Wadaslintang, 28 April 2019
*) Ki Sudadi, Penulis Sastra & Budaya; Guru SMP kang cumondhok ing Wadaslintang, Wonosobo, Jawa Tengah
Nulis Iku Gampang, Nanging Aja TerusNggampaugke
Dening: Triman Laksana
"Isin ta Pak yen mung disugati saanane, saora-orane ki ya rada sing miyayeni, wong awake dhewe ki yen pas kumpul acara keluwarga ngono kae ya mesthi sugatane akeh, werna-werna, dadi isa milih sing disenengi," ujare Bu Nur marang garwane.
Iku pacelathon pambuka ing cerkak "Andrawina Jaman" tulisane Fajrin Dwi Artika ("Gladhi Sastra", Swaratama edisi 13). Sakeplasan pancen ora ana sing luput ing pacelathon (dialog) iku. Nanging coba dijingglengi. Tembung kang sejatine prasaja, kudu bisa nggawa para maos marang pacelathon kang mentes lan nggawa rasa penasaran, malah ngegla lan kurang nges tumrap sawijining crita. Sakawit cerkak iku irah-irahane "Pasugatan" (diganti: Andrawina Jaman/red), mula saka pacelathon wiwitan wis bisa katebak ana ngendi playune alur crita iku.
Cerkak iki durung bisa lolos ing cerkak utama (ing rubrik "Crita Cekak"), awit akeh sing kudu dadi kawigaten tumrap penulis "Andrawina Jaman", lan umume kanggo calon penulis kanggo majalah Swaratama.
Sepisan, seka irah-irahan wis ketok ngegla, apa maneh disambung pacelathon pambuka, para maos wis bisa ngira-ira, playune nganti tekan pungkasan crita. Kapindho, seka pacelathon wiwitan, para maos wis glagepan anggone maca. Sebab tembunge dawa banget. Tulisan sing becik iku, paling ora nuhoni kaidah nulis: tiga koma satu titik. Cendhek tur mentes. Katelu, alur crita mung ndlujur banget (linier), kurang greget lan rabuk. Manajemen konflik, kurang digarap kanthi mirunggan. Konflik sing digarap mung salumrahe biasa wae, antarane klimaks, anti klimaks babar blas ora digatekake. Kapapat, pungkasan crita (ending), kurang greget lan mung lumrah wae, durung ana kang gawe cingak (suspense).
"Ya wis, mengko diterake tangga-tangga rak ya isa ta, isa weweh tangga rak ya apik ta Bune", wangsulane Pak Nur karo ngresiki klasa njur digulung. Bu Nur mung bisa manthuk. Ing batine, genea wingi ora manut bojone, yen manut rak ya ora kaya ngene (ending cerkak "Andrawina Jaman").
Paraga (tokoh), kurang bisa nuduhake endi paraga antagonis lan protagonis, dadine cerkak "Andrawina Jaman", isih mentah. Sing dirembug mung bab pasugatan utawa suguhan, kurang berkembang miturut psikologis tulisan.
Nulis iku pancen gampang (nyilih istilahe Arswendo Atmowiloto), nanging terus aja nggampangke. Sebab, menawa tulisan iku mung ora nggawa perbawa marang sing maca, ya ora beda kaya wong ngelak wae. Nalika wis ngombe terus ilang ngelake, durung bisa menehi banyu iku gawe otot bebayu semangat maneh. Mung ilang ana sadawane gurung, durung nganti tekan menehi tandha neng jiwa. Kasare, bisoa menehi pepeling, utawa misi kang nabet tekan ati. Basa bocah jaman now: "gue banget".
lan pangrasa, dadi foto yang mung ampang (hambar), foto ora bernyawa.
Nyuplik ngendikane Risman Marah (Fotografer, Dosen ISI Yogyakarta), saben wong bisa dadi fotografer, nanging dadi fotografer kang peng-pengan ora saben wong bisa. Padha obyeke, nanging nalika sudut pandang (angle) beda, kasile ya beda. Apa maneh anggone njupuk obyek iku ora nganggo rasa
Semono uga nulis, sanajan ide lan obyek kang arep ditulis yen ora nganggo rasa pangrasa, hasil tulisane ya mung kaya mbuwang uneg-uneg, durung bisa menehi nyawa marang tulisane. Lebar diwaca para maos, tulisane cerkak iku yang terus prung, ora nggawa isi apa-apa lan gawe getere ati.
Ana donyaning nulis bab sudut pandang (point of view), iku dadi cikal bakal marang hasil tulisane. Nek anggone nyawang mung nganggo mripat, ora nganggo ati lan pangrasa, hasil tulisane ya mung prasaja lan kurang nges. Kurang rabuk lan kurang menehi greget.
Pramila, nulis iku ya kudu nggatekake unsur: struktur (gawe crita kang sinambung antarane logika, nek wis pinter bisa nganti tekan antilogika), bahan crita, ekstrinsik (psikologis lan sosial, hasil pengalaman internalisasi penulis). Sing ora kalah penting, uga kudu ana riset lan survey, golek data, supaya crita kang bakal ditulis bisa krasa urip lan gawe sengsem marang sing maos. Sanajan sejatine crita cerkak iku fiksi, nanging menawa bisa riset lan survey, critane bisa nambet ing ati para maos. Apa maneh, menawa crita cekak iku ana visi lan misi humanis sosial, bisa langgeng lan nut kelakone jaman. Aja lali, menawa nulis crita iku uga bisa kanggo panglipur tumrap sing maos, uga ana pendhidhikane (edukatif).
Paling ora, cerkak "Andrawina Jaman" tulisane Fajrin Dwi Artika, bisa kanggo nggugah semangat tetep nulis lan nuhoni susastra Jawa, tetep ngrembaka. Sanajan tetep kudu sregep maca tulisan-tulisan kang bisa kanggo sinau, supaya tulisan tambah gamben. Sebab gizi penulis, ya mung kudu sregep maca. Saben tulisan pancen duwe genre lan pandhemen dhewe-dhewe. Nanging saora-orane, menawa sastra Jawa bisa luwih berbobot, tema sing ditulis bab humanis, sosial apa ora sansaya manjila. Dadi aja nganti mung ana sajroning mlebu wuwu, crita-crita sastra Jawa iku mung bab keluwarga wantah, dhemenan, katresnan mlaha, dadine ya mung njuwarehi utawa njelehi.
Poma dipoma, aja terus marem menawa tulisane wis kapacak ana kalawarti utawa majalah basa Jawa, terus rumangsa tulisan iku wis apik lan
ora gelem sinau m aneh. Tulisan ba kal ngremba ka becik, nek bisa nam pa panyaruwe, sanajan pait. Nanging pait iku bisa mbangun pribadhi supaya tetep nggetih lan ora nggresula.
Sumangga!!
*) Triman Laksana, redaktur cerkak Swaratama
Wujuding Ringgit Jawi Miturut Sastra Sinerat
Dening: Bambang Sulanjari
iturut Sunarto ing bukunipun ingkang M asesirah Seni Gatra Wayang Kulit Purwa, katerbitaken dening Dahara Prize Semarang ing warsa 1997, wonten teori kalih ingkang ngrembag ngrembakaning ringgit. Sepisan, ingkang nyebataken bilih ringgit menika asalipun saking relief candhi. Gambar relief menika lajeng dipunjiplak ing dlancang utawi gombal, saengga dados ringgit beber, supados gampil kabekta dhateng pundi-pundi. Paraga ringgit ingkang wonten ing ringgit beber menika lajeng kapisahpisah, kadhapuk gambar ing walulang maesa. Wujud ringgit menika wau terus ngrembaka ngantos wujud ringgit ingkang tanganipun dipunpisah lan saged dipunebah-ebahaken.
Teori menika saged dipun-gayutaken kaliyan pamanggihipun Sudarso Sp., M.A. nalika pidhato ilmiah mengeti dies natalis ISi Ngayogyakarta warsa 1987 ingkang ngandharaken wontenipun pamanggih werni kalih bab ngrembakaning wujud ringgit. Pamanggih kapisan, adhedhasar buku Kawruh Asalipun Ringgit sarta Gegepokanipun Kaliyan Agami ing Jaman Kina anggitanipun R.M. Mangkudimeja sarta Serat Sastramiruda anggitanipun Pangeran Kusumadilaga ingkang ngandharaken bilih ringgit wacucal menika
saking negari
Mamenang nalika paprentahan kaasta dening P r a b u Jayabaya ing warsa 939 Masehi. Wujudipun arupi gambar ing ron tal (lontar) sarta ngeblat dhateng wujuding reca ingkang kaprebawan budaya Hindhu. Paraga ingkang kagambar inggih punika para leluhur lan para dewa ingkang ginambar en face utawi methok. Gambar ing ron tal menika nalika jaman Prabu Bratana
ing Majapahit, katedhak ing daluwang utawi kertas Jawi ingkang langkung bawera, saengga dados ringgit beber ingkang saged kagulung kagelar. Ing jaman Demak, wujud ringgit ewah dados en profil utawi miring, sarta peranganing badan kadamel panjang-panjang, lan kagambar ing wacucal maesa. Dene, pamanggih kaping kalih nyebataken bilih wujuding ringgit saking relief candhi. Supados saged kabekta kanthi gampil lajeng katedhak ing kertas ingkang gampil kabeber. Mila, lajeng dados ringgit beber.
Teori kaping kalih bab ngrembakaning ringgit, miturut Sunarto teori adhedhasar sumber sejarah sinerat ingkang langkung pinitados. Sumber ingkang asring kaginakaken inggih punika Kakawin Arjunawiwāha (pupuh V: Sikarini, pada 9) ingkang sinerat antawis warsa 1028 ngantos 1035 Masehi, ingkang sampun trewaca mratelakaken bilih sampun wonten tontonan ringgit ingkang kadamel saking wacucal ingkang katatah: anânonton ringgit manangis asěkěl mudha hiděpan; huwus wruh towin yan walulang inukir molah angucap (Arjunawiwāha, V: 9). Kanthi kasebatipun ringgit ingkang kadamel saking walulang inukir menika, teori kapisan ing nginggil dados mentah, jalaran ringgit boten nembe kadamel ing jamanipun
Prabu Jayabhaya (1130-1160 M). Malah pamanggih ingkang nyebataken ringgit saking relief candhi ugi dereng kantenan leres, amargi candhí Jago lan candhi Surawana ingkang asring kasebat dening para panaliti ringgit, nembe kadamel kalih abad sasampunipun kakawin Arjunawiwāha. Miturut Soedarso ingkang leres malah kosok wangsulipun, ringgit wonten langkung rumiyin lan kadadosaken dhasar para penatah candi kangge ngukir ornamen arupi adegan ringgit utawi paraga ringgit.
Nalika ringgit beber nembe ngrembaka ing jamanipun Prabu Bratana ing Majapahit, jebul tebih saderengipun, inggih menika ing jamanipun Prabu Erlangga (1019-1042 M) sampun wonten wujud ringgit saking walulang inukir. Tegesipun, mbokbilih ringgit beber lan ringgit wacucal menika wujud ringgit ingkang ngrembaka sesarengan, sanes wujud secara kronologis. Namung kemawon ringgit wacucal saged gesang ngantos sapriki dene ringgit beber sampun kendhang kabuncang jaman, saengga ingkang saged katingali samangke kantun sekedhik, kados nasibipun ringgit-ringgit babaran sanes ing tanah Jawi.
Sesebatan walulang inukir ugi sinebataken ing serat abasa Jawi Tengahan, basa ingkang ngrembaka ing jaman Majapahit, inggih punika serat Tantu Panggelaran ingkang kaserat ing warsa 1557: ... tumurun maring madyapada hawayang sira, .... Mapanggung maklir sira, walulang hinukir maka wayangnira, ....
Dene wujuding pagelaran ringgit wacucal sampun kasebataken ing Kakawin Bhāratayuddha ingkah kaserat ing warsa 1157 Masehi:
Tekwan ri lwah ikang taluktakatarik sāksāt salunding wayang,
Pring bungbang muni kānginan manguluwung yekāntudungnyāngiring,
Gending strīnya pabandungi prasamaning kungkang karöngwing jurang,
Cenggeretnya walangkrikatri kamanak tanpāntara ngangsyani.
(Bhāratayuddha, L: 5)
Pada ing nginggil suka katrangan bab pagelaran ringgit ingkang kairing swantening gendhing kanthi pirantos: salunding, suling, kemanak lan kangsi. Dening Ki Padmapuspita ing seratanipun ingkang asesirah "Wayang dari Abad ke Abad. Sari Prasaran Diskusi Pewayangan: Beberapa Sorotan Tentang Wayang", sesebatan salunding kasamekaken kaliyan slunding, inggih menika ricikaning gangsa pangiring ringgit parwa, ringgit kanthi lampahan Mahābhārata ing Bali, kadadosan saking satunggal pasang gender barung ingkang kasebat pangumbang lan satunggal pasang gender penerus ingkang sinebat pangingsep. Menawi ringgit wacucal ingkang lampahanipun Rāmāyaņa ing Bali, ricikaning gangsanipun langkung jangkep, inggih
punika slunding kawewahan sawetawis ricikan malih. Kanthi makaten, menapa ingkang kagambaraken ing kakawin Bhäratayuddha ing nginggil kinten-kinten ringgit wacucal Rämäyana, amargi ricikaning gangsa boten namung slunding.
Pandugi ing nginggil cundhuk kaliyan pratelanipun R.M. Soedarsono ngengingi ringgit tiyang ing bukunipun ingkang asesirah Wayang Wong: Drama Tari Ritual Kenegaraan di Keraton Yogyakarta, ingkang katerbitaken dening Gadjah Mada University Press, Ngayogyakarta, warsa 1997. Miturut R.M. Soedarsono, adhedhasar prasasti Wimalasrama ing Jawi Wetan, ringgit tiyang sampun wonten wiwit warsa 930 Masehi. Kawontenanipun ringgit tiyang ing jaman rumiyin menika saged kalacak ing adegan-adegan salebeting relief candhi, ingkang jebulipun taksih saged kapirsani ing pagelaran ringgit tiyang cara Bali ngantos sapriki. Upami pamanggih menika saged katrapaken ing bab ringgit wacucal, saged damel dudutan bilih ringgit wacucal Jawi ing jaman rumiyin kirang langkung kados gambar ing relief-relief candhi Jawi Wetanan, ingkang ngantos samangke taksih kagelaraken awujud ringgit wacucal ing Bali. Dudutan menika dipunkiyataken kanthi pamanggihipun Soedarsono bilih ringgit wacucal lan ringgit tiyang ngrembaka sesarengan, lan malih karakterisasi ringgit tiyang menika ngeblat dhateng ringgit wacucal.
Ewadene, pamanggihing para pujangga kados Kusumadilaga ing Serat Sastramiruda temtu kemawon boten lepat sawetahipun, nanging kedah kawaos kanthi tafsir kritis, kados pamanggihipin J. J. Ras ing seratanipun ingkang asesirah "Sejarah Perkembangan Wayang Kulit", seratan ing Diskusi Pewayangan, mapan ing Ngayogyakarta, 23 April 1976. Salebeting serat Sastramiruda kasebataken bilih ringgit purwa menika mula bukanipun kawiwitan ing abad kaping 10 Masehi, nalika jamanipun Prabu Jayabaya ingkang jumeneng ing Kediri. Miturut Ras, katrangan menika kedah kawaos mekaten: nalika jaman kraton Jawa Timuran menika, pan-Jawi-ning pepanggungan ringgit wacucal ingkang katampi saking India sampun paripurna lan katampi kanthi dhukungan pihak kraton. Tradisi India gumantos tradisi Jawi Kina, sesarengan kaliyan tradhisi arsitektur candhi lan relief-relief ingkang nedahaken gantosipun tradhisi gagrag Jawa Tengah ingkang taksih caket kaliyan gagrag India, dhateng gagrag Jawa Timuran ingkang ugi kasebat gagrag ringgit.
Pamanggih menika namung dhapur pamanggih kritis kangge maos sumber-sumber sinerat. Kangge sarana miyak wewadi bab ngrembakaning wewujudan ringgit wacucal ingkang taksih peteng amargi winatesing katrangan sinerat.
Lagu "Sewn Kutha"
Gampang Dinyanyekake, Kaprah Tulisane
Dening: Suwandi
umrap masarakat Jawa ing jaman saiki, luwih T wasis ngomong basa Jawa kanthi lisan tinimbang ngomong liwat basa tulisan. Bab mangkono mau mertandhakake yen sejatine basa Jawa tulis iku sejatine wis akeh kang ora padha mudheng. Pancen isih ana sebagean masarakat kang isih mudheng basa tulis. Nanging yen katandhingake karo kang nguwasani basa lisan, racake akeh kang nguwasani basa lisan. Mula ora mokal, wong Jawa saiki luwih pinter yen mung waton ngomong basa Jawa kanthi lisan katandhingake yen kudu nulis utawa maca basa Jawa kanthitulisan.
Akeh bukti yen wong Jawa jaman saiki kang luwih akeh sing nguwasani basa Jawa kanthi lisan tinimbang tulisan. Contone, bocah-bocah saiki pinter nyanyi lagu abasa Jawa liwat lagu-lagu kang nembe moncer ing jaman saiki, kaya ta "Oplosan", "Cocak Rawa", "Stasiun Balapan", lan "Sewu Kutha". Nganti bocah TK lan SD kelas siji wae apale ora umum marang , lagu-lagu Jawa kasebut. Apale marang lagu-lagu Jawa kuwi mesthi wae liwat medhia-medhia elektronik, kaya ta televisi, HP, lan radhio. Kanthi medhia-medhia kasebut, bocah gampang banget ngrungokake swaraning para penyanyi liwat lisan lan ndadekake apaling sair-sair Jawa mau.
Entuk Pangaribawa Basa Indonesia
Apa maneh sair-sair iku gampang diapalake amarga pancen basa kasebut kerep diprungu saben dinane ing omah utawa ing tengahing masarakat Jawa. Ananging bisa dipesthekake yen sejatine bocahbocah cilik kuwi ora bisa yen dikon nulisake sairsair basa Jawa mau kanthi bener. Bener miturut paramasastra utawa kaidah basa Jawa. Wis bisa dibedhek, mesthi tulisane pating blasur ora karu-karuan. Bab kang kaya mangkono bisa dumadi, amarga pancen bocah Jawa saiki wis ora dikulinakake maca lan nulis basa Jawa (kang gampang wae maca basa Jawa tulisan Latin). Saliyane kuwi, bocah Jawa saiki wis akeh kepangaribawa dening basa Indonesia. Bocah wis akeh kang ora bisa mbedakake, tembung iku asale saka tembung Jawa utawa tembung Indonesia.
Kamangka antarane tembung Jawa lan tembung Indonesia iku nduweni tenger kang beda. Sebagean tembung Jawa kang nglegena /a/ adate diswarakake [o] kaya ta tembung cara, lara, lan sata. Semono uga tembung-tembung kang katulis abjad /o/ uga diswarakake [o] kaya ta coro, loro, lan soto. Sejatine ing basa Jawa ana bedane, antarane rong swara mau.
Nanging racake akeh bocah Jawa saiki ora nganggep beda tembung-tembung kasebut. Dheweke pancen bisa mbedakake nalika muni /lara/ lan /loro/. Nanging, sejatine akeh bocah Jawa kasebut kang ora ngerti bedane tulisane /lara/ lan /loro/. Kekarone dianggep tulisan kang padha amarga unine swara meh padha.
Bab kasebut mesthi wae bisa dumadi amarga pangaribawa utawa kena dayaning basa Indonesia. Pancen wong Jawa saiki racake klebu bilingual utawa kang bisa basa rong warna, yaiku basa Jawa lan basa Indonesia. Lha, kedadean kang mratah ing wektu iki, akeh wong Jawa, kalebu bocah-bocah, kang wis kapangaribawa basa Indonesia. Ing antarane bab nulis tembung-tembung Jawa kang sejatine /a/ ditulis /o/. Wong Jawa saiki wis nganggep yen tembung-tembung
kasebut cara panulisane kaya b a s a Indonesia. Mulane o r a nggumun, nalika ana sair u t a w a tembungtem bung a b a s a Jawa, tulisane w i s mrembet ing basa Indonesia Kayata conto ing ngisor iki, lagu kanthi judhul "Sewu Kutha" karyane Didi Kempot.
//Sewu kuto uwis tak liwati, sewu ati tak takoni, nanging kabeh podo ra ngerteni, lungamu neng ngendi, pirang taun anggonku nggoleki, seprene rung biso nemoni, wis tak cobo, nglalekake jenengmu soko atiku, sak tenane aku ora ngapusi, isih tresno sliramu. Upamane kowe uwis mulyo, lilo aku lilo, yo mung siji dadi panyuwunku, aku pengin ketemu, senajan sak kedeping moto, kanggo tombo kangen jroning dodo, wis tak coba nglalekake jenengku soko atiku, sak tenane aku ora ngapusi, isih tresno sliramu. //
Saka tulisan kasebut wis bisa diprangguli, akeh tulisan kang nyebal saka kaidhah utawa paramasastra Jawa. Saliyane tulisan /a/ kang dadi tulisan /o/, ana sebagean tulisan /dh/ katulis /d/, kaya ta /padha/ kang katulis /podo/, tulisan /kedheping/ dadi /kedeping/, lan tulisan /dhadha/ dadi /dodo/. Kang kaya mangkono amarga pancen ing basa Indonesia ora ditepungi abjad /dh/. Mula saka kuwi, pancen tulisan sair kasebut ing ndhuwur wis kena daya basa Indonesia. Kanggone wong Jawa saiki (kang kurang melek basa Jawa), tulisan ing ndhuwur wis kaanggep bener, amarga pancen swarane kang metu (basa lisane) pancen unine memper.
Nah, saka prakara utawa kasus ing ndhuwur, bisa dumadi mratah ing wektu saiki amarga ana rong bab kang dadi underane. Siji, amarga racake wong Jawa saiki (utamane bocah enom) wis ora mudheng maneh karo basa Jawa tulis. Kaping pindhone, wis kapangaribawa saka basa Indonesia. Dadine ya mrenthul kasus ing ndhuwur.
Basa Jawa Terus Owah Gingsir
Kaya mangkono iku kang nandhesake yen sejatine basa Jawa, lan basa apa wae, kang isih urip ing jaman iki, nalika gepok senggol karo basa liyane, ngalami owah gingsir. Kabeh mau gumantung karo wong kang nggunakake basa kasebut, klebu penutur basa Jawa. Dadi, basa Jawa iku ora mati, nanging urip, cocog karo penuture. Nalika penuture wis akeh kang ora mudheng lan ora ngerti karo paramasastra basane dhewe, lan katekan basa liya, ora mokal lan mesthi gampang banget kapangaribawa dening basa yang luwih dominan, yaiku basa Indonesia. Kaidah-kaidah kang ana ing basa Jawa wis entuk pangaribawa lan kalah saka basa Indonesia. Mula kang metu nalika ngunekake tembung Jawa, tulisane dadi tulisan Indonesia.
Akeh para pinisepuh kang ngandika yen saiki basa Jawa iku wis rusak. Dheweke nganggep kanthi ekstrim yen basa Jawa saiki wis rusak amarga pancen nyebal saka paramasastra baku basa Jawa. Pancen ora salah. Nanging mesthi wae, miturut ahli basa, yen sawijining basa (klebu basa Jawa) ngalami owah-owahan lan nyebal saka paramasastra kang wis gumathok iku dianggep ora rusak nanging ngalami owah gingsir nyocogake karo
kahanan saiki. Apa maneh entuk interferensi saka basa Indonesia. Ora bisa basa Jawa stagnan utawa mandheg kudu cocog karo paugeran paramasastra baku basa Jawa. Kang ndadekake basa Jawa mau dadi owah gingsir, ya amarga saka penuture dhewe kang kepengin luwih praktis. Sanajan sejatine anggepan praktis iku bisa disuda utawa diilangi kanthi cara akeh maca wewacan abasa Jawa. Nanging kayane arep mbalik menyang kono wis angel, amarga kena dayane saka basa liya, kang uga dikuwasani, yaiku basa Indonesia.
Bab kang kaya mangkono mau bakal terus lumaku marang basa kang dianggep luwes lan isih urip, klebu basa Jawa ing wektu saiki. Anggep wae klebu basa Jawa kontemporer. Sejatine kasus kang kaya mangkono mau uga dialami dening basa Jawa kuna nalika gumanti (owah gingsir) dadi basa Jawa tengahan, lan basa Jawa tengahan gumanti (owah gingsir) dadi basa Jawa anyar. Semono uga basa Jawa gagrag anyar kang gumanti (owah gingsir) dadi basa Jawa kontemporer kaya ing wektu iki.
Basa kang wis lumaku atusan taun lawase, racake dianggep basa kang wis baku amarga uga nduweni paramasastra kang baku. Nalika sabanjure basa kasebut ngalami owah gingsir, mula basa kang wis ngalami owah gingsir kasebut dianggep nyebal utawa malah dianggep rusak. Contone wae, nalika jaman Kartasura lan Surakarta, wiwit akeh digunakake basa Jawa anyar, mesthi wae basa kasebut dianggep nyebal saka basa Jawa kuna lan basa Jawa tengahan. Semono uga kaya kasus kang dialami dening basa Jawa saiki, kang nyebal saka basa Jawa anyar jaman Kartasura lan Surakarta.
Nanging ing titi wancine besuk, mesthi wae basa Jawa kontemporer kang mratah digunakake ing wektu iki bisa nyilep basa Jawa anyar jaman Kartasura lan Surakarta. Karinunggu wektu.
Mula, tulisan Jawa ing lagu "Sewu Kutha" lan sajinise kang saiki dianggep nyebal, ing titi wancine besuk bisa wae bakal dianggep tulisan Jawa kang lumrah lan dianggep wis ora rusak maneh. Tulisan Jawa dadine bakal owah maneh, gumantung penuture. Ateges basa Jawa tetep urip lan luwes.
**00**
Gapura ing Candhi Cetho
şanjā menyang candi cetho papan prtapan prabu brawijayā
Dening: Irul S. Budianto
andi Cetho ing Dukuh Cetho, Desa Gumeng, C Kecamatan Jenawi, Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah nganti saiki isih sinaput misteri. Kajaba minangka obyek wisata lan papan kanggo ngibadah umat Hindhu, candhi peninggalane Prabu Brawijaya V mau nganti saiki asring dadi jujugane wong akeh sing bakal nindakake laku spiritual.
Candhi Cetho sing dumunung ing sisih kulon perenge Gunung Lawu pancen panoramane endah banget sinartan hawa adhem. Kahanan sing kaya ngono cetha bakal narik kawigatene wong akeh saperlu nekani papan mau. Nanging, kanggo tumuju lokasi candhi Cetho pancen gampang-gampang susah. Senajan dalan tumuju candhi wis aspalan alus, nanging kudu ngliwati akehe enggok-enggokan sing munggah ndedel.
Miturut cathetan Dinas Suaka Peninggalan Sejarah dan Purbakala (DSPSP) Jawa Tengah, Candhi Cetho
sepisanan ditemokake dening Van der Vlis ing taun 1842 M. Nanging ing perkembangane, lagi ing taun 1928, DSPSP miwiti ngadani panaliten lan rekonstruksi mungguhe bangunan candhi mau.
Candhi Cetho dumadi saka sangang trap utawa tingkat. Saben-saben trap dihubungake kanthi lawang gapura undhak-undhakan sing tansah direnggani relief bulus minangka pidakan sepisanan tumuju lawang mlebu. Wangunan sangang tingkat mau nggambarake panguripan tumuju menyang ndhuwur utawa nyawiji klawan Brahma, sing nyipta jagad saisine. Ambane lawang gapura sansaya dhuwur sansaya ciyut, minangka lambang panguripan tumuju menyang ndhuwur sing sansaya angel lan abot.
Trap sepisanan ditandhani kanthi lawang gapura ambane kurang luwih rong meter mawa undhakundhakan. Ing sangarepe ana reca sing ukurane lumayan gedhe, arupa wong lanang lan wadon sing singkursingkuran. Diubengi reca papat cilik-cilik sing wis ora cetha wujude amarga kepangan umur. Reca mau nganti saiki durung bisa dingerteni identitase.
Lawang gapura mau minangka dalan mlebu menyang plataran sepisanan candhi sing lumayan amba. Ambane lawang udakara rong meter mau nglambangake panguripan tingkat sepisanan sing gampang dilakoni.
Trap kapindho isih arupa plataran kanthi lawang gapura sing rada ciyut, udakara ambane mung setengah meter. Minangka lambang panguripan tumuju kasucen sing sansaya angel. Ing trap kapindho mau warga ing sacedhake kono duwe kapitayan anane petilasane Ki Ageng Krincingwesi, leluhure masyarakat Cetho sing dipercaya minangka wong sepisanan sing nemokake candhi mau. Ing trap kapindho mau uga ana gubug panyuwunan tumrape warga.
lor lawang gapura kalima. Relief Sudamala iki tinatah ing watu-watu sing wujude kothak lan ditata memper sawijining pager sing ngayomi reca bulus sing wis ilang sirahe.
Ing trap kalima lan kaenem, ana pendhapa awujud joglo cacah loro, ngapit dalan mlebu tumuju puncake candhi. Pendhapa mau digunakake minangka papan upacara-upacara gedhe agama Hindhu. Pendhapa mau uga minangka papan panyuwunan tumrape umat Hindhu saka kasta tengahan.
Ing trap kapitu ana reca Sabdapalon lan Nayagenggong ing sawijining gubug. Reca abdi kinasih lan parampara spirituale Prabu Brawijaya V mau kayakaya nandhesake yen sakloron tokoh panakawan mau ora mung sawates tokoh imajiner, nanging bener-bener ana ing jaman biyen.
Ing trap kawolu, ing sisih kiwa ana reca pallus lan
Reca Prabu Brawijaya ing Candhi Cetho
Trap katelu arupa plataran amba rinengga relief lingga yoni utawa pallus dawane udakara rong meter. Diapit lambang Kraton Majapahit lan reca bulus minangka pusate, sing nggambarake mula bukane panguripan. Lambang Kraton Majapahit sing ana ing antarane sirah reca bulus lan pallus, nuduhake jaman pembangunane candhi yaiku ing jaman Majapahit.
Relief mau uga nggambarake kepriye proses klairan sing asale saka nyawijine lingga yoni, komplit kanthi cipratan banyu sucine. Maneka pernik relief kewan kadhal lan kalajengking, ngrenggani ing sakupenge lingga yoni mau. Pallus dawane rong meter kaya-kaya nduweni mumpangat minangka moncong saka relief mau.
Relief Sudamala, ana ing trap kapapat, pase ing sisih
reca Prabu Brawijaya V sing digambarake minangka mahadewa sing dipapanake ing njero gubug. Reca pallus nglambangake kasuburan ing bumi Cetho lan sawijining pangareparep marang Gusti Allah, murih kasuburan ora ana pedhote. Reca Prabu Brawijaya V nuduhake keagungane minangka pemimpin lan raja sing ber budi bawa leksana, ambeg adil paramarta lan dipercaya minangka utusane Gusti Allah ing bumi.
Ing trap pungkasan utawa kasanga, mujudake plataran utama utawa puncake candhi sing mujudake gambarane kratone Gusti Allah, kaya sing ana ing saben wangunan pura.
Kajaba kanggo ritual keagamaan umat Hindhu, kompleks candhi Cetho
uga asring digunakake kanggo nindakake laku spiritual tartamtu. Malah, candhi iki biyasa dadi papan kanggo leren sawetara tumrape para pelaku spiritual sadurunge tumuju puncak gunung Lawu, papane Prabu Brawijaya V muksa.
Minangka papan sing isih dipercaya nduweni aura kekeramatan sing cukup kenthel, kawasan candhi Cetho asring uga dadi jujugane pengunjung saka manca negara kanggo kaperluan meditasi lan liyane. Kaya ta saka Jerman, Prancis, Walanda, lan sapanunggalane.
"Para wisatawan manca sing teka ing candhi Cetho biyasane nglonggarake wektu kanggo nindakake yoga, meditasi utawa nenepi," ujare Sunarto, staf Dinas Purbakala Jateng sing ditugasake ing candhi Cetho, sawetara wektu kepungkur.
Candhi Cetho sing dipilih kanggo kaperluan meditasi lan sajinise dilandhesi kapitayan manawa candi Cetho mujudake papan sing paling pas kanggo nyecep energi kosmik. Energi iki diperlokake kanggo golek kakuwatan lan imbange jroning panguripan. Bab mau saorane didhukung dening papane sing ana ing ereng-erenge gunung Lawu, adoh saka kampung lan maneka sesaji sing ana njalari swasana dadi tenang, uga kebak energi gaib.
Tumrape wong-wong sing bakal nindakake laku tirakat ing candhi Cetho biyasane rame ing malem Selasa Kliwon. Nanging emane, akeh pelaku spiritual sing ora nuhoni tata cara panyuwunan sing jumbuh karo pambagene kasta. Kamangka, kanggo kaperluan panyuwunan jroning tirakat ing candhi Cetho satemene wis ana papan jumbuh karo kasta utawa golongane.
"Murih antuk asil sing maremake, mesthine ditindakake ing papan sing ana jumbuh karo golongane," ujare Sunarto.
Candhi Cetho pancen kebak simbolisasi tumrape umat Hindhu sing merang status sosial masyarakat dadi patang kasta. Bedane, kasta miturut ajaran Hindhu, dicakake jroning tata cara panyuwunan, kanthi digawekake gubug sing beda kanggo pejabat lan rakyat. Bedane papan panyuwunan mau mengku karep minangka upaya instrospeksi dhiri, menawa saben wong ing sawijining tata sosial kemasyarakatan duwe status sing beda-beda.
"Sawijining petani utawa kawula ora bakal nemoni junjungane sacara langsung. Mula saka iku jroning laku panyuwunan ing candhi Cetho, mungguhe kawula dicawisake gubug ing plataran sepisanan utawa trap sing paling ngisor,"jlentrehe Sunarto.
Maneka laku panyuwunan sing ditindakake para pelaku spiritual biyasane ing sangarepe reca pallus lan reca Sabdapalon-Nayagenggong, uga junjungane sakloron abdi mau yaiku Prabu Brawijaya V. Laku panyuwunan uga ditindakake ing puncake candhi sing wujude kaya papan pamujan jaman purba, yaiku pundhen undhak-undhakan.
Gegayutan karo tembung cetho sing dadi jeneng candhi mau warga ngandhakake cetho ateges cetha utawa gamblang. Awit candhi mapan ing dhuwur 1500 dpl saengga candhi mau bisa dideleng kanthi cetha saka kadohan. Saka kompleks candhi, bukit ijo lan kebon teh ing ereng-erenge gunung Lawu kanthi dheretan omahomah pendhudhuk katon samar-samar. Nanging yen ngepasi pedhut mudhun, pemandhangan ing sakiwatengene ereng-ereng gunung Lawu dadi katon peteng lan cuaca dadi luwih adhem. Kanthi swasana sing kaya ngono, candhi Cetho kaya-kaya dadi siji-sijine papan kanggo ndhelik saka peteng lan adhem.
Ing saben reca sing katon tansah ana dupa lan kembang sing isih seger, nandhakake yen reca-reca mau isih disakralake. Lan, pancen candhi Cetho isih digunakake minangka papan sembahyang tumrape umat Hindhu. Mula ora nggumunake swasana mistis ing candhi mau isih katon kenthel lan ndadekake candhi mau kaya dene luwih minangka papan sembahyang katimbang obyek wisata.
Reca kang ana ing lawang candhi
Turu lan Tangi Dening: Kustri Sumiyardana
Ibu : Sri, iki unjukane diaturake Eyang ya.
Sri : Nanging samenika Eyang nembe tilem, Bu.
Ibu : E, yen kanggo Eyang kuwi ora pener yen nganggo tembung tilem.
Sri : Boten leres? Lajeng leresipun kados pundi Bu?
Ibu : Tilem kuwi yen kanggo Kowe, kanggo mbasakake awake dhewe. Yen kanggo wong sing dikurmati kaya ta Eyang utawa Bapak, tembung kang trep yaiku sare. Tilem kuwi tembung krama. Dene sare kuwi tembung krama inggil. Dadi, sing bener Eyang nembe sare.
Sri : O, makaten Bu.
Ibu : Ya wis yen isih sare, iki unjukane diselehake ing meja neng kamare Eyang. Mengko yen wis wungu lak terus diunjuk.
Sri : Kok wungu Bu? Menapa gegayutanipun? Kok dados wungu, boten biru?
Ibu : Ealah, bocah saiki kok akeh sing ora ngerti. Wungu kuwi tembung krama inggil saka tangi. Dadi wungu kuwi yen tembung ngokone yaiku tangi.
Sri : O, kula nembe mangertos. Dados, manawi Eyang, Rama, kaliyan Ibu mawi tembung wungu. Lajeng manawi kangge Sri menapa Bu?
Ibu : Yen kanggo Kowe ya tetep tangi amarga tembung krama saka tangi kuwi tetep tangi.
Sri : Wah tambah malih seserepan kula.
Ibu : Wis, kana unjukane Eyang enggal diaturake. Yen isih durung wungu diselehake wae ing meja.
Sri : Inggih Bu.
SRI AMBAR SUSTLOWATI (A WEL LIAMSI bir pude 1 Jaia ang bekora di Kr C Ta RW.III Kelerahan GEDONG SANG geGURITan geGURITan GEDONG SANGA
Resensi Buku
Geguritan Inggil Bu Amie Williams
Irah-irahan Buku : Geguritan Gedong Sanga
Pangripta : Amie Williams
Penerbit : Gemamedia Wonosobo
Tahun :2017
Kaca : xxi lan 377
UKU geguritan satemene klebu buku kang B arang utawa langka. Ora akeh penerbit sing gelem nerbitake buku-buku kaya dene kumpulan geguritan, merga pancen adole angel. Mula, banjur para penulis asring nerbitake dhewe buku-buku kaya ngono iku. Nanging uga ana penerbit sing pancen duwe kawigaten marang bab kabudayan utawa sastra, utamane budaya lan sastra Jawa sing gelem nerbitake.
Buku Geguritan Gedong Sanga iki diterbitake dening penerbit ing Wonosobo, luwih cethane, ing Sarwodadi, Kepil, Wonosobo. Nuwun sewu, Wonosobo wae pinggir banget, wewatesan karo tlatah Purworejo. Nanging, penerbit Gemamedia wis samesthine kita ajeni, awit gelem nerbitake "barang langka" iki.
Buku ini pancen kepetung kandel, kacane yen dicacah ana 398 (xxi + 377). Geguritan kang kaemot ana 317 iji isih ditambah maneh 55 gurit haiku (geguritan/puisi sing asale saka Jepang). Haiku yaiku geguritan cendhak, klebu kuna ing Jepang. Nanging senajan kuna, nyatane nom-noman Jepang gelem nglestarekake seni iki. Kepara saiki haiku malah ora mung ana Jepang, nanging nyebar ing saindhenging donya, kalebu ing Indonesia.
Sadurunge ngrembug bab isine buku iki, perlu dimangerteni bab pangriptane. Asmane Amie Williams, wiyosan 1 Januari 1956. Piyambake nate ngasta ing KPPMP BC (Kantor Pengawasan dan Pelayanan Bea dan Cukai) Tanjung Emas Semarang.
Amie Williams mono satemene mung asma sesinglon, amarga piyambake remen banget marang penyanyi kondhang Amerika Serikat, Andy Williams. Asma sejatine Sri Ambar Susilowati, sing saiki dedalem ana Tegalrejo, Bawen, Kabupaten Semarang. Kejaba remen mirengake lan uga nyanyi lagu-lagune Andy Williams, uga remen nulis geguritan lan uga puisi, kepara tembang-tembang macapat.
Asmane pancen ora pati dikenal ing umum, nanging ing komunitas pandhemen basa lan sastra Jawa, Bu Amie banget dikenal. Asring rawuh ing acara-acara sing ana gandheng-cenenge karo bab sastra lan budaya, kalebu ngisi acara ing RRI dan TV swasta ing Semarang. Kejaba diterbitake, akeh geguritan anggitane sing kapacak ing Facebook. Kejaba geguritan, uga asring nulis status sing isine magepokan karo wangsalan. Mula yen kita maca statuse, sakjane uga bisa nyambi nyinau bab sastra lan basa Jawa.
Tema-tema ing buku geguritan iki pancen maneka warna. Geguritan kapisan kan dimot ing ngarep dhewe asesirah "Oleh-oleh saka Sidoarjo". Keprungu swara tangis, layung-layung sesambat kawlasarsa/ endi panggonku, paturonku?/ endi taman karangkitri kang asri sakupenge omahku?/ peteng ndhedhet nggembuleng/ amung lendhut ireng tanpa wates.....
Maca geguritan iki krasa miris, ndadekake kita kelingan kedadean pirang tahun kepungkur nalika ana lendhut kang mluber saka njero bumi, nganti ndadekake desa klelep, wargane kudu pindhah. Kita kelingan yen kedadean nggegirisi iku diarani lumpur Lapindo.
Ana maneh irah-irahan kaya Jeng Ratri, Kakang Surya, Dhiajeng Rahina. Satleraman bokmenawa kita ngarani iki jeneng-jenenge pawongan. Nanging sejatine ora. Jeng Ratri, wengi iki pasuryanmu katon suntrut/ kasaput petenge mega klawu/ saben-saben kakang Bayu ngelus rambutmu kang njanges/ kilating thathit tansah mrawasa/ ndilat pipimu....
Uga ing irah-irahan Kakang Surya: kakang Surya, mara enggal wungu, Kakang/ wanci wis gagat rahina dakgugah nendramu kanthi aris/ dakelus palarapanmu kanthi kebak rasa asih/ sumambrat cahyamu gagah pideksa anggamu/ sigit jatmika pasuryanmu/ esem manis mamanuhara.....
Ing Dhiajeng Rahina: dhiajeng rahina/ sawuse sumiwi ing ngarsane Gusti/ ngonjukke puja-puji/ praptamu dakanti....
Ratri, Surya, Rahina jebul dudu jeneng wong. Ing Jeng Ratri, pangripta kepingin nyritakake swasana wengi mendhung, angin sumiyut, lan uga kilat thathit sing ora leren, banjur udan deres. Ya, ratri kuwi yang tegese wengi ta? Mengkono uga ing Kakang Surya, nggambarake kaya ngapa srengenge sing sajake "wegah tangi", bokmenawa esuk kuwi mendhung. Banjur dakgugah nendramu kanthi aris, banjur srengenge mlethek sumamburat cahyane. Uga ing Dhiajeng Rahina, kang nyritakake swasana awan sawise wong-wong sawengi ngaso, banjur ganti dina, kabeh wong kudu nindakake jejibahan sing samesthine.
Basa Endah Basa Dhuwur
Nyemak geguritan seratane Bu Amie, kanggoku krasa abot, amarga akeh tembung kang aku ora mudheng. Tembung-tembung kaya kawlasarsa (banget anggone mrihatinake), rekta, nimpuna, pudyastungkara, lan tembung
tembung "dhuwur" liyane akeh ditemokake ing buku iki. Yen ora kagungan kamus Basa Jawa ya kudu golek nang google, kuwi wae durung mesthi ketemu.
Iki nuduhake yen pangriptane pancen pana banget ing bab basa Jawa, lan migunakake basa iku kanggo nyuntak uwasing ati kanthi ditulis dadi geguritan. Lan kuwi ndadekake karya kang endah. Kita wis mangerteni, tembung-tembung lawas (arkais) kuwi, kaya dene saka basa Jawa Kuna utawa Sansekerta, ing sastra lan basa Jawa bisa diarani tembung-tembung endah.
Coba ta dipirsani, jaman Orde Baru biyen, akeh tembung saka basa Sansekerta utawa Jawa Kuna sing digunakake kanggo jeneng panggonan. Umpamane ing Gedung DPR, ruwang-ruwange dijenengi nganggo basa kang dianggep adi kuwi, umpamane grahasabha paripurna. Uga Gramedia duwe gedhong jenenge Bentara Budaya, nugraha utawa penghargaan saka pamarentah jenenge nganggo basa lawas parasamya purnakarya nugraha, wahana tata ngraha, lan sapiturute.
Basa kang diagem dening Bu Ami kanggo nyerat geguritan, ing anggepanku kuwi "basa inggil", basa kang endah, senajan rada angel dimangerteni. Apa maneh kanggone para mudha, wong sing saiki wis yuswa seketan wae akeh sing bingung, apa maneh sing luwih enom, apa maneh kawula milenial kae.
Ana maneh kang narik kawigaten, ing bab Gurit Haiku, ing sisih mburi sing isine 55 geguritan ala Jepang kuwi, cara nulise beda. Yen ing ngarep kanggo mbedakake da karo dha utawa ta karo tha, ya mung nganggo utawa ora nggunakae aksara /h/. Nanging ing gurit haiku, kanggo dha ditulis d nganggo titik ing ngisore, mengkono uga tha ditulis t diwenehi titik ngisore.
Iki ejaan sadurunge taun 1972, nalika Ejaan Yang Disempurnakan wiwit dienggo. Iki aneh, aku perlu nyuwun pirsa karo piyambake, apa kersane kok nyerat mengkono.
Nanging, kita pantes anane buku Geguritan Sanga iki nuduhake sastra Jawa isih urip, mangerteni yen ana Jawa kang asmane Williams. ***
mongkog, Gedhong mena w a kita dadi sastrawan A m i e
Supatane 17 Begawan Sukrd
DENÍNG BANUARLIAMBARDI
SINTEN KEMAWON INGKANG JENGANDIKA KERSAKAKEN LAN PIYAMBAKIPLIN SAGAH ANGLAMPAI,SAGED.
MURIH KASEMBADANING SEDYA-MBENJINGJE- NGANDIKA KERSAA ME- LENGAKEN CIPTA DHA- TENG KAWLJUDAN KA- WLILA.
NANGINGYEKTINIPUN INGKANG PANTES LINTON RAGA KALIYANJENGAN- DIKA-INGGIHNAMLING PUTRA JENGANDIKA
PIYAMBAK.
LAN JEJAKA PINIKA INGKANG ING TEMBE PANTESJUMENENG NATA NGLINTIRI PANGIWAOS JENGANDIKA ING PLIRWARLINGU.
MERGA KUWUR PENGGALIHE PRABU YAYATI ORA BISA MIMPIN NEGARA KANTHI WICAKSANA.
ORA MOKAL YEN KAHANAN KRADAN PLURWARUNGLI SANGSAYASUWE-SAYA SUREM.
AKEH NARAPRAJA WANI NYINGKUR KALITAMAN.NGEDIR-EDIRKE DHI- RI-MERES KAWLILACILIK SING LIRIPE WIS PADHA CELINGKRANGAN
440 GELEM NGAKU PA ORA?!
KULA MBOTEN NGOJOK-N6OJOK1 TIYANG-TIYANGSA- DUSLIN SAMBIKEREP SLUPADOSMBOTEN MBAYARPAJEK
ANUKI...ANLIKU DICOLONG SAPI,KANG!
ANLI- MLI?
ANLIKU,EH KLERU-KLERLI! SAPI...SAPI DICO LONG ANLIKL KAANG!
WARGA SAMBIKEREP KEPEKSAMBOTENSA- GED NGAYAHIKIWA- JIBAN AMARGI/ PANENANIPLIN GAGALNDARA!
ANLI MALING NYOLONG ANU?
DURJANA PADHASLIWERAN GO- LEKMANGSA.NAMBAHSENGCA RANE KAWULA PLUIRWARUNGI.
ADUH KAANG... CILAKA...CELAKA TENAN...
ANA PA DHI?
GENAHEANA MALING-PAK TRUNO KELANG- ANSAPI2
BENER-BENER SAPIKLI ILANG.. MALING DIKOLONG! BINGUNGAKU..
ORA KARL KARUAN
Menthog-Menthog
Menthog-menthog takkandhani Mung rupamu angisin-isini Mbokya aja ngetokana kandhang wae Enak-enakngorokora nyambut gawe Menthog-menthog mung lakumu Megal-megolgawe guyu
www.perpustakaanbbjt.blogspot.com @bbjateng