Baca PDF (OCR): Swaratama: mbangun kuncaraning basa, sastra, lan budaya Jawa, edisi 13, Mei-Agustus 2019

40 halaman · 40 halaman diproses dengan OCR · 18.9 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. Swaratama
  2. SadumukBathuk SanyariBuniDitohiPati
  3. Daftar Isi
  4. Banyumasan
  5. Parade Maca Guritan Milenial
  6. 29 Macapat
  7. 311 Jajah
  8. SUSUNAN REDAKSI
  9. Sinambi Mbedhah Buku
  10. Murih Pikantuk Kaslametan ing Jaman Kalisengara Manut Serat Sana Sunu
  11. Parade Maca Guritan Milenial
  12. Ajar Unggah-Ungguh ing Tlatah "Ngapak"
  13. Pakulinan
  14. Kluwarga
  15. Panutup
  16. Museum Kretek Muk Ndhok Kutha Kudus
  17. Pasar Krempyeng
  18. Critane Tikus ing Omah Gedhong
  19. Aja Kesed Mundhak Gela
  20. CATHETAN JAMAN
  21. DINOSAURUS
  22. Prof
  23. Prof
  24. Prof
  25. Prof
  26. Biodata Panggurit:
  27. Udharen
  28. Wis Ndang
  29. Biodata Panggurit:
  30. Mripat Kliliben Gunung
  31. Mangsa Laboh
  32. Mangsa Garing
  33. Biodata Panggurit:
  34. Rerepen Swaratama Sapandurat Tamat
  35. Anggitane: Mbah Wiku Sri Laksita
  36. Dhandhanggula
  37. Pocung
  38. Megatruh
  39. Mijil
  40. Kinanthi
  41. Durma
  42. Gambuh
  43. Dhukutan ing Tawangmangu
  44. KABOTANJENENG
  45. Milih Jeneng
  46. Kabotan Jeneng
  47. Kangelan
  48. Siti Siamah
  49. Cuwilan Kamus Kudusan
  50. Guritan Prasaja kang Ngresep Banget
  51. Supatane 15 Begawan Sukrd
  52. Gundhul-Gundhul Pacnl

Swaratama

Mbangun Kuncaraning Basa, Sastra, lan Budaya Jawa

Parade Maca Guritan Milenial

Ajar Unggah-Ungguh ing Tlatah"Ngapak"

Ngenteni Buka Sinambi Mbedhah Buku

Swara Dwija

Tuturan Krama Alus Nuwuhaken Karakter lan Watak Andhap Asor Para Siswa

DITERBITKE DENING BALAI BAHASA JAWA TENGAH

SadumukBathuk SanyariBuniDitohiPati

Ing Jawa ana unen-unen sadumuk bathuk sanyari bumi ditohi pati. Satemene apa karepe unen-unen mau? Unen-unen kuwi mujudake tumindake wong Jawa anggone mbela ajining dhiri (harga diri). Kang dikarepake sadumuk bathuk yaiku bathuke wanita kang dadi sisihane. Dadi, wong Jawa suthik yen ana wong kang wani njamah bojone sanadyan kang dijamah mung ndumuk bathuke. Mangkono uga papan panggonan (tanah air). Wong Jawa suthik manawa bumine dijajah sanadyan mung sadawane driji utawa sanyari. Yen ana sing wani njamah batihe utawa njajah bumi kalairane, kudu dilawan sanadyan kanthi toh pati.

Mangkono kang dadi karepe unen-unen iki (kust).

Piweling iki kaaturake dening BALAI BAHASA JAWA TENGAH

Wiwit rumiyin masyarakat Jawa punika sampun akrab kaliyan babagan spiritual. Punika saged kapriksani upaminipun ing karya sastra. Contonipun ing jaman kina wonten kitab ingkang namanipun Siwaratrikalpa. Ing serat wau wonten pawongan ingkang namanipun Lubdhaka. Piyambakipun padamelanipun mbebedhag sato kewan. Satunggaling dinten,

Lubdhaka kedalon wonten ing wana lajeng menek wit ageng ing pinggir tlaga amargi ajrih dhateng kewan galak. Setunggal dalu punika Lubdhaka boten tilem amargi ajrih manawi dhawah. Kangge cagak lek, piyambakipun methik ron ingkang wonten sakiwa tengenipun lajeng kadhawahaken dhateng tlaga. Kaleresan ing tlaga punika wonten lingga Siwa, inggih punika papan kangge ngibadah ing wekdal menika. Kanthi boten sengaja Lubdhaka sampun ngibadah ing dalu wau. Punika ingkang ndadosaken Lubdhaka mlebet swarga.

Makaten wau salah satunggaling conto serat ingkang ngewrat perkawis spiritual. Contonipun malih kathah sanget. Babagan spiritual ugi terus kalajengaken ngantos Islam mlebet ing Jawa. Kathah serat-serat ingkang magepokan kaliyan agami wau. Contonipun wonten Serat Wulangreh kaliyan Serat Wedhatama.

Ing Serat Wulangreh sampun cetha pitutur ingkang ngedahaken tiyang nyinaoni agama. Wonten serat punika kanthi trewaca dipunterangaken bilih ing Al-Quran menika wonten ajaran agama ingkang sae. Ananging, para mudha kedah ngatos-atos nyinaoni babagan wau. Punika amargi Al-Quran kaserat mawi basa Arab ingkang temtu kemawon boten dipun mangertosi dening tiyang Jawa umumipun. Manawi lepat anggenipun napsiraken saged ndadosaken tiyang mandar kesasar. Mila, manawi badhe nyinaoni Al-Quran kedah pados guru ingkang sampun mangertos.

Sinau agami Islam boten namung kanthi maos Al-Quran. Punika ugi kajlentrehaken wonten ing Serat Wulangreh wonten sekawan ingkang

saged dados lelimbangan kangge nemtokaken satunggaling perkawis menika leres punapa lepat. Sekawan perkawis wau inggih punika Al-Quran, kadis, ijmak, lan qiyas. Al-Quran punika firman Allah, kadis punika sabdanipun Nabi Muhammad, ijmak punika mupakating para ngulama, lan qiyas inggih punika nglelimbang satunggaling perkawis kanthi akal. Babagan punika ingkang dipunwucalaken wonten ing Serat Wulangreh.

Sinau agami boten namung mligi dipunwaos kemawon. Kedah wonten laku kangge nindakaken wucalan agami. Ing Serat Wulangreh ugi wonten dhawuh supados nindakaken rukun Islam inggih punika sahadat, salat, siyam, mbayar zakat, kaliyan nindakaken kaji.

Dhawuh nindakaken ajaran agami ugi kacetha wonten ing Serat Wedhatama. Wonten dhawuh supados tiyang menika tansah manembah dhateng Gusti Allah. Wonten ing Serat Wedhatama ugi dipunbabar wontenipun sekawan tataran sembah dhateng Pangeran. Inggih punika sembah raga, sembah cipta, sembah jiwa, lan sembah rasa.

Sembah raga inggih punika kanthi nindakaken syariat kados salat. Sembah cipta utawi sembah kalbu dipuntindakaken kanthi cara nyegah hawa nepsu, patitis, ngatos-atos, tlaten, lan waspada. Sembah jiwa ingkang katindakaken inggih punika awas lan eling. Tegesipun waspada dhateng tumindak awon lan tansah emut dhateng Pangeran. Ingkang pungkasan inggih punika sembah rasa. Tiyang ingkang sampun saged nindakaken sembah rasa gadhah sipat ilang sumelanging ati, among kandelkumandel marang ing takdir, santosa ing budi, sabar, tawakal, legawa, nrima, weruh wekasing dumadi, ngaksama kaluputaning liyan, lan nyimpangi panggawe ala.

Makaten babagan spiritual ingkang kaweca wonten ing Serat Wulangreh lan Serat Wedhatama. Temtunipun taksih kathah serat Jawi ingkang ngewrat babagan spiritual. Nuwun.

(Kustri Sumiyardana)

Daftar Isi

Blencong

Spiritual ing SastraJawa

Teras ngenteni buka Sinambi Mbedhah Buku

Kawruh Sastra Murih Pikantuk Kaslametan ing Jaman Kalisengara Manut Serat Sana Sunu

Banyumasan

Parade Maca Guritan Milenial

Tegalan Ajar Unggah-Ungguh ing Tlatah "Ngapak"

4 Kudusan Museum Kretek Muk Ndhok Kutha Kudus

16Crita Cekak Critane Tikus ing Omah Gedhong

19 Gladhi Sastra

AndrawinaJaman

Wacan Bocah

Aja Kesed Mundhak Gela

24 Gurit

Cathetan Jaman • Mripat Kliliben Gunung

Dinosaurus

Mangsa Laboh

Mangsa Garing

•Bojoku Agi Nesu • Piweling

0 Hara

• Nalika

• Udharen

• Le

Wis Ndang

29 Macapat

Rereren Swaratama Saranburat Tamat

30 Swara Dwija tuturan krama alus nuauhaken karakter lan Watak Andhap Asor Para Siswa

311 Jajah

Dhukutan ing Tawangmangu

SUSUNAN REDAKSI

34 Kabudayan KABOTAN JENENG

35Bausastra Cuvilan Kamus Kudusan

Resensi Buku

Guritan Prasaja kang Ngresep Banget

Penanggung Jawab : Dr. Tirto Suwondo M.Hum ~ Pemimpin Utama : Drs. Suryo Handono, M.Pd ~ Pemimpin Redaksi : Kustri Sumiyardana, S.S., M.Hum ~ Sekretaris Redaksi : Sunarti, S.S., M.Hum ~ Reporter : 1. Drajat Agus Murdowo, S.S., M.A, 2. Akhid Anshori Setiawan, A.Md ~ Redaktur Pelaksana: 1. Yan Tohari, 2. Bambang Sulanjari, M.A. 3. Widiyartono, 4. Triman Laksana ~ Redaktur: 1. Mochammad Fikri, S.S., 2. Tri Wahyuni, S.S., 3. Umi Farida, S.S., 4. Sutarsih, M.Pd.,~ Desain Grafis dan Tata Letak: Danang Ardianto ~ Keuangan : Lungid Ismoyo Putro, M.H ~ Sirkulasi: 1. Lely Siti Fatimah, S.E., M.Si, 2. Slamet Priyono, S.E., 3. Agus Sulistyo.

ngabuburit Puisi Buka Bersama dan Bedah Puisi teka teki catatan kak pejalan karya Indri Yuswandari karve Dharmadi BBI 20 Mel 201

ngenteni buka TIM SWARATAMA

Sinambi Mbedhah Buku

Ing sasi Ramadan umat Islam diwajibake nindakake ibadah pasa. Mangkono uga kanggone para muslim kang manggon ing Indonesia. Negara iki mayoritas pendhudhuke ngrasuk agama Islam. Mesthi wae swasana pasa banget karasa.

Salah sijine kagiyatan kang asring dilakoni dening para nonoman yaiku mlaku-mlaku wayah sore karo ngenteni buka. Kagiyatan kuwi disebut ngabuburit. Tembung kang asale saka basa Sundha nanging banjur kawentar tekan ngendi-endi kalebu Jawa.

Kanggo ngramekake sasi Pasa, Balai Bahasa Jawa Tengah uga nganakake ngabuburit. Nanging, ngabuburit kang dianakake dudu sembarangan ngabuburit. Acara kang dianakake yaiku bedhah buku. Kanthi mangkono acara ngabuburit diajab luwih munpangati..

Acara bedhah buku dianakake kaping pindho, yaiku tanggal 20 lan 27 Mei 2019. Acara mau dikepyakake dening Smara Muruhita, sanggar duweke Balai Bahasa Jawa Tengah. Bedhah buku tanggal 20 Mei

dianakake dening seksi sastra. Dene, bedhah buku tanggal 27 Mei dianakake dening seksi bahasa.

Ing tanggal 20 Mei 2019 kalakon dianakake bedhah buku, yaiku rong antologi puisi. Buku kapisan kang dibedhah yaiku Pejalan anggitane Darmadi. Dene, buku liyane yaiku Teka-teki Catatan Kaki anggitane Indri Yuswandari.

Buku Pejalan dibedhah dening Heru Mugiarso. Ing kalodhangan kuwi mratelakake yen dheweke karo Darmadi pindha Palgunadi kalawan Resi Drona. Heru Mugiarso ngibaratake awake minangka Palgunadi, murid kang sinau ora kanthi langsung marang Drona. Pancen, ing Mahabharata dicritakake manawa Palgunadi duwe krenteg maguru marang Dhanghyang Drona. Eman, pepenginan mau

katampik dening Drona. Resi mau mung saguh dadi gurune Pandhawa lan Kurawa. Saking kencenge tekade anggone maguru, Palgunadi gawe reca angentha wujude Resi Drona. Reca mau banjur dianggep kadya gurune dhewe. Saben dina Palgunadi mempeng sinau olah gegaman ing ngarepe reca mau. Satemah kasantikane ngemperi murid kinasihe Resi Drona, yaiku Palguna utawa Arjuna.

Gegambaran kang kaya mangkono mau diupamakake Heru Mugiarso nalika sinau gawe puisi. Dheweke ajar gawe puisi saka puisipuisi anggitane Darmadi. Mula, nalika dening Smara Muruhita dheweke kapatah minangka pambedhah bukune Darmadi, Heru rumangsa mongkog banget.

Ing kalodhangan kuwi Heru

KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN BALAI BAHASA JAWA TENGAH BEDAH BUKU Dusta Yudistira Karya: Achiar M. Permana Pilor-Pilar yang BUKA PUASA Membengkar BERS Karya: A Pedusi empuan Peduli L

Dr. Redyanto Noor lan Amir Mahmud NS dadi narasumber ing acara bedhah buku

Mugiarso njlentrehake yen ing babagan puisi, ana penyair kang milih nulis lirik personal lan ana kang nulis lirik sosial. Puisine Dharmadi racake kalebu lirik sosial. Saka isine, kumpulan puisi Pejalan uga nggambarake kaya dene salik, yaiku wong kang terus lumaku ngumbara ngupadi lan tumuju marang Gusti ing ajaran tasawuf.

Dene, Gunawan Budi Susanto kang akrab diundang Kang Putu entuk jatah ngonceki kumpulan puisi Teka-teki Catatan Kaki. Miturut Kang Putu, puisi kuwi salah sawijining wujud saka modhel komunikasi kang paling pribadi. Dadi, mesthi wae puisi kuwi sifate subjektif banget. Mula uga ora kleru manawa para maos uga sasenenge anggone nepsirake isine.

Kang Putu dhewe mung seneng marang telung puisi ing buku mau. Kuwi amarga telung puisi mau migunakaken basa kang prasaja, polos, lan ora neka-neka. Dene, ing puisi liyane Indri mung ngomongake awake dhewe. Saliyane kuwi, puisine Indri racake nggambarake

pepeteng. Nanging, kuwi kabeh wis minangka ciri khase Indri.

Bedhah buku uga dianakake ing tanggal 27 Mei 2019. Uga ana rong buku kang dibedhah, yaiku kumpulan esai Dusta Yudistira anggitane Achiar M. Permana lan kumpulan crita cekak Pilar-Pilar yang Membengkar kang ditulis ramerame dening para wanodya kang pakumpulane dijenengi Pedusi. Amir Mahmud N. S. kapatah mbedhah bukune Achiar. Dene, Dr. Redyanto Noor, M.Hum. kajatah ngonceki bukune Pedusi.

Judhul Dusta Yudistira dijupuk saka kadadean ing perang Bratayuda. Ing perang kuwi dicritakake Resi Drona kang banget sektine. Ora ana kang bisa ngalahake gurune Pandhawa lan Kurawa mau. Prabu Kresna banjur ada-ada siyasat yaiku nyebar kabar manawa Aswatama wis mati dening Bima. Kamangka kang dipateni dening Bima dudu Aswatama, anake, nanging gajah kang arane Estitama. Kabar patine Aswatama sumebar ing Kurusetra. Kresna paring dhawuh

marang Pandhawa, manawa Drona takon kudu diwangsuli yen Aswatama wis mati. Kabeh Pandhawa k u d u mangsuli mangkon o kalebu Yudhisthira k a n g kawentar ora tau dora. Bener, nalika

Dr. Tirto Suwondo, M.Hum. l a g i maringi pamedhar sabda

Pembedah: Amir Machmud N.S (Ketua PWI Jawa Tengah) Pembedah: Dr. Redyanto Noor. M.Hum (Dosen Fakultas limu Budaya, Undip) nt

Drona takon marang raja Ngamarta kuwi, Yudhisthira banjur goroh kang njalari tiwase Resi Drona.

Tulisane Achiar kuwi isih trep kanggone jaman saiki. Ing jaman saiki kabar goroh kang disebar kuwi disebut hoax. Manawa hoax mau disebar dening wong kang kawentar ora tau ngapusi, mesthi wae bakal gawe rusak amarga wong akeh bakal nganggep hoax minangka barang kang bener.

Jurnalis kuwi diibaratake kaya Yudhisthira, ora kena goroh. Kaya kang dikandhakake dening Bill Kovach lan Tom Rosentiel, kewajiban jurnalisme kang kapisan yaiku marang bebener. Lah, terus kepriye yen jurnalis kang kudune mbiwarakake pawarta kang bener, malah nyebarake kabar kang goroh. Mangkono kuwi tulisan-tulisane Achiar ing buku mau ngritik kahanan nganggo ibarat crita wayang.

Ana kabar kang nyenengake saka donyaning literasi, yaiku madege pakumpulan wanodya kang seneng maca-tulis. Pakumpulan mau dijenengi Pedusi, cekakan saka Perempuan Peduli Literasi. Pedusi

wis gawe buku kumpulan crita cekak kang judhule Pilar-Pilar yang Membengkar. Buku isine ana 27 crita kang ditulis dening wong 25. Buku kuwi kang dionceki dening Redyanto Noor utawa asring diundang Pak Redy.

Miturut Pak Redy crita ing buku mau racake isih cemplang. Kuwi mau bisa dimaklumi amarga para panulise nembe wae ajar ngronce crita. Ananging kang prelu diacungi jempol yaiku semangate Pedusi. Diajab pakumpulan kuwi terus makarsa ngasilake crita-crita cekak kang saya onjo.

Acara bedhah buku mau dirawuhi panyarta kurang luwih satus wong saben kegiatan. Kang rawuh yaiku masyarakat umum. Ana guru, dosen, mahasiswa, lan sastrawan kang lenggah ing kukuban Jawa Tengah. Ora mung saka Semarang, uga ana kang saka luar kota kaya ta Kendal, Ungaran, lan Tegal.

Ing acara iki kepala Balai Bahasa Jawa Tengah, yaiku Dr. Tirto Suwondo, M.Hum., uga maringi sesorah. Miturut Pak Tirto, acara bedhah buku iki nembe kagiyatan wiwitan. Isih akeh kagiyatan liyane kang bakal ditindakake Smara Muruhita ing taun iki. Kagiyatan kang dikepyakake Smara Muruhita seksi sastra isih ana kira-kira sangang acara. Mangkono uga ing seksi bahasa, uga bakal ngepyakake acara samono akehe. Kabeh kuwi diajab kanggo nggrengsengake basa lan sastra ing Jawa Tengah.

(Tim Swaratama)

Para panyarta ngrungokake pamedhar sabda saka narasumber

Murih Pikantuk Kaslametan ing Jaman Kalisengara Manut Serat Sana Sunu

Dening: Sinung S.

Banjir, longsor, gunung njeblug, lesus, lindhu, lan bencana alam liyane kang dumadi sawetara dina iki mujudake pratandha Indonesia lagi ngalami jaman Kalisengara. Yen manut Serat Sana Sunu karangane R. Ng. Yasadipura Il tandha tekane jaman Kalisengara yaiku ilange rasa tentreming rakyat ing sawijining negara amarga rong perkara. Sing kapisan yaiku merga tumindake alam lan sing kapindhone merga tumindake manungsa.

Ilange rasa tentrem warga kang dedunung ing sawijining negara karana tumindake alam merga negara kasebut ketaman sauntara bencana alam kang gedhe. Dene ilange rasa tentrem merga tumindake manungsa iku dijalari akehe manungsa kang seneng nyebarake pawarta palsu utawa kang dinane iki asring sinebut hoax. Ing perangan liya, ilange rasa tentrem kasebabake akehe tumindak utawa kedadean kang bisa gawe rusake negara.

Dumadine prahara kang ing jaman Kalisengara iku mau sejatine mujudake pratandha saka alam amrih manungsa bisa sadhar lan ndandani sekabehe tumindak supaya dadi becik. Ing perangan liya, tekane jaman Kalisengara yen mungguhe para winasis mujudake carane ibu pertiwi reresik tandang gawe marang bumi lan manungsane. Kanthi anane tandang gawe iki diajab

bumi bali resik lan bisa bali dadi papan kang nyenengake tumrap sapa wae kang gelem urip laras klawan alam sarta gelem ngregani marang sapadhane.

Sajroning ibu bumi reresik tandang gawe iki samangsa sing katut kagaruk ora mung wong kang nduweni laku kurang becik. Bisa wae wong kang becik tumindake kena garukan. Mula saka kuwi, ing Serat Sana Sunu disebutake maneka tata cara amrih manungsa bisa slamet sasuwene lumakune jaman Kalisengara.

Cara sing kudu ditindakake supaya bisa slamet mungguhe Serat Sana Sunu sing kapisan yaiku kudu nggedhekake laku prihatin (tirakat). Carane laku prihatin kang dikarepake sajroning Serat Sana Sunu iku mau ora kok kudu tapa ing papan kang wingit. Nanging, mungguhe R. Ng.Yasadipura II, pujangga saka Kraton Kasunanan Surakarta kang wis yasa Serat Sana Sunu iki cukup kanthi laku nyuda dhahar lan guling.

Sasuwene nyuda dhahar lan guling ora ateges wong mau thenguk-thenguk tanpa nindakake apa-apa. Utawa anggone nyuda dhahar lan guling iki mau mung digunakake kanggo jagongan sinambi geguyonan. Ora kaya mangkono kang dikarepake Serat Sana Sunu. Sing dikarepake serat iki yaiku sadawane nindakake laku nyuda dhahar lan guling mau diisi kanthi tumindak ndonga menyang Sing Gawe Urip supaya tansah pinaringan keslametan sarta pinaringan kaluwihan supaya luwih awas anggone maca kahanan lan sasmitaning jagad.

Kaluwihan maca kahanan lan sasmitaning jagad iki mujudake samubarang kang wigati kanggo ngadhepi jaman Kalisengara. Jalaran kanthi kabisan kaya mangkono mau bakale ndadekake sapa wae kang bisa maca ngerti marang apa kang dadi panjaluke alam. Ing perangan liya, kabisan sing kaya mangkono mau uga ndadekake manungsa bisa ngerti marang kedadean apa wae kang bakal teka. Satemah sadurunge tekane prahara utawa samubarang kang ngancem keslametane jiwa lan raga, pawongan mau bísa selak utawa pindhah menyang papan kang luwih aman.

Saliyane nggedhekake anggone tirakat utawa laku prihatin, yen manut Serat Sana Sunu supaya bisa slamet saka jaman Kalisengara uga kudu nganakake sedhekahan. Ngenani sedhekahan ing kene ora digunakake kanggo sukuran. Nanging, luwih ditengenake kanggo sarana tolak bala. Saking wigatine nggelar sedhekahan iku mau, sajroning Serat Sana Sunu ditulisake kanthi cetha menawa sedhekahan mau kudu ditindakake senajan tanpa ana prentah saka pemimpin kang nata ing papan kasebut. Kanthi kagelare sedhekahan iku diajab sekabehane kang mapan ing negara tansah pinaringan slamet lan bisa ngliwati jaman Kalisengara tanpa kekurangan sithik-sithika.

Dumadine prahara lan bencana alam ing jaman Kalisengara kaya kang kalakon ing Indonesia saiki. Sejatine iku mujudake carane alam kanggo nggulawenthah manungsa supaya bisa nduweni rasa senasib sepenanggungan. Kanthi anane surasa kaya ngene iki bakale ndadekake manungsa (pendhudhuk) Indonesia bisa ngrasakake kaya ngapa susahe sedulure kang ngalami musibah.

manungsa sawutuhe kang bisa memayu hayuning bawana.

Amarga melu ngrasakake panandhange sedulure, sabanjure ndadekake pawongan mau gelem tetulung marang pepadhane. Anggone tetulung kudu linandhes rasa kamanungsan kang sawutuhe. Satemah anggone aweh pitulungan ora mbedakake maneh sapa sing ditulungi, omahe ngendi, lan agamane pawongan sing ditulungi iku mau apa. Yen wis bisa nggedhekake rasa kamanungsan sajroning atine, wong mau bakale dadi

Sarat liyane amrih bisa ngliwati jaman Kalisengara kanthi slamet yaiku wong kudu nduweni rasa isin. Maksude isin ing kene yaiku isin yen nganti tumindak kang nerjang nilai kautaman lan nilai moral kang ana ing madyaning masyarakat. Manawa ndulu kahanan kang dumadi ing Indonesia, golek wong kang duwe isin ngono isih kapetung angel. Suwalike yen golek wong kang ngisin-ngisini akeh banget. Tuladhane kaya ing tipi-tipi kae. Para pejabat kang kudune merjuwangake nasibe rakyat malah padha nindakake korupsi. Apese kalane anggone korupsi konangan, pawongan mau kudune isin. Nanging, rancake sing dumadi ing Indonesia malah suwalike. Pejabat kang konangan korupsi babar pisan ora ngrasa isin.

Dene cara pungkasan supaya bisa ngliwati jaman Kalisengara kanthi slamet yaiku kanthi cara eling marang kawajibane dhewe-dhewe. Tumrape para pejabat lan pemimpin kudu eling marang kewajibane. Salah sijine yaiku kewajibane kanggo mulyakake rakyate. Saliyane kuwi kewajiban kang kudu ditindakake dening para pemimpin sing kepengin bisa ngliwati jaman Kalisengara kanthi slamet yaiku kudu gelem ngutamakake utawa ndhisikake kepentingan rakyat tinimbang kepentingan pribadhi lan golongan.

Ora mung pejabat utawa pemimpin wae kang nduweni kewajiban kang kudu ditindakake menawa pengin ngliwati jaman Kalisengara kanthi slamet. Rakyat sing kepengin slamet lan bisa ngliwati jaman Kalisengara tanpa kekurangan uga nduweni kewajiban. Ngenani wujude kewajiban kang kudu ditindakake dening rakyat yaiku kudu manut arahane pemimpin samangsane arahan mau ora ngrugekake lan ora nerak paugeran kang wis ditemtokake lan disarujuki kanthi bebarengan.

Ing perangan liya uga dikandhakake, jaman Kalisengara gawe sapa wae kang urip ing jaman iki ngrasakake kahanan kang kurang kepenak. Wiwit saka wong cilik nganti para panggedhe, bocah cilik nganti wong diwasa, lanang lan wadon tansah padha ngrasakake samubarang kang kurang nyenengake. Nanging, masia kahanane ora nyenengake, kabeh sing urip ing jaman Kalisengara diajab bisa sabar nampa cobaning urip. Yen bisa tetep nduweni rasa sabar ing atine, rikala wis tekan ing wancine pawongan mau bakale ngalami kahanan kang sarwa nyenengake. Kahanan iki bisa dumadi jalaran sajroning Serat Sana Sunu dikandhakake sasurute jaman Kalisengara, bakal teka wektu kang nyenengake marang sapa wae kang lulus saka sakehing ujian ing jaman mau.

PARADEMICAGEGURITANMILENL Kenasama Pusat Penelitian Budaya Daerah dan Pariw UPPM Unsoed dengan Penulis Geguritan Banyuma Ancas Didukung oleh Majatah Pengin, ANCAS Prrackerto 6 Desember 2018 DELE

Parade Maca Guritan Milenial

Déning: Hamidin Krazan

Sinau siji-siji aja lali seni tradhisi kudu padha déuri-uri

ethilan geguritan Penginyongan kuwé déwaca P déning Ketua Lembaga Penelitian dan Pengabdian Masyarakat (LPPM) Unsoed Purwokerto, Prof. Dr. Rifda Naufalin, SP. M.Si., nalika dhéwéké mbuka acara Paradhe Maca Geguritan Milenial, neng balé amba Pusat Penelitian Budaya Daerah dan Pariwisata (Puslitbudpar) Universitas Jenderal Soedirman (Unsoed) Purwokerto, pretengahan sasi Desember kepungkur.

Kejaba ngujar pepénget karo geguritan, dhéwéké uga ngudhal sesorah sing isiné kepéngin neng lemba sing dépimpin kuwé akéh kegiyatan nggo ngrembakaaken lestariné budaya Penginyongan. "Muga-muga kegiyatan kaya kiyé ora mung sepisan pindho neng kéné, ngganua uga dégelar neng nggon liya. Ancasé kongira basa Penginyongan tetep lestari lan sengsaya ngrembaka neng kalangané nom-noman jaman sekiyé utawa generasi milenial," Prof. Rifda negesna.

Jumbuh karo apa sing déomongna déning Koordinator Puslitbudpar LPPM Unsoed, Dr. Rawuh Edy Priyono, M.Si., nalika awéh sesorah sedurungé acara maca geguritan déwiwiti. Miturut dhéwéké, lestari utawa orané basa Penginyongan gumantung karo génerasi nomnoman jaman sekiyé. Yakuwé génerasi sing lair antarané taun 80-an tekan sepréné (milenial). Salah sijiné dalan kanggo ndhedher lan nuwuhna tresna maring budayané biyung kiyé, Puslitbudpar LPPM Unsoed nggandhéng Kalawerta Ancas lan prekumpulan Penggurit Banyumas Raya nggelar acara paradhe maca geguritan. Senajan ewis dégagas suwé, ningen nembé kaleksanan neng tutupan taun.

"Tujoné kanggo awéh pangertén babagan geguritan maring generasi nom-noman sekiyé kususé mahasiswa. Jalaran, tembung geguritan utawa guritan tumrapé generasi nom-noman déanggep jalma anéh lan dadi pitakonan gedhé, guritan sih kéwan apa? Kejaba unén-unén kuwé arang keprungu, kegiatan neng kampus uga arang nggelar acara kayadéné maca geguritan," Dr. Rawuh njéntréhna.

Déjelasna maning, paradhe maca geguritan kiyé duwé maksud apik. Sepisan, kanggo nuwuhna rasa dhemen para mahasiswa utawa generasi nom-noman maring

geguritan. Keloro, geguritan sewijiné wujud budaya Jawa kiyé ngemu piwulang becik sing wicaksana kanggo pedoman urip (kearifan lokal). Sing padha teka neng acara kiyé, yakuwé prewakilan saka Dinporabudpar Kabupaten Banyumas, Presiden Geguritan, Prekumpulan Penggurit, lan para mahasiswa.

Sayektiné, upakarya ngenalna sing tujoné nglestarékena budaya pengiyongan kayadéné nulis geguritan ewis délakokna déning kalawerta Ancas kawit pitung tahunan kepungkur nganti sepréné. Muji syukur maring Gusti Allah, kalawerta Ancas nganti sepréné mésih dadi bawang kothong. Yakuwé mung siji-sijiné kalawerta neng dunya sing nganggo basa Banyumasan, sekiyé désepakati dadi tembung penginyongan, kuwé désampékna déning Bambang S. Purwoko, B.A., makili Ancas nalika awéh sesorah. Dépilihé geguritan merga salah sijiné kasil karya sastra tulis kiyé nduwéni piweling sing jero lan penting déngerténi déning generasi milenial. "Ana lima aspek filosofiné guritan yakuwé seni nggo ngudhalna gambarané rasa, kanggo sarana ngetokna swarané jiwa, kanggo cara ngritisi kahanan pulitik, urip sesrawungan lan liyané, uga dadi salah sijiné wujud kearifan lokal, kejaba dadi wujud karya sastra," jléntréhé Bambang rinci.

Prekumpulan penggurit lan sastra sing padha teka neng acara kiyé kayadéné, Rhizoma (Mahasiswa Fisip Universitas Jendral Soedirman/Unsoed), Katasapa (Purbalingga), Komunitas Puisi Institut/KPI (Universitas Muhammadiyah Purwokerto/UMP), Komunitas Orang Pinggiran /KOPI (Ajibarang), Komunitas Pondok Pena Pesantren Mahasiswa An Najah Purwokerto, Komunitas Sanggar Kepenulisan IAIN Purwokerto, BCCP (Bumiayu-Brebes), STKIP

Darussalam (Majenang-Cilacap), SMAN 1 Ajibarang, lan SMPN 2 Ajibarang. Kejaba kuwé uga ana prewakilan sekang akademisi FISIP Unsoed. Guritan basa Penginyongan ora mung déwaca ning uga ana sing détabuhi karo tabuhan utawa tetembangan geguritan saka Kopi Ajibarang, ana guritan sing dérékaréka dadi sandiwara utawa dégawé lagu lan liyané. Penggurit sing padha maca, yakuwe Wanto Tirta (Presiden Geguritan), Sendy Novika (Akademisi Fisip Unsoed), Suryana Dadan, M.A., (LPPM Unsoed), Jarot C. Setyoko, Yanwi Mudrikah, Jefrianto, Riswo Mulyadi, Dimas Indiana Senja, Agustav Triono, Windu Setyaningsih, Trisnatoenabuyafi R, Hamidin Krazan, lan liyané.

Preluné geguritan déwentarna maring génerasi nom-noman yakuwé jalaran kejaba dadi salah sijiné budaya penginyongan sing wujudé tulisan, uga ngemu pirang-pirang teges sing wigati (kearifan lokal).

"Lewih wigati maning, keprimén carané kongira basa Penginyongan ora mung dadi basa omongan, ning dadi basa manékawerna kasil tulisan (basa literasi). Mulané, kudu ana gerakan sing gedhé lan nyebar maring ngendi baén, kaya ombak segara sing gedhé bisa gawé gégér, ora mung kemrapyak kaya ombak cilik sing gampang ilang," omongé Jarot C. Setyoko awéh prumpamaan sedurungé ngidung lan maca geguritan.

Ajar Unggah-Ungguh ing Tlatah "Ngapak"

Dèning: Urip Triyono

endhidhikan miturut Undang-undang Sisdiknas No. 20 Taun 2003 yakuwè prosès ngowahi samubarang P kanthi sadhar lan karencana supaya para siswa bisa ngembangna kêprigêlan lan kêwasisan pribadhinè saèngga uripè dadi luwih bêcik, ngugêmi budaya, lan nyêkêli adhab kang luhur. Sêmana uga pasinaonan basa Jawa kang nganti saiki katon dadi "momok" ing masrakat kita, utamanè kanggo nom-noman ing tlatah Brebes- Cilacap kang minangka tlatah paling adoh sêkang pusat kabudayan Jawa (Ngayogyakarta lan Surakarta). Tlatah sing ana ing tapêl watês kabudayan Jawa lan Sundha. Basa Jawa sing nduwèni unggah-ungguh kang njlimêt kudu disinaoni lêwih gasik kanthi pangajab bisaa ndadèkêna media pembelajaran kanggo nom-noman supaya lêwih mahami tata caranè ngormati wong liya lan wong tuwa nganggo basa. Materi pembelajaran unggah-ungguh basa Jawa kang digolongna dadi rong kategori baku, yakuwè ngoko lan krama bisa dilakokêna sacêpêtè ana ing lingkungan kang paling cilik ing masyarakat, yakuwè kluwarga.

Pakulinan

Basa kuwè sawijining kêprigêlan manungsa kang diduwèni sêkang proses pakulinan (habitation), saèngga ana pepatah ing tradhisi Jawa kang uninè "bisa mêrga biasa". Cêkakè, proses pembelajaran basa dadi lêwih intensif lan gayêng yèn dilakokêna nèng umah, panggonan bocah-bocah ngêntèkêna wêktu kanggo sêsrawungan. Kêpribèn campur tanganè wong tuwa ing umah? Yakuwè nyêngkuyung kahanan kang kondusif kanggo bocah-bocah anggonè nyêrêp kaluhuran budi sêkang tumindak lan omongan sing ngandhut ukaraukara ing basa Jawa. Wong tuwa kuwè bisa nduwèni campur tangan minangka guru supayanè bisa ndadèkêna bocah-bocah pintêr lan mumpuni nganggo basa. Mbuh kuwè basa manca apadènè basa dhaèrah. Kang dadi prêtakonan yakuwè, kêpribèn standar lan kompetensi kang dikarêpna yèn pembelajaran ditindakêna sêliyanè guru, tapi dèning wong tuwane dhèwèk? Kêpribèn caranè srawungan antaranè bocah karo wong tuwa kang lêwih akèh asipat emosional ora dadi alangan nalika wong tuwa maringi pasinaonan basa Jawa, utamanè unggah-ungguh basa? Bab kiyè dadi prêtakonan kang kudu diwangsuli, sêora-oranè kanthi ngèhi kawigatèn sumbêr aturanè kang mapanakè kluwarga minangka institusi pendidikan kang padha baè karo pendidikan formal utawa sêkolah-sêkolah. Nalarè kita têkan saiki èsih nganggêp ènthèng piwulangan informal ing umah, saèngga kawigatèn marang unsurè piwulangan kiyè êndhêp nêmên, kamangka piwulangan informal bisa dadi ancasè kêpinteranè bocah ing piwulangan formal.

Kanthi porsi pembelajaran sing mung udakara papat nganti wolung jam sabên dina ing sêkolah-sêkolah,

Bocah pamitan arep mangkat sekolah marang wong tuwane

kanthi wêrna-wêrna plajaran kang njlimet, para siswa ngadhêpi kêsusahan anggonè mraktèkêna kêgiatan bêbasan. Turahan jam sêkang sêkolah yakuwè antaranè 16-19 jam, bisa diênggo sinau lan gladhèn basa ing umah lan ing masrakat. Têgêsè, para siswa lêwih akèh manggon lan nindakêna sosialisasi kanthi marêm ing sabubarè jam sêkolah, dudu sajronè jam plajaran sêkolah. Dadi, piwulangan basa arêp dadi gampang yèn diwiwiti sêkang umah lan lingkungan masarakat sing paling cêrêk mau. Tuladhanè njupuk 3-5 jam kanggo sinau têtêmbungan basa krama, kanthi migatèkêna unggah-ungguh basa kang banjur dipraktekêna. Satrusè dijamin bocah-bocah bisa nindakêna pakulinan lan biasa baè nganggo basa Jawa krama. Lan pasêngkuyungan sêkang uwong akèh sing kawogan, utamanè masrakat lan pêmrèntah dibutuhna nêmên kanggo pasinaon basa Jawa bab unggah-ungguh basa ing umah bisa klakonan kanthi apik.

Kluwarga

Pan arêp diakoni pan ora, kluwarga kuwè dadi lingkungan sosial paling cilik. Kluwarga sing sehat lan kuwat arêp bisa maringi piwulangan kaluwuran budi bisa ngurangna bab sing èlèk utamane karo bab owahowahanè jaman lan globalisasi sing ora bisa dibêndung. Sêmana uga, kluwarga sing ora sèhat bisa malah ngrubuhna kabèh programè pembangunan sing êwis dirancang lan dicanangna.

Samubarang sing kayong kètok rèmèh lan cèmèn bisa dipraktèkêna sajronè piwulangan basa nèng umah yakuwè kanthi kêrêp ngrungokêna ukara-ukara krama maring bocah-bocah. Ukara-ukara basa krama sing kêrêp diomongna sajronè takon-prêtakonan karo bocah-bocah mêsthinè bakal dièling-èling, mêrganè bocah-bocah kuwè pêpilingè èsih sêgêr. Ibu, bapak, èyang, utawa sapa baè sing manggon barêng sabalè wisma karo bocahbocah bisa ngajari bocah-bocah nganggokêna têmbungtêmbung timbalan lan sahutan sing nduwèni têgês unggah-ungguh kaya ta: Yèn ngundang aranè bocah dibarêngi karo undangan kang sêmanak, yakuwè undangan sing mujudna rasa sanak kadang utawa pasêduluran sing rakêt, kaya ta: le, gus, tong, utawa mas kanggo bocah lanang, lan nok, jêng, yu, mbak kanggo undangan bocah wadon. Utawa karo nyontoni sauranè prasaja nalika mangsuli prêtakonan kaya ta tembung: sampun, dèrèng, inggih, botên, utawa têmbung matur nuwun, nuwun sèwu, lan sapiturutè. Bab kiyè katonè sêpèlè, ningan usaha kiyè êwis nduwèni piwulangan bab unggah-ungguh lan pakurmatan marang sapadha-padha kang lêwih mirunggan.

Sêmana uga bab ajaran sauran. Nalika sêwijinè wong diundang aranè, njuran dikulinakna nganggo sauran dalem, kula, utawa sêoranè nun, kanggo bab-bab sing ancasè nanggêpi timbalan utawa cêlukan. Kêjaba kuwè, wong tuwa loro lan wong-wong liya sing ana sakubênganè balè wisma kudu kêrêp nuduhna omongomongan sing nganggokêna unggah-ungguh sing pas, saèngga bocah-bocah bisa nyonto lan njukut pawulangan sêkang tumindakè wong tuwa loro. Pakulinan kiyè arêp nguwatna proses sosialisasi keluwuran budi kanthi nganggokêna sarana basa Jawa kanthi lêwih babar. Tapi, bab kiyè kayong ora bisa dilakokêna ing sêkolah-sêkolah amarga cupêtè wêktu pasinaon. Bocah-bocah kudu dikulinakna nganggo cara, kaya drama sing nganggokêna unggah-ungguh basa kaya ta takon-prêtakonan antaranè bocah karo biyungè kanthi nganggokêna ngoko lan krama alus. Conto takon-prêtakonan antaranè biyung karo putranè yakuwè:

Putra: "Nggih, Bu. Sêkêdhap malèh".

Ibu : "Lè, kowè êwis arêp mangkat sêkolah?"

Ibu : "Ya wis, ènggal-ènggal mangkat ya, ngati-ati ning dalan ya, Lè!"

Putra: "Nggih, Bu. Kula badhè budhal rumiyin, nyuwun pamit. Kêparêng, Bu."

Ibu : "Oh, ya mrana mangkata, Ibu ndongakêna kêslamêtanmu, Lè."

Putra: "Inggih, Bu. Matur nuwun, Assalamu 'alaikum."

Kêjaba diajari sopan nganggo basa, bocah uga diajari sopan ing tumindak kanthi salim tanganè ibu, bapak, utawa sapa baè kang lêwih tuwa. Kanggo nguwatna pêpèlingè bocah, bisa karo nyêtèl sandiwara basa Jawa sing nganggo basa krama. Sêliyanè kuwè, bocah-bocah bisa kêrêp dijak ngomong nganggo basa ngoko-krama inggil sing dibarêngi karo piwulangan tata krama lan kêsopanan ing tumindak sabên dinanè. Basa Jawa krama diênggo dèning ibu utawa bapak, lan sapadha-padha wong tuwa kanthi ancas ngajèni. Ewadènè basa krama inggil diênggo dèning bocah-bocah marang wong kang luwih tuwa utawa wong kang luwih dhuwur jabatanè ing masrakat. Bab kiyè, sêtlèraman krasa abot, ningan kiyè cara sing dianggêp paling moncèr kanggo piwulangan basa Jawa kanthi matêri unggah-ungguh basa. Sapa baè mêsthi bisa nglakokêna, salumrah-lumrahè bêbasan sapa temen bakal tinemu bisa digayuh.

Bocah pamitan arep neng mburi

Panutup

Piwulangan basa Jawa sing trêp bisa diwiwiti sajronè kluwarga. Ya, ana ing kluwarga kuwè têtanduran kaluwuran budi nganggokêna sarana basa bisa kanthi sêpolè dilakokêna. Campur tanganè wong tuwa sakloron, lan wong sing ana ing sakubêngè umah lan masrakat nduwèni pêranan kunci anggonè nglêstarèkêna basa Jawa saiki lan satrusè. Kluwarga kuwè minangka kunci kasilè piwulangan basa apa baè, lêwih-lêwih basa dhaèrah (basa Jawa).

*) Urip Triyono, S.S., M.M.Pd., Guru Basa Jawa ing SMP Negeri 1 Songgom, Sekretaris MGMP Bahasa Jawa SMP Kabupaten Brebes.

Museum Kretek Muk Ndhok Kutha Kudus

Kaji Djamhari

Sak-ubengane ndonya, sing arane Museum Kretek, anane muk ana ndhok Kutha Kudus, Jawa Tengah. Mbok-a ndhok Kutha Surabaya, Jawa Timur, ana sing meh padha, namik ijeh ae seje. Yaiku House of Sampoerna sing diupakara karo Sampoerna Foundation, sing muk mligi majang sujarah pabrik udut sing wis pirang-pirang peketut taun dituku karo raksasa asing, Philip Moris.

KEPIYE mula bukane Museum Kretek Kudus? Museum iki isa mawujud merga obah-polahe PPRK (Persatuan Perusahaan Rokok Kudus), sing bibit kawite wis ana ndhek anyar-anyarane Indonesia merdika. Para saudagar sing nglumpuk ndhok PPRK iku sing mandhegani ngedekna Museum Kretek.

Museum kasebut ana ndhok Desa Getaspejaten, Kecamatan Jati, muk rong kilometer kidul punjere Kutha Kudus, Alun-alun Simpang Tujuh. Saking bungah atine para punggawa negara wektu iku, Menteri Dalam Negeri Supardjo Roestam titi wanci 3 Oktober 1986 ngantek keraya-raya ngestreni museum iku dewe.

Klumpukan para saudagar kretek, sengen wis nduwe pengentha-entha dawa, nek kretek sejatine mlebu babakan sujarah Nuswantara. Kretek, mbok-a padhapadha udut, seje karo udut puteh. Kretek mecothot teka bumi Indonesia, merga Kaji Djamhari.

Udut kretek iku bakone digae teka mbako lan cengkeh. Mula bukane, merga ambekane sesek, Djamhari nggunakna lenga cengkeh kanggo mblonyo dhadhane. Orak pateka suwe, sakwise dhadhane diblonyo lenga cengkeh, ambekane maleh dadi lega neh.

Teka kedadean iku, Djamhari mbajal-mbajal cengkeh sing dirajang iku diurap karo mbako lan dilinting dadi udut. Merga muni "kretek-kretek" nek udut iku disedhot, mula diparabi udut kretek. Wektu sengen iku wis jamak wong udut, namik hurung usum udut puteh. Udut sing digae mligi teka mbako.

Sakwise udut disulet lan disedhot pegane, ambekane Djamhari saya lega. Mula, orak eram, udut anyaran iku ngguri-nggurine dadi kesuwur ngaruara.

"Kaji Djamhari ngramu udut mbako lan cengkeh iku kira-kira ae taun 1870-1880," kandhane sujarawan teka Kudus, Edy Supratno.

Sakpiturute, saya mberah wong sing takok-takok lan luru udut kretek. Kahanan iku orak disiya-siya karo Nitisemito, mbajal-mbajal nggae udut kretek. Sajak dadi rezeki dhek-e. Merga udut kretek wak Nitisemito dadi sugeh ngaruara, kira-kira taun 1926 wani ngedekna pabrik sing gedhe lan maliter. Orak adoh-adoh rikala wak Nitisemito ngawiti bakulan udut kretek, uga ana pirang-pirang wong sing urip ndhok Kudus Kulon nggae udut iku uga.

Plt. Punggawa UPTD Museum dan Taman Budaya Kudus, Mutrikah, ndhok Omah Kapal. Sengen, Omah Kapal, dadi salah sijine pertandha kasile jeragan pabrik udut kretek ndhok Kudus. Omah Kapal sing aslí wis punthes, dibrukna rata lemah.

Pasar Krempyeng

Pabrike Wak Nitisemito sing kala iku ketok magrongmagrong, wis odhak ana tilase. Garek omahe sing kaya istana raja, yaiku Omah Kembar, sing ana ndhok wetan lan kulon Kali Gelis, Jalan Kudus. Omah Kembar sing ndhok wetan kali wis puluhan taun dituku wong liya, garek sing ndhok kulon kali sing uga ditawak-tawakna.

Merga teka kasile Nitisemito anggone ngreksa lan nggedhekna udut kretek, mula wis sakmesthine nek jeragan iku diparabi "Raja Kretek".

"Iki patung Wak Nitisemito," unine Plt. Kepala Museum lan Taman Budaya Disbudpar Kudus, Mutrikah.

Uga potrek-potrek para jeragan udut kretek liyane, ndhek taun-taun kawitane udut iku dadi dagangan sakubengane bumi Nuswantara. Orak muk potrek wonge (jeragan) lan uga para buruh nglinting udut kretek sengen, namik uga bekakan sing digunakna ngrajang mbako, cengkeh, lan nglinting udut. Semono uga gerobak krangkeng sing digeret karo jaran, sengen kanggo kulakan mbako lan blayar ngubengna dagangan ndhok pasar-pasar.

Babakan gedhong sing negesna nek sengen dadi tengarane kasile jeragan kretek, sekiye isa didelok ndhok sak-ubengane Museum Kretek. Entuk dhit teka APBD Kudus taun 2018 sing akehe Rp 2,9 miliar, hare Mutrikah, museum iku dijangkepi gedhong teron yaiku arupa Omah Kembar lan Omah Kapal. Seje karo Omah Joglo Penchu sing wis peketut taun uga didekna ndhok museum kasebut.

Mutrikah nambahna crita, nek ndhek wulan

COO PT Djarum Kudus, Victor R. Hartono, ngrungokna Plt. Punggawa UPTD Museum dan Taman Budaya Kudus, Mutrikah (kiwa), njlentrehna babakan Omah Kembar sing minangka teron teka omah asline.

kepungkur, jeragane nom-noman PT Djarum Kudus sing nyandang pangkat COO PT Djarum yaiku Victor R. Hartono mak bendunduk teka ndelok Museum Kretek. Hurung isa direteni apa karep sakmesthine jeragan iku, kok ora dinyana-nyana teka mrono. Mbok-a wis ancen wis sak-lumrahe nek pabrik sing nduweni Djarum Foundation iku ape nutukna tuke merhatekna museum. Panggonan sing nyritakna sujarah kretek.

Kekarepan Djarum, sing ketoke odhak sulaya teka kira-kira iku mau, kaya orak karepe dhewe nyambung babakan pasar krempyeng sing dientha karo Mutrikah. Kawit wulan Maret 2019 iki, bakale dianakna pasar krempyeng diparabi Pasar Kretek, ndhok latare Museum Kretek pendhak dina Minggu esuk.

"Rupa-rupa dagangan didhasarna ndhok Pasar Kretek, kawit dolanan, sandhangan, ngantek panganan, utamane sing isa nyejarahna Kudus. Wis ana puluhan bakul sing ape melu dodolan ndhok Pasar Kretek," hare Mutrikah. (Prayitno)

Dhekor ndhok tontonan Sendratari "Kretek Adilugung" minangka kanggo ngramekna pengetan Hari Jadi Kutha Kudus, ndhok Alun-Alun Simpang Tujuh wulan September 2018. Dhekor sing digagas Yit Prayitno iki digae teka gilingan kretek sing ditumpuk-tumpuk.

Critane Tikus ing Omah Gedhong

Dening: Irul S. Budianto

Omah gedhong ing pinggir dalan gedhe kuwi katon sepi. Lawange wis tutupan kawit mau. Sing duwe omah sajake wis ketungkul dolanan impen. Ing pos jaga sacedhake regol omah katon sawijining satpam lagi lungguh leyeh-leyeh sinambi nonton televisi. Sawetara ing teras omah ana kucing cacah loro sing lagi gegojegan.

ajaba sepi, kahanane omah K gedhong kuwi uga beda karo padatan. Bengi iki prasasat ora ana kumliwere tikus siji-sijia. Ora keprungu swara cricite tikus sing playon oyak-oyakan utawa pencolotan ing gudhang, selokan utawa papan liyane sing biasa kanggo jejigaran.

Tikus-tikus sing bengi iki ora kaya biasane, ora metu lan saba golek pangan ing sakupenge omah gedhong pancene ora tanpa alesan. Sakehe tikus, ora tuwa ora enom, ora lanang ora wedok bengi iki lagi diklumpukake dening Wirok, tetuwane tikus. Ana bab wigati sing

arep dikandhakake, awit nyangkut keslametane para tikus.

"Kowe kabeh ngerti ora, geneya wektu iki dakpenging metu lan dakklumpukake ing kene?" Wirok mbukak rembug.

Saanane tikus mung meneng, ora ana sing wangsulan. Senajan batine padha takon dhewe-dhewe, awit pancene ora ngerti geneya bengi iki diklumpukake kanthi dadakan.

"Ciwir lan Plinthi, coba nyedhaka kene," Wirok dumadakan ngundang tikus sakloron sing manggon ana mburi. Sing diundang gage-gage mlaku nyedhak lan saiki wis ana sangarepe Wirok.

"Senajan saiki awake dhewe ora tau luwe, awit ing omah iki akeh panganan, nanging ana bab wigati sing kudu dakomongake."

"Bab apa?" semaure Ciwir lan Plinthi meh bareng.

"Apa kupingmu ora krungu lan mripatmu ora weruh?!"

Ciwir lan Plinthi ora kumecap. Tikus sakloron kuwi banjur pandengpandengan dhewe. Ora mudheng karo sing dikarepake Wirok.

"Aku rak wis kandha, ing endi lan kapan wae kudu tansah nengenake kaprayitnan. Aja malah angger weteng wareg banjur ngantuk lan dadi lena. Ngertenana, awan mau sing duwe omah kene nekakake kucing telu maneh. Dadi ing omah iki saikine ana kucing lima," kandhane Wirok kandheg sedhela. Mripate diumbar marang tikus-tikus sing ana ngarepe.

"Kucing loro wae wis mbebayani tumrape keslametane awake dhewe apa maneh saiki ana lima, mendah sansaya ndrawasi," tembunge Wirok maneh keprungu rada banter.

Ciwir, Plinthi lan tikus liyane sakala dadi kaget. Ora ngira yen sing duwe omah nekakake kucing maneh. Kuwi ateges ing omah gedhong ya papan pategarane kanggo golek pangan sasuwene iki sansaya ora aman. Tambah mungsuh. Mikir tekan kono njalari tikus-tikus padha kresah-kresuh dhewe.

Satengah-tengahe Wirok lan tikus liyane ketungkul nggagas kahanan mau, dumadakan Bedor, sawijining tikus enom sing kondhang kendel lan limpat teka ing papan mau kanthi napas ngos-ngosan lan sajak kamiweden.

"Bedor, kowe kena apa?" pitakone Wirok semu kaget meruhi tekane Bedor kanthi patrap kaya ngono.

"Kojur. Apes tenan. Nalika saka njaba lan arep mrene mau aku didingkik kucing anyar sing ana omah iki. Kucing anyar kuwi ketoke pinter lan prigel tenan, buktine aku nganti ketaton kena cakare," wangsulane Bedor karo nuduhake perangane awak sing nandhang tatu.

Wirok sakala njomblak nyawang tatune Bedor. "Hla, rak tenan. Apa sing dakkuwatirake wis dadi kanyatan."

"Ketoke kucing anyar kuwi ora kena disangga entheng. Nyatane Bedor wae sing kondhang limpat meh cilaka,"semaute Plinthi.

katimbang kucing lawas," Ciwir uga melu nrambul gunem.

"Kahanan ing omah gedhong iki genah sansaya mutawitiri kanthi anane kucing anyar kuwi. Nitik critane Bedor, kucing anyar mau ketoke luwih prigel lan trengginas

Wirok manthuk-manthuk krungu tembunge Plinthi lan Ciwir, banjur tembunge, "Yen mung kucing lawas cacah loro kuwi kanggoku ora dadi masalah. Paribasane angger dicepaki dhendheng utawa panganan liyane sing enak-enak, dheweke bakal meneng lan ketungkul ngremusi panganan kuwi. Yen wis ngono banjur ngantuk, keturon lan ora bakal ngreridhu polahe awake dhewe."

"Muga-muga wae kucing anyar kuwi iya isih gelem dicepaki dhendheng. Tegese, yen kucing anyar kuwi bisa dipadhakake karo kucing lawas ateges awake dhewe bakal akeh slamete," kandhane Plinthi sing banjur dianthuki tikus liyane.

Wirok bali manthuk-manthuk maneh. Ora gantalan wektu banjur mbubarake sakehe tikus murih bali menyang susuhe dhewe-dhewe. Bengi iki dipenging ora kena metu ing sakupenge omah gedhong. Sapa ngerti kucing-kucing mau wis nginceng lan siyaga mangsa.

Dina-dina candhake, tikus-tikus anggone padha metu saka susuhe saperlu golek pangan kepara luwih ngati-ati. Pamrihe bisa slamet lan ajeg mangan karo anak cindhile. Aja nganti konangan lan dadi korbane kucing sing pancene dijibake kanggo nguber tikus.

Nanging sapinter-pintere lan salimpat-limpate tikus anggone padha jejigaran lan golek pangan nyatane tetep ana sing nemu apes. Saben dina prasasat ana tikus sing kecekel lan dadi korbane kucing sing kaya-kaya ora bisa disanak. Meruhi glagat lan kahanan kaya ngono njalari tikus-tikus sansaya keweden lan miris atine.

ketoke ora kena disanak tenan. Dheweke ora nyawang sing ana sangarepe gedhe apa cilik, sauger weruh kumliwere bangsane dhewe banjur diuber," kandhane Wirok ing sangarepe Ciwir lan Plinthi sing diajak rembugan dadakan kagawa kahanan sing sansaya mutawatiri.

"Kucing anyar ing omah iki

"Terus saiki kudu kepriye?" Plinthinjaluk ngerti.

"Dikepriyea wae awake dhewe kudu urip. Kudu golek pangan embuh kepriye carane," tembunge Wirok kandheg sedhela. Mripate clilangclileng nyawang sakiwa-tengene.

"Siji-sijine cara murih bisa urip, slamet lan ajeg mangan wareg ing saben dinane kudu nggunakake cara. Yaiku kanthi cara apa wae murih bisa mblithuki kucing lan dadi lenane, yen wis ngono ora banjur nguber bangsane dhewe," kandhane sabanjure dibarengi guyu tipis.

"Banjur kepriye carane?" genti Ciwir sing njaluk ngerti.

"Kanthi cara lawas kaya sing wis awake dhewe lakoni, yaiku nyawisake dhendheng utawa panganan sing enak-enak marang kucing kuwi kareben ketungkul anggone mangan lan ora bakal ngreridhu polahe awake dhewe. Kajaba kuwi, senajan sasuwene iki awake dhewe duwe rong akeh kanggo dalan metu apadene mlayu samangsa konangan lan diburu kucing, wiwit wektu iki kudu gawe rong sing sansaya akeh maneh. Mbokmenawa kanthi cara kuwi bisa njalari awake dhewe bisa slamet lan ajeg mangan."

Plinthi lan Ciwir mung manthukmanthuk. Ora gantalan wektu banjur ninggalake Wirok saperlu wara-wara marang tikus liyane gegayutan cara sing kudu enggal dilakoni kanggo ngadhepi kucing.

Nanging durung nganti cara mau dilakoni, tikus-tikus sing sasuwene iki gawe susuh ing ngisor gudhang lan angel diambus sapa wae, dumadakan digawe kaget kepati karo kabar sing dirungu. Sing duwe omah ngerti-ngerti wis nekakake asu loro sing gedhe-gedhe. Kajaba kanggo njaga omah, nyatane asu cacah loro mau uga wis dilatih kanggo nguber bangsane tikus.

Nyipati anane asu Ora ngetokake watak loro sing duwe kal asline sing kudu uwihan pencerengan lan nged kerah nalika a b - ketemu," e d a kandhane b i sabanjur kuw e keprungu r a d a kedher. “Te

rus saiki awake dhewe kudu kepriye?" nyimpang saka kodrate. Yaiku kanthi nyawisake dhendheng utawa panganan sing enak-enak murih kucing lan asu dadi ketungkul karo kasene ngane, yen wis ngono o r a nguber Sing ora kalah ***

kalumrahan. Asu ing omah iki anggone seneng nguber bangsane dhewe kaya-kaya malah ngungkuli kucing. Kajaba kuwi, antarane kucing lan asu kuwi bisa akur,

"Iki kanyatan sing nyebal saka kalumrahan," tembunge Wirok nalika nglumpukake sakehe tikus sawise meruhi kahanan sing gawe judheg pikire.

"Jlentrehe kepriye?" pitakone Bedor sajak ora mudheng karo sing dikarepake Wirok.

Wirok ora gage-gage wangsulan, bola-bali unjal ambegan dawa. "Iki genah kanyatan sing nyebal saka

i cetha

Ing antarane rasa pangigit-igit lan miris sing campur adhuk, tikustikus mau bali digawe kaget maneh nalika nyipati kahanan sing angel ditampa nalar. Kucing lan asu ing omah gedhong mau nyatane ketok akur banget. Ora nate kerah. Ora kaya lumrahe kucing lan asu liyane sing biyasane tansah cakar-cakaran nalika ketemu.

gawe tikus-tikus

sansaya miris atine. Ora kena tumindak grusa-grusu lan sageleme dhewe. Kepriyea wae saikine yen arep metu golek pangan kudu tansah nggunakake petung njlimet murih slamet. Awit nyatane asu mau galake ora kira-kira lan trajange trengginas nggegirisi, kaya-kaya ngungkuli kaprigelane kucing. Buktine wis ana sawetara tikus sing dadi korbane.

pitakone Plinthi keprungu alon.

"Kahanan iki yen digagas marai judheg dhewe, dene yen ora digagas genah ana sambung rapete karo keslametane awake dhewe. Wis, wis, awake dhewe ora prelu terusterusan kresah-kresuh lan miris ngadhepi asu lan kucing. Yen kepengin ajeg mangan wareg, ati seneng lan mulya saanak cindhil, awake dhewe kudu wani tumindak. Awake dhewe kudu wani ngadhepi apa wae."

"Banjur?"semaute Ciwir.

"Wiwit saiki kabeh wae kudu gage-gage nglakoni cara kaya sing wis nate dakkandhakake, murih bisa nelukake asu lan kucing kuwi.

wigatine, uga gawe rong saakehakehe kanggo dalan metu golek pangan apa dene mlayu samangsa diuber dening kucing lan asu," tembunge Wirok makantarmakantar.

Kabeh tikus sing ana ngarepe mung manthuk-manthuk.

"Ora ana critane bangsane dhewe bakal cures amarga kucing lan asu. Ayo saiki kabeh wae wiwit tumandang," kandhane Wirok maneh.

Tanpa diprentah maneh, sakehe tikus wiwit tumandang. Ora nganti sasen-sasen ing ngendi-endi wis digawe rong, dalan kanggo metu lan mlayune tikus. Nyatane kanthi cara mau njalari tikus-tikus bisa bali jejigaran lan golek pangan kanthi mesem ngguyu. Karo maneh sawise dicepaki panganan sing enak-enak, saikine asu lan kucing mau ora patia galak kaya sadurunge.

"Keparat! Kucing lan asu ora kena dicekel gawene!"

Sing duwe omah misuhmisuh lan gete m - getem d hewe nyipa ti kuc i n g l a n asune sing saiki kaya-kaya wis ompong lan cakare ora landhep. K a g a w a gempunging ati, a s u lan kucing duweke siji mbaka siji banjur dipendhem urip-uripan ing kebon mburi. awak e dhewe.

Dening: Fajrin Dwi Artika

"Isin ta Pak yen mung disugati saanane, saora-orane ki ya rada sing miyayeni,wong awake dhewe ki yen pas kumpul acara keluwarga ngono kae ya mesthi sugatane akeh, werna-werna, dadi isa milih sing disenengi" ujare Bu Nur marang garwane.

Lha kok ndadak isin kena ngapa, sing jenenge menehi iku rak ya sing paling wigati iku ikhlase ta Bu", wangsulane Pak Nur kalem wae.

"Nanging mbok ya ngajeni awake dhewe ta Pak, wong acara kumpul keluwarga kuwi rak ya ora saben dina ta, apa salahe yen digawe rada miyayeni kareben kabeh sedulur ya padha seneng", saute Bu Nur maneh.

"Wis ngene wae, sing penting iki dakwenehi duit sakmene, anane mung iki, diatur kareben piye carane isa cukup, prasaja ya ora papa ta yen pancen anane iki sumaure Pak Nur karo ngelungake dhuwit atusan loro marang sing wedok.

"Mung sakmene apa cukup ta Pak iki", ujare Bu Nur karo mencep.

"Anane mung kuwi, sing trima, anggere diatur rak ya mesthi cukup ta", saute Pak Nur maneh.

Sanajan rada jengkel karo sisihane, nanging Bu Nur nampa dhuwit kuwi banjur ganti panganggo arep nuju pasar saperlu blanja

kabutuhan apa kabeh kanggo acara arisan keluwarga. Amarga pasare manggone mung watara 300 meteran saka omahe, olehe nyang pasar uga mung mlaku wae. Saturute dalan dheweke tansah mikir sugatan apa kang pas lan pantes kanggo acara arisan keluwargane. Dheweke rumangsa isin yen mung nyugati saanane, amarga saben ana acara kaya mengkono mesthi wae dulurdulure nyepakake sugatan akeh lan werna-werna.

Tekan pasar, Bu Nur banjur blanja kabutuhan kang diprelokake. Banjur ing batine tuwuh pepenginan supaya sugatane kareben rada miyayeni, Bu Nur banjur jumangkah tumuju bakul buwah sing ana ing pojoking pasar. Bu Min kepengin tuku apel kanggo nggathuki sugatane. Ing batine, mosok liyane isa nyugati apik kok dheweke mung arep tela godhog karo kacang godhog, apa ya ora dikira medhit?. Batine. Saora-orane yen ana sugatan sing rada memper rak ya ora ngisin-isini, batine Bu Nur.

Sawise entuk kabeh apa kang

dibutuhake, Bu Nur banjur mulih. Tekan ngomah njur crita karo bojone yen dheweke tuku roti werna loro lan tuku buwah werna-werna. Uga ora keri yen dheweke wadul marang bojone yen dhuwite mau kurang pitung puluh lima ewu, njur utang marang bakul buwah ning pasar. Dheweke nyanggupi mengko yen minggu ngarep arep dibayar. Bojone sing krungu critane mung bisa meneng wae, yen disauri mesthi wae ora cukup wektu sakjam mung kanggo padu. Sanajan ing batine krasa jengkel, kena ngapa ndadak kudu isin yen mung bisa nyugati saanane. Wong sedulure kuwi akeh wong kutha, mesthi wae malah seneng yen disugati jajanan kang tradhisional merga ning kutha mesthi wae wis arang-arang ana. Nanging ya piye maneh, sing wedok yen wis nduwe kekarepan ora isa dipenggak sanajan butuh liyane uga akeh.

Dina gumanti, Minggu esuk Pak Nur lan Bu Nur wis reresik omah amarga acara arisan keluwarga pancen dianakake dina Minggu kareben kabeh isa melu lan ora ngganggu jadwal sekolah utawa sing padha kerja kantoran. Keluwarga saka Bu Nur pancen kabeh dadi wong lan kabeh padha manggon ning kutha. Ya mung Bu Nur kuwi wae sing mung dadi IRT aliyas Ibu Rumah Tangga, ya pancen biyene dheweke mung kepengin isa ngurus bale somahe, dene sing kerja ya sing lanang minangka guru SD. Dadi ya ora isa dipadhakke karo uripe sedulur-sedulure sing padha dadi piyayi lan omah-omah ana kutha.

Kabeh wis cumepak lan tumata kanthi rapi. Klasa uga wis digelar, njur jajanan sing arep kanggo sugatan wis ditata. Jagung godhog, tela goreng, kacang godhog, lan ora keri roti lan buwah sing wis dituku Bu Nur sing jarene ben katon miyayeni. Watara jam sanganan siji mbaka siji sedulure wis padha teka. Pak Nur lan Bu Nur mbagekake sedulur-sedulure kanthi sumringah. Wong pancen isane kepethuk ya mung yen nuju ana acara kaya ngene iki.

Inggih Yu, malah kepara seneng aku jajanan ndesa ngene iki, wong golek ning kutha wae wis arang sing dodolan, umpama ana ya regane malah larang", wangsulane Tari sing kaprenah adhine Bu Nur sing saiki manggon ana kutha Surabaya melu sing lanang.

"Wis, ayo padha dikedhapi, anane ya mung kaya ngene iki, dimaklumi wong ya ning ndesa", ujare Bu Nur marang sedulursedulure

"lya, aku dhewe ya malah seneng kacang godhog, tela goreng kaya ngene iki, wis jan cocog karo ilatku", ujare Lina adhine Bu Nur sing ragil

"Alhamdulillah yen ngono, yen ngene iki kan atiku seneng, olehe nyepakake disenengi adhi-adhiku", saute Bu Bur sajak bungah.

Acara arisan keluwarga dina iku sajak katon gayeng. Kabeh padha seneng isa crita ngalor ngidul ngetan ngulon sinambi ngrahapi pasugatan kang wis dicepakake dening Bu Nur. Nganti ora krasa yen pandom jam

wis nuduhake angka 12. Srengengene pas ana ing ndhuwur. Hawane sansaya krasa panas.

Nalika kabeh wis padha dhahar, wis padha rampung olehe padha crita, lan arisane uga wis dikopyok, sedulur-sedulure Bu Nur padha pamitan. Omah sing maune rame merga kabeh sedulur padha kumpul saiki dadi sepi, mung kari Pak Nur lan Bu Nur sing katon wiwit reresik omah. Nanging ana siji sing ndadekake atine Bu Nur rada kuciwa. Roti lan buwah sing dicepakake kanggo sugatan isih wutuh ora ana sing nyandhak, nanging sing liyane nganti entek tanpa sisa. Jebul tenan apa kang dikandhakake sing lanang, yen wong kutha kuwi kepara seneng karo jajanan tradhisional, amarga wis bosen karo jajanan sing kaya rotirotinan kaya ngono kuwi. Bu Nur mung theleg-theleg merga roti lan buah sing kanggo sugatan isih wutuh, malah ditambahi meneh olehe nggawa adhi-adhine, ndilalah ya roti lan buwah.

"Wingi rak ya wis takkandhani ta Bu, sugatane jajanan ndesa wae, malah padha seneng, lha rak tenan ta?", ujare Pak Nur karo mesem

"lya Pak, wis kadhung, piye meneh, lha iki roti karo buwah malah sakmene akehe njur kanggo apa iki, wong iki mau padha nggawa oleh-olehe kaya ngene kabeh, saiki nglumpuk kaya ngene", grenenge Bu Nur

"Ya wis, mengko diterake tangga-tangga rak ya isa ta, isa weweh tangga rak ya apik ta Bune", wangsulane Pak Nur karo ngresiki klasa njur digulung

Bu Nur mung bisa manthuk. Ing batine, genea wingi ora manut bojone, yen manut rak ya ora kaya ngene.

Aja Kesed Mundhak Gela

Dening: Tri Kurniati Budiyarsih

ahyu ora seneng sikatan. Wis telung dina iki ora nate nyikat untune. Kamangka Ibu wis ngendikani yen W saben dina kudu nyikat untu. Nek didhawuhi Ibu sikatan dheweke malah ngguyu, terus milih mlayu ben ora didhawuhimaneh.

Ibu golek cara ben

Ibu karo Wahyu macem bentuk lbu uga Nanging kud

Wahyu gelem sikatan. Dina iku Wahyu diajak Ibu menyang toko. Ana toko langsung njujug papan panggonan rak sikat untu. Ana macemsikat untu. Ibu milihake sikat untu kanggo bocah cilik sing lucu. mundhut odhol sing ana rasane strawberry.

jan nobatke temenan bocah siji iki. Tekan omah wayahe u nyikat untu ya tetep wae ora terus gelem sikatan. Ibu dadi jengkel anggone ndhawuhi merga ora gelem manut lan mangkat menyang kamar mandhi banjur sikatan.

"Yu, ayo menyang kamar mandhi. Cepet disikat untumu, ben ora kena lara untu," dhawuhe Ibu karo ngulungake sikat untu karo odhol sing bar dipundhut mau ana toko.

Wahyu gedheg-gedheg karo nutupi tutuke. Dheweke mlipir mlayu menyang kamar ben ora sida didhawuhi Ibu nyikat untune. Ibu nyawang polahe bocah iku gedheg-gedheg.

Bingung! Jan-jane apa sing marahi dheweke ora gelem sikatan. Lha wong sikatan ki lak mung sedhela, tur maneh ora lara kok ora gelem.

"Yu, mbok crita ta karo ibu. Jan-jane kenapa ora gelem nyikat untu?"

Wahyu mung ngguyu wae ora njawab pitakone Ibu.

"Boten napa-napa kok, lha odholipun pedhes," jawabe karo mringis.

"Lha, ibu lak uwis mundhutake odhol sing rasa strawberry. Rasane enak kok, ora pedhes," walese Ibu sanalika.

"Lha, apa ora risi ta untumu ora disikat? Apa ora isin karo kancane menawa ababmu mambu?"

Dheweke ora njawab. Mung gedheg wae, banjur nerusake dolanan.

Dina iku Pakdhe rawuh saka Batam. Pakdhe ngasta oleh-oleh panganan rena-rena karo permen coklat. Wahyu weruh iku dadi sumringah, amarga dheweke seneng banget mangan permen coklat.

"Ki Yu, oleh-olehe Pakdhe. Mengko aja mbok maem dhewe ya! Dibagi karo Mbak Kayla lan Mas Yahya."

Wahyu nampani oleh-oleh iku. Dheweke nyawang permen coklat iku karo ngulu idu. Jan ketoke enak tenan. Mak nyus sajake sawangane.

"Aja akeh-akeh lho Yu. Nek maem permen coklat ya aja lali sikatan sawise, ben untumu ora lara," Pakdhe ngendikani.

Wahyu manthuk-manthuk.

Permen oleh-olehe Pakdhe temenan. Permen iku isine werna. Ana sing isi kacang mete, kismis, lan sapanunggale. Wahyu ora lali menehi permen iku kanggo Mbak Kayla lan Mas Yahya. Nanging dheweke mangan permen luwih akeh. Merga weruh permen iku marai kepengin.

"Yu, aja maem permen akehakeh! Mengko mundhak lara untu," mengkono ngendikane Ibu.

"Nggih Bu, niki mung sekedhik kok," kaya mengkono jawabe Wahyu.

Janji mung maem permen sithithik nanging isih nyomaknyamuk mangan permen coklate. Ibu gedheg-gedheg weruh polahe Wahyu.

"Wadhuuuw, wadhuuw!"

Ujug-ujug Wahyu njerit karo nyekeli pipine. Permen coklat sing ana neng njero cangkeme banjur dilepeh karo nangis.

"Ana apa ta, Le? Kok njerit-njerit kaya ngono?" Ibu nyawang Wahyu karo bingung kena apa bocah iku jerit-jerit kelaran.

"Kok untu kula pating slenut Bu. Niki kenging napa nggih? Pating slenut sakit sanget raosipun."

Ibu ndhawuhi Wahyu mangap banjur mirsani untune.

"Wah, genah lara untu iki, Yu. Wis aja maem permen maneh! Mengko sore ndherek ibu menyang dhokter gigi."

Wengi iku Wahyu ora bisa turu. Glibag-glibug amarga kelaran untune. Dheweke bola-bali tangi karo nangis kelaran. Lara banget untune. Rasane cenat-cenut. Kaya ana sing mbolongi untune. Angger kelaran Wahyu ora bisa turu. Dadi, sewengi iku dheweke ora bisa merem kepenak.

Sore iku Wahyu karo Ibu menyang dhokter gigi. Bar antri sauntara, Wahyu banjur mlebu ruwang priksa.

Linggih ana kursi priksa dheweke didhawuhi Bu Dhokter mangap lan dipriksa nganggo alate Bu Dhokter.

"Wah, iki untumu bolong Le. Apa asring ora sikatan?"

Wahyu ditakoni ngono mung ndhingkluk karo isin njawab pitakone Bu Dhokter.

"Lha kuwi sing marahi untumu bolong. Sing sregep ya nyikat untu. Yen lara ngene iki ora penak. Nek bolonge gedhe untune ya kudu dicabut."

Wahyu sedhih atine. Dheweke gela kena ngapa wingi-wingi ora sregep nyikat untu.

Dina iku dhokter mung maringi obat lan untu sing bolong ditambal karo bu dhokter. Wahyu lega untune ora dicabut. Wah, nek ompong lak ya isin karo kancakancane. Mesthi yen ompong dadi kaya Mbah Buyut, wajane wis entek kabeh.

Sing marahi nggelani maneh dadi ora bisa mangan oleh-olehe Pakdhe. Kamangka permen coklat kuwi karemane Wahyu. Wis untune lara, terus rugi ora bisa mangan enak merga untune kelaran ora karuan.

Saiki Wahyu kapok ora sikatan maneh. Wiwit saka kuwi dheweke bakal sregep nyikat untu. Pengalaman kuwi pancen kaya guru. Yen ora ngrasakake lara untu, mesthi dheweke isih males nyikat untu.

Tamat

Tri Kurniati Budiyarsih, penulis iki lenggah ing Bojongmalaka, Bale Endah, Kabupaten Bandung, Jawa Barat.

Turiyo Ragilputra

CATHETAN JAMAN

:triman laksana, irul s. budiyanto yan tohari

Sikil iki nate mecaki dalan dawa iku embuh pirang ewu jangkah nganti otot-otot rinasa kiyu dlamakan perih katrenjel watu sedina sawengi weteng ora klebon upa gurung garing ora kober tinetesan banyu udan suprandene ora ndadekake sliramu mundur sajangkah ngemban ukara-ukara sekti amanah

Aku isih kelingan sesumbarmu "aku-sliramu panggurit prajurit langit dutane angin aja ngimpi mangan wareg turu taneg teturonan ing taman ketiban katresnan saka wadon sing ngelak legine kadonyan"

Senajan lara lapa dadi sandhangan saben dina tetep bae jiwamu ora leren ngumbara ninggalake bojo lan wanita kinasih sing setya nyirami cambah-cambah guritan nganggo banyu eluhing kasetyan

Mitraku, sawijine wektu gresahku nalika iku - jroning weteng sangsaya perih - kumudu mbabar sengkeraning jangka anane jaman kasangsaran matumpa-tumpa tumrap guritan sing kasingkir saka plataraning kauripan binareng gapuking balungku balungmu kepangan mangsakala

Ambal Kebumen, September 2018

DINOSAURUS

:teguh supriyanto

Prof

aku nembe bae rampung ngumbara sawernaning rasa kelakon dakrasa sliramu kabeh ora prelu melu ngrasakake nanging ana sing prelu dakkandhakake iki ana titipan salam saka srengenge lan cangkriman diwungkus klaras gadhang raja embuh isine apa mung sliramu sing bisa mangerteni awit bisa dibukak kanthi japamantra sekti senjata pamungkas sing kokduweni

Prof

tasmu saiki saya gedhe dicangking mbentoyot abot isine mesthi dudu mbako apadene klombot mesthine isi werna-werna ngelmu piguna perkara wigati ing donyane sarjana sujana sing bakal dibabar jroning lokakarya sangarepe mahasiswa lan pangreh praja

Prof

crita ngayawara utawa sagagang guritan pesta sega jangan lan urap kluban nyruput wedang rondhe ing pinggir dalan wis dudu donyamu awit bisa ndadekake kuceming jagad digeguyu para mahaguru diece wong-wong ayu papanmu ing hotel bintang lima dhahar ngunjuk diladeni para wanita

Prof

guritan sing lagi sekarat kae tontoten kanthi nikmat nalika pecat nyawane

Biodata Panggurit:

Turiyo Ragilputra Tahun 2014 nampa pangaji-aji Prasidatama saka Balai Bahasa Jawa Tengah minangka Tokoh Sastra Jawa ing Jawa Tengah Anggota (nonaktif) Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta (SSJY) Mapan ing Desa Kaibon, Kec. Ambal, Kab. Kebumen.

kene bu, gawanen rene kopiku dakrembugi cuntheling atimu dakudhari ruweting pikirmu aja ngimbu nesu nganti nglungsu jarohe suwe-suwe thukul dhesone

Udharen

haaa, kene kene bu, geganthilan atiku dakpangku lelembanan nyawang dadare mbulan kaya ndhog dadar kang mbokambyarake saka esem lan bektimu nurut ature bapak sineksen pak naib rikala sliramu kapasrahna pungkase ijab kabul daktepusake aja gela aja sungkawa, aku isih tresna karo awakmu, bu

nadyan sinebut sara mulyaning nala tan kinira Sara-sarane janma ngemu tuladha lara-lapane manungsa hamung kawruh pratandha wondene tan kebandhan nora dadi panggonan guneman bakal tinemu wayah wancine ing tembe sing sapa sira tetanduran bakal manen ing pungkasan

apa kang dadi ugeman nalika drajat pangkat dadi sarat anggone pasrawungan kekancan uga seduluran kalair saka garbaning ibu kanthi wuda mantuk mangadhep ing ngarsane Gusti kang kuwaos kanthi nglegena bombong mongkog apa kang ginawa (?)

yen ana luput kleruku ya sing gedhe pangapuramu runtik benthik rasa kuwi jarwane mbangun tresna aku kowe saiki dadi cagak saka kanggo ngiyupi anak putu sakalawangsa ayo bu, enggal ndang sarehna aja angon dosa wong ayu

aku wus sugih tentrem bu kowe ngidhumi nalika aku kepanasen kowe nambani nalika raga sukmaku kelaran kowe ya dakbekteni dadi sigaraning nyawaku iki, bu

dhuuh wong ayu, bojoku agi nesu

udharen ...

Jakarta, 22 Pebruari 2017

wis dhe kae mbak tun nggawa rondhe kana sekecakna karo rembug dawa kepiye anggonmu ngronce ukara pamrihmu ngesir kembang desa sing seprana seprene ora kena-kena mbokandumi tresna

aja dadi ati yen guritmu ora mandi mbak siti sejene sregep ngaji ya ngati-ati nyandhang ngelmu kanuragan dadi wanita ngugemi subasita nyekel tata krama lan pituture wong tuwa apa sampeyan wus sumadya ta dhe lha kok sajake tatag teteg mantep ing karep

tresna kuwi tuwuh saka ati ora kena dipeksa nora kena diuja aja gemblung yen modhalmu mung mbambung ngisin-isini yen sampeyan gaco kemaki saiki jaman emansipasi wong wadon ora bisa dipinteri nadyan wong lanang katon gagah aja ngira dhe, dicengkiwing pisan sampeyan ora obah

hara, arep ujar apa

Jakarta, Pebruari 2018

Wis Ndang

weeee, kowe nganti lali yen wengi kuwi ora bakal bali nadyan katresnan wus kinancang pange lintang ananging angin sajak meling yen kidung kinanthi bakal kintir keli ginawa lali

nalika mangsa katut mega kumeluke njekut kelangan daya kuwi dudu kalabendu ananging jamak lumrahe kang ngemu wewarah digulang dening kahanan kari sapa bakale nyandhing dadi piwulang

mula, yen saiki kowe mligi nggetuni bab kawuri ya kari milah milih arep ajeg mbegegeg apa andum duga kira yen ta lakon pancen ora kena diuja

wis ndang, cincing lengen mumpung durung ngengkleng bejamu isih ketengen

Jakarta, Maret 2018

Biodata Panggurit:

Na Dhien Kristy, panggurit kang lair ing Salatiga, lenggah ing Jakarta. Dadi wirausaha sinambi nyerat geguritan, puisi, essai, dadi narasumber. Ngombyongi ing akeh kagiyatan sastra lan budaya ing kutha-kutha tingkat nasional lan internasional. Saiki isih ngrampungake seratan buku tunggal bacute lan melu festival buku uga panulisan.

Dening: Asmadji As Muchtar

Mripat Kliliben Gunung

kocapa mripat kliliben gunung kabeh guneman banjur keduwung

mengkono sanepa kanggo manungsa sing ora preduli kamanungsane ngalor ngidul kepengin dialembana nanging ora gelem nyawang awak dhewe kamangka akih laku dosane marang liyan sajrone bebrayan

pancen ora gampang nyawang awak dhewe apa maneh yen ati lan ilate kaya senthe kabeh wewaler dikon sarujuk marang karepe kabeh manungsa dikon manut dheweke kamangka mripate kocapa kliliben gunung seneng nyacad liyan nganti kentekan tembung

ayo padha nyawang awak dhewe sira ingsun bakal nemu sejatine sadurunge mripat kliliben gunung sadurunge urip kebacut bingung.

Wonosobo, 2018

Mangsa Laboh

Luhmu sing dadi udan ning praupanku Ora bakal bisa dadi banjir salju Aku wis nadhahi karo epek-epek tangan loro Banjur mung dadi rawa sing wernane jingga Prau-prau bakal padha mekarake layar Banjur anak-anakku bakal sinau nglangi Karo menthok lan manuk camar Nganti tumekaning mangsa udan

Kita uga bakal tangi saka turu Banjur padha guyonan Kaya sing lagi katresnan Ora preduli sisane umur Bakal mgliwati mangsa garing mangsa rontog godhong dadi kuning ning lemah ireng

Mangsa Garing

Aja padha mandeng srengenge Ning jumantara manjing sore.

Aja padha guneman perkara mangsa garing Marang para pangarsa nagari iki Amerga kabeh padha seneng ngipi Ana sajrone gedhung sing atis Utawa ning mobil-mobil sing kacane

Kutha Wali, 2019

Godhong- Banjur rontog

peteng La n aja nangis sadhuwure tanggul kali Amerga ora ana maneh banyu sing mili Luh ing pipimu uga ora bakal dadi banjir Utawa nelesi rengkahe lemah sawah

Coba taleni wae wetengmu Lan wetenge anak-bojomu Karo siladan utawa karo kalar Supaya ora dadi busung

ur dadi pawarta Sing gawe mbrebes mili

Tenan, mangsa garing ing taun iki Padha karo ing taun-taun wingi Lan uga padha karo taun ngarep Yen kabeh proyek irigasi Ora tau nyengkuyung para tani

Saiki ora ana maneh sing mesem Ning sawah-sawah tadhah udan Lan ning galeng-galeng iku Tikus-tikus padha kawinan Banjur manak-manak.

Kutha Wali, 2019

Biodata Panggurit: Asma jangkepe Dr. Asmadji As Muchtar. Saiki ngasta minangka Dekan Fakultas Ilmu Kesehatan Universitas Sains Al-Qur'an Wonosobo, Jawa Tengah, kang mapan ing Jalan Raya Kalibeber Km.3 Kalibeber, Mojotengah Wonosobo

Ngger anakku, ndonya kui usreg mula aja ko tambahi polah kang saya gawe usreg Bapa biyung mung bisa ninggal weling ora ninggal bandha, donya brana Ngger anakku, bapa biyung ora njaluk awakmu dadi nomer siji mung dadia bocah kang jujur lan tanggung jawab Ngger anakku, dadia manungsa kang wedi marang Gusti Kang Makarya Jagad Saisine Amarga mung kuwi kang bisa nuntun lakuning uripmu tumuju sajatining kamulyan. Ngger anakku, dadia manungsa kang diwasa, ora mung modot dadi tuwa. Dene mengko tinemu pangalang utawa rubeda, anggepa iku salah siji saka maneka werna keliring urip. Pancen urip ora mesthi mlaku kaya kekarepanmu. Nanging mesthi ngandhut pituduh kanggo saya diwasaning polatan lan pikirmu. Mung iku piwelingku ngger, bapa biyung njaluk ngapura menawa ora bisa paring tuladha.

Nanging ngger, Ngandela, ora nate pedhot donga kanggomu uga adhi-adhimu. #aku_ibumu

_Mingkar mingkur ing angkara Akarana karenan mardisiwi Sinawung resmining kidung Sinuba sinukarta Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung Kang tumrap ing tanah Jawa Agama ageming aji_

Nalika teka wayahe bali, apa ya iseh kober Kuwe nyacat kancamu Nalika teka wayahe bali,apa ya iseh kober Kuwe maido tanggamu Nalika nyawa wus tekan gorokan, Apa kang ko elingi? Kanca sing tansah mbenerke Tumindakmu sanadyan kleru? Apa dosamu kang wus arang wulu kucing?

Nalika wus teka wayahe bali, Teka uga wayahe ngundhuh wohing pakarti

Iki weling le, Dene gegayuhanmu kuwi ana ing tawang Peneken! Iki weling le, Dene andha kang ko butuhke Mula, jagang kuwi bapa-biyungmu Lan ambalan kang mbok pidak kuwi gurumu Le, Dene surga ana ing delamakane ibumu Lawange ana ing pituture gurumu Kuwe ora kudu dadi wong sugih bandha, Le Uga ora wajib dadi wong kang ngrenggep pangkat gedhe Cukup dadia menungsa kang nduweni sipat kamanungsan Merga ing jaman edan Wis kakean wong kang kelangan kamanungsane

Biodata Panggurit:

Any Faiqoh, Panggurit iki sadina-dinane ngasta ing SMKN 4 Kendal. Aktif gawe geguritan. Ing antarane, ana kang kapacak ing buku antologi puisi sastrawan Kendal.

Rerepen Swaratama Sapandurat Tamat

Anggitane: Mbah Wiku Sri Laksita

Dhandhanggula

Ana kidung pangawikan Jawi, Skar macapat sapandurat tamat, Sri mulat jati dhirine, Swaratama mitutur, Turah wadhah cinakup warti, Titi budaya Jawa, Wanuh ngelmu luhung, Unggul kang tan ngungkulana, Nalikane ndhingkluk nginguk ngelmu pari, Ririh sinubasita.

Pocung

Nandhang bingung cinegah sri sekar pocung, Cungna kidung nyata, Tanapi srining pawarti, Tinemune kalawarta Swaratama.

Megatruh

Mapan wanuh skar megatruh duduk wuluh, Wuluh luwenge wong mati, Kapati nggennya pinangku, Kudu pasang tulak sarik, Swaratama sri wawangson.

Mijil

Sekar mijil kumanthil ing ati, Tinuntun Sang Pamong, Pamong jiwa luhur bubudene, Nelakake Swaratama nenggih, Pinanggih mawangi, Ngidung warta hayu.

Kinanthi

Kinanthi srining pitutur, Tutur cinatur kang yekti, Kapati nggenipun nendra, Ndrawasi kaladuk ngimpi, Supena hangayawara, Swaratama cegah lamis.

Durma

Latah lamis wus mesthi waton sulaya, Ywa nganti ngulinani, Ningali kanyatan, Tan sangga runggi tan tidha, Dhadhag njajagi sang dhiri, Tepa salira, Swaratama kapiyarsi.

Gambuh

Wawangson tuduh suluh, Suluh nyunar ingkang kinaweruh, Kawruh nyata nenggih pangawikan Jawi, Wikan Swaratama mungguh, Gambuh wijiling krahayon.

tuturan krama alus nuwuhaken Karakter lan Watak Andhap Asor Para Siswa

Dening: Dwi Astutik*

asa minangka sarana tutur B antawisipun siswa kaliyan guru kalebet babagan ingkang wigatos ing jagading pawiyatan. Maneka warna basa dalah dialek ndadosaken maneka basa tutur dipunpigunakaken. Santun lan botenipun siswa nalika migunakaken basa katitik saking pamilihing tembung ingkang gegayutan kaliyan papan lan sinten ingkang dipunajak wawan rembag.

Siswa ingkang migunakaken basa krama alus nedahaken ngertos tata krama. Saking pamilihing tembung ingkang sae lan leres, nanging kirang trep wekdalipun saged dipunwastani boten sopan. Pramila saking punika, basa nedahaken pribadinipun ingkang migunakaken. Dados, karakter, watak, utawi pribadi saged katitik saking tetembungan ing tuturan. Ngginakaken basa ingkang alus, sopan, santun, tumata, lan trawaca nedahaken pribadi luhur.

Jumbuh kaliyan sesa nti "bahasa menunju k k a n bangsa" Bas a ugi jalah Basa Jawa

nggadhahi pangaribawa tumrap perkembangan intelektual, sosial, lan emosional. Basa gadhah pangaribawa ing bebrayan masyarakat, bangsa, lan negari satemah perlu kawicaksanan arupi pembinaan ing pawiyatan. Kawicaksanan punika ndadosake basa dipunpigunakaken kanthi sae lan leres. Kejawi saking punika, basa saged dados sarana kangge tumindak ala ingkang dipunwastani kekerasan verbal. Contonipun inggih punika ndukani, nyentak, ngancam, ngawonaken, ngusir, mitenah, mbedak-mbedakaken, meksa, ngundhamana, ngece, lan ngglembuk. Migunakaken basa ingkang boten sae ndadosaken mengsahan, tumindak ala, ngrisak, lan sapanunggalipun.

Saben siswa nggadhahi kamardikan ngandharaken pamawasipun, pamikiran, lan sanesipun. Siswa anggenipun medharaken pamanggih kedah mawi suba sita. Pramila guru kedah maringi tuladha tuturan ingkang sopan lan suba sita ingkang trep kaliyan adat-istiadat lan budaya bangsa. Kanthi migunakaken tuturan krama alus siswa saged ngetrepaken wicantenipun.

Basa saged ndamel bangsa dipunkenal negari sanesipun. Punapa bangsa kasebat kalebet bangsa ingkang ramah, sopan,

lan santun utawi bangsa

ingkang tresna dhumateng nyenyengit lan mengsahan. Ce ka kipun pirembagan,

pawiyatan kedahipun ngupaya siswanipun migunakaken basa ingkang santun.

Tiyang ingkang boten nggadhahi tatakrama migunakaken basa sejatosipun namung mbikak alanipun piyambak. Menawi remen ngina siswa, guru boten dipunkurmati dening siswanipun. Guru ingkang kados makaten wau pancen dipunajrihi dening siswanipun, ananging boten dipunkurmati. Guru kala wau ugi nedahaken manawi piyambakipun boten migunakaken akalipun kangge ngolah basa. Guru kedah migunakaken basa ingkang santun minangka pribadi ingkang "digugu lan ditiru" dening siswa. Manawi guru klentu migunakaken basa dhumateng siswa, sampun tamtu ndadosaken kirang sae tumrap siswa.

Sampun dados tanggel jawabipun sadaya komponen sekolah kangge nggulawenthah lan maringi tuladha dhumateng siswa. Manawi guru maringi tuladha tindak tutur krama kanthi santun, ngulinakaken siswa ngangge basa santun ndadosaken siswa gadhah pakulinan basa kanthi santun. Kanthi basa, guru saged nularaken sadaya wawasan lan ilmunipun dhumateng siswa. Guru ugi saged nggulawenthah nilai-nilai ingkang sae. Kanthi basa, kabudayan saged dipunlestantunaken dados perangan pendidikan karakter.

*DwiAstutik, S.Pd Guru PPKn SMPN 2 Wedung Demak

Dhukutan ing Tawangmangu

Yen ngomongake tradhisi kang unik, Indonesia bisa dikandhakake gudhange. Kasusun saka maneka suku bangsa, adat, basa, lan agama dadi salah siji alesan kena ngapa Indonesia sugih babagan tradhisi. Saka sawetara tradhisi kang diduweni Indonesia iku mau sinebut tradhisi dhukutan kang dianakake masyarakat Nglurah, Tawangmangu, Karanganyar, Jawa Tengah.

Tradhisi Dhukutan iki dianake maneh ing dina Selasa (7/3) kepungkur. Ing tradhisi Dhukutan iki ana perangan adicara sing saemper tawur sesaji. Dadi, sesaji kang digawa lan sawise diujubake bakal dienggo 'tawuran' dening para paraga kang wis dipilih sadurunge. Unike masia anggene tawuran iku mau mbandheme tenanan, nanging sabubare, sing melu tawuran iku mau akur maneh.

Manut kapitayan masyarakat kono tradhisi Dhukutan iki kagelar kanggo mengeti laire eyang Menggung, paraga sing dipercaya babad alas ing papan kasebut.

Ngenani sapa sejatie Eyang Menggung iki akeh versine. Ananging versi sing paling onja nyebutake yen paraga kang diparabi Eyang Menggung iki nduweni sinebutan liya yaiku ngono mujudake salah sawijine abdine Prabu Airlangga kang paling setya.

Tradhisi Dhukutan dianakake saben dina Selasa Kliwon, wukune wuku Dhukut. Adicara Dhukutan iki anggone miwiti watara jam setegah pitu esuk. Ing wektu samono iku sawetara sesaji kang anggone gawe migunakake jagung lan sawetara pala pendhem digawa munggah menyang platarane Situs Menggung.

Jajah

Sadurunge digawa munggah menyang Situs Menggung, sesaji lan ubarampe sing dibutuhake sajroning tradhisi Dhukutan iki disanggarake dhisik ing sawijining bale kang manggon ana ing sacedhake Situs Menggung. Ngenani sesaji lan ubarampe sing digunakake sajroning tradhisi dhukutan iki kaperang dadi loro yaiku sesaji utama lan sesaji pengamping. Kanggone sesaji utama anggone nyimpen ana ing ruwangan khusus sing dening warga sinebut tinon. Sesaji kang kasanggarake ing tinon iki ora entuk dijupuk utawa dicedhaki dening sapa wae sadurunge adicara Dhukutan kaleksanan.

Ora entuke tinon sing wis kaisi klawan maneka sesaji inti iku mau amarga ing jaman dhisik nate ana kedadean kang ora tinemu nalar. Wektu iku anggene nyimpen isih ana paga yaiku anjang-anjang sing manggon ana ing ndhuwur papan kanggo mangsak. Tanpa dinyana dening para warga dumadakan ana wong kang njupuk salah sawijining piranti sesaji iku mau. Lan ora watara suwe saka kedadean iku, paga sing digunakake kanggo mapanake sesaji iku mau langsung ambruk. Wiwit saka kedadean kuwi tumekane seprene, sapa wae ora dikeparengake kanggo mlebu lan njupuk apa wae sajroning tinon sadurunge prosesi mindhah tinon menyang plataran situs menggung ing Selasa Kliwon esuk kawiwitan.

Sesaji lan ubarampe kang digunakake ing tradhisi dhukutan iki kapetung unik. Merga beda klawan sesaji lan ubarampe kang ana ing umume adicara-adicara ing laladan Tawangmangu. Ing adicara iki ora tinemu sesaji lan ubarampe sing digawe saka beras. Saliyane iku uga ora tinemu ubarampe wujud ayam sing dimangsak ingkung.

"Kabeh sesaji lan ubarampe sing ginawe ing tradhisi Dhukutan iki anggone nggawe saka jagung lan pala pendhem. Pitik panggang kang umume ana ing saben sesaji lan ubarampe diganti dening tempe bakar. Tempe bakar sing digunakake kanggo sesulihe adicara iki kudu tempe dhele," ujare Mbah Wagimin, salah siji sesepuh ing Nglurah.

Mbah Wagimin uga nambahake yen jinise ubarampe lan sesaji sing digunakake kanggo tradhisi dhukutan iki akeh banget. Ing antarane yaiku tumpeng sega jagung, gandhik, bothok, jangan ares, maneka jinis pala pendhem, sarta maneka jinis jajanan pasar. Sesaji lan ubarampe kang digunakake sajroning adicara kasebut anggone masak uga kudu nganggo cara khusus. Sajroning mangsak sesaji lan ubarampe iku mau ora kena diicipi. Dadi, ing kene anggone mangsak mung ngendelake pangira-irane sing tukang mangsak.

Sauntara iku ing perangan liya, miturute Mbah Ridin, salah sawijining sesepuh ing Desa Nglurah, uga nambahake yen anggone tumpeng jagung iki kudu

Maneka sesaji ing acara Dhukutan

nganggo cara dhewe. Jagung sing isih ana janggele banjur dipipili lan sawise dipipil jagung mau banjur didheplok. Dene gandhik kang digunakake uga kudu maneka werna. Kanggo menehi werna menyang jajanan kang nduweni jeneng gandhik lan digawe saka jagung iki uga ora kena nganggo pewarna panganan weton pabrik.

"Kabeh cara anggone nggawe sesaji lan ubarampe pancen sengaja digawe kanthi cara alami murih caracara tradhisional kang kaya mangkene ora ilang kesaput ilining jaman. Saliyane kuwi anggene miwiti nggawe sesaji lan ubarampe iki mau kawiwitan dina Jemuah sore lan kabeh kudu rampung dina Senen awan sadurunge ngancik wektu Asar," tambahe Mbah Ridin.

Sesaji lan ubarampe iku sawise didongani dening sesepuh kang kapatah dadi pimpinane adicara banjur didumake menyang sawetara nom-noman. Para kanoman sing nampa sesaji lan ubarampe kang mentas diujubake iki diperang dadi loro yaiku nom-noman saka RW 10 lan RW 11. Sawise sesaji lan ubarampe iku mau ditampa banjur puncak adicara lagi bisa diwiwiti.

Puncak adicara sajroning tradhisi Dhukutan iku mau yaiku tawuran migunakake sesaji lan ubarampe kang ditampa dening nom-noman iku mau. Papan sing digunakake kanggo tawuran yaiku ana ing platarane Situs Menggung lan ing Kali Jaro, pundhen desa kang dipercaya isih nduweni sambung rapet klawan Situs Menggung.

Cetha wae swasana sing sadurunge khidmat dumadakan dadi rame merga ana 'tawuran' sesaji lan ubarampe kang ditindakake dening para nom-noman kang kapatah kanggo nindakake puncak saka tradhisi Dhukutan iku mau. Unike warga sing nonton ora wedi nyawang anane 'tawuran' kasebut. Suwalike para warga sing nonton malah aweh semangat marang para nomnoman kang lagi 'tawuran'.

Amarga jenenge wae tawuran, mula ora aneh maneh yen sing dadi sasaran balangan sesaji lan ubarampe sing

Para warga arep tawuran ing Plataran Menggung

wis diremeti saengga dadi senjata iku mau ora mung sing kapatah wae. Para warga sing nonton uga akeh sing kena. Warga sing kena uga ora nesu merga kena balangan ngawur sing ditindakake dening nom-noman iku mau. Warga malah seneng amarga nduweni kapercayan yen nganti kena balangan bakal ana kaberkahan lan kabecikan sing bakal ditampa.

Puncak adicara tradhisi Dhukutan iki mau lagi rampung yen sesaji lan ubarampe kang digunakake kanggo 'tawuran' iku mau gusis. Bareng adicara tradhisi Dhukutan kang ana 'tawurane' iku mau rampungan, para nom-noman sing kapatah kanggo 'tawuran' iku salaman maneh. Salaman sing ditindakake iki mau kanggo nuduhake yen ora ana sing nduweni dendam samungkure adicara unik mau kalaksanan. Para nom-noman sing mau 'tawuran' padha nduweni penganggep yen kang mentas ditindakake iku mau mung sawates tradhisi lan ora entuk digawa menyang perangan sing luwih pribadi.

Samungkure 'tawuran' rampung para sesepuh banjur makumpul ing papan sing maune digunakake kanggo nyanggarake sesaji lan ubarampe. Ing kono para sesepuh ndedonga bareng. Donga sing dikonjukake mujudake donga panutup. Kanthi donga panutup iki mau para sesepuh nduweni pengajab amrih para warga mligine kang dedunung ing Nglurah tansah pinaringan keslametan, karaharjan, lan kasantosan murih ing taun ngarep bisa nggelar adicara maneh.

Senajan adicara puncak wis purna, nanging ora ateges adicara tradhisi Dhukutan iki wis rampungan.

Sorene isih ana campur sari kanggo ngramekake adicara kasebut. Lan bengine ana dibacutake pagelaran wayangan. Sing unik ing kene, masyarakat ora ana sing ngerti sapa dhalange sing bakale wayangan lan lakon apa sing digelarake. Warga lagi ngerti sapa dhalange lan apa lakone nalika pagelaran wayangan iku mau wis kaleksanan. P. Kusuma

Tawuran sajroning tradhisi Dhukutan

KABOTANJENENG

Dening: Siti Siamah

ajrone bebrayan agung ing Jawa akeh wong tuwa sing S ceculuk marang anake dhewe ora nyebut jenenge sing asli nanging nyebut jeneng wadan. Contone Gudel, Kunthet, Penjol, Pesek, Kempot, lan sapanunggalane. Diceluk Gudel jalaran awake lemu kaya anak kebo. Diceluk Kunthet jalaran awake cilik dedege cendhek. Diceluk Pesek jalaran irunge pancen pesek. Diceluk Kempot jalaran bokonge pancen kempot. Diceluk Gembor jalaran prilakune sarwa glembar-glembor.

Kamangka ana unen-unen, jeneng kuwi bisa dadi donga. Saben ana sing ceculuk kaya dene dedonga marang sing diceluki. Yen wong tuwa ceculuk marang anak kanthi wadanan mangka anake bisa dadi pawadan. Manawa dipetani, wong tuwa bisa ceculuk marang anake kanthi jeneng wadanan jalaran ora bisa ngempet rasa kuciwane. Contone, jalaran anake ora gelem manut utawa rewel lan nakal banjur wong tuwa kepleset ilate nyeluk anak kanthi wadanan sing dianggep trep karo kahanane si anak kuwi.

Milih Jeneng

Jeneng kanggone manungsa klebu wigati, jalaran dadi pangaran sing tansah disebut sajrone sesrawungan ing bebrayan agung. Yen wong tuwa menehi jeneng sembarangan marang anak mangka anake menawa bakal bisa dadi wong sing sembarangan, saora-orane misuwur kanthi jeneng sing sembarangan.

Mula saka kuwi, akeh wong sing banjur bingung milih jeneng sing dianggep apik saben bayine lair. Uga akeh wong sing wis mbingungi milih jeneng kanggo jabang bayi sing isih ana sajrone guwa garba utawa sing durung lair. Saking bingunge banjur njaluk tulung marang wong sing dianggep pinter supaya gelem mbiyantu milihake jeneng sing apik kanggo jabang bayi.

Malah saiki wis akeh buku mligi ngemot kumpulan jeneng-jeneng sing apik kanggo jabang bayi. Nanging, jalaran jeneng-jeneng apik sing dimot ing buku pancen cacahe akeh malah bisa saya mbingungake. Banjur rumangsa kleru milih jeneng temahan dadi keduwung.

Kabotan Jeneng

Sajrone bebrayan agung Jawa, uga akeh anak sing dianggep kabotan jeneng jalaran jenenge kedawan utawa ora trep karo kahanan. Dene anak sing dianggep kabotan jeneng biyasane lelaranen wiwit cilik senajan wis diobati maneka rupa obat-obatan. Mula, akeh anak ing Jawa sing banjur padha diganti jenenge dening wong tuwane murih ora kabotan jeneng maneh. Malah uga akeh sing gonta-ganti jeneng. Dene prekara gonta-ganti jeneng ing mangsa biyen pancen gampang jalaran durung akeh wong tuwa sing

ndhaftarake kelairan anak ing catatan sipil.

Nanging, ing jaman saiki wis ora gampang kanggone wong tuwa sing arep ngganti jenenge anak yen wis kebacut didhaftarake ing catatan sipil. Mula yen isih ana wong tuwa padha ngganti jenenge anak mung lamis wae utawa sing diganti ora jeneng asline nanging celukane. Utawa saiki tansaya akeh wong tuwa sing menehi jeneng dawadawanan marang anak, banjur celukane cekak. Contone Sri Rahayu Setyaningsih Arumdiyah, celukane mung Diah. Ing babagan iki, wong tuwa sajak kuwatir yen anake kabotan jeneng nanging tetep diwenehi jeneng sing dawa jalaran kepengin wah.

Kangelan

Jalaran ing bebrayan agung Jawa akeh anak sing kabotan jeneng, banjur akeh wong sing kangelan nyebut banjur dadi kleru nulis. Mula saka kuwi, akeh jeneng sing kleru ditulis ing KTP lan kartu-kartu idhentitas liyane. Utawa jalaran kangelan nyebut lan nulis jeneng sing dawadawa tur abot tegese, akeh jeneng banjur padha disingkat jalaran kolom ing KTP ora bisa ngemot kabeh. Lha nek wis kaya mangkene, apa untunge dawa-dawanan jeneng?

Mula saka kuwi, wong tuwa sing wicaksana kerep menehi pameling marang anak putune supaya milih jeneng sing apik nanging gampang diucapake dening sapa bae. Ora susah dawa-dawa yen menehi jeneng anak, mundhak akeh sing kangelan nyebut lan nulis, banjur sing rugi dhewe ya sing nduweni jeneng dawa. Dene yen wong tuwa arep menehi jeneng anak kanthi jeneng sing abot, bisa uga bakal dianggep ora eling marang wetone dhewe utawa amung elaelu tanpa guna, banjur padha digeguyu.

"Hahahaha. Walah-walah, anake wong mlarat bae kok jenenge Mangkubumi Nyunggilangit Hangabehi."

Mula aja sembrana milih jeneng kanggo anak putu wayah. Yen prekara jeneng bae banjur dadi guyon utawa wadanan, anak sing nduweni jeneng bisa urip kabotan jeneng. Banjur prilakune ora normal, kaya nduweni watak isinan utawa wedinan sing bakal gawe reribet, banjur uripe sarwa kangelan sajrone bebrayan agung.

Menehi jeneng kuwi sing paling becik ya ora susah nekaneka lan ora susah abot-abot. Yen bingung, mbukak bae kamus. Akeh banget ukara becik tur cekak aos lan gampang diwaca sarta ditulis kanggo digawe jeneng kang apik.

Siti Siamah

Peneliti Global Data Reform Sutresna Kabudayan Jawa

Cuwilan Kamus Kudusan

ae wae ancen pancen ape arep babakan babagan blayar ngiderake dagangan dha padha dhit dhuwit didelok dideleng dikilung dibunderi dimestekna dipesthekake direteni dingerteni ewoh-ndene ewadene gae gawe gaenan gawean garek kari hare jare hare-harene jarene hurung durung ijeh isih isa bisa jeragan juragan

kedokokan kapanggonan ketok katon lagek lagi lahapa lah ngapa lawoh lawuh luweh luwih maleh malih mbajal nyoba; njajal mberah akeh mbok-a mbok yoa mbutgae nyambut gawe mbotgaene nyambut gawene muk mung namik namung ndhenger krungu ndhek ing ndhok ing ndhungu krungu ndudohna nuduhake neh maneh nek yen

ngantek nganti nggae nggawe ngguri mburi nuk ing pega kebul; keluk; asep odhak ora ogak ora orak ora pateka patia peketut biyen banget penggean panggawean potrek foto puteh putih seje beda sekiye saiki sengen biyen sugeh sugih takok takon teron tiron

Resensi Buku

Guritan Prasaja kang Ngresep Banget

: Sak Ros Cathetan Sore Irah-irahan

Panganggit : Didit Setyo Nugroho

Editor : Hadiyansyah

Penerbit : Penerbit Erlangga

Desainer sampul : Achmad Chaeroni

Kutha terbit : Jakarta

Taun terbit :2017

Cacahing kaca : viii + 63 kaca

Cetakan : Kapisan

Guritan minangka karya kreatif, sajake isih kalah kawentare karo puisi basa Indonesia. Sanadyan akeh kalawarta utawa ariwarta sing nyedhiyakake rubrik geguritan, cacahe isih kurang. Njedhule buku tipis sing narik kawigatene penerbit iki sajake bisa dadi panglipur ing babagan kekurangan mau.

Kudune, ing pawulangan basa Jawa, para penerbit enggal-enggal balapan ngetokake buku kayadene buku kasebut, mligine kanggo pelajar jenjang SMA/SMK/MAN.

Sapa sing ora prihatin nalika nemoni akeh nomnoman sing ora wasis basa Jawa. Upamane nalika ana murid sowan gurune, banjur pamitan kanthi ukara: "Kula badhe kondur, mangga menawi Bapak badhe tilem". Iku wae lagi basa umum sing babar blas ora kebungkus dening simbol-simbol utawa sanepan. Mbok menawa awake dhewe tambah prihatin nyumurupi kawruhe para mudha ngenani simbol-simbol budaya sing luwih njlimet tafsirane.

Buku sing macak 62 (sewidak loro) guritan iki sajake bisa nambahi kawruh sing dibutuhake mau. Luwih krasa trep maneh, ndhudhah isine buku iki, akeh tema sing magepokan karo wisata kuliner sing pancen lagi moncer dadi rerasan. Tuladhane kaya guritan ngisor iki:

Nerusake laku ngambah Desa Sokaraja / Mlebu warung karo ngincipi mangan gethuk goreng / Saka besek anyaman wiradan tipis pring apus / "Gethuk goreng, gethuk goreng, gethuk goreng / weton Sokaraja tur murah regane / gurih arum manis tur murah regane / rupa ra sepira ning rasane kok mirasa..." (kaca 7).

Basa sing digunakake kapetung prasaja. Ora kakehan neka-neka. Nanging deskripsine ngresep banget. Panggurit uga tanggap marang prekara humanisme ing sakiwa tengene. Rasa trenyuh bisa dienam kanthi setiti, kaya ing pethikan guritan kaca 15 iki:

... Mancik omah limasan pinggir rel / Kang ora brukut maneh gedhege / Awak krasa gering / Lungguhan lincak pring wulung, ngisor mlandhing, "Ibu wis ora ana Mas," pocapmu lirih / Nanging gawe goreh ati miris / Aku ora bisa mbendung luh kang tumetes dleweran / Senadyan mripat wis nyawang

reng omah / Kang pating blentong nyangga gendheng tanpa pyan...

Panggurit uga wasis njlentrehake kahanan sing gawe miris atine sapa wae. Ganepe sapada mangkene:

Aku mung bisa ulur jagung / Ana ledokan lempung satengahe ing gunung / Ing sakiwa tengene gunung padhas mringis / Pating crangap tela-tela watu mangap / Sanadyan amung sethithik nanging kudu diati-ati lan taberi / Muga-muga nyukupi kanggo nyubal weteng luwe / Sadawane mangsa ketiga mengkone ("Mangsa Labuh ing Desa Pereng Gunung", kaca 41).

Guritan liyane sing ora kalah sumunar kababar ing larik-larik sing nggambarake daya juang. Iki cocog karo gegayuhan sing diarah pendhidhikan karakter ing babagan kemandirian, gotong royong, religiusitas, integritas, nasionalisme lan sapanunggalane. Ing ngisor iki guritan kang nggambarake daya juang penggurit senior nalika nglajo ing zaman enome:

Memper kalong / Tengah wengi saka pedaringan gandhulan trek gamping / Sak jam ngadeg ngececeng gujengan pring cagak deklit / Kala-kala merem manawa ana angin nyempyok nggawa lebu gamping / Nrajang wengi mruncah sepine lintang / Nganti anjlog ana timbangan salak Wonogiri (kaca 57).

Mangkono rasane ndhudhah guritan-guritan ing buku kasebut. Saupama dipaido sithik, kekurangane mung babagan ejaan sing kurang teliti, sanadyan cacahe ora sepira. Siji maneh, akehe geguritan sing tumuju kanthi personal marang tokoh-tokoh katemtu. Sing paling nyenengake: diksine pinunjul saengga nyokong blegere guritan dadi unggul. (Budi Wahyono)

Budi Wahyono, penulis, panggurit, panganggit cerkak, dwija ing SMK Negeri 7 Semarang

Supatane 15 Begawan Sukrd

DENÍNG BANUARLIAMBARDI

KEDUWUNG PENGGALIHE SANG PRAMESWARI MERGA PRABLI YAYATI CIDRA ING JANJI.

TANPA DINGERTENISANG NATA, DEWAYANIONCAT SAKA PURWARUNGLI

MARAK INGIKANG RAMA.NYRI- TAKAKE LELAKONE MARANG BEGAWAN SUKRA

MAHANANI DUKANE SANG MAHARSI.

MERUHI KAHANAN, KANTHI GUGUP PRABU YAYATI NLITUTIGARWA PRAMESWARINE, ARSA NGADHEP BEGAWANSIKRA LAN NDHADHA KALUPUTANE.

NANGING...

SINUWUN.. JENGANDIKASAM- PUN NERAK WEWA- LER KULA.

CIDRA ING JANJI SALILUT KALIYAN SARMISTHA KANTHI DHEDHEMITAN

MILA MBENJING TATKALA KRAJAN JENGANDIKAMANG- GIH RERIBET JENGANDIKA BADHE NGALAMII DADOS JOMPO DADAKAN

SIRNA WARNI- NIPUN BAGIS JENGANDIKA.

DHIH RAMA RESI. MLIGI WONTENA LU- MINTURINGSIH PADLIKA, KARSA MBATALAKEN SOT PADUKA.

INGKANG SAMPUN KILA LICAPAKEN KE- DAH DUMADOS.MBO- TEN SAGET KATARIK MALIH.

NANGING KANTHI RAGA JOMPO, KADOS PLINDI KULA MBENJING BADHE SAGED NGLU- WARI RERIBETING NAGARI?

MENAWI WONTEN SALAH SATUNGGALIPUN PUTRA JENGANDIKA INGKANG PURIN LINTON RAGA KALIYANJENGAN- DIKA.

SAUMPAMIANAK-ANAK KAWILA MBOTEN SAMI PLRUN MASRAHAKEN BADANIPININGKANG NEDHENG TARUNA...

LINTON RAGA KALIYAN KAWULA, KADOS PUNDI?

Gundhul-Gundhul Pacnl

Gundhul-gundhul pacul, cul

gembelengan.

Nyunggi-nyunggi wakul, kul

gembelengan

Wakul ngglimpang segane dadi salatar

Wakul ngglimpang segane dadi salatar