Swaratama
Mbangun Kuncaraning Basa, Sastra, lan Budaya Jawa
njogedake wayang pruttul
WACAN BOCAH Nonton Wayang
CERKAK Kavling Suwarga
KOMIK Supatane Begawan Sukra
SWARA DWIJA Lelagon Abasa Jawa Antarane Bathi Lan Mateni
BAUSASTRA Cuwilan Kamus Tegalan
DITERBITKE DENING BALAI BAHASA JAWA TENGAH rajat sarta kaluhuraning pribadi mono akeh D kaukur saka sepira ing reh kewasisan lan kelantipane. Sansaya wasis lan lantip sawijine pribadi, samesthine tambah kinormat uga ing madyaning bebrayan. Kalamun sira pinter sarta wasis bakal antuk kalodhangan kaendel ing samukalir bab. Ngono piwulang kang ajeg karungu. Jagad iki sarwa merlokake pribadipribadi pinter kanggo ngudhari werna-werna perkara utawa ruwet-rentenging urip.
Nuli apa sesambungane klawan unine pitutur sing karacik mawa ukara anjogedake wayang pruthul? Wayang pruthul kena digambarake sawijine pribadi sing ora nyukupi ukuran ing bab kapinterane. Kanthi tembung luwih kaprah lan gampang dingerteni yaiku wis koncatan dening sing arane potensi. Jenenge wae wayang sing wis pruthul mesthi ora nyukupi adeging wayang, satemah ora pantes dijogedake. Dene pantese diselehake utawa kasimpen ana kothak wae. Njogedake wayang pruthul, kena diarani ngendelake sawijine pribadi sing temene wis ora duwe utawa koncatan potensine.
Dhalang kang nekad njogedake wayang pruthul, sisip-sembire bakal ngurangi drajate minangka dhalang. Jalaran wayang sing wis pruthul bakal kelangan kaendahane nalika dijogedake. Sejene iku, wayang kang wis pruthul yen kepeksa dijogedake bakal ngurangi bab ing reh tatakrama seni pewayangan. Mangkono samadyaning bebrayan, pribadi sing nyatane ora darbe utawa tan nyukupi potensi kanggo mesthine datan pantes kaendel. Yen kapeksane kudu kaendel, mokal bisa ngrampungi anane perkara.
Piweling iki kaaturake dening: BALAI BAHASA JAWA TENGAH
Kalebu milih pengarep, pandhega utawa pemimpin. Aja dipeksa, kaendel, yen ta pribadine wis datan nyukupi potensi minangka jejering pemimpin. Dene yen nekad katindakake, iku padha karo njogedake wayang kang wis pruthul. Pambudi sing muspra, rekadaya kang nglengkara, kepara gampang nggegarang wirang. Ngono. (yan)
Paseduluran Kanthi Ati Dening: Yan Tohari
atan sithik pribadi kang ngarepake akehing sedulur. D Urip bisa ditampa mring bebrayan sapa wae lan ing ngendi wae. Kahanan urip karasa luwih manis yen kasandhing ing guyup sarta akehing paseduluran. Kanthi akehe kanca swasana urip bisa luwih nges nalika tampa kanugrahan, semono uga bakal rinasa entheng samangsane kesandhung ing panandhang.
Ewasemana dudu perkara gampang nemokake kanca sing bisa tansah atut jroning kahanan apa wae. Mbok manawa kalane seneng, dudu dadi perkara. Nanging samengko lagi nandhang pacoban, jroning kasangsayan, katempuh ing kacilakan lan lagi ora ana, tetela ora sithik sing milih ora ngerti utawa malah nglungani. Akeh pawongan kang gampang diajak seneng bareng, nanging ora akeh sing saguh kaajak ing susah bareng.
Mula, perlu mbangun paseduluran kanthi rasa supeket, endah, sarta rukun. Paseduluran sing kawungkus swasana kaendahan lahir apa dene batin. Rasa paseduluran kang ngomplitake samangsane tampa kanugrahan, uga nambal samangsane urip tinempuh panandhang.
Dening para leluhur Jawa duking uni paring pangerten pambudi kang anjog tinemune paseduluran kang endah lahir lan batin. Yaiku paseduluran kang rinacik klawan ati. Memitran kang winengku rasa adil lan welas asih. Saben-saben pribadi kang bisa nyipta jroning kahanan iku, yekti ing ngendi wae, ing jaman apa wae wujud paseduluran kang endah tetep bisa kawujudan.
Sabanjure, kalamun karuntut kanthi titi lan tlaten, tinemu ing telung laku, samangsane ati karacik dadi sangu ambyur samadyaning memitran. Telung piranti iku mapan ing laku aja dumeh, tepa salira, lan gotong-royong. Tetelune bab iki kalamun katindakake kanthi permati, temen sarta tewajuh, kaajab urip pasrawungan bisa mapan ing manis lan endah.
Aja dumeh, duwe teges dadi pribadi aja seneng dak wenang. Embuh kuwi nalika mapan ing ndhuwur utawa ing ngisor. Lire, embuh urip lagi kepenak utawa rekasa, prayoga kabeh tinampa kanthi rasa wicaksana. Jalaran mangkono urip kudu lumaku. Saengga samangsane mulya datan kibir lan pamer klawan kanca liyane. Kosok baline pinuju manggon ing susah ya datan gampang nuduhake ing kanca. Aja dumeh, bisa
ngembani kanca kanthi ing swasana mad sinamadan. Bakune sakalir lelakon katampa klawan jiwa aris.
Kang kaping pindho, tepa salira. Tepa salira yaiku laku kang bisa awujud bisa mapanake awake ing tengah-tengah. Tegese ngukur sakaliring laku klawan pangertene mring rasaning kanca. Ora kaukur klawan karep lan senenge dhewe. Yen awake dhewe ora seneng diseriki, mesthi wae wong liya uga semono. Yen awake dhewe kepengin dianggep penting, mbok manawa semono uga wong liya. Mangkono sateruse.
Kalamun rasa tepa salira iki kawangun kanthi becik ing ati kita, kaajab, embuh pakarti, gunem lan sakaliring tumindak ora gampang gawe serik lan laraning liyan. Awit kabeh pakarti sarwa kaukur klawan swasana kang uga dadi kareping wong liya. Sarwa adoh golek menange dhewe, penake dhewe, lan untunge dhewe. Lumaku rasa gelem ngemong lan amomong. Tepa salira ing ukara sing kaprah yaiku, aja seneng njiwit yen ta ora gelem dijiwit.
Kang katelu yaiku gotong-royong. Embuh kaya ngapa wujuding perkara utawa gedhene sesandhang yen bisa kaadhepi kanthi bareng-bareng bakal dadi entheng lan gampang. Tulung-tinulung ngendahake panguripan lan memanis ing paseduluran. Yen entheng ayo padha kajunjung bareng, dene yen abot kausung bareng. Gotong-royong bakal selot nuduhake yen kekancan tetela mahanani urip iku tansah nengsemake. Ing gotong-royong prasasat datan mbedakake yen urip iku ana sing ringkih apa dene rosa, mlarat apa dene sugih. Nanging kabeh yen wis manunggal anane dadi kuwat kabeh lan sugih kabeh.
Mangkono teteluning laku sing perlu kita tali ing ati. Kita eling ing rina lan wengi Samangsane urip tuhu kepengin srawung klawan endah lan manis. Kepengin sugih sedulur. Kepengin urip tansah ginarba ing rasa tentrem, ayem, lan kamulyan sejati. Kadi dene sing dikandhakake para pinter, siji mungsuh iku wis kakehan, dene sewu mitra mono isih kurang. Ngono.
Daftar Isi
3 Blencong
Paseduluran Kanthi Ati Dening: Yan Tohari
5 Kawruh Sastra
SERAT BRATAYUDA NASKAH PUSAKA ING KRATON YOGYAKARTA Dening: Kustri Sumiyardana
8 Kawruh Basa
Basa ing Jagading Pedhalangan Dening: Bambang Sulanjari
11 Banyumasan
Wayang
Minangka Simbul nèng Uripè Menungsa Dèning: Jefrianto
13 Tegalan Saclêrêngan Bab Kongrès Basa Têgalan Il Dening: Geni Purbatini
17 Crita Cekak
Kavling Suwarga Dening: Ki Sudadi
21 Wacan Bocah
Nonton Wayang Dening : Zuly Kristanto
23 Geguritan
25 Macapat
Sanggit 28 31 36 Swara Dwija 33 Jajah Kabudayaan 35 Bausastra
Begawan Ciptoning
Dening: Eko Purwanto
Ajar Nulis 28
NULIS ARTIKEL Ilmiah Populer Dening : Widiyartono R.
Oncek-oncek Cerkak Dhodhogan ing Tengah Wengi NYUNTAK IDE KUDU ANA RABUKE, MENEP LAN TITIS
LELAGON ABASA JAWA INGANTARANE BATHILAN MATENI
Dening: Tukijo
CRITA WISNU ING OMAH SIWA Dening: Ratun Untoro
Pengetan Dina Wayang Donya IV ing ISI Surakarta
Cewilan Kamus Tegalan
Resensi Buku
Swaratama
Mbangun Kuncaraning Basa, Sastva, lan Budaya Jawa
SUSUNAN REDAKSI
Penanggung Jawab : Dr. Tirto Suwondo, M.Hum.
Pemimpin Utama : Drs. Suryo Handono, M.Pd.
Pemimpin Redaksi : Kustri Sumiyardana, S.S., M.Hum.
Sekretaris Redaksi : Sunarti, S.S., M.Hum.
Redaktur Pelaksana :
1. Yan Tohari
2. Widiyartono
3. Triman Laksana
4. Bambang Sulanjari, S.S., M.A.
Redaktur:
1. Umi Farida, S.S.
2. Tri Wahyuni, S.S.
3. Sutarsih, S.Pd., M.Pd.
4. Mochammad Fikri, S.S.
Reporter :
1. Drajat Agus Murdowo, S.S., M.A.
2. Akhid Anshori Setiawan, A.Md.
Desain grafis dan Tata Letak: Team Kreatif
Keuangan : Lely Siti Fatimah, S.E., M.Si.
Sirkulasi:
1. Lungid Ismoyo Putro, S.H., M.H.
2. Agus Sulistiyo
SERAT BRATAYUDA
Dening: Kustri Sumiyardana
NASKAH PUSAKA ING KRATON YOGYAKARTA
ng Kraton Yogyakarta ana pirang-pirang naskah kang dadi pusaka kaya ta Serat Suryaraja lan Serat Bratayuda. Serat kang pungkasan mau nyritakake perang gedhe antarane Pandhawa mungsuh Kurawa. Crita Bratayuda kacuplik saka Mahabharata. Nalika taun 1157 Mpu Sedah kadhawuhan dening Prabu Jayabaya supaya nganggit Kakawin Bharatayuddha. Ayahan mau katindakake Mpu Sedah lan diterusake dening Mpu Panuluh. Kakawin Bharatayuddha ngemot crita perang antarane Pandhawa mungsuh Kurawa.
Miturut Poerbatjaraka, kakawin mau dijarwakake dening Yasadipura I dadi Serat Bratayuda ing jaman Surakarta. Jarwan saka Yasadipura I kuwi kang banjur disalin lan sumebar ing ngendi-endi.
Serat Bratayuda uga ana ing Kraton Yogyakarta. Naskah kuwi ditulis ing jaman Hamengku Buwana V. Ing jaman Hamengku Buwana VII Serat Bratayuda mau diturun maneh lan dikantheni gambar-gambar dening KRT Jayadipura. Teks naskah mau ditulis wiwit Kemis Kliwon tanggal 2 Jumadilawal 1832 lan dipungkasi ing dina Kemis Kliwon tanggal 16 Sapar 1833. Manawa ing taun Masehi, teks mau ditulis wiwit 7 Agustus 1902 nganti 14 Mei 1903. Serat Bratayuda iki kang sabanjure dadi salah sijining pusaka ing Kraton Yogyakarta.
Ana 241 ilustrasi kang nggambarake crita sajroning teks ditambah siji maneh minangka wadana ing kaca pungkasan. llustrasi mau diwernani dadi gambar kang edi peni. Gambar-gambar mau ora mung isi paraga wayang, nanging ana uga kahanan ing sakiwa tengene kang nggambarake kahanan ing wektu teks mau ditulis. Contone, sadurunge budhal, para prajurit ngumpul ing alun-alun kang memper kaya alunalun ing ngarep Kraton Yogyakarta kumplit karo ringin kurung ing satengahe. Ana gendera lan panjipanji kang memper duweke Kraton Yogyakarta, malah ana gendera abang putih biru kaya warnane gendera Landa. Ing alun-alun mau uga ana wong bebakulan panganan. Prajurite ana kang nggawa bedhil lan mriyem minangka sanjata.
Sanadyan njupuk babon saka Kakawin Bharatayuddha, nanging ana isine Serat Bratayuda kang beda. Upamane, ing serat dicritakake satleraman lakon Bima Suci lan crita nalika Destarata milih bojo. Kang mangkono kuwi ora ana ing kakawin utawa ing Serat Bratayuda Yasadipuran. Mangkono uga anane punakawan, prajurit kang njarah desa, uga ora ana ing kakawin.
Naskah pusaka Serat Bratayuda ditulis ing jaman Landa. Sanjata awujud bedhil lan mriyem disebutake kaya ing cuplikan iki.
Pinenging nora seranta, pan tininggal galethak tumbak bedhil, loprahipun kanca niku, kedhap mawon Ki Lurah, toya ageng mules temen dho dho biyung, weneh saking jrih parentah, ngampet kacerit cerit. (Serat Bratayuda kaca 45)
Kaya kang disebutake ing cuplikan kuwi, saliyane gegaman tradhisional uga ana sanjata modheren yaiku bedhil. Ing perangan liyane uga disebutake tembung senapan lan mriyem kang nuduhake gaman saka Eropa.
Saliyane gegaman, kabudayan saka Eropa uga disebutake. Contone piranti kanggo mangan. Wis ana sendhok lan porok kaya kang kacuplik ing ngisor iki.
Isining meja supenuh, mas nampan amarik marik, peso sendhok porok rukma, kembar mayang mas sinangling, pekakas meja sanetya, sarweca sri warni warni.
Mangsak sayur roti keju, buwah suklat puwan ertih, kumelun mangalad alad, amleng bebau giyanggi, retu ambuning nginuman, arak adas lan brendhuwin.
Anggur sake merah wungu, arak api lawan kenit, jenewer arak weragi, munggeng dhedhasar miranti, adha dhi nampan kencana, kang ngampil lestari restri. (Serat Bratayuda kaca 26) Kaya kang kawaca ing cuplikan kuwi, kanggo nyugata Prabu Kresna para Kurawa nyepakake piranti kaya ta peso, sendhok, lan porok. Piranti kuwi digawa dening wong-wong Eropa. Ing cuplika kuwi uga diandharake omben-omben kaya anggur, sake, brendi, wine, lan genever. Panganan kang dicepakake ugu nuduhake panganan saka manca kaya dene roti, keju, lan coklat. Kabeh mau nuduhake pangaribawane kabudayan Eropa ana ing Serat Bratayuda.
Basa kang digunakake uga kecampuran saka basa liyane, ora mung Jawa. tembung Landa contone sonder lan kapitan diprangguli ing teks iki. Ana uga basa Melayu kaya kang bisa dideleng ing cuplikan iki.
Mangunadikaning galih, iya becik tau rasa, sojar tan arep beboleh, tan arsa nut laku fama, ingong wus tan kainan, linalar janjining dangu, kerja puter jus tak onar.
Dhiya punya bibir licin, musti si Durna sengaja, tidhak adha lain tengok, ya satu orang prasetan, wis ta lah nora layak, de pituturku jelantur, wekasing tingkah sesanak. (Serat Bratayuda kaca 41—42)
Cuplikan kuwi n y r i t a k a k e pangudarasane Prabu Kresna nalika dadi duta menyang Ngastina.
Kaya kang kacetha ing ndhuwur, ana tetembungan nganggo basa Melayu, ing antarane dia punya bibir licin, musti si Durna sengaja, tidak ada lain tengok, ya satu orang prasetan.
Sabanjure, ing naskah iki ana punakawan telu kang ndherekake Pandhawa yaiku Semar, Gareng, lan Petruk. Dene punakawane Kurawa yaiku Togog Ian Tembilung. Anane punakawan mau marakake gayeng amarga akeh banyolan amarga polahe. Para punakawan mau asring gawe lelucon. Malah, kadhang kala bendarane nanggapi lelucon saka abdine mau. Contone aneng pupuh Pangkur kang kacuplik ing ngisor iki.
Sri Kresna malih ngandika, Dustajumna wus kinen angundhangi, prajurit wehana sampun, kinen mudhun sadaya, gajah rata sedaya wus samya midhun, samya aprang aneng dharat, mung satriya Judhipati. Kinen anitiha rata, mring Sri Kresna Werkudara Sira glis,
Semar Gareng Petruk milu, ing pelangkronging retan, nira ingkang munggah ing rata gya tinut, dening jemparing pawaka, dresing panah lir grimis.
Kang panah saya nut ngrempak, parpat telu padha pating jelarit, Semar Gareng telu Petruk, ulate pundiringan, kang adharat tan ana kinerak iku, amung Bima munggeng rata, rinubung senjata agni.
Tan arsa nempuh kang dharat, Parta mulat Bima rinubung geni, Arjuna nimbali gupuh, panakawane tiga, fing cerocot jinongkong Werkudara sru, lah
ika bendaranira, nguwuh sira den timbali.
Petruk Gareng kudamelan, tiba kabruk dhengkul melocot dhengkling, dah andah gong kuda kawuk, tan aweh bonceng reta, Semar Petruk Gareng bener iku, mendah gene yen ajaa, pitikane aku uning.
Ya sigra kang Sena ika, Radyan Sena mentheleng ngepel jriji, wong bendarane anyeluk, wong gemblung padha edan, parpat telu lumayu ge praptanipun, ing ngarsane bendaranya, Sang Arjuna angling aris.
Kang Semar jupukan enggal, ya panahku Si Barunastra adi, inggih sandika jinupuk, nging keleru Cendrasa, Cempala wus dene Petruk dipun tuntun, den turken bendaranira, agaberan den fapuki.
Wus dene furaken nulya, Barunastra Semar amemoyoki, gene lumrah bae iku, rupane Barunastra, ngling Arjuna sing sapa moyok panahku, cendhak umure kuwalat, Semar angling anututi.
Nanging suwe suwe iya, Kyai Barunastra iki awingit, eka Barunastra gupuh, panulakira Parta, kang senjata dahana wus samya larut, dening kang senjata foya, Swatama merang fan sipi.
(Serat Bratayuda kaca 315-319)
Cuplikan kuwi nyritakake nalika Aswatama ngamuk sawise ngerti Durna gugur dening Dustajumena. Aswatama nglepasake panah Brahmastra. Kanggo ngadhepi senjata kuwi, kabeh wadya Pandhawa didhawuhi mudhun saka kreta. Nanging Werkudara ora gelem mudhun, tetep panggah ana ndhuwur kreta. Semar, Gareng, lan Petruk melu mbonceng ing kreta. Mula, kretane mau dirubung geni nganti para punakawan jerit-jerit. Weruh mangkono kuwi, Arjuna nimbali punakawane. Amarga ora gelem, punakawan telu mau dijongkongake dening Werkudara karo dikandhani yen ditimbali bendarane. Semar, Gareng, lan Petruk ngumel-ngumel yen satemene para punakawan ora oleh mbonceng kreta. Krungu mangkono mau, Werkudara mentheleng, ngepel driji, karo ngonekake punakawan mau gemblung. Kanggo ngadhepi Brahmastra, Arjuna dhawuh marang Semar supaya dijupukake pusakane yaiku Barunastra. Semar ngestokake, nanging kang dijupuk kleru Cendrasa Cempala. Semar karo Petruk ngulungake pusaka mau. Arjuna dadi gregeten, punakawane ditapuki. Semar bali njupuk pusaka sing bener. Sawise diaturake marang bendarane, Semar moyoki yen Barunastra kuwi pusaka kang lumrah wae. Arjuna mangsuli yen sapa wae moyoki pusakane bakal cendhak umure. Krungu mangkono kuwi, Semar ngralat omongane. Jarene suwe-suwe Barunastra banjur katon wingit. Mangkono salah sijine lelucon kang ana ing Serat Bratayuda.
Ing naskah iki akeh diprangguli banyolan kang ditindakake para punakawan. Semar, Gareng, lan Petruk kerep ece-ecenan karo Togog lan Tembilung. Kadhang kala Semar nyemoni bendarane utawa ngonen-uneni Kresna. Malah nalika Karna tandhing karo Arjuna, Semar nyembranani Narada. Saking sembranane karo bendara, Semar sok ditapuki. Kajaba Arjuna, ing naskah kuwi uga diprangguli Semar ditapuki dening Kresna. Manawa ing wayang jaman saiki mbok manawa langka ada adegan Semar ditapuki dening bendarane. Mangkono satleraman isining Serat Bratayuda naskah pusaka Kraton Yogyakarta.
Basa ing Jagading Pedhalangan
Dening: Bambang Sulanjari
asa ing jagading pedhalangan B limrah kawastanan basa pedhalangan, inggih punika basa ingkang kaginakaken dening dhalang ing pagelaran ringgit. Miturut pakeliran gagrag Surakarta, basa pedhalangan punika kagolongaken dados tiga, inggih punika: janturan, pocapan, lan ginem. Janturan wujudipun wacana ingkang nggambaraken swasana adegan ingkang saweg kababar, sesarengan kaliyan ungeling gendhing ingkang kasirep. Pocapan inggih punika wacana narasi, nyariyosaken kadadosan ingkang sampun, saweg, utawi ingkang badhe dumugi, tanpa sinartan ungeling gangsa. Ginem punika wacana ingkang mujudaken swantenipun paraga ringgit, inggih ingkang arupi pangudaraos (monolog) punapa dene imbal wacana (dialog).
Basa verbal ingkang kaginakaken ing wujud-wujud wacana ing nginggil kedahipun saged dados sarana tumraping dhalang kangge mbabar underaning prekawis kanthi cetha. Nanging nyatanipun nalika nggelar lampahan, dhalang punika ngadeg ing dlanggung prasekawanan. Sepisan, dhalang kedah saged netepi paugeraning basa; kaping kalih, dhalang kedah saged medharaken wigatosing rembag kanthi cetha; kaping tiga, dhalang kedah baut crita; lan sanes-sanesipun.
Kanyatan ing nginggil punika nedahaken yen dhalang mila kedah baut ing samukawis bab. Nanging punapa saged? Yen wonten dhalang ingkang dipunremeni dening pamirsa, utaminipun generasi mudha, punapa amargi basanipun?
Kathah paugeran ingkang asring kagayutaken kaliyan bab pangginaning basa ing pedhalangan. Tuladhanipun, supados saged nggelar catur ingkang sae, dhalang kedah nguwaosi konsep: amardibasa, inggih punika kedah saged ngetrapaken basa kanthi trep adhedhasar kabetahan (peprenahan, unggahungguh, tembung-tembung panguwuh, empan papan lan angon tinon); paramengbasa, saged ngetrapaken unggah-ungguhing basa (kedhaton, bagongan, kawi, ngoko, krama, lan sapanunggalanipun); kawiradya, saged nyandra utawi nggambaraken paraga utawi swasana kathi sae; awicarita, baut ngolak-alik cariyos.
Basa ing janturan lan pocapan kalebet basa ingkang unik, unggah-ungguhing basa asring katilar, kados basa wonten ing tembang. Yen ing basa tembang prekawis punika asring kanthi lelimbangan netepi paugeraning tembang, nanging yen ing janturan lan pocapan jalaran netepipunapa?
66
Tuladha pocapan:
Wus paripuma pangandikaning sang prabu, sang katong arsa kondur mring dhatulaya myat saking palangka dibya inapit gamparan kencana, sinongsongan kertas pita ginarebeg sanggyaning para hapsara myang hapsari badhaya myang sarimpi kawistara gemléyong lampahira sang katong. 99
Ing tuladha punika saged kapirsani cawuhing tembung-tembung ngoko-krama lan tembung-tembung ingkang boten limrah ing pasrawungan, utawi ingkang limrah kasebat basa kawi (arkais). Kanyatan punika nedahaken bilih basa ing janturan lan pocapan saestunipun sanes basa pasrawungan, utawi basa limrah, nanging basa rinengga, saengga saged kagolongaken ing basa endah. Supados saged kacepeng ngesipun mila dhalang kedah baut ing babagan olah basa endah punika. Tumraping dhalang ingkang dereng baut dening R.M. Sajid kaprayogekaken ngginakaken tuladha ingkang sampun wonten ingkang winastan tembung dadi: "kang diarani tembung dadi, iku aja waniwaningowahi, nambahilan ngurangi.'
Basa ing ginem benten malih, sanadyan langkung mardika nanging ugi kathah bab ingkang kawengku ing pranatan. Tembungtembung ingkang gayut kaliyan peprenahan kathah ingkang boten limrah, kados ta: kaka prabu, yayi prabu, lan saminipun. Pangginaning unggah-ungguh ingkang mligi tumraping paraga, upaminipun:
Basa madya kaginakaken dening Semar: "Ndika niku pripun ndara, wong butane galak ngoten kok diumbar mawon, mboknggih empun enggal diuwisi."
Basa kadhaton kaginakaken dening Prabu Duryudana dhateng Patih Sengkuni: "Paman harya, boya dadi guguping ati pakenira, manira timbali marang pasewakan, paman."
Basa kadhaton ugi kaginakaken dening para dewa, tuladhanipun Bathara Guru dhateng Bathara Narada: "Henggeh, marma handika ulun piji, roboyo kang mawa gara-gara palibaya kalimput."
x-
Kajawi paugeran-paugeran ingkang gayut kaliyan wujuding basa kados tuladha ing nginggil, nalika ngungelaken dhalang ugi kedah netepi inggil andhaping swanten paraga setunggal-setunggalipun, jalaran punika ugi sampun dados paugeran baku ing pedhalangan.
Taksih wonten malih peranganing basa ingkang ugi mirunggan, inggih punika ingkang dening Mudjanattistomo kasebat "panyebut". Ing jagading pedhalangan wonten panyebut mligi kangge ringgit satunggal lan satunggalipun, pramila kedah dados kawigatosanipun para dhalang. Pandhita Durna upaminipun, menawi ing tlatah Ngayogyakarta limrah ngginakaken panyebut "blegudhug monyor-monyor, emprit ganthil buntut kisa". Bathara Narada ngginakaken panyebut "olug olug olug, rekencong waru dhoyong, lo dolo hok". Bathara Guru lan para jawata ngginakaken panyebut "Hong buwana langgeng". Nalendra gagah ngginakaken panyebut 'Jagad dewa bathara estungkara manik raja dewadi". Lan sesaminipun.
Panyebut punika saged kapilah dados kalih. Sepisan, panyebut ingkang kaginakanen dening jinising ringgit tinamtu, upaminipun jinising dewa, ratu alus, ratu gagah, ratu denawa, lan sanesipun. Kaping kalih, panyebut ingkang namung mligi saged kaginakaken tumrap paraga ringgit tinamtu, upaminipun Pandhita Durna, Semar, lan Bathara Narada. Panyebut ing perangan kalih punika kadhang kala kinarya panandha mligi paraga tinamtu, satemah manawi paraga ringgit punika dereng ngginakaken panyebut punika karaos dereng sreg.
R.M. Sajid ing pungkasan katranganipun bab basa pedhalangan mratelakaken: "Dene liyane cukup nganggo basa krama inggil lan basa lumrah, nanging aja nganti kacampuran basa Indonesia utawa basa asing, nganggoa basa Jawa sing murni, kang kalumrah kanggo ing padhalangan". Pratelan punika nedahaken, sanadyan basa padhalangan punika kawengku ing paugeran nanging ugi mardika. Sepisan malih, dhalang kedah saged njumbuhaken kalih prekawis punika sabab dhalang gadhah tanggel jawab ageng, sepisan kedah saged nglestantunaken seni pedhalangan
kalebet basa padhalangan punika. Kaping kalih, dhalang kedah saged dados juru panerang ingkang saged katampi kanthi cetha dening masyarakat umum. Kanthi punika dhalang kedah saged mbabar lampahan kanthi basa ingkang normatif nanging tetep komunikatif.
Kathah pamanggih bilih ingkang njalari wayang purwa punika saya boten dipunremeni dening para mudha punika amargi basanipun. Para mudha sampun boten mangertos malih tegesing tetembungan ingkang kaginakaken dening dhalang. Prakawis punika mila mrihatosaken. Racakipun dhalang taksih tetep sami ngginakaken basa endah ingkang angel kasuraos dening pamirsa utawi pamiarsa, jalaran ing jagading para dhalang taksih wonten pamanggih saya ngremit basanipun saya sae lan adiluhung. Ananging punapa inggih makaten? Punapa ginanipun abasa ndakikndakik manawi sampun boten dipunmangertosi dening bebrayan?
katenggan dening para mudha utawi bebrayan umumipun, inggih kedah ngginakaken cara ingkang mirunggan. Upaminipun sawetawis dhalang lajeng ngathahaken sabetipun tinimbang ginemipun, utawi langkung nengenaken ing garap karawitan pakeliranipun, lan sanes-sanesipun. Ing bab basa, kedah kaupayakaken wujuding basa ingkang komunikatif. Norma-norma utawi kaidah ingkang saged katilar inggih katilar kemawon, manawi mila sampun boten mungguh ing bebrayan. Bab pangginaning basa Indonesia
Kabudayan punika sanes bab ingkang langgeng. Kabudayan punika saged ewah gingsir, nut lakuning jaman. Manawi para dhalang taksih kapengin pagelaranipun
utawi basa manca sanesipun, sakintenipun punika mimbuhi saya nges lan monceripun seni pedhalangan Jawi, inggih boten wonten awonipun, sauger boten nilar tata krama ingkang miturut Mudjanattistomo wonten tiga: unggah-ungguh, empan papan, sarta angon tinon.
Pungkasan, ringgit punika sampun kalajeng kaanggep minangka salah satunggaling pirantos kangge
nularaken manekawarni kawruh, kalebet kawruh bab budi pakarti utawi ingkang samangke katelah "karakter", mila samukawis ingkang gayut kaliyan ringgit, kalebet cakcakaning basa, sasaged-saged inggih kajumbuhaken kaliyan prakawis punika. Sampun ngantos ringgit malah dados patuladhan ingkang boten trep kaliyan budi pakarti utawi tatakramanipun tiyang Jawi utawi bangsa wetanan umumipun. Wusana kasumanggakaken dhateng para dhalang lan para panggilut seni pedhalangan anggenipun tansah mbudidaya murih saya monceripun seni pedhalangan, sokur bage ngantos kasusra ing mancapraja.
Wayang
Minangka Simbul Nèng Uripè Menungsa
Dèning: Jefrianto
mir Mertosedono, sejronè Sejarah Wayang A (1993), mblakakna lamona salah siji têgês sêkang wayang yakuwè wewayangane urip. Têgês kiyè uga dênut dèning wong akèh. Mula kaya kuwè, akèh sing ngarani wayang kuwè tontonan sing tèyèng kanggo tuntunan.
Sênajana kaya kuwè, sênyatanè wayang ora mung dadi gêgaran apa dènè tuntunan. Nyatanè, wayang uga tèyèng dênggo minangka simbul nèng uripè mênungsa.
Babagan kiyè akèh bangêt contonè nèng masrakat. Kawitan pêraganè, lakonè, apa dènè papan panggonanè crita wayang tèyèng dênggo dadi simbul. Pēraga wayang palah paling akèh contonè mêrga aran pêraga wayang uga asring dênggo minangka paraban.
Sēliyanè dênggo dadi jênêng wong, pêraga wayang ya cokan dênggo dadi simbul tlatah. Contonè kaya Bawor sing dadi simbul tlatah Banyumas. Bawor sing kondhang mawi sikap cablaka lan blakasutanè, dêrasa cocok karo watêk utawa jati dhirinè wong Banyumas sing cablaka.
Peraga wayang uga ana sing denggo dadi merk dagang. Contonè kaya Bima sing dênggo minangka merk sêmèn. Ndèyan, pêngarêp-arêpè muga-muga sêmèn kuwè kuwat, gawè kukuh bangunan sing nganggo sêmèn kuwè. Kaya-kaya bangunanè dêsangga dèning Panêgakè Pandhawa kuwè.
BANYUMASAN Nyatanè ya ora mung kêwatês nèng
babagan pêraga, lakon wayang uga tèyèng dadi simbul. Upamanè kaya Partakrama, sing nyritakna palakramè Arjuna karo Sêmbadra. Umumè, lakon kuwè dêgêlar minangka dadi donga apik tumrap temantèn sepasang sing nanggap lakon kêsêbut.
Papan panggonan kaya dènè kêsatriyan apa kêraton ya uga ana sing dênggo dadi aran dalan. Upamane Dalan Pringgodani, Dalan Jodipati, lan sêpiturutè. Ndèyan, ya ana pêngarêp-arêp bêcik sing dêgayutna karo papan panggonan dunya wayang kuwè.
Tuladha-tuladha nèng ndhuwur mrêtandhakna lamona wayang uga dadi wêwayangan urip ideal tumrapè menungsa Jawa. Wong Jawa njumut pèrangan wayang arupa pêraga, lakon, apa dènè papan panggonan dadi sêwijinè simbul, sing cethanè mêsthi dêkanthèni donga sing apik.
Nèng babagan kiyè, wayang dadi wujud nyata sêkang pênjalukanè utawa pêngarêp-arêpè mênungsa. Pêngarep-arêpè wong Jawa ora mung dadi verbal, basa, apa palah krêntêg. Pêngarêp-arêpè wong Jawa sisan dènèi têtêngêr mawi pèrangan wayang.
Kiyè janè babagan sing apik. Kanthi têtêngêr wujud pèrangan wayang, wong dadi èling lamona dhèwèkè tau ndonga apik. Pèrangan wayangè dadi pèmutan. Pèmutan supayanè wongè ora mung ndonga, ningèn uga kudu tansah ngupaya sing slaras karo donganè.
Ningèn ya kudu dēèling uga. Sing aranè wayang iya mèmpêr urip sing têmênan, Pêraga wayang uga ora mēsthi apik sēkabèhanè. Iya mêsthi ana bab-bab sing kurang apik.
Minangka conto, yakunè nalika njênêngi anak kanthi parab Karna (Adipati Ngawangga). Ndèyan, pêngarêp-arêpè wong tuwanè si bocah mbèsukè bakal mèmpêr Adipati Karna. Gagah prakosa, wani ngutamakna kêbêcikan. Nah, nèng kènè wong tuwa ya aja ngasi luput lamona Adipati Karna kuwè ya watekè "atos". Mula lamona anakè angèl nalika dêgulawênthah ya dêmaklumi baè. Wong ya têgêsè donganè dêijabah dèning Gusti Allah.
Wayang pancèn babagan "irêng-putih" sing manunggal. Kaya dènè, peraga Rama-Sinta sing dadi simbul pêpacangan sing apik. Janè ya biyasa baè, kaya wong urip sêbaènè. Wong Prabu Rama
ya luput nalikanè èwis ora precaya lamona Sinta urung tau "dêambah" dèning Prabu Dasamuka. Palah Shinta sidanè nglakoni upacara bakar dhiri kanggo mbuktèkna kêsucènanè.
Dadi, wayang sing dênggo simbul kanggo pengarêp-arêp sing apik sênyatanè ya ngêmot babagan sing kurang apik. Sêwalikè. wayang sing dêênggo simbul babagan ala, cêmpulêkè ya èsih ana apikè. Sapa sing ora kèlingan temindak apikè Duryudana nalikanè mbèla Radhèya iya Basukarna nalika dênyèk dèning Pandhawa, nalika lombanjemparing?
Njuran Bala Kurawa sing jèrè ala iya ana anggotanè sing apik kaya dènè Wikarna. Cêthanè, sejronè kawruh wayang pancèn ora ana "irêng" sing mèngès-mèngès, uga ora ana "putih" sing mêmplak. Njumut bagèyan wayang minangka simbul, têgêsè ya siyap nampani apa ananè sêkang bagèyan wayang sing dējumut. Iya nampa apikè, iya nampa alanè.
Menungsa nèng kedadèyan kiyè pancèn dadi subyek sing mêrdika. Ningèn, cêtha baè kêmêrdikanè dêkanthèni tanggung-jawab tumrap babagan sing dêpilih dèning dhèwèkè.
TEGALAN KONGRESII BAHASA TECAL Pemuliaan Baba Acara pambuka nèng Kongres Basa Tegalan II
hong dina Rebu, tanggal 5 Dhesember D taun 2018, Kutha Tegal nganakena Kongres Basa Tegalan II nèng Hotel Pesonna, Tegal. Nèng acara kuwè, para panggedhé pamrèntahan Kutha Tegal padha anjog. Saliyané kuwè ana sastrawan Tegalan, seniman Tegalan, para pakar basa (dhosèn lan utusan sekang Balai Bahasa Jawa Tengah), panggedhé- panggedhé sekang dinas-dinas nèng Kutha Tegal, para guru, wong sing seneng karo basa lan sastra Tegalan uga padha anjog nèng panggonan kongrès kuwè saprelu nyengkuyung gawé gedhé masrakat Tegal. Acara kongrès kiyè minangka terusané Kongrès Basa Tegalan kaping pisanan sing dianakena taun 2006 sing ewis kliwat, manggoné nèng Hotel BahariInn.
Para pakar basa Tegalan sing dadi pemakalah nèng kongrès kiyé ana wong pitu, yakuwè Prof. Dr. Rustono, M.Hum., dhosèn sekang Universitas Negeri Semarang (Unnes), toli Dr. Johari, M.M. sekang Dinas Kabudayan Kutha Tegal (Disdikbud Tegal), Dr. Maufur, dhosèn sekang Universitas Panca Sakti Tegal (UPS), Drs. Irawan H.G., M.Pd. sekang Yayasan Pandhawa Kridha, toli ana H. Sisdiono Ahmad, anggota DPRD Kutha Tegal. Saben pemakalah kuwè njlèntrèhna makalahé
Saclêrêngan Bab Kongrès Basa Têgalan II
Dening: Geni Purbatini
kanthi mlarak utawa jelas latanè diterusna babagan dhiskusi lan tanya-jawab. Para panyarta kongrès katon seneng nemen, antusias, lan katon mbutuhna diskusi nèng forum kongrès kuwè. Nanging, wektune dhiskusi kayong kurang nemen, ndadèkena okèh pretakonan sing durung kajawab kanti tatas.
Prof. Dr. Rustono, M.Hum. ngandhakena yèn pamulangan muatan lokal utawa mulok basa Jawa kuwè nduwèni ancas ebèn para siswa nduwé keprigelan utawa kompetensi sing werna-werna, kaya (1) njaga, ngopèni, lan nglestarèkena basa, sastra, lan aksara Jawa, (2) nyeimbangna fungsi basa, sastra, lan aksara Jawa kuwè nèng urip saben dinané sing jumbuh karo arahané upaya pembinaan basa Indonesia, (3) ngretèni nilai-nilai estetika, etika moral, lan spriritual sing ana nèng budaya Jawa kanggo pembinaan lan pengembangan budaya nasional, (4) nggunakena basa, sastra, lan aksara Jawa kanggo sarana mbangun karakter lan budi pakertiné. Wernawerna ancas kuwè dijlèntrèhna kanthi pas dèning Pak Rustono nèng makalahé sing irahané "Pembelajaran Mulok Bahasa Jawa Kurikulum Tahun 2013". Seliyane kuwè, Pak Rustono uga ngendikan babagan penguatan materi kudu dilaksanakena nganggo pretimbangan anané dhialèk sing ana nèng Jawa Tengah, kususè bab unggah-ungguh basa. Wujudè yakuwè ndadèkena basa Jawa (dhialèk Tegal) dienggo saben dinané, aja dilalèkena. Saiki dadi laka sing ngomong basa Tegal saben dinané.
Ancasé sinau basa Jawa kanggo nyangoni para generasi mudha. Seliyané kuwè dikarepena bisa ningkatena kuwalitas lan kompetensi outcome lan output pendhidhikan marang basa lan sastra Jawa. Lan ebèn bisa nggayuhi ancas kuwè dibutuhna pendekatan sing diarani pendekatan komunikatifkontekstual. Pendekatan komunikatif kuwè dipasna marang basa minangka basa sing esih urip, basa sing dienggo saben dinané. Yèn pendekatan kontekstual kuwè pendekatan sing ngarah nèng jagatè bocah cilik. Miturut Pak Rustono, angger Mulok Basa Jawa Kurikulum 2013 kuwè digiatna kanthi temen repan ngasilna pribadhi siswa sing kompeten sikap, ilmu pengetahuan, lan kaprigelan nganggo basa Jawa sing nyuwiji nèng jiwa raganè sing njawani.
Pemakalah sing nomer loro yakuwè Dr. Johardi sing njlèntrèhna makalah sing irahané "Muatan Lokal Bahasa Jawa Regulasi dan Implementasinya". Pak Johardi ngandhakena yèn basa Jawa kuwé basa sing penuturè paling okèh dhèwèk, nanging ora toli aman sekang anceman punah. Salah sijiné anceman kanggonè basa Jawa saiki kuwè guran dienggo dèning uwong-uwong tuwa thok. Kahanan kuwè ya padha baè karo basa dhaèrah liyanè nèng Indonesia. Mulanè, pemrèntah ora mung meneng thok. Ewis okèh kebijakan ewis dilaksanakena kanggo nglawan kahanan sing kaya kuwè (anceman punah). Kebijakan-kebijakan sing dimaksud dèning Pak Johardi yakuwè PP nomer 25 taun 2000 sing ngatur pambagèn wewenang
antaranè pemrèntah pusat karo pemrèntah dhaèrah. Pembinaan lan Pengembangan basa lan sastra Indonesia kuwé dadi tugasé pemrèntah pusat, sewaliké, Pembinaan lan Pengembangan basa lan sastra dhaèrah dadi tugasé pemrèntah dhaèrah. Ana maning kebijakan nèng UU nomer 24 taun 2009 babagan Bendera, Bahasa, Lambang Negara, dan Lagu Kebangsaan sing nèng njeronè ya ngatur babagan perlindungan, pelestarian, lan pembinaan basa dhaèrah. Regulasi Undhang- Undhang kuwè diudhunna nèng Peraturan Daerah (Perda) sing bisa didadèkena landhesan hukum kanggo dhaèrah ebèn bisa ngupayakena Pembinaan lan Pengembangan basa dhaèrah. Jawa Tengah ewis nduwèni kakuwatan hukum babagan basa dhaèrah nèng SK Gubernur Jawa Tengah Nomer: 423.5/5/2010 sing ngatur babagan Kurikulum Mata Pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa untuk Jenjang Pendidikan SD/SDLB/MI, SMP/SMPLB/MTs Negeri dan Swasta. SK kuwè latanè diudhunna dadi Keputusan Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah Nomer 423.5/14995 tanggal 14 Juni 2014 tentang Kurikulum Mata Pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa untuk Jenjang SD/SDLB/MI, SMP/SMPLB/MTs., SMA/SMALB/SMK Ngeri dan Swasta nèng Jawa Tengah.
Nanging, kasunyatan sing ana nèng lapangan, basa Jawa sing diwulangna nèng sekolahan kuwè gur basa Jawa baku (dhialèk Solo). Kahana kaya kuwè ndadèkena bocah sing ana nèng dhaèrah Tegal, Brebes, Banyumas, Cilacap rumangsa kangèlan sebab dudu basa Jawa dhialèk sing diomongna saben dinané. Ebèn uwong Tegal lan dhaèrah Jawa Tengah sing ora ngomong basa Jawa baku bisa ora kangelan, mulanè prelu ana kebijakan kusus, ebèn basa Jawa dhialèk Tegal kiyè dadi muatan lokal basa Jawa nèng wilayah Tegal lan seliyanè. Kanggo mujudena ancas kuwè prelu ana persiapan, yakuwè kudu siyap kurikulumè, bahan ajarè, lan tenaga gurunè.
1. Kurikulum
Kanggo nyiapna êbèn basa Jawa dhialek Têgal dadi muatan lokal yakuwé kudu nggawè silabus, kompetensi dasar, lan materi sabên tingkatan kuliahè. Saliyané kuwè kudu nduwé kerja sama karo pihak liya umpamanè karo Pusat Kurikulum dan Perbukuan (Puskurbuk), kerja sama karo Balai Bahasa Jawa Tengah, lan karo Universitas Pancasakti (UPS) Tegal.
2. Bahan Ajar
Saliyané kurikulum kanggo nyêngkuyung êbèn basa Jawa dhialèk Têgal dadi mulok yakuwè bahan ajar kanggo piranti para guru mulang. Bahan ajar kuwè minangka sumber informasi, alat, lan teks sing diênggo guru/instruktur supaya bisa nggawè rèngrèngan utawa rencana lan supaya bisa gawé telaah implementasi pembelajaran. Kanggo nyusun bahan ajar perlu kerja sama karo Pusat Perbukuan lan Balai Bahasa Jawa Tengah.
3. Tenaga pengajar.
Tenaga pengajar kuwè paling penting kanggo nentokena sukses oranè proses pembelajaran. Mulanè butuh guru sing pinter ngomong nganggo basa Jawa dhialèk Têgal. Masalahè, sasuwéné kiyè guru basa Jawa sing sinau nèng perguruan tinggi akèhè olih wulangan basa dhaèrah Solo utawa basa Jawa wètanan. Mulanè kudu dianakena kerja sama karo perguruan tinggi sing mbukak program studi basa êbèn ana mata kuliah basa Jawa dhialèk Têgal.
Sêwisè kuwè, makalah sing nomêr têlu dijlèntrèhna dèning Dr. Maufur. Makalahè "Saclerengan Sejarah Perkembangan Basa Tegalan" nyritakena sejarah prêkêmbangané basa Têgalan. Dicritakena dhong taun 1972 basa Têgalan ora nduwé daya kanggo ngadhêpi basa Jawa wètanan (Surakarta lan Yogyakarta). Kahanan kaya kuwè mergané pulitik jaman gêmiyèné. Jaman sêkiyè anggêr nganggo basa Têgalan mesthi pan dianggêp ngisin-isini. Basa Têgalan mung dinggo dèning para dhalang lokal, kaya dhalang Kasirun (wayang Tutus), Ki Sueb lan Ki Bagja (wayang Glètak), lan dhalang Slamet Gundono (wayang suket). Sêliyanè kuwè, basa Jawa Têgalan ya diênggo nèng kesenian-kesenian karo nèng pengajian-pengajian.
Dhong taun 1994, basa Tegalan kayong
gumrègah tangi. Basa dhialèk sing maunè ora ana wujud tulisané, saiki êwis mulai ana nèng bukubuku. Seniman-seniman Têgal êwis mulai nulis puisi ora kètang kasil terjemahan sêkang puisi sing nganggo basa Indonesia. Contonè puisi Nyanyian Angsa karangané Rendra dadi Tembangan Banyak sing diterjemahna dèning Lanang Setiawan.
Taun 2005 ana acara Jêd-jêdan Maca Puisi yakuwè acaranè maca puisi Têgalan nèng umah dhinas Walikota Têgal. Sing maca wêktu kuwè Adi Winarso (Walikota Tegal), Agus Riyanto (Bupati Tegal), Ghotzun (Ketua DPRD Kota Tegal), pejabat lan para seniman. Dhong taun 2006 Pemrèntah Kota Tegal nganakena Kongrès Basa Têgalan sing sepisan. Kasil putusanè, yakuwè basa Têgalan manjing nèng kurikulum sekolah-sekolah sing ana nèng Kota lan Kabupaten Tegal. Tanggal 26 Nopember 2006 Komunitas Sastra Tegalan nganakena dina ulang taunè sastra Têgalan nèng umah dhinêsè Wakil Walikota Tegal. Taun 2010 kêbabar novel basa Têgalan sing irahanè Tegal Bledugan karanganè Lanang Setiawan. Taun 2011 Lanang Setiawan olih penghargaan tingkat nasional, yakuwè "Penghargaan Sastra Rancage" sêkang Yayasan Rancage sing didêgna dening Ajip Rosidi.
KONGRES II BAHASATEGA Prof. Teguh Supriyanto lan Prof. Rustono dadi narasumber ing kongres
Taun 2012 nèng koran Suara Merdeka ana kolom "Warung Poci". Kolom kiyè ngèin kesempatan nèng para penulis Têgal kanggo ngetokena apa sing dipikir, apa sing dirasa, lan apa sing dilakoni toli dikongkon nulis nganggo basa Têgalan. Tahun 2017 nganti taun 2018 didêgna Lembaga Pengkajian lan Pengembangan Bahasa Tegal sing dipimpin dèning Prof. Dr. Rustono lan Prof. Dr. Tri Jaka Kartana sing nduwèni ancas ningkatna martabaté basa Tegal nèng tengahtengah basa Jawa lan dhaèrah liyané nganggo cara pengkajian lan pengembangan basa.
Makalah sing kepapat disampekna dèning Dr. Burhan sing irahane Bahasa Jawa Tegalan dalam Perspektif Budaya Literasi". Kuwalitas basa Jawa Têgalan bisa moncèr lan cêmlorot anggêr masrakat Tegal nduwèni rasa sênêng lan gêlêm barêng-barêng ngopèni basa Têgalan. Cara sing dianggêp paling apik yakuwè ngêmbangna budaya literasi nèng generasi mudhané. Anggêr budaya literasi êwis biyasa dilakokena, mesthinè ora kangèlan maning basa Têgalan bisa dilêstarèkena.
Para panyarta mèlu anjog nèng Kongres Basa Tegalan II
Makalah sing nomer lima disampèkna dèning Prof. Dr. Teguh Supriyanto sing irahanè "Bahasa dan Sastra Jawa dalam Putaran Masa". Manut Pak Teguh, basa Jawa dhialèk Tegal kiyè mandan padha karo basa Jawa dhialèk Banyumasan sing kayong luwih cêrêk karo basa Jawa Kuna timbangané karo basa Jawa wètanan utawa basa sing ana nèng dhaerah kraton. Jêrè para ahli, saya adoh sêkang kraton, saya longgar aturan-aturan tata trapsila basa lan adhat kebiasaan. Mulanè basa Jawa dhialèk Tegalan ora akeh sing malih. Têmbung-têmbung nèng basa Jawa dhialèk Têgal èsih okih sing padha basa Jawa Kuna.
Latanè, Irawan HG nyampèkena makalah sing nomêr ênêm sing irahanè "Kesetaraan Dialek Bahasa Jawa". Mas Irawan nyampèkena senajan pasinaon basa Jawa nèng komunikasine nganggo basa Jawa dhialèk Tegalan ningan aja kosih ninggalna bab unggah-ungguh karo undha usuk basa Jawa, mergané bab loro kuwè minangka budaya adiluhung sing mbèdakna basa Jawa karo basa dhaèrah liyané.
Pak Sisdiono Ahmad nyampèkena makalah pungkasan sing irahanè "Kedudukan dan Fungsi Bahasa Tegal di Tengah Masyarakatnya". Pak Sis ngandhakena anggêr kabèh basa dhaèrah lan dhialèké nduwèni panggonan sing padha nèng kabudayan, mesthi rêpan mulya kabèh.
Kasilé Kongrès Basa Têgalan II yakuwé ngusulna supayanè pêmrèntah dhaèrah nggawé peraturan sing intiné supaya basa Têgalan kuwè lestari. Upaya kanggo nglestarèkena yakuwè basa Tegalan didadèkena pelajaran muatan lokal nèng sekolahan, dadi ora mung basa Jawa standhar thok. Saliyané kuwè supaya para instansi nyêdiakena pojok baca sing isiné buku-buku sing nganggo basa Têgalan utawa budaya Têgal. Muga-muga anané Kongrès Basa Têgalan II kiyè bisa ngangkat basa Têgalan lêwih dikenal dèning masrakat Jawa, nasional, malah êbèn tekan tingkat internasional. Basa Têgalan disenengi dèning generasi mudha saèngga gêlêm nyinaoni malah ngêmbangna. Dadiné, besuk anak-putu anggêr pan sinau basa Têgalan gampang ora ndadak adoh-adoh têkan nêgara manca. Basa Tegalan bisa lestari nganti mbèsuk têkan akirjaman. Aamiin.
Kavling Suwarga
Dening: Ki Sudadi*)
Cewek umur rong puluhan taun iku manganggo-sandhangan sales. Warnane wungu kombinasi ijo lan kuning. Katon gandhes, luwes, kewes merak ati. Dhasar pawakan lencir kuning, rambute sedawane gulu katon ireng memes. Mangagem rok tekan ngisor dhengkul nambahi lan pantese. Kenya iki pancen beda karo sales-sales liyane sing asring manganggo sandhangan mepet lan gawe ngiler sing nyawang. Dheweke katon banget anggone njaga kesopanan. Dhasar alus solah bawane. Eseme sing nyengsemake gawe aku kepincut Sore kuwi sales sing ngaku jeneng Shasa kuwi teka ana omahku. Dhasare aku ijen ana ngomah mula bisa katog anggonku pirembugan.
"Pak, ndherek promosi," kandhane cekak. "Lha mangga! Sadean napa Jeng? Kompor gas, dispenser, napa bangsane mobil utawa motor?" wangsulanku sumringah.
"Sanes Pak. Kula sanes sales peralatan rumah tangga utawi mobil. Kula promosi kavling."
"Perumahan pundi?"
"Sanes kavling perumahan Pak. Niki kula dodolan kavling suwarga."
"Ah...ampun guyon ta?! Pundi wonten kavling suwarga ditawak-tawakne ngangge sales
kados njenengan niki?"
"Leres Pak. Kula mboten guyon kok. Niki kula nembe ngayahi dados sales kavling suwarga."
"Mangke rumiyin. Suwarga niku janjanane kados napa? Kok Panjenengan dados tukang promosi suwarga. Lan malihe sinten bos sing kagungan kavling suwarga niku? Napa njenengan nggih pitados kalih tiyang niku?"
"Niki ngaten Pak. Suwarga niku papan ingkang sakalangkung edi endah. Papan ingkang eyup, edhum, ayem, tentrem kebak kenikmatan langgeng. Menawi namung hotel bintang lima utawi menawi wonten bintang tujuh mboten wonten sakuku irenge. Kula criyosi nggih, wonten suwarga niku napanapa pareng lan saged kasembadan mboten
sisah rekaos. Ajeng dhahar napa mawon kasembadan. Ajeng ngunjuk sing diremeni nggih kelakon. Mboten wonten sing nglarang. Pados tuk sing mili anggur utawi arak wonten. Pengin tuk sing mili susu nggih kathah. Tur malih yen kados Panjenengan niki kakung kepengin sumandhing widadari sewidak nggih kelampahan. Pun ajeng pados napa malih?"
"Bos sing kagungan kavling niku sinten?"
"Mangke kula paringi alamate yen Panjenengan pun kersa pesen kavling sing kula sade. Yen dereng nggih percuma Pak. Mangke malah mung dadi guyon."
"Kula kok penasaran kalih widadarine niku. Widadari sewidak sing wonten kavling suwarga niku gek pripun sing ajeng ngayahi? Mangka kula niku awake ringkih kados niki."
"Wonten mrika niku mboten wonten tiyang ringkih Pak. Sedaya mbalik dados mudha malih. Ngenani widadari cacah sewidak niku manajemene gampil. Carane nggih digilir ngoten. Umpami tanggal gangsal kepanggih widadari sing namine Dessy, Panjenengan kepanggih malih kalih Widadari Dessy sasampunipun kalih wulan."
"Wah...iya ya. Pinter temenan Panjenengan iki. Lajeng ngaten Jeng kula tak taken; Kavling suwarga niku napa pun wonten perumahane napa dereng?"
"Nggih pun disedhiyakaken gedhunggedhung ingkang sarwa megah. Kamar-kamar sarwa mewah. Papan-papan hiburan nggih kantun milih sing disenengi. Lha kavling suwarga niku nggih wonten kelas-kelasan Pak. Wonten sing kelas Economy, Premium, Lux, Super Lux, lan King & Queen Class."
"Bentene napa niku antarane kelas setunggal kalih setunggale?"
"Fasilitasipun Pak. Kelas ekonomi fasilitas sing sumadhiya nggih pas-pasan nadyan nggih pun sekeca. Papanipun edhum kados wonten ngandap wit nagasari. Ing ngandhapipun nggih mili tuk toya bening. Ajeng lelumban wonten blumbang sing banyune bening nggih pun disedhiyani fasilitas komplit. Ombak damelan ngantos sing kados tsunami nggih wonten. Mung kuciwanipun, wonten kelas economy niku widadarinipun namung pitu."
"Luar biasa. Terus napa wonten fotofotone Jeng?"
"Menika Pak. Mangga dipun priksani piyambak. Menika foto-foto fasilitas suwarga kanthi kelas-kelas ingkang bentenbenten. Wonten foto wewangunan, fasilitas, dalan, taman, akses wonten tempat umum, malah klebet widadari-widadari ingkang kasedhiyakaken nggih wonten fotonipun. Komplit wonten katalog niki."
"Ck! Ck! Ck!"sumaurku karo gedheggedheg lan ngecek neniru swarane cecak nalika meruhi pajangan foto-foto suwarga wiwit kelas Economy nganti King & Queen Class kuwi. Aku dadi nggumun setaun nyumurupi sesawangan suwarga sing kaya mangkono endahe. Sajake pancen durung ana papan ing donya sing endahe kaya kuwi. Selagine perumahan-perumahan sing diiklanke ana TV kanthi angsuran sepuluh yuta sewulan kae durung pada-pada yen dibandhing karo kavling suwarga mau.
Apa maneh nalika weruh foto-foto widadari sing jare arep ngancani wong lanang sing mlebu ana kaswargan kuwi. Aku dadi semlengeren. Kabeh racak pawakan lencir pakulitane putih resik seger pakulitane uga katon alus lumer. Rambute
ireng memes ana uga sing pirang kaya wulune wong bule wae. Ana siji loro sing ireng kulitane kaya wong Afrika nanging tetep wae katon manis. Ora ana sing pawakane 'ndhekmu' (cendhek lemu) sikil bentek utawa 'setu legi'(setengah tuwa lemu ginukginuk). Kabeh nyengsemake sing nyawang. Gek jare widadarine kuwi paling sithik cacah pitu tur ora nate ngalami MM (Mencret lan Menstruasi). Kuwi kanggo kelas economy. Saya dhuwur kelase widadarine uga saya akeh. 'Biyuh biyuh.....Gek kaya ngapa satemene kavling suwarga iki?' ngono pitakonku ing batin.
"Pripun Pak? Ketarik mboten kalih promosi kula kavling suwarga niki?" pitakone Jeng Shasa sawise aku ngematake katalog sing dak bukaki.
"Kula tak ngertos kavling suwarga niki paling murah regine pinten? Angsurane pinten?"
"Kavling niki mboten diangsur ngangge arta utawi potong gaji."
"Lha terus pripun?"
"Kavling niki saged dipesen kanthi angsuran luh."
"Luh? Air mata?"
"Nggih."
"Kok aneh ta Jeng? Suwarga kok kedah ditebus ngangge luh niku pripun nalare?"
"Kavling suwarga niku winates gunggunge Pak. Mila yen ajeng angsal kavling niku nggih rebutan. Kangge rebutan niku nggih kepeksa ngorbanaken tiyang sanes. Kepeksa damel tangis yen perlu panandhanging liyan. Cobi panjenengan etang sanegari Indonesia mawon pendhudhuke cacah rong atus seketan yuta. Mila kedah rebutan."
"Klebu nalar Jeng."
"Pun pripun? Panjenengan penggalih. Yen nggih ajeng kula dhaftar dados anggota. Lajeng saged dados sales anyar. Niki ngangge modhel multi level marketing Pak. Panjenengan saged pados anggota gangsal lajeng teras pados malih anggota-anggota enggal salajengipun. Syaratipun sami, asok luh saben wulan."
"Nggih. Kula pun manteb. Kula pesen kavling setunggal sing kelas economy mawon."
"Pun. Niki pun kula cathet. ID Card kula kintun mriki mbenjing-enjing. Ampun kesupen angsurane mboten ngangge arta, nanging cekap pados luh. Paling mboten luhe niku kedah 500 ml. ajeng diwadhahi botol, gelas, utawi plastik bebas. Saya kathah saya tambah point. Posisi Panjenengan ugi saya inggil."
"Pun jelas. Kula pun paham. Kula pun nate dados anggota MLM kok."
"Kula tengga setoran luh sing sepisan wulan ngajeng nggih Pak?"
"Siap 86. Terus setore wonten pundi luhe niku?" wangsulanku kebak semangat.
"Niki kantor pusat pemasaran kavling suwarga. Kula paringi kartu nama niki. Alamate nggih pun cetha wonten kartu nama niki. Kangge setoran sepisan ngantos kaping tiga kedah langsung wonten kantor pusat dene salajengipun saged setor lewat kula."
"Matur nuwun lho Jeng."
Sidane aku pesen kavling suwarga kelas economy kuwi. Sesuke aku uga wis duwe ID Card. Jeng Shasa sing ngeterake ID Card kuwi kanggo aku. Dheweke malah sempat promosi marang bojoku barang. Kanthi ID Card kuwi, aku wis resmi dadi agen resmi pemasaran kavling suwarga sing alamat kantor pusate ana jalan Tawang Gantungan nomer 13, Kota Pengrantunan. Alamat kuwi dak goleki ana google map lan gampang ditemokake. Lewat google map aku uga bisa nyumurupi lamun kantor pusat pemasaran mau wujud gedhung tingkat pitulas. Aku wis ora ragu-ragu maneh marang bisnis iki. Suwarga iku langgeng dene donya iku mung sagebyaring netra. Wong Jawa malah kandha yen wong urip ana donya iku mung kaya dene mampir ngombe. Wong mampir ngombe kuwi sepira suwene? Mesthi mung sabegyaran wae. Mula aku kudu luwih ngutamakake anggonku mbubidaya amrih entuk kavling suwarga kanthi setor luh saben wulan.
Saliyane makarya saben dina dadi buruh srabutan, aku duwe gawean yaiku golek luh. Angger ana bocah nangis dak parani lan luhe dak wadhahi botol, ning mesthi wae mung entuk luh setetes utawa rong tetes. Kadhang
ana bocah nangis dak parani jebul bocahe sing nangis kuwi ora ngetokake luh. Sing metu malah umbele. Wah iki pancen repot. Yen sekawit aku mbayangake golek luh iku gampang, jebul suwalike. Golek luh iku dudu perkara gampang. Malah kepara ribet. Sedina durung mesthi sepuluh tetes. Gek sewulan aku kudu setor paling ora 500 ml. Yen golek putihan endhog pitik utawa idu ngono gampang. Lha iki luhe wong liya. Mula aku dadi mikir piye carane bisa golek luh sing akeh? Yen ora kelakon nglumpukake luh, kelakon cabar impenku entuk kavling suwarga.
Dak pikir-pikir yen anggonku golek luh mung ngenteni bocah nangis utawa wong wadon nangis ora bakal kelakon aku nglumpukake luh sing semono akehe. Iki kudu nggunakake akal. Bisane wong nangis mesthi ana jalarane. Yen ngono aku kudu golek garagara amrih akeh wong nangis. Kedereng anggonku kudu setor luh mula saben dina aku tansah mubeng-mubeng kampung, desa, lan papan-papane wong akeh. Yen ana kesempatan wong-wong sing ketemu aku, mesthi dak gawe nangis. Ana wong wadon sing parkir motor banjur dak colong motore, bareng ngerti kelangan motor dheweke nangis. Maneh-maneh ana bocah sing dak pisahake karo wong tuwane, wong bebojoan dipegatake, ana omahomah sing kudu dak rusak sapiturute. Kabeh pamdudidaya ancase mung siji entuk luh.
Sawise mbudidaya kanthi maneka cara lumayan akeh luh sing dak klumpukake nganti meh setengah target. Aku nyicil ayem. Kanggo nikelake akehe luh sing dak klumpukake, aku kudu luwih sregep gawe kerusakan, kesusahan kang nyebabake panandhange liyan. Terus piye maneh ya? Aku saya nekad. Yen pancen kudu merjaya wong ya dak lakoni. Aku malah ora makarya ijen. Anak lan bojoku dak ajak nyambut gawe bareng. Umpama temenan aku entuk suwarga sekavling mesthine anak lan bojoku bisa dak ajak urip bebarengan ngrasakake nikmate suwarga kuwi. Mula kabeh padha gelem nyengkuyung tekadku sing gembleng kuwi.
Nalika akhir wulan target luh 500 ml wis kecekel malah luwih saka kuwi. Karana target sing ngluwihi mau, aku yakin bakal entuk bonus saka Bos Besar. Mula akhir wulan aku kudu lunga ana Kutha Pengrantunan. Sing dak tuju gedhung pusat pemasaran kavling suwarga sing mapan ing Jalan Tawang Gantungan nomer 13. Ora tidha-tidha maneh anggonku teka ana Kantor Pusat kuwi jalaran aku wis pasang ID Card ing sak klambiku. Tekaku wis nggawa luh diwadhahi ana botol beling cacah loro. Sing siji isi 500 ml dene sijine maneh udakara 300 ml. Aku yakin bakal entuk pangalembana saka Bos Besar.
Mlebu gerbang aku takon saweneh Satpam gedhung tingkat mau. Satpam sing brengose kandel kuwi kandha yen kantor sing dak goleki iku manggon ing lantai 13. Aku terus diterake menyang lift lan munggah gedhung numpak lift kuwi tumuju lantai 13. Tekan jero kantor, kahanan isih sepi. Mung ana resepsionis siji sing nampa tekaku. Cewek ayu nganggo kacamata iku terus nampa tekaku.
"Pinanggih sinten Pak?"
"Bos Besar. Kula anggota enggal badhe setor syarat pesen kavling lan ndaftar dados tim pemasaran."
"Oh...inggih. Samenika nembe wonten ritual wonten lantai 17. Menawi badhe pinanggih Bos Besar saged langsung mrika."
"Yen ngoten tak langsung mrika mawon."
Bubar pamitan aku langsung munggah ana lantai 17. Ana lawang sing mbukak otomatis tumuju papan ritual. Ora ana paraga sing nunggoni lawang kuwi. Wong-wong lagi padha ketungka ngadani ritual mula ora ngematake tekaku. Katon ana pawongan gedhe dhuwur kang mimpin ritual kuwi. Ing mburine akeh wong-wong kang lungguh melu ritual mau. Pawakane uga gedhe-gedhe. Tangane pating pethekol. Rambute dhowat dhawut. Saperangan wanita sing mangagem busana ritual uga katon ing papan kono. Tak ematake kabeh padha nyembah saweneh reca kang apepaes raseksa. Bareng dak waspadakake aku lagi nyumurupi gupala kang katon mencereng kanthi mata sing mendholo-mendholo iku
jebul pepaese Bathara Kala, Dewaning Angkara Murka.
Rampung ritual, paraga gedhe dhuwur sing dak yakini minangka Bos Besar kuwi katon raine sing abang brengose ketel. Mripate mlolo. Saka tutuke katon metu siyunge kiwa tengen. Bareng dak tamatake maneh aku lagi nyumurupi lamun paraga kuwi ora liya Sang Bodhayitma, panjalmane Dasamuka kang tansah nyebar kadurakan lan kasangsaran aneng alam donya. Sidane aku mlayu nggendring ninggalake papan kono.
Wadaslintang, 18 Mei 2018
*) Ki Sudadi, Penulis Sastra & Budaya; guru SMP Negeri 1 Wadaslintang cumondhok ing Wadaslintang, Wonosobo, Jawa Tengah
Nonton Wayang
Dening : Zuly Kristanto
iwit cilik Jefri seneng banget W nonton pagelaran wayang kulit. Mula ora nggumunake senajan umure isih ngancik sepuluh taun, Jefri bisa ngapalake saperangan paraga-paraga kang ana sajroning donyane wayang.
Saka saperangan paraga kang nduweni watak becik ing jagading pewayangan ana salah sawijining paraga kang dadi idholane Jefri. Paraga kesenengane Jefri iku ora liya yaiku Raden Werkudara. Jefri seneng klawan paraga kasebut jalaran saliyane gedhedhuwur, gagah-pideksa, lan sekti mandraguna, merga Raden Werkudara digambarake sawijining paraga wayang kang ngurmati banget marang gurune.
Saliyane Jefri ana uga kanca sakelase sing ngidholakake paraga Raden Werkudara. Kancane Jefri mau nduweni jeneng Adhi. Beda Jefri beda uga Adhi. Senajan seneng marang paraga Raden Werkudara, nanging Adhi ora sepiraa seneng marang pagelaran wayang. Adhi mung seneng marang paraga Raden Werkudara iku jalaran weruh blegere kang gedhe dhuwur sarta nduweni Kuku Pancanaka sing sektine kliwat-kliwat.
Dina Senen awan watara jam setengah siji awan piwulangan kang ana ing sekolahan wis dipungkasi. Sadurunge piwulangan awan iku katutup kanthi donga, Bu Ely minangka guru kelas menehi tugas tumrap para muride. Tugas sing diwenehake Bu Ely awan iku yaiku para siswa nggawe crita pewayangan kanthi migunakake basane dhewe-dhewe. Mangerteni tugas sing diwenehake menyang murid-muride iki rada abot, mula bu Ely mbagi murid-muride dadi saperangan kelompok lan saben kelompok isine bocah cacah loro. Kebeneran wektu iku Jefri lan Adhi dadi saklompok. Weruh dadi saklompok klawan Jefri, Adhi rumangsa ayem dhisik jalaran dheweke oleh kanca sing paling ora ngerti ing babagan pewayangan.
Tugas kang diwenehake dening Bu Ely kuwi bakale dikumpulake dina Senen candhake. Kahanan iki uga ndadekake rasa marem tumrap bocah-bocah jalaran isih nduweni
wektu kang lumayan dawa kanggo nggarap tugas kasebut. Semono uga kang dirasakake dening Jefri lan Adhi. Bocah iku uga ngrasa marem jalaran nduweni wektu kang lumayan dawa kanggo nggarap tugas mau. Kanthi anane wektu kang dawa iku Jefri lan Adhi nduweni pepinginan bisa ngrampungake tugas kanthi asil kang nyenengake.
Senajan wektu kanggo ngrampungake tugas isih seminggu suwene nanging kahanan iki ora tansah ndadekake Jefri lan Adhi malesmalesan anggone nggarap tugas kasebut. Wektu iku kabeneran sedina sawise Bu Ely menehi tugas kasebut katepakan klawan dina libur nasional. Kahanan kasebut dimunpangatake kanthi becik dening Jefri lan Adhi kanggo ngrampungake tugas mau. Nalika kanca-kanca liyane lagi padha nyantai lan dolan-dolan, bocah loro kuwi malah nggarap tugas kang diwenehake dening gurune iku kanthi sengkud. Sawise padha dipikir kanthi bebarengan bocah loro kuwi nduweni panemu mung ana telung cara amrih bisa ngrampungake tugas kasebut. Cara kang kapisan yaiku kanthi maca buku-buku pewayangan, sing kapindho takon marang pawongan kang ngerti ngenani lakon pewayangan, lan sing pungkasan yaiku nonton pagelaran wayang.
Gandhenge Jefri nduweni akeh koleksi vcd pagelaran wayang mula cara sing nomer telu iku mau kang dipilih dening bocah loro kasebut. Amarga padha-padha nyenengi paraga Raden Werkudara kekarone banjur pengin nggawe crita ngenani paraga iku. Kaya wektu kang wis ditemtokake jam sanga esuk sabubare sarapan Adhi wis teka ing omahe Jefri. Sawise teka ing omahe kancane iku Adhi langsung diajak mlebu ngomah lan diajak nyetel salah sijine vcd koleksine Jefri kang ngamot lakon Bima Suci.
Sawise rampung anggone nonton wayang, kekarone banjur dhiskusi lan wiwit nulis crita wayang kasebut kanthi migunakake basane dhewe-dhewe. Nanging satengahe nulis Adhi ngendhegake anggone nulis bagiane lan ngomong menyangJefri.
"Jef, tibake ngarang iku jebule ora gampang ya? Aku rumangsa wis ora sanggup maneh. Kepriye upama bagianku iku sing ngrampungake awakmu wae?"
"Ya, ora bisa Dhi, awakmu kudu ngrampungake bageyanmu. Mengko yen sing ngrampungake aku tegese biji sing bakal diolehi mengko kuwi hakku lan awakmu ora nduweni hak. Mula saka kuwi awakmu ya kudu ngrampungake apa sing wis dadi bageyanmu saengga mengko biji sing bakal diwenehake bu guru menyang awake dhewe bener-bener digayuh kanthi usahane awake dhewe bebarengan"kandhaneJefri.
"Nanging rumangsaku tugas sing diwenehake dening bu guru wektu iki abot banget. Kaya-kaya tugas sing diwenehake dening bu guru iku durung wayahe digarap dening awake dhewe. Dakrasa kanca-kanca uga ngrasakake kangelan. Apa kira-kira bu guru kliru anggone menehi tugas ya?" pitakone Adhimaneh.
"Hush, aja nduwe pandakwa kaya mangkono marang gurune dhewe Dhi. Awake dhewe mau lak ya wis nonton wayang kanthi lakon Bima Suci, sejatine lakon kuwi menawa dionceki bakal ana piwulangan sing becik lan bisa didadekake patuladhan kang becik tumrape siswa kaya awake dhewe iki" ujare Jefri.
"Bageyan sing ndita Jef? Aku koklali."
Perwitasari. Mosok awakmu ora kelingan babarpisan?"
"Mosok lali? Mau nalika Bima diutus dening Begawan Durna kanggo nggoleki Tirta
"Aku kelingan Jef. Nanging aku ora ngerti maksude. Coba aku mbok diterangke!" panjaluke Adhi.
"Ngene ya Dhi. Wektu Bima nampa tugas ngupadi banyu Tirta Perwitasari saka gurune iku sejatine nggambarake rasa taat-e siswa marang gurune. Saliyane iku tugas-tugas abot sing diwenehake dening Begawan Durna marang Bima lan bisa dirampungake kanthi becik dening Bima iku nuduhake gedhene rasa kurmat siswa marang gurune. Mula saka iku minangka siswa kudune awake dhewe bisa nuladhani sipate Bima sing kaya mangkono kuwi. Mula saka mangeteni sipate Bima kang kaya mangkono kuwi aku tansah ndadekake dheweke salah sawijining paraga wayang idholaku"kandhaneJefri maneh.
Sawise krungu apa kang dijelasake dening Jefri ngenani sipate Bima, kuwi banjur nuwuhake semangate Adhi maneh. Saliyane kuwi Adhi uga ngrasa isin marang awake dhewe jalaran senajan padha-padha ngidholakake Werkudara nanging dheweke ora ngerti yen Raden Werkudara utawa Bima nduweni sipat luhur. Dheweke mung seneng nyawang blegere Raden Werkudara kang gedhe dhuwur. Wiwit keprungu apa kang dikandhakake dening Jefri mau Adhi nduweni tekad bakal nuladhani sipate Raden Werkudara sing nduweni rasa kurmat lan taat marang gurune. Sipat sing kaya mangkono kuwi mau bisa ditindakake kanthi nglaksanakake apa wae kang diutus dening gurune.
"Matur nuwun ya Jef, amarga panjlentrehanmu ngenani kepriye sipate Bima utawa Raden Werkudara iku bali nuwuhake semangatku kanggo ngrampungake bageyanku. Aku kepingin bisa kaya Werkudara jalaran paraga kuwi uga paraga idholaku" kandhane Adhi.
Krungu apa kang dikandhakake dening kancane iku Jefri mesem lan ngomong, "Ayo gek dirampungake tugas-tugas sing wis dibagi mau supaya awake dhewe enggal bisa ngaso" pangajakeJefri.
"Siap pak Guru," saute Adhi sing sabanjure disusul swara guyu renyah bocah loro iku bebarengan.
Samiaji
Jujurmu tan ana tandhinge Sewu siji yen ana tunggale Wibawane kaya ramane Getih putih minangka perlambange
Jujurmu dadi carita Akeh kang ngalembana Nanging ya ora sithik sing cuwa
Saben polahe Pandhawa iku mesthi Linambaran pasarujukanmu Ya samesthine mangkono Minangka pambarep Ngekep adhi adhimu murih slamet
Ngadhepi cakrabirawa kang nggegiri Kagila gila mung ditinggal kepet kepet
Jarene kandha sliramu ra tau duka Nanging jarene dhalang Yen nesumu tan tinahan Triwikrama dadi buta sak gunung Anakan
Mbokmenawa Kabeh wong Ora bakal cingak Yen ta Pideksa prakosamu Tan jirih ing getih Gawe miris mungsuhmu keplayu Nyingkrih
Ing sajroning bandayuda ora butuh Subasita Tatasusila tepa selira Mung butuh bener luput kang mbok Turut
Ora maelu Sanak dulur guru Apa maneh sing ora mambu mambu Gada Lukitasari nyamber sapa wae Kang malang lakumu
Telung kekuwatan kadigdayane Putramu durung cukup gawe Munduring kanisthan
Ya sliramu kang dadi toh tohaning Perang Adu gada adu kasantikan kang Imbang Karo Suyudana ratu brewu Ngastina
Baline hak mring sing wenang
Sejatine pasuryanmu isih kalah bagus Tinandhing adhimu Si Sadewa
Embuh kena rapal apa disuwuk Dewaning asmara Saben wanodya kaya kepencut Marang ngganthengmu sing jane ra Sepiroa
Sembadra kang ireng manis Supraba ing Indrakila Larasati ing Widara Kandhang Srikandhi ing Pancala Apa ya isih kurang?
Tega temen sliramu ngoyak putri ragil Mandaraka sing cetha garwane si Kurupati
Si Parta Janakaning tanah Jawa Kang turah senjata pusaka Pasopati, Pulanggeni, Ardadhedhali Pranyata kalah nglumpruk tanpa daya Karo eseme Banowati
Biodata Panggurit : Panggurit kang asma asline Agus Indardi iki ngasta dadi guru ing SMA N Kerjo Karanganyar
Suluk Bima
/1/ Sajroning mijil tan ana kang diwartakke kejaba mung lakune Bima kang lagya milirake tirta saka tuk sukune Abramuka maya-maya tumujweng samudralaya
:Kukuh-bakuh, kukuh-bakuh, kukuh-bakuh myang sakalir endahe cahya maya kukuh-bakuh, kukuh-bakuh, kukuh-bakuh myang sakalir prahara kang manempa
Sinartan bagaskara kang wus binabar ing puser cakrawala jumangkah Bima ing margane darma jumeneng guru pancering kawruh jati ginurit ing sekar sinom
: Tumedhak sang guru Bima sung wewarah pindha Ruci angandika rum puspita ambabar werdining darmi dumunung sajroning sih mrih budi budya linuhung mratani myang pra kadang sumrambah myang pra sujanmi ing sesanti mrih hayu harja bawana
/3/ Ing kidung pangkur kang paripurna ing mingkar-mingkure angkara apa maneh kang den esthi? kajaba mung ngisi sela-selaning kelir kanthi sanggit-sanggit budyayu tumekeng gumelaring Bima tayung
/2/ Sajrone kinanthi tan ana kang winarahake kajaba mung werdine sada lanang kang bakal dadi kekanthene Bima tumancep dumadi saka-gurune jiwangga
Cilacap, 1012 2015
Biodata Panggurit :
Panggurit kang karya-karyane wis kapacak ing maneka kalawarti. Saiki dedalem ing Karangtalun, No. 52, RT 01, RW VII, Karangtalun, Cilacap Utara, Cilacap, Jawa Tengah.
Pambukaning Kidung Nawaruci
(Dhandhanggula) Dening: Kristyhanto Yonosoebroto
Hamurwani kidung nawaruci, werdining gesang kang sampurna, tan kuciwa mamanise, kababaripun ngelmu, nenggih kawruh gesang sajati, ngesthi budi hayu, luhur lungiding pangrasa, wedharing kang cipta rasa lawan karsi, ing lampah datan salah.
Byar sumilak padhang hanelahi, nenggih gumelaring jagad raya, nyata jatining kayekten, yektine datan suwung, lamun gaduk nggenira ngudi, mring kawruh kasampurnan, ning dumadinipun, kalamun nyumurupana gambaraning Bathara ngaton sayekti werdinipun punapa?
Duk rikala Sang Bima ngulari, dunungipun prawita mustika, jroning minangkalbu nggone, katon liwung asuwung, gya pinanggya Sang Dewa Ruci, nenggih sang Marbudyengrat, dene wujudipun, wewayanganing Sang Bima, atetanya Sang Ruci Bathara aris, Heh titah Ulun Bima.
Apa baya kang kita upadi? kene datan ana apa-apa, katon suwung kahanane, papan gung liwang liwung, tan sabawa hasunya ruri, tanpa kadang tan rowang, binidhung ing bingung, kagyat sakala Sang Bima, hanglenggana lamun jawata mrepegi, gya nyembah matur basa.
Dhuh pukulun benget ing panggalih, peteng ndhedhet kraos lelimengan, tan ndunung dhateng karsane, dene saleresipun, sinten hamba miwah punapi? paran kang kula sedya, suwung hangenguwung, kekuwunge kadi paran, dhateng pundi napa kang kula ulati, kawula tan nglenggana.
Begawan Ciptoning
Supraba! Sliramu kudu dadi garwaku!
a n g k o n o M panguwuhe Sang Binathara Gung Negara Manikmantaka, Prabu Niwatakawaca nalika lagi wae tangi sawise entuk impen. Ing impene, dheweke ketemu widadari ayune uleng-ulengan aran Dewi Supraba. Sang Prabu tangi saka paturone banjur lumaku nuju taman. Ing batine, kembang-kembang sing tuwuh ing taman kuwi, bisa sangsaya endah yen Dewi Supraba, widadari ayu sing sulistya ing warna kuwi gelem dadi sisihane. Nanging widadari kuwi durung bisa disandhing merga saiki manggon ing Suralaya. Wewayangane Dewi Supraba sing merak ati kuwi tansah njoged ing tlapukan mripate, kayakaya ngawe njaluk direngkuh tangane. Sawise entuk impen sing mangkono, Sang Prabu rumangsa ora jenjem lan ora tentrem. Kanggo ngusadani swasana ati sing kaya mangkono, tuwuh supaya bisa gage nggarwa Dewi Supraba. Sang Prabu banjur ndhawuhi Patih Mamangmurkamenyang kahyangan saperlu nglamar lan nggawa Dewi Supraba menyang Manikmantaka.
Ora disesuwe,Patih Mamangmurka sawadya bala nglurug menyang Suralaya. Sawise tekan kana, patih sekti mandraguna kuwi banjur ngandharakake apa sing dadi dhawuhe Prabu Niwatakawaca. Para dewa ora nyembadani kekarepane raja Manikmantaka.Ndeleng kasunyatan kuwi,Patih Mamangmurka sawadya balane banjur ngamuk kaya bantheng ketaton. Para dewa ora kuwawa ngadhepiwadya bala Manikmantaka. Banjur nggolek cara golek jago sing bisa ngalahake Patih Mamangmurka sawadyabala.
Nanging ora let suwe, merga ora sabar, Prabu Niwatakawaca nyusul patihe menyang Suralaya. Ora beda karo patihe, Prabu Niwatakawaca uga banjur ngamuk. Ora ana dewa sing bisa natoni awake merga dheweke duwe ajian ampuh aran Aji Gineng Soka Weda. Sapa wae sing nyedhak lan digetak bakal ajur mumur kaya remukan watu. Bethara Narada banjur diutus Bethara Guru nemoni Prabu Niwatakawaca. Dening Bethara Narada, Prabu Niwatakawaca
dijaluk mulih dhisik lan mrasapa bakal ngeterake Dewi Supraba menyang negara Manikmantaka.
Kanggo ngedegake kawibawane sing wis diidak-idak Prabu Niwatakawaca, Bethara Guru banjur ngutus Bethara Endra supaya nggoleki Begawan Ciptoning (Arjuna) sing lagi mesu brata ing Guwa Mintaraga. Ing panyawang lan panglimbange Bethara Narada mung Begawan Ciptoning sing bisa ngalahake Prabu Niwatakawaca. Satekane papan pertapan, Bethara Endra ora kasil nggugah tapane Begawan Ciptoning. Mula banjur ngutus widadari cacah pitu supaya nggodha anggone lagi mesu brata. Widadari cacah pitu kuwi yaiku Supraba, Wilutama, Warsiki, Surendra,Gagarmayang, Tanjungbiru, lan Lenglengmulat. Widadari cacah pitu mau banjur nyaru dadi garwane Arjuna.Supraba dadi Sembadra, Wilutama dadi Manumara, Warsiki dadi Ulupi, Surendra dadi Gandawati, Gagarmayang dadi Srikandhi, Tunjungbiru dadi Larasati, lan pungkasan Lengleng Mulat dadi Palupi. Sakabehe padha nggodha Begawan Ciptoning. Nanging kabeh ora kasil, malah padha kesengsem marang baguse. Kabeh banjur badhar malih rupa maneh dadiwidadari.
Bethara Guru banjur nemoni Supraba. Dhawuhe marang Supraba,"Sira sing dadi undheraning perkara iki. Mula, Kulun ndhawuhi nemoni Begawan Ciptoning, ora liya Raden Arjuna. Mung dheweke sing bisa nyirnakake Prabu Niwatakawaca! Apa sira saguh, Supraba?"
"Kula sagah, Rama Ulun!"
Supraba pancen wis ngarep-arep dhawuh iki. Dheweke wis rumangsa Ciptoning nalika kadhawuhan nggodha anggone mesu Brata. Mula tanpa matur apa-apa meneh, Supraba banjur pamit ngestokake dhawuhe Bethara Guru.
kesengsem marang Begawan pangamuke malah saya ndadi, ngrusaki tetanduran sing tuwuh ing jejibahan ingkang kedah kula
Bali ing Guwa Mintaraga, Bethara Endra malih rupa dadi pandhita aran Resi Padya. Dheweke pengin nyoba anggone Begawan Ciptoning mesu brata. Sawise ngerti yen ing sandhinge Begawan Ciptoning ana panah lan jemparing, Resi Padya banjur kandha yen mesu bratane ora bakal tinampa dening Sang Hyang Jagad Nata merga isih nyandhing gegaman. Nanging kanthi alus lan kebak subasita, Begawan Ciptoning bisa menehi wangsulan yen apa sing ditindakake kuwi merga nuladhani Rama Parasu sing tansah nyandhing gegaman kanggo njaga dhiri. Sawise rumangsa kalah anggone celathu karo Begawan Ciptoning, Resi Padya badhar malih Bethara Endra maneh.
Godha sing katelu saka Bethara Guru lan Bethara Narada. Kalorone malih rupa dadi Keratarupa lan Keratawarna. Kalorone uga sing melu-melu manah celeng malikane Patih Mamangmurka merga disepatani dening Begawan Ciptoning. Sadurunge disepatani dadi celeng, Patih Mamangmurka mundhi dhawuhe Prabu Niwatakawaca supaya nggoleki Begawan Ciptoning. Prabu Niwatakawaca pancen duwe karep nekakake Begawan Ciptoning ing Manikmantaka saperlu dijaluk pangestune anggone Prabu Niwatakawaca arep nggarwa Dewi Supraba. Nanging merga ora bisa nemokake Begawan Ciptoning, Patih Mamangmurka ngamuk
Sejatine ing sajroning batine, alas. Mula banjur kena sepatane lampahi menika! Menawi mboten Begawan Ciptoning malih dadi celeng. Sawise dadi celeng, wusana mati dipanah dening Begawan Ciptoning bebarengan karo Keratarupa lan Keratawarna. Katelune banjur perang rebutan celeng kuwi. Keratarupa lan Keratawarna wusana kalah lan badhar dadi Bethara Guru lan Bethara Narada. Dewa loro kuwi banjur maringi Panah Pasopati lan Aji Panglimunan marang Begawan Ciptoning.
Sawise antuk pusaka loro kuwi, Begawan Ciptoning lan Supraba kautus dening Bethara Guru supaya merjaya Prabu Niwatakawaca. Kocap kacarita banjurnemoniPrabu Niwatakawaca ing Manikmantaka. Sawise adu rai, Begawan Ciptoning bakal masrahake Supraba yen bisa ngalahake dheweke ing perang tandhing. Wusana dadi perang rame. Ora ana sing gelem ngalah. Wusana, Begawan Ciptoning ngetokake panah Pasopati paringane Bethara Guru, banjur dipanahake marang Prabu Niwatakawaca. Begawan Ciptoning kejot ing manah merga panah sektine ora bisa natoni mungsuhe. Sawise ngerti saka Supraba yen sejatine Prabu Niwatakawaca kuwi duwe ajian ampuh aran Aji Gineng Soca Weda, tuwuh panggagas supaya Supraba ethok-ethoke gelem dadi garwane Prabu Niwatakawaca saperlu ngerti ngendi dununge Aji Gineng Soca Weda kuwi.
Senadyan abot nglakoni, nanging kasurung rasa tresna marang Begawan Ciptoning, Dewi Supraba lila legawa ngleksanani rekadayane Begawan Ciptoning. Kandhane sadurunge lunga menyang Manikmantaka, " Dhuh, Sang Begawan! Saestu awrat
amargi mundhi dhawuhipun Rama Kulun Bethara Guru saha panyuwunan Paduka, temtu kula boten kiyat ngleksanani dhawuh menika! Sejatosipun, tresna kula namung kagem Panjenengan, Dhuh Sang Begawan!"
Begawan Ciptoning mung mesem sinambi ndedonga marang Hyang Jagad Nata muga-muga Dewi Supraba ora nemoni pepalang ing Manikmantaka.Ing Manikmantaka, Dewi Supraba dipapanake ing kedhaton sing endah banget. Sejatine dheweke ora jenjem. Nanging kelingan dhawuh saka Rama Kulun Bethara Guru lan rasa tresnane marang Begawan Ciptoning, Supraba sedya ing karya golek sisik melik ngendi dununge pengapesane Prabu Niwatakawaca.
Wengi kuwi,Prabu Niwatakawaca pengin lelumban asmara karo Supraba. Kalodhangan iki banjur dinggo dening Supraba kanggo nakoni Prabu Niwatakawaca. Tanpa dingerteni Prabu Niwatakawaca, Begawan Ciptoning wis ndhelik ing kupinge Supraba kanthi nggunakake Aji Panglimunan. Amarga wis kebranang ing gegayuhan selak kepengin lelumban asmara bareng wanita pepujaning atine, Prabu Niwatakawaca blaka suta kandha marang Supraba yen Aji Gineng Soka Weda kuwi kasimpen ing telake. Nalika krungu pamblakane sing pungkasan mau, Begawan Ciptoning sing kawit mau ndhelik ing kupinge Supraba tanpa wigahwigih langsung ngeculake Pasopati ngenanitelake.Prabu Niwatakawaca sakkal mati. Begawan Ciptoning banjur diganjar dening Bethara Guru ngesuhi Kaendran lan dipalakramakake karo Supraba.
Rampung
Eko Purwonto, S.S., Guru MAN 1 Bantul. Mapan Ing Pelemsanl KG II No 96 Kotagede, Yogyakarta
Nulis Artikel Ilmiah Populer
Dening : Widiyartono R.
ULIS, ing wektu saiki dadi N bab sing wigati. Utamane maneh kanggo para kadang guru utawa dhosen. Nulis dadi perangan kuwajiban sing kudu ditindakake amarga guru utawa dhosen sing ora tau nulis apa maneh tulisane dimot ing media (koran) utawa jurnal, tangeh lamun bisa mundhak pangkat. Kena ngapa kok kudu nulis ing koran? Ya amarga tulisan ing koran iku bisa didadekake srana kanggo mundhak pangkat.
Nanging, mesthi wae ora kabeh bisa nulis amarga pancen ora kulina lan uga nulis iku dudu jejibahan utamane. Nanging ora sithik uga sing pancen duwe kesenengan (hobi) nulis. Mula nalika ana kuwajiban iku, gampang wae nindakake. Nulis kuwi sejatine ora angel, mung butuh temen (sungguh-sungguh), temenan (serius), lan ora wegah.
Angel
Akeh sing ditakoni ngapa kok ora nulis? Wangsulane, "Angel!". Nanging, nalika wangsulan angel mau, sejatine ya mung waton wangsulan wae, wong sanyatane ora tau nyoba. Wong sing wis muni "angel" biyasane ya tetep rumangsa angel lan wegah nyoba. Kangmangka, nulis kuwi sejatine gampang,anggerdikulinakke.
Nulis artikel kanggo dimot ing koran, jan-jane ya ora angel. Mung, bokmenawa merga durung kulina wae. Tulisan sing bisa dimot ing koran/majalah saliyane tulisane redaktur lan reporter iku umume sing dudu berita. Umpamane, nulis ing kalawarti basa Jawa kaya Swaratama, Panjebar Semangat, Djaka Lodhang bisa ngirim wujud cerkak, cerita sambung, cerita misteri, lan uga artikel. Merga koran saiki wis ora akeh nyedhiyani rubrik sastra budaya, mula sing umume bisa dimot awujud artikel.
Artikel iku tulisan wujud opini utawa gagasan sing ngonceki sawijining masalah kanthi tuntas. Dawane tulisan udakara sakaca nganti rong kaca yen diketik nganggo MsWord spasi siji. Yen dikira-kira cacahe tembung watara 900 - 1.000 tembung utawa udakara 6.000 karakter.
Nulis artikel nyata beda karo nulis berita. Cirine artikel, jenenge penulis cetha disebut, malah umume ana fotone barang. Isine artikel iku arupa gagasan, yen perlu sing kontroversial supaya bisa narik kawigaten umum, lan sadurunge kudu bisa narik kawigatene redaksi. Kejaba kuwi, isine migunani tumrap wong akeh, ora mung kanggo awake dhewe. Umpamane, tulisan babagan
nyinau matematika kanthi gampang. Ora mung murid yang mbutuhake, nanging wong tuwa uga bisa maca kanggo nyinaoni anake.
Sing uga penting, tulisane kudu nganggo basa prasaja sing gampang dimangerteni, tanpa k u d u nglanggar kaidah/paramasastra kaya dene ejaan, tembung baku, lan liyaliyane. Tulisan ing koran/majalah iku uga disebut artikel ilmiah populer. Tegese, tulisan kuwi sifate ya ilmiah, nanging carane nulis nganggo basa populer, ora kaya nulis skripsi utawa tesis. Ora perlu ana daftar pustaka, catatan kaki, lan sapanunggalane. Senajan jenenge tulisan opini, nanging mesthi ora sawutuhe tulisan kuwi mligi opinine penulis. Kudu ana referensi sing magepokan (relevan) karo bab sing ditulis. Referensi bisa saka buku, tulisan ing internet, berita, lan liyaliyane.
Kudu Seneng Maca
Wong ora bakal bisa dadi penulis yen ora tau maca. Merga saka maca kuwi, wong bisa oleh gagasan uga referensi kanggo nguwatake kualitas tulisane. Dadi penulis, mesthi wae kudu duwe intelektualitas sing cukup, tegese duwe kabisan kanggo nganalisis, kawruhe ora cupet. Merga tulisan iki uga karya intelektual. Penulis kudu duwe kawruh bab basa sing murakabi, amarga kanthi panguwasan basa kang mumpuni, tulisan sing diasilake wis samesthine luwih apik. Banjur, penulis ya kudu nguwasani teknik nulis artikel.
Sing uga ora kalah penting, intelektualitas lan kepekaan sosial.
Para maos, wis samesthine yen intelektualitase nyukupi. Mengkono uga kepekaan sosial-e. Dadi urusan nulis mesthine wis ora ana masalah. Sing kudu dipahami uga, kawruh bab basa (paramasastra, tetembungan, ukara, lan sapiturute).
Nulis artikel iku, kang kapisan ditindakake yaiku golek ide (gagasan) apa sing arep ditulis. Golek ide, ora nunggu tekane ide. Ana tembung basa Inggris sing pas. If you wait for inspiration to write, you are not a writer, you are a waiter 'Yen panjenengan nunggu gagasan kanggo nulis, ora bakal dadi penulis ya mung dadi tukang tunggu'. Yen wis oleh gagasan, banjur nemtokake topik sing spesifik, aja ngambra-ambra. Gawea irah-irahan (judhul) sing provokatif, dadi marakke wong kepengin maca. Yen durung kulina nulis, coba gawea kerangka tulisan utawa outline.
Miwiti tulisan bisa ngganggo cara langsung tumuju ing topik, bisa uga nggambarake bab sing wis kelakon (flash back). Bisa uga nganggo puisi, lirik lagu, utawa pethilan ayat suci. Mesthi wae sing ana gegayutane karo topik tulisan. Sateruse bisa dikembangake nganggo perbandingan, data, yen perlu uga data statistik. Ing kene, penulis ngetokake pikirane (opini) bab topik sing wis dipilih, nganti tekan dudutan (simpulan). Tulisan bisa dipungkasi kanthi cara negesake maneh masalah utawa topik kasebut, bisa uga ngajak nindakake samubarang sing magepokan karo tulisan mau. Nanging, bisa uga mungkasi tulisan kanthi puisi, lirik lagu, pethilan ayat suci, utawa ucapane tokoh.
Conto outline
Irah-irahan: Basa Jawa Perlu 'Marketing'
Perangan 1: Pambuka, flashback ing taun 80-an, Prof Soenardji nate ngendika "Basa Jawa bakal ndang
mati". Akeh sing nanggapi arupa pro utawa kontra. Nanging, akeh sing yakin menawa basa Jawa ora bakal mati merga sing nggunakake akeh banget.
Perangan 2: Apa bener basa Jawa bakal mati? Yen tetep urip ya bakal akeh sudane, akeh sing kurang lan ilang. Bocah-bocah enom samsaya ora paham.
Perangan 3: Ngapa basa Jawa kok samsaya ora digatekake? Dicritakake wiwit jamane Menteri Daoed Joesoef, pelajaran Basa Jawa ing sekolahan diilangi, ndadekake bocah-bocah ora kenal maneh basa Jawa. Saya suwe akeh sing mikirake, menawa basa Jawa ora digatekkake mesthi ya bakal ilang musna.
Perangan 4: Upaya kanggo nylametake basa Jawa. Ana kongres patang tahun sepisan, banjur ana ketentuan basa Jawa diajarake maneh ing pamulangan najan mung muatan lokal. Upaya iki wis apik nanging durung cukup kanggo nylametake basa Jawa. Mula perlu "pemasaran" basa Jawa kanggo ngyakinake menawa basa Jawa iku migunani kanggo mbangun karakter, sing nguwasani basa Jawa bisa dadi guru ing mancanegara, merga ing negara-negara kaya Australia, Kanada, Malaysia, lan akeh maneh basa Jawa disinau kanthi temen ing pawiyatan luhur.
Perangan 5. Panutup, para maos diyakinake yen basa Jawa ora bakal mati. Mung dibutuhake kawigaten sok sapa wae kanggo ngopensi basa Jawa.
Mengkene udhar gagasan bab kepriye carane nulis artikel. Muga ana pigunane tumrap para maos. Ayo wiwit padha nulis!
Widiyartono R., pandhemen basa Jawa, wartawan ing Semarang.
NYUNTAK IDE KUDU ANA RABUKE MENEPLANTITIS
ejatine penulis iku ora ana pemula utawa S senior, sing baku bab hasil karyane kang ditulis, manjila apa mung dhapur standar wae. Iku andharane F. Rahardi. Nanging uga ora bisa diselaki, menawa jam terbang penulis,bisa dadi garis lurus hasil karyane.
Ana susastra Jawa, mligine Cerita Cekak (cerkak) pancen akeh penulis terus jumedhul utawa lair. Mung emane akeh penulis sing cepet marem utawa puas, menawa karyane bisa kapacak ing hudyana ariwarti lan kalawarti Jawa, nanging terus ora seneng maca karya penulis liyane, utawa sinau maneh. Tundhone, karya-karyane sing terus jumedhul mung sadrema nguler kambang lan kurang nges, sadurunge diarani kang luwih kejem, karyane iku njuwarehi lan njelehi.
Tema kang digarap, sanajan saiki alame wis modheren lan milenial, akeh-akehe ya mung donyaning asmara, kulawarga wantah utawa menyekmenyek. Mula ana sinyalemen menawa sastra Jawa iku kaya kasur lungset ing sampiran (WS. Rendra). Crita kang digarap kurang mirunggan ngliwati kreteg panaliten, lan melu nut lakune jaman. Kadhang kala saka irah-irahane wae, wis bisa diranggeh ngendi playune crita kang bakal disuntak iku. Prolog utawa pambukane wae wis kurang greget, malah wis bisa ditebak pungkasane crita.
Perlune rabuk ana ide kang bakal disuntak, iku mujudake kuwajiban penulis cerita cekak, supaya hasil karyane bisa nges lan nengsemake. Saka pambuka, penulis miwiti tembung bisa gawe gregete para maos tetep katrem, lan melu crita sabanjure. Apa maneh, bisa gawe cingak ana ing pungkasan crita. Ora bisa ditebak lan dimangerteni (suspense), marang sing maca, iku kang bakal gawe geter lan kesengsem.
Ana cerkak "Dhodhogan ing Tengah Wengi" (Ery Agus Kurnianto, Swaratama Edisi 11), pancen sakeplasan irah-irahan iku bisa dadi tandha pitakon, lan kepengin maca kanthi pikiran lugu. Nanging, nalika sawise maca paragraf sepisanan, wis mlebu ana wuwu, crita standar, crita cerkak-cerkak sastra Jawa. Alur crita mung ngglayem, ora ana gronjalan sing gumathok kang beda karo crita padinan. Yaiku, kulawarga kang sekeng, kebak sangganing urip. Iki wis
akeh digarap penulis cerkak. Dialoge Merto lan Tarmi kurang greget, mung standar minangka wong papa lan miskin.
Konflik kurang greget, dadine mentah, kurang ana grengsenge kanggo crita kang prasaja iku, tambah mung biyasa wae. Kamangka, menawa konflik ora mung bab kalah marang ngaurip, nanging jaman sing ora bisa dipekonah, iku nambahi crita dadi urip. Ora mung dadi crita termehek-mehek (kandhane Arswendo Atmowiloto), kebak ngelus dhadha, lan panalangsa.
Apa maneh kaya adat saben, crita stereotype dalan tol, dadi dalan kang ampuh. Merto ketemu pawongan nyalawadi "wong tuwa", bisa nulungi bot repote marang uripe sawentara, kanthi weweh opah minangka tukang becak kanthi dhuwit lumayan. Pungkasane cerkak iki rada bingung, endi kang bisa kanggo pathokan kang gumathok, sebab setting sing ana ora bisa kanggo nutup crita. Sakawit kaya digarap kanthi horor, nanging tanggung. Nek, absurd kok gampang banget mungkasi crita. Apa maneh crita linier, kurang ndudut ati.
Cerkak "Dhodhogan ing Tengah Wengi", menawa kapetung crita pancen wis bisa kanggo nambahi itungan cerkak. Nanging, menawa kanggo crita sing bisa gawe getering ati, durung ana dudutan nilai humanis, isih perlu polesan. Sing baku terus nulis lan nulis. Kanthi ati menep, menehi rabuk marang ide, lan nyuntak kanthi titis.
Ora ana karya kang lair iku kanthi instan lan ujugujug terus manjila, nanging butuh proses lan prihatin
minangka penulis. Kabeh bakal lumaku, uga bakal jumedhul karya kang monumental. Sumangga!
*)Triman Laksana, Redaktur Cerkak Swaratama
LELAGONABASAJAWA INGANTARANEBATHILANMATENI
Dening: Tukijo*)
Ewah-
umregahing kanyatan G wontenipun ewahewahan ing babagan lelagon Jawa mutakhir, boten saged dipuselaki. Saperangan mastani menika wujudipun ewah-ewahan basa lan susastra Jawa. Sinaosa taksih wonten ugi ingkang kagunan pamanggih bilih lelagon congdhut utawi keroncong dhangdhut samenika ing tembung-tembungipun kathah ingkang lepat. Sampun kawuningan kathah sanget lelagon ingkang mawi tembung(diksi) Jawa. Ing sisih sanes, kita kedah mongkog awit menika saged kawastanan wiwitanipun reformasi basa(menawi) mekaten. Nanging, sinaosa mekaten kedah wonten paugeran ingkang dipun ugemi dening sintena kemawon. Mliginipun para empu pangripta lirik lelagon kasebat. Satemah, mijilipun congdhut kasebat saestu nuwuhaken gumregahing para masyarakat anggenipun wicantenan mawi basa
Jawa.
ewahan kawontenan menapa kemawon ing samadyaning bebrayan menika limrah. Padatan tansah ngugemi ingkang awujud ewah-ewahan anuju ing bab ingkang "popular". Pramila sintena kedah nuhoni paugeran. Kalebet nuhoni paugeran panyerating tembung basa Jawa. Sampun ngantos lepat anggenipun nyerat tembung menapa dene ukara. Menawi lepat, tundonipun nuwuhake kapitunan tumrap gesangipun basa Jawa.
Ing kanyata lelagon" Bojoku Galak", " Jaran Goyang" lan sanesipun nedahaken jinisipun lelagon ingkang samenika nembe dipungandrungi dening masarakat. Wiwit para sepuh ngantos para kaneman, kepara siswa taman kanak(TK) ugi sami apal lirikipun. Janipun ukaranipun sampun abasa Jawa, nanging ing ejaan tata tulisipun
ingkang kadhangkala kirang trep miturut paugeran panyerating tembung ing basa Jawa.
Lelagon menika boten lepat sawetahipun. Nanging mbokmenawa panci kedah wonten cawe-cawe saking lembaga utawi badan basa, ingkang kawogan "sensor" tembungipun. Menika ugi dereng temtu gancar, awit para pangripta temtu kagungan lelimbangan tertemtu. Ingkang baken, para pangripta lelagon temtu ngersakaken tembangipun pajeng kanthi laris. Kanthi menika perangan paugeran panyerating ejaan (diksi) saged kalirwakaken.
Pramila kanthi menika, teks utawi lirik lelagon samenika kedah leres lan mentes. Leres tegesipun jumbuh kaliyan paugeranipun. Mboten waton nyerat ingkang tundonipun damel risakipun basa Jawa. Dene mentes, tegesipun lalagon menika mentes ing kawontenanipun. Mboten sauger ngracik ukara. Lelagon menika badhe mentes ing jamanipun. Sedaya badhe nyumerepi bilih lelagon kasebat panci sae.
Jumbuh kaliyan ukara Slametmuljana (1969) mratelakaken ukara minangka sedaya tembung ingkang nggadhahi lagu, karacik adhedhasar struktur basa ingkang tansah gegayutan, mbok menawi namung setunggal tembung utawi langkung.
Cobi ing ukara kasebat: Sayang janganlah kau waton serem/hubungan kita semula adem/tapi sekarang kecut bagaikan asem/semar mesem/semar mesem//. Kanthi cekak janipun saged dipunsumurupi bilih panyerating lirik kasebat klentu. Mboten trep kaliyan paugeran lan tata gelaripun. Tembung adem, menawi dipun serat prayoginipun adhem. Wonten malih tembung waton. Sampun cetha lan gambling bilih waton menika tembung jawa. Waton saged dipuntegesi "asalkan".
Kanthi menika, janipun kathah ingkang kedah dipun dandosi satemah saged leres lan pener. Menapa malih ngginakaken tembung Jawa, campur Indonesia, kepara
campur malih mekaten: dan dudidam aku padamu I love you/l can't stop loving you oh darling/jarang goyang menunggumu// Sansaya risak menawi kawontenan panyerating ukara mekaten. Pramila kados pundi malih kawontenan ingkang panci paring panyengkuyung dene basa Jawa kawasastanan "gadho-gadho". Mbok menawi basa Jawa kedah nut jaman kelakone. Kanthi tuwuhipun "varian" enggal ing tataran fonetisipun.
Basa Jawa kacampuran basa manca (Inggris) panci ing raos kirang mranani. Nanging ing perangan swanten utawi rancagipun lelagon, mbok menawi menika ingkang dipun kersakaken. Sedaya kedah tansah nyengkuyung. Satemah basa Jawa nemahi jaman kuncara rukmi, kuncara sajati ing sajatining para micara basa Jawa. Awit menawi dipun pirsani, kathah ukara ing basa Jawa ingkang ngandhut maneka pitutur luhur. Sedaya ukara saged kapirsani ing maneka susastra Jawa. Ing tembang, kidung, lan sanesipun.
Kanthi tansah ngatos-atos anggenipun ngracik ukara menika, basa Jawa badhe dados basa ingkang tansah dipunremeni lan dipuntresnani dening sinten mawon. Kalebet dening para kaneman ingkang taksih anggilut basa Jawa.
Lumantar pawiyatan-pawiyatan, basa Jawa saged ngrembaka, tuwuh ing samadyaning bebrayan. Kejawi menika basa Jawa badhe trubus malih menawi keluwarga tansah ngreksa basa Jawa. Basa Jawi dipunginakaken ing wacana tutur keluwarga. Kanthi unggah-ungguh menika, saged ugi basa Jawa badhe lestantun.
Sepisan malih, basa Jawa lumantar lelagon chongdhut mbetahaken pambudidaya amrih tembungipun leres lan mentes. Mboten saderma dados lelagon ingkang masterpeace nanging ugi nengenaken babagan paramasastra ingkang leres mungguhing basa Jawa. Kanthi menika basa Jawa saged reinkarnasi malih.
*) Dwija Basa Jawi SMP 17 Semarang, Jawa Tengah. Panyerat buku Suket Teki.
Crita Wisnu Ing Omah Siwa
Dening: Ratun Untoro
tung-etungan nganti pungkasan E Oktober 2017, cacahing wisatawan Candhi Prambanan, Yogyakarta luwih saka 2,7 yuta. Akehing pengunjung kuwi sajatine dudu barang aneh amarga Candi Prambanan pancen kawentar sadonya lan wiwit tahun 1991 wus diakoni minangka warisan dunia dening UNESCO.
Candhi iki uga kasebut Civagrha (omah Dewa Siwa) utawa Siwalaya, yaiku candhi kang katujokake kanggo Dewa Siwa. Manawa dititeni, para wisatawan mau sabagean gedhe kepranan marang wujud blegere candhi kang pancen ngedab-edabi. Bab kuwi bisa katitik saka akehe perilaku wisatawan kang foto-foto ing sakiwa tengene candhi lan ora njingglengi tatahan relief. Kanthi mangkono, kayakaya ora akeh wisatawan kang nggraita ngenani sesambungane jeneng Civagrha (omah Siwa) lan relief kang ngemot critane Dewa Wisnu. Ing Candhi Prambanan ana telung candhi utama kang disebut Trimurti, yaiku: Candi Siwa, Candi Wisnu, lan Candi Brahma kang katelune ngemot relief crita Wisnu. Ing Candhi Siwa lan Candhi Brahma dumunung relief crita Wisnu kang nitis dadi Rama, ing Candhi Wisnu dumunung relief crita Wisnu kang nitis dadi Kresna.
Crita bab Dewa Wisnu ing Ciwagrha kuwi narik kawigaten amarga saka jenenge wae wis nuduhake omahe Dewa Siwa nanging isi crita reliefe kabeh isi Dewa Wisnu. Kamangka, ing agama Hindu, Dewa Siwa mujudake dewa kang paling gedhe/paling dhuwur lan diwujudake dadi candhi kang paling gedhe ing Candhi Prambanan. Ukuran Candhi Siwa 34m x 34m lan dhuwure 47m. Dene Candhi Wisnu lan Candhi Brahma ukurane 20m x 20m Ian dhuwure 33m. Genea ora ngemot crita Dewa Siwa? Kahanan kaya mangkana mau mesthi ana karepe utawa ana maknane. Ing ngisor iki jlentrehan kekarepan utawa maknane crita Wisnu sing "nguwasani" Omah Siwa.
Kapisan, miturut katrangane Prof. Dr. Timbul Haryono (guru besar/arkeolog UGM), crita Wisnu kang nitis Rama lan Kresna kuwi ngemu tetenger candra sengkala angka taun yasan Candhi Prambanan. Jlentrehe mangkene. Dewa Wisnu kuwi anggone nitis ing donya (avatara) ana ping sepuluh (dasaavatara). Ngenani dasaavatara iki kaemot ing Kitab Purana. Nitise Wisnu dadi Rama kuwi minangka titisan kaping-7, dene nitis dari Kresna kuwi titisan kaping-8. Ana ing Ciwagrha, ya Prambanan, lakon Wisnu nitis dadi Rama (titisan ka- 7) kacetha ing rong candhi (Candhi Siwa lan Candhi Brahma) banjur candhi sijine ngemot Wisnu kang nitis dadi Kresna (titisan ka-8). Dadi, yen dijejer, titisan Wisnu ing candhi trimurti ngemot angka 7-7-8. Angka kuwi nuduhake angka taun wiwitane gawe Candi Prambanan yaiku taun 778 Caka utawa 856 Masehi.
Kapindho, miturut katrangane Robson ing bukune Kakawin Reconsidered: Toward a Theory of Old Javanese Poetics (1993), Dewa Wisnu dianggep dewa pangayom (pemelihara) jagad satemah asring dadi pralambang idola para ratu lan panguwasa. Miturut Zoetmulder (1985), para ratu tanah Jawa asring nganggep dadi titisaning Wisnu, kayata Sultan Hamengku Buwana nganggep dadi titisaning Wisnu nganti gawe jeneng kraton Ngayogya kang meh padha karo Ayodya. Samana uga ratu kang nembe kuwasa ing jaman madege Candhi Prambanan, yakuwi Rakai Pikatan, banget anggone kepranan karo Dewa Wisnu. Dadi, ora jeneng aneh manawa satemene Rakai Pikatan pengin ngatonake kaelokaning Dewa Wisnu nanging uga ora gawe cilike Dewa Siwa minangka dewa kang paling dhuwur. Mula jenenge tetep Ciwagrha nanging ngemot crita Wisnu. Bab kuwi negesake manawa
aliran Wisnu lan aliran Siwa ing tanah Jawa wis ngalami sinkretisme (nyawiji) kaya kang dijlentrehake Zoetmulder (1985) ing bukune Kalangwan, Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang kaca 296.
Katelu, katrangane Ras (2014) ing bukune Masyarakat dan Kesusastraan di Jawa, sejatine nandhesake jlentrehan kapindho ing tulisan iki, yakuwi ana gegayutan antarane Rakai Pikatan (panguwasa sing gawe Candhi Prambanan) lan Rama (Dewa Wisnu). Rakai Pikatan disarekake ing Candhi Siwa kamangka Rakai Pikatan banget anggone kepranan marang Wisnu. Miturut prasasti D 28 taun 856 M, sing kasimpen ing Museum Pusat Jakarta, Rakai Pikatan lan adhine, Rakai Kayuwangi, minangka panguwasa kang mbangun Candhi Siwa. Duk samana, Rakai Pikatan lan Rakai Kayuwangi duwe mungsuh yakuwi Balaputradewa. Balaputradewa sejatine adhine ipe, utawa adhine Pramudya Wardani, garwane Rakai Pikatan. Kahanan kuwi banjur nuwuhake panganggep manawa Rakai Pikatan lan Rakai Kayuwangi kuwi titisane Rama lan Laksmana kang duwe mungsuh Rahwana. Mula ora mokal manawa si Rakai Pikatan ya "Si Rama" lan Rakai Kayuwangi ya "Si Laksmana" banjur gawe crita Rama ing Candhi Siwa, candhi kang digawe. Dadi, kaya-kaya, Rakai Pikatan lan Rakai Kayuwangi kang disarekake ing Candhi Siwa njedhul maneh ing relief. Crita Wisnu ya critane Pikatan.
Mangkana jlentrehane genea crita Wisnu ngebaki Candhi Siwa. Nuwun.
Dr. Ratun Untoro, M.Hum. Makarya ing Balai Bahasa DIY
Pengetan Dina Wayang Donya IV ing ISI Surakarta
Salah sijining pagelaran wayang ing Hari Wayang Dunia IV
awise katetepake S minangka warisan donya dening UNESCO ing 7 November 2003, akeh cara kang ditindakake dening para pandhemen wayang kanggo nglestarekake lan ngenalake wayang tumrap generasi mudha. Tumindak kaya mangkene sengaja ditindakake murih wayang bisoa tetep lestari lan ora ilang kepangan lakuningjaman.
Ditetepakene wayang minangka warisan donya mesthi wae gawe bungahe lan mongkoge warga Indonesia kang dhemen marang seni lan kabudayan. Nanging, sawise katetepake minangka warisan donya, greget kanggo nglestarekake wayang dirasa isih kurang. Mula saka kuwi, sawise 12 taun saka panetepane wayang minangka warisan donya, pihak ISi Surakarta ndadekake dina panetepan iku mau dadi dina wayang donya. Taun 2018 iki pengetan dina wayang donya kang kagelar dening ISI Surakarta wis mlebu taun kapapat.
Yen manut cathethan sejarah, wayang ing Indonesia wis ana wiwit jaman Hindhu-Buda. Iline jaman sing terus lumaku sithik akeh wis akeh mangaribawani anane owah-owahan wayang wiwit saka lakon tumekane cakrik lan jinise wayang. Ing Indonesia dhewe akeh banget jinise wayang sing isih teruslestaritekan seprene.
Kegawa akehe jinise nganti akeh wong Indonesia sing durung ngerti apa wae lan kaya ngapa
jinise wayang iku dhewe. Kasunyatan sing kaya mangkene kang dadi alesan tumrap ISI Surakarta ing pengetan Hari Wayang Dunia IV nggelar maneka pagelaran wayang. Saora-orane ing pengetan dina wayang donya IV kang kagelar patang dina suwene iki ana 37 pagelaran wayang kanthi 38 dhalang.
Ngenani wayang sing digelar, ana maneka werna jinise. Tegese ora mung wayang kulit wae sing digelar. Jalaran wayang-wayang liyane kayata wayang golek, wayang santri, wayang wahyu, wayang beber, wayang kancil, lan wayang-wayang liyane sing sawetara wektu iki arang ditemoni digelar dening ISI Surakarta.
Adicara pambuka ditindakake ing dina Selasa (6/11) kepungkur. Kang kajibah kanggo mbukak pengetan dina wayang
donya IV yaiku Dr. Restu Gunawan, minangka Direktur Kesenian Kemendikbud RI kang diampingi Rektor ISI Surakarta Dr. Guntur, M.Hum. Adicara pambuka dhewe ditindakake ing Pendhapa Ageng GPH. Joyokusumo Kampus ISI Surakarta. Tema sing dijupuk ing pagelaran dina wayang donya IV taun iki yaiku "Gebyar Wayang Jagad Mendalang".
Tema kasebut sengaja dipilih kanthi pangajab wayang tetepa bisa lestari. Saliyane kuwi lumantar tema kasebut diajab masyarakat isih gelem nresnani wayang. Awit sajroning nglestarekake wayang, masyarakat kang dadi penikmat wayang. Kaluwihane ora kalah wigatine tinimbang dhalang lan para panyungging wayang. Senajan saben taune akeh banget dhalang lan panyungging kang dilairake jaman, nanging tanpa anane masyarakat kang gelem nonton wayang, mokal wayang bisa jinaga lestarine.
Saliyane kuwi tema wayang sing dijupuk taun iki diajab bisa dadi wadhah sarta ngenalake maneka jinise wayang kang bedabeda menyang masyarakat. Kanthi anane pengenalan kaya mangkene diajab bisa nambah kawruhe masyarakat. Satemah masyarakat bisa ngerti yen wayang ing Indonesia iku ora mung wayang kulit wae.
"Sawise ngerti apa wae jinise wayang. Muga-muga masyarakat bisa melu ngembangake lan njaga kelestariane wayang sing ana ing dhaerahe," ujare Prof Sarwanto, minangka Ketua Panitia.
Prof. Sarwanto nambahake kanthi dianakakene pengetan dina wayang iki bisa dadi sarana kanggo ngrembakakake wayang sing tundhone bisa ndadekake wayang disenengi masyarakat. Ngenani pengembangan sing kaya ngapa Prof Sarwanto menehi kebebasan marang para dhalang. Mung wae pengembangan sing ditindakake ora ndadekake wayang kelangan rohe. Tegese senajan ing wayang ana maneka pengembangan, nanging gunane wayang minangka tontonan lan tuntunan orailang.
"Yen ditonton kanthi jangkep, wayang ngono mujudake seni pertunjukan sing jangkep lan bisa diselarasake kalawan kabutuhane jaman. Saliyane kuwi adicara iki uga digunakake kanggo menehi papan kanggo dhalang-dhalang rumaja lan dhalang cilik kanggo golek pengalaman ndhalang," tambahe Prof. Sarwanto.
KABUDAYAAN Pagelaran wayang minangka panutuping acara
Kaya dene pagelaran wayang liyane, ing pengetan dina wayang kapapat iki tinemu maneka sesaji sing saliyane kanggo tolak bala lan ngucapake rasa syukur. Uga digunakake kanggo nyenyuwun marang Gusti supaya lakune pengetan dina wayang bisa lancar tanpa ana alangan. Unike sesaji sing ana ing pengetan dina wayang iki ora mung sawates maneka barang lan asil bumi. Nanging, ing adicara iki uga ana tari sesaji sing dipentasake kanggo sarana nyuwun keslametan lan kelancaran marang Gusti.
Ing perangan liya Prof. Sarwanto duwe pepenginan amrih sing dijaga lestarine ora mung seni wayang wae. Nanging lestarine basa dhaerah uga kudu dijaga. Kahanan sing kaya mangkene dumadi marga lakon-lakon wayang sing pakem kang ana ing dinane iki kabeh nggunakake basa Jawa. Pelestarian wayang kang tanpa diimbangi pelestarian basa Jawa tumrape Prof Sarwanto kurang laras.
"Lakon-lakon wayang pakem kaya ta Ramayana lan Mahabharata iku kabeh rak ya padha nggunakake basa Jawa. Yen pengin wayang lestari lan ora kelangan rohe, pelestarian wayang kudu dikantheni pelestarian basa Jawa kanthi jangkep. Tegese, sing
dilestar
ekake dudu basa Jawa ngoko wae. Nanging, basa Jawa krama lan basa Jawa saka dhialekdhialek dhaerah kaya ta basa Jawa Surabayanan, basa Jawa Tegalan, basa Jawa Ngapak uga ora kena ditinggal. Gampange, pelestarian wayang kudu dikantheni pelestarian basa ibune sabensaben dhaerah. Babagan iki kudu ditindakake supaya rohe wayang tetep kecekel," tambahe Prof. Sarwanto.
Sauntara iku, pengetan dina wayang donya IV ing ISI Surakarta iku ditutup kanthi orasi budaya saka Ki Kirun lan pemecahan rekor MURI. Rekor kang dipecahake ing malem penutupan wengi kuwi yaiku wayang kanthi kelir sing dawane 155 meter. Sajroning pemecahan rekor MURI iku mau ana 8 dhalang kang mentasake lakon "Pandhawa Kumpul".
BayuS.
kosih nganti
kuwè kuwi; iku
ancas enering sedya; kang diniyati utawa dituju
laka ora ana; kosong
anjog teka ing papan sing dituju
maning maneh
latané banjur; sawise kuwi
mlarak gamblang; tarwaca
mandan rada
ngèin menehi
ningan nanging
nyuwiji nyawiji
babar, kababar wetu; kacithak
-na, -êna -ake
clêrêng, saclêrêngan sagêbyaran; sêdhela bangêt
olih oleh; entuk
nêntokêna nemtokake
dhong nalika; wêktu
dhèwèk dhewe, ora ana kancane; ijen
êbèn karêben; supaya
pan arêp
èsih isih
rêpan arêp
êwis wis
gur, guran mung; ora ana tunggale
gêmiyèn biyen
sêkang saka
irah, irahan pêpucuk bêbukaning
babagan utawa sêratan; judhul
jèd-jèdan lomba kuwat-kuwatan suwe
jêré kandhane; jare
kayong kaya-kaya
kiyè iki
tatas rampung kanthi purna tanpa ana sing turah utawa sisa
toli banjur; terus
Tintingan Buku Bauwarna Wayang Sanadyan Wis Lawas Nanging Tetep Migunani
uwar wajang MAWI KATRANGANS SAHA GAMDARR KAHIMPUN DENING RMSAJID SOLO
Judhul Asli : Bauwarna Wajang
Kababar Taun :1958
Basa : Jawa krama
Percetakan : PT Pertjetakan Republik Indonesia Jogjakarta
Panganggit : R. M. Sajid
Cacahing Kaca :95
Masarakat Jawa wis tepung karo wayang kulit purwa wiwit sadurunge jaman Majapait. Ing jaman Majapait, wujuding wayang kulit purwa isih prasaja. Lagi ing jaman Walisanga ing Demak, wayang kulit purwa duwe wujud kang edi peni kaya saiki. Ing jaman Walisanga kasebut, kesenian wayang kulit purwa lagi ngrembaka. Mula Walisanga tetep nggunakake pagelaran wayang kulit purwa minangka sarana kanggo nyebarake agama Islam. Apa maneh ing pagelaran wayang kuwi akeh tuntunan becik saka para leluhur Jawa sadurunge. Mangkono mau panemu kang kababarake dening R. M. Sajid, panganggit buku iki ing kaca 50.
Buku Bauwarna Wajang iki, senajanta kababar 61 taun kepungkur, isine isih cocog kanggo kahanan saiki. Isine ngrembug bab wayang, wiwit saka carane ngrumat, jinising wanda lan mripating wayang, jinis lan jenenge tokoh wayang, nganti panemune Dr. G. A. J. Hazeu (Walanda) ngenani bab wayang ing Jawa. Ing buku iki uga akeh tinemu gambar wayang kulit purwa gagrag Sala utawa Surakarta. Masarakat Jawa kang dhemen wayang kulit purwa, luwihluwih para dhalang, mesthine kepranan karo buku iki.
Anggone njlentrehake buku iki, R. M. Sajid kang minangka dhalang wayang kancil lan juru gambang, Dewan Ahli Seksi Pedalangan Himpunan Budaya Surakarta nggunakake basa Jawa krama. Mbokmenawa generasi milenial rada angel anggone mangerteni isining buku iki. Apa maneh, basane nggunakake ejaan lawas, kaya ta tembung candrasangkala katulis tjandrasangkala, wayang katulis wajang, lan sapiturute. Nanging tumrap generasi sepuh utawa masarakat kang kulina nganggo basa Jawa krama, buku iki mesthine gampang dimangerteni isine.
Saora-orane babaring buku iki nandhakake yen ngelmu bab wayang kulit purwa tetep ana nganti saiki. Buku iki bisa kanggo sarana nambah wawasan tumrap sapa wae ngenani wayang kulit purwa. Salah sijining perpustakaan kang ngoleksi buku Bauwarna Wajang yaiku Perpustakaan Tembi Rumah Budaya kang mapan ing Jalan Parangtritis km 8,4 Dhusun Tembi, Timbulharjo, Sewon, Bantul, DIY kanthinomer telepon (0274) 368000 (Suwandi)
Supatane 14 Begawan Sukrd
DENING BANUARLTAMBARDI
9 WARSA SAUWISE
NALIKA PRABU YAYATI LAGI TINDAK SARIMBIT KARO DEWAYANI
SANG DEWI KAGET MERUHI BOCAH TELU BAGUS-BAGUS KANG LAGI PADHA DOLANAN.
SINUWUN LARE-LARE PLINIKA ATMAJANIPIN SINTEN?
SANG PRABU ORA ENGGAL PARING WANGSULAN
PRABLI YAYATI
NGGER...SIRA IKLI ATMAJANE SAPA 2
BOCAH-BOCAH IKLIPADHA MLAYLI MARANI PRABU TAYATI
Kembang Jagung
Kembang jagung omah kampung pinggir lurung Jejer telu, sing tengah bakal omahku Cempa munggah guwa, mudhun nyang bon raja Methik kembang soka, dicaoske kanjeng rama Maju kowe tatu, mundur kowe ajur Jokna sabalamu, ora wedi sudukanmu Iki Iho dhadha satriya, iki Iho dhadha Janaka
http://balaibahasajateng.kemdikbud.go.id @Bbjateng balaibahasajawatengah Balai Bahasa Jawa Tengah bb_jateng