Swaratama
Mbangun Kuncaraning Basa, Sastra, lan Budaya Jawa
DITERBITKE DENING BALAI BAHASA JAWA TENGAH
Wacan Bocah Kekancan karo Obes
Crita Cekak Kelincine MbahPepak
Pasuryan Piye Yen Basa Krama ing Medsos?
Drs. Ali Mufiz, M.P.A.
Ngudarasa
BasaJonua Mapan Turu m U
Prasasat wengi kalawan lintang
ng sawijine kalodhangan budayawan Sujiwo Tedjo nate mratelakake, kalamun jagad iki kacipta akeh sing tinemu paradoks, utawa ing pesthi tiba kosok balen. Kekarone gegandhengan minangka bukti kuwasaning Gusti. Kacipta padhang kalawan peteng, bener kalawan luput, resik kalawan reged, sugih kalawan mlarat, mangkono sabanjure.
Kodrat iku ora mung ngendahake alam, nanging uga nunduhake yen perangan siji kalawan sijine iku ngemu teges mligi. Ewa semana sakabehe dadi reracikan sempurna samangsane bisa anampa iku kinodrat alam lan kudu lumaku. Salaras klawan unen-unen, prasasat wengi kalawan lintang. Ukara iki darbe werdi, bisaa manungsa iku ndadekake
sampurnaning kahanan jumbuh kabisan utawa kahanane sowang-sowang. Ora perlu rumangsa luwih penting utawa uga ngaku ora penting.
Kawibawane wong darbe kalungguhan, manawa gelem ngrengkuh para andhahane. Kaangkate wong pinter, amarga tan wegah nuntun sing bodho. Kaluhurane kang sugih, yen entheng tetulung sing kesrakat. Pinunjuling wong rosa yen dhemen angayomi wong ringkih. Sampurnane wong bener yen ora rila asung pepadhang kang lagi kesluru. Ngono sapiturute, kadidene wengi dadi endah yen ana lintang, lan lintang bakal sampurna yen wis gambuh marang wengi. Mangkono Gusti angracik alam kanthi endah lan ngujiwat. (yan)
Pesenan iki diaturke dening : BALAI BAHASA JAWA TENGAH
Becik Ketitik Ala Ketara
ecik ketitik ala ketara, unen-unen iki B mbekmanawa kepara lawas, tembung gampange wis nglothok tumrap bebrayan Jawa. Unen-unen kang asring ditrepake kanggo pepeling marang sakeh tumindak utawa pokal gawe saweneh pribadi, embuh iku ing bab tumindak becik apa dene ala. Kekarone, manut pangerten Jawa sarwa bakal kawistara.
Manungsa jroning uripe pancen ora bisa uwal saka loro tumindak iku. Tegese ing kalane bisa tumindak becik, nanging ing wektu seje uga bisa tumindak ala. Mangkono becik lan ala gilir-gumanti dadi tumindake manungsa. Datan ana sing bisa uwal saka kekarone, datan ana kang mapan ing becik terus utawa ing ala terus: Sabecik-becike wong becik uga nate tumindak ala, kosok baline sakala-alane wong ala uga nate tumindak becik.
Mangkono Gusti Kang Maha Agung pancen wis ngracik yen manungsa minangka titah kang ora sampurna. Kalungguhan iki samesthine, ndadekake manungsa bisaa ngrumangsani lamun ing sakaliring laku sarwa duwe kalodhangan kanggo becik utawa kanggo ala. Ing uripe datan sempurna, nadyan sakuku ireng paribasane tetep tinemu cacade. Prayoga bisaa mad sinamadan. Ora nuli nalika lagi mapan ing bener banjur rumangsa apik dhewe, bener dhewe, becik dhewe, lan mangkono sateruse
Laku becik apa dene ala, minangka kodrating jagad kanggo paweh pangerten yen saben dinane ing laku perlu pangati-ati lan pametung kang titi. Wondene tumindak sing kapetung titi luwih dhisik, menehi kalodhangan kanggo bisa bener lan pener. Menehi kalodhangan, tegese tetep durung bisa kapesthekake. Awit ana sing wis kapetung ing sadurunge kapeksane
tetep ana kang luput. Tumuli, mungguh kepriye sing datan kapetung?
Dene sing ora kalah wigati, embuh bener utawa salah, embuh becik utawa bener, kabeh tumindak datan uwal saka pamirsane Gusti Kang Maha Pirsa. Mula lair unen-unen ing ndhuwur, sing becik ketitik sing ala tetep ketara. Nadyan kasingitake sing kepriye sing jenenge tumindak datan ana kang luput saka pamirsane Gusti Kang Maha Pirsa. Ing wekasane sakaliring tumindak bakal tampa piwales sing salaras klawan tumindake.
Kalamun ana wong ngira yen tumindak alane tan bisa kakonangi wong liya, iku amung perkara wektu. Ora kok datan dikonangi, nanging durung dikonangi. Pejabat sing korupsi, wong sing wani colong-jupuk, culika, melik, dora, lan sapanunggalane, ing tembe mesthi bakal kawiyak. Bisa wae ing saiki bisa uwal saka ukum, bisa endha saka panuding, kabeh iku amung perkara wektu. Embuh kapan, ing wanci apa, tetep tumindake bakal kawiyak.
Semono uga tumindak becik, utama lan bener, tetep uga bakal kasipati dening Gusti lan wong liya. Emane ing saben-saben kita nalika tumindak ala, wegah kasipati wong, dene yen tumindak becik katon dipamerpamerake. Satemene iku datan penting. Embuh kita nyoba nutupi utawa mamerake iku datan wigati, awit sakabehe iku Gusti bakal Pirsa: Datan ana wewengkon ing jagad iki sing samubarang tumindak ora bakal nampa piwales. Kanthi mangkono samubarang tumindak prayoga kalambari pangati-ati, yen datan kepengin gela ing mburi. Rasa gela mburi, kacihna rasa sing wis tanpa guna. Ngono. (yan tohari)
DaftarIsi
3 Blencong
Becik Ketitik Ala Ketara
Teras Pawongan kang Milih Dalan Sonya-ruri
Kawruh Sastra
KIDUNG RUMEKSA ING WENGI
Tembang kang Akeh Dicuplik ing Jagading Kasusastran
10 Banyumasan
Gubrag Lesung nggo Undang-undang
1 Crita Cekak Kelincine Mbah Pepak
14 Gladhi Sastra
Dnodhogan Ing Tengah Wengi
17 Wacan Bocah KEKANCAN KARO OBES
19 Gurit
•Kidung Tengale Wengi
• Savale Omale
• Walyaning Ratri
Kang Kastdang Watgi
• Entdalting Ratri
• Nganti Kapant
• Sepi Mantring
• Ngupadi Swara Euk
Macapat
Aja Padha Pasulayan
Pasuryan
Piye Yen Basa Krama ing Medsos?
Swara Dwija
Blended Learning kanggo Mulang Basa Jawa
Ngudarasa
Basa Jonua Mapan Turu
33 Bausastra
Cewilan Kamus Banyumasan
Resensi Buku
KDRT ing Rembulan Ndhuwur Blumbang
Kudusan
Mati Sajeroning Urip. Urip Sajeroning Mati
SUSUNAN REDAKSI
Penanggung Jawab: Dr. Tirto Suwondo M.Hum ~ Pemimpin Utama: Drs. Suryo Handono, M.Pd~ Pemimpin Redaksi: Kustri Sumiyardana, S.S. M.Hum ~Sekretaris Redaksi: Sunarti, S.S., M.Hum~Reporter:1. Drajat Agus Murdowo, S.S., M.A, 2. Triman Laksana, 3. Akhid Anshori Setiawan, A.Md~Redaktur Pelaksana:1. Yan Tohari, 2. Bambang Sulanjari, M.A. 3. Widiyartono~Redaktur:1.Mochammad Fikri, S.S., 2. Tri Wahyuni, S.S.,3. Umi Farida, S.S., 4. Sutarsih, M.Pd.,~ Desain Grafis dan Tata Letak: Danang Ardianto~ Ilustrasi : Ahmad Rofiq~Keuangan: Lungid Ismoyo Putro, M.H~Sirkulasi:1.Lely SitiFatimah,S.E.,M.Si,2.Slamet Priyono,S.E.,3.Agus Sulistyo.
PENGANUGERAHAN BALAI BAHASA JAWA TENG A KUMENTLIAN PINDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN PENGHARGAAN PRASIDATAMA DAN PELUNCURAN BUKU TERBITAN BALAI BAHASAJAWATENGAH Hotel Pandanaran, Semarang, 2 ober 2018 BRIYKB/ WOK BERSH Soesilo Toer nampani trofi Prasidatama kang dipasrahake dening sastrawan Ahmad Tohan
Tim Swaratama
AMAN saiki kuwi J jaman nalika akeh wong mung padha mikir bab ekonomi, bisnis, dhuwit (finansial), lan kebutuhan urip sing asipat fisik. Ya pancen ora mesthi kabeh mengkono, ya mesthi ana sing mikir bab kabudayan kaya kesenian, adat, tradhisi, lan sapanunggalane. Nanging yen wong ditakoni, "Kanggo ngapa bocah-bocah sekolah?", kira-kira wangsulane apa.
Pawongan kang Milih Dalan Sonya-ruri
Sing umum, wangsulane, "Kareben mengko uripe sukses, kepenak".
Lan, ukuran sukses kuwi umume uga disawang saka sepira suksese ing babagan ekonomi. Dadi pengusaha, nyambut gawe ing perusahaan gedhe kanthi gaji dhuwur, kebak fasilitas, lan duwe kanikmatan sacara finansial.
Nanging sanyatane, senajan akeh sing duwe pikiran kaya mangkono, sanyatane isih ana pawongan kang ora nurut dalan kuwi. Para pawongan iki padha milih dalan kang sonya ruri, dalan sepi kang adoh saka ramening donya. Para pawongan iki ora ngoyak dhuwit kanthi nglakoni bisnis utawa nyambut gawe ing perusahaan utawa kantor sing njanjeni gaji lan
fasilitas kebak kanikmatan.
Para pawongan iki milih donya susastra kan sacara umum adoh saka ombyaking donya kang kebak gebyar lan kemerlaping lampu. Lan, ing jagad kasusastran iki, senajan sapantha sing nglakoni bisa oleh asil gedhe, nanging uripe ya mung biyasa-biyasa wae. Isih seneng kumpul karo kanca-kanca, ngopi ing angkringan, ngobrol sambi lesehan. Senajan ing wektu liya uga bisa ngopi ing hotel utawa kafe karo wong-wong gedhe.
Para pawongan iki nglakoni urip ing jagad kasusastran kanthi ngolah pikir lan rasa kanggo ngasilake karya. Puisi, cerita pendek, novel, geguritan, cerkak, drama, sandiwara, lan liya-liyane. Sing sapa duwe kawigaten marang susastra
Dr. Tirto Suwondo mbukak acara "Penganugerahan Penghargaan Prasidatama dan Peluncuran Buku Terbitan Balai Bahasa Jawa Tengah".
wis mesthi wae duwe kawigaten ing bab basa. Ya bab iki sing ndadekake Balai Bahasa Jawa Tengah nggatekake. Mula, para pawongan kang milih dalan sonya ruri kuwi dianggep pantes diapresiasi.
Soesilo Toer kalebu wong kang milih dalan sonya ruri. Pirang-pirang taun piyambake nggiluti jagading kasusastran. Salah siji novele kang asesirah Dunia Samin entuk Penghargaan Prasidatama saka Balai Bahasa Jawa Tengah. Penghargaan kuwi diwenehake nalika tanggal 25 Oktober 2018 ing Hotel Pandanaran, Semarang. Acara mau dirawuhi 350 wong kang dumadi saka penulis, sastrawan, akademisi, lan pangarsa dinas ing Jawa Tengah.
Ing kalodhangan kuwi Soesilo
Toer diaturi maringi sesorah. Kanthi semangat priyayi sepuh mau ngandharake riwayat uripe. Wis maneka kasangsaran dialami kaya ta mlebu pakunjaran lan disingkirake. Nanging, adhine sastrawan Pramoedya Ananta Toer iki tetep ora putung semangate. Piyambake tetep nulis nganti ngasilake pirangpirang novel kang dhuwur mutune.
Prasidatama 2018
Kajaba novel, buku kang entuk penghargaan yaiku antologi puisi lan antologi cerpen. Penghargaan Prasidatama kanggo buku antologi puisi diwenehake marang Seriuh Kata Sebisu Kala anggitane Damtoz Andreas. Nanging, eman banget
kanggo antologi cerpen ora ana sing menang amarga kwalitase bukubuku cerpen dianggep ora murakabi dening dewan juri.
Saliyane kuwi, Prasidatama kanggo babagan basa ing taun iki mbiji panganggone basa ing laman instansi pemerintah kabupaten/kota ing Jawa Tengah, panganggone basa ing kalawarti, lan panganggone basa ing SMA. Laman Kota Magelang entuk Prasidatama ing kategori panganggone basa ing laman. Ing kategori kalawarti, Suara Merdeka kang dibiji paling apik anggone nggunakake basa. Emane, ing kategori SMA kok ya ora ana kang menang. Miturut dewan juri, iki amarga panyarta kang dibiji dianggep ora nyukupi kanggo makili Jawa Tengah. Saka cacah atusan SMA ing Jawa Tengah, ora nganti separo kang ngirimke data kanggo dibiji.
Anane kategori kang ora ana pemenange kuwi prelu dadi
Soesilo Toer menehi sesorah ing acara "Penganugerahan Penghargaan Prasidatama"
NPRA DAN PELUNCURAN BUKU AL PAHASA JAW Hotel Pandanaran, Sem WBK BE
Pak Tirto masrahake buku terbitan marang wakil penulis
PENGANUGERAHAN IARGAAN PRASIDATAMA CURAN BURU TERBITAN BAHABA JAWA TENGAH
kawigaten. Mungkin amarga lagi pisan iki Balai Bahasa Jawa Tengah menehi penghargaan kang ora kanggo tokoh. Dadi, isih akeh penerbit lan sekolah kang durung ngerti. Mulane, ana kategori kang panyartane ora murakabi. Kang dikarepake, besuk ing taun-taun candhake saya akeh wong kang nerbitake buku sastra kang apik kwalitase, saya akeh panyarta kang bisa dibiji juri. Kanthi mangkono kabeh kategori bisa ana pemenange.
Ngepyakake Buku
Sadurunge menehi penghargaan Prasidatama, Balai Bahasa Jawa Tengah ngepyakake buku-buku kang mentas diterbitake. Ana patang buku, yaiku Surat dari Samudra, Cermin Cahaya, Menepis Sunyi Menyibak Batas, lan Dari Cempurung ke Sunan Panggung. Dr. Tirto Suwondo ngendika manawa buku-buku kang dikepyakake kuwi lagi saperangan. Isih ana wolung buku maneh kang lagi proses
diterbitake ing taun iki.
Buku-buku kang diterbitake mau tulisane para pengarang ing Jawa Tengah. Surat dari Samudra isine reroncening puisi anak. Ana seket penulis kang puisine kapacak ing buku kuwi. Sing ngedab-edabi, ana penulis kang umure lagi sangang taun.
Sabanjure, Cermin Cahaya isine reroncen cerpen. Menepis Sunyi Menyibak Batas isine proses kreatif sastrawan ing Jawa Tengah. Buku kang pungkasan, Dari Cempurung ke Sunan Panggung isine naskah lakon sandiwara. Kabeh ditulis karo pengarang kang ana ing Jawa Tengah. Pak Tirto duwe pangajab, buku-buku kuwi bisoa dadi wacan ing sekolah-sekolah. Temahan mengkone dadi inspirasi tumrap generasi mudha kanggo ambyur ing donyaning literasi. (Tim Swaratama)
Kidung Rumeksa ing Wengi
Tembang kang Akeh Dicuplik ing Jagading Kasusastran
Dening: Kustri Sumiyardana
Ana kidung rumeksa ing wengi, teguh ayu luputa ing lara, luputa bilahi kabeh, jin setan datan purun, paneluhan tan ana wani miwah panggawe ala, gunaning wong luput, geni atemahan tirta, maling adoh tan ana ngarah ing mami, guna duduk pan sirna.
Kidung Rumeksa ing Wengi kuwi sawijining tembang kang kaloka ing bebrayan Jawa. Kidung mau dianggit nganggo tembang Dhandhanggula. Miturut kabar kang sumebar, sing nganggit tembang kuwi yaiku Sunan Kalijaga. Kang cetha, tembang mau kaanggit nalika Islam wis lumebu ing tanah Jawa. Iki bisa dibuktekake kanthi anane asmane para nabi kang disebut kaya ta Nabi Adam, Nabi Musa, Nabi Isa, Nabi Ibrahim, lan Nabi Muhammad. Ana uga asmane para sahabat papat yaiku Abu Bakar, Umar, Usman, lan Ali.
Misuwure tembang kuwi bisa dideleng saka sumebare ing masarakat. Akeh diprangguli naskah kang ngemot Kidung Rumeksa ing Wengi. Naskah-naskah mau uga kasimpen ing museum utawa kraton, kaya ta museum Sanabudaya lan Kraton Yogyakarta. Durung maneh naskah kang ana ing masarakat, contone kang diprangguli ing Pekalongan lan Pati. Naskah-naskah kuwi racake ditulis nganggo aksara Jawa, nanging ana uga kang ditulis nganggo aksara pegon kaya kang ditemokake ing tlatah Pekalongan.
Minangka teks kang sumebar kanthi disalin, ana wae tembung-tembung kang beda saka teks siji karo liyane. Contone, ana teks kang diwiwiti nganggo tembung ana, nanging uga ana kang diwiwiti nganggo tembung wonten. Ing sawijining teks ditulis jin, wondene ing teks liyane ditulis jim. Durung maneh
cacahing pada. Upamane, teks ing naskah Kraton Yogyakarta dumadi saka 23 pada, wondene ing naskah kang tinemu ing Pekalongan dumadi saka 8 pada. Bedabedaning teks kang mangkono mau lumrah diprangguli ing naskah kang sumebar kanthi disalin.
Wong-wong padha nyimpen naskah Kidung Rumeksa ing Wengi amarga tembang mau diwacakake nalika duwe gawe kaya ta selapanan bayi utawa ngedegake omah. Kanthi diwacakake tembang mau, dipercaya kulawargane sing duwe gawe bakal kareksa karo Gusti kang akarya jagad. Nanging, yen macakake aja cedhak-cedhak karo pitik kang lagi angrem, mundhak endhoge ora netes. Mangkono kapitayan kang diugemi dening masarakat.
Yen ndeleng isine, pancen kidung mau ngajab marang kaslametan. Kidung Rumeksa ing Wengi dumadi saka telung perangan. Perangan kapisan yaiku pambuka kang njlentrehake gunane tembang mau. Perangan kapindho isi rapalan kang dadi intine, ing antarane, sunggsumku Patimah kang linuwih, Aminah kang bebayune angga, Ayub minangka ususe.... Wondene, perangan katelu yaiku carane ngetrapake amalan ing kidung mau. Upamane kanggo wong nandur pari manawa pengin panenane apik, becike dheweke pasa sadina sawengi. Terus bengine dheweke kudu ngubengi sawahe karo macakake Kidung Rumeksa ing Wengi.
Teks Kidung Rumeksa ing Wengi uga wis dilatinake lan diterbitake awujud buku. Tembang mau bisa diprangguli ing buku kang diklumpukake karo kekidungan liyane. Kajaba iku ana teks Kidung Rumeksa ing Wengi kang kapacak ing primbon.
Misuwure Kidung Rumeksa ing Wengi uga bisa dideleng saka jagading kasusastran. Akeh karya sastra kang macak tembang mau, utamane pada kapisan. Ana sawenehing novel Jawa kang nyuplik kidung kuwi. Salah sijine Candhikala Kapuranta anggitane Sugiarta Sriwibawa. Ana ing novel mau dicritakake Munah didol marang Walanda lan arep didadekake buruh kontrak menyang Dheli. Dheweke rengeng-rengeng Kidung
Rumeksa ing Wengi. Ana rong pada kang dicuplik ing novel mau. Atine Munah banjur lejar sawise maca kidung rerepen kuwi. Ing kene kidung mau dianggep dadi donga kang gedhe dayane.
Tembang kasebut uga dicuplik ing novel Ronggeng Dhukuh Paruk. Novel kuwi anggitane Ahmad Tohari. Novel kang maune ditulis nganggo basa Indonesia banjur dijarwakake nganggo basa Banyumasan kuwi nyuplik pada kapisan Kidung Rumeksa ing Wengi. Kidung kuwi ditembangake Sakarya nalika anak, mantu, lan saperangan tanggane mati keracunan tempe bongkrek. Kang kacuplik mung sapada pisanan. Kanthi nembangake Kidung Rumeksa ing Wengi, Sakarya duwe pangajab supaya sakehing rubeda bisa enggal luwar.
Novel liyane kang nyuplik Kidung Rumeksa ing Wengi yaiku Oreg Tegal karyane Lanang Setiawan. Oreg Tegal minangka novel kapisan kang nggunakake basa Tegalan. Novel kuwi uga dijarwakake dening S. L. Gaharu ing basa Indonesia kanthi irah-irahan Tegal Bledugan. S. L. Gaharu mung njarwakake ing babagan narasi. Dene, pacelathon tetep panggah nganggo basa Tegalan. Ing novel kuwi Kidung Rumeksa ing Wengi ditembangake Mbok Mirah nalika ana kabar yen anake kang jeneng Kartijah nemahi pati amarga berjuwang nundhung Walanda saka Tegal. Tembang kang dicuplik uga sapada nanging dicuplik kaping pindho,
Kajaba novel, ana uga crita cekak kang nyuplik Kidung Rumeksa ing Wengi. Contone ing "Kidung Wengi ing Parangkusuma" anggitane Irul S. Budianto. Crita cekak mau wis kapacak ing Solopos tanggal 9 Februari 2017. Ing crita kuwi Kidung Rumeksa ing Wengi kacuplik sapada yaiku pada kapisan. Nanging, pada mau dicuplik kaping pindho. Kidung kuwi ditembangake dening Murni, bojone dhalang kondhang saka Sleman. Murni diwayuh lan disetrakake karo si dhalang. Bisa dinuga manawa kidung mau ditembangake kanggo ngobati susah kang nembe dadipanandhang.
Ora mung karya abasa Jawa wae kang nyuplik Kidung Rumeksa ing Wengi. Ana sawenehing novel Indonesia kang uga nyuplik kidung mau. Kang loro wis disebut yaiku Ronggeng Dukuh Paruk lan Tegal Bledugan.
Novel liyane yaiku Mantra Pejinak Ular anggitane Kuntowijoyo. Kidung Rumeksa ing Wengi kacuplik sapada yaiku nalika Abu Kasan Sapari mentas lair. Kidung mau diwacakake kanthi pangajab jabang bayi kareksa saka memala.
Ana maneh novelet Sri Sumarah anggitane Umar
Kayam. Kidung Rumeksa ing Wengi dinggo rengengrengeng dening Sri Sumarah nalika mijeti bocah kang kesleo amarga bal-balan. Kang dicuplik ing novelet iki mung salarik wae. Bocah kang maune njemplingnjempling kelaran banjur sirep lan turu sawise dipijeti karo ditembangake kidung.
Saliyane buku-buku ing ndhuwur, Kidung Rumeksa ing Wengi uga dicuplik ing buku wacan bocah kang asesirah Raden Arya Prabangkara anggitane Saksono Prijanto. Buku iki nyritakake jaman Majapahit. Wektu kuwi Prabu Brawijaya paring dhawuh gawe layangan kang gedhe banget. Wong kang ahli gawe layangan nandangi pakaryan mau kanthi dibiyantu para nomnoman. Ing wayah wengi, ing sela-selane leren anggone gawe layangan, ana ngamudha kang nembangake Kidung Rumeksa ing Wengi. Tembang ing buku iki uga dicuplik sapada kapisan.
Mangkono, buku-buku sastra kang nyuplik Kidung Rumeksa ing Wengi. Ing crita-crita mau tembang kuwi racake digunakake nalika nandhang kesusahan. Ananging, ana uga kang nggunakake tembang kuwi minangka pandonga kanggo ngusir memala.
Ronggeng Dhukuh Paruk andhikala Kapuranta HMAD TOHARI SRI SUMARAH RADEN ARYA PRABANGKARA
Saperangan buku kang nyuplik Kidung Rumeksa ing Wengi
Dening: Syamsiyah
aman gemiyèn wong urung J ngerti ulem-ulem utawa undhangan. Angger wong sing arep mbaranggawé ngundang sedulur kudu detekani urut umah. Mulané kudu depipil saben dina supaya sedulur utawa tangga teparo keundang kabèh. Jalaran angger liyané detekani saperlu ngundang, sing ora detekani rumangsané ora deormati, banjur murina lan buntuté dadi ora apik.
Sengsaya suwé ngundang sedulur seturuté umah krasa ora kewawa, jalaran mandan repot. Mulané kanggo ngringkesna banjur ganti cara nganggo gubrag lesung. Tembung gubrag lesung kuwé sekang tembung gubrag sing tegesé 'tabuhan' karo tembung lesung sing tegesé 'lumpang sing dawa' utawa 'piranti nutu'. Mula bukané yakuwé wong nutu gawé glepung sing arep deolah dadi jenang. Mulané sing detutu berasé akeh tur ora bisa rampung detutu wong semendhing baé. Banjur, sambat tangga teparo sing kon ngglepung nganti wong akèh. Ngglepungé ora neng lumpang jalaran beras sing deglepung akèh dadi nganggo lesung supaya wong akèh bisa bareng-bareng olihé nutu beras.
Carané gawé glepung nggo gawe jenang, yakuwé, beras ketan dekum dhisit sewengi supayané amoh detutu. Sewisé deturas, desuntek neng lesung
banjur detutu bareng-bareng wong akèh supaya gelis lembut tur amoh temenan. Sedhela-sedhela beras sing detutu kuwé deayaki, sing lembut ewis dadi glepung desuntek neng wadhah sing resik, sing urung lembut detutu maning supayané bisa babar.
Sejroné beras sing detutu deayaki, wong-wong sing nutu banjur padha kothèkan nggo ngentèni beras sing deayaki. Angger beras sing esih badhag arep detutu maning karebèn amoh. Kothèkané bisa pirang-pirang tembang. Angger goli njengglung utawa nabuh alu salah utawa dearani dhengklang, bokongé mesthi detabok. Kaya kuwé gawé gemuyu temenan, golí nyambut gawé dadi sumringah, mandan ora gelis kesel.
Sengsaya suwé dadi padatan, angger ana wong arep mantu utawa nyunati banjur ngglepung neng lesung, mesthi ana wong padha gubrag utawa kothèkan. Tangga teparo dadi ngerti sapa sing kudu desumbang jalaran krungu swara "gubrag lesung" sing ateges undang-undang.
Rumasa ewis akèh sing ngreti, akhiré wong sing mbaranggawé nganggep ora prelu undang-undang turut umah. Kejaba maring kesepuhan ya esih padha njaluk pengestu. Mulané tetep baé deparani kanggo ngurmati lan njaga silaturahimé.
Jaman siki wong njenang ora
kudu ngglepung neng lesung, cukup ana mesin giling glepung, banjur prelu ngundang sanak sedulur nganggo undhangan layang. Nggo ngarah ringkes tur praktis, layang undhangan suwé-suwé bisa pesen utawa tuku.
Nasibé gubrag lesung ewis mandan ngawatirna merga ewis ora akèh sing nglakoni. Gubrag lesung kiyé siki kudu deuri-uri minangkané tinggalan kesenian wong-wong tuwa gemiyèn. Malah preluné delestarikna dadi kesenian rakyat sing deawet-awet ngarah nom-noman siki esih mudheng apa kuwé gubrag lesung. Masalahé siki ewis langka wong sing duwé lesung, merga ewis langka wong sing nutu beras maning, kabèh ewis nganggokena teknologi mesin giling. Lesung deanggep ewis ora maèn, ora praktis.
Mayuh, siki mangga padha gawé lesung maning supayané bisa nggo gubrag. Apa maning kayu siki ora kurang-kurang, jalaran wong molah ora nganggo suluh kayu ningan T he k nganggo gas. ...thek...thek...dhung, glothakglathek glothak jengglung.
Klilan.
Syamsiyah RT 01/09 Tinggarjaya, Jatilawang, Banyumas
Kelincine MbahPepak
Dening: Wahyu Nugroho
Wayah surup srengengene angslup. Mbulan separo ngambang ing langit bang wetan mapag tekane
wengi. Kaya wengi-wengi padatan saploke Desa Parikan lumebu ing jaman kemajuan -
desa lan televisi wis ora mligi tontonane para priyayi, sepedha motor sarta hape dadi wajib didarbeni-- ing saben balesomah kang padhang kencar-kencar, keprungu tivi. Mula nalika wayah wengi mengkene, wargane wis padha angrem ing omahe dhewe-dhewe. Ana sing serius nyemak warta politik nganti atine melu kemritik. Ana sing nonton artis ndhagel nganti ngguyu kepingkelpingkel.
-listrik masuk barang kang swara giyarane
Ana sing nonton acara kang agawe ati trenyuh nganti mripate kekembeng eluh. Ana uga kang nonton acara live ndhangdhut sinambi sirahe obah lenggatlenggut. Dene anak-anake, saka sing kuncung nganti sing gelung, padha sibuk nduduli hape; chatting-an, browsing utawa nge-game CoC! Wow! Desa Parikan pancen desa kang adhem-ayem tata-tentrem.
Sauntara iku ing omah gubug pinggir sawah, Mbah Pepak --wong wadon tuwek rengkek mantan pejuang kang urip kesrakat karo putu-putune kang ABG-- kawit seka angslupe srengenge tekan seprene amung cenunukan mrana-mrene. Mlebu-metu omah, petrekpetrek mbingungi kaya pitik lagi memeti. Mripate pendirangan nyawang langit sisih wetan, sajak ana sing digoleki.
"Dhuh, yhung Allah..., sida ilang tennoooooaaaannn iki...!!" pambengoke sora, kasusul swara tangise.
Tangis kekejere Mbah Pepak kuwawa ngrusak katentreman Desa Parikan. Gawe kagete para warga kang lagi padha ngedhep kothakan kaca. Sing krungu banjur cekekal tangi, mlayoni pernahe tangis miris kang miyak wengi.
"Ana apa, Mbah?!" takone Tokaryo gupuh. Ambegane krenggosan, amarga mlayu kecipuhan. Tangan kiwane nyengkiwing pucukan sarung, dene tangan tengene nyekethem hape. Ora watara suwe Min Gowang lan wong-wong liyane padha nungsung. Kabeh nyumurupi Mbah Pepak nangis kekitrang, kaya bocah cilik ngrengek dolanan. Tokaryo lan uwong-uwong ageage mapah Mbah Pepak tumuju njero ngomah.
"Sareh, Mbah.., sareh..! Ana apa kok bengokbengok ora suwala?"takone wong-wong.
"Kinanthi..., Gendhis..., yhung Allah..., sida ilang tenaaannn...!" sambate Mbah Pepak melung-melung sajak getun.
"He?! Apa?! Putumu ilang?!" Tokaryo lan wongwong liyane kaget.
"Aja-aja diculik banjur didadekake TKW...!" ujare saweneh uwong,
"Utawa diculik mafia terus dipeksa dadi wanita pelanyahan...! Gawat!"
"Mengko gek diculik njur dijupuk organ dalame...!"
Mbah Pepak gedheg karo nangis tambah sora, "Ora...!Ora...!"
"Husssh! Lambemu dha menenga! Aja mbok wedenwedeni kaya ngono kuwi!" bengoke Tokaryo. Wong-wong meneng cep-klakep ora ana sing nyuwara neka-neka.
Sawise meneng sauntara Tokaryo takon maneh kanthi swara sareh, "Mbah... Apa bener Kinanthi lan Gendhis ilang?"
“Ora... Kelinci..., kelinci ilang... Huk huk huk...," semaure karo nangis ngguguk. Wong-wong padha mlengak ngampet guyu.
"Whalaaaah..., mung kelinci ilang wae kok direwangi petag-petog kaya babon bubar ngendhog, Mbah..., Mbah...!!"grenenge wong-wong dadi rame.
"Pasar Turi kana mung kelinci we ombyokan! Sesuk tak tukokne pira butuhmu!" kandhane Min Gowang. "Wis, gek meneng...."
"Lha iya ta! Mung kelinci ilang wae kok gawe geger...," sumambunge liyane. "Ayo mulih wae! Bubar.., bubar...!"
Wong-wong banjur bubar karo grenengan. Nanging nalika Kinanthi lan Gendhis teka padha gemrudug nyedhak meneh. Niyate arep nyrengeni.
"Simbahmu melung-melung nggegerne wong sakampung, kowe sakloron malah minggat ngandi?!"
"Niki wau kula didhawuhi Simbah teng daleme Pak Lurah Gambuh, lapuran menawi kelincine ical...," piterange Gendhis.
"Biyuh, biyuh, biyuh...! Kelinci ilang wae lapuran Lurah. Jian.., ra mekakat tenan!" pangucape wongwong ngece.
"Wis, bubar wae! Bubar wae! Mulih! Perkara sepele wae kok digawe rame...! " bengoke uwong-uwong karo mulih. Nanging tekan ngarep plengkung papagan karo Lurah Gambuh kang njalari wong-wong iku kandheg lan balingrubung meneh.
"Durung suwe putumu bali seka olehe lapuran kok kene wis gegeran... Iki ya lagi dakpikir jalan keluare..." ngendikane Lurah Gambuh karo nyedhaki Mbah Pepak.
Tangise Mbah Pepak mendha banjur kandha kanthi kebak panalangsa, "Kepripun niki, Lurahe?! Kelincine siyos ical....!!"
"Nek sekirane kelincimu kuwi barang sing aji, sesuk lapur pulisi. Ora usah bingung. Sing penting, saiki Sampeyan leren anggone muwun! Mesakne putu-putu Sampeyan. Mesakne wong-wong sing kebribenan..." ngendikane Lurah Gambuh.
"Nggih, Lurahe..."semaure Mbah Pepak lirih.
Lurah Gambuh banjur ngadeg lan ngendheg wongwong sing gemrudug teka, "Mpun, sakniki kula suwun Sampeyan sedaya bubar. Niki mpun dalu. Enjing-enjing sami makarya, ta? Mangga gek sami kondur mawon. Istirahat...."
Dielikne mengkono saka Lurahe, tanpa suwala wong-wong kang padha nyedhak padha bali cengkelak....
Esuke Lurah Gambuh lapuran menyang Kantor Polisi. Polisi Anom kang ditugasi banjur gerak cepat. Kabeh warga kecamatan sing duwe kelinci dicathet. Dicek asal-usule kelinci, dipoto, banjur dituduhake Mbah Pepak. Kon milih sing endi kelinci darbeke. Ananging puluhan poto lan cathetan kelinci iku ora ana kang cocog ing ati.
saben bengi ora bisa turu nganti taneg. Nyumurupi simbahe kaya mengkono, Kinanthi lan Gendhis bingung. Menyang ngendi maneh bakal ngupadi kelinci sing ora genah mapan-ndedunung?
Sawise Polisi Anom nyerah, Mbah Pepak banjur gerah. Sambat-sebute ora liya mung kelinci ilang. Tangise mingseg-mingseg agawe sing krungu melu seseg. Sakabehe warga Desa Parikan melu mbedhedheg merga
Lurah Gambuh banjur lapuran Camat Durma lan nyuwun eguh pratikel kepriye becike supaya Mbah Pepak waras saka larane. Camat Durma gawe wara-wara, sok sapaa bisa nemokake kelincine Mbah Pepak, bakal antuk bebungah. Akeh uwong-uwong mara nggawa kelinci maneka spesies, warna wulu lan ukuran awake menyang omahe Mbah Pepak. Nganti cacahing kelinci ing Desa Parikan tanpa wilangan, ning ora ana siji-sijia sing jumbuh karo kekarepan.
Larane Mbah Pepak tansaya nemen. Dhokterdhokter rumah sakit uga wis aweh sasmita yen larane mbah Pepak tan bisa diusada. Meh bisa dipesthekake, sedhela meneh Mbah Pepak kari riwayate. Kinanthi lan Gendhis bisane mung pasrah lan sumarah.
"Kinanthi lan kowe, Gendhis. Gandheng Simbahmu kuwi wis sepuh, terus saiki nandhang gerah kaya mengkono...," ngendikane Lurah Gambuh mandheg merga gulu krasa kelu, banjur teruse, "Ora ateges aku ndhisiki kersane Gusti Allah. Ora ana alane Kowe sakloron sowan Ustad Makrifat. Aturana tindak mrene. Nyuwuna tulung ndongakake Simbahmu, supaya yen isih diparingi bagas waras dening Gusti Allah, isa momong putu-putu, ya ben ndang waras. Dene yen bakal dikersakake, enggala kapundhut supaya ora kesuwen anggone nandhang pasiksan...."
"Nggih, Pak Lurah Gambuh..." semaure Kinanthi lan Gendhis angluh.
"Kowe sakloron ora usah mikir apa-apa. Mengko sakabehe ubarampe bancakan, aku lan para warga desa sing nyukupi. Aku uga mrintakahe kabeh warga desa supaya melu ndonga. Yen omah iki ora sedheng, mengko manggone ana latar kono wae."
"Inggih, Pak Lurah Gambuh. Kula kekalih namung saged ngaturaken panuwun," semaure Kinanthi lan Gendhis ngempet tangis.
Bancakan sedya kagelar ing latar. Puluhan klasa kajereng jembar gilar-gilar. Lampu listrik puluhan watt cacah pirang-pirang murup padhang kencar-kencar. Lurah Gambuh dalah para warga sarujuk bancakan lan ndedonga wengi iki tanpa kajang utawa tendha. Awit mangsane mangsa ketiga, sengara manawa udan bakal tumiba.
Sega tumpeng komplit wis cumawis ing tengah kalangan kinepung kabeh para warga Desa Parikan. Camat Durma lan Polisi Anom uga rawuh asung panyengkuyung donga. Sawise adicara binuka dening Lurah Gambuh lan diaturne gatining sedya, Ustad Makrifat siyaga, cancut taliwanda gya mandhegani dedonga.
"Bismillahir Rohmaanir Rahiim. Yaasiin. Wal Qur'aanil hakiim. Innaka laminal mursaliin. 'Alaa shiraathim mustaqiim. Tanziilal 'aziizir rahiim...."
Lafadz-lafadz Al Qur'an ngumandhang. Kumleyang, ndedel angkasa nembus arak-arakan mega, angebaki alam ndonya. Ing sela-sela tlapukan mripate Mbah Pepak mbrebes mili eluh. Kanthi rekasa tangane srawehan ngelus putu-putune kang ndheprok ing sisihe. Kinanthi lan Gendhis nangis keranta-ranta. Kahanan iku gawe trenyuhe para warga lan ndadekake saya sengkut lan khusyuk anggone ndedonga.
".....Innamaa amruhuu idzaa araada syai-aan, ayyaquula lahuu kun fayakuun. Fasubhaanal ladzii biyadihii malakuutu kulli syai'in wa ilaihi turja'uun."
Ngepasi rampung anggone maca Surah Yaasiin ayat pungkasan, dumadakan lampu mati. Kahanan dadi peteng ndhedhet lelimengan.
"Wadhuh, oglangan...!! Lampune oglangan!" bengoke warga bebarengan.
Ustad Makrifat kanthi tenang lan wicaksana ngajak para warga tetep ndedonga. Sawetara íku arak-arakan mega ing langit sumingkir katiyup angin sumilir. Rembulan purnama katon nglegena. Wujude bunder ngleker kumambang ing angkasa. Sunare sumebar madhangi latar kang gilar-gilar. Bocah-bocah cilik tanpa bisa dipenggak padha playon geguderan, girang gumuyu gegojegan.
"Ingkang sabab malih, ngedalaken tumpeng uduk ulam lembaran menika, estunipun kangge ngrungkepi Nabi panutan kita inggih Kanjeng Nabi Muhammad Shalallahu'alaihi wa salam..."
"Nggiiih.."
"Wontenipun tumpeng wilujeng, menika sageda ndadosaken kawilujengan dhumateng Mbah Pepak ingkang nembe gerah, mugia enggal manggih tamba ingkang saged mantunaken sakitipun, saha paring rahayu wilujeng salami-laminipun..."
Dumadakan saka njero ngomah ana wewayangan lumaku sempoyongan. Kabeh padha kaget trataban. Nalika wewayangan iku tekan tengahing kalangan lan kena sunare rembulan, wong-wong padha cingak. Sebab wewayangan iku jebule Mbah Pepak!
"Nggiiih..."
"Para warga Desa Parikan, Ustad Makrifat, Camat Durma, Pulisi Anom saha Lurah Gambuh ingkang wicaksana..., kula lan para putu ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami menggah donga Penjenengan samí, Amargi donga Penjenengan ingkang ikhlas, kula sampun waras...." ujare Mbah Pepak alon lan ngati-ati.
Wong-wong kamitenggengen kaya kena hipnotis. Wengi ngatonake kekuwatan magis. Sawise amem sauntara, swarane kalong ing wit-witan mecah sepining swasana.
"Kelincine wis ketemu, Mbah?" pitakone salah sawijining bocah. Kabeh uwong manthuk nyarujuki pitakon lugu kuwi.
"Uwis! Delengen kae!" kandhane Mbah Pepak karo tangan tengene nuding langit pernahe rembulan kang purnama, "Kelinci ing rembulan kang lagi ndadari kae kelinci sing dakgoleki! Kelinci kang wis suwe ora katon amarga kabeh uwong wis ora nate gegojegan lan tetembangan nalikane rembulan purnama...." Mbah Pepak meneng sedhela. "Lan saiki, delengen bocahbocah kang padha dolanan sunare rembulan...."
Ora kanyana sawetara bocah mlebu kalangan lan ngrangkul Mbah Pepak karo mbengok sora, "Jeluuuunggg....!!"
Mbah Pepak ngguyu lakak-lakak banjur metu kalangan ngetutake bocah-bocah lan melu guderan. Kabeh uwong padha pandeng-pandengan. Mesem. Sabanjure tanpa diabani, wong-wong tuwa iku padha mlayu nututi Mbah Pepak kang wis gojeg lunjak-lunjak. Kabeh wong Desa Parikan kelem ing donyaning lelagon luhung lan dedolanan agung, warisane leluhur.
Mbulan bunder agambar kelinci manther ing tengah langit. Wayahe wis lingsir wengi lan listrik panggah mati. Nanging ing Desa Parikan atine para warga padhang kencar-kencar.
Dina-dina candhake, video Mbah Pepak kang gegojegan lan tetembangan nalika rembulan purnama karo bocah-bocah lan kabeh para warga Desa Parikan, dadi viral ing media sosial.
Giritontro, 7.5.2017
Dhodhogan Ing Tengah Wengi
Dening: Ery Agus Kurnianto
Merto bingung karo lakuning urip sing lagi dilakoni saiki. Udut wis
setengah kang disedhot nanging ora bisa nentremke atine sing lagi gonjang-ganjing amarga kahanan ekonomi kulawargane. Usaha apa wae wis dilakoni, saka nguli bangunan nganti dadi kuli pikul neng pasar. Nanging kabeh kuwi durung bisa nyukupi kebutuhan kulawargane. Anake sing mbarep sasi ngarep wis mlebu neng SMP. Anake sing
semono uga kudu mlebu SD. Pikirane tambah mumet, peteng
ndhedhet kaya wernaning kopi sing ana neng ngarepe. Urip dirasakna pait, kaya paiting kopi sing nembe wae dicawiske bojone.
Pait dudu amerga Merto lagi nyirik legi, nanging gula ing pawon wis entek lan durung ana dhuwit kanggo tuku gula. Merto narik sarunge munggah nutupi awake. Adheme hawa mbengi iki ora dirasakake. Pikirane nglangut ora jelas jluntrungane. Swara jangkrik lan kodhok nambah kahanan mbengi iku ngelangut kaya kahanan atine Merto. Ujug-ujug swarane bojone ngageti, mbuyarake lamunane ati. Merto glagapan.
"Lagi mikirke apa ta Pak? Wis bengi ayo mapan turu, sesuk esuk nyambut gawe."
"Kowe ta Bu, ngageti wae kowe ki......Mapan turua dhisik, aku durung ngantuk."
"Tak gatekke kawit mau kok kayane pikirane Njenengan nglangut, jane apa ta sing Njenengan pikirke?"
"Ora....ora ana." Wangsulane Merto karo nyruput kopi sing kari ampase. Paite kopi ing gulune ora dirasakake,
sing penting bengi iki bisa ngopi wae wis sukur.
"Yen pancen ora ana, aku arep ngomong. Pak...yen aku kerja piye? Wingi Sumi, tanggane awake dhewe sing saka Arab teka. Dheweke saiki dadi wong sugih. Omahe wis dadi gedhong, sawahe ana neng ngendiendi, mas-masane nglembret neng gulu, tangan lan....."
"Terus karepmu apa?" Merto langsung munggel omongane bojone sadurunge nggladrah tekan ngendiendi karo mbenakake sarunge maneh. Satemene dheweke wis bisa mbedhek apa sing dadi kekarepane bojone. Atine nelangsa. Dheweke sabenere nglegewa karo kahanan yen bojone duwe kekarepan kaya kuwi.
"Aku pengin melu Sumi kerja nang Arab ben....."
"Wis cukup..!!!!! Ora susah diterusna, Aku ora setuju. Wis....aku arep turu aku ora arep
ngomong maneh babagan iki."
Merto terus menyat saka kursi. Sarunge digulung-gulung sakarepe dhewe mlebu neng ngomah terus mbanting lawang. Tarmi mung bisa mlongo weruh tumindake Merto. Wis limalas tahun mbangun katresnan nembe bengi iki dheweke dinesoni Merto. Tarmi uga menyat saka kursi, nyusul bojone mlebu omah. Nanging atine isih durung bisa tentrem. Wewayangan suksese Sumi isih njoget-njoget neng pikirane. Dheweke uga pengin dadi wong sukses, dadi bojo sing bisa makarya, ngewangi bojo nyukupi kebutuhan kulawargane ben pawone bisa tetep ngebul saben dinane, lan anakanake bisa sekolah sing dhuwur, ora kaya dheweke sing mung ngrasakake sekolah SD, kuwi wae ora nganti tekan lulus.
Esuk-esuk, sawise Subuhan Merto wis lunga nyambut gawe, mancal becak pocokan saka Memed sing ora bisa mancal becake amarga awake nggreges. Pikirane isih nglangut karo kahanan omah, ditambah maneh Tarmi duwe karep kerja menyang Arab. Wis jam pitu, nanging durung ana penumpang sing nglungguhi jok becak sing dipocok. Cangkeme wis kecut tandhane kudu diobori nganggo keluk rokok. Nanging ora ana dhuwit sasen-sena sing ana ing sak clanane. Merto mung bisa ngunggruk neng becake karo ngalamun. Lagi penak-penake ngalamun, ujug-ujug teka wong tuwa nggawa teken njaluk diterke neng gang pengkolan kampung sing ana wit mindhik.
"Njenengan arep lunga nang ngendi ta Pak? Sangertiku kok nang
kono ora ana omah."
"Ana, omahku nang dhaerah iku. Wis kowe gak usah ngeyel, cepet ndang terke aku. Kowe njaluk bayaran pira mengko tak bayar, gak usah kuwatir."
Krungu omongane wong tuwa iku, Merto semangat. Dheweke langsung pindhah neng mburi. Merto arep njengkingake becak ben wong tuwa kuwi bisa munggah. Nanging sadurunge Merto njengkingake becak, wong tuwa iku wis lungguh neng becake. Yen dideleng saka kahanan awake wong tuwa iku, tangeh lamun wong tuwa iku bisa munggah becak tanpa dijengkingke. "Ayo....!!!! Cepet ndang dipancal becak iki!!!! Aku kesusu, wis ditunggu karo wong sing pengin nemoni aku."
Merto langsung mancal becake.
Sing ana ing angen-angene lambene cepet-cepet diobori karo rokok ben cangkeme ora kecut. Nembe satus meter mancal becak, ambegane Merto wis ngos-ngosan. Nembe iki ana wong sing abote ora jamak. Merto kaya nggawa puluhan bagor. Kringete gembrobyos ndadekake kaose teles kebes.
Sawise tekan ing pengkolan, Merto langsung mudhun. Dhengkule rasane kaya padha copot. Dheweke langsung njengkingake becak. Nanging sadurunge becak dijengkingake, wong tuwa kuwi wis ana ing sandhinge. Merto kaget.
"Nyoh....ikibayarane."
Wong tuwa kuwi langsung menehi dhuwit seket ewu.
"Wadhuh......ora ana susuke Pak. Aku durung narik mau."
Merto bingung arep nyusuki nganggo apa yen kahanane neng sak clanane ora ana dhuwite. "Sing cilik wae Pak, mung limangewu kok."
Wong tuwa iku ngetokake dhuwit kang ana neng sak clanane. Dhuwit-dhuwit iku ora ana sing cilik, sagendhel mung atusan ewon karo eketan ewon. Merto mlongo weruh kahanan kuwi.
"Ngapa Kowe mlongo, Kowe gak tau weruh dhuwit atusan utawa eketan ewon ya?" wong tuwa iku takon karo rada ngece.
"Ya...aku tau weruħ đħuwit atusan utawa eketan ewon, nanging ora akeh kaya sing ana nang tangane Bapak iku." Wangsulane Merto karo rada isin.
"Kowe pengin duwe dhuwit okeh kaya aku? Yen kowe pengin, kowe bisa, angger kowe nyaguhi sarat saka aku."
Merto langsung mangsuli tanpa mikir. Sing ana ing pikirane mung dhuwit sing akeh ben dheweke bisa ngombe kopi legi lan mangan sing enak-enak.
"Ya....aku pengin Pak. Apa sarate? Arep taksaguhi sing penting aku bisa duwe dhuwit okeh kaya Bapak."
"Yen pancen Kowe pengin, mengko bengi Kowe bisa mara nang omahku. Omahku ana nang mburi wit mindhik iku."
Merto langsung noleh menyang papan kang ditudingi karo wong tuwa iku. Jebul neng mburi wit mindhik ana omah gedhong magrong-magrong.
"Ya Pak, mengko bengi aku tak dolan nang omahmu."
"Ya, tak enteni ya. Ya wis kana ndang kerja maneh. Dhuwit iku gak usah mbok susuki, jupuken kabeh."
Wong tuwa iku langsung mlaku ninggalake Merto sing isih kamitenggengen nyawang rejeki sing mentas wae ditampa.
Maghrib Merto nembe tekan ngomah. Sawise mbalekake becak lan mbayar dhuwit pocokan, Merto langsung mampir menyang warung mbayar utang karo tuku gula. Tekan ngomah Merto langsung adus. Anyepe banyu sing ngguyur awake ora dirasakake. Atine bungah amarga dina iki becake rame. Sawise adus Merto langsung lungguh neng kursi ngarep karo ngombe kopi legi disandhingi tela godhog sing dicawisake bojone.
"Dina iki rejekiku kok apik ya Mi. Sawise aku ngeterke wong tuwa iku, okeh wong sing numpak becakku. Nganti aku gak bisa leren.
Nah....iki dhuwit sing bisa takgawa mulih kanggo blanja sesuk."
Merto ngetokake dhuwit puluhan ewon sing cacahe ana nem lembar.
" O a l a h . . . . K a n g, alhamdulillah.......sesuk bisa blanja. Yen kaya ngene terus bisabisa aku mbatalke karepku lunga nang Arab."Tarmi bungah atine.
"Ya wis, bengi iki aku diundang teka nang omahe wong tuwa iku. Ben ora kewengen luwih becik aku mangkat saiki wae."
Merto langsung menyat saka kursine. Sadurunge metu saka ngomah, Merto nyruput kopi legi karo rada mesem. Ana pangareparep anyar sing rasane legi kaya kopi sing disruput. Angen-angene wis nganti pucuke gunung. Mbayangke dheweke duwe dhuwit akeh. Karo mesam-mesem lakune tambah banter. Merto wis ora sabar pengin ketemu Wong tuwa sing mau esuk numpak becake.
Tekan neng pengkolan sing ana wit mindhik, Merto kaget. Atine byar pet kaya lampu sing otomatis mati terus urip. Keteg jantunge munggah mudhun ora karu-karuan. Dheweke ora ngira yen wayah bengi pengkolan mau rame temen. Jebul, akeh wong dodolan, nggelar dagangan macemmacem. Ana sing dodolan bakso, mie ayam, lan ana dodolan liyane. Merto clingak-clinguk, mripate metani sijisijine omah sing ana ing mburi wit mindhik. Omah sing mau esuk ditekani. Pikirane wis ora preduli karo kahanan sing ana ing kiwa tengene. Jangkahe langsung tumuju menyang omah iku. Tanpa kuwatir lan rangu-rangu Merto langsung ndhodhog lawang omah iku. Ora ngenteni suwe lawang dibukak....
Kekancankaro Obes
Dening: Elisa D.S.
am tembok muni kaping sanga. Edo gage-gage J ngringkesi bukune banjur nglebokake neng tas sekolah. Kaya dina-dina biyasane, ing wayah bengi sadurunge Edo mapan turu, ibuke mesthi ndangu putrane kuwi.
"Sesuk nggawa bonthot apa, Do?"
"Kados biyasanipun, Bu. Ayam goreng tepung, hehehe...."
"Ya ampun, Do ... mosok ayam goreng tepung maneh?Apa Kowe gak bosen?"
Edo gage-gage gedheg.
"Mboten, Bu, amargi ayam goreng tepung masakanipun Ibu niku eca sanget."
"Ibu masak sayur asem karo goreng iwak mujaer wae, ya, ditambahi sambel trasi, mesthi luwih enak, utawa sop lawuh perkedel daging. Sayur bayem karo bakwan jagung uga sedhep. Jiaann ... mantep tenan lho, Do," dhawuhe ibu karo ngacungne jempol.
Edo panggah gedheg.
"Nggih sampun. Mie goreng kemawon, Bu, mbokmenawi Ibu mboten kersa masak ayam goreng."
Ibu unjal ambegan dawa.
"Ora merga ibu gak gelem masak ayam goreng tepung, nanging Edo kudu akeh mangan sayur amarga tubuhmu kuwi butuh serat.
Apa maneh Edo ora doyan buah. Bisa sehat saka ngendi yen pola makan kaya ngono kuwi?"
"Kula niki sampun lema, Bu. Lema berarti sehat."Edo mbela awake dhewe.
"Lemu nanging ora sehat yen pola makanmu ora variasi. Suwesuwe bisa kaluwihan lemak ing njero awak. Mangan kuwi aja mung asal wareg utawa sing penting enak, Do. Gizine ya kudu digatekake. Besuk dak gawakne bonthot sayur karo buah, ya?"
amarga rada nyaprut. Ibu ngalah, wegah tukaran karo putrane. Sawise ngarasi bathuke Edo, ibu jumangkah metu saka kamar karo mateni lampu.
Wis oleh telung dina iki kelase Edo katekan murid anyar pindhahan saka ibukota. Jenenge Roni. Bocahe dhuwur, gedhe, lan rambute kriting. Dheweke manggoni bangku sebelahe Edo sing isih kosong. Ora gantalan wektu, bocah loro kuwi dadi akrab.
Ing wayah jam istirahat, Edo lan Rafi omongomongan karo Roni. Bocah telu ngetokne bonthote dhewe-dhewe.
"Daksawang-sawang, bendina lawuhmu ayam goreng tepung. Apa Kowe ora bosen ta, Do?"
Edo panggah gedheg, praupane saya buthek
pitakone Rafi nalika ndeleng Edo mbukak kothak manga ne.
"Ora,"
semaure Edo cekak amarga sibuk
mamah daging ayam goreng kang dilapisi tepung reny ah.
"Gelem ngincip lawuhku, tah?"
Rafi gedheg.
· "Kowe nggawa bonthot apa, Ron?"
Rafi nyawang Roni karo nyendhok nasi lan capcay.
"Aku nggawa gadho-gadho. Ana sing gelem ngincip?"
Roni nyurung kothak mangane neng tengah meja.
"Gadho-gadho? Kayak wong tuwa wae, Ron," godhane Edo,
"uhuk .…. uhuukk!"
Řoni lan Rafi ngguyu kemekelen nyawang Edo sing keselek.
"Alon-alon, Do. Yen Kowe mangan karo ngomong, saluran pernapasanmu mbukak. Wusana apa wae sing ana ing njero tutuk bisa kesedhot," pituture Rafi.
Edo manthuk-manthuk, banjur mbukak tutup botol lan ngombe isine. Sawise kuwi, bocah telu padha ngentekna bonthote dhewe-dhewe tanpa kakehan omong.
"Eh, Ron. Pitakonku maeng durung kok jawab," celathone Edo nalika kabeh wis bubar mangan.
"Pitakon sing endi? Lali aku ...."
"Kowe mangan gadho-gadho koyok wong tuwa wae.
Aja-aja, sesuk Kowe nggawa sega pecel utawa rujak cingur. Persis ibu-ibu, heheee ...."
Rafi kemekelen ngrungokne guyonane Edo. Dene Roni mung gedheg-gedheg karo mesem.
"Kowe kabeh ngertia, ya. Sasuwene aku urip ing ibukota, panganan sing dak konsumsi kuwi persis karo Edo. Ayam goreng tepung renyah. Meh bendina kaya ngono kuwi. Kadhang-kadhang pizza, mie goreng utawa spageti, liya wektu mangan burger. Aku gak doyan sayur babar pisan,"
"Piye critane, kok saiki kowe gelem mangan gadhogadho? Kamangka isine kuwi lonthong, kenthang, tahu, tempe, seladha, wortel, kubis, lan kacang panjang. Akeh sayure, toh?"
pitakone Rafi dawa kaya sepur.
"Ya ikulah. Amarga aku ora gelem sayur lan bolabali ngonsumsi panganan siap saji, aku malih kekancan karo obes. Awakku biyen lemune ora lumrah lan sering lara. Ditambah maneh, aku ora tau nindakake olahraga."
"Obes? Panganan apa iku?"
Bathuke Edo mengkerut.
"Hahaaa, kowe iki Do ... Do. Mikire mung panganan thok."
"Obes kuwi singkatan saka obesitas, artine penumpukan lemak ing njero awak, utawa kegemukan sing berlebihan."
Rafi kemekelen.
Edo manggut-manggut.
"Nanging senajan awakmu gedhe, Kowe iki ora lemu kok, Ron."
"lya, amarga aku wis nglakoni diet ketat sing diawasi dening dhokter. Pola makanku diganti. Ora oleh ngonsumsi pangan siap saji terus-terusan. Kudu mangan panganan sing sugih serat kayata sayur karo buah, ngombe sing cukup, lan nindakake berolahraga."
"Suwe-suwe Kowe iki kayak ibuku, Ron. Kudu iki, kudu iku, ora oleh ngene, ora oleh ngono."
"Yen pingin sehat, ya kudu nurut."
Roni ngedhepna mripat karo mesem.
"Hasile? Obes, kowe dudu kancaku maneh." Bocah telu ngguyu bareng. Wektu lumaku terus. Bel tandha ngaso wis keprungu. Kabeh murid gage-gage mlebu kelas.
Sawise mulih saka sekolah, Edo ganti klambi lan wijik. Bubar kuwi dheweke nyedaki ibune.
"Bu, kula benjing mbonthot sayur sop, pekedel daging, kaliyan pisang, nggih."
"Ibu ora salah rungon, Do?"
Edo gedheg.
"Mboten, Bu. Wiwit sakniki Edo pingin sehat." Ibu mesem karo ngacungna jempole.
Gresik, 24 Oktober 2018
*Elisa D. S. asma jangkepe Elisa Dwi Susanti dedalem ing Gresik lan ngasta dadi guru les bahasa Inggris.
PRAYITNO
panggurit iki ngasta dadi wartawan. Dedalem ing Kudus. Saiki lagi ngrampungake "Kamus Kudusan".
Kidung Tengah Wengi
Kahanan iki sepi nglengut
Tan ana swara kang keprucut Godhong kekayon datan obah
Samirana datan lumampah
Kumriciking banyu kang ana ing tepis
Nambahi tintrim ati kang atis
Binarung jumedhule sang dewi candra
Keprungu lirih kidunge sang Dwija
Agawe kekesing nala
Putraku ngger bocah bagus
Sliramu kabeh sing tak gadhang-gadhang
Sawangen kae lintang kemukus
Kang mampyar kencar-kencar aneng tawang
Pratandha manungsa wis padha ora muwus
Marang anane jagad padhang
Tundhane bencana nang ngendi-endi dadi
Banjir bandhang longsor lan erupsi
Bantene tan kena winilang driji
Kidung tangise ibu pertiwi
Ngenteni kumlawene astamu kang suci
Sawah Omah
Bocah ndesa ora gumun ya ora getun
Marang endahing alam lan gunung
Uga tetuwuhan kang ledhung-ledhung
Amarga kuwi kabeh kesampar lan kesandhung
Saben dina nggulawenthah sawah tinandur pari
Mbudidaya supayane ora keri
Kiwa tengen dlanggung katon ijo royo-royo
Pratandha tandurane pari jodho
Bisaa turah sandhang kalawan boga
Bocah ndesa saiki gumun ya getun
Marga sawah wis ora tinandur pantun
Nanging malah tinandur omah
Thukule bocah kang mambrah-mambrah
Mokal kon nduwe boga kang turah
SRI HARNOKO
Endahing Ratri
Lamat-lamat lintang kumelip kasilep kridhaning kabut Binarung kidung jangkrik ngerik Lamat-lamat keprungu kidung endah saka suwaliking sela Kumriciking warih jejogedan Anelasah sela-selaning sela padas Nora kinira rembulan abyor Nggugah enggal nggelar gelaran Ngronce endahing lingsir wengi Jamuran ing plataran Ati bungah Padha gegojegan Dhuh Gusti ..... Endahing ratri kalindhes obah mosiking jaman Saiki aku wis tuwa Bisaku ngulang anak putu yayah rena Sinambi ngronce endahing ratri Rina lawan wengi
BIODATA PANGGURIT
Sri Harnoko
Panggurit iki saben dinane ngasta dadi guru ana SMPN 1 Mojogedang, Karanganyar. Dene daleme ana ing Tempel 03/07 Alastuwo, Kebakkramat, Karanganyar.
Sepi Mamring
Wengi - wengi wingi Sansaya gingsir Sepi mamring lungiting atiku molak-malik Nora dakrasa luh tumetes
Gubug reyot iki biyen reja Asring kaprungu kekidungan katresnan Gumyak regejegan regeng Geguyonan gayeng gya gegojegan Anak putu yayah rena
Seneng susah rinasa bebarengan Carita dingin Konang lanang wadon mabur Nglari panguripan Ninggalake gumuk pangumbaran Jero dakrasa Urip kijenan Ngronce angen-angen Gumantung awang-awang Nalimpang lelakon nguni Bola-bali ora bakal bali
Gusti... Dina iki.... Ngranti angen Mapak titimangsane marak sowan Ninggalake lemah pangumbaranku Kanthi sumarah Nora kemba Tansah amati dhiri Nyenyuwun ampun Kanggo sangu mecaki dalan anyar Tentrem ing gendhonganMu
Wahyaning Ratri
Nalika Wahyaning Ratri Sumribit angin ngaras langit Kidung sriti bali ing pucuk cemara Ngranti ....Mapak tekaning wengi kang lungit Tan rinasa.... Gawanggawang lelewa pasuryanmu Gawe atis hawa angin wengi Nora dakrasa ati iki tumlawung ngulandara sandhuwuring kluwung Sesandhingan kalawan wewayanganmu Ngronce impen ngebaki telenging wengi Napaki dalan-dalan lungit Sadhuwuring gumuk cengkar ginubet beksaning pedhut Apa bisa dadi kasunyatan? Apa malah kudu daklarung bebarengan lumingsiring wayah ratri? Jibeg.....judheg atiku Kudu kepriye......
Kang Kaundang Wengi
Ing sapertelone wengi dhewekne kaundang gumregah tangi ninggalake turu kang kepati
hawa kang kekes dikekep kalawan selimut iman langen neng jroning kalen sepi kalawan cahya Ilahi
dhewekne kaundang ngosongake pikir lan ati pasrah sumarah ing sajembare sajadah
ndremimilngobahake lathi nderes tanpa wates istiqfar nyebut datan kendhat asmane pangeran kang minulya kang rohman lan kang rohim
sapertelon wengi dhewekne kaundang nyawiji kalawan sepi Gusti.
Kudus 2017
Mukti Sutarman Espe kang pijer ngreridhu
Nganti Kapan
a n a qalbu din angimpi tan
dina karonsih kendhat beberangan kaya jaman semono rikala sliramu
prawan aku jaka
ngimpi tansah bebarengan ing apa bae ing kapan bae ing ngendi bae nyawiji sajroning rasa tresna
ananging, yayi geneya sekabehe esuk kudu duwe srengenge wengi dadi cepet lingsir turu bola balinglilir geneya sekabehe turu kudu duwe tangi impen kebak lebu wurung dadi taman sari ana sing ngaru-aru saakehe turu
ananging, yayi nganti kapan aku lan kowe seneng mendem ngene nggendhengi dhewe krana kapang iki
nganti kapan kowe lan aku bisa setya ngopeni turahing katresnan kang tansaya tuwa kang tansaya sepa tanpa rinasa kesel rinasa tanpa guna
nganti kapan, yayi
Kudus 2015.
Ngupadi Swara Esuk
kanthipengarep-arep edi dakleboni sawenehing esuk ngupadiswara-swara kang ndhisik asring mbribeni anggonku turu angler
swara jago kluruk kang sambung sinambung ocehe manuk-manuk cilik kang gegojegan kalawan pedhut
lan gandane embun sasmitaning srengenge kang kagawa anclese angin saka bang wetan
saiki padha neng endi swara-swara kuwi
dakupadi tekan telenging esuk pijer ora ketemu sing daktemu mligi swara moter kang mbudhegake kuping
Biodata Panggurit : Mukti Sutarman Espe Panggurit kang produktif. Karya-karyane kang arupa geguritan kepacak ing maneka kalawarti Jawa Dedalem ing Mlati Lor 14, RT 04 RW 02 Kabupaten Kudus
sing daktemu amung swara samun ayang-ayang kang wus samar ing dawaning lurung urip
kanthi rasa kuciwa dak leboni sewenehe esuk nggoleki swara kang ilang embuh nganti kapan
Aja Padha Pasulayan (Pangkur)
Dening: Lutfianto (Ki Lutfi Caritagama)*
Padha gêgondhèlan sira, gegondhèlan Allah talining iki, sarta aja tansah nêsu, eling pêparing Allah, durung Islam paduka mêmungsuh-mungsuh, Allah yèn nrêsnani sira, dulur-dulur rak ya asih.
Sira aja padha kaya, tiyang ingkang padha pisahan sami, sarta pasulayan gêlut, bubar pikantuk tandha, kang sasar kalawan pikantuk bêbêndu, dinuka lan sinasar, kapatrapan siksa yêkti.
Prayogane ana sira, padha nuntun marang bêbêcik iki, padha akon gawe ayu, laku panggawe tata, apa dene nyêgaha panggawe satru, wong kang mangkono ika, têtêp padha bêgja mukti.
*Lutfianto, S.S. Guru basa Jawa SMAN1 Pajangan Bantul Yogyakarta
Drs. Ali Mufiz, M.P.A.
Piye Yen Basa Krama ing Medsos?
Drs. Ali Mufiz, M.P.A. mono pancen dudu ahli basa. Sekolahe wae ing Fakultas Sosial Politik, banjur nerusake studi lanjut ing Amerika mundhut program sing gegayutan karo administrasi publik. Mula ing saburine asmane ana gelar M.P.A. utawa master of public administration. Nanging, mantan Gubernur Jawa Tengah (2007-2008) iki kagungan wawasan wigati marang basa, utamane basa Jawa.
Nalika padha lenggahan ngendikan karo Ketua Persatuan Wartawan Indonesia Provinsi Jawa Tengah, Amir Machmud, piyambake dumadakan ngendika, "Piye yen padha nulis setatus ing media sosial nganggo basa krama? Mesthi ora ana sing nesu, ngunek-unekke liyan, lan sapanunggalane."
Pangandikan kuwi banjur dicandhak karo Amir Machmud lan langsung nyuwun marang Pak Ali Mufiz murih kersa paring pangandikan ing adicara "Peresmian Kelulusan Sekolah Jurnalistik PWI Jawa Tengah Kerja Sama dengan Fakultas Hukum Unissula". Lan, kebeneran, Pak Ali Mufiz kersa rawuh ing kampus Unissula, Kaligawe Semarang, wulan Oktober wingi.
Pak Ali Mufiz ngendika, "Yen dadi menungsa Jawa kuwi kudu 'alus lan apik'. Alus lan apik kuwi nduweni dhimensi kang amba lan akeh. Umpamane dipunjerake marang bab basa Jawa wae, umpamane, wis nuduhake menawa basa Jawa kuwi ora egaliter, ora
dhemokratis. Sapa wae sing wawan wicara nganggo basa Jawa kudu nyawang sapa sing diajak guneman. Yen karo wong sing luwih tuwa lan pancen pantes kinurmatan, ya kudu nganggo basa krama alus. Yen karo wong sing luwih enom utawa karo kancane dhewe sing wis raket nganggo basa ngoko utawa basa pasaran," ujare priyayi wiyosan Jepara, 21 Juli 1944 iki.
Wong Jawa kuwi, ujare, kudu ngati-ati yen lagi padha guneman. Umpamane bab tembung sesulih (kata ganti orang). Tembung "kowe" pancen wis lumrah kanggo nyebut wong sing dijak guneman, minangka "madyama purusa"utawa purusa kapindho (kata ganti orang kedua). "Nanging ana lho saweneh laladan sing nganggep yen tembung kowe kuwi tegese kethek. Dadi, ana saweneh wong Jawa
sing
ora seneng yen disebut kowe merga dianggep bangsane kethek," ngendikane Pak Ali Mufiz.
Ora Bisa Nesu
Piyambake ngendika, menawa nggunakake krama alus, wong ora bisa, saora-orane ora pantes nesu. Wong wawan wicara iku, miturut Drs. Ali Mufiz, kudu ana transmitter lan receiver. Jarwan gampange, ana
sing kirim lan ana sing
Drs. Ali Mufiz, M.P.A.
nampa, ana sing ngajak omong lan ana sing d i j a k omong. W on g pad h a guneman kuwi ya k u d u bis a nemtokak e pilihan tem bung (diksi) sing pas
Drs. Ali Mufiz, M.P.A. sesarengan kaliyan Ketua PWI Provinsi Jawa Tengah Amir Machmud N.S., S.H., M.H.
lan trep, cocok karo tujuane anggone padha rembugan. "Sepisan maneh, wong Jawa iku diwulang supaya alus lan apik. Punjer ing mengkone yaiku lembah manah. Mula kudu ngajeni ing liyan," ujare nambahi.
Umpamane ana wong lagi padha cecaturan. Banjur salah sijine ngucap, "Panjenengan menapa mboten pirsa bilih wingi wonten tiyang paben?"
Yen nganggo basa krama, ngono kuwi rak dadi apik, kepenak dirungokake, lan sing dijak guneman ora bakal nesu merga salah tampa. "Lha yen sing ngejak guneman mau nganggo diksi liya, tur ngoko. 'Apa matamu picek wingi ra weruh ana wong padu?'. Wah, bisa dadi perkara yen ngene iki," ujare lan disaut gumuyu sing ana njeron papan pasamuwan iku.
Conto liyane uga diparingake, kanggo mbedakake antarane krama karo ngoko. Umpamane lagi bebarengan karo para priyayi kang pantes kinurmatan, kok awake dhewe ngucap, "Áyo dha mbadhog sik, iki wis awan."
Tembung mbadhog, madhang,
mangan, dhahar kuwi tegese padha. Nanging anggone nepakake kudu pas lan trep ing kahanan lan sapa sing dijak caturan. "Mangga Pak Gubernur saha Pak Bupati kaaturan dhahar rumiyin, amargi sampun siyang. Pilihan tembung iki pas lan trep, merga pancen sing rawuh pantes antuk pakurmatan," pangandikane Pak Ali Mufiz.
Caturan utawa guneman nganggo basa krama, kuwi ora bisa nesu. Amarga tembung-tembunge pancen ora cocok kanggo kaya mengkono kuwi. Lha mosok ana wong nesu nganggo basa krama. Karo nggetak-nggetak muni, "Panjenengan menika pancen gendheng!" Ora bakal. Beda yen nganggo ngoko, umpamane, "Kowe kuwi pancen edan kok!"
Krama ing Media Sosial
Merga basa krama kuwi ora pantes kanggo nesu, mula Pak Ali Mufiz paring usul, kepriye yen padha nulis status ing Facebook, WA, Twitter, Instagram, lan liya-liyane kuwi nganggo basa krama. Piyambake ngendikakake iki merga prihatin, wong-wong kok padha regejegan,
pisuh-pisuhan, nyebar pitenah ing media sosial.
Yen padha nganggo basa Indonesia, wah, padha kepenak wae anggone nulis. Tembung kasar wae padha pating penthalit ing jagad medsos. Cah enom ora ngajeni sing tuwa, sing tuwa padha wae ora bisa mulang bab becik marang sing enom.
Kanthi tembung-tembung basa krama, saora-orane bisa ngelongi kedadeyan salah-paham. Basa Jawa kuwi, ujare Pak Ali Mufiz, kudu diwulangake kanthi tumemen, utamane marang bocah-bocah. "Putuku oleh soal basa Jawa saka gurune. Pitakone, 'Sapa sing nglakokake wayang?'. Apa coba wangsulane putuku. 'Sing nglakokke wayang ya Joko Edan'. Piye jal yen ngene iki. Samesthine wangsulane rak dhalang ta," ujare Pak Ali Mufiz.
Pancen piyambake ya maklum, menawa saben dhaerah kuwi ya duwe tembung-tembung sing dianggep kasar utawa ora pantes. Umpamane ing Surabaya ana tembuh jancuk ing Semarang kakekane. "Yen kanggo misuh, tembung-tembung iki pancen dadi negatif. Nanging, wong Surabaya yen ketemu kanca akrabe, anggone nyapa ya 'Jancuk, suwe gak ketok. Lunga ngendi ae kon.' Utawa wong Semarang sing ketemu kanca rakete, 'Kakekane digoleki ra tau ana, ditelpon ra ngangkat'. Nanging aja nganti nganggo tembung kuwi yen guneman karo wong tuwa utawa wong sing pantes kinurmatan," pangandikane mantan dhosen FISIP Undip iki.
Kepriye, sarujuk basa krama ing medsos?
Widiyartono R.
Dening : Ki Sudadi*)
Blended Learning kanggo Mulang Basa Jawa
Bocah-bocah jaman saiki sing disebut Generasi-Z (Gen-Z) iku rata-rata mbukak HP utawa gawai liyane nganti 3-5 jam saben dinane. Sangang puluh persen saka Gen-Z padha ngakses internet nganggo ponsel pinter lan rata-rata padha duwe medhia sosial luwih saka siji.
ku manut simpulan asil panalitene Tirto.id (2017). Yen ngono bocah-bocah jaman saiki wis ora kena pisah karo gawai (HP, laptop, sebangsane)? Bener. Wis tekan jamane wong-wong padha ngentekake wektu ana ngarep layar HP utawa laptop. Tangi turu sing digoleki sepisanan HP. Karo mangan isih nyambi uthak-uthik tangane. Mapan turu kudu sumandhing HP. Sing gumun maneh arep main voli iya sangu HP.
Nyawang kahanan kaya kuwi, kalangan guru lan wong tuwa padha kuwatir yen HP lan internet ngreridhu bocah-bocah sekolah utamane anggone sinau wulangan sekolah. HP lan internet banjur njalari bocah aras-arasen maca buku sekolah lan emoh nggarap PR. Ana sing banjur menging bocah nyekel HP. Ning mesthi wae larangan iku ora bakal kasil. Banjur piye? Apa kirakira jaman saiki isih ana bocah sekolah sing ora nate mbukak HP utawa internet? Yen ana, bocah iku klebu "manusia langka". Gawai (gadget) wis dadi perangan urip ing jaman milenial kaya saiki. Mesthi wae gawai bisa mahanani efek negatif, yaiku ngganggu sinaune bocah-bocah sekolah. Iku dumadi lamun HP lan internet iku mung digunakake kanggo mbukak lan ngundhuh bangsane games (dolanan), situs, portal, utawa film-
film sing ora ana gegayutane karo wulangan sekolah.
Nadyan gawai bisa mbebayani, ing suwalike iku piranti canggih iki duwe potensi kanggo medhia pasinaon. Para wasis banjur duwe panemu. Gawai sejatine bisa digunakake kanggo nyengkuyung lakune pamulangan lamun dikemonah kanthi becik. Internet nyedhiyani maneka warna pilihan menu. Arep golek sing serem-serem sumadhiya. Pengin mbukak sing nambah kawruh sumadhiya. Kepengin sing marahi padudon uga ana. Arep ngundhuh materi sing gawe tentreme ati lan pikir uga akeh. Sing ngandhut SARA lan saru uga sumadhiya. Karana ora bisa nyegah utawa nglarang bocah sekolah nggunakake HP lan internet, mesthine sing bisa ditindakake guru gawe rekadaya amrih HP lan internet iku bisa mbiyantu lumakune pamulangan ing sekolah.
Manut para nimpuna mbesuk bakal tumeka jaman bocah-bocah sekolah ora perlu saben dina mangkat ana sekolahan lan ora perlu lungguh ndhengkruk ana kursi ing
sekolahan wiwit jam 07.00 esuk tekan jam 15:30. Ngapa kok kaya mangkono? Ing jaman sing maju iku bakal lumaku anane E-learning (sistem pasinaon elektronik). Guru wis ngrancang materi ajar sing bisa diakses saka HP utawa laptop. Sapatemone guru lan murid saperlune wae. Sawise iku, bocah bisa golek sumber pasinaon saka internet lan ngetrepake ing alam kasunyatan. Sawise iku guru bisa ngamati lumakune pasinaon. Kanthi mangkono, ing tembe buri gawai, HP, laptop, sapanunggalane bakal dadi piranti sinau. Buku-buku wis ora perlu dicithak nganggo kertas kaya jaman saiki. Bolpen lan potlot mung digunakake saperlune. Bakal teka jamane nalika kabeh piranti sinau mung digegem ana tangan. Sumber-sumber pasinaon wujud E- book diolah nganggo software flipbook. Bocah sekolah ora susah nggendhong tas isi buku kandelkandel, cukup sangu laptop utawa netbook sing cekli.
Sadurunge teka jaman E- learning kuwi, guru satemene bisa nindakake pasinaon sing wis klebu
Murid lagi makarya ing laboratorium ngupadi conto teks.
njamani yaiku nggunakake Blended Learning. Guru ora kena alergi karo HP, internet, power point, lan medhia ICT (Information Communication Technology) liyane. Suwalike, guru kudu akrab karo medhia pamulangan sing nggunakake ICT lan bisa ngemonah piranti-piranti iku kanggo nyengkuyung lumakune pasinaon sing sekolahan. Cara mulang kanthi ceramah sedawane jam pertemuan; siji loro telu tangane sedheku, mirengake bu guru, ngenteni didangu, wis ora njamani maneh. Angger sinaune kaya mangkono bocahe bakal jeleh. Ana kelas rasane kaya disiksa. Yen dipeksa ngrungokake ceramah, entekentekane padha manthuk-manthuk ning jebul ngantuk. Jaman milenial bocah sekolah kudu didadekake subjek sing duwe karep lan bisa melu nindakake pasinaon kanthi aktif.
Kerja kelompok dibutuhake kanggo nuwuhake semangat kolaborasi
Apa Blended Learning iku?
Blended Learning saka tembung Basa Inggris blended lan learning. Blended ditegesi 'campuran alus', mula ana piranti jenenge blender gunane kanggo nyampur alus maneka warna bahan utawa wohwohan. Tembung learning bisa ditegesi 'pasinaon' utawa 'sinau'. Blended Learning uga ditegesi 'pamulangan bauran utawa campuran'. Husamah nyebutake lamun Blended Learning iku pamulangan sing nggabungake ciriciri sing paling becik antarane pamulangan sapatemon ana kelas (sing disebut luring utawa offline) lan pamulangan ana mayapada (asring disebut daring utawa online). Kanthi Blended Learning diajab bocah-bocah sekolah bisa nikelake pasinaon mandhiri sing
aktif, nggunakake teknologi informasi kanggo nyengkuyung sinau, lan nikelake interaksi pamulangan, lan luru konteks ing alam kasunyatan.
Definisi ing ndhuwur wis cetha nggambarake piye mlakune 'Blended Learning'ing sekolahan. Sapatemon utawa wulangan langsung guru lan murid isih digunakake. Yen arep ngetrapake pen de katan scientific mula model sinau sapatemon bisa
digunakake ing tahap ngematake (observing), takon (questioning), lan nindakake komunikasi (communicating), lan saperangan nyipta utawa ngripta (creating). Kegiyatan sapatemon utawa offline iku umpamane ngematake model sing disorotake ing layar lewat LCD proyektor, ngematake gambargambar kang nyengkuyung pemahaman konsep, takon tinakon sawernaning bab kang gegayutan karo kompetensi sing lagi disinau, nyritakake simpulan utawa asile nganalisis data, utawa proses ngripta teks kanthi nyambut gawe karo pasangan, kerja kelompok, utawa nyipta teks dibantu guru utawa mandhiri.
Aktivitas sinau daring (online) ditindakake murid sajrone ngumpulake data utawa nindakake eksperimen, nganalisis data,
nglapurake asile analisis data kanthi kerja pasangan (kelompok) utawa mandhiri, nglapurake asile ngripta teks, konsultasi nalika nganalisis data lan nyipta teks ana sajabane kelas (bisa wektu sore utawa bengi murid ngcbrol (chatting) karo guru lewat WA), sapiturute. Nalika ngumpulake data, pakaryan iki bisa ditindakake ing laboratorium komputer utawa nggunakake gawai. Asile luru conto-conto teks utawa rujukan banjur dianalasis lan dikirim lumantar internet utawa nggunakake medhia sosial marang guru. Nalika ngrancang teks (utamane teks monolog), guru bisa konsultasi masalah sing ditemokake. Murid uga bisa ngetrepake konsep wulangan mau ing konteks panguripan kang nyata, dadi ora mung mikir muluk-muluk ing teori.
Aktivitas-aktivitas pasinaon iku banjur diramu utawa dicampur kanthi alus (diblender) mula dadi langkah-langkah pasinaon kang runtut lan bisa ditindakake bocah ana njero kelas, laboratorium komputer (laboratorium multimedia), ana njaban kelas, lan ing madyaning bebrayan kang sanyatane. Lamun bisa nata langkah-langkah pamulangan iku kanthi permati, murid-murid bisa nindakake proses pasinaon kanthi aktif lan nyumurupi konteks nyata ing panguripan padinan. Bocah sinau ora muhung ngapalake setumpuk konsep banjur ditakoni asile apalan mau. Bubar iku ditemtokake juwarane sapa. Bocah sekolah kudune ora nindakake kompetisi pinter-pinteran nanging luwih penting nindakake kegiatan sing sifate kooperatif lan kolaboratif
utawa nyambut gawe bebarengan. Tuntutan urip jaman kang bakal teka wong iku kudune ora nggayuh kepengin juwara siji utawa paling pinter nanging piye bisa urip bebarengan karo wong liya lan n g g a y u h keslametane urip. Blended Learning menehi fasilitas kanggo nggayuh sing kaya mangkono.
Kajaba iku, Blended Learning iku cocok kanggo ngembangake HOTS (High-Order Thinking Skill)
utawa ketrampilan mikir abot. Apa sebabe? Miturut Taxonomi Bloom sing wis direvisi, tataran pasinaon iku kawiwitan ngerti, paham, ngetrepake, nganalisis, ngevaluasi, lan ngripta utawa nyipta. Mula bocah sinau saweneh kompetensi kudune kawiwitan ngerti kulite njaba (ngerti satleraman) banjur mbudidaya amrih bisa paham. Bubar paham, bocah kudu bisa ngetrapake konsep iku ing konteks sing beda. Yen wis ngono golek conto-conto utawa modhel-modhel liya kanggo dianalisis utawa njupuk simpulan saka maneka warna conto (modhel). Saparipurane kasil nganalisis mesthine bocah bisa kandha endi sing bener lan luput (evaluasi). Puncake wong sinau yen wis bisa nyipta utawa ngreripta kayandene model sing wis disinau kanthi kreativitase dhewe. Tataran sinau
kaya ngono iku diadopsi dening Blended Learning mula cocok digunakake kanggo mulang ing sekolah jaman saiki.
Apa kekurangane Blended Learning iki? Saliyane duwe daya linuwih kaya kang disebutake ing ndhuwur, Blended Learning uga nduweni keribetan. Sing genah kanggo nindakake Blended Learning sekolah kudu nduweni fasilitas ICT sing mumpuni. Ing kamangka sing jeneng fasilitas ICT iku rapet sesambungane karo wragad sing ora sethithik. Yen mung njagakake dana BOS nindakake Blended Learning ya rada kangelan. Mula aja gumun yen ana sekolah-sekolah swasta sing maju, wragad sekolah iku nganti tikel tekuk yen dibandhing sinau ana sekolah negeri. Saliyane bab wragad kanggo nyedhiyani fasilitas ICT, Blended Learning uga mbutuhake pembelajaran sing njlimet. Supaya paham saweneh kompetensi, murid kudu ngupadi conto-conto lan nganalisis kanthi kerja kelompok utawa mandhiri. Kanggo ngasilake teks, bocah-bocah uga kudu golek modhel-modhel sing pas kanggo dikembangake adhedhasar kreativitase bocah-bocah mau.
Tuladha Pamulangan
Kanggo luwih nyumurupi piye cak-cakane Blended Learning ing pasinaon Basa Jawa, perlu dakaturake mungguh tuladhane mulang Basa Jawa nggunakake Blended Learning iki. Kanggo nggampangake dakjupuk conto, mulang Basa Jawa kanthi kompetensi 3 (pengetahuan) nyumurupi tembang Gambuh lan kompetensi 4 (ketrampilan) ngripta tembang Gambuh. Wulangan bisa ditindakake sajrone telung patemon
Presentasi kerja kelompok ana ngarep kelas
(sapatemon = 2 X 40 menit).
Ing patemon kapisan guru menehi tuladha langsung utawa liwat tayangan video utawa rekaman MP3 sing diputer ing kelas ngenani contone tembang Gambuh. Sawise iku guru lan murid bisa nembang Gambuh bebarengan. Bocah-bocah uga dikeparengake rengeng-rengeng nembangake Gambuh. Bubar iku banjur takontinakon babagan tembang kuwi. Murid-murid diwenehi wektu supaya takon. Yen ora ana sing takon, guru bisa menehi pitakonan marang murid babagan jinise tembang utawa isine tembang kuwi. Sateruse guru nyediyakake conto sing luwih akeh amrih bisa digunakake kanggo bahan kerja kelompok nyumurupi isine tembang. Sajrone kerja kelompok guru bisa menehi bimbingan marang murid kanggo nyumurupi isine tembang. Bubar diskusi saben kelompok entuk kalodhangan kanggo presentasi prasaja simpulan asil kerja kelompok.
Ing patemon kapindho murid
diajak mlebu laboratorium komputer utawa nggunakake fasilitas internet ing HP. Murid kerja kelompok utawa karo pasangan golek conto tembang Gambuh liyane ing internet. Murid uga ngundhuh file MP3 utawa MP4 sing isine tembang Gambuh. Yen wis kasil entuk conto, saben kelompok kudu ngirim asile teks kuwi liwat fasilitas internet utawa WA. Guru banjur mamerake asile undhuhan ing tayangan LCD proyektor. Ing kene bocah-bocah diajab bisa nganalisis carane gawe tembang Gambuh kanthi nggunakake pathokan baku klebu guru gatra, guru wilangan, lan dhong dhing (tibane swara ing pungkasaning saben larik). Guru ora perlu menehi tuntunan langsung nanging bocah diajak nemokake aturan mau. Langkah iki satemene dimaksudake kanggo nganalisis teks. Bubar iku banjur didudut simpulane. Ana ngomah murid entuk tugas supaya gladhen gawe tembang Gambuh. Asile gladhen bisa dikirim liwat WA menyang guru. Komunikasi lan konsultasi yen ana keruwetan
bisa ditindakake liwat WA utawa media sosial liyane.
Ing patemon katelu murid diajak ngevaluasi karya-karya sing wis digawe lan nuduhake kesalahankesalahan kang ditemokake ing karya-karya kuwi. Yen wis rampung murid bisa nyambut gawe nyipta teks tembang kanthi bebarengan lan dipungkasi kanthi nindakake ulangan pengetahuan lan ketrampilan gawe tembang Gambuh. Ulangan bisa diperang dadi loro nadyan bisa ditindakake sajrone wektu sing padha. Penilaian uga bisa ditindakake online (daring). Sawise rampung anggone nggarap ulangan pengetahuan lan ketrampilan, murid bisa moto karya mau lan dikirim menyang guru. Cara liya murid bisa nindakake ngirim asile ulangan nggunakake fasilitas internet.
Mangkono mungguh tuladhane Blended Learning kang bisa ditindakake guru kanggo nikelake kwalitas pamulangan Basa Jawa ing sekolah. Para guru Basa Jawa kudune wiwit nglirik Blended Learning iki amrih pamulangan ing sekolah bisa luwih trep nut jaman kelakone. Mung wae manut para nimpuna pancen angel ngadani owah-owahan awit akeh-akehe wong luwih seneng marang kahanan status quo. Isih akeh sing luwih seneng metode ceramah sedawane wektu amrih guru duwe peran sing penting lan nglirwakake yen satemene murid kudu sing aktif sajrone pamulangan. Pengin nyoba? Sumangga.
*) Penulis : Ki Sudadi, Guru ing SMP Negeri 1 Wadaslintang, Wonosobo.
BasaJanua Mapan Turu
Dening: Sutarsih
Basa ibu minangka salah sawijine basa ing nuswantara dianggep penting tumrap bebrayan. Rasa nyedulur lan rumaket bisa karipta nalika wawan gunem nganggo basa ibu. Ing pasamuan kang adoh papan dununge saka tanah klairan, rasa rumaket iku uga krasa nlesep ing kalbu nalika ketemu karo pawongan sing basane padha karo awake dhewe.
Rasane pawongan kang nembe ketemu ing njaba tanah klairan kuwi kaya sedulure dhewe sing suwe ora nate ketemu. Kabeh rasa lan crita ngenani tanah klairan gemrojog kaya banyu kang dibukak saka keran. Sanalika rasa kangen marang samubarang ing tanah klairan ambrol kaya diobati. Gemawange rasa sedhepe masakan, resepe sesawangan, segere hawa, tentreme kahanan, lan grapyake wong-wong kang kinasih ing tanah klairan--kang adoh saka papan urip saiki--bisa kabusek ing sawetara wektu. Rasa sepi amarga urip dhewe ing papan kang adoh dununge, tanpa sanak, tanpa kadang sanalika sirna.
Bedane swasana amarga migunakake basa Jawa mratelakake menawa basa ibu iku penting. Mula saka iku, 21 Februari 2018 kapungkur uga dipengeti minangka Hari Bahasa Ibu Internasional. Pengetan basa ibu minangka pepeling marang sok sapa wae menawa basa ibu kuwi ana. Pengetan basa ibu uga minangka tenger menawa basa ibu kudu digatekake. Pengetan basa ibu uga minangka prentah supaya aja nganti nglalekake basa ibu. Jan-jane ngono, eling marang basa ibu ora mung pas pengetan. Ora mung eling, nanging uga rumangsa handarbeni basa ibu. Migunakake basa ibu ing padinan, sanadyan satembung utawa rong tembung lan winates
ing lingkungan kulawarga utawa guneman antarane sedulur wis cukup.
Salah sijine basa ibu kang ana ing Indonesia yaiku basa Jawa. Basa Jawa minangka basa ibune masyarakat Jawa dipigunakake ing Jawa Tengah, Jawa Timur, lan Daerah Istimewa Yogyakarta. Ananging, antarane basa Jawa ing Jawa Tengah lan ing Jawa Timur rada seje. Ewadene basa Jawa ing Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta memper.
Basa Jawa sajane ngono ora mung digunakake kanggo caturan ing tlatah Jawa. Basa Jawa kasebar saka pojok wetan nganti pojok kulone Indonesia. Ora mung ing nuswantara, basa Jawa uga kasebar nganti negara manca, kaya ta Republik Suriname, Nouvelle-Celedoni utawa asring diarani Kaledonia Baru, Kepulauan Cocos utawa Cocos Island, Malaysia, lan Singapura. Kasunyatan panganggone basa Jawa kang kasebar nganti negara manca nuduhake menawa basa Jawa dudu basa kang asipat lokal, nanging universal. Kasebare basa Jawa ing nuswantara nganti negara manca kuwi ora liya amarga wong Jawa kang lunga lan netep ing njaba Pulo Jawa lan negara manca kanthinggawa basane.
Sing dadi pitakonan ngenani basa Jawa yaiku kepriye kahanane basa Jawa? Apa basa Jawa kang kasebar ing njaban pulo lan negara padha karo basa Jawa ing Pulo Jawa? Kepriye larah-larahe nganti basa Jawa ing Pulo Jawa wae seje? Yen ditlisik nganti luwih tliti maneh apa bener basa Jawa ing Jawa Tengah lan ing Daerah Istimewa Yogyakarta ana empere? Yen bener memper, kapan? Biyen apa saiki? Pitakonan iku adhedhasar akehe para wasis basa lan panaliti basa kang padha alok menawa basa Jawa wis wayahe digugah. Panemu kaya mangkono mratelakake menawa basa Jawa dianggep mapan turu. Mula saka iku, akeh pangajak lan panjaluke para wasis lan panaliti basa marang pamarentah supaya gawe pranatan kanggo nangekake basa Jawa supaya ngadeg lan lumaku ing bebrayan. Pranatan kang wis lumaku ing Jawa Tengah kaya ta prentah kudu migunakake basa Jawa saben Kemis ing kantor pamarentah.
Jawa Tengah minangka telenging Pulo Jawa kayakaya kahanan basane aras-arasen uripe. Kepriye maneh, kasunyatane akeh wong kang lair lan gedhe ing Jawa Tengah, ananging ora ngerti babagan basa Jawa. Aja maneh babagan tatabahasa lan undha-usuk basa, bisa micara nganggo ukara kang trep wae wis kangelan. Basa Jawa disepelekake. Basa Jawa amung digunakake saperlune lan sangertine.
Akeh tuladha kabiyasan sing gawe basa Jawa kayakaya ora katon wujud jatine sanadyan diakoni ana jenenge. Tetembungan kang sabenere dudu basa Jawa dianggep minangka basa Jawa. Tembung kang dipungkasi aksara a diswarakake [o] dianggep wis dadi basa Jawa. Kabeh ukara kang nganggo panambang diganti nganggo panambang -ipun uga dianggep wis dadi basa Jawa. Kasunyatan liyane bab migunakake basa Jawa kang ora trep karo cak-cakane yaiku mbasakake awake dhewe. Kang diarani mbasakake awake dhewe yaiku migunakake tetembungan kang kalebu basa krama inggil kang ditujokake marang awake dhewe. Conto salah migunakake basa Jawa yaiku kanggo awake dhewe digunakake tembung dhahar. Kamangka migunakake basa Jawa kuwi ana undha-usuke lan sambung rapete karo suba-sita utawa unggah-ungguh. Basa Jawa krama inggil kudune ditujokake kanggo wong liya. Dadi, basa Jawa krama minangka kanggo ngurmati wong liya lan ngajeni dhiri pribadi.
Salah kaprah migunakake basa Jawa nuduhake yen basa Jawa kaya sangsaya angslup surupe. Wis arangarang wong migunakake basa Jawa ing padinan. Apa maneh tumrap wong kang urip ing kutha utawa omah-
omah ing perumahan, bisa diarani basa Jawa babar blas ora nate keprungu. Bocah-bocah cilik lan para mudha wis kangelan migunakake basa Jawa. Alesane, jare basa Jawa kuwi angel lan akeh aturane. Wong Jawa wedi nganggo basa Jawa nalika diajak guneman, wedi salah tembung. Ora kepenak yen diarani wong Jawa kang kurang tata, ora ngerti suba sita. Yen, alesan ora nganggo basa Jawa amarga kepengin ora nerak paugeran, kuwi kalebu alesan kang bener, nanging ora pener. Sing pener yaiku amarga ora kepengin nerak paugeran, mula wong Jawa kudu gelem sinau basa Jawa.
Rasa tresna, ndarbeni, lan eman marang basa Jawa uga kudu diduweni minangka wong Jawa. Bukti nyata bekti dadi warga Jawa kasebut yaiku migunakake basa Jawa ing padinan. Ora susah wedi salah nganggo basa Jawa. Yen kleru migunakake basa Jawa, ora bakal dosa utawa kena ukuman. Paling-paling yen kleru migunakake, bakal diesemi. Eseman kuwi dudu amarga nyemoni utawa ngece, apa maneh ngina. Eseman kuwi amarga ana tetembungan kang kleru ing ukara kang kita pigunakake nalika pacelathon, nanging amarga rasa maklum yen basa Jawa pancen kudu disinaoni. Malahane anane eseman kuwi dadi srana sinau basa Jawa. Nalika ana wong sing mesem krungu tembung utawa ukara kang kleru mau, kita dadi nglegewa yen basa Jawa kang kita gunakake durung pener. Kudune kita tanggap lan enggal ngganti ukara utawa tembung kang wis kaucap. Cara liyane yaiku njaluk ngapura yen ana ukara utawa tembung kang kleru. Sabanjure kita kudu takon marang wong kang kita anggep luwih ngerti babagan basa Jawa. Ngeling-eling, banjur migunakake sing bener lan ora mbaleni migunakake ukara utawa tetembungan kang luput.
Gemati lan setiti migunakake ukara lan tetembungan basa Jawa wusanane bisa nyingkirake panganggep yen basa Jawa ilang jawane. Aja nganti basa Jawa minangka basa kang gedhe amarga akeh sing migunakake lan jembar panyebarane malah mati. Yen saiki kahanan basa Jawa diarani lagi mapan turu, kuwi ateges basa Jawa lagi sayah, butuh ngaso. Nanging, turune basa Jawa aja nganti turu kepati. Aja nganti kaya Kumbakarna sing turu amarga jeleh karo kahanan. Ora bakal tangi kejaba negarane ana kraman gedhe. Ayo, basa Jawa digugah bareng-bareng. Basa Jawa melek byar, lungguh, menyat, lan lumaku jejeg.
Cewilan Kamus Banyumasan
amoh empuk; ora kasar
angger yèn
ayak saring bèn alus;
deayaki disaring bèn alus
dhengklang pincang; ora jejeg
dhisit dhisik
gemiyèn biyèn; wektu sing wis kliwat
goli olehé
gubrag swara rengengan klothèkan (tld. saka kayu sing dithuthuki)
jengglung swara rengeng-rengeng piranti klothèkan sing ditabuh
kesepuhan sesepuh; wong sing dianggep pernah tua
klilan uluk salam; nuwun
kuwé iku; yakuwé yaiku
langka ora ana; arang
sing dilegoki tengahé
lesung piranti kanggo nutu sing digawé saka kayu dawa
lumpang piranti kanggo nutu sing digawé saka watu
utawa kayu bentuk balok kang dilegoki bunder tengahé
maèn apik
mbaranggawé duwé gawé; kendhuri gedhé
mandan rada
mayuh ayo
murina samburiné
ngarah supaya
semendhing samadya; ora pati akèh
siki saiki; wayah sing isih dilakoni
suntek suntak; sok
desuntek v disuntak; disok
tabok keplak; ceplek nganggo tapak tangan
turas bilas
ulem layang undhangan
KDRT ing Rembulan Ndhuwur Blumbang
IDHENTITAS BUKU
Irah-irahipun buku : Rembulan Ndhuwur Blumbang
Panganggit : Narko "Sodrun" Budiman
Penerbit : Azzagrafika
Kutha terbit : Yogyakarta
Taun terbit :2013
:1 Cethakan
Cacahing kaca : xvi+168 halaman
ISBN :978-602-183-022-2
Narko Budiman kalebu panganggit kang produktif. Akeh tulisane sing awujud novel, cerkak, lan guritan. Ana siji maneh novel anggitane Narko Budiman kang uga kondhang kanthi sebutan "Sodrun", pangarsa Sanggar Triwida, Jawa Timur. Novel mau asesirah Rembulan Ndhuwur Blumbang. Critane ngangkat prakara jejodhoan antarane Anisa lan Purnomo. Kekarone dijodhokake dening wong tuwane, yaiku Pak Kasan lan Bu Asrini. Isi sabanjure nyritakake likalikuning kulawarga anyar iku. Novel iki ngangkat tema sing relevan karo jaman saiki, yaiku kekerasan dalam rumah tangga (KDRT). Konflik sing disebabake jejodhoan sing ora saka ati, nanging kapeksa dening wong tuwane.
Saka cover wis nuduhake sapa sing dadi paraga utama. Ana ing novel iki panganggit ngetrapake tembung lan ukara sing pas lan inovatif kaya ta nyisipake dhialek dhaerah asale panganggit. Panganggit uga nyisipake paribasan kanggo mbumboni crita luwih apik lan nengsemake, satemah pamaos ora bosen anggone maca novel. Panganggit uga nggunakake panyandra kanggo nggambarake kahanan lan sifate para paraga ing novel iki, mligine Anisa lan Purnomo sing dadi paraga utama. Novel sing dianggit Narko kuwi pancen novel sing bisa menehi piwulang kanggo para pamaos.
Nanging, rumangsaku ana kang dadi kekurangan, yaiku crita sing digarap settinge ora jelas, yaiku setting wektu sing nyebabake pamaos angel mahami kapan wektune kuwi kalakon. Alur kang digunakake uga kurang jelas amarga akeh crita sing dipedhot-pedhot. Panganggit uga kakehan nggunakake paraga sing ora penting dicritakake. Nanging, uwal saka kekurangane, sakabehe critane apik banget sing bisa gawe pamaos gumreget pengin enggal ngerti pungkasan critane.
(Rudiyanto)
MatiSajeroningUrip, Urip Sajeroning Mati
Dening: Manaf Maulana
Bebasan utawa unen-unen sajeroning bebrayan Jawa tansah ngemot piwulang luhur. Kaya bebasan mati sajeroning urip, urip sajeroning mati. Bebasan kuwi ngemot piwulang luhur
kang tegese mangkene, 'manungsa bisa mati senajan isih urip, utawa sawalike bisa urip senajan wis mati'. Yen ana sing takon, endi buktine? Wangsulane bisa dijlentrehake kanthi cetha wela-wela. Malah saben wong bisa nemu bukti yen akeh wong mati sajeroning urip lan uga akeh wong urip sajeroning mati.
oba metani awak dhewe C sadurunge metani liyan. Carane, awake dhewe ditakoni mangkene: Aku iki sejatine isih urip apa wis mati? Pitakon kuwi kudu dijawab kanthi jujur. Yen uripe wiwit biyen tumeka saiki ora ana bedane, biyen bodho saiki tetep bodho, biyen mlarat saiki tetep mlarat, biyen ora duwe labet saiki
uga tetep ora duwe labet, mangka presasat padha karo wis mati senajan isih tetep urip.
Sawalike, akeh wong sing wis mati nanging kaya-kaya isih tetep urip. Contone, para panganggit ing babagan kabudayan. Embuh kuwi sastrawan, komposer, arsitek, panemu saperangan piranti lan liyaliyane. Senajan wis mati, jalaran
nduweni karya budaya sing adiluhung banjur kaya-kaya isih tetep urip bae tumeka pungkasane zaman.
Luwih cethane maneh, seratan-seratan kaya buku utawa kitab sing tansah dicetak ulang lan diwaca dening masyarakat matauntaun utawa malah maewu-ewu taun kuwi dadi pratandha nyata yen sing nyerat kaya-kaya isih tetep urip senajan wis mati. Samono uga tembang-tembang lan saperangan piranti kaya listrik, telpon sing saiki malih dadi hp, sepedha, pesawat lan liya-liyane sing migunani ing bebrayan agung kuwi prasasat nglanggengane uripe para panemune senajan wis suwe padha mati.
Ngelmu
Yen digalih maneh, kabeh wong sing mati sajeroning urip kuwi jalaran ora duwe ngelmu nanging emoh sinau. Yen bodho tansah bodho utawa malah saya bodho jalaran mangsane saya maju tur saya akeh wong sing saya pinterpinter lan wasis-wasis.
Mula saka kuwi, golek ngelmu kudune dadi prekara sing paling penting sajrone ngayahi urip ing ngalam donya iki. Kaya dhawuhe Nabi Muhammad, golek ngelmu kuwi wajib kanggone wong lanang lan wong wadon wiwit mudhun saka bandulan tumekaning jegong cepuren kuburan. Yen sekolahe cuthel aja nganti cuthel anggone sinau.
Pancen, golek ngelmu kuwi ora ana watese kejaba pati. Bebasane sadhuwure langit isih ana langit maneh. Yen rumangsa wis bisa lapo kudune tetep gelem tansah sinau murih luwih bisa lapo-lapo. Ora ana wong bodho yen wiwit cilik tansah gelem golek ngelmu kanthi mempeng sinau rina wengi.
Uga ana bebasan, ngelmu kuwi presasat pepadhang. Tegese, yen maune urip sajak tansah peteng, ora ngreti apa-apa, yen wis duwe ngelmu banjur bisa ngreti samubarang sing maune ora dimangreteni.
Korupsi Pasinaon
Ora uwal saka bebasan mati sajeroning urip lan urip sajeroning mati, saiki saya akeh pangarsa ing dhaerah-dhaerah sing padha bengak-bengok mangkene, "Mari kita sukseskan program wajib belajar dua belas tahun demi kemajuan daerah, bangsa dan negara!" Yen dipetani kanthi rumus linguistik, bengakbengok kuwi sajak kleru ngucap utawa kleru milih ukara. Menawa bae sing dikarepake wajib sekolah sing pancen mung rolas taun jalaran yen wis lulus SMA lan tetep gelem sinau ora prelu sekolah maneh nanging kuliyah. Dene kuliyah kuwi ora liya tetep sinau. Kamangka yen gelem tetep sinau uga ora susah kuliyah nanging sinau dhewe, kaya genaon tani, genaon dagang utawa genaon dadi majikan lan liya-liyane.
Bengak-bengok kuwi uga sajak pantes dianggep minangka korupsi pasinaon sing bisa gawe tunane bangsa lan negara. Tegese, yen bocah-bocah diwajibake sinau mung
rolas taun bae mangka bakal kurang pinter lan kurang wasis saengga bakal kasor satengahe bebrayan agung ing lumahing jagad iki jalaran akeh bangsa sing luwih pinter lan luwih wasis.
Dene bengak-bengok kuwi uga wis cetha yen ora mathuk karo dhawuhe Nabi Muhammad kasebut ing ndhuwur. Mula becike bengakbengok kuwi diowahi mangkene: Kabeh manungsa Indonesia wajib sinau tumekaning pati. Dene para pangarsa uga wajib nyawisi piranti, uba rampe lan panggonan kanggo pasinaon, yen bisa kabeh kudu gratis, saengga kabeh wong bisa sinau senajan uripe isih padha kacingkrangan.
Laku Ngelmu
Ing bebrayan Jawa uga ana bebasan maneh magepokan karo prekara ngelmu, yaíku laku ngelmu. Tegese, yen sawijine wong pengin nduweni kadigdayan murih bisa tetep urip sajeroning mati, kudune gelem ngayahi laku ngelmu. Yaiku gelem ngayahi urip murih ngelmune
ana paedahe tumrap bebrayan agung.
Cethane, laku ngelmu kuwi gelem madhep mantep dadi guru. Dene, dadi guru ora kudu mulang sajeroning kelas, nanging bisa uga mung paring piwulang ing ngomah utawa pondhok marang anak putune lan bocah-bocah liya sakiwa tengene saben dina murih kabeh padha sregep lan mempeng sinau murih dadi pinter lan wasis.
Ing babagan laku ngelmu, saperangan ahli apa bae kudune pancen bisa dadi guru. Kaya sastrawan mesthine bisa dadi guru sastra ing dhaerahe dhewe-dhewe yen ora bisa mulang ing sekolah utawa kampus. Semono uga ahli mebel, tata busana, tata-boga lan liya-liyane mesthine bisa nularake ngelmune marang bocah-bocah ing dhaerahe dhewe-dhewe.
Sapa bae yen wis tansah bisa ngayahi laku ngelmu, ora bakal mati sajeroning urip. Malah bakal kaya tetep isih urip sajeroning mati. Utawa senajan wis mati bakal bisa tansah migunani kaya isih tetep urip salawas-lawase.***
Manaf Maulana
Sutresna Kabudayan Jawa.
MINANGKA PRAMESWARI SANG NATA, DEWI DEWAYANI MANJING ANA KE- DHATON PLIRWARLINGLI
DENE DEWI SARMISTHA DIPAPAN- AKE ING SACEDHAKE TAMAN PUSPA ARLIM
ORA ANTARA SLIU/E DEWAYANI NGGARBINI.TEKAN LEKE, BABARAN BAYI LANANG. SI- NUNG ASMA YADU.
KAKANG MBOK DEWAYANI WIS MLILYA. KAGARWANARENDRA LAN WIS KAGINGAN PLUTRA.MENDAH BU- NGAHE.
SARMISTHA KUDU ORAMENGKENE TERUS! AKI LIGA KEPINGIN DADI GARKANE SANG PRABU YAYATI.MLIGA-MUGA KEKAREPANKI BISA KASEMBADAN.
SAWIJINING DINA SANG NATA RAWLH ING TAMAN PUSPA ARIM. KETEMLI SARMISTHA.
KAYUNGYLIN MARANG DEWH SARMISTHA, NARENDRA KRAJAN PLURWARINGLI LALI JANJINE MARANG BEGAWAN SUKRA.
HM...AYU TENAN WANITA IKI.PANTES YEN DADI GARWAKLL.
DEWI SARMISTHA KLAKON KA- PUNDHUT GARWA PRABU YAYATI-TANPA DINGERTENI DENING DEWAYANI
BANJUR DISINGITAKE ING PAPAN SING ORA DI- NGERTENI DENING DEWAYANI
PADHANGBULAN
Yo pra kanca dolanan ing njaba Padhang bulan padhange kaya rina Rembulane sing ngawe-awe Ngelikake aja padha turu sore
Aja Nganti