Baca PDF (OCR): Swaratama: mbangun kuncaraning basa, sastra, lan budaya Jawa, edisi 10, Mei-Agustus 2018

40 halaman · 40 halaman diproses dengan OCR · 20.1 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. Swaratama
  2. Upayanen turuning janma utama
  3. WOH GEDHANG PAKEL
  4. SUSUNAN REDAKSI
  5. DAFTAR ISI
  6. WULANGREH SERAT MUJAROBAT DONYA PAWIYATAN
  7. KURSI
  8. NGIRIG IWAK
  9. 35 SINAU SAKA SUSUHUNAN PAKU BUWANA IV
  10. WULANGREH SERAT MUJAROBAT DONYA PAWIYATAN
  11. BASA JAWI ING SISIH PUNDI?
  12. • Ulam Kasatan Toya
  13. KURSI
  14. IMPEN
  15. KOTANÈ ENYONG MROSOT PAMORÈ
  16. BIODATA PANGGURIT
  17. Lanang Setiawan
  18. HAIKU PENGINYONGAN
  19. BIODATA PANGGURIT
  20. Hamidin Krazan
  21. GURIT KANGGO WAKIL RAKYAT
  22. GOROH
  23. MINTHI-MINTHI
  24. BIODATA PANGGURIT
  25. Manaf Maulana
  26. BOCAH-BOCAH PADHA KURU
  27. YA WUS BEN
  28. JI-RO-LU-PAT-MA-NEM
  29. BIODATA PANGGURIT
  30. Pemimpin ing Donya Miturut Hadis (Pangkur)
  31. JEJER NGASTINA ING LAMPAHAN BIMA SUCI
  32. Durna:
  33. Sengkuni:
  34. Pocapan Kondur Kedhaton
  35. MBUMBONI KURTILAS KANTHI 4C, KARAKTER, LAN LITERASI
  36. Tukijo, S.Pd.
  37. Ora Siklusistik
  38. SINAU SAKA SUSUHUNAN PAKU BUWANA IV
  39. Supatane Begawan Sukrd
  40. NGGUGAT PEJABAT PANGREH PRAJA
  41. Jaranan

Swaratama

Mbangun Kuncaraning Basa, Sastra, lan Budaya Jawa

Kawruh Basa BASA JAWI ING SISIH PUNDI? Crita Cekak

KURSI

DITERBITKE DENING BALAI BAHASA JAWA TENGAH

Wacan Bocah NGIRIGIWAK

Pujangga

SINAU SAKA SUSUHUNAN PAKU BUWANA IV

JEJER NGASTINA ING LAMPAHAN BIMA SUCI

Upayanen turuning janma utama

DATAN sithik kang asung pratelan, yen ta kamulyaning urip mono sambung klawan daya kelantipan ing memilih. Makaping-kaping, sadawaning laku uripe manungsa kaadhepan klawan laku memilih. Kalebu pahargyan kang teka ing laladan Jawa Tengah, ing Rebo Pon, 27 Juni 2018, watara 27 juta luwih wargane milih pemimpin kang sembada, minangka gubernur jroning wanci limang taun kang bakal teka. Sabanjure, besuk taun 2019 warga Indonesia bakal bakal kataker maneh mungguh sepira kalantipan ing memilih. Milih presiden kanggo limang taun sabanjure.

Milih pemimpin, kadidene milih pilihan urip liyane, sarwa merlokake pamikir. Perlu kalantipan, pamawas sarta pepetungan kang njlimet, satemah

pilihan mau dudu pilihan kang kurang bener, utawa malah luput? Jroning milih panguwasa utawa pengarep, ing pangerten Jawa tinemu sawijining pitutur kang unine upayanen turuning janma utama.

Janma utama, tegese pribadi kang nengenake kautaman. Becik kautaman lair apa dene batin. Kinanthen sipat ber budi bawa leksana. Ber budi yaiku kasil mengku pakarti pinuji. Wondene bawa leksana, kuwat jroning ngreksa kawibawaning pemimpin. Tangan lan sukune saguh negesake isining ati, lan apa kang katindakake mligi kanggo para kawulane. Nuli apa warga Jawa Tengah lan Indonesia kasil ngujudi? Prayoga kita anti. Kapilihe pribadi minangka janma utama. (yan)

Pesenan iki diaturke dening : BALAI BAHASA JAWA TENGAH

WOH GEDHANG PAKEL

Ajining dhiri gumantung ana ing lathi

angkono unen-unen sing M dunungake sepira kalungguhane lathi utawa pangucap mring saweneh pribadi. Kurmat utawa remehing pribadi akeh kaperbawani klawan pangucap ing sadina-dina. Kepara obahing lathi uga kuwasa nyangking marang begja utawa cilaka sing kagungan. Ewa semana yen saben-saben kandha bisa kaugemi istingarah

saparilaku tansah kinurmat lan kaajenan. Kosok baline,yen

mencla-mencle prasasat aji godhong jati aking.

Gunem utawa pangucap kang kawetu saka obahing lathi yekti dadi sarana kanggo nglairake uneg-uneg, gagasan utawa pracihnane

ati. Abang wernaning ati, abang uga apa kang kumedal ing lathi. Putih kang ana ing ati, putih uga apa sing karungu saka lathi. Nadyan kalakala ana kang singlar. Antaraning ati lan lathi adoh sungsate. Ijo isine ati,abang kang

kakandhakake. Ireng kang ana ati, putih kang kawijilake. Ewa semana sapinter-pintere lathi ngreka ukara, satemene ora bisa mblenjani ati. Awit apa kang dumunung ana ati ora mung mapan ing kedaling lathi, nanging bisa uga katitik saka wujuding laku.

Laku bakal dadi tuntutan sing ora gampang dicotong-klawan manis sarta luwesing

lathi lan laku ora bisa jumbuh iku ateges ngapusi awake dhewe. Kaprahe tembung dikandhakake gedhang awoh pakel, ngomong gampang nglakoni angel. Ing kene wigatine pangati-ati kadokok ngayun, kudu ngliwati panglimbang lan petung runtut nalika kandha.

Becike ukara sing kawijil datan geseh saka ati, luwih-luwih adoh saka kekuwatan laku. Lamun dipeksa lumrahe bakal nglairake kanyatan sing tan menakake, kaya ta gawe lingsem, gawe tatuning liyan, gawe pitenah, kang sisipsembire bakal nyipta kisruhe kahanan, ngobak tata tumataning bebrayan. Ora wurung bisa gawe luweng mring awake dhewe. Prayoga kasingkiri apa sing kinaran abang-abang lambe, yen ora kepengin dadi kembang lambe.

Gunem pancen butuh tulus. Para sepuh paring pitutur bisaa ngomong waton nanging aja waton bisa ngomong. Pitutur iki mengku karep mring apa wae sing kawijilake saka lathi kudu mawa landhesan (waton). Nadyan amung satembung prayoga kawungkus budi sarta pangerten, bab iku kang kuwawa ndunungake sing ngomong lan omongane mapan ing ukuran ngemu pengaji. Ngemu rega, mentes lan munpangati. Kosok baline yen amung waton ngomong, tanpa bawa tanpa rasa. Iku den aran rembug kang tan mekani rasa. Gonyakganyuk nglelingsemi. Remeh sing dikandha, asor kang ngandhakake.

Rembug, gunem, wicara lan apa wae bab kang kawijil saka lathi, satemene dudu bab gampang.

UITLIK PERPUSTAKAAN BALAI BAHASA JAWA TENGAH J13

Kepara winasis ngandhakake, lamun tembung kang kawijil saka lathi iku prasasat curiga saupamane. Yen tan kapetung bisa gawe buntung. Kadi dene ing keri-keri iki kita kasuguhan marang kaelokan bab olahing lathi. Lumebu ing taun politik ora sithik tokoh-tokoh politik lan sapa wae, selot pinter nuduhake obahing lathi.

Ewa semana saka iku kabeh kepara kita bisa nintingi, endi sing ngomong waton lan endi sing waton omong. Jalaran yen tembunge iku ora salaras klawan apa-apa sing katindakake salawase iki, ateges ya amung waton ngomong. Gampang dikandhakake, tetela dudu perkara gampang kanggo katindakake, utawa kanggo ngujudi. Akehe janji, akehe gagasan utawa program, tetela amung isih mandheg ing wicara. Kabeh sing mangkono iku, nyata gedhang woh pakel, ngomong gampang, nglakoni sing angel. Nuwun. (yan tohari)

SUSUNAN REDAKSI

Penanggung Jawab : Dr. Tirto Suwondo M.Hum ~ Pemimpin Utama : Drs. Suryo Handono, M.Pd ~ Pemimpin Redaksi : Kustri Sumiyardana, S.S., M.Hum ~ Sekretaris Redaksi: Sunarti, S.S., M.Hum~ Reporter : 1. Drajat Agus Murdowo, S.S., M.A, 2. Triman Laksana, 3. Akhid Anshori Setiawan, A.Md ~ Redaktur Pelaksana: 1. Yan Tohari, 2. Widiyartono ~ Redaktur : 1. Bambang Sulanjari, M.A., 2. Mochammad Fikri, S.S., 3. Tri Wahyuni, S.S ~ Desain Grafis dan Tata Letak : Danang Ardianto ~ Ilustrasi:AhmadRofiq~Keuangan:Lungid Ismoyo Putro, M.H ~ Sirkulasi: 1. Lely Siti Fatimah, S.E., M.Si, 2. Slamet Priyono, S.E., 3. Agus Sulistyo.

DAFTAR ISI

WULANGREH SERAT MUJAROBAT DONYA PAWIYATAN

Duk nalika isih dadi siswa ing sekolahan (Sekolah Dasar, Sekolah Menengah Pertama, lan Sekolah Menengah Atas) saben weruh bapak lan ibu guru para siswa kanthi kurmat uluk salam.

BASA JAWI ING SISIH PUNDI?

DUMADAKAN kula enget nalika taksih alit. Ing griya, kula sami cecaturan mawi basa Jawi.

KURSI

Wis rong taun Kang Gempol pensiun sekang PNS. Esuk, awan, bengi isine mung njagong neng kursi mebele.

NGIRIG IWAK

DINA Kemis, ing kutha Wonosobo kala semana, 40 taunan kepungkur, listrik sakutha mati. Oglangan listrik kuwi wis dadi bab sing biyasa kanggone warga kutha.

GEGU- RITAN

JEJER NGASTINA ING LAMPAHAN BIMA SUCI

MBUMBONI KURTILAS KANTHI 4C, KARAKTER, LAN LITERASÍ

Kedadosan-kedadosan durjana kanthi merjaya dwija kados ingkang dumados ing Sampang, Jawa Timur nedahaken bilih panci jagading pasinaon dereng kasil njejegaken budi pakarti luhur.

35 SINAU SAKA SUSUHUNAN PAKU BUWANA IV

inangka negara kang mayoritase ngrasuk agama M Islam, mula ora nggumunake yen nyebabake akeh masyarakat pengin nduweni pemimpin kang bisa njejegake syariat agama kasebut.

NGGUGAT PEJABAT PANGREH PRAJA

“Aja kok lebokake layang kabar lo, Le!" kandhane mantri onderdhistrik kuwi kapacak ing kaca 47.

Dening: Drajat Agus Murdowo

Duk nalika isih dadi siswa ing sekolahan (Sekolah Dasar, Sekolah Menengah Pertama, lan Sekolah Menengah Atas) saben weruh bapak lan ibu guru para siswa kanthi kurmat uluk salam.

WULANGREH SERAT MUJAROBAT DONYA PAWIYATAN

alah ing Sekolah Dasar, M saben bapak lan ibu guru numpak sepedha tekan sekolah gage-gage methukake nggawakake tas karo ngetutake neng mburine. Kabeh mau nuduhake yen para siswa ing jaman semana ngurmati banget marang bapak lan ibu guru. Tundhone unggah-ungguh, tata trapsila, lan sopan-santun siswa marang bebrayaning urip bisa lumaku kanthi apik banget. Kasunyatan iki bisa dideleng ana ing kulawarga mligine karo wong tuwa tansah ngajeni lan marang masarakat bisa ngurmati siji lan sijine sing kaceluk urip harmonis. Pamawas kuwi ing jaman saiki dadi

langka banget, katitik akeh siswa sing nerak paugeran tumindak cumanthaka lan wani marang wong tuwa ing masarakat. Sing dadi pitakon kena ngapa kabeh kuwi bisa dumadi ing para siswa?

Kalanganing masarakat, tokoh, lan pandhemen kabudayan akeh sing rumangsa kuciwa mahanani kasunyatan iki. Genea kabeh iki mau bisa dumadi ing tlatah nuswantara sing wis kawentar nduweni masarakat kang sopan-santun, lembah manah, lan unggah-ungguh. Kabeh sujana sepakat menawa globalisasi marang kabudayan nuswantara dadi kunci kahanan iki. Derese globalisasi pancen ora bisa kabendung dening sapa wae ana ing bebrayaning urip donya, kalebu masalah Hak Asasi Manusia (HAM). Hak Asasi Manusia (HAM) sing nglairake undang-undang perlindungan anak dadi momok kang medeni ana ing kalangan guru. Ana kadadean guru sing njiwit siswane dilapurake pulisi dadi lan guru mau banjur dikunjara. Ana maneh guru nganti dipateni karo siswane dhewe gara-gara ora trima disaruwe gurune. Kahanan-kahanan iku kabeh ana ing pawiyatan andadekake miris

ati lan kuwatir t u m r a p bebrayaning urip masarakat. Undang-undang mau kok banjur disalaha ke ki, y a ora, ana nin

g undang-undang dikarepake ben ana kawigatene pamarentah tumrap anak. Ananging kabeh mau kudu diselarasake karo jagad pawiyatan utawa kang kasebut sinergi utamane karo para guru.

Ana ing masarakat Jawa sayektine ora susah bingung golek "gaman" kanggo jagad pawiyatan iku, Serat Wulangreh anggitane Susuhunan Pakubuwana IV, Raja Surakarta, bisa dadi gocekane para guru utawa dwija. Serat Wulangreh sanajan kaanggit ing jaman biyen isih jumbuh karo kahanan saiki. Ana ing jagad pawiyatan Serat Wulangreh bisa dadi saringan tumrap para siswa saka ombak owah gingsire jaman. Wulang nduweni dasanama 'pitutur kang ateges piwulang', 'ajaran kang apik'. Reh nduweni teges 'dalan', 'aturan', lan 'tatapraja' utawa 'pamarentahan'. Dadi Wulangreh nduweni teges ajaran kang ngemot budi kanggo mujudake gagasan kanthi laku kang harmonis tumuju sampurnaning urip. Luwih gamblange kaya ukara

ing salah sawijining tembang Ngelmu iku kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara. Miturut panemune utawa pamawas masarakat Jawa,

golek ilmu iku kanthi lambaran laku. Laku yaiku lelaku lair batin meper napsu angkara murka utawa napsu kadonyan kanggo ngresiki jiwa lan raga. Piwulang iki becik banget manawa ditiru lan ditrepake ana bebrayaning urip, mligine kanggo donya pawiyatan.

Owah gingsire jaman pancen nggawa owah-owahan kang gedhe tumraping donya pawiyatan. Nalika semana guru utawa dwija digoleki siswa kanggo nyecep ilmu, malah

kapara siswa golek guru kang sejati. Beda karo jaman saiki, guru malah nggoleki siswa tundhone asring banget siswa jaman saiki akeh sing padha nyepelekake guru. Kahanan iki bisa dadi ukuran mbokmenawa pancen isi Serat Wulangreh pantes kanggo tuntunan ana ing donya pawiyatan mligine para siswa. Ajaran tata krama siswa marang guru, siswa marang wong tuwa, lan siswa marang sapadha-padha bisa tuwuh maneh ing jaman saiki. Pawarta guru dikunjara, guru dipateni, lan liya-liyane wis ora bakal keprungu menawa ajaran Serat Wulangreh iku ditrapake maneh.

Serat Wulangreh ngajarake laku prihatin supaya siswa bisa meper dhiri, nglantipake panggraita lan ilmu kanthi pijer mangan nendra. Pijer mangan ateges ora kakehan mangan kang bisa diarani siswa diajari pasa supaya bisa ngrasakake rekasaning wong liya sing saiki diarani duwe rasa empati lan simpati. Pijer nendra ateges ngelongi turu, siswa diajari melek sinau kanggo nglantipake ilmune supaya bisa pinter. Kanthi ilmu para siswa bisa andhap asor sajroning urip bebrayan ing tengah-tengahing masarakat. Bisa dadi wong kang ora nduweni sipat adigang, adigung, adiguna tundhone bisa urip tepa slira marang sapadha-padha.

Serat Wulangreh bisa mujudake gagasan pawiyatan kang ngasilake siswa sing duwe karakter apik lan lantip. Lan uga, Serat Wulangreh bisa dadi rujukan pawiyatan ana ing nuswantara. Kanthi ajaran-ajarane kang kebak tepa tuladha lan palupi, bisa dadi mujarobate pawiyatan nuswantara.

BASA JAWI ING SISIH PUNDI?

Dening: Widiyartono R.

DUMADAKAN kula enget nalika taksih alit. Ing griya, kula sami cecaturan mawi basa Jawi.

Kaliyan adhik-adhik, mesthi kemawon kula mawi basa ngoko, mekaten ugi adhi-adhi kula ugi cecaturan ngoko kaliyan kula. Nanging benten nalika kula matur kaliyan bapak, ibu, menapa malih embah. Sampun dados kuwajiban ingkang boten sinerat, kula lan adhik-adhik kedah matur mawi basa krama, kepara krama inggil. Menawi bapak pirsa utawi mireng nalika kula matur kaliyan simbah mawi basa ngoko, wah mesthi kula dipungetak. "Matur karo embah kudu basa, ora pareng ngoko kaya ngono kuwi!" Mekaten ngendikanipun bapak, lan kula dumadakan

mengkeret.

Boten namung kaliyan bapak, ibu, lan embah kula matur mawi basa krama. Kaliyan bu lik, pak lik, pak dhe, bu dhe ugi wajib krama. Menapa malih kaliyan para sepuh, kaliyan putra-putranipun pak dhe, bu dhe, pak lik, bu lik, inggih kamas/mbakyu utawi adhikadhik/kamas-mbakyu misan, mindhoan kula ugi basa lan krama. Ngantos sapunika, menawi sami pepanggihan ugi gapyuk anggenipun cecaturan mawi basa krama. Inggih kadhang kala dipunselipi basa ngoko utawi malah basa Indonesia, amargi sok supe menapa tembung ingkang

kedah dipun-angge.

Jawi ing njawi Jawi

Lajeng kados pundi kawontenan basa Jawi sapunika? Taksih... taksih. Basa Jawi taksih wilujeng, sae, taksih kathah ingkang migunakaken. Wonten ingkang ngendika bilih basa Jawi punika dipun-ginakaken dening tiyang ing donya cacahipun watawis 70 yuta. Pancen kedah dipunmangertosi, bilih basa Jawi punika boten namung dipunginakaken wonten tanah Jawi (Jawa Tengah, DIY, lan Jawa Timur) kemawon. Basa Jawi kaginakaken ugi dening tiyang ing pojokpojokipun donya. Suriname, Kaledonia Baru, Walandi, Malaysia minangka negari ingkang kathah warga saking Jawi, lan taksih ngugemi basa lan budaya Jawi ing gesang padintenan.

Sampun sami pirsa bilih ing Suriname, tlatah Amerika sisih kidul, basa Jawi kangge komunikasi saben dinten, utaminipun dening tiyangtiyang anak-turunipun tiyang Jawi ing tilas jajahan Walandi punika. Tiyang Jawi ing Suriname pancen kathah, lan sampun dangu sami nyepeng kalenggahan, sae ing pamarentahan utawi wonten parlemen. Paul Slamet Somohardjo, salah satunggiling tiyang Jawi ing Suriname ingkang gadhah kalenggahan inggil. Dados pemimpin Partai Paertjajah Luhur, dados ketua parlemen awit wiwit yuswa 20 taun sampun terjun ing kancah politik. Pak Paul Somohardjo ugi nate dados Menteri Kesosialan lan Perumahan. Lan sapunika, garwanipun, Ibu Titi Armina Pardi dados Duta Besar Suriname kangge Indonesia. Amargi kathah tiyang Jawi ing posisi penting ing Suriname, mila basa Jawi ugi pikantuk kawigatosan mirunggan. Sanajan basa Jawi ing ngrika utaminipun ngoko. Menawi caturan kaliyan tiyang Suriname mawi basa krama malah kathah boten sambung.

Kejawi Suriname, ugi wonten tiyang Jawi ingkang lair lan gesang ing manca negari, inggih menika ing Kaledonia Baru (New Caledonia). Kaledonia Baru papanipun ing sisih kidulipun Papua Nugini lan sisih wetanipun Australia. Tiyang Jawi ing ngriki ugi kathah, kepara dados salah satunggiling suku mayoritas. Kados dene wonten Suriname, tiyang Jawi ing ngriki ugi wonten

ingkang gadhah posisi penting, umpaminipun walikota.

Ing Malaysia. Basa Jawi ugi kathah dipun-ginakaken. Kepara kula kaget lan gumun nalika saweg wonten Malaysia, mireng tiyang ing peken Chow Kit, Kuala Lumpur, sami caturan mawi basa Jawi. Bakulbakul ing peken punika jebul kathah tiyang Jawi. Kula lajeng mbatos, "Iki kuwi jan-jane Melayu apa Jawa ta?" Ugi nalika ing Penang, mampir ing satunggiling restoran. Nalika mlebet restoran kala wau, kula mireng lagu Jangkrik Genggong-ipun Bu Waljinah. Ing tanah Walandi, ugi kathah tiyang Jawi ingkang taksih ngginakaken basa Jawi ing gesang padintenan.

Lajeng ing Indonesia, ugi wonten dhaerah-dhaerah ingkang pendhudhukipun anak-turunipun tiyang Jawi, ingkang taksih ngginakaken basa Jawi ing gesang padintenan. Umpaminipun ing tlatah Sumatera Utara, kados dene Siantar lan sanes-sanesipun. Pancen basa Jawinipun radi benten, umpaminipun mastani angka selikur (21) dados "kalih dasa setunggal", jarwan saking basa Indonesia "dua puluh satu". Kejawi Sumatera, tlatah sanes kados Kalimantan, Sulawesi, lan sanes-sanesipun ugi basa Jawi taksih dipun-ginakaken dening tiyang Jawi utawi tiyang ingkang aslinipun utawi leluhuripun saking Jawi.

• Ulam Kasatan Toya

Pancen basa Jawi kathah ingkang ngginakaken, sae menika ing tanah Jawi utawi ingkang tlatah sanes ing Indonesia, kepara ngantos ing sisihipun bumi sanes ing njawining Indonesia. Nanging, kados pundi sikepipun para tiyang ingkang

ngginakaken basa Jawi menika? Kula ngraosaken bilih tiyang ingkang manggen ing tanah Jawi (Jateng, DIY, Jatim) karaos benten anggenipun paring kawigatosan dhateng basa Jawi. Benten kaliyan sedherek-sedherek ingkang manggen ing sanjawinipun Jawi.

Wonten ing pinten-pinten pepanggihan ing pirembagan basa lan budaya Jawi, kula pinanggih sedherek-sedherek saking pundipundi panggenan. Saking Kalimantan, Sumatera, Jakarta, Bandung, lan sanes-sanesipun. Sedherek-sedherek menika, anggenipun nggatosaken basa Jawi kula raos langkung inggil katimbang para sedherek ing Jawi. Komunitas tiyang Jawi gadhah saprangkat gamelan lan wayang kulit. Dereng malih piranti kesenian sanesipun kados jaran kepang, reyog, lan sapiturutipun.

Para sedherek menika ngupados supados saged pikantuk pangertosan ingkang langkung bab basa lan budaya Jawi. Ing Jakarta wonten radio ingkang sedinten muput nggiyaraken mawi basa Jawi. Mekaten ugi ing Kalimantan Timur. Menapa malih ing Suriname, televisi lan radio basa Jawi sampun boten aneh. Kepara ing Suriname, wonten sawatawis penyanyi Nerro ingkang nembangaken lagu-lagu Jawi lan ngucapipun ugi paseh.

Kula ngibarataken, tiyang Jawi ing tlatah sanesipun "tanah Jawi" kadidene ulam ingkang kasatan toya. Toya menika ibaratipun basa lan budaya Jawi. Ulam-ulam wau ngupados supados pikantuk toya, mila lajeng sami ngupaya murih basa lan budaya Jawi boten ical. Warga pasamuwan Gereja Kristen Jawa (GKJ) ing Jakarta, Tangerang, Bekasi, Depok, Bandung sami, umpaminipun,ngraosaken kawontenan menika. Mila lajeng ngupados murih ing pangibadah boten nilar budaya leluhur. Mila kotbah lan kekidungan mawi basa Jawi taksih wajib, sanajan boten kedah saben minggu. Lajeng ing dinten-dinten mirunggan pradata lan warga pasamuwan ngagem busana adat Jawi.

Nalika kawontenaken kempalan Budayawan GKJ ing Purworejo taun kepengker menika, para utusan sarujuk, bilih GKJ menika boten namung "greja ing tanah Jawi", nanging ugi kedah tumut

nglestatunaken lan ngrembakakaken basa lan budaya Jawi. Lan kraos sanget, ingkang nyurung supados basa lan budaya Jawi kedah dipunopeni menika sedherek-sedherek saking Jakarta, Bekasi, Tangerang, Depok, Bandung. Ingkang saking Jawi Tengah ugi nyengkuyung, nanging samadya kemawon. Margi, mbokmenawi, rumaos bilih Jawi menika taksih kathah toya, dados boten prelu madosi, amargi boten rumaos kasatan.

Senajan sejatosipun, toyanipun boten asat nanging sampun boten bening malih. Menika ingkang kedah dipun-emut dening tiyang Jawi. Amargi, priyantun Jawi samenika umumipun sampun sami boten teteh cecaturan mawi basa Jawi, menapa malih ngleluri budaya Jawi.

Lare-lare Jawi samenika dipunudi supados sami sinau basa sanes kadidene basa Inggris, Mandarin, Korea, lan basa sanesipun. Tiyang sepuh gadhah pamanggih, kanthi nyinau basa-basa kala wau, pados damelan gampil, menawi bisnis ugi lancar, dados TKI ing Korea gajinipun inggil, lan sapiturutipun.

Basa Indonesia kemawon sampun dipun-inggiraken, menapa malih basa dhaerah, kalebet basa Jawi. Lajeng sejatosipun kita menika tiyang Jawi, nanging kapanggenaken wonten sisih pundi basa Jawi kita menika?***

Penulis wartawan senior ing Koran Pagi Wawasan.

Basa Jawi kaginakaken ugi dening tiyang ing pojokpojokipun donya. Suriname, Kaledonia Baru, Walandi, Malaysia minangka negari ingkang kathah warga saking Jawi, lan taksih ngugemi basa lan budaya Jawi ing gesang padintenan.

Kula ngibarataken tiyang Jawi ing sanesipun “tanah

KURSI

Dening: Bambang Wadoro

Wis rong taun Kang Gempol pensiun sekang PNS. Esuk, awan, bengi isine mung njagong neng kursi mebele.

esambi udud, medang karo D lawuh seanane. Senajan bojone sikine wis ninggal. Sikine ketone kayong mandan ayem. Arep mangan gari mangan, wong wis ana sing ngladeni. Mergane Darmin seanak bojone esih urip kembul karo dheweke. Saben wulane, semendhingmendhing ya esih nampa gajih sekang pensiunane. Ning embuh kepriwe, bar bada winginane kayong mandan nganeh-anehi. Keton ora kaya biasane. Esuk sing biasane njagong karo medang, siki urung medang wis lunga. Baline ya sewayah-wayah. Angger wengi dheweke ora turu-turu. Sedhela njagong, sedhela lunga metu ngumah. Pisan kala njagong, dheweke mung meneng, lan ora nana omonge. Ginah, bojone Darmin bingung lan krasa ngawak. Neng senthong mburi, perek pedangan, Ginah ngudarasa karo awake dhewek.

"Inyong duwe salah apa karo ramane ? Deneng ramane siki koh mbedani. Inyong sing dadi mantu, ajaaja goli ngladeni salah. Ngesuk angger

bapane bocah bali, bisa-bisa nyong deomehi kiye. Mulane inyong siki kudu ngreti, salah lan lupute inyong meng ramane.“

Laras karo Barno, anake loro, wengi kuwe wis turu. Dheweke nguja ora turu. Nginggeng ramane njagong neng kursi mebele.Weruh ramane wis agi njagong, Ginah terus bae metu sekang senthong mereki ramane. Karo mlaku dheweke terus bae takon.

"Ramane jane saweg kenging napa? Pinten dinten niki, sebare bada riyaya ramane koh ketingal mboten bombong? Jane napa sing depenggalih? Napa kengetan garwane sing empun nilar napa?"

Ramane esih meneng bae, ora semaur. "Salahe kula napa, nggih Ma? Mbok ampun kados niku, kula sing mboten sekeca, Ma."

"Ko ora salah, ora Gin! Sing ngomong Ko salah, sapa?" takone Ramane.

"Nggih mboten wonten. Lajeng ramane koh ketingal mboten bombong niku kepripun?"

"Lah, wonge padha kurang ajar!"

"Sinten sing kurang ajar, Ma? Kula napa?“

"Udu! Ngertia Gin. Gemiyen agi inyong esih dadi kepala, kursi nganti kurang nggo njagong. Sing jenenge tamu ndlidir padha teka ngeneh. Siki bareng nyong wis pensiun ora dadi kepala. Apa maning dina-dina biasa. Bada bae ora sijia sing teka. Pancen beda kursi kantor karo kursi ngumah. Goli ngormati aku lan goli padha gelem njagong kursi umahku, jebule kuwe anu merga kursi kantor, ya?! "

"Nggih benten Ma, kursi kantor kalih kursi griya. Kursi kantor wonten jabatane. Kursi griya mboten wonten napa-napane, Ma."

"O, dadi goli ngormati aku anu merga jabatan?" takone Kang Gempol.

"Nggih, enggih ya, Ma ! Seniki kula empun ngertos penggalihe ramane. Niku merga kursi. Nuwun sewu, niki wekdale empun dalu kula ajeng tilem riyin nggih, Ma."

Ginah terus lunga mlaku meng senthonge. Ramane esih bae njagong. Seanane kursi sing ana neng bale umahe dedelengna kabeh. Dheweke menyat, terus ngelus-elus kursine. Ora suwe njur kemutan sapa-sapane sing tau njagongi kursi-kursine. Neng njero ati dheweke ngomong.

"Gemiyen, aben bada sing njagong kene Ridwan. Kursi kiye Sarkum. Ngkene kiye Budi. Kae ngkana Watini. Lan liyane esih akeh ora etungan sing njagongi kursi kiye. Ning siki koh, kursi nganti njepluk ora tau ana sing njagongi. Salahku apa?! "

Kang Gempol terus njagong maning. Wektune wis lingsir wengi. Dheweke wis krasa ngantuk. Kang Gempol ngantuk neng kursine. Nembe bae les, dheweke krasa kaya derep-repi. Pirang-pirang kursi padha teka mlaku mereki dheweke. Kursi-kursi mau padha ngomong setengah ngomehi dheweke.

"Inyong toli kepengin banget dejagongi neng rika. Rika tah aneh, senenge deambah thok, ning ora tau gelem ngambah umahe wong cilik!"

"Lha, Ko sapa?" takone Kang Gempol.

"Inyong kursine Sarkum tukang gawe wedang neng kantore rika."

"Biasa, pejabat senenge detekani. Ning ora tau gelem nekani bawahane!“

"Njur kuwe sapa maning sing ngomong kaya kuwe, ha?"

"Inyong kiye kursi karyawane rika. Ridwan, ngerti?!“

"Iya ya. Inyong apal Ko.“

"Apa anu pedahe rika wong tuwa, inyong wong enom? Senajana nyong wis wara-wiri ngambah umahe rika. Ning rika tah kebangeten banget.

Sepisan bae urung tau ngambah umahku? Apa enggane rika arep kaya kuwe terus? Apa enggane sing kudu silaturahmi kuwe wong enom meng wong tuwa thok? Wong tuwa ora prelu silaturahmi meng wong nom?!"

"Adhuh, sapa meng kiye sing ngomong, ha? Semreset temen omonganmu! “

"Inyong kursine wong enom sing cokan teka meng nggone rika. Rika kuwe

egois! Senenge mung detekani thok! Mbok iyaha dadi pejabat, sepisanpisan degelema ngambah meng umahe bawahane. Senajan lewih tuwa, sepisan-pisan ya kudu gelem silaturahmi meng umahe sing enom. Dekemutan, bisane rika olih kursi jabatan kepala kuwe mbok anu goli nyogok?"

"Apa?! Banjur-banjur goli padha ngomong! Kurang ajar Ko padha ya?! " Kang Gempol kesuh, terus menyat, ngkanan-ngkanane ndhupaki kursikursi sing nembe bae padha ngomong. Ning bareng kelingan, jebul kursi mebel dheweke sing padha bodhol. Mlakune kethangklungan sikile krasa lara. Kang Gempol njur njagong maning. Dheweke mikir setengahe mandan gumun.

"Mangsa kursi-kursi koh padha teyeng ngomong? Wislah, angger kaya kiye, ngesuk kudu tuku kursi anyar." atine Kang Gempol ngomong.

Dheweke njur menyat mlaku kethangklungan mlebu meng senthong. Esuk-esuk Ginah mantune, tangi. Weruh kursine padha bodhol, dheweke kaget.

"Kiye mesthi ramane tes kesuh. Kursi koh meh bodhol kabeh. Mengko angger ana dhayoh, jan ngisin-isinena banget angger kaya kiye tah."

Wayah esuk antarane jam pituan kursine esih morak-marik. Ramane esih turu. Ora ganti suwe lawange dethothoki ngewong. Temenan esukesuk ana dhayoh teka meng umahe.

"Kulanuwun! Kulanuwun!"

"Mangga!" Ginah mbukakna lawang.

"E, Man Kardi. Kayong lawas temen, pirang taun ora ngeneh ya, Man? Kadingaren agi ana apa kiye? Banene ora tau-taune gasik temen kiye. Pangapurane kursine agi padha bodhol. Ana apa, Man? " takone Ginah.

"Kiye inyong mengeneh agi butuh kursi."

"Rika arep butuh kursi? Wong kursi bodhol, apa enggane rika gelem si?“

"Jajal nyong tek ngomong karo ramane.“

Ginah menyat mlaku nggugah ramane. Ora suwe ramane teka. Sewise njagong terus bae ngomong.

"Ko wani pira kursi bodhol kaya kiye, ha?“

"Gyeh, Kang Gempol. Inyong mengeneh pancen agi butuh kursi."

"Ya, padha bae angger kaya kuwe. Merga kursiku bodhol, sikine aku uga butuh kursi."

"Padha kursine, ning dudu kursi kuwe sing dekarepna inyong, Kang.“

"Njur kursi apa?" takone Kang Gempol.

"Inyong arep nyaleg, Kang."

"O, kursi DPR? Wong kepengin njagong kursi DPR koh dadakan kaya kiye. Apa enggane kelakon si? "

"Mulane inyong mengeneh njaluk dhukungane rika padha.“

"Ngkono kuwe lucu. Ko toli seuwenuwen ora tau njagong kursiku, mbok? Siki butuh jagongan kursi DPR, Ko nembe gelem teka njagong kursiku. Apikan koh dadakan kaya kuwe. Lha arep keprimen mengkone." omonge Kang Gempol setengahe nyalahna.

"Ya, sing gedhe pangapurane, Kang."

"Wis, siki kaya kiye bae. Gandheng ngkono butuh kursi. Merga kursiku bodhol, aku uga butuh kursi. Tulung aku detukokna kursi sing anyar, nggo ngumpulna anak putu lan sedulurku kabeh. Kepriwe, gelem ora?"

"Ya, teksanggupi sing penting aja mleset lho Kang. Nyong ya kepengin njagong kursi."

"Beres, ya Kang?!“

Ana wong loro rembugane dadi. Ora suwe Kardi terus njaluk pamit. Anane wong loro atine padha-padha ngomongna.

"Butuh kursi ketemu butuh kursi. Moga-moga bae ora mblenjani lan ketemune dadi. Kursi jagongan dadi anyar. Nukokna kursi, dadi DPR."

DINA Kemis, ing kutha Wonosobo kala semana, 40 taunan kepungkur, listrik sakutha mati. Oglangan listrik kuwi wis dadi bab sing biyasa kanggone warga kutha.

Dening: Dhe Wirya

a dimangerteni wae, wong Y pembangkit listrik ing Wonosobo isih durung kaya saiki. Pembangkit mung ngandelake ilining banyu, sing bisa ngobahake turbin kang ngasilake tenaga listrik. Yen dina Kemis, pembangkite diresiki, mula banyune ya kudu diendheg supaya ora mili. Iki uga ndadekake kali sing mili ing tengah kutha asat, merga banyu ing ndhuwur diendheg. Nano karo kanca-kancane Pras, Teguh, Lilik, lan liya-liyane wis apal bab kuwi.

Ndilalah, dina kuwi dina prei, nanging gandheng wis suwi buanget, lali prei apa. Mulane bocah-bocah sekolah banjur padha golek kegiyatan, mumpung ora ana pelajaran. Nano, Pras, Teguh, Lilik wis siyap. Merga prei bocah telu sepakat, dina kuwi arep ngirig iwak ing kali. Yen banyune surut, miline cilik, iwake luwih gampang dicekel.Ya perlu dimangerteni uga, sing jenenge bocah-bocah jaman

semana, dolanane ora kaya bocah saiki. Dolanan isih saanane. Pancen ana dolanan sing kudu dituku. Umpamane montor-montoran sing digawe seka plastik, setin utawa keneker, lan liya-liyane. Ya palingpaling liyane dolanan karet gelang sing uga kudu tuku. Karet gelang kuwi bisa dienggo dolanan wernawerna. Yen karet gelang mau disambung dadi dawa, bisa dinggo dolanan sprengen utawa lumpat karet.

Dolanan liyane kejaba jethungan, sepak sekong, setinan, ya ngirig iwak. Kaya ing dina Kemis kuwi, kali wis wiwit asat. Yen ta mili ya mung cilik, ing sisih tengah wae. Pinggirane wis ketok lemahe sing maune dhasaran kali. Nano, Pras, Teguh wis nyiyapke irig, sing wujude kaya tampah nanging dianam arangarang. Dadi yen dijegurake banyu sing ana iwake banjur diangkat, banyune langsung tiba maneh kari iwake.

Bocahe telu wiwit medhun ing kali. Irige dilebokake banyu banjur diangkat. Isih durung ana iwak sing kesaring. Dicoba maneh, banjur wiwit ana sing ketok, ya mung unjar ngodhok utawa petho. Ing Semarang iwak cilik sing wetenge mlenthi kuwi dijenengake cethul.

Bocah-bocah terus mlaku nurut kali, sing saya suwe saya jero banyune. Merga banyune asat, mula iwakiwak banjur padha golek nggon sing banyune luwih akeh, mesthine nggon kuwi luwih jero. Paling ora ana grojogan cilik sing banjur panggonan kuwi kaya kedhung cilik.

"Wis kene wae, ketoke iwake akeh," ujare Teguh.

"Ya, kae wis wiwit ketok," candhake Pras.

Irig banjur dilebokake banyu, rada suwe, rada jero. Bubar kuwi diangkat alon-alon kareben iwake ora kaget, mengko malah mlumpat. Tenang, yen mau mung unjar gondhok, iki ana mujair sing ukurane rada gedhe, saepek-epek tangan.

"Ya, mujair gedhe. Lumayan isa nggo lawuh mangan awan," ujare Pras.

Iwak kuwi banjur dilebokake ember seng sing wis diiseni banyu sithik, campur karo unjar gondhok sing wis kecekel luwih dhisik.

Merga oleh iwak sing rada gedhe, bocah telu saya semangat. "Ayo, diteruske meneh, ketoke kene iwake gedhe-gedhe," ujare Nano.

Pancen, kejaba panggonane kaya kedhung cilik, dadi luwih jero, banyune isih luwih akeh tinimbang sisih kali liyane. Apa maneh panggonan kuwi eyup banget, merga ing ndhuwure ketutupan wis-witan lan suket mrambat. Dadi cahyane srengenge wae mung sithik, mula nggone ya rada peteng.

Irig dijegurake maneh, banjur diangkat. Ana sing mlumpatmlumpat. Jebul lele kali sing pancen ora pati gedhe. Nanging ngirig entuk lele kuwi wis klebu oleh bonus, merga arang-arang ana lele kejaring irig. Lele lan anak mujair cilik banjur dilebokake ember maneh.

Bocah-bocah saya semangat, saya nyengkut anggone ngirig. Ing dalan ndhuwur kali ketok ana Mbah Mitra lagi arep tindak sarean. Oh iya, iki dina Kemis, malem Jemuah. Mbah Mitra biyasane pancen saben malem Jemuah tindak sarean, ngresiki sareane leluhur karo kuburane putrane ing pesarean Mainan, sisih kulone ril sepur.

"Tindak sarean, nyekar ta Mbah," ujare Nano.

"lya, iki rak malem Jemuah. Meh ngresiki sareane simbah. Piye oleh akeh le ngirig iwak?" ngendikane Mbah Mitra.

"Nggih mboten kathah kok Mbah, namun angsal mujair kaliyan lele. Saged kangge lawuh mangke, Mbah," Pras semaur karo mblebegake irige.

"Ning dha ngati-ati ya. Nggon kono kuwi rungkud, sok ana ula," ngendikane Mbah Mitra.

"Nggih Mbah, matur nuwun dipun ngendikani kula tak ngatos-atos. Mangga yen Simbah badhe nerasaken tindak sarean," ujare Nano.

"Ya, sing ngati-ati.....," ujare Mbah Mitra.

"Woooooooooiiiiiiiiiiii. Ula..... ulaaaaaaaaaa," dumadakan Pras bengok-bengok. Teguh karo Nano kaget banjur nyawang Pras sing kaget katon pucet, lan ing irige ana ula sing gedhene sagagang sapu. Ora gedhe, nanging ngagetake.

"Tenang, Pras. Tenang wae. Ora

papa, ula kuwi ora ana wisane," kandhane Teguh sing pancen kendel.

Teguh tandang, ula dicekel ndhase, wis ora polah. "Iki ula lare angon ora papa. Wis tak pindhahe wae nang nggon liya," ujare Teguh karo nyangking ula mau, nggo dipindah ing papan liya.

"Ah, wis wae ya le ngirig. Nyong wedi, mengko ana ula meneh," ujare Pras.

"Ya, wong ya wis awan ayo bali. Iki entuk mujair telu karo lele siji, yo digoreng. Nang omahe nyong wae, mengko dimaem bareng-bareng. Ibu wis ngliwet akeh,"ujare Nano.

Bocah-bocah banjur mentas saka kali, mulih nuju omahe Nano. Iwak dibetheti, digawekke bumbu, banjur digoreng karo ibune Nano. Sawise mateng, bocah-bocah ndang didhawuhimaem.

"Kae wis cemepak, iwake wis mateng. Ibu mau ya wis njangan bayem, wis tak sambelke barang. Ayo tangane wijik, yen maem lambene aja kecap. Saru tur njijiki," ngendikane Ibune Nano.

Bocah-bocah banjur padha lungguh kursi, wiwit maem. Dhasar segane isih anget, iwake goreng garing, karo jangan bening bayem. Anggone padha maem jan nikmat banget.

"Wah, mau nek ulane dimasak sisan iwake luwih akeh," ujare Teguh.

"Husssss, ngawur. Ula kok dipangan. Mengko bisa mutus rantai makanan," ujare Nano kelingan pelajaran ilmu hayat (biologi).

Sabubare padha mangan, Pras karo Teguh pamit mulih. "Bu Lik, nyuwun pamit. Matur nuwun sampun diparingi maem,"kandhane Pras.

"Ya, sing ngati-ati......"

Dina Kemis prei, sing nyenengake ati.

Lanang Setiawan

Jabatan dudu waledan jabatan dudu agul-agulan jabatan dudu go edan-edanan

Dadi pemimpin kudu ngerti aturan ora brangasan ora kabongan ora pendirangan ora pugalan

Yen kowen bleh bisa dipenging kudune disingkirna sisan!

Jumat 7 Januari 2017

Kowen sakit Enyong golet obat mobat-mabit

Kowen mumet Enyong mijet

Wong lanang wadon kudune saling ngrawat saling ngruwat larane wong wadon larane wong lanang

Senajan kowen bojo susulan enyong ora bakal pisahan wis tak putusi kowen bojo pungkasan sorgane enyong ya sorgane kowen

Kamis, 23 Februari 2017

IMPEN

Seapik-apike menungsa kudu yakin maring dalan sing utama yakuwe: ngutamakna akal lan budinè dudu maring kuwasane fuluse atawa kemasyhurane

Peran kamanungsan kudu tinuju rahmatan ilahi kanggo keslamatan sluruh alam semesta

Ning kotanè enyong waktu kiye lagi ana angin lisus jalaran kepala dhaerahè koplok ora etungan bawahan diobok-obok pejabatè dibebek-bebek wenang wakilè digecek

Waduke kaku ngadepi panutan ora pantes kasebut panutan ora duwe tatakrama ora duwe unggah-ungguh kabeh ditrejang kabeh dilibas

Masalah sing lagi anget soal hak angket sing lagi digulir kiye pancen kudu kaleksana kanggo nyegah tumbal sing pan teka daning ganase pemimpin wanyad

Enyong bungah krungu wong-wong parlemen ngglontor hak angket nugel wong tegelan, kolon, lan kocolan

Kaya-kayane impene enyong bakal katemahan nang alam impen enyong dikatoni ana wong wadon diarak metu saka wisma agung ditombreng-tombreng

Nang ndhuwur angkasa srengengene ngenthak-ngenthak deweke mlaku ngodhok bocah-bocah pada sorak ora kurang mataki endhog kuwuk ora kur ngarah awake, raine, tapine ngarah maring endase

Ceceran ndhog kuwukan pating dlewer ngotori sekujur awake ambune breng-brengan

Sadawane dalan kentongan, panci, kaleng, tong-tong prek, wesi diadu karo watu ditabuh sekuwat-kuwat ketingkah sorak keprok ewonan rakyat

Wong wadon sing mambune breng-brengan diglandhang ngetan tinujune stasiun kota

Pluwit kreta nyalak-nyalak age-age dheweke dilarak mlebu kreta

Peluwit kreta disebul mangkin keceng kreta mangkat wong wadon sing lagi didombreng liplap impenku tamat

Rabu, 8 Maret 2017

KOTANÈ ENYONG MROSOT PAMORÈ

Jalaran laku panguwasa ora genah kotane enyong mrosot pamore dilaruhi ora digubris gemblunge sangsaya ndadi

Langit tembaga abang dubang wayah sendakala suasana ganjil ambu arum cacah rucah mambrah-mambrah: kembang mawar melati kanthil kamboja kenangan nganti kembang entut-entutan katingkah ambu menyan ambu ukup sembayangan

Ambu-ambu kuwe ora baen-baen ngisyaratna tekane selaksa bangsa alus nyambangi alam sekitar

Ngadepi wayah rep sendakala nyong kaya lagi manggon nang alam impen kebayang ning mata ana telaga getih kumplangkumplang lan wulane ngucur getih tostosan bakal ana sabekala apa?

Oh, pesona sendhekala pesona wulan pesona peri pesona mambang lan sagrombolane mlebua maring awake enyong pan tak sedot kanggo daya kasekten

Wis waktune panguwasa ala nyingkir saka kotane enyong

Rabu, 22 Februari 2017

BIODATA PANGGURIT

Lanang Setiawan

Yakuwe pelopor laire Sastra Tegalan tau nampa Hadiah "Rancage" taun 2011. Puisi Tegalane dimuat nang Majalah Panjebar Semangat, Tabloid Serapo sing diterbitake nang Kalimantan Timur uga nang Majalah Warta Bahari terbitane Pemkot Tegal. Saliyane dadi novelis, dheweke kondhang uga nyiptakna lagu-lagu Tegalan. Buku kumpulan puisi tegalane yakuwe Nawu, Tegal Sumbu Pendek, lan Tegal Bergolak.

HAIKU PENGINYONGAN

Daning: Hamidin Krazan

1. Pengantén anyar Woh randhu padha mlethék Kasuré empuk

3. Thongkrong neng watu Banyu bening nggo ngilon Langité mencréng

2. Sumuré garing Ningén gelungé nyricis Mertua mésem

5. Ésuk neng pasar Liput wong dodol dhuwit Nyembeléh dhéwék.

4. Rinjing degéndong Randa kempling jaritan Rejeki ésuk

BIODATA PANGGURIT

Hamidin Krazan

Tukang nulis sekang Desa Krajan, Kecamatan Pekuncen, Banyumas. Lair kawit 10 Agustus puluhan taun kepungkur. Miwiti nulis nalika sinau neng Madrasah Aliyah. Werna-werna kasil tulisané, kayadéné, guritan, cerkak, uga

crita kanggo bocah. Bekas wartawan neng tabloid Hikmah Grup Pikiran Rakyat Bandung, wartawan neng majalah Sobat Muslim TREN (Jakarta), Harian Pagi Nirmala Post (Tegal). Kawit taun 2016 nulis neng Kalawerta Penginyongan ANCAS. Prenah mélu dadi anggota teater Gethek Ajibarang, Banyumas, Jateng karo teater Suaka Budaya Jakarta. Ana uga bukune babagan crita kanggo bocah sing wis decitak.

Dening: Manaf Maulana

idu geni idune pangarsa ora bisa didilat maneh senajan bisa gawe cilaka akeh tikus mangan gereh kucinge padha kaliren kawula padha tenpinaten

idu geni idune pangarsa bisa ngobong nagara kahanan dadi pedhut gajah malih semut

idu geni idune pangarsa akeh sing padha tawa meja sirah-sirah padha miring tikus-tikus ngoyak kucing.

Pondok Kreatif, 20 Januari 2018

GURIT KANGGO WAKIL RAKYAT

Lungguhmu sajake kedhuwuren Mula kowe ora bisa nyawang ngisor Akeh rakyat saya padha kaliren Mlakune saya gloyor-gloyor

Mengko nek ana pemilu maneh Rakyat wis padha kapok kapusan Mula age-age sinau sereh Sakdurunge 1eren kapeksan

Pancen sajake kedhuwuren Lungguhmu mingklik-mingklik Kursimu uga sajake kegedhen Saengga awakmu katon cilik

Ing mangsa susah kaya ngene Geneya kowe ora mudhun bae Banjur lungguh dhingklik Ngancani rakyat mengak-mengik.

Pondok Kreatif, 200917

GOROH

Geneya saya akeh sing seneng goroh Nganti adus idu lan kepuyoh-puyoh Kamangka saben dina tetep ngibadah Kabeh urusan uga wis kajiret sumpah

Yen emoh goroh aja dadi penggedhe Pancen wis suwe dadi kembang lambe Mula goroh banjur dianggep lumrah Ora preduli bangsa dadi saya payah.

Gorohe penggedhe bisa dadi rame Kaya pasar sing kobong dhewe Amerga geni kebacut mbulat-mbulat Kaya sewu setan sing padha pamer ilat

Goroh ora bakal bisa ilang Kejaba kabeh netepi paugeran Sing jujur ora dianggep nyakang Ing kabeh lelakon bebrayan.

Pondok Kreatif, 211017

Barongsai

Nonton barongsai saka China Sing mlumpat-mlumpat trengginas Aku kelingan taun enem lima Nalika akeh wong luru selaka lan emas Kanggo sangu minggat ning paran Amerga ing omahe dhewe bisa ketiwasan

Nonton barongsai saka China Sing mencolot munggah meja Aku kelingan Bung Karno Nalika senengane pidhato Sanadyan rakyat saya sengsara Amerga kabeh rega mundhak saben dina Kejaba regane nyawa manungsa

Nonton barongsai saka China Pancen maremake ati Mula aja ana maneh wong kuwasa Sing ora bisa ngregani seni Mung senengane pidhato Sanadyan bangsane saya nglokro.

Pondok Kreatif, 200917

MINTHI-MINTHI

Wetengmu minthi-minthi Kebak samubarang wewadi Aspal lan wit-witan Dadi sesajen sarapan

Wetengmu minthi-minthi Mula banjur roba-rabi Duwe omah ing endi-endi Dhuwitmu uga sapethi-pethi

Wetengmu minthi-minthi Pancen amarga kuwaregen Ora kaya rakyate negara iki Wetenge busung amarga kaliren.

Pondok Kreatif, 200917

BIODATA PANGGURIT

Manaf Maulana

Penggurit iki dedalem ing Karang Wetan RT.010 RW.004 Kudus Jawa Tengah.

BOCAH-BOCAH PADHA KURU

Dening : Ari Hermawan Saputra

Candrane rakyat Sansaya mlarat Kabeh jatah digaglak nganti ndeglak

Para dhasi dadi memedi Para pantofel nora beda sapi Nggayemi bengah njerum Nora perlu mbrabak pangan cemepak

Busana alus gandane prengus Nalika gembar-gembor kaya-kaya bakal kuncara Nyatane padha wae, ya mung tinemu cidra Nora nyawang ana ngisor kana Bocah-bocah padha kuru Klametan nyawang tingkah lakumu

Ana pinggiran margi ngathong pisuhan Turune ana ngisor jembatan Madhange sega turahan

ALas Donoloyo, 2018

YA WUS BEN

Saben sore ana nglincak pikiranku nggrambyang Mikir piye nalika esuk nora ana kang bisa ngganjel padharan Mikir piye nalika nora bisa bayar setoran Nora bisa gawe swasana kamulyan

Ealah..... Ndelalah pariku ya padha gabug Kacangku padha kothe Bab ponska nora bisa daktuku

Gusti...Gusti.. Apa ya iki sing diarani tani utun Nora tahu ndemok buku Napa maneh nggayuh ilmu

Ya wus ben Senajan kahanan beda karo pangarepan Daksukuri apa kang wus dadi dalan Dakpikir suwe mung marakke luwe Tur nora ana faedahe

ALas DonoLoyo, 2018

JI-RO-LU-PAT-MA-NEM

Iki jaman ketar-ketir Nora kenthir bakal kentir Nora ngedan nora kumanan Aja dha munafik nandur serik Luweh becik meneng tinimbang gawe spaneng Ji-ro-lu ngalangi laku sampluk alu Macak lugu atimu kaya watu Ayo padha adu, luput aku apa rupamu Aja ngece ngawe-awe, ndhelak-ndhelik kaya wewe Bengak-bengok nganti ndomble Pat-mo-nem sipat raja padha asem Ana ngendi kadigdayanmu, ayo rene padha maju Apa pilih dakdugang mustakamu Kewan-kewan wus padha jenggong Aku kowe isane mung ndomblong Nyawang beras wus nora ana telas Nyawang kendhi wus nora ana isi Padha bingung kanggo nelesi saben sasi Muga candrane mbesuk dudu dhemit Gaweane ngunthit dhuwit Nanging dermawan kang nduweni rasa welas asih Udhu sandhang, papan, lan pangan Masarakat ayem mesam-mesem ngrasakake kemajuan

Alas Donoloyo, 2018

BIODATA PANGGURIT

Ari Hermawan Saputra

kang uga dikenal kanthi jeneng Ari Kaysha, mapan ing tlatah Wonogiri. Karya-karyane akeh awujud puisi lan geguritan. Saiki aktif ing Komunitas Giri Bengawan.

Pemimpin ing Donya Miturut Hadis (Pangkur)

Anggitane: Ki Lutfi Caritagama*

Bab utusan kedadosan, wonten satengahing manungsa iki, kados dene ingkang dipun, kersakaken mring Allah, lajeng Allah ngersakaken nggantos iku, wontene Khilafah ika, cara nubuwah puniki.

Lajeng Khilafah menika, Allah ngersakake gilir gumanti, Allah mbusek lajengipun, badhe wontene raja, ingkang nyepeng Islam kanthi kenceng brukut, kados kersanipun Allah, enggal Allah mbusek malih.

Wonten karaton degsiya, lajeng kraton wau gilir gumanti, Allah ngersakke puniku, ngersakake Khilafah, miturut tata cara nubuwah estu, lajeng mendel Rasulullah, Ahmad riwayate hadist.

*Asma asline Lutfianto,S.S. Guru bahasa Jawa SMA N 1 Pajangan, Bantul, Yogyakarta

JEJER NGASTINA ING LAMPAHAN BIMA SUCI

Sinaosa tetembungan ingkang kaginakaken déning para dhalang punika racakipun sampun pakem utawi netepi ingkang sampun wonten, ananging jejering dhalang minangka pangrakit basa temtu nggadhahi titikan utawi ciri khas piyambak-piyambak. Ing ngandhap punika kaaturaken sanggit catur déning ki Panut Darmoko, dhalang misuwur saking Tlatah Nganjuk ing lampahan Bima Suci, ingkang radi benten kaliyan racakipun dhalang. Ki Panut Darmoko rikala

sugengipun punika satunggaling dhalang ingkang baut sanget ulah basa. Greget sautipun kapireng sae sanget, ngantos kados-kados sedaya rembag sampun apal sanget. Tetembungan ingkang kaginakaken déning Ki Panut menawi kajingglengi kathah ingkang khas. Kados menapa titikan utawi ciri khas

ingkang ketingal saking pangginaning basa? Sumangga kapadosi ing ngandhap punika. Seratan ing ngandhap punika sampun ka-edit déning panyerat tanpa ngirangi wos sarta titikan mligi saking Ki Panut Darmoko.

Rembag jejer sepisan ing Kraton Ngastina: Sasampunipun Suluk Pathet Nem Ageng lan Ada-ada Girisa lajeng ginem:

Duryudana: Bapa, Bapa Pandhita ing Sokapanca,nuwun mangké dèrèng dangu, mboya

dadi guguping tyasira, Jengandika Bapa Penembahan ing Sokapanca ingsun piji mangarsa, Bapa, Bapa Resi Druna.

Durna: O, kula nuwun inggih, saklangkung guguping manah kawula Sinuwun. Salaminipun ingkang bapa ing Sokapanca hanampi timbalaning nata wantering dhawuh pengendika boten kados dinten menika kala wau. Wantering dhawuh timbalan Paduka Kanjeng Sinuwun,

getering manah anggèn kawula

sowan ing ngabyantara, lampah kula wiwit saking peséban ngantos dumugi sitinggil, kados kula jangkah-jangkaha sepisan dumugi. Menawi wonten suweking jubah kula sacengkang èstu mboten badhé kawula tolèh, kawula nok nok nok non.

Duryudana: Bapa Penembahan ing Sokapanca, enggih dumèh kalawan punapi, èsmu guguping tyas Jengandika, Bapa Penembahan ing Sokapanca ingsun piji wonten ing ngabyantara, Bapa, Bapa Resi Druna.

Durna: Kawula nuwun, wantering dhawuh timbalan Paduka Kanjeng

Sinuwun, sotaning manah kawula menawi wonten kepareng Paduka Kanjeng Sinuwun karsa hamundhut wewejanganipun ingkang bapa ing Sokapanca, perkawis aji jaya kawijayan kasentikan kanuragan kanèman kedhotan, wuleting kulit rapeting getih kedhotaning nyawa, panglerepaning sima pangendhaking dwipangga panutupaning satru jaya minggahipun dhumateng bangsaning kawruh lelungidan, nggèr, sangkan paraning dumados panjing sumuruping apejah sastra luhur-luhuring agesang, sampun ingkang kapundhut siyang nadyan watawis dalu, keng bapa badhé cumadhong asta kekalih saèstu mboten badhé anguciwani, kawula nok nok nok non.

Duryudana: Bapa Penembahan Sokapanca, seklangkung panarimahingsun Bapa, bénjang kéwala menawi sampun hanyelaki perang Bratayuda Jayabinangun, wejanganipun Bapa penembahan ing Sokapanca kula aturi maradinaken dhumateng anak-anakira Sata Kurawa, putra Jengandika kula sampun cekap dayaning lisah tala ingkang tumamèng angga. Tan langkung kula aturi nyakécakaken pilenggah Jengandika Bapa Penembahan ing Sokapanca.

Durna: O kawula noninggih, kapundhi timbalaning nata, mboten langkung dhateng sendika, kula nok nok nok non.

Duryudana: Paman, paman hariya kapatihan hara dèn kapareng ngayun, ana wigati ingkang bakal manira rumpaka lawan pekenira paman hariya ing kapatihan.

Sengkuni: Kawula nok non, nuwun, wonten dhawuh pangandika ingkang wigatos sarta kénging kawedhar ing akathah, ingkang paman ing kapatihan kaparingana pangandika ingkang terwéla, paduka kanjeng sinuwun miyos siniwaka anggung katikbraning galih katitik kuceming wadana. Punapa ta adhuh anggèr ingkang andadosaken sungkawaning tyas paduka. Lepat atur kawula sekecap tindak satanduk menawi ta wonten sisibing atur kawula sekecap tindak satanduk, pasang yogya paduka kanjeng sinuwun anglubèraken pangaksama dhumateng ingkang paman ing kapatihan. Kawula nuwun, nuwun.

Duryudana: Paman, paman hariya kapatihan, haywa kaduk ati kalèru tampa, mboya pisan kalamun

manira hangenengaké pisowanira, sajatiné paman, mboya nana ingkang datansah karasa ing wardaya kagagas ing tyas, muhung anggon manira midhanget pawarta saka ngangsanging samirana hasraking kampuan lepasing gundhala bebasan lidhah sinambung pawarta binandung ing karna, ingkang mratélakaké kalamun ing samangko, laladan ing Ngastina, dumunung anèng Harga Kélasa ana pandhita anyar ingkang hanggelar pangawikan ambèbèr wewejangan, ingkang sajatiné mboya nana raja pandhita ingkang kumawani hangasrama anèng Arga Kélasa talatah ing nagara Ngestina kajaba hamung kadang manira pribadi ing Tunggul Pawenang panènggaking Pandhawa yayi Harya Séna.

Sengkuni: Kawula nok non, nuwun, amung punika ingkang tansah dados panggalihan paduka kanjeng sinuwun. Anggèn paduka manggalih jumenenging raja pandhita ri paduka penenggaking Pendhawa sang Arya Séna wonten ing Arga Kélasa talatah Ngestina, kawula nuwun, nuwun.

Duryudana: Paman hariya kapatihan hiya. Jumenenging raja pandhita kadang manira yayi Hariya Séna teka bisa gawé horeging jagat, amarga hora ngemungaké putra santana, kulawarga pawong mitra ingkang padha hanggeguru marang yayi Werkodhara, ingkang apeparab Resi Bima Paksa ya Resi Bima Sukci, senadyan para satriya, naléndra, tekan ingkang wus umadeg pandhita akèh ingkang wus padha tilar wismané, cumondhok anèng Arga Kélasa nggeguru marang kadang manira yayi Resi Bima Paksa, angingsep pangawikané yayi Bima Sukci. Ora mung kandheg para kawula talatah ing nuswantara kéwala, senadyan janma sa jabaning rangkah, bebasan mancapat manca kalima, padha handalidir angèbeki ing laladan ng-Arga Kélasa, manjing dadya siswaning kadang manira yayi Resi Bima Paksa.

Ng... ya jagat déwa bathara. Nuwun ingkang punika paduka kanjeng sinuwun lajeng kula aturi adhedhawuh dhumateng ingkang bapa ing Sokapanca kakang Penembahan Durna. Awit kekiranganipun menapa ingkang bapa ing Sokapanca kakang Penembahan Durna tuhu pandhita ingkang sampun putus dhumateng saliring rèh saniskara, mboten kasamaran dhumateng mobah mosiking bawana, sumawana lalampahanipun ri paduka panènggaking Pendhawa Hariya Séna ingkang hanggelar pangawikan madeg raja pandhita wonten ing Arga Kélasa, ènget- ènget menawi ri paduka pun Ariya Séna menika tuhu siswatamanipun ingkang bapa kakang penembahan ing Sokapanca, kawula nuwun, nuwun.

Duryudana: Paman hariya kapatihan hiya. Bapa, bapa penembahan ing Sokapanca, bapa.

Durna:

O nuwun wonten dhawuh ingkang pangandika, kanjeng sinuwun amiji dhumateng ingkang bapa ing Sokapanca, kula nok nok nok non.

Duryudana: Jengandika bapa penembahan ing Sokapanca, kados sampun midhanget punapi ta ingkang kula rumpaka kalawan paman hariya ing kapatihan, tan asanès anjawi pawartos jumenenging raja pandhita, kadangingsun ing Tunggul Pawenang yayi Werkodhara wonten ing Arga Kélasa talatah ing Ngestina, apeparab Resi Bima Sukci, hanggelar pangawikan. Kathah sanget para janma manungsa ingkang sami hanggeguru dhumateng yayi Bima Sukci. Ingkang makaten punika rèh déné kadang kula pun Werkodhara menika kalebet ugi siswatamanipun bapa penembahan ing Sokapanca, saèstu bapa ing Sokapanca mboten badhé kasamaran punapa ta ingkang dados sasandining karsa, kadangingsun yayi Werkodhara anggènipun amandhita wonten ing Arga Kélasa, bapa Sokapanca.

O lolé-lolé kenthos waluh gémbol anjerbebeg monyor-monyor hawela-hawela, alas dadi wana-wana dadi alas, ho oh oh oh oh oh oh oh oh oh. O namung prekawis menika ingkang tansah dados panggalihan paduka kanjeng sinuwun, jumenenging raja pandhita ri paduka Werkodhara wonten ing Arga Kélasa. O nggèr, menawi saking gagapaning manah kula, sarta miturut petanging kang bapa ing Sokapanca, jumenenging raja pandhita ri paduka pun Werkodhara wonten ing talatah Ngastina menika mboten badhé adamel pituna, nanging malah kapara andhatengaken piguna tumraping para kawula ing Ngestina. Sepisan, pigunaning Werkodhara anggènipun anggelar pangawikan jumeneng raja pandhita

wonten ing Arga Kélasa punika, badhé amimbuhi saya kathahing para sujanma ingkang sami pinter, anyuda kathahing para tetiyang ingkang sami wuta ing pangawikan. Ingkang mangka satunggaling praja ingkang kawulanipun sami pinter, satunggaling nagari ingkang kawulanipun sami majeng-majeng menika badhé anggegèndhèng dhumateng kemajuaning praja, amimbuhi misuwuring praja miwah kaluhuraning nata. Kaping kalihipun, madeging raja pandhita ri paduka Werkodhara wonten ing Arga Kélasa menika badhé andayani rejaning bawah paduka ing Arga Kélasa. Pramila menawi saking pétangipun ingkang bapa ing Sokapanca, paduka kanjeng sinuwun mboten perlu andarbèni was sumelang ing galih. Saèstu jumenenging raja pandhita ri paduka pun Werkodhara menika badhé ageng pigunanipun tumrap praja Ngestina sarta para kawula ing Ngestina, sumarambah bebrayan agung ing Ngestina. Amargi sak mboten-mbotenipun ingkang bapa ing Sokapanca ngertos kados pundi menggah lair batosipun pun Werkodhara. Ènget-ènget menawi Werkodhara menika wiwit laré kula lelithing, ènget-ènget menawi Werkodhara menika wiwit kuncung ngantos dumugi gelung bebasanipun, tansah kula weleg ing pangawikan, kula persudi dhumateng ing kasagetan. Sedaya kawruh kula tumplak, sedaya kasagetan kula welegaken, sedaya pangawikan kula jujokaken dhumateng pun Werkodhara. Pramila janji pun Werkodhara mboten kesupen dhateng sumberipun kémawon, mesthi Werkodhara badhé anggelar sesulang ingkang sampun kula suntak dhumateng piyambakipun, ingkang punika paduka kanjeng sinuwun mboten perlu was sumelang ing galih, kula nok nok nok non.

Duryudana: Bapa penembahan Sokapanca, nggih. Paman hariya kapatihan.

Sengkuni: Kawula nok non, nuwun wonten dhawuh ingkang pangandika sinuwun.

Duryudana: Pakenira paman hariya kaya wus midhanget rembuging bapa penembahan ing Sokapanca prakara jumenenging raja pandhita ariningsun Werkodhara anèng Arga Kélasa, kang iku baya kaya paran panemuné paman hariya ing kapatihan.

Sengkuni:

Kawula nuwun, menawi wonten kepareng paduka kanjeng sinuwun hamundhut aturanipun ingkang paman ing kapatihan, manawi ta wonten sisiping pamanggih paduka kanjeng sinuwun keparenga hanglubèraken samodra pangaksama, sinuwun. Menawi saking gagapaning manah ingkang paman ing kapatihan, jumenenging raja pandhita ri paduka panenggak Pendhawa wonten ing Arga Kélasa menika wonten pigunanipun nanging ugi badhé wonten bebayanipun.

Duryudana: Paman hariya kapatihan, kadiparan teka paman hariya andarbèni panemu kalamun jumenenging raja pandhita yayi Werkodhara iku ana pigunané sarta uga ana bebayané.

Sengkuni: Kawula nuwun, pigunanipun kados sampun ingkang katur déning ingkang bapa ing Sokapanca kakang penembahan Druna, nanging bebayanipun, paduka kanjeng sinuwun kula aturi ènget, menawi ri paduka pun Werkodhara menika penenggaking Pendhawa ingkang sampun kalebet ing jangka, sarta wecaning para linangkung, bilih sanadyanta kadang nunggil darah sedhèrèk tunggil aluran, brata Pandhawa menika mengsah bebuyutan satru mungging cangklakan, ingkang wusananipun, Pandhawa sarta Kurawa badhé hangawontenaken pasulayan ingkang sinebat perang ageng Jayabinangun,inggih perang Baratayuda. Ènget-èngét menawi pun brata Pandhawa samiandárbèni-pémanggih, anggadhahi waris ing atasipun praja Ngestina. Pramila saking punika paduká kanjeng sinuwun kedah mengku kasujañan-dhumateng jumenenging raja pandhita ri paduka pun Werkodhara punika, inggihmenawi Werkodhara anggènipun jumeneng raja pandhita hanggetar pangawikan menika namung maligi jumeneng dados paguron limrah, nanging menawi pun Werkodhara anggènipun madeg raja pandhita menika namung dipun hanggé kedhok dipun angge aling-aling, ingkang telenging sedya mboten sanès kajawi badhé angirup para kadang santana, angirup para pawong mitra, hangirup para saraya, angirup para janma, nata kekiyatan ingkang pawingkingipun sedaya kekiyatan menika badhé dipun pigunakaken kanggé hanuruti tujuaning brata Pandhawa, inggih punika

njongkèng kawibawan paduka kanjeng sinuwun, ngrebat praja Ngestina. Ingkang punika paduka kanjeng sinuwun kedah andarbèni pemanggih, menawi saking paturanipun ingkang paman ing kapatihan tuhu kathah bebayanipun katimbang pigunanipun jumenenging Bima Suci wonten ing Arga Kélasa punika.

Suluk Sléndro Pathet Nem Jugag:

Bremara rèh manguswa rumung ambrengengeng.

Kadi karunaning kaswasih.

Ooo.

Nèng marga malatkung.

Sang Ganda Wastratmaja.

Ooo.

Hanileng anguladi toya.

O0o.

Duryudana: Ya jagat déwa ngabathara ya jagat paramudita. Yèn dak rasa-rasa kaya ana beneré paturané paman Hariya Sangkuni. Ya yèn ana rahayuning laku, nanging kalamun ana duduning laku, satuhu mbebayani tumrap praja Ngestina jumenenging raja pandhita yayi Werkodhara.

Sengkuni: Sokur bagya sèwu déné paduka kanjeng sinuwun sakedhik migatosaken dhumateng paturanipun ingkang paman ing kapatihan.

Duryudana: Nanging miturut paturané bapa penembahan ing Sokapanca, gedhé pigunané katimbang pitunané, jumenenging raja pandhita yayi Werkodhara.

Sengkuni: Ingkang punika, kados wonten leresipun menawi ingkang bapa ing Sokapanca kakang penembahan Durna nyawang tindak pakartining Werkodhara kados makaten, awit hadeging pandhita menika satuhu bènèh kalayan hadeging satriya. Ingkang punika paduka kanjeng sinuwun, inggih menawi pun Werkodhara menika lestantun anggelaraken pangawikan ingkang dipun wejangaken déning kakang penembahan Durna, liripun pun Werkodhara mboten kesupèn dhateng sumberipun, nanging menawi pun Werkodhara ngantos mboten saget anjagi kamurnianing pangawikan ingkang dipun paringaken dhumateng kakang penembahan Sokapanca, ngantos anyalèwèngaken sedaya pitedah sarta sesulangipun menika ingkang badhé, andhatengaken bebaya sarta kapitunan ing paduka kanjeng sinuwun.

Duryudana: Paman hariya kapatihan iya. Bapa penembahan Sokapanca.

Durna: Kula nuwun wonten dhawuh ingkang pangandika kanjeng sinuwun.

Duryudana: Makaten menggah ingkang dados pamanggihipun paman hariya ing kapatihan, bilih jumenenging raja pandhita yayi Bima Suci menika, inggih wonten pigunanipun, nanging kathah bebayanipun tumrap kawibawaning nagari Ngestina.

Durna: O, lolé-lolé, kenthos waloh gémbol anjerbebeg monyor-monyor hawela-hawela, alas dadi wana, wana dadi alas, ho ho oh oh oh oh oh oh. Nuwun, menawi paduka kanjeng sinuwun, andarbèni kawigatosan dhumateng paturanipun ingkang paman, adhi patih Hariya Sengkuni ingkang menika paduka kanjeng sinuwun prayogi lajeng utusana kéwala hanyatakaken kados pundi, gelar nyatanipun sarta sambang rapetipun ing Arga Kélasa. Menawi pancèn miturut paniti priksa, Werkodhara menika badhé nata kekiyatan anggènipun badhé ngrebat praja Ngestina menika prayogi pumpung dèrèng kelajenglajeng dipun undurna kéwala sarta dipun bubarna kéwala. Nanging menawi miturut wohing panitipriksa menika Werkodhara satuhu jumeneng raja pandhita ingkang hageng pigunanipun tumrap bebrayan agung Ngestina, ha menika paduka kanjeng sinuwun wajib paring bebantu dhumateng ngrembakaning pawiyatan ingkang katarbuka déning pun Werkodhara punika.

Duryudana: Bapa penembahan Sokapanca enggih. Nuwun kaka dipati ing Ngawangga.

Karna: Nuwun wonten dhawuh ingkang pangandika.

Duryudana: Kados-kados kaka adipati ing Ngawangga ingkang wajib kula sangkuli pakaryan punika, awit saking punika dhuh kaka adipati, kula aturi majeng lenggah jengandika kaka adipati, wonten wigatos ingkang badhé kula aturaken.

Karna: Kawula nuwun, nuwun inggih dhateng sandika

Suluk Sléndro Pathet Nem Jugag:

Anjrah ingkang puspita rum.

Katiyuping samirana mrik.

Oooong.

Sekar gadhung.

Kongas gandanya, haaa.

Oooong.

Mawèh raras renaning driya.

Oooong.

Karna: Nuwun wonten dhawuh ingkang pangandika yayí prabu amijí dhumateng raka para ing Ngawangga, punapa ta wonten sardula ingkang ucul saking karangkeng, dwipangga ingkang medhot saking wantilan, sarta punapa wonten satru jaya ingkang anempuh mawi gelar gumuk angun-angun, yayi prabu amiji dhumateng raka para hing Ngawangga.

Duryudana: Beneh ingkang badhé kula aturaken wonten ing ngarsanipun kaka dipati ing Ngawangga kajawi amung paduka sampun midhanget punapa ingkang kula rumpaka ing peséwakan, anjawi hamung jumenenging raja pandhita ri paduka penenggaking Pendhawa pun Werkodhara apeparab Resi Bima Suci wonten ing Arga Kélasa.

Karna: Yayi prabu kawula nuwun inggih.

Duryudana: Ingkang punika wajib dipun titi pariksa kados pundi gelar nyatanipun ing Arga Kélasa. Inggih menawi pun Werkodhara anggènipun madeg raja pandhita menika namung maligi anggènipun hanggelar pangawikan, nanging menawi mengku gatos, wonten sasandining karsa, angírup para janma miwah para satriya, ingkang tundhonipun nata kekiyatan, bilih sampun purna anggènipun nata kekiyatan, kekiyatan punika déning Werkodhara badhé dipun pigunakaken anggebag negari Ngestina, hangrebat praja Ngestina. Ingkang punika wajib dipun prayitnani.

Karna: É ya jagat, jagat déwa ngabathara ya jagat pramudita. Nuwun kaluhuran dhawuh pangandikanipun yayi prabu, ingkang punika nuwun lajeng kados pundi kapareng paduka yayiprabu.

Duryudana: Ingkang punika dhuh kaka adipati, paduka kéwala sampun ajrih ing kangèlan, ing samangké kula sangkuli pakaryan punika, sinten ingkang kula tangis-tangisi hanjawi amung paduka kaka adipati. Énggal lumawata dhumateng ing Arga Kélasa, aniti priksa kawontenaning Arga Kélasa. Kados pundi Werkodhara anggènipun mendhita wonten ing riku, menapa namung salimrahing mandhita. Nanging menawi Werkodhara anggènipun mandhita wonten ing riku mengku karsa ingkang kula aturaken, badhé nata kekiyatan ngrebat negari Ngestina, paduka kaka adipati sampun ajrih ing kangèlan kula aturi purba miwah wasésa, mumpung dèrèng kalajeng, sumangga lajeng kabubarna kéwala, anggènipun angasrama wonten ing Arga Kélasa adhi kula pun Werkodhara. Kalampahaning pakaryan punika mangsa bodhowa kaka adipati.

Kelampahan saking paduka kaka adipati, mboten saking paduka k a k a adipat i.

A d a - a d a Mataraman Sléndro Pathet Nem:

Narpati Karna wus ayuna y u n a n munggwing rata manik. Kusir prabu Salya.

Tandhing lawan sang Arjuna.

Kusir prabu Kresna.

Perang prayoga pejah Karna pegat jangganya

M astaka gumlundhun g ing rata.

Karna: Sagah dèrèng kinantenan sélak mbok menawi saget, kapundhi timbalan paduka yayi prabu. Raka para ing samangké lajeng kalilakna madal pasowanan lèngsèr saking pasilan, sandyaning, sotaning manah raka para ing Ngawangga, menawi tetéla Werkodara badhé adamel dadakaning pakèwed pepucuking dahuru, yayi pabu ing Ngestina sampun was sumelanging penggalih, kula aturi éca sare krubut mengku kawibawan ing Ngestina, raka para ingkang badhé sandika remuk kasawurna tugel kabandhemna.

Duryudana: Mekaten andadosaken bingahing manah kula ingkang tanpa upami.

Karna: Saking menika raka para ing Ngawangga lajeng aminta pamit yayi, kalilana madal pasowanan lèngsèr saking pasilan.

Duryudana: Ambok inggih sampun kasesa rumiyin, ing samangké kaka adipati kula dhèrèkaken malbèng puraya nyarojani kembul bujana ri paduka yayi ratu Banuwati.

Karna: Winangsulan boja kramanipun yayi prabu kepanggiha wingking, manut raosing tyas raka para daya-daya saget énggal angéntasi karya.

Duryudana: Menawi mekaten sajengkar paduka kaka hadipati kula sesuwun dhumateng pangawasaning Sang Hyang Suksmana Kawekas, lulus raharja nir sangsaya jengkar paduka kaka hadipati lumawat ing Arga Kélasa tur lebda ing karya.

Karna: Yayi prabu kawula nuwun inggih. Bapa, bapa penembahan Sokapanca kalilana bapa, kula nyuwun pamit sarta nyuwun tambahing pengèstu.

Durna: O nuwun inggih nggèr, mboten langkung ingkang prayitna ngatos-ngatos. Pujapujinipun ingkang bapa ing Sokapanca kumutug kados kukusing gunung Merapi gumrojog kados tirtaning sumber Sidhudha, amimbuhana lulus raharjaning jengkar paduka anggèr adipati ing Ngawangga.

Karna: Bapa penembahan ing Sokapanca enggih. Yayi prabu manggiha suka rena ing sapawingking kula, raka para lajeng kalilan mangkat dinten samangké.

Duryudana: Mboten langkung ingkang prayitna ngatos-atos kaka adipati.

Duryudana: Jagat déwa ngabathara ya jagat pramudita. Bapa penembahan Sokapanca, semendhal raosing manah kula, ngawuningani jengkaring kaka dipati ing Ngawangga, ketébangketébang datanpa rowang. Sandyaning manah inggih menawi wonten rahayuning lampah, ngantos kasandhunging rata kabentusing tawang sinten baya ingkang tinenga-tenga.

Durna: O, sampun was sumelang ing pénggalih nggèr, kula aturi kèndel kumandela dhumateng raka paduka sinuwun ing Ngawangga, mbotenmbotenipun menawi badhé amindho karya. Ènget-ènget menawi raka paduka sinuwun ing Ngawangga menika satriya sekti sudibya tau taté amungkasi karya dhasar atmajaning déwa, putraning Sang Hyang Surya déwaning rahina, tur menika murid kula ingkang nomer setunggal. Pramila kados mboten perlu was sumelang ing galih paduka kanjeng sinuwun.

Duryudana: Bapa penembahan Sokapanca enggih. Senadyan makatena parandéné kirang sakéca raosing manah kula. Paman hariya kapatihan.

Sengkuni: Kawula nok non, nuwun wonten dhawuh ingkang pangandika sinuwun.

Duryudana: Manira mboya tega angawuningani jengkaring kaka hadipati. Ing samengko pakenira paman hariya kéwala aywa wedi kangèlan metua marang ing perséban njaba dèn aglis, dhedhawuh marang para kadang manira Kurawa sarta punggawa sawatara, andhèrèk jengkaring kaka adipati lumawat marang Harga Kélasa.

Sengkuni: Terang timbalaning nata ingkang paman lajeng kalilana ing samangké madal pasowanan lèngsèr saking pasilan, adhedhawuh dhumateng para kadang paduka Kurawa miwah para wadya, ingkang kapareng badhé kawula kanthi angombyongi jengkaring raka paduka sinuwun ing Ngawangga lumawat dhumateng ing Arga Kélasa, kawula nuwun.

Duryudana: Paman hariya kapatihan hiya, mangsa bodhoa anggonira andum karya, manira mboya memekas maneh ing samangko karsa angadhaton, bubarna kang padha séba paman.

Sengkuni: Kawula nok non nuwun, nuwun inggih

dhateng kapundhi.

Pocapan Kondur Kedhaton

Telas sabda pandhita ratu, sabdaning pendhita pengendikaning ratu, naléndra pandhita sarta satriya tan karsa angandika mawali-wali sepisan dadi, pindha wé kresna tumibèng patra tan arsa lumèbèk malih. Prastawa sabdaning sri naléndra gya ngedhaton ginarebeg para parekan cèthi ingkang sami anyandhak ampilané dhéwé- dhéwé. Lengkèh-lengkèh tindaking nata singa marlupa lèmbèhan merak kesimpir agajah ngoling sapecak kèndel satindak anolèh. Krandhungan tindaking nata, para parekan jajaran piyak ngarsa atangkep wuri.

MBUMBONI KURTILAS KANTHI 4C, KARAKTER, LAN LITERASI

Dening: Tukijo

Kedadosan-kedadosan durjana kanthi merjaya dwija kados ingkang dumados ing Sampang, Jawa Timur nedahaken bilih panci jagading pasinaon dereng kasil njejegaken budi pakarti luhur.

enika kita akeni minangka M auto kritik para dwija. Pranyata kagem njejegaken pasinaon ingkang ngewrat budi pakarti luhur menika boten gampil. Ateges mbetahaken panjurung saha panyengkuyung mitra kadang. Pamarentah lumantar kawicaksanan Peraturan Menteri Pendidikan dan Kebudayaan sampun ngandharaken babagan ewah-ewahan kurikulum. Cethanipun, kurikulum 2013 revisi kanthi bumbu ingkang pangangkah saged nambahi kurtilas langkung sae.

Kita sarujuk bilih ing kurikulum piwucalan samangke sampun dipun-ewahi kanthi dipuntambahi: 4C, inggih menika critical thinking, creativity, collaboration, lan communication; pendhidhikan karakter lumantar PPK, tuwin literasi. Tetiganipun mujudaken tri matra ingkang pangajab saged handayani sampurnaning kurikulum 2013.

Pangangkah siswa kedah nggadhahi watak ingkang sakalangkung luhur ing pakarti, mletik ing kawruhipun, saha anggadhahi kaprigelan ing jagading sarana digital. Boten cekap menika kemawon, nanging ugi lumantar PPK, kaajab karakter siswa saged jejeg. Taksih kirang menawi literasi dipunlirwakaken. Pramila, tetiganipun padatan saged dipunwastani perangan ingkang prayogi.

Nanging, sedaya kala wau gumantung cak-cakanipun pasinaonan ing madyaning pawiyatan. Kanyatan samenika, taksih kathah dwija ingkang anggenipun mucal adhedhasar feeling. Budaya copy paste taksih ngrembaka ing pawiyatan. Kajawi menika, ugi nedahaken bilih dwija

dereng sampurna anggenipun ngecakaken kompetensi dasar (KD), indikator, tuwin modhel pasinaon. Kita mangertosi bilih modhelmodhel pasinaon samenika kathah. Kados ta problem based learning, discovery learning, lan project based learning. Kajawi menika, cakcakanipun pasinaonan ugi gumantung taktik dwijanipun.

Tata gelaripun pasinaon ugi gumantung dwijanipun ing kelas satemah KD saged kaparingaken dhateng para siswa. Traptrapanipun ing kelas, dwija langkung pana. Pramila ing ewah-ewahan kurikulum menika, sajatosipun saestu gumantung dwijanipun anggenipun olah-olah materi. Kanthi milah saha milih media, materi, strategi, modhel, lan taktikipun.

Jumbuh kaliyan andharan kasebat, prayogi dwija lumantar musyawarah guru mata pelajaran (MGMP), kedah kersa gladhen sesarengan satemah saged pikantuk seserepan ewah-ewahan kurikulum. Tundhonipun, piwucalan ing kelas saged katindakaken kanthi samesthinipun. Menawi dwija-dwija sampun pana saha mangertosi uba rampenipun kurikulum, ateges kantun ngecakaken ing piwucalan.

Sepisanan, babagan 4C, kedah wonten ing rancangan pelaksanaan pembelajaran (RPP). Umpaminipun ing Basa Jawi, sanadyan minangka muatan lokal (mulok) ingkang dereng temtu saged jejeg piyambak, kedah wonten gladhen ugi, Ing RPP, dwija kedah ngracik piyambak RPP-nipun, kanthi bumbu critical thinking (mikir cerdhas).

Sepisan kita cobi kompetensi dasar (KD) kelas VIII semester ganep, KD 3.3 memahami teks legenda asal -usul suatu tempat. Sepisan dwija

kedah nemtokaken modhel ingkang badhe dipun-ginakaken. Umpaminipun modhel discovery based learning (DBL). Sepisanan dwija nyerat kolom-kolom rancangan pasinaon ing RPP. Ing perangan wiwitan (pendahuluan), dwija lan siswa ngrembag materi ingkang badhe dipun-ayahi. Kanthi menika ateges perangan communication (komunikasi) saking 4C kasebat sampun wonten. Kalajengaken ugi, siswa pirembagan babagan isinipun teks legenda kanthi klompok. Ing menika, siswa ateges sampun nindakaken perangan collaboration (kerjasama). Dene perangan karakter, umpaminipun siswa kanthi mandhiri ngandharaken asilipun dhiskusi isinipun legendha. Kanthi menika karakter mandhiri sampun lumebet.

Kajawi menika, ing piwucalan basa Jawi saged ugi ngginakaken soal-soal high order thingking skill (HOTS). Kanthi lelandhesan takonomi Anderson, HOTS saged karacik nengenaken jinisipun soal C4, C5, tuwin C6. Jinisipun C6 menika nedahaken kaprigelan nalar, lan ugi kreasi. Pangangkah, kanthi jinisipun soal HOTS kasebat, siswa saged tuwuh lan handayani pakulinan kritis. Kepara saged ugi nuwuhaken bab ingkang enggal (produk).

HOTS ing mulok basa Jawi saged karacik kanthi lelandhesan dwijanipun. Ateges dwija basa Jawi kedah gumregah anggenipun nggulawenthah siswa. Awit, ing jagading piwucalan boten badhe kasil menawi dwija boten langkung prigel damel modhel-modhel. Boten namung menika, dwija ugi kedah saged ngecakaken 4C, literasi, lan karakter. Tundhonipun, dwija saged mbiji menapa kemawon ingkang sampun kaandharaken ing indikator kasebat.

Salajengipun dwija ugi kedah prigel ngracik kisi-kisi soal lan pitakenan ingkang saestu HOTS. Ingkang baken ing babagan soal HOTS inggih menika wontenipun stimulus lan rangsangan. Sanalika dwija kedah maringi stimulus ing racikan pitakenanipun. Kanthi ancas, sasampunipun siswa mangsuli lan nyetitekaken pitakenan kasebat, tuwuh pitakenan lan nuwuhaken maneka pamanggih. Umpaminipun, ing KD nyerat wacan narasi, dwija saged ngracik wujudipun ukara kangge stimulus siswa. Contonipun kados kasebat ing ngandhap menika: "Tradhisi dhudgeran ing Kitha Semarang minangka satunggaling kabudayan ingkang sampun katindakaken wiwit jaman kina. Tradhisi kasebat minangka wujud jumbuhipun Islam kaliyan budaya Jawi. Saben-saben wiwit sasi Pasa, tradhisi kasebat diadani ing Kitha Semarang."

Nitik pethikan wacan kasebut, tulisen panemumu marang wujud budaya kasebut mawa basa Jawa ragam krama!

Kanthi maneka stimulus ingkang karacik dening dwija, paling boten siswa thukul maneka pamanggih. Pramila, kanthi wujudipun soal HOTS saged ugi nuwuhaken maneka pamanggih ingkang asipat multilevel lan multiintelegence. Bab menika jumbuh sanget kaliyan Anderson ingkang mratelakaken bilih soal ingkang kawastanan HOTS menika, soal ingkang trep kaliyan level 4, 5, lan 6 ing Taksonomi Bloom.

kaajab saged ngasilaken produk. Wujud produk maneka werni gumantung ancasipun piwucalan ing KD kasebat. Pramila dwija basa Jawa ugi kedah mangertosi traptrapanipun saben level kasebat.

Anderson mijil minangka panyampurnanipun Taksonomi Bloom. Ing tataran L6, siswa sampun

Kajawi ing babagan soal HOTS, dwija basa Jawa ugi kedah mangertosi lan kersa ngracik materi kanthi muatan karakter. Kados sampun kawuningan bilih karakter samenika dados bab ingkang wigatos sanget jalaran kawontenan para mudha ingkang kados-kados sampun ical karakteripun. Menapa malih, ing kawruh basa lan susastra Jawa temtu kathah sanget ngewrat maneka pakarti luhur. Sinten malih ingkang badhe muruk babagan kasebat? Kajawi kita, para dwija, ingkang taksih kersa muruk siswa kanthi pakarti luhur. Pakarti luhur utawi karakter ing basa Jawa kathah sanget sumberipun.

Sumber kawruh pakarti luhur ing Basa Jawi saged saking susastra novel, cerkak, tembang saking serat-serat, kidung, singir, lan sanesipun. Kados ta ingkang kapundhut ing kurtilas mulok tembang saking Wedhatama lan Wulangreh. Kekalihipun mujudaken sumber piwucal maneka pakarti luhur. Pramila dwija saged ndhudhah pakarti luhur saking tembang kasebat. Ancasipun saged dipunginakaken siswa. Dados, nalika mucal babagan macapat, dwija boten namung mucal caranipun nyekar macapat. Langkung prayogi dwija saged nintingi gatra lan tetembunganipun ing cakepan tembang kasebat.

Dwija ugi kedah saged njumbuhaken isinipun tembang kaliyan kawontenan jaman samangke. Tundhonipun siswa saged mangertosi menapa kemawon

pakarti luhur Jawa. Sedayanipun saged dados patuladhan ing pagesangan. Sepisan malih, pakarti utawi karakter ing kurtilas kedah dipuntanemaken kanthi saestu. Boten namung lamis lambe.

Salajengipun greget literasi Jawa kedah dipuntindakaken. Samenika greget literasi Jawa sansaya mandhap. Salah setunggalipun sabab, kirangipun sumber waosan abasa Jawa. Langkung kathah bahan waosan abasa Inggris lan basa Indonesia. Pramila, kedah wonten bahan waosan abasa Jawa ingkang jumbuh kaliyan umuripun siswa. Kajawi menika, dwija ugi kedah saestu anggenipun nindakaken literasi. Sampun ngantos jarkoni "bisa ngajar ora bisa nglakoni". Menawi dwija gumregah literasi, temtu siswa bakal mekaten ugi.

Pramila mbetahaken sayuk karya sedayanipun. Sepisan Dinas Pendidikan dan Kebudayaan kedah kersa ngrengkuh Basa Jawa minangka mulok wajib kanthi ngracik paugeran ingkang trep kaliyan kawontenan ing pawiyatan. Kaping kalih, dwija kedah prigel anggenipun ngracik materi lan ngecakaken ing samadyaning pawiyatan. Kaping tiga, masarakat ugi kedah cancut tali wanda amrih mulok Basa Jawa saged jejeg ing bebrayan ageng. Sumangga!

Tukijo, S.Pd.

Dwija Basa Jawa SMP 17 Semarang, Jawa Tengah

Pangarsa MGMP basa Jawa Kota Semarang

NGENTENI JUMEDHULE SATRIYA PININGIT Dening : Irul S. Budianto

Saben-saben arep ngadhepi Pemilihan Presiden (Pilpres) biyasane bebrayan Jawa (utawa malah ing konteks Indonesia) bakal nyungulake ukara sing magepokan karo jumedhule sawijining tokoh.

ng antarane kanthi sebutan satriya piningit, satriya pinilih lan sapanunggalane. Jumedhule tokoh mau biyasane uga ngarah marang bab-bab 'kemisteriusan' sawijining tokoh sing bakal nyekel panguwasa.

Ngenani satriya piningit, pujangga Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat, R. Ng. Ranggawarsita lumantar karya sastrane mbabar lan merang dadi pitung werna utawa karakter sing beda-beda. Yaiku satriya kinunjara murwa kuncara, satriya mukti wibawa kesandhung kesampar, satriya jinumput sumela atur, satriya lelana tapa ngrame, satriya piningit hamong tuwuh, satriya boyong pambukaning gapura, lan

satriya pinandhita sinisihan wahyu.

Satriya piningit ora liya paraga sing bakal ngereh utawa mimpin tlatah saambane tilas Praja Majapahit sing ing konteks saiki diarani nusantara. Nanging anehe, saka pitung karakter satriya piningit sing ana mau nyatane asring ditegesi padha (seragam) dening sebagean gedhe masarakat. Yaiku disandhingake marang Presiden RI saka sing sepisanan nganti presidenpresiden sabanjure.

Kaya sing wis lumrah lumaku lan dipercaya ing satengahe panguripane bebrayan Jawa, satriya piningit kanthi karakter "satria kinunjara" murwa kuncara disandhingake marang Soekarno. Anggepan mau awit Soekarno

minangka tokoh sing kulina karo pakunjaran nalika nggayuh kamardikan lan kuncaraning bangsa lan negara. Sabanjure karakter "satria mukti wibawa" kesandhung kesampar banjur disandhingake marang Soeharto. Lire, Soeharto minangka tokoh sing mukti wibawa nanging uga ngalami kahanan sing ora nyenengake lan tansah disalahake (kesandhung kesampar). Semono uga karakter satriya piningit liyane disandhingake marang presiden-presiden sabanjure.

Anggepan kaya ngono pancene kena-kena wae, ora bisa disalahake. Malah sing rada nggumunake maneh, saka pitung kriteria satriya piningit sing dibabar dening Ranggawarsita mau ana sing nyebutake wis ana enem kriteria satriya piningit sing bisa disandhingake marang panguwasa utawa Presiden RI. Dene karakter satriya piningit "satriya pinandhita sinisihan wahyu", miturut anggepane bebrayan Jawa nganti saiki durung ana sing nyandhing.

Satriya pinandhita sinisihan wahyu bisa dijarwakake minangka pemimpin sing duwe karakter religius kang ngedab-edabi utawa duwe kekuwatan spiritual sing cukup dhuwur nganti bisa digambarake kaya brahmana (pinandhita), mung wae ora kasinungan wahyu. Awit tembung sinisihan wahyu ateges disingkiri wahyu lan iki beda karo tembung sinihan wahyu sing ateges kasinungan wahyu.

Pemimpin sing digambarake minangka satriya pinandhita sinisihan wahyu saora-orane bisa dideleng saka tetembungan sing kaya-kaya bisa nentremake wong akeh kaya dene sawijining brahmana utawa ulama sing lagi medhar fatwa. Nanging ing suwalike kuwi sejatine ora duwe kharisma utawa aura kepemimpinan, amarga ora duwe legitimasi sacara spiritual utawa wong Jawa ngarani ora kanggonan wahyu.

Ora Siklusistik

Ramalan ngenani satriya piningit saka pujangga Ranggawarsita wiwit saka satriya kinunjara murwa kuncara nganti satriya pinandhita sinisihan wahyu, manut panemuku sejatine ora lumaku linier utawa kanthi urut. Ora asipat siklusistik sing bisa disandhingake marang Presiden RI kapisan nganti saiki kanthi urut, nanging bisa diwolak-walik jumbuh karo karaktere pemimpin.

Jumedhule ramalan mau sejatine mung saderma kanggo mangerteni karakter sing ana ing dhirine pemimpin. Tegese, jroning ngemban amanat rakyat mau eksistensine bisa digolongake marang karakter sing endi saka pitung karakter sing wis diramalake dening pujangga Ranggawarsita. Mula saka kuwi, yen wis mangerteni karakter sawijining pemimpin, mesthine rakyat banjur bisa nemtokake sikap.

Ewa semono, kanggo mangerteni karakter sawijining pemimpin gegayutane karo ramalane pujangga Ranggawarsita, sejatine ora bisa uwal saka 'sudut pandang' masarakate dhewe. Umpamane swargi Gus Dur sing sasuwene iki digambarake nyandhing karakter "satriya lelana tapa ngrame", bisa-bisa malah trep karo karakter "satriya boyong pambukaning gapura". Alesane, diakoni utawa ora, Gus Dur minangka tokoh sing diboyong dening kaum reformis lan wekasane bisa mbukak kran demokrasi utawa kebebasan-kebebasan ing negara iki. Jlentrehe, kriteria satriya piningit saka pujangga Ranggawarsita mau mung dhapur kanggo mangerteni karakter sawijining pemimpin. Mesthi wae bab mau gumantung saka panyawang lan pambijine saben pawongan.

Uwal saka karakter satriya piningit sing nate dicungulake dening pujangga Ranggawarsita, fenomena jumedhule satriya piningit sing terus nyartani urip lan panguripane bebrayan Jawa, luwihluwih ngadhepi proses gumantine pemimpin sekirane bisa dianggep minangka sawijining bab sing

lumrah. Masarakat sing bali duwe pengarep-arep utawa malah ngenteni jumedhule satriya piningit mbokmenawa wae bisa diarani minangka wangsulan ngenani kahanane bangsa lan negara sing kaya-kaya durung jumbuh karo kekarepane bebrayan akeh.

Masarakat sing ngenteni jumedhule satriya piningit sejatine minangka wujud pengarep-arep marang jumedhule pemimpin sing bisa gawe owah-owahan tumuju kuncaraning bangsa lan negara. Jumedhule satriya piningit dianggep minangka juru selamat lan sajinise. Uwal pemimpin mau saka suku, golongan utawa partai-partai sing njagokake.

Apa bener calon pemimpin sing kapilih mengko bisa diarani satriya piningit? Bisa menehi pencerahan lan gawe gebrakan utawa owahowahan tumuju kamakmuran lan katentremane bebrayan agung? Muga-muga wae jumbuh karo kekarepane rakyat, dene yen nganti o r a jumbuh k a r o kekarepa ne rakyat mesthi wae jumedhule satriya piningit bakal terus gumawang. Embuh nganti kapan.

SINAU SAKA SUSUHUNAN PAKU BUWANA IV

inangka negara kang mayoritase ngrasuk agama lslam, mula ora nggumunake yen nyebabake akeh masyarakat pengin nduweni pemimpin kang bisa njejegake syariat agama kasebut. Pangajab sing kaya mangkene ana kalane dimunpangatake oknumoknum tartamtu kanggo ngrebut simpatine masyarakat kalane mapag wancine pemilu kanggo milih presiden, gubernur, walikota, lan bupati.

Nganti dinane iki akeh masyarakat sing nduweni penganggep pemimpin kang bisa njejegake syariat Islam ngono mung pemimpin saka bangsa manca mligine pemimpin saka negara Timur Tengah. Kamangka yen nitik saka cathetan sejarah kang ana, nuswantara iki nate nglairake pemimpin kang kukuh anggone njejegake syariat Islam.

Pemimpin kang uga perintis syariat Islam ing nuswantara iki mau yaiku Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana IV. Raja kapapat kang jumeneng nata ing Kasunanan Surakarta iki nduweni asma timur Raden Mas Gusti Subadaya. Panjenengane wiwit jumeneng nata ing Kasunanan Surakarta rikala taun 1788 nganti 1820 M.

Ing mangsa kawitan jumeneng nata ing Kasunanan Surakarta iki Paku Buwana IV diadhepake klawan kahanan kang kurang nyenengake. Perjanjian Giyanti kang ditapakasmani ramane lan kaputusan penyerahan kedaulatan nyebabake Kasunanan Surakarta banjur kelangan kawibawan lan penurunan legitimasi.

Kahanan sing kaya mangkene

nyebabake Paku Buwana kang wektu iku isih timur banget nyoba mbalekake sunar kawibawane Kasunanan Surakarta. Cara sing ditindakake yaiku kaputusan kang diwetokake kaya-kaya nyoba nguwalake Kasunanan Surakarta saka cengkremane VOC. Tuladhane ing taun 1789 Paku Buwana IV ngangkat kelompok anyar kang luwih pinercaya kanggo ngisi posisiposisi penting ing Kasunanan Surakarta. Pawongan sing diangkat dening Paku Buwana IV iki nganut ideide keagamaan tartamtu. Emane, ora kabeh pihak rumangsa seneng marang tumindake Paku Buwana IV iki.

Sauntara kelompok sing ora sarujuk marang kaputusan sing ditindakake dening Paku Buwana IV iki mau yaiku kelompok-kelompok keagamaan liya kang wis luwih dhisik mapan ing Kasunanan Surakarta. Ricklefs, salah sijining peneliti saka Australia kang ngutip Serat Wicara Keras anggitane Mas Ngabehi Sastrawikrama kang ora liya Yasadipura III, ngandhakake yen anane sikap ora sarujuk kang dituduhake dening kelompok kang luwih dhisik mapan iki mau amarga kelompok anyar sing diangkat mau mujudake sempalan saka tarekat Shatariyya kang dianggep aliran sesat ing jaman kuwi.

Kaputusan ngganti pejabatpejabat lawas kanthi pejabat anyar kang diiseni dening pawongan kang dianggep luwih kena dipercaya iki uga nyebabake dumadine prastawa Pakepung ing sasi november 1790. Ing prastawa kuwi Pasukan VOC, pasukan saka Kasultanan Yogyakarta, lan pasukan saka Kadipaten Mangkunegaran bebarengan ngepung

Kasunanan Surakarta. Kinepunge Kasunanan Surakarta kanthi ewonan prajurit iki mau ora uwal saka anane isu kang ngandhakake yen Paku Buwana IV bakal merangi VOC, antekanteke, lan sekabehane wong-wong ras Eropa kang manggon ing tanah Jawa.

Kahanan sing kaya mangkene kasil nyebabake Raja Solo kang uga peparab Sunan Bagus rumangsa ketirketir. Nanging ing kahanan iki Paku Buwana IV tansah pikantuk semangat lan panyengkuyung saka pejabat sing dadi kapitayane. Kuwi kuwawa ndayani Paku Buwana IV tetep kukuh ing sikap lan kaputusane.

Ngenani semangat kaya ngapa sing diwenehake dening wong kapitayane yaiku para pejabat sing diangkat iku mau ngandhakake yen mrosote sunar kawibawane lan legitimasi Kasunanan Surakarta amarga dumadine Perjanjian Giyanti lan Perjanjian Salatiga kang nyebabake wilayahe kapecah dadi Kasultanan Yogyakarta lan Kadipaten Mangkunegaran bisa dipulihake. Kasunanan Surakarta kang luwih senior saka praja liyane kang uga klebu penerus dinasti Mataram dianggep luwih bisa dadi praja kang luwih utama.

Penyemangat sing kaya mangkene kasil nyebabake atine Paku Buwana IV seneng lan tansaya gedhe pepinginane kanggo nguwalake cengkeremane VOC saka negarane. Emane kahanan sing kaya mangkene nyebabake sauntara pangeran lan pejabat-pejabat sepuh rumangsa ora seneng jalaran wedi kelangan status quo ing Kraton Kasunanan Surakarta.

Amarga kahanan kutha Solo kang wektu iku ngalami prastawa pakepung ora tansaya sidhem lan kepara malah mutawatiri nyebabake Paku Buwana IV nyarujuki panjaluke VOC kanggo masrahake penasehate kang uga guru agamane. Saka dumadine prastawa Pakepung iki bisa dijingglengi yen ing babagan kadonyan kaya ta kalungguhan lan raja brana kasil nyebabake wong nindakake apa wae supaya bisa mikolehake apa kang dipenginake.

Ing perangan liya dumadine prastawa Pakepung iki uga nyebabake pepese pamikiran anyar kang ana sambung rapete kalawan kawruh Islam kang diwenehake penasehat lan guru agamane. Ing Babad Pakepung ditulisake yen ana ulama cacah lima kang akeh menehi daya pangaribawa menyang Paku Buwana IV satemah sikape dadi anti marang VOC. Kalima guru lan penasehate paku Buwana IV iku mau yaiku Kyai Wiradigda, Panengah, Bahman, Kandhuruhan, lan Nur Saleh. Pangaribawa kang diwenehake dening pawongan cacah lima iki mau klebu gedhe. Jalaran, wiwit saka diangkat dadi abdi dalem ulama iki, akeh kaputusan politik kang dijupuk dening Paku Buwana IV linandhes pangajab lan wewarah kang diwenehake dening ulama cacah lima iki mau.

Pangaribawa kang diwenehake para ulama iku mau nyebabake Paku Buwana IV kanthi teges menehi paukuman arupa nglorot utawa mecat abdi dalem kang ora trep anggone nindakake syariat Islam. Panggedhe keraton sing ngalami panglorotan lan pemecatan iki mau yaiku Tumenggung Pringgalaya lan Tumenggung Mangkuyuda. Paku Buwana IV uga ngawetokake kawicaksanan kang nglarang mabuk-mabukan alkohol, madat, lan ngisep candu kaya kang ana ing piwulang agama Islam.

Ketegasan kang diduweni dening Paku Buwana IV iki pancen

apik. Nanging ing perangan liya kawicaksanan kang kaya mangkene nyebabake akeh pihak kang ora seneng. Ing antarane kang ora seneng iku mau yaiku VOC. Rasa ora seneng iki mau tuwuh jalaran wedi yen amarga anane pengaruh saka ulama-ulama íku ing wektu mengarep bakal nyebabake Paku Buwana IV bener-bener merangi VOC supaya bisa madeg dadi negara kang dhaulat.

Owah-owahan kutha Solo sing wektu dipimpin dening Paku Buwana IV iki luwih jinaga lan becik amarga nengenake syariat Islam kanthi trep. Sepisan maneh kahanan sing kaya mangkene uga kasil nyebabake Gubernur lan Direktur Java's Noorden Ooskust kang kantor pusate ana ing Semarang, yaiku Jan Greeve, kang wiwit saka tanggal 16 September nganti 6 Oktober 1790 manggon ing Solo, ora seneng.

Tuwuhe rasa ora seneng ing atine pimpinan VOC iki diwujudake kanthi kawetune tuntutan lan pangancame VOC kang ditujokake menyang Paku Buwana IV. Isine tuntunane VOC iku mau yaiku pangajab supaya Paku Buwana IV masrahake ulama-ulama penasehate mau kanggo dipidana buwang. Beda kalawan kang tinulis ing Babad Pakepung, sajrone Babad Panambang disebutake yen ulama kang dadi target buwang VOC iku mau cacah enem yaiku Raden Santri, Pangeran Panengah, Raden Wiradigda, Raden Kandhuruan, Kyai Bahman, lan Kyai Nursaleh.

Dene, isine pangancam yaiku yen nganti Paku Buwana IV ora masrahake ulama cacah enem iku mau VOC ngancam bakal terus ngepung Kraton Kasunanan Surakarta. Kraton iku bakal terus kinepung dening VOC kang dibiyantu dening prajurit saka Kasultanan Yogyakarta lan Kadipaten Mangkunegaran. Kahanan sing kaya mangkene uga isih ditambahi anane

tekanan saka pihak njero kang ngajab amrih Paku Buwana IV supaya luwih nengenake njaga lestarine Kraton.

Sawise mikir kanthi wening lan ngetung untung lan rugine. Wekasane Paku Buwana IV luluh lan gelem nyembadani panjaluke VOC. Mriyemmriyem lan maneka gegaman liyane kang sejatine wis cumepak kanggo nggelar perang wurung digunakake. Paku Buwana IV ing 26 November 1790 masrahake penasehate menyang loji walanda. Lan sawise sinerahake menyang pihak walanda, penasehat kang nduweni agama kang kuwat iku mau sabanjure digawa menyang Semarang lan Betawi. Sawise dumadine iki pangepungan Kraton Kasunanan Surakarta dipungkasi.

Masia penasehate wis dipasrahake menyang pihak VOC ora ateges Paku Buwana IV ngowahi utawa ngralat kaputusan kang wis dicakake. Sajroning nata Kasunanan Surakarta, Sunan (gelar kanggo raja ing Surakarta) kang nduweni gelar Sunan Bagus iku tetep njejegake syariat Islam sajroning nata nagara.

Saliyane pemimpin, Paku Buwana IV uga mujudake pujangga gedhe ing tanah Jawa. Kahanan iki dilandhesi akehe karya-karyane kang ngemot pitutur luhur sarta ngelmungelmu utama sajroning panguripan. Karya-karyane kang arupa serat-serat kaya ta Serat Wulangreh, Wulang Dalem, lan Wulang Brata Sunu ngemot pemikiran-pemikiran kang linandhes kukum-kukum agama Islam. Paku Buwana IV pancen salah sijine raja kang seneng meguru menyang para alim kanggo sinau ilmu agama. Ndulu kahanan sing kaya mangkene ora nggumunake yen sabanjure Paku Buwana IV sajroning mrentah akeh nglibatake para ulama.

Salah siji karyane kang ngemot pitutur luhur mau yaiku Serat Wulangreh. Ing serat iku dijlentrehake wigatine milah lan milih guru.

Supatane Begawan Sukrd

10-11

DENÍNG BANUARLIAMBARDI

DHUH WANTA KANG SULISTYA ING WARNA... EMAN SIRA IKU ATMAJANING RESI.

SANAJAN TRESNA, INGSUN ORA WANI NGGARWA,MARANG SIRA.

KENGING PUNAPA SINUWUN?

DURUNG MESTHI SUDARMAIRA MARENG- AKE YEN DEWAYANI SUN PUNDHUT SARWA.

MENAWI KERSA PADUKA MAKATEN.MUGI SAMPUN TIDHA-TIDHA ING PENGGALIH.

SINUWUN KULA ATURI NGANDIKA DA- TENG TIYANG SEPUH KAWULA.

PRABU YAYATI NGADHEP MARANG BEGAWAN SUKRA, NGENDIKAKAKE SING DADI SEDYANE

PANGLAMARE DI TAMPA.

SINUWUN...KULA GADHAH PIWELING.KAANGGEPA PINANG- KA WEWALER KULA DHA- TENG JENGANDIKA!

MILIK PERPUSTAKAAN BALAI BAHASA JAWA TENGAH

Mungguhe Paku Buwana IV guru kang trep kanggo dicecep ngelmune yaiku guru kang nduweni kawigaten gedhe tumrap dhasar-dhasar kukum Islam. Masia kaya mangkono Paku Buwana IV ora kelangan Jawane. Panjenengane bisa misahake urusan agama kalawan urusan adat, tradhisi, lan budaya.

Saka sejarahe Paku Buwana IV iki njejegake syariat Islam sajroning mrentah ing sawijining instansi, dhaerah, utawa negara ora ateges pleg ngecakake apa sing ana ing negara-negara Arab menyang

negarane dhewe. Ananging, sing jenenge ngecakake syariat Islam iku nggunakake kukum Islam kanthi trep ing sakabehane kaputusan kang dijupuk dening pemimpin.

Lan ing perangan liya pangecakane syariat Islam iki mau aja nganti ninggal budaya, awit budaya ngono lair saka anane pambedane kahanan alam. Bedane kahanan alam antarane Indonesia lan negara ing Timur Tengah kasil ndayani bedane budaya. Jinagane budaya iki dhewe uga wigati. Awit ilange budaya uga

bisa njalari ilange jati dhirine bangsa. Becike supaya syariat Islam tetep mlaku lan budaya ora ilang, napasnapas Islam dilebokake sajroning budaya kaya kang nate ditindakake dening Sunan Kalijaga. Muga-muga wae ing kalane akeh wong kepengin njejegake syariat Islam kang sok didadekake janji sajroning kampanye pemilu, embuh iku ing wanci pemilu, dudu mung tembung memanis duweke wong lamis sing pengin ngrengkuh panguwasa lan kalungguhan.

Resensi Buku

NGGUGAT PEJABAT PANGREH PRAJA

Irah-irahan : Kirti Njunjung Drajat Pengarang : R. Tg. Jasawidagda Penerbit : Kiblat Buku Utama Kutha terbit : Bandung Taun terbit :2012 Cithakan : II Cacahing kaca :106 Ukuran : 15 cm x 25 cm

Aja kok lebokake layang kabar lo, Le!" kandhane mantri onderdhistrik kuwi kapacak ing kaca 47. Omongan mau salah sijine kang ndadekake Darba ora sreg marang priyayi utawa pejabat pangreh praja. Ora mung prekara kuwi kang njalari Darba ora seneng marang kalungguhan priyayi. Dheweke kerep mrangguli tumindake pejabat kang degsiya marang wong-wong cilik. Sadurunge uga ana priyayi kang ngagulagulake kalungguhane banjur ngamuk ing acara tayuban. Kuwi uga dadi salah sawijine

cathetan kanggo Darba anggone arep ninggalake donyaning priyayi. Kamangka ing jaman samana priyayi kuwi sawijining kalungguhan kang banget dipengini dening wong akeh.

Apa kang ditulis dening Jasawidagda iki bisa disebut ide kang ngedab-edabi ing jaman samana. Nalika akeh wong kang kepengin dadi priyayi, Jasawidagda wis duwe panemu liya. Miturut panjenengane, ora kabeh tata cara dadi priyayi kuwi apik. Kamangka Jasawidagda dhewe uga saka kalangan priyayi. Ing buku iki Jasawidagda nuduhake manawa akeh pakaryan kang sajatine becik. Dadi, wong ora kudu mburu dadi priyayi.

Kirti Njunjung Drajat nyritakake paraga kang jenenge Darba. Dheweke nonoman kang magang dadi priyayi. Wong tuwane ngarep-arep Darba kaangkat dadi priyayi kang muwuhi kulawargane dadi kajen keringan. Nanging, sajroning magang, tuwuh prekara-prekara kang njalari dheweke ora sreg karo priyayi. Ing antarane akeh priyayi kang galak marang bangsane dhewe kang drajate luwih asor nanging yen ngadhepi bangsa Walanda banjur mengkeret. Durung maneh bayare priyayi kuwi kalah karo Walanda amarga ilmune kalah dhuwur. Kuwi mau mbukak pikirane Darba manawa wong kang duwe ilmu dhuwur gampang wae bisa kajen keringan sanadyan dudu priyayi. Mula, Darba banjur ninggal anggone duwe kekarepan dadi priyayi. Dheweke milih ngundhakake ilmune kang selaras karo majuning jaman. Sabanjure Darba kasil duwe pakaryan kang ngundhakake drajate.

Buku Kirti Njunjung Drajat dibabar ing taun 1924, nalika kalungguhan priyayi isih diagul-agulake. Buku iki dicithak maneh ing taun 2012 dening penerbit Kiblat Buku Utama saka Bandung. Saliyane crita masalah priyayi, ing buku iki uga ngemot kedadean-kedadean ing wektu semana, kaya ta madege Boedi Oetomo lan layang kabar-layang kabar kang terbit lan pawarta kang kamot ing njerone. Dadi, kanthi maca buku iki, para maos bisa mangerteni kahanan masarakat ing wektu kuwi.

Kaya lumrahe buku-buku Jawa kang dibabar ing jaman sadurunge kamardikan, crita ing buku iki dijlentrehake nganggo basa krama. Basa ngoko mung kala-kala dianggo ana ing pacelathon, yaiku marang wong kang kalungguhane padha utawa ana ing sangisore. Iki bisa dianggep minangka keluwihan utawa bisa uga kekurangan saka buku mau. Kanggone wong kang lancar basane krama, buku iki kaya dene bisa kanggo tamba kangen marang basa kang wis arang tinemu ing kasusastran. Akeh tembung-tembung kang mbokmenawa wis dilalekake, saiki dielingake maneh. Nanging, kanggo bocah-bocah saiki kang racake ora kulina nganggo basa krama, kuwi mau bisa dadi kekurangan. Bocah-bocah dadi angel mangerteni apa kang dikarepake ing crita kuwi. Apa maneh, ana tembungtembung kang saiki wis arang utawa kepara ora digunakake, kaya ta tembung darapon, jaruh, apae, lan mataya. Sanadyan mangkono, mbokmenawa buku iki malah bisa dadi sarana kanggo sinau basa krama. (Kustri Sumiyardana).

PIWELING KULA.. SAMPUN NGANTOS JE- NGANDIKA KASMARAN LAN NGGARWA DHATENG SARMISTHA,ATMAJANI- PUN PRABU WRESAPARWA.

SUPADOS MBOTEN DAMEL KIRANG REMENIPUN DEWAYANI INGKANG WEKASANIPUN SAGET MAHANAHI MBOTEN TENTREM- IPUN KELUWARGA JENGAN- DIKA!

PIWELING SANG MAHARSI BADHE KU- LA ESTOKAKEN.

RINGKESE CERITA, DEWI DEWAYANI BANTUR KADHAUPAKE KARO PRABU YAYATI DENING SANS RESI-MITURUT PRANATAN KAN6 KASEBLIT ING KITAB SUCI NE

81.837

SABANJURE DEWAYANI KABOYONG ING PURWARUNGU, PRAJANE PRABU YAYATI, DIDHEREKAKE DEWI SARMISTHA LAN PARA ABDI KINASIH

Pesenan iki diaturke dening : BALAI BAHASA JAWA TENGAH

Jaranan

Jaranan jaranan Jarane jaran teji Sing numpak ndara Bei Sing ngiring para mantri Jreg jreg nong jreg jreg gung Jreg jreg gedebug krincing Gedebug jedher Gedebug krincing Gedebug jedher Jreg jreg gedebug jedher

Aja Nganti