Swaratama
Mbangun Kuncaraning Basa, Sastra, lan Budaya Jawa
NGUDARASA TATAKRAMA Kang Tinarbuka CERKAK MENDHUNG ANGENDANU ING LANGIT BANG KANGKUNG KAWRUH SASTRA Sinau Ngripta CERKAK DITERBITKE DENING BALAI BAHASA JAWA TENGAH
KOMIK Supatane Begawan Sukra 8-9
Sing sapa wedi ing luput wani ing bener, iku kalebu manungsa linuwih.
ENER lan luput, dadi wewengkoning laku tumrap pakarti ing jagad gumelar iki. Kekarone nedya sesandhingan wiwit ing B mula, saiki, lan tumeka samengko pungkasing jagad. Bener sarta luput yekti dadi pilihan saben titah. Kabeh bisa milih kanggo sing bener utawa sing luput.
Ewa semana minangka sawijine pilihan, kekarone dudu perkara kang padha, jalaran bener iku perangan kang utama dene luput iku perangan kang asor. Minangka perangan sing beda, kekarone prasasat lenga karo banyu, mokal bisa nyawiji. Jejering manungsa, sabisa-bisa nyingkiri ing luput sarta ngudi ing bebener.
Bareng klawan lakuning jaman, manungsa ing wektu saiki selot kalimput ing pamawase. Dadi selot ringkih kanggo mbedakake ing bener sarta luput. Nanging yekti tetep ana kang linuwih, yaiku manungsa kang tansah ngasah ing kekuwatan dhiri. Wujude yaiku, kudu tetep wedi ing pakarti luput sarta wani kanggo nindakake ing bebener. Manungsa kang mangkene iki kang kinaran manungsa linuwih. Manungsa kang tetep rosa sarta kendel ngugemi ajining manungsa sejati. Ing bener minangka dadi pilihan uripe. (yan)
Pesenan iki diaturke dening :
BALAI BAHASA JAWA TENGAH
Blencong PP yen sira kepengin urip mulya ora ana liya carane kajaba sira kandha "aku mulya". Foto Google
Banjur AnaNgendi DunungingRannulyan
Dening : YAN TOHARI
Banjur ana ngendi dununging kamulyan? Pitakon iku akeh dadi swara panggresah ing sakehing bebrayan. Pitakon kang selot nandhesake lamun mulya iku adoh papane, rumpil sarta lunyu kanggo dicekel. Mulya prasasat cumanthel ing langit utawa ambles ing dhasar samodra. Satemah mulya dadi pangudi mring sadhengah pangluru lan sadhengah wektu.
Apa maneh ing saiki, ing jaman sarwa palsu, urip mulya, akeh kang cluluk dadi barang langka. Saben-saben sing keprungu, akeh kang owah pikire, gendheng, malah mungkasi urip kanthi pawadan gagal nggayuh kamulyan. Urip cingkrang, rana-rene kesandhung utang, cabar nyukupi butuh, kataman lelara, lan sapanunggalane. Pokok kamulyan, dadi panggayuh sing selot mokal
kanggo karanggeh?
Mangkono,gelaring kasunyatan kang prelu katlesih maneh. Apa ta satemene ukuran, tenger utawa dudutan mring panemu urip mulya. Apa mulya iku kaukur klawan akehing bandha? Utawa katengeran klawan pangkat dhuwur? Utawa mulya kaukur klawan apa-apa kang dadi karep lan pepenginane sarwa ke?
Manut pangerten ing bebrayan Jawa duking nguni, urip kinaran mulya lamun wis kacukupan klawan patang perkara, yaiku wisma, turangga, curiga lan kukila. Wisma tegese omah, kanthi omah panguripan bakal tumata papan dununge. Turangga, sing bisa ditegesi tetumpakan. Klawan tetumpakan sing wektu biyen kawujudake turangga bakal
PERPUSTAKAAN
nggampangake anggone lelungan. Nuli curiga, tegese piyandel kanggo njaga dhiri lan kawibawan. Pungkasane kukila, yaiku manuk klangenan kang bisa dadi lelipur jroning uripe.
Mawas pangerten urip mulya manut bebrayan Jawa duking nguni iku yen katandhingake marang kasunyatan saiki, mbokmanawa dudu bab angel maneh kanggo urip mulya. Wisma, ing panguripan saiki wis dudu perkara angel. Turangga utawa tetumpakan, wis dudu winatesing kuda. Nanging sruwasruwi sarwa mesin, lumakune tansah nurut karepe kang numpaki. Banter utawa alon, amung cukup nguntir utawa midak gase. Sabanjure curiga, jaman saiki curiga amung dadi pepajangan. Wis ora ana prelune menyang ngendi-endi nggawa gegaman. Awit wis ora ana mungsuh kaya jaman nguni. Semono uga kukila, dadi bab kang murah, ngendi-endi ana, amung kari milih
sasenenge.
Ewa semana aneh, genea selot maju jaman kepara tambah akeh kang sambat angel kanggo urip mulya. Kamangka ajuning jaman nuduhake marang tambahing piranti kang sarwa nggampangake uripe manungsa. Gampange urip ateges laras klawan kamulyan kang lumrahe dadi gegadhangane manungsa. Mbokmanawa kurang papan lan wektu, yen ta kudu njlentrehake mungguh enake manungsa saiki yen katandhing klawan puluhan utawa atusan taun kepungkur. Saiki, akeh sing tanpa kringet, tanpa owah saka panggonan kanggo mujudake apaapa kang dikarepake. Nanging genea, isih ana sing kandha kesarakat?
Minangka njajagi marang kanyatan kang mangkono iku mbokmanawa kita bisa teteken pitutur ing Serat Wedhatama; mangka kanthining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, wedi wiryaning dumadi, supadi nir ing sansaya, yeku pangreksaning urip. Saka tembang kinanthi iku nandhesake yen pundhes utawa tumuwuhing kamulyan sayekti mapan kepriye kita ngreksa urip. Mulya utawa cilaka ing panguripan, mapan mungguh kepriye kita kasil nguwasani urip iku.
Mula bareng kita tlesih kanthi permati, yen garis kahanan rasaning urip mono nganti kapan wae ora ana kang owah, jaman maju apa ora maju, manungsa tetep kajibah ing loro pangrasa, yaiku gampang lan angel, padhang lan peteng, susah lan bungah, kalebu mulya apa cilaka. Nuli kang dadi mbedakake ing siji lan sijine yaiku kanthi cara piye kita nanduki
kekarone. Kanthi cara sing kepriye kita kuwawa ngemonah rasa loro iku minangka kaelokaning urip. Minangka jejibahan manis jejering manungsa.
Jroning ngadhepi iku, wis jumbuh kalamun Sinuhun Mangkunegara IV nuturake yen urip prayoga tetep ngemonah rasa awas lan eling. Kalebu eling lukitaning alam. Alam pancen asring dadi barang melok kang nggodha pikir. Saengga akeh kang ngarani mulya cilakane urip kanthi ukuran meloking alam, apik sarta akehing apa kang kadarbeni. Sawijine sarat kang angel kelakon. Awit ing ukuran kadarben, saben-saben manungsa bakal rumangsa sarwa kurang yen ndeleng marang apa sing wis didarbeni ing liyan. Yaiki underane, temah mulya minangka bab sing angel karanggeh. Awit pikir wis kinebakan marang apa kang dadi pepenginane, dudu kang wis ana sandhinge.
Wusana, yen urip gampang narima marang apa kang wis ana, bakal kesandhangan urip tentrem. Susah apa bungah, ana utawa ora ana, iku pepancene urip sing kudu dilakoni kanthi panarima. Awit iku pepancenane Gusti Kang Maha Pirsa. Sumarah iku ateges kita wedi weryaning dumadi. Temen, Gusti datan sare. Saengga mulya lan cilaka iku amung winates kepriye kita nguwasani rasa ing urip. Wekasane, bener apa kang katulis Andrew Matthews ing bukune Being Happy, yen sira kepengin urip mulya ora ana liya carane kajaba sira kandha "aku mulya". (*)
DAFTAR ISI
Penghargaan Prasidatama 2017
APRESIASI KANGGO SASTRAWAN JAWA TENGAH
Basa Lan Sastra Nagih Fanji
Dening : Ahmad Tohari
Saben 28 Oktober Bangsa Indonesia méngeti dina Sumpah Pemuda sing déikrarna daning para enom-enoman 89 taun kepungkur.
Sinau Ngripta Crita Cekak (Cerkak)
LAYANG SING KESANGSANG
Dening: Iman Budhi Santosa
Gregorio Lopez Y Fuentes
ung ana omah siji mapan ing M pereng gumuk kuwi. Saka kono katon cetha wela-wela kali kang
lagi asat banyune. Kandhang jaran, tegalan jagung, lan tanduran kacang ijo sing nedhengnedhenge kembang. Nalika semana meh pungkasane mangsa ketiga. Nanging, udan durung paja-paja tumurun. Kamangka sing ditunggu bumi lan titah ya mung kuwi. Udan utawa grimis sing bakal nambani garinge donya, tuwuhan, pategalan, lan ara-ara.
Panganggone Tembung "Kowe' ing Pabrayan
Aja nyalahake bocahe, ananging salahna wong tuwane kang ora tanggap marang basa kang dianggo dening putra-putrane ing saben dinane.
Dening: Adi Deswijaya
GEGURITAN
Gurit Kanggo Ibu
sliramu ora saderma bumi nuwuhake jiwa-jiwa mekar edi nanging sliramu uga rembulan lan srengenge madhangi laku adoh parane jembar tebane
nanging, ibu aja kaget yen anakmu saiki lagi bisa ngeja ukara sing ana dlamakanmu ketang ora sora
RESENSI BUKU
Sakeplasan tumrape Buku Lancar Maca Jawa
CERKAK
MENDHUNG ANGENDANU ING LANGIT BANG KANGKUNG
Dening: Sri Wintala Achmad
WACAN BOCAH RECA KANG BISA TATAJALMA
Dening: Rita Nuryanti
"Eh, kanca-kanca! Wis padha krungu kabar durung? Reca ngarep kantor kecamatan kae, yen ngerti dijak omongomongan bakal bisa tatajalma kaya manungsa lumrah."
MACAPAT KIDUNG SWARATAMA (Sêkar Sinom Wulang Jiwa)
WARTARINGEKES "Bahasa Ibu sebagai Sumber Kearifan Lokal 32 Purwokarto, 13 & 25 Januari 201a Keglatan ini terselenggara berkat kerjasama antara gah deng GMPD r'awa SMP Kabupaten Bany
MGMP Basa Jawa SMP Banyumas Nganakake Pelatihan Nulis
NGUDARASA TATAKRAMA KANG TINARBUKA Dening: Jefrianto
SWARA DWIJA
PiwuLany Jawa WCWEH KONERIRUSI mangun Karakter
Dening: Sri Paminto
Pengurus MGMP Bahasa Jawa SMA Provinsi Jawa Tengah
iris mangerteni kabar M tiwase Ahmad Budi Cahyono, guru
kesenian ing SMAN 1 Torjun, Kabupaten Sampang, Madura, Jawa Timur kang dipilara muride dhewe. Genea kadadean mangkono bisa kalakon? Sapa sing kudu disalahake? Bocah ndhugal mau, wong tuwane, para guru, apa pasrawungane anggone dolan?
WARA-WARA
Redaksi nampa tulisan saka para maos. Tulisan bisa kakirimake liwat email [email protected] utawa dikirim menyang alamat redaksi, Balai Bahasa Jawa Tengah Jalan Elang Raya nomor 1, Mangunharjo, Tembalang, Semarang 50272. Tulisan kang kapacak bakal entuk bebungah saka Balai Bahasa Jawa Tengah
Swaratama
majalah basa jawa
Mbangun Kuncaraning Basa, Sastra, lan Budaya Jawa
SUSUNAN REDAKSI
Penanggung Jawab: Dr. Tirto Suwondo M.Hum ~ Pemimpin Utama : Drs. Suryo Handono, M.Pd ~ Pemimpin Redaksi : Kustri Sumiyardana, S.S., M.Hum ~ Sekretaris Redaksi : Sunarti, S.S., M.Hum ~ Redaktur Pelaksana : 1. Yan Tohari, 2. Widiyartono, 3. Triman Laksana ~ Redaktur : 1. Bambang Sulanjari, M.A., 2. Umi Farida, S.S., 3. Tri Wahyuni, S.S, 4. Sutarsih, S.Pd., M.Pd. ~ Reporter : 1. Drajat Agus Murdowo, S.S., M.A, 2. Mochammad Fikri, S.S., 3. Akhid Anshori Setiawan, A.Md ~ Desain Grafis dan Tata Letak : Danang Ardianto ~ Ilustrasi : Ahmad Rofiq ~ Keuangan : Lely Siti Fatimah, S.E., M.Si ~ Sirkulasi: 1. Lungid Ismoyo Putro, S.H., M.H., 2. Agus Sulistyo
Triman Laksana entuk anugrah Prasidatama kanggo tokoh basa lan sastra Jawa
Penghargaan Prasidatama 2017 APRESIASI KANGGO SASTRAWAN JAWA TENGAH
ungkasan taun wingi, P penere 28 November 2017, Balai Bahasa Jawa Tengah masrahake penghargaan Prasidatama ing auditorium RRI Semarang. Prasidatama kuwi jenenge penghargaan kanggo wong-wong lan instansi kang duwe kiprah utawa labuh labet kang gedhe ing babagan basa lan sastra. Taun 2017 iki, ana enem kategori, yaiku Tokoh Bahasa dan Sastra Indonesia, Tokoh Bahasa dan Sastra Jawa, Penggiat Bahasa dan Sastra Indonesia, Penggiat Bahasa dan Sastra
Jawa, Pendidik Peduli Bahasa dan Sastra, lan Penggiat Sastra Panggung.
Saka nomine-nomine mau dipilih tokoh kang entuk anugrah Prasidatama. Sosiawan Leak entuk anugrah Tokoh Bahasa dan Sastra Indonesia. Triman Laksana entuk anugrah Tokoh Bahasa dan Sastra Jawa. Bandung Mawardi entuk anugrah Penggiat Bahasa dan Sastra Indonesia. Sayuti Anggoro (alm) entuk anugrah Penggiat Bahasa dan Sastra Jawa. S. Prasetyo Utomo entuk anugrah Pendidik Peduli Bahasa
dan Sastra. Dene, Gigok Anurogo entuk anugrah Penggiat Sastra Panggung.
Ing kalodhangan iku Dr. Tirto Suwondo, M.Hum. ngandharake manawa anugrah Prasidatama wis diwiwiti saka taun 2013. Sabanjure, meh saben taun Balai Bahasa Jawa Tengah tansah menehi anugrah Prasidatama, kejaba ing taun 2016. Ananging, kanggo taun 2018 cak-cakane bakal diowahi sethithik. Ing taun iki Prasidatama bakal diwenehake kanggo buku-buku basa lan sastra kang diterbitake ing Jawa Tengah. Bab kuwi kanggo nggrengsengake sastra lan literasi ing Jawa Tengah. Tokoh utawa paraga kang sengkud ngrungkebi basa lan sastra tetep diwenehi, nanging mengkone bakal limang taun pisan.
Acara iku uga dirawuhi Ahmad Tohari, salah sawijining paraga panampa anugrah Prasidatama 2014. Kang Ahmad Tohari maringi sesorah kanthi irah-irahan "Basa lan Sastra Nagih Janji" (kang versi Banyumasane kapacak ing edisi iki). Miturut Kang Ahmad Tohari, basa Indonesia pancen wis saya tuwa, ngancik 89 taun, nanging basa kuwi sangsaya keteteran ngadhepi basa lan kabudayan manca. Mula, pamarentah kudu melu cawe-cawe ndandani kahanan mau.
Saliyane anugrah Prasidatama, ing dina kuwi uga dianakake acara Peluncuran Antologi Puisi. Dene buku kang dirembug yaiku Merawat Kebinekaan kang dibabar dening Balai Bahasa Jawa Tengah. Akeh sastrawan kang nyumbangake karyane ana buku iku. Ing kalodhangan iki Bandung Mawardi menehi panyaruwe. Miturut Bandung buku antologi kuwi pancen apik, nanging eman racake puisi-puisi kuwi --manut istilahe Bandung-kalebu puisi atlas, yaiku mung nuduhake endahe Indonesia kang maneka warna saka Sabang nganti Merauke.
(Tim Swaratama)
Rp 2.500.000.00 Rp 2.500.000.00 Panampa anugrah lan nomine kanggo Penggiat Basa lan Sastra Jawa
PENGHARGAAN PRASIDATAMA DAN PELUNCU ANTOLOGI PUISI MERA KEBINEKAAN Dr. Tirto Suwondo. M.Hum. maringi sesorah ing acara Penghargaan Prasidatama
Panyarta kang rawuh ing aula RRi Semarang
ELUNCURANANTOLOGIPUISI MERAWATKEBINEKAAN B Kang Ahmad Tohari paring sesorah
Basa Lan Sastra Nagih Fanji
Dening:Ahmad Tohari
Saben 28 Oktober Bangsa Indonesia méngeti dina Sumpah Pemuda sing déikrarna daning para enom-enoman 89 taun kepungkur.
Ikrar kuwé dadi janji lan tekadé masrakat lan bangsa Indonesia nggo nuwuhna kesadharan lan mbéla kesatuan bangsa Indonesia lan ndadékena basa Indonesia dadi basa sing bisa ndadekena masrakat nyawiji. Sumpah Pemuda 28 Oktober 1928 dedadekena gili tekane Proklamasi Kemerdekaan RI 17 Agustus 1945. Kiyé bisa kaleksanan merga telung bab sing
ana neng Sumpah Pemuda, yakuwé nusa, bangsa, lan bahasa dadi sing dadi sarat utama lairé sewijiné negara. Rasa katresnan lan opén maring nusa, bangsa, lan bahasa Indonesia kudu padha lan sedrajat.
Umuré sing wis ngancik 89 taun kiyé ndadekena bahasa Indonesia dadi lewih maju. Basa Indonesia temenanan dadi basa manunggale sekabéhé rakyat Indonesia. Basa
persatuan kiye nuwuhna kesadharan mangun bangsa lan kiye ewis ngrasuk maring ati sekabéhé rakyat sing ana neng Indonesia sing nduweni pulo cacahe ewonan. Saéngga basa Indonesia dadi pepek tembung sing sumberé sekang khazanah basa dhaérah. Siki malahan bisa kasebut saben basa dhaérah awéh urun maring tembung bahasa Indonesia. Kiye bisa dedeleng sekang tembung-tembung basa dhaerah sing ana ning Kamus Besar Bahasa Indonesia.
Kejaba kuwe, basa dhaerah nduweni posisi dadi sumber kearifan lokal, kiye ana neng Undang- Undang nomer 24 taun 2009. Dadi ewis dadi kuwajibane awake dhewek sing ngrumangsani urip neng Indonesia njaga lan nguri-uri basa dhaerah supaya ora ilang keterak globalisasi. Indonesia nduweni maneka warna suku lan basa dhaerah. Basa-basa dhaerah sing cacahe kira-kira 600-an kuwe dadi basa ibu sing diomongna kanthi lanyah maring wargane, nanging ana basa ibu sing meh ilang merga wargane ora teyeng maning ngomong. Kiye ndadekena pemrentah dhaerah nggawe peraturan sing ngayomi basa ibu kuwe. Contone Jawa Tengah siki ewis duwe peraturan dhaerah sing ngewajibna masrakate nganggo basa Jawa angger dina Kemis. Tegesé, kewajiban sing kawitan neng bab basa yakuwé nglestarikna basa dhaerahé dhéwék. Aja ngasi awaké dhéwék ora dhemen maring basa ibune dhewek lan ora teyeng ngomong basa dhaerah. Angger ewis kaya kuwé, basa dhaerah bakalan ilang lan Basa Indonesia kélangan sumberé. Lewih sekang kuwé, angger basa dhaerah ilang ruginé neng bab kabudayane. Merga, PBB liwat UNICEF ewis netepna tanggal 22 Pebruari dadi Dina Basa Ibu Internasional.
Njikot sekang Basa Asing
Njikot tembung sekang basa asing uga kudu delakoni merga srawungan antarane bangsa neng dunya uga ngrembakane ilmu lan teknologi. Malahan ewis kawit
jaman kuna mekuna. Siki, neng basa Indonesia akeh temenan tembung sing asalé sekang basa asing, kayadéné basa Sanskerta, Arab, Cina, lan basa-basa sekang Eropah. Ningén, kuduné njikot tembung sekang basa asing mung nggo nambahi tembung basa Indonesia, ora nggo nggenti tembung sing ewis ana. Tembung-tembung sing njikot sekang bahasa asing contoné listrik lan frekuensi pancén prelu dejikot merga durung ana tembung asli neng basa Indonesia. Tegesé, njikot basa asing nggo nambah kosakata ora prelu nyingkirna tembung asli sing ewis mapan neng basa Indonesia merga bakalan mubah. Aja ngasi ngger nambah tembung siji sekang basa asing, ningén tembung siji sing asli malah kesingkir utawa ilang. Contoné, tembung bantuan bisa baé kesingkir dening tembung donasi sing siki asring déenggo. Njuran tembung binatu wis ilang merga wis déganti laundry. Malahan, istilah bupati cup utawa Ayu Salon, seliyané bakal ngilangna tembung piala uga nglanggar ukum DM (diterangkan dan menerangkan). Sing mrihatinake maning yakuwe kahanan kiyé ewis
thukul neng masrakat merga biasané wong ngrasa lewih gagah angger nganggo tembung bupati cup tenimbang piala bupati. Kiye bisa dadi bebaya temenan kanggone basa dhaerah uga basa Indonesia siki.
Jatidhiri Bangsa
Basa dadi ciriwanciné budaya bangsa. Merga kuwé, pas banget angger désebutna basa Indonesia dadi wujud jatidhirine sing paling wigati kanggo bangsa Indonesia. Ana sesanti, basa ciriwanciné bangsa. Watek lan kepribadén bangsa bisa dédeleng sekang basa sing déenggo; apa basa Indonesia ewis dadi wantég lan tertib?; apa majuné basa Indonesia kuwé terus dejaga lan sapanunggalané. Angger pancén kaya kuwé, awaké dhéwék kudu takon, kepriwé kahanané basa Indonesia siki?
Umumé kahanan basa Indonesia siki ewis maen. Basa tulis neng buku lan media cétak ésih tetep nganggo aturan sing ewis maton. Basa tutur neng radhio lan tipi uga ésih maén. Ningén mriyatinaken angger ngrungokna akeh nom-noman sing agi bae padha ngomong. Umume bocah nom dhemen temen ngomong nganggo basa sekepenaké dhéwék. Kayané bocah nom ora rumangsa duwéni kewajiban ngrumat lan nganggo basa Indonesia kanthi rasa tresna lan tanggung jawab. Kiyé merga para nom-noman urung sadhar lamon ngomong nganggo basa sing tertib, apik, lan pener bisa gawé beningé pikir lan ndadékna kapribaden sing duwé karakter. Pancén majuné "bahasa gaul" ewis sumebar neng sengalam dunya. Ningén kedadeyan neng Indonesia kiyé kayané ewis kebablasan temenan.
Contoné nulis status neng media sosial, para nom-noman cokan nganggo basa sesenengé dhéwék. Masalah kiyé kuduné dadi kawigatén sing temenanan, merga angger deterusna bisa-bisa para nom-noman bakalan ora dhemen lan ilang keprigelané nganggo basa Indonesia kanthi apik tur pener. Mangkané neng Sumpah Pemuda awaké dhéwék ewis ngucapna sumpah bakalan mbélani lan ndadékena basa Indonesia dadi basa sing nyawijekna. Pancén ana bedané antarané basa maton utawa basa baku lan basa pocapan, ningén kuduné ora kebangeten bédané.
Téyéng Basa Asing
Sewisé prigel nganggo basa ibu lan basa Indonesia, seterusé téyéng mahami, nulis, lan ngomong nganggo basa asing kuwé bab sing kudu delakokna. Upaya kanggo ngundhakna budaya maca tulis neng Indonesia uga klebu maca tulis basa asing. Basa asing kawitan sing kudu dépahami yakuwé basa neng bab ngibadah. Contoné, sing agamané Islam kudu ngreti basa sing déenggo nggo ndonga utawa ngibadah liyané.
Semana uga sing agama liyané, kudu ngreti basa sing déenggo ngibadah neng agamané.
Njuran basa asing liyané sing kudu desinaoni yakuwé basa Inggris, ningén ora mung basa Inggris thokan. Kepriwé awaké dhéwék bisa teyeng ngundhakna daya saing neng masrakat sandunya angger ora téyéng basa asing. Ningén kasunyatané neng kumpulane bocah-bocah sing esih dadi pelajar, mahasiswa, utawané sarjana baé ésih semendhing sing teyeng, apa maning masrakat biasa. Ningén senajan kaya kuwé akéh temenan tembung-tembung basa asing neng masrakat. Durung suwé kiyé ana tembung full day school, mangkané sekolah sehari penuh mesthi lewih gampang déngreteni. Njuran ana maning tembung mid semester, try out, lan study tour asring banget deenggo neng bidang pendidikan. Nyong tau weruh ana guru pembina jumawa banget nganggo jakét pramuka sing neng mburiné ana tulisan Scout of Change. Njuran, sekéthéng sekolah neng desané ana tulisan Welcome to SDN.... Kiyé ndadekena ana pretakonan, nggo ngapa lan nggo sapa tulisan basa asing kuwé?
Kahanan kiyé kudu dédandani. Pancén bener awaké dhéwék kudu téyéng basa asing lan teyeng nganggokena neng tulisan utawa pocapan. Angger ora, awaké dhéwék bakalan ketinggalan ning undhakane jaman. Ningén basa asing kuduné detrapna neng panggonan lan wektu sing pas. Awaké dhéwék ora kena klalén maring kewajibané yakuwé ngutamakna basa Indonesia. Angger dudu awaké dhéwék, njuran sapa? Seliyané kuwé, kesemangaten nganggokena basa asing neng negarané dhéwék bisa ndadekena
ora apik. Contoné, pirang-pirang negara neng Asia, basa Inggris ewis dadi basa sing utama, lan basa asli malahan dadi basa sing nomer loro. Basa Tagalog neng Philipina, bahasa Urdu neng Pakistan lan India, malahan basa Melayu neng Malaysia ewis dadi basa nomer loro neng negarané dhéwék. Merga kuwé, marang saben dinané mayuh padha nganggo basa Indonesia utawane basa ibune awake dhewek. Kuwé ewis dadi sumpahé awaké dhéwék neng Sumpah Pemuda. Seliyané kuwé awaké dhéwék uga kudu nata jatidhiri sing kuwat neng tengahé pergaulan neng dunya kiye. Uga nglestarekna basa dhaerah lan kudu terus ngupayakna awake dhewek téyéng basa Inggris, Walanda, Jepang, lan liya-liyané.
Kasusastran Nagih Janji
Bangsané dhéwék agi ngalami paceklik batin neng bab penguripan apa baé. Uga akéh sing ngresula mung semendhing wong sing téyéng ngucapna Pancasila sing bener. Ningén ora nana wong sing ngangluh lan preduli maring kasunyatan sastra sing ewis suwé banget dejorna. Mangkané, sastra kuwé salah sijine wadhah sing wigati nggo nandur lan ngrembakakna bobot kemenungsan lan kesopanan. Sastra ngasah batin kanthi alusing rasa. Sastra dadi dalan sing nggawa menungsa maring seimbangé nalar lan rasa.
Sastra ngasah landhepé jiwa nggo ngreténi endi bab sing apik lan sing ala, endi sing patut lan endi sing ora patut, endi sing mulya lan endi sing nistha. Daya asah kuwé ana neng sejroné sastra dhaerah, Indonesia utawané sastra dunya neng wujud guritan, prosa utawané péntas. Angger ora preduli maring sastra apa awaké dhéwék téyéng dadi menungsa sing duwé rasa, duwé budi lan duwe laku sing maen sing kuduné ana neng wong sing jiwané Pancasila? Sastra pancén dudu sekabéhané. Ningén kahanan jaman siki sing srakah, kasar, ora adil, lan ilangé sopan santun ana sewisé awaké dhéwék ora preduli maring sastra. Contoné rata-rata tamatan SMA neng Indonesia maca mung kurang sekang sakbuku sastra. Mangkané neng Malaysia rata-rata 16 buku, Jepang 25, lan Amerika Serikat 32 buku. Data kiyé asring deomongna déning sastrawan senior Taufig Ismail. Ewis kebukti neng negara-negara maju malah ndadekena sastra bab sing wigati nengpenguripan.
Mesthiné awaké dhéwék ora kepéngin
m a s a l a h
sing ora
apik kiyé kebanjur lewih suwé maning. Mulané pemrentah ewis molahi temindak nggo mbenerna kahanan, contoné kanthi gerakan literasi (maca nulis) neng sekolah. Pemrentah uga janji arep ngundhakena buku wacanán sastra. Para dosen, guru sastra, mahasiswa, pelajar, lan masrakat kepustakaan kuduné nyambut langkah pemrentah kiyé kanthiseneng.
Seliyané kuwé, pemrentah uga kudu ngowahi sikapé maring panganggit sastra. Pajak PPh bayaran (royalty/honor) para panganggit 15 %. Kanggoné panganggit sing bukuné laris, pajak sing gedhé kuwé ora gawé masalah. Ningén kepriwé nasibé para penyair (sepuisi bayarané mung Rp. 25.000) lan panganggit crita cekak (bayarané mung 0 – 300.000 – paling dhuwur 1,5 juta)? Bayaran sing ora sepiraha
kuwé biasané ewis pirang-pirang wulan déenténi, lan angger nampa ewis desuda 15 %. Tegel temenan, magané nulis puisi utawa crita cekak lewih
angél tenimbang nulis naskah kiyé.
D a d i , angger bener a w a k é dhéwék ewis ndadékn
Panca sila dadi falsafahé urip, sastra kudu déuripna maning. Merga ngretenilan ngamalna Pancasila ora cukup mung kanggo
nalar, ningén uga kudu nganggo alusing rasa. Tegesé, sastra bakalan nglancarna awaké dhewek nglasanakna janji kuwé, janji dadi wong Pancasilais.
* Ahmad Tohari
Penampa Nugraha Prasidatama Balai Bahasa 2014
Ide Cerkak
Tumrap sapa wae kang durung mumpuni ngripta/ngarang crita cekak (cerkak), gelem ora gelem kudu sinau (latihan) luwih dhisik. Carane sing paling gampang, sepisan, sinau nggoleki, milihi (nintingi), lan nemokake prastawa sing arep didadekake cerkak. Kaping pindhone, sinau ngarang cerkak kang wujud tulisan. Ateges, cerkak mau ditulis nggunakake basa lan tatanan (konstruksi) sing wis dadi angger-angger ing jagading kasusastran Jawa modhern.
Prastawa sing didadekake cerkak bisa diangkat saka: 1) kasunyatan sing nate dialami dening sadhengah titah, 2) tuwuh saka rekadaya angen-angen utawa
Sinau Ngripta Crita Cekak (Cerkak)
Dening: Iman Budhi Santosa
imajinasi, 3) campuran antarane kasunyatan lan angen-angen (imajinasi). Aja lali, kudu nemokake alasan kang gumathok, kena apa prastawa mau bakal kagubah dadi cerkak. Tegese, apa maknane prastawa mau tumrap bebrayan agung satemah pantes yen didadekake cerkak lan diwaca wong akeh. Miturut dhawuhe Prof. Umar Kayam (alm), ngarang cerkak (prosa) aja lali nggunakake matra-matra kang dicekak dadi PIN: pengalaman (empiris, intelektual, religius), informasi,nilai.
Prastawa sing pantes didadekake cerkak, contone mangkene:
• Ana nom-noman lanang rada
owah pikire (setengah edan) asring gawe onar ing kampung jalaran dipoyoki dening bocah-bocah. Serik amarga dipoyoki mau dheweke banjur lapur menyang Pak Lurah supaya bocah-bocah diukum, awit dheweke ora rumangsa owah (edan). Wiwitane Pak Lurah bingung nampa palapuran mau. Nanging, pungkasane nemokake akal. Pak Lurah saguh ngandhani bocah-bocah angger nomnoman mau gelem dadi tukang kebon lan jaga motor tamu ing kantor kelurahan. Pak Lurah uga janji menehi tukon rokok. Nom-noman mau nyaguhi. Pranyata, sawise nyambut gawe ing kantor kelurahan, baka sethithik aten-aten lan laku patrape bisa didandani.
Dene alasane prastawa mau didadekake cerkak, utawa asring diarani pesan moral udakara mangkene: 1) ngelingake sapa wae aja gampang-gampang ngunekake edan marang wong edan, jalaran dheweke bisa nesu yen diunekake kaya ngono, 2) ngati-ati ngadhepi wong edan jalaran pikirane ora waras kaya manungsa liyane, 3) gunakna cara sing pas kanggo mbengkas prakara kang diadhepi, 4) patrape wong owah pikiran bisa luwih ditata (didandani) kanthi ngajarinyambutgawe.
Menawa prastawa iki arep digubah dari cerkak, carane kira-kira mangkene:
1. Prastawa mau dipilah dadi perangan kang bakal dadi intine (undherane) crita cekak
• Ana nom-noman rada owah pikire (setengah edan) asring gawe onar ing kampung jalaran dipoyoki bocah-bocah.
Jalaran serik amarga dipoyoki mau dheweke lapur menyang Pak Lurah supaya bocah-bocah diukum, awit dheweke ora rumangsa owah (edan).
• Wiwitane Pak Lurah bingung nampa palapuran mau. Nanging, pungkasane Pak Lurah nemokake akal. Pak Lurah saguh ngandhani bocah-bocah angger dheweke gelem dadi tukang
kebon lan jaga montor tamu ing kantor kelurahan. Pak Lurah uga janji menehi tukon rokok. Nom-noman mau nyaguhi.
2. Saben perangan mau coba digambarake, dijlentrehake, dicritakake kedadeane. Tegese, saben perangan ditulis dadi 1 halaman kertas A4, spasi 1,5, font Times New Roman 12, margin standar.
3. Kanthi mangkono ora krasa Panjenengan wis kasil ngripta cerkak dawane 4 kaca.
4. Sabanjure coba ajar ngripta cerkak 5 kaca nganti udakara 10 kaca saka prastawa kang beda-
beda. Umume dawane cerkak pancen antarane 5 – 10 kaca ukuran A4.
5. Dene carane nulis lan basane sumangga maos lan nyetitekake (nyonto) cerkak sing ana ing koran/majalah/buku. Tegese cerkak mau ora mung diwaca (diapresiasi) nanging disinaoni. Nggoleki kepriye carane nulis (nyritakake) kanthi nggunakake tatanan lan basa Jawa sing trep tumrap kreatorlan masarakate.
6. Laku mangkene iki padha karo ngetrapake dhawuhe Ki Hajar Dewantara (alm) ngenani teori pengajaran N-3: niteninirokake -nambahi.
Ana conto cerkak terjemahan sing kena kanggo tetimbangan sawetara. Sumangga diapresiasi lan dikritisibebarengan.
LAYANG SING KESANGSANG
Gregorio Lopez Y Fuentes
ung ana omah siji mapan M ing pereng gumuk kuwi. Saka kono katon cetha wela-wela kali kang lagi asat banyune. Kandhang jaran, tegalan jagung, lan tanduran kacang ijo sing nedhengnedhenge kembang. Nalika semana meh pungkasane mangsa ketiga. Nanging, udan durung paja-paja tumurun. Kamangka sing ditunggu bumi lan titah ya mung kuwi. Udan utawa grimis sing bakal nambani garinge donya, tuwuhan, pategalan, lan ara-ara.
Meh sak awan, Lencho, pawongan sing nduweni pategalan mau ora kendhat ngawasi langit ing brang wetan. Jalaran wiwit esuk pancen ana mendhung ngembuleng nglumpuk mbaka sethithik banjur arak-arakan mengulon tumuju marang desane. "Muga-muga niba tenan dadi udan," ngono kang dadi angen-angene.
Persis nalika Lencho mangan awan karo anak bojone, udan kang dianti-anti mau niba tenan. Tanpa kena dipenggak maneh, anak-anake Lencho semparet mlayu menyang plataran. Terus udanudan sambi oyak-oyakan. Swarane pating jlerit. Meruhi anake kaya ngono Lencho ora gelem kari. Sawise cucul klambi banjur nututi udan-udan karo jejogedan, prasasat bali dadi bocah maneh. Karo udan-udan mau wola-wali Lencho nyawang tandurane jagung lan kacang ijo. Rasane bungah temenan jalaran udan sing ditunggu pirangpirang sasi wis dadi kasunyatan sejati dina iki.
Nanging, durung tutug anggone padha udan-udan, dumadakan angine tambah sumiyut. Saya suwe saya gedhe. Lencho ora nyana babar pisan yen angin mau bakal nggawa pringkilan-pringkilan es. Ora nganti menitan, udan kang wiwitane mung arupa banyu malih dadi udan es. Meruhi es tiba pating tlethok, anak-anake Lencho malah lunjak-lunjak seneng. Ora sranta banjur padha
rebutan njumputi pringkilan es mau kanggo dolanan.
Beda karo bapakne. Nyipati kahanan mau Lencho enggal-enggal ngeyub menyang tritis. Tekan kono legeg prasasat tugu sinukarta. Praupane pucet nyenyet, ora obah nyawang es kaya disuntak saka langit ngebaki pategalan nganti lemah ora katon maneh. Jagungjagung mentiyung, akeh kang padha ambruk. Wit-witan dadi putih. Godhong kacang ijo ilang rupane ijo, kurugan es meh setengah kilan kandele.
Bareng angin wis ilang lan udan es uga wis terang, Lencho kandha marang bojone. Mripate kembeng-kembeng luh. Swarane keprungu nanging ora cetha. "Ketrajang walang wae isih ana sing nyisa kanggo awake dhewe, Bu. Udan es iki dudu sabaene. Sajake taun iki...awake dhewe bakal ora panen tenan..."
Ora ketang nemahi alangan kaya ngono, Lencho ora ngedhap. Dheweke isih duwe pangarep-arep, yaiku nyuwun pitulungan marang Gusti Kang Akarya Jagad. Ngugemi pituduh saka agama kang dirasuk seprana-seprene. Miturut kitab sucine, Gusti Allah priksa kabeh kang dumadi ing alam donya. Ora mung kang mawujud, nanging uga kang sumlempit ing atine manungsa. Kebeneran nalika bocah Lencho nate sekolah, dadi bisa etung, nulis, lan maca, ora ketang saben dinane tansah melu nyambut gawe ing pategalan ngrewangi wong tuwane ulah tetanen.
Dina Minggu, esuk umun-umun sawise nata ati, madhep manteb bakal nyuwun pitulungan marang Gusti Allah, Lencho banjur nulis layang. Sawise rampung lan diamplopi, layang digawa dhewe menyang kantor pos ing kutha. Dene, unine layang mau saperangan mengkene."Gusti,menawi Panjenengan boten paring pitulungan, kula sakulawarga badhe estu-estu kesrakat taun menika. Awit taneman
kula risak sedaya kenging jawah es kalih dinten kepengker. Wekdal menika kula mbetahaken arta 100 pesos kangge tumbas bibit sulaman lan kangge nyambet gesang sakulawarga dumugi titi wanci panen mangke..."Sawise kuwi dheweke nulis alamat ing amplop: Katur Dhateng Gusti Allah. Dene pengirime mung nyebut jeneng: Lencho. Pikire, Gusti Allah mesthi wis priksa ngendi omahe. Tekan kantor pos dheweke tuku prangko ditemplekake menyang amplop. Sawise mengkono, karo ndonga nrithil layang mau banjur dicemplungake kothak pos.
Awane, pegawe kantor pos sing kejibah ngurusi layang-layang ngadhep kepalane karo cekikikan. Dheweke ngulungake amplop sing alamate aneh lan ora tinemu nalar mau. Karo ngadhep dheweke uga lapur menawa bingung temenan. Ora ngerti babar pisan layang kuwi kudu dikirim menyang ngendi.
Nyipati layang aneh mau, wiwitane kepala kantor pos uga nyekakak. "Anaana wae..." Ngono pangunandikane. Jaragan layang mau dianggep saka wong owah, mula kepala kantor pos mrentahake dibukak wae. Nanging, bareng wis diwaca lan ngerti isine, guyune dadi ilang babar pisan. Pak Kepala Kantor Pos malah manthukmanthuk karo sajak nglenggana. Kaya melu ngrasakake rekasane nyangga botrepoting urip tumrap sing nulis layang mau.
"Kapitayan kaya ngene iki dudu baen-baen. Awake dhewe ora kena nyepelekake, awit sing nulis layang iki lagi nandhang kasangsaran abot..." Kandhane kepala kantor pos marang pegawe-pegawe sing padha ngrubung.
Saka banget anggone mikir, kepala kantor pos dadi tuwuh kekarepane kepengin tetulung menyang pawongan sing nulis layang mau. Awit layang kuwi mesthi mung mandheg tekan kantor pos kono, ora bakal bisa dikirim menyang alamat sing dituju.
Tekan semono Pak Kepala dadi saya mikir dawa. Banjur kepriye becike? Apa mung cukup diwangsuli nganggo layang? Mesthine ora. Awit sing kirim layang ora mung butuh wangsulan, nanging ngarep-arep tenan apa kang dadi penjaluke. Pungkasane, Pak Kepala ngajak pegawe-pegawe kantor pos nglumpukake dhuwit kanggo nyumbang menyang Lencho. Kebeneran wektu semono bubar bayaran. Saking anggone mrihatinake, Pak Kepala ngrilakake separo dhewe bayare kanggo nyumbang. Kejaba saka iku dheweke uga ngajak kanca-kanca lan tepungane melu urun sakadare.
Ora ketang mung dadakan, dina iku kepala kantor pos kasil nglumpukake dhuwit lumayan akeh. Pancen ora nganti 100 pesos kaya sing diarep-arep Lencho. Kira-kira mung separone luwih sethithik. Nanging, miturut Pak Kepala sumbangan semono mau wis pantes. Sawise dhuwit dilebokake amplop, Pak Kepala nambahi kertas sasuwek isi tulisan: Saka Gusti Allah. Ing njabane amplop ditulisi: Kanggo Lencho. Rampung kabeh, amplop banjur disimpen Pak Kepala ing laci meja tulise.
Kira-kira seminggunan saka kedadean mau, esuk-esuk Lencho wis tekan kantor pos. Takon apa ana layang kanggo dheweke. Sawise amplop isi dhuwit diwenehake, ora lali Lencho ngucap matur nuwun marang pegawe kantor pos. Dene Pak Kepala mung nginjen liwat cendhela. Rasane lega lan marem atine. Rumangsa wis kasil tetulung marang sapadha-padha. Sumbangane wis ditampa, kena kanggo ngentheng-enthengi uripe pawongan kang lagi nampa coba. Saking senenge, kepala kantor pos nganti mesammesem dhewe kaya lagi ora ganep pikire.
Nampa amplop rada kandel mau Lencho katon bungah. Tekan njaba ora sranta banjur dibukak. Dhuwit dietung nganti ping telu. Karo njenggureng dheweke grenengan. "Ora bakal Gusti Allah kleru! Ora bakal Gusti Allah nolak sing disuwun umate...."
Bubar grenengan mengkono
dheweke cengkelak mlebu kantor pos maneh. Tekan njero njaluk kertas lan nyilih pulpen menyang pegawe sing jaga loket. Rada sawetara Lencho nulis layang mapan ing meja tulis umum. Sawise rampung banjur tuku amplop lan prangko. Layang dilebokake amplop. Prangko didilati terus ditemplekake. Anggone nemplekake karo sajak jengkel, ndadak dithuthuk nganggo dlamakan tangan ping telu.
Nalika layang wis dicemplungake kothak pos lan Lencho lunga, pegawe kantor pos rebut dhucung mbukak banjur diwaca bebarengan ing kamare Pak Kepala. Unine saperangan mengkene.
"Gusti, saking arta ingkang kula suwun, kula sampun nampi 70 pesos. Nyuwun tulung, Gusti Allah kersa ngintun kekiranganipun. Awit kula mbetahaken sanget. Nanging, ngintunipun arta sampun medal Kantor Pos malih. Awit kula ngertos! Pegawai Kantor Pos menika culika sedaya! Saking kula, Lencho."
(Cerkak Mexico karya Gregorio Lopez Y Fuentes (1892-1966).
Terjemahan Bern Hidayat/Majalah Busos No. 201/Th.XXI/1993.
Kasalin dhateng basa Jawi dening IBS)
Ngripta Cerkak
Saka conto sing kapacak ing ndhuwur, sumangga miwiti ajar ngripta cerkak. Ateges, pilihan ide sing wis ana banjur ditulis nggunakake basa lan tatanan (konstruksi) miturut angger-angger ing jagading kasusastran Jawa modheren. Dene, gambarane konstruksi cerkak ora adoh karo konstruksi cerpen sastra Indonesia. Yaiku: 1) pambuka, 2) perangan tengah (tengahan), 3) pungkasan (panutup).
Perangan pambuka njlentrehake mula bukane prastawa kang dicritakake. Saka kono bakal tuwuh prakara sing umume dumadi saka karakter, panjangka, utawa polah
tingkahe tokoh sing dadi punjere crita. Contone, ana pawongan yen turu nyandhing gaman. Dielikake wong tuwane, bojone, sedulure, ora nate digugu. Patrap kaya ngono mau jalaran wiwit jaka dheweke pancen seneng gelutan. Dadi akeh mungsuhe, satemah uripe tansah was sumelang.
Perangan tengah, nyritakake yen awane bubar gelut. Mungsuhe dipilara nganti mlebu rumah sakit. Ndilalah, bengine dheweke ngimpi gelut uleng. Mungsuhe dibacok nganti mati. Bareng nglilir, pranyata bojone sing turu ing sandhinge wis adus getih. Dadi lan tiwase jalaran dibacok nganggo pedhang kang tansah cumepak cedhak paturone.
Perangan pungkasan (panutup), upamane nganggo strategi flasback. Crita mau mujudake pengalaman pribadine Kyai Mansur kang didadekake pitutur marang santrisantrine. Sawise kedadean mau Pak Kyai ora omah-omah maneh. Sawise mertobat saka anggone seneng gelut, dheweke banjur nekuni agamane satemah madeg dadi kyai nganti seprene.
Aja lali, anggone nyritakake mau nggunakake tatanan basa Jawa sing bener lan becik. Sambung rapet antarane kahanan lan kedadean siji lan sijine ditata, aja nyolot-nyolot (dijaga koherensine). Tansah nggunakake logika, greget, rasa pangrasa pribadi lan masarakat. Ora ana bener luput ing jagade kreativitas. Tegese, kurang ditambahi, didandani. Keluwihan becik dielongi, utawa dipunggel. Kabeh mau murih pantese saengga dadi karangan sing 'kepenak diwaca, prelu diwaca, lan maedahi'.
Panganggone Tembung "Kowe" ing Pabrayan
Dening: Adi Deswijaya
Aja nyalahake bocahe, ananging salahna wong tuwane kang ora tanggap marang basa kang dianggo dening putraputrane ing saben dinane.
kara mau kerep kaprungu U saka pawongan kang rumangsa anyel marang bocah-bocah samengko kang wis padha ora bisa nggunakake basane dhewe. "Wong Jawa wis ora njawani maneh, wis ora mambu Jawa, ananging owah dadi Jawa mambu".
Unen-unen iku uga mujudake kahanan basa Jawa ing pabrayan: Jawa Tengah, DIY, Ian Jawa Timur kang sangsaya nguwatirake, mligine ing para kanoman. Wong Jawa kang kawentar dening aluse jalaran basa kang digunakake, ing saikine uwis kalindhih dening basa-basa liyane.
krama alus utawa inggil.
Basa Jawa minangka basa kang pepak tembung-tembunge manawa katandhingake karo basa-basa liyane ing saindenging donya, anduweni tatanan unggah-ungguh kang tumata. Unggah-ungguh basa Jawa mau kaprinci ana ing sajroning undha-usuking basa, kaya ta: ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu lan
Para priyayi luhur duk ing uni, nalika nganggit lan mrinci basa Jawa kang adhedhasar undha-usuk, ora winates ngemungake tembungtembung kang kagunakake wae, ananging uga linambaran rasa kang kamot ing sajrone tembungtembunge mau. Lire, basa kang digunakake ngemot rasa urmat marang kang kaajak guneman.
Poerwadarminta ing Baoesastra Djawa ngandikakake manawa unggah-ungguh yaiku tatapranataning basa miturut lungguhing tatakrama (1939:443). Adhedhasar apa kang d in g a n d i k a k a k e d e nin g Poerwadarminta, gamblang banget manawa basa kang kaperang sajrone undha-usuk katata adhedhasar tatakrama.
Ing Serat Jalma Suyatna weton Boekhandel M. Tanojo kaca 27-28, ngandharake tatakrama yaiku ngadekake patrap tuwin pangucap, minangka pakurmatan. Tata tegese prenah sarta wijang, inggih punika boten resah. Wondene krama yaiku ulahing tembung kanthi trapsilaning pratingkah.
Mirid katrangan saka Serat Jalma Suyatna lan Baoesastra ing ndhuwur, bisa kadudut manawa basa kang kapantha-pantha ana ing undhausuk ora ngemungake wujud tembung-tembung sawantahe, ananging tembung-tembunge uwis katata kanthinengenake trapsilaning pratingkah utawa ngemu rasa. Lire, empan papan, wong kang arep guneman kudu nggatekake sapa kang arep diajak guneman. Tuladhane bocah anom kang lagi guneman marang wong tuwa. Miturut unggah-ungguhing basa, bocah anom mau ya kudu nggunakake basa krama alus marang wong tuwa kang diajak guneman,
kajaba marang kanca-kancane sapadha-padha umure, wus lumrah nggunakake basa ngoko lugu.
Ing jaman saiki, paugeran basa kang kaya mangkono uwis akeh kang katrajang dening para nom-noman. Paribasan "kebo nusu gudel" mbokmanawa wis trep yen kasandhingake ingjaman samengko. Bocah-bocah uwis ora bisa nggunakake basa Jawa krama, bisane amung basa Jawa ngoko. Alesane supaya gampang ditampa. Tuladha kang bisa gawe grantesing ati, yaiku nalika anak ngaturi wong tuwane dhewe utawa wong liya kang kepara tuwa nggunakake tembung "kowe".
Kapriye ora nuwuhake rasa nggrantesing manah manawa mrangguli kahanan kang kaya mangkono. Tembung"kowe" miturut undha-usuk utawa unggahungguhing basa Jawa kang kudune kanggo nyebut kancane sapantaran umure malik grembyang digebyah uyah kanggo ngaturi wong tuwane uga utawa wong liya kang kapara tuwa.
Tuladha: "Pak, kowe arep lunga menyang ngendi?", pitakone si bocah marang bapake.
Tuladha ukara ing ndhuwur mratandhakake manawa bocah kuwi mau ora duweni tatakrama marang wong tuwane dhewe, katitik saka (1) nggunakake basa Jawa ngoko lugu marang wong tuwane dhewe, lan (2) bapake kaanggep kayadene kancane dhewe, yaiku nggunakake tembung "kowe" nalika ngaturi bapake. Miturut paugeran undha-usuking basa Jawa utawa unggah-ungguhing basa Jawa, panganggone tembung "kowe" iku ing antarane: (1) kanggo wong kang lagi guneman marang kanca-kancane kang padha saumurane,' lan (2) kanggo guneme wong tuwa marang putra-putrane utawa bocah enom. Nanging kahanan nyatane nerak saka paugeran, yaiku tembung "kowe" digunakake bocah enom kanggo ngaturi wong tuwane utawa wong liya kang kapara tuwa.
Kahanan kaya mangkono sajatine uwis kapara suwe lan mratah bisa kaprangguli ora mung ing dhusundhusun kang "adoh ratu cerak watu", nanging uga ing kutha-kutha kang katelah telenging budaya Jawa. Ora bisa selak manawa kahanan kaya mangkene nyata anane. Emane, wong tuwane kang mrangguli langsung guneme putra-putrane mau ora cancut taliwanda mbenerake basa kang salah kaprah lan kelantur-lantur. Sangsaya ndadekake nggrantesing manah maneh, manawa wong tuwane nganggep basa padatan kang digunakake dening putra-putrane kaya mangkono mau bisa nuwuhake sesambungane ing antarane anak marang wong tuwa tambah supeket.
Manawa kahanan sabanjure tetep ajeg kaya mangkono, ateges wis jamane kebo nusu gudel. Wong tuwa manut marang anak-anake, lan anak-anake wis padha ora nduweni
rasa urmat marang wong tuwane. Rasa Jawane wis ilang kayadene godhong jati aking. Bocah wis padha ora nganggo tatakrama utawa subasita nalika guneman marang wong tuwane utawa wong liya kang kapara tuwa. Kamangka, subasita iku minangka tatakramaning pasrawungan (Poerwadarminta, 1939:569). Bocah-bocah wus ora bisa nata patrap kang kudune pantes, ora bisa nata pangucap kang kudune lenggah, lan ora bisa nata pasemon kang kudune sumeh sarta ngresepake wong liya.
Magepokan tatakrama, Serat Centhini yasane KGPAA Amengkunagara III (Ingkang Sinuhun Pakubuwana V) lan Serat Nayakawara anggitane suwargi KGPAA Mangkunagara IV nate ngendikakake wigatine tatakrama tumraping pabrayan. Kaya mangkene surasane.
Kudu wêruh kukum watêknèki / ing kanisthan adoh / pamicara punika yêktine / mawèh rêsêp kang sami miyarsi / tatakrama mêsthi/ngêdohkên panyêndhu//
Pan kagunan kinarya ngupadi / boga anistha sor / kalakuwan
bêcik saèstune / wèh rahayu ing angganirèki / nunggil-misah kari / lan kang wus winuwus//(Sinuhun Pakubuwana V; Serat Centhini: Mijil/54-55)
Wardiningkang wasita jinarwi / wruh ing khukum iku watêkira / adoh marang kanisthane/ pamicara puniku / wèh rêsêpe ingkang miyarsi / tata krama punika / ngadohkên panyêndhu / kagunan iku kinarya / ngupa boga dene kalakuan bêcik / wèh rahayuning raga // (KGPAA Mangkunagara IV;Serat Nayakawara: Dhandhanggula/6).
Mirid saka wose Serat Centhini utawa Serat Nayakawara ing ndhuwur, bisa kadudut dadi limang perangan kang wigati, yaiku: (1) wong wruh ing kukum bisa ngedohken kanisthan, (2) pamicara iku weh resepe kang ngrungokake, (3) tatakrama bisa ngedohken panyendhu, (4) kagunan iku bisa dadi lumantaring ngupa boga, lan (5) kalakuan kang becik bisa gawe rahayuning raga. Kang kudu digatekakke saka limang perangan mau yaiku micara, tatakrama, lan kalakuan kang becik bisa nuwuhake tentreming urip.
Mula saka iku, prelu anane kawicaksanan saka kulawarga mligine, pawiyatan formal utawa informal lan pamarentah anggone bisa majibake lan mulang-murukake wigatine unggah-ungguhing basa Jawa tumraping bocah-bocah ing saben dinane. Basa Jawa ora bakal cures manawa isih ana kang gelem nggunakake minangka basa padinan. Basa Jawa mligine unggahungguhing basa Jawa prelu kawulangake wiwit ing PAUD tumeka pawiyatan luhur. "Jer basuki mawa beya."
Lintang Wistu Malindi
Gurit Kanggo Ibu
sliramu ora saderma bumi nuwuhake jiwa-jiwa mekar edi nanging sliramu uga rembulan lan srengenge madhangi laku adoh parane jembar tebane
nanging, ibu aja kaget yen anakmu saiki lagi bisa ngeja ukara sing ana dlamakanmu ketang ora sora
Dudu Dongengan Kancil
iki dudu dongengan kancil uga dudu critane Abu Nawas iki dhapur bundhelan lawas isi patrap-patrap methakil gawe kejoting maras
aja takon sapa sing mbabadi alas aja kaget yen segara klakon dikuras dheweke isih kadang dewa kasinungan kasekten tan kinira sapa wae bisa direh sakarepe ora ana sing wani mbangkang prentahe
iki dudu dongengan kancil iki dhapur crita wantah wong-wong cilik ajeg sambat kelaran kabotan panandhang lan sesanggan urip mung dadi pangewan-ewan awan lan bengi ora ana bedane awit dheweke sing wenang nemtokake
iki dudu dongengan kancil iki dhapur crita wantah sing wis mratah
Nengeri Dina
kanthi apa maneh daktengeri dina-dina nalika televisi mung tansah nyuguhake warta kamuskilan lan urube geni memungsuhan wiwit esuk nganti tengah wengi gawe abange mripat njendhelake rasa
apa sliramu bisa nulungi nengeri dina-dina sing wis dilalekake satengahe wirama panguripan sing dikebaki impen-impen nyalawadi sawangen kae, sawangen kae wong-wong mlaku sempoyongan ing dhadhane jejel-riyel cangkriman sasuwene iki angel dicekel batangane
sliramu mesthine kelingan kopi ing dhuwur meja nganti adhem dhewe utawa sairis roti dirubung semut digawa mrana-mrene kayadene awake dhewe nate sinau bareng gawe peta kebak makna ngenani lanskap
ngisi dina-dina kanthi apa daktengeri nalika gupitasari ora ngganda 2016
maneh dina-dina kuncupe wis
Endahing Gunung
Wangining kembang kegawa angin tumuju srengenge Lemah lan watu tan nyuwara Awan ing kali-kali dadi umpluk Banyu endah ombening manuk-manuk Bun-bun kuwur dadi hawa
Ijo sinawang ing mata Endah rasaning manungsa Gunung-gunung jejer Manuk mabur ing wit-wit randhu Ngoceh ngguyu marang kali Amarga kaendahan ing mata
Kahanan Wayah Wengi
Jam gumandhul ing angin Turu rasa adhem lan antuk-antuk Peteng dadi palagane nyamuk Geguyone lintang lan rembulan Madhangi sepining impen Papanku nggayuh angen-angen
Wengi sepi wis ora bisa ditemoni Lakune pemudha-pemudhi kang ora terpuji Nebar geguyon ing dalan kang sepi Katentreman tan diajeni
Swara jangkrik wis ora keprungu Ganti swara radio lan tivi Kahanan ing wengi kang sepi Saiki ilang kaganti
Gro, 2/2008
Tsunami
Manuk gedhe mangan iwak Pasir dolanan wit klapa Angin lan banyu nabrak watu Watu dolan ing prau Kerang kepanasen nyuwara Dodolan sungkawa sangisor srengenge Ombak ening lan watu biru dadi rusak Banyu nyapu reresik omah Nyawa-nyawa miber ninggalake sayah Banyu asin mlebu ing kutha Manuk nangis dadi lelara
DinaIhi
Manuk ngoceh ing cendhela Srengenge tangi karipan Wit-witan isih adus ing bun Adhem ngunceni amem Nalika jago kluruk munggah ing banyu Padhang nothoki lawang-lawang
Biodata Panggurit Viga Nur Khasanah Panggurit iki saka SMP N 1 Giritontro kang mapan ing Jalan Raya Giritontro, Wonogiri
Mlaku-mlaku ing wanci turu Sarapan angin kang lemes Sekolah esuk mulih awan Ora sinau dadi mungsuhan Dalan nggeguyu lakuku Ing sekolah golek ngelmu Saliyane bekti marang para guru
Fragmen Surup
Sore rame bocah Turu geguyon karo langit Mlayune kembang ing wengi Obah ing swara kang ilang Manungsa mangan angin Manuk mencok wit-witan
Kewan turu ing sepi Amarga wengi ngenteni Srengenge ilang malih rembulan Padhang lunga kaganti sore Wit-witan obah kena angin Sore lunga wengi teka Wektu turu lan ngimpi Adhem ayem ing wengi
Dakluru pawartamu rina wengi Kinancan .... angin ngidhit mangidul Angrantu gisiking wengi Ngronce pangangenangen Kang nate dak anti Dak onceki sasmita Kang sasuwene iki nggubet ati Sliramu jebul mangro Sesideman dolanan katresnan Gawe kejoting ati Goreh... Sengkleh... Jeng....telenging atimu Wengis ngluwihi mawa Dak indhit runtiking ati iki Binarung kidung rahina lan ratri Sumarah ngarsa Gusti
Bedhug tinabuh ambal pindho Gumontang anggugah gegodhongan Ewasemana Mripat iki panggah lelana Pencolotan pindha lintang alihan Binarung... Sorot rembulan abyor Kekencar ngrenggani latar Dhuh...... Sepi mamring Thengukthenguk kijenan Mapak wektu parak esuk Sumiyuting sang bayu Ngidhit ngaras raga akingku Sansaya kekes, angles Rasaning ati Sru sun sesuwun Pangenthengentheng Panandhang urip iki Kebacut tuwa Nora sanak nora kadang Kijenan jroning lemah pangumbaran Kinancan gubug reyot Sadhuwuring gumuk Sayekti abot nandhang prihatin Dhuh Gusti Dhuh nyawa.. Ngranti titi mangsa Gendongan Sang Kawasa
Biodata Panggurit Sri Harnoko Dedalem ing Tempel 03/07 Alastuwo, Kebakkramat, Karanganyar. Saben dinane ngasta dadi guru ing SMP N 1 Mojogedang Karanganyar.
Kidung Tengah Wengi
Madyaning ratri Jinjatjinjit Tlulaktlulik Ampingamping gegodhongan Klesikklesik Ngguyu nyekikik Ngariharih Kelalen.... Nduwe nalar Grobyak Kori dinupak, brak Sapandurat Playon Blandaran Bengakbengok Arit mobatmabit Miyak wengi kang tintrim 0..o.. Tangga tritis Nora tata Ngumbar kidung angkara mmmankn mmankn on Ghn cn neninn:y: nknnan:m: kng:y: wun
Sakeplasan tumrape Buku Lancar Maca Jawa
Irah-irahan : Lancar Maca Jawa
Penerbit : Dinas Kebudayaan Kulon Progo
Kutha terbit : Yogyakarta
Taun terbit :2017
Cithakan 1
Cacahing kaca : jilid I: iv + 58 kaca; jilid II: iv + 70 kaca; jilid III: iv + 54. Jilid I--III
Ukuran : 10,5 cm x 16 cm
Ora bisa diselaki maneh lan pancen wis dadi kasunyatan, yen nganti dina iki wis lumrah generasi mudha lan masarakat Jawa ora bisa maneh maca lan nulis aksara Jawa.
anthi pawadan apa wae, nyatane akeh sing wis K lali karo aksara Jawa. Senajan ta isih ana siji, loro, telu pawongan kang bisa maca lan nulis aksara Jawa kanthi lancar, nanging bisa dikandhakake persentase-ne ora punjul saka limang persene.
Akeh kang dadi sebab-musababe aksara Jawa tansaya cures ing masarakate dhewe, ing antarane basa kanggo komunikasi resmi padinan wektu saiki wis nganggo basa Indonesia lan aksarane nganggo aksara Latin. Kaping pindho, basa lan aksara Jawa wis ora kawulangake ajeg saben dina ing sekolahan, apa maneh ing kulawarga utawa ing masarakat. Kaping telu, wis arang banget (malah bisa dikandhakake ora ana) majalah Jawa kang mligi nganggo aksara Jawa. Kaping papat, guru basa Jawa ora kabeh lancar maca lan nulis nganggo aksara Jawa lan isih akeh sebab-musabab liyane. Lire, aksara Jawa wis ora disengkuyung dening masarakat kanggo bisa ngrembaka maneh.
Senajan ta ing wektu iki, pamarentah isih ajeg nguri-uri supaya aksara Jawa tetep lestari ora ateges aksara Jawa bakal enggal moncer. Saora-orane, aksara Jawa rada suwe umure tinimbang yen pamarentah ora melu cawe-cawe. Kuncine, yen masarakate wis ora nggape maneh, apa wae kang diupayakake dening pamarentah ora bakal kawujud kanthi sampurna. Ewa semono, ora ateges upaya
kanggo tete p nglestarekake lan ngrembakakake aksara Jawa bakal mandheg. Isih akeh upaya, kaya ta nggawe program software aksara Jawa lan nyithak buku aksara Jawa dening pamarentah lan masarakat.
Babare buku Lancar Maca Jawa taun 2017 durung suwe iki dening panulis kang tembayatan karo Dinas Kebudayaan Kulon Progo DIY ora
Senajan ta isine ringkes banget, nanging buku iki nduweni pepenginan, masarakat Jawa, klebu bocah-bocah cilik generasi millenium Jawa bisa mudheng tulisan Jawa kanthi conto-conto tembung prasaja. Kanthi mangkono diangkah kabeh masarakat Jawa bisa sinau maneh aksara Jawa kanggo nulisake tembung-tembung Jawa. Dadi, babaring buku iki ngganepi buku-buku sajinis kang wis kababar sadurunge.
Buku Lancar Maca Jawa iki pancen disengaja kabeh katulis nganggo aksara Jawa, wiwit saka samak ngarep nganti tumekaning isi. Ancase supaya kang sinau buku iki tansaya kapengin ngerti isining buku lan cepet bisa maca aksara Jawa. Buku iki cacahe ana telung jilid, digawe cilik kaya dene buku Iqra'
supaya gampang dinggo sinau lan
nduweni tujuan liya kejaba kepengin uga ndawakake umure aksara Jawa ing bumi Jawa, papane masarakat Jawa padha bebrayan.
digawa mrana-mrene dening bocah. Tulisan Latin mung kanggo nulis atur cecala (pengantar), kapustakan ( d a ft a r pustaka), lan biografi.
Buku jilid s i j i mbaba
raksara Jawa legena wiwit saka"ha" nganti tekan "nga". Banjur dibolan-baleni kanthi conto lan gladhen
makaping-kaping supaya sing sinau buku
(swara u), taling (swara é/è), pepet (swara ě), lan taling tarung (swara o). Saben sakaca diwenehi gambargambarprasaja.
iki enggal bisa lancar maca aksara Jawa.Banjur,kabacutake sandhangan-sandhangan swara urip (vokal) kayata: wulu (swara i), suku
Buku jilid loro mbabar sandhangan aksara Jawa liyane, kaya ta sandhangan wignyan (swara mati "h"), layar (swara mati "r"), cecak (swara mati "ng"), cakra, cakra keret, panjing la, panjing wa, lan pengkal. Ing buku iki uga diwenehi contoconto lan gladhen tembung Jawa kang katulis kanggo aksara Jawa. Ing jilid loro iki saben sakaca uga diwenehigambar-gambarprasaja.
Buku jilid telu mbabar pasangan aksara Jawa "ha" nganti "nga" lan conto-conto panulisane pasanganpasangan kasebut. Klebu aksara pasangan apa wae kang kudu katulis wutuh nalika entuk sandhangan suku, cakra, lan keret. Ing buku jilid telu iki uga kababar aksara swara kanggo nulisake tembung-tembung serepan, aksara rekan, aksara kanggo nulisake angka Jawa, lan aksara murda. Kabeh sinartan contoconto lan gladhen tembung lan ukara Jawa. Buku jilid telu iki dipungkasi pathokan carane nulis tembung andhahan (kata jadian) miturut paramasastra (tata bahasa) panulisane aksara Jawa. Ing buku jilid telu iki saben sakaca uga diwenehigambar-gambarprasaja.
Mangkono mau, satleraman ngenani babagan buku Lancar Maca Jawa kang kababar ing sasi Juli 2017 kepungkur. Gandheng anggone nggawe buku wektune cumpen, mula isih akeh tinemu luputing cithakan. Pamrayoga lan panyaruwe saka para maos kaantu-antu kareben cithakan buku sabanjure bisa luwih sampurna. Matur nuwun. (*) Suwandi, Sragen, Jawa Tengah
MENDHUNG ANGENDANU ING LANGIT BANG KANGKUNG
Dening: Sri Wintala Achmad
ongsor De Lappo iku B jenenge. Wong lanang kesrakat kang lagi mujur nasibe. Amarga labuh-labete kang tanpa pepindhan marang sadhengah wong, Bongsor kasil dadi bupati ing Kabupaten Randugimbal. Aneh pancen. Nanging, kaya mengkono kasunyatane.
Setaun lawase Bongsor nyekel panguwasa ing Kabupaten Randugimbal, akeh proyek pembangunan kawujudake. Perumahan-perumahan elit dibangun ing peperengan gunung kang isih seger hawane lan bening banyune. Hotel-hotel bintang lima, mal-mal, sartane supermarketsupermarket dibangun satengahe kutha. Pabrik-pabrik sartane minimarket-minimarket dibangun ing pradesan.
Amarga sakehe pembangunan iku, wong-wong cilik padha celathu menawa Bongsor wus minger keblate. Kang Kemproh misuh, "Pancen semprul! Bongsor wus dadi begundhale kapitalis." Yu Srendel ora keri, "Bupati gemblung kuwi kudu melu tanggung jawab marang kali-kali kang keracunan uwuh plastik lan limbah kimia."
Ora mung Kang Kemproh lan Yu Srendel kang tansah misuh menawa mikirke tumindake Bongsor, nanging uga Lik Dulkemit, Mbah Semprong, Pakdhe Bowang, lan Dhik Juminten. Mulane, dheweke kabeh tansah ndedonga muga-muga Bongsor
enggal lengser saka kursi kalungguhane.
Srengenge angslup ing bang kulon. Wong-wong Kampung Bang Kangkung kang nembe wae adus sawuse mulih saka sawah iku padha lelungguhan sangarepe televisine dhewe-dhewe. Nglelipur pikir kang peteng dhedhet lelimengan. Tanduran parine wong-wong iku kang lagi wae dicebloke padha alum. Kilenan banyu kang kecampuran limbah pabrik.
"Iki merga pokale Bah Long Kek," kumecape Yu Srendel marang Kang Kemproh bojone ing ruwang keluwarga. "Juragan pabrik deterjen kang buwang limbah pabrike sakepenake wudele dhewe neng kali."
"Ora mung Bah Long Kek, nanging uga Bongsor kang wus ngidini Bah Long Kek mbangun pabrik deterjen ing pinggir kampunge dhewe iki."
Kang Kemproh lan Yu Srendel
"Kudu dhemo, Kang!"
Pakdhe Sranta, bapakne Kang Kemproh bengok sora saka ruwang tamu. "Ora perlu dhemo. Senajan suwaramu sero, nanging ora bakal digubris. Bah Long Kek kuwi sugih dhuwit. Dheweke kuwat mbayar sewu preman kanggo mbungkem swaramu."
"Sarujuk."
"Aku ora sarujuk."
mung padha sawang-sinawang sawuse krungu kandhane Pakdhe Sranta. Ora ana tembung-tembung kang kumecap saka lathine. Amung swarane pawarta saka salah sawijine stasiun televisi swasta nasional. Pawarta kang mawartakake menawa Bupati Bongsor De Lappo dicekel KPK ing kantor kerjane sawuse kadakwa nampa suap 1,3 milyar saka Bah Long Kek. Krungu pawarta iku, Kang Kemproh lan Yu Srendel sanalika bengok sora, "Sukur!"
Ora mung Kang Kemproh lan Yu Srendel kang rumangsa lega sawuse Bongsor De Lappo ketangkep KPK, nanging uga wong-wong ing Kampung Bang Kangkung. Mulane kabeh padha rela ngetokke ragat kanggo sukuran sawuse Bongsor kapecat saka jabatan bupatine.
**冰
Ing pelataran omahe Pak Jomar, Ketua RT 01 Kampung Bang Kangkung, wong-wong padha kumpul saperlu ngesokake rasa sukur marang Gusti-ne sawuse Bongsor De Lappo mlebu kunjaran. Bubar ndedonga bebarengan, adicara sukuran iku kapungkasan. Kang Kemproh, Yu Srendel, Lik Dulkemit, Mbah Semprong, Pakdhe Bowang, sartane Dhik Juminten padha mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Nanging, bocah-bocah nom isih padha keri. Dhangdhutan kairing lagu-lagu OM Monata nganti tumekaning gagat esuk.
Kaya dina wingi lan wingine, saperangan warga Bang Kangkung kang uripe ngendelke pametune sawah kuwi wus padha ninggalke omah sadurunge srengenge mlethek ing bang wetan. Mbedholi tanduran kang alum lan ora bisa diupakara meneh amarga limbah pabrik.
"Awake dhewe mung bisa sabar, pasrah, lan narima." Mbah Semprong aweh panglipur marang Kang Kemproh kang lagi lungguh thenger-thenger sajrone gubuk. "Percaya wae, Gusti ora sare."
"Kang baku meneh...." Lik Dulkemit nimbrung. "Bongsor De Lappo wus mlebu sel. Aku uga krungu pawarta menawa Bah Long Kek wus kacidhuk KPK."
"Apa yen Bah Long Kek wus kacidhuk KPK, terus rampung perkarane?" pitakone Kang Kemproh. "Durung. Limbah pabrik bakal tetep mili ing sawah-sawah iki, Lik."
Krungu kandhane Kang Kemproh, Lik Dulkemit lan Mbah Semprong ora bisa aweh wangsulan. Sanalika swasana ing gubuk iku ora beda swasanane kuburan tuwa kang nyenyet. Nanging, swasana nyenyet iku pecah rikala tumekane Yu Srendel kang aweh pawarta menawa Pak RT Jomar ndhawuhake sakabehe kepala warga Bang Kangkung saperlu mlumpuk ing lapangan Kecamatan Randugebang. Nyemak andharane Jangkung Da Sule -wakil bupati Randugimbal – kang bakal tumeka ing Randugebang rikala tabuh loro sore.
Bebarengan Lik Dulkemit, Mbah Semprong, lan Yu Srendel; Kang Kemproh ninggalke gubuk iku. Lumaku sadawane galengan. Mulih menyang omahe. Sawuse tekan ngomah, Kang Kemproh kang wus adus lan mangan sega jangan bobor sambel trasi iku banjur menyang lapangan Kecamatan Randugebang. Bebarengan rombongan warga Kampung Bang Kangkung.
Ora mung wong-wong Kampung Bang Kangkung, nanging uga wongwong Kampung Karangduren, Sigramilir, Slagaima, Slaka Kemiri, Sawitwaja, lan liya-liyane padha ngumpul ing lapangan Kecamatan Randugebang. Wong-wong padha sesurakan mbata rubuh sarta nyuwara bareng, "Hidup Pak Jangkung Da Sule...," sawuse pawongan kang bakal winisuda dadi bupati ing Randugimbal iku bakal njabut idin operasine pabrik deterjen duweke Bah Long Kek kang njalari rusake tetandurane para tani.
Senajan sore iku mendhung, nanging langit katon padhang sajrone pandelengane Kang Kemproh. Mula sawuse bali menyang ngomah, Kang Kemproh crita marang Yu Srendel babagan Jangkung Da Sule kang bakal njabut idin operasine pabrik duweke Bah Long Kek. Krungu critane bojone, praupane Yu Srendel kaya langit kang uwal saka kemul mendhung.
"Aja padha kesusu seneng!" Pakdhe Sranta kumecap saka teras omah. "Apa kang dikandhakke Wabup Jangkung kuwi lagi janji. Janji kang pungkasane mung gawe atimu sakloron ing samengkone bakal kuciwa."
Krungu kandhane Pakdhe Sranta, Kang Kemproh Ian Yu Srendel sanalika kaya orong-orong kang kepenyak. Beda karo Kang Kemproh kang isih percaya marang janjine Jangkung Da Sule, Yu Srendel wiwit percaya marang kandhane Pakdhe Sranta. Jangkung ora beda panguwasa-panguwasa liyane kang bisane mung obral janji, nanging ora tau aweh kasunyatan marang wargane.
Ora mleset kang kakandhakake Pakdhe Sranta. Sawuse Jangkung Da Sule winisuda dadi bupati ing Randugimbal, lali marang janjine.
Mangerteni menawa limbah pabrik tetep mili ing sawahe lan sawahsawah liyane, Kang Kemproh mung bisa nggresah. Senajan Jangkung ketangkep KPK amarga nampa suap 1,7 milyar saka direktur pabrik deterjen warisane Bah Long Kek iku, nanging Kang Kemproh ora bisa gumuyu. Ora bisa bungah atine.
Udakara setaun lawase, Bongsor De Lappo lan Jangkung Da Sule dadi tahanan. Ngancik taun keloro, mantan bupati lan wakil bupati Randugimbal kang ditokke saka pakunjaran itu dilebokke ing RSJ Sumber Waras amarga edan. Awanbengi, saklorone tansah nangis lan ngengleng sajrone krangkeng wesi.
Embuh apa kang njalari Bongsor De Lappo lan Jangkung Da Sule bisa metu saka krangkeng wesi. Nanging ana kang crita menawa saklorone pancen ditokke saka RSJ Sumber Waras, amarga keluwargane ora gelem tanggung jawab. Ora saguh mbayar kanggo beya perawatan.
Sakawit wong-wong Kampung Bang Kangkung ora mangerteni menyang ngendi paran dan dununge Bongsor De Lappo lan Jangkung Da Sule sawuse dibuwang dening sawijine pawongan kang dibayar RSJ Sumber Waras. Nanging seminggu sadurunge Pemilukada ing Kabupaten Randugimbal, wongwong kandha menawa saklorone manggon sakiwa-tengene Kampung Bang Kangkung.
Wong-wong Kampung Bang Kangkung padha jejingkrakan batine sawuse mangerteni menawa Bongsor De Lappo lan Jangkung Da Sule wus kajiret ukum karma. Rikala awan, saklorone turu ing omah suwung. Rikala wengi ngluru pangan. Mbrakoti kayu, wesi, beling,
lan kerdhus. Ngokopi banyu kang kecampuran limbah pabrik.
Senajan wong-wong Kampung Bang Kangkung – Yu Srendel, Lik Dulkemit, Mbah Semprong, Pakdhe Bowang, Dhik Juminten, lan liyaliyane - padha suka pari suka sawuse Bongsor De Lappo lan Jangkung Da Sule nampa paukuman kang murwat saka Gustine, nanging batine Kang Kemproh isih ginubel rasa was sumelang. Amarga bupati lan wakil bupati kang bakal tumeka durung mesthi dumadi angin gedhe. Mbingkas mendhung kandel kang angendanu. Rapet angemuli langit Bang Kangkung.
Cilacap, 30 Oktober 2016
RECA KANG BISA TATAJALMA
Dening: Rita Nuryanti
"Eh, kanca-kanca! Wis padha krungu kabar durung? Reca ngarep kantor kecamatan kae, yen ngerti dijak omong-omongan bakal bisa tatajalma kaya manungsa lumrah."
Setu awan, kalane ngaso kapindho, Aldi lungguh jejagongan kalawan Ega, Riko, lan Yoga ing sangisore wit flamboyan kang ngrembuyung edhum.
"Tenane Al? Mbok aja ngomong ngayawara kang ora nyata!" wangsulane Ega.
"Bener? Yen ana tenan, mosok wong-wong dha ora ngerti!" Riko nambahi.
"Sssstttt...!!! Aja seru-seru!" Aldi mepetake driji panuding ing tutuke, weneh pratandha supaya anteng, aja nganti keprungu liyan. "Takkandhani ya, aja kandha-kandha. Pokoke sing ngerti mung awake dhewe, wong papat. Reca mau yen nyumurupi
kang ngajak wawan pirembugan wong akeh malah bakal mogok ora gelem ngetokake suwara apaapa."
"O..., kok bisa ya? Aneh?!" Tanpa diabani, Ega, Riko, lan Yoga gedheg-gedheg,gumun.
Mangerteni kanca-kancane padha kamitenggengen, Aldi saya mempeng anggone crita. "Tenan, kuwi! Apa maneh yen krungu ndhangdhut utawa jathilan, reca mau mleterjejogedan!"
"Wah, aku selak kepengin weruh! Iki mengko mulih sekolah langsung mrana ya?" Yoga sajak ora sabar.
"E, aja kemrungsung lan grusagrusu! Ndrawasi, kurang begjane
awake dhewe bakal cilaka dhewe!" Aldi elik-elik. Kabeh mono ana wektu lan sarate."
"Kaya dhukun wae Al..., Al!" Riko cekikikan.
"Ya wis yen ora percaya!" Aldi menyat, sikile nedya jumangkah nglungani.
"Aja lunga Al! Aja lunga! Aku percaya." Ega lan Yoga nyekeli tangane Aldi.
Aldo murungake niyate, kepara bali sila ngethepis, kanca liyane uga enggal mepet lungguhe, Aldi nuli mbacutake crita dakik-dakik bab reca kang bisa tatajalma. Jare Aldi, reca kasebut gelem nanggapi panjaluke manungsa samangsa bisa dhong utawa bisa nangkep karepe.
Ora dhong ya meneng wae. Supaya ora nguciwakake, wektune kudu mruput esuk-esuk tangi turu utawa bakda maghrib yen wis sepi uwong.
"Yo, mengko wae bar maghrib awake dhewe dolan!" panyelane Ega.
"Wah, ora bisa! Bengi-bengi dolan paling ora pareng bapak. Lha yen sesuk tangi esuk njur mlaku-mlaku, wong tuwa paling seneng, awake dhewe tangi gasik njur olahraga!" Aldimangsuli.
"Ya wis, sarujuk. Sarate apa dadine?" Riko nguncalake pitakonan.
"Hmmm..," Aldi unjal napas landhung. "Satemene aku ora tegel ngomongake, nanging pancen jer basuki mawa beya. Awake dhewe iuran, paling ora wong siji rongewu setengah, Iha mengko rak wis nglumpuk sepuluh ewu. Dhuwit mau kanggo sarat sarana kareben reca gelem nindakake panjaluke awake dhewe, utawa gelem mangsuli kalane ditakoni.
Nganti wektu ngaso wis rampung lan sekolahan bubar, bocah papat yen rembugan padha glenikan. Alonalonan lan digawe wadi sapa wae aja nganti ana kang ngerti.
"E, ngisor wit cemara kae Iho recane!" Durung ana jam lima esuk, bocah papat wis pating crenguk ing cedhak kantor kecamatan.
"Wis kene dhuwite gek diklumpukake, yen kadenangan recane aku dadi ora penak!" Aldi nglumahake tangan tengen, kanca-kancane banjur teplagtepleg nyelehake dhuwit. Ora nunggu wektu, Aldi enggal nglebokake dhuwit ing
kanthonge dhewe. Ana rasa ayem ing atine Aldi, ana rasa bungah bisa nyekel dhuwit kanthi gampang. "Lho Al, dhuwite kok dikanthongi?" Yoga cubriya mring patrape Aldi. "Ssst..., aja brisik! Ayo gek mrana!" Aldi nggeret tangane Yoga nyaketi kantor kecamatan, liyane nututi aja nganti ketinggalan. "Kae..., kae! Tontonen recane! Lho..., Iho?! Recane kok malih dadi loro? Wingi mung siji ki?" Aldi kang sakawit gumregah sajak gagah kaya Raden Werkudara, sanalika ndhredheg, wel-welan. "Thung theng thung...! Thung theng thung theng thung theng thung...!" Aldi njenggirat saking kagete. Ngoploke saya ndadi. Tanpa kanyana keprungu swara gamelan jathilan saka reca kang jarene Aldi dhewe minangka reca tambahan, njoged jejathilan kaya wong kesurupan. Ega, Riko, lan Yoga, beda klawan Aldi. Bocah telu seneng banget, ora rugi kelangan dhuwit rongewu limangatus. Kagawa iramaning gamelan, tanpa karasa bocah telu uga melu jejogedan. "Aldi..., Aldi..., ulungna dhuwite Aldi! Kene kanggo mbayar!" Reca kang nembe mleter njoged ngathungake tangan, nyedhaki Aldi. "E.., e..., nggih! mangga!" Aldi ndudut dhuwit, diulungake. "Lho?! Pak Guru?!" Kabeh padha kaget kaya sinamber bledheg.
"Aja sok ngapusi, Aldi!" Reca kang temen-temen bisa tatajalma mijet wetenge, sanalika swara iringan jathilan greg mandheg. "Sawangen, aku sapa?" Reca kasebut ngetokake hape kang isi rekaman jathilan lan mbukak topeng kang kraket rapet ing raine.
Padha nggumun, rumangsa aneh Pak Guru keraya-raya nyamudana dadi reca. Kejaba Aldi, mesthine. Aldi rumangsa entek atine, pasrah bongkokan kaya-kaya bakalnampa duka. "Ega, Riko, lan Yoga! Mangertia, satemene kowe mono wis kena apus-apusane Aldi!" "Kok saged Pak Guru?" Bocah telu lingak-linguk, bingung. "O..., inggih.., nggih, Pak Guru? Bocah kok boten cerdhas, he he he...," Riko nggeguyu awake dhewe. "Mula, sing padha pinter kareben ora gampang diapusi. Wong bodho mono dadi pakane wong pinter. Prayogane, yen tinitah pinter aja nganti keblinger, tetep andhap asor marang sapa wae. Aja kumalungkung, aja adigang, adigung, lan adiguna. Tegese, aja ngendel-endelake kekuwatan, kaluhuran, lan kapinterane." "Inggih, Pak Guru!" Bocah papat manthuk tandha sarujuk. Tanpa didhawuhi, Aldi nuli nyuwun pangapura marang Pak Guru lan kanca-kancane. Aldi janji ora bakal mbaleni tumindake kang minterikanca-kancane.
"Bener, reca yen ngerti dijak omongomongan bakal mangsuli. Lha apa reca ngerti yen dijak omongomongan? Reca gelem njoged yen krungu ndhangdhutan. Apa reca ya bisa ngrungokake? Paham ora karepku? Aku wingi awan krungu rembuganmu bocah papat, kok Aldi sajak arep akalakalan."
KIDUNGSWARATAMA
(Sêkar Sinom Wulang Jiwa)
1. Kalawarti Swaratama Masturi mring jati dhiri Rinaras srining budaya Budaya Jawa jinarwi Wijang wêdharing yêkti Tinata ing tuduh suluh Susuluh kasunyatan Tansah madhangi panggalih Silih ing rèh kawruh nyata wulang jiwa!
4. Sinipat sêkar macapat Maca sipaté pribadi Dimèné éling waspada Datan anut grubyug ngih Linamis manis lathi Thingak-thinguk tiyang bingung Bingung kélangan kéblat Ngéblaté intoleransi Sinawang trang Swaratama wèh papadhang
7. Sanguné duga prayoga Gagap-gagap hangulari Nglari mustikaning wédha Dhawuhing luluhur nguni Nilar warisan nênggih Budaya adi linuhung Unggul tan ngungkulana Tanapi lêmbah ing budi Mbudidaya kyat kanggènan jiwa mulya
2. Tan samar pamoring nyata Sêmar mèsêm angilhami Èsêm madu pinastika Manis ngujiwat rêspati Tinêmu kalawarti Tinali rahsa sinambung Sambung rahsa sraséhan Antêng sinirat nurani Ningali mring rumpakaning Swaratama
5. Nalika kataman godha Dhadhag têguh ing pambudi Mbudidaya sêtya budya Budayané linêstari Srana hambayangkari Rinaras ing puji syukur Konjuk Hyang Maha Kwasa Sagêda bangkit mrantasi Sinawung ing wulang jiwa Swaratama
8. Wolu wédha hastha brata Paugêraning pangarsi Pamong jiwa iku kêdah Sinung watak kang linuwih Wicaksana bèr budi Samadya prasaja lugu Kyai Sêmar tinular Laladi sêpi ing pamrih Pamrih momong dadya sang jiwa minulya
3. Kalawarta basa Jawa Mrih tyang Jawi hanjawani Nitik marang kasunyatan Tan èlok jaman puniki Kita kélangan budi Budyayu wajib diluru Rumit yèn daluwarsa Sasat pinangku kapati Titisnya Swaratama amungu néndra
6. Swaratama sastra cêtha Sinirating warta yêkti Sastra tulis cêtha ngégla Glagat winulat tinliti Tingal batin ngulati Titi tatas kang dinulu Limpad saprapat tamat Waskitha risang winasis Wasis suka nggugulang budaya bangsa
9. Winahya warta budaya Swaratama mapan dadi Pamonging para taruna Pawarisé N.K.R.I. Iku wus harga mati Pati-pati ywa pinangku Kudu sadhar nglênggana Narima kinodrat Gusti Jati dhiri sang Bhinneka Nuswantara (*Waspada...Eling!)
= RAHAYU = (Hayu - hayu - hayu sagung dumadi) Nuwun!
10/08/2017 Kristyhanto Yonosoebroto (Mbah Wiku Sri Laksita)
MGMP Basa Jawa SMP Banyumas Nganakake Pelatihan Nulis
WORKSHOP Penulisan BasaPenginyongan Bagi Guru-guru Bahasa Jawa SMP/MTs Kabupaten Banyumas Balal "Bahasa Ibu sebagai Sumber Kearifan Lokal" Jenn Purwokerto, 18 & 25 Januari 2018 Kegiatan ini terselenggara berkat kerjasama antara sa Jawa ngah deng GMP B sa Jawa SMP Kabupaten Banyumas
WARTA RINGKES
MGMP Basa Jawa SMP Banyumas makarya bebarengan karo kalawarti Ancas lan Balai Bahasa Jawa Tengah nganakake pelatihan nulis kanggo guru-guru basa Jawa SMP lan MTs.
egiatan mau lumaku K kanthi irah-irahan "Workshop Penulisan Basa Penginyongan bagi Guru-Guru Bahasa Jawa SMP/MTs Kabupaten Banyumas. Acara mau dianakake ing SMP Negeri 2 Purwokerto, tanggal 18, 19, 20, lan 25 Januari 2018. Acara dibukak dening Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Banyumas, Drs. Purwadi Santoso, M.Hum. Dene, minangka narasumber ing antarane Ahmad Tohari, Drs. Suryo Handono, M.Pd., lan Bambang Wadoro. Ana 120 guru kang melu acara mau. Pelatihan nulis mau mirunggan nganggo basa Jawa dhialek Banyumasan utawa kang uga disebut Panginyongan. Ana maneka warna jinis tulisan kang disinaoni, ing antarane yaiku crita cekak, artikel, lan naskah sandiwara. Ing pangajap asiling tulisan mau bisa didadekake buku antologi lan ana kang kababar ing majalah Ancas. (kust)
Diskusi Sastra lan Peluncuran Antologi Geguritan Mung Ngabekti Anggitane Na Dhien Kristy
Balai Bahasa Jawa Tengah nganakake rembug sastra lan ngepyakake antologi geguritan Mung Ngabekti anggitane Na Dhien Kristy.
embug sastra iki diadani ing dina Setu, 3 Februari R 2018, ing Ruang Ranggawarsita Balai Bahasa Jawa Tengah. Kajaba dening Balai Bahasa Jawa Tengah, kagiyatan iki uga disengkuyung Sanggar Sastra Balai Bahasa Jawa Tengah "Smara Muruhita", Bengkel Sastra Taman Maluku, Handry T.M., Driya Widiana M.S., Amie Williams, lan Sulis Bambang. Antologi Geguritan Mung Ngabekti anggitane Na Dhien Kristy iki diwedhar dening Dr. Tirto Suwondo, Kepala Balai Bahasa Jawa Tengah, lan Sosiawan Leak, sastrawan saka Solo. Rembug sastra iki ditekani budayawan, wartawan, para dwija, lan pandhemen sastra Jawa. (Fik)
TATAKRAMA KANG TINARBUKA
Dening: Jefrianto
Kuliyah ing program studi (prodi) Pendidikan Bahasa Jawa darbe teges bakal diwulang wuruk babagan tatakrama. Iki babagan kang wis baku, sabab sarjana prodi Pendidikan Bahasa Jawa kaangkah dadi guru basa Jawa kang mumpuni lan wangun tinulad, sanadyan ing kasunyatane akeh lulusane kang golek pangupaboga sanjabaning donya pawiyatan.
Tatakrama kang diwulangake mesisan dikulinakake maneka rupa wujude. Ana kang mujud kaya ndhodhog lawang sadurunge mlebu ruwangan, ngulungake lan nampani barang nganggo tangah tengen, angob kudu ditutupi, lan sapiturute. Kabeh mau kudu dilakoni, lan didadekake pakulinan amarga minangka calon guru basa Jawa kudu bisa ngetrepake tatakrama ing masarakat. Guru iku panutan, patuladhan, lan tontonan kang dadi tuntunan.
Tatakrama kang diwulangake sanyatane pancen dadi pathokaning bermasyarakat secara umum. Wong seneng diurmati, diaruh-aruhi apa maneh nganggo
basa krama. Masarakat sacara umum uga seneng nalika ndeleng wong kang bisa nggawa dhiri pribadine kanthi trep ing sadhengah papan. Tegese bisa empan papan.
Ananging, kasunyatane pranyata nora mung kaya mangkana. Ana golongan masarakat sacara umum, ana uga masarakat kang marjinal—masarakat kang biyasane dianggep pinggiran jagade. Kaya dene wong urakan, wong ndalan, lan sajinise. Ing donyane wongwong iki tatakrama kang dienggo dudu tatakrama salumrahe.
Bocah cilik nora basa krama tumrap wong tuwa, ngundang kanca karo sebutan kewan kaya dene "su"
wis dadi babagan kang lumrah ing jagat marjinal iku. Gegojegan kanthi adu pisuhan uga dudu barang kang wagu. Ing jagad iki, tatakrama kang ana kaya dene donya walikan kanggo jagade masarakat umum.
Temtu bae tatakrama kang alus kaya nggone masarakat umum karo tatakrama kang kasar kaya dene kaum urakan wis dadi kasunyatan kang nora bisa diilari. Beja tenan sapa wonge kang ngalami jagad loro mangkana. Ateges dheweke wis pana, mangreti yen ta kang diarani empan papan nora mung ngetrepake kaalusan ing ngendi bae papan. Wong, sajane, kudu siyap migunakake kekasaran kang sajane asline kaalusan nalika srawung ing jagat marjinal.
Empan papan ing kene pancen luwih cedhak karo sikap tinarbuka. Sikap kang asline duwene wong Jawa. Dadi wong Jawa kuwi tegese kudu siyap ing ngendi bae papan amilih sawijining sikap. Jawa iku nora tunggal sanadyana kawit biyen kawentar sikape kang berbudi alus. Mung bae, dipikir kanthi wening coba, kira-kira apa trep ing panggonane wong pinggiran banjur diulungi barang nganggo tangan kiwa lan sing ngulungi nora nuwun sewu babar pisan, kita jengkel, nesu, kecenthok atine?
Menawa anetepi sikap kang kaku, apa-apane Jawa kudu miturut benere dhewe, kaya kang diwulang wuruke ing sabarang pawiyatan, bisa gawe tuna dhiri iki malahan. Sabab iku mujudake wong Jawa kang kaku, nora luwes. Lan menawa ditilik kanthi luwih cetha nora beda sikap ngono karo sikap kang aran primordialisme.
Nah, sikap-sikap kaya mangkene iki kang ndadekake Jawa angel majudigdayane. Sikap luwes lan tinarbuka kudu dinarbe. Babagan kang entheng kaya tatakrama yen ora disikapi kanthi luwes lan tinarbuka bisa dadi pathokan yen ta ing babagan kang luwih rumit, luwih amba wilayahe sikap kaku iku bakal tansah katut.
Manungsa kang pana, wasis temtu nora mung dhuwur kapinterane.
Ananging uga kudu duwe kawicaksanan migunakake kapinterane. Trep ing ngendi bae panggone. Manungsa-manungsa wicaksana kaya mangkene iki kang wangun antuk aran berbudi luhur. Kaluhurane katilik saka sikape kang ngormati apa bae kang ana ing kiwa tengene.
Kawruh, warisan kabudayan saka wuri kaya dene tatakrama sabisa-bisane dijaga supaya tetep lestari. Sabisa-bisane uga babagan kaya mangkana dikembangake, dilaksanakake kanthi trep nut jamane. Manungsa Jawa abad 21 kudu migunakake olah pikir lan olah rasane kang nut jamane. Yen ta isih nganggo cara abad sangisore, apa bedane karo manungsa Jawa kang karanan primitif?
Jawa ing jaman saiki wis kudu ngatonake sikape kang diwasa. Sikap kang luwes, manjing ajur ajer mring kahanan. Borobudur, Prambanan, wayang kulit, lan wujud kabudayan liyane dadi tetenger menawa sikap luwes lan tinarbuka kuwi wis ana ing Jawa atusan kepara ewonan taun kapungkur. Sikap kaya mangkana nyata uga minangka pawujudan adi-kabudayan. Eman, arang kang niteni utawa suka adi-gati.
Kang cetha, tatakrama kaya dene kang wis diwulangake ing pawiyatan kudu tetep dilestarekake. Iku sawijining warisan saka para luhur. Dene, kasunyatan kang ana kang nora padha karo apa kang diwulangake ing pawiyatan sumangga didadekake "buku wacan" kang kudu tansah diwaca kanthi permati kang sabanjure bisa nuwuhake kawruh pribadi kang manteb. Pribadi kang mandhiri, diwasa, sarta tansah eling lan waspada.
Piwnunany Jawa WCWCH KONtRIBUSI mangun karakter
Dening: Sri Paminto
Pengurus MGMP Bahasa Jawa SMA Provinsi Jawa Tengah
iris mangerteni kabar tiwase Ahmad Budi M Cahyono, guru kesenian ing SMAN 1 Torjun, Kabupaten Sampang, Madura, Jawa Timur kang dipilara muride dhewe. Genea kadadean mangkono bisa kalakon? Sapa sing kudu disalahake? Bocah ndhugal mau, wong tuwane, para guru, apa pasrawungane anggone dolan?
Informasi ala ing internet mbebayani tumrap panggulawenthahing siswa. Akeh siswa sing duwe pakulinan ing saben wayah lan papan nggrayangi gawai saperlu dolanan satemah lali ngibadah, mangan, sinau, lan wektu. Kita kudu ngakoni menawa generasi mudha saiki ing sajroning bebaya tumrap karakter lan kasantunan (tata krama). Piwulang becik, patuladhan unggahungguh, lan budi pekerti saya didohi lan dianggep prakara kang kolot, basa-basi, lan ora pas.
Program Penguatan Pendidikan Karakter (PPK) ing sekolah kang wis didhawuhake pamarentah lumantar Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud) sajake isih kudu diakoni menawa cak-cakane durung trep. Ing saperangan sekolah durung tumata kanthi becik, isih tumpang suh lan tabrakan karo ancase sekolah kang amung ngoyak kompetensi kognitif tumrap murid. Contone siswa kudu lulus 100 persen, biji kang dhuwur, akeh kang lulus SNMPTN Ian SBMPTN, Ian sapanunggalane. Kebijakan sekolah limang dina (full day) kang saiki dicakake mesthine luwih nguwatake pendidikan karakter.
Guneman siswa kang sopan nalika wicara lan tumindak kang saiki wis ora pati digatekake. Apa maneh rasa urmat marang wong liya, marang wong tuwane dhewe wae kalamangsane akeh kang wis padha luntur. Guneman karo wong tuwa nganggo basa ngoko, apa maneh menawa dituturi kerep maido utawa kakehan alesan. Bocah saiki umume wis ora wedi goroh marang wong tuwane. Laku sosial kang geseh mau mbokmenawa njalari tuwuhe tumindak ala.
Piwulang Jawa ora amung ndhudhah prakara basane. Luwih saka kuwi bisa nyinau lan methik kawruh lan wujuding budaya. Aspek budaya Jawa iku perangane luwih jero lan akeh banget. Wiwit saka jinise, proses, unsur, isi, piwulang langsung utawa sinandhi.
Ing tataran kurikulum sekolah, wujud
budaya Jawa wis diwulangake saka tataran SD, SMP, Ian SMA. Kaya ta piwulang carita wayang, kethoprak, sandiwara Jawa, tari, wangunan omah Jawa, panganan tradhisonal, upacara adat Jawa, lan tembang macapat. Tembang umume kapethik saka serat (karya sastra) yasane para pujangga lan pawongan jaman biyen. Kayata Serat Wulangreh anggitane Sinuwun Pakubuwana IV ing Surakarta lan Serat Wedhatama utawa Serat Tripama anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Arya Adipati (KGPAA) Mangkunegara IV.
Ngrembug macapat, murid ora amung mangerteni lan gladhen larasing nembang. Luwih saka kuwi siswa uga nyinau lan nulad marang isi lan piwulang kang ana ing tembang. Kaya ta pethilan tembang Dhandhanggula ing Serat Nayakawara anggitane KGPAA Mangkunegara IV.
Werdining kang wasitajinarwi
Wruhing kukum iku watakira
Adoh marang kanisthane
Pamicara puniku
Weh reseping sagung miyarsi
Tata krama punika
Ngedohken panyendhu
Kagunan iku kinarya
Ngupa boga, dene kelakuan becik Weh rahayuning angga.
Piwulang ing tembang mau menawa dionceki ngandharake yen kepengin uripe becik, kudu gondhelan limang prakara. (1) Ngerti pranatan (wruh ing kukum) supaya ora tumindak salah (nglanggar aturan). (2) Yen guneman dijaga sing sopan (kepenak dirungokake utawa ora gawe tatuning ati). (3) Nggatekake tata krama saben solah bawa utawa tindak-tanduk ing pasrawungan. (4) Wong urip kudu darbe kabisan kanggo dalane golek rejeki, lan (5) tindak tanduk kang becik mau sabanjure bakal nylametake dhiri.
Ragam krama ing basa Jawa (BJ) bisa digunakake kanggo nggula wenthah lan mangun karakter. Emane durung kabeh wong tuwa utawa bebrayan nglegewa lan migunakake. Umume basa krama disengguh angel,
njlimet, lan ora njamani. Pawadan mau sejatine kleru. Ragam krama ngemu sopan santun kang dhuwur lan beda tinimbang basa liyane. Saben panutur rumangsa padha ngajeni. Minangka basa, ragam krama ora amung dadi sarana komunikasi wae, nanging uga njaga sopan santun kang padha wawangunem.
Basa Jawa krama bisa diarani basa kang "sekti" amarga mujudake gabungan antarane kompetensi kognitif, keterampilan micara, lan tata krama. Kanthi dikulinakake latihan micara krama wiwit cilik, bocah-bocah ora amung ajar guneman, nanging uga mangun karakter kang becik. Piwulang kang dianggep wigati ing karakter kuwi ana loro, yaiku urmat lan tanggung jawab.
Minangka komunitas kang darbe jati diri wong Jawa, sinau migunakake basa krama ing pacelathon kulawarga lan bebrayan mesthi akeh munpangate. Wong kang micara nganggo basa krama bakal duwe watak santun lan empan papan. Sawetara basa diarani santun menawa darbe perangan: 1) migunakake tembung-tembung kang santun, 2) ora duwe teges ngenyek, 3) ora ngremehake kancaning guneman, 4) ora duwe teges mrentah kanthi langsung, lan 5) ngajeni wong liya.
Ing basa krama ora nepungake basa kanthi rasa emosi. Kosok-baline basa krama ngandharake tetembungan kanthi rasa kang alus, samadya, supeket, lan kebak ing kesantunan. Mula, ora ana critane wong nyuntakake rasa nesu nganggo tembung krama, sabab bakal keprungu lucu lan aneh. Wong nesu umume nganggo basa Jawa kasar, misuh, lan ngemperake wong sing dipisuhi kaya sato kewan.
Wusanane, wong tuwa, masarakat, pinisepuh, guru, lan pamarentah darbe ayahan gedhe kanggo mangun mentalitas pendidikan lan akhlaking bangsa. Mula, prakara pendidikan karakter lan budi pekerti aja nganti amung digarap setengah ati lan mangga padha diniyati kanthi tulus.
Supatane Begawan Sukrd
8-9
DENING BANUARLTAMBARDI
GANCANGING CARITA.. PANYUWUNE DEWAYANI BISA KALEK- SANAN SAUWISE BEGAWAN SUKRA NEMONI PRABU WRESAPARWA, MRA- TELAKAKE PANYUWUN ATMAJANE.
MULA SABEN DEWAYANI DOLAN ING PAPAN-PAPAN TINAMTI TANSAH KA- DHEREKAKE DENING SARMISTHA LAN PARA PAREKAN
SAWIJININS DINA TANPA SENGAZA DEWAYANI KETEMU MANEH KARO PRABU YAYATI.
WANLUDYA AYU... SAPA JENENGMI LAN SAPA KANG ARESLITA SRA?
8 PUSTAKAAN
PRABU YAYATI LALI YEN TALI KETEMLILAN TETU- LUNG AKU. AKU CRAPER- LUNSELINSAKE SUPAYA ORA DINGERTEN!
BALAI BAHASA JAWA TENGAH
DEWAYANI BANJLIR NGAKU NGENANI DHEWEKE SARTA NGENALAKE PARA PANDHEREKE.
NAMI KULA DEWAYANI,ATMAJA- NIPUN BEGAWAN SUKRA.
TTIL
PARAMPARANIPUN PRABI WRESAPARWA SAKING KRAJAN GIRIGANGSA
DENE WANITA ING- KANG CELAK KULA PU- NIKU YAYI SARMISTHA, ATMAJANIPUN PRABU WRESAPARWA.
NUWUN SEWU.. WONTEN KARSA PUNAPA PADUKA RAWUH ING RIKI?
INGSUN MAU NGOYAK KIDANG, KELANGAN LACAK WISANA TEKAN ING KENE.
YEN PAPAN IKI KA- LEBU WEWENGKONIRA INGSUN NEDYA TUMULI LLINGA SAKA KENE... NANSING.
PRABU YAYATI KEPRANAN MARANG DEWAYANI. SEMONO LIGA DEWAYANI MARANG PRIYA KASEBUT
GETERING ATI TRESNA KANG DURLING KAWEDAL ING LESAN, NITIR ING DHADHA
Cublak-Cublak Suweng
Cublak-cublak suweng Suwenge ting gelenter Mambu ketundhung gudel Pak empong lera lere Sapa ngguyu ndhelikake Sir sir pong dhele kopong Sir sir pong dhele kopong
Pesenan iki diaturke dening : BALAI BAHASA JAWA TENGAH
Aja Nganti Kabudayan Jawi Sirna