Baca PDF (OCR): Swaratama: mbangun kuncaraning basa, sastra, lan budaya Jawa, edisi 07, Mei-Agustus 2017

40 halaman · 40 halaman diproses dengan OCR · 14.7 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. Ngopeni Dialek ing Jawa Tengah
  2. WARA-WARA
  3. SUSUNAN REDAKSI
  4. Seni Terbangan Kudus ing Palembang
  5. Agul-agulane Piknik Negara Kudus Menara: Ziarah, Sujarah, lan Kabudayan
  6. DAFTAR ISI
  7. Alquran Deterjemahna Nganggo Basa Banyumasan
  8. Cerita Cekak Asune Mabur Menyang Wuwungan
  9. Dening: Budi Wahyono
  10. Wacan Bocah Buku Dongeng
  11. Swara Dwija Tekad Nglestarekake Basa lan Aksara Jawa
  12. Grenengan Wong Jawa llang Jawane
  13. Agul-agulane Menara: Ziarah,
  14. Piknik Negara Kudus Sujarah, lan Kabudayan
  15. Kabudayan Islam
  16. Bukak Luwur
  17. Basa Jawa Kuna
  18. WACAN BOCAH Buku Dongeng
  19. Sumanto
  20. Kandhane Rakrasana
  21. KresnaNgudarasa
  22. Bio Sumanto
  23. Bio Wahyu
  24. ASUNE MABUR MENYANG WUWUNGAN
  25. Kumpulan Parikan (Pantun) Basa Jawa
  26. Buku Dongeng
  27. Wigatine Wacan Bocah tumrap Lumakuning Kabudayan Jawa
  28. Antologi
  29. Tekad Nglestarekake Basa lan Aksara Jawa
  30. Nglestarekake Aksara Jawa
  31. Piwulang Basa Jawa
  32. Basa Tegalan Dudu "Ngapak-Ngapak”
  33. Sesrawungan
  34. Poligami Raja-Raja ing Tanah Jawa
  35. Ndhobrak Pakem
  36. Ngambah Dalan Padhang
  37. (Dhandhanggula)
  38. 1
  39. 2
  40. 3
  41. 4
  42. 5
  43. 6
  44. 7
  45. 8
  46. Aia Nggege Mangsa
  47. Anggaran Ditambahi
  48. Pitakonan:
  49. Pengaruh Karya Liyane
  50. Pitakonan:
  51. Wangsulan:
  52. Supatane Begawan SuKra

swaratama Mbangun Kuncaraning Basa,Sastra,lan BudayaJawa DITERBITAKE DENING BALAIBAHASA JAWA TENGAH KOMIK Supatane Begawan Sukra6-7"

Grenengan Irul S. Budianto

Wong Jawa llang Jawane

KABUDAYAN Poligami Raja-Raja ing Tanah Jawa

GEGURITAN

"Editorial

Kencar-Kencar"

Aja Lati BalikCuwiri

Batik Cuwiri kuwi sawijining corak batik sing wernane nganggo zat kelir soga alam. Batik iki biasane digunakake kanggo semekan lan kembenan, uga kerep dienggo ing upacara Mitoni.

Pesenan iki diaturake dening: BALAI BAHASA JAWA TENGAH

Kalebu ewone tembung sing wis arang keprungu jroning pirembugan padinan. Biyasane kawuwuhan tembung pangajab "muga-muga" tumrap saweneh kahanan, Satemah darbe daya mirunggan.

REKENE wis sawetara wektu dheweke nglembara menyang kutha saperlu ngupadi jati dhiri sarta luru rejeki golek pangupajiwa. Saiki dheweke bisa mulih ndesa. Lega rasaning ati nyipati wong tuwane sakloron katon waras-wiris ora kurang sawiji apa. Semono uga para sedulur lan sanakkadang. Nanging, dheweke angluh kegawa rasa trenyuh nalika ngawuningani Mbah Putri kawistara ringkih awit saya ngunduri sepuh. Mbah Putri dirangkul, dheweke mingsegmingseg, wetuning eluh ora kuwawa disigeg.

Sawise bisa nata rasaning ati, dheweke nuli crita ngenani pengalamane nglembara ana kutha, pamrihe supaya Mbah Putri ora kagungan rasa sumelang. Semboyan "mangan ora mangan waton kumpul" wis dudu jamane. Nyatane Mbah Putri midhangetake kanthi polatan bingar. Mungguhe Mbah Putri, adhep-adhepan klawan saweneh wayahe kang nedheng nyambangi kuwi prasasat kaya impen wayah awan. Ngertingerti si putu wis diwasa, bregas-jatmika kathik tatag nyuwak gumuruhe kutha, tangguh ngadhepi wileting urip lan panguripan. Sing gawe mongkoge Mbah Putri, si putu ora nyimpar adat lan tata krama.

Rinasa cukup anggone ngudhal rasa kapang, dheweke banjur pamit. Sadurunge menyat, dheweke ngrogoh kanthongan clana, ngetokake dhompet lan ndudut dhuwit lembaran abang, ditlesepake ing regemane Mbah Putri. Sabanjure kawetu ucape, "Mbah, menika minangka tandha tresna saking ingkang wayah. Kula aturi nampi sinaosa gunggunge boten mingsra." Mbah Putri legeg. Penggalihe sumendhal. Paningale sing sakawit sumunar tundhone kacakaca kumembeng waspa. Pangandikane Mbah Putri keprungu geter, "Putuku bocah bagus, daktampa pawewehmu. Simbah nedha nrima ya, Ngger. Dakdongakake muga-muga sliramu tansah manggih rahayu, sempulur pakaryanmu, sempulur rejekimu."

krama Jawa. Bok menawa sing diarani adat lan tata krama Jawa wektu iki wis ngalami owah-owahan ora kaya wektuwektu kepungkur, lan istingarah ing wektu-wektu sabanjure uga tansah ngalami owah-gingsir cundhuk karo mobahmosiking kahanan. Para ulama lan para pinter wis kepara suwe ngendika: pancen ginaris ing pesthi lamun apa wae kang ana ing kurepe langit lumahe bumi iki ora langgeng. Sing langgeng utawa lestari ora liya kejaba owah-owahan iku dhewe.

Patemon antarane simbah klawan wayah yektine bisa ditemu ana sadhengah papan, sadhengah kulawarga, sadhengah kahanan. Nanging, mesthine, swasana kebatinane beda-beda. Gegambaran ing ndhuwur tinemu jroning bebrayan Jawa lan kawistara isih ngugemi adat lan tata

Gegambaran patemon antarane simbah klawan wayah kasebut wigatine nyenthang anane tembung "sempulur" kang kawetu saka pangandikane Mbah Putri. Tembung "sempulur" manut paramasastra kalebu jinise tembung kahanan, nanging wis arang-arang keprungu jroning pirembugan padinan. Salugune tembung "sempulur" nduweni teges: "mulur, dawa, panjang, awet". Nanging jroning konteks pangandikane Mbah Putri marang si wayah, sawise kawuwuhan tembung pengarep-arep "muga-muga", tembung mau maknane ngluwihi teges salugune. Tembung "sempulur" tegese ora mung saderma mulur nanging "mulur lan mupangati"; ora mung angger dawa nanging dawa sing "murakabi"; ora mung waton panjang nanging "panjang tur mbarokahi"; ora mung awet nanging "awet sing muwuhi undhake ajining dhiri".

Tembung "sempulur" kang kawuwuhan tembung pangajab "muga-muga" jroning konteks kahanan tinamtu kurang trep lamun ditegesi akeh utawa "turah-turah" manut ukuran jumlah; nanging luwih mathis yen ditegesi "cukup" utawa "samadya nanging tumanja". Magepokan karo bab iki, patrap "lila" utawa "iklas" antarane sing memuji lan sing kapujekake darbe kalungguhan wigati. Pungkasane, ngrembug prekara wigatine tembung "sempulur" kang kawuwuhan tembung pangajab "muga-muga" ing purwane lan sinartan patrap lila utawa iklas, kawawas pantes dadi tetimbangan ing satengahe jaman globalisasi kang condhong marang idheologi materialisme-pragmatis.

Ngopeni Dialek ing Jawa Tengah

WARA-WARA

Redaksi nampa tulisan saka para maos. Tulisan bisa kakirimake liwat emall [email protected] utawa dikirim menyang alamat redaksi, Balai Bahasa Jawa Tengah Jalan Elang Raya nomor 1, Mangunharjo, Tembalang, Semarang 50272. Tulisan kang kapacak bakal entuk bebungah saka Balai Bahasa Jawa Tengah.

swaratama majalah basajawa

Mbangun Kuncaraning Basa, Sastra, lan Budaya Jawa

swaratama "Editorial Kencar-Kencar" AAR Wong Jawa Garu Basa Jawa Kudu Wani llang Jawane Adus Kringet

Ing Swaratama edisi kapisan redaksi matur manawa ing Jawa Tengah akeh dhaerah kang duwe dialek utawa logat dhewe.

Dhipundhut saka gambar sketsa "Borobudur"karyane Yudi Mahaswanto (Semarang)

BALAI Bahasa Jawa Tengah minangka instansi kang duwe kewajiban nguri-nguri lan ngrembakakake basa Indonesia lan dhaerah rumangsa duwe jejibahan melu ngrumat dialek-dialek mau. Mula, ing majalah iki diwenehi wadhah kanggo tulisan saka logat-logat kuwi. Salawase iki, nembe logat Banyumas lan Tegal kang bisa kapacak. Redaksi duwe pangarep-arep ing edisi sabanjure ana tulisan saka logat liyane.

Edisi iki redaksi nampa artikel saka sedulur Prayitno. Artikel mau ditulis nganggo basa Jawa logat Kudus. Mesthi wae iki kabar kang nyenengake, amarga kuwi ateges muwuhi maneka warna ragam dialek ing majalah iki. Yen sadurunge wis ana rubrik "Banyumasan" lan "Tegalan", ing edisi iki tambah maneh yaiku rubrik "Kudusan". Kanthi mangkono cita-cita Swaratama dadi oase kanggo logatlogat ing Jawa Tengah enggal kelakon.

Angen-angen redaksi sabanjure,

muga bakal ana kang ngirimake tulisane nganggo maneka warna logat liyane, kayata Semarang, Pathi, Rembang, Wonosobo, lan tlatah liyane. Mesthi wae rubrik kang wis ana uga tetep dikirimi artikel, dadi "Banyumasan",

"Tegalan", Ian "Kudusan" ajeg ngrenggani majalah Swaratama. Sokur manawa enggal disusul rubrik-rubrik dialek liyane.

Nanging, kanggo mujudake pangangen-angen mau, mesthi wae redaksi ora bisa makarya dhewe. Redaksi mbutuhake pambiyantu saka para sedulur kabeh. Para maos kersoa ngirimake tulisane marang redaksi. Muga-muga majalah iki terus macak artikel-artikel mangkono kanggo terbitan ing dina-dina candhake. Nuwun.

Kustri Sumiyardana Pemimpin Redaksi

SUSUNAN REDAKSI

Penanggung Jawab : Drs. K.R.T. H. Pardi Suratno Sastranagara. M.Hum ~ Pemimpin Umum: Drs. Suryo Handono, M.Pd ~ Pemimpin Redaksi: Kustri Sumiyardana, S.S., M.Hum ~ Sekretaris Redaksi: Sunarti, S.S., M.Hum ~ Redaktur Pelaksana: 1. Yan Tohari, 2. Widiyartono ~ Redaktur : 1. Bambang Sulanjari, S.S., M.A, 2. Mochammad Fikri, S.S, 3. Tri Wahyuni, S.S ~ Reporter: 1. Drajat-Agus Murdowo, S.S., M.A, 2. Triman Laksana ~ Desain grafis dan Tata Letak: Akhid Anshori Setiawan, A.Md ~ Keuangan: Langit Ismoyo Putro, M.H ~Sirkulasi: 1. Lely Siti Fatimah, S.E., M.Si, 2. Agus Sulistiyo ~ Desain Produksi: Handry TM.

Seni terbang "ditabrakke" karo seni kendang, mujudake rampak tetabuhan kang rancak lan elok wirama.

Seni Terbangan Kudus ing Palembang

Foto gelaran sing kapacak ana ing ndhuwur kuwi sejartine ora mligi pagelaran seni terbangan. Nanging kelompok terbangan kuwi dadi siji karo Kelompok Seni Tradisional saka Kabupaten Kudus nalika tampil ing Palembang durung suwi iki.

ABUPATEN Kudus sengaja K ngutus para seniman panggunge supaya nggelar sawijining cerita rakyat sing mratelakake menawa daerah kasebut wiwit biyen tentrem lan rukun. Ora sembarangan, kelompok drama panggung kuwi uga tampil ing ngarepe para petinggi kaya dene menteri lan pejabat nasional.

Nyritakake swasana kerukunan warga sing asale saka maneka-warna suku lan keyakinan. Dumadakan ana rubeda sing sengaja ngedu masyarakat supaya ora sayuk rukun. Nanging kanti tekat lan niat sing gedhe, para warga ora gigrik karo pengaruh ala kuwi.

Model pituture meh persis karo pagelaran sampakan, dene iringan musike sengaja dipilih cengkok terbangan pesisiran Jawa Tengah. Elok lan nengsemake.uut

Agul-agulane Piknik Negara Kudus Menara: Ziarah, Sujarah, lan Kabudayan

DAFTAR ISI

Sapa sing hurung ndhenger negära utawa Kutha Kudus? Mbok-a hurung tau ngedhak, namik sak ora-orane tau ndhungu arane negara sing mlebu tlatah Provinsi Jawa Tengah iku. Apa neh kaya rejaning jaman sekiye, odhak sithik jeragan Kudus sing jamak bakulan karo negara-negara sebrang sak-ubengane ndonya.

Banyumasan

Alquran Deterjemahna Nganggo Basa Banyumasan

Siki Basa Banyumasan selot deakoni anane. Buktine siki Kementerian Agama wis mbabarna Al-Quran nganggo Basa Banyumasan. Al-Quran terjemahan kiye wis dilaunching daning Mentri Agama, Lukman Hakim Saifuddin ana kantore tanggal 3 Desember 2015.

Cerita Cekak Asune Mabur Menyang Wuwungan

Dening: Budi Wahyono

"Maaf Kang, kowe ora balik ndesa? Mbakyu nakokake terus. Ketoke wis limang sasi awakmu ora mulih ya? Gery, anakmu ya wis gedhe... wis ajar mlaku. Ora kangen Kang?"

Wacan Bocah Buku Dongeng

Dening: Al Aris Purnomo

Agung nembe maca buku dongeng nalika telpun ing ruwang tengah muni. Agung mlayu banjur ngangkat telpun. Pranyata sing telpun Budhe Larti, aweh kabar kalamun kampunge Lik Warsidi nembe wae ketrajang banjir. Agung enggal ngaturke kabar mau marang bapak lan ibune.

Swara Dwija Tekad Nglestarekake Basa lan Aksara Jawa

Aksara Jawa iku salah sijining wujud budaya Jawa minangka perangan saka budaya Indonesia. Ora akeh bangsa ing donya iki kang duwe aksara dhewe, tuladhane aksara Latin, Hieroglyph, Arab, Cina, Jepang, lan India, kalebu aksara Jawa.

Grenengan Wong Jawa llang Jawane

Nilai-nilai Jawa pancen ngandhut tuntunan kanggo nylarasake urip lan panguripan sing serasi lan harmoni. Nanging krana perkembangane jaman, nilai-nilai Jawa mau saiki kaya-kayane wis luntur.

Agul-agulane Menara: Ziarah,

Sapa sing hurung ndhenger negara utawa Kutha Kudus? Mbok-a hurung tau ngedhak, namik sak ora-orane tau ndhungu arane negara sing mlebu tlatah provinsi Jawa Tengah iku. Apa neh kaya rejaning jaman sekiye, odhak sithik jeragan Kudus sing jamak bakulan karo negaranegara sebrang sak-ubengane ndonya.

okok kretek, tipi uga bekakas R elektronik liyane, lan dluwang uga orak kejaba sakbanjure kasile sing direka daya kaya arupa dluwang dhit, ogak muk kesuwur ndhok Nuswantara. Babakan penggean iku, sakngalam ndonya ngakoni kejadhukane Kudus. Mula ogak eram nek Negara Kudus ketok reja. Awit pabrik sing nggae bekakas sing kasebut kuwi, ngrangkul wong mberah dha mbutgae.

Piknik Negara Kudus Sujarah, lan Kabudayan

foto Prayitno

Becak Wisata Menara

Hurung neh sawah sing setahun isa tandur ping telu, pari ping loro lan sepisan palawija. Iku kaya sawah sing orak kurang 5.000 hektare ambane ndhok Kecamatan Undaan, merga entuk oncoran banyu teka irigasi Wadhuk Kedungombo. Uga ijeh ana sawah tadhah udan lan tegalan sing isa

ditanduri pari gaga, tebu, janganan, pala kesempar, pala kependhem, lan pala gemantung, lan kebonan alas.

Penggean omahan sing jamak diarani UMKM uga isa diarani dadi pondhamen mbotgaene kawula mberah. Lan miturut Pemkab Kudus odhak kurang ana welasan ewu cacahe. UMKM iku ana sing nggae bordhir, bathik, lan uga sandhangan liyane. UMKM kuwi kaya orak ana matine, ngetokna nek wong Negara Kudus prigel lan weluk anggone ngayahi penggean.

Mula senajan tlatahe cilik, ambane kira-kira 422,21 Km2 lan wargane kurang luweh cacahe 860 ewu jiwa, muk mengku sangang kecamatan sing sak-njerone ana 132 desa lan kelurahan, ogak eram nek ndadekna Negara Kudus ngedap-ngedapi. Lagek teka cukai rokok ae, Kudus sabendinane kasil nyetorna dhit kanggo Negara Nuswantara Rp 11 miliar. Kasunyatan mengkono ndudohna, lahapa Kudus sing panggonane kira-kira 50 Km ndhok Lor-Wetane Semarang, ketok luweh mencorong timbang kutha kana-kana.

Kabudayan Islam

Misuwure Kudus sekiye, merga ana pirang-pirang pabrik sing nggae bekakas rupa-rupa, iku kaya "sambungan tampar" karo Kudus sengen. Nyulohi utawa ngunekna sujarah Islam ndhok tlatah Jawa

Utawa babakan Wal Sanga abad 1415 Masehi, orak isa ogak ninggalna Kudus.

Odhak muk hare-harene, blegere Menara sing ana ndhok Kudus Kulon negesna nek Negara Kudus ancen orak isa diuwal saka sujarah Islam ndhok Jawa. Ewoh-ndene ana sing haqul yakin nek bangunan Menara sing panggonane ndhok sak-ubengane Masjid Al Aqsa lan Pesarean Sunan Kudus iku, ogak kasile obah tangane Raden Djakfar Sodiq.

foto Dokumen Istimewa

Miturut para wicaksana kabudayan kaya Bin Subiyanto, Mukti Sutarman Espe, lan Subagiyo Reban, Menara tilasane kaum Hindhu. "Muk ancen, merga kawicaksanan Sunan Kudus, Menara odhak dibrukna. Namik, kanthi wicaksanane Sunan Kudus, Menara didadekna salah sijine panggonan kanggo syiar Islam yaiku nuthuk jidhur lan kenthongan nek mlebu wayah salat, uga ngumandhangna adzan," ucape Bin Subiyanto njlentrehna.

Blegere Menara sing isa diarani orak kacek adoh teka Kulkul (Bali), digae teka abahan bata abang. Cathetan para wicaksana sujarah Islam, purbakala, lan buku babakan Wali Sanga utawa buku sing nyritakna Sunan Kudus Raden Djakfar Sodig, dedeke Menara sing teka bata abang 12 meter, nek dhuwure payonane 7 meter. Sikile (bangunan sing pol ngisor utawa lunasan pondhamen) gedhene persegi yaiku 10,6 meter, saya munggah awake Menara saya cilik.

Ana trap-trapane ndhok siseh kulon.

Masak lawoh iwak kebo cara bumbu jangkrik lan sega ndhok Menara Kudus Kulon/Pesarean Sunan Kudus. Angger wayah Bukak Luwur Pesarean Raden Djakfar Sodiq 10 Muharram, atusan ewon sega nuk didhum kanggo para kawula.

Sengen ngantek sakhurunge tahun 1980 kawula mberah sakwayah-wayah isa munggah ngantek ndhuwur sing kedokokan jidhur lan kenthongan. Sekiye muk wong sing entuk izin teka pengurus YM3SK (Yayasan Masjid Menara dan Makam Sunan Kudus) sing isa munggah, ndhok trap pisanan sekiye dibuntu nganggo lawang wesi.

Orak adoh teka Menara sing ana ndhok siseh tengen Masjid Al Aqsa, uga ana bangunan teka abahan bata abang yaiku lawang kembar, pager karas mesjid, lan jedhing utawa kulah kanggo banyu wudlu. Para kawula sing tau ziarah Pesarean Sunan Kudus, ogak isa orak mreguli bangunan teka abahan bata iku. Mlebu ndhok pesarean sing ana ndhok ngguri mesjid, ancen metu regol sing ana godhongan lawang teka kayu jati.

Sujarah syiar Islam ndhok Kudus, uga isa dipreguli utawa didelok teka omah para kawula, utamane ndhok kampung sak ubengane Menara. Sekiye ancen garek sithik omah adat sing diarani Omah Joglo Penchu sing dikilung pager karas tembok, ndhok kampung sing odhak adoh teka Menara. Omah Joglo Penchu sing digae teka abahan kayu jati, dadi salah sijine seksi lestarine adat istiadat lan kabudayan Islam.

Menungsa sing urip ndhok omah adat iku, nyekel kenceng keluhurane Islam. Contone, anake wedok sing wis ngancik umur prawan, orak entuk sembarangan lakune. Ngantek-ngantek ditumrapna adat pingitan. Uga ndhok njerone omah-omah iku orak tau gang ngaji Alquran. Odhak muk perkara ngati-ati tuk-e nglakokna agama, namik wong-wong iku uga dha nggae penggean dhewe. Sing wedok mbordhir kain kanggo sandhangan, sing lanang dha nyekel penggean tenuk lurik, bathik, lan nggae udut kretek.

Bukak Luwur

Meh sabendina Pesarean Sunan Kudus Raden Djakfar Sodiq ndhok Kudus Kulon, diparani ewonan kawula teka sakubengane Negara Nuswantara. Iku odhak beda Pesarean Sunan Muria Raden Umar Said sing ana ndhok Desa Colo, Kecamatan Dawe (Gunung Muria), Kudus. Isa dimestekna Pesarean Sunan Kudus, uga pesarean Wali Sanga liyane, muk mraming saknjerone wulan pasa Ramadan.

Sabendina puluhan bus para penziarah lunga teka ndhok Kudus Kulon, hurung montor rodha papat sing luweh cilik. "Apa neh nek saknjerone wulan Ruwah utawa Rejeb lan Syura utawa tahun anyar

foto Dokumentasi Disbudpar Kudus

foto KITLV Library Digital

Omah Joglo Penchu sing diakoni dadi omah adat Kudus ngantek sekiye ijeh isa dipreguli ndhok Kudus Kulon lan kampung liyane, mbaka wis mberah sing didol lan dibedhol teka panggonane. Tukang kayu lagek ngukir gebyok omah adat sing bahane teka kayu jati. Omah adat gaenan anyar dadi penggean sing isa nguripi.

Menara rikala tahun 1880. Awake Menara ngantek sekiye ijeh ajek ngono iku, namik merga umur wis ping pirang-pirang didandani karo para wicaksana purbakala.

Hijriyah, isa ngantek atusan bus gedhe sing ngeterna para kawula ziarah," hare salah sijine punggawa YM3SK, Deny Dayak.

Luweh isa dimesthekna neh, ucape Deny, angger tiba 10 Muharram. Atusan ewu umat teka sak-ubengane Negara Nuswantara tumpek blek ndhok Menara. "Ya ziarah, namik uga ngenteni Bukak Luwur. Para kawula nduwe keyakinan, nek isa entuk sega nuk sing diolah nganggo bumbu aran jangkrik, bakale entuk rahmat sing gedhe," Deny nutukna.

Atusan ewon wong orak kabotan dha nginep lan melek sewengi, ngenteni esuk bar subuh diwiwiti dundhum sega nuk sing dibuntel nganggo godhong jati. Mula angger wayah Bukak Luwur (nyopot kain lawan lan ngganti kain anyar kanggo ngadhang-ngadhangi kubur Sunan Kudus), Menara lan sak-ubengane Kudus Kulon ketok reja. Beda karo nek njamas pusaka wayah Assyura, muk wong sithik sing teka nyekseni. Pusakane Sunan Kudus sing dijamas pendhak setahun sepisan antarane Keris Ciptaka lan Tombak Trisula.

Harene pegawai ndhok Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Kudus, Muhammad Aflah, babakan nyekel piknik ziarah ndhok Sunan Kudus (uga Sunan Muria) ancen dilakokna dhewe karo warga masyarakat. "Disbudpar muk ngewang-ngewangi,"Aflah nandhesna. Sing ditata Pemkab, hare Aflah, kaya dene Terminal Wisata Bakalan Krapyak, montor ojek wisata, lan becak ojek wisata.

Prayitno

Alquran Deterjemahna Nganggo Basa Banyumasan

Dening Tri Wahyuni

Siki Basa Banyumasan selot deakoni anane. Buktine siki Kementerian Agama wis mbabarna Alquran nganggo Basa Banyumasan. Alquran terjemahan kiye wis dilaunching daning Mentri Agama, Lukman Hakim Saifuddin ana kantore tanggal 3 Desember 2015.

AK Mentri ngomong yen P terjemahan Alquran nganggo basa dhaerah nduwe anggone sing akeh. Salah sijine yakuwe mewehi panerangan tumrap sakabehane uwong Banyumas sing ora ngreteni Basa Indonesia. Anane Alqur'an terjemahan Basa Banyumas kiye genah dadi wujud ciri wancine masrakat neng tlatah Banyumas bisa nyengkuyung majune kawruh sing umum. Masrakat sing ora bisa basa Arab karo Basa Indonesia bisa ngamalna apa sing dadi isine Alquran kuwe.

Pancen genah basa Jawa Banyumasan kuwe kudu deupakara lan dekembangna. Kabeh kuwe

minangka dadi upaya nglestarekna warisan budaya sing pancen utama temenan. Angger ora deupakara lan deurip-urip basa Panginyongan ora wurung bakal ilang kayadene basa-basa liya sing siki wis sirna lan ora keprungu maning. Ewasemana basa Banyumasan dadi sakrumpun karo basa Jawa, ning basa Banyumasan kiye nduwe ciri dhewek. Uwong asring nyebut basa Banyumasan kuwe basa ngapak. Jarene ora ngapak ora kepenak. Alquran terjemahan basa Banyumasan kiye bisa dedadekna piranti dakwah tumrap uwong akeh gampang deayahi.

Menteri Agama Lukman Hakim Saifuddin

Basa Jawa Kuna

Ahmad Tohari sing dadi salah sijine tim panerjemah Puslitbang, Kemenag ngomong yen Basa Banyumas depilih kanggo nglestarekna basa sing asale sekang basa Jawa Kuna. Miturut dheweke, basa Banyumasan kiye pancen temenanan basa asline uwong Jawa sedurunge kaworan budhayane Krajaan Mataram. Budhayawan sing manggon ing tlatah Jatilawang, Banyumas kiye ngomongna yen basa Banyumasan wis ana wiwit abad-7. Banjur, ing abad-16 depolitisasi daning panguwasa Krajaan Mataram sing ndadekna basa Jawa kuwe nduweni undha-usuk. Basa Banyumasan deanggep dadi basane wong pinggiran nganti ana unen-unen lembarsASTRA

Majalah Basa Jawa Swaratama

WACAN BOCAH Buku Dongeng

Lembaran iki macak seratan Cerita Cekak, Geguritan, Komik, Cerita Anak lan sapanunggalane. Naskah bisa dikirim ing alamat e-mail: majalah.swaratama@g mail.com. -Red

Karya seni rupa instalasi-kreasine Gunawan Effendy dan Konde ing pelataran Taman Budaya Raden Saleh Semarang.

foto: Swaratama

CERKAK

KAWRUH SASTRA Wigatine Wacan Bocah tumrap Lumakuning Kabudayan Jawa

Sumanto

Kandhane Rakrasana

Aku sejatine putra ratu nata gung biathara ing Mandura rama Prabu Basudewa mesthine aku diuja raja brana apa-apa mung kari aba sandhang pangan ora kapiran

nanging kasunyatane wiwit cilik mula aku urip ing desa diopeni dening Bapa Antyagopa digemateni dening Bibi Sagopi ing Widarakandhang aku oleh piwulang

aku ora diwulang perang nanging diparingi pitutur budi luhur diparingi weruh unggah-ungguh diparingi warah supaya lembah manah

saiki aku wis dewasa aku duwe jiwa sentosa nalika aku kudu gumanti nata nglungguhi keprabon Mandura aku wis sumadya linambaran jiwa sentosa

Ambarawa, Agustus 2016

KresnaNgudarasa

Atiku durung lega rumangsa durung cetha mungguh karepe dewa jeneng adil sing kaya apa? aku kurang apa ing dwaraka aku dadi raja nata praja lan ngayomi kawula nggayuh tentrem raharja ing perang baratayuda aku nglabuhi pandhawa maju ing rananggana temah unggul ing yuda jebul wusanane kaya ngene lelabuhanku ora digape patiku jalaran sepele kaki mburu luput pangenere aku sing kena panahe

beda karo duryudana kuncara dadi nata binathara bisa keceh bandha donya apa sing ginantha dadi nyata

sanajan ana sing ngarani angkara murka adigang adigung adiguna nyatane lestari dadi raja sinuyudan para kawula patine uga sinatriya maju ing rananggana nganti tekan pralaya

sang hyang wenang elik-elik ora kabeh tumindakmu becik ing perang baratayuda kowe julig

Bio Sumanto

Ambarawa, Agustus 2016

Panggurit kang asmane Sumanto, S. Pd. iki lenggah ing Perum Sudirman No 19, RT 04/RW 02 Kupang Dukuh, Ambarawa, Kabupaten Semarang. Sedina-dinane ngasta guru basa Jawa ing SMP Negeri 2 Grabag Kabupaten Magelang.

Ngayahi tugas jurnalistik, nlusur kasus lungit prasasat ngambah alam ghaib. Dilabuhi nungsang-njempalik jebul kesasar ing tlatah wingit; kahanan peteng lelimengan tanpa kumrelipe lintang ora dadi pepalang

Ngayahi tugas jurnalistik, madik sisik-melik kasus rajapati ninggal misteri; kasus pungli diuntal bumi; kasus kriminal amblas tanpa tilas kasus ngrusak pager ayu kaya prau kerem banyu juru warta pencolotan diburu wektu

Ngayahi tugas jurnalistik ngelak lan luwe kudu diampet kencenge karep nyuwak lelakon buket

Wonogiri, 2016

Bio Wahyu

Lair ing Wonogiri tanggal 1 Mei 1972. Alumni Prodi Basa Jawa Fak. Ilmu Budaya UNS Solo, saiki mulang ing SMP Negeri 1 Giritontro, Kab. Wonogiri.

Editorial Kencar-Rencar

Editorial rinakit basa prasaja lantip, jujur, lan cetha njilma cahya tumrap kang kepetengan dadi teken tumrap kang kelunyon memba payung tumrap kang kodanan

Editorial kang njilma cahya gumebyar kencar-kencar nitis saka kadiwasan wawasan jembar jiwa menep ngawal dhemokrasi lan jejege keadilan tumuju kawicaksanan

Editorial kang njilma cahya muncul saka ublik jroning dhadha kudu tansah dijaga aja nganti musna nalika srengenge ngalami grahana lan rembulan dicaplok Bethara Kala

ASUNE MABUR MENYANG WUWUNGAN

"Maaf Kang, kowe ora balik ndesa? Mbakyu nakokake terus. Ketoke wis limang sasi awakmu ora mulih ya? Gery, anakmu ya wis gedhe... wis ajar mlaku. Ora kangen Kang?"

Dening: Budi Wahyono

MS sing jumedhor wayah esuk S ukara tabuh jam lima mau gawe atine Sarman tratapan. Batine ngira-ngira, kok dengaren Mardi ngirim pitakon sing sajak ngemu karep aneh. Ora wurung Sarman banjur ngulu idu. Mripate diucek-ucek mbok menawa ukara sms malih. Nanging atine tetep nggronjal. Mripate nyawang kancane buruh bangunan sing isih pating gluntung mancali pucuk sarung sajak durung tutug anggone turu.Sarman kelingan, mau bengi lagi padha turu sawise dolanan kertu tekan jam rolasan.

"Aku kudu mulih?"pitakon mau bali nglurug tekan njero atine. Ing dhompet pancen ana dhuwit kejepit gunggung sayuta. Kuwi wae olehe lumpuklumpuk watara limang sasinan. Kudune, yen sedina bisa nyisihake patang puluh ewu, limang sasi lak ya bisa nyimpen limang yutanan. Nanging kenyataane meh kabeh dhuwite kaya-kaya amblas, kesedhot samubarang karep sing ora nggenah. Sarman nate nyoba ngombe oplosan, main kertu, tumeka kecanthol nyoba mlebu gubug karaokenan barang. Paling ora karaoke kelas ndhek-ndhekan sing panggone temangsang ana tanggul pinggir kali. Etung-etung kanggo panglipur ati nalika sepi. Ora nelangsa terus.

"Wani bali nggawa dhuwit sayuta?" pitakon sing landhep kaya njugil atine Sarman. Ati sing liya nggenepi, kelingan anake sing kudu dirangkul, diuyek-uyek, digendhong.

"Aku tukokke susu Pak," ora let suwe kaya ana swara aneh mlebu ngomah. Metu lawang tengah. Tanggung jawabe minangka wong lanang krasa diagaki pedhang.

begal! Karepe kebacut mobal. Isih ndhepipis ana emper sawijinng toko wewengkon terminal, dheweke digugah karo kluruke jago. Saut-sautan.

"Ya,, aku sesuk mulih Le, mulih. Sanadyan mung nggawa dhuwit sithik. Ya kaya ngene iki Le, gaweane bapakmu, srabutan. Sing penting bisa mangan. Apuranen ya Le, yen bapakmu nasibe kaya ngene. Iki nasibe bangsa sing bodho kaya bapakmu sing sekolahe mung tekan SMP. Lha sarjana wae akeh sing nganggur Le, apa maneh bapakmu... Sabar ya Le?" atine nggrantes nandhes. Rambute sing rada kriting lan ora nate kambon sampo mau blas ora digatekake. Mripate nyawang adoh. Mbayangke antri ana terminal Rambutan, melu bis wayah surup, mrambat mlaku metu Cirebon, Tegal, Semarang, lagi tekan Mranggen dina esuke.

Ora kaya wayah bada, golek bis ndilalah gampang. Bis rada kebak. Jam sanga meh kabeh penumpang padha turu. Pikirane Sarman ruwet mbundhet. Kesrimpet. Malah kala-kala kaya dalan pedhot kebak brongkalan. Alon-alon tuwuh naluri alane, naluri maling! Mula ing sadawane karep dheweke banjur nduweni idhe, piye carane mulih kanthi nggawa dhuwit sing gungunge rong yutanan?

"Dadi begal wae Kang, dadi begal!"mak bluwek! Ana swara iblis mbisiki kupinge. "Kena kanggo tuku susu anakmu. Mosok wong lanang ora isin, mulih karo tangan tanpa oleholeh?"

"Begal..," klesike ati kawetu alon.

"Terus modhal utawa gamanku apa? Penthung, lading, watu?"

"Modhalmu ati sing wani! Aja ingahingih. Mantep! Yen perlu ngombe oplosan ben mripatmu dadi mripat setan, jlalatan, ora nduwe wedi karo sapa wae. Apa maneh karo calon korban!" panyurunge swara mau tambah nggegirisi. Gandheng Sarman tau ngrasakake gandeme oplosan, e! Iha kok ujug-ujug kangen.

Mula mudhun saka terminal, nguyuh ana kiwan, ketemu wong tatonan, diwanekake olehe takon:

"Mas, sing dodol omben-omben ki

ngendi?"

"Yah mene arep mabuk?" wong lanang tatonan mung mesem.

"Tak nggo mengko bengi Mas,"semaure Sarman tenanan. Ora let suwe bakul oplosan sing panggonane ndhelik kasil dipethuki. Sagendul cukup kanggo sarana mabuk. Kanthi prigel gendul isi omben-omben disimpen primpen ana tas. Rumangsa gagah, nanging Sarman ujug-ujug krasa luwe. Jangkahe menggok menyang warung. Nalika wareg mripate kudu kepengin turu. Apa maneh mau bengi kurang turu, dadi lungguh ana dhingklik kayu terminal wae mak Ihes! Kesurung turu.

Surup sing medhun mlangkrik dadi wengi. Bola-bali mripate nyawang gendul isi c plosan ana njero tas. Perlu nyiapake surungan wujud gorengan. Bakwan, mendhoan utawa arem-arem. Kocapa, kepilih telu-telune. Sesuk, yen tangi esuk, dipetung pangan mau durung mambu. Kok suwe temen ya rasane ngoyak esuk. Ah. ora perlu turu, malah kesuken. Jam papat utawa setengah lima aku kudu kasil dadi

"Ayo enggal menyang ndalan?!" swara iblis nggetak.

"Dadi begal? Sida dadi begal?" pitakone karo ati njegeges.

"Ora nggenah! Mosok ora wani?" iblis tambah ngece. Sarman ngadeg, oncat saka terminal, nunut bis njaba kutha banjur mudhun ana panggonan sepi. Lumayan, kari pitung kilometeran saka ngomah. Yen kasil, bisa langsung mulih. "Butuh dhompete bakul apa pit montor?" pitakone iblis.

"Loro-lorone!" gumregah olehe nyauri.

"Ngombe sik, surungan aja lali! Sing kendel" iblis aweh pituduh. Sarman mesem. Dituruti kabeh karepe iblis. Satekem mendhoan dipangan, Oplosan diuyub. Gagah kaya lakon film bandhit ing televisi. Lakune mrambat menyang petengan. Siji loro bakul lewat dalan peteng. Karepe tambah mantep. Nalika ana pit montor lewat, Sarman nyegat, nggetak sing numpak:

"Mandheg! Pilih modar apa nyerahke pit montormu?!"

Sing numpak pit montor, ora geduga njejak Sarman. Sarman bisa ngendha. Sing numpak tiba dlasaran. Banjur mbengok sakayange: Begal! Begal! Begal! Ora ana wong tangi.

Sarman kalap. Kayu pring sing ora adoh saka kalenan didudut lan disabetake korban. Bruk! Pas helm cakile. Korban dlasaran maneh. Kunci pit montor dirampas Sarman. Setang

Pit montor dicekel Sarman, ditumpaki. Digas sakpole mbuh tumuju ngendi...

Karepe Sarman esuk kuwi arep adol pit montor menyang toko sing adol montor. Mengko mesthi bakal ana calo kemruyuk rebutan ngenyang. Nanging mbuh merga apa ujug-ujug Sarman kelingan Gery lan sisihane. Mendah senenge yen aku mulih kanthi nggawa pit montor. Saben sore bisa mubengmubeng kampung. Ngeneng-eneng cilikan.

Kocapa pit montor mlandhang nembus lurung aspal adohe pitung kilo meteran. Sarman durung lali karo omahe. Tumeka prapatan cedhak swalayan, maju limang atusan meter tekan regol. Menggok tengen tumuju omah sing paling pojok mepet sawah.

Swara montor sing mruput esuk ndadekake simboke marani.

"Man? Kowe numpak apa? Ojek? Kene-kene mlebu..,"

"Ya Mbok, tak adus sik ben seger," semaure mantep. Mboke nari Sarman arep ngombe apa. Teh apa kopi karemane.

"Kopi ireng wae Mbok,"

Wong wadon seket lima tahunan mau tumuju gandhok. Mbukak termos lan klithik-klithik ngudhak gawe kopi. Untung bapakne isih nduwe simpenan kopi.

Bubar andhukan Sarman takon:

"Mbok, Iha bapak endi?" mak dheg, atine gowang.

"Lagi metu, sedhela maneh teka, paling mubeng-mubeng ndalan ... mumpung sepi. Ajar pit montor,"

"Pit montore sapa Mbok?" ndredel olehan takon.

"...Tuku. Kasile panen, ben cemanthol. Aku ora ngira yen bapakmu kok ya kedanan pit montor barang," semaure karo nawani wedang kopi.

Atine Sarman tambah tratapan. Menthelegi simboke. Tuwa tenan raine. Lha bapak?

"Bapak numpak pit montor apa Mbok?" pitakone maneh.

"Ireng campur ijo, ana apa Le?" swarane malih semu geter. Sarman ngulu idu.

"Akeh begal Iho Mbok, ngati-ati. Aku lagi wae nyekel begal. Pit montore tak gawa mulih..," kandhane ngundang pikiran.

"Lha kok aneh, endi pit montore?" karo nyincing jarik simbokne ora sabar. Sarman ngajak mbokne marani pit montor. Teka kiwan omah..

"Lho, kuwi lak pit montore Bapakmu Le? Piye ta Le?"

"Mbok? Tenan Mbok? Dadi bapak sing kebegal Mbok?"swarane Sarman kaya wong adus glagepan. Ora let suwe ana swara gembrudug pit montor karo asu njegog. Wong-wong kampung padha metu. Sarman bingung olehe ndhelik. Gery, anake sing isih angler turu melu tangi, nangis gero-gero. Polisi gunggung papat nuruti playune

asu. Gandheng ana andha semendhe wit mlinjo, Sarman banjur njunjung lan masang tumuju gendheng. Sarman munggah menyang gendheng. Mbrambat tumuju wuwung. Matane bruwet.

Ora kinira, asu sing pinter nglacak maling ngambus lemah, mubengi omah, ndangak, nyawang wuwung lan whut!!! Kaya-kaya asu mau mabur menyang wuwungan. Nyokot kathoke Sarman. Sarman jerit-jerit. Ing sangarepe wong sing pating kemruyuk kababar pawarta ngagetake. Lik Kirdi, bapake Sarman, dadi korban begal. Saiki isih diopeni ana sawijining rumah sakit. .

Semarang, 2016

"Dadi begal wae Kang, dadi begal!"mak bluwek! Ana swara iblis mbisiki kupinge. "Kena kanggo tuku susu anakmu. Mosok wong lanang ora isin, mulih karo tangan tanpa oleh-oleh?"

Budi Wahyono, lair ing Wonogiri Jawa Tengah, 17 Juli 1959. Lulusan Magister limu Sosial Politik Fisip Undip iki mulang ana SMK Negeri 7 (STM Pembangunan) Semarang. Seratane awujud cerkak lan geguritan sumebar ana Parikesit, Jaya Baya, Djaka Lodang, Panyebar Semangat, Solopos, Mekarsari, Kedaulatan Rakyat, Pustaka Candra, Derap, lan melu katut ana antologi.

Kumpulan Parikan (Pantun) Basa Jawa

Pasar Kramat, Pulau Bawean, malem jumat, turune dhewekan.

Tape ketan neng njero cangkir, wis dadi mantan rasah dipikir! Gendhing kanggo tembangan, gak isa nyanding amarga kahanan.

Soto babat bumbune trasi, dadi pejabat aja korupsi!

Kacang kara di gondhol kucing, aku meh mara lawang aja dikancing.

Esuk ngikir sore ngikir, kikire arek Surabaya. Esuk mikir sore mikir, sing di pikir ora rumangsa.

Klambi biru ning ndhuwur klasa, yen Bapak lbu ora setuju, aku isa apa?

Tuku gitar ning Pasar Silir, kuwi pacar apa piala bergilir?

Numpak sepur saka Purwosari, ngomong rindu tak terukur, tapi ra ndang ditemoni.

Manuk emprit nucuk pari, adi murid sing taberi.

Jemek jemek gulane Jawa, aja ngenyek padha kanca.

Manuk tuhu mencok pager, yen sinau dadi pinter.

Wedang bubuk tanpa gula. Aja sok ngantuk, gelis tuwa.

Wajik klethik gula Jawa. Luweh becik sing prasaja.

Wedang bubuk gula tebu. Mata ngantuk njaluk turu.

Kembang mlathi warna peni ngganda wangi, watak putri kudu titi ngati ati.

Gudeg manggar bumbune mrica ketumbar, lamun sabar bisa lejar sarta bingar.

Kembang kencur tinandur ing pinggir sumur, yen wis makmur aja lali marang sedulur

Buku Dongeng

Dening

Al Aris Purnomo

Agung nembe maca buku dongeng nalika telpun ing ruwang tengah muni. Agung mlayu banjur ngangkat telpun. Pranyata sing telpun Budhe Larti, aweh kabar kalamun kampunge Lik Warsidi nembe wae ketrajang banjir. Agung enggal ngaturke kabar mau marang bapak lan ibune.

UDHE Larti crita yen omahe B Lik Warsidi uga katut ketrajang banjir. Pak Nanto enggal tumandang kanthi nggawa ubarampe sing dibutuhke lan mangkat menyang kampunge Lik Warsidi. Kabeh kulawargane Pak Nanto melu, kalebu Agung. Budhe Larti uga wis mangkat saka daleme kang ana ing kutha liya.

Kampunge Lik Warsidi kuwi adoh banget. Listrik saka pamarentah durung mlebu kampung kuwi, anane mung listrik swadaya sing migunakake kekuwatan banyu kali ing cedhak kampung kang ngubengke turbin satemah ngasilke listrik. Listrik ing kampung kuwi mung murub wanci bengi. Amarga bencana alam banjir kuwi, kali dadi mbludag, turbin rusak awit ketrajang banyu sing tekane luwih gedhe.

Agung rumangsa trenyuh nyawang sedulure kang jenenge Anis. Omahe ambruk, ketrajang banjir, wong tuwane sakloron nandhang tatu abot lan kudu digawa menyang rumah sakit ing kutha.

Agung amung bisa menehi buku dongeng sing isine crita-crita saka saindenging Nusantara.

Sabanjure, Pak Nanto lan Budhe Larti bebarengan warga kampung ngurusi omahe Lik Warsidi amrih bisa ngadeg maneh. Dene Anis digawa menyang kutha nunggoni bapak lan ibune ing rumah sakit.

Ing rumah sakit, Anis rumangsa entuk kanca kang mirunggan yakuwi buku dongeng. Saliyane kuwi prasasat saben dina kulawargane Pak Nanto ngindhaki Lik Warsidi lan bojone.

"Kepiye kahananmu dina iki, Anis?" pitakone Agung.

"Kahananku apik, Mas. Bapak ibu semono uga, sesuk wis entuk bali mulih menyang dhusun," Anis wangsulan kanthi kebak kabagyan. Buku dongeng tansah digawa menyang ngendiendi.

Dina teruse, kulawargane Anis wis entuk bali menyang omahe. Kahanan kesarasane wis pulih. Tekan kampung dipethuk tangga teparo kanthi seneng. Sanadyan prasasat kabeh ngrasakke kapitunan awit anane banjir, nanging amarga raket ing paseduluran, kabeh rasa pituna bisa suda. Kabeh entuk tamba wujud kawigaten saka sedulur-sedulur kang peduli marang panandhange warga kampung kuwi.

Ganti dina ganti tahun, tan kanyana ana prahara utawa udan lan angin sing gedhe nrajang desa sing cedhak karo kampunge Anis. Desa kuwi bosah-baseh, luwih parah tinimbang desane Anis nalika ketrajang banjir. Akeh warga desa kang kelangan omah. Akeh warga kang nandhang tatu.

Anis duwe kanca raket ing desa kuwi, jenenge Sekar. Sekar kuwi kanca nunggal sekolahan lan nunggal kelas karo Anis, malah lungguhe sameja. Omahe Sekar uga ambruk, wong tuwane uga nandhang tatu, padha karo kahanane Anis biyen.

Bocah wadon cilik aran Anis kuwi trenyuh meruhi kahanane Sekar. Anis banjur menehke buku dongeng marang Sekar.

"Muga-muga buku dongeng iki bisa piguna kanggo kowe, kena kanggo kanca," tembunge Anis tulus. "Matur nuwun, Anis. Kowe pancen kanca sejatiku, Sekar nampani buku dongeng kanthi mesem.

luwih becik. Pak Nanto ngucap syukur marang Gusti.

Agung semono uga, dheweke rumangsa seneng, weruh Anis wis bali kaya padatan, dadi bocah sing lincah lan tansah katon bungah.

Sawetara wektu sabanjure, Agung lan Pak Nanto ngindhangi kahanane Lik Warsidi lan kulawargane. Pak Nanto rumangsa lega dene kahanane Lik Warsidi wis

"Nis..., buku dongeng isih kosimpen, ta?" pitakone Agung.

Anis meneng wae, dumadakan praupane owah, nuduhke rasa kuwatir.

"Ana apa?" pitakone Agung maneh.

Kanthi lirih-lirih amarga kuwatir Agung kuciwa, Anis nyritakke kalamun buku dongeng diwenehke Sekar kang dina-dina kepungkur nembe ketaman bebendu. Anis njaluk pangapura marang Agung.

Agung dhewe ora nesu, malah rumangsa seneng marang tumindake Anis kuwi.

"Aja kuwatir, aku ora nesu. Aku malah seneng yen

buku dongeng kuwi bisa piguna kanggo kancamu. Karepku rak ya kaya mangkono, biyen nalika aku menehke buku kuwi pamrihku kowe bisa entuk kanca lan panglipur. Iki dakgawakke buku dongeng maneh, ora mung siji. Malah ana sing tulisane nganggo basa Jawa."

Anis katon lega lan seneng banget. Buku-buku dongeng ditampa kanthi seneng.

Kabeh lumaku becik anane. Ing liya desa, Sekar wis ora sedhih maneh. Wektu teruse bisa gegojegan maneh karo Anis ing sekolahan. Uga crita bab buku dongeng kang tansah setya ngancani ing kahanan apa wae.

Pancen wong kang nembe nampa bebendu kuwi butuh pambiyantu. Ora amung wujud bandha donya, nanging uga panglipur sing ngurangi rasa sedhih. Agung menehake buku dongeng amrih bisa dadi panglipur. (Cuthel)

Wigatine Wacan Bocah tumrap Lumakuning Kabudayan Jawa

Dening: Jefrianto, S.Pd.

Sabarang babagan diwiwiti saka apa kang winastanan dhasar/kawitan. Yen wiwitane wis apik, ing tembene besuk bisa diangkah bakale dadi apik. Upama nandur, yen wiwitan cilik digemateni lan diwenehi rabuk kang apik temtu ana angkah besuk muga dadi tetuwuhan kang migunani lan murakabi.

AHANAN iku kaya dene kang dumadi nalika K nggula wenthah bocah. Kabeh wong tuwa mesthi kepengin anake dadi wong kang migunani lan gedhe pangabektine. Dalan utama kanggo mujudake iku temtu nganggo prinsip kang diarani: asah-asih-asuh. Prinsip iku kang bebakalane luwih nyata maneh ing lakupamomonge wong tuwa tumrap anake.

Laku-momonge saben wong tuwa umume beda-beda. Saben wong tuwa duwe cara dhewe-dhewe. Para luhur ing jaman wuri nganggo piranti carita kanggo matrapake budi pekerti luhur mring putra-putrine.

Carita dianggep minangka sarana kang efektif kanggo menehi patuladhan becik tumrap bocah. Carita duwe daya panimbul imajinasi kang trep karo pola pikire bocah kang isih dikebaki daya pikir (imajinasi). Awit saka iku, carita minangka piranti kang trep kanggo ngasah, ngasihi, lan ngasuh bocah.

Banjur carita bocah sing kepriye kang trep kanggo mulang putra? Ing toko buku temtu wis akeh nyumadhiyakake wacan bocah. Nanging, minangka wong Jawa, bokmenawa luwih prayoga yen buku kang dienggo sarana mulangake budi pekerti tumrap bocah nganggo wacan bocah abasa Jawa.

Pangangkahe migunakake wacan bocah abasa Jawa,

KUMPULAN DONGENG BOCAH KETHEKOGLENG Dening: Setyasih Harini

yaiku bocah bisa uga sinau ngenani basa Jawa. Ing jaman kang sarwa modhern, bocah luwih asring tetepungan karo basa non-Jawa. Dadi ilate wis jarang kembul karo basa Jawa. Yen kahanan iki kalirwakake, temtu mbebayani

Grasinks Suharmono K CRITA RARYAT BOJONEGORO JAWA TIMUR

kanggo arumbakaning budaya Jawa, mligine jati dhirine wong Jawa. Lumantaran wacan bocah abasa Jawa rasa kuwatir iku kirane bisa sinuda, lan muga kasirnakake.

Ndelengake kahanan kaya kang dingengreng iku jebule prelu pamikiran kang premati jalaran wacan bocah abasa Jawa kuwi sithik cacahe. Kita amung nemoni wacan kuwi ing hudyana-hudyana abasa Jawa kang cacahe paling siji saben cithake. Iku bae tinambah kasunyatan hudyana abasa Jawa kang rutin terbit ora sepira cacahe. Sebut bae Ancas, Djaka Lodang, Pagagan, Panjebar Semangat, lan Jaya Baya. Cacah semono kuwi sithik banget kanggo sarana pendhidhikan tumrap bocah. Kita butuh wacan abasa Jawa kang luwih saka iku.

Antologi

Ngematake kahanan kaya mangkana, ana saweneh gagasan kang bokmenawa bisa kanggo ngatasine. Kang pisanan, yaiku ngumpulake carita-carita bocah saka hudyana wiwitan wuri minangka sawijining antologi. Kirane, dinas kabudayan ing tataran kabupaten lan provinsi bisa mujudake lembaga negara kang trep kanggo ngopeni babagan iki. Wewenang ngurusi babagan kabudayan ing masarakat jinekel dening lembaga iki.

Upaya iki uga mbutuhake wong kang bisa nyeleksi wacan bocah kang trep karo lumakune jaman. Kanggo iku, dinas kabudayan bisa nggadheng sastrawan Jawa kanggo iki. Rasane, ora angel golek sastrawan Jawa kang mumpuni. Saben dhaerah darbe sastrawan-sastrawan Jawa kang mitayani. Kari gelem orane kanggo nggoleki.

Upaya kasebut prayogane uga linambaran inovasi. Donyaning bocah iku donya imajinasi. Yen ta buku wacan bocah iku murni amung teks, bocah akeh ora sengseme. Mula, buku wacan bocah apike uga kudu diwenehi ilustrasi kang apik, bisa ing saben kaca, bisa ing saben awal carita.

Ilustrasi mono bisa kanggo narik kawigatene bocah. Upamane, bocahe weruh gambar kang nggugah daya imajinasine sabanjure age-age kepengin maca caritane. Iki yen ilustrasi kababar ing wiwitan carita. Yen saben kaca diwenehi ilustrasi uga apik maneh, sabab sinambi maca carita, bocah uga bisa ngreronce imajinasine.

Sutresna donya bocah, kaya dene Kak Seto, upamane, uga bisa ginandheng kanggo proyek wacan bocah. Dadi, ing tembe wacan bocah bakale kagarap kanthi mateng. Wis suwe karya sastra Jawa modern, kaya mung digarap setengah-setengah. Langgame nalika dikritik tetep padha, yaiku atur wangsulan: "kang wigati wis nguri-uri budaya Jawa". Mendah apike menawa karya sastra Jawa digarap kanthi temen, luwih-luwih dening pehak kang wenang ngurus budaya.

buku wacan bocah abasa Jawa. Ananging, welinge para luhur, jer basuki mawa beya. Kabeh babagan butuh prejuwangan, butuh lelabuhan. Kanthi sistem untungrugi, rasane pangangkah ngrembakaning ajaran luhur Jawa angel linaksanan. Sayektine, kita kudu wani asung labuhan.

Minangka pameling, iku kabeh mau nembe laku mula kanggo ngrembakakke sastra Jawa lumantar wacan bocah. Laku sebanjure kang bisa ditindakake bokmenawa nyisipake ajaran moral saka luhur. Temtu ajaran moral iku kudu diracik kanthi prasaja, nora kaya buku-buku filsafat Jawa. Dadi ajaran luhur ing tembe uga melu dingrembakakake.

Bokmenawa bener ature jangka: samengkone wong Jawa bakale kari "separo". Bener, wonge lair, nglakoni urip ing tanah Jawa. nanging ciri khas budaya Jawane wis ora katon. Yen dilirwakake ngono bae, nora mokal generasi penerus budaya Jawa bakale sirna. Jawa bisa mung kari carita lan nama.

Ngrembakake sastra Jawa lumantar wacan bocah bisa dadi dalan anyar kanggo kumandhanging budaya Jawa. Kasadharan tresna budaya Jawa ora mung dinarbe dening para dhiwasa utawa mung winengku dening sutresna budaya Jawa. Ananging, menawa kasadharan iku tinandur kawitan cilik, impen-impen bab kumandhanging sastra Jawa bebakalan nemahi kasunyatan.

Pancen nora ana laku kang tanpa resiko. Laku kasebut sanadyan becik lan murakabi ing ancase, nanging ing palaksananaane duwe risiko kang gedhe. Resiko kuwi kerep andadekake wong cilik ati dhisik tumrap kawujude

Kahanan iki kang banget mbebayani tumrap anane budaya lan wong Jawa. Mula, wiwitan iki kita wong Jawa, utamane tumrapa pehak kang wenang ngopeni budaya Jawa bisa miwiti menggalih. Sepira abote tuna dana tinimbang ing tembe mburine nemahi tuna jati dhiri?

Jefrianto, S.Pd. *Guru Basa Jawa SMK Kesatrian Purwokerto Esais Sastra Jawa

Pangangkahe migunakake wacan bocah abasa Jawa, yaiku bocah bisa uga sinau ngenani basa Jawa. Ing jaman kang sarwa modhern, bocah luwih asring tetepungan karo basa non-Jawa.

Tekad Nglestarekake Basa lan Aksara Jawa

Dening Ikke Kusumawati, S.Pd.

Aksara Jawa iku salah sijining wujud budaya Jawa minangka perangan saka budaya Indonesia. Ora akeh bangsa ing donya iki kang duwe aksara dhewe, tuladhane aksara Latin, Hieroglyph, Arab, Cina, Jepang, lan India, kalebu aksara Jawa.

UNGGUNGING aksara iki ora G akeh kaya gunggunging basa lan bangsa ing donya. Aksara ana kang lestari digunakake kayata aksara Arab, Cina, Jepang, Korea, apa maneh aksara Latin kang dianggep bisa digunakake kanthi praktis. Ananging, ana aksara kang wis arang digunakake malah kepara ameh punthes. Aksara Jawa kalebu aksara kang kasingkir ing lingkungan sekolah, uga ing masarakat. Bab ing mesthi bae ndadekake rasa prihatin kanggo saperangan wong kang tansah kapengin nglestarekake lan ngrembakakake supaya basa lan budaya Jawa bisa tetep lestari.

Nglestarekake Aksara Jawa

Saben bangsa mesthi bae kapengin nglestarekake budayane dhewe-dhewe kalebu basa lan aksarane. Pambudidaya kanggo nglestarekake aksara Jawa ana maneka warna.

Kayata gawe paugeran kanggo pathokan nulis basa Jawa migunakake aksara Jawa. Para gubernur ing Jawa taun 1996 uga sarujuk bebarengan ngrembug babagan pembinaan, pengembangan dan pelestarian bahasa dan aksara Jawa. Ora mung tekan kono, ing taun 2012, Pemerintah Provinsi Jawa Tengah uga ngetokake Perda Provinsi Jawa Tengah Nomor 4 Tahun 2012 babagan Penyelenggaraan Pendidikan

Lan Perda Nomor 9 Tahun 2012 babagan Basa, Sastra, lan Aksara Jawa

Ing Perda Provinsi Jawa Tengah Nomor 4 Tahun 2012 babagan Penyelenggaraan Pendidikan ing antarane diandharake manawa basa Jawa kudu diwulangake ing tataran SD, SMP, dan SMA paling sithik 2 (rong) jam saben minggune supaya siswa duwe rasa handarbeni basa lan budaya Jawa. Kanthi pangajab siswa bisa ngrembakakake basa lan budaya Jawa minangka sarana kanggo mbangun budaya nasional Indonesia. Tanpa budaya saka dhaerahdhaerah, budaya nasional Indonesia ora bisa madeg. Budaya Indonesia dumadi saka maneka warna budaya dhaerah kang ana ing Indonesia jumbuh karo Bhinneka Tunggal Ika.

Pasal 6 Perda Provinsi Jawa Tengah Nomor 9 Tahun 2012 babagan Basa, Sastra, lan Aksara Jawa uga tinulis:

"Dalam kegiatan perlindungan, pembinaan, dan pengembangan bahasa, sastra, dan aksara Jawa perlu ditetapkan pedoman penulisan Aksara Jawa dengan Wewaton Sriwedari sebagai panduan, serta dilakukan pembelajaran kembali carakan Jawa dimulai dari Aksara Jawa Dentawyanjana, sandhangan, pasangan, dan angka."

Piwulang Basa Jawa

Piwulang basa Jawa kaya dene piwulang basa liyane nggladhi patang ketrampilan basa. Katrampilan basa mau yaiku ngrungokake, wicara, maca, lan nulis. Katrampilan maca lan nulis minangka perangan katrampilan kang kudu digladhi siswa. Mligi kanggo piwulang basa Jawa, katrampilan maca lan nulis kalebu ketrampilan maca lan nulis aksara Jawa kang dadi peranganing kompetensi kanggo siswa. Kompetensi iki duwe ancas siswa bisa maca lan nulis aksara Jawa saka tataran SD/MI tumeka tataran SMA/SMK/MA. Bab kang gawe prihatin lan sedhih uga bisa dadi pitakon kang gedhe yaiku piwulang basa Jawa migunakake aksara Latin, kamangka basa Jawa duwe aksara dhewe. Saliyane iku, ana panganggep menawa aksara Jawa ora penting. Mula, akeh kang ora bisa maca uga nulis aksara Jawa kanthi lancar amarga ora kulina.

Piwulang basa Jawa iku prayogane ya migunakake aksara Jawa, ora banjur migunakake aksara Latin. Asring uga ditemokake alih aksara basa Jawa kang kuwalik. Kudune saka aksara Jawa dialih aksara dadi aksara Latin nanging malah kuwalik saka aksara Latin lagi ditulis migunakake aksara Jawa. Kamangka saperangan ana kang nulis basa Jawa migunakake aksara Latin kang kurang trep. Bab iki ndadekake salah anggone nulis.

Tuladhane yaiku tembung lara 'sakit' saperangan manawa nulis migunakake aksara Latin yaiku loro. Anggone nulis ing aksara Latin iki salah banjur dialih aksara migunakake aksara Jawa ora nganggo taling tarung dadi kawaca lara kamangka tembung lara beda banget tegese karo tembung loro. Nulis tembung basa Jawa migunakake aksara Jawa cetha banget bedane. Tembung lara migunakake aksara legena kabeh, dene tembung loro migunakake sandhangan awujud taling tarung.

Aksara Jawa mung didadekake perangan saka pasinaon basa Jawa. Aksara Jawa ora digunakake minangka aksara kanggo sarana nulis basa Jawa kaya basa manca liya kang duwe aksara dhewe. Bisa digatekake lan dideleng kanthi cetha basa liya kang duwe aksara migunakake aksarane dhewe

kanggo pasinaon. Tuladhane sinau basa Sansekerta langsung migunakake aksara Devanagari, sinau basa Arab migunakake aksara Arab, sinau basa Jepang migunakake aksara Jepang, lan sinau basa Korea migunakake aksara Korea. Bab kang ndadekake luwih nglarani ati maneh yaiku ing saperangan tataran SD mligine ing Jawa Tengah wiwit saka kelas 1 SD entuk piwulang basa Mandarin utawa basa Arab langsung migunakake aksara Mandarin lan aksara Arab, dene nalika sinau basa Jawa tetep migunakake aksara Latin lan aksara Jawa lagi diwulangake ing kelas kang luwih dhuwur. Mula rasane nggrantes lan ndadekake lara ati nalika aksara Jawa wis ora diajeni.

Ironis banget, Wong Jawa Ilang Jawane. Wong kang urip ing tanah Jawa lan wong kang duwe getih keturunan Jawa wus ora tepung maneh karo aksarane dhewe. Aksara kang minangka tinggalane leluhur kang nuduhake wujud ungguling cipta, rasa lan karsaning wong Jawa.

Ana unen-unen bisa amarga kulina. Kanthi ngulinakake nganggo aksara Jawa bisa mujudake aksara Jawa tetep lestari. Kang dadi pangarep-arep, wong Jawa lan wong kang urip ing tanah Jawa bisa maca lan nulis migunakake aksara Jawa.

Dadi, kudu enggal dikulinakake maca lan nulis migunakake aksara Jawa diwiwiti saka pawiyatan. Kanthi ngulinakake migunakake aksara Jawa mligine ing piwulangan bakal dadi pakulinan ing tlatah Jawa. Migunakake aksara Jawa ing pawiyatan mligine ing piwulang basa Jawa bisa ndadekake akeh wong bisa maca lan nulis aksara Jawa. Aksara Jawa bakal digunakake wong akeh lan ing pungkasane aksara Jawa dikenal wong akeh uga duwe pangaji kang dhuwur ing donya. Aksara Jawa bisa "go internasional"

Yen dudu awake dhewe sapa maneh kang ngajeni murih lestari, Yen ora saiki kapan maneh bakal nglakoni!

Basa Tegalan Dudu "Ngapak-Ngapak”

Eling Tegal mesthiné èling moci. Maksudé nyruput médang poci. Nglancong maring Tegal yèn durung nginung teh poci durung marem. Njuran, apa sih sing nggawe tlatah Tegal kuwé dadi menarik?

ANGANANÉ? kuwé ora P salah. Ning kotané enyong ana panganan sing diarani kupat glabed sekang Randugunting, kupat bongkok sekang Desa Bongkok, Kecamatan Kramat. Ana tahu aci sekang Benjaran, martabak sekang Lebaksiu, kacang asin bogarès sekang Desa Bogarès, Kabupaten Tegal. Ana maning panganan sing ora kalah moncèr, sauto sekang Kecamatan Talang. Yèn diitung akèhé por. Pèndhèké yèn ngomong panganan lumayan asik. Mung, nang kéné enyong ora pan crita bab panganan. Toli pimèn?

Nang kesempatan kiyé enyong pan crita bab basa. Daning ngapa diarani basa tegalan? Tegalan ning kéné kiyé dudu 'kebon' utawa sajinisé, tapiné tembung tegal sing olih panambang an kayadéné Semarangan, Cerbonan, Banyumasan, lan

sapanunggalané.

sampeyan duwé omongan kaya kuwé. Apa sampeyan ora ngerti? Apa sampeyan ewis wegah gogoh budaya? Cacak gèn, sampeyan teka maring kotané enyong. Nyoba dhisit nguber senimanseniman asli Tegal. Apa iya basa tegalan bisané kur kanggo bahan lawakan, kasar, laka unggah-ungguhé klawan laka estetikané?

Ngomong tegalan apa ora malah ngisinisini? Jaré pèrangané uwong, basa tegalan kuwé kasar, cruwek alis saru tur wagu. Paling banter kur kanggo gojègan alias guyonan thok. Adhuh! kayong nelangsa nemen dadi wong Tegal? Kayong ngina saporèté adhong

Kanggo njelasna kiye, enyong blèh nganggo teori-teori sekolahan

Sing njlimet. Enyong dudu uwong sekolahan, tapiné, ewis akeh nemen mahasiswa padha nekani enyong njaluk referensi bab basa tegalan kanggo saraté bisa lulus sarjana utawané para calon doktor sing keranta-ranta nggolèti enyong. Ancasé ora liya pan gawé tesis kanggo ngranggèh gelar doktoré. Sing ning luar negri ya padha teka maring enyong ora kurang golèt buku antologi puisi tegalan sing intiné pan kanggo referensi penlitiané.

Sesrawungan

Yèn wis kaya kuwé kasunyatané, mesih baé basa tegalan dianggep kampungan? cacak dipikir mèn aja gagal paham. Mituruté enyong kabèh basa laka sing ècèk-ècèk uga adhiluhung. Kabèh basa endi baè duwé titik lemah uga keunggulan. Tegasé, padha mulyané padha dedegé.

tembung lara tetep diwaca /lara/, dudu /loro/ kaya pangucapané masrakat Yogyakarta utawa Solo. Apa sebabé? Tembung loro saluguné duwé arti 'dua', sedheng lara artiné 'sakit'. Kuwé arti sing sipaté umum kanggo uwong Tegal.

Basa kanggo sarana sesrawungan duwé drajat sing padha. Dudu padha baku utawa ora bakuné basa. Bedané, basa kuwé dideleng saka variasi dhialèké pas karo kaanan dhaerahé dhèwèk-dhèwèk. Angger dhialek lan fungsiné sing adi basa ssrawungan nduwèni drajat sing padha, saka sawijiné dhialèk sing lewih apik utawa dhuwur drajaté. Ingatasé kuwé, tegalan duwé katetepan sajroné pangucapané. Contoné

Conto liyané sing mesih pelafalan fonetis [a] diwaca kaya hurup /o/. Bentukané tembung utawa morfologiné "Gatotkaca" diwaca /Gatotkoco/. Tapiné, wektu olih panambang /é/ utawa /né/ balik maning nganggo hurup /a/,

"Gatotkacané" diwaca

dudu /o/. Dadi, tembung

/Gatotkacané/, /Gatotkoconé/. Tegasé kiyé bab sing ora teteg sing ora ana ning masrakat wetanan nganggokna hurup [a]. Kiyé mesthiné beda adoh karo uwong Tegal, hurup [a] tetep diwaca /a/, hurup [o] ya Dadi, basa basa ngapak-ngapak. Uwong sing ngomong tegalan ngapak-ngapak kuwé artiné uwong

sing kurang plesiran. Gogoh budaya gèn dadi ngerti. Basa Tegal beda karo ngapakkuwé Banyumasan. Khasé basa Tegal malah kepengaruh basa Sundha.Lanang setiawan

Ngomong tegalan apa ora malah ngisin-isini? Jaré pèrangané uwong, basa tegalan kuwé kasar, cruwek alis saru tur wagu. Paling banter kur kanggo gojègan alias guyonan thok. Adhuh! kayong nelangsa nemen dadi wong Tegal?

Majalah Bahasa .nwa

Poligami Raja-Raja ing Tanah Jawa

Dening: Irul S Budianto

Prakara poligami sejatine ora mung rame utawa dadi pirembugan gayeng ing wektu saiki. Ing jaman biyen, luwihluwih ing jaman kraton sing jenenge poligami kaya-kaya ora bisa dipisahake karo raja.

AJA minangka panguwasa R tunggal lan kaum bangsawan liyane. Ora tanggung-tanggung, poligami sing ditindakake raja nganti puluhan utawa atusan cacahe.

Nut lakuning sejarah keraton ing tanah Jawa, luwih-luwih nalika jaman Praja Mataram Islam, sing jenenge poligami kaya-kaya dudu barang wadi maneh. Luwih-luwih tumrape raja, poligami pancen ora bisa dipisahake saka tata panguripane minangka panguwasa. Malah ana tetembungan, raja sing ora nindakake poligami utawa duwe bojo akeh (selir) malah diarani dudu raja sejati.

Karo maneh, ing jaman keraton biyen, lumrahe raja pancen kudu duwe selir akeh. Bab

Mau kaya-kaya mujudake sawijining konvensi sing ora bisa dibantah maneh. Lan ing kanyatane poligami uga ditiru dening kaum bangsawan liyane.

Senajan konsep poligami dinut dening raja-raja ing tanah Jawa, nanging ing sajeroning perkembangane prakara mau luwih akeh dumadi ing jaman Mataram Islam. Wiwit Dinasti Mataram dibangun dening Panembahan Senapati, konsep poligami sansaya ndadi. Luwih-luwih ing jaman pemerintahane Sultan Anyakrakusuma, poligami kayadene dadi tradhisi kultur sing dibangun dening raja lan para bangsawan.

Miturut konsep pamawas Jawa, prakara poligami ing kanyatane uga mlebu ing wilayah abu-abu, sanjabaning akal sehate manungsa. Minangka conto kaya ing crita turuntemurun, Panembahan Senapati minangka cikal bakal Dinasti Mataram kanyatane nindakake poligami ora karo

wanita biyasa, nanging karo makluk gaib, Kanjeng Ratu Kidul.

Konsep Gung Binathara Ing jamane raja-raja Jawa sing

jenenge poligami asring dumadi nanging ora nate diprotes dening para kawula. Masalah iki saora-orane dilandhesi dening maneka bab sing nyengkuyung tindak-tanduke sang raja saprelu duwe selir akeh. Salah sawijining bab sing nyengkuyung konsep poligami mau merga ing keraton ditepungi anane konsep : gung binathara bau dendha anyakrawati lan ber budi bawa leksana ambeg adil paramarta. Lire, sakloron konsep mau sing njalari sawijining raja bisa nindakake apa wae. Klebu yen kudu duwe selir akeh.

Konsep gung binathara bau dendha anyakrawati mengku teges sawijining raja kudu dimaknani minangka pawongan kayadene dewa sing nyekel ukum lan nguwasani donya. Dene, ber budi bawa leksana ambeg adil paramarta mengku teges yen sawijining raja kajaba duwe panguwasa sing tanpa wates uga duwe budi luhur lan welas asih mring sasama.

Sakloron konsep sing dadi gondhelane raja mau pancen kudu imbang. Ora kena bot sih. Mula saka kuwi yen bab iki bisa ditindakake njalari eksistensine raja bakal dikultusake lan ora nate diongkrah-ongkrah dening kawulane. Kanthi mengkono dudu tembung keladuk yen samengkone

Para Putri Kraton Jawa

Raja Jawa ing Masa Kolonial

donya bakal dadi duweke raja. Kalebu ing njerone para wanita sing bisa diregem kanthi gampang.

Murih bisa dadi sawijining raja sejati sing duwe panguwasa tanpa wates biyasane isih ditambah kanthi maneka kaluwihan sing diduweni, kayata pusaka lan selir sing akeh. Kanthi selir akeh mau bakal ndadekake raja bisa diarani minangka man power. Nanging sing luwih penting saka selir akeh iki sejatine raja pengin antuk keturunan sing becik minangka panyengkuyung panguwasane.

Konsep poligami ing njero kraton sejatine uga ora mutlak minangka pepinginane raja wae. Suwalike, para wanita ing jaman biyen ing kanyatane akeh sing ngarep-arep bisa digarwa dening raja senajan mung minangka garwa ampil utawa selir. Kekarepane

para wanita mau ora tanpa alesan, nanging ngarah marang kauntungan sing pengin direngkuh.

Kauntungan mau bisa ing babagan sosial, politik lan ekonomi. Sacara sosial, wanita sing didadekake garwa sawijining raja cetha bakal ngangkat statuse. Saka kalangan biyasa bisa dadi kaum bangsawan kanthi konsep nunut mulya sing dilakoni. Dene sacara politik, keturunane mengko cetha bakal nut statuse raja. Dadi kulawarga bangsawan lan sabanjure bakal nglungguhi kursi pamarentahan sing diparingake sang raja. Dene sacara ekonomi cetha banget kanthi dipundhut garwa raja njalari samubarange bakal sarwa kecukupan.

Geneya para wanita gelem didadekake selir sekirane uga ora bisa dipisahake karo budaya sing ana. Awit budaya Jawa ing jaman biyen ing prakteke asring nglungguhake wanita ing sangisore para priya, sing ing

perkembangane nyungulake tetembungan wanita mung minangka kanca wingking utawa eksistensine mung saderma swarga nunut neraka katut tumrape priya.

Tumrape sawijining raja sing nindakake poligami utawa duwe selir akeh bisa uga minangka upaya kanggo njunjung eksistensine. Ing konsep pamawas iki raja sing duwe selir akeh bisa wae mengku tujuan minangka upaya kanggo nambah panguwasane. Minangka conto asring ditemoni raja sing nindakake perkawinan politik saprelu kanggo nylametake utawa malah kanggo njembarake panguwasane?

Wiwit Dinasti Mataram dibangun dening Panembahan Senapati, konsep poligami sansaya ndadi. Luwih-luwih ing jaman pemerintahane Sultan Anyakrakusuma, poligami kayadene dadi tradhisi kultur sing dibangun dening raja lan para bangsawan.

ongTawa Hang Tawane

Nilai-nilai Jawa pancen ngandhut tuntunan kanggo nylarasake urip lan panguripan sing serasi lan harmoni. Nanging krana perkembangane jaman, nilai-nilai Jawa mau saiki kaya-kayane wis luntur.

KI yen ora gelem diarani ilang saka I satengah-tengahe bebrayan utawa masarakat pendhukunge dhewe. Saka lunture nilai-nilai Jawa mau njalari akeh kang padha ngarani yen wong Jawa wis ilang Jawane.

Kanggo negesi wong Jawa ilang Jawane sejatine dudu perkara gampang. Akeh bab sing gegayutan karo tetembungan mau. Ing antarane magepokan karo bebrayan Jawa sing

wis ora nduweni jatidhiri minangka wong Jawa. Jatidhiri mau ing antarane dumadi saka etika, moral, norma lan sapanunggalane sing kabeh mau kudu dijunjung dhuwur. Minangka dhasar pidakan jroning nepusi urip lan panguripan.

Kudu diakoni, wong Jawa wiwit jaman biyen nganti saiki sing isih nggondheli kanthi teguh nilai-nilai Jawane, pranyata bisa mbangun interaksi sosial masarakat kanthi becik, rukun lan guyup. Awit, kanthi nilai-nilai Jawa sing ing antarane arupa bisa ngrumangsani, tepa slira,

budi pekerti, etika, tata krama lan sapanunggalane bisa ngawekani anane intrik-intrik utawa masalah ing satengahe bebrayan.

Jumbuh karo perkembangane jaman sing njalari lunture nilai-nilai Jawa sejatine ora mung winates anane sebutan wong Jawa ilang Jawane sing gegayutan karo wong Jawa sing wis ora nduweni jatidhiri Jawane. Nanging luwih saka iku, wong Jawa ilang Jawane bisa uga diarani minangka lunture kabudayan, tata susila, etika, norma lan sapanunggalane sing kabeh mau njalari anane bab-bab sing ora nyenengake sacara sosial kemasarakatan. Luwih saka iku malah jumurung ndadekake wujud kaprihatinan sing dirasakake dening wong akeh.

Ndhobrak Pakem

Wong Jawa ilang Jawane ing ndalem perkembangane kaya-kaya malah ndhobrak pakem uripe wong Jawa sing ngutamakake konsep adhem ayem. Kanthi mangkono, wong Jawa ilang Jawane tumrape wong Jawa sing ninggalake nilai-nilai Jawane bakal ndadekake saben pawongan tumindak sakarepe dhewe. Mung mentingake dhiri pribadhi lan nyepelekake kepentingane liyan. Yen wis ngono, sing jenenge norma utawa tatanan sing ana sansaya ora karuwan. Intrik-intrik utawa masalah kayadene bom wektu sing sawanci-wanci bisa mbledhos. Amarga lunture nilai-nilai Jawa sing

kebak tuntunan mau cetha lamun bakal

njalari saben pawongan duwe patrap lan tumindak sakarepe dhewe. Akibate bisa dibadhe, bab mau bakal nyumet anane 'keteganganketegangan' sing ora dibayangake sadurunge. Tuladhane, ing panguripan saiki, ing antarane ditengeri kanthi anane wong-wong sing gampang kasulet ego lan nepsune sing sabanjure bakal tumindak sakarepe dhewe. Kayata kanthi ana lan ngrembakane karusuhan sing kadhang kala mung didhasari dening perkara sepele.

Kabeh mau bisa dijupuk dudutan menawa anane karusuhan, bentrokan lan sajinise satemene mung krana saben pawongan wis ora bisa maneh ngendhaleni dhiri pribadhine. Iki beda adoh menawa saben pawongan isih lan tetep nggondheli konsep lan nilainilai Jawa mesthi samubarang tumindake bakal bisa dikendhaleni. Sabanjure sing jenenge karusuhan, bentrokan lan liya-liyane mesthi ora bakal dumadi.

Yen diulur luwih dawa maneh, wong Jawa ilang Jawane ing kanyatane uga nemahi marang patrap lan tumindak liyane. Kayadene ing wektu saiki sing asring gawe abange kuping yaiku perkara ngrembakane kasus korupsi utawa tumindak asusila liyane sing kaya-

Grup Kesenian Rakyat Kabupaten Karanganyar

kaya dadi pirembugan ora ana entekenteke lan penanganane isih adoh saka kekarepan. Kabeh mau mujudake bukti menawa sing jenenge etika, moral, sopan santun lan nilai-nilai Jawa liyane wis ora dicekel maneh lan dadi tuntunan ing panguripane.

Unen-unen wong Jawa ilang Jawane ing kanyatane uga wis ngowahi budaya lumintu dadi budaya instan. Tegese, wong saiki sing ora gondhelan konsep lan nilai-nilai Jawa luwih jumurung nindakake samubarang kanggo kepentingan sing sipate mung sedhela lan kanggo mburu butuhe dhewe. Kayata anane kasus korupsi sing ora sansaya suda nanging malah sansaya ndadra cetha mung kanggo mburu butuhe dhewe. Ora nate mikirake kulawarga, anak lan keturunane sing bakal nampa wirang. Lan iki beda adoh karo jaman leluhur biyen, jroning nindakake samubarang luwih nengenake lan mikirake kanggo anak keturunane murih bisa ngrasakake enak lan kepenake ing tembene.Irul s Budiyanto

Macapat

Ngambah Dalan Padhang

(Dhandhanggula)

Anggitane: Bambang Edy Supriyono

1

Manut wirasane sabda suci Bakal teka jaman sarwa ala Manungsa bubrah lakune Tan wanuh bener lan luput Tan preduli ala lan becik Remen nilar paugeran Mburu nepsunipun Kathah tyang kang samya tega Datan emut pinangka titah kinaji Supe jejering jalma

2

Awya ngungun, dhuh mitra kinasih Ndulu jagad ing jaman wekasan Saya ndadra tumindake Datan wruh dalan satuhu Samya nguja katoging ati Mring Gusti datan ajriha Pangadilan-ipnu Nging begja ingkang waspada Klayan emut mring wedharing sabda suci Basuki gesangira

3

Emutana bab kraharjan jati Sanes pangkat sanes bandha donya Sanes raga saubube Nadyan eca satuhu Nging tan bisa amitayani Endah mung sawatara Kawontenanipun Dene kraharjan punika Cekap murwat ayem tentrem trusing ati Kawujud srana iman

4

Pamrayogi menawi tinampi Murih endahipun patunggilan Ingkang cetha paedahe Tunggal sedya wah rukun Lung tinulung lilaning ati Sami dene angreksa Mring sesaminipun Samya asih asuh asah Tanpa mawang prabedan jejering jalmi Mangun endahing gesang

5

Ngupadi mring dalan urip yekti Nora ngalor ngidul ngulon ngetan Mung ing iman panggonane Tegese iman yeku Klayan eklas manembah Gusti Datan wegah ngibadah Tan wedi pangridhu Madhep mantep ing piwulang

Mbabar tresna mring sapepadhaning urip Ndhedher winih kaswargan

6

Ngambah gesang ing pepadhang jati Wonten tiga kedah den upaya Murih saged kawujude Wosing pepadhang yeku Namung becik leres lan adil Becik ateges endah Tan saru dinulu Dene leres sampun cetha Datan lepat, wah adil punika yekti Pana raosing driya

7

Wonten siyang ugi wonten ratri wonten bingah ugi wonten sisah Kados sampun salimrahe Wondene werdinipun Ampun ngantos cupet penggalih Dimen sageda sabar Narimah ing pandum Uger tansah mbudidaya Datan kemba meminta welasing Gusti Kantun nengga sih rahmat

Gerabah koleksi Soerapto, Foto: E & O

8

Wonten malih punika prayogi Mbudidaya murih saged tansah Ngraos sokur sawontene Raos sokur puniku Nelakaken eklasing galih Datan kumedah kedah Mbujeng ingkang klentu Dene rejeki punika Sampun mesthi cumadhang ing saben wanci Nengga tyang kang makarya

Clering / Jepara, 17022017

Aia Nggege Mangsa

Menawa ditilik saka tembung-tembunge, unen-unen kang dumadi saka telung tembung iku ngemu teges pepenget, katitik saka panggunaning tembung "aja".

DENE, menawa ditegesi mbaka satembung, aja ateges 'prentah supaya ora nglakoni utawa nindakake', nggege saka tembung lingga gege kang ateges 'nyepetake', lan mangsa ateges 'wektu, wayah'. Menawa ditegesi, unen-unen aja nggege mangsa ateges 'aja nyepetake wektu'. Ananging, sejatine unen-unen iku ngemu teges kang jero gegayutan karo sikap ing sajroning urip minangka pribadi, makluk sosial, lan abdine Allah.

Unen-unen kasebut minangka ngemu teges, menawa duwe karep utawa panjangka kudu bisa meper hawa nepsu lan ora ngaya murih ora kepleset ing tumindak kang ora bener. Murih bisane kelakon kang dijangka, samesthine kita mbudidaya kanthi linambaran nyenyuwun marang Gusti Allah.narti

Kagem nambah bobot Majalah Swaratama, sumangga sami nyerat kritik, uneguneg lan sedaya pangarep-arep, dipun kentun kemawon wonten alamat e-mail: [email protected]. Serat ingkang saged kapacak bakal pikantuk bebungah arupi gift menarik. Red.

Anggaran Ditambahi

Pitakonan:

Nyuwun pangestunipun kemawon, mugi-mugi ing wekdal salajengipun anggaran kangge penerbitan majalah Swaratama dipuntambahi agengipun. Kanthi makaten majalah Swaratama saged terbit langkung kathah malih.

Kaping Kalih Sewulan

Ageng Mangir Jatinom, Bantul

Pitakonan:

Edu 07 Desember WACAN BOCAH Buku Dongeng

Wangsulan: Maturnuwun, mugi dedonga menika enggal saged dipun wujudaken.- red.

Pengaruh Karya Liyane

Pitakonan:

Arep takon, yen gawe karya sastra anyar adhedhasar karya sastra liyane kang wis terbit kuwi dhasar hukume kepriye? Upamane aku gawe naskah kethoprak adhedhasar novel sejarah. Matur nuwun.

Eko Purwanto Prenggan, Kotagede

Wangsulan:

hei lembarsASTRA Majalah Basa Jawa Swaratama

ASUNE MABUR MENVANG WUWUNGAN

Sri Zumaini Solo

Wangsulan:

Pitakonanku prasaja wae. Umpama naskah sastra wis dimuat ana ing salah sawijining media massa, lan dibenakake maneh banjur dikirim ing media liyane, apa dikeparengake?

Ing mancanegara, bab pemuatan dobel ana sing wis isa nampa lan dikeparengake. Nanging tradisi pemuatan tulisan ing kalawarta Indonesia isih nggunakake azas "eksklusivitas," biasane ora dikeparengake pemuatan dobel.-red.

Manawa ing tulisan ilmiah kudu ditulis sumber tulisane. Wondene, ing sastra saka pamawas redaksi durung ana paugerane kang gumathok. Nanging, luwih prayoga ana tulisan utawa katrangan yen naskah kuwi diangkat saka novel kasebut.-red.

Supatane Begawan SuKra

DENING BANUARLIAMBARDI

PHUH SANG PRABI. NYADHONG DEDUKA BILIH SEDAYA ATLIR KAWULA WAU, HIRANG TRAPSILA MENGGAHING PADLIKA.

NDARA PLITRI DEWAYANI. PANJENENGAN WONTEN PUNDI?

ORA DADI APA DEWAYANI.

MENIKA SUWANTENI. PUN GUMIRAH, ABDI KLI LA-MADOSI KAWLILA.

KAWLILA NYUWUN PAMIT SINUWLIN MATUR NUWUN PITU- LLINGAN PADLIKA ING KANG SAMPIN NYLA METAKEN NYAWA KAWLILA

WONG LORY IKU PANJUR PADA PISAH PRABU YAYATI KONDUR MENYANG PRAJANE

NLANA PLITHI DEWAYANI, SAMPLIN DANGU ANGGEN KULA MIDER-MIDER MA- DOSI PADIKA

MANGGA TUMUNTEN KLILA DHEREKAKEN KON- DUR. PANOBNENGAN DI- PUN AGENG-ATENG INGKANG RRAMA

KSALSNALNING KIL-NULII TAHAH DEEETNE PEWEEDAH PANUA

APA2 PANUWUN WOWDUWE

AM PA - MAPAN MEESTU

SANNATA AE MUSA SANNE

SARMISTHA NAAM PANINA

PA SN

L SpHns Bea SSute

RAER AEAAMSSTHA SINDIHK SURPA

KA RAKE WE O PAR

RE. SINAAILAALNG TEEON

PERD

Mangka nyata wicarane sepet madu Sesadone adu manis Memanis yen gumuyu Ayu rahayu ning dhiri Widagda nganggit lelakon

(Cuplikan Tembang Megatruh)

Tegesipun

Wicarane nyatane manis. Menawa guneman karo wong liya uga manis. Apa maneh yen ngguyu. Ayu lan keslametan ing awake. Pinter anggone tumindak.