swaratama
Mbangun Kuncaraning Basa,Sastra,lan BudayaJawa
KOMIK Supatane Begawan Sukra 3' AyoNgulinakake NganggoBasaKranna
CERKAK "Dheweke Arep Nugel Tangane
Konggres Basa Penginyongan I Wis Ditindakake
DITERBITAKE DENING BALAI BAHASA JAWA TENGAH
Laporan Saka Kongres Bahasa Jawa VI
Resik-resikAli Resik-resik Tanji." Sugeng Mahargya Natal lan Warsa Enggal 2017 25 Desember 2016 1 Januari 2017
NGELMUTITEN
Dening: Yan Tohari
Gelema sinau marang kahanan, mangkono saweneh pitutur Jawa nelakake. Dene yen wong Barat ngandhakake experience is the best teacher.
EKARONE padha K dene nggarisake tumrap wigatine sinau marang apa kang nate kelakon. Manis apa paiting lelakon iku nyisakake pangerten marang sing nglakoni. Temahan nuwuhake pangati-ati ing sabanjure, mulat lamun ala aja bali tumama, dene sing becik mesthine kaundhakake.
Nanduki mring saweneh lelakon kang tumama ing panguripan, para ngaluhur kita datan pegat klawan apa sing kinaran ngelmu titen. Apa wae kang kaprangguli sarwa katiti. Embuh iku kahanan, kadadeyan, lan tumindak-tumindak sing nate katindakake katiti klawan titi permati. Awit saka kang titi mau temah nglairake saweneh tumindak kinaran niteni. Sing tegese nengeri sakalir kawernaning kahanan. Suweningsuwe awit gelem sinau marang kahanan, utawa kawulang dening kahanan, tumuli dadi titen.
Ing pangrembakane ngelmu titen kala-kala tinemu babbab kang datan gathuk klawan ngelmu nalar. Kayata sing lumaku ing bebrayan Jawa, upamane ngalamat mripat keduten, kandhane lagi dirasani liyan. Ngalamat ngimpi dicokot ula, bakal cepak jatukramane. Manuk prenjak ngoceh ing pekarangan bakal ana tamu. Yen ketiban cecak sirahe bakal nampa kasusahan. Mangkono isih akeh maneh wohing ngelmu titen sing rinasa unik lan nganeh-anehi.
perangan ngelmu kang onjo, awit wong-wong sing kaduga bisa sukses yaiku pribadi kang wasis lan mulat klawan apa-apa sing bakal teka, tegese titen. Laku ekonomi, kiprah politik kadidene pilkada, sarta ancas wewangunan semune dikuwasani pihak-pihak sing paham ngelmu titen.
Nadyan mangkono ana uga sing trep klawan nalar, kayata pranata mangsa, kawruh babagan jamu, watak manungsa klawan ciri mathine ing awake (iki raket klawan ngelmu psikologi), lan liya-liyane. Ing urip sing sarwa modheren iki, ngelmu titen ora sithik kang den ugemi. Kepara dadi
Nalar Ora Nalar
Mangkono ngelmu titen satemene bisa dadi ancerancer mring bebrayan. Mbok manawa sawutuhe ora bener, nanging saora-orane bisa dadi petungan mungguh kepriye ngadhepi urip kang bakal teka. Kanthi lelandhesan "gelem sinau
kahanan" kaajab aja nganti kecemplung kaping pindho ing blumbang kang padha. Tegese samubarang karti, prayoga bisa mulat murih caket ing basuki. Pancen urip prayoga titi, niteni temah titen. Ngono.
Upaya Mekarake BasaJawa Sawise Kongres
WARA-WARA
Redaksi nampa tulisan saka para maos. Tulisan bisa kakirimake liwat email [email protected] utawa dikirim menyang alamat redaksi, Balai Bahasa Jawa Tengah Jalan Elang Raya nomor 1, Mangunharjo, Tembalang, Semarang 50272. Tulisan kang kapacak bakal entuk bebungah saka Balai Bahasa Jawa Tengah.
swaratama majalah basaj
Mbangun Kuncaraning Basa, Sastra, lan Budaya Jawa
swaratama AyoNgulinakake NganggoBasaKrana
episan, S yaiku Kongres Bahasa Jawa VI. Sanadyan dianakake paling pungkasan, nanging kongres iki disebut paling dhisik amarga acara kuwi luwih tuwa tinimbang acara liyane. Kongres iki dianakake limang taun sepisan, lan taun iki wis
Taun 2016 iki bisa dikandhakake minangka taun kang istimewa tumrap basa Jawa. Ing taun iki ana pirang-pirang acara kang dilaksanakake kanggo upaya nglestarekake lan ngrembakakake basa
Jawa.
lumaku kongres kang kaping enem. Kongres Bahasa Jawa taun iki dianakake ing Yogyakarta.
Kapindho, yaiku Kongres Sastra Jawa IV. Kongres iki dianakake tanggal 4-5 November 2016, utawa patang dina sadurunge Kongres Bahasa Jawa VI. Acara ikí dilaksanakake ing Universitas Negeri Semarang. Mula bukane kongres iki pancen amarga ana kang rumangsa ora marem karo Kongres Bahasa Jawa. Ananging, kepriyea wae kongres iki kena kanggo ngramekake kancah sastra Jawa. Kaya Kongres Bahasa Jawa, Kongres Sastra Jawa uga dilaksanakake limang taun sepisan. Lan, taun iki lumaku kongres kang kaping papat.
Dene kang katelu yaiku Kongres Basa Panginyongan. Kongres iki dianakake kanggo upaya nglestarekake dialek ing tlatah Banyumas lan sakiwa tengene. Kanggo para maos kang nembe krungu tembung basa Panginyongan, kuwi minangka sebutan kanggo dialek Basa Jawa kang nggunakake tembung inyong kayata ing Banyumas lan Tegal. Salawase iki mungkin para maos luwih lumrah krungu basa Banyumasan kanggo ngarani dialek mau. Ananging, ing tembene ana kang rumangsa kabotan nganggo sebutan mau amarga Banyumas kuwi jeneng sawijining dhaerah. Kuwi nuwuhake kameren, dadi banjur ana kang nyebut basane nganggo basa Cilacapan, Banjarnegaran, utawa Purbalinggan. Kamangka basa-basa ing tlatah kuwi isih nunggal dialek. Mula, banjur digunakake tembung basa Panginyongan mau.
Dene, taun iki nembe dianakake kongres kang kapisan ing Purwokerto. Rancangane, Kongres Basa Panginyongan bakal dianakake saben rong taun sepisan. Kuwi mau telung kongres kang magepokan karo basa Jawa. Ora diselaki manawa ana kang cuwa lan pesimis karo kongreskongres kang wis dilaksanakake. Apa maneh kongres-kongres mau ngentekake ragad kang ora sathithik. Kalangan kang
ora setuju marang anane
kongres mrayogakake manawa luwih apik beya kang diwetokake digunakake kanggo urusan liyane, upamane kanggo mbangun rumah sakit, ngaspal dalan, utawa gawe bendungan.
Ing kene redaksi mung matur manawa ora sarana fisik wae kang prelu digatekake. Babagan kabudayan uga prelu entuk kawigaten. Pancen, mbangun kabudayan kuwi ora katon blegere. Ananging, apa para maos lila manawa kabudayan Jawa ilang amarga kalah karo kabudayan manca. Redaksi yakin akeh kang ora lila. Buktine nalika reog diaku dening Malaysia wae akeh kang bengak-bengok. Kamangka basa kuwi minangka coronge kabudayan. Dadi, manawa basa Jawa ilang, kabudayan Jawa uga bakal ilang. Mula, upaya nguri-uri basa Jawa prelu ditindakake.
Ing kene redaksi ngajak para maos supaya tetep optimis karo kongreskongres mau. Anane kongres kuwi nuduhake yen pamarentah duwe panyengkuyung tumrap basa Jawa. Kuwi sawijining paitan kang gedhe tumrap lestarining basa Jawa. Kari dipikirake kepriye upaya mekarake basa Jawa sabanjure. Áyo padha disengkuyung rekomendasi kongres kang mutusake basa Jawa diajarake marang generasi mudha. Prelu disengkuyung uga pamarentah dhaerah kang nglaksanakake rekomendasi mau. Kanthi mangkono basa Jawa bisa terus mekar lan ngrembaka. Muga-muga.
Kustri Sumiyardana Pemimpin Redaksi
SUSUNAN REDAKSI
Penanggung Jawab : Drs. K.R.T. H. Pardi Suratno Sastranagara. M.Hum ~ Pemimpin Umum: Drs. Suryo Handono. M.Pd ~ Pemimpin Redaksi: Kustri Sumiyardana, S.S., M.Hum ~ Sekretaris Redaksi: Sunarti, S.S., M.Hum ~ Redaktur Pelaksana: 1. Yan Tohari, 2. Widiyartono ~ Redaktur : 1. Bambang Sulanjari, S.S., M.A, 2. Mochammad Fikri, S.S, 3. Tri Wahyuni, S.S ~ Reporter: 1. Drajat Agus Murdowo, S.S., M.A, 2. Triman Laksana ~ Desain grafis dan Tata Letak: Akhid Anshori Setiawan, A.Md ~ Keuangan: Andy Rahmadi Santoso, S.Kom ~Sirkulasi: 1. Lely Siti Fatimah, S.E., M.Si, 2. Slamet Priyono, S.E ~ Desain Produksi: Handry TM.
Ruwang pamer di Nest.Co.Lo.Gy dikuwati tata lampune lan kelir "interior" sarwa soklat. Katon gambar-gambar sing digelar ing kamar pamer kasebut.
foto: handry tm
Ruwangan Kanggo Gelaran Musik lan Gambar
Diblebet nganggo kelir sing sarwa soklat, Nest.Co.Lo.Gy Bristo, penere ana ing sisih ndhuwur Kutha Semarang, dhasaran ngisore nyisani ruangan pameran kang endah lan elok.
ENERE ana neng JI.Tambora P no. 5 Semarang, Nest.Co.Lo.Gy ditata minangka panggonan kanggo jagongan lan ruwangan kanggo pameran lukisan utawa gelaran musik ing dhasarane. Luwih tepat maneh, minangka ruwang gelaran kanggo apa wae. Ora mung gelar lukisan, nanging uga gelaran "konser kamar." Ing sawijining gelaran, tau digelar uga konser cello tunggal sing nggugah rasa.
Panggonan iki uga nampung seket nganti satusan gambar ing "lantai" ngisor. Ruangan kuwi nyawiji karo restoran sing ana ing loteng siji lan loteng loro. Bangunan kuwi nduweni tagline unik, yaiku Land of Gastronomy. Kala-kala isa dadi kamar diskusi, konser cilik lan kamar pameran sedherhana. Ditata nganggo "ornament" sarwa lembut.
DAFTAR ISI
Laporan Saka Kongres Bahasa Jawa VI Ayo Ngulinakake Nganggo Basa Krama
Basa krama entuk kawigaten kang gedhe ana ing Kongres Bahasa Jawa VI. Kuwi bisa kadeleng saka rekomendasi kang diwacakake dening Drs. Nursatwiko, pangarsa kongres, nalika acara panutupan.
Kongres Basa Penginyongan I Wis Katindakake
Pemerintah Kabupaten Banyumas kang disengkuyung dening Pemerintah Kabupaten Banjarnegara, Purbalingga, Cilacap, lan Kebumen, nembe wae nganakake kongres basa Jawa dialek Banyumas.
16 Geguritan Cerita Cekak Dneweke Arep Nugel Tangane
Dening: Keliek SW
"Jalaran bumi lan langite, jalaran angin lan sumulire, jalaran banyu lan bantarane, jalaran swara lan kumandhange, yen wis dadi keputusane nurani dak eklasake tanganku pothol, bosok dening wektu utawa dipangan asu!"
Wacan Bocah Kupu lan Kembang Srengenge
Dening: Riana Kusuma Dewi
Rikala jaman biyen, ana alas kang isih asri. Ing njero alas kuwi urip wit-witan mawarnawarna. Ana kang woh-wohane legi ana uga kang wangi.
Rembug Gayeng ing Sitinggil Ngastina
Sukses lan botenipun gelaring pakeliran sadalu natas punika sampun saged katitik saking jejer sepisanan.
Grenengan
Bangun Drajating Sastra lan Basa Jawa
Pendhidhikan karakter, dadi rembug muyeg ing keri iki. Bab iku nilik saka kasunyatan, lamun pawiyatan kang ditrepake salawase iki selot kelangan enggok.
Laporan Saka Kongres Bahasa Jawa VI
Ayo Ngulinakake Nganggo Basa Krama
Basa krama entuk kawigaten kang gedhe ana ing Kongres Bahasa Jawa VI. Kuwi bisa kadeleng saka rekomendasi kang diwacakake dening Drs. Nursatwiko, pangarsa kongres, nalika acara panutupan.
NG rekomendasi mau ing antarane I nyebutake manawa Lembaga Pendidikan Formal prelu mulangake basa Jawa krama alus saka PAUD nganti Pendidikan Menengah. Sabanjure, pamarentah dhaerah majibake nganggo basa krama ing dina-dina tartamtu. Ora mung kuwi, lembaga informal uga diprayogakake nggunakake basa krama ing pacelathon. Uga diprayogakake terbite buku-buku pandhuan nggunakake basa krama alus. Mangkono satleraman keputusan kang diasilake ing Kongres Bahasa Jawa VI ing Yogyakarta.
Gubernur Ganjar lan Sri Sultan Hamengkubuwana X medharake makalah
Kongres Bahasa Jawa VI dianakake ing Hotel Inna Garuda tanggal 812 November 2016. Acara kuwi dibuka dening Gubernur DIY, Sri Sultan Hamengkubuwana X. Kongres mau uga dirawuhi para pejabat, kayata Soekarwo (Gubernur Jawa Timur), Ganjar Pranowo (Gubernur Jawa Tengah), Enthus Susmono (Bupati Tegal), lan F. X. Hadi Rudyatmo (Walikota Solo). Acara mau dirawuhi 500 panyarta saka Jawa Tengah, Jawa Timur, lan DIY. Uga ana kang saka tlatah liyane kaya Jakarta lan Banten. Malah ana utusan saka Suriname.
Sedina Basa Jawa
Ing dina candhake ana sesi sidhang pleno kanthi narasumber para gubernur saka telung provinsi. Ing kalodhangan kuwi Gubernur Ganjar Pranowo, ngendika manawa Jawa Tengah wis suwe anggone ngecakake sedina ing saben minggu instansi-instansi kudu nggunakake basa Jawa. Amarga akeh kang ora kulina, asring dumadi kadadian kang lucu. Upamane, manawa kudune ana rapat ing dina kuwi, banjur yen bisa rapate diganti ing dina liyane. Nanging kepriyea wae, program sedina wajib nganggo basa Jawa tetep kudu lumaku. Ora mung kuwi, nalika Pak Ganjar terjun langsung ing dhaerah-dhaerah, Panjenengane mrangguli dhewe bocahbocah saiki wis arang kang bisa basa krama.
Pangandikane Pak Ganjar dibenerake Sri Sultan Hamengkubuwana X. Miturut Sri Sultan panganggone basa Jawa kurang entuk papan kang mirunggan. Mula, Pamarentah Ngayogyakarta banjur gawe kawicaksanan ngenani tata laku
Basa nuduhake adab lan kabudayan
kongres BASAJAWA bahasa jawa vl TRIWIKRAN Pengoptimalan Peran Bahasa dan Sastra Kabupaten dan Kola yang Berakarkan Memperkual Kebodayaan 2016 8-12 NOVEMBER 2016 Hotel Inna Garud Yogyakarta mome 11mnm2me
Sri Sultan Hamengkubuwana X mbukak Kongres Bahasa Jawa VI ing Yogyakarta
kepriye murih pamulangan basa Jawa bisa bali gumregah maneh. Satemah bisa ndayani tumrap tumangkaring pasinaon-pasinaon basa Jawa ing sadhengah pawiyatan-pawiyatan kang kabawah wewengkon Ngayogyakarta. Sri Sultan ngendika yen kanthi migunakake basa krama bocah-bocah bakal bisa ngetrapake unggah-ungguh kanthi becik. Salah sawijine eloke basa krama yaiku basa kuwi ora bisa digunakake kanggo nesu.
Miturut Sri Sultan, basa Jawa kuwi minangka salah sawijining sarana kanggo ngembani watak, trapsila, lan unggah-ungguhing tumindak. Sok sapa kang nganggo apadene ngecakake ing saben dinane bakal namengi murih bisa tatag anggone nyaring pangaribawaning kabudayan manca kang ora jumbuh karo kapribadening bangsa. Mula, kanggo nguwati kuwi mau, prelu dianakake paugeran tata tulis basa Jawa nganggo aksara latin, sokur yen aksara Jawa uga digawe paugerane. Sabanjure uga prelu diakehi nerbitake buku-buku kang gayut karo basa Jawa.
Gubernur Soekarwo ing sambutane
TRIWIKRAMA bahasa jawa uu 2016 jogja 3-12 NOVEMBER 2016
Para pemakalah ing Kongres Bahasa Jawa VI
Panitia Kongres Bahasa Jawa VI sowan Gubernur H. Ganjar Pranowo
uga mbabarake kawicaksanan kang wis ditindakake ing Jawa Timur. Panjenengane nyengkuyung upaya nglestarekake basa Jawa. Pamarentah Provinsi Jawa Timur wis ngupaya nindakake rekomendasi saka Kongres Bahasa Jawa V. Ananging, diakoni yen durung kabeh bisa kaleksanan. Saoraorane pamarentah dhaerah tetep ngupaya nglaksanakake rekomendasi mau.
Telung Komisi
Sabanjure pirembugan ing Kongres Bahasa Jawa diperang dadi telung komisi, yaiku Pengembangan, Pelestarian, lan Pendidikan. Komisi Pengembangan ngrembug anane
Teteg lan tekun ngrungokake narasumber ing Kongres Bahasa Jawa VI
kebijakan kanggo ngrembakakake basa lan sastra Jawa. Mula, ing komisi iki tampil pemakalah kang medharake kasusastran Jawa biyen nganti saiki, upaya kanggo ngadhepi jaman cyber, upaya mulangake aksara Jawa kanggo bocah-bocah, lan liya-liyane. Cekake, basa Jawa kudu siyap ngadhepi jaman kanthi teknologi kang saya maju.
Komisi Pelestarian ngrembug bisane basa Jawa dianggo kanthi becik ing kanthong-kanthong budaya Jawa. Sabanjure, uga dirembug basa Jawa kang ana ing naskah-naskah kuna, ing mancanegara, lan dialek ing dhaerah. Saka kang diandharake para pemakalah, basa Jawa pancen isih digunakake, nanging ajine sangsaya suda. Akeh bebrayan kang milih nganggo basa Indonesia kanggo pacelathon. Akeh uga kang basa Jawane rusak. Mula, ing komisi iki dipikirake bareng-bareng supaya basa Jawa tetep lestari.
Dene, komisi Pendidikan ngrembug anane kebijakan ngenani pendhidhikan basa Jawa ing sekolah-sekolah. Ing komisi iki diandharake anane upaya optimalisasi peran Kelompok Kerja Guru (KKG) lan Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) basa Jawa sajeroning pamulangan basa lan sastra Jawa. Ing komisi iki uga dirembug strategi pamulangan basa Jawa ing jaman teknologi informasi lan digitalisasi. Sabanjure, uga dirembug pasinaon basa Jawa kang lelandhesan basa krama SD nganti sekolah menengah. Dene ing PAUD, TK, lan SD saka kelas siji nganti kelas telu wajib nggunakake basa Jawa. Bisa diandharake manawa pendhidhikan kuwi wigati banget, amarga kanthi pendhidhikan basa Jawa bisa diterusake marang generasi mudha. Kanthi mangkono basa Jawa bisa tetep ngrembaka.
Dr. Sudaryanto:
Basa Jawa Perlu Kanggo Generasi Muda
Sanadyan basa Jawa dinggo pacelathon dening wong 85 yuta lan ana ing peringkat 11 minangka basa kang gedhe ing donya, nanging prelu dikuwatirake basa iki bakal mati yen kulawarga ora migunakake ing ngomah.
NG dina kang pungkasan, Dr. I Sudaryanto maringi pamedhar sabda bab Kongres Bahasa Jawa kang wis lumaku. Miturut Panjenengane Saiki pancen akeh kulawarga mudha kang ora nggunakake basa Jawa maneh. Dadi, akeh bocah-bocah saiki kang basa ibune dudu basa Jawa. Bab kuwi dirasa nguwatirake. Mula, pendhidhikan tumrap bocah wiwit cilik dirasa penting.
"Nalika panganggone basa Jawa ing instansi utawa lembaga diwajibake, kuwi apik. Ananging, luwih apik yen panganggone basa Jawa ditujokake marang generasi mudha. Upamane ing PAUD gurune nganggo basa Jawa. Satemah, bocah-bocah minangka penerus generasi luwih cepet entuk pendhidhikan basa Jawa." Pangandikane Pak Dar, undangundangane Dr. Sudaryanto.
Nalika ana panyarta kang rumangsa cuwa marang kongres kang wis lumaku, Dr. Sudaryanto ngandharake manawa panitia kongres wis ngupaya supaya kongres lumaku kanthi saapikapike. Ananging, ora diselaki manawa kongres pancen ora bisa maremake kabeh wong. Sing penting kabeh ngupaya supaya basa Jawa tetep ngrembaka. Tumrap kang padha cuwa Pak Dar mrayogakake ngupaya supaya makarya ngundhakake mekare
basa Jawa miturut kawasisane dhewe-dhewe.
Kanthi mangkono rasa cuwa mau bisa diilangi, saora-orane dikelongi. Ing kalodhangan kuwi Pak Dar uga ngandharake manawa makalah kang dipilih ana Kongres Bahasa Jawa VI minangka makalah pilihan. Malah Pak Dar ngendika apa ana kang bisa nuduhake yen ana makalah kang ngrembug basa Jawa kang luwih hebat saka makalah kang ana ing Kongres Bahasa Jawa VI.
Akeh kang ngarep-arep Kongres Bahasa Jawa VI iki bisa dadi salah sawijining jalaran tumangkare basa Jawa kaya tema kang dipilih yaiku Bahasa Jawa Triwikrama. Dadi, kang dikarepake basa Jawa bisa ngalami owahowahan dadi manjila, dadi gedhe. Nanging, kaya kang dingendikakake Pak Dar, kabeh mau perlu panyengkuyung saka ngendi wae. Pamarentah dhaerah diarep-arep tansah mbudi daya nglestarekake basa Jawa. Mangkono uga instansi-instansi kaya Perguruan Tinggi lan Balai Bahasa kang ana ing telung provinsi nganakake kegiatankegiatan kanggo mekarake basa Jawa. Kang ora kalah penting yaiku bebrayan lan kulawarga. Amarga kulawarga kuwi kawitane bocah sinau basa.
Kustri Sumiyardana
Seni budaya Jawa sing tansah ngraketake basa
Kongres
Basa Penginyongan I Wis Katindakake
Pemerintah Kabupaten Banyumas kang disengkuyung dening Pemerintah Kabupaten Banjarnegara, Purbalingga, Cilacap, lan Kebumen, nembe wae nganakake kongres basa Jawa dialek Banyumas.
ANCAS Kalawerta Penginyongan
Ahmad Tohari Pemimpin Redaksi
Mélu Mengayubegya Gebyagé KONGRES
Dr. H. Pudjo Sumedi AS, SE. M.Ed Pemimpin Umum BASA PENGINYONGANI
Purwokerto, 25-27 Oktober 2016
Penginyongan basane, ANCAS wacanane
Nyengkuyung Basane Biyung
Para penyarta kongres
Selamat Daiang erta Kongres Basa Panginyog
Baliho neng njaba kongres
CARA kuwi diwenehi tajuk A Kongres Basa Penginyongan I "Menuju Basa Penginyongan yang Hidup, Maju, dan Bermartabat". Kongres kasebut dileksanakake suwene telung dina, yaiku 2527 Oktober 2016, ing Kabupaten Banyumas. Kongres kasebut uga disengkuyung dening Direktorat Jenderal Kebudayaan, Balai Bahasa Jawa Tengah, Grafika Grup, lan Yayasan Carablaka.
Panyarta kongres yaiku wakil saka wilayah Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas, Cilacap, Kebumen (Barlingmascakeb) kang dumadi saka unsur birokrasi, pendhidhik (dwija lan dhosen), seniman, budayawan, komunitas wong Banyumas kang ana ing paran, lan liya-liyane. Senajan panyarta Kongres Panginyongan I isih winates, nanging ing pangajab kongres sabanjure bisa disartani dening wilayah saliyane Barlingmascakeb.
Pengangen-angen dianakake kongres minangka asil gendhugendhu rasa karo Bapak Ahmad Tohari jalaran prihatin marang kaanane dialek Penginyongan kang sangsaya ditinggalake panuture, luwih-luwih generasi mudha. Mula saka kuwi, prelu ana strategi murih basa Jawa Penginyongan bisa dituturake kanthi kepenak dening panuture kang sabanjure basa Jawa
Penginyongan tetep urip lan turuntemurun marang generasi sabanjure.
Wakil Bupati Banjarnegara, Drs. Hadi Supena ngendikakake menawa basa nuduhake idhentitas dhiri lan minangka perangane budaya. Ora bakal ana kabudayan tanpa anane basa. Mula saka iku, basa Jawa Banyumasan kudu dijejegake. Dene, anane Kongres Basa Penginyongan I minangka srana kanggo mbangun kabudayan kang ana ing wilayah Banyumas lan sakupenge.
Ing adicara pambuka kongres kang dilaksanakake ing Pendhapa Sipanji, Purwokerto, Bupati Banyumas, Ir. Ahmad Husein, ngendika menawa wis wancine disumet obor kareben ing tembe lair generasi kang bisa nerusake perjuangane Pak Ahmad Tohari anggone ngurip-urip, nguri-uri, lan ngupayakake jejege basa Jawa Penginyongan. Panjenengane uga meling marang para winasis lan panyarta kongres, "1) Kepriwe carane wonge dhewek aja isin nganggo basa Penginyongan, kudu dewenehi cara merga basa nunjukna watek, 2) derembug bareng istilah "ngapak" arep detrima apa ora, 3) wonge dhewek angel angger nganggo basa Penginyongan nang acara-acara resmi, lan 4) jan-jane basa Penginyongan ana basa krama inggile apa ora."
Komitmen
Diskusi panel lima bupati minangka salah sawijine sesi kang bisa diarani penting. Ing diskusi panel kuwi bupati lima saka Barlingmascakeb duwe komitmen kang padha, kang intine sepakat lan sarujuk bakal nguri-uri basa Jawa Penginyongan. Sabubare kuwi, Dra. Tris Triyati minangka sulih sarira Dirjen Kebudayaan, Kemendikbud lan Drs. Pardi, M.Hum., Kepala Balai Bahasa Jawa Tengah medhar sabda lan diterusake ing panel sabanjure yaiku Drs. Hadi Supeno lan Sucipto Hadi Purnomo, M.Pd. mbabar makalahe. Ing sadawane diskusi panyarta sajak semangat lan tumemen anggone padha paring panyaruwe kang arupa pitakonan, panemu utawa usul, lan panguda rasa bab kang gegayutan karo basa Jawa Penginyongan.
Kepala Balai Bahasa Jateng Drs Pardi M.Hum ing Kongres Bahasa Panginyongan I
Menuju Basa onganyang Laju dan Bermartabat"
Sawise adicara ing Pendhapa Sipanji rampung, para panyarta diboyong menyang Hotel Moro Seneng, Baturraden. Panitia nyedhiyakake bus kanggo ngangkut panyarta kang ora ngasta kendharaan dhewe. Sawise dhahar bengi acara diwiwiti maneh kanthi paranpara Kang Ahmad Tohari lan Kang Atmo Tan Sodik.
Sawijining acara ing kongres
Senajan ana saweneh panyarta kang katon sayah, nanging ora ngurangi gregete anggone melu kongres. Para panyarta katon sumringah lan rumangsa mongkog dene kongres lumaku kanthi swasana kang nyenengake nganti purnane. Kongres Basa Penginyongan I ngasilake kesepakatan kang dirumusake kanthi basa Indonesia mangkene iki.
1. Basa Penginyongan perlu menjadi sebutan sebagai identitas bahasa yang ditandai oleh penggunaan kata "inyong" disertai upaya penguatan/sosialisasi identitas itu di berbagai ruang publik.
2. Diperlukan pelestarian, pengembangan, dan pemberdayaan basa Penginyongan secara akademik, terlembagakan, dan terarah.
3. Diperlukan panduan penggunaan basa Penginyongan berupa kamus dan panduan unggah-ungguh
yang dapat diakses secara luas dengan memanfaatkan teknologi informasi.
4. Diperlukan panduan operasional dalam pelestarian, pengembangan, dan pemberdayaan basa Penginyongan oleh sebuah tim kecil.
5. Diperlukan seksi kebahasaan atau unit pelaksanaan teknis (UPT) kebahasaan untuk mengawal pelaksanaan perda/pergub dalam pelestarian, pengembangan, dan pemberdayaan basa Penginyongan.
6. Kongres Basa Penginyongan
diselenggarakan secara periodik 2 tahun sekali dengan penopang utama pemerintah kabupaten/kota di wilayah Barlingmascakeb.
7. Tiap-tiap kabupaten (Barlingmascakeb) dapat melaksanakan kegiatan-kegiatan yang mendahului hasil kerja komite sehingga dapat menunjang pengembangan dan pelestarian basa Penginyongan.
Muga kalakone Kongres Basa Penginyongan I bisa nggrengsengake uripe basa Jawa Penginyongan. Satemah basa Jawa Penginyongan tetep urip lan lestari. sunarti
Prelu ana strategi murih basa Jawa Penginyongan bisa dituturake kanthi kepenak dening panuture kang sabanjure basa Jawa Penginyongan tetep urip lan turuntemurun marang generasi sabanjure.
lembarsASTRA
Majalah Basa Jawa Swaratama
KAWRUH SASTRA Pamucalipun Nyerat Geguritan
Lembaran iki macak seratan Cerita Cekak, Tulisan, Komik, Cerita Anak lan sapanunggalane. Naskah bisa dikirim ing alamat e-mail: majalah.swaratama@g mail.com. -Red
GEGURITAN
Replika bekas saka Pasar Klitikan Kota Lama Semarang
foto: Swaratama
CERKAK Dheweke Arep Nugel Tangane Dening: Keliek SW
WACAN BOCAH
Kupu lan Kembang
Srengenge
Dening: Riana Kusuma Dewi
Emane sing jenenge tresna kuwi ora prasaja, Nimas Ora padha klawan sing ditulisake dening tukang crita Utawa crita-crita ing panggung sandhiwara
Apa isih ana kang percaya Yen tresna'mung'ati kang dadipawitane Banjur ati kangkaya ngapa sing dikarepake? Mangkaingjamaniki Kabeh mawa ukuran
Tresna kuwi gelem tumama ing ati kaya ngapa? Atisingalustanpa tatu Utawa ati kang nandang tatu arang kranjang Samungkure katerjang dening dahuru?
Akungerti Minangka sekabehing titah Lanjejangkepan isen-iseningdonya Kabeh wenang nibakake pilihan Nanging bab kasebut cetha Duduperkaraprasaja
Kabeh mbutuhake petung Kudu dipilah lan dipilih Murih ora ana kang ngrasa kapenthung Saengga urip bebarengan kang katindakake Tansah nekakake bagya mulya
Tresna iku pancen ora prasaja Denesing prasajaikujenenge kapang Kaya tresnaku kang isih kajiret ing awang-awang
Sukoharjo, 25 Juni 2016
Ing kalane luh wis kinuras nganti tuntas lan eri bebondhotan wis tandhes tumeka dhasaring ati isih durung bisa nyembadani panjalukmu lilakna daktawu getihku minangka tandha pangurbanan sejati kanggo mustikaning ati
Tikungan Banguntapan
Tikungan dalan aspal antarane yogya-sleman iku nate daktakoni ana sisih endi suku endahmu nate tumapak senajan mung saderma tapak kanggoku wis luwih saka cukup jalaran saka tapak kuwi bisa dakwaca kaya ngapa sejarahmu sasuwene jumangkah ing kutha kang wis nulis lembaran mbaka lembaran uripmu
ngenani lelakon kang wis mungkur sawutuhe mujudake duwekmu ora ana karep lan krentegku kanggo nlesih wewadimu jalaran penginku mung siji mangerteni bab kang kok senengi lan kok sengiti saengga yen Gustingijabahi atiku lan atimu nyawiji ora bakal ana tumindaku kang nglarani atimu, Dhi
rikala Dewanglanglangjagad kanthinggawabokorkencanane sengaja dakgelar maneka ubarampe lan ora lali dakrapal sauntara donga muga-mugalakuninggendhingpanguripan anggene nuntunjangkahku menyangkasunyatan ora adoh saka kekarepan
Bio Zuly Kristanto
mangkono asmane penggurit iki. Karya-karyane wis kapacak ing maneka warna kalawarti Jawa. Dedalem ing RT 02 RW 06 Desa Mirigambar, Kecamatan Sumbergempol, Kabupaten Tulungagung, Jawa Timur.
J. Btara Kawi
Lantaran Sasi-Sasi
Swasana anyipta lodhang
Watara dohing pangangen, Kinasih idinake jiwa miwiti rahsaning kangen
Tetembungan mulih mring atiku madeg minangka sesulih saka swara-swara kang ngumbara
O, paraning suka delengana pategalan amba ing netraku lan kauningana amung sliramu kang bisa nyawur winih kembang-kembang ana ing kana
dimen tuwuh kanthi angrerambat barisan taman-taman memper Sriwedari kang sumdeya
dumadi paleranan ati-ati
Purwokerto, 2015
Bio J. Btara Kawi
Jefrianto, ulawa kawentar mawa nama J. Btara Kawi. Lair ing Cilacap 19 April 1990. Sung abekti minangka dwija ing SMK Kesatrian Purwokerto. Mapirang-pirang tulisane sumebar ing Kompas Cyber Media (KCM), Solo Pos, Harian Jogja, Joglosemar, Buletin Sastra Pawon, Segiiga Biru Kasih (2010), Suluk Mataram: 50 Penyair Membaca Yogya (2011), Pasewakan: Antologi Gunt-Cerkak Konggres Sastra Jawa III (2011), Pendhapa 13: Dongeng tentang Batu (TBJT, 2012) dan Pendhapa 14: Requiem Bagi Rocker (TBJT, 2012), Dari Sragen Memandang Indonesia (Dewan Kesenian Sragen, 2012), Membaca Jawa (Tembi, 2012), Dari Negeri Poci 4 (2013), Sesolya Prabangkara ing Langit Ngayogya: Antologi 33 Penggunit Yogyakarta, Antologi Cerkak "Karcis Nggo Ramane" (Yayasan Carablaka, 2015), lan Antologi Geguritan Penginyongan "Inyong Sapa, Rika Sapa" (Dinporabudpar Banyumas, 2016).
Nate nerjemahake karya saka basa Indonesia mring basa Jawa. Ing antarane yaiku cerpen Gumading Peksi Kundur karya Sanie B. Kuncoro, kang dipentasake ing Taman Budaya Solo Uga antologi puisi Andrawina karyane Serunie.
Aku pengin ngaluyup ana ing pucukmu mangerteni basa-basa wadi Kareben aku darbe sangu carita kanggo anak lan putu
Aku pengin sasendheran ana ing pokokmu anyekseni lakuning mangsa Takon kenengapa sira ngalami wayu sanadyan ing guritku sira nyuntak ewoning impen-impenku?
Purwokerto, 2015
Sekang arah wetan, gili sepur kemepyur digebyur cadhas krikil sing detempa panas kawitan lawas. Nengisore wit nangka sabrang rumasa ana dunya sing wis suwe ilang
Stasiyunku kayong ora memper gemiyen
Mendi ana inyong kudu kelalen maring rame asongan gemruduke rebutan panggonan?
Apaha setasiyunku kelalen maring rombongan sing arane pengamen?
Gemrubud angin sekang ambane segara nganyari pertakon lan lelakon
Nyukil cerita sing kadhangkala dearani ora sepiraha
Kumpulan Cerkak kang Duwe Cakrik Beda
Judhul : Sinawang Suwung
Pengarang : St. Sri Emyani
Penerbit : Paramarta, Tulungagung
KUMPULANCRITA CEKAK SINAWANG SUWUNG St.Sri Emyani
Taun :2016
UKU antologi utawa kumpulan crita B cekak Sinawang Suwung kababar kanthi tekad kang gedhe. Kepara, rada nekad amarga nerbitake buku sastra Jawa mono dudu pakaryan kang gampang. Kumpulan crita cekak Sinawang Suwung iki kaanggit dening St.(Slamet) Sri Emyani, pengarang Jawa saka tlatah Trenggalek, Jawa Timur.
Kumpulan Crita Cekak Sinawang Suwung ngemot cacah 16 cerkak. Antolongi iki kababar dening Penerbit Paramarta, Tulungagung, 2016. Mula bisa diarani isih kinyis-kinyis kaya manten anyar. Kumpulan cerkak iki uga ngemot atur pangiring saka budayawan Jawa Timur, Jarot Setiyono-Sanggar Seni Sor Pring. Ora kliwat uga atur pangiring saka sedulur Sumono Sandy Asmoro ing Ponorogo.
Manut ature pengarange, ana saweneh cerkak kang beda karo cerkak-cerkak lumrah. Crita kang diaturake ora mung wewaton paraga kang beda karaktere kanthi melok, kang asring sinebut citra hitam-putih.
St. Sri Emyani gawe cakrik kang beda kanthi masang paraga kang duwe karakter
campuran utawa istilahe absurd, kaya ing cerkak "Labuh Utama" (kaca 79--86) uga mbalik kahanan lumrah ing cerkak "Asu" (kaca 19--28), uga cerkak kang sejatine mujudake panglimbang ing babagan identitas amarga owahing jaman, kaya ing cerkak "Pitakon" (kaca 57).
Kanggo ngundhakake wawasan kabudayan, becik para sutresna maca dhewe 16 cerkak ing antologi cerkak Sinawang Suwung, yaiku "Wang Wung" (Sinawang Suwung 1), "Buk Petung", "Asu", "Pepenget", "Huwah", "Pitakon", "Dora iki Apa Sembada", "Rekening", "Labuh Utama", "Ngonceki", "Butarepan", "Patemon Ketemu Layon", "Kang Ngemong", "Sketsa Kartini", "Kaanggep", lan "Wang Wung (Sinawang Suwung2).
Para maos bisa njlimeti kepriye remiting crita kang kaanggit dening sastrawan Jawa Timur kang uga nate nulis novel Jawa kanthi judul Pager Ayu (1994) lan anggitan cerkake uga kaemot ing majalah Jaka Lodang, Jaya Baya, Panjebar Semangat, lan liya-liyane
Pardi Suratno, Balai Bahasa Jawa Tengah.
Dheweke Arep Nugel Tangane
Dening: Keliek SW
muga Sukardal rumangsa lega sawise bisa nyuntak kabeh uneg-unege atinesing
"Jalaran bumi lan langite, jalaran angin lan sumulire, jalaran banyu lan bantarane, jalaran swara lan kumandhange, yen wis dadi keputusane nurani dak eklasake tanganku pothol, bosok dening wektu utawa dipangan asu!"
WARA kuwi genah swarane S Sukardal, dudu swarane juru gurit maca geguritan ana panggung gedhung kesenian. Aku krungu nalika aku liwat tritisan omahe pas tengah wengi malem Selasa Kliwon. Niyatku pancen arep nemoni Sukardal. Tinimbang kelap-kelip ijen ana kontrakan ora bisa turu, aku kepengin ngobrol karo kancaku sing saben dinane tansah nyentrik kuwi.
Lan swarane Sukardal narik kawigatenku. Dak pikir sing arep ditindakake Sukardal aneh lan ora mulih nalar. Sejatine wis suwe aku kenal Sukardal. Dheweke pancen aneh. Jiwane angel dak mangerteni. Yen saiki dheweke kepengin nugel tangane, dak kira dheweke ora mung aneh nanging kena diarani kenthir alias ora waras.
Alon-alon aku nginceng liwat bolongan gedheg lan aku weruh Sukardal nyekel klewang mingis-mingis. Karo tansah nyuwara gemremengmbolanmbaleni pocapane sing puitis kaya geguritanSukardal metu saka njero omah, nylingker liwat lawang pawon, nilapake bojo lan anak-anake sing wis turu kepati.
Sukardal blusukan liwat gang-gang kampung.
Aku nututi kanthi sesidheman.
Sadalan-dalan Sukardal gremanggremeng, larase swarane tetep kaya wong maca geguritan, "Tanganku sayang, ora perlu kok tangisi nasibmu sing sungsang. Wis cukup jejibahanmu minangka ganep-ganepe jasmaniku. Dak ajeni kasetyanmu selawase iki, saenggamanut tata lairaku sampurna minangka manungsa. Yen sedhela maneh kowe banjur tugel, gumlethak ing lemah kanthi getih kececeran, bab kuwi mujudake kanyatan sing ora bisa
dianyang. Ora perlu sedhih, ora perlu sungkawa....
Šukardal ngguyu nyekikik, guyu sing ora sabaene, kaya dudu guyune Sukardal sing dak kenal suwe, lan lagi sepisan iki dak rungu, nganti githokku krasa mengkirik. Sok ngonoa aku terus wae nginthil lakune kanthi ngati-ati supaya ora konangan. Aku kepengin weruh, Sukardal mung ngomyang apa wani nugel tangane kaya sing diucapake.
Karo jumangkah, pikiranku nglambrang. Aku kelingan critane Sukardal nalika ana pos kamling dhek kapan kae. Manut kandhane Sukardal, pepenginan nugel tangane kuwi ngreridhu otake rikala dheweke ketungkul nggagas nasibe sing ora karukaruwan, mikir anak-anake sing isih kemragat, nggagas dina tembene kulawargane satengahe gumerahe jamannalika wong-wong saya makmur lan saya kepenak uripeselagine dheweke malah saya ketlanyak-tlanyak, kahanan ekonomine prasasat nyungsep ing comberan.
"Bung, kowe ngerti apa sing dadi cita-citaku?" pitakone Sukardal.
"Apa cita-citamu?" aku genti takon.
"Mangertiya, Bung! Wiwit isih bujang, aku wis kipa-kipa emoh dadi wong mlarat. Senajan ora sugih, nanging aku kepengin bisa urip murwat. Aku wis tuwuk urip rekasa. Aku emoh marisi rekasane wong tuwaku sing tansah kecingkrangan," Sukardal ngecipris kaya wong mendem.
Aku mesem sepa. Aku mbatin, citacitane Sukardal kaya cita-citane bocah cilik. Ewadene kandhane Sukardal tetep narik kawigatenku. Mula aku trima meneng, ngrungokake kandhane. Muga-
selawase iki tansah kapendhem ndalem batin.
"Aja mung mesam-mesam, Bung!"
"Terusna critamu. Dak rungokne!"
"Nanging guyumu...."
"Yagene guyuku?"
"Sajak ngece!"
"Aja salah tampa."
"Sampeyan ora nyemoni?"
"Ora. Nanging pancen ana sing ngganjel neng atiku."
"Geneya kok ngganjel?"
"Yen kepengin urip kepenak, geneya sampeyan ora gelem nyambut gawe. Geneya malah bojo sampeyan sing saben dina adus kringet dadi buruh kasar. Apa sampeyan ora welas?"
Sukardal mlengeh, banjur celathu, "Bung! Sejatine aku ya welas marang bojoku. Aku welas marang anak-anakku. Merga mlarat, anak-anakku dadi kesisih ing pasrawungan. Bung! Sejatine aku uga kepengin nyambut gawe. Nanging ora mung waton nyambut gawe...."
"Oh! Terus kepriye?"
"Ngertiya, Bung! Aku iki sarjana. Aja kaget. Aku lulusan Perguruan Tinggi. Lumrahe, sarjana kuwi ora mung waton nyambut gawe. Jalaran yen mung waton nyambut gawe, tegese ora beda karo sing dudu sarjana. Sarjana kuwi pantese nyambut gawe ana kantor, dadi pegawe tetap. Yen masa kerjane wis suwe, banjur oleh jabatan. Ora mung dadi gedibal terus."
"Nek ngono, apike sampeyan dadi pegawe wae."
"Aku emoh dadi pegawe!"
"Apa dadi pejabat?"
"Aku emoh dadi pejabat!"
"Yen nyambut gawe neng pabrik, gelem?"
"Apa, Bung? Nyambut gawe neng pabrik! Kaya sampeyan? Hahaha!"
"Apa pitakonku lucu? Apa nyambut gawe neng pabrik kuwi nistha?
"Aja tersinggung, Bung! Ora perkara lucu utawa nistha."
"Lha terus apa?"
"Aku emoh dadi pegawe, aku iya emoh dadi pejabat. Apa maneh nyambut gawe neng pabrik. Nyambut gawe neng pabrik kuwi selawase rekasa. Tenagane diperes, bayare ora mingsra. Iya ta, Bung?"
"Lha yen dadi pegawe utawa dadi pejabat?
Akeh-akeh critane Sukardal ngenani impen-impene. Emoh dadi buruh pabrik, wegah dadi pegawe, ora karep dadi pejabat. Kepengin duwe nasib becik, kepengin urip kepenak, tanpa diprentah liyan. Nanging nganti saiki nasib becik kuwi ora nate nyambangi. Arep ngrintis usaha ora duwe modhal. Arep golek utangan ora dipercaya liyan.
Sukardal rumangsa tansah kumampul-kampul.
Kanyatan kuwimanut panemune Sukardal jalaran dheweke ora diwenehi kesempatan nyambut gawe kanthi optimal. Akibate, utege sing sarjana ora ana bedane karo utege wong-wong sing dudu sarjana. Tangane uga ora geseh karo tangane wong-wong lumrah sing ora nate sekolah dhuwur kayadene tukang becak, kuli bangunan, buruh kasar, pedagang asongan, utawa pemulung.
Bola-bali Sukardal kandha, dheweke emoh dadi pegawe lan iya emoh dadi pejabat. Manut Sukardal, dadi pegawe utawa dadi pejabat kuwi padha karo nyemplung menyang pakunjaran. Padha karo ngrangket awake dhewe. Dadi pegawe utawa dadi pejabat dudu jaminan mungguhe tangan lan otake bisa nyambut gawe kanthi mardika lan kreatif.
Luwih-luwih ing jaman saikijare Sukardal jaman salah kaprah. Pegawe utawa pejabat kuwi padha karo priyayi sing prasasat ora nate metu kringete. Pejabat ora kena nandangi pegaweyan sing lumrahe dicandhak dening bawahan. Priyayi mung pantes urek-urek tandha tangan utawa tudang-tuding menehi prentah marang para andhahan supaya sregep tumandang. Ing kalodhangan liya, tangane bikut ngolak-alik dhokumen lan kwitansi, direkayasa kanggo kepentingan pribadi.
Sukardal gething banget.
Sawijining dina, Sukardal mlakumlaku menyang kutha. Dheweke weruh wong ngemis lungguh nglesot karo ngadhep umplung tilas wadhah cet ana jembatan penyebrangan. Wong ngemis
mau tangane buntung sesisih. Kanthi kahanan jasmanine sing ora sampurna, wong mau ngadhang kawelasane liyan kanggo nyambung urip. Nyatane umplung sing diadhep wong buntung mau suwe-suwe kebak dhuwit receh. Dhuwit pawehe wong liwat sing rumangsa welas.
Kanyatan mau nabet ing atine Sukardal lan dheweke rumangsa kaya oleh pituduh saka langit. Sukardal mikir, tinimbang dadi sarjana luntang-lantung, luwih becik dadi wōng buntung lan ngayahi pakaryan minangka wong ngemis. Kanthi mangkono bisa bebas saka pepenginan muluk-muluk. Kanggo nyambung urip, cukup nglesot ana papan-papan rame. Utawa papan-papan sing kulina diliwati wong akeh. Cukup ngenteni cebloke dhuwit receh. Lankanggo mujudake angen-angen mautangane kudu ditugel luwih dhisik.
Wengi iki Sukardal bakal ngleksanani kandhane sing nate dicritakne menyang aku. Saiki dheweke wis nggawa klewang landhep mingis-mingis, metu saka ngomah nglimpekne bojo lan anak-anake sing turu kepati, nlusup-nlusup liwat gang-gang kampung sing sepi.
Ora krasa lakune wis adoh ninggalake omahe. Ngerti-ngerti Sukardal nylingker menyang kuburan, mandheg ana satengahe kuburan. Aku ndhepipis alingaling kijing, ngawasi tindak-tanduke. Sukardal ngobat-abitake klewange nganggo tangan tengen. Tangan kiwane ditlorongane menyang ngarep. Sukardal ngguyu nyekakak, banjur nyuwara kaya sing dak rungu nalika isih ana njero omah mau, prekara niyate arep nugel tangane, ngeklasake dheweke dadi wong buntung, ngeklasake tangane bosok dening wektu utawa digondhol asu.
Githokku saya mrinding.
Ketege jantungku saya banter. Awakku gemeter.
Sadurunge kebacut, aku kudu tumindak. Aku kudu nylametake Sukardal. Dheweke ora kena nugel tangane. Ora kena. Tinimbang keduwung. Karo tetep amping-amping kijing, aku mbengok.
"Heee! Sukardal! Tanganmu aja dikethok!"
Konsentrasine sanalika ambyar. Sukardal tolah-toleh, "Kowe sapa?"
dikethok! Saiki kowe muliha! Turua! Sesuk kowe bakal urip mulya! Anakbojomu bakal urip mulya!
"Rungokna! Aku dhanyang kuburan.
Aneh! Aku bisa kandha mangkono kanthi spontan. Aneh! Sukardal percaya kandhaku. Percaya swara sing dirungu. Klewange diuncalake sak rosane, ceblok ing kadohan. Lan, lanang nyentrik kuwi banjur metu saka kuburan, jumangkah rikat, mulih menyang omahe.
Tekan ngomah, Sukardal ngglethak ing peturon.
Sedhela wae wis ngorok.
Atiku lega. Aku wis nylametake Sukardal saka tragedhi kang ngereseresi. Aku uga banjur mulih, nyelehake awak ana dhipan. Nanging aku ora bisa turu. Wewayangane Sukardal tansah kumlebat ing pandoming mripatku.
Saka rumangsaku, Sukardal sida nugel tangane lan aku ora bisa nyegah. Sukardal buntung. Getih ndrodos saka tangane kang ditugel. Tugelan tangane ceblok ana ndhuwur kijing satengahe kuburan. Dumadakan ana asu ireng muncul ing kuburan. Embuh saka ngendi. Asu kuwi nyathek tugelan tangane Sukardal, banjur digawa mlayu metu saka kuburan.
Sukardal kaget. Dheweke lagi sadhar yen tangane kebacut buntung. Dheweke ora lila tugelan tangane digondhol asu. Sukardal age-age nututi asu ireng karo bengok-bengok histeris, "Asuuu! Assuuu! Tanganku digondhol asuuu!"
Aku cekekal tangi saperlu nututi Sukardal. Nututi asu ireng. Wengi kuwi, kampung dadi geger. Wong-wong padha metu saka njeron omah, mlayu gumrudug ana mburiku. Kabeh melu bengok-bengok.
"Asuuuu!"
"Assuuuuu!"
"Ana tangan digondhol asuu!"
"Tangaannn!"
"Asuuu!"
"Tangannn!"
"Assuuu!"
Aku ora ngerti, lelakon kuwi kanyatan apa mung impen ngayawara. Dhadhaku krasa seseg. Awakku krasa lungkrah. Sirahku kliyeng-kliyeng. Bumi kaya horeg. Langit kaya arep runtuh. Nanging aku bengok-bengok nyebut jenenge Sukardal, nyebut asu ireng, nyebut tangan buntung.
Aku ora kuwawa nglawan nalika wong-wong kampung ngruket awakku. Aku didhabyang diunggahe menyang njero mobil. Aku krungu swarane wongwong kampungku, aku arep digawa menyang Rumah Sakit Jiwa.6
Sukardal ngguyu nyekikik, guyu sing ora sabaene, kaya dudu guyune Sukardal sing dak kenal suwe, lan lagi sepisan iki dak rungu, nganti githokku krasa mengkirik.
Rikala jaman biyen, ana alas kang isih asri. Ing njero alas kuwi urip wit-witan mawarnawarna. Ana kang woh-wohane legi ana uga kang wangi.
Kupu lan Kembang Šrengenge
AKEH kewan sing seneng urip neng jero alas kuwi, saka kewan gedhe, kayata kidang, macan, beruwang, lan ana uga kewan-kewan cilik.
Dening: Riana Kusuma Dewi
Ing dina iku, alas mau katekan kewan anyar siji yaiku Si Lili Uler. Nanging para kewan lan wit-witan ora seneng karo kewan kuwi, amarga kewan kuwi kondhang srakahe lan ora ana mupangate.
Kewan iku dhokoh banget mangani gegodhongan.
Amarga kuwi akeh wit-witan sing ora gelem dipencoki. Mula kuwi, Si Lili Uler kudu pindhahpindhah saka wit siji
menyang wit liyane kanggo gawe omah.
"He, Wit Apel, apa aku oleh melu manggon neng godhongmu?", Pitakone Si Lili marang Wit Apel.
"Kowe ora oleh urip neng kene, amarga manganmu akeh. Yen Kowe mengko mangani godhongku, mengko aku ora bisa awoh maneh, goleka wit liyane." Wangsulane Wit Apel kanthi mbesengut.
"Aku janji, sesuk aku males budi marang Kowe. Tulung ijinke aku urip neng godhongmu, amarga aku wis ora duwe omah liya", Si Lili melas karo Wit Apel.
"Pokoke ora oleh! Kewan liya sing melu urip karo aku mesthi padha ora sarujuk. Amarga marahi woh-wohanku kelong karo marahi kentekan pangane. Pancene apa ta sing bisa koklakoni? Kewan elek lan ringkih kaya Kowe bisa ngapa liyane mangan karo turu. Kana lunga golek wit liya!", omongane Wit Apel karo nggetak.
Lan wekasane karo sedhih Si Lili Uler lunga golek wit liya sing gelem dieloni. Nanging jawaban wit-witan liyane sing ditemoni padha wae. Ora ana sing gelem nampa dheweke. Wekasane Si Lili metu saka alas. Ing pinggir alas Si Lili nangis sedhih ngratapi nasib uripe. Tanpa nglegewa, ana Wit Kembang Srengenge sing wis kawit mau ngematke dheweke.
"Ngapa Kowe nangis Ler, Uler? Critakna masalahmu, mbok manawa aku bisa ngrewangi Kowe." Pangucape Kembang marang Si Lili.
Si Lili mandheg anggone nangis. "Sapa...Kowe sapa sing ngomong kuwi...?", kandhane Lili karo noleh ngiwa nengen.
sing ana neng
"Hahaha... tegese dheweke anggone mikir cupet, apa ta tegese godhong siji? Kanca luwih ana regane lan angel olehe golek, kamangka godhong iku bisa thukul dhewe. Kowe ora susah kuwatir Kancaku." Wangsulane Kembang Srengenge.
Si Lili Uler seneng banget ngrungokake wangsulane Kembang Srengenge. Wiwit dina kuwi Lili Uler lan Kembang Srengenge dadi kanca apik. Saben dina Lili karo Kembang Srengenge guyon lan crita werna-werna. Dina-dina kuwi dadi dina sing nyenengake.
Sawijining dina Si Lili ngomong karo Kembang Srengenge.
"Apa sing miturutmu apik kanggo Kowe aku bakal nyengkuyung Kowe, Kancaku!!!" Wangsulane Kembang Srengenge.
Wekasane, Si Lili nglekasi gawe omah lan pasa. Si Lili mbuntel awake dhewe nganggo benang-benang sing mbentuk enthung. Saben dina kembang Srengenge ngrumat lan nunggu kancane kapan tangi saka turune. Kembang Srengenge njaga Si Lili saka panas, angin, lan udan. Lan tekan wektune Si Lili tangi saka turu dawane. Nanging Si Kembang Srengenge kaget amarga dheweke dudu Lili kancane, nanging sing metu saka buntelan benang mau kupu sing apik, swiwine endah banget.
"Ngematna ndhuwur. Aku Kembang "Kancaku, iki dadi dina kang Srengenge. Aku ratu saka pungkasan aku bisa kabeh kembang
"Aku kuwi kancamu, Kowe ora
kebon iki." Wangsulane Kembang Srengenge.
Banjur Si Lili Uler kuwi mau nyritakake masalahe karo nangis. Ngrungokake critane Lili sing sedhih, Kembang Srengenge melu sedhih. Banjur Kembang Srengenge ngomong marang Si Lili.
"Ora susah nangis maneh Kancaku, Kowe bisa urip melu aku, apa melu kembang liyane sing ana neng kene, miliha sasenengmu. Wit-witan liyane ora bakal nolak, amarga kabeh kuwi rakyatku." Pangucape Kembang Srengenge marang Lili.
Ngrungokake omongane ratu kembang, Lili dadi bungah banget. Lili mesam-mesem karo ngilangi eluh sing ana pipine.
"Tenan kandhamu kuwi Kancaku?" pitakone Lili karo ora percaya.
"Jelas wae tenanan..... aku ora tau ngapusi. Apa maneh ora ana kewan sing urip neng kene, amarga aku karo rakyatku ora bisa awoh. Upamane Kowe gelem urip neng kene, aku seneng banget duwe kanca anyar." Wangsulane Kembang Srengenge.
"Nanging jare wit-witan liyane manganku akeh, amarga kuwi padha gemang aku urip neng godhonge. Witwitan wedi yen godhonge entek lan ora bisa awoh. Apa Kowe ora wedi godhongmu entek kaya sing padha diomongke liyane?" omonge Si Lili karo ora yakin.
guyon bareng karo Kowe...." Pangucape Lili Si Uler marang Kembang Srengenge.
Ngrungokake omongane Si Lili, Kembang Srengenge kaget.
"Lha, Kowe arep menyang ngendi Kancaku? Apa Kowe arep lunga ninggalake aku." Pitakone Kembang Srengenge.
"Ora Kancaku..... aku ora mungkin ninggalake Kowe, kanca apikku. Aku mung arep pamitan, jalaran sesuk aku arep pasa lan ngurung awakku lan arep turu suwe, mungkin wis wayahe aku males kabecikanmu marang aku." Wangsulane Si Lili.
"Pasa? Turu suwe? Males kabecikanku..? Apa ta karepmu? Aku ora ngerti sing kokkarepake." Pitakone Kembang Srengenge.
"Kowe bakal ngerti sesuk, yen wis wayahe ngerti Kancaku... nanging ijinke aku nyilih godhongmu kanggo gawe omah kanggo pasa." Pangucape Si Lili.
susah kaget. Sawise aku turu karo pasa neng wadhah iki, aku banjur dadi kupu, ah aku mangan akeh pas aku isih dadi uler ya kuwi kanggo sangu pasaku, arep dadi kupu, nanging witwitan saliyane Kowe ora padha ngerti. Wis wayahe saiki aku males kabecikanmu marang aku. Aku arep ngewangi kowe anggone penyerbukanmu lan kabeh rakyat kembangmu." Kandhane kupu mau marang Kembang Srengenge.
Ngrungokake andharan saka Si Lili sing saiki wis malih dadi kupu sing endah lan migunani, Kembang Srengenge banget senenge. Jebulane kancane duwe kawasisan sing ora padha diduweni kewan liya. Wiwit saiki kekancane dadi luwih raket, lan kekancane kuwi diturunake nganti tekan anak putune. Kupu lan Kembang Srengenge dadi kanca kang raket lan ora bakal pisah anggone kekancan.
"Ora susah nangis maneh Kancaku, Kowe bisa urip melu aku, apa melu kembang liyane sing ana neng kene, miliha sasenengmu..."
Pamucalipun Nyerat Geguritan
(Bab 2)
Cak-cakanipun Nyerat Geguritan
Aturipun: Turiyo Ragilputra*)
aku ngguyu dhewe kaya wong edan kelingan bal-balan ing gedhong dhewan bal digiring dioper ditendhang disundhul dipancak diguwang Diwiwiti bal-balan kanthi lungguh kursi suwe-suwe bal-balan ing ndhuwur meja! lan ora marem mung operan banjur tendhang-tendhangan jotos-jotosan
ASAMPUNIPUN kita S mangertosi sawetawis ancer-ancer nyerat geguritan, lampah salajengipun inggih menika gladhen nyerat satunggaling pakaryan kreatif ingkang boten saged dipun-anyang. Awit boten wonten cariyosipun panggurit gesang tanpa geguritan. Malah estunipun, sanes pengarang ingkang nglairaken geguritan, ananging geguritan ingkang nglairaken pengarang.
Ewasemana pemain bal-balan gedhe bayare awit ing negara Astina ukum sing klaku: asu gedhe menang kerahe! (Panjebar Semangat, no. 10, tgl. 8 Maret 2008)
Lajeng kados pundi caranipun miwiti nyerat guritan? Menawi kita sampun gadhah niyat nyerat geguritan, estunipun boten angel. Ingkang baken kedah wonten "ide" utawi gagasan. Langkung prayogi menawi gagasan menika sampun meneb (dipun-menebaken) wonten salebeting manah. Sasampunipun gagasan karaos cetha wela-wela padhang tetrawangan salebeting jiwa sanubari tuwin raos pangraos, inggih menika wancinipun miwiti nyerat.
Dene tuladha cak-cakanipun proses saking prentulipun gagasan dumugi binabaripun geguritan makaten: Satunggaling wekdal kula ningali giyaran bal-balan Liga Indonesia wonten televisi. Sapandurat kula kengetan tindak lampahipun para wakil rakyat ingkang kirang saged dados tepa tuladhaning para kawula. Patrap menika kula jumbuhjumbuhaken kaliyan watak wantunipun para wayang negari Astina. Kula lajeng nyerat geguritan kados ing ngandhap menika.
Nonton Bal-balan
Nonton bal-balan ing televisi bal-balane liga Astina banget rame kaya perang Bharatayuda nendhang nyikut ndhupak mbujung nungkak njambak bal digiring dioper ditendhang tangan njotos, sepatu dienggo mbalang
Nonton bal-balan ing televisi sing pemaine para Kurawa
Prekawis ingkang limrah ugi saged dados sumbering inspirasi kangge ngripta geguritan. Bab menika saged kita tingali wonten ing geguritanipun Sudi Yatmana (Dr. K.R.M.T. M.A. Sudi Yatmana Yatmadiningrat) ingkang irah-irahanipun "Paman Tani Jawa Purwa". Satunggal pada geguritan kasebat inggih menika.
kabeh kuwi kanugrahan kang ginelar ing sadhengah pakaryan
kang binudi kanthi kapitayan lan kasregepan
paman tani jawa purwa sawahe ayu bojone amba (Kusuma, 2007: 95)
Kadosdene ginarba (sinirat) salebeting irah-irahan, guritan ing nginggil menika nyariyosaken satunggaling paraga tani jaman rumiyin. Sinaosa namung tani, sedaya ingkang tinampi mujudaken kanugrahan
ageng. Awit "paman tani" minangka paraga salebeting geguritan kasebat gadhah sawah
ingkang ayu tuwin bojo ingkang amba. Limrahipun, ingkang ayu menika bojo, dene ingkang amba mesthinipun sawah. Ing bab tatarakiting retorika, ukara "sawahe ayu bojone amba" mujudaken bukti kreativitas ingkang menjila.
Proses Pembelajaran
Pembelajaran nyerat geguritan tumrap siswa saged kalaksanakaken ing jawi kelas menapadene ing lebet kelas. Kalih-kalihipun sae sauger guru saged ngemonah (mengelola) pembelajaran kanthi kreatif (kebak ing rekadaya). Dene cakcakanipun pembelajaran nyerat geguritan kados ing ngandhap menika.
1. Pembelajaran Sanjawining Kelas (pembelajaran di luar kelas)
Metode karyawisata mujudaken satunggaling metode ingkang saged dipun-ginakaken kangge ngleksanakaken pembelajaran nyerat geguritan sanjawining kelas. Saderengipun nyerat, prayogi dipun-lantari kanthi pitakenpitaken.
Upaminipun siswa dipun-ajak dhateng pasisir, pitakenan saged babagan:
- titiwanci (wayah) apa nalika menyang pasisir
- apa sing gumelar ing ngarep iku
- apa warnane segara
- kepiye kahanane segara
- apa (bokmenawa ana) sing katon ing kadohan
- apa sing dirasakake ing pasisir
Saking pitakenan-pitakenan ing nginggil menika saged nuwuhaken wangsulan kados ing ngandhap menika.
- Titiwanci apa nalika menyang pasisir: wayah esuk
- Apa sing gumelar ing ngarep iku: segara
- Apa warnane segara: biru
- Kepiye kahanane segara: ombak gumulung
- Apa (bokmenawa ana) sing katon ing kadohan: prau layar
Apa sing dirasakake ing pasisir: kasengsem
Salajengipun adhedhasar pitakenan saha wangsulan ing nginggil, saged kababar guritan kados ing ngandhap menika.
Segara
Wayah esuk menyang pasisir tekaku dipethuk segara gumelar ngilak-ilak awarna biru ambane ora kinira uga prau kang mbeber layar gawe sumedhot rasaning atiku
o, endahe bumi iki bumi kelairan sing tansah daktresnani entenana ing mbesuk tembe marang sliramu pangurbanan dakpasrahake
2. Pembelajaran Salebeting Kelas (pembelajaran di dalam kelas)
Pembelajaran nyerat geguritan salebeting kelas saged migunakaken metode "angon angenangen" (mengembarakan imaji/khayalan). Metode "angon angen-angen" inggih menika metode nyerat geguritan adhedhasar lumampahing utawi ngumbaranipun angen-angen (imaji). Metode menika asring dipun-ginakaken para kadang panggurit nalika nyerat geguritan. Nyerat geguritan adhedhasar angen-angen boten gumantung papan tuwin kawontenan. Wonten ing pundi kemawon lan salebeting swasana kados menapa, nyerat geguritan saged dipun-tindakaken.
Metode "angon angen-angen" saged dipun-blabari kanthi cara-cara utawi krenah (siasat) ing ngandhap menika.
A. Pepenginan
Caranipun, nyerat geguritan dipun-kawiti "aku kepengin..." kalajengaken gatra-gatra candhakipun ingkang tlonjongipun saged mikuwati isi geguritan, saengga geguritan ingkang lumados saged nuwuhaken "pengalaman batin" mirunggan, upaminipun:
Gatra-gatra sasampunipun "aku kepengin..." saged arupi:
- gatra ke-2: magepokan kaliyan warni
- gatra ke-3: magepokan kaliyan ambet
- gatra ke-4: magepokan kaliyan panjilman
- gatra ke-5: magepokan kaliyan panggenan
Babaring geguritan kados ing ngandhap menika:
Aku Kepengin
aku kepengin dadi putri nganggo klambi sutra ungu mawangi ganda awakku banjur manjilma dadi widadari mabur menyang akasa ngumbara menyang mega kartika mematut sujuding jiwa
Temtu kemawon lampah utawi ngumbaranipun angenangen kedah dipun-udi, dipun-gladhi tuwin dipun-kulinakaken
amrih saged manggihaken gagasan ingkang satuhu nengsemaken. Pakulinan nggladhi lampahing angenangen kadosdene ngasah mingising gegaman supados sangsaya
b. Simile
Simile inggih menika satunggaling cengkok basa (gaya bahasa) arupi majassesambetan (majas pertautan) kangge mbandhingaken kalih perkawis ingkang hakekatipun benten ananging dipunanggep sami lan panganggep kalawau dipun-pratelakaken kepara nyata kanthi migunakaken tembung kaya, kayadene, memper, lir, saemper, pindha, tan beda.
Ing ngandhap menika conto geguritan migunakaken cengkok basa simile.
Segara
Banyune bening pindha kaca
bakal takjaga ayumu saka tangan-tangan jail sing bakal
gumulunge ombak tan beda joged wanita
ngregedi
wedhine putih lir inten barleyan sumilire angin kayadene elusan tangan widadari
o, segaraku
sesawangan lan kaendahanmu
c. Jagad Raya (alam)
Fenomena jagad raya utawi kawontenan alam saged dados pancadan nyerat geguritan. Amrih nuwuhaken pengalaman batos mirunggan, fenomena alam ingkang dipun-ginakaken kangge pancadan nyipta geguritan boten cekap kasugatakaken kanthi cara wewentehan fenomena alam kemawon, ananging dipun-upayakaken migunakaken cengkok basa tartamtu. Contonipun kados ing ngandhap menika.
Mitraku
Sinambi nglaras tembang angin tetep setya ngenteni tekamu Swarane lembut keprungu Ngumandhangake tembang panglipur Sauntara ing tengah ara-ara ijo Kembang-kembang suket gojeg klawan bocah angon Sing ngumbara ngetutake lakune mega Jroning angen-angen dadi satriya tumpakane turangga
d. Nyumpena (ngimpi)
Nyumpena utawi ngimpi menika satunggaling kedadosan tanpa kinendhalen (kejadian bawah sadar) salebeting tilem. Nyumpena salebeting tilem asipat alamiah (menapa wontenipun). Kosok wangsulipun, ngimpi salebeting karya sastra mliginipun nyerat geguritan saged dipunprenahaken, dipun-entha-entha amrih nuwuhaken raos sengsem,
Contonipun makaten:
Impenku
Aku ngimpi dadi bayi ing tengah alas tanpa kanca tanpa kanthi tangisku kekejer nyigar akasa gawe gegere para dewa sanalika ana widadari tumurun menyang bumi awakku dikekep-ngekep lan diarasi dilela-ledhung ditembangi
Panutup
Ngripta geguritan estunipun boten angel. Awit tetiyang ingkang boten kagungan seserepan (teori) ing babagan karya sastra saged kemawon ngripta geguritan.
Ngripta geguritan menika pakaryan praktis utawi terapan ingkang kedah katindakaken kanthi tumemen saha rumuntun. Mila kedah kalampahan kanthi gladhen ingkang tumemen. Boten saged namung katindakaken kanthi setengah-setengah, menapa malih lajeng ngraos aras-arasen tuwin bosen. Sampun ngantos kapireng sesambat, nembe nyerat irah-irahanipun, nembe pikantuk setunggal kalih gatra, lajeng bumpet boten saged nerasaken. Kedah dipun-udi supados saged rampung. Makaten saterasipun katintakaken makapingkaping.
Nuwun.
* Turiyo Ragilputra Guru, pengarang Mapan ing Desa Kaibon, Kec. Ambal, Kab. Kebumen
Rembag Gayeng ing SitinggilNgastina
Dening: Ki Bambang Sulanjari
Sukses lan botenipun gelaring pakeliran sadalu natas punika sampun saged katitik saking jejer sepisanan
ILA kathah kadang dhalang ingkang mbudidaya M amrih sanggit rembag ing jejer sepisanan menika nges lan ndudut raos. Sanggit rembag ing jejer sepisanan menika sampun katindakaken dening dhalang-dhalang sepuh, boten namung dening dhalang nem-neman jaman samangke. Salah satunggaling tuladha sanggit rembag ing ngandhap menika katindakaken dening Ki Nartosabdo ing lampahan
Gathutkaca Sungging. Sugeng angresepi...
Duryudana : Dereng dangu rawuh paduka Kanjeng Kaka Prabu ing Mandura wonten negari Ngastina, kula ngaturaken panakrama pambage mugi konjuka Paduka Kanjeng Kaka Prabu.
Baladewa Saderengipun kula matur menapa pendangonipun Yayi Prabu, langkung rumiyin kula badhe nglahiraken kesakit-sakiting manah kula.
Duryudana Menapa ta sababipun dene Paduka dhawuh mekaten.
Baladewa Kula menika malah gumun dhateng badan kula piyambak, wonten ing papan pundi kemawon, wonten ing lampahan menapa kemawon, uger Baladewa medal liyane didadekake dhayoh ora ana meneh. Kula nuwun sewu Yayi, mangke kula badhe matur ning badhe nglahiraken krenteging manah kula rumiyin. Upaminipun wonten satunggaling lampahan ingkang sepisanan jejer negari nDarawati, dumadakan medal Baladewa, kula inggih namung dados tamu. Wonten satunggaling lampahan ingkang sepisanan jejer negari Ngamarta, Baladewane metu ya mung dadi. Dalu menika wonten Ngestina inggih dados tamu. Kesakit-sakiting manah kula mbok inggiha Yayi Prabu menika kepareng njangkepi raosing sesrawungan. Saking engeting pun kakang wiwit kula dados ratu wonten Mandura Yayi Prabu Duryudana jumeneng narendra wonten negari Ngastina, Yayi Prabu Duryudan anggenipun tuwi dhateng Mandura menika dereng jangkep kaping kalih. Duryudana Wontenipun kula boten nate
Baladewa
Sowan...
Mangke rumiyin, Yayi Prabu mesthi arep gawe dhasar repot ngembat praja rak ngaten ta? Menawi dhasaripun Yayi Prabu wontenipun radi sungkan tuwi dhateng Mandura mawi dhasaripun ngembat praja dipun pameraken dhateng pun kakang menika menapa sampun leres? Mbokmenawi Yayi Prabu saged nguningani piyambak, kula menika awon tanpa werni ya tukang ngembat praja. Pintenpinten lampahan sampun nate kula alami. Kula nate dados tani jaman wonten ing Widara Kandhang. Nggaru ngluku nandur ndhaut matun tetaunan. Nami kula rumiyin Kakrasana inggih Jaladara. Kula nate dados pendhita wonten ing Argasonya peparab Wasi Jaladara. Boten ngunjuk tetaunan, boten dhahar tetaunan, boten nyandhing wanita tetaunan, kajawi yen prelu. Yayi, sampun
ngantos klentu
penampi, tembung
kajawi yen
prelu wau
Duryudana
Baladewa
n kula wudhar sawanci-wanci saking anggen kula semedi, mangka mbetahaken dhaharan kang sarta pengunjukan, purun boten purun kula kedah minta pitulunganing para wanita. Dinten menika pun kakang sampun dados ratu, tegesipun tigang perkawis sampun nate kula lampahi sedaya.
Sewu-sewu genging kalepatan kula nyuwun...
Kula ngertos Yayi Prabu mung arep njaluk pangapura, kula sampun kraos. Inggih, kula tampi ing tangan kula kekalih sih panakramanipun Yayi Prabu Duryudana ingkang rumentah pun kakang, kula kalungaken ing jangga kapeteg ing prenaja rinuket ing werdaya, mimbuhana bawa leksana, namung pudyastawaning pun kakang mugi tumanduka Paduka Yayi Prabu Duryudana.
Duryudana
Durna
Kula cadhong ing tangan kula kekalih paring pangestu Paduka Kanjeng Kaka Prabu, kula pundhi wonten ing mustaka amewaha bagya kayuwanan kula.
: O lole-lole, lole-lole soma lole soma rante kenthos waloh gembol monyor-monyor dhoglae-dhoglae emprit ganthil buntute joglo. Dereng dangu rawuh Paduka Ingkeng Sinuwun Mandura wonten negari Ngastina ingkeng bapa ing Sokalima ngaturaken pambagya basuki Ngger.
Baladewa
Inggih Bapa, kula tampi damel bingahing manah kula.
Karna
Kawula nuwun dereng dangu rawuh Paduka Kanjeng Kaka Prabu ing Mandura wonten negari Ngastina, ri paduka ing Ngawangga ngaturaken sumungkeming pangabekti kula mawantu-wantu mugi konjuka sahandhaping pepada.
Baladewa
Yoh Yayi Prabu Karna ndak tampa gawe gedhening atiku.
Sengkuni
Dereng dangu rawuh Paduka Ingkang Sinuwun ing Mandura wonten negari Ngastina kula ngaturaken pambagya basuki.
Baladewa
Nggih Paman Sengkuni kula tampi damel bingahing manah. Kajawi saking menika estonipun kaget pun kakang nalika nampi nawala saking yayi prabu Duryudana ingkang suraosipun ing mriku namung mratelakaken bilih kula daya-daya tumunten prapta negari Ngastina. Sakala kaget raosing tyas pun kakang, upiya ingkang sampun kelampahan menawi kula nampi nawala saking Yayi Prabu
Duryudana menika sakbotenbotenipun negari Ngastina ndaweg ketaman ing pepeteng, mila boten ngantos pun kakang pepoyan dhateng ingkeng raka yayi ratu Erawati tumunten kula gelak anggen kula numpak gajah kanjeng Kyai Puspadhenta daya-daya enggala prapta negari Ngestina. Nanging sepinten kageting manah pun kakang nalika lumebet salebeting kitha negari Ngastina jebul tumoleh ing kanan kering para nara praja nara karya maksih gumregut sangsaya sengkut anggenipun angayahi pakaryaning negari, kang punika sampun tetela bilih negari Ngastina wonten salebeting suwasana katentreman. Menapa darunanipun dene amboyongi pun kakang.
Pathet Nem Jugag:
Anjrah ingkang puspita rum Kasiliring samirana mrik O
Sekar gadhung
Kongas gandanya
O
Maweh raras renaning driya E, E, O,
Duryudana
Baladewa
: Karilana munjuk atur ing ngarsa Paduka Kanjeng Kaka Prabu.
Duryudana
: Inggih, Yayi Prabu badhe paring dhawuh menapa?
Baladewa Duryudana
: Ngaturaken lampahanipun ingkang putra pulunan pun Gathutkaca
Gathutkaca wonten menapa?
Ing mangsa kalenggahan menika Gathutkaca miwah para kadangkadangipun sami manggen wonten ing Argakelasa, ingkang boten langkung rumiyin nyuwun palilah dhateng kula. Mangka kawuningana Kaka Prabu bilih Ngargakelasa menika kebawah negari Ngastina. Ingkang punika kula saged netepaken bilih tingkah pakartinipun Gathutkaca ingkeng mekaten wau boten wurung ing tembe badhe anjongkeng kawibawan negari Ngastina. Mila bab kesahipun Gathutkaca saking Ngargakelasa kula suwunaken biyantu Paduka Kanjeng Kaka Prabu.
O ngaten ta? Wontenipun kula dipuntimbali dhateng negari Ngastina menika dipun adul-aduli cara bocahe, rak ngaten ta? Dening Yayi Prabu Duryudana kula nampi pradul bilih dinten menika
Gathutkaca tuwin para sedhereksedherekipun sami manggen wonten ing Ngargakelasa bawah negari Ngastina ingkang boten langkung rumiyin nyuwun idi palilah wonten ngersanipun Yayi Prabu Duryudana. Lha ingkeng menika Yayi Prabu Duryudana gadhah pandakwa bilih tindakipun Gathutkaca ingkang mekaten wau tartamtu badhe njongkeng kawibawan paduka negari Ngastina, ngaten?
Baladewa
Duryudana
Baladewa
Keluhuran timbalan Paduka Kanjeng Kaka Prabu.
Menawi tetela mekaten menapa sampun wonten bukti-bukti miwah glagat ingkang cetha menawi Gathutkaca menika badhe damel kisruh?
Duryudana : Kula namung nampi aturipun paman Sengkuni. Kados pundi Paman? Kaparenga Jengandika matur ing ngersanipun kaka prabu Mandura.
Baladewa
: Nggih, Paman Sengkuni, kula
kepengin taken, Gathutkaca kenging dakwa badhe damel kisruh wonten negari Ngestina, dhasaripun Gathutkaca ing mangsa kalenggahan menika wani manggon ana Ngargakelasa kebawah negari Ngastina boten
Sengkuni
nyuwun palilahipun yayi prabu Duryudana. Ing mangke kula kepengin taken dhateng Paman Sengkuni keparenga nedahaken bukti kelepatanipun Gathutkaca wonten pundi?
Baladewa
Lho menika kinten-kinten kok Ngger, Iho...
Lha kok kinten-kinten? Paman Arya Sengkuni menika satunggaling mantri pangarsa, sampun trep sanget menawi dados sesulihipun yayi prabu Duryudana. Netepaken satunggaling prekawis menika sampun ngantos mawi dhasar kinten-kinten, nanging kaparenga dipuntedahaken pundi bukti sarta kelepatanipun Gathutkaca.
Sengkuni Lilakna kula munjuk atur wonten ing ngarsa Paduka Ingkang Sinuwun.
Baladewa Nggih kula mirengke.
Sengkuni Pancenipun Gathutkaca boten gadhah tingkah menapa-menapa, nanging sareng wonten ingkang ngojok-ojoki....
Ingkang ngojok-ojoki Gathutkaca Baladewa sinten Paman?
Sengkuni Ingkeng ngojok-ojoki Gathutkaca menika sanes tiyang liyan kebrayan, kapara sesepuh negari Ngestina mriki piyambak ingkang nate dipun-guroni dening Werkudara.
Durna : Lho, kosik! Kowe kok nyemoni aku? Sore-sore ngajak padu apa piye? Yayi Patih Harya Sengkuni?
: Apa Kakang. Buktine apa?
Sengkuni
Durna Sesepuh negara Ngestina kang tau diguroni dening Werkudara kuwi ora genep loro kejaba amung aku. Apa kowe ngarani yen aku ngojokojoki Gathutkaca supaya manggon ana Ngargakelasa.
Sengkuni : Lho Lha iya, ning ngene Iho Kakang, aja kurang pamengku, anane aku duwe penemu yen ta tindake Gathutkaca mau ana ingkeng andombani: pisan, Gathutkaca kuwi sawijining satriya kang pancena mulus murni budine lahor trusing mbatin, ewadene nduwe tumindak kang dianggep nyaleweng saka kautaman mau aku nduwe pangira yen sing ngombyongi sarta andombani ora liya kejaba amung Kakang Panembahan Durna.
Durna
Buktine wis cetha, ing atase Sengkuni Kurawa kuwi ya muride Kakang Durna Pendhawa ya muride Durna, sabab apa kabeh Pendhawa pinter Kurawa kok bodho.
Durna : Aku arep takon, saiki murid karo guru ki angel endi kewajibane.
Sengkuni Lha rame iki, sore-sore rame, ya... Balenana Kakang coba tak rungokne sing cetha.
Durna : Aku arep takon karo kowe yen pancen kowe nduwe pandakwa aku ngojok-ojoki Gathutkaca lan aku nduwe pandakwa mban cindhemban siladan katresnanku marang para Pendhawa nanging marang para Kurawa ora tresna, mara gage tok dhasarake apa, kang sarta aku kepengin pitakon marang kowe, dadi murid karo gurune ki angel endi?
Sengkuni : He he he... pendhak byar sing tak garap kuwi kok ditakokke. Murid karo gurune kuwi yen aku sing ngarani angel gurune
Durna Ning yen Durna sing ngarani angel muride
Sengkuni Lho Iha kok angel muride
Durna Lho Iha kok angel gurune
Sengkuni Iya sabab, guru kuwi jarwa dhosoke digugu lan ditiru, tindak
Durna
Sengkuni Durna
Sengkuni
Durna Sengkuni Durna Baladewa
sapecak ngendika saklimah kedhep sadlerengen kudu kena kanggo tuladha
: Nanging guru mono satemene wis ana kawruh sarta ngelmu kang tinamtu, disedhiyakake kanggo mulang marang muride. Murid kuwi wadhah saupamane, nadyan nampa wulanging guru ingkang sakranjang gambir, ning yen ngelmu mau amung tinampa nganggo wadhah kang reged ora wurung ngelmu becik kawruh becik mau ya dadi kawruh kang reged ngelmu kang reged. Yen kowe arep ngerti tuladhane, kowe ngerti banyu udan kang tumetes sangka nglangit kae satemene bening.
Ya bener.
Nanging tumibane banyu udan mau yen mung diwadhahi nganggo wadhah kang reged, beninging banyu ya ilang. Ewadene yen tinampa wadhah kang resik banyune bening ya bisa mulus tete p murni lan becik langgeng sel awas-lawase. Pasemone ora beda sawijining guru kang mulang marang muride, najan mulange mau becik ngelmune becik kawruhe sampurna, ning yen muride budine ora sampurna, kawruh lan ngelmu mau ora maedahi apa-apa, ngono
Ya, ning tumraping aku meksa angel gurune
Aku angel muride Angel gurune Angel muride
Mangke rumiyin ta, menika ngrembag betahipun piyambak napa dos pundi, dening yayi Prabu Duryudana kula dipuntimbali dhateng negari Ngastina menika wigatos nampi pradul bilih Gathutkaca sakadang kadeyanipun sami manggen wonten Ngargakelasa ingkang tanpa palilahipun yayi Prabu Duryudana, dening yayi Prabu Duryudana kula kadhawuhan nundhung Gathutkaca sangking Ngargakelasa. Kula malah gumun, negari Ngastina menika Kurawane wae satus, saben Kurawa siji nduwe wadya sakyuta, kenging menapa cacahipun ingkang semanten kathahipun mung nundhung wong siji wae kok ndadak nekakke wong Mandura?! Menika menapa tiyang negari Ngastina ora nana sing wani perang.
Duryudana Baladewa
Nyatanipun wong sakmene akehe ora ana sing wani nundhung Gathutkaca, menika rak injih nglelingsemi ta Paman. Mila selami kula dumados, dipunpundhuti tulung yayi Prabu Duryudana saweg dalu menika kula mboten sagah : Sababipun menapa
Kula tetep boten sagah, sewu-sewu genging kalepatan kula nyuwun pangapunten awit kula dereng sumerep titik kang sarta bukti kanyatanipun menawi Gathutkaca nggadhahi lepat, mila najan kados pundi tetep kula boten sagah menawi kadhawuhan nundhung Gathutkaca sangking Ngargakelasa.
Ada-ada:
Tandya bala Pandhawa mbyuk gumulung mangungsir, sata Kurawa kambah kongkih, merut larut para ratu, twin sagung pra dipati,
e,
merut kapilayu sigra praptanya Swatama tatanya, pagene padha lumayu, praptanya Swatama tatanya, pagene padha lumayu.
Sekolah kanti tekun
Mbangun Drajating Sastra lan Basá Jawa
Dening: Yan Tohari
Pendhidhikan karakter, dadi rembug muyeg ing keri iki. Bab iku nilik saka kasunyatan, lamun pawiyatan kang ditrepake salawase iki selot kelangan enggok.
ATON ambujung pinter nanging tan K metungake pener. Wekasan ajuning teknologi datan kagunakake minangka piranti mekarake budi, kepara malah ngrusak tatananing pakarti. Ora lidok kandhane wong adhaplok, saperangan bebrayan katon miris lan sumelang marang trajange generasi ing tembe.
Bangsa sing pinter pancen dadi salah-sijine tenger bangsa kang maju. Nanging yen kapinteran datan winengku dening kaluhuraning budaya banjur apa tegesing pinter. Nanduki keprihatinan kasebut giliran thukul ada-ada pendidikan karakter nedya
kagrengsengake. Kawiwitan saka mekarake potensi lokal tumuli karacik lan kaentha kang sabanjure rumambat kanggo mupangat mring ajuning bangsa.
Potensi Sastra Budaya Jawa
Yekti datan bisa kaduwa maneh yen budaya minangka ewaning piranti ngemonah ajuning bangsa, kalebu uga mring trajange pendhidhikan. Ewasemana kapitayan kasebut ing dina iki karasa ringkih. Arah pendhidhikan katon amung kasok ing pambujung wasis lan trampil. Wondene budaya prasasat datan komanan papan mirunggan. Ora aneh yen generasi saiki rada kewuhan mapanake rasa, budi lan karsane salaras klawan jatidhiri bangsa. Satemah kawetu apa kang nate dingersulake dening Presiden SBY yen bangsa iki selot katindhih anane tragedi moral?
Ngrembug potensi lokal, sastra Jawa uga minangka perangan kang diyakini wiwit duking uni dadi sarana mbangun jatidhiri bangsa. Kawiwitan saka para empu-empu jaman Majapahit nganti teka pujangga-pujangga Kraton Surakarta, kapitaya karya-karyane akeh paweh sumbang-surung mring adeg jejeging rasa, budi lan karsane bebrayan. Kita eling klawan Serat Ramayana, Serat Mahabarata, Serat Sotasoma, nuli Serat Wulangreh, Serat Wedatama, Serat Tripama, Serat Kalatidha, Isp minangka karya emas kang kuwawa nlesepake ewon kawruh kanggo mbangun tata lair lan tata batine bebrayan.
Kepara sesanti pendhidhikan kang nganti teka iki durung diowahi lan tetep pinasang ing papan-papan pawiyatan kapethik saka budaya lokal Jawa. Kita mbokmanawa isih apal klawan apa sing tinulis dening Ki Hajar Dewantara, tokoh pendhidhikan kang asmane kasusra teka manca negara iku, ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa lan tutwuri handayani. Salah-sijine bukti potensi lokal arupa endahing sastra Jawa kang matauntaun dadi enering pambudi ing jagad pendhidhikan kita.
Nglenggani kanyatan iku sarta ngungak ada-ada pendhidhikan ngemu karakter (character studying), dadi perlu ana kupiya ngendahake sastra Jawa ing blabar
pendhidhikan (sekolah). Nadyanta teka wanci iki basa lan sastra Jawa pancen durung ilang blas saka jagad pendhidhikan, nanging datan kaselaki yen anane amung dhapur komplitkomplit. Timun wungkuk jaga imbuh. Pelajaran basa lan sastra Jawa, kawawas dadi anak kewalon lan angka-angkane datan darbe pengaruh mring ajining prestasi. Sing mangkene iki perlu digawe lurus lan dijejegake.
Nganyarake Greget
Ngendahake sastra Jawa ing sekolah pancen keprungu yen iki ada-ada lawas. Awit kahanan sastra Jawa sing teka saiki jroning kahanan memelas, wis nate kaswarakake kanggo nggrengsengake ing blabar pasinaon. Kepara lumantar SK Gubernur Nomer 895.5/01/2005 basa lan sastra Jawa katetepake dadi pelajaran muatan lokal wajib ing sekolah-sekolah. Ewasemana salaras klawan ada-ada pendhidhikan karakter, kupiya kang mangkono iku becik dianyarake lan luwih ditikelake. Perlu karacik cara tewajuh murih nuwuhake asil mentes.
Guru kang minangka pangarsa kridha ing sekolah kudu wani jumangkah ing ngarep dhewe. Jangkah kang sinartan pangerten wutuh bab thek kliwer basa lan sastra Jawa, kalebu pangrembakane ing dina samengko. Destun temen lamun guru datan pana klawan pira wae kalawarti basa Jawa kang teka saiki isih ana, tumuli ariwarti endi wae kang babarane ngemot lembar basa lan sastra Jawa. Kalebu nepungi jeneng penulis-penulis
Kesenian Jawa
jaman saiki kang dadi generasine pujangga kang katon tekun ngemonah sastra Jawa ing genre sastra Jawa modheren.
Guru kudu nguningani, sukur-sukur wani lengganan kalawarti sing mrojol selane garu lan nadyan meres daya tetep urip ing jaman maju iki (kari telu selu), yaiku Djaka Lodang (Yogyakarta), Panyebar Semangat (Surabaya), lan Jayabaya (Surabaya). Semono uga marang budi becik saka ariwarti kang terbit ing Jawa Tengah lan DIY kang nyisihake lembarane nadyan seminggu sepisan kanggo mbabar tulisan lan karya kang magepokan klawan basa lan sastra Jawa, Joglopos (Klaten) Solopos (Surakarta), Kedaulatan Rakyat (Yogyakarta), Isp.
Klawan teteken kalawarti lan ariwarti mau istingarah para guru bakal tepung klawan paraga kang teka iki kasisan katekunan kanggo nguri-uri basa lan sastra Jawa. Kalamun wis tepung ora ana eleke para penulis mau kaundang lan katlusur mungguh tandang kridhane anggone salawase iki ngrengkuh basa lan sastra Jawa. Muga saka laku iki tundhone nglairake greget para siswa kanggo kreatif lan kadumuk rasane kanggo
melu-melu kiprah lan nglestarekake basa lan sastra Jawa.
Mesthine pambudi ngendahake sastra Jawa ana sekolah ora mandheg guru. Pihak wongtuwa, pamarintah, pengusaha, penerbit media Jawa lan kabeh bebrayan agung kudu melu canthuk-lawung. Wongtuwa kudu nglenggana yen kewasisane anak bab basa lan sastra Jawa ora kok kelangan panggon kanggo ngudi pametu. Lestarine media Jawa katambah mekare TV lokal bakal dadi ajang anyar tumrap kang wasis basa lan sastra Jawa. Pamarintah lan pengusaha ora wegah paweh bebungah marang kang tekun ngudi lestarine basa lan sastra Jawa.
Kalebu penerbit, luwih pantes lamun rena nyambung supeket klawan para siswa satemah apa kang dadi budi becike tumanja tenan, nemokake masarakat pamaos anyar, ngrungu apa kang dadi karepe pepenginane. Wekasan, kita ora bisa kumbi yen basa lan sastra Jawa kuwawa mbangun tatakrama, unggah-ungguh, tatasusila sarta luhuring martabat tumrap bebrayan Jawa, munggahe bangsa.
dhandhanggula pelingwoluji
Dening: Suyitno Yepe
1. Radhite manis ari piniji | Suryanipun kang kaping sadasa | Dwilaksa nemblas warsane | Binudya bisa ngumpul | Nyawiji lir duk nguni-uni | Nalika dadi siswa | Samya ngudi ngelmu | Ing Es-Pe-Ge Surakarta | Ginulawenthah dening dwija sayekti | Dadya dwija utama ||
2. Mapan aneng SD Kleco siji | Punjeripun kitha Surakarta | Kilen korem tur papane | Sinulap dadya ajung | Temu kangen wasta reuni | Tridasa duwi warsa | Pepisahanipun | Maksih nunggal rasa bala | Buktinira raket supeket ing galih | Datan mbedambedakna ||
3. Sinten ta kang minangka agni | Datan liyan Njeng Pardi Suratno | Handayani mring kadange | Kinarya urup-urup | Kasembadan silaturahmi | Lan temu kangen kadang | Sudiyoko esuh | Sinengkuyung mrih tumata | Ngiras Halalbihalal warsa puniki | Gusti ngijabahana ||
4. Para kadang kang maksih manunggil | Wahanane medhiya sosial | WA BBM pamane | Rumpakan mangke katur | Mugya dadya panggugah eling | Saboten-botenira | Emut asmanipun | Sukur bage suryanira | Temah tuwuh tetali kadang rinakit | Bawa rasa minulya ||
5. Kang kaeka datan sanes malih | Pangarsa OSIS jaman samana | Ki Sugina tur asmane | Daya pangarsanipun | Datan luntur engga sapriki | Pantes lamun tinulad | Para kadang tuhu | Pinarcaya ing pakaryan | Datan mingkuh salwiring pakarti adi | Wibawa mring andhahan ||
6. Sinebataken baka sawiji | Urutanya datan milahmilah | Lagu wilangan dhasare | Agnes Sri Mulat Dlanggu | Ugi Endang Sih Widiyati | Nur Cholilah Tasura | Mustopa tan kantun | Ki Sutapa lebdha sastra | Sri Sayekti Wigati tan kena keri | Brebes Doyo Sutiman ||
7. Jaka Prabowo dalah Paimin | Partini, Hajah Nurul ing Tegal | Sri Suharti tur Rembange | Samitri datan kantun | Wimbuh Hasih Susilowati | Sri Lestari tetiga | A, b, lan c nipun | Siti Khotijah nggih ana | Aris Suparsito kinarya palupi | Nglestarekaken alam ||
Rubiyati lan Budi Hartini | Juru panalitine nagara | 8. Nyai Warsiti Pe-Es-e | Hajah Suci Rahayu | Sri Hartanti saking Betawi | Bambang Waskitho Banjar | Sarta Sri Haryatun | Surono Banjarnegara | Sri Harmani, Herlina, lawan Suprapti | Sahono lan Sabarno ||
9. Supit Raharjo, Sunaryo nenggih | Main Sufanti sang dwijatama | Suyitno lan Ngatmini-ne | Nyi Fajar Gunung Kidul | Ana Endang Wahyutiningsih | Endang Santra nggih ana | Profesore Nunuk | Setyo Hastono lan Yanto | Sri Handayani a, b, lan Sri Wahyuti | Eko Budi Waluyo ||
10. Ki Suyudi, Suradi, Suyati | Sri Widayati Es-em-pe sanga | Mulyadi tebih lenggahe | Purwani Jkulo Kudus | Rozak Arianto, Darsini | Susilo Pekalongan |
Sarta Budi Petruk | Suparni, Eko Susilo | Eko Sutrisno Ka-es kang pilih tandhing | Sumiyati tan beda |I
11. Wonten malih Umi Sukristyani | Lenggahira Mapagan Semarang | Mustikayati tandheme | Kekalihnya pinunjul | Asring mimpang duk aben wasis | Muzaini pak ustadz | Agus Kristo Dlanggu | Heru Purwoko pandhekar | Endah Sundari klawan Dwi Mulyastuti | Mei Nur Karanganyar ||
12. Niken, Narti, lan Endang Matesih | Katrinira tlatah Karanganyar | Bekti, Tutik M kadange | Tutik Alianingrum | Siti Khalimah, Larwiyati | Pak Khalim Sukoharjo | Rahayu, Rahayu | Dwi Budi Rahayu uga | Umi Rustanti, Didik Kusrini, Esti | Destin, Eko Saputro ||
13. Ambar Mintarsih, Ambar Wlandari | Endang Pujiastuti, Poniran | Endang Retnaningsih sae | Etik Wahyuti tambuh | Etik Susilowati ugi | Daliyem, Samiyem, lan | Saniyem tan kantun | Sri Wahyuni ing Semarang | Sri Hartatik, Sri Sarwanti, Sri Purwani | Lan Sri Mudo Sutopo ||
14. Sri Widati, Masruroh kang Siti | Nur Wijayanti lan Atiek Retno | Titik Prihatiningsih-e | Sukiyono, Basirul | Sarta Christina Mahanani | Menuk, Ali Priyono | Martini nggih katut | Mulyadi Srono, Susanto | Ida Retno Ngulandari, Murjiyati | Sukarmin, Supriyanto |I
15. Sumarwanti, Suranti, Sulimin | Purwaningsih lan Edy Sutopo | Naniek Suhartini-ne | Wahono, Karyani-pun | Felix, Sujanto, Marjiastuti | Indri, Budi Suwarni | Indriati nyambung | Indrati, Trisiwi Retno | Suparno, Muh Sarno, lan Wisumiyati | Miwah Umi Alimah ||
16. Muhung niki kang bisa ginupit | Pangaksama kang dhahat pininta | Maksih mudha kabisane | Kepara sanget cubluk | Tan mumpuni kagunan Jawi | Kekudanganing nala | Kena karya pemut | Ngiras sung pangayubagya | Nenggih Kanjeng Raden Mas Tumenggung Pardi | Reksa Basa Nagara ||
Tradhisi Naluri ing Sendhang Senjoyo
Minangka salah sijine negara kang kasusun saka maneka suku bangsa. Ora nggumunake yen negara Indonesia ngono sugih ing babagan tradhisi, adat, lan budaya kang kebak klawan kearifan lokal.
Sendang Senjoyo kang amba ing Tengaran
NANE kearifan lokal kang A kinandhut sajroning tradhisi, adat, lan budaya iku mau ora mung saderma ngajab amrih bisa dadi manungsa sawutuhe. Nanging uga ngajab amrih manungsa bisa njaga urip kang harmonis klawan jagad saisine.
Salah sawijine tradhisi kang ngajab amrih manungsa bisa njaga keslarasan urip klawan jagad saisine iku mau kaaran tradhisi naluri. Ngenani tradhisi naluri iki dhewe yaiku sawijining tradhisi kang dianakake dening masyarakat kang dedunung ing Ngrekesan, Tegalwaton, Tengaran, Kabupaten Semarang.
Tradhisi naluri iki dianakake saben dina Jemuwah Legi ing wulan Agustus saben taune. Taun iki tradhisi naluri bali kagelar ing dina Jemuah esuk, 19 Agutsus kepungkur. Ing dina kuwi watara jam wolu esuk para warga kang dedunung ing sakiwa tengene Sendhang Senjoyo padha kumpul ing sapinggire sendhang saperlu nindakake tradhisi kasebut.
Wujude tradhisi naluri iki yaiku reresik dalan lan sumber banyu ing Sendhang Senjoyo saka maneka jinis larahan. Kaya umume tradhisi-tradhisi liyane ing tradhisi iki uga migunakake
sawetara uba rampe. Ngenani ubarampe sing digunakake sajroning adicara iki yaiku sega putih kang digawe kaya tumpeng, sambel krambil, lan pitik bakar. Unike, pitik sing digunakake sajrone adicara iki anggone masak ora saka ngomah. Pitik sing dadi jejangkepane adicara anggone masak ana ing sapinggire sendhang kanthi cara dibakar lan tanpa bumbu.
Bareng adicara resik-resike rampung dibacutake klawan kembul bujana. Uba rampe kang digawa saka ngomah lan pitik sing mis mateng anggone mbakar banjur dipurak bebarengan. Sadurunge dipurak bebarengan, ubarampe iku mau didongani luwih dhisik.
Kembul bujana iku mau mujudake gegambarane rasa syukur marang Gusti jalaran anggone nindakake tradhisi naluri bisa lumaku tanpa alangan. Saliyane iku ubarampe iku mau uga kanggo mujud rasa syukur marang Gusti amrih warga kang dedunung ing desa kasebut wis kanugrahan sumber banyu kang ora nate asat senajan mangsa ketiga ngerak.
Kalungguhane Sendhang Senjoyo tumrape warga kang dedunung ing sakiwa tengene sendhang ngono wigati banget. Jalaran banyu kang kawetu saka Sendhang Senjoyo iki digunakake kanggo nyukupi kabutuhan banyu resik saben dinane tumrap warga kang dedunung ing wewengkon kasebut. Wiwit saka adus nganti tumekaning umbah-umbah, banyu sing digunakake asale kabeh saka Sendhang Senjoyo.
Ing perangan liya, Mbah Jasmin salah sawijining sesepuh kang pinercaya minangka juru kunci Sendhang Senjoyo ngendikakake yen tradhisi iki terus kagelar jalaran yen nganti lali utawa ora ditindakake bakal ana samubarang kang mbebayani tumrap warga kang dumunung ing laladan kasebut.
Tinggalan Sejarah
Ing sacedhake Sendhang Senjoyo iki ana wewangunan sairib candi. Yen nitik saka blegere wewangunan sairib candhi kuwi mujudake tinggalane jaman Hindhu-Buda biyen. Iki bisa ditilik saka ornamen-ornamen lan relief kang ana ing wewangunan kasebut. Emane saperangan gedhe saka wewangunan kasebut akeh sing wis runtuh lan malah ana sing ilang. Saengga kaya ngapa wujud lan pigunane ing jaman biyen tumekane seprene isih durung kinawruhan.
Tumrape warga kang dedunung ing papan kono wewangunan kasebut diarani Sumur Bandung. Senajan nduweni jeneng kaya mangkono ananging blegere wewangunan kasebut sairib klawan candhi. Ngenani wewangunan kuwi, warga nduweni crita dhewe. Ana sing ngandhakake yen
Sendhang Senjoyo ing tlatah Tengaran, Kabupaten Semarang iki, banyune migunani tumrap masarakat sakupenge.
wewangunan kasebut mujudake tinggalane Raden Senjaya. Ngenani sapa sejatine Raden Senjaya iki ana rong versi, versi kapisan nyebutake yen Raden Senjaya iki mujudake pawongan saka jaman Mataram Hindhu-Buda biyen. Lan versi kapindho nyebutake yen Raden Senjaya iki mujudake paraga saka jaman Mahabarata biyen. Ngenani endi sing bener durung kinawruhan amarga kabeh mung saderma crita.
Sabanjure yen manut critane Pak Dibyo, minangka kaur pemerintahan desa kono, ing jaman nate ana patung kang diarani banaspati. Patung kasebut manggone ana ing sumur bandung iku mau. Ananging patung sing ngendikane Pak Dibyo gedhene kurang luwih sameter kuwi mau ilang amarga dicolong dening pawongan kang ora nduweni tanggung jawab.
Ing perangan liya, yen manut ngendikane Mbah Jasmin ana wewaler kang ora entuk diterak dening wanita kang dedunung ing sakiwa-tengene sendhang. Isine wewaler kuwi yaiku wong wadon kang dedunung ing sakiwa tengene sendhang ora entuk ngingu rambute dawa-dawa. Amarga yen nganti wewaler iki diterak, pawongan sing nindakake bakal entuk kasusahan.
Ngenani wewaler iki ana sing percaya isih nduweni sambung rapet klawan critane Jaka Tingkir sing nate adus kungkum ing Sendhang Senjoyo.
Adus kungkume Jaka Tingkir kang uga asring sinebut Sultan Hadiwijaya iki merga njupuk wahyu keprabon ing Sendhang Senjoyo sadurunge marak sowan menyang Demak. Ing kalane Jaka Tingkir adus iki mau banjur banyune sendhang tansah mluber tekan ngendingendi. Amarga wedi yen banyune sendhang bakal ndadekake banjir banjur Jaka Tingkir njaluk pituduh menyang Kanjeng Sunan Kalijaga, kepriye carane amrih luberane banyu sendhang iki mau bisa mampet.
Oleh palapuran saka muride kaya mangkono, banjur Sunan Kalijaga ngajab amrih Jaka Tingkir golek rambute wanita kanggo nyumpet tuk kang banyune terus mluber. Lan sawise pikantuk pituduh kaya mangkono Jaka Tingkir langsung nindakake apa kang dingendikakake dening gurune. Sinung santoso
Ing tradhisi reresik Sendhang Senjoyo warga bebarengan kembul bujana.
Kangge nambah bobot Majalah Swaratama, sumangga sami nyerat kritik, uneguneg lan sedaya pangarep-arep, dipun kentun kemawon wonten alamat e-mail: [email protected]. Serat ingkang saged kapacak bakal pikantuk bebungah arupi gift menarik. Red.
Sentilan Puisi "Mbeling" para Pujangga
Cara Langganan
Pitakonan:
Ndherek tetepangan kula Sunarto saking Bekasi Jabar.
Badhe nyuwun pirsa bab langganan Majalah Swaratama, kados pundi tatacaranipun saha wragad ingkang kedah kula kintun. Nuwun.
Wangsulan:
Sunarto - Bekasi
Ngaturi uninga bilih dumugi sapunika Majalah Swaratama punika gratis, boten mawi wragad. Dene manawi badhe langganan, mangga sesambetan kaliyan kanca-kanca ing Balai Bahasa Jawa Tengah.-red.
Nyuwun Tambah Isi
lestari adegipun basa Jawi.
Langkung utami manawi isinipun dipuntambahi ngewrat maneka warni kawruh sambung rapetipun basa lan budaya Jawi, sumebar saindenging tlatah Provinsi Jawa Tengah supados langkung sumrambah. Mugi Swaratama lestari subur ngrembaka. Maturnuwun.
Pitakonan:
Heru Santoso, S.Pd.
SMP N 1 Pracimantoro
Wangsulan:
Matur nuwun Pak Heru, usulan saha panyaruwe Bapak dados lelimbanganipun redaksi .-red.
Kepengin Maca Rutin
Pitakonan:
Nuwun sewu nek aku nulis layang iki nganggo basa ngoko biasa. Mengkene, aku seneng banget isa oleh Majalah Swaratama ing Jawa Tengah.
lembar sASTRA Maialah Basa Jawa Swaratama
Sasampunipun nampi majalah Swaratama, sepisan atur panuwun saha ndherek mangayubagya Balai Bahasa sampun gumregah damel majalah marsudi
KAWRUH SASTRA Obat Bagus Pamucalipun WADAN BOCAH Nyerat Geguritan Ayamsaurus
Senadyan ora isa njagakke menawa saben terbit mesthi entuke. Nanging umpama ta ana cara aku isa entuk saben edisi, piye ya ngupayane?
Nyuwun tulung, paring "solusi."
Ancas Sulchan JI. Wologito Semarang.
Wangsulan:
Kudune ora ana alangan sing gedhe ngengingi bab kuwi. Panjenengan cekap rawuh ana ing Balai Bahasa Jawa Tengah, ngrembug kepiye penake. Maturnuwun.- red.
Supatane Begawan Sukrd
DENNGBANUARLIAMBARDÍ
ELINGA SARMISTA!SANAJAN KOWE ANAK RATU, NANGING AKU IKI PUTRINE MAHARSI. DADI DRAJADMU ISIH ANA IN6 SANGISORKU.
WE LHA, DHASAR CAH WADON WITA TATANAN!NGERTIYA, WONG TUWAMU IKU SABEN NGADHEP TAN- SAH NGAJI-NGAJI MARANG RAMAKI, SARTA DLUWE PANYUWLIN KAYA CARANE WONG PEPRIMAN.
KOWE DUDU SAPEPADHA- KU,DEWAYANI!JER AKU IKI ATMAJANING RATU KANG ABANDHA-BANDHLI PRABU WRESAPARWA.
WIS DEWAYANI! ORA ANA GLINANE AKUNGLADENI OMONGANMU!
KRUNGU PANGENYEKE DEWI SARMISTA MLINTAB ATINE DEWIDEWAYANI
SARMISTA AJA LUNGA!
"Lir-ilir, Lir llir Tandure wus sumilir Tak ijo royo-royo Tak sengguh temanten anyar
Cah Angon, Cah Angon Penekna blimbing kuwi Lunyu-lunyu penekna Kanggo mbasuh dodotira Dodotira dodotira kumitir bedhah ing pinggir Kanggo sebo mengko sore Dondomana, jlumatana Mumpung padhang rembulan, Mumpung jembar kalangane Ya suraka surak hore"
Sunan Kalijaga
Pesenan iki diaturake dening: BALAI BAHASA JAWA TENGAH