Baca PDF (OCR): Swaratama: majalah basa Jawa, edisi 01, Januari-Juni 2015

39 halaman · 39 halaman diproses dengan OCR · 23.2 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. "Bener Ketenger, Becik Ketitik, Ala Ketara ...
  2. Blencong
  3. Hanacaraka
  4. Ngapa re ditulis nganggo pa cerek lan le ditulis nganggo nga lelet?
  5. Ngopeni Basa lan SastraJawa
  6. WARA-WARA
  7. SUSUNAN REDAKSI
  8. Gelaran
  9. DAFTAR ISI
  10. Kudhi, Gaman Tengere Wong Banyumasan
  11. 16 Geguritan
  12. Kawruh Basa Pilahan Basa Ngoko lan Krama
  13. Candhi Cetho Misteri Ing Gegere Gunung Lawu
  14. Bathik Tegalan, Local Heritage
  15. Selasa Kliwonan Yayasan Kanthil
  16. GURU Basa Jawa KURANG "Kompetensine"
  17. Mbangun Karakter
  18. Kudhi,
  19. Gaman Tengere Wong Banyumasan
  20. Wujude Kudhi
  21. Kawruh "Mulur Mungkret" Ki Ageng Suryomentaram
  22. Majaláh Basa Jawa Swaratama
  23. Geguritan
  24. Danau Salak 1982
  25. Kuburan Manuk Gunung Ongaran
  26. Iman Budhi Santosa
  27. KakiNini Turu Kunci Canchi GeShong Songo
  28. Iman Budhi Santosa
  29. Wanto Tirto
  30. Mancing
  31. Ali-ali
  32. Warto Tirto
  33. Mung
  34. Padhepokan Djagat Djawa, Magelang, September 2015.
  35. Dening Ki Widya Wiryatmaja
  36. Basa Jawa Perlu "Marketing"
  37. Basa Jawa Nggo Ngapa?
  38. PILAHAN BASA Ngoko Lan Krama
  39. Unggahungguh Basa
  40. Basa Ngoko
  41. Basa Ngoko Lugu utawa basa Ngoko Lumrah
  42. Basa Ngoko Alus
  43. Basa Krama
  44. Basa Krama Lugu
  45. Basa Krama Alus
  46. Misteri Ing Gegere Gunung Lawu
  47. Dewi Saraswati
  48. Bathik Tegalan, Local Heritage
  49. Motif Klasik lan Perkembangan
  50. Ndherek Bingah
  51. Ari Sandy
  52. Aja Mung Tulisan sing Ndakik-ndakik
  53. Agung Tri Wibowo Penawangan, Kabupaten Grobogan
  54. Mugi Kenging Kangge Sinau
  55. Any Martha T Wulandari Jalan Anjasmara I/323 Semarang
  56. PANGGUNG
  57. TARI "JARANAN"KUDUS

nerS rmus EEN mAAMM m

majalah basajawa

DITERBITAKE DENING BALAIBAHASA PROVINSI JAWA TENGAH

Pilihan Basa Ngoko lan Krama

GEGURITAN Imam Budhi Santoso

Kudhi, Gaman Tengere Tlatah

BANYUMASAN

Cerita Cekak "MUNG"

"HANACARAKA

"Bener Ketenger, Becik Ketitik, Ala Ketara ...

Paribasan iki mratelakake sapa wae diarep kabecikane lan ora wigah-wigih tumindak pener tumrap liyan.

Sawijining karya patung koleksi Galery Pelukis Nasirun. (foto: Swaratama)

Blencong

Hanacaraka

Ngapa re ditulis nganggo pa cerek lan le ditulis nganggo nga lelet?

ng aksara Jawa ana rong aksara kang ora kena dipepet I yaiku aksara ra lan la. Minangka gantine, swara re ditulis nganggo pa cerek lan swara le ditulis nganggo nga lelet. Satemene kena ngapa aksara ra lan la ora kena dipepet? Wangsulane mangkene. Aksara Jawa kuwi mula bukane saka aksara Pallawa kang diselarasake karo masyarakat Jawa. Ing aksara Pallawa ana aksara swara kang ora ana ing Jawa, yaiku r lan I. Swara loro mau pancen diwujudake dadi aksara dhewe. Mangkono mau kang kaprah ing aksara kang kanggo nulis basa Sansekerta kaya dene Pallawa lan Deva Nagari. Nalika tekan ing Jawa, aksara Pallawa direka, diselarasake dadi aksara Jawa. Ananging, aksara swara loro mau tetep dilestarekake. Tetep dinggo ana tulisan-tulisan Jawa. Apa maneh akeh tembung-tembung Sansekerta kang mlebu ing basa Jawa. Dene, pangucape diemperake karo swara kang ana ing Jawa. pa cerek diucapake re, lan nga lelet diucapake le.

Ngopeni Basa lan SastraJawa

Wis suwe Jawa Tengah ora duwe majalah basa Jawa. Kamangka biyen ing provinsi iki tau ana majalah lan koran basa Jawa kayata Dharma Nyata, Dharma Kandha, Parikesit,-lan Pustaka Candra.

swaratama majalak basajawa

Mbangun Kuncaraning Basa, Sastra, lan Budaya Jawa

swaratama lan Krama GEGURITAN "MUNG" BANYUMASAN "HANACARAKA

WARA-WARA

Redaksi nampa tulisan saka para maos. Tulisan bisa kakirimake liwat email [email protected] utawa dikirim menyang alamat redaksi, Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah Jalan Elang Raya nomor 1, Mangunharjo, Tembalang, Semarang 50272. Tulisan kang kapacak bakal entuk bebungah saka Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah.

man banget media massa E mau banjur mati lan ana kang malih nganggo basa Indonesia. Durung suwe iki ana majalah kang nganggo basa dhaerah kang terbit ing Jawa Tengah, yaiku Podang lan Ancas. Muga-muga majalah loro kuwi tetep

bisa lestari terbit, ora mati kaya liyane. Sokur yen banjur ana majalah-majalah liya kang nggunakake basa Jawa terbit lan ngrembaka ing Jawa Tengah.

Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah minangka instansi kang duwe kewajiban nguri-nguri lan ngrembakakake basa Indonesia lan dhaerah ing kalodhangan iki arep melu ngregengake majalah basa Jawa. Mula, banjur diterbitake majalah Swaratama. Minangka majalah kang diterbitake instansi kang ngopeni basa lan sastra, majalah Swaratama uga ngemot masalah kawruh basa, kawruh sastra, cerita cekak, geguritan, macapatan, lan tulisan aksara Jawa. Amarga ngrumangsani yen ing Jawa Tengah akeh dhaerah kang duwe dhialek utawa logat dhewe, mulane ing majalah iki uga diwenehi wadhah kanggo tulisan saka logat-logat mau. Ing edisi kapisan iki nembe logat Banyumas lan Tegal kang mlebu ing meja redaksi. Ing edisi sabanjure ana tulisan saka logat liyane kayata Tegalan.

Pungkasaning atur, majalah iki isih akeh kekurangane. Mula, redaksi mbutuhake panyaruwe saka para maos amrih becike majalah iki. Redaksi uga nampa tulisan saka masarakat. Para maos kersaa ngirimake tulisane marang redaksi. Muga-muga majalah iki terus bisa lestari terbit ing dinadina candhake.

Nuwun.

SUSUNAN REDAKSI

Penanggung Jawab: Drs. Pardi, M.Hum ~ Pemimpin Umum: Drs. Suryo Handono, M.Pd ~ Pemimpin Redaksi: Kustri Sumiyardana, S.S., M.Hum ~ Sekretaris Redaksi: Sunarti, S.S., M.Hum ~ Redaktur Pelaksana: Yan Tohari, Widiyartono R ~ Redaktur: Bambang Sulanjari, S.S., M.A, Mochammad Fikri, S.S, Tri Wahyuni, S.S ~ Reporter: Drajat Agus Murdowo, S.S, Triman Laksana ~ Ilustrator: BP. Soedarsono, SG ~ Desain grafis dan Tata Letak: Akhid Anshori Setiawan, A.Md ~ Keuangan: Andy Rahmadi Santoso, S.Kom ~ Sirkulasi: Lely Siti Fatimah, S.E., M.Si, Slamet Priyono, S.E, Umiluningsih, S.E ~ Desain Produksi: Handry TM.

Gelaran

Sawijining gelaran tari, sing nggambarake manunggaling semangat para prajurit ana ing sawijining gelaran seni rakyat Kudus.(Foto: Ozz)

DAFTAR ISI

Selasa Kliwonan Yayasan Kanthil GURU TERAS Basa Jawa KURANG "Kompetensine" Rp

Pangarsa YPLP PT PGRI Dr. Sudharto, M.A. ngakoni menawa guru basa Jawa ing sekolahan isih kurang kompetensine. Guru-guru, sing umume isih para mudha kuwi, luwih nguwasani ilmu bahasa (linguistik) katimbang penguwasane bab migunakake basa Jawa ing tataran praktis.

Kudhi, Gaman Tengere Wong Banyumasan

Kudhi ya kuwe salah sijine gaman tradhisional sing landep khas Banyumasan. Gaman kiye kayong dekenal nang tlatah Jawa liyane gutul Madura.

16 Geguritan

23 27 Grenengan Basa Jawa Perlu "Marketing' 30

Srengene nembe wae jumedhul saka bang wetan. Dhusun Margoluwih wis geger. Suwara-suwara pating clebung jumedhul saka lambene uwong-uwong. Gubug duweke Tarno ing pinggir sawah, diobong uwong.

Wacan Bocah Pitik Walik Jambul

Kawruh Basa Pilahan Basa Ngoko lan Krama

Candhi Cetho Misteri Ing Gegere Gunung Lawu

Sawise ngliwati dalan sing kebak tikungan lan sengkan utawa tanjakan ing gegere Gunung Lawu, lan mandeng endahe kebon tehe sing ijo nyegerake sesawangan, banjur tekan ing Cetho.

Bathik Tegalan, Local Heritage

Bathik wis dadi salah sijine local heritage masarakat Indonesia. Bathik beh bisa didadekena buktine budhaya asli awake dhewek. Ora klalen, Tegal beh nduwe bathik sing moncer dikenal wong maring ngendiendi bae.

SWAHATAMA Rp

Pangarsa YPLP PT PGRI Dr. Sudharto, M.A. ngakoni menaw guru basa Jawa ing sekolahan is kurang kompetensine. Guru-gur sing umume isih para mudha ku luwih nguwasani ilmu bahasa (linguistik) katimbang penguwasane bab migunakake basa Jawa ing tataran praktis.

Selasa Kliwonan Yayasan Kanthil

GURU Basa Jawa KURANG "Kompetensine"

r. Sudharto ngendika bab kuwi nalika D mangsuli pitakonan ing acara Selasa Kliwonan yayasan Studi Bahasa Jawa Kanthil ing kampus STIEPARI Bendan Ngisor, Semarang, durung suwe iki.

Proses pembelajaran sing luwih ngutamakake kawruh bab ilmu bahasa ana ing pendhidhikan formal, ndadekake para guru basa Jawa ora duwe kabisan migunakake basa Jawa kanthi apik. "Guruguru angel ngowahi mindset utawa pola pikire ana ing cara pemulangan basa Jawa. Guru basa Jawa ora nyinau maneh lan ora disinaoni. Sing dikuwasani mung ilmu basa Jawane wae, mulange uga mboseni," ngendikane Dr. Sudharto.

Yen guru anggone mulang marakake murid bosen, ndadekake apa kang diwulangake ora ditampa kanthi becik dening murid. Kangmangka, basa Jawa bisa dadi sumbering pendhidhikan karakter bangsa. "Mulang basa Jawa kuwi aja dingel-ngel, murid marakake wegah kepara wedi. Pamulangan basa Jawi becike ditujokake ing masalah komunikasi wae. Wis ora jamane bocah-

bocah dikon ngapalake jeneng godhong, kembang, lan anak kewan," pangandikane manten guru basa Jawa iki.

Pak Dharto juga nyaruwe bab pamarentah Jawa Tengah sing ora patiya nggatekake bab basa Jawa. Ing Perda No. 9 Taun 2012, utamane ing pasal 12 disebutake:

Strategi kebijakan pelindungan, pembinaan, dan pengembangan bahasa, sastra, dan aksara Jawa dilaksanakan melalui upaya di lingkungan pendidikan formal, meliputi:

A. menyusun dan menyempurnakan kurikulum bahasa dan sastra Jawa sesuai dengan perkembangan dan kemajuan masyarakat;

B. meningkatkan kemahiran berbahasa Jawa dengan menyelenggarakan pendidikan dan pelatihan bagi tenaga pengajar bahasa dan sastra Jawa;

C. menyediakan dan mengangkat guru bahasa Jawa dan tenaga fungsional sesuai dengan strata pendidikan bidang studi bahasa dan sastra Jawa;

D. meningkatkan kualitas guru bidang studi bahasa, sastra, dan aksara Jawa secara profesional melalui sertifikasi;

E. menyediakan bahan ajar, buku pelajaran, dan

SARASEHAN BUDAYA JAWA SELASA KLIWONAN Sudharto, MA September 201

Dr. Sudharto lan Drs. Sri Mardjoko medhar bab basa lan budaya Jawa kanggo sumber pendhidhikan karakter bangsa. (Foto Wiedya)

buku bacaan sesuai dengan varian-varian dan dialek-dialek yang ada di daerah;

F. meningkatkan kualitas metodologi mengajar dengan mendayagunakan teknologi informasi dalam proses pembelajaran bahasa, sastra, dan aksara Jawa;

G. meningkatkan kegiatan apresiasi, dan kompetisi mengenai penulisan dan penggunaan bahasa, sastra, dan aksara Jawa;

H. menyusun dan menyempurnakan pedoman tata penulisan bahasa Jawa dengan huruf latin dan aksara Jawa;

I. melakukan kegiatan penelitian dan pengajian terhadap tingkat tutur bahasa Jawa yang diselaraskan dengan perkembangan kehidupan masyarakat;

J. meningkatkan perhatian dan dukungan terhadap kegiatan transkripsi, dan transliterasi naskah-naskah sastra Jawa yang memiliki nilai-nilai unggul.

Pak Dharto pitakon, apa Pamarentah Provinsi Jawa Tengah wis nindakake kuwi? "Iki bisa disebut mbadal (pembangkangan, Ind.) marang Perda. Jawa

Tengah duwe Perda, nanging ora dileksanani. Endi guru basa Jawa sing diangkat dari pegawe negeri?" mengkono pitakone.

Mbangun Karakter

Pak Dharto ngendikakake, menawa budaya Jawa, kalebu basa Jawa bisa dadi sumbering pambangunan karakter bangsa. Ngadhepi kahanan sing ora tentrem, sipate asli etnis Jawa sejatine bisa dadi kendhali. "Sipat iku pancadane ana telu, yaiku isin, sungkan, lan wedi. Sipat dhasar dumadi saka sejarah Jawa sing lawase ewon taun. Ing kono ana sipat religius nondogmatis, toleran, akomodatif, lan optimistik," ujare.

Interaksi sipat dhasar iku ngatonake corak lan watak kejawan kaya dene kapracayan marang Gusti Allah, corak idealistik, pracaya marang takdir, pasrah nanging ora duwe sikep fatalistik. "Sipat Jawa iku luwih ngutamakake hakikat katimbang ritual formal. Ngutamakake sih katresnan kanggo landhesan pokok sesrawungan, ngajeni agamane liyan, lan ora nganggep keyakinane dhewe sing paling bener. Sacara hakiki, sejatine sipat luhur Jawa iku jumbuh karo Pancasila," pangandikane.

Sumbangan tumrap pembangunan karakter iku bisa ditemokake ana ing unen-unen, paribasan, lan karya sastra. Unen-unen "gemi nastiti ngati-ati" ngajari ora boros, tliti, lan ngati-ati. "Sing sapa salah seleh", iki bab penegakan hukum. Sing luput ya diukum, ora bisa kok terus wae nyekel panguwasa. "Ana awan ana pangan, ana dina ana upa", iki bab optimisme. Tembung "aja dumeh," aja nganti awake dhewe iki dadi arogan, dumeh lagi dadi panguwasa, umpamane.

Paribasan lan unen-unen liyane kaya "adigangadigung adiguna", nggambarake wong kang rumangsa duwe kalimpadan/kapinteran, rumangsa gedhe, sugih, uga rumangsa duwe kuwasa banjur tumindak sakwenang-wenang.

Nanging, Pak Dharto uga ngendikakake menawa akeh unen-unen Jawa sing dijarwakake kanthi kleru. Umpamane "mangan ora mangan kumpul", dianggep wong Jawa kuwi wegah ngulandara (merantau), angel dikon transmigrasi. Kangmangka, unen-unen kuwi ngemu teges yen wong Jawa kuwi raket ing paseduluran. Kumpul iku akeh pigunane, merga bisa ngrembug maneka warna bab kanggo kepentingane wong akeh.

Ana maneh sing nganggep wong Jawa kuwi kesed, klelat-klelet merga ana unen-unen "alon-alon waton kelakon". Miturut Pak Dharto, unen-unen iki ngemu teges yen wong Jawa kuwi ngati-ati, kabeh dilakoni kanthi petungan sing mremet, ora grusagrusu, murih asile bener lan migunani.

Acara Selasa Kliwonan Yayasan Studi Bahasa Jawa kanthil ing STIEPARI iki dirawuhi dening pangarsane Prof. Dr.Dr. Soetomo, W.E., M.Pd. Ian Drs. Sri Mardjoko, sarta pejabat saka Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Semarang makili wali kota.

Katon ing sarasehan iku uga para dhosen STIEPARI, mahasiswa, lan undhangan liyane.

Wayang Ukur in Photography by Heru S Sudjarwo

Kudhi,

Gaman Tengere Wong Banyumasan

Dening: Ahwan Nathansyah

Kudhi ya kuwe salah sijine gaman tradhisional sing landep khas Banyumasan. Gaman kiye kayong dekenal nang tlatah Jawa liyane gutul Madura.

udhi ya kuwe salah sijine gaman K tradhisional sing landep khas Banyumasan. Gaman kiye kayong dekenal nang tlatah Jawa liyane gutul Madura.

Gaman kiye migunani kanggo ngethokngethok kaya lumrahe gaman. Kudhi uga duwe punuk nang ngingsore. Dhong jaman kuna, gaman kiye nglambangna dhaulat karo kuwasane wong, dadi mandan sakral lan nduwe karakter sing nyatu karo wong-wong sing nduwe kuwasa dong jaman ndhipit, anggepan kiye kanggo ngantek abad kaping 19. Ciri kususe yakuwe ning bageyan wetenge kudhi bentuke kempleng.

Kanggone kudhi kuwe akeh, bisa deenggo bacrok, ngalusna, nyongkel, ndeblag, lan saliyane maning. Angger nang tlatah Sunda, kudhi kiye arep padha bae karo kujang. Ukuran asline jaman ganu jane mandan cilik, ujude akeh jenise, ana sing jenenge kudhi peksi, kudhi wayang, lan liya-liyane. Jaman siki, bentuk lan ukuran Kudhi wis dipadakna karo gunane (lewih pragmatis). Angger kudhi kuwe uwis ora landhep maning dearani kudhi gerangan.

Kudhi, siki dadi salah siji tengere Banyumasan. Malah, ana paguyuban-paguyuban Banyumasan sing nganggo gambar Kudhi nggo lambang utawa logo paguyubane. Kudhi kuwe dadi gamane ramane sing paling landhep lan ora kena nggo dolanan nang bocah cilik. Mulane para sedulur sing pada ngenger nang Jakarta utawane nang endi bae aja klalen karo budayane dhewek. Sedulur sing pada ngenger ana kutha-kutha gedhe angger bali aja padha kemlithak klalen karo kebiasane dhewek, sebab angger udu wong

Banyumasan sing temandang eling karo kebiyasane, toli sapa maning?

Wujude Kudhi

Lagi ning pewayangan, kudhi kuwe gaman sing tansah degawa dening Bawor utawa neng basa bandhek dearani Bagong. Tumrape wong sing ora ngerteni apa kuwe kudhi, mesthi ora bisa mbayangna bentuke angger ora ana gambare utawa ora tau weruh dhewek. Kanggo para sedulur sing mandan ora ngerteni wujude kudhi, siki bisa nggoleti gambare utawa ukarane ning internet. Angger para sedulur kepengin ngambakna elmu bisa teka maring tlatah Banyumasan toli bakal ngerteni.

Nyawang wujude kudhi sing wetenge kempleng pancen ora gampang nggawekna rangka. Deprelokna ilmu kusus gawe rangka kudhi kuwe. Prelu wong sing tlaten lan ngerteni falsafahe kudhi kuwe. Ana paribasan Banyumasan yakuwe "mrangkani kudhi". Kudhi ibarate manungsa sing kudu deatur mulane kudhi nyengkuyung goli glethikan. Neng basa manajemen sedina-dinane, paribasan "mrangkani kudhi" bisa detegesi manajemen pemangku kebijakan. Rangka sing demaksud yakuwe agama, waleran, karo akhlak. Dadi, sing dearani "mrangkani kudhi" yakuwe tansah momong wong

sing angel walerane.

Ana maning paribasan Banyumasan bab kudhi, yakuwe "kudhi pacul singa landhepa". Pacul karo kudhi kuwe padha landhepe, aja dedu. Gari endi sing lewih pinter, yakuwe sing menang. Ning siki paribasan kuwe wis dadi "win lose solution". Ana pehak sing derugekna. Deneng kudu ana pehak sing kalah, angger awake dhewek kepengin ngasilna bab sing duwe kabecikan, kudune nganggo paribasan "menang tanpa ngasorake".

Deneng wong gemiyen milih kudhi dudu gaman liyane kanggo tuladha gawe "mrangkani kudhi", tegese gawe pengeling-eling bocah-bocah enom mampangate kudhi sing akeh banget karo bentuke sing beda karo gaman liyane.

Kawruh "Mulur Mungkret" Ki Ageng Suryomentaram

"Mulur-mungkret" kuwi miturut ajaran kawruh Jawa Ki Ageng Suryomentaram, ngudhar bab kepinginan manungsa sing ora nate wareg. Kosok baline, yen kepinginan iku ora kejarah, manungsa bakal mungkretake kekarepane. Mula, "Mulur-Mungkret" kuwi nemplek terus ana ing sifat manungsa.

lembarsASTRA

Majaláh Basa Jawa Swaratama

Lembaran iki macak seratan Cerita Cekak, Geguritan, Komik, Cerita Anak lan sapanunggalane. Naskah isa dikirim ing alamat e-mail: majalah.swaratama@g mail.com. -Red

oleksi Museun Becak "Kawan-kawan Revolusi" koleksi Museum Nasirun, Jogja.

Geguritan

Cerita Cekak

Iman Budhi Santosa

Kesel ngumbara kabur kanginan campur lebu, rebut balung dadi pangewan-ewan aku milih bali adus banyu kali, mangun langgar ing telenge ati. Milih gubug penceng cagak pring ori klasa mendhong, pasa mutih murih rejeki ora panglong tembe mburi

Kesel ninggal carakan warisane Ajisaka ana sing mbisiki saka pojok senthong kebak angga-angga. "Sing prasaja wae, ngendi omahmu yen dudu wuku weton petungan neptu Pon, Wage, Kliwon..."

Bebarengan swarane angkup nangka ngenthire jangkrik upa, ana wengi sing nudingi pendheman ari-ari "Dulure sapa nganti tega mbok tinggal tanpa pamit, ngundha angen-angen muspra ngluwihi semut kang tansah disiya-siya ngrubung sisane pangan jalma manungsa...

Ngonceki petenge ati, lintang-lintang abyor nanging ora ana sing niba ing pangkonku iki sajak aku kudu eling lan nyawiji ngrungkebi dhawuhe para sepuh duk ing uni ora ana alane narima ing pandum bali diwiradati

Iman Budhi Santosa

Danau Salak 1982

Kendhang tekan sabrang nggelak panjangka ngudang kencenge ati ngulir budi mbabad sengkala dimen anak-putu ngrasakake jagad bawera dimen papa-cintraka pegat sadurunge rahina

Adoh sangkan cedhak paran, adoh Pon Wage Kliwon, sadhengah durung cumepak kejaba tunggak mranti lan kayu wesi kapatah ngreridhu mbandakalani tekad kang cekak, angen-angen kang wus cumithak

Dudu dongeng ampuhe panah Dhayak tumbak tameng, apadene grumbul datan kepiyak Dudu lanang yen kalah karo walang ngripta wulu-wetu jagung pari kacang awit durung titi-wanci nggege mangsa sila tumpang

Gremet-gremet waton slamet, rila-legawa tansah cinathet, ngluwihi jimat wiradat ora bakal pedhang granggang bisa ngruket ora bakal cilik aten ngeyub sangisoring suket

Kuburan Manuk Gunung Ongaran

Sumlempit ing pereng gunung adoh langit, babarpisan dudu papan wingit manuk-manuk kumleyang mbaka siji antri dadi bathang, nunggu pati tumpuk undhung ngebaki jugangan kepengin manunggal dadi saluwangan

Ana thilang, podhang, bethet, jalak, derkuku anteng meneng ngugemi wangsite Gusti ora suwala katimbalan bali ninggal cucuk, cakar lan swiwi ninggalake ocehe ing pang-pang jati mahoni murih bedhil gotri ora tegel natoni

Aku mung bisa kamitenggengen saka ngisor akasia nyipati iber-iberan reruntungan nilingake alon swarane getih, pedhoting sih bakal dadi kasunyatan kang sayekti susuh endhog ora bisa nggondheli

Ah, kewan wae krasa yen wis titi mangsa semono uga kudune aku kowe siyaga ditimbali awan bengi esuk utawa sore, sawise tutug ngrasakake sega banyu paringane

Iman Budhi Santosa

Ajara wedi karo pucuking eri awit yen kecocog dudu wetune getih kang ndrawasi nanging larane bisa nunjem tekan telenge ati

Ajara bali dadi bocah, playon ing plataran dolanan andhan, dhelikan, lan jumpritan adoh gaman lan pocapan kang gampang natoni madhani landhepe sangkelat utawa pasopati

Ajara wedi dadi eri nalika lugut wisa wis ora kuwawa gawe dredah ing alam donya lman Budhi Santosa

Iman Budhi Santosa

KakiNini Turu Kunci Canchi GeShong Songo

Esuk awan sore bengi, ora kendhat miji gegebenganing ati, "Tuwa-tuwas nganti candhi ora ninggal tapak tilas, pulih dadi watu tumrap anak-putu."

Kaya wis sabaya-pati mageri warisan suci madhep manteb ngugemi wangsiting sepi ngendi ana badan sapata wani mbatang sanepa "Mbesuk yen tekan titi-wanci, candhi iki bisa tata-jalma, ngundang pawong mitra ngawe kadang, ngelingake sukma nglembara."

Wungkuk thuyuk-thuyuk, eseme sarwa prasaja "Lakumu wus adoh, Thole. Candhi kang tinatah dadi rajah ing tanganmu kudu dipepetri jamak lumrahe manungsa dadi juru kunci njaga sabarang kalir kang ngemu wewadi."

Iman Budhi Santosa

Lahir ing Magetan, Jawa Timur, 28 Maret 1948, saiki jumeneng ing Jogjakarta. Nganggit akeh karya buku, antarane: Kalimantang (kumpulan cerita pendek; 2003), Matahari-Matahari Kecil (puisi; 2004), Perempuan Panggung (novel; 2007), Ziara Tanah Jawa (puisi; 2013) lan sak panunggalane.

Wanto Tirto

Mancing

Panas-panas lunga mancing maring kali nggawa cacing golet watu gedhe terus thingkring masang kenur masang pancing sinambi udud nunggu iwak mangan mata mentheleng ndeleng kambangan ndat-ndut donga pengin nyendhal walesan denenteni suwe amleng ora kaleksanan sedina med mancing urung kasil panas-panasan neng pinggir kali mancing iwak urung olih arep bali mlakune isin

Wanto Tirto

Greyengan Karo Anak

tek lela lela ela legung anak inyong sing bagus dhewek menenga wayah wis wengi enggal turu ngesuk tangi awak seger dolanan maning tek lela lela lela legung bocah bagus besuk dadi wong agung mikul dhuwur mendhem jero maring wong tuwa aja gronong lan aleman tek lela lela lela legung cep menenga wayah wis wengi mancal kemul turu lali esuk tangi sholat subuh sekolah sing pinter tur idhep bener dongakna bapa ngode nyukupi butuh

Ali-ali

ali-ali watu jajanan aja lali amung dolanan ali-ali sing nganggo gagah aja lali maring gusti Allah ali-ali watu sing banten aja lali sembah sungkem ali-ali embane emas aja lali terus kramas ali-ali tiba nglemah aja lali bali ngumah ali-ali wernane ijo aja lali maring bojo ali-ali wernane abang aja lali maring sing lanang ali-ali olih neng gua aja lali maring mertua ali-ali tiba neng tikungan aja lali maring lingkungan ali-ali neng dhapuran aja lali maring aturan ali-ali nggo mahar ijaban aja lali maring kewajiban ali-ali neng dhuwur sajadah aja lali sregep ngibadah ali-ali ilang degoleti aja lali wong urip bakale mati ali-ali dedelah karo hape aja lali polah tingkah sekarepe ali-ali gedhe sebeweh aja lali maring sing aweh ali-ali watu kali klawing aja lali padha sing eling

Warto Tirto

Lahir Ajibarang Banyumas 52 tahun kepungkur. Karya sastra geguritan lan puisi wis sumebar ana ing media cetak lokal lan nasional. Penggurit khas Banyumasan iki nembe wae nampa pahargyan "Gatra Budaya Banyumas 2015" saka Pemkab Banyumas.

Mung

Srengene nembe wae jumedhul saka bang wetan. Dhusun Margoluwih wis geger. Suwara-suwara pating clebung jumedhul saka lambene uwonguwong. Gubug duweke Tarno ing pinggir sawah, diobong uwong.

mbuh sapa sing ngobong, ora padha E mangerteni. Gubug kuwi ya mung prasaja wae. Kaya gubug-gubug ing sawah biyasane, saka pring, ukuran patangmeter persegi. Mung kanggo nunggu sawah, nalika pari-pari wis padha merkatag lan wiwit kuning. Mung kanggo nggusah manukmanuk emprit kang padha menclok, arep ngurangi nalika panenan. Malah, kabar kobonge gubuge Tarno kuwi, wis nyebar ana tlatah Desa Gemahripah. Sejatine mono kobonge gubug mung kedadeyan biyasa wae, nanging nalika gubuge Tarno sing diobong, kuwi dadi istimewa.

Uwong-uwong dhusun Margoluwih padha ngembet-embetake kedadean gubuge Tarno diobong uwong kuwi, ora liya amarga Tarno makaping-kaping ora gelem teka nalika diundang patemon ing balai Desa. Dene Tarno mono mung tetep kaya adat sabene, nalika krungu uwong-uwong ing dhusune kayane nyalahake dheweke. Tetep biyasa. Ora ana

kang kudu digagas. Uwong-uwong dhusun Margoluwih bingung, kebak pitakon ana atine dhewe-dhewe. Nanging, ora wani takon langsung marang Tarno, ngapa sebabe ora nate gelem teka ana ing patemon iku? Uga gumun, nalika uwonguwong padha weruh Tarno, nalika krungu gubuge diobong uwong. Babar blas, ora kaget, ora nesu lan wedi. Mung ngglayem wae. Kaya adat sabene.

Srengenge durung ana saayang-ayang dhuwure. Sunare isih krasa anget. Angin esuk sumilir, nyempyok godhong pari. Obah-obah, kaya ombak. Endah banget. Apa maneh, parine wis padha nguning. Mertandhani meh panen. Saka kadohan katon ketebange Kardi, sajak kesusu. Marani Tarno sing lagi leyeh-leyeh ana sangisore wit trembesi, Nunggu sawahe. Cedhak karo gubuge sing diobong uwong. Awune isih katon. Pring kang nyangga gubug, mung kari sisa kang tumancep ana lemah. Diujarake.

"Kang, kang! Pak Lurah arep mrene!," kandhane Kardi kanthi ambegane krenggosan, karo nyedhaki Tarno. Tarno mung noleh sedhela. Terus nyawang maneh sawahe. Tangan tengene nyandhak tali rafia, ditariktarik. Suara pating klonthang saka tempolong sing diisi krikil, banjur keprungu.

Manuk-manuk emprit sing arep padha menclok ana pari, terus padha mabur maneh.

Rombongan Pak Lurah jumangkah tumuju papane Tarno lan Kardi kang padha lungguh ana sangisore wit trembesi. Nalika wis cedhak banget, Kardi sajak keweden nyawang tekane Pak Lurah lan rombongane. Tarno mung ngglayem. Isih nyawang sawahe.

"Sugeng enjang, Pak Lurah!" uluk salame Kardi, karo menyat saka lungguhe. Karo nyawang priyayi loro kang nyandhang necis, wangi. Nalika nyawang pawongan telu gagah, gedhe, dhuwur awake methekol lan sangar. Keweden.

"Sugeng enjang, Pak Lurah!" celathune Tarno karo mesem, polatane biyasa, lan tetep lungguh ana suketan. Nyawang Pak Lurah. Tangane isih tetep nyekeli tali rafia.

Priyayi loro

nyandhang necis, nyawang tajem marang Tarno. Kedhep tesmak. Nuli padha mesem. Embuh esem apa kang sumimpen ana atine. Kayane kepeksa. Beda karo pawongan telu gagah, gedhe, dhuwur, awake methekol. Malah kayane nggereng. Nyawang Tarno kanthi panyawang kebak pangancam. Tarno malah mesem, ana sing lucu. Ora wedi marang panyawang kebak ancaman kaya ngono.

"Nuwun sewu Pak Lurah, kok sampun keraya-raya dumugi papan mriki," kandhane Tarno isih mbuwang esem, nalika nyawang pawongan telu kang tansah nyawang kebak pangancam kuwi.

"Aku mung pengin ngobrol karo Kang Tarno wae..."

sengaja tembunge dibangetake. Karo ngguyu. Sajak ora ngrewes marang pawongan telu kuwi,

"Menawi badhe ngobrol kaliyan kula, mangga sami lenggahan wonten mriki. Sinambi nyawang sawah ingkang resep. Pari ingkang kuning, sekedhap malih sampun panen. Krasa kepenak ana mata. Niku menawi kersa Iho! Teng suketan, kebak lendhut...hehe," Tarno

Pak Lurah terus lungguh. Njejeri Tarno. Priyayi loro nyandhang necis, kanthi wigah-wigih, uga terus melu lungguh. Nglemprak ana suketan. Sanajan lungguhe ora jenjem. Kardi bingung. Pawongan telu tetep ngadeg. Sikap waspada. Tanpa esem.

Saka kadohan, ana gumuk, uwonguwong dhusun Margoluwih kanthi sesidheman padha ndingkik. Ana rasa wasa-was sumelang.

"Pak Lurah...."

wae, Kang!"

"Samenika harak sampun dados Lurah Gemahripah. Mangkih mboten hormat...Kepala Dhesa, je...he..he..." Tarno nggleges. Sajak ngece.

"Sakarepmu, Kang! Ancasku mrene iki...."

"Kula sampun mangertos. Bab kula mboten nate dugi wonten patemon lan rapat teng balai desa ta...hehe. Arah tujuwan pun jelas! Sawah lan tegalan dhusun niki bakal dados perumahan elit ta?,"Tarno kanthi cablaka." Harak ngaten ta Bapak-bapak yang terhormat?"

"Aku Hartoyo, iki kancaku Sugiharto," ujare priyayi necis jeneng Hartoyo, karo nyalami Tarno, sanajan rada ora kepenak atine. Uga ora jenjem lungguh ana suketan. Mbok menawa durung nate lungguh ana papan kaya ngono kuwi. Nanging atine nyapih,

supaya bisa tekan tujuwane. Sanajan sandhangan necis kudu reged, kena lemah sawah.

Kardi menyat. Rumangsa ora kepenak ana papan kuwi.

"Arep nyang ngendi mas Kardi?" Budi pitakon.

"Lungguh wae, Kardi. Ben ngerti apa kang bakal dumadi," sambunge Tarno.

Kardi nuli lungguh maneh. Kanthi rasa bingung. Ora ngerti kudu kepiye. "Sawangen Budi, eh, Pak para warga dhusun

"Sejatine karepe Kang Tarno piye?" pitakone Budi.

"Aku ora arep piye-piye kok, Bud!

Eh, Pak Lurah...hehe. Mung kepengin Pak Lurah bisa nyawang sawah, tegalan warga dhusun Margoluwih lan dhusun Hargobinangun nganggo sandhangan ati lan nurani minangka tani utun," kalem banget pangucape Tarno. Tanpa duwe rasa wedi, sanajan pawongan telu kuwi tansah nyebar wisa pangancam.

"Maaf, Pak Tarno! Apa permeter-e regane isih kurang?" priyayi necis jeneng Hartoyo nrambul.

Tarno nyawang tajem marang Hartoyo. Terus mesem. Esem nyalawadi.

Lurah dhing! Hehe...lemahlemah kae banget subure. Warga kene mung bisa tetanen, ngolah lemah. Ngolah mangsa, kapan nandur pari lan palawija. Ora bisa nandur pengarep-arep sepa lan sepi. Arep digawa menyang ngendi

Margoluwih lan Hargobinangun menawa wis ora duwe sawah lan tegalan? Sawangen kanthi ati kang wening, Bud!" kandhane Tarno maneh, kanthi ulat ora kepenak. Titis marang Budi.

"Karepmu, piye?" Budi miterang.

"Aku ora njaluk apa-apa. Ora njaluk sawah lan tegalanku diregani luwih larang saka wong-wong liyane. Mung aku mikir dawa, terus menyang ngendi uwong-uwong rong dhusun iki samangkone nyambut gawe?" pitakone Tarno marang Budi.

"Kang! Proyek perumahan Elit iki, uga bakal gawe lapangan kerja marang warga Desa Gemahripah. Bisa melu pembangunane..."

"Nek wis rampung proyeke, warga desa terus arep nggarap apa?" pitakone Tarno tatas, nunjem atine Budi.

Budi nyawang Tarno. Ora bisa kumecap.

"Upama nek digawe dalan lan pasar tradisional kanthi lega lan lila bakal tak cul-ake.

Awit bakal gawe gemah ripah papan iki. Ha, nek iki! Mung kanggo perumahan, berarti lemah iku terus mati. Tanduran pari, palawija dadi omah-omah elit, wong desa bakal ora bisa ngrasakke rejane desa iki maneh. Kelangan sawah lan tegalan, uga kelangan wulu wetune. Apa wis tok pikir tenan, Bud?" sepisan maneh Tarno pitakon.

Budi ora bisa kumecap.

"Sanajan gubukku wis diobong karo uwong sing ora tanggung jawab. Dikira aku terus wedi? Piye-piyea wae, aku wis nate ambyur ana perang Timor Timur. Nek mung gelut wae isih kuwat nyangga otot. Aku wis dilatih nalika dadi pasukan khusus, hla kok, arep diancam. Apa perlu nganggo kekuwatan pasukan? Mbok, menawa sanajan aku wis pensiun, ngangkat telpon, tilas anak buahku mesthine isih loyal kok ..."

"Aja tekan semono, Kang..." Budi rada mikir, praupane Tarno sakawit tansah sumringah, saiki malih serius banget.

"Aku pensiun mung pangkat Letkol, isih kelingan ta, Bud?," kandhane Tarno karo ngeget lambe. Karo nyawang Budi kebak rasa jengkel.

Pawongan telu, gagah, dhuwur,

"Bersama? Terus entuk komisi gedhe! Mbok coba delengen sepisan maneh, nganggo atimu. Lair ing papan iki, gedhe lan dadi Lurah ing papan iki. Uripe wargamu mung saka tani...."

"Warga liyane wis sarujuk, lan gelem tandha tangan..."

"Iya,Pak Tarno! Kami gelem nambahi rega sawah lan tegalan panjenengan kanthi rega ping lorone," sambunge priyayi necis jeneng Sugiharto.

"Kanthi tekanan, apa kanthi lega lila?" pitakone Tarno tajem.

Budi, Sugiharto lan Hartoyo ora bisa kumecap. Mung bisa nyawang Tarno.

"He..he...Aku ora arep dadi klilip. Mung wae, menawa aku gelem tandha tangan, ora amarga aku sarujuk. Apa maneh diancam kanthi gubugku diobong barang..hehe. Iki jaman reformasi, wis ora jaman ancam-ancaman. Aku ora wedi marang pangancam. Mung wae, nglegani para warga sing wis gelem tandha tangan, lan, iku luwih akeh katimbang aku. Piye-piyea wae, aku kalah suwara. Lan, luwih becik aku oncat saka desa kelairanku iki. Ora kepengin nyumurupi sawah lan tegalan dijajah karo bangunan-bangunan kang ngedohake rasa gotong-royong. Aku, kalah! Rega lemahku, padha karo warga liyane, ndhak dikira aku mung golek rega dhuwur, ora, Budi. Pak Lurah yang terhormat!" Tarno karo menyat. Terus nyalami Budi, Hartoyo lan Sugiharto.

gedhe methekol, nalika krungu kandhane Tarno, praupane sakawit sangar, saiki terus mbleret.

Dene priyayi loro nyandhang necis, uga rada mengkeret. Tarno nuli mesem.

"Aku nresnani dhusun lan desa iki. Mula aku bali menyang bumi kelairanku iki. Ora urip ana kutha kang wis disedhiani karo kancakancaku nyekel proyek. Tegalanku didegi bangunan semi permanen, kanggo kegiyatan karang taruna. Nggladhi para pemudha lan pemudhi sing mung bisa ngangsu kawruh mung tekan SMP, olah ketrampilan tani lan liyane. Nek, kudu dimbrukke nggih, mangga! Terus arep didekekke ngendi para pemudha, pemudhi mogol kuwi?" sambunge Tarno maneh.

"Aku ngerti, Kang! Nanging iki wis dadi keputusan..."

Tarno terus jumangkah. Ninggalake sawahe. Kardi melu jumangkah. Manukmanuk padha menclok ana parine. Tarno wis ora preduli maneh. Terus jumangkah. Dibarengi karo bubare para warga kang ana gumuk. Bali menyang omahe dhewe-dhewe. Lega. Ora ana kedadean kang ora dikarepake.

Hartoyo, Sugiharto mesem. Esem nggawa rasa kamenangan. Pawongan telu gagah, gedhe, dhuwur, awake methekol uga melu mesem. Sanajan kaku.

Dene Budi, mung bisa nyawang lungane Tarno kanthi panyawang angluh.

Sewulan, rong wulan, setaun, nganti tekan rong taun. Dhusun Margoluwih lan Hargobinangun wis ana owahanowahan. Meh saben omah, padha duwe parabola. Kendharaan rodha loro lan

papat. Pating sliwer ana dalan gang dhusun kuwi. Uga kahanan banget bedane. Omah warga dhusun Margoluwih lan Hargobinangun mung biyasa wae, sanajan wis padha direnovasi. Nanging kalah adoh karo omah-omah kang nembe wae dadi. Sawah lan tegalan kang subur, wis dadi bangunan omah mewah. Gedhe. Magrong-magrong, regane milyaran rupiah, nantang kahanan lan mangsa.

Tarno pancen wis oncat saka dhusun Margoluwih. Omahe didol, bareng karo sawah lan tegalane. Banjur tuku omah, sawah lan tegalan ana desa Margomulyo. Pitung kilometer saka desane. Mung mesem, saben liwat weruh wong-wong dhusune iku mung bisa ndomblong nyawang omah-omah mewah, gedhe magrong-magrong kuwi. Nom-noman ing dhusune dadi Satpam, lan buruh reresik plataran ing perumahan elit kuwi. Wis ora nunggu manuk-manuk emprit sing bakal menclok ana sawahe, lan ora ngarit suket kanggo ingon-ingonane maneh. Wis ora bisa gegojegan ana galengan, lan ngolah sawah, uga tegalane maneh, karo tetembangan rawuhe Dewi Sri.

"Apa sawah lan tegalan kang subur, mung bakal dadi prasasti klawu?," panggresahe Tarno kanthi ati semplah, saben-saben liwat sawah lan tegalan desa kelairane, tansaya suwe, tansaya entek. Dadi omah-omah mewah. Magrong-magrong. Kanthi tembok dhuwur-dhuwur. Minangka tandha, jaman terus lumaku. Kebak rasa cubriya.6

Padhepokan Djagat Djawa, Magelang, September 2015.

Triman Laksana, nulis kanthi basa Jawa lan Indonesia. Tulisane wis nate kapacak ing medhia dhaerah lan nasional. Taun 2012 antuk Penghargaan Sastra untuk Pendidik Nasional saka Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa, Kemendikbud RI. Taun 2015 antuk Penghargaan Sastra Rancage saka Yayasan Kebudayaan Rancage. Manggon ing: Soto Citran. Jln. Raya Borobudur Km1. Citran. Paremono.Mungkid. Magelang 56551.

Dening Ki Widya Wiryatmaja

Esuk, srengenge isih durung nyorotake sunare. Angin sumiyut ing papringan buri omah, swarane ssssssuuuuuuuhhhhhhhh seeeeehhhhhhhhhhhhhh. Sepasang manuk srigunting jogedan ing pang randhu. Miber medhun munggah maneh gentenan.

aka kadohan keprungu swara S cekrikreeeeeeeeeekkkkkkkkk. Ayam alas kluruk swarane mecah esuk kang wening. Dhuh endahe esuk iki, sethithik baka sethithik srengenge mlethek, sunare cumlorot ngangetake awak sing krasa adhem.

Nano, bocah umur rolas taunan iku wis rampung adus. Awit hawane ya pancen adhem tenan, sadurunge adus dheweke nggodhog banyu dhisik. Adus banyu anget ing esuk kang adhem pancen krasa luwih kepenak, saoraorane awake ora ndadak methotholen. Pancen ora saben dina Nano ados banyu anget, nanging esuk kuwi pancen adhem tenan. Bubar adus banjur dandan lan sarapan.

"Wah, Ibu wis nyiapke sega urap klapa senenganku," ujare Nano.

"Ya, kae segane anget, klapa parute isih enom. Wis ndang sarapan mengko ben ora telat plehe sekolah," ngendikane Ibu.

Sabubare sarapan, Nano matur marang ibune, "Bu kula bidhal rumiyin. Nyuwun pangestu badhe sekolah."

"Ya, ngati-ati kae nyuwun pamit karo Mbah Putri dhisik. Simbah nang lumbung lagi arep nyosoh pari," ngendikane Ibu.

Nano tumuju ing lumbung gabah, ana tumpukan untingan pari ketan sing isih talenan iratan pring apus munthuk kaya gunung. Ing cedhake ana grobog kayu dawa isine gabah. Simbah lagi madhahi gabah saka grobog nganggo tenggok, disuntak ing lesung banjur ditutu nganggo alu. Kulit gabah wiwit pecah, berase methungul, nanging durung resik. Terus ditapeni kareben mrambute pisah saka beras. Bubar kuwin ditutu maneh, ditapeni dipisahake katul karo berase.

"Mbah, kula badhe nyuwun pamit bidhal sekolah rumiyin," ature Nano marang Mbah Putri.

"Ya, sing ngati-ati nang dalan. Mlakune nang pinggir, akeh andhong liwat. Iki Kliwon, dina pasaran," ngendikane Mbah Putri.

"Inggih Mbah nyuwun pangestu," ujare Nano.

"Pak, kula bidhal rumiyin," Nano uga pamit karo Bapak, sing lagi ngekreki blarak saka blungkange. Nano budhal sekolah mlaku. Sekolahane rada adoh, udakara sekilometer saka ngomah.

率率*

Tekan dalan Nano ketemu Mas Argo putrane Pak Dhe Sis, sing sekelas ing kelas enem SD Soropadan, ing tlatah Kecamatan Pringsurat, Kabupaten Temanggung. "Ngga Dhik sareng, ben ana kancane mlaku," ujare Mas Argo.

Ya mengkono iku, yen padha omongomongan, senajan pada umure, padha cilike sakarone padha basa, senajan ora basa mlipis. Ora mung karo Mas Argo, karo Dik Umi putrane Pak Lik Giarto, apa maneh karo Pak Lik, Bu Lik, Pak Dhe, Bu Dhe kabeh pada basa.

Nganti karo Pak Lik, Bu Lik, Pak Dhe, Bu Dhe ora basa, wis mesthi dielikke Bapak. "Karo wong tuwa kudu basa, le matur ora sembarangan," ngono dhawuhe Bapak.

Watara seprapat jam mlaku, bocah loro wis meh tekan sekolah, kancane saya akeh kang ketemu ing dalan. Ana Tardi, Jidin, Wahyudi. Jan, ramene ra karuwan. "E kae Pak Munjiyat wis rawuh, sepedhane dituntun," ujare Tardi.

Bocah-bocah padha rebutan nyalami, "Sugeng enjang Pak Guru." Banjur pada rebutan nggawakke tase Pak Guru. Tas kulit wernane soklat, ana cekelane ing sisih dhuwur. Isine mesthi buku karo pulpen sing ndhuwure ada puterane kango nyedhot mangsi.

Pak Munjiyat wiwit mulang, pelajaran ilmu bumi. Ing papan tulis, Pak Munjiyat nggambar peta Sumatra. Wah tliti banget anggone nggambar, diwiwiti gawe garis kothak-kothak nganggo garisan kayu sing ukurane sakmeteran. Banjur ing kothak-kothak kuwi wiwit digambari nganggo kapur alon-alon, lekak-lekuk, menggak-menggok, banjur dadi peta Sumatra. Pak Munjiyat mundhut kapur werna biru, kanggo nggambar sisih pinggir. "Biru ini lambang untuk laut. Begitu juga sungai. Hijau untuk pegunungan," mengkono ngendikane Pak Guru.

Bocah-bocah nirokke, ing buku gambare. Wiwitane padha, kabeh gawe kothakan kanggo nggambar peta kuwi. Sinambi nggambar Pak Munjiyat karo crita bab Pulo Sumatra. Dingendikakke, pulo kuwi isih duwe alas sing amba banget. Uga ana tlaga sing paling amba sa-Indonesia, jenengan Danau Toba. Pak Munjiyat wiwit nggambar bunderanbunderan. "Ini lambang kota. Ayo siapa tahu ini kota apa saja," Pak Munjiyat pitakon marang para murid karo nuding bunderan-bunderan ing gambar paling pucuk.

"Kula Pak," Nano ngacung.

"Sabang, Banda Aceh, Sigli, Lhok Seumawe, Idi, Langsa, Basitang, Pangkalan Susu, Pangkalan Brandan," ujare Nano kanthi sigrak.

"We Iha, sinau ana ngendi kowe, wong Pak Guru lagi ngajari dina iki," ujare Pak Guru.

"Wonten griya Pak, bapak kula mundhutaken buku Atlas. Kula ningali, lajeng maos nami-nami kitha wonten Provinsi Aceh menika Pak," wangsulane Nano.

"Ya.... ya..... ya. Sapa maneh sing duwe buku Atlas," pitakone Pak Munjiyat. Ora ana sing wangsulan. "Ya, yen kepingin sinau ilmu bumi, bab peta Indonesia bisa dolan nang nggon Nano. Oleh ta kancamu sinau nang omahmu?" Pak Munjiyat ndangu.

"Pikantuk Pak, malah remen menawi kanca-kanca purun dolan dhateng griya kula," wangsulane Nano.

"Sesuk ya No, jeruke ngarep omahmu wis dha mateng ta. Sesuk aku dolan nang omahmu sinau ilmu bumi," ujare Wahyudi.

"Walah, nek Yudi ra arep sinau, padune mung arep ngrampet jeruke wae," cluluke Parminah. Bocah sak kelas

ngguyu nyekakak. Dumadakan keprungu swara theng theng theng......

"Wis, ayo ngaso dhisik, padha metuwa saka kelas. Mengko yen wis theng maneh mlebu kanthi tertib," dhawuhe Pak Guru. Bocah-bocah manut, rebutan metu saka kelas. Ana sing terus menyang kakus, ana sing mlayu menyang kebon buri sekolahan, ana sing playon ing lapangan.

Theng.... Thengggg .... Thenggggg. Bel wis muni maneh, bocah-bocah mlebu. Pak Guru dhawuh bukan buku "berhitung", nyocokake PR sing didhawuhke wingi. Garapan banjur diijol-ijolke karo kancane, dioperke manengen kanthi itungan ping lima, ditliti berbarengan. Bocah-bocah wiwit nliti garapane kancane karo tulisane Pak Guru ing papan tulis. Bubar kuwi Pak Guru mubeng karo mbiji ngagem pulpene.

Angger bar mbiji, tulisan angka sing mangsine isih teles kuwi narik kawigatene bocah-bocah. Biji nganggo mangsi sing isih teles iku banjir ditempelake ing pipi, ngecap angka pitu, wolu, ana sing enem, kepara papat. Rame banget.

Nano oleh biji pitu, nempel ing pipine Puji sing parabane Gendus. Puji bocahe lucu, mamerke cap mangsi ing pipine. Bocah-bocah gumuyu.

"Wis.... wis. Kok malah padha rame," ngendikane Pak Guru karo mundhut kapur. Jebul kapur iku banjur ditempelake ing buku sing tilas dibiji, supaya mangsine nyerep ing kapur lan ora padha ditempelake pipi.

Wis, pasinaon dina iki semene dhisik, diterusake sesuk. Ayo padha nembang bareng sadurunge pada mulih.

Pitik walik jambul

Sega golong mambu enthong Mangga sami kondur Weteng kula sampun kothong Enake enak Sega liwet jangan terong Enake enak Sega liwet jangan terong

Ra suwe keprungu swara theng... theng ... theng..... Iki tanda pasinaon ing dina iku rampung. Bocah-bocah ngaturake urmat marang Pak Guru, banjur rebutan metu. Ing dalan bocahbocah isih ana sing karo tembangan Pitik walik jambul, sega golong mambu enthong, mangga sami kondur, weteng kula sampun kothong ….......

"We Iha, sinau ana ngendi kowe, wong Pak Guru lagi ngajari dina iki," ujare Pak Guru.

Basa Jawa Perlu "Marketing"

Dening: Widiyartono R

Ngrembug bab basa Jawa kaya-kaya ra bakal ana enteke. Taun wolung puluhan, Prof. Dr. Sunardji saka FPBS IKIP Semarang ngendika, "Basa Jawa Bakal Mati".

ing nanggepi pangandikan kuwi jan akeh banget. Lan, S umume akeh sing ora sarujuk karo panemune. Akeh sing padha ngomong yen basa Jawa ora bakal mati, merga sing nganggo basa kuwi cacahe akeh banget.

Nanging sanyatane, senajan basa Jawa isih akeh sing migunakake, nanging basa sing dienggo wis mosak-masik ra karuwan. Tembung sing dinggo wis akeh sing ora bener, unggahungguh dilalekake, tata-tulis utawa ejaan ora digatekake. Dadi bener, basa Jawa pancen isih urip, nanging uripe jan-jane ora karu-karuwan.

Aku percaya yen Prof. Sunardji ora nakyinake yen basa Jawa bakal mati. Nanging, piyambake kuwi ngemutake marang sok sapaa wae, supaya eling. Eling awake dhewe wong Jawa iki duwe basa sing kudu diopeni, dilestarekake, dingrembakakake. Mula banjur taun 1991 ing Semarang

dianakake Kongres Bahasa Jawa I sing dibukak dening Presiden Soeharto.

Limang taun sepisan terus dianakake Kongres Bahasa Jawa, kang pungkasan taun 2011 ing Surabaya. Ana sing nganggep menawa Kongres Bahasa Jawa kuwi mung ngentek-entekke dhuwit, isine mung kangenkangenan pada pandhemen basa Jawa. Ya, panemu kaya mengkono kuwi sah-sah wae. Nanging yen diematke temenan, kongres sing wis diwiwiti 25 taun kepungkur kuwi mesthi ana gunane, ana mupangate.

Nguripake maneh basa Jawa sing wis kadung dilalekake wiwit taun 1976, nalika Menteri Pendidikan Sjarif Thajeb ngilangi pelajaran basa Jawa ana ing sekolahan, pancen ya abot temenan. Dadi upaya lan reka daya kanggo ngelingake maneh marang sok sapaa supaya padha nguripake lan ngrembakake basa Jawa pancen kudu dilakoni. Para penunggul ing basa Jawa ora kemba anggone ngreka daya supaya basa iki tetep kopen.

Basa Jawa Nggo Ngapa?

"Sinau basa Jawa kuwi dingo ngapa?" Pitakon kan mengkono kuwi bisa wae kawetu. Malah ana unenunen, guyonan, kepara malah sinisme mengkene. "Yen kepingin gampang golek gaweyan, becik nyinau basa Inggris. Yen kepingin bisnise lancar, sinau basa Mandarin. Yen kepingin munggah swarga sinau basa Arab. Rasah nyinau basa Jawa, ora bakal oleh apa-apa".

Coba rak nyengit banget to unen-unen kuwi. Bisa wae dijawab, yen nyinau basa Jawa bocah-bocah dadi ngerti unggah-ungguh, ngajeni wong tuwa. Nanging, para wong tuwa sing pancen wis tipis Jawane ya wangsulan, "Ngerti unggah-ungguh, bisa ngajeni wong tuwa nanging ora marakke sugih."

Lha, ukurane jebul bandha, dhuwit, kesugihan ta. Saiki pancen jamane jaman pragmatis. Kabeh diukur miturut kebutuhan fisik. Duwe gaweyan sing apik, bayare akeh, omahe gedhong magrong-magrong,

tumpakane mobil alus. Kuwi sing dadi target, kuwi sing dianggep sukses. Menawa

simbah-simbah biyen ngarepake putra-wayahe "dadi wong", apa ya ukurane kuwi mau?

Apa "dadi uwong" kuwi tegese sugih, duwe drajat, pangkat, lan semat? Wah, yen jarwane ngono, kok ya mung cethek temen. Ukurane kok mung fisik. Dadi yen bisa urip prasaja, rukun ing paseduluran, asih mring sesami, ajen-ingajenan kuwi "durung dadi uwong" yen durung sugih, pangkate dhuwur, omahe magrongmagrong, mobile alus.

Sajake pancen mengkono. Mula saiki bab-bab nonfisik, bab sing rohani rada kurang digatekake. Kabudayan kang dadi gegemane urip dilalekake. Ing sajrone sistem kabudayaane Kuntjaraningrat watara liya kasebut bab kapracayan (agama, kapracayan mring Gusti), kekerabatan, basa, lan sapanunggalane. Sing wis akeh dilalekake ya umpamane basa kuwi. Basa Jawa wis ora kudu disinau, amarga wis dianggep kuna, ora nut karo kemajuan jaman, marakke ngrendheti pembangunan, lan alesan liyane.

Nanging sing padha duwe lan nyekel serta nemtokake kebijakan ing pamarentahan sajake ora padha paham, apa malah emoh paham. Coba ta, Jepang kae majune kaya ngapa, nanging kabudayan kepara basane tetep diopeni. Mengkono uga Korea Selatan sing ora ninggal kabudayane senadyan wis dadi negara industri kang gedhe. Coba ta, yen padha mirsani ing Jepang utawa Korea, tulisan-tulisan ing panggonan umum nganggo tulisan Kanji. Dheweke duwe "kepercayaan diri" sing gedhe. Ora kuwatir yen tulisane ora diwaca, pokoke kudu dipasang.

Beda karo awake dhewe, ing bandara tulisan basa Inggris departure lan arrival gedhe banget. Mangka yen ditambahi tulisan Jawa "karawuhan" lan "kabidhalan" marakake "ngantheng". Wong bakal pingin ngerti tulisan apa kuwi, lan apa tegese. Lha malah sing uwis, jamane Pak Ismail ngasta dadi Lurah Jawa Tengah biyen, jeneng dalan ing Semarang (paling ora) ditambahi nganggo tulisan Jawa.

Saiki pancen jamane jaman pragmatis. Kabeh diukur miturut kebutuhan fisik. Duwe gaweyan sing apik, bayare akeh, omahe gedhong magrong-magrong, tumpakane mobil alus. Kuwi sing dadi target, kuwi sing dianggep sukses.

Nanging bareng gubernure ganti, kabeh tulisan mau dibusak. Jawa dianggep ora penting, Jawa dipunthes, dilalekake. Untunge jaman Pak Mardiyanto ngasta gubernur, budaya lan basa Jawa kaparingan kawigaten maneh. Ing jamane Pak Mardiyanto uga, Kongres Basa Jawa kaanakake maneh ing Semarang.

Ing jamane Pak Mardiyanto uga banjur ditetepake, basa Jawa dadi "mata pelajaran" ing SD nganti SMA. Nganti saiki Pak Mardiyanto, sanadyan wis orang ngasta dadi gubernur, isih kersa ngopeni basal an budaya Jawa lumantar Yayasan Studi Bahasa Jawa Kanthil.

Jamane Pak Bibit Waluyo dadi gubernur, ana owahowahan, ngarep kantor gubernuran ditambahi tulisan "Ayo mbangun Jawa Tengah" nganggo aksara Jawa. Nanging tau klreu, tulisan ing sisih lor salah masang pasangan "ja" sing kuwalik karo pasangan "ba", yen diwaca tulisane muni "ayo amjangun bawa tengah". Senadyan rasa telat, aku ngonangi, banjur tak dadekake berita ing koran Wawasan karo potrete barang. Bubar kuwi disuwunake tanggepan saka pak Bibit, lan panjenengane langsung dhawuh, "Yen luput ya dibenerake". Saiki wis bener.

Jamane Pak Ganjar Pranowo, saiki, basa Jawa wajib digunakake ing instansi pamarentah saben dina Kemis. Komunikasi pegawe siji karo sijine padha migunakake basa Jawa. Mengkono uga sambutan-sambutan ana ing upacara, kepara malah sidhang-sidhang ing DPRD, lan rapat-rapat dinas.

Bali maneh marang unen-unen sinis bab basa Jawa sing ora marakke sugih kuwi, mula saiki pancen dipikirake, piye carane wong apa maneh kanggo

para mudha, supaya padha eling lan bali nyinau lan nganggo maneh basa Jawa. Kudu ana iming-iming kanggo sok sapaa sing nyinau basa Jawa.

Pancen nalika Pak Mardiyanto gawe keputusan basa Jawa diwulangake ing sekolah, banjur perguruan tinggi sing duwe program studi basa Jawa dadi akeh mahasiswa sing ndhaftar. Nanging, apa ya bener banjur para calon guru lusan program basa Jawa otomatis dha diangkat dadi guru? Sajake ya ora.

Yen saiki basa Jawa uga disinau ing pawiyatanpawiyan negara manca, iki bisa dadi iming-iming. Mengko lulusan program studi basa Jawa bisa mulang basa Jawa ing Australia, Amerika, lan liya-liyane. Nanging, iki ya during bisa dadi iming-iming sing narik kawigaten. Kudu dipikirake dening para ahli pendidikan, mirunggan bab basa Jawa, supaya piye carane bisa daya "daya tarik".

Paling ora, ing sekolahan-sekolahan, pelajaran basa Jawa ora dadi momok, kepara malah nyenengake. Yen bocah wis seneng, rak luwih gampang anggone mulang. Kejaba kuwi, guru-gurune kudu disiyapake sing duwe kompetensi basa Jawa sing tenanan. Nuwun sewu yen aku duwe panganggep, guru basa Jawa sing saiki, kompetensi ilmu bahasa Jawane pancen apik, nanging kompetensi basa Jawane sing mrihatinake. Lha kadhang unggah-ungguh ora paham, apa maneh bab tata tulis. Lha, ini sing perlu didandani.

Banjur sing utama maneh ya wong tuwa. Yen wong tuwa ing ngomah anggone komunikasi karo putraputrane nganggo basa Jawa, mesthi ora ndadekake kagete boocah nalika ing sekolah ketemu pelajaran basa Jawa. Iki pancen abot, merga wong tuwa saiki ya wis akeh sing ora paham basa Jawa. Mula, pancen isih akeh sing kudu dilakoni kanggo masarake basa Jawa supaya disenengi maneh, dienggo maneh, diopeni maneh.

Kudu dieling, yen basa Jawa ilang, ketoprak ya ilang, wayang ya ilang, geguritan, cerkak ya ilang. Apa kita eklas kelangan kabeh mau? Mula basa Jawa pancen perlu marketing.

Widiyartono R, wartawan senior, pandhemen basa lan budaya Jawa.

PILAHAN BASA Ngoko Lan Krama

Setyaji Hartata

Unggahungguh Basa

nggah-ungguh basa yaiku undha-usuking basa utawa U trap-trapaning basa. Sajatine undha-usuk basa ana pirang-pirang perangan, nanging mligi kanggo wulangan para siswa pendidikan dasar lan menengah kang kajumbuhake klawan kurikulum lan buku-buku pelajaran ana ing pamulangan utawa sekolah-sekolah, cukup kawedharake bakune, yaiku : basa ngoko lan basa krama. Basa ngoko kaperang dadi loro, yaiku ngoko lugu lan ngoko alus. Dene basa krama uga kaperang dadi loro, yaiku basa krama lugu lan basa krama alus.

Murih gamblange babagan unggah-ungguh basa kababar ana ing ngisor iki.

Basa Ngoko

Basa ngoko yaiku unggah-ungguh basa kang inti tetembungane awujud tembung-tembung ngoko. Imbuhan sing digunakake uga imbuhan ngoko, umpamane ater-ater di-, panambang e, lan panambang ake. Basa ngoko kaperang dadi loro, yaiku ngoko lugu utawa ngoko lumrah lan ngoko alus.

Basa Ngoko Lugu utawa basa Ngoko Lumrah

Basa ngoko lugu utawa ngoko lumrah kerep mung sinebut basa ngoko, yaiku ungaah-ungguh basa Jawa kang kabeh tembunge awujud tembung ngoko lan netral tanpa kacampuran tembung krama, krama inggil, utawa krama andhap.

Basa ngoko lugu digunakake menawa:

1) sing guneman lan sing diajak guneman sadrajat tur raket-supeket (akrab) pasrawungane, lumrahe digunakake dening bocah-bocah, ing antarane kanca, utawa pawongan kang saumuran (meh padha umure);

2) sing guneman luwih dhuwur drajate, umpamane luwih dhuwur pangkate, priyayi, utawa luwih tuwa tinimbang sing dijak guneman;

3) pinuju crita awujud andharan;

4) pinuju ngunandika, yaiku ngudarasa utawa ngomong karo awake dhewe.

Ing ngisor iki conto-contone ukara kang migunakake basa ngoko lugu utawa ngoko lumrah.

- Aku arep lunga menyang Jakarta.

- Dheweke mangan bakso.

- Apa kowe wis sarapan, Le?

- Wit-witan gedhe ing pinggir dalan akeh sing ditegor.

- Saiki warga Desa Polan wis ngrasakake padhange listrik.

- Yen wis rampung anggonmu sinau, enggal turua, Ndhuk!

Basa Ngoko Alus

Basa ngoko alus yaiku basa kang dumadi saka tembung ngoko kang dikantheni (dicampur karo) tembung-tembung krama inggil, krama andhap, utawa krama. Tembung krama inggil, krama andhap, apadene krama kuwi mau digunakake kanggo ngurmati marang wong kang dijak guneman utawa wong kang dicritakake.

Basa ngoko alus digunakake menawa :

1) sing dijak guneman drajate luwih dhuwur utawa luwih tuwa umure, nanging raket-supeket pasrawungane.

2) pinuju nyritakake wong kang drajate luwih dhuwur, umpamane pangkat luwih dhuwur, utawa luwih tuwa, saperlu ngurmati marang wong kang dicritakake.

Ing ngisor iki contone ukara kang migunakake basa ngoko alus.

Bapak lagi maos koran neng kamar.

Mbak, panjenengan mengko sore sida arep ngejak aku blanja apa ora?

Simbah mengko sore tindak menyang Klaten karo sapa?

Nhuk, jamu iki diaturake Bapak dhisik, ben enggal diunjuk!

Mbak, yen sesuk sida mulih neng Sragen aku disuwunake dhuwit marang ibu, ya!

Basa Krama

asa krama yaiku unggah-ungguh basa kanginti B tetembungan kang digunakake awujud tembung krama. Imbuhan kang digunakake uga awujud imbuhan krama, umpamane ater-ater dipun-, panambang ipun, lan panambang aken. Basa krama kaperang dadi loro, yaiku krama lugu lan krama alus.

Basa Krama Lugu

Basa krama lugu beda karo basa ngoko lugu. Menawa basa ngoko lugu tetembungan kang digunakake kabeh awujud tembung ngoko, dene basa krama lugu ora ateges kabeh tetembungane awujud tembung krama. Ananging, menawa katilik saka tembung-tembung sing digunakake, basa krama lugu tembung-tembung sing digunakake awujud tembung krama, madya, netral, lan bisa ditambah tembung krama inggil atau krama andhap. Tembung krama inggil utawa krama andhap digunakake kanggo ngurmati wong sing dijak guneman.

Basa krama lugu digunakake menawa mangkene iki.

1) sing guneman lan sing dijak guneman sadrajat nanging durung raket-supeket pasrawungane, bisa uga durung tau tepung utawa durung kenal, saperlu ngurmati marang wong sing dijak guneman;

2) sing guneman luwih dhuwur drajate utawa luwih dhuwur pangkate tinimbang sing dijak guneman, nanging sing dijak guneman luwih pantes lan wajib dikurmati, upamane luwih tuwa utawa dituwakake;

3) sing guneman luwih tuwa tinimbang sing dijak guneman, nanging sing dijak guneman luwih dhuwur drajade utawa pantes dikurmati, upamane luwih dhuwur pangkate, utawa priyayi;

4) pinuju ngandharake/ nyritakake wong kang rada dhuwur drajate utawa umure nanging kaceke ora adoh banget.

Ing ngisor iki conto-contone ukara kang migunakake basa krama lugu

Wilujeng dhatengipun wonten ing kitha Semarang ngriki!

Sakniki nek kita boten ngatos-atos ngecakke arta saged kejeglong, Mas.

Angsal kula pesen kripik bayem ten nggene Mbokdhe Raminah.

Mas, njenengan wau dipadosi Ibu, Iho!

Yen purun, sampeyan mengke kula teraken pijet teng Mbah Soma.

Yen njenengan boten kawratan, tulung gawan kula niki mangandhapke, nggih!

Basa Krama Alus

Basa krama alus yaiku unggah-ungguh basa Jawa kang kabeh tembung-tembunge awujud tembung krama lan bisa kawuwuhan tembung krama inggil utawa krama andhap. Ing basa krama alus ora ana tembung ngoko utawa madya.

1) sing guneman durung tau tepung utawa durung kenal karo sing dijak guneman lan sing dijak guneman luwih dhuwur drajate utawa luwih tuwa umure;

Basa krama alus digunakake menawa :

dhuwur drajate utawa luwih tuwa umure, saperlu luwih ngajeni marang wong kang dicritakake mau.

2) sing dijak guneman cetha yen luwih dhuwur drajate, dhuwur pangkate, utawa luwih tuwa umure kang pantes utawa wajib dikurmati;

3) pinuju ngandharake/nyritakake wong kang luwih

Ing ngisor iki conto-contone ukara kang migunakake basa krama alus.

Sugeng rawuhipun wonten ing Kitha Semarang mriki! Sapunika menawi kita boten ngatos-atos ngecakaken arta saged kejeglong, Mas!

Anggen kula pesen kripik bayem wonten panggenanipun Mbokdhe Raminah.

Mas, kala wau panjenengan dipunpadosi Ibu.

Menawi kersa, panjenengan mangke kula dherekaken pijet dhateng Mbah Soma.

Menawi panjenengan boten kawratan, nyuwun tulung bektan kula menika panjenengan andhapaken, nggih!

Sajatine undha-usuk basa ana pirang-pirang perangan, nanging mligi kanggo wulangan para siswa pendidikan dasar lan menengah kang kajumbuhake klawan kurikulum lan bukubuku pelajaran ana ing pamulangan utawa sekolahsekolah, cukup kawedharake

bakune, yaiku : basa ngoko lan basa krama.

Relief ii Candi Suki

Candhi Cetho

Misteri Ing Gegere Gunung Lawu

Gapura gerbang Candi Cetho

Sawise ngliwati dalan sing kebak tikungan lan sengkan utawa tanjakan ing gegere Gunung Lawu, lan mandeng endahe kebon tehe sing ijo nyegerake sesawangan, banjur tekan ing Cetho.

aladan ing1.470 meter saka permukaan laut iku, hawane jan krasa seger temenan. Apa maneh grapyake warga desa sing methuk para tamu kan pada teka ing Candi Cetho.

Ya, Candi Cetha ana ing laladan Desa Gumeng, Kecamatan Jenawi, Kabupaten Karanganyar. Mlebu laladan iki, nuansa Bali banget bisa dirasakake. Para tamu dipethukake kanthi prosesi ritual penyembahan kan ditindakake dening para sedulur Umat Hindu.

Perlu dimangerteni, pedhukuhan ing Cetho, miturut katrangan kecacah meh 100 persen wargane ngrasuk agama Hindu. Nanging ya cetha yen ana bedane antara Hindu Bali lan Hindu ing tanah Jawa. Ing Bali, akeh ditemokake patung

Candi Sukuh

patung dewa, nanging ing tanah awa kang pinuja dening para umat iku arupa simbol-simbol.

Karanganyar nduweni candi loro sing fenomenal, yaiku Candhi Sukuh lan Candhi Cetho. Candhi Sukuh disebut candhi wadon lan Candhi Cetho dadi candhi lanange. Disebut mengkono amarga, ing Sukuh ana relief sing nggambarake alat kelamin wadon, sing wujude mlaha. Lan ing Cetho suwalike, simbol alat kelamin lanang wujud reca sing jan cetha jibles.

Napaki undhak-undhakan nuju puncaking Candhi, wisatawan bakal nemoni relief alat kelamin lanang karo wadon nglambangake saresmi Miturut Haryono, pensiunan Dinas Pariwisata Karanganyar, relief iki arupa simbol yen saresmi iku ora mung sacara fisik, nanging uga jangkep ing antarane raga, roh, lan jiwa. "Saka kuwi bakal bisa dirasakake temenan kanugrahan paringane Gusti," ujare Haryono.

Kahanane Candhi Cetho dhewe wis narik kawigaten. Panggonane ana ing papan kang dhuwur, lan yen munggah kudu napaki undhak-undhakan sing akehe puluhan, tur neter meh jejeg.

Dewi Saraswati

Kang uga narik kawigaten ing papan iki yaiku, anane patung Dewi Saraswati, yaiku Dewi tumraping kawruh (Dewi Ilmu Pengetahuan) ing kompleks candhi. Patung ini asile lobi (manten) Bupati Karanganyar Rina Iriani Sri Ratnaningsih marang Bupati Gianyar, Bali kala semana. Sabanjure Bupati Gianyar A.A.Gde Agung Bharata paring patung Dewi Saraswati kuwi, lan langsung digawa saka Gianyar nganti dipajang ing kompleks Candi Cetho.

Nganti saiki, patung iku dadi daya tarik sing gedhe tumrap Candi Cetho. Wisatawan kepingin teka mrana, kejaba nonton kaendahane Candhi Cetho lan alam sing asri, uga merga ana patung Dewi Saraswati iku. Orang mung wisatawan saka lokal wae, nanging kepara tamu saka Bali uga akeh kang pada teka mrono, lan nindakake pamujan ing kono.

Nate dicritakake dening manten Kepala Dinas Pariwisata Karanganyar, Joko Suyanto, nalika semana Menteri Kebudayaan dan Pariwisata Jero Wacik, sing pancen asli Bali, rawuh ing kono dikancani pedhandhe (pandhita Hindu) loro. Ana misteri aneh kang ditemoni.

Pak Joko Suyanto sing wektu iku melu ing ritual sembahyang bareng, rumangsa nemoni gambaran kang aneh. Wektu kuwi, ana kaya dene penampakan sirah lan pupu wong kobong. "Kawula sedaya sami mbatos, pralambang menapa menika? Jebul seminggu sasampunipun kedadosan musibah bom Bali ingkang kaping kalih," ngono critane Pak Joko.

Mengkono uga nalika kedadeyan bom ing Kuningan, Jakarta. Sadurunge kedadeyan, wong-wong kang padha sembahyangan ing kono weruh penampakan ana getih lambah-lambah sing suwe-suwe rupane malih dadi kuning. "Mboten dangu sasampunipun lajeng kedadosan bom Kuningan," tuture Pak Joko.

Bab kang krasa aneh uga dialami penulis, nalika wektu iku ngayahi tugas dadi juri lomba manajemen pariwisata tingkat Provinsi Jateng. Pak Haryono, sing wektu kuwi isih dhines ing Dinas Pariwisata Karanganyar dadi pemandu. Pancen, nalika juri teka ing kono, dipethukake kanthi upacara ritual. Sabubare kuwi, Pak Haryono ngaturi supaya tim juri lan rombongan saka Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Jateng padha suryan, utawa raup ing sendang kang ana ing kompleks kono.

Sabubare padha raup, Pak Haryono ngendika, yen bubar raup banjur padha ndedonga, nenuwun marang Gusti. Nalika padha rampung ndedonga, dumadakan angin sumiyut. Kangmangka, maune ora ana tandha

apa-apa. Sumiyute ya mung sedhela banget, banjur ora ana angin maneh. "Menika pratandha sae, donga Panjenengan sami sampun dipun tampi dening Gusti," kandhane Pak Haryono.

Ya, ngene iki kahanan sing ditemoni penulis nalika dolan mrana. Candhi Cetho kabangun ing mangsa surute Kraton Majapait, ing abad kaping 15. Nalika kraton runtuh, wargane kocarkacir. Ana sing mlayu menyang Bali, lan sawatara padha mlayu menyang Gunung Lawu, kalebu Prabu Brawijaya V.

Wong-wong sing padha mlayu saka Majapait iku banjur mbangun candhi kanthi kebebasan sing luar biasa. Yen candi-candi liyane pralambang kesuburan digambarake kanthi wujud lingga-yoni, iki diwujudake kanthi luwih cetha. Ing Candhi Sukuh ana relief wujud alat kelamin wong wadon, lan ing Candhi Cetho kanthi reca wujud alat kelamin-e wong lanang.

Kandhutan sejarah sing gedhe iku ndadekake candhi saya kasengkuyung dadi objek wisata, sing diparani wong saka ngendi-ngendi papan. Patung Dewi Saraswati kang dipajang ing kompleks kono, saya dadi daya tarik sing luwih gedhe.

Kanggone Kabupaten Karanganyar, anane Candhi Cetho iki saya ngumpliti destinasi wisata ing tlatah Gunung Lawu sisih kulon iki. Karanganyar duwe Grojogan Sewu ing Tawangmangu, Curug Jumog, Curug Ijo, durung maneh kaendahane Candhi Sukuh, Gunung Lawu, lan liya-liyane.

Mula, sok sapaa sing kepingin mbuktekake yen ana patung-patung lan relief "saru" ing Candhi Sukuh lan Candhi Cetho, ayo ndang rawuha mrana. Tenang, endah, aneh, unik.

Bathik Tegalan, Local Heritage

Dening: Jalil Assodiq

Bathik wis dadi salah sijine local heritage masarakat Indonesia. Bathik beh bisa didadekena buktine budhaya asli awake dhewek. Ora klalen, Tegal beh nduwe bathik sing moncer dikenal wong maring ngendiendi bae.

ahan bathik sekang Tegal utawa B kerep dikenal Bathik Tegalan saikine lewih populer tur digandrungi. Kanyatan kiye beh ora bisa ucul sekang usahane Dinas Koperasi dan UMKM Kabupaten Tegal sing terus nyurung majokena usaha bathik maring Tegal. Angger dideleng saka motip karo corake, bathik tegal kiye nduwe motip karo corak sing ora kalah dibandhingna karo bathik Pekalongan, bathik Solo, utawa bathik Jogja.

Bathik tegalan kiye moncer sebabe nduwe motip bathik klasik, yakuwe motip sing lewih tegas sing ndudohena karaktere wong pesisiran. Bathik tegalan nduwe motip sing mandan padha karo bathik Medura. Kiye bisa dideleng saka motip sing tegas tur cetha. Tapi, bathik tegalan kiye lewih luwes ning ukiran canthinge. Sing didadekena pewarna batik tulis tegal yakuwe pewarna sing alami. Bathik tegalan nganggokena pewarna alami

sekang kayu soga, pace, karo nila.

Angger dideleng sekang sejarahe, bathik tulis tegal dipengaruhi dening Kerajaan Mataram, yakuwe wektu mlayune Raja Amangkurat I (Sunan Amangkurat Mas sekang Karaton Kasunanan Surakarta) maring Tegal Arum. Wektu kuwe Raja Amangkurat I beh nggawa wong-wonge sing padha melu setia maring dheweke. Wong-wong sing padha melu kuwe ana

Batik tulis klasik Tegal mulai dadi primadona sing tukang mbathik. Perkembangane bathik ning Tegal dadi apik tur moncer sebabe ana sekolahan sing khusus ngajarena mbathik, yakuwe "Sekolah Kepandaian Putri". Sekolah kuwe diadegena wektu taun 1914 daning R. A. Kardinah, yakuwe bojone Bupati Tegal, R. M. Sajitno Reksonegoro IX sing njabat antarane taun 1908 anjog taun 1936.

Motif Klasik lan Perkembangan

Umume, motipe bathik tegal dibedakena dadi loro, yakuwe motip klasik karo motip pengembangan. Bathik tegalan motip klasik dibagi maning dadi loro, yakuwe motip irengan karo motip bangjo. Motip irengan nganggokena warna coklat, biru karo warna ireng. Gambar motipe, yakuwe kembang cempaka putih, cempaka mulya, semut runtung, ukel pyur, putihan, sawat candra utawa sawat ireng, gibrikan, jahe-jahenan, kawung melinjo, kawung endhog, buntat, manggaran, sidamukti putihan, sidamukti ukel, ukel wit-witan, udan liris, kecubung, welut gumbel, rujak senthe, parang angkik, parang, karo motip kopi pecah. Ana maning motip bangjo sing lewih keminclong warnane. Motip kiye nganggokena warna abang, kuning, coklat, biru, karo warna ijo. Gambar motipe biasane semut runtung, beras mawur, cecek kawe, unian, sokaraja, blarakan, tumbar bolong, tambangan, buntut bajing, galaran, kopi pecah, kawung jenggot, jamblangan, karo motip wadhas gempal.

Seliyane motip klasik, bathik tegalan beh nduwe motip pengembangan sing dipengaruhi dening motip-motipe dhaerah liyane. Tapi, bathik khas tegalan esih nganggokena pakem-pakem sing ana ning alame Tegal, yakuwe motip flora-fauna. Motip pengembangan, yakuwe kembang kertas, kawung mlinjo, kawung ece, gedhong kosong, manuk emprit, manuk

Motif batik Tegalan biasane riyel lan dikebaki warna cokelat utawa biru

Batik Tegalan tema flora lan fauna

surwiti, sotong, cecek ngawe, blarak saleret, kembang pacar, kipas-kipasan, manggaran, mayang jambe, galaran, grandhil, semut runtung, beras wutah, semut runtung, karo motip kawung kecik.

Kuwe mau inpormasi sethithik sing njabarna bathik tegalan. Kuwe dadi tandhane budhaya Tegal sing sugih tur kreatip. Mbokan arep maring Tegal aja klalen tuku bathik tegalan kanggo oleholeh keluwarga beh kanca bature ben bisa eling bae maring Tegal sing keminclong.

Kagem nambah bobot Majalah Swaratama, sumangga sami nyerat kritik, uneguneg lan sedaya pangarep-arep, dipun kentun kemawon wonten alamat e-mail: [email protected]. Serat ingkang saged kapacak bakal pikantuk bebungah arupi gift menarik. Red.

Ndherek Bingah

Kula mireng yen badhe wonten kalawarti Jawi enggal ingkang mijil ing Semarang. Wah, kula mongkog sanget. Amargi, Jawi Tengah minangka punjering basa lan budaya Jawi ngantos sepriki mboten gadhah kalawari basa Jawi ingkang pinunjul.

Mugi-mugi, majalah basa Jawi SWARATAMA saged ngiseni kosongipun media basa Jawi ing Jawi Tengah. Kula kinten, amargi terbit ing Semarang utawi Jawi Tengah, mila wartoswartospun mesthi kathah ngengingi bab Jawi Tengah. Umpaminipun bab even kebudayaan, kesenian, lan ugi objek-objek wisata.

Mugi kalawarti SWARATAMA saged langeng, terbit rutin, lan migunani tumrap

swaratama lan Krama GEGURITA BANYUMASAN "MUNG "HANACARAKA"

para pandhemen basa lan budaya Jawi. Kula ndherek bingah, lan atur salut kagem Balai Bahasa Jawi Tengah ingkang sampun nerbitaken majalah menika.

Ari Sandy

Ds. Soropadan, Pringsurat, Temanggung

Pangajeg-ajeng ingkang sangat migunani, ndherek bingah lan nyuwun pangestu. red.

Aja Mung Tulisan sing Ndakik-ndakik

Aku bungah banget, dene ana majalah basa Jawa sing diterbitake dening Balai Bahasa Jawa Tengah. Majalah Swaratama iki, kaajab muga bisa aweh kawruh bab basa lan budaya Jawa kanggo warga Jawa Tengah, mirunggane, lan kanggo para pandhemen basal an budaya Jawa.

Aku uga duwe pangajab, muga majalah iki bisa kanggo sinau sok sapaa wae, bab kawruh basa lan budaya Jawa. Aku duwe pangarep, majalah iki isine ora mung artikel utawa tulisan-tulisan bab budaya lan basa wae, nanging uga kawruh (ilmu pengetahuan) popular, umpamane bab computer, internet, lan liya-liyane. Dadi bocah enom uga kepingin melu maca.

Uga berita-berita sing kedaden ing sakupenge Jawa Tengah, sing ora wayu, mesthine bisa ngiseni kalawarti iki.

Yen isine mung tulisan sing ndakik-ndakik, aku kuwatir mengko bocah enom wegah nyenggol. Salut kanggo Balai Bahasa sing wis nerbitake majalah iki.

Agung Tri Wibowo Penawangan, Kabupaten Grobogan

Usulan iki migunani banget tumrap bobot lan isi Majalah Swaratama ing tembe. Ora ana salahe menawa dicatet lan dirapatake, maturnuwun. red.

Mugi Kenging Kangge Sinau

Kula ndherek bingah dene sampun terbit majalah basa Jawi Swaratama. Menika estu saged kangge ngisi kekosongan media mawi basa Jawi, amargi samenika naming Panjebar Semangat kemawon ingkang taksih gampil dipun padosi. Majalah utawi kalawari basa Jawi sanesipun, senajan taksih wonten, nanging angel dipun padosi.

Mugi majalah enggal menika saged kangge sinau bab basa Jawi, utaminipun kangge lare-lare nem. Kepara malah kangge guru basa Jawi, supados saged nginggahaken kompetensipun bab Basa Jawi.

Mila kula nyuwun, mugi isi majalah menika ing antawisipun bab kawruh basa, kados pundi kedah wawanwicara kaliyan asanes, sae mawi basa ngoko utawi basa krama. Amargi kula rumaos, bilih kathah tiyang, utaminipun lare nem, ingkang sampun mboten paham bab undha-usuk basa Jawi.

Mugi Swaratama tansah sempulur lan migunani tumrap kita sedaya.

Any Martha T Wulandari Jalan Anjasmara I/323 Semarang

Mongkog banget maos pangajab Panjenengan, mugi Majalah Swaratama terbit langgeng lan mugunani tumrap Bangsa.-red.

PANGGUNG

foto: tim majalah swaratama

TARI "JARANAN"KUDUS

rymaing m9 wome 113m mnin guayngy 7mzng 1'3

"Menangijaman edan, ewuh aya ing pambudi, melu edan nora tahan, Yen tan melu anglakoni, boya keduman melik, kaliren wekasanipun. ndilalah kersaning Allah, begja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lan waspada..."