Baca PDF (OCR): Tjariosipoen sendang ing Tawoen

46 halaman · 6 halaman diproses dengan OCR · 3.7 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. UCB
  2. ISINIPOEN SERAT POENIKA .
  3. I. KÉSAH DATENG DOESOEN TAWOEN .
  4. OELAM SALEBETING SENDANG .
  5. BOELOES .
  6. 2. SENDANG ING TAWOEN .
  7. 3. KOEBOERAN SETANA (PLÉMBANGAN ).
  8. 4. KEKÉSAHAN DATENG DOESOEN SÉLAPOERA .
  9. 5. KÉSAH DATENG DOESOEN TAWOEN INGKANG KAPING II .
  10. 6. TJARIJOSIPOEN KIAGENG KETAWOENG , RADEN SINARAWITA , RADÈN LODRADJAJA LAN HASTJARJA .
  11. ΤΑΜΑΤ .

5179 S28 1922 MAIN

PL UC-NRLF T52 B 4 229 019

UCB

SASTRAMINTARDJA SENDANG ING TAWOEN Serie No. 383 Regi f 0.75 TJARIJOSIPOEN ANGGITANIPOEN PDUCRO . UITV .

UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR WEDALAN BALÉ - POESTAKA

Exchange from 11-7-49

Serie No. 383 Regi f 0.75

TJARIJOSIPOEN SENDANG ING TAWOEN ANGGITANIPOEN SASTRAMINTARDJA. WEDALAN BALÉ- POESTAKA 1922 . DRUKKERIJ VOLKSLECTUUR WELTEVREDEN . ADUCRO . UITV

ISINIPOEN SERAT POENIKA .

Késah dateng doesoen Tawoen . 1 1. . Sendang ing Tawoen 3. 2 . 5. 3. Koeboeran Setana (Plémbangan ) 4. Kekésahan dateng doesoen Sélapoera 5. 5. Késah dateng doesoen Tawoen ingkang kaping II . 6. 6. Tjarijosipoen Kiageng Ketawang , Radèn Sinarawita , 8. Radèn Lodradjaja lan Hastjarja

Tambangan ing lèpèn ,Madioen (margi saking Ngawi dateng )Bodjanegara .

I. KÉSAH DATENG DOESOEN TAWOEN .

Nalika dinten Slasa -Pon tanggal kaping 10 woelan Besar taoen 1847 , oetawi tanggal kaping 25 woelan September taoen 1917 wantji djam tiga sijang , koela merlokaken késah dateng doesoen Tawoen , kalebet wewengkon kaonderan Karangtengah distrik Dera kița Ngawi . Wosing sedya badé njatakaken kawontenanipoen sendang Tawoen ingkang kanggé papan panjadrananipoen tetijang ing doesoen ngrikoe saben woelan Soera kaleres dinten Anggarakasih (Slasa -Kliwon ).

Lampah -koela saking aloen -aloen mangalèr , doemoegi peken Soré ménggok mangétan sakedik noenten ngèntjèng ngalèr ngétan , doemoegi salèring kantin ménggok mangétan nglangkoengi tangsi andjog ing lèpèn Madioen . Wonten ingrikoe njabrang noempak baita tambangan kagoenganipoen Kangdjeng Goepermèn ingkang sampoen kasadijakaken kanggé sinten kémawon ingkang mesți langkoeng . Sadangoening koela noempak baita, méngo mangalèr soemerep tempoeraning lèpèn Sala kalihan lèpèn Madioen , sarta kapernah podjoking lèpèn tempoeran sisih kidoel-kilèn katingal grija gedong kamar-bolah Concordia . Doemoegi sabrang wétan ngantjik doesoen Ngawi , oegi sampoen kalebet laladan kaonderan Karangtengah ; doesoen Ngawi poenika sitinipoen kagolong siti gamping.

Saking doesoen ngrikoe lampah -koela ladjeng mangétan leres , déné radinanipoen minggah , watawis 500 mèter tebihipoen saking pinggiran lèpèn sabrangan waoe doemoegi radinan pratigan satengahing boelak kilènipoen doekoeh Ngantroe. Wondéning sakiwatengening radinan pratigan poenika siti koeboeran Tjina . Lampah koela noenten njimpang ngidoel -ngétan andjog doekoeh Sadang .

Menggah tetijang ing doekoeh Sadang ngrikoe panggesanganipoen sami damel témpé , wonten oegi satoenggal -kalih ingkang saged damel toemboe oetawi sanès -sanèsipoen bangsa anaman deling.

Wiwit saking doekoeh Sadang ngétan leres , watawis 200 mèter tebihipoen radinan ingkang koela langkoengi , kinten -kinten sitinipoen inglebet growong , sabab njoewanten doeng -doeng . Sadang ngétan doemoegi doekoeh Katangan, mangétan malih andjog doekoeh Prandon. Menggah sakiwatengening radinan salebeting doekoeh Sadang sapangétan doemoeginipoen doekoeh Prandon poenika sitinipoen nadah oedan , katah tegilan sarta sabin -sabin ingkang boten kataneman (bera ) kalanipoen mangsa ketiga . Doemoegi doekoeh Prandon wonten radinan pratigan ingkang ngidoel SENDANG ING TAWOEN . 1 andjog doekoeh Tjereng, wonten pratigan ngrikoe lampah -koela ngalèr ngétan sakedik , nglangkoengi grija kaonderan Karangtengah , kaleres salèring radinan, lampah -koela taksih ngalèr -ngétan , sareng doemoegi radinan prasakawanan sawétaning doekoeh Poendjoel ladjeng menggok ngalèr mlebet doesoen Tawoen, mangalèripoen notog radinan pratigan ladjeng menggok ngétan sakedik teroes ménggok ngalèr leres andjog ara -ara pangénan . Wonten ingrikoe katingal pernahing sendang , kațah kekadjenganipoen ingkang ageng-ageng ajom sanget , koela gegantjangan moeroegi , leres poenika sendang Tawoen, dateng koela ingrikoe sampoen djam 41/4 , koela kapeksa ngaso sakedap . Déné wijaring sendang wonten 15 mèter pasagi , kekadjengan ingkang angajomi wonten ngrikoe kapétang katah witipoen djambet oegi wonten sanèsipoen , kadosta gajam , djatos , séngon .

Telenging sendang doemoenoeng podjok sisih lèr-wètan, wijaripoen ± 0.80 mèter, tojanipoen bening sanget , oebalaning toja boten ketawis babar pisan . Menggah isinipoen sendang namoeng oelam alit-alit sarta boeloes .

OELAM SALEBETING SENDANG .

Oelam ingrikoe gigiripoen mawi doemoek tjemeng agengipoen sadelé -delé sarta boten gadah adjrih (giras ) dateng tijang , tandanipoen sareng koela njegoer ing sendang katah sanget oelam alit-alit moeroegi njakoti kéntol pating tjretil , saking katahipoen bebasan njéndol (ndawet kaja dawet) lebeting sendang ± 0.60 mèter .

BOELOES .

Salebeting sendang ngrikoe boeloesipoen warni kalih, ingkang doemoenoeng salebeting teleng , kèpèting batok wingking mawi belang petak ngiwa-nengen , déné ingkang doemoenoeng sadjawining teleng loegas tanpa belang petak ; makaten malih kados sampoen kalebet pérangan pijambak-pijambak. Awit sareng koela soemerep lampahing boeloes poenika , ladjeng kémawon koela toembas sekoel lawar kanggé makani, namoeng perloe badé njatakaken panggagasing batos , wasana sareng koela kepjoeri sekoel kapernah teleng , ingkang poeroen neda namoeng boeloes belang , boeloes loegas kèndel mangoek -mangoek padas pipining teleng . Kirang mareming manah , koela ngepjoeraken malih dateng tengahing sendang , ingrikoe boeloes loegas pating gramang moeroegi , sarta ingkang belang oegi ladjeng medal saking teleng moeroegi toemoet neda , marambah -rambah anggèn koela njatakaken inggih makaten kémawon .

dateng dateng Sala 0 Paron 1/2 GAMBAR KITA Tambangan IH.KI datengMadioen dk.Ngoenengan 11/2 GO D. Seprèh Bengawan Ki .NGAWI - .dk Sélapoera .Sd Sélapoera Doengoes Kreteg Kali 2 Κ.Μ B. Sala Madioen 4 Tambangan D.Ngawi dateng ← Kwadoengan dk.Sadang Gedong mesin D. Kèrèk .dk Ngantroe margi dateng margi dateng D.Karangtengah .7Sd Ngoedal Bodjanegara .dk Ngoedal - Padas A. B. Sendang Tjaroeban .dk Prandon Ps. .Sd D. .dk IH .Kt Κ A. . . .Sd Tawoen KI Klentèng :Inl B Bètèng Dalem .Pasaréan .Doesoen .Doekoeh .Kantin H. Sociteit Harmoni G.O. Kala roemyin gedong Margi ingkang Panggoejangan .Ps Poendjer . .hospitaal (Tangsi . N. .Kaboepatèn .Assisténan Katarangan ( ). dk.Poendjoel margi dateng Redjoena D.Tawoen -koela . Pantjoeran .obat .Ps Setana ) Plémbangan .langkoengi

2. SENDANG ING TAWOEN .

RERESIK LAN WILOEDJENGAN .

Sendang Tawoen poenika doemoenoeng sapinggiring kradjan doesoen sisih wétan , papanipoen kalebet siti paredèn , wondéning tojanipoen mitoeloengi sanget dateng kabetahanipoen tetijang ing doesoen ngrikoe , sabab kadjawi kanggé pangombèn , ilining toja saged loemèbèr ing pategilan sarta dateng pasabinan . Mila tetijangipoen sami roekoen reresik salebeting sendang , mboetjali godonging kekadjengan ingkang sami dados oewoeh (rereged ), soepados lampahing toja saged saé (adjeg ). Oetawi malih oepami boten makatena , koela poeroen mesțèkaken sendang ngrikoe dados pawoehan , toja boten saged mili , langkoeng - langkoeng badé noewoehaken sesakit .

Mangsoeli bab reresiking sendang ; saben taoen tetijang doesoen ngrikoe jèn njadran mesti dateng sendang , ngiras ngresiki salebeting 'teleng . Menggah ingkang kadjibah reresik ing lebeting teleng poenika , amoeng mendet tijang toeroenipoen ki Ageng Ketawang , sabab tijang ingkang pantjèn dédé wadjibipoen (toeroenan ki Ageng) boten wonten ingkang poeroen , kilap sabab saking poenapa , koela tlisik -tlisik namoeng saking adjrih .

Kalanipoen njadran poenika mesți nganggé sadjèn (isarat ) goenoengan , opak , tapé , rangrangginan , teboe keretan dipoensoendoeki toetoes ladjeng katantjepaken ing wewangoenan ingkang minangka goenoenganipoen ; panggang ménda kendit, panggang pedèt , badèg (doedoeh tapé ketan ).

Djoeroe silem ingkang kadjibah ngresiki salebeting teleng , bilih badé silem mawi prabot satjaraning pangantèn kadaoepaken , badan sakodjoer binorèhan , soemping , tjoendoek sesekaran , gelangan , kelat-baoe ingkang kadamel djanoer, nanging namoeng , sroewalan kémawon ; njangking lantingan énggal isi badèg , tjoetjoek lan endasing lantingan tinoetoep rapet .

Katjarijos lantingan poenika ladjeng kabekta silem ing teleng , wonten inglebet lantingan dipoenpetjah , mantjoengoelipoen djoeroe silem mbekta rereged saking dasaring teleng , kadosta : toemboe amoh oetawi sanès -sanèsipoen . koekoesan amoh ,

Patrap makaten waoe ngantos rambah kaping kalih sarta resiking teleng sendang mitoeroet sapamanggihing langkoeng , djoeroe silem . Sasampoenipoen makaten , djoerce silem nandoekaken temboeng panarimah dateng para tetijang boemi anggènipoen sami roekoen merlokaken reréntjang saha tetoeloeng resiking sendang .

Djoeroe silem ladjeng mantoek sakedap , wangsoel sampoen menganggé barès satataning tijang gadah damel .

Kapernah sawétaning sendang wonten taroep wijar sarta pandjang, papan panggénan ambeng isi sekoel oetawi wowohan badé kanggé kendoeri .

Wondéning ingkang ngoedjoepaken oegi djoeroe silem , kaleresan sanget déné pijambakipoen ingkang dados loerahing doesoen Tawoen.

Sadjèn (isarat) warni goenoengan , bilih sampoen kendoeri ladjeng kanggé rojokaning ngakatah , ingkang masți laré-laré angèn . Panggang ménda sarta panggang pedèt dipoeniris -iris kaedoem radin dateng tetijang siti ngrikoe

Mangsoeli kalanipoen djoeroe silem toemandang ngresiki teleng , katah sanget laré nénéman doesoen sami njemploeng ing sendang sarta djedjogédan njepengi sabet gagang otok oetawi ojod -ojodan ingkang woeled -woeled , kanggé sabetan kalihan kantjanipoen pijambak -pijambak . Laré-laré ingkang sampoen tetak nganggé sroewal , sanèsipoen sami woeda , rahi badan sami dipoenpoepoeri endoet petak ingkang doemoenoeng salebeting sendang kapernah sakidoeling teleng , mawi taboehan : angkloeng , kenong alit, kempoel saha kendang . Katah tetijang saking mantja doesoen sami merlokakan ningali ; sandang -panganggènipoen boten ngèmperi jèn badé ningali , prasasat ngedegi damel mantoe .

Wiwit djam pitoe endjing sadaja sadjèn -sadjèn , panggang saha ambengan sampoen sami katata ing padoenoenganipoen pijambakpijambak ; djam 8 tapoek ngresiki + djam 11 sijang wiwit kendoeri, djam 12 sijang bibaran .

Watesing sendang ingkang sisih kidoel , tengah leres dipoensoedat minangka oeroenganing toja mili mangidoel andjog pantjoeran .

Pantjoeran poenika papan padoesanipoen tetijang ing doesoen ngrikoe . Menggah tijang djaler sarta tijang èstri panggènanipoen boten noenggil , tijang djaler sisih kilèn , tijang èstri pantjoeran sisih wétan.

Salebeting batos koela ngalembana dateng tetijang ing doesoen ngrikoe , anggènipoen sami boten poeroen : adoes , moesoesi , oembah -oembah wonten ing sendang . Wondéning kekadjengan ingkang ngajomi pantjoeran waoe , boten béda kados kekadjengan pangajomaning sendang .

Woetah -woetahaning toja pantjoeran mili mangidoel andjog baloembang ingkang langkoeng wijar tinimbang sendang ; inggih poenika papan panggoejangan radja-kaja. Ing ngatasing panggoejangan papanipoen katingal resik, sarta dasaring siti padas , mila gandanipoen boten banger , sakidoel -kilèning panggoejangan tanggoelipoen kasoedat , tojaning oeroehan mili ngidoel -ngilèn , oeroet páger pémahan tegilanipoen tetijang doesoen .

Kawoeningana wiwit saking panggoejangan doemoegi saoeroeting kalèn oeroehan kațahing boeloes loegas tanpa pétang , sami ngrambjang ing toja, wonten oegi ingkang saba ing daratan saking tjatjarijosanipoen tetijang siti , boeloes -boeloes poenika boten wonten poeroen memangsa koetoek , mandar damel kaoentoengan awit saking tiganipoen.

3. KOEBOERAN SETANA (PLÉMBANGAN ).

Nalika koela dateng ing pantjoeran wantjinipoen djam 5 sonten , noenten adoes . Sabibaring adoes , ladjeng késah ngalèr-ngétan minggah dateng ara-ara pangénan , sawétaning ara -ara ketingal padjatosan sarta kadjeng sanèsipoen ingkang ageng -ageng . Sareng koela poeroegi , salebeting padjatosan poenika koeboeran kalebet wewengkon doesoen Tawoen, naminipoen koeboeran Setana (Plémbangan ).

Salebeting koeboeran poenika namoeng wonten grija ( tjoengkoep ) gedong satoenggal , kajoman wit pakis ageng sanget , sarta wit sembodja woengoe lan petak. Katah tetijang sami langkoeng ingrikoe ingkang badé adoes oetawi ngangsoe ing pantjoeran nanging boten wonten ingkang soemerep sinten ingkang soemaré ingrikoe . Koela takèn-takèn meksa boten saged angsal katrangan ingkang goematok , dados dapoer tanpa damel .

Sareng sampoen wantji djam 6.50 sonten , koela kepeksa mantoek , selak kasapoeting daloe . Doemoegi ara -ara pangénan koela njawang redi Lawoe katingal tjeța, kapernah kidoel-kilèn . Déné doesoen Tawoen sinawang saking ara -ara ngrikoe katingal ledok, saha ningali keteling wit klapa sakalangkoeng asri, wohipoen ndados , sadaja pekarangan ingrikoe mesți wonten witipoen klapa toer saé-saé. Sarèhning lampah -koela nglangkoengi grijanipoen loerah Tawoen , dados koela merlokaken mampir sakedap , kepéngin soemerep sinten ingkang soemaré ing tjoengkoep gedong Setana waoe . Dateng -koela ing grijanipoen loerah sampoen djam pitoe daloe , kaleresan loerah wonten ing grija . Sasampoenipoen satata linggih tinepang, koela noenten pitakèn sinten ingkang soemaré ing tepang - Setana ngrikoe. Loerah sagah ngandaraken , saha sadjarwa ingkang wonten Setana ngrikoe leloehoeripoen pijambak, sarta oegi ingkang jasa sendang sarta pantjoeran kaseboet ngadjeng . Dèrèng ngantos kaandaraken koela pamit mantoek , semadosan béndjing éndjing kémawon kaladjengaken , pijambakipoen najogjani lan njagahi.

4. KEKÉSAHAN DATENG DOESOEN SÉLAPOERA .

Sareng dintenipoen Rebo sijang, koela njidrani pradjangdjian , boten saged dateng ing Tawoen, kapambeng ing padamelan , nanging koela kepeksa kèngkènan laré mbekta serat ngabari sandéning dateng -koela, pradjangdji malih dinten Kemis mesți dateng. Ing dinten Rebo poenika wantji djam 1/23 siang koela merlokaken késah dateng doesoen Sélapoera , saking kița tjelak sanget , kaleres sakilèning lèpèn tempoeran .

Bidal -koela medal peken Soré ladjeng mengalèr leres , nglangkoengi peken ageng , doemoegi sakidoeling klențèng ménggok mangétan ; wonten ngadjeng grija pagantosan ménggok ngalèr andjog lèpèn Sala, ingrikoe ladjeng noempak baita njabrang ngalèr , mentas ing daratan ngantjik doekoeh Ngoenengan , lampahkoela oeroet pinggiring lèpèn , ngalèr-ngétan , oegi nglangkoengi tempoeran . Sitinipoen ing doesoen ngrikoe kalebet siti gamping . Doemoegi doesoen Sélapoera kațah ara -ara sami dados djoerang , awit dipoendoedoek kapendet sélanipoen kaobong kanggé gamping oetawi kawoer . Tetijang siti pandamelanipoen warni -warni ; wonten ingkang ndoedoek séla , damel krandjang wadah gamping [kawoer] , djoeroe njatangi baita amot gegramèn [dagangan ] kabekta dateng Padangan , Tjepoe saoeroetipoen .

Kiţa Ngawi poenika alit, nanging ardja , djalaran saking kațahipoen tijang gegramèn . Barang-barang dagangan saking Madioen , Panaraga toewin Magetan wonten ing tambangan Kaliara [Ngoenengan ] katampénan baita sanès , kabekta dateng Padangan saoeroetipoen , ngantos kirang -kirang , boten naté boebroek .

Lampah dagang mawi baita tetijang ingrikoe mastani ,,Dagang masaran " awit kapesțèkaken salebeting sapeken [5' dinten ] sampoen mantoek dateng Ngawi . Miliring baita masaran dinten Paing sijang, wangsoelipoen ing Ngawi dinten Legi sonten . Amila jèn kaleres dinten Legi saha Paing, sabrangan ngrikoe kados palaboehan , oentaping bakoel tjandak -koelak tanpa oepami katahipoen .

Mangsoeli tjarijos , wonten ing Sélapoera koela ningali sendang tojanipoen bening , ilining toja andjog ing lèpèn . Koela alit [belik] ketjoewan sanget déné boten angsal tjarijos sakedik-kedika bab kawontenaning sendang ngrikoe, papanipoen ajom kațah witipoen gajam . Koela boten dangoe ladjeng loemampah mangilèn doemoegi ara -ara pangènan , salèring ara -ara katingal padjatèn nggenggeng moedjoer mangilèn . Wonten ing ara-ara koela madjeng mangétan leres , ningali doesoen Kèrèk sisih kidoel katingal meglik-meglik , boten dangoe noenten sami mantoek . Djam 7 sonten sampoen doemoegi ing sabrangan .

5. KÉSAH DATENG DOESOEN TAWOEN INGKANG KAPING II .

Katjarijos noedjoe dinten Kemis sijang djam 2, koela noehoni djangdji bidal késah dateng Tawoen. Lampah-koela doemoégi radinan pratigan sakilèning doekoeh Ngantroe ladjeng ngalèr -ngétan , boten nglangkoengi radinan ingkang sakawit, sabab koela gadah perloe kepéngin soemerep sendang Ngoedal ingkang tojanipoen kasengker pengagenging tangsi Ngawi . Wonten sawétaning doe koeh Ngantroe radinan sempal dados kalih , mengalèr leres dateng Bodjanegara, lan mangétan doemoegi ing sendang Ngoedal. Sampoen mesți kémawon koela ladjeng menggok mangétan njebal ara-ara koeboeran Tjina , boten tebih saking radinan simpangan waoe, koela andjog ing lèpèn Ngantroe, sanalika njabrang , lebetipoen toja namoeng nelesi polok, ingrikoe lampah-koela minggah djoerang noenten ménggok mangalèr doemoegi sendang Ngoedal .

Sendang Ngoedal poenika kinoebengan déning pager kawat ri , kekadjenganipoen ageng -ageng ngajomi sendang , kadosta : kadjeng djohar , wit djamboe wana , gajam sarta randoe wana. Oedalaning sendang ketoetoep ing pandemèn jasanipoen koempeni , wangoenipoen pasagi pandjang , oekoeranipoen pandjang -wijaringgilipoen 2 × 1 × 1M ; ingkang sisih kilèn mawi toetoep kadjeng pasagi 0.80 × 0.80 × 0.04 M. ingkang kadamel blabag djatos , oeroeh -oeroehaning toja mili mangilèn , lampahing toja ingkang dateng tangsi nganggé pipa tosan , sarta kompan mawi pirantos mesin , doenoenging mesin kompan wonten sakilèning lèpèn Ngantroe ingkang koela -sabrangi waoe ; mesin waoe manggèn ing grija gedong moedjoer ngilèn , ingkang kadjibah tengga sarta nglampahaken mesin oegi koempeni .

Salebaring neningali wonten ingrikoe, koela noenten pitakèn dateng satoenggaling tijang, radinan poendi ingkang saged doemoegi ing Tawoen. Wangsoelanipoen tijang waoe , kapoerih noeroet latjaking maésa , dados njata boten -wonten marginipoen , kadjawi sebalan oeroet ara-ara oetawi galengan tetegilan . Nalika koela loemampah tansah pitakèn dateng tetijang ingkang kapinoedjon nggarap tegil, nggarap pager pémahan sarta tetijang ingkang sami doedoek -doedoek siti mendet séla kanggé gamping . Boten dangoe lampah -koela andjog ing radinan moedjoer mangétan inggih poenika kaleres sawétaning poedoenan [helling ] .

Ladjenging lampah boten béda ingkang roemijin .

Kawoeningana , sadateng -koela ing grijanipoen loerah Tawoen, pijambakipoen boten wonten, déné ing wektoe poenika wonten kamitoewa satoenggal tjarijos dateng koela bilih loerah wiwit éndjing késah nganglang dèrèng mantoek . Nalika loerah badé késah, meling dateng kamitoewa waoe kapoerih nengga , sawantji-wantji koela dateng soepados dipoentedahna ing Poendjer .

Sanalika kamitoewa koela adjak dateng Poendjer, salebeting manah, koela tansah ngalembana dateng saéning beboedènipoen loerah , déné mbijantoe sanget dateng sedyakoela , katjihna anggèning matah kamitoewa .

Saking grijanipoen loerah lampah-koela mangalèr , doemoegi pantjoeran ménggok ngilèn nglangkoengi panggoejangan , sarta ara -ara pangénan , noenten minggah + 15 M. inggilipoen , doemoegi Poendjer . Dèrèng dangoe anggèn -koela kèndel, loerah dateng sakantjanipoen poelisi . Wonten ingrikoe omong -omongan sawatawis dangoe loerah njarijosaken angsal -angsalaning nganglang . Rèhning wektoe poenika sampoen kesapoet ing wantji daloe [serap ] loerah koela-adjak mantoek dateng grijanipoen. Doemoegining grija sarta sasampoening satata lenggah aso, koela miwiti pitakèn dateng loerah , aloeranipoen sendang sapanoenggilanipoen poenapa déné ingkang sami kakoeboer ing Poendjer sarta ing Setana [Plémbangan ] .

Sadèrèngipoen loerah ngandaraken bab ing Tawoen, pijambakipoen neda pangapoenten menggah lereslepat mèmper lan botenipoen tjarijos ingkang badé dipoenandaraken , sarèh -déné pijambakipoen pijambak oegi boten gadah tanda-tanda ingkang saged mitajakaken leresipoen dateng sanès , makaten malih boten pisan-pisan nedya angoemoek -oemoekaken kawontenan ngrikoe, sabab pijambakipoen toeroen saking ingkang soemaré ing Poendjer .

6. TJARIJOSIPOEN KIAGENG KETAWOENG , RADEN SINARAWITA , RADÈN LODRADJAJA LAN HASTJARJA .

Ingkang soemaré ing pasaréan Poendjer poenika , satoenggal ki ageng Ketawang , pernahipoen wonten ngandap kapéring mangilèn, mawi tenger wit pakis sakalangkoeng ageng ; satoenggilipoen njai ageng Ketawang , pernahipoen wonten sanginggiling goemoekan sisih wétan.

Katjarijos nalika pandjenenganipoen Kangdjeng Soeltan Padjang mentas arerempon prang kalihan Arija Panangsang ing Djipang, ingkang nemahi séda ing palagan kalihan Patihipoen nama Toemenggoeng Mataoen . Watawis taoen laminipoen, Adipati ing Blambangan mbaléla , boten poeroen karèh déning Narendra ing Padjang , satemah dados prang .

Sapengkering wadya ing Padjang bidal ngloeroeg dateng Blambangan , wantjining daloe Kangdjeng Soeltan nampi wangsit salebeting pasoepenan . Menggah wasitaning pasoepenan waoe makaten. Kangdjeng Soeltan boten kepareng oetoesan ndawoehaken bebendoe doemateng kalepataning Adipati Blambangan . Nadyan pandjenenganipoen Naréndra binațara, nanging toemrap ing kalepatan poenika kedah dipoensingkiri roemijin , awit bilih Kangdjeng Soeltan adreng anggènipoen nindakaken bebendoe , namtokaken badé kapitoenan ageng , wadya-bala katah pedjah , mengsah katah ingkang ndjarah-rajah. Sareng Kangdjeng Soeltan woengoe , ngoengoen sanget dateng pasoepenanipoen , sarta ing panggalih badé njatakaken, sarèh -déné sampoen keladjeng .

Sigeg wadya ing Padjang ingkang sami loemampah , sadoemoeginipoen Blambangan ladjeng nandoekaken pratingkah ingkang sakalangkoeng sija . Wasana doemawahing prang wadya ing Padjang kasor joedanipoen , ngantos moendoer wantjining daloe , wangsoel dateng Padjang. Sadatengipoen ing pradja kaleresan Kangdjeng Soeltan siniwaka pinarak ing dampar kantjana , sinéba para wadya bala . Pangadjenging pradjoerit doeta ingkang wangsoel saking Blambangan, madjeng ing paséwakan moendjoek tiwasing dinoeta , katah wadya bala ketaton sarta katah ingkang sami pedjah .

Kangdjeng Soeltan midanget oendjoek atoeripoen pangadjenging pradjoerit tjotjog wasita ingkang pinanggih salebeting pasoepenan . Boten dangoe séwakan kabibaraken.

Anoedjoe ing wantji daloe Kangdjeng Soeltan nampi wasita malih , ing béndjing jèn wonten laré djedjaka saking doesoen Mataoen nedya soewita ing ngarsa Naréndra soepados katampia .

Éndjingipoen sang Praboe dahat gènira ngoengoen .

Katjarijos Kangdjeng Soeltan kagoengan poetra kakoeng satoenggal ingkang boten klebet ing Kraton , adjedjoeloek Radèn Sinarawita . Poetra poenika tansah kelara-lara , sebab boten kaaken poetra déning Sang Praboe . Saking sangeting soengkawa poenapa déné lingsem ing sanès , wantjining daloe Radèn Sinarawita ontjat saking pradja , tindakipoen kaloenta -loenta nasak wana garoemboelan nglangkoengi djoerang pèrèng , sanget anggèning misakit sariranipoen . Tindakipoen sangsaja mangétan ngantos doemoegi ing watesing doesoen Tawoen ingkang sisih kilèn, kèndel ing doekoeh Ngoedal .

Noenggil mangsa kalihan lelampahanipoen Radèn Sinarawita , keleres ingkang dados sesepoehipoen doesoen Tawoen, namoeng katelah nami Kiageng Ketawang (Kiageng Mataoen Tawoen ) déné asal saking poendi waoenipoen , boten kasoemerepan .

Kiageng Mataoen , tansah aréka -daja ngoepados oemboel (soember ) sageda angsal toja ingkang njekapi toemrap kabetahanipoen tetijang ing doesoen ngrikoe , kadosta : kanggé pangombèn , oembahoembah lan sanès -sanèsipoen .

Saking sangeting pangoedi , boten kétang sajahing sarira sabab anggènipoen ambrèngkali séla -séla , wasana manggih oemboel (soember ) sakalangkoeng agengipoen saha tojanipoen bening . Kiageng Mataoen mindak taberi, oem oel waoe ladjeng saged dados sendangi nggih -poenika sendang Tawoen . Pantjoeran Panggoejangan ngantos saged ndjalari saéning panggarap siti , soeboer ingkang sami tinanem.

Kiageng Mataoen , kagoengan poetra djaler satoenggal nama Radèn Lodradjaja , sakalangkoeng bagoes ing warni sarta ramaiboe sanget tresnanipoen , wiwit ngoemoer nem taoen sampoen kawoelang ngadji dateng pondok satjelakipoen doesoen ngrikoe . Watawis ngoemoer 10 taoen saben daloe koelina njemploeng ing sendang Tawoen natas sedaloe . Lelampahanipoen Radèn Lodra djaja makaten poenika boten kawoeningan déning rama -iboe nanging toemrap tetijang ing padoesoenan katah ingkang sami soemerep , sabab kalaning wantji daloe tetijang alit gilir -ginilir nganglang doesoen , soeprandéné ingkang sami soemerep dateng lelampahanipoen Radèn Lodradjaja boten wonten poeroen sadjarwa dateng Kiageng, kanjana sampoen terang saking dawochipoen ingkang rama .

Sareng ndoengkap sakawan tahoen laminipoen Radèn Lodradjaja saben daloe tansah njemploeng ing sendang . Ing satoenggiling daloe ing sendang ngrikoe wonten soewara djoemegoer . Tetijang satjelaking sendang ingkang kapinoedjon taksih melèk oetawi ingkang nglilir , mireng antjering soewara djoemegoer ladjeng sami medal njatakaken, sami mbekta obor sarta tjolok . Doemoegi sendang pating biloeloeng madosi sababing swara . Pinanggihing nalar :

le. telenging sendang éwah saking padatan .

2e . kadingarèn Radèn Lodradjaja boten wonten.

Tetijang waoe ladjeng sami wangsoel mantoek dateng grijanipoen pijambak-pijambak.

Endjingipoen wantji djam 9 Kiageng Mataoen tansah ngadjengadjeng datengipoen ingkang poetra , kalampahan pitakèn dateng tetijang ingkang sami langkoeng badè dateng peken ; wangsoelanipoen ingkang dipoenpitakèni :

le . njarijosaken lelampahanipoen Radèn Lodradjaja, ing saben daloe natas melèk koengkoem ing sendang laminipoen sampoen 4 taoen .

2e . njarijosaken ing sendang wantji daloe wonten soewara djoemegoer , pinanggihing sabab :

a. wijaring teleng sendang iwah saking padatan .

b. déné Radèn Lodradjaja kadingarèn boten koengkoem ing sendang .

Kiageng angsal wartos makaten poenika sanget anggèning boten pitados , nanging rèhné prakawis poenika sampoen kajektèn déning ngakatah ( tetijang ing ngrikoe ) dangoe -dangoe ladjeng pitados . Sanalika nangis sarta mantoek mertosi dateng Njai ageng , ontjating poetra , poenapa déné tjarijosing ngakațah ingkang sampoen pinireng. Kekalihipoen sami narimah papestènipoen ingkang maha kawasa .

Boten watawis dangoe , rawoehipoen Radèn Sinarawita adamel kagèting Kiageng sakalihan, ngitjalaken kasoesahanipoen mentas kétjalan poetra . Nadjan Kiageng sakalihan dèrèng natè sesrawoengan dateng tamoenipoen ingkang nembé rawoeh soeprandéné boten kekilapan bilih tamoe poenika taksih toerasing ratoe, katitik pasemoning wadana . Atoeripoen Kiageng Mataoen ; „doeh anggèr Goesti-koela sang binagoes , soemangga koela-atoeri loemebet ing grija lenggah ing ambèn ; sampoen manggalih pakè wed, boten kalintoe Goesti pandjenengan -dalem ndjoedjoeg grijané poen bapa ."

Radèn Sınarawita loemebet ing grija lenggah ngambèn , pangandikanipoen makaten : „Kjai, sampoen kesangeten anggèn sampéjan ndjoendjoeng loehoering badan -koela mindak dados èntjepaning lijan , déné raga -koela kados bangsa soedrapapa , panganggé kados kéré teka sampéjan seboet goesti ."

Wangsoelanipoen Kiageng. „Anggèr, poen bapa boten badé pradoeli dateng èntjeping sanès , oetawi boten goemoen risaking boesana saha sarira, djer poen bapa amoeng anoet eninging pamawas. Amila anggèr sampoen noelak atoeripoen poen bapa ." • Pangandikanipoen Radèn Sinarawita ; O ! inggih kjai , kasinggihan rembag sampéjan , nanging jèn pikadjeng -sampéjan makaten , kados koela badé boten djenak wonten ngriki , mangka saking tékat anteping manah -koela : le boten pisan -pisan jèn ta koela nedja nganggèkaken seseboetan loehoer oetawi tetemboengan ingkang aloes -aloes . 2e Kjai nganggepa anak dateng koela , sarta ngitjalana tata -basa , kadjawi koela ingkang mesti nganggé tatabasa sapantesipoen .

Radèn Sinarawita sanget anggènipoen ameminta dateng Kiageng , wasana Kiageng adjeng nglegani , wangsoelanipoen : „ Ija ta gèr , rèhning : le akoe lan embokmoe wis toewa koerang ing tatakrama . 2e dasaré akoe wong désa , dadi sakabèhing kaloepoetankoe ngapoeranen . Balik anggèr rawoeh mréné kagoengan kersa apa , lan sapa kekasihmoe sarta poetrané sapa ? "

Pangandikanipoen Radèn Sinarawita : O , kjai , sowan -koela amoeng badè ndèrèk titip badan koela satjoewil ; nama -koela Sinarawita , déné ingkang ajoga sinten koela boten soemerep , awit ènget -ènget koela sampoen soewita ngèngèr dateng prijantoen kița, menggah bijoeng -koela pedjah koendoeran nalika nglahirakan koela , poen bapa babar -pisan boten mireng wertos, kadjawi makaten, sampoen kjai boten perloe kepandjang -pandjang ngrembag bapa koela . "

Kiageng Mataoen welas ningali tamoenipoen , satemah sekeling panggalihipoen lipoer déning anggèné njawang tetamoe ingkang nedya ngèngèr . Sasampoenipoen lami wonten ing ngrikoe Radèn Sinarawita dipoenadjak dolan -dolan Kiageng, samargi -margi tansah dipoentjarijosi ing bab kasoesahanipoen ' ingkang mentas ndatengi , inggih poenika itjalipoen Radèn Lodradjaja, poenapa malih dadosipoen sendang ing Tawoen. Saja lami Radèn Sinarawita ngèngèr wonten ingrikoe, Kiageng sakalihan saja mindak katresnanipoen , boten béda kalihan dateng anakipoen pijambak. Makaten oegi Radèn Sinarawita ngraos dipoentresnani samanten poenika soemedya males katresnan, sarana taberi ing damel , ngantos dados toeladaning tetijang ing doesoen Tawoen Wondéning panggalihanipoen soemrambah dateng tetijang salebetipoen doesoen sarta ing mantja doesoen , sanget misoewoer ing saénipoen , mila kațah para tijang amantja sami alihan grija manggèn sakiwatengening doesoen Tawoen. Menggah sadaja sesorahipoen Radèn Sinarawita tansah mboedi kawiloedjengan saha wedaling taneman palawidja .

Katjarijos noedjoe ing mangsa katiga, Kiageng Mataoen kataman sakit bentèr, damel soengkawanipoen Radèn Sinarawita saha Njai ageng , pinten-pinten kațahing oesada boten wonten ingkang saged ndjalari sakétja oetawi waloeja . Wiwit Kiageng sakit tetijang ing doesoen ngrikoe tansah gilir-goemantos sami ngelèki natas ing sadaloe -daloenipoen . Saja lami sakitipoen Kiageng saja ngranoehi , satemah dados adjalipoen . Katah tijang tani soegihsoegih ingkang sampoen naté kasripahan nanging boten wonten ingkang kalajat ing tijang katah , kados nalika tilaripoen Kiageng , nadyan tetijang ngamontja oegi kațah ingkang sami merlokaken dateng nglajat. Lajon kasarèkaken ing pasaréan Poendjer . Ingrikoe Radèn Sinarawita paring goenging panarimah dateng sanakkawoelawarga, pawong -mitra toewin tetepangan ingkang sami ngatingalaken sih katresnanipoen sarta soeka pitoeloengan dateng ingkang sampoen soemaré . Pangandikanipoen :

„Doeh sanak pawong -mitra-koela , saha sanak tetepanganipoen bapak Kiageng, soekoer sèwoe , sakeți djoemoeroeng , kanți sanget ing panoewoen -koela, déné sami merlokaken nglajat doemoegining pangoeboer lajonipoen bapak , boten lija saking pangadjap koela, bokmanawi wonten kalepatanipoen soewargi bapak , poenapa malih koela saha simbok Njai, moegi sami paring sih pangapoenten . "

Saladjengipoen sami bibaran.

Saadjalipoen Kiageng sadaja wewatoning padoesoenan Tawoen kawengkoe déning Radèn Sinarawita .

Rinten -daloe Radèn Sinarawita tansah anglelipoer dateng Njai ageng , awit njaiageng kaleres wawrat kawan woelan . Doemoegining wantji , Njai ageng nglahiraken djabang -baji medal djaler , sanget bagoesipoen . Sasampoening resik pangoepa -karanipoen , baji ladjeng kanamakaken Hastjarja .

Lahiripoen Hastjarja bebasan mbekta banda -donja , sabab saking kațahing tetijang ingkang sami dateng sarta njoembang katjang , delé , oewos sarta sanès -sanèsipoen . Radèn Sinarawita sakalangkoeng tresna dateng Hastjarja . Sareng ngoemoer pitoeng tahoen Hastjarja ladjeng dipoenwoelang ngadji . Kadjawi poenika laré wace oegi remen sanget dateng lampah kasoetapan , mila sabibaring tetak noenten katoendoeng késah soepados soewita dateng Sang Praboe ing Padjang. Njai ageng najogjani kaleksananing dawoehipoen Radèn Sinarawita dateng ingkang raji Hastjarja , amila ingkang nampi dawoeh matoer sendika , sanalika pamitan.

Dawoehipoen Radèn Sinarawita :

1. Ija jaji sira soen lilani , nging jwa ndjoedjoeg ngabjantarèng Nata , betjik ing Patihan bać , ana ing kono bésoek , dadalané bisa katampi , ing pasoewitanira, wong bagoes wroehanmoe , bakal lakoenira apan , kapinoedjon ing mangsa -kalané jaji , ana wawenganira .

2. Wawengané ngawoelantoek margi , nanging poma -poma wekasingwang, gagasen adjoe -oendoeré , pisowanira bésoek , nandoekena pamalatingsih , kang soepaja katampan, jén tinampik rikoe, noeli balia kéwala, adja kongsi siadi ngisin-isini , Hastjarja toer sandika .

3. Ingkang raka angandika malih, babo jaji manawa katampan , ana ing Padjang ta anggèr , poma pamitoengkaskoe , adja sira angadi -adi , doeh jaji roemangsaa , tolèhen awakmoe , gedéné ing ngaken poetra , weling - ingsoen tékatna sadjroning ati , loegoené wong ngawoela .

4. Djedjapané wong ngawoela jaji, soewitanjar adja ngrasa pada , kang woes lawas soewitané , jèn woes lawas ing bésoek , adja mada kang dèn pareki, jén kaparek ja adja , lir santana Praboe , jèn ingaken santana jwa, soemantana krana santana kang jekti , moeng bener lan santosa .

5. Sarta malih wong soewitèng Adji , adja pisan ngadèken kagoenan , brana jwa pinotangaké , kasaktèn adja soemboeng , ing kasoeran pan adja wigih , lamoen kerep dinoeta , sing tanggap asagoeh , adja pidjer lalawora, jèn atjegah tata-wijahé lestari , kandel pangawoelanta .

6. Wadjibing wong soewitèng Narpati , ikoe amoeng ana rong prakara, awas lan éling tegesé , waspadèng bener - loepoet , élinga mring ala lan betjik , toeking badan lan lésan , jèn loepoet kapoegoet , kabener dadi tengeran , traping tata kanția empan tanapi, loenggoehé nganggo papan .

7.. Wonten malih kanținé sajekti , amoeng doega-doega lan watara, dèn awas ngarep -boeriné , lali -lali dèn émoet , salah moena kelawan moeni , prajoga samantakna , antaraning semoe , dèn bisa reksa -roemeksa , jèn mangkono ing pangira mikantoeki , antoek rasa santosa .

8. Lah ta jaji nistaning ngaoerip , mangro -sirah ambendara lijan , banda soemitra anggepé , lan karem para wadoel , madoelaken lepating abdi , ngalem awak prijangga , amengkoe sakoetoe , tan mikir ring kawadjiban , irèn mèrèn nora woeroeng anglakoni , dadi nistaning-nista .

9. Madyaning wong ngawoela doeh jaji , tjakoettjikat tandang tabrèng karja , manoet mitoeroet sapangrèh , bisa nampani dawoeh , apa baé gja dèn lakoni , kanți ledjaring oelat , narima ing pandoem , wedi marang wewaleran, nadyan rèmèh sapatjoehé dèn singgahi , apan ing kala-mangsa .

10. Oetamaning ngawoela poeniki, gemi marang darbèking bandara , sing bangkit njimpen wadiné, nastitèkna ing dawoeh , solah - tingkah angati-ati , wroeh tanggaping sasmita , santosa ing kalboe, jwa mèngèng saking panjoba , mantep tetep binobot nrang baja-wèsți , kanți entyarsaning tyas .

Satelasing dawoeh , Hastjarja anjoengkemi pangkoning bijoeng saha ingkang raka Radèn Sinarawita , poenapa déné pamit dateng tetijang ingkang kapinoedjon wonten ngrikoe , noenten bidal dateng Padjang. Sapengkering Hastjarja tetijang ingkang dipoenpamiti sami mbrebes -mili , kétang tresnanipoen dateng ingkang késah pados pasoewitan .

Wondéning Njai ageng saha Radèn Sinarawita rinten-daloe tansah anenoewoen dateng Goesti ingkang Moerbèng Bawana, wiloedjenging lampah katampia pasoewitanipoen ingkang raji .

Boten katjarijos lampahipoen ing margi, Hastjarja sampoen doemoegi watesing pradja ingkang sisih wétan , pinanggih prijantoen Mantri goenoeng , sami takèn-tinakèn. Mantri goenoeng mireng atoering Hastjarja sakalangkoeng lega asreping panggalih , ènget dawoeh sabdaning Sang Praboe , doek ndangoe asoring djoerit ing nagari Blambangan , pinanggih salebeting pasoepenanipoen Mantri goenoeng pijambak , pangoenandikanipoen : „Baja iki wasitaning impènkje kang ndjalari moenggahing dradjatkoe ." Hastjarja ingatjaranan lerep sawatawis dinten aso wonten grijanipoen Mantri goenoeng . Ingrikoe Hastjarja ngoengoen sanget , traping panjoeba-njoeba , tetedan kalangkoeng étja , patileman pernah . Kèndel tigang dinten Mantri goenoeng ladjeng witjanten makaten : „Anggèr , béndjing -éndjing soemangga bidal dateng nagari , koela sowanaken , keleresan lerep dateng nagari sadaloe , éndjingipoen ladjeng sowan ndjoedjoeg ing Kapatihan . ' Hastjarja inggih najogjani .

Éndjing wantji djam 5 kekalihipoen bidal dateng nagari. Sadoemoegining kita ndjoedjoeg ing Kapatihan , nanging rekjana Patih sampoen kaladjeng sowan ing ngarsa dalem . Sanalika Mantri goenoeng saha Hastjarja soemoesoel ing pagelaran , Kaleresan ing dinten poenika Sang Praboe mijos siniwaka kahadep para santana , Patih , Boepati saha prajantoen alit -alit.

Sang Praboe ndawoehaken wasita doemateng rekjana Patih , pangandikanipoen : „Kakang Patih , marma sira ingsoen pidji anèng ngarsaningsoen , boja lija ingsoen arsa midangetaké atoeranira , apa sira atawa para botjahingsoen boepati najaka boja nampa bakal pasoewitané botjah djedjaka saka dèsa Mataoen kang kairit déning Mantri goenoeng ? "

Hoendjoek atoer wangsoelanipoen rekjana Patih : „Doeh Goesti sesembahan kawoela, poen patik atadah dedoeka , déné para Boepati najaka poenapamalih kawoela boten nampi palapoeran ."

Saweg kèndel atoeripoen rekjana Patih katoengka pisowanipoen Mantri goenoeng angirid Hastjarja , katampi Boepati ingkang madjibi , pangandikanipoen : „Mengko ta Mantri goenoeng , ana wigatiné apa , déné kowé doemrodjog tanpa larapan ontjat saka padoenoenganmoe kang kalawan ora ana timbalan sarta kanți ngirid botjah djedjaka ?"

Atoer wangsoelanipoen Mantri goenoeng . „Koela noewoen inggih kjai loerah , kaparenga koela matoer :

Boepati : „Mara ija kaprijé matoera kang patitis " .

Mantri : „Mila koela kamipoeroen nilar koewadjiban, ingkang boten kalajan dawoeh timbalan, sabab wonten perloening prakawis ingkang radi njamaraken ” .

„Bab apa kang koanggep njamaraké ? "

,,Boten sanés lampahing laré djaka ingkang koela -irid poenika ".

„Apa sababé kosamaraké ? Apa botjah koewé kagolong pangareping doerdjana kètjoe ? "

,,Koela noewoen , inggih boten " .

„La déné kowé mace matoer samar , sing kosamaraké apané ?"

ود „Koela noewoen makaten kjai Loerah ... ".

,,Ija kaprijé, mara ndang matoera kaselak kesoewèn ”.

,,Inggih sandika . Nalika koela nganglang watesing siti bawah kemantrèn ingkang koela wadjibi , wantji sonten djam gangsal , pinanggih laré poénika wonten èrèng -èrèng goemoekan , koela pitakèni wangsoelanipoen : ngaken nama Hastjarja laré saking doesoen Mataoen anakipoen randa nama Njai ageng Mataoen .

Menggah sedyanipoen badé soewita ing ngarsa sampéjan dalem ingkang Sinoehoen . "

„Kaprijé ana kekarepan mangkono koanggep samar ? Apa ora loewih samar manèh tinimbang kowé ninggal wadjibmoe , njoewoengaké kemantrènmoe ikoe ? Mara pikiren !?"

„Koela noewoen inggih leres, dawoeh pangandikanipoen kjai Loerah poenika, nanging oepami badé saéning sedya waoe béda kalihan njatanipoen , ngantos adamel karisakan tentreming pradja , sabab saking tindak-tandoekipoen laré poenika nasar , poenapa ingkang makaten waoe toemrap ing koela boten nglangkoengi kalepatan tinimbang nilar kemantrèn ? ”

„ O, ja wis ta mantri , anténana ing djaba disik akoe dakmatoer kjai Loerah . "

Rekjana Patih nampi palapoeranipoen Boepati , sanalika kondjoek ing sampéjan dalem ingkang Sinoehoen , sarta saking danganipoen Sang Praboe , mantri goenoeng saha Hastjarja kalilan minggah lenggah satjelakipoen Rekjana Patih , Sang Praboe ndangoe katah -katah dateng ingkang kasowanaken , menggah ing nama , kawidjilan , doenoeng toewin sedya . Hastjarja moendjoek tatas , titis, tètèh ing sawontenipoen , satemah katampi pasoewitanipoen goemadoeh dateng ing Kepatihan .

Wondéning Mantri goenoeng , nampi gandjaran kawisoeda dados Boepati goenoeng , madjibi wawengkonipoen lami . Ingkang goemantos Mantri prajantoen saking kita . Sang Praboe ladjeng imbal -watjana kalihan para abdidalem , sadaja ngiras kanggé ngleledjar panggalih . Kaleresan ing pasowan ngrikoe wonten prijantoen kakalih pangkat Wadana boten minggah -minggah sabab saking sembrananipoen , poenika sami loetjoenipoen , ingkang satoenggal rembagipoen makaten :

Kabegdjaning Mantri goenoeng koewi , pada baé karo kabegdjankoe jèn akoe nemoe barléjan gedéné sadjagoengdjagoeng genep ana sakaroeng . "

Satoenggalipoen soemamboeng :

„Ngendikamoe ikoe bener banget , nanging oepama sariramoe bijèn dadi Mantri goenoeng , pangirakoe wisoedan Boepati goenoeng ikoe toemiba kang sarira ."

„Perloe apa akoe dadi Mantri goenoeng ? Ora mangkonoa jèn awaké saiki baé bisa dadi barlijan kaja sing dakoetjapaké maoe , akoe wis trima sarta akoe wis masti dadi wong soegih ."

Ingkang mireng sami goemoedjeng soeka . Sang Praboe kondoer ngadaton Rekjana Patih mbibaraken paséwakan . Katjarijos Hastjarja dados pangalemaning katah amargi nastiti , ngati -ati ing sabarang damel , gemi , tanggap titis ing sasmita , tjikattjakoet ing tandang .

Mila mèh sadaja prijantoen ageng alit sami tresna ing pijambakipoen .

Watawis lami anggèning soewita Hastjarja sowan rekjana Patih , njoewoen pamit badé martoewi tijang sepoehipoen atoeripoen : Hastjarja : „ Kawoela -noewoen , abdidalem koela ingkang soewan ."

SENDANG ING TAWOEN .. 2

Ija Hastjarja , mara moenggaha mréné , loenggoeha sing kepénak ; ana perloemoe apa ? "

„Koela noewoen inggih . Sarèhning sampoen sawatawis lami abdidalem koela soewita wonten ing ngarsa dalem , manawi amarengaken abdidalem njoewoen palilah badé toewi tijang sepoeh dateng Mataoen . [Tawoen] . "

„O, ija ! Mengko ta Hastjarja , adjaa kowé njoewoen pamit tilik, akoe mèh kebandjoer lali .”

„Karsa dalem poenapa ? "

„Anoe arep takon, apa bener kowé doewé sadoeloer lanang ? "

„Koela noewoen inggih gadah , sadèrèk djaler satoenggal , kapernah sepoeh ."

„Sadoeloermoe djenengé sapa , panggawèané apa , lan kira -kira wis oemoer pirang taoen ? "

„Namanipoen Sinarawita padamelanipoen tani , ngolah siti tilaranipoen abdidalem poen bapa , menggah oemoeripoen abdidalem koela, boten saged moendjoek , namoeng kinten -kinten pantesipoen abdidalem koela poenika adinipoen let tiga. "

„Jèn mangkono sadoeloermoe ikoe wis toewa. "

,,Koela noewoen , inggih . "

„La nalika bapakmoe tinekakaké ing djandji , koewé wis ngoemoer pirang taoen ?"

,,Nalika ngadjalipoen poen bapa , abdidalem koela taksih wonten wowratan tigang woelan . "

„O, ja wis ta. Kadjaba koewi anggonmoe njoewoen pamit pirang dina ? "

,,Manawi marengaken , njoewoen 15 dinten. "

,, Ija betjik , pangkatmoe kapan ? "

,, Inggih dinten poenika oegi ."

,, Ija, Hastjarja , akoe njangoni slamet."

. „Koela noewoen inggih , kapoendi . Kapareng abdidalem koela bidal ?"

ود ,,Ija."

Boten katjarijos lampahipoen ing margi , sadoemoegining doesoen Mataoen , sampoen pinanggih ingkang raka saha bijoengipoen , sami bingah ing manah , éndjing sonten tansah rembag gegoedjengan . Tetijang ing doesoen ngrikoe katah ingkang sami tindjo , gilir-goemantos , martosaken kawontenanipoen Hastjarja wonten ing nagari .

Ing wantji sonten kalanipoen sami djedjagongan kalihan tetijang katah , Radèn Sinarawita dawoeh dateng ingkang raji , temboengipoen : „Adi, kowé adja lawas-lawas ana ngomah , noeli balia menjang Pradja , sarèh déné wis pada ketemoe slamet . Sanadyan siadi wis oléh palilah , samengko daktoendoeng bali , awit kanggep ing panjoewitamoe , akoe lan bijoeng, ora kawasa amoerba . Akoe oega weroeh jèn saiki kowé doeroeng mangsané bali , nanging kang mangkono ikoe ora ndadèkaké sabab apa-apa mandar moe . woehi santosa pangideping soewitamoe , ora liwat iki ana tembang pangkoer soerasa moelang marang awakmoe , akoe moeng saderma noelaraké , rèhning iki temon saka boekoe tinggalané bapak. Eling -élingen adja lali . "

1. Ngoengkoerna mring kasoedaman , madep marang kajoewananing ngoerip , boga lan néndra siningkoer , sedya tanpa roebéda , loepoet saking karti sampékaning moengsoeh , satiba -malanganéja , kinèringan ing sesami ..

2. Wité sing tjita nirmala , basa tjita jaji tegesé ati , nirmala resik rahajoe , dénira moerwèng angga , jèn mangkono lelakonmoe jekti loepoet , saka ing pangira -ira, roebed roebédaning ngati .

3. Kalakoné tjegah loeba , sakabèhing kareman kang linoewih , sabab ikoe anenoentoen , marang doerbala tjipta , béda lawan kang nganggo sarating patoet , kalawan doega prajoga , kaja tan toemekèng nisțip .

4. Dadiné saking oetama , para -marta tantjebing welas -asih , tjentjeming tyas kadya madoe , masah amasoeh tjipta , woes tartamtoe jaji sira bakal antoek , sih kawelasaning djagat , jèkoe kabagjaning oerip .

5. Kang minangka sambékala , doeka tjipta kanistaning pamboedi , lah sapa kang soedi niroe , roepaning kasoedaman , soemawana doeka - tjipta ikoe kasboet , tanda patra liroe nama , makan anggané pribadi.

Poen Hastjarja tanggap wasitaning raka, noenten pamit dateng bijoeng, kekalihipoen nglilani . Njai ageng ngantos tebih anggènipoen njawang lampahing anak, sarwi angoesapi loeh . Boten katjarijos ing margi , lampahipoen Hastjarja doemoegi ing Pradja ndjoedjoeg Kapatihan pinanggih soewoeng , awit rekjana Patih ngandikan ing Sang Praboe, wonten ing patamanan . Hastjarja ladjeng ngaso ing pondokan satjelaking dalem Kapatihan .

Sigeg ingkang saweg ngaso , katjarijos Sang Praboe ingadep rekjana Patih wonten ing patamanan , tansah ngandikakaken akiring Pradja , saha ndawoehaken wangsiting pasoepenan , dawoehipoen :

„Kawroehana patih, maoe bengi ingsoen antoek wangsit, sarèhning wis toemeka ing mangsané bakal asoring djoerité Adipati ing Blambangan, kowé koedoe noeli miwiti tata -tata sikeping prang , apa manèh roemanti sangoe panganing pradjoerit."

Oendjoekipoen kjai Patih :

„Kawoela noewoen inggih, menggah saking karsa dalem ingkang Sinoehoen , sinten abdi -dalem pradjoerit ingkang minangka sénapatining prang ? ”

„Anoe patih, manoet ing gaib , kang wadjib dadi sénapatining prang botjahmoe si Hastjarja , nanging rehning ikoe botjah anjar, prajogané bésoek dina Kemis iki ingsoen nedja nari marang botjah -botjah pangareping tamtama , sapa kang kedoega dadi sénapati , ngloeroeg menjang Blambangan. Déné jèn woes ingsoen -dawoehaké , woesana ora ana kang wani , gampang ingsoen matah marang si Hastjarja ."

„Kawoela noewoen inggih , kaloehoeran dawoehdalem toer boten ngatawisi jèn pinidji ."

„ Ja wis patih moeliha sarta pikiren ! "

„Kawoela noewoen , inggih sandika . "

Saoendoeripoen rekjana Patih saking ngarsa dalem doemoegi dalem Kepatihan , Hastjarja sampoen wonten ing pasowanan ; soemerep rawoehipoen rekjana Patih , ing semoe sampoen njakoep wosing perloe katimbalan, oelatipoen padang sadjak boten wegah nglampahi dawoeh , nanging sinamoen ing oelat mèsem . Rekjana Patih oegi tanggap ledjaring manahipoen Hastjarja . Sasampoening satata lenggah aso, noenten ndangoe dateng Hastjarja , pangandikanipoen :

„Kowé Hastjarja , bagéa satekamoe ."

Atoer wangsoelanipoen ingkang kadangoe :

"Koela noewoen inggih , berkah dalem , wiloedjeng ."

„Kaprijé wartané bijoengmoe lan kakangmoe ?"

„Koela noewoen , inggih sami wiloedjeng . "

„ Soekoer ta jèn mengkono , nanging ja géné doeroeng tekan mangsané kowé wis bali. "

„Koela noewoen inggih kasinggihan , rèhning sampoen sami pinanggih wiloedjeng, dados boten perloe abdi dalem koela lami-lami wonten ing doesoen . "

„ Ija, nanging apa ora gawé gelané sing pada kotinggal ?"

„Koela noewoen boten , malah sami ndjoeroengaken ."

„O , ja wis ; kadjaba saka ikoe, kowé maoe sadjak mèsam -mèsem ikoe sing ko-batin apa ? ”

„Boten sanès amoeng nggagas bab soeboer kasiling tijang nenanem ."

Ingatasé tetandoeran baé kok nganti gawé èsem ikoe „ gèk tandoeran apa baé ? "

„ Inggih toemrap taneman poenapa kémawon, bilih tanpa dangir poenapa malih tanpa raboek, mesțèkaken lepat asilipoen."

Ija kok bener ! bareng toemraping manoesa apa ja „ perloe didangir , gèk kaprijé pandangiré ? ”

„Koela noewoen , ing pandoegi makaten : toemrap para abdi dalem pradjoerit oetawi para prijantoen panindak pradja , jèn badé kenjatahan pandangiripoen , kedah kapasrahana padamelan ingkang awrat-awrat, soemerep pedes asin , legi-paiting raos ; wondéning raboekipoen , kenjatahan anggèning boten saged tanggap dateng pepaèsaning warni poenapa déné lembat aloesing wasita."

„La oepama kowé déwé kadjibah nampa dawoehing bandara , kang loewih abot sarta banget gawaté apa mesți kolakoni ?"

„Sampoen ingkang oepami , nadyan inggiha pisan boten badé soemingkir, sok oegi mawi wewaton ingkang leres toemraping ngakatah " .

Ija nganggo waton bener , nanging bareng kolakoni , „ roemasa ora katjonggah oetawa ora koewawa, apa kowé perloe bali matoer ing bandara , bab gawating lakoemoe ?"

„Boten perloe , aloewoeng wangsoel aran tinimbang wangsoel matoer ing bandara , bab gawating lampah ; ingkang kaping kalih boten ènget dateng kasagahanipoen pijambak nalika nampi wadjib jèn makaten " .

Satelasing atoeripoen Hastjarja , rekjana Patih paring dawoeh doemateng tjarik, ndawoehaken pangandika -dalem Sang Praboe , béndjing dinten Kemis , para magangan toewin tetindihing pradjoerit saandahanipoen katimbalan ngalempak ing pasowanan . Sampoen katjekap ingkang nampi dawoeh , wradin boten wonten ingkang kalangkoengan .

Kaleres dinten Kemis éndjing, ngalempak kang para prijantoen saha pradjoerit sapanta -panța manoet golonganipoen pijambakpijambak, andèr ing pasowanan . Sang Praboe mijos , ndawoehaken timbalan perloening para magangan saha tetindihing pradjoerit saandahanipoen sami katimbalan . Rekjana Patih kinèn ndawoehaken timbalan dalem , dawoehipoen : „Ngemban timbalan dalem , sampéjan -dalem ingkang Sinoehoen , sarèhdéné wis watara taoen lawasé , Adipati Blambangan tetep nggoné mbaléla , saiki nedya diloeroegi manèh . Kang mangkono maoe akoe wadjib ndangoe marang para magangan sarta marang para pradjoerit sing tjiliktjilik, sapa kang wani dadi pangarep [sénapati ] ngloeroeg njekel Adipati Blambangan , nadyan katjekel mati wis ora dadi sabab , waton ana pratandaning bojongan . Déné para tetindihing pradjoerit adja pada seling -soeroep ing panampa moenggoeh dawoeh iki maoe kabèh .”

Sádaja para magangan saha para pradjoerit, mireng dawoeh makaten poenika , boten wonten ingkang poeroen dados sénapati , satemah saoer -manoek narimah dados pradjoerit djadjar. Sang Praboe saha rekjana Patih tansah toemolèh mawas dateng Hastjarja , katah para pradjoerit magangan mingser saking panggénanipoen , soeprandéné poen Hastjarja boten éwah saking panggénan . Sang Praboe asoeng wasita doemateng rekjana Patih , poen Hastjarja ing ngandikan madjeng . Ingkang sami mireng sarta soemerep adjenging Hastjarja , sanget anggèning goemoen , badé wonten karsa poenapa déné nimbali laré magangan golongan énggal .

Rekjana Patih paring dawoeh dateng Hastjarja , awit saking timbalan dalem Sang Praboe , pangandikanipoen :

„Hé Hastjarja , saka dawoeh timbalan dalem sampéjandalem ingkang Sinoehoen , dina iki kowé kawisoeda tetep dadi sénapati kang mangarepi pradjoerit sing bakal diloeroegaké menjang Blambangan . Wenang mranata lan meréntah kang kowadjibi , sarta kaparingan djeneng Pradjoerit Mataoen .

Ingkang nampi dawoeh moendjoek sendika. Boten dangoe ingkang Sinoehoen djengkar, kondoer ngadaton . Pasowanan noenten bibaran. Rekjana Patih saben dinten tansah nitipriksa sarta roemantos praboting prang .

Katjarijos doemoegining dinten bidaling pradjoerit, katah para prijantoen loehoer paring pangèstoe dateng Hastjarja , pakoermatan nelas , samargi -margi angsal pahargjan saking tetijang alit ing padoesoenan saha tetijang paredèn ingkang kalangkoengan. Pradjoerit ingkang kaloeroegaken dateng Blambangan tjatjahipoen namoeng 500 , nanging ladjeng katah tetijang alit labet dateng Hastjarja , awit Hastjarja misoewoer saé ing boedi , satemah sami ndanakaken banda lan njawanipoen. Tetijang èstri ingkang sami katilar lakinipoen ndèrèk ngloeroeg ing Blambangan , boten wonten ingkang njegah , malah sami djoemoeroeng . Samargi-margi Hastjarja sanget nggènipoen memoeroek dateng prikantja traping lampah kaoetamèn , kasantosan , kawaskitan . Sadaja tanggap ing wasita, satemah sami prasetya sabaja pedjah , boten badé ngoetjirèng joeda .

Lampahing pradjoerit nandoekaken genging dananipoen , prasasat boten ngétang kekiranganipoen pijambak tansah soeka teda dateng tijang alit. Doemoegi kikising nagari Blambangan , Pradjoerit Mataoen dawoeh kèndel atrap pasanggrahan , aso salebeting 5 oetawi 10 dinten.

Tetijang alit ing wawengkon Blambangan soemerep pambekaning Pradjoerit Mataoen sakantjanipoen, satemah medal sih katresnanipoen , saha mbijantoe loemebet dados pradjoerit toemoet pradjoerit ing Padjang , ngantos maèwoe -èwoe , sami mbekta sangoe pijambak-pijambak damel gambiraning pradjoerit 500 ingkang saking Padjang waoe .

Sinigeg ingkang masanggrahan , mangsoeli Radèn Sinarawita saha Njai ageng ing doesoen Tawoen, mireng pawartosing ngakatah , bilih adinipoen Hastjarja sampoen kawisoeda dados tetindihing prang nami Pradjoerit Mataoen , sarta linoeloetan déning tetijang alit sakantjanipoen pijambak, adamel bingahing Njai ageng toewin Radèn Sinarawita .

Anoedjoe satoenggiling dinten wantji éndjing, Radèn. Sinarawita djagongan kalihan Njai ageng ngginem lampahing Hastjarja . Rembagipoen Njai ageng makaten :

„Kaprijé ta enggèr , moenggoeh kabegdjané adimoe koewi apa ora dadi kemèrèné kantja -kantjané, déné doeroeng sapira lawasé teka pasoewitané woes olèh kanoegrahaning Ratoe ? "

Wangsoelanipoen Radèn Sinarawita : „Bijoeng sampéjan boten perloe manah makaten , djer poenika lelampahanipoen adi sampoen tinakdir déning ingkang moerba , oetawi pédah poenapa bapak Kjai mbanter kasoetapanipoen , ngantos doemoegi bijoeng saha koela tansah ngladjengaken lelampahanipoen bapak Kyai . Malah koela mireng wartos bebaratan , oedjaring bakoel sinambi wara, satampining wisoedan ladjeng kaangkataken bidal perang nedya njepeng Adipati Blambangan awit mbaléla ing ratoe . Katjrijos samangké poen adi sakantjanipoen sampoen masanggrahan wonten kikising Blambangan. "

É,é laé, dadi adimoe saiki wis tekan Blambangan , gèk gawané pradjoerit ana pira ? "

Mitoeroet dawoeh bektan saking Pradja namoeng pradjoerit 500 , nanging doemoegi ing Blambangan pradjoeritipoen langkoeng 5000 , awit saking sih katresnanipoen tetijang alit padoesoenan saha paredèn labet dateng adi , toer sami roemantos sangoe teda pijambak-pijambak. Boten ngamoengaken tetijang ing bawah Padjang kéma won, nadyan tetijang bawah ing Blambangan katah ingkang sami labet."

„ La saiki saka pamrajogamoe kaprijé ?"

„O, makaten bijoeng , koela ènget welingipoen bapak Kjai nalika taksih soegeng kirang 3 dinten adjalipoen ."

Ija kaprijé welingé ? Mara takroengokné ."

„ „Enggèr , larakoe wis ora kena ditambani , moeng welingkoe , iki bijoengmoe woes meteng 3 sasi , samangsamangsa lahir lanang lan ing bésoek bisa mleboe dadi pradjoerit ing Padjang toemeka diloeroegaké , saboekkoe tjindé kang ana ing peți koewi gawakna , adimoe gawanana djaran wédok si Loetoeng ikoe minangka toenggangané . Déné jèn menang djoerité koeboerkoe elihen manèh menjang Plémbangan kana, nanging kowé wa djib ngembani adimoe ."

„ Jèn mangkono koewé bakal noesoel adimoe ."

„Sampoen mesti bijoeng, boten langkoeng bijoeng ingkang kentjeng panoewoenipoen , angsala margining gampil panjepenging mengsah ."

Ija enggèr , manoet saremboegmoe , lan kabèh ikoe „ akoe pasrah marang kowé."

Radèn Sinarawita trangginas mendet saboek tjindé sarta ngabahabahi poen Loetoeng katoentoen dateng Blambangan . Wasana lampahipoen kadengangan tijang ing doesoen ngrikoe, watawis tijang 50 sami ndèrèkaken . Ing margi boten katjrijos ,doemoegining pasanggrahan sampoen saged pepanggihan lan adinipoen , sami rangkoelrinangkoel . Ingkang raka dawoeh sababsababing noesoel , satemah dados soekanipoen ingkang raji , noenten kekemboelan dahar .

Anoedjoe satoenggiling dinten, Sang Adipati Blambangan mijos ing pagelaran , ingadep para najaka pepak ander . Sang Adipati ndangoe tatatentreming pradja wiwit bibaring prang amengsah oetoesan ing Padjang. Atoeripoen Patih :

„Goesti , angsal pangèstoe dalem , saking pamrasoedinipoen para abdi Mantri -Wadana pradjadalem ing Blambangan sakalangkoeng karahardjan mewahi kaloehoeran dalem ."

Sang Adipati ngandika :

Ija, kadjaba ikoe Patih , tjoba djarwanana impènkoe „ maoe bengi .”

„Koela noewoen sandika , soemangga moegi kadawoehna soepados kamirengan para noedjoem ."

„Sadjroning padésan wawengkon Blambangan kang tembing koelon daksoepenakaké , katiban remboelan . Ora soewé akèh banget lintang kang pada roentoeh ngepoeng remboelan maoe . Akoe arep njedak kapangkalan srengéngé , saking adrenging kersakoe meksa arep njedaki , nanging ora bisa . Ora soewé akoe katradjang bandjir getih , kongsi goelagepan , bandjoer nglilir . Lah keprijé Patih , moenggoeh wardiné ?"

„Goesti babaring pasoepenan poenika dédé koela ingkang wadjib ndjarwani , kadjawi ki pangoeloe ingkang madjibi ."

Ija wis menenga Patih ."

„ „Koela noewoen inggih sandika. "

„Pangoeloe , tjoba djarwakna impènkoe maoe ."

„Ki pangoeloe matoer . "

Inggih éméd-éméd bilih kaleresan."

„ le. remboelan koela djarwani , prijantoen oetoesaning Ratoe .

lintanglintang djarwanipoen kantja panoenggilaning 2e . oetoesan , ingkang kagolong boedi marta-tama , sabab mendet padanging remboelan , lintang mboten karaos bentèr toemrap djasating manoesa .

3e. soerja ingkang ngalangi margi , wisajaning oetoesan ingkang badé nanggoelangi boedi angkaramoerkaning lijan .

4e. bandjir rah ingkang ngelèbi sarira dalem , angèmperi doemawahing apesipoen sarira dalem .

Saweg kèndel atoeripoen ki pangoeloe , kasaroe pisowanipoen demang tamping, minggah ing pasowanan . Sasampoening aso satata linggih, ki Patih noenten ndangoe :

„Ana gawémoe apa demang tamping, déné lakoemoe gegantjangan , kringetmoe dléwéran . Apa ana karoesakaning wewengkonmoe katradjang kali bandjir oetawa goenoeng goegoer ? mara énggal matoera ! "

Atoeripoen demang tamping :

„Koela noewoen inggih kjai loerah Patih , mila koela gegantjangan sowan, ngatoeraken tiwas , salebiting siti pawengkon -koela wonten oetoesan saking Padjang, adamel grija pasanggrahan kalangkoeng ageng , sarta kekadjengan ageng , ladjeng kaloebéran genging dananii.. roemantos dedameling prang . "

,,„Kaprijé soemoeroepmoe jèn ikoe oetoesan Padjang ? Apa wis kok njatakaké déwé ?"

,,Njatakaken pijambak koela noewoen dèrèng , kadjawi saking rembagipoen tetijang alit ."

,,Sabab apa ora kotjegah ?”

,,Njegah pikadjenganing pradjoerit Padjang malih, sageda, atijang njegah pikadjenganing tijangipoen pijambak boten katjonggah , malah angiwi-iwi toemoet reréntjang sedjaning mengsah . "

„Sabab apa bisa kalakon mangkono ? "

,,Tetijang alit katah kaliren , sami gegrija ngandap poen pradjoerit Padjang. O, sampoen kados kețèk andoem wowohan . "

Sapa sing dadi tetindihing pradjoerit, lan pira tjatjahing pradjoerit kang dinoeta ?”

Tetindihipoen nama Hastjarja katelah nama Pradjoerit Mataoen , mbekta pradjoerit 500 , nanging samangké langkoeng 5000 , sabab samargi -margi tansah angsal bijantoe saking tetijang bawah Padjang saha Blambangan ."

Wongmoe ana pira sing kèloe mrono ? ”

,,Namoeng tijang kalih dasa ."

,,Koewi sing genah kèloe , la déné moeng sitik .

,,O, boten makaten kjai loerah , tijang kalih dasa ingkang koela atoeraken poenika waoe , tijang ingkang boten kèloe , sabab sami pedjah sareng kala waoe éndjing , djalaran kaliren . "

„Hèh demang édan sing kaja kowé, patoeranmoe ora genah ; menawa kowé déwé miloe ngoental danané wong Padjang."

,,Ngoental boten , amoeng grija sarta pémahan koela sampoen kawedalaken saking gantosan ."

,,Ah ! wis ! minggata ! wis adja katon ing mata ! "

Saoendoeripoen demang tamping, ki Patih atoer oeninga ing Sang Adipati , jèn wonten mengsah saking Padjang ndatengi malih, sarta samangké sampoen sami masanggrahan ing kikising nagari Blambangan , kațah sanget tetijang réréhan ing Blambangan sabijantoe pasrah saha labet sabaja -pedjah dateng pradjoerit Padjang .

Sang Adipati sanalika doeka sanget dateng asoring boedinipoen tetijang alit ing Blambangan ingkang sami kèloe mengsah . Ki Pangoeloe boten kasoepèn pasoepenanipoen Sang Adipati ingkang nembé kadjarwakaken , pangoenandikanipoen : „Hèh, kiji pepoetjoekan kang bakal ngroesak keloehoerané Sang Adipati ,tjotjog karo pasoepenané . Moenggoehing akoe , loewih betjik noengkoel ; isin , sing diisini apa ? Djer kabèh -kabèh iki saka salahé déwé . Tjobatjoba takatoerané . "

Atoeripoen ki Pangoeloe : „Kawoela noewoen Sang Adipati ."

Adipati : „Apa Pangoeloe .

„Badé atoer koela moegi tinebihna ing saroe sikoe, déné tjoemanțaka kamipoeroen atoer pamrajogi bok bilih ginalih leres ."

,,Ija kaprijé ? Tjoba matoera ! "

,,Saking pamrajogi koela , poenapa boten saé Sang Adipati noengkoel srananing aris , angèngetana pasoepenan ingkang nembé koela djarwani , raosipoen tjotjog sanget , tjobi kagaliha ingkang sarèh . Soemoejoeding tetijang alit ingkang dédé pradjoerit, mratandani dawahing lintanglintang angroeboeng remboelan ; remboelan wahananipoen tetindihing oetoesan . "

Doemoegi samanten Sang Adipati ndawahaken dedoeka , sarta noendoeng ki Pangoeloe , pangandikanipoen : „Hèh Pangoeloe kang tjoepet ing nalar , apa kowé ngira jèn akoe pratjaja marang tjatoermoe sing mintjak -mintjoek , kowé ngakoe patitis , kowé ngakoe terang ing pamboedi ? Kadjaba patitising panasaran , terang ing boedi asor akoe pratjaja . Wis minggata . "

Ki Pangoeloe ladjeng medal teroes mantcek wewartos dateng anak sémahipoen , kaadjak késah ngoengsi . Sang Adipati noenten dawoeh doemateng Patih maréntahaken pradjoerit satata dedameling aprang . Ingkang nampi dawoeh ladjeng naboeh tengara bendé ngoengkoeng boten wonten kèndelipoen . Para pradjoerit sami biloeloengan kagèt mireng oengeling bendé .

Sasampoening roemantos , ladjeng ngalempak satengahing aloenaloen . Sadaja prijantoen pepak ngagem kapradjoeritan sapanțapanţa , Sang Adipati nitih toerangga sinongsongan sakalangkoeng galak pasoerjanipoen .

Oentaping wadya-bala kinanda kadi semoet loemampah wonten ing séla , sinawang kang para pradjoerit sadjoeroe -djoeroe , kang boesana sarwa petak kempal, kados koentoel aneba , kang boesana sarwa tjemeng kempal, kadya dandang reraton, soewaraning tetaboehan , kabaroeng pangriking koeda , krapyaking watang gatik, koemelaping bandéra rontèk katempoeh ing angin , oeleking bledoeg mangampak -ampak , sapandeleng boten soemerep ing margi, katah para pawèstri pating djlerit nangis sabab sémahipoen taksih nandang sakit kapeksa toemoet bidal prang, sawenèh njoeroeng grobag , ngrembat tetedan lan sanès -sanèsipoen . Sigeg .

Pradjoerit Mataoen nalika ing wantji daloe , katimbalan déning ingkang raka Radèn Sinarawita pijambakan, boten wonten kantja sanèsipoen ingkang soemerep .

Sinarawita : Adi , kowé dakdjarwani , sang Adipati Blambangan ikoe wong sekti , ora tedas gegaman , moelané saka pratikelkoe , si adi sésoek noengganga djaran și Loetoeng lan njangkinga saboek tjindé kijé déné perloené , jèn sésoek kowé adep-adepan lan Sang Adipati sing waspada , pikirmoe sing tetep , ora -orané jèn kena gegamané , awit dèwèké kawekèn banget ora bisa namakaké gegamané , djalaran saka gambiraning djarané , djenengé Gagak rimang , ikoe lanang , gedé ja doewoer , moelané kowé dakgawakaké djaran wédok si Loetoeng , arahen Sang Adipati goeloené kena kolong tjindé iki, jèn wis kena noeli sendalen , mastèkaké dèwèké tiba, djaranmoe getaken karbén njongklang, ing kono Sang Adipati nemahi mati sabab katoedjah - toedjah djarané déwé ” .

Pradjoerit Mataoen sampoen njakoep dawoehing raka, éndjingipoen tata-tata rerakit pirantos badé loemebet ing kița, sakedap rampoeng para pradjoerit sami mangkat , lampahipoen pepérangan , sapanţa medal sisih lèr , sapanţa sisih kidoel . Satengahing loemampah kapapag wadya ing Blambangan. Dilalah wadya Blambangan ningali katahing pradjoerit Padjang, satemah giris boten poeroen loemawan perang , sami loemadjeng sapoeroegpoeroeg . Soeraking pradjoerit Padjang kados soewaraning gloedoeg tetoendan .

Sang Adipati lingsem sanget katilar para kawoelanipoen satemah ngetap titihanipoen naradjang barising pradjoerit Padjang, katah ingkang pedjah . Kaleresan ingkang dados tetamènging Padjang tetijang saking Blambangan , dados katahing pepedjah poenika inggih tijang Blambangan. Pijaking pradjoerit katradjang Sang Adipati nitih koeda katingal sentoek -sentoek pradjoerit Mataoen noempak kapal èsteri. Gagakrimang soemerep poen Loetoeng ladjeng gambira sanalika njlentik , noedjah , nggéwar boten kendat, kalimpé sakedik Sang Adipati kénging kolongipoen pradjoerit Mataoen , kapal ginetak sareng panjendaling kolong tjinde . Sang Adipati dawah saking kapal kalarak-larak déning pradjoerit Mataoen. Gagakrimang oetjoel noedjah -noedjah Sang Adipati ; toer gambiraning Gagakrimang namoeng perloe badé tjelak poen Loetoeng kapalipoen pradjoerit Mataoen .

Sang Adipati boten koewawa nahan sakiting sarira, énggaling jarijos doewoeng ligan ingkang kaasta, kasawataken pradjoerit Mataoen , woesana angèngingi lempèngipoen Gagakrimang, sanalika ambroek , ngebregi Sang Adipati , dados sédanipoen Sang Adipati Gagakrimang oegi pedjah . Wondéné pradjoerit Mataoen ladjeng mandap saking toempakan njelaki lajonipoen Sang Adipati . Pradjoerit Padjang soerak mawoerahan .

Patih Blambangan woeninga sédaning Sang Adipati noenten dawoeh mbongkoki dedamel noengkoel ing Padjang, sadaja marek dateng Pradjoerit Mataoen .

Radèn Sinarawita dawoeh dateng ingkang raji nampènana panoengkoelipoen Patih Blambangan , kantanda dedamel bongkokan . Pradjoerit Mataoen matoer ing Patih Blambangan nganggé temboeng angarih -arih ; atoeripoen :

„Ki Patih , pandjenengan sampoen asrah bongkokan , inggih koela tampi kanți bingahing manah , lan boten perloe was ing panggalih , manawi dados doekanipoen sampéjan dalem ingkang Sinoehoen . Béndjing koela pijambak kénging kanggé wot ; namoeng atoerkoela ing pandjenengan :

le. poenika lajonipoen Sang Adipati moegi énggal dipoen -oepakaraa kados tjaratjaranipoen leloehoer ngriki .

2e. sarampoenging pametak , pandjenengan énggala kondoer wangsoel dateng kița , atoer woeninga ing ngarsanipoen para Poetri garwanipoen Sang Adipati , sarta sami pandjenengan bojongi dateng Padjang.

ing kita soepados kadjagia, toegoeran rinten-daloe 3e. gegentosan .

4e. angkating bojongan pandjenengan koela-atoeri mengadjengi , sarta boten perloe sesarengan koela , prajogi bidal roemijin .

Ingkang nampi atoer ladjeng maréntahaken doemateng poenggawanipoen. Wondéning Pradjoerit Mataoen sakantjanipoen sami wangsoel dateng pasanggrahan ngaso nglerepaken sajahing sarira. Wonten ing pasanggrahan para pradjoerit anggènipoen soeka -soeka boedjana noetoeg , boten-wonten ingkang toekar paben , oetawi loemintoening dana tansah adamel seneng soemoejoeding tetijang ingkang kemlaratan saha tetijang sanèsipoen .

Ki Patih sasampoening metak lajonipoen Sang Adipati , angoendangaken wangsoel dateng kița, doemoegining kita ndjoedjoeg ing dalem kapoetrèn, atoer woeninga sédanipoen Sang Adipati , satemah sami moewoen , Ki Patih nglelipoer para poetri waoe sarta kațah-katah atoeripoen , satemah para poetri garwanipoen Sang Adipati saged sami lipoer saha manoet dados bojongan . Sadaja abdi emban ndikakaken nata agem -ageman nedya kabekta dateng Padjang. Ki Patih pamit moendoer badé matah doemateng prijantoen ingkang kawadjiban tetoegoeran . Sang poetri nglilani . Para prijantoen ingkang kapatah toegoer sampoen sami kapidji pijambak -pijambak . Saladjengipoen ki Patih kondoer ing dalem paring wartos asoring joeda, saha dawoeh badé dateng Padjang ndèrèkaken poetri bojongan .

Tjekaking tjarijos ki Patih ladjeng dawoeh dateng tetijang ingkang kadjibah ngrembat tandoe saha barang -barang sanèsipoen . Bidalipoen saking Blambangan wantji éndjing , lampahipoen nglangkoengi pasanggrahanipoen pradjoerit Padjang dados sawatawis saged koermat dateng lampahipoen ki Patih .

Pradjoerit Mataoen ingkang taksih wonten pasanggrahan oendang bidal mantoek dateng Padjang, ngiras pantes ndèrèkaken kondoeripoen ingkang raka Radèn Sinarawita dateng doesoen Tawoen . Para pradjoerit toemandang merakaken dedamel , déné grija pasanggrahan kaparingaken dateng demang tamping doesoen ngrikoe . Tetijang Blambangan ingkang sami labet, boten kalilan ndèrèk dateng Padjang, mindak njoewoengaken doesoenipoen pijambakpijambak . Wangsoeling pradjoerit Padjang samargi-margi tansah angsal koermat boten béda kalanipoen bidal ngloeroeg dateng Blambangan .

Pradjoerit Mataoen sakantjanipoen koermat mantoekipoen Radèn Sinarawita , doemoegi ing grija manggih kasoesahan awit Njai ageng sakit sanget , djinagi déning tetijang tangga - tangganipoen . Kagèting Njai ageng anakipoen kekalih mantoek , ndadosaken adjal. Radèn Sinarawita ngrangkoel ingkang raji sarta dawoeh moepoesa pepestèning Hjang kang Maha Soetji . Lajon noenten kaoepa -kara sarta kakoeboer wonten ing Poendjer .

Ing wantji daloe pradjoerit Padjang sami kapondokaken pijambak-pijambak sabab grijanipoen roepak sanget , toer oepami agenga pisan inggih boten njekapi . Endjingipoen Radèn Sinarawita neda pitoeloenganipoen tetijang doesoén ngrikoe angelih koeboeranipoen Kiageng Mataoen [Ketawang] kapindah dateng koeboeran Setana [Plémbangan ] . Tetijang sami toemandang mindah koeboeran , tatatjaranipoen kados déné nalika adjalipoen . Para pradjoerit Padjang wonten doesoen ngrikoe kasoeba -soeba , sarta lerep malih mesakaken anggènipoen kasripahan Radèn Sinarawita lan pradjoerit Mataoen [Hastjarja ] . Sigeg.

Katjarijos noedjoe ing dinten Senèn Sang Praboe Padjang mijos siniwaka ing sitibentar , sinéba para najaka ingkang sami terang ing boedi , damang sakațahing kawroeh agal -aloes , sarta sami sajoek roekoen ngangkat pakarjaning Ratoe. Rekjana Patih sampoen soeméwa ing ngabjantara Nata, tanggap titis semoening wadana déning Sang Praboe kataman doehkitaning drija , mila ingkang sami soeméwa ing pagelaran kèndel rep sidem premanem boten wonten sabawaning walang salisik ; godonging kekadjengan boten ébah , angin boten loemampah. Amoeng soewaraning peksi grédja sadjodo ingkang tansah iber ojakojakan kaleres loehoering -palenggahanipoen Sang Praboe. Boten dangoe peksi gredja sadjodo waoe pedjah sareng doemawah ing ngarsanipoen Sang Praboe Sanalika imbal watjana .

Sang Praboe : „Kagèting marasingsoen welas marang patiné manoek iki, apa sira kakang Patih bisa djarwa pepiridan ngèmperi bakal lelakon dina ing bésoek -bésoek , mara tjoba jèn bisa matoera kang tjeta ."

Patih : Kawoela noewoen inggih sandika , nanging radi ngoetjiwani sakedik, déning raosing manahipoen abdi dalem kawoela, kados boten saged anjirnakaken koewatosing lelampahan ingkang badé doemawah . Pasemoning paksi gridja sadjodo pedjah sasarengan poenika , pémoet anjegah karsadalem ingkang badé linampahan. Mila bilih leres , sampéjan dalem kagoengan karsa perloe sarta mesți badé kadawahaken doemateng para kawoela sadaja , sadèrèngipoen kasaringa roemijin, langkoeng - langkoeng manawi sampéjan dalem badé djengkar tedak dateng ing poendi -poendia pamrajogi kawoela saé kasandèkaken ."

,, Ija Patih sadjatiné mangkono , nanging sarèhné tedakingsoen bakal tindjo apa ja ndadèkaké sabab ? "

„Goesti , sadaja oendjoek atoeripoen poen patih, namoeng loegoe njoewoen sandéning tedakdalem dados boten pilih -pilih ingkang katoedjoe ing karsa panggalihdalem ."

,,É, la, kaprijé Patih déné banget panjegahmoe , mangka kersaningsoen tan ora dina kijé mesti tedak marang pasaréan Padjang (Lawéan) arsa soengkem Kangdjeng Pangéran Dadap Toelis ; ki Diradameta kang bakal soen titihi , soepaja gèk diprèntahaké . Kang kapindó : samangsa Pradjoerit Mataoen teka olèh gawé , betjik dawoehana ana pradja , bojongané pasrahna kang madjibi . "

Rekjana Patih nampi dawoéh énggal paréntah doemateng para wadjib pijambak-pijambak ki Diradameta sampoen roemakit saha soemadija ing plataran. Wijosipoen Sang Praboe ginarebeg para inja , emban parekan tjèți sami angampil-ampil oepatjara .

Rekjana Patih saha katah Boepati Najaka ingkang terang ing boedi , sami ndèrèk tedak dalem , sabab roemaos was sanget dateng sarira dalam ingkang Sinoehoen , awit saking ngèngeti pasemon pedjahing peksi gridja.

Mangkana Sang Praboe sampoen rawoeh ing pager pasaréan , risaksana tedak mandap saking titihan , padaran keraos gerah satemah ndjalari sédanipoen . Rekjana Patih saha para Boepati Najaka sanalika soengkawa sarta sami moewoen . Ingrikoe ladjeng kaoepakara . Sarampoengipoen kasarèkaken wonten ing astana Padjang . (*) katelah nama „Datoek Palémbang . "

Rekjana Patih noenten matah Boepati satoenggal kanți Wadana -Mantri ndikakaken noesoel lampahing pradjoerit Mataoen , ing padoesoenan goemoeroeh sanget wartos oenggoeling joedanipoen oetoesan Padjang.

Doemoegi sédanipoen Sang Praboe , tjarijos Padjang kasigeg .

Boepati sapanoenggilanipoen ingkang nampi dawoeh trangginas noempak kapal tjetjongklangan. Wonten ing margi Boepati Padjang kapetoek Patih Blambangan ambekta bojongan . Sasampoening takèn -tinakèn sarta sami matoer perloening lampah . Patih Blambangan sabojonganipoen kaadjak wangsoel dateng doesoen Tawoen , sanalika wangsoel .

Katjarijos doesōen Tawoen, inggih poenika pradjoerit Mataoen (Hastjarja ) ingkang lenggah sakantjanipoen nengga gerahipoen Radèn Sinarawita , gerahipoen sangsaja ngranoehi , katah oesada wangsoel boten toemama , ngantos dados tiwasipoen. Lajon kakoeboer dateng Setana (Plémbangan). Dèrèng dangoe sawangsoelipoen ingkang sami saking koeboeran , katoengka raméning tetijang doesoen alok-alok wonten kraman [kètjoe ] .

Pradjoerit Padjang ingkang sami wonten ing doesoen Tawoen tjantjoet sikep gegaman njatakaken , wasana sareng sampoen tjelak , njata jèn Boepati oetoesan saking Padjang mangsoelaken Poetri bojongan .

Boepati Padjang , Patih Blambangan saha Pradjoerit Mataoen sami lenggahan tansah mbrebes mili , loeh delèwèran , nggalih roebédaning ngagesang . Sasampoening wartos-winartosan, Boepati saha para pradjoerit wangsoel dateng Padjang Patih Blambangan goemantos Adipati , para Poetri ndikakaken mbekta wangsoel dateng Blambangan. Saladjengipoen Pradjoerit Mataoen dedoenoeng ing Tawoen ngantos adjal .

(*) Malah saladjengipoen pasaréan Datoek Palémbang kapindah kempal ing gedong pasaréanipoen Kangdjeng Ratoe Kalinjamat dateng Kita ageng .

ΤΑΜΑΤ .