Baca PDF (OCR): Pétroek dados ratoe; tjarangan bebanjolan

54 halaman · 19 halaman diproses dengan OCR · 4.3 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. CORNELL UNIVERSITY LIBRARY
  2. SERAT-SERAT BASA DJAWI .
  3. PÉTROEK DADOS RATOE
  4. POENIKA PAKEM RINGGIT POERWA, LAMPAHAN
  5. PÉTROEK DADOS RATOE
  6. WONTEN NAGARI ING SONJAWIBAWA .
  7. NAMANING PANGARANG .
  8. DATE DUE

Wason PL 5179 P49 1920

ASIA

CORNELL UNIVERSITY LIBRARY

WEDALAN BALÉ POESTAKA Tjarangan bebanjolan . Mawi gambar 16 idji. Tjap-tjapan ingkang kaping tiga . UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR BDUCRO UITV. FALG FILMY PÉTROEK DADOS RATOE

SERAT-SERAT BASA DJAWI .

Serat-serat ingkang kaseboet ingandap poenika sok tijanga kénging toembas dateng kantor BALÉ POESTAKA ing Weltevreden . Jatra panoembasipoen kedah kakintoenaken roemijin mawi postwissel. Déné serat-serat wave badé kakintoenaken ,,dienst" dateng ingkang toembas. Rembours inggih kénging, nanging kedah bajar wragading pangintoen.

NAMANING PANGARANG .NAMANING SERAT . REGI. Serat Mahabharata. f 1,52REGI
R. Ng. Djajapoespita. Ng. Wirapoestaka . R. M. Soerjapranata. Koempoel alias Mas Mangkoeatmadja. R. Prawirawinarsa . M. Poedjaardja . Darmawijata . M. Poedjaardja . Sastratama. R. Prawirawinarsa . R. Prawirawinarsa . Serat lagoe botjah-botjah . Ki Padmasoesastra. R. Prawirawinarsa . Serat piwoelang tjablaka . Ki Padmasoesastra. Paţi basa. Ng. Wirapoestaka . M. Kartasiswaja . R. Wirawangsa . M. Djajatenaja . Idem R. M. Mangkoedimedja. M. Poedjaardja . R. Martaardjana . R. Martakoesoema. R. Poerwasoewignja . M. Prawirasoedirdja . M. Poedjaardja . Idem Serat pararaton I. 0,15 77 R.M. Mangkoedimedja.Serat kantjil tanpa sekar. " Serat Sotya rinontjé . Serat Wédda trikara waloeja. Serat Goegon-toehon. Dongèng tjarijosipoen tijang sepoeh. Tjampoer bawoer. Serat tjarijos ingkang kasawaban ing nama. Tri djaka soewala. Tjarijos pandoeng . Kawroeh klapa . karakter). Senggoetroe (Holl. Piwoelang betjik. Pangresoelaning kéwan . Walidarma. Serat panoentoen tani I. 71 0,08 Idem II. 0,15 " Asţa tjarita. Sarimoelja . Serat koela pratama. Pratikel moerih soedaning karojalan . Nembelas tjarijos . Bab bako garangan. Niti karsa. Serat poerwa wahja .0,70 17 0,23 0,10 77 77 0,14 0,12 17 19 0,09 0,07 0,15 " 0,08 17 0,07 77 0,27 0,10 " 0,95 0,03 77 0,06 " 21 0,35 " 0,11 27 0,15 0,23 73 73 0,12 0,06 37 0,08 77 0,11 17 0,09 17 0,19 72 0,50 77

PÉTROEK DADOS RATOE

Serie No. 51 Regi f 0.25

Tjarangan bebanjolan . Mawi gambar 16 idji . ROUCRO UITV. UNIVERSITY

Tjap - tjapan ingkang kaping tiga.

KAETJAP SAHA KAWEDALAKEN DÉNING BALÉ POESTАКА 1920

DRUKKERIJ VOLKSLECTUUR WELTEVREDEN .

POENIKA PAKEM RINGGIT POERWA, LAMPAHAN

PÉTROEK DADOS RATOE

WONTEN NAGARI ING SONJAWIBAWA .

Djedjeripoen ratoe Ngastina , gangsa serbegan , ladjeng rep , kanda :

Ja mangkana, wong agoeng mijos saking datoelaja , ginarebeg para manggoeng , para tjèți lan bijada, sami angampil lar badak sawoenggaling ardawalika , sarta ngampil dampar mas kang pinatik nawa retna.

„Para kantja pada dodok !"

Noelja oermat marijem kalantaka moenja djoemegoer saksana . Ingrikoe ladjeng lenggah wonten sitinggil batoe retna.

Dalang ladjeng kanda :

„Ong wilaèng awigena , mastoehoe nom sidem. Lah ingrikoe wonten ratoe ingkang soedibja kang karengga ing boesana . Jata agemira wong agoeng ing Ngastina , angagem gelang gineloeng toer pangangoen -angoen . Adjedjoeloek ratoe kaéka adi dasa poerwa. Eka: marang sawidji , adi : marang kang loewih , dasa : marang sapoeloeh , poerwa : marang wiwitan .

Waoe ta. Kotjapa ingkang wonten nagari ing Ngastina .

Nagara pandjang apoendjoeng pasir awoekir loh dinawi .

Apa ta kawinja : pandjang apoendjoeng ? Pandjang : marang dawa , poendjoeng : marang doewoer , pasir : anengenaken sagara , woekir : angiwakaken goenoeng . Nagari gemah aripah rahardja, moerah sandang lawan pangan; wong dodol soeket , godong , kajoe dadi lan sandangangané , lan sabarang tinandoer dadi radja -kajané.”

Dalang landjeng soeloek : Lengleng menjang sesangka wajahé lagi koemenjas , mangrengga roeming poeri, moektya napas sir mandaja , mandaja resmining gita, djaladri kapita kang soerja goemiwangkara andjrah soememboer salira, jekti sang Parta saléla , risang sekar soekmèng nala, roem setya asmara déwa, déwataning dyah ing lala , sekti mandaja madibja, dibja djajèng Soeralaja salira amoedja brangta .

Nata ngandika : „Paman arija !"

Patih Sangkoeni : „Kawoela noewoen , anak praboe ."

Nata Ngastina : „Adja dadi atinira , paman , soentimbali ana ngarnasingsoen ."

Patih Sangkoeni : „Kawoela noewoen , anak praboe , koela sareng tampi timbalandalem lir tinebak ing sima lepat, lir sinamber ing gelap toeni ; boten priksa tjlorotipoen namoeng djoemebréting gelap, saking santeripoen timbalandalem, menggah anak praboe moendoet pedjah gesangipoen abdidalem ingkang katrap dedosan , dosa sakit kang sajogi inggih anak praboe kang njakiti ; menggah dosa pedjah sajogi anak praboe ingkang amedjahana . ”

Nata Ngastina : „ Paman, ingsoen tarima ndjoendjoeng kapraboningsoen."

Paman pandita ing Sokalima !

(Gambar I). Pandita Sokalima : „Kawoela nonon ."

Nata Ngastina : „ Sampoen dados panggalih : maniratimbali wonten ngarsaningsoen . ”

Pandita Sokalima : „Koela noewoen , anak praboe , sareng tampi timbalan-dalem : lir kambengan salembar pinandjer ing madyaning aloen -aloen kasiliran ing samirana, kati oegoehan ing kajoe anon ; kawoela nonon, inggih anak praboe , poenapa ta ingkang kapoendoeta ? Poenapa badé moendoet ngèlmoe ingkang meling-meling kados beling goemlinding kados nèker, oetawi pangasihan panglerepan ? Inggih wonten, boten kekirangan paringipoen déwa ing Soeralaja . "

Nata ngandika : „Kados poendi , paman, koela mireng tembang rawat-rawat kados titir binandjoeraken , paman , ing saniki wonten ratoe ngadeg wonten ing nagari Sonjawibawa , paman , boten wandé mbebajani ."

Doerna matoer : „Koela noewoen inggih, anak praboe ."

Nata ngandika dateng patih Sangkoeni : „Wis ta, paman , pakenira medaling djaba , dawoehana botjah Koerawa , soenangkati mbedah nagara ing Sonjawibawa .”

Patih matoer : „Sampoen rampoeng timbalandalem, kawoela klilan medal ing djawi ."

Nata ngandika : „Paman, di rada ngati-ati, adja kaja botjah." Patih Sangkoeni : „Sandika "

Patih ladjeng moendoer saking ngarsadalem

Dalang kanda :

(Gambar II) . „Waoe ta, lah ing kana waoe sabda pandita , ratoe wali -wali tan kena balèbèg lir pèndah mangsi toemètès ing daloewang . Wong agoeng Ngastina saksana kondoer ing kadaton, ingapit para tjèți manggoeng tanapi para badaja ."

Gangsa serbegan .

Sinigeg , genti kotjapa ingkang wonten pasowanan djawi , kentjeng karsanira .

I. epak koerawa Ngastina mblabar lir sagara .

goepala angapit kéring gapoera .

berawa , Patih Sengkoeni ,

53 22/93/28 888 IVg raji Dyan Santyaki , Patih Oedawa .

Gending .

Dalang ladjeng kanda :

„Waoe ta, anenggih poenika ingkang wonten ing pasowanan djawi , ora ana kaja praboe Mandoera , kalihan ingkang raji adipati Ngawangga , para adipati pepak sadaja Ingkang wonten kéringira satrija ing Bandjardjoemoet : arja Doersasana sarta toemenggoeng ing Banakeling : Djajadjatra Ing kana waoe patih Sangkoeni kang ndawoehaken timbalandalem .

Jitnanira wong agoeng ing Mandoera angandika :

Jaji Wangga, di kaparèngarsa , jaji ." „

Adipati Ngawangga : „Koela noewoen inggih , kakang praboe ." Gangsa kèndel .

Dalang ladjeng soeloek :

„Witning wandanira , manoengkoening poenggawa ingkang, lamaté wong kena goena kidang djalala pepintjangan wajahé mèh bangoen rahina ."

Praboe Mandoera tanja dateng patih Sangkoeni .

III Patih Sangkoeni ndawoehaken timbalandalem : (Gambar ) . Anak ,, praboe Mandoera , poenika sami kamirengna anak -anak koela sadaja ; dawoehing Nata dateng koela : sapoenika para Koerawa kakarsakaken sijaga sadaja . "

Mandoera matoer : „Makaten , paman . "

Patih Sangkoeni : „Anak praboe inggih . ”

Praboe Mandoera : „Mangga ta sampoen ngantos kalajatan . " Sangkoeni dawoeh dateng Koerawa : Eh„ -èh botjah pradjoerit , pada dandana ,bedil bolong boentetana ,toembak pada warangana , jèn kesoesoe oengkalana , tamboer bedah dondomana , slomprèt adja na kèri . "

Para pradjoerit Koerawa : „Sandika . "

Waoe ta boedaling wadya bala kaja dandang reboet koenarpa , salang toendjang reboet ngarsa .

Genti kang tjinarita , gelising kang moenggel kawi ,gantjanging tjarita , sédjé tanah nanging toenggal kandané . Ana nagara Darawati kang djedjoeloek praboe bațara Kresna . Mijos sinéba wadya bala pepak ander moenggèng ngarsadalem .

IV). ta, ingkang wonten ngarsanira wong (Gambar Waoe agoeng Darawati , sinten ingkang sowan wonten ingarsanira , poetradalem jaWisnoepoetra rahadèn Samba , jaradèn Wisnoebrata . Ingkang wonten kéringira satrija Lésanpoera , rahadyan arja Setyaki , jaBimakoențing . japatih Oedawa . Déné kananira

Jitnanira bațara Kresna karsa angandika : „ Samba ! Samba ! Mara di kapara ngarep ."

Inggih dateng sandika. " Samba : „

Gangsa kèndel .

Dalang soeloek :

„Lengleng ramjang risedengnja alenggah , sang narapati Kresna , oemjat wisajèng deling, toemandang kang bala koeswa, éka wisanggeni maja moeroeb kadya kaberanang . "

Kresna ngandika : „ Samba , adja dadi atinira , soen timbali ana ngarsaningsoen ."

Samba matoer : „Kawoela noewoen inggih, kangdjeng rama adji, poetra dalem sareng tampi timbalaning Nata lir tinebak ing sima lepat, kadya sinamber ing gelap toeni ; boten priksa tjloroting kilat, namoeng priksa santering timbalandalem."

Kresna : „ Ja, koeloep , ingsoen tarima . "

„Adimas arja! "

Setyaki : „ Kawoela non , kaka praboe ."

Kresna : „Adja djeneng para soemelang , adimas , sira soentimbali ana ingarsaningsoen .”

Setyaki : „ Saklangkoeng koemedjot koemitir katjarjan maras kawoela ."

Kresna : „ Oedawa ! "

Oedawa : „Koela."

Kresna : „Sira tata-tataa, Oedawa , soen arsa panggih lan jaji Samiadji , jèn sijang sijagaa , jèn wengi barisa pendem . "

Oedawa : „Noen inggih, goesti , dateng sandika."

Kresna : „ Wis, sira kang dadi kamitoewa , kang rada prajitna ."

Oedawa : „Dateng sandika ."

Kresna : „Adi mas arja ! "

Setyaki : „Koela."

Kresna : „Sira dombanana adja katoengkoel."

Setyaki : „ Inggih, dateng sandika. "

(Gambar V). Lah ingrikoe wong agoeng ing Darawati arsa djengkar , saking karsanira dateng nagari ing Ngamarta ; djlog tedak dateng plataran wong agoeng Darawati , arsa nggajoeh ngakasa awor méga poetih, bala ndèrèk sadaja .

(Gambar VI). Sinigeg gantya kotjapa, toenggal kandané nanging ja sédjé tanahé . Kang wonten nagari ing Sonjawibawa , sinten ta djedjoeloekira, ja praboe Bèlgedoewèlbèh Tongtongsot Oepelgèn . Sinten ta ingkang sowan wonten ingarsanira, warangkadalem ja radèn Kanékaretna , déné wingkingira ditya Kaladoerga, sangandapira toemenggoeng Ardawalika , kéringira arja Sigargagang ; pepak sadaja ingkang sowan ingarsadalem .

ljengkar sidakep sloekoetoenggal .

henggoeng Ardawalika , pepak wadya.

jatra . Toemenggoeng

Boten wonten ratoe karengga boesana angagem gelang gerananira, ja ngagem koeloek boeloe -boeloe djangkangan, sepatoe modjah dadi patoetira. Ja mangkana ingkang sowan ingarsadalem pepak sagoeng wadya bala , lir péndah sagara mblabar , doemoegi salèring waringin koeroeng ngantos doemoegi sakilèn bloewèn ingkang samja sowan ingarsadalem .

Jitnanira raden Kanékaretna : „E é, kaprijé karsané goestikoe , karsa aneloekaké radja sèwoe nagara ; dakkira apa bisa , nganti klakon moengsoeh nata ing Ngastina ."

Ri saksana ngandika wong agoeng Sonjawibana : „Poetih bok di mbréné .”

Gangsa kèndel .

Ladjeng omong banjol.

Radja Sonjawibawa : „Apa wis pada soewé anèng kono lèhmoe pada loenggoeh ? "

Atoering patih : „ Kawoela sampoen , goesti , wonten ingarsadalem ."

Sang nata : „ Ja wis , poetih akoe ora weroeh apa-apa."

Atoering patih ' „ Inggih, kadjawi karsadalem , goesti , manawi taksih abdidalem poen Kanékaretna, kakerigna tijang Ngastina , kados pangèstoedalem kadoegi ngajoni " .

Sang nata : „Ja, poetih , ja pada remboegana . karo kowé boeta bala-bala kabèh pada amețoekna kana djaba , akoe arep tajoeban karo nginoem roedjak koewèni roedjak gobèt " .

Ladjeng gending lingkolingko .

Boten dangoe mengsah dateng .

(Gambar VII). Tan antara dangoe gègering djawi , datengira wong agoeng Mandoera , saha ngirid wadya Koerawa Ngastina, ladjeng kapetoekaken toemenggoeng Ardawalika , mangsah prang lan toemenggoeng Djajadjatra , tanding. Djajadjatra kepladjar.

Lah ingrikoe datengira dipati Karna , ladjeng soeloek : Goerisa . Tjapeng sang Karna pati , djadjanja bang mawinga-winga, pan koemedoet latinja , saking geter manahira, waoe dipati Karna , narik ingkang tjoeriga .

Kepladjar Ardawalika .

Patih madjeng prang lan dipati Karna ; dipati Karna dipoen djemparing ranté kénging , saksana ladjeng katjepeng .

Tan pantara dangoe praboe Mandoera doeka jajah sinipi . Soeloek .

Ladjeng prang ramé , saksana praboe Mandoera katiban panah ranté boten saged ébah , ladjeng katjakoep .

Koerawa sami moendoer sadaja .

Ja mangkana radèn Kanékaretna karsanira sowan dateng ngarsa praboe Bèlgedoewèlbèh ngladosaken teloekanipoen , praboe Mandoera lan dipati Karna .

Serbegan ladjeng kèndel.

Dalang noelja kanda :

Lah ingrikoe waoe katjepengipoen prijaji Ngawangga lan praboe Baladéwa anekakaken gara -gara , apa tengarané : lindoe ping pitoe sadina , kekoewoeng pating palengkoeng , tédja pating glebjar, poetjoeké goenoeng Mrapi kadya kitiran .

Djleg Semar kelawan Garèng sami banjolan, ladjeng sowan. Sinigeg gantya kotjapa kang wonten nagari Ngamarta gandroeng kapirangoe .

Dalang kanda :

,,Anenggih poenika ingkang kotjapa, sinten ? Ja praboe Joedistira , apeparab ja praboe Widjakangka . Wondéné ingkang wonten ngarsanira Nata Darawati , kanan kéringira kadang pandawa pepak sadaja .”

Gangsa kèndel .

Soeloek sekar Semaradana :

(Gambar VIII). Ri sedengira tinangkil , maha praboe Joedistira , lenggah dampar kentjana , oepatjaranira , lar badak , ardawalika , kalawidja pepak sadaja saksana angandika :

,,Paran tata, kakang praboe dèrèng dangoe katoeran panakrama ."

Kresna : „ Inggih dateng kasoewoen , jaji praboe ."

Poentadéwa : „Adimas Werkoedara !"

Werkoedara : „ I, apa Poenta adji kakangkoe . "

Poentadéwa : „Adimas Djanaka ! "

Djanaka: „Koela noewoen , kaka praboe ."

Nata Kresna matoer dateng praboe Ngamarta : „ Ingkang poenika jaji , koela mireng tembang rawat-rawat, ing sapoenika wonten ratoe djoemeneng nagari ing Sonjawibawa ."

Nata Ngamarta : „Koela noewoen inggih, kaka praboe ."

Nata Ngamarta : „Adi Werkoedara ! "

Werkoedara : „I, apa Poenta adji kakangkoe ."

Nata Ngamarta : „Andadèkna kawroehmoe , jèn saiki ana ratoe loewih digdaja , mangsa boronga sira."

Werkoedara : „Djanaka ! "

Djanaka : „Koela noewoen , kangmas ."

Werkoedara : „Mara pajo pada disirnakaké ratoe Sonjawibawa ." Djanaka : „ Inggih soemangga . "

Nata Kresna ngandika : „Rada sing ati-ati adja kaja botjah." Ja mangkana raden Werkoedara karsa nimbali kang poetra radèn Gaţoetkatja .

Séna nabda .

Ladjeng sekar Pangkoer .

bela , Sedéwa pepak para poetra , Batara Kresna .

tadanawa kalih Setjabawa, danawa kațah .

saking Sonjawibawa sami patjak baris .

(Gambar IX) . Ia radén Widjaséna , ngagem kampoeh polèng rinengga adi , salira angoela doemoeng , andik ingkang paningal , jèn ngandika gereng -gereng teka patoet , satoehoe gagah prakosa , soedira prawirèng djoerit.

Radèn Werkoedara ngandika : „Gatot. "

Gatoetkatja : „Koela , nimbali poetradalem ."

Werkoedara : „ Moelané taktimbali , takdjak nggitik nagara ."

Gaţoetkatja : „Inggih , dateng sandika. "

Lah ingrikoe radèn Gațoetkatja , karsanira ngambah ing dirgantara , ndjedjeg siti boentala : ngandelong sawah sadjoeng , dedel awor méga poetih .

Jata radèn Werkoedara karsanira tindak saksana .

Gangsa serbegan .

Kotjapa , sinten ? Satrija ing Madoekara lan Nata Darawati .

Andikanipoen : „Kipé Djanaka ."

Atoeripoen Djanaka : „ Noewoen , kaka praboe ."

Kresna : „Djeneng para adja klajatan , raka para medal djoemantara."

Tindakira wong agoeng Darawati gajoeh ngakasa amor méga .

Waoe ta, ja radèn Djanaka tindaknja kadèrèkaken perpat kekalih : Semar kalıhan Garèng .

Gangsa serbegan .

(Gambar X) . Genti kotjapa ingkang patjak baris wonten wana Tjatoerdenda kaja djangkrik denkilèni , emban Mamangdèwi sakantjanira pating glereng . Tan antara dangoe pladjaripoen Setjabawa, kalawan megap -megap atoerira.

Para danawa pitaken : „Ana apa , Togog , mara matoera . "

Togog : „Klai-klai, sing atos -atos , saniki wonten satrija liwat , bagoes , réntjangé kalih , koela takoni : saking Madoekara . "

Denawa : „Apa ora kobalèkaké ?"

Togog : „ Saklangkoeng ."

Saksana para danawa ladjeng tjantjoet , sami anjoewara : „Adiadi , ditjegat lorwétan ."

Salang toendjang polahé danawa .

Gangsa serbegan .

Djanaka prang kalih danawa ramé , inggih poenika danawa saking Sonjawibawa , danawa kapladjar sadaja , radèn Djanaka ladjoe ing tindakira .

(Gambar XI). Sinigeg gantya kotjapa lampahira radèn Werkoedara londjong mimis . Para boeron wana kang samja patjak baris anèng Tjatoerdenda kemritjik soewaranira. Sapa kang ana kono ? Dirada Soera sakantjanira .

Gadjah Soera witjanten : „Mata-mata kapi , adi kaja ana sinatrija liwat londjong botor lakoené, mara pada ditakoni , déné wani -wani mlakoe anèng kéné ; mara adja kesoewèn , mandegmandeg."

Ingrikoe tindakira satrija ing Djodipati raden Werkoedara kèndel saksana , mriksa jén wonten boeron wana, Widjaséna saklangkoeng doekanira .

Soeloek sekar Doerma .

Lir sindoera ri sang arja Werkoedara , winga -winga mawengis , lèn tjiptanja djoega , kebaka ingrat tala, poenika ingkang soepami , lir goenoeng wadja, éwoeh awrat sinanggi .

Ladjeng prang sampak , radèn Werkoedara ngamoek saksana , boeron alas samja mladjar sadaja , radèn Werkoedara ladjeng lampahira .

Gantya ingkang kotjapa , kang wonten nagari Sonjawibawa . Gending Radjasoewala.

Wong agoeng lenggah dampar kantjana , logja soeka -soeka karsanira . Sang Nata angandika :

„Keprijé patih, apa wis katjekel ratoe Mandoera karo si Karna ? " Patih matoer : „Kawoela noewoen , pangèstoedalem , goesti , sampoen katjepeng ratoe Mandoera kalijan dipati Karna . Koerawa Ngastina sami mladjar sadaja .

Sang Nata : „Patih , bara tarinen ta disik , apa teloek apa ora ? " Ratoe Mandoera kalihan adipati Karna sami matoer teloek.

Sang Nata ngandika : „Patih , gèk bandjoer kon ngangsoe kana, si Karna koewi kon dadi tjarik : patoeté ."

Patih : ,,Dateng sandika . "

Waoe ta, lagja étja gènira siniwaka ja praboe Bèlgedoewèlbèh , boten antara dangoe radèn Gatoetkatja tjoemlorot saking madya gantang , ladjeng dawah ingarsanira praboe Bèlgedoewèlbèh . Sang Nata djoemboel , boepati gègèr sami alok: ana wong tiban saka nglangit .

Sang Nata ngandika : „Tangia, pak tjilik.”

Waoe ta, radèn Gatoetkatja kasiliring samirana gereng -gereng grégah noelja woengoe , ladjeng sowan wonten ngarsadalam .

Nata angandika : „Patih , koewi singkirna kana, adja awèh séba , pintanen pagawéan ."

Patih matoer : „Dateng sandika."

Ja mangkana sowanira satrija Madoekara kalih ingkang poetra radèn Angkawidjaja lan Irawan , radèn Samba lan arja Setyaki , kalawan satrija dasar pratala radèn Antaredja , sadaja sami sowan wonten ngarsanipoen praboe Bèlgedoewèlbèh , kantoen arja Werkoedara ingkang taksih kantoen wonten djawi , sarta oegi béla teloek kadang sadaja .

Kotjapa kang wonten ing djawi , lah ingrikoe sowanira praboe pandawa sami teloek, Semar, Garèng tinari sagah .

Ngastina lan para Koerawa toewin sagoeng nijaka , toemenggoeng , boepati , mantri , kerig sadaja anjaosaken pedjah gesang .

(Gambar XII ). Waoe ta, wong agoeng Darawati lan perpat kalih ladjeng ngandika :

,,Semar ! mara kéné pada remboegan , sapa manèh jèn ora kowé Semar , sing dadi rasané pikirkoe , kakang ."

Semar matoer : „Poenapa makaten ?"

Kresna : „ Ja, kakang Semar . "

Garèng njela atoer : „Koela mawon, kalih tjèlèng tawa mesți mrantasi , dara . "

Kresna : „ Mangkono , Garèng ? ”

Garèng : „ Inggih, dara . "

Nata Kresna ngandika : „Wis , kakang Semar, adja klajatan ." Semar , Garèng ladjeng tjantjoet , sami mangkat.

Gangsa serbegan .

Kotjapa kang ana nagara Sonjawibawa praboe Bèlgedoewèlbèh , kang sinéba wadya bala sarta para teloekan sadaja .

Gangsa kèndel.

Nata ngandika: „Patih , moeng sidji sing dadi rasaning pikirkoe ."

Patih : „Kawoela noewoen inggih. "

Sang Nata : „Pikirkoe rada ora kepénak."

Patih matoer : Kados poendi ingkang dados karsadalem ? "

Nata ngandika : „Ja koewi , saiki , pada djaganana , nèk ana wong toewa nganggo koentjoeng , djenengé si Semar lan Garèng, poma -poma adja nganti bisa mleboe ana ngarepakoe ; moeng koewé, patih.”

Poetih matoer : ,,Dateng sandika. "

Patih ladjeng medal ndawoehaken timbalandalem .

Patih : „Paman Kalajeksa , botjahmoe bala boeta pada dawoehana patjak baris ana sakiwa tengen tepis wiring nagara , jèn ana wong wis toewa djenengé si Semar lan Garèng , balèkna , jèn ora gelem bali , patènana sing nganti rampoeng ."

Kalajeksa matoer : „Sandika."

Sigeg ganti kotjapa. Ja satrija Djodipati , ja raden Werkoedara pepak sakadang -kadéjan sadaja : Djanaka , Angkawidjaja , Gatoetkatja .

Séna nabda : „I, Djlamprong, metoea . ”

Djanaka : „Koela noewoen inggih."

Gangsa kèndel .

Soeloek :

Witning warnanira , madoe koening riwé medal , katal mawoer ing sira, lamating wong kena goena , kidang djala, lakoené pepintjangan, wajahé woes bangoen rahina .

Werkoedara : „Adimas ! "

Djanaka: „Koela ."

Werkoedara : „Keprijé ? "

Djanaka : „Koela énggal matoer , kang mas , kadjawi saking karsa, sadangoenipoen koela wonten ngriki sampoen lami koela kèngetan poen Pétroek ."

Bima nabda : „Apa mengkono ? "

Djanaka : „Kangmas , inggih. "

(Gambar XIII). Kotjapa Semar, Garèng ladjeng soroh amoek , wadya bala mapagaken sadaja . Bramatya patih Kanékaretna ametoekaken .

Gangsa soewoek .

Semar dipoen wangsoelaken boten poeroen , meksa ngamoek , prang lan bala sami kepladjar sadaja . Semar, Garèng liwoeng.

Lah ingrikoe kantoen pijambak praboe Bèlgedoewèlbèh , andikanipoen: „Èh, blai saiki , kodjoer awakkoe .”

(Gambar XIV) . Wilakatika tan saranta ladjeng tjinandak .

,Dadi déning kowé , ora kira -kira . "

. Ladjeng kadjodi katlikoeng : „Kapok apa ora kowé, sadina iki jèn ora gelem tobat, takgawé pakan matjan. "

Pétroek : „Bijoeng, wis kapok. "

Semar priksa kang poetra ladjeng rangkoelan , tijang tiga badar.

Semar witjanten : ,,Wis ta , pada séba daramoe Nata Kresna ."

Semar , Garèng, Pétroek ladjeng sowan dateng pasanggrahan .

Gangsa soewoek .

Soeloek gending Rina -rina.

Ingkang wonten pasanggrahan , waoe ta, ja wong agoeng Darawati , kalihan para kadang pandawa pepak sadaja ; jitnanira Nata Darawati : „Adi Werkoedara ! "

Werkoedara : „I, apa ? "

Kresna : „ Mara metoea adi. "

Werkoedara : „ Ija."

Gangsa kèndel .

Ladjeng soeloek .

Kresna ngandika : „Adi Werkoedara ! "

Werkoedara : „Ара ? "

Kresna : „Kipé ! "

Djanaka : „Koela ."

Kresna : „ Mara , adi , djeneng para kang jitna . "

Ladjeng datengipoen radèn Samba sarta Semar, Garèng angladosaken poen Kantongbolong.

Kresna nabda : „Déné kowé , Semar ? "

ngi tan kena, ngamoek poenggoeng

g. lan ki Semar dènplètjèti dènengkoek -engkoek .

h Kanéka dèndjemparing maring Dyan koedara .

Nerada , awas Bațara Kresna rada.

Semar : „ Inggih , dara, jektosipoen kang dados ratoe poen Pétroek ."

Djanaka nimbali poen Pétroek : „Pétroek bisa temen gawé soesah ."

Kresna soemamboeng : „ Wis, adi pada sadijaa , balané sing kèri mangsa boronga ."

Séna ngandika : „Wis adja miloe -miloe, akoe déwé ."

Séna nimbali radèn Gațoetkatja : „Gatot ! "

Gatoetkatja : „Koela . "

Séna : „Ajo pada disirnakaké . "

Gatoetkatja : Sandika . "

Ladjeng sami boedalan .

Ganti kotjapa kang wonten nagari Sonjawibawa , patih Kanékaretna lan ditya Kalaraseksa lan wadya-bala pepak sadaja .

Ganga soewoek .

Patih Kanékoretna ngandika : „Paman Kalaraseksa ! "

Kalaraseksa : „Koela, nggèr .”

Patih Kanékaretna : „Saiki goestikoe wis sirna marga lajoe."

Kalaraseksa : „Poenapa makaten . nggèr ? ”

Ija." Patih Kanékaretna : „

(Gambar XV) . Tan antara dangoe datengira radèn Werkoedara , kapetoekaken Kalaraseksa , prang patih katiban gada malih dados bațara Narada ladjeng ngandika :

,,Wis Séna , lan Djanaka, pada sirnakna ditya Kalaraseksa . " Werkoedara : „Mangkono .”

Narada : „ Ija , wis ta sira karia, kita moelih menjang kahjangan . "

Werkoedara : „Djlamprong, Kalaraseksa patènana . "

Djanaka : „ Inggih. "

Ija mangkana ladjeng dipoendjemparing ditya Kalaraseksa , sareng katjoendoek ing djemparingira sang Parta , Kalaraseksa moesna dados bațara Goeroe ladjeng ngandika :

„Koeloep Djanaka , pada marénéa , ingsoen paringi priksa."

(Gambar XVI ). Waoe ta radèn Djanaka sareng priksa jèn sahjang Djagadnata ingkang nimbali , sedaja ladjeng sami sowan ingarsadalem ; sahjang Djagadnata adadawoeh :

,,Wis, koeloep , wekaskita , krana adja manèh -manèh sija marang si Pétroek ."

Pandawa sami matoer : „Koela noewoen inggih, Hjang poekoeloen."

Batara Goeroe : „Wis, sira pada karia , ingsoen moelih menjang kahjangan. "

Ingkang kantoen Nata Kresna praboe Mandoera , praboe Ngastina , para poetra -poetra lan para wadya Koerawa Ngastina pepak sadaja.

Jaji praboe , soemangga Jitnanira wong agoeng Darawati : „ dikapara ngarsa . "

Nata Ngastina sabdanira : „ Inggih, kaka praboe ."

Gangsa kèndel .

Dalang soeloek :

Witning warnanira , madoe koening wiwaha medal , katal mawoer ing salira, lamaté wong kena, goena kidang djala lakoené pepintjangan , wajah medal kang baskara.

Jaji praboe ." Kresna ngandika :

Nata Ngastina : „Koela noewoen , kaka praboe ."

Kresna : „Sami kaseksènana , menawi sampoen moelja sedjanipoen para kadang, koela ladjeng najoeb , para wadya bala sami asoeka -soeka , moendoet gending kembang gajam . "

MANDJER GOENOENGAN .

BJAR.

Digitized by Gogle

NAMANING PANGARANG .

R. Sasraprawira . Idem

R. Dirdjasoebrata. Idem

M. Poedjaardja .

R. Tirtadanoedja.

R. Poerwasoewignja. Idem

M. Mangoenpoestaka .

M. Wirjadiardja .

R. Ng. Djajamargasa .

M. Prawirasoedirdja .

H. C. Croes .

Djagawigata .

R. Ng. Soeradipoera .

Dr. O. L. de Raadt.

R. M. A. Soerjasoeparta . Serat tjarijos kekésahan saking tanah Djawi dateng M. Sastradiardja . Kețèk lan koera . Tjakradibrata. Djadjalan warna-warna bab

M. Hardjasapoetra c. s .

M. Ng. Mangoenwidjaja .

R. Tjitrawasita.

Sasrasoedirdja . Idem

NAMANING SERAT . REGI .REGL
Bijoeng koewalon. f 0,06 Idem (Holl . karakter). 0,03 " Gara-gara . 71 0,12 Pamboekaning nalar . 17 0,20 Kemis alias Ardjasoewita . Pasrèn . 17 0,05 Tjarijos Tilarsa . 77 0,26 Ngèlmoe kasoegihan . 17 0,05 Serat lebdatama I. 72 0,08 Idem II. 77 0,13 Oepadarja. 19 0,09 Waris lan Lalis . 77 0,11 Wredda -Moeda. 17 0,11 Serat panoetan . 17 0,12 Bab angin. 15 0,05 Pepéling lan pamrajoga. " 0,08 Serat temboeng andoepara . 17 0,16 Bab lelara pès . " 0,05 R. M. Mangkoedimedja. Asalipoen ringgit . 11 0,36
nagari Walandi . 11 0,39 Tjakradibrata . Wasita toerangga . 17 0,60 Ng. Wirapoestaka . Serat érang -érang . 0,14 Dongèng warni -warni . 0,11 R. A. A. Reksakoesoema. Tjarijosipoen banawi Sala. 11 0,12 M. Samsirmiardja . Djaka Djohanis . 11 0,1255559
M Koeswadiardja . Rara Kandreman . 17 0,09 M. Wirjaatmadja . Rara Rarasati . 0,12 M. Soewadi . Bok randa Setijadarma . Sastrawirja c. S. Parabangsa. 77 0,09 Trilaksita . 11 0,40 Tridyatmika . M. Soetardja . Tijang remen main . " 0,06 Sri Djoewita . 11 0,42 Balé warna . " 0,35 Djakoeb c. s. Enoet gending sléndro . 77 0,50 M. Ng. Mangoenwidjaja . Woerjalotjita. " 0,1577 0,40

OLIN LIBRARY - CIRCULATION ALG FI

DATE DUE

DATE DUE
APR 28/01
1_
11—
1