Baca PDF (OCR): Panandoeré sajoeran

48 halaman · 6 halaman diproses dengan OCR · 3.6 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. CORNELL UNIVERSITY LIBRARY
  2. PANANDOERÉ SAJOERAN .
  3. BEBOEKA .
  4. ATOER WOENINGA .
  5. PÉRANGAN I.
  6. KATRANGAN LOEMRAH .
  7. NJITAK .
  8. PANGRABOEK .
  9. WIDJI .
  10. WANTJINÉ NJEBAR WIDJI .
  11. NANDOER LAN NJEBAR WIDJI (NDEDER = NGIPOEK).
  12. PANGOEPAKARA .
  13. NGOENDOEH .
  14. MADAHI .
  15. PÉRANGAN II .
  16. WARNA-WARNANING SAJOERAN .
  17. SAJOERAN GODONG .
  18. BLOEMKOOL (KOOL KEMBANG).
  19. SLUITKOOL .
  20. BROCOLI .
  21. SPRUITKOOL .
  22. BOERENKOOL .
  23. PETSAI .
  24. SPINAZIE .
  25. SNIJBIET OETAWA WARMOES .
  26. ZURING.
  27. POSTELEIN .
  28. CICHOREI .
  29. ANDYVIE (ANDÈWI ).
  30. SALADE (SLADAH ).
  31. SAJOERAN OJOD .
  32. KOOLRAAP .
  33. RAAPKOOL .
  34. MEIRAAP .
  35. RADIJS (LOBAK).
  36. RAMMENAS .
  37. WORTEL OETAWA PEEN.
  38. BIET .
  39. SCHORSENEER .
  40. KNOLSELDERY (SLEDRI KENOL).
  41. UI (BRAMBANG WALANDA ) .
  42. PREI .
  43. SJALOT (BRAMBANG).
  44. BAWANG (KNOFLOOK ).
  45. SAJOERAN OEWOH .
  46. BANGSANING BOENTJIS .
  47. TUINBOONEN.
  48. SLABOON .
  49. STAMSPERGEBOONEN .
  50. SNIJ BOONEN .
  51. ASPERGE (ASPERSI ) .
  52. TOMAAT (BLONDOTAN ).
  53. KOMKOMMER (TIMOEN ) LAN MELOEN (SEMANGKA ).
  54. MELOEN (SEMANGKA ).
  55. RABARBER (KLEMBAK) .
  56. BLEEKSELDERY (SLEDRI POETIH).
  57. PETERSÉLIE (PATRASÉLI) .
  58. SELDERIE .
  59. PÉTOENG PANGANGGONÉ WIDJI .
  60. ISINÉ LAJANG IKI :

PANANDOERÉ SAJOERAN Anggitané toewan J. J. OCHSE Seri No. 492 ASIA Regi f 0.35 Wason SB323 15 016 P.DUCRO . UITV. 1921 a

CUITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR WEDALAN BALÉ- POESTAKA

CORNELL UNIVERSITY LIBRARY

Seri No. 492 Regi f 0.35

PANANDOERÉ SAJOERAN Anggitané toewan J. J. OCHSE Kanți gambar 6 idji. WEDALAN BALÉ POESTAKA DRUKKERIJ VOLKSLECTUUR WELTEVREDEN 1921 . RDUCRO UITV.

Digitized by Google

PANANDOERÉ SAJOERAN .

BEBOEKA .

Sarehning nandoer sajoeran ikoe toemrapé wong boemi akèh pametoené lan akèh batiné , prajoga banget jèn diwènèhi panoentoen , soepaja panandoeré sajoeran bisa betjik .

Panandoeré sajoeran ikoe koedoe sarana kawroeh, lan koedoe tlaten sarta lemahé koedoe loh.

J. J. OCHSE .

ATOER WOENINGA .

Sinten-sintena ingkang taksih semang pamaosipoen serat bab pananeming sajoeran poenika , kénging njoewoen katrangan dateng Pomoloog Goepermèn , inggih poenika tijang ingkang sampoen poetoes ing bab kawroeh palakirna ing Départemèn tetanèn , pabrik toewin padagangan (Departement van Landbouw , Nijverheid ing Bogor. Kadjawi poenika sok tijanga kénging en Handel) meling dateng Pomoloog waoe widji sarta sanès -sanèsipoen ingkang perloe ingatasipoen nanem sajoeran .

BALÉ POESTAKA .

PÉRANGAN I.

KATRANGAN LOEMRAH .

PANGGARAPÉ LEMAH .

Kang bakoe panggarapé lemah koedoe kang djero , ja ikoe : 60 CM. Perloené panggarapé lemah digawé djero , soepaja lemahé bisa ilang ketjoeté (dajoeng ), soepaja hawa lan sorot sarta panasing srengéngé bisa mleboe ing djero lemah , jèn lemahé kang ndoewoer djalaran kewaledan bandjoer dadi ketjoet, ikoe bisané ngilangaké ketjoeté lan bisané kena ditandoeri sajoeran , koedoe digarap kang djero kaja kang kaseboet nḍoewoer lan diraboek nganggo gamping . Apa manèh jèn kang arep kanggo kebon sajoeran ikoe sawah , lah ikoe panggarapé lemah koedoe kang betjik .

Panggarap kang djero maoe moeng kanggo kawitan , ing tembé jèn woes lanjah, ditandoeri sajoeran , tjoekoep moeng 20-30 CM. djeroning panggarapé .

Kang dianggo nggarap lemah tjalon kebon sajoeran ikoe patjoel oetawa wesi tjèngkèh (porok), sabab jèn diloekoe lemahé kang ana ing ngisor loekoe rada padet , samono maoe jèn nganggo loekoe Djawa ; déné jèn nganggo loekoe Walanda lemahé ing ngisor ora maḍet , sabab loekoe Walanda dasaré rada lintjip , dadi ora madetaké lemah ngisor.

NJITAK .

Sadoeroenging lemahé katjiṭak kanggo kebon sajoeran koedoe digawèkaké got pamboewangan banjoe . Goté kang gedé . Lakoené manoet marang iringing lemah. Lemah maoe dibèdèng -bèdèng , bèdèngané dapoer pasagi mbata , oedjoeré manoet lakoening got , malang tjiliktjilik . Saben let 10 M. digawèkaké got malang kanggo pamboewangan banjoe andjog ing got gedé .

Amba lan djeroné kalèn-kalèn maoe goemantoeng marang iringing lemah lan kèhé oedan , rata-rata loemrahé djero lan ambané kalèn gedé maoe 40 cM. , kalèn malang 20 cM. , sarta nganggo lambé kang majaté pada karo doewoeré oetawa satengahing doewoeré .

Goeloedané ambané 1.20 M. lan disèlèhi dalan sikil 40 CM. Doewoeré goeloedan manoet wantjiné anggoné nandoer .

Ing mangsa rendeng goeloedané koedoe loewih doewoer katimbang ing mangsa katiga ; bab ikoe akèh kang ora mikir. Ing mangsa rendeng goeloedané koedoe digawé loewih doewoer katjèk akèh banget katimbang karo panggawéné goeloedan ing mangsa katiga ; dadi jèn ambané 1.20 M. ing mangsa rendeng dalané ing antarané goeloedan koedoe loewih tjijoet , soepaja kèhé larikaning tandoeran ing dalem sagoeloed ing mangsa rendeng lan mangsa katiga pada kèhé .

Goeloedané ora kena dipétak-pétak kaja sawah ing panggonan kang miring , sabab ing mangsa rendeng banjoené moendak ora bisa toentas . Moeng jèn lemahé miring banget ikoe kena dipétak-pétak mangkono , nanging lemah kang miring banget ikoe sanjatané ora betjik kanggo kebon sajoeran .

Jen ing mangsa rendeng lemahé dikoewatiraké bakal kèli , goté kang moedjoer kena didokoki anggel pring sawatara .

Panggawéné bédéngan pawinihan pada baé karo panggawéné goeloedan moeng lemahé baé koedoe digawé loewih mawoer katimbang lan kang dianggo goeloedan .

Jen ing kono akèh rajapé , widjiné kena dideḍer ing pot oetawa kas , soepaja adja dipangan rajap , lan adja kongsi kekoerangan widji .

PANGRABOEK .

Sajoeran ikoe koedoe diraboek ; samangsa lemahé akèh lemèné sajoerané soeboer oeripé lan énggal kena dioendoeh , dadi kang nandoer énggal éntocké doewit.

Kang prajoga déwé raboeké , raboek tlétong, sabab raboek tlétong maoe kadjaba ngoendaki pangané tandoeran ing lemah , oega mbetjikaké lemah.

Jèn saben nandoer diraboek , raboeke tjoekoep 1 M³ ing dalem 20-30 M² . Raboeké ditoempoek disik ing goeloedan , nanging koedoe toemoeli dilèr lan dilebokaké ing lemah sarana patjoel oetawa wesi tjèngkèh.

Raboek tlétong ora kena kesoewèn ditoempoek ing goeloedan , koedoe toemoeli dilebokaké ing lemah, sabab jèn doeroeng di lebokaké bandjoer amoniak (lemèné ) kang ana ing raboek maoe ngoewab .

Panjimpené raboek tlétong maoe koedoe ana ing soemoeran kang dilépa nganggo semèn sarta ditoetoepi kang rapet, soepaja raboek maoe adja kongsi ilang amoniaké, lan manèh koedoe didjaga adja nganti soemoerané kilèn banjoe oedan .

Jen ing panggonan kono ora bisa éntoek tlétong kang tjoekoep , kena nganggo raboek lijané ja ikoe raboek gawéan . Nganggo raboek gawéan ikoe jèn bisa panganggoné betjik banget toemraping sajoeran , nanging raboek tlétong ikoe perloe lan ora kena. tininggal .

Moenggoeh tandoeran ikoe boetoehé kanggo oerip : Stikstof , Kali , Phosforzuur lan gamping .

Awit saka ikoe sajoeran ikoe dipérang dadi teloe :

1 . Sajoeran godong .

2. Sajoeran ojod .

3. Sajoeran woh.

Mitoeroet pérangan ing doewoer maoe , boetoehé sajoeran godong Stikstof , sajoeran ojod Kali , sajoeran woh Phosforzuur . Loemrahé Stikstof ikoe kanggo nganakaké godong , Kali kanggo nganakaké wit lan pang , déné Phosforzuur kanggo nganakaké woh.

Déné gamping ikoe kanggo mbetjikaké lemah, sabab bisa gawé mawoering lemah ; bisa nggampangaké loeloehing pangan , kang maoené ora loeloeh , dadi sasat ngratengi pangan , lan bisa ngratengi lemèn . Kaping teloené kapoer maoe ngakèhaké wohing tandoeran kang kembangé mèmper koepoe lan tandoeran kang akèh godongé .

Sajoeran kang tinandoer ing kebon kono betjiké solan -salin djinisé.

Sapisan soepaja pangan sadjroning lemah kang tjètèk sarta kang djero pada kepangan . Terangé mangkéné : tandoeran ikoe ana kang ojodé tjètèk ana kang ojodé djero . Kang ojodé tjètèk bisa mangan pangan kang tjètèk - tjètèk , déné tandoeran kang ojodé djero bisa mangan pangan kang djero -djero . Moelané bakda ditandoeri sajoeran godong , betjik ditandoeri sajoeran ojod , sabab sajoeran godong ikoe tjètèk ojodé , sajoeran ojod djero ojodé .

Kaping pindoné : soepaja warna-warna pangan ing kono bisa kepangan kabèh , awit kaja déné kang wis kapratélakaké ing doewoer , sajoeran godong , sajoeran ojod lan sajoeran woh ikoe béda -béda kaboetoehaning pangan .

Apa manèh jèn raboeké raboek gawéan , kang ngraboek koedoe ngerti temenan marang wewadiné lan kaboetoehaning tandoeran , soepaja adja kongsi ana raboek kang moespra .

Terangé mangkéné : oepama ing lemah kono Phosforzuré woes tjoekoep nanging kekoerangan Kali , ikoe sanadjan pangraboeké kinadoekan ing Phosforzuur , pametoening tandoeran ija moeng sațițik , manoet ananing raboek kang koerang , dadi ing kéné manoet raboeké Kali .

Apa manèh jèn tandoerané isih tjilik ikoe koedoe dibantoe bisa soeboer oeripé , lan énggal gedé . Sanadjan tandoeran kang bangsané katjang, jèn isih tjilik oega perloe diraboek nganggo Stikstof (). Besoek jèn wis gedé bisa njerot Stikstof déwé saka ing awang -awang lan bisa njimpen Stikstof maoe ing prențiling ojodé .

Prențil ojod maoe ing saben tandoeran kang bangsané katjang, wangoené béda -béda . Prențil ojod maoe dileboni woedjoed kang lemboet banget , saking lemboeté kongsi ora kasatmata ; katoné moeng jèn dideleng nganggo kèker mikroskoep. Woedjoed mane arané bakteri , jèn wis kelebon bakteri bandjoer metoe prențilé , dadi wis bisa nando Stikstof .

Sadoeroengé ana bakteriné kang nganakaké prențil maoe , tandoeran ikoe doeroeng bisa njerot Stikstof saka ing awang-awang .

Sawidji -widjining tandoeran bangsaning katjang koedoe oerip bebarengan lan toeloeng - tinoeloeng karo bakteri .

Ing sarèhning toemrap sabangsa -bangsaning katjang maoe ora pada roepané , moelané ora prajoga lemah ikoe ditandoeri bangsaning katjang moeng sawarna , bladegan kongsi kaping pindo .

Lemah kang doeroeng taoe ditandoeri tandoeran kang kembangé mèmper koepoe (bangsané katjang) jèn arep ditandoeri tandoeran bangsané katjang sok ditjampoer disik karo lemah saka ing papan kang woes taoe ditandoeri tandoeran bangsa katjang ; oepama 3000 K. G. (50 datjin) ing dalem sabaoe .

Bab pangraboek nganggo raboek gawéan maoe kena kaetrapaké ing tanah pasir oetawa lemah -lemah lempoeng .

Kadjaba raboek kang kaseboet nḍoewoer ana manèh raboek godong .

Patrapé warna loro , sapisan jèn tandoerané kang arep kanggo raboek maoe woes kembang , bandjoer dibabad lan dipendem ing lemah kono ; oetawa tandoerané diingoe nganti mati karepé déwé lan gogrogané sarta kekarèné dibosokaké ing kono. Kang mangkono maoe karo pisan bisa mbetjikaké lemah , awit ngoenḍakaké lemèn . Déné jèn lemah maoe jèn ditandoeri bangsaning katjang moendak Stikstofé .

Kang perloe banget diraboek nganggo raboek godong ikoe lemah kang pasir lan lemah kang lempoeng lan kelet.

Jèn lemah pasir diraboek nganggo raboek godong dadi ilang masiré lan jèn lempoeng kelet dadi mawoer, toer ngoendakaké lemèn .

Kang betjik kanggo raboek godong ikoe katjang Tjina lan lijané tandoeran bangsa katjang kang wité ora atos .

(1) Sakèhing tetoekoelan toemrap oeripé perloe nganggo Stikstof, nanging panganggoné ana kang akèh ana kang satitik . Loemrahé tandoeran maoe pandjoepoeké Stikstof saka sadjroning boemi , nanging bangsaning katjang olèhé Stikstof kang akèh saka ing awang -awang .

WIDJI .

Widji ikoe betjiké mekasa menjang Europa. Jèn meling menjang Firma kang wis betjik djenengé , widjiné mèh kena katamtokaké bisané toekoel , lan manèh toelen .

Widji saka tandoerané déwé ikoe énggal soeda pametoené , bisa -bisané betjik moeng sapanénan , widji saka tandoerané déwé ikoe kang kena dianggo moeng widji kang gampang anggoné milihi , kaja ta widji bangsané katjang, kapri lan lijalijané.

Warnané sajoeran lan arang kerepé panandoeré sarana diipoek oetawa ora , ikoe bakal ditjaritakaké ing boeri.

WANTJINÉ NJEBAR WIDJI .

Wantji kang betjik kanggo nḍeder widji sajoeran ikoe ing mangsa laboeh oetawa marèng , perloené soepaja bésoek mangsa gedé -gedéning oedan oetawa banter-bantering panas tandoerané wis gedé lan koewat. Nanging jèn toekang nandoer sajoeran maoe ing sadjroning sataoen teroes anggoné ngetoni sajoeran , panjebaré widji kena samangsa -mangsa .

NANDOER LAN NJEBAR WIDJI (NDEDER = NGIPOEK).

Moenggoeh loemrahé djeroning pandeḍering widji ikoe pada karo kandeling widjiné . Jèn widjiné tjilik koedoe dinetaké nganggo blabag oetawa patjoel , soepaja widjiné bisa rada ambles ing lemah kang teles .

Jèn widjiné kang dideḍer maoe woes toekoel lan toekoelané woes gedé sarta koewat dielih, koedoe dielih ing goeloedan kaseboet nḍoewoer , pangelihé dipoeter (dikatoetaké lemahé ) oetawa dibedol . Betjiké dipoeter ; nanging poeteran ikoe rada akèh wragadé tinimbang bedolan , nanging jèn poeteran tandoerané énggal nglilir sarta ora akèh kang mati , dadi sațițik soelamané .

Jèn panandoeré widji ikoe teroes dideḍer baé ana ing goeloedan , dadi ora diipoek disik ana ing bédéngan ipoekan , betjiké panandoeré nganggo larikan dadi ora disebar , perloené gampang anggoné ngarangaké kang kekerepen lan kapindoné gampang pamatoené lan pandangiré , kaping teloené ora kakéhan widji kang kaboewang .

PANGOEPAKARA .

Pangoepakara kang koedoe dietrapaké saben dina ja ikoe : njirami , ngeleb , ngéjoeb -éjoebi , ngresiki lan ngarangaké kang kekerepen .

Njirami ora angon mangsa ikoe bisa ngroesakaké . Kang dikon njirami ikoe koedoe wong kang ngerti lan kang woes koelina, moelané ora kena solan -salin, sarta anggoné njirami moeng jèn perloe baé . Kang kanggo njirami gembor (bros ) kang bolongané lemboet -lemboet ; ora kenana nganggo siraman kang tibaning banjoené goemrodjog , sabab ikoe gawé maḍeting lemah , dadi mbandjoer ngoendakaké wragad kanggo mawoeraké lemahé . Golèk wong kang kena dipitaja marang pagawéan kaseboet ndoewoer maoe pantjèn angèl , moela perloe banget koedoe dititi déwé.

Pawinihané koedoe saben dina disirami nganggo gembor kang lemboet bolongané . Toemrap tandoeran kang gedé ora perloe saben dina. Anggoné njirami ora kena pisan -pisan ing tengahé tandoeran , lan ora kena ing wantji awan noedjoe banter -bantering panas , sabab mbesemaké godong , kenané moeng ing wantji ésoek lan soré . Kang kena dielep ikoe moeng tandoeran gedé kaja ta : kool , jèn tandoeran lijané kang tjilik-tjilik pangelebé moeng ing slokan lan ing sela -selané bédéngan baé. Lan manèh ora kena pisan -pisan banjoené mambeg ing kono , sabab kang mangkono maoe bakal gawé ketjoeting (dajoeng ) lemah .

Wragadé gawé pajon ikoe rada larang , mangkono oega ing tanah Europa . Nanging énggalé roesak pajonan maoe marga saka dielah -elih . Moela ing bédéngan pawinihan prajoga digawèkaké pajonan kang tetep , sakané pring lan pajonané gedèg arang . Pajonan maoe koedoe sing ènțèng . Anggoné majoni koedoe moeng sadéla -sadéla baé , nanging saoepama mangsané dipajoni , woesana ora dipajoni , mengko jèn katradjang panas banter tandoerané bisa besem , satemah oeripé oentjrit-oentjriten. Perloe banget tandoeran ikoe noeli dikoelinakna marang panas lan marang solan -salining hawa.

Ing koebengé panggonan kang arep dipajoni digawèkaké adeg-adeg kira -kira 60 cM doewoeré , déné adeg-adeg iki katoempangan pajonan maoe . Soepaja pajonan maoe ora sok dielah -elih , betjiké pajonan maoe kena didjeplakaké lan ditjantolaké ing tjagak kono , dadi jèn perloe kanggo didoenaké , jèn ora perloe , ditjantèlaké .

Kang perloe dipajoni ikoe pawinihan , jèn noedjoe panas banget lan oedan deres . Déné tandoeran kang gedé kang perloe dipajoni moeng sajoeran godong ; apa déné andyvie kang dibengketi (ditalèni) ikoe perloe banget dipajoni jèn noedjoe oedan , soepaja adja kongsi bosok déning kalebon ing banjoe .

Matoen ikoe oega pagawéan kang perloe lan ora kena tininggal . Kang sapisan soepaja tandoerané ora didesek ing sesoeketan , kapindoné asri dineleng . Jèn keboné asri lan resik akèh wong kang kapéntjoet toekoe sajoerané . Toemrap tandoeran tjilik sarta tandoeran ing pawinihan , pamatoené nganggo tangan ; salijané ikoe nganggo porok oetawa piranti boeboet kang diarani tjétok ( schoffel ) .

Ngarangaké tandoeran ikoe koedoe manoet marang wong sidji -sidjiné dadi tanpa patokan ; dadi koedoe meroehi sapira bakal gedéné tandoerané , nanging iki doedoe pagawéan kang gampang , bisané nindakaké jèn wis kerep nglakoni .

NGOENDOEH .

Pangoendoehé sajoeran ikoe jèn wis pantog gedéné , jèn wis pantes lan kena didol , oetawa toemoeli bakal kanggo lebonan .

Jen sajoeran kang kanggo lebonan ikoe kenomen ndadèkaké karoegiané kang nandoer , sabab kang dileboni amasți ndjaloek loewih saka masținé, mangka doewité ora moendak , kang ngleboni koedoe mitoeroeti . Rak ija awèh kapitoenan marang kang nandoer , jèn saben dina dikon gawé bédéngan . Kang mangkono maoe agawé angèl anggoné ngira -kira panandoeré . Satemené ora gampang ameroehi sadjroning satahoen pira panandoeré , soepaja bisa njoekoepi marang kaboetoehané lengganané . Wantjiné ngoendoeh ikoe kang betjik ésoek lan direksa soepaja adja roesak .

MADAHI .

Anggoné madahi kang akèh -akèh ora pati diperlokaké. Wadah kang betjik ikoe perloe banget toemrap sajoeran toer ngresepaké kang toekoe . Jèn betjik anggoné maḍahi ikoe wis aran reklame kang satitik wragadé . Kang betjik kanggo wadah krandjang kang gèpèng (kang diarani krandjang Nizza sabab ing krandjang kono sajoerané ora keḍesek kaja déné ing krandjang kang doewoer sarta kang loemrah kanggo wadah sajoeran . Lan manèh jèn krandjang gèpèng ora pati diwolak-walik kaja déné krandjang kang doewoer .

PÉRANGAN II .

WARNA-WARNANING SAJOERAN .

SAJOERAN GODONG .

Kool ikoe pada -pada sajoeran apik (kikrik) déwé . Djaloekané lemah kang eloh banget , koedoe akèh pakané lan tjoekoep banjoené .

BLOEMKOOL (KOOL KEMBANG).

Jen bloemkool woes agodong 4 oetawa 6, wis kena dielih saka pawinihan (bédéngan ) menjang goeloedan . Pangelihé dipoeter lan panandoeré larikan , aranging larikané 70 cM. , leté tandoeran sidji marang sidjiné 60 cM. Jen wis nglilir temenan kena diraboek nganggo chilisalpeter (sandawa ).

Raboeké diwoer -woeraké ing kiwa - tengené tandoerané , ing dalem satandoeran 5 gram . Jèn tandoerané doeroeng bisa soeboer , diraboek manèh 5-10 gram ing dalem saoewit . Soepaja kool maoe ora idjo , koedoe dipajoni nganggo godong . Pangoendoehé ing wajah ésoek , lan koedoe disimpen ing panggonan kang isis , soepaja bisa renjah .

Sarèhning leté panandoeré kool ikoe rada adoh , ing sela-selané kena ditandoeri sajoeran lija . Oepama dioeloeri widji radys (lobak ) oetawa ditandoeri sladah . Panandoeré lan pandederé bareng karo panandoeré koelé .

Betjiké kaja ing ngisor iki :

Lemahé ditandoeri sladah , leté larikan 40 cM ; Leté tandoeran 30 CM. Leté salarik ditandoeri bloemkool , dadi jèn saladahé dioendoch , bloemkoelé arangé 80 CM. Jen sladahé wis dioendoeh , ing tengahé larikan kool kena ditandoeri boentjis , dadi jèn koelé wis dioendoeh , aranging boentjis maoe 80 CM.

Saboebaré ikoe ditandoeri andèwi oetawa dideḍeri wortel [ndelenga gambar sidji bab boentjis ] .

Bloemkool Walanda kang bangsa betjik :

Vroegere Hollandsche broei , Haagsche vroege en Haagsche taaie , vroegere Langedyker en late groote Utrechtsche kortbeen .

SLUITKOOL .

Kang kaleboe bangsané sluitkool ja ikoe : kool abang , kool poetih lan savoye kool , panandoeré pada karo bloemkool .

Leté larikaning kool abang oetawa poetih 70 cM , leté tandoeran ing larikan 60 CM. Savoye kool larikané arangé 60 cM. , tandoerané ing larikan 50 CM. Pangraboeké nganggo raboek --- gawéan , ing dalem 1 roe roetjengkal 2 KG . Superphosphaat , 11½ KG patentkali lan 1 — 1½ KG. chilisalpeter . Pangoepakarané pada karo bloemkool ; koedoe akèh banjoené lan sok diḍangir [lemahé diketjrik ] .

Bangsané roode kool kang betjik : Utrechtsche roode Zenitt, Lange dyker , roode en President Garfield .

Witte kool : Suikerbrood, Roem van Enkhuizen , Lange dyke witte en Yarksche .

Sovoye kool : Fijne vroege , Taaie gele , gewone groene en kleine groene .

BROCOLI .

Brocoli ing tanah Djawa kéné loewih gampang dadiné tinimbang bloemkool , sabab brocoli oeripé koedoe ana ing tanah kang seḍengan hawané. Nanging widjiné rada langka . Moela betjiké jèn bisa anganakaké widji déwé baé . Panandoeré pada karo bloemkool . Sing bangsaning betjik jaikoe : Englesche witte brocoli lan Mammouth.

SPRUITKOOL .

Spruitkool ora betjik ing lemah kang loh , sarta ora kena diraboek kakéhan, sabab godongé bandjoer kakéhan lan siwilané koerang. Jèn kakéhan godong koerang siwilané , godongé digepjoki nganggo kajoe oetawa wilah , soepaja bandjoer metoe siwilané .

Arang kerepé nandoer spruitkool 60X60 CM. [60 cM mesagi ] . Kang bangsaning betjik : Hooge en lage Engelsche Spruitje lan bangsané Aigbux lan Wroxtoh .

BOERENKOOL .

Boerenkool ikoe ing kéné bisa betjik lan sanadjan sajoeran maoe ora bisa sinimpen lawas kalawan ijs, éwadéné énak rasané .

Panandoeré gampang lan pangoepakarané pada karo kool lija - lijané .

Boerenkool ikoe ana kang mrențel goḍongé ana kang ora , ana kang doewoer ana kang tjèndèk. Kang bangsané betjik doewoera oetawa tjènḍèka , kang idjo sarta kang aloes prențel -prențelé .

PETSAI .

Ing tanah Djawa ija ana kool kang arané Pitsaikool . Enggoné mentjaraké kang prajoga déwé sarana epangé , disemplèki ditantjepaké ing lemah . Jèn ing kéné wis akèh kool Europa, Petsaikool iki masți sirna, awit ora ana kang demen nandoer .

Amané kang loemrah kool ikoe oeler , bisa ngentèkaké tandoeran ing pawinihan lan ing goeloedan . Saranané ngilangaké oeler maoe ora ana manèh ija moeng ditjekeli lan dipatèni. Wis taoe ditjoba sațiṭik sarana disemproti nganggo banjoe godogan godong tommat (blondotan ) lan kang mangkono ikoe bisa mitoeloengi.

SPINAZIE .

Spinazie ikoe oega ndjalcek lemah kang betjik , lan dipérang dadi rong warna ; ja ikoe spinazie loemrah lan spinazie NieuwZeeland . Spinazie loemrah ikoe ana Spinazie Glarab ana spinazie Oleracea . Spinazie ikoe kena disebar lan kena dideḍer nganggo larikan . Larikané arangé 15-20 CM. Spinazie ikoe seneng banget jèn rinaboek kongsi kaping pindo nganggo chilisalpeter. Pangraboeké ngarepaké nibakaké widji oetawa jèn widjiné wis toekoel ; kèhé KG ing dalem 1 roelan jèn perloe kena dipindoni . Demenané lemah kang bisa nahan banjoe .

Spinazie Glabra kang betjik , ja ikoe kang amba godongé lan boender widjiné .

Spinazie Prasman kang betjik : monstrueuse de Viroflay , déné Olaracea godongé amba -amba banget ngoengkoeli Glabra kang agodong amba lan awidji boender .

Spinazie Nieuw -Zeeland loewih gampang panandoeré tinimbang lijané . Tandoerané bisa gedé, lan widjiné oega gedé sarta kena dideḍer ing goeloedan .

Goeloedan kang ambané 1.20 M. ditandoeri spinazie dadi rong larik , arang kereping tandoeran ing sawidji -widjining larikan 50 CM . satjemploengan widjiné 2 oetawa 3 , nanging oega kena dideder ing pawinihan lan pangelihé menjang goeloedan dipoeter , betjiké ditandoer ing goeloedan baé .

Kang dioendoeh godongé kang enom , lan gampang bisané éntoek widji saka tandoerané déwé maoe .

SNIJBIET OETAWA WARMOES .

Panjebaré ana ing goeloedan kalarik -larik ; leting larikan maoe 20-25 M. Déné pandederé rada dikerepi, sabab ing tembé bakal diarangaké tekan 10 cM.

Kang akèh tinandoer ikoe snijbiet kang koening godongé , arané Luculls .

Jen godongé woes kena dioendoeh , pangoendoehé diketok kirakira 3 M. saka lemah.

ZURING.

Zuring . Njebar widji sapisan bisa kanggo lawas , anggoné nangkaraké sarana disoewèki . Saben 4 tahoen sapisan koedoe dianjaraké lan anggoné nganjaraké oega sarana disoewèki. Zuring ikoe ndjaloek panggonan kang éjoeb , sabab jèn kapanasan sok ketjoet.

Soepaja zuring maoe bisa betjik salawasé , jèn wis kembang , kembangé dipotèli . Arangé panandoeré 25-30 CM.

Sing bangsaning betjik Nobel zuring.

POSTELEIN .

Postelein ikoe ora tahan aḍem , dadi ing kéné mesți dadi . Postelein koedoe diraboek kang akèh , apa manèh lemah kang doewoer , awit postelein ikoe ojodé ngambang , sarta oemoeré ora dawa.

Sarehning widjiné lemboet -lemboet banget dadi sing njebar koedoe sing wis koelina banget , moela widjiné sok dipoetih nganggo kapoer Walanda . Ing dalem saméter pasagi widjiné 10 gram ; sawoesé widji maoe disebaraké , bandjoer ditoetoepi ing lemah salarap kang tipis banget , noeli dienetaké . Sawisé mangkono , bandjoer ditoetoepi nganggo gedeg oetawa goni kang teles soepaja pawinihané adjeg teles , moerih bisané ratjak toekoelé . Jen toekoelané wis katon, toetoepé diboewang . Postelein kang koening loewih pajoe tinimbang sing idjo.

CICHOREI .

Cichorei ikoe tandoeran kang mawa ojod gedé kaja déné wortel . Moela moerih gampangé ojod gedé maoe ing kéné dakarani wortel baé . Déné kang betjik kang goḍongé bisa tepoeng nganakaké endog kaja déné koebis (kool).

Cichorei ikoe angèl bisané nganakaké widji , kang bisa ngendog godongé oetawa mbedodok . Anggoné moetjetaké godongé gampang baé . Jen ana kang bisa ngendog (endogé diarani Brusselsche witlof ) , perloe wortelé ditandoer manèh kanggo widji. Kang kanggo widji miliha wortel kang loeroes lan lentjeng, lan kang godongé amba lan dawa sarta mbedodok arep tepoeng dadi krop . Wortel kang mangkono ikoe diketok godongé dikarèkaké watara rong dim, bandjoer ditandoer . Gagangé kembang diketok jèn kembangé arep metoe , soepaja ngepang lan soepaja widjiné bisa mateng bareng . Bisané éntoek endog (krop) ikoe angèl banget , sabab koedoe nganakaké wortel disik soepaja ing tembé bisa moetjetaké endogé .

Pandederé widji ing larikan leté 20 cM. widjiné ora kena kekerepen enggoné ngoeloeraké . Kanggo nganakaké Brusselsche witlof, lemahé ora kena diraboek akèh -akèh , sabab wortelé bandjoer kegedèn , lan manèh wortelé ora kena sigar , koedoe kentjeng lan loeroes . Jèn toekoelané doewoeré wis watara 5 CM. diarang-arangi nganti dadi 10-15 CM. leté . Jèn wis 5 oetawa 6 sasi , wortelé wis toewa , bandjoer dibeḍol lan diiris poetjoeké lan godongé diiris oega nganti kari 2 oetawa 3 cM. Wortel maoe bandjoer dipendem ing panggonan kang peteng ; pamendemé koedoe didegaké djedjeg kang rengket kongsi pépéd -pépédan , dioeroegi lemah watara 25 oetawa 30 cM. kandelé . Saja peteng panggonané mendem , goḍongé saja poetih dadiné . Moela pamendemé betjiké ing sadjroning loemboeng oetawa omah kang peteng lan pamenḍemé kena ing lemah, oetawa ing peți (kas ) . Wortel maoe jèn dipendem bakal toekoel goḍongé , jèn godongé wis watara 25 CM. dawané bandjoer dioendoeh (dikeṭoki ).

ANDYVIE (ANDÈWI ).

Andyvie ing hawa kéné bisa dadi , widjiné dideḍer ing pawi . nihan lan pangelihé sabisa -bisa poeteren , jèn toekoelané wis godong 4- 5. Ing goeloedan arangé panandoeré 40 cM, jèn madjoe teloe 30 CM. Jèn tandoerané isih tjilik -tjilik betjik disirami nganggo djèr-djèran chilisalpeter ± 40 gram ing banjoe 10 L lan iki tjoekoep kanggo goeloedan kang dawané 8 M, ambané 1.20 M.

Jen andyvie ikoe wis pantog gedéné sarta ing tengah (atiné) wis garing temenan bandjoer koedoe ditalèni . Ing mangsa rendeng tandoerané sing ditalèni maoe koedoe dipajoni nganggo geḍèg . Toekoelané koedoe dipajoni adja kongsi kodanan lan kapanasan , nganti tandoerané woes koewat.

Jen anggoné nalèni wis oleh saminggoe , wis poetih lan kena dioendoeh . Anggoné nalèni koedoe kang kentjeng, nanging ora kena kekentjengen , sabab jèn kekentjengen ora bisa moendak gedé . Bangsaning andèwi kang betjik ja ikoe : 1 kang amba godongé , 2 kang kebak atiné lan 3 kang njlekentoeng sarta amba godongé .

SALADE (SLADAH ).

Sladah ikoe tansah koerang baé ora bisa njoekoepi kaboetoehané ing akèh , mangka ora gampang bisané ngoendoeh ing sawajah -wajah, apa manèh ing mangsa rendeng . Sarèhning ora tahan kena oedan deres , dadi koedoe dipajoni nganggo gedèg .

Pandeḍeré ing pawinihan oetawa ing pot (pan). Jèn mangsa rendeng , ing pot, sarta pangelihé dipoeter samangsa toekoelané wis godong teloe oetawa papat . Leté panandoeré 30 cM. jèn madjoe teloe 25 M. Sladah ikoe kaja déné tandoeran lijané kang oemoeré tjendak, ndjaloek diraboek lan lemahé koedoe mawoer. Slaḍah ikoe soepaja memes , koedoe soeboer , moelané mesti diraboek kang akèh . Jèn tandoerané ing goeloedan wis nglilir , diraboek nganggo chilisalpeter ; pangraboeké sarana disiramaké ing oewité, nanging ora kena njiram goḍongé , awit jèn goḍongé nganti kesiram, bandjoer besem . Patrapé mangkéné : Chicisalpeter 20 gram ditjemploengaké ing banjoe 10 L, djèr-djèran maoe bandjoer disiramaké . Chilisalpeter samono maoe tjoekoep kanggo njiram goeloedan kang dawané 8 M. ambané 1.20 M. Sawisé disiram nganggo djèr-djèran chilisalpeter noeli disiram nganggo banjoe resik, soepaja jèn djèr -djèran salpeter maoe ana kang njiprat ing goḍong , bisa kéroet lan soepaja djèr -djèrané toemoeli moedoen tekan ing ojod . Panandoeré sladah sataoen bisa teroes , dadi sawantji -wantji .

Bangsaning slaḍah kang betjik ja ikoe : broeigeel lan Zwart Duitsch, apamanèh Rudolphi's Lie bling, ikoe ana ing tanah Djawa mesti bisané dadi . Ana manèh Laibacher Eiskopf lan Mai Koningin, karo pisan betjik banget disetoep .

Sladah ikoe kena ditandoer ing sela -selaning tandoeran kool, prei lan lija - lijané oetawa toeroet pinggiring goeloedan ertjis lan boentjis. Ora ngemoengaké toemrap slaḍah baé, nanging oega toemrap sakabèhing sajoeran godong , lemahé ing sela-selaning tandoeran koedoe diketjrik pindo oetawa pisan .

Slaḍah ikoe betjiké adja dipèk widjiné , kena -kenané dipèk widjiné moeng satoeroenan . Sladah kang ngendogé betjik , diiris godongé , sawisé mangkono bandjoer toekoel seminé , kang bakal nganakaké widji . Jèn widjiné wis arep mateng , dioendoeh , noeli diwaḍahi ing kantong kertas lan digantoeng soepaja garing . Moelané nggoné nggaringaké diwaḍahi , perloené adja kongsi ilang gogrogané widji .

SAJOERAN OJOD .

KOOLRAAP .

Koolraap ikoe ora pati ana adjiné, sabab ora pati ana kang demen . Koolraap koedoe ditandoer ing lemah kang lemboet , lan kang akèh raboeké sarta éntoek banjoe akèh .

Pangraboeké kaja kang kaseboet ing bab ngraboek , ikoe woes. njoekoepi . Panandoeré kena dideḍer ing pawinihan , lan kena teroes dioeloeraké ing goeloedan . Kang dioeloeraké ikoe kang betjik , sabab bandjoer bisa diarang -arangi lan dipilihi , kang ala-ala diboewangi , disalini kang betjik -betjik . Jèn diḍeder ing pawinihan , pangelihé jèn wis godong 4 oetawa 5 lan dipoeter ; arang kerepé 40 cM, madjoe teloe .

Ing mangsa katiga rada rekasa bisané éntoek knol kang memes , ikoe koedoe diḍangir lan dioeroeg .

Bangsaning koolraap kang betjik ja ikoe : koolraap koening lan Frische blauwkop .

RAAPKOOL .

Ikoe loewih disenengi ing wong tinimbang koolraap , panandoeré pada karo koolraap . Raapkool, koolrabi oetawa glaskoolraap . ikoe kang dipangan blendoekaning wité . Apa manèh Erfurder kang poetih oetawa kang biroe ikoe betjik banget .

MEIRAAP .

Sing bangsaning betjik : ronde vroege witte Mei lan Soester knolletjes .

Kanggoné tandoeran Meiraap . lemahé ora perloe kaja koolraap . Meiraap panandoeré teroes dideḍer ing goeloedan leté larikané 20-25 CM. Ing tembé diarang -arangi , dadi leté tandoeran ing larikan 15-20 CM. Pangoepakarané gampang lan oemoeré moeng 3 sasi . Kanggo ngingoe widji , kang ditandoer knolé , leté 30–40 CM . Pangepéné widji diwadahi ing kantongan , soepaja adja kakéhan kang ilang.

RADIJS (LOBAK).

Ikoe disenengi ing wong, sarta koedoe sataoen moepoet panandoeré (dadi ora angon wajah) lan kena disebaraké oetawa dioeloer ing larikan .

Betjiké dioeloer ing larikan , leté larikan 10 cM. Ing tembé jèn kekerepen diarang -arangi ; anggoné ngarang -arangi sok bisa bareng karo ngoendoehi .

Pangoepakarané gampang lan kena ditandoer sasela -saselané kool , ertjis oetawa bangsaning katjang .

Sing bangsaning betjik : non plus ultra , Triumph kang tjorèk abang sarta poetih , lan roode en witte broei .

RAMMENAS .

Kang akèh akèh kang ditandoer rammenas ireng lan rammenas Tjina kang abang mbranang , panandoeré pada karo lobak. Dioeloeraké leté larikan 20 CM. ing tembé diarang -arangi nganti 15-20 CM . leté tandoerané .

WORTEL OETAWA PEEN.

PEEN OETAWA WORTEL ikoe koedoe éntoek lemah kang gembroeng lan akèh pangané , nanging ora kena diraboek nganggo raboek kang anjar, sabab sok marakaké bosok .

Panggaraping lemah koedoe kang djero , apesé ana 30 cM. soepaja ojodé adja kongsi njénggol lemah kang atos , sabab jèn nganti njénggol ojodé sok sigar . Diraboek nganggo raboek gawéan oega kena. Pangraboeké ing dalem 1 M. pasagi 21½ KG. chilisalpeter , 3 KG . patentkali lan 2 KG . super-phosfaat . Panandoeré betjik dideḍer ing larikan tinimbang disebar . Widjiné kira -kira 30 gram ing dalemi 1 R2. Widjiné disimpen 3 taben isih bisa toekoel , sok oega woeloené ora kobong . Kang akèh -akèh ing saiki sok didèkèk ing lèngsèr wesi soepaja gampang nggoné ngoeloeraké . Jèn dioeloeraké nganggo tangan baé , akèh woeloené kang gogrog , betjiké nggoné ngoeloeraké widjiné diwori weḍi . Anggoné ngoewori kena saoewisé oetawa sadoeroengé diekoem . Jen panandoeré nganggo larikan , panglariké koedoe kalawan piranti , roepané kaja garoe , leté larikan 10-15 CM. Piranti maoe nganggo oentoe wilah , dawané oentoe 10 cM. lan arang kerepé manoet aranging larikan , dadi 10 oetawa 15 cM. Ambané garoe maoe paḍa karo ambané goeloedan . Garoe maoe ija nganggo boom , lan boemé ing tengah - tengah ana wilahé 2 , gandeng karo poetjoeké . Jen garoe maoe digarokaké , sapisan baé goeloedané kebak larikan . Widjiné dioeroegi sawatara lan dinetaké nganggo patjoel . Jèn enggoné ngoeloeraké ana ing larikan , gampang nggoné matoen lan ngarangaké ; leté tandoeran didadèkaké 4 CM. Bangsaning wortel kang betjik : Parijsche ronde lan Amsterdamsche bak, halflange van Carentan , halflange van Nantes lan korte roode deuvik.

BIET .

Bit ikoe djaloekané lemah pada karo wortel . Bit ja kena karaboek nganggo raboek gawéan , patrapé kaja ngraboek wortel . Apamanèh raboek kali ikoe bisa ngoenḍakaké kèhing goelané . Pandederé betjik kalarik -larik ; leting larikan 20 cM . Leting tandoeran bésoek diarangaké nganti dadi 15-20 cM. Widji sidji bisa nganakaké tandoeran 2 oetawa 3. Widjiné bisa koewat disimpen nganti 3 taoen . Bit ikoe oega kena dilih panandoeré nanging koedoe ngati-ati banget , déné kang gampang sarta moerah kaḍeder ana ing goeloedan baé. Widjiné koedoe dienetaké sawisé dioeloer , soepaja adjeg telesé . Goeloedan koedoe rosik lan kerep diketjrik soepaja lemahé mawoer .

Pangoendoehé , godongé diiris ; poentiren oetawa poenggelen baé, soepaja mbésoek jèn diolah ora kakèhen doedoehé kang ilang. Panggodogé koedoe dikabèhaké ; sawisé digodog , koelité gampang nglètjèpé .

Kang bangsané betjik : Moerheims zwartbladige moor, non plus ultra , lan de roode platronde Egyptische .

SCHORSENEER .

Schorseneer oemoeré moeng samangsa lan ing tanah Djawa kéné temtoe bisa dadi . Sarèhning widjiné moeng 1 taoen kenané disimpen, dadi betjiké koedoe dioeloer toemoeli , leté larikan 20 cM.

Besoek tandoerané diarangaké nganti dadi 10-15 CM. Gagangé kembang dipoenggeli , soepaja ojodé ora atos . Pangoendoehé koedoe

PANANDOERÉ SAJOERAN 2 ngati-ati , ojodé adja kongsi toegel . Schorseneer ikoe kang katandoer ojodé . Jèn arep ngamèk widji , godongé dipronggol , ojodé semi manèh lan semèné iki kang bakal awoh. Wohé kang wis toewa dipetiki . Kang bangsaning betjik : kang ireng , vulcaan lan Rusische reuzen.

KNOLSELDERY (SLEDRI KENOL).

Kang ditandoeri knolselderij ikoe lemahé koedoe kang akèh lemèné . Rabock tlétong anjar oetawa raboek gawéan ora betjik , sabab bandjoer ngakèhaké godong ngoerangaké knol . Banjoené koedoe diakèhi . Ojodé sobrah kang pada katon koedoe diketoki , goeloedané koedoe resik lan lemahé koedoe kerep diketjrik . Pandederé ing pawinihan , lan jèn toekoelané watara woes 10 cM, dielih menjang goeloedan . Leting larikan 40 CM, madjoe teloe , dadi ing goeloedan kang ambané 1.20 M. bisa ana teloeng larik . Ing sarehning pandederé knolselderij nganggo didjoegangi , doedoekané kang sapandoeman dioeroegaké ing djoegangan , kang sapandoeman manèh isih matoetoek ing antaraning djoegangan . Lemah kang matoetoek ikoe kena ditandoeri slaḍah ; dadi papané sladah loewih doewoer tinimbang papaning knolselderij . Moelanéknolselderij ditandoer ing djoegangan , soepaja knolé adja ngajoe (atos kaja kajoe ) . Jèn knolé wis pantog gedéné , godongé dibengketi, soepaja hawa lan soroté srengéngé bisa mleboe ing lemah , ndjalari moendaké ing knolé. Waktoe tandoerané isih ana ing goeloedan , ora kena pisan -pisan godongé dipețiki .

Kang bangsaning betjik : Erfurter knol lan Prager reuzen knolselderij .

UI (BRAMBANG WALANDA ) .

Panandoeré brambang Walanda ikoe koedoe ing lemah kang loh, sabab oeripé ikoe lawas .

Widjiné dioeloeraké ing larikan , leté larikan 20 CM . Besoek diarangaké nganti leté tandoerané ing larikan koerang loewih 15 CM. Goeloedané koedoe resik lan lemahé kerep diketjrik . Kenané dioendoeh jèn godongé wis ora moendak manèh . Sawisé dioendoeh jèn godongé wis garing , godongé diboewangi . Betjiké ditandoer ing panggonan kang doewoeré 6000 kaki oetawa loewih .

Kang ditandoer kaja kang kaseboet doewoer kang betjik brambang zwijndrecht (Zwijndrechtsche ui) , brambang Walanda kang abang (de roode Hollandsche ) de Stroogele en bruine Zeeusche .

Goeloedané betjik digawé nggeger sapi , sabab brambang ikoe ora pati tahan marang banjoe . Brambang kang kanggo asinan ora pati perloe ditandoer ing lemah kang loh banget , nanging lamahé kang ndoewoer koedoe kang betjik . Pandederé ing larikan kang kerep , nanging leting larikan 10 cM. Pangoepakarané lan pangoendoehé pada baé lan brambang kang kaseboet ndoewoer , jaikoe brambang gedé .

Inlegui (bawang asinan ) koedoe tjilik, boender , mentes lan poetih ; kang betjik kanggo asinan : Sint Jan lan brambang tjilik kang poetih .

Kanggo widji koedoe milih brambang kang mentes , goeloené lan dasaré , ja ikoe pérangan kang toekoel ojodé , tjiliktjilik.

Ikoe maoe dideḍer , jen wis semi , semèné diingoe nganti metoe indrenge ). Pandederé leté 25 cM. Pangoendoehé jèn widjiné wohé ( wis ireng - ireng, lan bandjoer diwadahi dloewang oetawa kantong, lan diepé .

PREI .

Kang bangsané betjik : de dikke Brabantsche winter , Reuzen prei van Carentan lan dikke Leidsche .

Panandoeré widji dideḍer ing pawinihan . Jèn toekoelané wis 10-15 CM doewoeré , bandjoer dielih ing goeloedan . Goeloedané dikalèni leté 20 CM, leting tandoeran ing larikan 15 CM. Sadoeroengé ditandoer toekoelané dilongi godong lan ojodé , ing antarané prei kena ditandoeri sladah leté 30 cM lan panandoeré bareng karo preiné. Jèn sladahé wis dioendoeh preiné diaroeg lan diraboek tlétong oetawa chili . Pangraboeké ing kalénan ing sela -selané prei .

SJALOT (BRAMBANG).

Pandederé sjalot ikoe gampang banget . Kang betjik sjalot loemrah lan sjalot kang poetih. Panandoeré warna loro : andeder widjiné oetawa brambangé . Brambangé maoe jèn diḍeder ojodé énggal metoe pentolané . Goeloedané oega koedoe nggeger sapi . Leté larikan 20 CM, leté tandoeran 15 CM, pangoendoehé jèn godongé wis wiwit abang arep garing ; sawisé garing, godongé maoe diboewangi . Panjebaré ana ing larikan kang leté kaja kang kapratélakaké ing doewoer , nanging sebarané kang kerep soepaja ing tembé kena diarangaké dadi 10 cM.

BAWANG (KNOFLOOK ).

Panandoeré pada karo sjalot. Bédané bawang karo kabèh bangsaning brambang kang wis kapratélakaké ing doewoer ja ikoe : bawang sijoengané ana siliré .

SAJOERAN OEWOH .

BANGSANING BOENTJIS .

Sajoeran iki kang akèh tandoerané wong boemi , nanging oetamané dipepakana warnané, kaja ta : princesse boonen , ertjis , peulen , snijboonen , tuinboonen lan capucyners .

TUINBOONEN.

Panandoeré leting larikan 40 CM. lan leting tandoeran ing larikan 25 CM. Ing sagoeloed isiné kang loemrah 2 oetawa 3 larik, nanging akèh kang panandoeré dikoebengaké ing kebon sajoeran. Panandoeré ing dalem satjoeblekan widjiné 2 oetawa 3, lan ing sela -selané ditandoeri wortel oetawa slaḍah .

1/2 koedoe dilandjari . Jèn tandoerané watara wis M. doewoeré , Betjiké lan gampangé ,mangkéné , ing poengkasaning goeloedan ing adeg -adeg iki saben let 40 kiwa -tengen didokoki adeg -adeg , diplagrangi pring sigaran . CM . Jèn ngisor wis metoe wohé , wité ing doewoer dipronggol , ja ikoe jèn doewoeré wité watara wis 60 100 CM .

Pangoendoehé ora kena kegeḍèn , sabab sing disenengi ing akèh ikoe kang isih enom . Moeng jèn kanggo widji koedoe milih kang ja toewa , ikoe jèn wis ireng , lan milih kang kentjeng -kentjeng .

Pangraboeké koedoe kang wareg , kaja déné kang wis katjaritakaké ing doewoer bab panandoeré tetandoeran kang kembangé mèmper koepoe , sabab bangsaning kara ikoe oega tandoeran kang kembangé mèmper koepoe ,kenané karaboek nganggo stikstof moeng jèn tandoeran maoe isih tjilik . Jèn nganti kakèhen stikstof , tandoerané roesak .

Sawisé ditandoeri tuinboon , lan tandoeran lijané kang kleboe bangsané tandoeran mawa kembang mèmper koepoe ,betjiké ditandoeri sajoeran godong .

Kalané dioeloer widji mase koedoe dititi , adja kongsi ana kang mblentong ireng . ikoe ing djero Jèn ana kang mangkono , ana kéwané kaja kepik , kang ing tembé bakal ngroesakaké lan memangani godongé kang enom -enom .Widjiné koewat disimpen nganti 2 taoen ; Kang bangsaning betjik : Lange Leidsche ,vroege breede witkiem , lan vroege klooster .

SLABOON .

Iki ana kang mrambat ana kang ngadeg . Kang mrambat

panandoeré mangkéné : I.Widjiné dioeloer 6 oetawa 7 ing dalem satjoeblekan ,kalarik ing goeloedan kang ambané 60 cM . Ing dalem sagoeloedan moeng ana salarik .Widjiné dipendem 2 djeroné ,manoet oetawa 5 cM . garing -telesing lemah ; leté tjoeblekan 60 CM . Ing panggonan kang bakal ditandoeri , diandjiri disik , ing tembé ngiras kanggo landjaran ; dawané andjir 2½ — M. Landjaran -landjaran maoe 3 doewoering palang 12 M. Ora anané pring paḍa disèlèhi palang , ija kena nganggo kajoe taoen satjandaké . Sakiwa -tengening landjaran kena ditandoeri sladah .

II. Goeloedan kang arep ditandoeri slaboon maoe ambané 1-1.20 M. Landjaran dadi rong larik , leté 60 cM. madjoe teloe . Landjarané poetjoeké digațoekaké lan ditalèni . Ing nḍoewoer bandjoer didokoki plagrangan . Landjarané lan plagrangané koedoe pring sigaran , soepaja tandoerané gampang mrambaté .

III . Goeloedan ambané 60 CM. Ing tengahé didokoki landjaran salarik, landjaran maoe didokoki plagrangan wilah . Doewoering plagrangan 12 M. Sakiwatengening landjaran madjoe teloe dideḍeri slaboon , leté 60 cM.

IV. Landjarané neloe -neloe madjoe teloe , ing doewoer ditalèni dadi sidji , doewoering talénan 12 M. Terkadang landjarané madjoepat , lan nggoné nalèni oega papat -papat , ja ikoe jèn panandoeré slaboon maoe saboebaré bloemkool , kaja kang katjaritakaké ing bab panandoeré bloemkool . Nandoer slaboon kang mangkéné iki kena diarani patrap goeboegan " , sabab landjarané madjoepat kaja tjagak goeboeg . Soepaja sadina moepoet , karané bisa kasorotan ing srengéngé , larikané dioedjoeraké ngalor . Wantjiné kang betjik kanggo nandoer sakabèhing boon ana ing mangsa laboeh oetawa marèngan , sabab toemrap tandoeran ing mangsa laboeh , bésoek wajahé akèh oedan , wis gedé-gedé ; mangkono oega tandoeran ing mangsa marèng , bésoek banter-bantering panas cega wis gedé-gedé , dadi wis pada koewat kodanan gedé lan kapanasan banter . Papané , ing goeloedan dingèngèhaké sațițik , kanggo ndeder sadijan soelaman . Soepaja mrambaté bisa kentjeng, betjiké nganggo ditalèni , nanging adja kekentjengen lan ora kéna kliroe ; pamrambaté bangsané kara ikoe koedoe ngiwa.

STAMSPERGEBOONEN .

Pandederé pada karo kang kaseboet ing doewoer , moeng leté rada kerep. Ing goeloedan kang ambané 1. 20 M. moeng dilariki dadi teloeng larik, leting tandoerané 30 cM; saben saelèng disèlèhi 4 oetawa 5 widji ; leting larikan 40 cM.

Goeloedan ikoe ija kena dikèhi larikané kongsi leting larikan moeng ana 5 oetawa 10 cM.

Jen panandoeré akèh ,, ora perloe ditandoer ing goeloedan , arang -kerepé panandoeré adjeg kaja kang kaseboet ing doewoer . Bangsané peulvruchten (kapri sapanoenggalané ) ora kena diraboek akèh -akèh , sabab jèn kakèhen raboek moeng godongé kang akèh , nanging wohé soeda . Kang prajoga kanggo ngraboek ikoe gamping , sabab gamping ikoe bisa ngratengi panganing tandoeran ing lemah kang maoené ora bisa diserot déning ojod , woesana bareng wis diratengi ing gamping dadi bisa diserot .

Jèn panandoeré stamboonen arep kanggo bruineboonen , pangoendoehé jèn isiné wis oedar saka gantilané (kotjak ) lan jèn wité wis koening klikané , déné pangoendoeh dibedol oewité . Stamboonen kang akèh wohé , jèn mentas oedan koedoe diwalik soepaja adja bosok . Wité dibedol , perloené prențilé ojod kang isi stikstof bisaa kèri ing lemah . Anggoné ngepé diklanţang kaja wong nglantang djagoeng .

Bangsané boon rambat kang betjik :enkele lan dubbele princessen zonder draad lan fijne trosjes . Boon ngadeg : dubbele stamprinsessen , fijne tros lan witte reuzen .Kanggo bruine boonen loemrahé kang katandoer : kievitboontjes lan chocoladebruinen rotjes .

SNIJ BOONEN .

Panandoeré kaja slaboon . Iki oega ana kang mrambat lan ana kang ora .

Sakabèhing boon kena ditjampoer panandoeré karo tandoeran lijané . Kaja ta: Snijboon karo slaḍah sarta kool . Oepama nandoer sladah ing larikan leté larikan 45 cM . , leté tandoeran ing Ing antaraning larikan sladah leté 90 CM . larikan 30 CM . ditandoeri kool madjoe teloe .

Jen sladahé wis arep ngoendoeh , ing larikané sladah ditandoeri boon , leté 60 CM . dadi bandjoer goeboegan (gambar No. 2) kaja , kang kaseboet ing bab slaboon .

GAMBAR 1, schaal 1 10 . :

Gambar 2 , goeboegan ing gambar No 1 kang nggandeng boon .

Panandoeré kang kaja mangkéné ikoe bagoes banget ; dadi lemahé koedoe betjik pangraboeké .

Kang bangsananing betjik boon mrambat : moerheine reuzen , slagzwaard zonder draad , verbeterde Veensche lan lange breede slagzwaard. Boon ngadeg : vroege smalle lan lange breede echte .

Gambar 2.

PEUL, ERWT (ERTJIS) LAN CAPUCYNER .

Sarehning teloeng warna iki pada , pangremboegé didadèkaké sidji .

Pangoendoché peul koedoe jèn isih enom , ora kena ketoewan , awit sing pajoe banget ikoe peul enom .

Ertjis ikoe ana kang mrambat ana kang ora . Sarta ana ertjis Inggris lan marrow erwten , roepané rada pating brendjoel , ana manèh ertjis Walanda roepané aloes .

Peul , ertjis lan capucyner teloe pisan jèn panandoeré moeng satitik digoeloed , jèn akèh ora . Panandoeré nganggo larikan , saelèng sidji -sidji , oetawa digrombolaké dadi dapoeran . Kang akèh -akèh digawé rong larik . Larikané leté 50 cM ; jèn pangoeloeré sidji -sidji leté 4-5 cM. , jèn dapoeran leté dapoerané 20-25 cM.

Djeroné widji , walak -walak garing lan telesing lemahé , nganti 10 CM. Pangraboeké nganggo phosforzuur lan kali , kèhé ing dalem sagoeloed kang ambané 1.20 M. lan dawané 8 M. phosforzuur 2 KG , kali 1 KG. Jen ertjis mrambat sawisé toekoel dilandjari nganggo kajoe kang akèh pangé , kang dawané 1-1.50 M. Kaloemrahané ertjis rong larik landjarané rong larik, kena oega ertjis kang ketel salarik , landjarané rong larik, oetawa landjaran rong larik ertjis teloeng larik (1 ing tengah , 2 ing ndjaba ) . Ertjis salarik , landjarané salarik ikoe kang betjik déwé .

Moeng ertjis kang mrambat kang kena ditalèni ing landjarané. Goeloedan kang ditandoeri 2 larik, koedoe ambané ora kena koerang saka 1.20 M. , sabab jèn kekerepen panandoeré , kang awoh moeng kang sisih ndoewoer baé . Goeloedané sabisa -bisa dioedjoeraké ngalor ; pinggiré goeloedan kena ditandoeri sladah oetawa lobak

Betjiké goeloedané digawé loempat -kidang: jen mentas goeloedan ertjis , bandjoer goeloedan tandoeran lijané, noeli goeloedan ertjis manèh , mangkono sabandjoeré , soepaja ertjisé bisa kasorotan srengéngé kabèh, goeloedan kang njelani maoe ditandoeri andyvie , spinazie , postelyn oetawa aardbei .

Bangsané ertjis kang betjik : Vlijmsche krombek, Telegraafdopper , stamdopper , Amerikaansche soorten (ertjis Amerika ) , Bliss 'Abundance, William Hurst , wonder van Amerika lan vroege Amsterdammer . Bangsané peul kang betjik : Moerheimsch reuzenpeul , vroege Hendrikspeul lan Prins Albert peul. Bangsané capucyners kang betjik : lage kaapsche , lage vroege grijze lan hooge witte .

Manawa sawisé kasebar bandjoer kalalèn , widji apa kang disebar maoe , ikoe isih bisa dititik wohé . Jen ing tembé mletèk katon tanpa sontrot, tetéla jèn kang kasebar maoe peul, awit jèn ertjis , mesți ana sontroté .

Moenggoeh peul kang toewa ikoe bisa katara saka ing djaba panggonaning isiné , katon pating pandoekoel , nanging moenggoeh ing ertjis kang mangkono ikoe ora katara. Woh peul akèh emperé karo praoe , jèn ertjis ora . Widjiné capucyner rasané sepet , capucuner kang klawoe, kembangé woengoe .

ASPERGE (ASPERSI ) .

Asperge koedoe ditandoer ing lemah kang gembroeng sarta akèh pangané . Sadoeroengé ditandoeri lemahé koedoe diraboek disik nganggo raboek tlétong raboeké dipendem , awit jèn wis ditandoeri sarta tandoerané wis metoe tjakaré , lemahé wis ora kena diraboek manèh kaja mangkono .

Déné kang kaaranan tjakar ikoe tandoeran asperge kang isih enom kang asalé saka widji.

Papan kang arep ditandoeri tjakar maoe roepané kaja déné papan kang arep ditandoeri teboe . Kang bakoe ikoe lemahé koedoe diraboek lan digawé mawoer sarta panandoeré moeng salarik. Patrapé kang prajoga déwé kaja ingisor iki .

Jen lemahé wis dipatjoeli djeroné 60 cM. , raboeké dilebokaké , bandjoer dirata , noeli digoeloed -goeloed , lan didèkèki dalan selaning goeloedan . Goeloedané maoe ambané 40 CM. , leté (dalané ) 80 CM. Goeloedané didoedoek djeroné 20 CM, lan lemahé maoe ditoempoek ing dalané kang 80 CM, ambané maoe ; dadi goeloedané bandjoer dapoer kalènan , déné dalané dapoer poențoek , dadi kaja lemah bakal tandoeran teboe . Kalénan maoe dioeroegi raboek nganti mèh papak karo sipating lemah nalika doeroeng didoedoek lan raboeké dioeroegi lemah.

Tandoeran (dederan ) kang ana bédéngan jèn wis oemoer 6 sasi , bandjoer ditandoer ing kalénan maoe , leté 50 cM ; ojodé koedoe didjèrèng .

Tjakaré maoe koedoe ana poentoekan tjilik , soepaja ojodé ambjar lan noengkebi poentoekan maoe .

Sawisé tjakar maoe dibedol saka bédéngan , jèn arep ditandoer ing lengé, koedoe diepé disik sadina . soepaja adja bosok . Jèn tjakar maoe wis ditata ing nḍoewoer poențoekan , ojodé bandjoer dioeroegi , lan enggoné ngoeroegi koedoe ngati-ati , soepaja țingiling semi adja nganti roesak . Jèn wis mangkono , let 6 sasi , bandjoer godongé dikeṭok watara 10 cM. saka lemah , bandjoer diraboek manèh sing akèh . Ing larikan sela -selaning tandoeran maoe ; toemoeli diaroeg ing wiwitan oetawa poengkasaning mangsa rendeng dadi let 2 oetawa 3 dina manèh , jaikoe ing wiwitané sasi Maart oetawa April lan tengah - tengahané sasi September toemeka poengkasané sasi October , bisané dioendoeh . Kadjaba raboek tlétong, asperge ikoe kena diraboek nganggo raboek gawéan , oepama 1½ KG. patentkali , 4 KG. superphosfaat lan 1 KG . chilisalpeter ing dalem 1 roe pesagi . Pangraboeké sadoeroengé ngaroeg .

Maoené goeloedané 40 cM. lan dalané 80 cM. ambané . Bareng wis dioeroeg lèngé (goeloedané ) 80 CM. lan dalané 40 CM. ambané . Goeloedané dioeroeg nganggo lemah kang ditoempoek ing dalané maoe . Lemah kang kanggo ngoeroeg maoe koedoe mawoer lan ora kena kaworan watoe , krikil oetawa lijané kang atos . Kandelé oeroeg -oeroegan kang noetoepi tjakar oetawa klauw maoe 20-25 cM. Wangoené oeroeg -oeroegan ing nḍoewoer warata lan ing kiwa tengené mlèrèt. Watara 12-2 sasi wis kena ditjoebles (dioendoeh ). Jen woes rampoeng pangoendoehé , dalan ing antarané goeloedan diraboek manèh , lan lemahé kang kanggo ngoeroeg goeloedan maoe dibalèkaké manèh menjang dalan maoe . Jèn pangraboeké sataoen ping pindo , dongkèlané bisa diingoe nganti 15 taoen , dadi ngoendoeh ping 15 .

Pangoendoehé (panjoeblesé ) asperge ikoe ora gampang , lan patrap mangkéné : Toemrap wong kang doeroeng koelina, lemahé betjik didoekiri , aspergené bandjoer dipoetoeng oetawa ditjoebles . Jèn ditjoebles , panjoeblesé koedoe nganggo lading kang lentjeng, dawané 40 CM. , ambané 2 CM. Jen lemahé wis bengkah ikoe nandakaké wis mangsané dioendoeh ; déné jèn lemahé wis bengkah, mangka espergené (boengé ) ora toemoeli ditjoebles , aspergené (boengé ) dadi biroe lan ora pajoe dolé .

Asperge maoe sawisé dioendoeh , dibengketi ngrongpoeloeh oetawa neloeng poeloeh . Panjimpeni diboentel ing soeket teles , sabisa -bisa ing panggonan kang peteng , soepaja adja dadi biroe .

Kanggo toempang -sari sadjroning rong taoen kang kawitan , dalan kang dioeroegi lemah saka lèng , prajoga katandoerana sladah , andyvie , kool oetawa stamboon .

Kang perloe dioendoeh widjiné koedoe milih tandoeran kang soeboer , pangoendoehé jen wohé wis abang . Daginging woh diplètjeti ing banjoe kaja déné mlètjèti kopi , toemoeli diisis lan diḍeder ing lemah kang akèh lemèné .

Asperge kang bangsané betjik : vroege van Argenteuie , de Bergen op Zoomsche lan de Duitsche soorten , Mainzer spargel lan Ruhm Braunschneig .

TOMAAT (BLONDOTAN ).

Tomat ikoe kena dirambataké ing andjang -andjang lan kena dipronggoli .

Moenggoeh pandederé widji pada baé, jaikoe dideḍer ing goeloedan leté 1 M. Sagoeloed kang ambané 1.20 M. dilarik dadi rong larik, leté larikan 60-80 CM. , oetawa dideder ing bédéngan ing tembé dipoeter , dielih menjang goeloedan .

Dideḍer disik ing bédéngan karo dideḍer teroesan ing goeloedan ikoe pada baé betjiké . Moeng baé jèn tomaat maoe dideḍer disik ing bédéngan pamoeteré jèn wis arep dipronggoli . Jèn blondotan arep dirambataké ing andjang -andjang , ora perloe dipronggoli . Pamronggolé gampang baé , wité kang wis ana godongé 3-4 dipronggol . Sawisé dipronggol bakal metoe siwilané . Siwilan ikoe kang diingoe moeng teloe kapilih kang seger -seger déwé sarta di landjari wilah kang dawané 1 oetawa 1.25 M. Jèn siwilané maoe dawané wis watara 1 M. , dipronggoi ; pang -pang kang metoe saka pang teloe maoe , dikeṭoki kabèh .

Jen wis arep woh, lan wohé metoe saka tantjebing godong , godongé kang poetjoek déwé lan godong loro sangisoré poetjoek koedoe dipoenggel , dadi kang dipoenggel godong teloe ing poetjoek déwé . Jen blondotan diandjang-andjangi , patrapé mangkéné : Andjangandjangé ditjagaki pring , doewoeré 50 - 60 c.M. Jèn wis soendoel ing andjang -andjang bakal nglambrak ing doewoer andjangandjang . Jèn landjarané wis kebak wité dipoenggel poetjoeké .

Kang bangsa betjik : Alice Roosevelt, tomaat Walanda kang aloes sarta abang , lan Perfection .

KOMKOMMER (TIMOEN ) LAN MELOEN (SEMANGKA ).

Sanadjan wong tani woes akèh kang nandoer timoen , éwadéné betjik nandoera timoen kang prajoga . Timoen ikoe tjilik lan mèmper karo augurken kang gedé . Panandoeré dibèdèng lan jen toekoelané wis godong 3 oetawa 4 dipoeter , anggoné nandjakaké ana ing goeloedan kang ambané 1.50 M. , leting tandjan 1 M.. Timoen ikoe koedoe ditandoer ing lemah kang gembroeng , kang amès , nanging adja ngember . Timoen ikoe oega kena ditjangkok , samono ikoe jèn ora demen nandoer widjiné . Pangé disèlèhaké ing lemah sarta dioeroegi nganggo lemah ; kabener matané bakal toekoel ojodé .

Komkommer ikoe kembangé warna loro, kembang lanang lan kembang wadon . Dadi kèh satitiké woh bisa ditata sarana dilakèkaké oetawa ditjegah adja kongsi laki manèh . Panjegahé jaikoe diboewangi kembangé lanang .

Kang bangsané betjik : de gele tros, witte Amsterdammer , Coliath lan Noa ' s lange.

MELOEN (SEMANGKA ).

Panandoeré semangka pada baé karo timoen , mangkono oega bab kawoedjoedané lan garing telesing lemah .

Pangoendoehé meloen jèn wis ngganda seger ; jèn ngoendoeh , gagangé koedoe dikatoctakè satitik Jèn wis toewa ing kiwatengening gagang mlekah lan roepané koening.

Kang bangsaning betjik : Kaiserin Augustua Victoria . Gewone net, Berlijner net lan Noir des Carmes .

RABARBER (KLEMBAK) .

Klembak koedoe ditandoer ing lemah kang ora mawoer lan teles sarta koedoe kapanasan . Anggoné nangkaraké warna loro , ditandoer widjiné oetawa ditandoer soewèkané .

Kang gampang sarta prajoga ikoe nandoer soewèkan , bésoek toekoelané ora bisa awoh, oetawa nadjan awoha ija moeng satitik . Kadjaba jen dasar arep dipèk widjiné , manawa kleinbak maoe toekoel pangé kang bakal nganakaké woh, pang ikoe koedoe dipoenggeli . Jen panandoeré disoewèki , ing goeloedan kang ambané 80 c.M, ditandoeri salarik, leté 80 c.M. Jen panandoeré lagi sataoen doeroeng bisa akèh asilé ; moela ngoendoehé jèn wis rong taoen , saben taoen diraboek kang akèh ; lan lemahé diketjrik . Gagang rabarber ing satjedaké pokok dipoenggel soepaja ngoendoché gagang bisa akèh . Godongé diboewangi , gagangé bandjoer dibengkeki njapoeloeh idji .

Wantjiné nandoer kang betjik déwé ing mangsa laboeh . Jèn arep nandoer widjiné , panandoeré koedoe toemoeli baé samangsa wis toewa ; widjiné disebaraké oetawa dioeloeraké ing larikan , leté larikan 20 c.M. Jen toekoelané doewoeré wis 2 c.M. bandjoer diarangaké nganti 20 c.M. leté . Jen ora ana alangané apa -apa watara 8 sasi saka panandoeré wis kena dielih.

Kang bangsa betjik : Barbarossa , Paragon lan Royal Albert .

BLEEKSELDERY (SLEDRI POETIH).

Bleekseldery ikoe ing kéné akèh kang doeroeng weroeh , moela ora pati ana kang ngarepaké . Panandoeré kang betjik dideder ing bédéngan nganggo larikan kang leté 10-15 c.M ; ing tembé tandoerané diarangaké kongsi dadi 10 c.M. arangé . Jèn toekoelané wis watara 20 c.M. , dipoeter dielih ing goelocdan . Panandoeré kaja déné prei , ing loewangan kang djeroné 20 c.M. Leting larikan 40 c.M. , dadi ing goeloedan kang ambané 1.20 M. sedeng 3 larik. 1

Tandoerané ing larikan leté 40 c.M, madjoe teloe . Bleekseldery koedoe ditandoer ing lemah kang loh lan mawoer.

Jèn tandoerané wis ana ing larikan , diraboek nganggo raboek tjoewèr .

Kabèh siwilané koedoe diboewangi . Jen wis ngoemoer 4 sasi , goeloedané kena dirata , bandjoer tandoerané diaroek saka sețițik . Pangaroegé koedoe ngati-ati, adja kongsi ana kang tantjebing godong klebon lemah, moela nalikané ngaroeg godongè dibengketi .

Nalikané bleekseldery maoe katjeblokaké, ing antarané tandoeran selderi , ija ikoe ing poențoekan lemah doeḍoekan saka djoegangan , kena ditandoeri sladah , ngiras kanggo tengeran , besoek jèn ngoendoeh sladahé wis mangsané ngaroeg selderiné .

Jèn atiné tandoeran ( ing tengahé ) wis katon koening , ikoe pratanda selderiné wis kena dibedol , kang dikèrèkaké moeng godongé kang koeroegan , ja ikoe kang dipoetjetaké (bleek = poetjet ) lan ojodé sațițik . (Bleekselderie selderi , poetjet ).

Bangsané kang betjik : White Plume lan Engelsche en Fransche grove .

PETERSÉLIE (PATRASÉLI) .

Panandoeré peterselie ing larikan kang leté 10 CM. Widjiné koedoe dioeroegi lan ora kena garing , sabab angèl toekoelé .

Kadjaba ing lemah, manawa moeng widji sațițik , betjik dideḍer ing kas.

SELDERIE .

Panandoeré oega kaja peterselie , nanging sarehning selderie loewih rosa tinimbang lan peterselie , leté tandoerané digawé , madjoe teloe . Godong knolselderie lan bleekselderie kang 30 CM. isih enom kena kanggo soelihé selderie kang aloes .

PÉTOENG PANGANGGONÉ WIDJI .

Oekoerané goeloedan kena digawé rata-rata , ja ikoe dawané 8 M. ambané 1.20 M.

Ambané dalan leting goeloedan 0,50 M. (satengah meter) dadi ing dalem sabaoe jèn woes dilongi kalénan oetawa goté bisa ana 400 goeloet , awit sabaoe ana 7096,5 M'.

Moerih gampangé ingisor iki pratélan panganggoné widji ing dalem sagoeloed kang ambané 1,20 M. , dawané 8 M. , lan kanggo saeroe pasagi , sarta sabaoené .

Warnané sajoeran .Kèhé widji kanggo sagoeloed ambané 1.20 M. daKèhé widji wané 8 M.kanggo 1 RKèhé widji kanggo sabaoe .
Biet.14.15 KO
Wortel gedé. 10-13 77 14-20 37 7-1010.1314-207.10
Wortel tjilik.13-18 20-28 10-14 i0.2810-14
Radys . 47 70 35477035
Snyseldery . 13-15 27 20-22 10-113.15.20:2210-11
Snysla lan steeksla . "" 3-4 223-42
Schorseneer . 12 27 18 . 9712189
Prei . 15-22 22-36 77 11-18 215-2222-3611-1
Postelein . 170-210 72 250-320 27 125-160 ,,0-210250-320125-16
Spinanzie . 330-400 ,, 500-600 17 250-300 ,,0-400500.600250-300
Peterselie . 10 22 14 77 7 ,1017
Komkommer . 1010147
Augurk .21-2 77 2-3 117 1
Stamboon .7-9347-93 27 70-140 7735-70
Stoksnijboon .35-47 17 50-7050-7025-35
Stokslaboon .27-47 27 40-7040-7020-35 ",
Stam oetawa kruipboon .6060 77 90 ,,45 "
Ertjis sing doewoer oetawa sing rada doewoer .931407
Tuinboon ditandoer toempang -sari .93 22 14014070 "
Tuinboon tanpa toempang -sari .240360180
Kentang .1-1 , 5kati 2-2 , 5kati 10-11 pikoel

1. Tandoeran sajoeran ing Batoe Prei diwor lan sladah .

. 2. Kebon sajoeran doewèké wong boemi

3. Kebon kobis savoy (savoyekool ) widjiné saka nagara Walanda .

4. Kebon biet ing Tosari (Egyptische platronde ).

5. Madahi sajoeran kang toemindak ing Tosari.

6. Nggawa sajoeran saka ing Tosari marang Pasoeroean , diemot ing djaran .

ISINÉ LAJANG IKI :

Katja Beboeka . Atoer woeninga PÉRANGAN I. Katrangan loemrah . Panggarapé lemah Njitak. Pangraboek . Widji . Wantjiné njebar . 7 Nandoer lan njebar widji (ndeder ngipoek ) . 7 Pangoepakara . 7 8 Ngoendoeh . Maḍahi . 9 PÉRANGAN II . Warna-warnaning sajoeran. SAJOERAN GODONG . 10 Bloemkool (kool kembang ) Sluitkool . 10 Brocoli 11 Spruitkool . 11 11 Boerenkool . Petsai.. 11 Spinazie . 12 Snijbiet oetawa Warmoes . 12 13 Zuring Postelein 13 Cichorei . 13 Andyvie (andêwi ). 14 14 Salade (sladah ) SAJOERAN OJOD . Koolraap . 15 Raapkool. 16 Meiraap . 16 Radijs (lobak). 16 Rammenas . 16 Wortel octawa Peen 16

KATJA Biet · 17 Schorseneer • 17 Knolselderie (slèdri kenol). 18 " 18 Ui (brambang Walanda ). Prei 19 Sjalot (brambang ) • 19 19 Bawang (knoflook) SAJOERAN OEWOH . Bangsaning boentjis 19 Tuinboonen. 20 Slaboon . 20 Stamspergeboonen . 21 22. Snijboonen . Peul , erwt (ertjis) lan capucyner . 23 Asperge (aspersi ). 24 26 Tomaat (blonḍotan ). 26 Komkommer (timoen ) lan meloen (semangka ) 27 Meloen (semangka ). Rabarber (klembak). 27 27 Bleekselderie (slédri poetih). 28 Peterselie (patraséli ). Selderie .. 28 28 Pétoeng panganggoné widji