Baca PDF (OCR): Ngèlmoe kasoegihan : Kadjawèkaken saking basa Walandi: "De kust om rijk te worden" / dening R. Tirtadanoedja

48 halaman · 6 halaman diproses dengan OCR · 3.7 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. NGÈLMOE KASOEGIHAN
  2. LARAPAN.
  3. BEBOEKA.
  4. Dedalané bisa olèh doewit.
  5. Bibit sarta pranatané pangoepa -djiwa.
  6. Model voor een dagboek .
  7. Bab oetang -pioetang .
  8. Tetanggoengan bebaja moenggoeh ing barang mélik.
  9. ISINIPOEN SERAT POENIKA .
  10. KATJA

Wason HF5386 T59 19 NGELMOЕ ASIA SOEGIHAN Tjap-tjapan ingkangkapingkalih . UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR. WEDALAN BALÉ POESTAKA. E

Wason HF5386 T59 1921 CORNELL UNIVERSITY LIBRARY CORNELLUNIVERSITY • FOUNDE CORNELL DBYEZRA

CORNELL UNIVERSITY LIBRARY FOL UNIVER RSITY CORNELL 2 DBYEZRACORP

Digtized byGoogle

Serie No. 121 Regi f-0.25

NGÈLMOE KASOEGIHAN

Kadjawèkaken saking basa Walandi : „ De Kunst om rijk te worden" déning

R. TIRTADANOEDJA .

Tjaptjapan ingkang kaping kalih .

WEDALAN BALÉ POESTAKA .

DRUKKERIJ VOLKSLECTUUR WELTEVREDEN . 1921

W.93306 . 111 X

LARAPAN.

r.

Kadjaba oetawa sawisé moemoedji rahajoe slamet marang kang pada matja lajang iki, moega pada soemoeroepa : lajang iki nerangaké oetawa awèh pitoedoeh ing bab réka lan pratikelé wong arep soegih ; oega kang diarani ngèlmoe oetawa kawroehé wong arep soegih . Déné ngèlmoe oetawa kawroeh maoe awewaton saka paoegerané bab „kasoenjatan " oetawa „kadjatèn” ; dadi karepé ngèlmoe oetawa kawroeh kang njata, oeger dilakoni apa sapitoedoehé bakal bisa kalakon dadi soegih .

Ngèlmoené wong arep soegih kang kamot ing dalem lajang iki, béda banget karo ngèlmoené wong arep soegih ing kaloemrahané wong Djawa ; kang doeroeng akèh sesoeroepané diarani. „ apèk sétan" , moelané oega diarani „ apèk kasoegihan . " Ananging kang mangkono ikoe satemené moeng nalar goegon -toehon baé, mitoehoe oedjar lalawora, dadi ora njata oetawa goroh ; pratingkahé wong apèk sétan sarana amemoelé lemah sangar , kajoe angker sarta nganakaké sadjèn lan sarat warnawarna , ikoe sawidjining panggawéan ilang moespra , tiwas sajah toer kélangan patoekoné sadjèn warnawarna , wekasan tanpa asil . Karo manèh ora ana wong apèk sétan oelihé ketara maoedjoed anggawa sétan ; déné wong kang roemasa apèk sétan sarta njata bisa soegih , ora woeroeng dèwèké sabrajat isih sarosa njamboet-gawé , moeng minangka réwang njamboetgawé ; oepama sétan olèhé apék maoe moeng minangka réwang njamboet-gawé oetawa ndjaga barang darbèké NGÈLMOE KASOEGIHAN . 1 baé, apa bédané karo apèk boeroeh kang wekel sarta petel ing gawé . Sabab saka mangkono maoe , akèh baé wong kang pada nglakoni apèk sétan minangka isarat kasoegihan wekasané tansah adjeg mlarat baé ; nanging saking bangeté ngandel marang oedjar lalawora maoe , bandjoer diarani doedoe warisé apèk sétan, oetawa doedoe warisé bisa soegih , ora weroeh jèn ngèlmoené maoe moeng wohing goegon -toehon baé . Béda banget karo ngèlmoené wong arep soegih , kang awewaton ing bab kasoenjatan, ja ikoe barang kang njata, kang masți , ora ana kang diarani doedoe warisé, oetawa ora waris ; waton ora kambah ing bebaja kang ora kena kinira baé , oeger dilakoni sapakoné ngèlmoe , kaja-kaja wis masți bisa soegih .

Wondéné reringkesané ngèlmoe maoe , moeng patang temboeng : „ wekel, pratikel , peţel lan prigel." Wekel tegesé temen , pratikel : akèh rékané , peţel : sregep , déné prigel tegesé ora kidoeng ing sabarang gawé . Woetoehé tetemboengan maoe : „ Sapa wongé kang temen lan toememen ing sabarang sedya , toer akèh rékané sarta dilakoni kalawan sregep lan ora kidoeng , wis masți bisa kalakon. "

Dadi jèn ana wong kang ora bisa kalaksanan karepé , ikoe wis masți ninggal salah sidjiné patokan kang sineboet ing temboeng papat maoe , oetawa koerang toememené enggoné nglakoni .

Weltevreden , Augustus 1 1912 .

Commissie panoentoening bangsa Djawa .

BEBOEKA.

Ing dalem lajang iki moeng nerangaké réka lan pratikelé oetawa ngèlmoené wong arep soegih , kaja déné kang wis kaseboet ing oeroesan ngarep kéné ; ingisor iki djèrèngané :

Kang kena diarani wong soegih ikoe, jèn tjoekoep kang disandang lan dipangan ing saben dina sarajaté ; déné nganti bisa toeloeng wèwèh marang wong sadjabané rajaté déwé , ikoe aran kaloewihan, sabab sawidjiwidjiné rajat ana kang madjibi déwé -déwé ; dadi sawidji -widjiné pangarep rajat koedoe amboedi betjiké rajaté déwé , adja nganti kekoerangan sandang pangané ing saben dina. Moenggoeh betjiké rajat ikoe , paoegerané saka pratikel panatané ing sadjroning omah , dadi saja betjik pratikel panataning omah , saja betjik kaananing rajaté . Pratikel panataning omah maoe diarani „panjekelé omah " kaleboe saboetoehé ing dalem balé pomahané kabèh , déné goenggoenging balé pomahan sadjroning sanagara ikoe ndadèkaké wong sabangsa , dadi kaslametané balé pomahan kabèh ikoe , ja ndadèkaké kaslametané oetawa redjekiné wong sabangsa . Kalakoné kabèh maoe wis masți baé koedoe sarana doewit, ananging sanadjan ana doewité, manawa ora pratikel oetawa ora betjik panatané , wis masți entèké doewit tanpa goena ; oepamané wong nglakokaké praoe ing sagara , manawa djoeroe moediné ora pratikel oetawa koerang pratikel , wis masți praoe saisiné kabèh bakal kasasar oetawa sirna katempoeh déning ombak oetawa prahara. Ananging sanadjan wis soegih pratikel ija isih koedoe pețel lan prigel .

Patang prakara maoe ora soesah digolèki menjang ngendi -endi , sabab saben dina tansah ginawa wira-wiri, ija ikoe : kasing ati , kang linajanan déning boedi . Wondéné doewit ikoe kang perloe koedoe diboedi margané bisa olèh .

Ingisor iki diandaraké sabab -sababé bisa olèh doewit.

Dedalané bisa olèh doewit.

Kaja déné kang wis kaseboet ing doewoer , sawidjiwidjiné pangarep rajat koedoe agawé betjik marang rajaté , adja nganti kaboetoehan kang disandang lan dipangan ing sadina-dinané . Pagawéan kang mangkono ikoe wis dadi wadjibé kang bener , sarta jèn kalakon mangkono aran wong soegih ; dadi terang dedalané bisa olèh doewit ikoe sarana njamboet-gawé .

Pagawéan kang kaja mangkono maoe , amoeng toemrap marang sawidjining bangsa kang doeroeng akèh sesoeroepané ; moenggoeh marang bangsa kang wis djadjah kawroehé , panjamboeté -gawé sawidji -widjining wong ikoe ora moeng kanggo sarajaté baé , nanging kanggo sakabèhé wong. Jèn wong sidji njamboet -gawé kanggo sakabèhé wong , kena diarani njamboet -gawé kanggo wong sidji ; mangkéné terangé :

Sabarang kaboetoehané manoengsa , asil pagawéané sawidji -widjining wong saloewihé kanggo awaké sarajat, bandjoer didol marang sawijah wong kang boetoeh nganggo barang ikoe ; déné wong kang toekoe samono oega , doewit asil enggoné njamboet -gawé perloe kanggo tetoekoe kaboetoehané . Dadi tegesé tjoekoep - tjinoekoeрan ; wong kang moeng doewé doewit , njoekoep marang wong kang moeng doewé barang, wong kang moeng doewé barang, njoekoep wong kang moeng doewé doewit. Oepama lijané :

Wong atoesan malah terkadang éwon, kang pada njamboet-gawé ing pabrik-pabrik gedé nagara Walanda , pagawéané maoe moeng toemrap marang kang doewé pabrik baé , déné kang doewé pabrik enggoné gawé pabrik ndadèkaké bisa awèh pagawéan marang wong éwon maoe. Mangkono asil pagawéan pabrik ikoe bisa njoekoepi boetoehé wong pirang-pirang éwoe , sabandjoeré tansah oebeng -oebengan ; moelané diparibasakaké. „Kabèh kanggo sidji , sidji kanggo kabèh ."

Samono ikoe ora moeng toemrap marang barang bangsané sandang pangan baé , nanging oega toemrap marang kawroeh warna-warna, tatatjara , adat kelakoean betjik lan sapepadané ; sabab kang mangkono ikoe oega kaboetoehan gedé ingatasé manoengsa .

Saiki wis pada kasoemoeroepan , kang prigel déwé kanggo njoekoepi kaboetoehané wong ikoe : doewit ; déné saranané olèh doewit ija ikoe pagawéan . Dadi ingendi panggonan kang akèh pagawéan , ing kono panggonan doewit , wong-wongé kang pada njamboetgawé pada olèh doewit. Toemrap wong kang ora pratikel , tegesé ora doewé sesoeroepan oetawa bodo , panjamboeté -gawé moeng kang rèmèh -rèmèh kang gelis kena didadak asilé , kaja ta: ndoedoek oewi ing alas , adol kajoe rèntjèkan, adol soeket lan sapanoenggalané . Nanging toemrap wong kang wis ana sesoeroepané asil pagawéané maoe , ing dalem pitoeng dina terkadang sasasi , lagi kena dioendoeh ; wis masți baé asil maoe moerwat adjiné timbang karo lawas lan woedjoedé kang disamboet , kaja ta: para krija lan sapepadané , loewih pratikel , loewih éndah gegawéané oega loewih akèh asilé , mangkono sabandjoeré nganti pratikel oetawa gegawéané maoe moerakabi ing wong akèh .

jèn wong njamboet -gawé Sawenèhé wong angarani: dina-dina ikoe nisța, ora soemoeroep jèn kang mangkono maoe kosok-bali , ja ikoe ora nista malah ngloehoeraké manoengsa . Wong pețel kang pratikel , sanadjan kangèlané ikoe ora dadi doewit, ora ilang moespra , sabab wong petel ing gawé ikoe doemoenoeng agawé ajoening djagat ; kosok-baliné wong kesèd , apa manèh ora pratikel , kena diarani oeripé tanpa paédah ingatasé djagat . Mangka sakabèhé doemadi ikoe sabab saka djagat, oega soepaja migoenani ing djagat ; dadi manoengsa kang ora ana paédahé ingatasé djagat maoe , pada karo wit-witan kang ora metoe asilé ingatasé kang doewé pakarangan , toewoehé tetep ora makolèhi , pantes jèn ditebanga baé, dipetjèl-petjèl digawé piranti sapantesé .

Wong oerip kang ora mikir marang kaboetoehan ingakèh , sanadjan soegiha pisan , oeripé moeng perloe mangan , ngombé sawatara lan bandjoer mati; béda karo wong kang pinter oetawa pratikel , apa manèh soegih , kabèh pratikel lan bandané tansah maédahi ing djagat.

Kotjap ing dalem wirajat : „Banda kang moeng tansah disimpen, pada karo bendoengan kang tansah dibebeg , ènggal lawasé bandjoer ambrol , dadal laroet sapatoké poendjer pisan " .

Ora koerang -koerang pangilon minangka tanda jaktiné kang mangkono maoe . Pada soemoeroepa , moebarang kang moedjoed : kéwan, kajoe, watoe sapanoenggalané , doemadiné ora ana kang tinggal larikan oetawa pranataning djagat kang tetep salawas -lawasé . Larikan oetawa pranatan kang mangkono , diarani paoegeran angger -anggeré djagat; sabarang kang njimpang saka paoegeran angger -anggeré djagat , wis masți ora bisa doemadi , óra djoemeneng lan ora bisa maoedjoed kaja sedyané . Oepama wong gawé omah , nanging tanpa saka kang minangka pikoekoeh adegé , oetawa koerang timbang koewaté saka lan boté empjak, ikoe aran gegawéan atinggal larikan , wis masti baé ora bisa doemadi lan ora djeneng omah . Omah kang ora timbang koewaté saka lan boté empjak, masți bandjoer ambroek , ambroeké maoe agawé roesaking piranti lija - lijané . Mangkono oega djagat enggoné nganakaké isèn -isèné kabèh iki , tetep awewaton paoegerané larikan; samono oega sedyané djagat toemrap marang isèn -isèné maoe , kabèh ora owah salawas -lawasé , ja ikoe soepaja kabèh iki bisa betjik oetawa rahajoe . Dadi manawa ana salah sidjiné isèn -isèn kang mrengkang , tegesé ora toeroet marang lakoe paoegerané , wis masți sirna tanpa koekoeban . Banda kang moeng tansah disimpen ikoe ora toeroet oetawa njimpang marang lakoe paoegerané angger -anggering djagat , moelané ija wis masți baé jèn sirna .

Mangkono moenggoeh ing djagat , moedoené marang pérangané kang tjiliktjilik ora prabéda ; Ratoe manawa arep agemah -ripah oetawa rahajoe slamet kabèh wewengkon saisiné , koedoe soegih pratikel , tegesé poetoes marang solah kridaning pangrèh pradja, kang betjik angger wewatoné sarana tetep panindaké , kang titi marang pétoenging ragad lan sapanoenggalané . Dadi gemah -ripahré pradja ikoe ora moeng sabab abanda -bandoe , kang perloe koedoe soegih pratikel rahajoe , ija ikoe jèn para pangrèhé pradja pada doewoer sesoeroepané marang kasoenjatan toemrap ajoening djagat .

Moedoené manèh pangarep rajat, jèn ora anetepi larikan paoegerané kaja kang wis keseboet ing doewoer kabèh , wis masți bilai kang tinemoe .

Sawenèhé wong ana kang ngarani, jèn pagawéané para pinter , kaja ta: goeroe-goeroe ing pamoelangan , dokter lan saradadoe ikoe ora makolèhi . Kang mangkono maoe nitik wewarah ing doewoer , terang jèn kliroe , ingisor iki katerangané:

Jèn pinikir kang wening, apa kaananing tanah Djawa saisiné kabèh iki ora loewih madjoe lan rahajoe , ka- * timbang karo nalika 100 oetawa 200 taoen kang kapoengkoer . Apa ora loewih tentrem ? Apa ora loewih redja ? Apa dèk samana ing tanah Djawa ana sepoer , pabrik lan panjitakan boekoe -boekoe kaja saiki ? Apa ana praoe oetawa mesin maboer ? Kabèh mave tetéla gawé ajoening djagat saisiné , sarta ora lija saka berkahé para loehoer ing boedi , para goeroe , para dokter sapanoenggalané . Kita bangsa Djawa iki wadjib ngatoeraké soeka soekoer marang para loehoer ing boedi maoe , déné kaoetamané ambelabar njarambahi kita bangsa Djawa warata kabèh. Éwasamono akèh wong kang ora roemangsa kaléban ing kaoetaman maoe , saka ora mangertiné.

Saiki apa ora wis njata, jèn para loehoer ing boedi maoe anggedèkaké pagawéané wong akèh tikel -matikel , oega agawé gemah ardjané djaman? Kang mangkono ikoe diarani memajoe ajoening djagat . Kosok -baliné wong akèh anjangga boedi -dajané para pinter maoe , pada miloe nglawani sembadaning sedya nganti sateroesteroesé tansah mimboehi ajoeningoerip .

Satemené ora ana pagawéan kang ora sarana boedi , sakabèhé pagawéan karosaning awak, gedéa , tjilika, ikoe atas loemantar saka boedi , boedi karo pagawéan ikoe moeng noenggal misah baé , awit ana kalané wong ikoe ora ngobahaké karosané awak , nanging pikirané ora lèrèn amboedi sabarang sedya .

Wong peţel jèn tansah ana pagawéan kang disamboet , atiné boengah lan tentrem, nanging wong kesèd ora mangkono : wong pețel sarèhning tansah agawé ajoening djagat , perloe banget pagawéané pada disangga wong akèh , soepaja bisa ngerda toer pada tampa pitoewas déwé-déwé .

Kita kabèh iki aran para krija, ananging sanadjan pada peţel njamboet -gawé kalawan metokaké karosané awak lan boedi , doeroeng masți bisa toetoeg ing sedyané , jèn ora kanți patitising pamoerwat kang adjeg marang panganggoné asiling pagawéan kahanan oeripé.

Para pangrèh lan djoeroe gedong pradja, sapoengga wané kabèh , apa déné saradadoe , ikoe pada dadi kantja gotong -rojong , metokaké wohé pagawéan .

Wong kang doeroeng akèh sesoeroepané , wis masți doeroeng weroeh marang gati lan adjiné sakèhé pagawéan kang kaseboet ing doewoer maoe ; karo manèh wong kang njepèlèkaké marang pagawéan kekoewataning awaké wong sawidji -widji , ikoe ora bener , pada diélingana, jèn kabèh ikoe pada perloené , sabab anané gedé ikoe saka kekoempoelané tjilik, adja dianggep doemèh pagawéan karosaning awak. Kaja déné pabrik adja dipikir marang parintjèné tjiliktjilik kang pada miloe nglakokaké , nanging moeng ngélingana mesiné baé , kabèh maoe ora ana kang ora kapoerba déning boedi ; awit saka ikoe lakoené boedi oega diarani „pagawéan , " sabandjoeré pagawéané manoengsa ikoe dianggep pagawéan kang dilakokaké déning sawidjiné mesin.

Moelané pada élinga , jèn wohing pagawéané sawidjining bangsa ikoe , boediné pirang-pirang bangsa , sarta ora moeng saka ing djaman saiki baé, ananging oega saka ing djaman koena -koena ; mangkono oega pagawéané sawidji -widjining wong ikoe pérangané boediné déwé -déwé , malah pagawéan kang tanpa binoedi ora ana adjiné, dadi pagawéan kang tanpa binoedi ora ana adjiné, dadi pagawéan kang gedé asilé ikoe pagawéan kang dipikir kelawan sampoerna .

Wiwit koena moela asil pagawéan kang adakan ikoe kaja ta : ngoendoeh wowohan, misaja sato lan sapepadané , kabèh ikoe makolèhi banget toemrap oeripé nanoengsa .

Sasoewéné barang -barang maoe isih akèh katimbang karo tjatjahing manoengsa , pagawéan kang kaja mangkono maoe ora pati rekasa , nanging saja lawas saja tambah akèh anané manoengsa , asil pagawéan kang kaseboet ing doewoer ikoe rekasa banget olèhé , malah nganti ora bisa olèh babar -pisan , jèn ora kanți boedi kang premati .

Pagawéan apèk iwak ing sagara toemrap sagara ing djaman saiki , kang akèh banget wongé gedé pitoeloengané , toedjoené wong -wongé ing nagara kono wis pada ngetawit boediné , kongsi bisa gawé sarta nglakokaké praoe ing sagara , minangka piranti misaja iwak . Mangkono manèh iwak -iwak loh kang pada diingoe, pangingoené koedoe nganggo kapinteran soepaja akèh asilé .

Alija saka ikoe gèk kaprijé bisané ndjoepoek donja kang ana ing wadoeké goenoeng -goenoeng , kaja ta : bangsa pelikan lan lijalijané, adjaa ana piranti pompa mesin -setoem , dénamit sarta piranti tjiliktjilik lijané .

Wondéné pagawéan metokaké asilé lemah -lemah ing nagara gedé maoe koedoe sarana loehoeré boedi ; jèn angélingi kang kaja mangkono ikoe , bandjoer roemasa jèn kabèh maoe doedoe saka karosan dajané awak , nanging tetep saka dajané kapinteran , kang diarani loehoering boedi .

Loewih katara manèh katoning dajané boedi ikoe, toemrap marang sawarnané pagawéan kang pada disamboet para krija. Manawa ngélingi kèhé sarta war nané pagawéan krija, gèk kaja apa baé ngețawité para loehoer ing boedi , nganti kalakon nganakaké barang gegawéan pira-pira maoe .

Kanggo njatakaké prakara ikoe, ora soesah loemeboe ing pabrik-pakrik kang gedé, tjoekoep nonton ing panggonan panjamboeté -gawé : gredji, toekang sepatoe , pandé lan sapepadané ; ing kono bandjoer terang marang koewasané boedi loehoer , andeleng barang roepa - roepa , piranti anjembadani sedyané , kaja ta : mesin dondoman lan lijalijané .

Nitik dajané boedi toemrap marang pagawéané para krija, terang banget jèn kang bisa kasembadan sedyané golèk asil ikoe moeng para oelah boedi (soegih kapinteran) sarta poegoeh ing sedyané . Pirantining amongdagang , kaja ta : sepoer , télégram , kapal lan lijalijané, kabèh ikoe ora lija saka berkah loehoering boedi . Saben wong : kang masți mangerti oega, jèn pratikeling amongdagang ikoe, moenggoeh pangoesoengé barang -barang sarta bisané bați , ora tjoekoep sarana karosané awak baé ; dadi koedoe pinter awas lan prajitna ing sabarang prakara toewin kaanan, kabèh ikoe kagerba déning loehoering boedi .

Jèn saben dina kawroeh piranti pagawéan ikoe tansah tambah-tambah , wong-wongé kang pada njamboet -gawé , oega tansah moendak -moendak pinteré, sarta moerih bisa matrapaké kawroeh pirantiné pagawéan , koedoe mangerti marang doenoengé pagawéan kang disamboet . Sapa wongé kang soemedya matjoeng dadi djoeraganing krija ing antarané wong akèh, koedoe diboedi kang sampoerna apa ing sedyané , soepaja kawroeh oetawa pratikel kang pada dadi pirantiné bisa katjakoep kabèh .

Ija bener etjaké sawidji -widjining pagawéan krija ikoe koedoe sarana kawroeh kang maligi ndéwé , nanging ing paoegerané kabèh kawroeh pagawéan krija , kang loemrah pada baé ; déné paoegeran maoe ija ikoe pamoelangan tjilik kang tjoekoep , piranti anggladi etjaké pagawéan krija .

Sapa wongé ora bisa gawé lajang kiriman prakara dagang kang betjik , ora bisa njekel boekoe (boekhouden), ora bisa gawé rantjangan (begrooting ), gawé printjèn (rekening) kang tanpa salah , ikoe ora tjoekoep babar-pisan njekel sawidjiné prakara dagang , mangkono oega dadi pangarep ; malah dadi mandor baé doeroeng tjoekoep.

Loewih manèh ingatasé prakara krija ing bab gambar. Moelané soekoer banget déné ing pamoelangan tjilik pada diparingi woelangan bab gambar, sanadjan woelangan maoe doeroeng njoekoepi toemrap pagawéan gambar oetawa sekolahan gambar. Déné perloené bab matja , noelis , étoeng , ilmoe boemi sapepadané , ikoe ora soesah diandaraké ; karo manèh kawroeh kang mangkono maoe , toemrap pangoepadjiwané wong, ora ana wates katjoekoepané . Kadjaba ikoe kanggo wong kang manggon ing nagara oetawa papan kang ramé, perloe banget .

Kawroeh pradja ingatasé bab bebenerané wong akèh, ikoe moenggoeh wong kang kapilih déning wong akèh soepaja miloe ngremboeg bab pangrèh pradja, oetawa sawidjiné koempoelan , kang masți bakal ora kadadéan , jèn wong-wong kang pada milih maoe ora doewé kapinteran tjoekoep sarta mangerti oetamaning oerip kang bakal dilakoni sapantesé kang bener .

Manawa wong-wong sawidjiné nagara ikoe saja doewoer kapinterané, ija saja akèh lan gedé kekarepané. Pangkat kaloenggoehan kang ora gampang ikoe dadi kawadjiban kang oetama , nanging wong-wong kang pada koerang kapinterané, kena diwadjibaké miloe mikir kaperloeané wong akèh manoet panemoené déwé kang bener; sanadjan moeng dadi djoeroe pamilihing pangrèh pradja oetawa pakoempoelan (gemeente ). Wong kang mangkono ikoe diarani wong mardika, moeng nglakoni wadjibé déwé ingatasé kabetjikan kang wis dadi beneré .

Kabèh kang kaseboet ing doewoer dadi katerangan kang njata , jèn pagawéan ikoe etoeké asil kasoegihan . Éwasamono sanadjan pagawéan ikoe dadi etoeké asil barang -barang , nanging si „ pagawéan " déwé ora bisa metoe asilé , tegesé : loemrahé kang diarani pagawéan ikoe patrap pakartining boedi kang toemandoek ing bakal, dadi bakalé koedoe ana , lan saka patrap toemandoeké boedi maoe si bakal bisa dadi piranti warna -warna kang pantes sarta migoenani , sabandjoeré barang-barang maoe toemoeli ditjedakaké marang panggonané wong-wong kang pada perloe nganggo . Alija saka barang -barang paringé djagat sarta pagawéan , toemrap bangsa kang wis akèh sesoeroepané ing djaman saiki , isih, ana manèh sarana ngetokaké asil kang perloe koedoe dianakaké, ija ikoe mboewang piranti anggampangaké wetoené asil , panjimpenan pangangkatan , kaja ta: papan panggonan njamboet-gawé , goedang , mesin, kapal , sepoer lan lijalijané .

Moenggoeh kekoewatan saka dajaning djagat ikoe diarani ora ana entèké , nanging barang-barang isiné bisa entèk , manawa sadijan barang -barang maoe ora masți anané ing saben panggonan , oetawa ora njoekoepi saperloené , wong-wong kang pada kaboetoehan ikoe koedoe nganakaké barang kang pangadji minangka liroené , lan wong kang tampa liroe bisa olèh oentoeng lantaran saka wong lijané manèh .

Barang -barang peparingé djagat iki , moenggoeh ing kita kang perloe dèwé : lemah , loewih perloe manèh dasaré. Toemrap saben bangsa kang wis doewoer sesoeroepané ing koena-koena , lemah ikoe pantjèn dadi paoegeran , déné apa sababé mangkono sarta apa wis beneré kanggoné wong akèh , saiki ora perloe diterangké disik , nanging kang kaloemrah ing djaman saiki wis njata banget , jèn wong-wong kang pada doewé lemah (toewan-toewan tanah) bisa tampa doewit saka wongwong kang manggon ing kono , minangka paséwané . Manawa lemahé maoe perloe dianggo déwé , enggoné ngregani asilé tetandoeran ora moeng kapétoeng karo pitoewas pagawéané nenandoer , nanging oega kapétoeng kalawan tetimbangan, jèn lemah ikoe diséwakaké taoenan .

Mangkono oega ingatasé pawitan , sabab pawitan ikoe prasasat kekoempoelané barang -barang pepantjèn bakal dilakokaké . Ing sarèhné pawitan ikoe ora béda karo pagawéan lan lemah, toer pantjèn perloe sarta bisa anggedèkaké pagawéan , moelané ija bisa awèh asil gedé marang kang doewé .

Angèlingi kaperloeané ing bab mélik , kaja ta: lemah lan barang -barang , apa déné asilé , kang pada diarani pawitan, pantjèn mélik lemah ikoe wis moenggoehé diarani pawitan .

Bibit sarta pranatané pangoepa -djiwa.

Kaja déné paoegerané ngaoerip kanggo wong akèh, mangkono oega paoegerané njamboet-gawé, minangka pangoepa -djiwa . Wong njamboet-gawé ikoe kapoerba déning paoegerané lakoe betjik . Ana paribasané mangkéné : „Loewih betjik mlarat tinimbang ora kadjèn”, sarta „Setya ikoe gedé adjiné" ; Paribasan mangkono ikoe ing kéné moenggoeh banget .

Sanadjan mèh saben wong mangerti marang teges sarta karepé paribasan maoe , éwasamono kerep banget Ing bab prakara doewit akèh baé wong ora dipaèloe . kang pada ora ngéndahaké marang paoegerané kaoetaman maoe , malah ing bab among -dagang paoegeran ikoe kerep ora dipaèloe babar-pisan . Para soedagar akèh kang pada amboewang setya lan temen , bandjoer disalini tjidra lan goroh .

Toemrap wong kang oetama ing boedi , alané bab tjidra sarta goroh ikoe ora soesah diterangaké manèh ; ananging sapa wongé kang demen tjidra sarta goroh , pada diprajitna ; sawisé si tjidra lan goroh maoe kawijak sarta misoewoer , adegé pagawéan gedéa tjilika masți ambroek . Adja manèh toemrap ing bab pakoempoelan dagang oetawa lijané, sanadjan nagara gedé kang koewat dandanané , jèn wong-wongé pada demen tjidra lan goroh , ènggal -lawasé masți karoesakan . Mangkono oega toemrap ing sawidji -widjiné wong.

Ana oega wong kang lakoené njamboet -gawé sarana ora betjik , tjidra , goroh lan sapepadané , malah dadi kabetjikané , nanging kang mangkono ikoe arang banget , sarta kang gelem nitèni énggal -lawasé kabegdjan maoe noeli sirna. Kosokbaliné oega akèh wong kang demen marang lakoe oetama , nanging tansah didohi ing kabegdjan ; wong kang mangkono , alija ing boeri bakal ana timboelé , ing sasoewéné dèwèké oega wis ngoendoeh asilé , déné aran wong betjik .

Kaanan kang kaseboet ing doewoer ikoe, wis ora kena digorohaké , awit manoet kang dadi angger paoegerané djagat , tetep ora owah ing salawas -lawasé. Wong pinter ana oega kang kena dibelițoek, sapisan pindo, nanging samasa tjidrané maoe wis kaweroehan , si pinter bandjoer ora gelem tjedak karo si bodo manèh ; wekasan pagawéané si bodo roesak , ija ikoe pitoewas gorohé .

Ija bener toemrap ing bab pakoempoelan dagang gedé , karoesakané maoe weroehé jèn wis antara lawas, nanging moenggoeh pagawéan oetawa dedagangan , kang tjiliktjilik , kaja ta : para krija , tani lan sapepadané , pitoewasé tjidra maoe tekané doemrodjog .

Para soedagar kang sedya matèni dagangané wong lija , kang agegaman lakoe tjidra lan goroh , ora soewé toemoeli kaontjatan déning para lengganané , sarta wong -wong bandjoer pada njirik ing dèwèké , sabab saka lelaboehané kang ora betjik .

Toekang roti, waroeng -waroeng , toekang sepatoe , gredji , kang pada malsoe barangé , oetawa njolong bobot timbangé ; oendagi , toekang batoe sapepadané kang pada ora setya ing pagawéané , masti bandjoer kasoemoeroepan , woesana tjoeres pangoepa -djiwané . Dadi pagawéan ikoe bisané kalakon betjik , goemantoeng ing wong kang awas lan éling marang paoegerané oetawa loemrahing kabetjikan , kang diarani wekel , setya lan adil. Samono oega toemrap marang sawidjiwidjiné wong kang ngarah kalaksanan ing sedyané ; loewih perloe menèh koedoe santosa ing sedya kanţi peţel ing gawé .

Wong kang adedasar betjik lan pinter ikoe, pawitan gedé ingatasé ngaoerip , sarta peparingé djagat marang sawidji -widjiné wong ikoe, satemené ora prabéda ; déné wong kang dianggep kinodrat loewih pinter katimbang karo lijalijané ikoe, amoeng sabab saka enggoné peţel sarta santosa ing sedyané golèk kawroeh, sanadjan adasara pinter , manawa ora peţel sarta koerang toememen enggoné sinaoe ija ora dadi . Moelané kaseboet ing paribasan : „ Ora ana barang angèl , oeger santosa ing sedyané ," oetawa : „ Sapa temen ija tinemenan." Moenggoeh kajaktèné paribasan ikoe ora koerang pasaksèn ; dadi kang pada kasembadan ing sedyané maoe ora sabab saka rikat sarta djoeligé , nanging sabab enggoné taberi lan toememen ing sedya .

Pandjaganing rajat djroning omah ikoe, manawa kanți taberi lan toememen sarta sarana pétoeng kang resik toewin adjeg , kena dipesțèkaké slameté. Wong kang kaontjatan ing slamet, sanadjan soegiha pratikel sarta peţel, oeripé maksa ora kapénak, sabab pagawéané koerang asil .

Toemrap pranatan paoegerané pangoepa -djiwa , apa déné pétoengané , minangka pandjaga slameté rajat, ingisor iki didjoepoekaké oepama pagawéan kang rada angèl , manawa oepama kang rada angèl maoe wis mangerti, bandjoer kena dadi toelada oetawa pepiridan lijalijané .

Ing kéné kang ginawé oepama , bab asil kaoentoengané para krija kang matjoeng dadi pangarep oetawa djoeragan saka pangedolé barang -barang gegawéané . Kaoentoengan ikoe metoe saka pangedolé barang-barang gegawéané sarana diregani loewih larang katimbang karo panoekoené . Moelané para krija koedoe titi ing pétoengé ngregani barang-barang gegawéané .

Akèh wong kang pada ngira, jèn pétoengé angregani ikoe gampang , nanging sadjatiné akèh kang kalimpoet, sabab saka doeroeng mangertiné, kaja ta : sawidjiné oendagi ngregani lemari gegawéané sarana pétoeng kaja ingisor iki :

1. reganing blabag 5 mèter pasagi oetawa 5 idji. f3.50

2. èsèl , pakoe sarta lim . " 1.-

3. wong kang anggarap 3 dina, sadinané f2 . = " 6.-

goenggoeng f 10.50

Manawa wong kang anggarap ikoe nganggo ngingoni, regané pangan ing dalem 3 dina koedoe ditambahaké ; déné jèn digarap déwé , pétoengé kaja jèn digarap wong lija mawa pétoeng ingon kaja kang maoe .

NGÈLMOE KASOEGIHAN 2.

Ing saiki manawa lemariné maoe didol rega f 12.-, si djoeragan ngira jèn wis oleh bați f 1.50 . Kang mangkono ikoe kliroe , wekasan toena , sabab isih akèh pétoengan kang dilongaké ; oepama kajoe kang digawé lemari maoe panoekoené borongan pirang-pirang, antarané kajoe-kajoe ikoe wis masti ana kang ora kanggo abahan , sabab saka tjatjad oetawa lijalijané , ikoe koedoe miloe kalebokaké ing pétoeng oega . Sarta manèh soewéné ana ing simpenan, oepama nganti sataoen koedoe dipétoeng oega sapira olèhé anakané , manawa doewit patoekoné kajoe maoe dititipaké ing kantor Bang. Kabèh ikoe koedoe diprintji resik, kanggo ngregani sawidji -widjiné barang kang bakal didol.

Kadjaba ikoe isih ana manèh , kang koedoe miloe kalebokaké ing pétoengan ngregani barang-barang, kaja ta : paséwané panggonan njamboet-gawé, goedang panjimpenan barang-barang lan paséwané panggonan adol barang-barang ikoe (toko). Déné jèn panggonan -panggonan maoe doewèké déwé , koedoe dipétoeng oega sapira olèhé anakané , jèn doewit patoekoné lemah panggonan omah -omah sarta ragadé gawé omah kabèh ikoe dititipaké ing Bang.

Mangkono manèh anakané doewit panoekoené piranti njamboet -gawé , sarta ragadé ngopèni barang piranti maoe , padjeg -padjeg toewin bajarané jèn barang -barang ikoe dilebokaké ing Bangtanggoengan (verzekering). Sabab parintjèn kabèh ikoe, wong pada ngira regané barang-barang dadi kelarangen katimbang ragad panoekoené bekakas toewin adjiné pagawéan . Manawa koempoelé rega barang-barang maoe pada karo goenggoengé doewit kang diwetokaké ing dalem sataoen , ija ikoe reregan kang moerah oetawa asor déwé .

Para djoeragan krija oetawa para toekang amborong pagawéan jèn sedyané pada njamboet -gawé , ikoe pantjèn ngarah kaoentoengan , katerangan ing doewoer mace koedoe dilokaké ing pétoeng kang titi lan pratitis ; jèn ora mangkono ora moeng bakal nandang toena baé, ananging bisa kalakon sirna pawitané terkadang isih tombok sadjabaning pawitan .

Sabab saka kliroe oetawa koerang patitisé pétoeng maoe , akèh baé para djoeragan krija oetawa djoeroe borong pagawéan , sanadjan pețel lan wekel pada kasangsaran awit katoenan .

Soepaja bisa ngregani barang-barang ikoe, koedoe diweroehi disik sapira entèké doewit ing dalem sataoené , kaja ta : doewit anakan , séwan oetawa ragad opèné toko goedang -goedang , padjeg sarta lija - lijané . Déné pétoengan kaja mangkono ikoe , sațițiké sataoen sapisan koedoe digoenggoeng kabèh , bandjoer ditoetoep . Para djoeragan koedoe njekel boekoe dagang kanggo njaţeti leboe wetoené doewit sarta barang -barang ; boekoe -boekoe dagang ikoe perloe banget koedoe betjik lan titi panjekelé , sabab ingatasé among -dagang , boekoe -boekoe maoe dadi paoegerané njoemoeroepi bați oetawa toenané dagangan , sarta adjoe oendoeré pagawéan . Jèn ora ana boekoe maoe para djoeragan ora bisa weroeh sapira oetangé barang dagangan kang wis dibajar , sapira papajoné barang -barang dagangané , apa déné kèh sațițiké oetangé para lengganan . Moenggoehing amongdagang , kabèh ikoe koedoe kalakon kalawan titi lan pratitis , soepaja bisa soemoeroep kang jakti , kaanané pagawéan ; mangkono oega boekoe -boekoe ikoe dadi saksi oetawa paoegeran gedé , manawa djoeragané mati kedadak. Manawa ana djoeragan mati kalawan dadakan, mangka kaananing pagawéané ora diboekoni , oetawa ora betjik panjekelé boekoe -boekoe , wis masți pagawéan kang ditinggal bakal roesak, sabab wong lijané ora weroeh pranatan paoegerané .

Kadjaba saka ikoe, ing dalem angger -angger (wet) nagara ing bab among -dagang , para djoeragan pada dipasţèkaké doewé boekoe dagang , sarta boekoe -boekoe maoe masți digarap kalawan betjik lan titi, soepaja kena dadi pasaksèné para pradata ing bab amongdagang.

Djoeragan kang pinter jèn soengkan anandang roegi , koedoe betjik panjekelé boekoe -boekoe , titi panggawéné printjèn (rekening) , lajang - lajang pratanda (kwitantie ) lan lajang lijalijané , kang pada dadi katerangan pagawéané.

Mitoeroet angger -anggeré negara , para djoeragan pada diwadjibaké doewé boekoe : 1. boekoe dinan (dagboek ), 2. boekoe panglimbang (balansboek ).

Jèn para djoeragan : gedéa , tjilika, ora netepi ing wadjibé kaseboet ing doewoer , bakal anandang kaloepoetan lan soesah .

Ringkesané angger -angger nagara bab dagang :

1. Sawidji -widjiné djoeragan koedoe adjeg anoelisi kaanané ing saben dina ing bab dagangané .

2. Ing saben sataoen sapisan , masți agawé lajang pratélan barang darbèké lan oetangé ; sabandjoeré pratélan ikoe diboekoni ing sawidjiné boekoe kang dadi masţiné.

Moenggoeh terangé pisan boekoe dinan ikoe, kanggo njaţeti tambah soodané mélik, apadéné tambah soedaning oetang ing saben dinané ; sabandjoeré apesé sataoen sapisan kabèh ikoe noeli dilebokaké ing boekoe panglimbang .

Manawa para djoeragan ora petel oetawa rigen, njaţeti leboe wetoening barang dagangané ing saben dina, wis masți ora bisa éling kang bener marang kèh sațițiké barang kang dioetang déning para langganan , mangkono oega kang wis pada dibajar .

Kapindoné ora bisa weroeh kèh sațițiking leboe wetoené doewit, saka sapa oetawa kanggo apa . Para djoeragan kang titi lan rigen, enggoné njaţeti kaanané saben dina ing bab dagangané , ora soesah koewatir diapoesi déning para lengganané ingatasing bab pambajaran lan lijalijané ; boekoené dinan ikoe dadi saksi sarta pitakonan gedé . Toeladané ingisor iki :

Model voor een dagboek .

Toeladané lajang dinan (dagboek ) kang kanggo marang wong dedagang , noekang lan sapanoenggalané .

Taoen 1905 Salasa tanggal 2 Djanoewari, tampa oetangé gredji Djajanalateloeng roepijah rolas sèn .f 31212
Kabajaraké postwissel marang toko G. C. T. van Dorp & Co. ing Samarang pitoelas roepiah satali .f 17 2525
Tampa pepajoné lemari kajoe djati, kaedol kentjèng marang Sawidjaja rolikoer roepiah .f 22一
Kaedol mawa bon saka toewan Van den Blaak : laken ireng 5 élo rega teloeng roepijah satengah saélo.f 17 5050
Kabajar toekoné pakoe tjilik 2 kati rega limalas sèn sakati 30f30

Kèhé barang -barang kang dipotangaké marang lengganan oetawa wong lijané , koedoe diboekoni kang satiti , kaloemrahané pranatan sawidji -widjiné djenenging wong ditoelis ing sawidjining katja ; kapernah ing doewoer déwé katja maoe bandjoer diparo moedjoer , ing paron katja kang kiwa panggonan katerangan oetangé , kang tengen panggonan katerangan pambajaran .

Déné tjatetan ing boekoe kanggo langganan kang ngleboni barang kaperloewan , isiné paron katja maoe kosok-bali ; ing paron kang tengen panggonan katerangan oetang , ing kiwa katerangan pambajaran .

Sawidji -widjining lembaran isiné boekoe dagang ikoe koedoe diangkani oeroet , wiwit kang ngarep déwé nganti kang wekasan pisan; ing basa Walanda diarani folio (katja) Perloené lembaran maoe diangkani oeroet , soepaja gampanga kasoemoeroepan jèn lembarané boekoe maoe ana kang tètèl oetawa disoewèk, karo manèh anggampangaké kanggo tjotjogan karo lajang printjèn (rekening) oetawa lajang petoek pambajaran (kwitantie ) . Djenengé wong-wong kang pada ditjatet ing dalem boekoe maoe , jwandjanané , soepaja gampang jèn dioeroeta denta - anggolèki ; dadi oeroeté maoe jèn nganggo aksara Walanda wiwit saka: a, b, c nganti sabandjoeré .

Apa katerangan kang mangkono maoe , tjoekoep kalebokaké ing boekoe dinan baé , apa perloe kalebokaké ing boekoe lijané andéwé . Kang mangkono ikoe ora ana pakéwoehé , waton panjekelé boekoe titi lan terang ora ambingoengaké , netepi karepé angger -angger nagara ing bab among -dagang . Wondéné tjațetan kèh sațițiking doewit kang disimpen, ikoe ija koedoe diboekoni ; boekoe maoe katja oetawa lembarané oega diparo , kang sisih kiwa kateranganing bab doewit, kang ateges maleboe oetawa ditampa, kang tengen kateranganing bab doewit, kang ateges metoe oetawa pambajaran . Sațițiké sasasi sapisan , rong bab ing kiwa tengen ikoe pada digoenggoeng , kanggo anjatakaké sapira anané doewit ing simpenan ; manawa boekoe simpenan doewit (kasboek ) ikoe betjik panjekelé , wis masți ora bisa gèsèh karo jaktiné doewit kang ana ing simpenan. 1)

Saka boekoe simpenan ikoe, sapira leboe wetoené doewit regané barang -barang kang didol sarta ditoekoe sarana oetang , kena dipețiki kalebokaké ing boekoe kang wis katjarita ing doewoer . Manoet paoegeran boekoe loro ikoe, oeger betjik lan titi panjekelé , sarana tjatetan tambahan sawatara, wis njoekoepi kekarepané angger -anggering nagara .

Saben wis kalakon sataoen , bandjoer digawèkaké pratélan panglimbang (balans ) , kaja déné kang kaseboet ingarep . Saka boekoe kang kapisan maoe digoenggoeng kabèh , sapira anané doewit kang isih ana ing potang, lan sapira kèhé oetangé marang djoeroe ngleboni barang -barang (leverancier). Parintjèn sarta goenggoengané rong bab ikoe katoelis ing pratélan panglimbang dadi sakatja kiwa tengen ; sabandjoeré ing sisih panggonan potang ditambahi anané doewit simpenan (kassaldo ) sarta regané panoekoening barangbarang dagangan kang isih ana , mitoeroet reregan nalikané gawé pratélan ikoe . Samono oega regané barang piranti , omah pakarangan lan lija - lijané , kabèh ikang djeneng méliké ; barang -barang mélik kaseboet rng pratélan panglimbang ikoe, direganana sarana eregan loemrahé dol-tinoekoe pada arepé , dioepamakena manawa djoeragan njèlèhaké pagawéané (mari njamboet gawé ) mangka isih doewé oetang kang ora bisa ambajar , sabab wis ora doewé doewit; soepaja wongwong kang motangaké oetawa bèsèrané njamboet -gawé legawaa ngoekoep barang -barang mélik maoe , sapira koeroepé karo oetangé . 1)

Sarana pratélan panglimbang ikoe , para djoeragan bisa nglimbang adjoe oendoering pagawéan ing saben taoen.

Ing doewoer wis nerangaké sarana meroehi anané ragad oetawa prabéja kabèh ikoe , bisa ngregani barangbarang gegawéané , kalawan rega kang tjilik déwé ; ananging jèn arep weroeh anané prabéja kabèh kang sajekti , ora tjoekoep ndeleng goenggoengan wetoené doewit baé ing saben sasi oetawa taoené , sabab goenggoengan wetoené doewit kaseboet ragad , ing dalem boekoe simpenan ana kang dibajar kentjèng, ana oega kang dioetang . Moelané jèn anané doewit kang teges metoe ikoe, ing saben dina dipèngeti ing boekoe lija, loewih prajoga ; saminggoe oetawa sasasi sapisan bandjoer digoenggoeng , sapira kang dibajar kentjèng. Sapira kang dioetang , sabandjoeré dilebokaké ing boekoe simpenan. Pangréka mangkono ikoe agawé kapénak panjekelé boekoe simpenan , terang lan gampang parintjèné .

Mangkono oega panjekelé bab wetoening boetoeh omah ; tetoekon oetawa ,lijalijané kang tjiliktjilik ing saben dina, ora perloe dilebokaké ing dalem boekoe simpenan , prajoga ditjaţeti ing boekoe lija, dadi tjetjekelané kapala somah wadon; doewit boetoeh omah sarajat ikoe diremboega disik déning kepala somah lanang wadon, sapira pantesé lan tjoekoepé ing dalem saminggoe . Manawa wis diremboeg mateng , bandjoer ndjoepoek saka simpenan kanggo boetoeh saminggoe , kaja déné kang wis diremboeg mateng . Doewit ikoe ing dalem boekoe simpenan kaseboetna metoe kanggo boetoeh omah saminggoe , mangkono sabandjoeré .

Oeger panjekel sarta enggoné njaţeti boetoeh ikoe kalawan titi lan pratitis , bandjoer bisa weroeh sapira entèké boetoeh omah ing dalem sasasi -sasiné , mangkono oega sataoené pisan . Jèn dilimbang karo pametoené ing dalem sasasi oetawa sataoen , bisa weroeh sapira koerang loewihé.

Sanadjan wewarah ing doewoer maoe kabèh amoeng rantjangan, kira -kira ing patrapé wis njoekoepi .

Minangka antjer-antjer matrapaké : ingisor iki tjonto lajang parintjèné djoeragan ing dalem boekoe , sidji kanggo lengganan toekoe oetawa andandakaké barangbarang , sidjiné kanggo lengganan djoeroe ngleboni barang-barang.

No. 1. Toelada boekoené djoeragan Oendagi , kanggo langganané toekoe oetawa andandakaké barang-barang.

Oetang.MAS TAROENARSA .Bajar.
1911 . "noelisan : 1. f 365 Djan. 12 Andandani médja pa- 15 Andandani sarta ngetjèt koersi : 4 .... 19 Anggawèkaké lemari 1 kajoe nangka . Pébr. 2 Andandani gledeg : 1. 3 Andandani grobog 2." " " " 395 " 750230 1250 1751911.Djan. 31 dibajar . ......f18 45

No. 2 . Toelada boekoené djoeragan Oendagi kanggo lengganané djoeroe ngleboni barang-barang.

Bajar. Oetang. MAS SARIARDJA.Oetang.
Mar. 10 Dibajar f15 Djan . 1 Kekèrèn tahoen 1911 . 1911. Djoe .17 Dibajar • " 27 50 Pébr. 5 Blabag kajoe djati Dés . 31 Kekèrèn reregan 5 M² " 5/40 anjar. "28551061910.. f20 1515 40 一60
Djoe1 17Rebr. 5
Djoe. 2 Kajoe tjendana bakal peți . 10
一f71 050Okt.15Okt. 15 Kajoe roepa -roepа mitoeroet tjatetan. 355035f71 05
1912.Djan . 1 Kekarèn taoen 1911. f 28 55{ 2865

No. 3.

TOELADA BOEKOE SIMPENAN (KASBOEK ).

1911Kang ditampa.19111911 Kang ditampa . 1911 Kang diwetokaké.L
Djan. 1 Kekarèn doewit ing kas f 25 25- " 2 Saka Wangsa " 11/10 17 2 Pepajon barang toko kalawan dioetang¹ ) " 2 Idem kelawan kontan " 57 23 77 3 Idem B " 425 12 " 3 Saka toewan A " 5 " 3 Idem C " 945 " " 4 Doewit titipan ing Bang kang didjaloek. ,, 100 roepa " 523 4 Anakan doewit titi- 15 Neboes barang gadèn pan f 300.- ing da- (hypotheek ) sarana lem sapoeloeh dina lajang pratanda 3% " 17 (ora roepa doewit). „300 - 5 Pepajon barang ro- Mangkono oega saMangkono sokan ing goedang. ,, 14 20 djoeré ing saben dina diboekoni anané doewit kang ditampa , nganti tekan poendating sasi . " 500,, 3250 " Pébr. 1 Kekarèn ing kas . f 154 85Djan. 2 Marang Sawidjajaja f 6 " 2 Prabéja warna-warna ing dalem saminggoe 10 Blandja boetoeh omah ing dalem saminggoe 12 Katitipaké ing Bang. 12 Opahan wong njamboet-gawé roepa- bandjoeré. „200 17 saban- " 31 Kekarèn „154 86 f 759 15 f759 15315 1475 " " 75

1) Samono mace jèn doewé toko oetawa waroeng .

No. 4.

TOELADA PRATÉLAN PANGLIMBANG (BALANSSTAAT ) .

Barang méliké. Oetangé .1Oetangé.f 500f 500 " 250
Omah sarta pakarangen . f 1000 - Doewit titipan ing Bang. " 500 50 Goedang sarta toko " 400 30 Pawitan resik " 3321 55 Regané barang toko . 77 600 Potongan warna-warna koedoe ditoelis printjèné). " 800 50 Barang -barang andoengan ditoelis printjèné) . " 350- Piranti -piranti goenggoeng rega . 420 25 "Gadéan (hypotheek ) Oetang warna-warna .

Pratélan panglimbang ikoe, saben taoen masți diboekoni ing sidji boekoe déwé , sarta ditandani déning djoeragan ; manawa pagawéan ikoe béséran , sidjisidjiné warga béséran koedoe miloe nandani .

Kang diarani pawitan resik ikoe, kang woedjoed doewit ing kas toetoepé tanggal 31 Désèmber ing taoen kang wis kalakon (1910) kaseboet ing doewoer f 3321.55

Oepama toetoep taoen 1909 , anané doewit ing kas kang diarani pawitan resik ana

f 2750.50

Dadi ing sadjroning taoen 1910 maoe` doewé bați . f 571.05

Katrangan kang akèh -akèh made , minangka antjerantjer toemrap ing pagawéan among dagang kang koedoe angidep ing pranatan angger -angger nagara kang wis kaloemrah; manawa angger -angger amongdagang ikoe owah, antjer-antjer pranatan ikoe ija owah , manoet pranatan angger -angger anjar .

Oetamané wong nglakokaké pagawéan ikoe, perloe banget koedoe andjadjah babar pisan marang sidjisidjiné péranganing pagawéan ; apadéné koedoe peţel, wekel sarta gemi. Karo manèh jèn sesangkoetan ing bab among tani, koedoe pinter marang tetanèn, kaja ta: wateké lemah, tandoeran, panandoeré , lakoening mangsa lan lijalijané . Éwasamono kabèh ikoe ora tinggal pinter ing bab taksiran kang bakal ditindakaké , sabandjoeré ditjaţeti kalawan titi . Manawa pantjèn pinter marang panaksiré ing barang -barang kang bakal disamboet , mangka taksiran maoe ditjatet kabèh kelawan titi, ing boeri jèn ana keliroené oetawa ontjaté sawatara, ora kabandjoer-bandjoer, sabab bisa nitik saka anané tjatetan.

Akèh baé djoeragan among-dagang pada ora prasadja patrap (salintoetan) panjekelé boekoe -boekoe , sabab koewatir dioendakaké padjegé marang nagara, oetawa sabab lijané , ikoe kadjaba marakaké boebrahing pagawéan, ija rekasa panjekelé boekoe , temahan dadi tiwasé.

Djoeragan kang wekel sarta peţel bisa weroeh sapira kaoentoengané ing saben taoen , jèn kira -kira oentoengé tansah moerwat, loewihing doewité bisa dibabaraké sarana njangkoel pagawéan lijalijané kang pantes . Saka betjiking panjekelé boekoe , djoeragan bandjoer bisa weroeh tjeța, pagawéan oetawa pérangan kang endi bisa dadi gedé oetawa ora . Manawa kalakon mangkono , wis masți ora gampang tiwasé .

Pagawéan among -tani ikoe, pada -pada pagawéan kapétoeng akèh slameté katimbang karo apesé , waton kanţi pangartian ing bab among -tani sarta taberi .

Kaloemrahané wong Djawa ngarani pagawéan amongtani ikoe barkat, pagawéané ajem ora anggrangsang toer pasadja .

Sapa wongé kang wis tamat pasinaoné ing pamoelangan tjilik , prasasat wis doewé pawitan minangka gegamaning among -tani ; déné kekoerangané bakal tampa pitoedoeh saka Mantri -tani, kang wis dianggep tamat pasinaoné ing pamoelangan tani . Bagja tansah pețel tambahé sesoeroepan marang Mantri -tani ing saben -saben ; sabab saka koelina, lawas-lawas bandjoer dadi bisa. Nanging pikoekoeh kang perloe , oega koedoe sarana diboekoni kabèh leboe wetoené ragad lan lijalijané , kaja déné antjer -antjer ing doewoer . Ingkono bisa weroeh bați toenané , dadi panglimbang ing sabensaben mangsa masținé.

1) Andelenga tjonto pratélan ing katja 27.

1) Andelenga tjonto pratélan ing katja 28 .

Bab oetang -pioetang .

Akèh wong kang pada ngarani, jèn bab oetangpioetang ikoe ora betjik . Panganggep kang mangkono ikoe ana beneré , nanging ija ana loepoeté , sabab saben ana ora betjik masți ana betjiké . Manawa bab oetang -pioetang maoe diarani ora betjik , dadi ija betjik oega .

Toemrap marang ing èlmoe among -dagang , adja ana bab oetang -pioetang , wis masți ora bisa agawé madjoe oetawa gedéné among -dagang . Nanging manawa pranatan angger -angger bab oetang maoe ditjidrani , wis masți andadèkaké ora betjik .

Wong kang awèh potang ikoe anjoekoep kaboetoehaning lijan sabab kang oetang aran oleh pitoeloengan , wadjib oega awèh pratanda soeka -soekoer marang kang potang , sarana nganaki doewit kang dioetang , manoet lan koedoe setya apa kang dadi djandjiné pranatan oetang . Ing sarèhné akèh baé wong kang oetang pada ora setya ing djandji babar-pisan, kongsi agawé kapitoenané kang potang ; moela ija wis pantesé wong kang oetang pada didjaloeki tanggoengan déning kang potang .

Wong oetang kang sering samaja , moendoer saka dina masținé nitjil, agawé rekasané awaké déwé ing boeri , sabab pepantjèn panitjil maoe tansah moendak gedé , terkadang malah agawé ora koewaté ambajar tjitjilan babar pisan. Toemrap marang among -dagang , kang masținé olèh bați akèh , temahan moeng bați sațițik , terkadang malah ora bisa olèh bați , sabab bebațèné kanggo ambajar anakan oetang , nganti tikelmatikel .

Djoeragan kang soețik rèwèl, sarta sațițik koewatiring ati , adol tinoekoené barang -barang dagangané moeng kalawan kentjèng baé ; jèn ora mangkono sanadjan sarana oetang oetawa potang , moeng kelawan wewatesan kang ora soewé . Pratikel mangkono ikoe prajoga banget toemrap saben wong moenggoeh panjekelé bangsa boetoeh -omah .

Pira-pira wong kang pada tiwas sabab saka enggoné oetang , malah terkadang wong-wong kang katon moerwat, kadoek kendel ing oetang doemèh dipertjaja ; ija mangkono ikoe dedalané marang kapitoenan.

Djoeragan oetawa soedagar kang pinter , saranané njegati wong-wong kang pada toekoe dodolané kalawan oetang , sapa kang toekoe kentjèng diwènèhi soedan regané barang-barang katimbang reregan loemrahé . Réka kang mangkono maoe agawé majaré ing sakaroné ; kang adol ilang soemelangé ati manawa bakal kapi toenan , kang toekoe bisa olèh barang kalawan reregan moerah . Kosok -baliné : wong kang pada toekoe kalawan oetang , reregané barang kang ditoekoe dioendakaké , kaja déné anakaning reregan barang kang dioetang.

Wissel , ija ikoe lajang kang diadjèni kaja doewit kertas toemrap marang para among -dagang kang gedégedé , mitoeloengi banget; nanging ingatasé para soedagar tjiliktjilik, kang ora sarawoengan oetawa sesangkoetan karo tanah sabrang , kena nganggo , kena oгa babar-pisan, oeger pangedoling dagangané sarana kentjèng. Karo déné manèh leboe oetawa wetoening wissel maoe , moenggoeh ing wong kang doeroeng mangerti ngoewatiri banget. Para soedagar kang doeroeng mangerti marang lakoe - lakoening lajang wissel, toewin angger pranatané , koedoe sinaoe disik kang terang.

Ing satemené ora ana manèh kang loewih prajoga lan kapénak, kadjaba njamboet-gawé sarana doewit pawitané déwé ; sabandjoeré jèn ana oentoengé pagawéané digedèkaké . Éwasamono oega ana kalané soedagar oetawa wong lijané koedoe oetang doewit; manawa pinoedjoe mangkono , prajoga oetang marang Bang gedé oetawa Bang tjilik , kang pantjèn sadijan ngoetangaké doewit, kaja ta: Kréditbang , Apdélingbang , lan lijalijané .

Tetanggoengan bebaja moenggoeh ing barang mélik.

Mitoeroet wewarah ingarep kabèh, wong kang peţel lan wekel ing gawé , gemi sarta satiti , loepoeté dadi soegih ija bisa katjoekoepan ing oeripé . Ananging ingatasé wong sasomah , sanadjan njamboet-gawé sarana ngetog karosané awak lan boedi , ija isih kekoerangan baoe, kaja ta: pandjagané barang méliké ing rina wengi , ikoe ora tjoekoep diawaki déwé baé , sabab pira -pira bebaja kang gampang agawé sirnaning sabarang mélik , ora bisa kawroehan tekané. Ora koerang-koerang pitoewasé wong petel lan wekel dadi sirna, sabab saka bebaja kang doemrodjog tekané, kaja ta: déning bebaja geni , banjoe lan lijalijané manèh .

Pandjaga oetawa panjegahé bebaja kang mangkono maoe , ora ana manèh prajogané kadjaba manoet tjarané bangsa pinter ; ija ikoe barang méliké sarana dilakokaké ing tanggoengan . Éwasamono akèh wong kang soegih barang pada soengkan ananggoengaké méliké .

Nanggoengaké barang mélik ikoe, sarana ambajar prabéja taoenan kaétoeng persèn (saben atoesan ) , saka pangadjiné barang mélik kang ditanggoengaké . Persèn béjaning tanggoengan maoe , kaleboe pétoengan moerah , jèn ngèlingi parloené tetanggoengan .

Mitoeroet pranatané pakoempoelaning djoeroe nanggoeng (verzekering) pambajaré béja ikoe didjaloek maleboené saben sasi ; dadi saben sasi koedoe dibajar sapara rolasé pétoengan sataoen woetoeh .

Wong kang ngati -ati oeripé , moeng sarana midjèkaké doewit sawatara ing saben minggoe , minangka prabéjaning tetanggoengan , kena dipasțèkaké jèn méliké oetawa oeripé bakal ora kapiran .

Ing nagara gedé , kaja ta: nagara Walanda , bab tetanggoengan ikoe akèh warnané ; tetanggoengan toemrap ing lelara, bebaja geni lan sapepadané , oemoer lan lija - ljiané , wong -wong ing nagara gedé maoe , mratah pada mangerti ing perloené tetanggoengan ikoe ; moelané saben wong kang katjoekoepan oeripé pada nanggoengaké ing bab warna-warna, mangkono oega toemrap oeriping rajaté.

Moenggoeh djenengé lan kantoring tetanggoengan maoe kaja kang kaseboet ingisor iki:

mobiel- , branden zeeverzekering) 1. Enizom te Weltevreden (ongevallenziekte- , auto2. ;

Olveh te Batavia (onderlinge levensverzekeringmaatschappij );

3. Amsterdamsche levensverzekering maatschappij ;

4. Nederlandsch Indische levensverzekering en lijfrentemaatschappij , kantoor te Weltevreden .

5. Brandassurantie maatschappij „de Nederlanden van 1845 " te Batavia ;

6. Nederlandsch Indische Brand waarborg maat- : schappij te Batavia .

7. Bataviasche zee en brandassurantie maatschappij te Batavia .

ISINIPOEN SERAT POENIKA .

KATJA

1 Larapan • Beboeka • • 3 4 Dedalané bisa olèh doewit. Bibit sarta pranatané pangoepadjiwa 14 30 Bab oetang -pioetang • Tetanggoengan bebaja moenggoeh ing barang mélik . • 32

https://hdl.handle.net/2827/coo.31924023295219 htt-ttle 2025-02-18 22:32 Google-digitized Generated at Columbia University on