Baca PDF (OCR): Roman Ardja - tjarijos ingkang saged kelampahan ing djaman sapoenika : anggitanipoen

88 halaman · 1 halaman diproses dengan OCR · 5.5 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. SERAT -SERAT BASA DJAWI WEDALAN BALE POESTAKA.
  2. 419. Toehoening katresnan . R. M. Kartadirdja . Dj . 34 k. 8°, f 0,2.0.
  3. ROMAN ARDJA.
  4. Tjarijos ingkang saged kelampahan ing djaman sapoenika.
  5. M. MARTAJOEWANA .
  6. ISINIPOEN :
  7. I. Roekoening tijang djedjodoan .
  8. II. Kasoesahan noempa -noempa .
  9. III. Tilar padoenoengan .
  10. IV. Kasaénan dateng sesami .
  11. V. Awoning manahipoen wèrek Dèli .
  12. VI. Mareming manah .
  13. VI. Saéning pawong mitra .
  14. VIII. Soetjining manah .
  15. IX. Kapikoet .
  16. X. Nindakaken padamelan .
  17. XI. Gandroeng .
  18. PERTOENDJOEKAN BESAR !!!
  19. Ambil tjeritera :
  20. HARGA TEMPAT :
  21. Kanoela poen
  22. SOEWARNA .
  23. XII . Babaring lelampahan .
  24. Poedji -ardja .
  25. ADIPATI TJAKRANAGARA .
  26. De Resident
  27. A. M. S. BRANDHOUT .
  28. 474. Poerasani . Jasawidagda . Dj . 87 k. 8°, f 0,75.
  29. 580. Mitra moesibat. R. Loerah Djajèng-oetara . Dj . 87 k. 8°, f 0,75.
  30. 414. Mrodjol selaning garoe . R. Sasraharsana . Dj . 86 k. 8°, f 0,60. · •

BERKELEY LIBRARY UNIVERSITY OF CALIFOSSIA

Cenaco ROMAN ARDJA ANGGITANIPOEN M. MARTAJOEWANA . ... C UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR WEDALAN BALE- POESTAKA la DUCRO . UITV.

! 2

Balai Prestaka 11-7-47

SERAT -SERAT BASA DJAWI WEDALAN BALE POESTAKA.

Panoembasipoen dateng Balé Poestaka ing Weltevreden . Jatra reregènipoen kakintoenna roemijin sarana postwissel. Meling rem bours inggih kénging, nanging kedah bajar wragading pangintoen . Ingkang karsa meling njeboetna serie -nomer oetawi namaning serat ingkang kakarsakaken .

Jasawidagda . Dj . 81 k. 8°, f 0,70 . 404. Djarot. Tjarijosipoen Djarot, anakipoen masinis R. Soema ing Betawi , noesoel bapakipoen dateng Betawi , saking Soerakarta, djalaran katilar pedjah ing iboenipoen . Lampahipoen Djarot saking Soera karta dateng ing Betawi waoe , samargi -margi tansah atetoeloeng dateng kasangsaran , kados ta : noeloengi laré kèli , noeloengi laré dipoen -lekeri sawer , mikoet bènggoling doerdjana , ingkang saben saben mentas atetoelang dèrèng ngantos kasoemerepan , Djarot sampoen késah ngladjengaken lampahipoen . Déné ingkang dados lantaran kamoeljan kapanggihé kalijan bapakipoen , saking ang gèning mitoeloengi grijanipoen toewan Semit kebesmèn .

Sadéngah tijang ingkang maos serat poenika kénging katamtok aken masti seneng toewin kasengsem manahipoen , awit kadjawi raméning lelampahan , oegi katah ingkang perloe kasoemerep.an .

419. Toehoening katresnan . R. M. Kartadirdja . Dj . 34 k. 8°, f 0,2.0.

Njarijosaken laré djaler anama Soepa badé rabi angsal prawan nama Kasijah ingkang sampoen sami tresnanipoen , nanging bo ten saged kelampahan , djalaran Kasijah kaimah-imahaken angsal tijang sanès . Woesana Kasijah saged dados bodjonipoen Soepa , djalaran ingkang djaler pedjah .

Sagedipoen njoemerepi wosing kaoetaman lan lenging katresnjan tijang kedah maos pijambak serat poenika .

432. Serat Rijanta . R. Soelardi . Dj . 139 k. 8°, . . f 0,90. Njarijosaken daoepipoen R. M. Rijanta kalijan R. Adjeng Srini , inggih poenika satoenggiling djedjaka kalijan prawan ingkang aloes ing boedi sarta mantep tékadipoen , tansah nglenggahi kaoetamèn toer kasembadan sedyanipoen .

Para moeda djaler-èstri , manawi sampoen maos serat poenika tamtoe ladjeng katah indaking kaoetamènipoen oetawi badé saja aloes beboedèn miwah tékadipoen , djalaran ing salebeting serat poenika katah tetoeladan ingkang perloe sanget kasoemerepan .

Serie No. 615

ROMAN ARDJA.

Tjarijos ingkang saged kelampahan ing djaman sapoenika.

ANGGITANIPOEN

M. MARTAJOEWANA .

MAWI GAMBAR.

WEDALAN BALÉ POESTAKA

DRUKKERIJ VOLKSLECTUUR WELTEVREDEN 1923.

ISINIPOEN :

KATJA : • I. Roekoening tijang djedjodoan 3 II. Kasoesahan noempa -noempa . 9 III. Tilar padoenoengan 12 IV. Kasaénan dateng sesami . 19 27 V. Awoning manahipoen wèrek Déli VI. Mareming manah • 34 40 VII . Saéning pawong mitra VIII . Soetjining manah • 46 IX . Kapikoet . 52 56 X. Nindakaken padamelan XI. Gandroeng . 64 XII. Babaring lelampahan • 73

I. Roekoening tijang djedjodoan .

Katjarijos ing kikising kita Magersari , wonten tijang djaler èstri nama Prana ardja Oemoer -oemoeranipoen tijang kekalih waoe , ingkang djaler watawis 30 taoen , ingkang èstri kinten -kinten 25 taoen . Padamelanipoen ingkang djaler sadé toja, déné ingkang èstri sesadéan ratengan . Gesangipoen tijang kekalih roekoen sa nget , awit saking sami mangertos dateng lenggahing salaki rabi. Prasasat boten naté ngedalaken temboeng ingkang songol , poenapa malih toekar paben ; mila pantes manawi dados pangaleman . Grijanipoen alit apajon atep , apager gedeg , nanging latar sarta djogan poenapa malih pakaranganipoen boten naté ndjembroeng , saben dinten ketingal resik goemrining, tangi tilem èndjing badé mangkat njamboet damel , sami merlokaken reresik roemijin . Ingkang djaler njaponi pakaranganipoen , ingkang èstri ngresiki salebeting grija .

Pak Prana -ardja waoe nalika alitipoen sekolah , nanging boten doemoegi , saweg pangkat kalih sampoen medal déning ketjing krangan ing sadajanipoen , sarta ladjeng mbantoe pandamelaning tijang sepoehipoen . Mila kala-kala ladjeng sok tenger - tenger ma nah badanipoen , nggetoeni anggènipoen keladjeng dados tijang bodo . Saoepami pantesa oetawi kénginga pak Prana -ardja kedoegi toemoet sinaoe malih, nglenggahi djaman samangké , laré kam poengan anakipoen tijang alit kémawon saben dinten goemridig dedampjakan sami dateng pamoelangan ngoedi kasagedan .

Anggenipoen djedjodoan pak Prana-ardja waoe sampoen 9 taoen , anakipoen kalih djaler-èstri , ingkang sepoeh djaler oemoer 6 taoen nama Moeljana, ingkang enèm èstri oemoer 4 taoen nama Moeljani .

Laré kekalih waoe sami bagas kesarasan sarta warninipoen ketingal saé anoenggil semoe . Moeljana pakoelitanipoen abrit, pawakan loeroes , sirah pandjang, batoek wijar goenoengan , mripat wijar tadjem, alis kandel apandjang , iroeng mbangir, lambé tipis , djanggoet tjekapan, koeping oegi tjekapan , tjeta tjiṭak anipoen , dada djembar , ramboet tjemeng ketel ; déné Moeljani namoeng kaot : koelitipoen djené mandes , pawakan loeroes aramping , sirah alit, baṭoekipoen tjekapan goenoengan , amratan dani bilih laré kekalih waoe tjalon limpad ing boedi sarta lantip panggraitanipoen toer mitjara . Mila sadéngah tijang ing kang sami soemerep temtoe ladjeng sami asih toewin tresna ; poenapa malih solah bawanipoen oegi tansah angresepaken , bilih dipoen oendang , dipoen pitakèni oetawi mentas kasoekanan ba rang -barang dateng tijang sepoeh sanèsipoen , wangsoelanipoen patitis andemenakaken toer amranni . Batosipoen pak Prana-ardja, sanadjan sadé goendoelipoen sarta akatok kalèt, dipoen temah, angger anakipoen kalih pisan saged sekolah sarta saged tamat; djalaran sampoen angroemaosi kalepatanipoen keladjeng dados tijang bodo .

Anoedjoe ing satoenggiling dinten kinten -kinten wantji djam 8 daloe salebaripoen neda pak Prana-ardja kalihan bodjonipoen sami omong -omongan ; anakipoen kalih pisan sampoen sami tilem .

Pak Prana : „ Bokné , apa nggonmoe nggodog téla pohoeng wis mateng ?"

Bok Prana : Wis , kijé lagi tak -entas ." ,,

Kadingarèn, jah méné kok lagi mateng , sabené djam 7 kok 27 wis rampoeng kabèh ."

- „É, apa kowé lali , nèk sésoek : Fon, dadi pasaré gedé , moelané nggonkoe nggodog téla pohoeng dakkadoeki . Nèk entèk ajaké bisa oleh 15 keṭip ."

- „ O , ija, akoe rada lali , wong ja ora ngéling -éling dina . Pira nggonmoe koelak téla , mbokné ?"

--- „ Seroepijah , ning agi takbajar 3 talèn , dadi isih koerang setali . Semajakoe sésoek , nèk koelak menèh karo ngloenasi babar pisan ."

-,,Nek wis rampoeng , akoe godogna wédang boeboek sing rada keras . Kaé lo , akoe maoe mentas toekoe boeboek limang sèn karo goelané , takdokok nèng gledeg ."

Ingkang èstri sasampoenipoen ngentas sarta madahi godoganipoen téla pohoeng , ladjeng nggodog wédang . Sareng sampoen dipoen damel ladjeng dipoen soekakaken ingkang djaler .

Ingkang djaler ngombé wédang sinambi gineman:

— 19Ija , bokné , akoe kerep ngroengoe oenèn -oenèn mengkéné : Akeh wong sing kepéngin soegih , nanging arang -arang sing ke toeroetan . Enggonkoe kepingin soegih koewi banget , paribasan nggonkoe njamboetgawé , endas takgawé sikil , sikil takgawé endas , nanging kok meksa isih adjeg mlarat waé ."

27Akoe ja semono oega, bapakné . Kowé weroeh déwé , kaja apa polahkoe saben dinané , sasat ora taoe lèrèn. Lebar njanḍak iki , njekel kijé , lebar kijé , koewi ; lèrèn -lèrèn moeng nèk toeroe ."

-,,Poeloeh -poeloeh wong wis bedjané awakkoe karo awakmoe , "" oerip nèng donja sepisan waé rekasa .'

-,,Sapa sing weroeh, nèk bésoek soegih . Bedja tjilakaning me noengsa ora kena kinaja ngapa ."

-Ja walak -walak bedjané waé, bokné, ning lairé waé rak nglengkara , wong pemetoekoe karo pemetoemoe sedina -dinané ratjaké moeng 5 keṭip . Saoepama dipangan 4 ketip, setaoen kira kira moeng bisa njèlèngi 3 roepijah. Keprijé bisané kelakon soegih ."

-,,Nek dieping mengkono mesti bandjoer ora doewé pengarep arep soegih . Kowé tak blakani nèk tjèlèngankoe saiki wis ana f 20, mangka lagi oleh 4 sasi , ja koewi labeté nggonkoe gemi kekloempoek setitik rong itik . Karepkoe nek wis dadi f 30 , akoe arep maroeng , adol boemboe -boemboe , lenga , beras , apa kaboe toehaning wong omah -omah ."

-,,Sokoer , sokoer , bokné ; ja moega -moega kesembadana karep moe . Nèk sida dadi , mesti baținé sedinané bisa nganti seroepijah oetawa loewih ."

-Arep ngarah apa , wong doewé bați saroepijah sedina . Wong mono adja njawang panḍoewoerané , ndelenga sadjèdjèré oetawa sor - sorané , djaragan ora doewé pawitan akèh . Pawitan presasat baoe -soekoe , angger pinaringan kewarasan wis seneng .'

-,,Bener banget kanḍamoe koewi , bokné ; wong oerip angger kewarasan , wis djeneng seneng ; apa manèh ora doewé oetang , tjoekoep sing disandang dipangan saanak bodjoné . Senadjan ora doewé simpenan doewit akèh , njang ati wis marem ."

Kentong sampoen moengel sadasa , mratandani jèn sampoen djam sadasa .

,É, gelis temen djam sepoeloeh , apa kowé ora ngantoek .. bokné ?"

Wong genah isih kemretjek omong -omong ngéné , djaré ngantoek . Akoe doeroeng krasa arip."

,,É, sokoer. Bokné sédjé sing takremboeg . Anakmoe Moeljana koewé rak wis oemoer 6 taoen ."

-Oewis , malah kepara loewih . Pétoengkoe genepé.oemoer 6 taoen , dèk sasi Redjeb kepoengkoer ; déné Moeljani , pétoengkoe saiki trep 4 taoen oemoeré ."

--„ Kaja -kaja bener pețèkmoe , bokné . Gadjeg -gadjeg lairé Moel jana koewé barengan karo penggawéné dalan sepoer Semarang Tjrebon , sepréné ija wis 6 taoen . Nalika semana lagi ramé -raméné , moelané kena diarani oedan doewit. Wong ngoeli sedinané golèk doewit seroepijah gampang , merga isih rada langka koeli , déné isih moerah sandang pangan . Loewih -loewih dèk penggarapé toetoeg ngalas Roban , presasat doewit ora ana adjiné. Awit mèh ora ana wong Djawa sing gelem njamboetgawe kana , merga kewarta angker , paribasan : djalma mara djalma mati . Senadjan boeroehané ditikeli , ja mesa akèh sing ora gelem . Nalika semana akoe mèloe mboebak alas Roban , sedinané bisa oleh boeroehan nganti sringgit terkadang loewih. Gadjeg -gadjeg kowé lagi meteng toewa , ija ngetengaké anakmoe Moeljana koewé . Teloeng sasi akoe njamboet gawé nèng kana kanți slamet . Oelihkoe preloe tilik ngomah nggawa doewit f 150, kebeneran tjengèr Moeljana lahir . Kaja apa boengahkoe , déné baji lahir akoe nggèmbol doewit akèh , kanggo ragad lèk-lèkan lan doekoen sapenoenggalané ora kekoe rangan . Dajoh -dajohé sing pada djagong katon seneng -seneng , nggoejoe garger , déné soegoehané ora ngoetjiwani . Sing paḍa matja nganti sewengi natas gentèn -gentèn . Bedjané botjahé , déné samarga -margané nggonkoe njamboet gawé pinaringan sarwa gampang toer awakkoe pinaringan bagas kewarasan. Moelané bandjoer takparabi Moeljana , awit lahiré sasat nemoe moelja . Déné si Moeljani ija bener 4 taoen oemoeré ."

Bok Prana ardja keladjeng . tilem boten keplaoer mirengaken gineming bodjonipoen , mila ladjeng boten njaoeri saketjap -ketjapa. Pak Prana -ardja oendang.oendang : „ Bokné ! bokné ! Lo , kok wis ora ana banèné ; apa wis toeroe . Bokné ! bokné ! É, lah , wong tik lémbon temen , lawangé doeroeng dikantjingi tik wis toeroe angler."

Pak Prana-ardja ladjeng tangi ngantjingi kori sarta mrénah mrenahaken barang -barang ingkang pating betjètjèr . Sasampoen ipoen poenika ladjeng mapan tilem . Boten mawi klisikan malih, bek sek kraos sakétja kabekta saking kesel sarta sampoen loengsé mangsanipoen . Sadaloe boten mawi nglisik , tangi - tangi sampoen sijang, margi dipoen goegah anakipoen . Mila ragi gra gapan sarta bok Prana énggal -énggal nata sesadéanipoen , ladjeng kagendong dateng peken , boten mawi reresik grija . Pak Prana -ardja ingkang kedjibah. Sasampoeni poen rampoeng ladjeng tata-tata pirantosipoen, noenten pangkat sadé toja kados adat . Moeljana Moeljani kantoen tengga grija . Kala samanten pinoedjoe ing woelan Roewah tanggal sepoeh . Ngantjik ing woelan Sijam pak Prana -ardja sasémah inggih nindakaken roekoening agami Islam , nglampahi sijam ing woelan Ramelan sarta merlokaken reresik dateng koeboer . Sareng njelaki riadi , Moeljana lan Moeljani sandjang dateng embokipoen kapoerih noembasaken mretjon , saroeng lan rasoekan énggal .

22 Moeljana : Bok, akoe kok doeroeng kotoekakaké mretjon kaja si Anoe kaé ."

Moeljani : „Bok akoe ndjaloek tapih anjal , klambi soetla , kaloeng emas , soeweng emas , gelang emas ."

-ljaija enggèr mesti taktoekokaké , djandjiné koewé ora nakal , ora demen djadjan, ora demen dolan sing adoh -adoh , gelem toenggoe omah ."

Moeljana : Bok , akoe , ora nakal , akoe ora taoe dolan adoh , akoe arang -arang djadjan, doewitkoe taktjèlèngi ."

Moeljani : Akoe ija embok , tjèlèngakoe wis pijang pijang , alep takbobok, taktoekokaké klambi soetla , aben dina toenggoe omah kalo kang Moel ."

Pak Prana lan Bok Prana kados dipoen rontog manahipoen. mirengaken ginemé anakipoen kekalih ; angoesap -oesap dada ; ing batos amemoedji anakipoen moegi -moegi sageda kedoemoegèn kados saèsţining manahipoen bapa sarta ing wingking sageda moelja ngepleki namanipoen .

Doemoegi ing dinten riadi , batinipoen bok Prana ragi loe majan, makaten oegi angsal -angsalanipoen sadé toja sémahipoen inggih lowoeng . Mila sanḍanganipoen Moeljana sapangadeg sarwa énggal . Moeljani katoembasaken pelik-pelik gelang sarta kaloeng barlin sami kasepoeh djené . Rasoekan sarta tapihipoen inggih énggal . Laré kekalih saking bingahipoen ngantos soepé neḍa , wira-wiri ing margi ngadjenging grijanipoen sarta dolan -dolan dateng grijaning tangga tepalihipoen . Tijang sepoehipoen roemaos marem manahipoen , déné saged noembasaken panganggéning anakipoen . Tijang kalih sami pating kranțoek linggih ing ambèn kelajan ningali polahing anakipoen . Bakda riadi Sawal pak Prana-ardja sowan dateng kamantrèn goeron perloe baḍé ngle betaken anakipoen , nanging kaḍawoehan dateng pamoelangan ing tanggal 9 Sawal djam 7 énndjing.

Moeljana sampoen sawatawis lami klebet ing pamoelangan Djawi angka kalih , nanging Moeljani dèrèng saged klebet , dja laran taksih kaliten , kasemadosan béndjing kalih taoen malih badé katampèn dados moerid. Prana-ardja djaler èstri sanget mareming manahipoen ningali poen Moeljana samangké sampoen wiwit saged maos .

Ingadjeng sampoen kaseboet , manawi arta tjélénganipoen bok Prana -ardja sampoen nglempak kinten -kinten f 30.— sedjaning manah badé santoen salaga , inggih poenika mandé wonten ing grijanipoen pijambak . Kelampahan sareng ing woelan Sawal noeng gil wektoe kalihan lebetipoen Moeljana ing pamoelangan , bok Prana ardja ladjeng sesadéan waroengan , boemboe -boemboe , oewos sawatawis , lisah lan sanès -sanèsipoen kabetahaning gegrija , na nging sarwa sekedik, dipoenkinten -kinten tjekaping pawitan f 30, sampoen ngantos njamboet.

Ing mangké bok Prana saben dinten wonten ing grija ngiras momong Moeljani . Pak Prana taksih lestantoen saḍé toja. Manah ipoen ragi ajem, déné prasasat sampoen wonten ingkang ndjagi grija sarta momong anakipoen ingkang dèrèng kalebetaken sekolah . Moeljani saben dinten ningali patrapipoen tijang sesadéan , kala kala inggih toemoet njadèni ingkang gampil -gampil . Manawi em bokipoen pinoedjoe beṭak, Moeljani ingkang kapoerih nenggani sadéanipoen . Manawi sampoen djam 11 sijang , Moeljana dateng saking pamoelangan inggih toemoet reréntjang padamelaning em bokipoen . Bok Prana késahipoen kilakan dipoen arah -arah saming goe sapisan . Manawi pinoedjoe kekilak , ingkang djaler kapeksa tengga grija , ngiras ngladosi manawi wonten ingkang toembas . Jen ingkang èstri sampoen dateng ladjeng pangkat sadé toja, terkadang teroes wonten ing grija ngréntjangi ingkang èstri .

Makaten saladjengipoen sadaja padamelan ingkang katindakaken déning Pak Prana-arlja sasémah kanți pangarah -arah .

Saben 3 woelan sapisan , Moeljana tampi serat rapport ingkang mratelakaken kasagedan , kalakoean sarta kasregepanipoen . Pak Prana sareng soemerep rapportipoen Moeljana , bidjinipoen 7 sapanginggil sadaja , bingahipoen boten kénging winiraos . Moeljana dipoen djoendjoeng kaoemboelaken , dipoen eloes -eloes , toewin sanès -sanèsipoen patrap ingkang nélakaken bingah . Moeljani ndongong mandeng dateng patraping bapakipoen makaten waoe , ngantos witjanten dateng bapakipoen : „Bapak, kang Moel kok amboengi balang koewi généa ?"

-Gendoek Moeljani , moelané kakangmoe Moeljana dakam boengi , dakdjoendjoeng barang , koewi saking boengahkoe , déné pinter , enggoné sekolah ondjo , mbangoen toeroet , dadi pengaleman , tandané seka lajangé sing digawa koewi ."

Moeljana : ,,Ni , Ni, bésoek sekolah karo akoe . Wah nèk kowé sekolah seneng , kantjané dolanan akèh , goeroené ora taoe njre ngeni , oelaté soemèh kerep ndongèng , mengko kowé takdongèngi ."

Moeljani : Ija kang, akoe engko dongèngna , akoe ajep ngjoe 17 ngokaké ."

Moeljana ladjeng ndongèng tjinḍil ingkang boten manoet prèn tahing bapa :

,,Ana tikoes toewa arep mati , doewé anak sidji isih tjilik , dioendang wong toewané ditoetoeri akèh -akèh karo dipenging loenga , ora perloe loeroe pangan , wong wis diseḍijani loenga - pangan pirang-pirang, sing tjoekoep dipangan nganti lawas entèké . Karo meneh dikandani , nèk oewong koewi dadi satroené tikoes, pidjer arep matèni , golèk réka ngarah kenané tikoes, perloené moeng arep dipatèni.

Sarèhné tjinḍil maoe ora mitoehoe pitoetoeré wong toewané , wekasan kena pasangan ndjoer dipatèni ."

Moeljani : 27Kang Moel , akoe oja dojan -dojan , akoe manoet pjèntahé simbok kajo bapak . Akoe dikongkon noenggoe wajoeng ja gejem . Dikon nggoesah pitik ja gejem . Dikon ngisèni kendi ja gejem . Akoe emoh kaja tjindil koewé , ndak kena pasangan . Akoe ajep mèjoe sekojah waé."

Bapakipoen trenjoeh mirengaken ginemipoen Moeljani , setengah ngrentahaken loeh . Ing batos déné woelangan dongéng ing pamoelangan poenika béda sanget kalijan dongeng ing pakam poengan . Dongéngan ing pamoelangan isi piwoelang ingkang sambet kalijan nalaripoen moerid . Déné dongénganipoen tijang pakampoengan katah ingkang mokal -mokal , satemah adamel risaking nalaripoen laré , kelantoer dados goegon -toehon . Pak Prana ardja witjanten dateng anakipoen : „Moeljana karo Moeljani adja pada tiroe -tiroe tjinḍil koewé , janggèr ; sing sapa ora manoet pitoetoeré wong toewa lan goeroené ,masti nemoe tjilaka kaja dongéngé tjinḍil koewé . "

„Ija pak , Anakipoen saoer peksi : ija ,akoe bakal manoet prèntahé wong toewa lan goeroekoe . ' ""

Katjarijos pak Prana sasémah ketingal bingah ing manah , déné redjeki mintir , boten kirang sandang teda . Sadaja ingkang katindakaken doemawah keleresan . Mila tjèlènganipoen tansah wewah -wewah. Tjiptaning manah , manawi sampoen njekapi , badé mbangoen grijanipoen sarta mawi pajon gendèng . Daganganipoen inggih nedya santoen babagan badé ngoejang pantoen .

Anakipoen kekalih mbangoen toeroet toer saras -saras , saben dinten tansah adamel senenging manahipoen tijang sepoeh . Kala -kala pak Prana-ardja rengeng rengeng makaten :

„ Apa manèh kang linoeroe , jèn wis sinoeng sandang boekti , bagas sarasing salira , kari nenoewoen Hjang Widi , kaslametaning sagotra , goda rentjana nebihi ."

II. Kasoesahan noempa -noempa .

Pangandikanipoen para saged kawontenan ing ngalam donja poenika boten langgeng , tansah molah -malih kados oebenging lentéra menara . Sakedap petak, noen en djené , abrit saladjeng ipoen . Makaten oegi manoengsa , boten kok salaminipoen gesang bingah , oetawi soesah kéinawon . Bingah lan soesah poenika tansah gilir goemantos datengipoen . Ananging menggah tata lahir kabingahan waoe mawi pangkat-pangkat , déné raos batin sadjatosipoen sami kémawon .

Katjarijos ing nalika samanten hawa ing tanah Djawi saweg benter bentèripoen . Katah tijang ingkang sami nandang sakit -bentèr kanți watoek ; sarta kaṭah oegi ingkang ladjeng mantoek ing djaman kalanggengan . Moerid -moerid ingkang lowong prasasat palihan. Moeljana inggih ginandjar sakit bentèr kalijan watoek. Dipoen djampeni poenapa -poenapa namoeng gèdèg kémawon , sambatipoen bentèr neda adoes . Dipoen takèni kèndel kémawon , awit aras arasen gineman . Sampoen pinten-pinten dinten goe mléṭak ing patileman , namoeng klebetan boeboer sakeḍik-sakeḍik . Moeljana dèrèng mantoen , Moeljani ladjeng noesoel sakit, inggih sami kalijan sakitipoen Moeljana . Kados poenapa solahipoen pak Prana kalihan bok Prana, kontrang-kantring ngalèr -ngidoel perloe madosaken djampi anakipoen , ngantos boten keplaoer njamboet dame !. Tjélénganipoen leboer (telas ) kanggé wedjani doekoen , sarta dipoen teda saben dinten .

Sakitipoen Moeljana lan Moeljani sampoen sawatawis dinten dèrèng wonten soedanipoen . Pak Prana-ardja tinarboeka ing manah nempoeh bjat dateng grija sakit Goepermèn , mbekta anakipoen kekalih dipoen toempakaken dokar. Bok Prana inggih toemoet mangkoe Moeljani . Sadoemoeginipoen ing grija sakit, keleresan dokter Djawi taksih wonten ingrikoe. Soemerep polahi poen tijang kalih djaler èstri sami mbopong anakipoen ladjeng njelaki . Dokter Djawi ingkang ambek welasan , asih ing sesami , soemerep laré kekalih ingkang sawang koenarpa , kados dipoen remet manahipoen . Sasampoenipoen pitakèn sadaja kawontena nipoen , ladjeng ragi netah dateng Piana -ardja déné boten waoe waoenipoen neḍa pitoeloengan dokter , teka ngantos nama loengsé makaten . Tijang sepoehipoen Moeljana Moeljani boten saged gineman, namoeng tjostjosan medal loehipoen kémawon. Dokter welas ningali dateng pak Prana lan bodjonipoen ladjeng préntah dateng pak Prana , anakipoen kekalih kapoerih manggèn ing grija sakit kémawon , badé dipoen oepakara saperloenipoen , sarta saben dinten saged kapriksa ing dokter . Pak Prana boten saged ma toer katah-kaṭah, atoeripoen namoeng sandika ndèrèk karsanipoen dokter . Katjarijos Moeljana Moeljani lestantoen manggèn ing grija sakit. Tijang sepoehipoen nenggani ingrikoe kalih pisan , boten manah grijanipoen ; angger anakipoen saged saras sampoen nama begdja sanget . Sarèhné wonten ing grija sakit , dados laré kalih waoe gaḍah adjrih . Mila djampi ingkang dipoen ombèkaken pek san -peksan dipoen oeloe . Sanadjan namoeng koloe sakeḍik, na nging rèhné saben dinten klebetan , mila inggih dados pitoeloeng . Dajanipoen djampi dokter angidap - idapi . Saweg 3 dinten kéma won Moeljana lan Moeljani sampoen ragi abrit, poeroen linggih sarta gadah paneda poenapa -poenapa ingkang dipoen pèngini . Nanging sadaja paneḍanipoen waoe boten dipoen toeroeti déning tijang sepoehipoen , awit dawoehing dokter Moeljana lan Moeljani namoeng klilan ngombé soesoe kémawon. Sareng manahipoen bok Prana sampoen ragi bombong , ladjeng poeroen noewèni grijanipoen. Kalih dasa dinten Moeljana Moeljani wonten ing` grija sakit, kapétang sampoen saras babar pisan , kénging neḍa teteḍan ingkang limrah . Samangké kantoen ngentosi poelihing badanipoen kémawon. Dokter dawoeh , manawi Moeljana lan Moeljani sampoen kénging kabekta mantoek . Kados poenapa bingahipoen pak Prana-ardja , prasasat manggih kantjana sawoekir . Atoeripoen namoeng sèwoe kasoewoen , boten nginten babar pisan manawi anakipoen saged poelih makaten. Moeljana lan Moeljani kabojong kabekta mantoek . Wonten ing grija sawatawis dinten anggenipoen neda sami ngemaroeki . Moeljana sampoen wiwit mlebet sekolah malih . Laminipoen anggèning lowong sekolah wonten 2 woelan. Sarèhning bok Prana-ardja salaminé anak ipoen sakit boten naté sadéan , sarta pak Prana-ardja inggih boten naté njamboet damel , dados simpenanipoen jatra saha barang -barangipoen telas babarpisan . Bok Prana-ardja bingoeng ngraosaken prakawis poenika, badé bakoelan malih boten gaḍalı pawitan ; saking pepeting manah ladjeng nempoeh njamboet jatra dateng tijang Arab f 10, limrahipoen njamboet f 10 poenika , saben dinten mesti nitjil f 0,30 , ing salebetipoen 2 woelan (60 dinten) loenas . Manawi boten saged nitjil f 0,30 , kedah mbajar karoegian kemawon f 0,10 ing sadintenipoen , babon taksih wetah . Kaleksanan bok Prana -ardja saged angsal anggènipoen njamboet jatra dateng tijang Arab waoe , ladjeng wiwit bakoelan malih, ingkang katindakaken bakoelan sekoel . Ing salebetipoen 10 dinten saged lastantoen nitjil f 0,30 ing sadintenipoen , sareng ndoengkap 11 dinten saladjengipoen boten saged nitjil sarta njcekani karoegian babar pisan , amargi pak Prana ardja ladjeng ginandjar sakit bentèr kalijan watoek oegi , dados baținipoen sakeḍik kalih kedik kanggé ngragadi bodjonipoen . Gesangipoen pak Prana -ardja sasémah saja nalangsa , djalaran gaḍah samboetan dateng tijang Arab ladjeng boten saged nitjil , wewah-wewah ingkang djaler sakit, boten wonten ingkang dipoen djagèkaken . Badanipoen bok Prana-ardja prasasat risak manah prakawis poenika , kirang tilem kirang neda , kabekta aroengan warni warni . Moeljana manawi sampoen dateng saking pamoelangan ladjeng nenggani bapakipoen sesarengan kalijan Moeljani . Anggèn ipoen sakit pak Prana-ardja ngantos tigang woelan , badanipoen kantoen loeng lit, nanging rehning taksih kaparingan oemoer pandjang , sakitipoen saja soeda , ndoengkap tigang woelan sampoen roemboe -roemboe badanipoen , neda sampoen kraos étja . Bok Prana-ardja taksih lastantoen sadéan sekoel , samboetanipoen dateng tijang Arab sampoen 4 woelan boten saged nitjil sarta njoekani karoegian .

Katjarijos tijang Arab ingkang njamboetaken jatra waoe , sareng nagih dateng bok Prana;ardja boten angsal , margi jatra taksih katak kanggenipoen , ladjeng pet klampet boten poeroen dateng malih . Batosipoen : bok Prana taksih gadah grija sapakawisan ipoen , poenika ingkang dipoen irik-iriki . Manawi samboetan dalah saremanipoen sampoen lema (nak koemanak) ingrikoe saweg badé katindakaken kanți peksan . Patrap ingkang makaten poenika sampoen dados kalimrahanipoen tijang Arab toekang motangaken . Katah tijang Djawi ingkang ndindal grijanipoen déning pokaling toekang potang .

Anoedjoe satoenggiling dinten, bok Prana-ardja saweg ngadep sadéanipoen , Arab dateng kalijan briga-brigi , witjantenipoen :

-„ Afa kowé wis lawas banget ora taoe mentjitjil -mentjitjil .” ,,O, toewan, sampéjan rak nggih soemerep , manawi bodjo koela saweg sakit , jatra telas koela anggé ragad ."

,,Affa ! akoe tidak fadloeli bodjo kowé, akoe weroeh tjoema kowé baé , akoe étoeng koewé poenja oetan saiki wis ana f30 karo rèntené ."

-0, kok katah temen , toewan, samboetan koela rak namoeng f 10, pradjandji njaoer f 18 ing 2 woelan."

-,,Affa ! kowe ora taoe mentjitjil , saiki doewit dadi gemoek , kowé mesti akoe gawé perkara raad kaboepatèn , omahmoe mesti dibeslah ."

,,Toewan, bok empoen kesangeten , grija adjeng dibeslah nikoe, koela kèn mondok teng poendi . Koela boten gadah sanak -sa doeloer . Doewèk koela moeng grija niki tok."

-,,Ah, akoe tidak fadloeli, mesti djalan beslah , oetan ora saoer , mesti gawé perkara . Koewé mesti teken zegel kéné , marga kowé sin oetan ."

-,,0, toewan , gih neda ngapoenten , saniki koela wiwit nitjil malih, ning empoen didamel perkawis ."

- „ Kena , nanging kowé koedoe tèken zegel kéné disik .”

-,,Koela boten saged njerat, toewan ."

-,,Ora dadi afa , mrafat baé wis kena. Kijé wis akoe tengeri , akoe wis gawa mansi karo fèn ."

-Poendi koela prapaté ! Empoen niki lo , toewan ."

-,,Akoe djaloek keroegian disik ; kowé wènèhi sega baé, arep dakgawé sarapan ; akoe maoe doeroen mangan ."

-Niki , toewan, koela soekani sarapan , ning poma empoen sampéjan damel perkawis ."

Arab ladjeng neḍa sekoel saabenipoen , watawis telas pengaos sakeṭip. Sareng sampoen ladjeng witjanten :

-,,Kowé saiki mesti mentjitjil limang ketip , ora kena men tjitji teloeng ketip, awit kowé poenja oetan saiki ƒ 30 rong sasi masti loenas . Jen ora , mesti teroes akoe gawé perkara ."

Bok Prana -ardja sareng mireng witjantenipoen Arab makaten , mbrebel medal eloehipoen , roemaos kénging apoes , boten saged gineman namceng bebek ing manah , netah badanipoen pijambak . Arab ngladjengaken lampahipoen badé nagihi dateng tijang ing kang sami sesadéan ing peken , awit katah ingkang njamboet dateng pijambakipoen. Manahipoen Arab roemaos marem , déné grija sapakawisan gadahanipoen bok Prana-ardja prasasat sam poen wonten ing tanganipoen , mangka anggènipoen ngedalaken jatra namoeng f 10. Samargi -margi tansah gremang geremeng : ,,Oentoen , oentoen , oentoen , dèwèké wis gelem tèken ing zegel , sekaran wis ora bisa moenkir , dèwèké oetan f 30, tentoe ora bisa bajar , omah masti tiba akoe . Besoek dak-edol manèh bisa pajoe akèh . Pantjèné wong Djawa koewé akèh sing kaja ."

Bok Prana-ardja sapengkeripoen Arab ladjeng énggal -énggal koekoet keleresan sadéanipoen kantoen sakedik. Doemoegi grija sasampoenipoen njèlèh -njèlèhaken bebektanipoen ladjeng oengkeb oengkeb ing ambèn kalihan kèndel kémawon.

III. Tilar padoenoengan .

Katjarijos pak Prana-ardja, kala samanten saweg roemboe roemboe , linggih ing lintjak èmpèr ngadjeng kalijan Moeljani , ngiras ngadang Moeljana . Nalika sémahipoen dateng , ndjawab neda angsal -angsal, nanging boten dipoen -saoeri déning saking bingoeng ing manahipoen .

Sareng Moeljana sampoen dateng saking pamoelangan , ladjeng dipoen adjak moeroegi embokipoen . Pak Prana-ardja ragi kagèt ing manah soemerep ingkang èstri teka nganèh -anèhi . Salami nipoen manawi dateng saking peken , inggih ladjeng tapoek olah olah , mangka poenika malah mapan tilem oengkeb -oengkeb ing ambèn . Pak Prana-ardja takèn kanți sabaring manah : " Bokné, apa kowé koewi lara . Panoewoenkoe ing Goesti Allah , bok ija mandega saméné baé godané awakkoe, kaja-kaja wis wareg enggonkoe nglakoni lara, apa manèh Moeljana lan Moeljani . Teka ora oewis -oewis enggoné maringi roebéda . Jen kowé lara , kaja apa polahkoe . Sapa sing bakal nindakaké pagawéan sadjro ning omah , sapa sing bakal ngopèni Moeljana Moeljani . Akoe déwé doeroeng pati koewat angglawat . Doeh , Goesti Allah njoe woen ngapoenten , moegi moegi tinebihna ing goda rentjana .'

Bok Prana ardja mireng pitakèn sarta sambatipoen ingkang djaler , boten kénging dipoen tambak wedaling loehipoen , wasana witjanten kalajan pegat -pegat :

-,,Doeh wong lanang . Goe-nem -moe ga-wé nge -res ing a-ti koe . A-koe o-ra la-ra . Moe -la-né a-koe ban djoer ambroek mangké -né, mar-ga sa-ka bi-ngoeng pi -kir-koe . Ora kajaa oeripkoe kijé , déné teka kepaloe kepentoeng . Apa doeroeng toetoeg Goesti Allah enggoné paring tjoba marang awakkoe. Jèn kaja mengkéné baé , kaja-kaja akoe ora krasan ana ing ngalam donja , aloewoeng di "" poendoeta wis rampoeng .

-,,Adja mengkono ta bokné , goenemmoe rada keladoek . Prakara apa sing gawe bingoenging pikirmoe , mengko pada dipikir , di réka moerih dadiné betjik .

-,,Wong lanang, prakara kijé dadi tanggoengankoe , wong kowé nalika remboeg wiwitan ora weroeh apa -apa . Dadi akoe ḍapoer lantjang, déné ora tarèn karo wong lanang . Woesana bakal gawé kapitoenankoe lan kapitoenanmoe . Mangka kowé ora we roeh kentang kimpoeté , ikoe sing banget ndadèkaké roebeding pikirkoe .

-,,Bokné, adja kebandjoer-bandjoer goenemmoe . Kowé rak ja weroeh déwé sing dadi watekkoe , ora taoe ngetokaké goenem sing songol lan kasar marang kowé, salawasé tansah manoet mitoeroet apa kang dadi karepmoe , anggeré betjik dadiné . Meng kono oega kowé ja nimbangi watekkoe, sabarang préntahkoe kowé ora taoe ndoewa . Moelané adja wedi-wedi apa sing dadi roebeding pikirmoe weḍarna , adja ko-endem baé . "

-,,Ija bapakné , kowé rak ja weroeh déwé sadjroné tolé Moeljana lan gendoek Moeljani ginandjar lara, akoe lan kowé ora keplacer njamboet gawé , doewit simpenankoe leboer kanggo ragad botjah kang paḍa lara sarta entèk dipangan . Samariné botjah loro , akoe bandjoer nékad oetang doewit anakan marang wong Arab f 10 , kanggo pawitan dodolan manèh , pradjandji saben dina nitjil f 0,30, 2 sasi loenas . Dilalah lagi nitjil ping pindo , kowé ban djoer ambroek lara nganti teloeng sasi , akoe ora bisa nitjil manèh , oleh bați satitik -sațițik dak-enggo ragad laramoe nganti sapréné kijé . Wasana wong Arab sing motangaké maoe teka ing dasarankoe , patrapé kaja kètjoe , matané pendirangan , akoe ditoeding -toeding , dioenèkaké ora taoe nitjil , wong Djawa bodo , wang Djawa kaja kebo tanpa soengoe . Adoeh, kaja ngapa wirang koe . Rèhné akoe roemangsa salah sarta manèh akoe wong wadon , pangoeman -oemané wong Arab sing akèh akèh ora dak djawab kasar, daktampa kalawan éklasing ati , kabèh -kabèh ikoe moeng Goesti Allah sing ngawoeningani saparipolahing manoengsa . Batinkoe temen -temen akoe nedya mbajar oetangkoe . Woesanané akoe dikon tèken mrapat ing lajang zegel , akoe ditetepaké oetang f 30 sadina mesti nitjil f 0,50 , 2 sasi loenas . Jen ora netepi pradjandjian , akoe mesti diladèkaké ing pangadilan , sarta omah kijé dalah pakarangané bakal dibeslah . Adoeh wong lanang, kapri . . . . . jé polahkoe .”

Pak Prana -ardja mireng ginemipoen ingkang èstri ladjeng mak djenggirat , mboetjal kemoelipoen , ngadeg njat, poelih , sanalika kakijatanipoen , sakitipoen prasasat sirna babarpisan kados pikantoek djampi ingkang moestadjab . Kabatosanipoen badé males dateng tijang Arab ingkang ngoengel -oengelaken bodjonipoen , nanging panganta -antaning manah dangoe -dangoe laroet, kados wonten ingkang mbisiki : ,, Ora betjik dadiné , loe woeng walesen sabaring ati . Goesti Allah kang bakal malesaké ." Nalika samanten itjal nepsoenipoen dateng tijang Arab , malah nijating manah soemedya réntjang-réntjang njaoeri samboetan ipoen ingkang èstri ; witjantenipoen :

,,Wis bokné , kowé adja mikir prakara oetangmoe , saiki leremna pikirmoe ana ing omah , njambia dodol ratengan sitik -sitik . Satoerah -toerahé Joewitmoe enggonen pawitan , dawak -dawakna manèh . Akoe sing bakal njaoeri oetangmoe , kaja-kaja wiwit sésoek akoe wis koewagang njamboet gawé manèh . Sirkoe , doewit olehkoe njamboetgawé ora kena keprèbèl , bakal dak saoeraké marang wong Arab sing motangaké marang kowé."

Ingkang èstri mitoeroet poenapa sapirembagipoen ingkang djaler. Endjingipoen pak Prana ardja ladjeng wiwit sadé toja malih , badanipoen sampoen boten kraos lemes babarpisan . Pan tjèn badanipoen pak Prana-ardja pinoedjoe sebel , sampoen pinten pinten dinten anggènipoen sadé toja boten patos padjeng . Sareng mangsanipoen nitjil samboetan , poen Arab dateng nagih . Bok Prana boten saged nitjil , semados sawatawis dinten engkas boten angsal , poen Arab giri -giri badé damel prakawis , doepèh sampoen njepeng serat zegel , ingkang dipoen tandani mrapat a e

1. Tijang Arab dateng nagih .

bok Prana -ardja . Pak Prana nengahi rembag , poen Arab kapoerih nrimah dipoen soekani rènten lahanan roemijin , dados boten kapétang tjitjilan . Tijang Arab waoe taksih witjanten kaṭah katah, nanging inggih poeroen nampèni arta rènten lahanan , ladjeng késah kalijan taksih groendal -groendel .

Ing sakésahipoen tijang Arab , bok Prana wiwit ngreratengi badé sesadéanipoen , déné pak Prana njanḍak pikoelan sarta gembrèng badé sadé toja, nanging raosing badan sampoen lesoe loengkrah déning djibeg manahipoen anggagas samboetané ing kang èstri dateng tijang Arab .

Pantjen saweg toemboeking tjilakanipoen pak Prana , dilalah sadinten moepoet boten pepadjengan . Rèhné sampoen sajah sarta loewé sanget , pak Prana glijak -glijak badé mantoek , toja dipoen sok kaboetjal ing margi . Lampahipoen mandeg majong , sakeḍap mlampah sakeḍap kandeg sendèn ing wit pinggir margi kalijan seḍakep sarta oesap -oesap dada. Batosipoen : „Doeh kaprijé dadiné awakkoe kijé , déné saiki sabarang kang daktoedjoe teka ora kebeneran . Kaja apa jèn mengko anakkoe ndjaloek olèh olèh kaja sabené . Mangka akoe ora nggawa doewit saigarigara . Jèn ora kebeneran , omah lan pakarangankoe sida dadi doewèké wong Arab sing motangaké ." Saking bebeging manahipoen , pentjeloet medal tékadipoen ingkang ngeres -eresi , inggih poenika badé ngenḍat . Awit tjiptanipoen , manawi sampoen pedjah boten badé manah roepi -roepi . Nalika medal tékadipoen ingkang makaten , ladjeng ketoempangan panggraita ing kang menging , kados wonten tijang ingkang ngélikaken : „ Pak Prana-ardja , élinga , sapa kang bakal ngingoni anak bodjomoe . Sing wis mati mono wis karoehan enggoné , sarta ora mikir apa -apa , balik sing kotinggal , sapa sing ngopèni , mesținé banget nalangsa ." Pak Prana ardja deleg -deleg ngraosa'en bingoenging manah , tékadi poen ingkang awon kasirnakaken . Saking koewatosipoen bok manawi dipoen teḍani angsal -angsal anakipoen , ladjeng nedya badé apoes -apoes , mbedol toeroes pager satoenggil dipoen toegel toegel noenten kaboentel ing sindjangipoen , kasampiraken ing poendak badé dipoen awadaken téla pohoeng taksih mentah. Nalika samanten sampoen wantji djam pitoe daloe . Sareng ang gènipoen mboentel kețokan toeroes sampoen rampoeng , noenten lampahipoen dipoen gelak. Sakedap sampoen doemoegi ing grija . Sarèhné pinoedjoe padang remboelan , bok Pranaardja lan anak ipoen kekalih sami linggihan ing latar ngiras ngaḍang ingkang djaler. Sanget anggènipoen ngadjeng -adjeng , déné ngantos loengsé wantjinipoen dèrèng dateng . Sareng soemerep ketébangipoen pak Prana -ardja, Moeljana lan Moeljani sami mladjeng sesarengan moeroegi bapakipoen sarwi neda angsal -angsal , witjantenipoen : „É, bapak teka, é, bapak teka , wis soewé enggonkoe ngaḍang kok lagi teka ; endi oleh -olèhé , pak ?"

Bapakipoen mangsoeli : „ , 0, enggèr oleh -olèhé téla pohoeng mentah, mengko dakgodogé disik , kowé pada ndongénga kaja wingi kaé ." Anakipoen mitoeroet, sarta atjikrak - tjikrak , déné mangké badé neḍa téla pohoeng .

Bebektanipoen dipoen teda ingkang èstri boten angsal , awit koewatos manawi konangan, namoeng gembrèng wadah toja lan rembatanipoen ingkang dipoen oeloengaken kapoerih ndèkèk ing pawon. Pak Prana -ardja ladjeng tapoek tjețik latoe noempangaken koewali dipoen isèni toja . Ketokan toeroes dipoen lebetaken ing koewali sadaja , noenten dipoen toetoepi rapet . Bok Prana-ardja njelaki ingkang djaler sarwi witjanten : „ Bapakné , enggonmoe nggodog pohoeng apa sakoelité baé, déné doeroeng koontjèki ."

Wangsoelanipoen : „ Ora , wis ontjèk-ontjèkan kabèh , saka pasar moela pantjèn wis ontjék-ontjékan ."

Ingkang èstri witjanten malih : "2Wis ta bapakné , kowé ngasoa kana , wong kowé koewi rak kesel ; dakgodogé ; mengko jèn wis mateng manawa kowé wis toeroe dakgoegah ."

Ingkang djaler mangsoeli : „ Adja bokné akoe kepéngin weroeh soewéné wong nggodog pohoeng , soewé endi karo wong adang ; moelané ija dakgodogé déwé , kowé noenggonana anakmoe sing pada ndongèng kaé."

Bok Prana-ardja boten mangsoeli malih, ladjeng moeroegi panggènaning anakipoen . Nèng , nèng , moengel djam 9. Moeljana lan Moeljani moeroegi bapakipoen sarta witjan ten : ,,Wis mateng pak , pohoengé ? akoe wis ngantoek kok ."

Bapakipoen mangsoeli : „ O , doeroeng mateng , nggèr , saḍéla engkas rak mateng . Kana toeroe disik , sésoek moenḍak karipan , didoekani goeroemoe . Mengko baé jèn wis mateng dakgoegah . Karo manèh kowé maoe sadoeroengé peteng rak wis mangan , ta ?"

Moeljana lan Moeljani boten mawi semados oetawi gineman sanèsipoen kadjawi namoeng semaoer : „ Ija pak, akoe arep mapan toeroe disik , matakoe wis ngantoek , karo akoe maoe pantjèn ija wis mangan ."

Sémahipoen njelaki sarwi witjanten : „ Bapakné , kaprijé , nggoḍog pohoeng wis rong djam teka doeroeng mateng ? "

22Moelané koewi , arep daktoenggoni déwé , marga pohoengé pantjèn wis toewa-toewa , soewé bisané medok . Kowé jèn arep toeroe kana toeroea disik ; moeng jèn isih ana toerahan sega akoe ndjaloek saemplokan baé, wetengkoe teka pating kroewoek , sadina doeroeng klebon redjeki ."

27Isih baé, pantjèn dakngèngèhi . Apa arep mangan saiki ta ?" -,,Ora , mengko baé . Kana , tjawisna médja ; kowé toeroea disik , ngelonana anakmoe ."

Bok Prana-ardja ladjeng mlebet ing sentongan ngeloni anakipoen . Anggènipoen tilem kraos sakétja , prasasat sadaloe boten nglisik . Makaten oegi Moeljana lan Moeljani pantjèn saweg nglémboni .

Roman ardja . 2

Katjarijos pak Prana -ardja sareng mireng bodjonipoen sampoen ngorok senggoran , ladjeng neda tjawisanipoen sekoel ingkang won ten ing médja . Nalika samanten sampoen djam 11 daloe . Sasam poenipoen toewoek paneḍanipoen , ladjeng ambroek tileman ing ambèn , nanging ngantos dangoe boten saged tilem-tilem, amargi tansah nggagas , kados poendi kadadosanipoen , manawi grija sapakaranganipoen èstoe kabeslah ing tijang Arab . Saking sa jahipoen, pak Prana saged tilem , saweg salijepan sampoen nglilir , nanging pangraosipoen sampoen marem. Boten dangoe nèng -nèng moengel djam 3 , pak Pranaardja ladjeng raoep , noenten mendet sabak lan gripipoen Moeljana , ing sabak ngrikoe dipoen serati makaten :

„Wong wadon ! dadija soemoeroepmoe , akoe roemangsa isin manggon ing nagara Magersari kéné , moelané bengi iki oega. akoe loenga saka ngomah , emboeh parankoe . Kowé sing ngati ati daktinggal , anak -anakmoe adja nganti kapiran . Moeljana saben dina adja ngati lowong sekolahé . Poma, di poma , wong wadon , adja nglirwakaké welingkoe . Déné omah , jèn sida dipèk ing Arab kanggo ngesahi oetangmoe kowé ija mondok -mondoka , sapa sing gelem kopondoki. Akoe ora soemedja moelih , jèn doeroeng nggémbol doewit sitik -sitiké f 100. Wis wong wadon karia slamet ."

Jektos ing daloe poenika kirang langkoeng djam 4 , pak Prana késah, mbikak kori lon-lonan , lampahipoen bab'as mangilèn boten mawi kandeg -kandeg . Wantji bjar endjing anggenipoen loemampah sampoen tebih saking grijanipoen .

Wantji djam nem éndjing bok Prana -ardja tangi, ningali dilah taksih kentjar -kentjar ladjeng dipoen pedjahi ,

Nolih ngiwa nengen ingkang djaler boten wonten. Mandeng ing kori , ketingal kori sampoen menga , pangintenipoen masți saweg adoes . Bok Prana-ardja ladjeng medal ngoendang -oendang lakinipoen , nanging boten wonten ingkang njaoeri . Noenten mlebet ing pawon ningali gembrèng wadah toja sarta rembatan ipoen taksih . Koewali ingkang toemoempang ing keren dipoen oengkabi bok Prana-ardja , sanget kagètipoen déné ingkang dipoen godog poenika dédé téla pohoeng , jektosipoen ketokan toeroes pager . Bok Prana saja boten sakétja manahipoen , nggagas ingkang boten -boten . Noenten soemerep sabakipoen Moeljana. goemlétak ing médja mawi seratan katah mangka wingi sabak poenika mentas dipoen koembah . Moeljana ingkang taksih tilem dipoen goegah embokipoen kapoerih maos . Sarèhné anggenipoen sekolah Moeljana sampoen mèh satahoen , toer larénipoen lantip , mila saged maos serataning bapakipoen , dasar serataning bapak ipoen aksara Djawi sarta tjeța - tjeta . Anggènipoen maos dipoen serok -serokaken . Telasing pamaosipoen bok Prana-ardja ambroek ketèmper . Moeljana nggembor kalijan mladjeng mangidoel sambat sambat : „Bapak, akoe mèloe , bapak akoe mèloe , akoe emoh kotinggal !" Moeljani anggenipoen tilem kebribènen dateng pamaos ipoen lan panggemboripoen Moeljana , djenggirat tangi , ningali embokipoen ngatang -atang ing djogan . Kakangipoen dipoen oendang oendang boten wonten, noenten nangis kalijan sesambat : „ Kang Moel , akoe mèjoe ! Kang Moel , akoe mèjoe !" Pladjengipoen mangétan .

Bok Prana -ardja ngantos dangoe anggènipoen ketèmper. Sareng sampoen ènget , nolih ngiwa nengen anakipoen kekalih sampoen boten wonten, nginten manawi anakipoen badé noesoel bapakipoen . Boten mawi tata-tata malih teroes noesoel , anakipoen kekalih kininten ngalèr lampahipoen , mila ingkang dipoenener inggih mangalèr kalijan koedoeng slèndang kanți tjrotjosan loehipoen .

IV. Kasaénan dateng sesami .

Katjarijos Moeljana teroes loemadjeng sapoeroeg -poeroeg boten kantenan ingkang tinoedjoe , ngoenjoer boten mawi tolih wing king, nenggel medal tengahing margi ageng kalijan nangis .

Wonten tengah - tengahing margi kepeṭoek motor ingkang di poen toempaki toewan pandita. Lampahing motor kentjeng pra sasat angin. Moeljana ingkang kamanah namoeng bapakipoen , ngantos boten manah dateng tengaraning motor. Saking ban tering lampahipoen motor sarta saking rikating pladjengipoen Moeljana , brebet Moeljana kababan lampahing motor , djengkelit Moeljana dawah kewalik , sanalika boten ènget . Tijang - tijang ingkang sami loemanpah , soemerep Moeljana dawah kewalik 29 sami mbengok: 0, anakkoe !" Motor kandeg ngegèd : greg . Toe wan pandita mandap saking motor , trangginas moeroegi Moeljana , dipoen bopong kabekta dateng motor, kablonjo lisah wangi , sarta rasoekan toewin saroengipoen ingkang goepak leboe dipoen srebèti . Toewan pandita mrebes mili ningali warninipoen Moel jana asawang koenarpa , gedeg gedeg kalijan moengel : „ Doeh , mesakaké botjah kijé . O, Goesti moegi laré poenika pinaringana wiloedjeng, koela nijat badé damel kasaénan dateng laré poenika ." Sarèhning Moeljana ketèmperipoen margi saking dawah sarta kagèt , sareng sampoen kapoelasara dateng toewan pandita , dangoe dangoe tjahjanipoen abrit malih, saged linggih pijambak sarta sesambat : „Adoeh bapak, akoe mèloe , adja kotinggal !"

Toewan pandita pitaken : „ Kowé botjah ngendi ?"

Koela laré Magersari " ."

22 Kowé arep menjang endi ?"

22 Koela badé noesoel bapak . Bapak késah , sandjangipoen boten badé mantoek , jèn dèrèng gaḍah jatra kaṭah."

- „Bapakmoe loenga menjang ngendi ?"

27 Boten soemerep , oengelé badé késah sapoeroeg -poeroeg ."

,,Sapa djenengé bapakmoe ?"

-,, Bapak nama Prana-ardja."

„ Apa kowé isih doewé embok ?"

,,Taksih , koela inggih gadah saḍèrèk èstri nama Moeljani . ”

"" Ajo kowé dakteraké moelih menjang omahmoe , karo embok moe bakal dakwènèhi djadjan."

-,,O. boten , koela boten nijat mantoek, jèn dèrèng kepanggih bapak ."

Toewan pandita welas dateng Moeljana . Manawi laré dipoen tjoelaken masti ladjeng késah sapoeroeg -poeroeg madosi bapak ipoen, satemah saged oegi manggih tjilaka . Mila ladjeng ngarem aremi dateng Moeljana : „ Lé, akoe sing bakal nggolèki bapakmoe . Adja koewatir , akoe sing bakal nemokaké . Ajo kowé mèloea akoe noenggang motor, ora soesah moélih menjang omahmoe ."

Moeljana mangsoeli : „ Inggih , koela poeroen angger saged ke panggih kalijan bapak ."

Toewan pandita witjanten : „ Ija, adja koewatir ."

Motor bablas sasat boten ngambah siti , ngener dateng nagari Senḍangmoelja , inggih poenika grijanipoen toewan pandita. Moel jana lestantoen kapoepoe .

Moeljani mladjeng -mladjeng poeroegipoen mangétan kalijan nangis , sarta oendang -oendang kakangipoen : „Kang Moel , akoe mèjoe ! Kang Moel akoe mèjoe ! kowé njang endi ? Akoe adja kotinggal ."

Nalika samanten wonten satoenggiling tijang èstri langkoeng . Sareng soemerep wonten laré èstri mladjeng boten wonten ing kang ngetoetaken , sarta ketingal nganggé gelang sapasang ing kang warninipoen djené gilap, kakinten manawi gelang emas , mila batosipoen : I, lah dalah , kijé ana pangan mara déwé . Gelang ikoe masți dadi doewèkkoe ; saoepama digadèkaké , apesé pajoe f 20,- loemajan kanggo kaboetoehan sawatara dina sarta kanggo toekoe tiké ."

Badjingan èstri mablik ngetoet lampahipoen Moeljani , réwa -réwa kados tijang sepoehipoen . Saja dangoe lampahipoen Moeljani saja aber , wasana saking keselipoen ladjeng ndéprok ing pinggir margi kalijan kamisesegen . Badjingan èstri njelaki kalijan witjanten : 27Gendoek djenengmoe sapa ?"

„ Djenengkoe Moeljani ."

Kowé botjah ngendi ?" 27

Akoe botjah Magersari ." 19

Kowé anaké sapa ?" 27

27Akoe anaké bapak , aḍiné kang Moel . Kang Moel joenga, akoe oja didjak ."

,,0 gendoek , kakangmoe maoe mrana. Ajo daksoesoelaké , mengko rak ketemoe . Ajo dakgéndong , bèn gelis tekan ."

,, Emoh , akoe ajep mjakoe dḍéwé .’

-,,Ija ajo ta, dakteraké kowé mlakoe disik ." Moeljani ladjeng ngadeg mlampah roemijin , badjingan èstri toet wingking . Moeljani dipoen djadjakaken sawatawis . nanging boten dipoen teḍa na moeng dipoen tjepengi kémawon . Lampahipoen Moeljani dipoen sasar -sasaraken ngantos doemoegi ing panggénan ingkang sepen . Wonten ingrikoe dipoendjak kèndel , dipoen sandjangi jèn mang ké kakangipoen noesoel mriki . Moeljani noeroet . Badjingan èstri pitakèn : ,,Gendoek , gelangmoe teka apik temen . Toekon pira maoené ?"

,Toekoené jajang ; gelangkoe kijé emas ." .

,,Sapa sing noekokaké?"

,,Sing noekokaké embok gèk bada kaé . ”

-,, Dak ndeleng sadéla baé, tjopoten ."

- ,,Adja , mengko moendak ko -epèk ."

-,,Ora -orané dakepèh , mengko dak balèkaké ."

,,Adja wong kowé doedoe embokkoe ."

Moeljani witjanten makaten poenika kalijan njèlèliaken djadjanan ingkang dipoentjepengi , sarta ndelik-ndelikaken tanganipoen . Badjingan èstri selak boten sabar mireng tetemboengan emas ; laré katjepeng , gelang kalolos kalih pisan . Sareng gelang sampoen kénging , Moeljani katilar . Badjingan èstri teroes loemadjeng . Mélik nggendong lali , boten gaḍah welas babarpisan dateng Moeljani batos sarta mripatipoen namoeng noedjoe dateng gelang ingkang dipoen kinten djené , mangka sajektosipoen barlin dipoen edoes djené , katah kaṭahipoen pangaos f 0,60 .

Moeljani sareng sampoen dipoen oewalaken ladjeng sambat ,,Bapak ! embok ! gelangkoe dijeboet wong , akoe toekokna sambat : manèh . Kang Moel , kowé na ngendi ? Akoe mèjoe !"

Moeljani kaloenta -loenta lampahipoen , boten kantenan ingkang dipoen toedjoe , ingkang dipoen sambat : bapak, embok sarta kakangipoen . Lampahipoen oeroet pinggiring margi ageng , ma nawi kraos ngorong neḍa toja dateng tijang sadé tjao ingkang dasar pinggiring margi . Kala -kala dipoen takèni tijang ingkang kepetoek oetawi ingkang sarengan loemampah , menggah nama sarta grijanipoen . Moeljani rèhning sampoen kesel sarta erak margi saking dangoening anggènipoen nangis aras -arasen mang soeli , namoeng toeding - toeding prenahing grijanipoen . Wiwit èndjing pijambakipoen dèrèng klebetan poenapa -poenapa , namoeng ngombé kémawon . Djam 12 sijang doemoegi ing kita Sinom , saking ngelihipoen ladjeng mlebet ing wandé ndjawab neḍa sekoel , kalijan tanganipoen kekalih dipoen tjadongaken . Tijang ingkang mandé kamiwelasen, ladjeng ngoeloengi sekoel satem pélang dalah lawoehipoen. Moeljani dipoen takèni kaṭaḥ-katah

2. Gelangipoen Moeljani kasebrot ing tijang .

boten saged mangsoeli tjeța, margi saking bingoenging manahipoen sarta sampoen erak.

Tijang ingkang mandé nantoen soepados Moeljani toemoeta pijambakipoen, nanging Moeljani gèdèg . Sareng sampoen neda sarta ngombé , mlampan malih doemoegi tengah - tengahing kita mèh djam 1 sijang , bres djawah deres kados dipoen esokaken . Moeljani plingak-plingoek pados pangaoeban . Ing satjelakipoen ngrikoe boten wonten malih grija ingkang pantes dipoen aoebi , kedjawi pamoelangan klas II, poenapa malih ketingal sampoen wonten ingkang ngaoeb satoenggal kalih , mila ladjeng ènggal mlebet pakawisan pamoelangan teroes ngaoeb dateng èmpèr . Moeljani soemerep manawi salebeting grija wonten larénipoen kaṭah sami linggih sarta ngadep sabak . Pangintenipoen Moeljani : mesti kakangipoen Moeljana sekolah ingrikoe . Mila ladjeng nangis kalijan oendang oendang : „ Kang Moel , akoe mèjoe ! Kang Moel , akoe mèjoe ! Akoe mèjoe sekojah ! Akoe adja kotinggal !" Moerid moerid ingkang waoenipoen gar-ger goemoedjeng margi mireng aken anggenipoen tjarijos goeroenipoen , sareng mireng swarani poen laré nangis : tjep sirep , sami ndengèngèk mandeng ingkori . Sadaja sami soemerep tjeța manawi ingkang nangis poenika laré èstri taksih alit, ramboetipoen réjab -réjab , sarta sandanganipoen kleboes mentas kedjawahan. Mantri goeroe ingkang ngoewaosi pamoelangan ngrikoe njelaki Moeljani sarwi pitakèn : „ Gendoek , djenengmoe sapa ?"

,,Djenengkoe Moeljani."

,,Kowé ngoendang sapa ?"

,,Ngoendang kang Moel."

27Apa kakangmoe sekolah ?"

,, lja , akoe ajep mèjoe sekojah oja awèh ." -

Mantri goeroe sakeḍap kèndel, ngémoet -émoet laré ingkang nama Moel . Kèngetan laré ingkang nama Moel manggèn ing pangkat III . Ladjeng dipoen timbali dipoen tedahi laré poenika nanging mangsoeli sanès sadèrèkipoen . Moeljani inggih gèḍèg poenika dédé kakangipoen .

Nèng djam 1 laré-laré dipoen bibaraken. Sarèhning djawahipoen dèrèng terang , goeroe -goeroe sami ngentosi terangipoen roemijin ngiras omong -omong nakèni Moeljani poenika .

,,Dèk, goeroe bantoe , poenika wonten laré èstri madosi ka kangipoen nama Moel . Kadospoendi tegesipoen ! Poenapa Moeljadi , poenapa Moeljana , poenapa Moelja."

„Namanipoen sinten laré èstri poenika ?"

Namanipoen Moeljani 27 ."

,,Manawi nitik namanipoen laré èstri poenika , dados kakang ipoen inggih nama Moeljana .

-Pantjèn leres , koela inggih gadah gagasan makaten. Na nging ènget koela laré nama Moeljana boten wonten, wonten ipoen namoeng Moeljadi, mangka Moeljadi ngaken boten gaḍah sadèrèk laré poenika . Makaten oegi larénipoen inggih gèḍèg , né lakaken jèn dédé sadèrèkipoen . Tjobi di sampéjan takèni malih larénipoen."

„Djenengmoe sapa ndoek ."

„ Djenengkoe Moeljani ."

19,Omahmoe ngendi ?"

,,Kana Magersari ." -

-,,Magersari ? Arak adoh Magersari koewé ; toetoeg kéné dohé kira-kira 3 pos."

Moeljani kèndel kémawon kados laré bingoeng .

,, Kowé anaké sapa ?"

„Akoe anaké bapak , adiné kang Moel ."

Goeroe -goeroe goemoedjeng mirengaken djawaban poenika asemoe welas.

,, Bapakmoe karo embokmoe apa isih ?"

Moeljani manțoek .

-,,Saiki ana ingendi ?"

Moeljani gèdèg . -

,,Kowé apa nggolèki kakangmoe Moel ?"

Moeljani manțoek .

-,,Kakangmoe loenga menjang endi ?"

,,Sekojah."

27 Sakolah ngendi "

Moeljani gèdèg .

,,Nèk kowé ora bisa ketemoe kakangmoe kaprijé ?”

Moeljani kèndel kémawon kalijan badé nangis .

-Di goeroe bantoe , tetéla manawi laré poenika laré Magersari , késah badé toemoet kakangipoen , wasana ladjeng kesasar -sasar . Mesakaken . Tjobi koela djaké mantoek roemijin , mangké koela lapoer dateng kapatihan ."

-,,Gendoek , apa kowé wis mangan ?"

,,Oewis" -

-,,Mangan ngendi ?"

""Mangan wajoeng , kana . Akoe maoe ndjajoek sega sing doewé wajoeng, dienèhi saboentel ."

-,,Kakangmoe Moel wis moelih maoe (apoes -apoes ) . Ajo kowé mèloe akoe baé daktemokaké kakangmoe ."

Moeljani manțoek .

Djawahipoen nalika samanten sampoen terang, goeroe -goeroe ladjeng sami mantoek sowang -sowang .

Sareng Mantri goeroe sampoen doemoegi ing grija, bodjonipoen kagèt , déné soemerep ingkang raka nganti laré èstri taksih alit, panganggénipoen teles sarta ramboetipoen réjab-réjab . Mila énggal metoekaken sarta pitaken : ,, Mas . sing sampéjan kanți nikoe poetrané sinten ?"

Wangsoelanipoen mantri goeroe : ,,Mengko kowé dakkanḍani , jèn wis pada lebar mangan . Botjah iki salinana sandangan disik, bèn adja katisen awaké ; mesakaké !"

Moeljani ladjeng katoentoen dateng wingking dipoen santoeni panganggé . Moeljani dipoen takèni kèndel kémawon , awit adjrih namoeng mandeng sapolahing bodjonipoen mantri goeroe .

Sareng sampoen sami bakda neḍa , mantri goeroe ladjeng tjarijos dateng bodjonipoen , wiwitan doemoegi wekasan. Ingkang raji mireng tjarijosipoen ingkang raka sanget trenjoeh ing manah . Moeljani ladjeng dipoen soekani neda , dipoen tjawisi ngombé . Sareng sampoen toewoek anggènipoen neḍa ladjeng dipoen djoeng kati , noenten dipoen adjak lelinggihan ing ambèn , dipoen takèni kaṭah-kaṭah, pitakènipoen mèh sami kémawon kalijan pitakèn ingadjeng . Manawi Moeljani saged ndjawab , inggih dipoen djawab , jèn boten saged inggih namoeng toemoengkoel kémawon . Moeljani ladjeng kapoerih tilem inggih manoet . Sarèhné laré kesel sarta wetengipoen toewoek , pramila énggal tilemipoen .

Ing wantji djam 5 sonten mantri goeroe sowan dateng kapatihan , nglapoeraken lelampahan poenika , Moeljani inggih dipoen adjak. Mantri goeroe matoer soepados pandjenenganipoen bandara patih karsa énggal -énggal kintoen serat dateng Magersari , ngoeroes. tijang sepoehipoen laré poenika . Sadèrèngipoen laré dipoen poe roegi déning tijang sepoehipoen , mantri goeroe kedoegi ngrimat sarta njekapi ing sadajanipoen .

Ing wekdal poenika pandjenenganipoen patih oegi ladjeng damel serat dateng Magersari, kados déné atoeripoen mantri goeroe waoe .

Sareng sampoen rampoeng perloenipoen , mantri goeroe ladjeng pamit mantoek. Moeljani lestantoen dipoen rimat radèn ngantèn mantri goeroe , saja lami saja resep ningali solah bawanipoen Moeljani . Larénipoen tansah tik-tikan badé njamboetdamel . Boten kénging wonten barang -barang ingkang boten leres doenoengipoen , sarta tjangkir piring ingkang reged , sanalika ladjeng dipoen koembahi . Déné tilemipoen kempal abdi èstri . Manawi tangi adjeg roemijin pijambak , ladjeng nggoegahi abdi -abdi ingkang taksih sami tilem. Bakda tangi teroes adoes , noenten njanḍak sapoe njaponi djogan . Sanadjan mangké dipoen kaping kalihi abdi ingkang ageng , pijambakipoen inggih taksih asring njaponi kémawon. Resepipoen radèn ngantèn mantri goeroe dateng Moel jani saben dinten saja wewah, ngantos dados nama tresna .

Sampoen satengah woelan mantri goeroe dèrèng angsal ka trangan saking kapatihan , mila ing wantji sonten ladjeng mer lokaken sowan njoewoen priksa prakawis poenika . Keleresan serat wangsoelan saking Magersari saweg kémawon dateng , mila ladjeng dipoen paringaken dateng mantri goeroe , kapoerih maos pijambak . Menggah soeraosipoen serat makaten :

No. 1426/85 Magersari 25 Maart 1905 .

Dengan hormat.

Membalas andika ampoenja soerat No. 1564/85 tt. 7 Maart 1905. Adapoen anak perempoean jang bernama Moeljani kami tanjatanjakan kepada loerah -loerah kadistrikan Magersari men dapat keterangan , ialah anaknja Prana-ardja toekang djoeal air dibatas kota Magersari djoega . Tetapi serta kami njatakan di roemahnja , kedapatan soewoeng ; tidak ada orangnja jang me nempati , sampai sekarang . Chabarnja itoe pak Prana pergi lari sama bininja sebab banjak pindjaman sama orang Arab . Boléh djadi anaknja ditinggal sadja . Sanak saudara dari keterangan loerah tidak ada .

Kemoedian soepaja mendjadi taoe toean Patih .

Wedana kota Magersari .

Mantri goeroe sareng soemerep soeraosing serat , ladjeng ngleng ger, saja welas dateng Moeljani , batosipoen badé kapendet anak babar pisan , dasar pijambakipoen boten gaḍah anak satoenggil toengila. Sasam poenipoen omong -omong sawatawis dangoe wonten ing kapatihan ladjeng pamit mantoek. Wonten ing grija tjarijos dateng bodjonipoen sadaja soeraosipoen serat wangsoelan saking Magersari . Radèn ngantèn mantri goeroe brebel medal loehipoen mireng prakawis poenika , batosipoen inggih sami kalijan ingkang djaler nedija moepoe Moeljani . Witjantenipoen : „ Mas mantri , jèn sampoen kantenan kados makaten , nijat koela Moeljani badé koela poepoe pijambak, dasar koela boten gadah anak ; poenapa malih koela resep ningali sadaja solah bawanipoen Moeljani .”

Wangsoelanipoen mantri goeroe : „ Pikirkoe tjotjog karo ka repmoe . Akoe sèwoe djoemoeroeng moepoe botjah koewé . Adja tanggoeng , ija diragadi temenan , dianggep kaja anaké tanggoeng - déwé , adja nganti kaja anak poepon ."

Wangsoelanipoen radèn ngantèn mantri goeroe : „Koela temen temen badé nḍèrèk dawoeh sampéjan , nijat koela damel kados anak pijambak, moegi -moegi Goesti Allah nebihna goda rentjana sarta ndjoeroengana sedyaning manah koela tijang kekalih ."

Mantri goeroe mangsoeli : „Bener tjelaṭoemoe ikoe . Saiki botjah kijé arep daklih djenengé aran : Rara Soebekti ."

Radèn ngantèn mantri goeroe ndèrèk sakarsanipoen ingkang raka . Wiwit dinten poenika Moeljani kapindah nama dados rara Soebekti .

V. Awoning manahipoen wèrek Dèli .

Bok Prana -ardja loemampah oeroet pinggir margi ageng manga lèr kalijan koedoeng sléndang , boten kantenan ingkang katoedjoe , sakeḍap noleh sakeḍap kèndel ngawasaken tijang ingkang sami langkoeng , bokmanawi sémah oetawi anakipoen ketingal ingrikoe . Ingkang makaten waoe tanpa wasana . Ngantos djam 10 sijang boten kepetoek oetawi soemerep dateng laki sarta anakipoen . Lampahipoen bok Prana-ardja waoe iring - iringan kalijan tijang èstri nama bok Goena , nanging bok Goena loemampah ing wing king . Sadangoenipoen loemampah , bok Goena tansah ngawasaken solahipoen bok Prana kemawon saking wingking , boten poeroen nglantjangi oetawi njarengi . Dangoe -dangoe genah ing panjana , manawi bok Prana poenika saweg nandang soesah . Sareng sam poen terang pangintenipoen , ladjeng oendang -oendang saking wingking : Bakjoe bakjoe ! sampéjan mandeg sakedap , koela adjeng njarengi .'

Bok Prana nolih ladjeng kandeg , ngentosi sarta mandeng dateng bok Goena . Witjantenipoen :

„Sampéjan napa oendang -oendang koela ?"

27Enggih."

Onten napa , kok mawi oendang -oendang ?" 27

- „ Adjeng koela djak sarengan mlampah , tijang mlampah boten onten sarengané omong -omong nikoe kok wangoené sepi , boten patia seneng , toer gelis kesel . Awi ta lèrèh sedéla linggih tang goel ngriki milih sing aoeb, panasé kok soemelèt ; kalih malih sampéjan koela sawang -sawang kok empoen ragi kesel ."

„ O , enggih ; pantjèné nèk dirasakaké, koela niki empoen kesel , lah wong mlakoe wiwit djam 6 ésoek nganti djam 10 , ngatasé wong wadon empoen loewih saking taker ; moeng boten koela rasakaké mawon , kebekta saking bingoeng sarta soesahing ati ."

-,,Lah , mila ; awi ta lèrèn saḍéla ngriki . Niki lo nginang -nginang , napa neḍa djadjanan . Koela waoe entas toekoe djadjanan kanggé oleh -oleh anak koela. Nanging boten dados kawis , mangké toekoe malih gampang ."

Bok Prana mitoeroeti paneḍanipoen bok Goena , ladjeng sami lèrèh linggih ing tanggoel sapinggiring margi, milih papan ingkang ajom. Limrahipoen tijang èstri Djawi ingkang dojan nginang manawi dipoen tawèni poenika sasat tijang ngorong dipoen tawèni ngombé . Mangka wiwit éndjing bok Prana dèrèng nginang.oetawi kelebetan poenapa -poenapa . Mila sareng dipoen tawèni nginang inggih ladjeng dipoen tanggapi . Tijang kalih sami nginang pa ting tjramoek adjeng -adjengan kalijan omong -omong . Bok Goena pitaken :

-,,Bakjoe sampéjan sandjang soesah sarta bingoeng nikoe sing disoesahaké sarta dibingoengaké napa ?"

- „ O, nèk sampéjan koela tjritani kasoesahan koela sedanten boten rampoeng 3 djam, sarta mesti ladjeng nḍawahaké loeh ."

Elo, kepripoen ta , kepripoen ? Bok sampéjan tjritakaké 27 kabèh , ning tjekak mawon ."

-,,Tjekaké koela niki nggolèki bodjo kalih anak koela loro lanang wédok . Bodjo koela loengané waoe bengi tanpa pamit , sandjangé adjeng golèk pagawéan . Anak koela loro lanang wédok enggih mèloe loenga ."

,,É, é, kok bagoes wong lanang djaman saniki , gih, loenga tanpa pamit. Anak bodjo ditinggal boten diwènèhi ingon . Pijam baké besoek rabi malih teng nagara mantja, lali anakbodjoné sing empoen lawas nglabeti lara lapa"

-,,0, 0, ampoen kliroe tanpa di . Nèk wataké bodjo koela boten mekoten . Loengané onten sababé , boten kok lali teng awak sarta anak koela . Nanging sababé nikoe boten perloe koela boekak , tjoekoep koela anggo déwé . Nijat koela senadyan doegi poendi mawon, laki sarta anak koela adjeng koela soesoel ."

--,,Adjeng sampéjan soesoel nikoe késahé teng poendi ?"

,,Koela boten weroeh teng poendi djoedjoegé bodjo koela , nanging enggih meksa adjeng koela golèki saketemoené , sanadyan koela réwangi ngemis , koela temah ."

-,, Saoepami bakjoe onten sing adjeng ngrabèni malih napa poeroen ?"

-,, 0, di , paribasan koela dikarsakaké teng prijaji loehoer pisan oetawi di - imingi - imingi doewit sing akèh , koela soetik ; wong koela niki teksih doewé bodjo . Tjekaké koela prasetya , nadjan ngantia djamboel wanen koela boten adjeng laki malih , moeng bodjo koela sing koela adjeng -adjeng ketemoené ."

Bok Goena roemaos boten saged nginggahi ginemipoen bok Prana. Wangoenipoen temen -temen anggenipoen badé madosi lakinipoen , boten poeroen dipoen rembagi kapoerih sémah malih . Witjantenipoen bok Goena : Bakjoe, koela pertjaja teng kadjengé ,, bakjoe, temen -temen angsalé madosi sémah , kabekta saking gedéning tresna . Nanging koela doewé pamrajoga .”

Pamrajoga napa ? ” 27

-,, Sadèrèngé ketemoe kalih bodjo , sarta anak sampéjan , bok enggih njamboet gawé ngiras ngroengok -ngroengokaké teng poendi doenoengé bodjo sarta anak sampéjan nikoe. Toer sampéjan boten aran wong nista, awit sampéjan waoe empoen kewetoe basa sampéjan adjeng sampéjan réwangi ngemis napa . Déné nèk sampéjan njamboet gawé, toerahané sing sampéjan pangan , ditjèlèngi samangsa -mangsa bisa ketemoe karo anak bodjo , sampéjan bisa gawé boengah noekokaké napa -napa teng anak sarta teng bodjo . Nikoe sing aran wong wadon oetama . Bok manawa malah bandjoer woewoeh tresnané bodjo sampéjan . Goenem koela niki moeng sablakané lo , boten ndjlomprongaké."

Bok Prana mireng ginem makaten ragi ledjar , poenapa malih pantjèn bok Prana tijang ingkang remen sarta sregep njamboet damel . Witjantenipoen dateng bok Goena : „ Padamelan napa sing kena koela lakoni . Adjeng dodolan empoen boten doewé pawitan . Adjeng boeroeh tandoer dèrèng mangsané . Nèk ketampaa ngoten koela adjeng ngèngèr prijaji mawon , sanadjan bajar satitik koela enggih gelem nglakoni , ngiras soemerep oenggah oenggoeh , tatatjaraning prijaji . Toer bokmanawa bisa mitoeloengi ngamboe amboe doenoengé bodjo koela ."

-,,Bakjoe, batiné napa mèloe prijaji , tiwas awaké kesel boten oleh kesenengan napa -napa , marga loemrahé bajaré sițik , gawéné abot , pangané enggih sițik , koedoe nrima saontené ; enggoné njanḍangi penḍak taoen ming sepisan , toer boten moerwat. Aloe woeng sampéjan mleboe dadi baboe oetawa koki Landa , bajaré akèh , sandang pangan tjoekoep . Bajaran nikoe sing bakal agawé senenging wong lanang sarta anak sampéjan bésoek , marga bisa ngloempoek akèh . Toer Landa nikoe djembar polatané ngoengkoeli prijaji , bokmanawa bisa nemokaké toemoeli teng bodjo sarta anak sampéjan ."

Bok Prana mireng ginem makaten poenika bjar padang nrawang manahipoen , pantjèn ginemipoen bok Goena poenika leres sadaja , manawi dipoen lampahi saged saé kadadosanipoen . Poenapa malih batosipoen bok Prana : „ Wong wadon koewat pira nggolèki parané wong lanang ; masti mandeg ing dalan . Loewoeng manoet goenemé bok Goena koewé . Bokmanawa ing tembé bisa ketemoe anak bodjo , sawisa akoe mrabot oetawa nggémbol apa-apa , ora ngoetjiwani ." Bok Prana kanți soemèhing oelat pitakèn dateng bok Goena : „ Di, kepripoen angsal koela adjeng mleboe dadi baboe oetawa koki Walanda , marga koela dèrèng naté ngawoela Landa , sarta boten bisa olaholahan tjara Landa ."

„O , prakara nikoe gampang , joe. Koki -koki lijané nikoe napa waoené enggih empoen bisa olah -olah tjara Landa ? Rak enggih dèrèng ; sami mawon kalih sampéjan . Bisané saka sițik , mangké njonjahé sing noentoen oetawa moeroeki . Nèk empoen bisa lagi dietjoelké déwé . Déné prakara dadi baboe nikoe loewih déning gampang angger bisa njratèni momongané empoen tjoekoep . Terkadang baboe nikoe sok nemoe moelja , anggeré sinjo oetawa noni momongané banget tresnané . Ngalih teng poendi -poendi diadjak mawon ; nèk boten gelem enggih dipeksa -peksa dikon mèloe , ning bajaré dioendaki . Terkadang manawa momongané empoen gedé oetawa empoen njamboetgawé , enggih boten lali, baboe sing ngroemati dimoeljakaké , digawé seneng . Lah , nikoe batiné wong ngèngèr Landa. Boemi langit bédané kalih prijaji Djawa ."

„ Enggih , koela teka kepéntjoet kroengoe goenem sampéjan . Gèk sinten sing adjeng nglebetaké koela dadi baboe oetawa koki nikoe ?"

- „ Nèk sampéjan njata nggoegoe goenem koela sarta mantep , mangké koela golèk-golèkaké bendara . Koela niki enggih dadi koki , sing koela kawoelani ndara njonjah Jan. Blandja koela sesasi f 10.— mangan djero , olèh sandangan sataoen ping pindo , oleh kamar déwé . Blandja koela sing 3 ringgit koela tjèlèngi . Koela empoen bisa njanțèl-njanțèlaké sandangan lan omah sa pakarangané . Koela enggih doewé bodjo , wong lanang koela dadi djongosé toewan Pieter , nanging pisah teng negara Sida moekti . Mèh saben Minggoe tilik koela mriki , oetawa koela sing mrika . Tjekaké wektoené saniki koela niki saboboté awak koela empoen kena diarani moelja , boten koerang sandang pangan , doewit enggih simpen , omah enggih doewé . Daweg adjeng napa malih. Mangka koela lan bodjo koela boten doewé kabisan sing aloes , pawitané moeng baoe soekoe lan ati temen sarta sregep teng gawé . Nèk poeroen nampa , mangké sampéjan adjeng koela atoeraké teng ndara koela njonjah Jan mawon, dadi koki no . 2 , iḍepiḍep ngréwangi koela . Kira koela sampéjan diparingi blandja 3 ringgit mangan djero , sarta oleh sandangan setaoen ping pindo kaja koela niki . Déné nèk boten gelem nampa , sampéjan adjeng koela atoeraké ndara njonjah Pieters , ndarané bodjo koela ; ming kari walak -walak begdja sampéjan mawon."

„ Enggih, koela manoet sakarep sampéjan , angger betjik dadiné .'

„Ampoen koewatir , sedanten koela sing tanggoeng , sampéjan meroehi betjiké mawon , dawek ta glijak -glijak mangkat, moem poeng tesih rada ésoek ."

-,,Enggih daweg ."

Tijang kekalih ladjeng sami sesarengan loemampah noedjoe dateng grijanipoen njonjah Jan.

Katjarijos njonjah Jan poenika dados agèning koeli kontrak dateng Dèli , nanging ingkang dipoen padosi namoeng koeli - koeli èstri kemawon. Pinten -pinten tijang èstri ingkang sampoen ka bekta dateng Dèli kénging pikatipoen . Kasoegihanipoen saja. ndedel , margi kerep nampi gandjaran saking pangagenging pa kempalan kaboedidajan ing Dèli .

Grijanipoen gedong ageng magrong -magrong saé, doemoenoeng sadjawining kita tebih , pasang rakitipoen prasasat grija setatiran pabrik . Rentjang djaler èstri tjekap katahipoen , gaḍah motor toewin kréta, kapalipoen inggih katah toer saé-saé. Rèntjang rèntjang waoe sadaja sampoen pilihan sami djoelig.djoelig anggèn ipoen nindakaken boedjoek aloes . Mila sadaja tijang ingkang kenging boedjoekipoen rèntjang ngrikoe kaṭah kèloenipoen .

Moerih boten ketawis padamelanipoen ingkang makaten poenika , njonjah Jan njambi njéwa sabin sarta ngoejang pantoen , mila mèh sadaja tijang boten njana jèn ngrikoe poenika panggénan pangalapan , kakinten soegihipoen margi saking anggenipoen dagang pantoen toewin njéwa sabin . Nanging jektosipoen boten ; kasoegihanipoen sarta grija sapirantosipoen poenika mèh sadaja saking pakempalan kaboedidajan ing Dèli .

Sadatengipoen bok Goena sarta bok Prana , njonjah Jan gita metoekakan sarta pitakèn : Bok Goena , terlaloe lama kowé ,, pegi ; kowé bilang tjoema 1 hari , sampé sekarang soedah ada 3 hari ."

-,,Ndara njonjah , minta ampoen sadja , kangen ketemoe sama anak bini . Ini tadi mèh sadja tidak poelang lagi ."

„ Ah bosen , lagi - lagi bilang ketemoe anak bini ; ja ta' djadi apa , asal kowé baik kerdjamoe sadja dan radjin . Kowé bawa orang itoe sapa ?"

„ Ndara njonjah ini saja dapat soedara baroe . Saja liat bersih , dan roepanja atinja baik. Kaloek ndara njonjah soeka , dia maoe saja atoerkan ndara njonjah sadja , bikin koki no . 2 biar ada njang réwang-réwang saja ."

-,, Sapa namanja itoe orang dan apa soedah ada laki ?"

- „ Namanja bok Prana-ardja ; dia soedah ada laki , apa lagi anak , tapi laki dan anaknja sekarang pegi lari semoea . Dari itoe saja kasihan sama ini orang ."

„ Apa boléh dipertjaja ?"

""Boléh ; saja njang tanggoeng , ndara njonjah .”

No , baik saja kasih gadji seboelan f 6 ,- makan sini , dapat pakéan , bésoek saja tambah lagi kaloek pekerdjaannja baik dan radjin ."

Bok Prana-ardja ladjeng dipoen soekani kamar pijambak ing kang pantjèn kanggé seḍijan tijangtijang ingkang kénging pikat, saben tijang satoenggal angsal kamar satoenggal , boten kénging awor , perloenipoen sampoen ngantos tjotjogtjotjogan ginem . Mèh saben dinten kénging katemtokaken angsal tijang . Sadèrèngipoen dipoen angkataken , wonten ingrikoe dipoen bebahi padamelan sadamel -damelipoen , wonten ingkang oembah -oembah , njapoe , nggebeg séndok porok lading , mépé pantoen , nggentang , oen doeh -oendoeh wowohan. Tijang - tijang ingkang sami kénging pikat ketingal seneng , déné boten kirang tedḍa toewin kinangipoen, toer padamelanipoen moerwat, poenapa déné tansah karoban oelat soemèh toewin temboeng manis déning ingkang gaḍah grija . Mila batosipoen sami roemaos begdja , déné tijang mlarat anggoeran ladjeng wonten ingkang njoekani padamelan toewin sandang teda tjekap . Toemrap tijang ingkang gaḍah manah pan djang , patrap makaten poenika mesti njala wadi . Dédé sanak dédé kadang teka poeroen njoekani teda sarta blandja toewin djadjan . Dados sadaja patrap saé ingkang boten pinanggih ing nalar , poenika masți wonten pamrihipoen . Adat saben manawi anggenipoen masang pikat sampoen nglempak 5, njengkanipoen 10 , tijangtijang waoe ladjeng sami dipoen angkataken noempak motor . Bok Prana -ardja wonten ingrikoe saweg pikantoek 3 dinten , tetijang ingkang sami kénging pikat sampoen 10 kalijan pijambakipoen . Ing wantji djam 8 éndjing tetijang waoe sasam poenipoen dipoen sarapi sadaja , njonjah Jan moeroegi panggé nanipoen tijang - tijang waoe sarwi witjanten : ,,Bibi -bibi kabèh , akoe tampa lajang saka sadoeloerkoe ing nagara Sidamoekti , ndjaloek toeloeng njilih batoerkoe sitik -sițiké 10 , perloené dikon ngoendoehi nanas , djeroek, pala, sawo, moesoni kapoek, mépé pari , noetoe , derep 1.1.1 awit dèwèké dadi toewan tanah, sawahé pirang -pirang baoe , keboné ija pirang-pirang baoe . Saiki kekoe rangan wong wadon , marga batoer -batoeré akèh kang pada pamit moelih , tilik anak bodjoné . Déné kowé kabèh ija bakal diwènèhi bajaran, sadinané satali sarta ditjadong pangan sadina ping pindo , apa déné ditjawisi kinang barang . Samangsa -mangsa wis ija rampoeng gawémoe , kowé daksakarep ; bali mréné manèh daktampani , teroes mèloe sadoeloerkoe ija kena . Tijang -tijang " waoe mireng ginemipoen njonjah Jan sami saoer peksi poeroen , namoeng bok Prana -ardja ingkang saoeripoen ragi tjemplang ,awit wonten ingrikoe saweg 3 dinten teka badé dipoen angkataken malih , dados mesți boten saged tentrem manahipoen , sarta boten saged ngambet -ambet doenoenging anak bodjonipoen . Nanging sadaja poenika rèhné sampoen keladjeng , inggih badé dipoen lampahi ;manawi raosipoen boten kraos , badé neda pamit medal , wangsoel dateng grijanipoen njonjah Jan malih oetawi pados padamelan sanès .

Wantji ngadjengaken djam 9motor kekalih sampoem sadija . Tetijang ingkang badé dipoen angkataken ladjeng dipoen tata linggihipoen wonten salebeting motor . Nèng nèng djam 9,motor saja dangoe saja banter sasat boten ngambah wiwit loemampah , siti . Tijang -tijang pikatan waoe kaṭah ingkang seneng , déné salaminipoen boten naté noempak motor ; batosipoen : bèndjing manawi mantoek toewi saḍèrèk oetawi anak bodjonipoen badé pamèr ,manawi sampoen naté ngraosaken noempak motor .

Lampahing motor mampir ing dalemipoen pangageng ingkang mesți nampèni palapoeran kontrakan . Sadaja sami manḍap ngadep pangageng waoe , sami dipoen dangoe poenapa sami poeroen nglampahi padamelan ingkang badé kasanggi . Bawanipoen tijang èstri saking doesoen dipoen dangoe pangageng , boten wonten malih wangsoelanipoen , kedjawi namoeng matoer : poeroen .Na moeng bok Prana ingkang kèndel kémawon , saja dangoe saja boten sakétja manahipoen .

Mripatipoen tansah nolah -nolèh dateng tijang ingkang ngiring aken. Sasampoenipoen rampoeng pandangoenipoen , tijang - tijang sami dipoen préntahi noempak malih, motor bablas ngener dateng dépo , panggénanipoen tjelak palaboehan .

Katjarijos bok Prana saja wewah melang melang manahipoen , samangké sampoen ragi ngraos , manawi kénging ing apoes badé kabekta dateng tanah sabrang . Saoepami sageda , pijambakipoen badé andjlog saking motor nedya loemadjeng . Kekențelaning manah , mangké saoepami medoen saking motor nedya mladjeng . Lampahing motor sampoen doemoegi ing ngadjenging dépo . Grijanipoen ageng , dipoen pageri kawat ri moebeng , kados tjarani poen pakoendjaran. Ingiebet kebak isi tijang pinten-pinten atoes sami pating krintip ing kori , ningali motor ingkang saweg dateng .

Bok Prana saja . tjeța pangintenipoen , manawi kénging apoes ipoen wèrek Deli . Boten saranta , sareng motor sampoen mandeg greg, bok Prana mandap djlog , mbalik wangsoel loemadjeng sipat koeping kalijan toeloeng toeloeng sakajangipoen : „ Toeloeng ! toeloeng ! toeloeng ! akoe diapoesi wèrek, arep digawa menjang Dèli ." Tijang - tijang ing dépo sami tjep kèndel , sadaja tjingak ningali pladjengipoen bok Prana . Wèrek ingkang kedjibah ngi ringaken trangginas noetoeti pladjengipoen . Tjiptanipoen : „Pira banggané wong wédok, mangsa ngantia ngendokaké saboekkoe . Katogna plajoemoe , ara woeroeng ja ketjandak , toer bakal lara awakmoe , remoek déning kenoetkoe ."

Katjarijos ing pinggir margi katah tijang djaler èstri saking mantja nagari perloe nglari sanak saçèrèk oetawi anakipoen ingkang sami itjal kabekta wèrek Tetijang waoe sami ngoelat oelataken bokmanawi ingkang dipoen lari waoe ketingal , nanging anggenipoen ngentosi tanpa wasana . Mila manahipoen saja dangoe saja bebek , djèngkèlipoen goemolong dados satoenggal dateng kalakoeanipoen wèrek . Saoepami soemerepa dateng woedjoedipoen wèrek , batosipoen masți leboer déning kepelanipoen , tékadipoen begdjan -begdjan poendi ingkang rebah roemijin . Nalika tijang tijang wane pating klesik omong omong prakawis poenika , mireng tijang toeloeng - toeloeng margi dipoen apoesi wèrek . Djenggirat sami ngawasaken leresing swara, soemerep tijang èstri kaboe djeng tijang djaler , sadaja nginten manawi ingkang mboedjeng poenika wèrek, pramila boten sabar malih bjoek watawis tijang djaler 10 sami ngadang -adangi pamboedjengipoen wèrek. Ingkang dipoen aḍang -adangi moering -moering , ngobat -abitaken kenoeti poen , ngèngingi salah satoenggalipoen ingkang ngadang -adangi . Bawanipoen tijang sampoen ngandoet pangigit - igit, mangka ing kang dipoen igit igit poenika waoe sampoen kepanggih , katik mentoeng roemijin , mila nir baja nir wikara nradjang poeroen , anggeloet dateng wèrek . Makaten oegi tijang sanèsipoen inggih sampoen lami anggenipoen ngantjam-antjam dateng wèrek , pra mila sadaja kemawon poeroeging biti lan pentoeng doemawah 3 Roman ardja.

dateng badanipoen wèrek, kenoet karèt ingkang dipoen tjepengi wèrek karebat kadamel moepoeh ingkang gajah . Wèrek ambroek ing siti , namoeng kantoen keteg kémawon , badanipoen sakodjoer goebrah rah , sasat sampoen itjal sipatipoen . Boten antawis dangoe poelisi dateng , njapih anggènipoen sami nangani . Wèrek dipoen takèni sampoen boten saged soemaoer . Tetijang sami ngaken , pantjèn sampoen lami anggènipoen ngintjim - intjim badé nglabrag wèrek. Karampoenganipoen wèrek kabekta dateng grija sakit, tetijang ingkang sami nangani dipoen bekta dateng kaḍistrikan . Pladjengipoen bok Prana-ardja teroes dateng aloen -aloen , sedya nipoen badé mlebet dateng dalem kaboepatèn njoewoen panga oeban ingkang boepati.

VI. Mareming manah .

Gentos katjarijos lampahipoen pak Prana-ardja, ingkang nilar balé grija sarta anak bodjonipoen , soemedya késah ngoepados pedamelan . Saoepami pijambakipoen pamitan ingkang èstri temtoe boten pikantoek , déné aroengan kasoesahan warni -warni . Mila tékadipoen inggih tanpa pamit késah ing wantji daloe . Lampah ipoen ngener mangilèn boten mawi kèndel . Ing wantji djam 11 sijang lèrèh wonten sapinggiring margi , linggih ing panggénan ingkang ajom: manah manah poendi ingkang badé dipoen djoedjoeg .

Bawanipoen nedeng -neḍenging bentèr, toer pak Prana -ardja waoe saking grija dèrèng klebetan poenapa -poenapa , mangka loe mampah tebih, mila wetengipoen ngongkloh , gorokanipoen garing. Lingak - lingoek badé ngombé boten wonten toja, dilalah soemerep teboe salondjor goemléṭak ing tengah margi . Pak Prana-ardja trangginas mendet teboe ingkang goemléṭak waoe , teroes dipoen sesepi kraos nikmat . Loewé sarta ngorongipoen prasasat itjal déning teboe waoe . Sareng anggénipoen nesepi telas satengah londjor , wonten politie-dienaar bangsa Timoer kekalih moeroegi panggénanipoen pak Prana-ardja , witjanten sarwi toedang - toeding : ,,Ini orang tjoeri teboe ! ini orang tjoeri teboe ! ajo tangkap." Pak Prana ngétja -étja anggènipoen nesepi , boten ngertos manawi kénging dakwa, ngertosipoen sareng teboenipoen dipoen reboet sarta dipoen tjepeng tanganipoen . Pak Prana-ardja pitakèn : "

-,,Saja ini maoe diapaken ?

Kowé tjoeri tebce pabrik, mesti saja tangkap , saja bawa 27 diroemah Assistent Wedana !

O saja tidak tjoeri 27 !"

""Apa , kowé moekir ? Ini teboe jang kowé makan dari mana ? Ini terang teboe pabrik ."

-Ini saja nemoe disitoe . Saja tidak tjoeri ."

27 Banjak tjingtjong ! Ajo toeroet saja ; kapan kowé dakmaoe , saja poekoeli orang doea ."

Pak Prana -ardja roemaos boten saged mbantah ginemipoen politie -dienaar kalih waoe , sarta mesti boten saged nanggoelangi , mila inggih ladjeng manoet -mitoeroet kémawon , tangan kiwa tengen dipoen dabjang poelitie-dienaar kalih , kabekta dateng kaonderan ; tirahan teboe sarta koelit inggih kabekta kadamel boekti .

Menggah teboe ingkang dipoen panggih pak Prana waoe njata manawi teboe pabrik . Wontenipoen gléṭakan ing margi poenika kilap dawah saking grobag , kilap pasangan .

Politie -dienaar poenika abdinipoen Kangdjeng Goepermèn . Rinten daloe giliran kabantokaken dateng kebon teboe , margi saking panedanipoen toewan pabrik . Manawi pinoedjoe djagi kebon teboe inggih tampi pasangon saking pabrik, saroepijah tijang satoenggal ing sadinten. Manawi saged njepeng tijang njolong teboe oetawi mbesmi kebon teboe inggih pikantoek gan djaran samoerwatipoen . Saoepami njepeng kados pak Prana waoe masti tampi gandjaran saroepijah . Sadaja poenika ingkang ngedal aken jatra inggih pabrik . Mila para politie -dienaar ingkang kabantokaken ndjagi kebon teboe tjag-tjeg kerep njepeng tijang, margi mélik gandjaran. Pak Prana lastantoen kabekta dateng kaonderan , dipoen dangoe assistent -wadana saperloenipoen . Sa nadjan pak Prana -ardja kipa-kipa roemaos boten njolong teboe , ngaken manawi manggih , nanging inggih masti klebet ing rélas , djalaran keboektèn poenapa malih dédé tijang bawah negari ngrikoe . Pak Prana loemados ing rol tampi oekoeman 8 dinten wonten ing pakoendjaran Sidamoekti . Raosing manahipoen pak Prana angles , bajoe kados dipoen lolosi, dangoe -dangoe moepoes .

Sereng sampoen nglampahi oekoeman 8 dinten , pak Prana ardja medal saking pakoendjaran . Rangoe -rangoe manahipoen kèngetan anak bodjo ingkang dipoen tilar ; nanging ladjeng dipoen sesoepé , batosipoen badé noehoni djandji , nedya ngla djengaken tékadipoen bebara njamboetdamel kanți temen -temen . Oekoeman ingkang nembé doemawah ing badanipoen dados wewoelang, mewahi pangatos atosipoen . Sedyanipoen pak Prana ardja badé dados koeli sepoer ing setatsijoen Manggihardja. Mila samedalipoen saking pakoendjaran , inggih ladjeng dateng setatsijoen Manggihardja, adang -adang bokmanawi wonten tijang ingkang mbektakaken barang -barang .

Setatsijoen Manggihardja poenika ramé , dados babagan prati gan margi sepoer , mila sadinten -dinten tansah kebak tijang ing kang badé kekésahan oetawi mandap toewin gantos sepoer . Pak Prana -ardja gadah sedya gantos nama pak Kartadrana . Sanadjan koeli -koeli ingkang sami njamboetdamel ingrikoe kafah sanget , pak Kartadrana inggih boten kapinten , saged angsal pandoeman bebektan barang . Watekipoen pak Kartadrana sabar lan nrimah boten naté mangsoelaken épahan , paribasan dipoen épahi sabribil inggih dipoen tampèni, malah manawi wonten tijang sepoeh ingkang wangoenipoen mlarat ketoejoek -ketoejoek mbekta barang ipoen , pak Kartadrana boten manah barangipoen tijang sanès , namoeng perloe noeloengi mbektakaken barangipoen tijang sepoeh waoe sarta kaprenahaken ing panggénan ingkang prajogi , oetawi katedahaken sepoer ingkang badé dipoen toempaki, toer boten poeroen manawi dipoen épahi , éklas anggènipoen tetoeloeng . Manawi pak Kartadrana manggih barang kantoen , ladjeng dipoen atoeraken toewan chef , djindja lelampahan ingkang sampoen kelampahan . Sanadjan wonten teteḍan tirahan sangoenipoen tijang ingkang noempak sepoer , babar pisan boten poeroen ngemèk , agengipoen neḍa .

Watek ingkang makaten waoe dados pangalemanipoen bakoel bakoel oetawi djoeragan djoeragan ingkang wira -wiri noempak sepoer ingrikoe . Mila sampoen lajak kemawon pak Kartad rana waoe dados lenggananipoen djoeragan -djoeragan oetawi bakoel -ba koel ; sanadjan namoeng mbekta barang ingkang èntèng oetawi pantes dipoen bekta pijambak meksa dipoen soekakaken pak Kar tadrana kapoerih mbektakaken . Toewan chef sarta para condecteur inggih sami ngjektosi wewatekanipoen pak Kartadrana , déné kerep manggih barang -barang boten poeroen ngepèk . Sarèhning sampoen kasoemerepan temenipoen , kala-kala kapoerih toemoet djagi setatsijoen oetawi goedang ing wantji daloe kanți épahan moerwat. Angsal -angsalanipoen ngoeli ing saben dintenipoen ragi loemajan, ingkang kateḍa samoerwatipoen kémawon satirahipoen ingkang kateḍa kaklempakaken .

Wiwit kala samanten gesangipoen pak Kartadrana ragi mrintis malih, manahipoen ragi tentrem, déné sakeḍik-sakeḍik sampoen saged njèlèngi , tjiptanipoen badé kaleksanan ingkang dados ès tining manah.

Katjarijos Moeljana kabekta dateng grijanipoen toewan pandita ing nagari Sendangmoelja . Toewan pandita ladjeng njebar serat dateng prijantoen pangrèhing pradja ing nagari poendi poendi , neda toeloeng bokmanawi kampoeng oetawi doesoen bawahipoen kanggénan tijang nama pak Prana-ardja , kapoerih soeka soeme rep . Let sawatawis dinten toewan pandita waoe tampi wangsoelan, soeraosing serat -serat sami njeboetaken , manawi tijang nama pak Prana-ardja ing bawahipoen boten wonten . Toewan pandita la djeng taken dateng Moeljana :

-,,Moeljana , iki akoe wis oleh wangsoelan lajang pirang-pirang , nélakaké jèn bapakmoe ora ana . Saiki kaprijé karepmoe .'

-Toewan, manawi boten saged pinanggih toemoenten , inggih koela srantosaken béndjing-béndjing."

-,, Lah , kowé apa arep moelih menjang omahmoe ."

,, Saoepami koela mantoek, sinten ingkang mragadi sekolah - koela, mestinipoen anggèn koela sakolah ladjeng boten saged teroes , awit kapoerih rentjang-réntjang embok anggenipoen sadéan kemawon ."

Toewan pandita sareng mireng ginemipoen Moeljana makaten ragi trenjoeh ing manah , batosipoen nedya mitoeloengi .

,,Moeljana , jèn karepmoe mangkono , kowé anaa ing kéné baé, akoe kang bakal njekolahaké , toer sekolahané loewih doewoer tinimbang sekolahanmoe bijèn . Kowé jèn sekolah kéné bakal di woelang tjara Walanda , matja lajang - lajang kang apik banget soerasané ."

— ,, Koela nḍèrèk karsanipoen toewan kemawon, sok oegi koela saged sekolah malih ."

-,, Ija , adja koewatir , akoe sing bakal njekolahaké."

Let sawatawis dinten Moeljana ladjeng kalebetaken pamoelang an Holl . Jav . school met de Bijbel ing nagari ngrikoe . Moeljana ketingal bingah manahipoen , déné sekolahanipoen langkoeng saé, langkoeng ageng sarta katah sanget gambargambaripoen . Goe roenipoen kaṭah : Walandi sarta Djawi . Sarèhné Moeljana poenika dasaripoen pantjèn laré lantip toer pantjèn saé pambekanipoen , mila inggih ladjeng ondjo kemawon kasagedanipoen , dados panga lemaning para goeroe .

Toewan pandita saja lami saja tresna dateng Moeljana , kabekta saking pasemonipoen ngresepaken , sregep ing damel sarta resikan, boten naté dolan . Ingkang dipoen oedi namoeng sinaoe sarta pa damelan ing grija : wonten kémawon ingkang dipoen tindakaken . Moeljana saben taoen minggah pangkat ; kasagedan , kalakoean sarta kasregepanipoen dados pangaleman , adjeg doemawah nomer satoenggal . Lami -lami Moeljana ngertos , jèn ingkang dipoen soewitani poenika imamipoen agami Kristen , sarta kerep ngra soekaken tijang Djawi mlebet dateng agami Kristen . Déné pamoelangan Holl . Jav . school met de Bijbel poenika inggih sambet kalijan agami . Nanging tékadipoen Moeljana , sadaja agami sami noenggil kadjeng dateng kasaénan , namoeng kantoen milih poendi ingkang dipoen antepi .

Nalika ndoengkap ing klas 6, oemoeripoen Moeljana 13 taoen , roemaos manawi wantjinipoen tetak . Mila ing satoenggiling dinten noedjoe sela ing damel matoer dateng toewanipoen , njoewoen dipoen tetakaken . Toewan pandita mangsoeli , badé mitoeroeti ingkang dados panjoewoening anakipoen emas (poepon ), djalaran boten poeroen meksa akèn nilar adatipoen Djawi .

Ngadjengaken woelan liboeran, toewan pandita ndatengaken dokter Djawi kapoerih netaki Moejana . Sasampoenipoen pari poerna sadaja , toewan pandita ladjeng karsa omong -omong kalijan dokter Djawi , njarijosaken lelampahanipoen Moeljana wiwit kapoepoe ngantos samangké ; mèh sadaja padamelan ingkang katindakaken Moeljana damel leganing manahipoen ingkang akèn .

Sareng sampoen sawatawis dangoe anggènipoen omong -omong ladjeng sami bibaran.

Samangké gentos njarijosaken Moeljani , ingkang kapindah nama rara Soebekti . Sareng sampoen wantjinipoen sekolah ladjeng kalebetaken sekolah H. I. S.

Pangrengkoehipoen radèn ngantèn mantri goeroe boten mantra mantra bilih anak poepon , sampoen kados anak anggènipoen jejoga pijambak kémawon, makaten oegi ingkang raka. Kasagedan , kalakoean sarta kasregepanipoen rara Soebekti boten béda kalijan Moeljana, pramila goeroenipoen Walandi Djawi inggih toemoet tresna .

Oemoer 13 taoen rara Soebekti sampoen doemoegi ing pangkat 7. Kedjawi sinaoe bab kasagedan wonten ing pamoelangan , inggih kagoelang padamelan njongkèt olah -olah sarta tata -krama Djawi . Sadaja ingkang dipoen woelangaken saged nampi sarta dipoen éstokaken kalijan temen -temen . Panganggepipoen rara Soebekti dateng rama-iboe angkat inggih sampoen kados tijang sepoehipoen pijambak .

Gentos katjarijos bok Prana-ardja , nalika kaboedjeng ing wèrek boten mawi tolèh wingking , bablas dateng aloen -aloen loemebet ing dalem kaboepatèn . Pandjenenganipoen ingkang boepati pi noedjoe lenggah ; sareng priksa pladjengipoen tijang èstri saking aloen aloen loemebet dateng dalem kaboepatèn , ingkang boepati nginten manawi poenika tijang édan , mila ladjeng nimbali abdi oepas ndikakaken ngadang -adangi . Nanging sadèrèngipoen oepas dateng , bok Prana-ardja sampoen doemoegi ing kantoran ladjeng ambroek tjelak ingarsanipoen ingkang boepati kalijan sambat sambat njoewoen toeloeng sarta njoewoen pangaoeban . Witjan tenipoen poenika kalijan pegat -pegat déning nembé mladjeng asipat koeping. Ingkang boepati djoemeneng , njelaki dateng bok Prana-ardja kalijan ngandika : „Kowé koewi sapa , teka -teka bandjoer ambroek sarta sambat -sambat . Apa kowe lara ?"

Oendjoekipoen bok Prana-ardja : „Addidalem nama bok Prana ardja, gerija ing nagari Magersari. Mila abdidalem ngantos doemoegi ing ngarsa dalem poenika , moela -boekanipoen abdidalem nglari anak sémah ingkang kesah tanpa pamit. Wasana abdidalem kaboedjoek ing wèrek Dèli , mèh kemawon kabekta dateng sabrang , raha joenipoen dèrèng pinarengaken ing Goesti , abdidalem saged oewal saking tanganipoen wèrek , wiloedjeng saged doemoegi ingarsadalem ngriki poenika."

Ingkang boepati welasan ing panggalih , rena sanget paring pi toeloengan dateng sok tijanga ingkang nandang kasoesahan oetawi manggih roebéda . Mila sareng midangetaken oendjoekipoen bok Prana ardja, inggih kagoengan karsa maringi pitoeloengan ing saperloenipoen . Pangandikanipoen : „Loengané bodjomoe ikoe ka pan , lan apa barengan karo anakmoe ? Généa kowé nganti ora

3. Bok Prana mlebet ing dalem kabcepatèn .

weroeh ?" Bok Prana-ardja ladjeng ngatoeraken sadaja lelampa hanipoen . Ingkang hoepati saja trenjoeh ing panggalih mirenga ken oendjoekipoen bok Prana -ardja poenika , pangandikanipoen : 59 Wis, ta, wiwit dina iki kowé dak koekoep ana ing kaboepatèn kéné . Déné bab prakara anakbodjomoe , mengko jèn ana warta ingendi doenoengé daktimbalané. Sadoeroengé ketemoe , kowé anaa ing kaboepatèn kéné baé, dakdadèkaké emban ngemong anakkoe loro , lanang wadon, R. M. Soewarna lan R. A.Soewarni ."

Oendjoekipoen bok Prana-ardja sandika .

Menggah ingkang boepati poenika poetranipoen inggih namoeng kalih waoe , ingkang sepoeh R. M. Soewarna oemoer 7 taoen lan R. A. Soewarni ingkang enèm oemoer 6 taoen , kalih pisan sampoen sami loemebet ing pamoelangan Walandi . Sawangsoel ipoen saking pamoelangan ladjeng sami dipoen timbali , kaparingan emban malih ingkang ngeteraken sarta metoek sekolah . Poetra kekalih sanadjan taksih alit sampoen gaḍah welas ing sesami ngèmperi panggalihipoen ingkang rama iboe , boten naté gaḍah patrap njawijah dateng abdi -abdi kados tjaranipoen poetra panga geng sanèsipoen .

Katjarijos bok Prana-ardja wonten ing dalem kaboepatèn dipoen ketog kasregepanipoen . Padamelan ingkang kaḍawoehaken dipoen èstokaken kalijan temen -temen . Anggènipoen ngembani dateng poetra kalih dipoen atos -atos sanget . Saja lami ingkang boepati sakalijan saja remen mriksani padamelanipoen bok Prana -ardja, makaten oegi poetra kekalih gaḍah tresna oegi dateng emban énggal , lami lami malah boten poeroen pisah . Sadaja ladosanipoen poetra kekalih , bok Prana ingkang njratèni .

Bok Prana -ardja roemaos pikantoek djampi bab itjalipoen Moel jana lan Moeljani , marem ing manah déné ingkang dipoen embani poenika ageng sarta oemoer -oemoeranipoen prasasat sami kalijan anakipoen , toer mbangoen toeroet .

VI. Saéning pawong mitra .

Boten katjarijos rerontjèning lampah . Moeljana sareng sam poen doemoegi ing pangkat 7 dipoen rembagi loerahing pamoe langan kapoerih ngladjengaken sinaoenipoen dateng pamoelangan O. S. V. I. A. oetawi Mulo , awit éman -éman saoepami namoeng kandeg tamat ing pamoelangan H. I. S. kémawon, déné kawon tenaning larénipoen ketingal pepak tjandranipoen saged , saé ing boedi sarta kesarasan . Moeljana sareng mireng rembaging goeroe nipoen makaten , ageng manahipoen , daja -daja énggala kaleksanan loemebetipoen dateng pamoelangan ingkang langkoeng inggil . Nanging sarehning sadaja poenika dados tetanggelanipoen toewan pandita , mila Moeljana kepeksa matoer dateng goeroenipoen : ""Toewan , padjenengan boten kekilapan , bilih koela poenika wonten ing gegebenganipoen toewan pandita. Mila manawi ndadosaken danganing panggalih pandjenengan , inggih sampoen tanggel - tang gel , karsaa ngijati matoer babarpisan dateng toewan pandita ."

Goeroenipoen mangsoeli : Prakara ikoe ja wis dakpikir , masti ora bakal mlèsèd ; apa manèh pamoelangan kéné iki sasat ana ing astané toewan pandita."

Moeljana matoer : Manawi makaten karsanipoen toewan , koela inggih sakelangkoeng bingah, sanès dinten koela nedya matoer ingarsanipoen toewan pandita ."

Let sawatawis dinten Moeljana ngadep toewan pandita boten sarana katimbalan . Toewan pandita mèsem , ngandika dateng Moeljana : „Tolé Moeljana, ana perloené apa kowé ketemoe akoe ora kelawan dakoendang ."

-,,Toewan, moegi sampoen ndadosaken kageting panggalih , déné koela ngadep boten mawi dipoen timbali . Sajektosipoen koela badé gadah atoer ."

„ Ija , kowé arep kanda apa?”

- „ Sadèrèngipoen koela matoer koela kepeksa nglahiraken geng ing panoewoen koela, menggah sih pandjenengan nggoelawentah badan koela ngantos samangké poenika . Sarèhning koela roemaos boten saged males kasaénanipoen toewan, mila koela namoeng pitados ing Goesti ingkang moerbèng alam , poenika ingkang badé malesakan ."

- „Moeljana , akoe moeng sadarma nglakoni dawoehing Goesti . Ingaoerip ikoe kang perloe koedoe tetoeloeng marang sapada padaning toemitah."

-,, Sasampoenipoen poenika , sarèhning koela dèrèng marem dateng kasagedan koela sapoenika , manawi pandjenengan kepareng sarta ndadosaken danganing panggalih , nijating manah koela badé ngladjengaken sinaoe malih ingkang langkoeng inggil . Sadaja . poenika koela pasrah dateng pandjenenganipoen toewan."

-Toewan pandita nalika samanten sampoen tampi rembagipoen loerahing pamoelangan prakawis Moeljana poenika, ing panggalih pantjen nedya mitoeroeti dateng kreketing pikadjenganipoen . Moeljana . Nanging ingkang dipoen angka -angka toewan pandita, sageda Moeljana ngladjengaken dateng pamoelangan Kweekschool ingkang sambet kalijan agami Kristen . Mila pangandikanipoen makaten :

99 Pamoelangan apa kang dadi enering atimoe ,"

,, Ingkang koela impi - impi namoeng kalih , inggih poenika Osvia - oetawi Mulo .”

„ Apa ora prajoga neroesaké marang pamoelangan Kweekschool baé , awit besoek bisa dadi goeroe bisa nenoentoen oetawa ngeder widji betjik marang botjah-botjah, kang wekasané bisa dadi wong oetama ?”

27Boten toewan ; manawi kepareng kekah koela njoewoen mleblet dateng salah satoenggiling pamoelangan waoe ."

-,,Apa moelané kowé kedereng mleboe menjang pamoelangan koewé ?"

-,,Inggih medal saking angen -angen koela pijambak , djalaran kepéngin sinaoe ngèlmoe pangrèhing pradja oetawi babagan pangadilan sawatawis , dados saged njoemerepi oetawi mbédakaken adiling angen -angen kalijan adilipoen pantjasaning prakawis ingkang mendet saking serat wèt oetawi angger angger . Déné manawi mlebet dateng pamoelangan Mulo saged djembar teba nipoen , déné saged ngladjengakan dateng sadaja pamoelangan ingkang langkoeng inggil ."

Toewan pandita manțoek-mantoek margi kepranan panggalih ipoen . Menggah karsanipoen toewan pandita, Moeljana badé kalebetaken pamoelangan Osvia , awit poenika ingkang mawi internaat prajogi sanget toemrap laré-laré ingkang sami sinaoe .

Tjekaking lampah, sareng Moeljana sampoen tamat anggenipoen sinaoe wonten ing pamoelangan H I. S. ladjeng kalebetaken ing pamoelangan Osvia , sadaja kabetahanipoen : toewan pandita ingkang nanggel . Kala samanten poetranipoen ingkang boepati nama R. M. Soewarna sampoen tamat sinaoenipoen wonten ing pamoelangan Walandi , inggih ladjeng kateroesaken loemebet ing pamoelangan Osvia , noenggil panggénan sarta pangkat kalijan Moeljana.

Katjarijos R. M. Soewarna sarta Moeljana, anggenipoen sinaoe wonten pamoelangan Osvia rebat oenggoel , laré kalih poenika sasat giliran anggenipoen dados No. 1. Sampoen katjeta ingadjeng jen pambekanipoen R. M. Soewarna poenika ngèmperi ingkang rama iboe , inggih poenika ambek welasan sarta remen tetoeloeng dateng sesaminipoen ingkang manggih roebéda . Boten naté njawijah dateng tijang, sadaja kantjanipoen moerid ing Osvia . ngrikoe dipoen aosi , boten mawi pilih -pilih .

Asmanipoen R.M. Soewarna aroem ngebeki salebeting pamoe langan ngrikoe . Dasar poetra boepati bagoes ing warni , lantip ing panggraita, taberi saé ing boedi , ngantos wonten oengel oengelan . R.M. Soewarna bagoes satoengkaké . Kantja -kantjanipoen R. M. Soewarna wonten satoenggal ingkang sanget anggènipoen goelet , inggih poenika Moeljana. Angger tijang soemerep R. M. Soewarna mesti asesarengan kalijan Moeljana . Pamitranipoen laré kalih poenika saking soepeketipoen prasasat kados sedèrèk saès toe , malah kepara ngoengkoeli . Wewatekanipoen inggih mèh sami , mila tresnaning kantja -kantjanipoen inggih mèh sami kémawon kalijan panganggepipoen dateng R. M. Soewarna , namoeng kaot R. M. Soewarna asring sanget mbroewah mbingahaken kantja kantjanipoen , mila inggih langkoeng dipoen loeloeti . Menggah goeroe -goeroe ing pamoelangan ngrikoe sadaja tresna dateng

R. M. Soewarna lan Moeljana , awit kalih -kalinipoen sami adamel mereming manahipoen para goeroe . Malah katah para goeroe goeroenipoen ingkang asring raosan : salaminipoen dados goeroe dèrèng naté mranggoeli laré ingkang kados makaten saénipoen . Angger wonten papriksaan, laré kalih poenika dipoen pamèr pamèraken . Kala -kala toewan pendita dateng pamoelangan Osvia pinanggih kalijan directeur pamoelangan ngrikoe, nakèkaken ka wontenanipoen Moeljana. Toewan pandita mireng tjrijosipoen toewan directeur sanget rena ing manah .

Manawi pinoedjoe liboeran ageng , laré-laré sami mantoek, nanging Moeljana dipoen tahan ing directeur oetawi ing grijaning goeroe sanèsipoen terkadang inggih mantoek dateng dalemipoen toewan pandita.

Samangké moenggel tjarijosipoen Moeljana, gentos njarijosaken lelampahanipoen rara Soebekti , sareng sampoen tamat sinaoenipoen ing pamoelangan HIS. ladjeng toemoet examen ing pamoelangan Kweekschool . Rara Soebekti saged loeloes examenipoen , malah doemawah nomer ondjo . Mantri -goeroe nagari Sinom , inggih poenika bapakipoen angkat rara Soebekti , sowan dateng dalemipoen toewan directeur Kweekschool , masrahaken anakipoen èstri poepon , matoer karsaa mondokaken dateng grijaning salah satoenggilipoen goeroe . Toewan directeur dawoeh , rara Soebekti badé dipoen pondokaken ing dalemipoen pijambak , nanging manawi koewa gang bapakipoen kaḍawoehan mewahi wragading pondokan , awit boten njekapi saoepami ngemoengaken bajaranipoen moerid Kweekschool kémawon. Bapakipoen angkat rara Soebekti njan dikani . Lestantoen rara Soebekti sinaoe wonten ing pamoelangan Kweekschool . Lantipipoen boten béda kalijan kakangipoen , ngantos kantjanipoen laré djaler sami éring . Saja lami sangsaja madjeng menggah ing kasage lanipoen, kasemboeh wonten ing directeuran, dados saben dinten dipoen toentoen ing ngèlmoe kasoesilaning adat-adat Walandi déning njonjah directeur , terkadang dipoen adjak sandja dateng pitepanganipoen Walandi . Rara Soebekti prasasat moempoeni kridaning tatatjara Djawi sarta Walandi , djalaran alit mila dipoen toentoen déning radèn ngantèn mantri goeroe ing Sinom, sarta sareng ngangkat ageng dipoen toentoen njonjah directeur , wewah-wewah kerep maos serat bibliotheek , ingkang ngemot soesilaning lampah pawèstri Rara Soebekti dados. sekaripoen pamoelangan Kweekschool , saja lami saja ketingal pamoripoen, dedeg piadegipoen pideksa . pakoelitanipoen djené nemoe giring , sadaja wewidjanganing badan sarwa sembada kalijan dedeg piadegipoen , toer kasagedanipoen ngoengkoeli para kan tjanipoen sadaja .

Katjarijos R. A. Soewarni anggenipoen sekolah sampoen tamat, ladjeng neroesaken sinaoe wonten ing pamoelangan Mulo ingkang noenggil nagari kalijan rara Soebekti . Menggah pondokanipoen

R. A. Soewarni waoe wonten ing grijaning goeroenipoen . Sa rèhning poetra boepati mila inggih boten kekirangan samoedajan ipoen . Pangrimatipoen ingkang dipoen pondoki sanget angatos atos kados anakipoen pijambak . Njonjah goeroe inggih sakelang koeng ngela -ela dateng R. A. Soewarni waoe déning karoban ing ragad kaṭah . Solah bawanipoen R. A. Soewarni sampoen sadjak Walandi , djalaran awit alit mila pamardinipoen tjara Europa, nanging prakawis tatatjara Djawi inggih boten dipoen sesoepé . Kalantipanipoen boten siwah kalijan ingkang raka R. M. Soewarna , malah R. A. Soewarni saged tjara Inggris , Franch , sarta Duitsch sakeḍik-sakedik. Bab ing warni inggih pinoendjoel , mila pantes manawi dados odjat . Panganggénipoen taksih tjara nonah .

Noedjoe satoenggiling mangsa , ing nagari ngrikoe badé damel fancy-fair (peken darma ) , angsal -angsalanipoen badé kadarmakaken nagari ingkang ketradjang ing bebaja sarta kadarmakaken ing satoenggiling pamoelangan èstri . Ingkang kadamel adjangipoen fancy-fair ing Kweekschool . Para moerid-moerid èstri kapoerih mbikak wandé warni -warni manoet pranataning Commissie, sarta sadé sekar-sekaran , rara Soebekti minangka pangadjengipoen . R. A. Soewarni sarta moerid -moerid èstri Djawi ing pamoelangan Mulo inggih sami dipoen oelemi kapoerih sesadéan ngempali moerid-moerid Kweekschool èstri . R. A. Soewarni inggih dados pangadjeng nampi tamoe -tamoe njonjah oetawi prijantoen poetri poetri.

Fancy -fair poenika ngantos 5 dinten laminipoen kanți wiloedjeng. Para toewan-toewan sarta prijantoen ageng -alit toewin tijang sanès -sanèsipoen ing mantja nagari katah ingkang sami mer lokaken rawoeh dateng ing fancy -fair ngrikoe . R. A. Soewarni lan rara Soebekti dados kembang lambénipoen tetijang djaler èstri ingkang sami ningali , déné laré kalih sasat kembar ing warni toer sami soelistya, tandang - tandoekipoen pasadja boten ngéwak-éwakaken . Wiwit kala samanten R. A. Soewarni kalijan rara Soebekti apawong mitra , raketipoen inggih kados sadèrèk sinarawèdi , kerep sandjan -sinandjan. Menawi dinten Minggoe oetawi liboer , kala-kala sami ngénggar -énggar manah , noempak motor dipoen emong déning njonjah directeur pamoelangan Kweek school oetawi njonjah goeroe pamoelangan Mulo, neningali peda melan oetawi tetingalan ing salebetipoen kita ingkang sambet *kalijan kagoenanipoen tijang èstri . Makaten saladjengipoen ngantos kenja kekalih waoe doemoegi ing pangkat nginggil .

Nalika rara Soebekti doemoegi ing pangkat 6, R. A. Soewarni doemoegi ing pangkat 4 , dados sampoen mèh sami déné wan tjinipoen tamat pasinaonipoen .

Ingkang boepati ing negari Sidamoekti badé ngadani pamoelang an Kartini , Nalika ngempalaken para prijantoen sarta para tijang partikelir sanèsipoen , medaraken pangandika badé damel Kartini vereeniging, ingkang toedjoenipoen ngedegaken pamoelangan Kar tini . Sadaja ingkang sami ngempal ing dalem kaboepatèn asaoer peksi roedjoek sanget dateng karsanipoen ingkang boepati , déné sampoen nglenggahi djamanipoen , sapoenika ing poendi -poendi panggénan laré èstri sami amboedi kasagedan , nélad tatatjara nipoen tijang kilénan . Kartini vereeniging kelampahan dados toer lidipoen kaṭah sanget . Para toewan toewan sarta tijang ingkang soegih -soegih kaṭah ingkang sami mandjoeroeng arta kanggé adeg ipoen pamoelangan Kartini poenika . Tjekaking rembag woelang anipoen dipoen sami kalijan pamoelangan H. I. S. , mila ladjeng dipoen namakaken Holl . Kartini school . Loerahing pamoelangan inggih kedah milih njonjah getawi nonah ingkang njepeng Hoofd acte . Sadaja sampoen kaleksanan saha sampoen mirantos . Ing kang minangka pambantoenipoen R. A. Soewarni ingkang sam poen tamat saking pamoelangan Mulo. Nalika wiwit mbikak pamoelangan , toemplek blek para pangageng . Walandi Djawi kakoengpoetri sarta tamoe -tamoe sanèsipoen sami rawoeh ndje nengi . Ingkang mbikak pangandika pandjenenganipoen ingkang boepati , sinambetan déning toewan resident sapitoeroetipoen , sadaja sami memoedji soepados saged kaleksanan kanți wiloe djeng poenapa ingkang dados idam - iḍamanipoen para ingkang sampoen nglenggahi djaman kamadjengan.

Sawoelan kalih woelan moeridipoen sampoen ketingal madjeng sarta tansah mindak mindak tjatjahipoen , ngantos kekirangan goeroe . Mila ladjeng matjak dateng advertentie , pados goeroe ès tri malih ingkang gaḍah akte saking Kweekschool , blandja kadamel langkoeng saking kalimrahanipoen goeroe Gouvernement , pikan toek grija lelahanan kanti rawatan saé .

Mantri goeroe Sinom sareng maos advertentie poenika batos ipoen mélik , mila ladjeng sami rembagan kalijan ingkang èstri sarta rara Soebekti . Sadaja sami rembag , let sawatawis dinten nglampahaken panglamar. Kedadosan dipoen tampi kanți renaning manah, Rara Soebekti dipoen panggènaken ing grija salebetipoen tjapoeri kaboepatèn . Sarèhning waoe waoenipoen sampoen tepang saé kalijan R.A. Soewarni . mila kados poenapa bingahipoen laré kalih poenika : boten nginten manawi saged ngempal makaten. Bok Prana -ardja abdi kaboepatèn kinasih taksih lastantoen ngla dosi ing dalem kaboepatèn , ndèrèk bingah déné momonganipoen R. A. Soewarni sampoen rampoeng anggenipoen sinaoe toer ladjeng njamboet damel ing dalemipoen pijambak . Samangké bok Prana ardja ngladosi kenja kakalih , R. Adjeng Soewarni lan rara Soebekti . Boten nginten babarpisan manawi rara Soebekti poenika anakipoen pijambak , awit pisahipoen wiwit oemoer 5 tahoen , ngantos sapoenika oemoer 19 taoen , sesipatan sasat sampoen malih babar pisan, awit samangké sampoen di wasa wah kesembadan . Poenapa malih rara Soebekti manawi dipoen takèni inggih ngaken anakipoen matri -goeroe Sinom . Bok Piana ardja tresnanipoen dateng kenja kekalih sami kemawon, malah manawi ningali rara Soebekti medal welasipoen sarta keraos -raos kèngetan anakipoen ingkang itjal . Inggih poenika bawanipoen tjoewilan dagingipoen pijambak .

VIII. Soetjining manah .

Mangsoeli tjarijos ingkang sampoen : Grijanipoen pak Prana ardja ingkang dipoen tilar soewoeng proeng , boten wonten ingkang ngenggèni . Tijang Arab ingkang njamboetaken dateng bok Prana ardja girang-girang goemoedjeng nalika mireng manawi bok Prana -ardja késah saanak -bodjonipoen . Grija sapakawisanipoen ladjeng dipoen aken minangka lintoening samboetanipoen bok Prana -ardja. Grija waoe ladjeng kapoerih ngenggèni oetawi ngreksa tijang Djawi pitadosipoen , sarta inggih dipoen kèn ngaken babar pisan , namoeng manawi wonten ingkang badé toembas kapoerih prasaben dateng tijang Arab waoe .

Katjarijos tijang ingkang dipoen pitadjeng tijang Arab poenika golongan badjingan . Grija waoe mèh saben dinten kanggé pa kempalanipoen para badjingan sami keplèk . Tijang Arab ingkang ngoewasani kala-kala dateng mrikoe neda séwanipoen ( tjoetjoek) dateng ingkang sami keplèk, malah terkadang inggih toemoet main pijambak . Makaten saladjengipoen , loerah oetawi para be baoe ing kampoeng ngrikoe boten wonten ingkang ngaroe biroe , déning adjrih dateng antjamanipoen para badjingan oetawi asring dipoen beseli jatra .

Katjarijos grija afdeelingsbank nagari Magersari saweg dipoen dandosi . Anggènipoen ndandosi mipil . Ingkang karémbak pérangan ngadjeng roemijin . Ing tengah sarta wingking taksih lastantoen kanggé njamboetdamel . Wonten petoeting doerdjana ingkang arsing njlamoer dados koeli ndandosi grija , perloe njoemerepi gelat-geliting grija oetawi margi -margi ing sakiwatengenipoen . Paribasan boeboek angṣal elèng . Pijambakipoen mireng manawi grija afdeelingsbank dipoen dandosi , ladjeng agahan pinanggih mandoripoen ingkang dandos -dandos neda mlebet dados koeli , bajaran manoet kantjanipoen . Keleresan nalika samanten pan tjèn taksih kekirangan koeli ; mila inggih ladjeng dipoen tam pèni kemawon. Anggènipoen njamboetdamel badjingan waoe dipoenpeng sasat ketingalipoen boten naté kèndel tansah wira wiri ngoesoengi banon , séla , kapoer oetawi sanès -sanèsipoen .

Mandor kedoegi sanget ningali tandangipoen koeli waoe . Toe wan administrateur bank ngrikoe inggih asring ningali dateng padamelanipoen toekang - toekang oetawi koeli-koeli waoe . Soe merep tandangipoen koeli gadoengan inggih kedoegi , déné tja koet boten pradoeli sintensinten , namoeng mboedjeng dateng padamelan kemawon. Ing wantji éndjing kantjanipoen koeli dèrèng sami dateng , pijambakipoen ngroemijini njawis -njawisaken poenapa -poenapa . Bibar padamelan kantjanipoen sampoen sami mantoek, pijambakipoen asring kantoen nata barang -barang ing kang dèrèng leres trapipoen . Nanging salebetipoen njamboetda mel waoe kalijan madik-madik doenoenging simpenan jatra oetawi margi-margi ingkang gampil dipoen ambah . Anggènipoen njamboetdamel ingrikoe langkoeng satengah woelan , mila sam poen soemerep sadaja wados -wados ing salebetipoen grija . Noe djoe ing satoenggiling dinten toewan administrateur kéngkénan djoeroe seratipoen nglintokaken jatra kertas f 20.000 inggih poenika kertas njatoesan 200 lembar, dateng kantor jatra (Alge meene Ontvanger) soepados dipoen lintokaken jatra rètjèh sarta jatra kertas ingkang alit.

Boten antawis dangoe kéngkénan waoe wangsoel, apratéla jen ing dinten poenika pinoedjoe katendagan jatra alit, awit nembé kémawon dipoen lintoni administrateur pegantosan . Bén djing éndjing, kasèpipoen bendjing embèn kantor oewang masți sampoen wonten jatra rètjèh malih ingkang tjekap kanggé nglintoni .

Kala samanten toewan administrateur afdeelingsbank saweg ketamoean mitra darma ingkang nembé dateng saking nagari febih ndjoedjoeg ing kantoran ngrikoe. Anggenipoen nampèni wangsoel jatra f 20.000 saking djoeroe serat satengah boten kamanah , déning kesengsem omong -omongan kalijan mitranipoen ingkang nembé dateng . Sasampoeni poen jatra katampénan djang kep ladjeng kalebetaken ing lorogan médja seratan kémawon , sasampoenipoen dipoen koentji , tamoe waoe ladjeng dipoen adjak loemebet ing grija setatiran , dipoen tampi kados satjaranipoen tamoe saha dipoen soegata . Déné padamelan dipoen pasrahaken dateng adjunct administrateur .

Ngantos kantoripoen toetoep sarta ngantos koeli -koeli sami bibar njamboetdamel , toewan administrateur waoe boten wang soel dateng kantoran malih .

Badjingan ingkang minda koeli soemerep terang dateng sadaja lelampahan poenika pinoedjoe kapatah nggosok pentol -pentoling koentji kori . Mantoekipoen badjingan inggih ngantoeni kados adat, ngoelat -oelataken poenapa toewan administrateur wangsoel malih dateng kantoran poenapa boten . Ngantos peteng toewan administrateur boten loemebet kantoran malih , kinten -kinten djam 7 daloe sami noempak motor kalijan tamoe , késah dateng kamar bolah , awit daloe poenika ing kamar bolah wonten pista. ageng . Djam 8 daloe bres djawah kados dipoen esokaken . Ba djingan gambira ing manah , roemaos jatra ingkang wonten ing lorogan sampoen katekem ing tangan . Mila ladjeng ngetjipat

4. Petoeting doerdjana nglintokaken arta kertas pandoengan .

wangsoel dateng ing pondokan , sandjang dateng kantjanipoen , jèn ing daloe poenika mestèkaken angsal kabegijan ageng . Ing kang dipoen pondoki inggih pitados , kalih pisan ladjeng tata -tata pirantosipoen . Ngantos djam 12 daloe djawahipoen dèrèng menda , malah saja deres . Lampahipoen doerdjana kalih medal ing pager wingking . Sarehning sampoen apal marginipoen , dados inggih sakétja kémawon. Kori kantoran dipoen bandrek kalijan gampil . Lorogan panggénan jatra dipoen tjoekil kalijan pirantosipoen kados njoekil klapa kemawon. Begdja kemajangan jatra f 20.000 taksih moewel wonten ing lorogan , mila ladjeng dipoen koewel sadaja kabekta bablas medal margi lami , wiloedjeng boten wonten ingkang soemerep .

Lampahipoen badjingan kalih ngener dateng pakeplékan , tilas ing grijanipoen pak Prana-ardja. Ingrikoe djibeg badjingan taksih sami main. Tijang Arab ingkang ngoewaosi grijanipoen inggih wonten ingrikoe, taksih toemoet main, riwoet benter ing manah margi kawon , mila ngantos daloe dèrèng poeroen bibar .

Badjingan kekalih gadah koewatos bok bilih jatra kertas poeni ka angka -angkanipoen sampoen dipoen pèngeti , mila nedya dipoen lintokaken jatra rètjèh dateng tijang Arab waoe mawi soeda sapantesipoen .

Nalika tijang Arab medal ngoejoeh dipoen sandjangi manawi mentas angsal -angsalan , nanging aḍapoer jatra kertas sadaja , mila pitaken poenapa poeroen nglintoni jatra rètjèh kanți soedan . Tijang Arab roemaos bade angsal bebatèn ngoengkoeli kawon ipoen, mila sagah nglintoni ing daloe poenika oegi , nanging kedah mantoek roemijin .

Kaleksanan tijang tiga sami sesarengan loemampah noedjoe dateng grijanipoen Arab . Doemoegi ing grija jatra dipoen tedah aken. Tijang Arab ndjenger soemerep katahing jatra , Kedadosan jatra kertas dipoenlintoni arta rètjèh namoeng f 500 , kaedoem tijang kalih .

Badjingan kekalih sampoen radi marem, déné anggènipoen mandoeng boten patos rekaos angsal jatra semanten , toer boten badé koewatos malih, awit boten keboekten .

Gentos katjarijos lelampahanipoen pak Kartadrana , salaminipoen dados koeli sepoer manahipoen seneng , simpenanipoen jatra sampoen katah . Sasampoenipoen 6 taoen wonten ingamantja nedya toewi dateng grijanipoen . Nanging kados poenapa kagè tipoen , sareng soemerep grijanipoen sampoen bobrok sarta kebak tijang sami main. Pak Kartadrana boten sijos mlebet ing grijanipoen , ladjeng mampir ing grijaning tangga - tangga ingkang tjelak ngrikoe. Para ingkang dipoen ampiri sami kaget , soemerep datengipoen pak Kartadrana inggih Prana -ardja , awit pangintenipoen sampoen dateng Dèli , oetawi pedjah . Pak Kar tadrana ladjeng tjarijos lelampahanipoen sadaja ngantos dinten

Roman ardja.

poenika. Tetijang ingkang mirengaken sami welas , sarta ladjeng nakèkaken anak -bodjonipoen dateng poendi .

Pak Kartadrana kagèt mireng pitakèn makaten poenika, sarta sandjang manawi késahipoen boten wonten ingkang soemerep , sarta perloenipoen dateng poenika badé toewi anak -bodjonipoen . Tangga - tangganipoen tjarijos , jèn nalika dinten késahipoen pak Prana poenika anak -bodjonipoen inggih sami noesoel , késahipoen boten wonten ingkang soemerep , awit taksih éndjing sanget , ngantos doemoegi dinten poenika boten naté ketingal , djeboel namoeng bapakipoen ingkang dateng . Déné grijanipoen sampoen dados darbèkipoen tijang Arab ingkang njamboetaken jatra, margi bok Prana-ardja njamboet dateng Arab waoe boten saged njaoer. Samangké grijanjpoen dipoen koewasakaken tijang ing kang padamelanipoen ngedegaken pakempalan main . Déné ing kang sami main wonten ingrikoe poenika badjingan sadaja , polisi doesoen adjrih élik-élik . Pak Kartadrana mireng ginemipoen tangga - tangga angles manahipoen , bajoe kados dipoen lolosi , boten gadah daja . Ingkang katjipta namoeng anak-bodjonipoen , wonten poendi doenoengipoen sapoenika . Ngantos dangoe pak Prana boten saged witjanten sarwi tjarotjosan ngedalaken loeh . Ingkang ningali sami dongong toemoet koemembeng loehipoen . Wasana satoenggiling tangganipoen witjanten : „ Di Prana ampoen kedawa dawa , moenḍak boten betjik dadiné , salah -salah ngowahaké pikiran . Alawoeng moepoes soeméndé karsané sing Koewasa . Masa ilanga boten , wong manoengsa . Kedjaba pitik akèh sing dojan . Besoek rak bisa ketemoe malih."

- „ Enggih , pantjèn leres witjantené kakang, nèk koela gagas gagas teroes , saged oegi koela ladjeng édan . Masa bodoa sing gawé oerip . Nek tékad koela sarta anak bodjo koela betjik , mesti saselot -seloté ketemoe Saniki koela adjeng mantoek teng nagari panggénan koela njamboet damel mawon . Onten ngriki koela empoen boten gaḍah balé grija sarta waris . Moeng wekas koela nèk anak-bodjo koela katon mriki , énggal -énggal sampéjan sandjangi , nèk koela onten nagari Manggihardja , ladjeng sampéjan kèn noesoel mawon ."

tangga sami sagah badé mitoeloengi. Sasampoenipoen Tangga - pak Kartadrana dipoen soegata saperloenipoen , ladjeng pamitan wangsoel .

Sampoen lami kantja -kantjanipoen njamboet damel pak Kar tadrana ngodjok-odjoki soepados rabi malih , awit boten wonten ingkang ngladosi , nanging babar pisan boten dipoen paèloe . Èstining manah nijat ngladjengaken bodjonipoen lami ngantas doemoegi kaken-kaken ninèn -ninèn , poenapa malih sampoen patoetan anak kalih . Sanadjan samangké anak bodjonipoen boten kantenan poeroegipoen , kekah boten poeroen nglampahi rabi malih .

5. Pak Prana ngatoeraken arta kertas panggihan .

Katjarijos ing nagari Magersari géger , awit grija afdeelingsbank kepandoengan arta f 20.000 . Para djoeroe serat sami dipoen glédah grijanipoen, sarta katahan ing kapatihan . Koeli koeli ingkang njamboetdamel dalah mandoripoen sami katahan ing pakoendjaran, dipoen dakwa sakoetoe prakawis poenika . Déné pandoengipoen sampoen bablas dateng nagari sanès , boten wonten ingkang soemerep . Tijang Arab mèsem mésem , djalaran boten mawi kangélan angsal kabegdjan samanten agengipoen , ngoeng koeli anggenipoen njamboetdamel pinten-pinten taoen , toer boten kanjana -njana ing poelisi. Ing sapoenika sedyanipoen tijang Arab waoe badé njantosani panggaotanipoen , mila ladjeng dateng nagari Manggihardja perloe kepanggih soedagar ingkang ageng -ageng . Jatra anggenipoen nglintoni kabekta sadaja kawaḍahan ing kerga alit, déné lampahipoen noempak sepoer . Sareng mandap ing setatsijoen , kerganipoen dawah boten soemerep , margi saking goegoep sarta ripoet. Pak Kartadrana taksih dados koeli sepoer ing setatsijoen Manggihardja ngrikoe, sareng soemerep kerga gléṭakan ladjeng kapendet sarta kabikak , dipoen toewèni isinipoen . Kartadrana ndjenger soemerep arta kertas oewel -oewelan saman ten katahipoen , nanging boten nijat mélik , dados bablas.kabekta sowan ingarsanipoen toewan Assistent -Resident , ndadosaken sa nget kagetipoen , dangoe boten ngandika, sakedap ngilingilingi jatra , sakedap mandeng pak Kartadrana , ing panggalih badé moendoet abdi tijang poenika kadadosaken djongos oetawi oepas , djalaran mélik katemenanipoen .

Keleresan kala samanten pinoedjoe wonten lowongan oepas . Sasampoenipoen kadangoe nama , padamelan sarta grijanipoen, ladjeng kadawoehan wangsoel , sawatawis dinten badé dipoen timbali malih, badé dipoen gandjar samoerwatipoen . Jatra katahan ing assisténan badé kaoeroes roemijin .

IX. Kapikoet .

Tijang Arab soepé babar pisan dateng kerganipoen , ènget -ènget sareng sampoen doemoegi pondokan , djenggiratan ningali kiwa tengen , ladjeng ngoengkabi bebektanipoen sadaja . Sareng tetéla boten wonten ladjeng witjanten dateng ingkang gadah pondokan : ,,Tjilaka besar, oewan , oewan , oewan (1) hilang." Witjanten ma katen poenika kalijan loemadjeng kados tandangipoen tijang éwah , boten manah poenapa -poenapa kedjawi njipta kerganipoen alit, pladjengipoen dateng setatsijoen , teroes pinanggih toewan chef. Witjantenipoen kalijan pegat -pegat : Toean , toean foeloes , foeloes , (2 ) oewan , oewan hilang.'

,,Ada apa ? Bilang jang terang; saja koerang mengerti kata 99 moe.'

22Oewan hilang , oewan hilang , diambil orang ."

-,,Oeang siapa jang hilang, berapa banjaknja , dan siapa jang mengambil ."

-Oewan saja sendiri banjaknja f 20.000 , kertas semoea , jang mengambil saja tidak taoe ."

-Dimana hilangnja itoe oeang ?"

- "Barangkali didalam sepoer ketinggalan , atawa djatoeh di setatsijoen sini ."

-,,Sepoer soedah berangkat teroes ; nanti saja télégram sama stationchef dinegeri Kotabaroe , boeat oeroes seperloenja ."

- „Baik , baik, terima kasih , sekarang saja maoe repot sama toean Assistent Resident disini ."

-,,Itoe bagoes , lekas sadja ini waktoe raport, soepaja bisa lekas ketaoean ."

Tijang Arab mlajeng dateng assistenan . Pak Kartadrana sampoen mengker saking ngrikoe, teroes dateng pondokanipoen , nggagas gandjaran poenapa ingkang bade dipoen djandjekaken déning toewan assistent-resident .

Kori kantoran katoetoep , toewan assistent -resident ngladjenga ken njamboetdamel . Ing djawi boten wonten oepas ingkang djagi déning pinoedjoe lowong. Boten saranta tijang Arab totok -totok kori kantoran kalijan oendang -oendang : Foean , toean !"

Assistent -resident kaget , njat djoemeneng sarwi ngandika seroe asemoe doeka : „ Sapa itoe !"

-,, Saja toean . saja orang Arab maoe ketemoe sama toean , ada perkara besar ."

-,, Masoek sini , pintoe boleh boeka ."

Tijang Arab mbikak kori ladjeng mlebet sarta witjanten kalijan gèdèg gèdèg , tanganipoen serawéan : „ Toean , tji aka besar , oewan saja hilang distatsijoen, banjaknja f 20.000 .”

„Siapa jang mengambil ? "

Tidak taoe ; sebab saja ingat, itoe tasch ketjil soedah tidak 17 ada ; barangkali djatoeh atau ketinggalan didalam kereta."

,,Kowé soedah bilang sama chef station ?"

Soedah , malah dia soedah telegram sama chet di Kotabaroe, dan saja soedah berdjandji , kalau itoe oewan bisa ketemoe genap , jang menemoe maoe saja kasih oepah 1 % djadi terima f 200.”

-,,Baik , lain hari saja panggil kalau soedah ada chabar perkara itoe oeang . Ini hari saja soeroehan oepas boeat bantoe tjari ."

Tijang Arab sasampoenipoen dipoen tjateti nama sarta pon dokanipoen kalilan moendoer . Sareng tijang Arab sampoen mengker dangoe , kerga dipoen bikak ,, jatra dipoen étang tjotjog kalijan pangakenipoen tijang Arab .

Éndjingipoen pak Kartadrana dipoen timbali ing assisténan . Sarèhning sampoen tetéla katemenanipoen , mila dinten poenika oegi ladjeng kaparingan besluit kadadosaken oepas assisténan . Pak Kartadrana wiwit dinten poenika manganggé mrabot tjara oepas . Let kalih dinten oepas Kartadrana dipoen oetoes nimbali tijang Arab dateng pondokanipoen . Oepas Kartadrana énggal énggal pangkat, nanging boten soemerep djawinipoen prakawis poenika .

Sadatengipoen ing assisténan , tijang Arab kaḍawoehan mlebet dateng kantoran , oepas Kartadrana inggih dipoen timbali mlebet . Sadèrèngipoen poenika , toewan assistentresident pados saksi toewan controleur, patih sarta assistent -wedana ing kita ngrikoe, sadaja sampoen sami pepak wonten ing kantoran assistent resident. Sasampoenipoen satata , kerga kapendet déning toewan assistent resident dipoen tedahaken dateng tijang Arab . Sareng tijang Arab soemerep kerganipoen , bjar ketingal abrit tjahjanipoen , roemaos begdja sanget déné kerganipoen saged pinanggih .

Oepas Kartadrana dipoen dawoehi ngétang jatranipoen taksih djangkep f 20.000 .

Toewan assistent-resident ngandika : „Kowé kemaren soedah berdjandji maoe kasih persèn f 200 ,- sama jang mendapat ini tasch . Sekarang kalau betoel ini poenjamoe jang hilang, oepahnja soepaja diberikan sama saja poenja oepas Kartadrana ."

27Betoel toean , ini tasch saja jang hilang."

„ Saja minta soepaja itoe oepah diberikan sekarang dengan ketahoean empat orang saksi jang ada disini ."

Tijang Arab sakeḍap kèndel , sajaktosipoen éman -éman sanget badé ngetjoelaken jatranipoen kanggé épah poenika . Mila ladjeng gadah akal dadakan nijať ngrénah , witjantenipoen : „Toean , be toel saja berdjandji maoe kasih persen sama jang bisa mendapat , kalau saja poenja tjintjin emas mata baṛlian harga f200 ,- jang djoega saja taroeh dalam tasch itoe masih, oepah tentoe saja bajar sekarang dengan genap . Tetapi djika tidak ada , sepèsèr saja tidak maoe kasih oepah sama itoe oepas jang menemoe .”

Toewan assistent-resident , controleur, patih sarta assistent wadana ingkang sami wonten ingrikoe , sami mandeng dateng tijang Arab waoe semoe djèngkèl, déné wonten lelampahan kados makaten . Sadaja boten ngandel dateng omongipoen tijang Arab awit waoe -waoenipoen boten sandjang bilih wonten sesoe pénipoen . Saoepami wontena, masți dipoen sandjangaken babar pisan. Ngantos dangoe apradondi prakawis poenika , tijang Arab ngèjèl boten poeroen kawon, netepaken kalijan sanget , bilih temen temen ing salebetipoen tasch wonten sesoepénipoen regi f 200 . Tandangipoen tijang Arab waoe kalijan abriga -brigi , tanganipoen soerawéan , kados boten wonten ingkang dipoen adjrihi , bokma nawi kabekta saking manah moerka , éman -éman sanget gempal bandanipoen sakeḍik kemawon.

Kala samanten hoofdpolitieopziener pinoedjoe wonten sadjawi ning kantoran nedya sowan toewan assistent -resident perloe ngrembag oeroesan kapoelisen . Sareng mireng ramé -ramé makaten ladjeng toemoet mlebet ing kantoran , djagi -djagi bokmanawi wonten poenapa poenapa .

Bonten let dangoe wonten oepas post dateng gegantjangan mbekta telegram kondjoek ing toewan assistent -resident .

Telegram kabikak , soeraosipoen makaten :

Diensttelegram.

Assistent Resident Manggihardja.

Vier dagen geleden Afdeelingsbank Magersari ingebroken . Ont vreemd bankpapier f 20,000 á f 100. Serie en nummer bankbiljetten. als volgt :

U. A. 09624 .

V. U. 07235 .

Z. W. 03425 .

enz .

Medewerking verzocht.

De Assistent Resident

van Magersari

Toewan assistent-resident sareng sampoen maos , palarapan ipoen ndjengkeroet , imbanipoen gaṭoek . Serat kaparingaken da teng toewan controleur, hoofdpolitieopziener , patih sarta assistent wadana gentos -gentos . Sadaja nginten, manawi jatra ingkang dipoen panggih oepas Kartadrana poenika jatra afdeelingsbank Magersari ingkang itjal , mila ladjeng sami riboet notjogaken no meripoen. Sadaja pinanggih tjotjog kalijan nomer nomer ingkang kaseboet ing serat telegram. Tijang Arab sareng soemerep nomer nomering jatra kertas dipoen tjotjogaken, ragi gligapan plingak plingoek, roemaos manawi badé kawangoeran anggenipoen nin dakaken pakarti ḍademitan ,

"7Ini oeang kowé dari mana ?"

Sasampoenipoen salesih anggenipoen notjogaken , toewan assis tent resident ndangoe dateng tijang Arab :

" Itoe oewan saja ambil dari Deposito Handelsbank , sebab saja simpen oewan disana ."

-Neen, tidak , saja tidak pertjaja , sebab ini nomer dan serie tjotjog sama oeang kertas kepoenjaan afdeelingsbank Magersari jang hilang ditjoeri orang . Dan kowé sekarang saja dakwa tjampoer sama ini pentjoerian. Moelai ini hari kowé saja tahan dipendjara . Saja chawatir kalau kowé pergi lari . Oeang masih saja tahan disini , perkara saja oeroes pandjang .'

Tijang Arab boten saged gineman malih déning keboektèn barang pandoengan , tjahjanipoen laroet bijas , ladjeng kairid dateng pakoendjaran .

MB

tijang Arab kaoekoem ing sames Dawahing karampoengan : ținipoen . Jatra wangsoel dateng afdeelingsbank Magersari . Oepas Kartadrana tampi pitoewas f 100 .

(1) Tijang Arab deles boten saged moengel oewang .

(2) Foeloes tegesipoen jatra .

X. Nindakaken padamelan .

R. M. Soewarna kalijan Moeljana sampoen tamat pasinaonipoen wonten ing Opleidingschool kanți diploma eind examen . Moeljana No. 1. R. M. Soewarna No. 2. Saladjengipoen kalih pisan kadadosaken Candidaat Inl . Bestuursambtenaar . R. M. Soewarna tetep wonten ing parésidénan , noenggil kalijan ingkang rama, nanging Moeljana tetep wonten ing parésidénan sanès , tebih saking nagari Sidamoekti .

Oedakawis let kalih taoen saking anggenipoen dados candidaat ambtenaar, kalih -kalihipoen waoe sampoen sami kasampiran padamelan mantri poelitie . Noedjoe satoenggiling dinten ing woelan Sawal, Moeljana toewi R. M. Soewarna . Ingkang katoewénan bingah sanget , déné sampoen lami anggenipoen pepisahan , mangka kalih pisan sampoen dados mitra darma , ing mangké ladjeng kepanggih malih . Mila tansah tjepeng - tjepengan tangan sarta gablog -gablogan . Sasampoenipoen bagé -binagé menggah ing kawi loedjenganipoen , ladjeng sami satata linggih, kabarkinabaran kawontenan salaminipoen pisahan kalih taoen . Kalih pisan sami manggih soeka lan wiloedjeng.

R. M. Soewarna nalika samanten sampoen tata -tata badé sowan ingkang rama tjaos bekti , Moeljana poeroen boten poeroena kapeksa kaadjak sowan ingkang rama . Moeljana inggih mitoeroeti paneḍaning kantjanipoen , awit pamitipoen taksih ombèr , toer inggih kepengin soemerep kita Sidamoekti . Sasampoenipoen mirantos , prijantoen kekalih ladjeng sami bidal dateng Sidamoekti. ndjoedjoeg ing gadri , saḍijanipoen R. M. Soewarna manawi sowan. Nalika samanten dalem kaboepatèn kebak prijantoen ingkang sami sowan tjaos bekti . Sareng prijantoen kalih sampoen sami santoen panganggé manoet tjaranipoen prijantoen ngrikoe , ladjeng sami nramboel marak sowan . R. M. Soewarna dipoen awé ingkang rama kadangoe sinten kantjanipoen poenika . R. M. Soewarna moendjoek , manawi ingkang kaadjak poenika mitranipoen darma wonten pamoelangan wiwit ing pangkat satoenggal . Moeljana. kadawoehan madjeng , linggih djedjèr kalijan R. M. Soewarna. Ingkang boepati katjarjan mirsani dateng Moeljana , déné kalijan R. M. Soewarna katah èmperipoen , toer sami oemoer -oemoeran ipoen , ngantos kados sadèrèk kembar . Moeljana dipoen dangoe katah katah menggah kawontenaning nagari ingkang dipoen doenoengi . Oendjoekipoen tjeța, tètèh sarta tandang - tandoekipoen ngresepaken , oedanagari Djawi boten dipoen tilar . Para prijantoen ingkang sami ngadep resep sanget mirengaken sarta ningali patrapipoen . Moeljana, malah wonten ingkang ngoenandika , mélik mendet mantoe saoepami taksih djaka.

Sareng para prijantoen sampoen sami tjaos bekti sadaja ladjeng kaḍawoehan bibaran . Ingkang boepati teroes pinarak ing panḍapi dipoen adep ingkang poetra lan Moeljana , ngladjengaken ndangoe warni dateng Moeljana ngantos sawatawis dangoe . Ing wantjinipoen ngaso , prijantoen kalih kadawoehan dateng gadri malih. R. M. Soe warna ngoendang adinipoen R. A. Soewarni , dipoen tepangaken kalijan Moeljana. Tepangan énggal kalih poenika sareng sami pepanggihan sami alot anggenipoen witjanten sarta sami kami tenggengen kados sami ketoedjoe ing prana. Prajantoen tiga sami lenggahan ing kamar tamoe omong -omong kawontenaning naga rinipoen pijambak-pijambak . Linggihipoen R. A. Soewarni lan Moeljana ragi rongèl , déné kalih -kalihipoen kerep sesarengan sami pandeng -pandengan . Sajektosipoen Moeljana kasmaran ningali warninipoen R. A. Soewarni , nanging sanget adjrihipoen, djalaran roemaos jèn tijang alit , bebasan timoen alasan toewoeh saking kadjengipoen pijambak. Makaten oegi R. A. Soewarni, inggih ragi keraos ing panggalih , nanging sarehné wanita , dados maka ten waoe kineker sanget .

Moeljani dados toeman , saben toewi mitranipoen waoe inggih ladjeng sowan ingkang boepati ing Sidamoekti, mila ingkang kasowanan ladjeng medal sihipoen , saben Moeljana sowan inggih pinanggih R.A. Soewarni .

Dèrèng lami anggenipoen dados mantri poelisi , Moeljana sampoen pinoedji sanget dateng panginggilanipoen , margi saking wegig saha aloesing olah kapoelisèn , katah prakawis ingkang sampoen kependem pinten-pinten taoen saged moentjoel sarta terang déning pangoedinipoen . Moeljana , malah kerep angsal katrangan prakawis-prakawis ing sanès nagari ingkang perloe -perloe , mila namanipoen misoewoer ing poendi -poendi . Saking ketrimahipoen, dados mantri poelisi dèrèng ngantos kalih taoen sampoen kaing gahaken dados assistent -wadana ing kita parésidénan ngrikoe.

Katjarijos ing kita ramé swaranipoen tijang ingkang sami nge lokaken kaṭahipoen oekon sarta talen palsoe . Jatra waoe sampoen soemebar dateng nagari poendi -poendi , katah ingkang sami kelorob déning aloesing pandamelipoen , ngantos mèh boten wonten béda nipoen kalijan jatra damelan Nagari, ingkang saged nitik namoeng bangsa ingkang ahli jatra . Poelisi inggih boten kirang -kirang pa ngoedinipoen moerih saged njepeng ingkang damel jatra palsoe poenika , nanging boten saged angsal titik saking repitipoen .

Assistent -wadana Moeljana ngoelir boedi , kados poendi sagedipoen angsal katrangan prakawis poenika , nanging inggih meksa tjabar tanpa dados . Saking gempoenging manahipoen ngantos kerep lengerlenger ; kalampahan njlamoer gantos sipat : tjara kadji , étok -étok dados soedagar , sarta tjara badjingan gegembjakan kalijan badjingan sanèsipoen wonten ing bambon , éwadéné meksa boten angsal sit doenoenging djoeroe damel jatra palsoe poenika . Saking kerepipoen ngempali badjingan poen Moeljana ngantos saged ngjektosi dateng sadaja badjingan ingkang djoelig djoelig sarta padjingan ingkang dateng saking poeroeg , kerep njoemerepi angsal -angsalaning barang pandoengan , nanging dèrèng poeroen ngaroe -biroe , awit minḍak kewangoeran . Manawi sampoen saged njepeng djoeroe damel jatra palsoe , ingrikoe Moeljana saweg badé ngawoet -awoet sakaṭahing badjingan ingkang dipoen soemerepi . Dèrèng kedoemoegèn nijatipoen , Moeljana mireng saking omongipoen salah satoenggiling badjingan , manawi raosing tjandoe Nagari kalijan tjandoe peteng poenika dédé dédé kaotipoen , taksih angler tjandoe peteng . Raosing badan manawi nembé dipoen sereti tjandoe peteng kados dipoen pidjeti , roemaos boten saged pisah kalijan tjandoe peteng poenika , toer reginipoen langkoeng mirah . Badjingan gaḍoengan poen Péndjol sareng mireng rembag poenika ladjeng njelak toemoet moedoni witjanten . Wataking laré saged toer mitjara , boten badé kéwran dateng kridaning ginem , toer malah katah ingkang remen mirengaken , gar-ger sami goemoedjeng . Dangoe -dangoe badjingan ingkang mboekani ginem waoe ladjeng ngedalaken gémbolanipoen tjandoe peteng . Sasam poenipoen dipoen tjoekit noenten sami dipoen serèt . Péndjol inggih boten poeroen kantoen . Sadaja sami ngalem dateng raos ing tjandoe . Moeljana pitakèn : „ Kang Soeramenggala , akoe bok sok ditempili tjandoené koewé nèh ."

-,, Ah , ora gampang oleh tjandoe peteng : ora angger wong bisa olèh . Akoe kijé adjaa bah boejoeté wis kepotangan akèh karo akoe ora diwènèhi , toer moeng ditjoempèni satjoekoepé wong sidji totok."

,,Sapa ta kang sing adol tjandoe peteng koewé ?"

27Ah, kowé ora perloe weroeh, ikoe wadi gedé . Kantja -kantja kijé kabèh ora ana sing weroeh , kedjaba akoe dèwèk iki ."

― „Bok ja ditoetoeri . Mesținé kantja -kantjakoe kabèh kijé ija ora gelem kanda -kanda karo wong lijané, awit wedi kowé ; oenèn -oenèn karo Djéndral ora gigrig, nanging karo kowé éring. Mangkono oega akoe kijé , wedikoe marang kowé prasasat wedi karo matjan."

Kantjanipoen sami njambeti ngleresaken ginemipoen Péndjol , ngalem dateng kekendelanipoen badjingan Soeramenggala . Nali ka samanten Soeramenggala ragi maboek déning mentas ngombé arak obat ing patjinan , kawewahan kekaṭahen anggènipoen njerèt . Manahipoen mongkog tampi pangalembana makaten poenika , itjal wewekanipoen, wasana hadjeng pasadja , nedahaken ingkang sadé tjandoe peteng poenika : bah boejoet Tan Tijang Ing, tilas kaptin Tjina ing nagari ngrikoe. Witjanten makaten poenika kalijan mantos -mantos : „ Soeket godong adja ana kroengoe .”

- ,,Mesti baé remboeg iki dak keker banget , ngemoengna kan tjakoe sing pada ana ing kéné baé, sing ngarti . Ora , kang Soera , bah boejoeté kok kepotangan gedé karo kowé koewi kepotangan apa ta.?"

Soeramenggala mlintir brengosipoen kalijan manggoet -manggoet , witjantenipoen :

-,,Wé lah, gawat prakara kije . Pantjèné kowé kabèh ora kena kroengoe , nanging sarèhné kowé wis dakanggep golongankoe , ija bakal dakblakani , toer nglengkara jèn kowé kabeh kandaa ma rang wong lija . Mangkéné nalaré : Ketjoe ing omahé loerah Djébor ing omahé kadji Madnoer lan lija - lijané manèh kaé, ja akoe kang dadi bénggolé . Goenggoeng barang -barangé pangadji koerang loewihf 25.000 , sing nampani ija bah boejoet koewi . Akoe sa mangsa-mangsa mrana diwènèhi doewit sapandjaloekkoe , angger pantes ; sarta oega diwènèhi tjandoe . Soré kijé maoe akoe ija mentas saka kana, diwènèhi doewit f 100 karo tjandoe satjoe koepkoe. Lijané koewi akoe sok dipinta sraja njirnakaké moeng soehé . Wis pira baé moengsoehé mati déning pistoelkoe kijé (kalijan nedahaken pistoelipoen). Nganti sapréné ora ana poelisi sing bisa njekel bah boejoet lan njekel akoe . Moelané angger akoe mrana masti diadji-adji, ditoeroeti sapandjaloekkoe , awit dèwèkné wedi , jèn wadiné dakboekak ."

Ingkang sami mireng sami ndongong goemoen dateng tjarijos ipoen Soeramenggala waoe . Péndjol ing batos gadah pangadjeng adjeng ageng , roemaos sampoen katekem wadosipoen bah boejoet Tan Tijang Ing. Menggah ingkang nama Tan Tijang Ing poenika pantjén tilas kaptin Tjina ing nagari ngrikoe, lèrèhipoen , margi kagoegat ing réréhanipoen , sadaja sami boten remien , déné sasat boten poeroen manah dateng kabetahanipoen bangsa Tionghoa , ma Ing salaminipoen Tan Tijang Ing tansah nglampahaken lah anindes . padamelan peteng warni -warni , mila kasoegihanipoen sangsaja ndedel . Grijanipoen prasasat kraton ing Tijongkok . Tan Tijang Ing waoe boten gadah anak, namoeng kapénakanipoen djaler dipoen pendet anak, nama Tan Tijang Sing , sakelangkoeng rojal nanging bèr. Ingkang dipoen senengi tajoeban , poenapa malih jèn warang gana saking Sala , mantoekipoen ngentosi bibaring tajceban . Bapakipoen angkat kerep ngélikaken , nanging boten dipoen gapé , malah satengah wantoen. Babah Tan Tijang Ing ningali patrapi poen Tan Tijang Sing tansah melang -melang , bokmanawi ndados aken tjilakaning badanipoen . Mila ladjeng dipoen antjam, manawi dipoen ladjengladjengaken kalakoeanipoen , nedya dippen sirnak aken babar pisan , djaragan dédé anakipoen pijambak.

Ketjarijos Moeljana mireng lelampahanipoen Tan Tijang Sing sa nget panoedjoe ing manah , nijatipoen badé kanggé maigi soemerep wewados grijaning bapakipoen ; mila ladjeng dipoen tepangi . Tan Tijang Sing waoe saged tjara Walandi déning sampoen naté sekolah Walandi , sarta sampoen angsal diploma K. E. Sareng tepang assistent -wadana Moeljana , saged tjotjok manahipoen , déné oemoer oemoeranipoen babag toer sami saged tjara Walandi Kerep damel tajoeban . Tan Tijang Sing oelem -oelem sobatipoen , kala-kala inggih ngoendang djogèd saking Sala . Sarèhné kalih -kalihipoen taksih sami djaka, mila kasok senengipoen . Mèh saben kalih din ten sapisan Tan Tijang Sing dateng kaonderan perloe omong -omong bab kasenengan . Panampinipoen Moeljana inggih kanți seneng ing manah , sarta dipoen soebja -soebja kadosdéné mitra darma sajektos . Tan Tijang Sing kerep ngoelemi Moeljana dateng grija nipoen badé dipoen tedahaken rerengganing grija warni -warni , nanging Moeljana taksih semados kémawon , mangsoeli sawatawis dinten malih badé kaperlokaken . Batosipoen Moeljana , manawi sampoen kénging manahipoen saweg badé mitoeroeti paneḍanipoen .

Lami -lami Tan Tijang Sing boten gadah raos -roemaos , manawi Moeljana poenika namoeng sobat , panganggepipoen sampoen kados déné sadèrèk , margi pangrengkoehipoen Moeljana boten mantra mantra manawi mitra , mila Tan Tijang Sing babar pisan boten gadah sangga roenggi . Sareng Tan Tijang Sing sampoen blaka dateng Moeljana tanpa èwed -pakèwed , ingrikoe saweg dipoen pitoeroeti paneḍanipoen .

Ing satoenggiling dinten Moeljana nimbali oepasipoen ingkang sampoen pinitados sarta minangka sepijoenipoen , kadawoehan manganggé tjara tijang kampoeng sarta ambekta pistoelipoen , kapoerih djagi -djagi ing satjelaking grijanipoen tilas kaptin Tjina Tan Tijang Ing . Menggah wadosing lampah, tijang kalih waoe sampoen dipoenblakani sadaja .

lng dinten ingkang katamtokaken wantji djam 8 éndjing tijang kalih sampoen ngroemijini ngener dateng panggénan ingkang dipoen toedjoe . Wantji djam 9 Moeljana noesoel sampoen mrabot kados tjaranipoen tijang badé glédah . Doemoegining ngadjengan ipoen grija , babah Tan Tijang Sing sampoen metoekaken ing palataran, Moeljana dipoen gandeng dipoen adjak loemebet ing kamar tamoe lelinggihan, ngantos sawatawis dangoe sami omong omongan , pasoegatanipoen miraos . Moeljana sakeḍap -sakeḍap njelani pitakèn kawontenaning grijanipoen poenika, déné saé sanget , dèrèng naté soemerep grija ingkang kados makaten ; nakekaken ragadipoen pinten , kamaripoen pinten, damelanipoen toekang Djawi poenapa Tjina . Sadaja dipoen djawab déning babah Tan Tijang Sing kalijan terang . Moeljana ladjeng nemboeng poenapa kénging toemoet ningali ing wingking sarta nglebet grija oetawi sanès sanèsipoen perloe kanggé mewahi seserepan grija saé . Sakawit babah Tan Tijang Sing awrat badé noeroeti pane danipoen Moeljana , déning salebetipoen grija wonten wewados ipoen ageng , ingkang saged damel tjilakaning bapakipoen angkat . Nanging sarehné roemacs Moeljana sasat sampoen dipoen anggep sadèrék , mila inggih dipoen toeroeti . Batosipoen babah Tan Tijang Sing, tamoenipoen boten badé dipoen tedahaken kamar wados . Poenapa malih bapakipoen katingal sepen , bokmanawi késah , dados boten wonten ingkang ngalang -alangi .

Kempoet anggenipoen mider-mider, inglebet sarta ing wingking ing grija . Salebeting manah Moeljana goemoen , déné inginggil wonten lotèngipoen , nanging marginipoen boten wonten . Sadaja poenika ingkang damel toekang Tjina singkèh, ndatengaken saking Singapoera dipoen koeroeng wonten ingrikoe . Rampoenging pandamelipoen ladjeng kaantoekaken dateng padoenoenganipoen lami kanți dipoen sangoni katah , perloenipoen sampoen ngantos mbikak wewados .

Babah Tan Tijang Sing kalijan tamoenipoen , nalika badé medal ing djawi malih nglangkoengi lemantoen ageng , inebipoen mawi katja benggala . Dilalah nalika doemoegi ingiringanipoen, inebing lemantoen wonten ingkang ngengakaken saking lebet , noenten wonten Tjina singkèk medal kalijan mladjeng kémawon , teroes dateng kakoes boten mawi tolèh wingking djer kebelet badé tetoja , kori soepé boten dipoen ineb malih. Moeljana lan Tan Tijang Sing sami kagèt , mandeng dateng Tjina singkèk ingkang mladjeng dateng kakoes, sarta mandeng kori lemantoen. palsoe . Tan Tijng Sing kamitenggengen , roemaos badé kewa ngoeran wadosing grijanipoen. Moeljana gambira ing manah , nemboeng badé mlebet ing lemantoen poenika . Babah Tan Tijang Sing boten saged mangsoeli , namoeng ngadeg ndjedjer kados toegoe . Boten saranta Moeljana nékad mlebet ing lemantoen , bleng. Batosipoen : Jen karepkoe betjik , masti ija bakal betjik dadiné ." Babah Tan Tijang Sing njipta manawi baḍé wonten bebaja ageng , mila ladjeng toemoet loemebet , djagi -djagi bokma nawi wonten poenapa -poenapa . Moeljana minggah bablas dateng lotèng. Ingkang wonten ing kamar lotèng ngrikoe babah Tan Tijang Ing. saweg mbantoe damel jatra talen , sarta oekon palsoe , metoetoek jatra ingkang sampoen dados wonten ing médja . Déné réntjangipoen damel jatra palsoe inggih Tjina singkèk satoenggil ingkang saweg tetoja waoe . Ingkang taksih njamboet damel bikoet madahi jatra ingkang sampoen dados , boten nginten babar pisan jèn ingkang mlebet poenika tijang énggal sarta anakipoen angkat , pangintenipoen inggih Tjina ing kang nembé mandap tetoja. Mila sareng ndengèngèk soemerep tijang kalih , kados poenapa kagètipoen , sanalika ngrogoh pistoel , kaatjoengaken tijang kalih . Moeljana sampoen prajitna , njarengi ngatjoengaken pistoelipoen . Pikadjengipoen Tan Tijang Ing ngrogoh pistoel waoe kanggé ngadjrih-adjrihi , witjantenipoen : „Ajo keloear, kaloek tidak maoe tentoe saja boenoeh keḍoeanja ." Anakipoen angkat , sakinng koewatosipoen ladjeng mloempat noebroek ba pakipoen nedya ngrebot pistoelipoen . Ingrikoe tijang kalih sami rebatan pistoel. Moeljana njelaki nedya misah . Wasana ḍel , del , del , pistoel moengel kaping tiga, ngèngingi poeloeng -manah ipoen anakipoen angkat. Sanalika babah Tan Tijang Sing ambroek dawah , pedjah kapisanan . Sareng babah Tang Tijang Ing soemerep anakipoen ambroek , panjepengipoen pistoel nggrègèli , énggal dipoen pendet Moeljana, Tan Tijang Ing sampoen tanpa dedamel , mangka taksih dipoen agag-agagi pistoel kalijan Moeljana kapoerih mlebet ing kamar , dados inggih kepeksa manoet . Kamar ladjeng kakoentji saking djawi . Moeljana énggal mandap mbikak inebing lemantoen palsoe , sorog taksih koemanțil , ladjeng kapen det , korining lemantoen katoetoep dipoen koentji saking djawi .

Katjarijos oepas toewin sepijoenipoen Moeljana ingkang sam poen dangoe ngentosi ing djawi , mireng swaranipoen pistoel kaping tiga tangginas mlebet ing grija boten mawi pamit , djeboel kepetoek bendaranipoen taksih njepengi pistoel . Oepas sarta sepijoenipoen énggal dipoen adjak minggah ing lotèng .

Inebing lemantoen ladjeng dipoen toetoep sarta dipoen koentji saking nglebet . Oepas sarta sepijoen kapatah ndjagi ing panggénan damel jatra palsoe , sarta dipoen tedahi , jèn ingkang gadah grija dipoen lebetaken ing kamar tjelakipoen poenika sarta sampoen dipoenkoentji . Moeljana ngladjengaken glédah , saged manggih toempoekan tjandoe peteng pinten-pinten peți . Sasampoenipoen kasoemerepan sadaja wadosipoen , énggal énggal medal ing djawi te lefoon dateng toewan assistent - resident sarta hoofdpolitieopziener . Sakeḍap ingkang nampi telefoon sami dateng , mriksa kawontenan ingrikoe. Jatra palsoe sapirantosipoen lan tjandoe - tjandoe peteng karampas . Babah Tan Tijang Ing karanté kalebetaken ing pakoendjaran , amargi dosa ageng tigang prakawis , I. nglampahaken sadé tjandoe peteng , II damel jatra palsoe , III medjahi anakipoen angkat . Kabegdjanipoen Moeljana noempa noempa . Pantjènipoen namoeng badé njepeng tjandoe peteng , woesana saged angsal katerangan babar pisan prakawis ingkang dipoen impiimpi sam poen lami . Pangagenging nagari sangsaja ngalem sanget dateng kawegiganipoen Moeljana . Mila Moeljana kerep dipoen ḍawoehi déning toewan resident pijambak , manawi mesti énggal kawisoeḍa dados wadana, nglangkahi kantjanipoen pinten-pinten.

Noedjoe ing satoenggiling dinten kalanipoen Moeljana nglarah barang pandoengan saking nagarinipoen ingkang kabekta loemebet ing bawah kaboepatèn Sidamoekti , ingrikoe angsal katrangan prakawis sanès , inggih poenika ingkang boepati Sidamoekti badé katjidra déning tijang kéngkénanipoen R. M. Pandji Djajèngtilam , poetranipoen boepati Sidamoekti ingkang sampoen swargi .

6. Doerdjana ingkang badé njidra, katoekoep ing poelisi .

Dawahing tjidra kaangkah tanggal 15 woelan ingkang loemampah , ngleresi ingkang boepati sagarwa poetra teḍak dateng pasang grahanipoen , badé katjegat wonten ing margi ingkang sepen sanget .

Moeljana énggal ngatoeri woeninga sarana serat medal ing post bab makaten waoe dateng ingkang boepati . Mila boten matoer idjeman , djalaran koewatos bokmanawi kepireng ing sanès .

Ing satampinipoen serat , ingkang boepati énggal -énggal ngatoeri woeninga dateng toewan assistent -resident . Pangageng Walandi poenika dawoeh ngatos atos , nanging sarèhné dèrèng wonten njatanipoen, mila bade kanjatakaken roemijin . Sareng doemoegi dinten titimangsanipoen toewan assistent -resident ngoetoes gewa pende politiedienaar tjatjah tijang 25 dalah koemenḍanipoen , loe mampah deḍemitan . Saèstoe pinanggih wonten tijang 8 asikep dedamel ndelik sakiwa - tengening radinan sepen . Tetijang waoe noenten kapikoet, sareng kadedes -dedes sami ngaken , jèn badé mradjaja ingkang boepati , sabab dipoen teḍani toeloeng déning R. M. P. Djajèngtilam , malah leloerahing doerdjana waoe nggémbol serat saking R. M. P. ingkang soeraosipoen ngebang gandjaran arta kaṭah , manawi ingkang boepati kelampahan kapradjaja . Tjekak ipoen doerdjana woloe dalah R. M. P. Djajèngtilam katjepeng.

Ingkang boepati sanget panarimahipoen dateng Moeljana roemaos kepotangan gesang , mila samangké wewah katresnanipoen , ngantos pinoendoet poetra .

XI. Gandroeng .

Katjarijos boten let lami R.M. Soewarna inggih minggah pangkat dados assistent-wadana ing salebetipoen afdeeling Manggihardja. Noedjoe satoenggiling dinten sowan ingkang rama saha iboe , sarta badé pinanggih ingkang raji . Sareng sampoen rampoeng anggènipoen sowan sarta pepanggihan kalijan ingkang raji R.A. Soewarni , éndjingipoen R.M. Soewarna dipoen adjak ningali dateng pamoelangan . Holl . Kartinischool , badé dipoen tepangaken kalijan goeroe goeroe ingrikoe sadaja , sarta badé dipoen pamèri damelan ipoen para moerid . Roemijinipoen mlebet ing kamaring loerahipoen pamoelangan , sasampoenipoen apitepangan sarta gineman sawa tawis , ladjeng dipoen adjak loemebet ing kamaripoen rara Soebekti . Nalika semanten rara Soebekti pinoedjoe moelang maos tjara Walandi , nerang -nerangaken temboengipoen . Ginemipoen renjah roentoet boten wonten ingkang tjèwèt . R.A. Soewarni lan R.M. Soewarna sami ningali anggenipoen moelang rara Soebekti . Sanadjan R.A. Soewarni bab kesagedanipoen tjara Walandi ngoengkoeli rara Soebekti , éwasemanten roemaos boten saged njamèni kalijan pamoelangipoen rara Soebekti . Sasampoenipoen sawatawis dangoe anggènipoen ningali , R.A. Soewarni ladjeng njelani ginem mitepangaken kalijan ingkang raka R. M. Soewarna , assistent-wadana ing Manggihardja . Rara Soebekti ndjawab anor raga , matoer noewoen dateng R. M. Soewarna karsa merlok aken apitepangan kalijan awakipoen. R. M. Soewarna ladjeng dipoen tilar ing kamaripoen rara Soebekti , R.A. Soewarni wangsoel dateng kamaripoen pijambak ngladjengaken moelang .

Rara Soebekti pantjen saé ing warni tansah mindak-minḍak pamoripoen , poenapa malih saweg nedeng -nedengipoen birai toer boten kekirangan , déné saged toembas pijambak sarta dipoen bantoe bapakipoen mantrigoeroe ing Sinom . Kala samanten amanganggé : sindjang seratan latar tjemeng, rasoekan petak mawi rénda nganggé sengkang singat loegas . Sadaja panganggé nipoen sarta anggenipoen matrapaken boten ngoetjiwani . Oentoe nipoen tjara djaman samangké boten mawi pangoer , éndjing sonten kagosok kasikat nganggé gosok oentoe wedalan apotheek , mila ketingal resik petak toer gilap. Lambénipoen mèngèr -mèngèr .

R.M. Soewarna manahipoen kegiwang dadakan . Sasampoenipoen dipoen atjarani linggih ing koersi , rara Soebekti noenten ngla djengaken pamoelangipoen , R.M. Soewarna linggih ing koersi ka lijan njawang ingkang saweg moelang , koemedep tismak boten mobah boten mosik . Kala -kala rara Soebekti njelani gineman kalijan R. M. Soewarna , ingkang dipoen adjak gineman alot anggenipoen mangsoeli , goemrobjos medal kringetipoen . Ginemipoen rara Soebekti kalijan mèsem -mèsem tanggoeng , poenika ingkang adamel saja gijoehing manahipoen R. M. Soewarna . Ngantos satengah djam R. M. Soewarna anggenipoen nenggani pamoelang ipoen rara Soebekti , roemaos boten saged nanggoelangi bran taning manahipoen , mila noenten pamit badé mantoek dateng kaboepatèn , sarta dinten poenika oegi badé ladjeng mantoek dateng Manggihardja . Rara Soebekti matoer gela sanget , déné énggal -énggal kondoer. Witjanten makaten poenika kalijan ngoe loengi programma (pratélan tjekak kawontenaning badé karaméan ) . Serat progamma dipoen tampèni sarta dipoen waos , oengelipoen :

PERTOENDJOEKAN BESAR !!!

TOONEEL! TOONEEL !

Diroemah kaboepatèn Sidamoekti . Jang main semoea orang PEREMPOEAN dan anak GADIS jang bersekolah .

Dipimpin oleh : NJONJAH A. F. JAN S. R. ADJENG SOEWARNI . RARA SOEBEKTI .

Besoek malem Minggoe 1 Augustus 1917 moelai poekoel 82. Roman ardja . 5

Ambil tjeritera :

HARGA TEMPAT :

LOGE ••.....f 5.3.50
KLAS I......99 3.50Anak -anak separo harga.
KLAS II.II.....192 .
KLAS IIIS III......1 . 99

f 0.20 . Berdiri dipelataran membajar Oewang derma paling sedikit 10.-. 22

PENDAPATAN OEANG BERSIH :, oentoek MEMBESARKAN HOLL . KAR. SCHOOL , dan djoega goena MENDIRIKEN ROE MAH MISKIN DJAWA .

Leidsters: Njonjah A. F. JANS . Gadis R. A. SOEWARNI . RARA SOEBEKTI .

Kartjis didjoeal moelai hari Sabtoe pagi poekoel 9. Boléh beli dikantor B. O. kantor S. I. dan kantor Kaboepatèn .

R. M. Soewarna sareng sampoen tamat anggenipoen maos , ing salebetipoen manah gambira nedya ngentosi tetingalan tooneel . Nalika samanten pinoedjoe dinten Djoemoeah tanggal kaping 31 Juli 1917, dados namoeng kantoen ngentosi sadinten ; mila ladjeng witjanten dateng rara Soebekti , manawi boten saèstoe mantoek ing dinten poenika, awit nedya ngentosi tooneel ing kaboepatèn .

Dinten Djoemoewah bakda bedoeg , ing dalem kaboepatèn sam poen wiwit katata karengga -rengga sakelangkoeng asri. Pakawisan dipoen pageri geḍèg moebeng abroekoet . Dinten Sabtoe sampoen rampoeng , sadaja boten ngoetjiwani . Panggénan tooneel pang goengan .

Ing malem Ngahad dawahing gijaripoen tetingalan, dalem kaboe patèn goemebjar paḍang kados wantji rinten kémawon . Ingkang sami main goenggoeng wonten 20, djam 7 sampoen sami dateng nglempak ing kamar ingkang sampoen kasadijakaken . Djam 712 ingkang bade ningali djaler-èstri , Djawi , Walandi , Tiong Hoa , sampoen wiwit sami dateng , saja dangoe saja bjoek-bjoekan ; motor , kréta, dokar sami arak-arakan jatengipoen . Djam 8½ palataran kaboepatèn sampoen pepet boten kénging kapijak , ing pandapi kaboepatèn dipoen sadijani koersi 1000 taksih wonten ingkang boten oeman . Wondéné panggénan kasilah -silah, èstri pijambak , djaler pijambak .

Klonèng moengel kaping tiga , tengara tapoek main. Swarani poen tijang ningali ingkang waoenipoen goemeder , ladjeng namoeng kantoen grenggeng -grenggeng . Poeroeging paningal dateng pang génan tooneel sadaja . Bjar , geber kagoeloeng minggah ketingal wanodya endah -èndah kaṭahipoen 15 manganggé kembaran , ra soekan kebajak petak rendan , rinengga kokar oranje. Ingkang wonten ingadjeng R. A. Soewarni , dasar wanodya soelistya ing warni karengga ing boesana , sasat Soepraba kamanoengsan . Lekering wadana miwah djaiting nétra adamel gorèhing para nèm ingkang sami ningali . R. A. Soewarni meḍaraken pamanggih warni -warni mawi temboeng Walandi , ingkang soeraosipoen ngge . laraken kawontenaning djaman sapoenika toemrap laré èstri .

Telas pangandaripoen R. A. Soewarni sinambetan keplok ma woerahan . Sareng sampoen kendel, Piano kataboeh déning njonjah A. F. Jans, laré 15 wiwit menjanji lagoe Walandi dipoen toentoen déning R. A. Soewarni : laras kalijan oengeling piano Soewara nipoen laré-laré ingkang sami menjanji rampak roentoet , bening oelem , para toewan-toewan Walandi sarta njonjah -njonjah keti ngal rena jing manah . Rampoenging menjanji , adoeh ! raméning soerak sarta keplokipoen ingkang sami ningali , kados ngrebah ngrebahna pandapi kaboepatèn . Toewan-toewan sarta njonjah njonjah pating bleber ngoentjal - oentjalaken gegoebahan sekar wonten ing patonilan tanda kasok senengipoen . Geber katoetoep . Let 5 menoet kloneng malih, sanalika soewara ingkang goemreng geng kèndel sepen boten wonten sebawa babar pisan. Bjar, geber kagoeloeng minggah, ketingal wanodya malih katahipoen inggih 15 sarta manganggé akembaran oegi , nanging samangké gantos sarwa loerik ingkang dasaripoen tjemeng. Daḍa kiwa mawi rerenggan kokar goela klapa adedasar petak, Rara Soebekti mangka pangadjengipoen .

Rara Soebekti sasat sakembaran kalijan R. A. Soewarni , pakoe litanipoen djené anemoe giring , mangka manganggé sarwa tje meng, mila saja tjeta djenénipoen , kados prada binabar . Samang ké sampoen gagrag amanganggé tjara Djawi deles , rasoekan lan tapih loerik , asengkang blong lan ageloeng tekoek.. sadaja ngenggèni tjara Djawi deles . Rara Soebekti ngatoeraken pambagja dateng para ingkang sami rawoeh noenten meḍaraken ginem mawi temboeng Djawi , soeraosipoen kados ingkang dipoen

7. Tooneel .

wahjakaken R. A. Soewarni . Tandang tandoekipoen loewes amerak ati , ginemipoen tètèh titih boten atoempang soeh . Rampoenging ginem sinambetan keplok mawoerahan ambal-ambalan . Kloneng moengel , soewara tjep keplok kendel . Gangsa kataboeh laras pélog barang , gendingipoen Soebakastawa , soewaranipoen nenarik manah anganjoet -anjoet . Sareng sampoen angsal sagongan ladjeng dipoen gérongi laré-laré èstri waoe , "dipoen toentoen rara Soebekti . Soe waranipoen bening gilig roentoet rampak, tjotjog kalijan laras ing gangsa . Para ingkang gadah raos Djawi roemaos marem ma nahipoen , déné gending Djawi inggih boten kawon kalijan gending Walandi , malah menang aloes .

Soewaraning gangsa gending Soebakastawa pélog binaroeng géronganing laré èstri sasat roemasoek ing baloeng soengsoem .

Angsal 6 gongan ladjeng kèndel : gangsa soewoek ; soerak keplok raménipoen ngoengkoel -oengkoeli ingkang sampoen . Gegoebah sekar pating bleber dawah ing patonilan .

Let saprapat djam klonèng moengel malih, bjar : geber ka goeloeng , katingal R. A. Soewarni manganggé tjara djaler dados pangéran Tjakradiningrat , nganggé oedeng tjitakan tjara Sala , rasoękan tjekak , doewoengan , selopan . Rara Soebekti dados gar wanipoen , panganggénigoen taksih adjeg sarwa loerik , linggih ing koersi djedjer ingkang raka pangeran Tjakradiningrat , dipoen adep abdi -abdinipoen èstri .

Tetijang sami tjingak mandeng andongong dateng ingkang minda pangéran sakalijan .

Makaten saladjengipoen gontas -gantos . Rara Soebekti kedjawi dados pangéran , oegi dados pangèn ménda sarta advocaat ' djoeroe ambombong prakawis ). Nalika dados pangèn ménda , gar -ger goe djengipoen para ingkang ningali saking tjoetjoedipoen . Kala dados advocaat manganggé rasoekan tjemeng landoeng saésta toro , akopjah tjemeng prasasat mboengkoes geloenganipoen , akaloeng soetra petak dipoen imba dasi . Sadaja boten siwah kalijan pa nganggénipoen meester in de rechten manawi pinoedjoe zitting wonten ing raad (pengadilan ) .

Ingkang mémba advocaat waoe saweg paben rebat leres ka lijan president landraad , ingkang dados nonah Roestin . Anggèn ipoen wawan ginem mawi temboeng Walandi . Para toewan toewan sarta njonjah njonjah sami kagawokan sarta kesengsem ningali pabenipoen advocaat sarta president landraad tiron poenika , sakedap -sakedap sami keplok . Namoeng R.M. Soewarna ingkang tansah gandroeng kesabet ing rimang dateng sang minda pangèn ménda .

Ing wantji djam 2 tooneel saweg bibar akanți wiloedjeng, angsal angsalanipoen jatra kaṭah sanget . Endjingipoen dinten Ngahad R.M. Soewarna kalijan ingkang raji R.A. Soewarni sami dateng ing grijanipoen rara Soebekti perloe sandja kémawon .

Nalika samanten rara Soebekti pinoedjoe wonten ing panggénan petétan nggoentingi sarta ngleres -ngleresaken petétanipoen nganggé rasoekan kimono djambon sarta mawi ngoré ramboet. R. M. Soewarna saja boten kantenan manahipoen . Tamoe -tamoe dipoen atjarani loemebet sarta lenggah roemijin , rara Soebekti mlebet ing kamaripoen santoen panganggé . Sasampoenipoen dandos saperloenipoen ladjeng medal manggihi , ngantos dangoe anggèning sami omong -omong . R. M. Soewarna ing batos tansah ngalembana ing kawegiganipoen rara Soebekti , dalah pranataning rerenggan grija teka adamel kejoengjoening manah , déné sanget asri tiningalan . Sareng sampoen tanak anggenipoen martamoe , R. A. Soewarni ngadjak mantoek . Tamoe kekalih ladjeng sami pamitan mantoek mawi tetabikan poenapa . Rara Soebekti weling sampoen ngantos kapok rawoeh ing pondokipoen . R. M. Soewarna mangsoeli seret : ngadjeng -adjeng datengipoen rara Soebekti ing kaonderan Manggihardja.

Dinten poenika oegi R.M. Soewarna bidal dateng Manggihardja, nanging panggalih sakalangkoeng rongèh djalaran ketaman wijadi . Tjekakipoen sampoen doemoegi ing kaonderan lan nindakaken padamelan . Sarèhné anggènipoen nandang asmara boten kénging kaampet, mila ladjeng kintoen serat dateng rara Soebekti , soe jèn sampoen doemoegi ing onderdis raosipoen soeka soemerep . trikipoen kanți wiloedjeng. Let sawoelan soeka serat malih , njarijosaken bab kawiloedjengan sarta padamelanipoen , sarta pitakèn kawontenanipoen Soebekti . Makaten sapitoeroetipoen tansah serat -sineratan , wonten kémawon ingkang dipoen kaba raken . Rara Soebekti inggih mangsoeli njarijosaken kawontenan ipoen ing Sidamoekti, pamoelangan Kartini . 1. s. s . mawi tetem boengan ingkang oetami sarta nglenggahi andap -asoring tata tjara Djawi .

Let sawoelan malih R. M. Soewarna kintoen serat njarijosaken onderdistrikipoen wonten tetingalan ingkang aneh , inggih poenika lèpèn ing salebetipoen redi, lan goewa peksi lawèt , wasana pitaken poenapa Soebekti boten kepengin ningali . R. M. Soewarna sagah ngeteraken sarta njaḍijani pondokan ing dalemipoen . Nanging sarèhné R. M. Soewarna poenika lamban, dados sampoen lajak kémawon pranataning grija pating bléngkrah kados peṭaning kandang bibrah .

Soebekti mangsoeli kepéngin sanget soemerep tetingalan waoe , mila béndjing manawi R. M. Soewarna sampoen kagoengan garwa, Soebekti badé sowan kalijan R. A. Soewarni ngiras ningali lèpèn sarta goewa waoe .

Ngantos samanten rara Soebekti dèrèng ngertos ingkang dados kadjengipoen R. M. Soewarna, awit sadaja seratipoen barès koerès tanpa pasemon poenapa -poenapa . Mila angger tampi serat sarta wangsoelanipoen katedahaken dateng R. A. Soewarni . Makaten oegi R. A. Soewarni inggih boten ngertos gregetipoen ingkang raka.

Samangké R. M. Soewarna kintoen serat malih dateng rara Soebekti , nanging radi kadoek inggih kabekta saking watak wantoenipoen tijang nénéman . Makaten soeraosipoen :

Serat sarta salam kotla katoer dateng jaji Rara Soebekti , goeroe pamoelangan wanita ing Sidamoekti .

Wijosipoen , adamel keraos raosing manah koela ingkang tanpa oepami , sareng koela tampi seratipoen jaji ingkang wekasan, roemaos sasat kados ngentosi timboeling séla item anggen koela ngentosi rawoehipoen jaji dateng rompok koela.

Ing mangké koela blaka sarta aprasetya , koela boten nijat dje djodoan bilih boten angsal wanita ingkang pinter sarta saged main dados : pangen ménda , garwa pangéran sarta advocaat . Sanadjan doemoegia ing delahan : taksih koela entosi .

Woesana andadosna soemerepipoen jaji .

Raka goeng sih

SOEWARNA .

Manggihardja ping 25 April 1918 .

Rara Soebekti tampi serat makaten poenika sakelangkoeng isin déné boten nginten pisan - pisan , jen makaten karsanipoen R. M. Soewarna , mila serat waoe boten dipoen wangsoeli lan boten Ing manah sanget nalangsa , awit dipoen tedahaken sinten-sinten. saking pamanggihipoen : Wontenipoen R. M. Soewarna kepéngin ngarsakaken dateng awakipoen poenika tartamtoe namoeng kanggé dolanan kémawon.

Ngantos kalih woelan R. M. Soewarna ngentosi wangsoelan ipoen rara Soebekti . Sareng tita boten mangsoeli , R. M. Soewarna roemaos kedoewoeng anggenipoen kadoek poeroen tanpa dedoegi , satemah ladjeng kintoen serat neda pangapoenten kaṭah-kaṭah . Rara Soebekti inggih ladjeng mangsoeli : Ing sadèrèngipoen kapoendoetan pangapoenten sampoen ngapoenten ing batos roe mijin ; sarta sampoen djamak limrahipoen panggalihing prijantoen anèm asring kelimpoet. R. M. Soewarna tampi wangsoelan ma katen waoe kados dipoen goegah panggalihipoen , gandroengipoen saja ngranoehi ngantos soepé dahar lan saré. Padamelan boten kamanah babar pisan , ingkang ketingal gawang -gawang namoeng woding manah rara Soebekti . Saking boten saged ngampah brantanipoen , ladjeng nempoeh bjat ngoendjoeki serat ingkang rama, makaten soeraosipoen :

Serat saha sembah kawoela poen Soewarna kon djoek ingarsa dalem ingkang rama R.M.A. Tjakra nagara , ingkang djoemeneng Boepati ing nagari Sidamoekti .

Kawoela noewoen , moegi sampoen ndadosaken dedoeka dalem sakalijan iboe , déné kawoela kami poeroen ngoendjoekaken serat ingarsa dalem poenika .

Noewoen , atoer kawoela poenika prasasat anggégé mangsa , déning wonten bebasan : ,,djanma kawengkoe ing djaman " . Meng gah bab poenika rama sakalijan iboe temtoe boten badé kekilapan dateng laraping atoer kawoela poenika . Saking kawoela samangké sampoen wantjinipoen anggadahi sisihan ingkang kénging kaadjak ,,gendon -roekon " saha ingkang saged noenggil boedi toewin salaras kalijan kawontenan kawoela, pramila sagedipoen kelam pahan , kawoela njoemanggakaken ing Pandjenengan dalem rama sakalijan iboe . Ananging moegi kawoeningana, bilih kawoela kalaoepaken kalijan wanita sanèsipoen rara Soebekti , kawoela atadah dedoeka dalem , aloewoeng kèndel saking padamelan kawoela , késah ing sapoeroeg pados panglipoering manah .

Menggah ingkang makaten waoe , kawoela noewoen soemangga ing Pandjenengan -ddalem sakalijan iboe saha njoewoen tjoemadong dawoeh -dalem toemoenten .

Kondjoek kaping 3 Juli 1918.

Kanoela poen

SOEWARNA .

Ingkang rama nampèni serat makaten , sanget kagawokan ing panggalih , ladjeng nimbali ingkang garwan, serat ingkang saking R.M. Soewarna kaparingaken kawaos tamat, Ingkang boepati ngandika : „ Kaprijé iboené , apa wis ngerti kang dadi soerasaning lajangé anakmoe ? Jen wis njatet, kaprijé kang dadi karepmoe ?"

-,,Koela rali kèwedan nggagas seratipoen Soewarna poenika , déné sapélé sanget ingkang dipoen kadjengaken. Mangka koela. sampoen angsal dédékan poetranipoen Mas Dipati Tirtalegawa , larénipoen inggih ajoe , pinter , sekolahipoen poetoes , kasembadan , toer teḍaking koesoema sajektos ."

-,,Ija koewi , iboené . Satemené atikoe pantjèn rada masgoel , déné sing dikarepaké djeboel rèmèh baé. Ora maido Soebekti koewi moenggoeh ing roepané sarta kapinterané sababag karo poetrané Mas Dipati Tirtalegawa , nanging ora dipikir , Soebekti koewi anaké sapa ? Rak moeng anak mantri goeroe baé , toer ija doedoe tedak loehoer ."

The A it. 11

-Menggah karsa dalem kados poendi ? Poenapa dipoen peksa. kadaoepaken kalijan poetra Tirtalegawan , poenapa kasakadjeng . Menggah ing koela inggih dipeksa kadjodokaken kalijan poetra Tirtalegawan kemawon dados babag ."

Ingkang Boepati kèndel sakedap kalijan mriksani serat malih , ladjeng ngandika :

-Iboené, nitik soerasané lajang kijé, koekoeh temenan kang dadi karepé anakmoe . Saoepama dakpeksaa , jèn sida diteroesaké nijaté sapa sing kelangan ? Anakmoe moeng pira ? Dadi nijatkoe bakal daktoeroeti . Karo maneh jèn dak pikir dawa , kabèh-kabèh koewi pantjen wis tjitaké (pesținé ) élinga djodo ikoe koewat. Satemené Soebekti ikoe koetjiwané moeng koerang asal , nanging ija dakpoepoes angger pada pinaringan djodo lan slamet . "

-Jen makaten inggih nèrèk karsa dalem kémawon . "

XII . Babaring lelampahan .

Ingadjeng sampoen katjarijosaken , manawi Moeljana saged njepeng tijang damel jatra oekon lan talen palsoe , poenapa . malih tjandoe peteng ;mila ladjeng tampi gandjaran jatra saking Nagari radi kaṭah . Namanipoen misoewoer angebeki parésidénan ngrikoe . Meh sadaja pangageng Walandi sarta Djawi sami tresna dateng Moeljana . Lami -lami misoewoering namanipoen ngantos nglandjak sadjawining parésidénan .

Noedjoe satoenggiling dinten , Moeljana saged njepeng malih satoenggiling kongsi ingkang damel jatra kertas palsoe , saged mbeskoep mesin ingkang kanggé damel , lan jatranipoen palsoe pinten -pinten woe lembar regi njatoes , ngalih atoes lan njèwoe . Sawenèh jatra kertas waoe sampoen kalintokaken . Ing kita ingkang ageng -ageng wonten agènipoen nampi jatra kertas palsoe waoe . Masti kemawon sagedipoen njepeng poenika sarana toh njawa margi saking gawatipoen . Kongsi njebar telik pinten -pinten ngoelat -oelataken lampahipoen politie . Mèh kemawon Moeljana manggih tiwas kénging pesating mimis pistoel ; nanging sarèhné taksih tinengga ing begdja , dilalah mimis waoe mlèsèd ngèngingi kantjanipoen politie ingkang wonten ing wingkingipoen ngantos doemoegi ing pedjah .

Moeljana katarimah sanget déning Gouvernement ngantos tampi gandjaran bintang salaka , seboetan Radèn sarta jatra katah . Namanipoen saja aroem doemoegi ing nagari poendi poendi , awit kaṭah serat kabar Walandi Djawi sarta Tjina ingkang sami matjak bab kawegiganipoen Raden Moeljana waoe .

Kala semanten Moeljana tampi télegram , serat , kartoepos toewin kartjis pinten-pinten saking mitra karoehipoen , dalasan R. A. Soewarni inggih kintoen kartjis , sadaja soeraos : soeka wiloedjeng.

Saking ingkang Boepati Sidamoekti Moeljana tampi télegram pamoedji -ardja lan serat tingkeman medal ing pos , makaten soeraosipoen :

Poedji -ardja .

Tolé Moeljana ! Kedjaba kang woes kaseboet ing télegram , akoe merlokaké noesoeli lajang manèh marang kowé. Pantjèné wis rada lawas akoe kepéngin weroeh lan ketemoe marang kowé amarga wis sawatara soewé kowé ora teka ing Sidamoekti , Moelané satampamoe lajang kijé , jèn dadi danganing pikir kowé dakarep -arep tekamoe ing Sidamoekti , awit akoe , iboemoe lan adi -aḍimoe kangen banget . marang kowé.

Wasana pandjaloekkoe moega perlokna.

Ramanta

ADIPATI TJAKRANAGARA .

Sidamoekti ping 18/9 1918 .

Moeljana tampi serat saking ingkang boepati sakelangkoeng bingah sarta ageng manahipoen . Let sawatawis dinten ladjeng merlokaken sowan .

Noedjoe satoenggiling dinten mantri goeroe ing Sinom sowan ing kaboepatèn Sidamoekti margi katimbalan . Datengipoen ndjoe djoeg ing pondokipoen rara Soebekti . Sareng sampoen marak noenten kaḍawoehan ladjeng dateng wingking : dipoen panggihi ing dalem wingking , rara Soebekti inggih katimbalan . Ingkang boepati sekalijan pinarak ing koersi , mantri -goeroe lan rara Soebekti ngadep linggih ing baboet . Sareng sampoen satata , ingkang boepati ngandika :

-,,Goeroe , apa pada keslametan baé ?"

--,,Pangèsloe dalem , wiloedjeng."

,,Anakmoe pira ?”

-,, Inggih namoeng satoenggal poen Soebekti poenika ."

,,Wis pira oemoeré Soebekti koewé ?"

,,Étang kawoela sampoen oemoer woloelas taoen mlampah."

,, Mèmper , pantjèn barakan karo gendoek Soewarni ."

Raden Ajoe Adipati njelani : „ Pantjèné Soebekti koewé jèn dadi sadoeloeré Soewarni pantes ."

-Noen tebih njamoet-njamoet kaotipoen , tijang anak kawoela dipoen - timbang kalijan poetra dalem ."

,,Ora , pantjèn satemené , wong ja ana woedjoede ."

,,Kedjawi , manawi makaten panggalih dalem ."

Rara Soebekti ingkang ndèrèk marak semoe isin mirengaken rembag poenika, mila tansah toemoengkoel .

-,,Oemoer semono koewi jèn adat Djawa arak wis wajahé omah-omah .”

-,,Saking nijat kawoela, kadjengipoen njamboet-damel roemijin, poenapa malih tijang dèrèng wonten tjalonipoen."

Rara Soebekti wewah-wewah isinipoen, déné badanipoen tansah kaginem kémawon ; saoepami pantesa oetawi wonten ing grija nipoen pijambak, masti ladjeng moendoer boten poeroen ngaḍep .

-,,Dadi Soebekti koewi doeroeng doewé tjalon oetawa pa tjangan ?"

-,,Noewoen dèrèng , bokmanawi dèrèng pinarengaken ."

Ingkang boepati ladjeng maringaken serat ingkang saking R. M. Soewarna sarta dawoeh : „ Goeroe ! lajang kijé watjanen noeli wènèhna anakmoe Soebekti , bèn mèloe matja.'

Serat dipoen tampèni ladjeng kawaos. Sareng sampoen tamat, ladjeng dipoen soekakaken Soebekti inggih kapoerih maos .

Ingkang boepati ngandika : „ Goeroe , ja , poeloeh - poeloeh dika pakaké , pantjèn wis mangkono kang dadi karepé anakmoe Soe warna , moelané jèn pada dangan , panjoewoené Soewarna ija bakal dakpitoeroeti . Dadi kowé daktimbali mréné iki perloené arep dak-adjak bebésanan . Bokmanawa wis karsané kang Koe wasa, jèn Soewarna koewi djodoné Soebekti ."

Mantri goeroe mireng dawoeh makaten, saking bingahipoen boten kénging tinata wedaling loeh . Namoeng Soebekti ingkang toemoengkoel isin , ngoewik-oewik baboet .

Mantri goeroe moendjoek : „ Noewoen , noewoen , sanadjan Soe bekti poenika sajektosipoen sanès anak kawoela pijambak , éwa déné tampi dawoeh dalem makaten poenika , abdi -dalem roemaos sakelangkoeng begdja sasat manggih sotya sawoekir ."

Ingkang boepati ndangoe semoe kaget : „ Lo , lah anaké sapa ?” Mantri goeroe ngandaraken sadaja lelampahanipoen Soebekti prasadja bilih Soebekti poenika ingadjeng nama Moeljani . Saking tjarijosipoen tijang ingkang sampoen naté soemerep , ingkang gaḍah anak nama Prana-ardja ingḍoesoen kikising nagari Mager sari . Samangké Prana-ardja djaler-èstri sampoen késah boten kantenan .

Ingkang boepati ladjeng kèngetan panganḍaripoen abdi emban bok Prana ardja nalika mentas dateng , mila énggal dipoen timbali , kapangandikanan makaten : „Bok Prana , apa kowé pangling ? Soebekti koewi djeboel anakmoe déwé si Moeljani bijèn !"'

Bok Prana-ardja soepé ing poerwa doeksina , ladjeng ngrangkoel gapjoek dateng anakipoen , alara -lara nangis kados laré alit sarwi ngamboengi , nakèkaken bapakipoen lan kakangipoen , nanging Soebekti boten saged nerangaken .

Ingkang boepati sekalijan mirsa nalar makaten poenika saka langkoeng keraos -raos ing panggalih . Sanadjan samangké sampoen pirsa Soebekti toeroening alit, éwadéné kaladjengaken karsan ipoen badé mendet mantoe . Soebekti kadangoe poenapa poeroen kagarwa R. M. Soewarna, mangsoeli kalijan toemoengkoel isin , sarta kamisesegen : „ Ing . ing. . . . gih , s . . . s . . . s . endi . . . . ka .'

Soebekti èstoe badé kapoendoet mantoe , nanging idjab pa ningkahipoen ngentosi R. A. Soewarni pisan . Wiwit kala samanten Soebekti kadawoehan manggèn ing salebetipoen dalem kaboe patèn kempal kalijan R. A. Soewarni .

Noedjoe ing satoenggiling dinten, R. Moeljana merlokaken sowan ing kaboepatèn Sidamoekti . Sasampoenipoen kaatoeraken piso wanipoen déning abdi kaboepatèn , ladjeng katimbalan loemebet , dipoen panggihi ingkang boepati sakalijan garwanipoen wonten ing kamar tamoe . R. Moeljana dipoen poek-poek gegeripoen déning R. M. Adipati kados tjaranipoen poetra pijambak , sarta ndangoe :

„ Enggèr, apa kowé pada keslametan ?"

" Noewoen , pangèstoe dalem , wiloedjeng."

Kowé apa wis tampa lajangkoe ?"

,,Noen inggih, sampoen , mila abdidalem ladjeng merlokaken sowan ingarsa dalem poenika .”

-,,Pamit pirang dina kowé ?”

-,,Dawoehipoen saoedara dalem Kangdjeng Toewan Resident , abdidalem dipoen sekadjeng , boten mawi dipoen wangeni lami nipoen . Mangka abdidalem namoeng njoewoen pamit 3 dinten , nanging ing register pamit dipoen -fiat déning Kangdjeng Toewan Resident :

Tidak ada keberatan dan kita beri idin kelonggaran tidak dengan ketentoean lamanja . Akan menambah anoegerah djasa R. Moeljana , boléh sekahendak hatinja bijar pergi kemana -mana akan menjenangkan hatinja dan meloeaskan pemandangan . Da tang dari verlof hendaklah memberi tahoe kepada kepalanja.

De Resident

A. M. S. BRANDHOUT .

-,,Ha ! ha ! ha ! Salawaskoe ana ing ngalam donja doeroeng ana lelakon kaja mangkono , déné njoewoen pamit disakarep lawasé. Toewan Resident pisan jèn tindakan ija nganggo nem tokaké lawasé. Ija enggèr , pantjèn Goesti Allah ora kesamaran , déné kowé tansah agawé kabetjikan laboeh menjang Nagara . Saking ketrimané prasasat kowé kaja poetrané lanang toewan Resident ."

,,Abdi dalem namoeng sadarmi , sadaja -sadaja poenika atas karsaning Pangeran ingkang sipat adil ."

—,, Lah nijatmoe arep ngaso pirang dina ?"

,,Inggih satjekaping waktoe. Nanging inggih mawi doegi - doegi lan prajogi ."

-,,Bener , adja doepèh dioedja baé bandjoer sakarepé déwé . Doega-doega lan prajoga koedoe kanggo saben dina . Kaprijé nalaré kowé bisa njekel kongsi (pakoempoelan ) gawé doewit kertas pal soe koewi ."

-,,Bab poenika abdidalem kados boten perloe moendjoek kaṭah katah , awit verslahipoen tjotjog kalijan ingkang kaseboet ing serat -serat kabar . Namoeng abdidalem moedji sokoer ing Goesti déné teksih winengkoe ing kawiloedjengan saged sowan malih ingarsadalem poenika. Manawi abdidalem ngèngeti nalika nje peng, mangkirig manah kawoela déné swaraning pistoel pating djredot . Kala samanten abdidalem boten njipta gesang ."

Sokoer ngger, sokoer déné kowé isih direksa ing leloehoermoe 27 Ora sédjé sing dakgoenem , bapakmoe koewi apa isih , lan dadi apa ?"

Moeljana nalika kadangoe bapakipoen prebeng -prebeng badé nangis , ladjeng moendjoek : „ Noewoen waleh-walèh poenapa abdi dalem poenika jektosipoen toeroen pidak padarakan , bapak kawoela tijang alit kemawon , nama Pranaardja , grija ing kampoeng ki kising kita Magersari. Abdidalem gadah adi estri nama Moeljani

Déné sapoenika , wonten poendi doenoenging tijang sepoeh sarta sadèrèk kawoela waoe , abdidalem boten soemerep . Sampoen lami abdidalem ngisep - isep pawartos meksa dèrèng angsal lari. Mila abdidalem ladjeng moepoes loemémbak karsaning Goesti , bok manawi taksih dados lelampahan ."

Ingkang boepati kaget sanget midangetaken atoeripoen R. Moel jana, boten saranta ladjeng nimbali abdi emban bok Prana lan Soe bekti : Bok Prana ! mrénéa iki , lo, anakmoe si Moeljana . Soebekti 22 iki lo sadoeloermoe lanang ." Ingkang katimbalan énggal madjeng , soepé manawi wonten ingarsanipoen ingkang boepati sakalijan , sami ngrangkoel gapjoek dateng R. Moeljana , tiga pisan sami nangis sarta takèn -tinakèn wartos . Sasampoenipoen aring, ingkang boepati ndangoe moerih sagedipoen raket babar pisan , poenapa R. Moeljana poeroen kapoendoet mantoe kaḍaoepaken kalijan R. A. Soewarni . Atoeripoen Moeljana sandika nglampahi , sarta moendjoek sakalangkoeng kapoenḍi .

Raméning soemebaripoen kabar sampoen doemoegi ing poendi poendi bilih R. M. Adipati Tjakranagara boepati ing Sidamoekti , badé kagoengan damel mantoe ambata rebah R. M. Soewarna daoep lan rara Soebekti , R. A. Soewarni daoep lan R. Moeljana. Tjalon mantoe -mantoenipoen ingkang boepati dados sekar lambé tijangtijang sami ngraosi begdja . Sawenèh tjarijos : sampoen mesținipoen , jèn R. Moeljana kapoendoet mantoe , awit ingkang boepati sampoen kepotangan ageng poenapa malih damelipoen R. Moeljana pantjèn peng -pengan , sarta sasat dados anak -ma sipoen toewan Resident. Nitik damel sarta saéning boedinipoen , bokmanawi ing tembé R. Moeljana saged mengkoe kadradjatan ageng . Mila ingkang boepati inggih boten klintoe pamoendoetipoen poetra mantoe .

Katjarijos kirang sawoelan saking dawahing damel , dalem ka boepatèn sampoen wiwit katata, kapadjang -padjang mawi obar abir bandéra Walandi sarta bandéra goela klapa, sakelangkoeng asri tiningalan . Panggénan gangsa , muziek , sepèn minoeman , sa- . daja sampoen katata pèni .

Damel kirang saminggoe , dalem kaboepatèn sampoen oemjoeng raménipoen tijang olah -olah . Serat oelem -oelem sampoen soemebar ing mantja nagari, katah para boepati sarta para pangageng Walandi ingkang karenan ing panggalih tampi oelem -oelem poenika , èsţining manah badé merlokaken dateng sakalijan paring wiloedjeng dateng pinangantèn. Serat dawoeh timbalan dateng para prijantoen bawahipoen inggih sampoen soemebar .

Malem midadarèni gangsa wiwit ngoejoe oejoe , ing dalem ka boepatèn sampoen katah prijantoen ingkang sami sowan . Éndjing ipoen saja riboet polahing tijang ingkang badé ningali . Ing aloen aloen kapasangan oemboel -oemboel sarta kapadjang djanoer oeroet pinggir pating klèbèt sarta pating srawé, katempoeh ing angin damel lamlaming pandoeloe , èsținipoen kados nḍèrèk bingah saha atoer wiloedjeng dateng pinangantèn .

Djam 9 prijantoen -prijantoen sarta pangoeloe saha réréhanipoen sami katimbalan loemebet ing dalem kaboepatèn manganggé basahan . Sakeḍdap malih ndlidir datengipoen tamoe prijagoeng Walandi Djawi sami awahana motor, sadaja ngagem pangageman ageng .

Djam 10 ingkang boepati dawoeh dateng pangoeloe ningkahaken poetranipoen R. M. Soewarna , daoep lan rara Soebekti . Rampoeng ing paningkah ladjeng ndonga wiloedjeng .

Bakda poenika ingkang boepati dawoeh ningkahaken poetra poetrinipoen R. A. Soewarni daoep lan R. Moeljana. Kèndel ang gènipoen dawoeh , kasaroe datengipoen oepas pos ngatoeraken telegram toemoedjoe dateng R. Moeljana . Télegram kabikak , tetéla saking Kangdjeng Toewan Resident ing Semarang , menggah soeraosipoen : R. Moeljana katetepaken wadana ing kita paresi dénan ngrikoe . Télegram kaoendjoekaken dateng ingkang boepati , sasampoenipoen kapriksanan , ladjeng katjaosaken toewan resi

8. Moeljana kepanggih bapakipoen .

dént ing na ari ngrikoe, ingkang oegi rawoeh ndjenengi . Toe wan residènt soeka ing panggalih, dawoeh soerak dateng para ingkang sami wonten ing ngrikoe. Soerak pinda ampoehan sa rengan kalijan oengeling gangsa , tjara balèn sarta muziek ambal ambalan . Sireping swara, paningkahipoen kaladjengaken kanți wiloedjeng

Sontenipoen receptie ageng , Kangdjeng Toewan Residènt rawoeh malih, sadaja assistènt -residènt lan boepati -boepati ing bawah paresidenan ngrikoe sarta katah boepati mantja nagari sami rawoeh ndjenengi . Kangdjeng Toewan Residènt kondisi paring wiloedjeng dateng ingkang boepati sakalijan saha dateng pangantèn kalih kembaran , boten soepé mawi ngalembana dateng R. Moel : jana . Ingkang boepati mangsoeli kondisi , telas pangandikanipoen sinambetan soerak sarta gangsa toewin muziek . ·

Samangké R. Moeljana madjeng ingarsanipoen Kangdjeng Toe wan Residènt, moendjoek sembah noewoen dateng pangandika nipoen ingkang kaṭah-kaṭah. Sasampoenipoen poenika ladjeng moendjoek kalilana nganḍaraken sadaja lelampahanipoen wiwit laré anggenipoen kelara lara, soepados kénging kanggé tetoeladan .

R. Moeljana noenten tjarijos ngaken manawi awakipoen poenika toeroening tijang soedra , ingkang gadah anak nama Prana-ardja

sadaja lelampahanipoen dipoen - andaraken boten wonten ingkang kelangkoengan .

Tjep , sakèndeling kondisi , wonten oepas satoenggal mladjeng ing tengahing pandapi , inggih poenika oepas Kartadrana , ingkang pinoedjoe ndèrèk toewan assistent resident Manggihardja . Wi tjantenipoen kalijan ngrangkoel R. Moeljana sarwi nangis ngglolo : „ O , Allah , déné kowé nggèr , anakkoe Moeljana , ora njana ora ngimpi bisa ketemoe . Delengen iki bapakmoe si Prana-ardja bijèn ."

Mireng temboeng makaten poenika bok Prana-ardja sarta Soe bekti énggal sami mladjengi Prana -ardja, satemah sakawan pisan sami tangis - tinangisan . Sadaja ingkang sami pirsa sanget ngeres ipoen , kaṭah ingkang sami ngrentahaken waspa abéla karoena . Sasampoenipoen sami aring, pasamoean kaladjengaken , wiloedjeng boten wonten sakara -kara.

449. Serat Pranatjitra . Dj . 136 k. 8 °, . f 0,95. Tjarijos lelampahanipoen Pranatjitra kalijan rara Mendoet kala alamipoen Toemenggoeng Wiragoena , ing Mataram .

Sarèhning tjarijos poenika kadjawi dipoen -senengi sanget dateng bangsa Djawi , malah ngantos dados oeran -oeraning akaṭah , inggih pantjèn adi sajektos ; mila boten perloe katerangaken kaṭah katah, prajoginipoen ladjeng sami kaparenga moendoet toembas kémawon , moerih boten andadosaken tjoewaning panggalih .

474. Poerasani . Jasawidagda . Dj . 87 k. 8°, f 0,75.

Tjarijos lelampahanipoen Poerasani , wiwit pindah grija , ngan tos rabi malih angsal talèdèk ingkang ladjeng mitenah. Nanging saged angsal pitoeloenganing bodjonipoen sepoeh , ingkang sampoen késah abikak koplakan, inggih djalaran kawon kalijan talèdèk waoe . Déné Poerasani saladjengipoen lastantoen dados bodjonipoen bok sepoeh waoe .

580. Mitra moesibat. R. Loerah Djajèng-oetara . Dj . 87 k. 8°, f 0,75.

Njarijosaken saḍèrèk kekalih sami reroekoenan dagang , woesana apepisahan , dagang pijambak -pijambak, awit ingkang nèm ladjeng tiroe ipénipoen moesibat dados tijang njerèt, wasana gesangipoen dawah ing kemlaratan . Nanging sareng ipénipoen pedjah : saged medot sarta ladjeng sregep ing damel poelih katjekapanipoen malih .

Serat poenika tjarijosipoen njenengaken sanget dateng para maos .

595. Banda-poesaka . R. Sasraharsana . Dj . 88. k. 8 ° , f 0,75. Njarijosaken lelampahanipoen Wahjana , wiwit kabekta késah iboenipoen , sarta ladjeng katilar pedjah wonten ing grijaning randa miskin ingkang sadjatosipoen tilas rèntjanging iboenipoen . Woesana Wahjana angsal margi saé saged dados Wadana .

Sadaja ingkang sampoen sami dipoen lampahi dateng Wahjana pantes dados tetoeladaning para moeda , sarta wonten ingkang adamel welas. Tjekakipoen serat poenika perloe kasoemerepan ing katah.

414. Mrodjol selaning garoe . R. Sasraharsana . Dj . 86 k. 8°, f 0,60. · •

Satoenggiling tjarijos ingkang pinanggih wonten ing Banjoemas nalika bandjir ageng taoen 1861. Déné ingkang dados djedjering tjarijos : lelampahanipoen tijang nama Kasan Ngali sabatihipoen sami kesangsaran nalika bandjir waoe .

PMITI Beena6089 #22c4a040836 . (690659d3ee STTY410UCER MSM RORa

Stockton, Calif.

Digitized byGogle