Serie No. 32 Noorkaas Regi 5.0.20Wmns Hoodaar WASON PL 5179 S47 1922 SENGGOETROE . ASIA Salinan saka kagoengané toewan Dr. G. A. J. HAZEU. Tjap - tjapan kang kaping teloe . UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR. Wedalan Balé Poestaka .
CORNELL WACEN UNIVERSITY PL LIBRARY 5179 547 1922 GE NABRINK & SON OLD & MODERN BOOKS Korte Korsjespoortsteeg 8 1012 TC AMSTERDAM The Netherlands
Sekolah.kelas . II No.2 NAWEN 19 Februari 19347)
IBRARIES
Sekolah kelas
(Rie ook ) ?? 1868 KONTAKLUKINSTITUUT voor /30 TAAL-, LAND- en VOLKENKUN
SENGGOETROE. Salinan saka kagoengané toewan Dr. G. A. J. HAZEU . Tjap - tjapan kang kaping teloe . DRUKKERIJ VOLKSLECTUUR , WELTEVREDEN 1922. Wedalan Balé Poestaka. E 12 kela NOAWEN sadé djenang dateng peken, awitjanten dateng anakipoen makaten :
„Senggoetroe ! Pikirkoe rada ora kepénak , tangga désa kidoul koewé anaké mentas dipangan ing boeta , moenggoeh saka karepkoe : kowé miloea akoe loenga menjang pasar ."
Wangsoelanipoen Senggoetroe : „Bijoeng, akoe ana ngomah baé , moeng lading gapit tjilik kaé tinggalen takgawané , siwa Boeta Idjo saiki wis ora pati nggolèki akoe , jèn teka, saben anjeloek akoe bandjoer taksaoeri , dèwèké wis nrima, sarta bandjoer mangan djenang ngèngèhankoe baé. "
Bijoengipoen Senggoetroe ladjeng késah kalihan witjanten : „ Ija ta, nanging sing ngati -ati , djenangmoe takdèkèkaké ana ing salang . "
Ija, bijoeng, mengko jèn Senggoetroe amangsoeli : „ akoe arep mangan takdjoepoeké déwé ."
Sakésahipoen bok randa, poen Senggoetroe ladjeng oempetan ; sareng sampoen wantji ngadjengaken petjat sawet enèm , Boeta Idjo dateng . Saweg doemoegi ing latar sampoen atjeloektjeloek kados adatipoen : „Senggoetroe ! Senggoetroe ! "
Wangsoelanipoen Senggoetroe semoe anjenjampahi :
„Walang pontang , wa."
Boeta Idjo : „Embokmoe menjang ngendi ?"
Senggoetroe : „ Menjang pasar, wa."
Boeta Idjo : „Ngèngèhané apa ?"
Senggoetroe : Ngèngèhané djenang , wa."
Boeta Idjo : „Ana ngendi ?"
Senggoetroe : „Ana salang, wa . "
Boeta Idjo : „ Wadahé apa ?"
Senggoetroe : „ Wadahé pandjang , wa, soeroené patjoel gowang , wa."
Boeta Idjo : „Enggonmoe ana ngendi ? "
Senggoetroe : „Ora karoehan , wa."
Boeta Idjo anggèning madosi ngantos dangoe boten saged pinanggih , manahipoen kaken sanget , ladjeng amendet djenang ingkang goemandoel ing salang : kateda . Sareng sampoen telas panedanipoen , ladjeng dateng pawon, mingak-mingoek ngoepados tetedan sanèsipoen , aningali ing paga wonten beton nangka mentah salajah ageng, dipoenpendet ladjeng kabakar sadaja . Samatengipoen toemoenten kateda, dipoeniras wonten ingadjeng pawon kalihan alinggih ing batok boloe ,telas panedanipoen beton , Boeta Idjo wahing. Ing mangka poen Senggoetroe anggènipoen ndelik wonten ing batok boloe ingkang kadamel linggih waoe . Poen Senggoetroe mireng wahingipoen kagèt ndjelih . Boeta Idjo goemoedjeng nggoegoek , witjantenipoen : „Lah , saiki , Senggoetroe , kowé bisa ketemoe ."
Batok ladjeng dipoenbikak , Senggoetroe katjepeng, Boeta Idjo witjanten malih : „ Lah , déné menis -menis temen roepamoe , Senggoetroe ! saiba segeré rasané awakmoe kijé ."
Senggoetroe mangsoeli : „Wa Boeta Idjo ! akoé adja kopangan , waregmoe sapira, akoe moendak mati ."
Boeta Idjo : „Apa abamoe ."
Poen Senggoetroe badé kateda, saweg dipoenangabaken tjangkemipoen Boeta Idjo ladjeng mantjolot dateng telak, loemebet ing goewa-garba , wiloedjeng boten kamamah . Senggoetroe wonten wadoeking Boeta Idjo witjanten :
„Wa, wa, Boeta Idjo ! sing poetih -poetih dawa iki apa ?" Boeta Idjo : „Koewi oesoes ."
Senggoetroe : „Dakirisé , ja, wa !"
Boeta Idjo : „Adja , Senggoetroe , saiba larané oesoeskoe arep koiris ."
Senggoetroe : „Apa abamoe " maoe kowé dakpenging mangan akoe ija ora gelem , kowé koedoe gawé patikoe, toer pamanganmoe ora sapira, nganggo kowé tjalatoe : „Apa abamoe ,” saiki gentèn , sanadjan kowé boeta loewih gedé doewoer prakosa banget , ananging saiki kowé dadi ringkih ."
Boeta Idjo : „ O, enggèr Senggoetroe , alimana akoe , oesoeskoe adja koiris."
Senggoetroe : „ Moelané wong doewé pangoewasa ikoe adja doemèh jèn lagi menang , hara, akoe wetokna, mengko jèn akoe wis ana ing djaba mesți ora sida dakiris oesoesmoe ."
Boeta Idjo „ O, ora bisa , Senggoetroe , akoe moetahaké kowé ."
Senggoetroe : „ Sanadjan kowé bisa ngoetahaké akoe , ja bandjoer kopatèni."
Oesoesipoen Boeta Idjo ladjeng dipoeniris-iris , Boeta Idjo klabakan ndawah, sambatipoen :
„Senggoetroe ! mati akoe ."
Senggoetroe : „Sing goemantoeng tangkeban sapasang iki apa , wa ? "
Boeta Idjo : „ O, koewi ati, Senggoetroe ."
Senggoetroe : „ Dakirisé , ja, wa !"
Boeta Idjo : „ O , adja , enggèr , Senggoetroe !".
Senggoetroe : „Apa abamoe ."
Ladjeng dipoeniris , Boeta Idjo asesambat bengakbengok : „ Mati akoe , larané ora djamak .”
Senggoetroe : „Polahmoe ora karoehan , wa, apa saka boengahmoe , lah sing kaja kembang gedang iki apa, wa ?"
Boeta Idjo : „Koewi djantoeng , Senggoetroe , adja koepik-epik, akoe mengko bakal mati , jèn djantoengkoe koiris ."
Senggoetroe : „ Jèn djantoengmoe ora olèh dakiris , sing dakpangan apa , wetengkoe ngelèh . "
Boeta Idjo : „Lijané baé , Senggoetroe , adja koewi."
Senggoetroe : „ Wa, wa, iki apa sing rada, boender ?"
Boeta Idjo : „ Ikoe gindjel , Senggoetroe . "
Senggoetroe : „Dakirisé , ja, wa ?"
Boeta Idjo : „ O , adja . "
Senggoetroe : „ Lah, kepijé , sing dakpangan apa , ngèngèhankoe djenang wis kopangan , akoe milih -milih sing bakal dakpangan , kowé koedoe ora olèh .”
Boten tarèn malih poen Senggoetroe ladjeng ngirisi djeroanipoen Boeta Idjo , saking sakitipoen, danawa Idjo klabakan ladjeng pedjah wonten dadah kebon wingking grija , Senggoetroe atjeloektjeloek :
„Wa ! wa ! Boeta Idjo ! wa ! wa ! lo kok teka meneng baé siwa iki, apa toeroe , apa wis mati , djadjal djeroané dakirisé manèh , jèn isih oerip kang mesți sambat . "
Boeta Idjo dipoenirisi djeroanipoen mèndel kémawon, amratandani bilih sampoen pedjah , poen Senggoetroe wonten wetenging danawa mindak ageng , kados kalimrahanipoen laré, ladjeng medal . Senggoetroe soemerep woedjoeding danawa éram sanget , sabab woedjoedipoen langkoeng ageng inggil , mila Senggoetroe ngoenandika makaten :
„Akoe iki saméné tjilikkoe , apa manèh botjah wadon, ing mangka bisa ngalahaké boeta kang samono gedédoewoeré , lan kang dadi werining botjah -botjah kabèh , dadi tetéla banget saka pitoeloenging Allah. "
Poen Senggoetroe mantoek ladjeng adoes , badanipoen sakodjoer dipoenlandani , sindjang lan rasoekanipoen dipoenwasoehi , ladjeng santoen panganggé . Saweg djoengkatan wonten sangadjenging kori , embokipoen Senggoetroe dateng , njèlèhaken bebektanipoen kalihan witjanten :
„Senggoetroe , kowé teka amandan rawa ? adoes kramas , angadi warna, teka petjah pamoré anakkoe , enja gilo, dakolèh -olèhaké kang dadi dojananmoe , panganen .
Wangsoelanipoen Senggoetroe : „ Ija, bijoeng , mengko kowé dakkandani, wetengkoe selak ngelèh , dakmangan olèh -oleh disik ."
Senggoetroe ladjeng neda sekoel oelam sarta panganan oleh -oleh wave , sareng sampoen toewoek wiwit tjarijos :
„Bijoeng , sapoengkoermoe maoe siwa Boeta Idjo mréné, nggolèki akoe , ora bisa ketemoe . Barang simpenan kabèh dipangani; soewé -soewé nggolèki akoe ketemoe , bandjoer dioental, bareng akoe ana sadjroning wadoek boeta , djeroané kabèh dakirisi . Soewé -soewé si Boeta Idjo mati, bijoeng, wetengé dakbedah , bareng wis bolong akoe noeli metoe kalawan slamet . "
Bijoengé tjalatoe : „O, enggèr , dadi kowé dèk mace dioental boeta , rahajoe banget déné bisa metoe kalawan slamet."
Anakipoen dipoenrangkoel sarta dipoenamboengi , temboengipoen : „ Saiki ana ngendi , nggèr , boetané ?"
Wangsoelanipoen Senggoetroe : „Ana ndadah kebon boeri kana, bijoeng."
Bok randa énggal anoewèni bangkéning danawa; sareng soemerep langkoeng adjrihipoen, ladjeng wangsoel kémawon, anakipoen dipoenpoeroegi saha dipoenrangkoel malih , witjantenipoen :
,,Senggoetroe , kaprijé déné kowé bisa matèni boeta kang samono gedéné ? "
Wangsoelanipoen Senggoetroe : „ Ija, bijoeng, lah wong boeta salah , dadi moenggoeh patiné ija kalawan gampang , enggonkoe matèni ora rekasa ."
Saking bingahing manah , bok randa énggal amiloedjengaken ingkang winastan „Narawéda." Para tangga tepalihipoen sami dipoenoendangi , ingkang sami dateng kalebet wakiling Brahmana (toekang donga) wonten tijang woloe , sami linggih wonten ngambèn angepoeng ambengan . Bok randa madjeng sarta witjanten : „Sadèrèkkoela ingkang sepoeh toewin ingkang enèm , mila koelaatoeri sami pinarak ing saloe pirantoskoela , perloe koelaatoeri naksèni , koela amiloedjengi anakkoela poen Senggoetroe , djalaran mentas kateda danawa saged medal saking goewa garba kanți wiloedjeng, malah -malah danawanipoen pedjah , déné anakkoela waoe , itjala badjang sawanipoen , rineksaha ing Déwa."
Brahmana ladjeng ndongani ambeng kadjatipoen bok randa waoe , sabakdaning donga , ambeng kabagé waradin kados adat , tirahaning panedanipoen sami kabekta mantoek pijambak-pijambak , ingkang kawastanan sekoel brekat.
Katjarijos poen Senggoetroe saja ageng , warninipoen katingal saé, ngantos dados kondang -kidoenging para djedjaka ing padoesoenan prepat mantja gangsal. Déné para tetijang ing doesoen ngrikoe taksih sami prihatos kémawon ; sabab kadang kala taksih kaambah ing danawa ingkang saéngga weri , lami-lami wartos waoe sampoen kamirengan ing nagari Djenggala . Menggah ingkang djoemeneng Nata wonten ing nagari Djenggala Maha Praboe Lemboe Amiloehoer , mijos tinangkil ing siti loehoer kados saben -saben , kapraboning Narendra ageng , kaadep déning para poetra , ingkang sami sowan : 1. Radèn Pandji Asmarabangoen , 2. Radèn Pandji Tjarangwaspa 3. Bradjanata , 4. Kartala , 5. Andaga , 6. Wiroen , 7 Soenggingan , poenapa malih kadangkadéan sadaja pepak . Déné ingkang magelaran Patih Koedanawarsa sakantjanipoen Boepati sapangandap sadaja . Sang Nata lenggah ing dampar kantjana kados Djawata angédja -wantah.
Rekjana Patih Koedanawarsa sowan ingarsa Nata nembah ladjeng matoer :
„Doeh! Goesti kawoela Sang Praboe , kawoela angoendjoeki oeninga , siti kagoengan Nata, inggih poenika ing doesoen Welahan , samangké dipoenambah déning danawa wanan , dados ing doesoen waoe kapétang mangsa prasé , kawoelaning Nata sami sisah sadaja , boten saged nggarap sabin toewin pategilanipoen ."
Sang Praboe ing Djenggala mireng lapoeranipoen kjai Patih , welas dateng para tijang ingkang sami karisakan waoe , doeka salebeting panggalih , ngantos gondjing palenggahanipoen . Ing wasana karsa midji dateng poetra ingkang nama Radên Wiroen , andikaning Nata :
„Koeloep, Wiroen , sira ingsoenoetoes , ilangna we rining désa Welahan , ja ikoe kang roepa boeta alasan , anganția adinira si Arja Soenggingan ; wis koeloep , bandjoer mangkata sadina iki, sabab mesakaké botjahbotjah ndésa kabèh ."
Atoeripoen Radèn Wiroen : „Noewoen inggih sandika . "
Radèn Wiroen ladjeng pangkat kalihan ingkang raji Radèn Soenggingan , keboet sawadya -balanipoen , lampahipoen ing margi boten katjarijos .
Sang Praboe Lemboe Amiloehoer anggèning siniwaka kondoer angenjapoeri , kjai Patih sakantjanipoen sami mantoek pijambak-pijambak.
Gentos tjinarijos . Lampahipoen Radèn Wiroen doemoegi ing doesoen Welahan , kèndel sadinten -sadaloe angasokaken sarira. Éndjingipoen pirembag kalihan ingkang raji Arja Soenggingan soemedja amadosi danawa poendi panggénanipoen .
Dawoehipoen (dateng) Raden Wiroen: „ Jaji, sira loemakoea mangidoel , akoe kang mangalor."
Wonten loerah sepoeh moendjoek dateng Radèn Wiroen : „Doeh ! Goesti , sadaja karsa padoeka poenika prajogi , ananging moerih majaripoen ing lampah makaten : Para pangageng doesoen , oemboel , boejoet sami katimbalan; menggah perloenipoen kadawoehan anedahaken panggénaning danawa, manawi sampoen kantenan dangkanipoen , oetawi pasabanipoen , boten rekaos anggèning moeroegi badé marwasa. "
Radèn Arja Wiroen mireng atoering kawoelanipoen makaten waoe , kagalih langkoeng prajogi, ladjeng ngandika dateng Radèn Soenggingan :
Jaji , dakrasa -rasa loewih prajoga atoeré si loerah „
Denta. Lah , iki , jaji , oetamané wong leloengan kanți wong toewa, sacepama lakoe iki maoe bandjoer pada dilakoni kaja prijé , kang masți bandjoer sajah , si boeta doeroeng bisa ketemoe ."
Radèn Wiroen ladjeng dawoeh dateng loerah Denta soepados anglempakaken para pangagenging doesoendoesoen oetawi boejoet oemboer .
Loerah Denta ladjeng préntah dateng Soeradenti , saha toemoenten angradinaken préntah , kanți djadjar sadasa , boten dangoe sami angirid oemboel boejoet sami sowan ngarsanipoen Radèn Wiroen , kalihan sampoen mirantos dedamel .
Radèn Wiroen ndangoe dateng para boejoet , oemboel , ingkang sami dateng : „Eh, boejoet , lan para oemboel kabèh , moenggoeh panggonané boeta kang dadi werining padésan ikoe, dangkané ngendi, lan sing kerep diambah ingendi ?"
Atoeripoen boejoet ing Welahan : „Noeninggih , Goesti, manawi ing wantji éndjing makaten poenika, sami tilem ing groemboel -groemboel toewin panggénan goewagoewa ingkang sepi boten kaambah ing tijang ;mangké wantji tijang doesoen sami mantoek saking peken , ladjeng tangi angadang margi , poendi ingkang saged katjepeng ladjeng kateda , terkadang mangké sakedap sami pating -tlasak dateng ing padoesoenan . "
Radèn Wiroen ngandika : „Mara , paman boejoet , ingendi panggonané akoe toedoehna , si weri boeta ? "
Boejoet Welahan ladjeng ndèrèkaken Radèn Wiroen , anedahaken panggénaning danawa ,Radèn Wiroen énggal tedak manoet pitedahipoen ki boejoet , doemoegi ing groemboel wana Tjepokal .Ki boejoet moendjoek :
„Goesti , inggih groemboel ingkang ageng pijambak poevika , ingkang sami dipoenenggèni para danawa weri . "
Radèn Wiroen soeka ing panggalih ; groemboel ladjeng kadawoehan ngepang , barisan ingadjeng para abdi nagari , ing wingking para boejoet oemboel , oetawi tijang alit ingkang kawitjal kendel, sami pating-bațițit . Sareng sampoen tepang pangepangipoen , tengara gong -bèri kadawoehan naboeh , swaranipoen oejeran nggegeteri ; mangka saben abdi loerah satoenggal , gong -bèri kalih , mila swaranipoen saklangkoeng ramé.
Katjarijos para danawa taksih sami sakétja atilem. Sareng mireng swara oejeran angebeki wana, sami kagèt tangi saking nggèning sami tilem , goegoep pating-gedandap medal saking groemboel , anatab kekadjengan , wonten ingkang kasarimpet ing bebondotan .
Wondéné para ingkang sami ngepang , soemerep solahing danawa medal saking groemboel pating-bedigas angadjrihi , ingkang djirih loemadjeng , wonten ingkang ndéprok, wonten ingkang adjelih-djelih sesambat bapa bijoeng, wonten ingkang pating-biloeloeng pados pandelikan, ingkang kendel sami ambekik , kantja nagari sami asoerak -soerak . Para danawa ladjeng dipoenkrotjok ing dedamel , danawa anandang kanin , ladjeng nradjang poeroen . Nir baja, nir wikara , kroda angamah -amah amakikikan , goemoeloeng ander-pati , angerah , angerek anjenjempal , gègèr para tetijang kados gabah dipoeninteri, tanboeh -tanboeh solahipoen , pamoeking danawa nggegirisi , wadyanipoen Radèn Wiroen boten manggapoelih , ngisis asar -saran .
Radèn Wiroen mirsa abdi sadaja sami kasoran prangipoen lan danawa ingkang ambeg doertjara, doéka jajah
k dams sinipi , angasta talempak anaradjang poeroen , sinander ing ditya tjaroek asilih oengkih . Saking kijatipoen Radèn Wiroen , saking agenging danawa, talempak ingkang kagem anjoeţat danawa: poetoeng , ditya njander anoebroek badé angroeket tinabok pedjah kapisanan . Radèn Wiroen kinaroeboet ing danawa katah boten mingkoeh , solahipoen tjoekat kebat kados prendjak tinadji . Danawa ingkang tjelak sami pedjah déning asta kémawon. Saja dangoe rota-danawa langkoeng katah ingkang dateng amarwasa Radèn Wiroen , kalindihing prang Radèn Wiroen kénging katjepeng kaboetjal tebih . Déné Radèn Soenggingan makaten oegi , dawahipoen katampénan raka Radèn Wiroen , ladjeng kadangoe:
Jaji , sira apa isih wani prang lan boeta manèh ." „ Atoeripoen Radèn Soenggingan : „ Taksih poeroen , kangmas , saoepami wewaha samanten engkas , koela boten badé oelap , kangmas " .
Raden Wiroen ngandika malih : „Lah mangkono , koewanèné Radja sinatrija ikoe, koedoe binéda lan bangsa kalésa , akoe ija mentas diboewang ing boeta , jaji , sarta doeroeng soewé tangikoe, sira katon koemléjang énggal daktjandak iki . Lo ! lo ! lo ! jaji, daksawang boeta kaé kaja pada boengah -boengah temen , pating galidro anjedak maréné . Jaji adja kongsi kesoewèn, énggal dakpoengkasané .
Radèn Wiroen angasta djemparing angembat langkap, medal mbaroeboel sandjata gandawastra , koemroesoek ingawijat kébekan djemparing, anggijoet dateng h rota danawa , goendam -goendam sami loemadjeng nggendring , bibar laroet sadaja sinaponan djemparing.
Ki loerah Soeradenta Soeradenti sami marek ing goesti oematoer alon : „Doeh goesti , moegi kaoeningana , mengsah rota danawa sapoenika sampoen sirna, ingkang kantoen pedjah sadaja oetawi satengah pedjah , amoeng pating glereng , ngadeg -ngadeg rebah .
Radèn Wiroen ngandika : „ Jèn mangkono , ajo pada ngaso, ngantarakaké bokmanawa sédjé dina boetané bali manèh aminta sraja ; saiki kantjamoe pada oendangana mangkat marang désa Welahan . "
Ki loerah matoer : „ Sandika, goesti .
Bendé gong bèri ladjeng tinaboeh angoengkoeng , wadya -bala ladjeng mangkat bidal alon -lonan . Boten dangoe doemoegi ing doesoen Welahan . Radèn Wiroen dipoenatoeri sipeng ing grijanipoen boejoet Welahan , angentosi rota danawa, taksih poeroen angresahi padoesoenan malih poenapa boten; para wadya-bala sami makoewon sadjawining doesoen , anjakétjakaken badan pijambakpijambak .
Ing satoenggiling dinten, Radèn Wiroen karsa amengameng alelédang ndjadjah doesoen Welahan , Radèn Soenggingan boten ndèrèk, amoeng kadèrèkaken loerah sepoeh kekalih . Samargi -margi ndangoe nalika danawa angambah padoesoenan toewin grija-grija poendi ingkang dipoenlebeti ing danawa waoe .
Atoeripoen oemboel ingkang ndèrèk : „Goesti , menggah kagoengandalem doesoen poenika, prasasat sadaja grijanipoen abdidalem sami kalebetan rota danawa , nanging para tetijang ingkang sami gegrija boten koewawi
-nanggoelang danawa weri waoe , goesti , mila dipoenpilaoer angili angoengsèkaken anak rajatipoen. Ewadéné wonten lelampahan ingkang sanget élok, ngantos anggoemoenaken sanget , inggih poenika wonten danawa Idjo ingkang ageng inggil anglangkoengi kantjanipoen , poenika pedjahipoen kalihan raré alit toer èstri."
Radèn Wiroen goemoedjeng alatah mireng atoer makaten waoe , andikanipoen : „ Paman oemboel , tjaritanira ikoe teka kaleboe ndoepara , kaprijé nalaré , déné botjah wadon tjilik bisa matèni boeta kang loewih gedé doewoer , ing mangka kowé mentas anjaritakaké boeta kang loemrah baé pada sira tanggoelang kalawan gegaman pada kalah, wekasan matining boeta maoe moeng déning botjah wadon kang isih tjilik , apa ora kaliroe, paman oemboel , mara akoe tjaritakna sabab -sababé ."
Ki oemboel malèngèh goemoedjeng sarwi toemoengkoel , saha ladjeng angatoeraken lelampahanipoen Senggoetroe kaoental ing danawa ngantos doemoegi pedjahing danawa Idjo , rara Senggoetroe waloeja doemoegi samangké , oetawi malih bangkéning danawa oegi taksih wonten kebonipoen .
Radja poetra ing Djenggala Radèn Wiroen éram mireng atoering oemboel waoe , ladjeng kadawoehan anedahaken panggénanipoen batang danawa, Radèn Wiroen kadèrèkaken . Sadoemoegining panggénan batang danawa, mirsa woedjoedipoen saweg angaboeh -aboehi , saja sanget ngoengoen , déné badanipoen ageng pandjang .
Rara Senggoetroe wonten ing grija, manahipoen awidag -widig , kedah medal saking grija toemoet kantjanipoen para rara ingkang pating-garoebjoeg patingtalénok aningali poetra ing Djenggala Radèn Wiroen ingkang kondang bagoes tanpa sama . Dasar sampoen raré diwasa, warninipoen montjol pijambak, anggèning badé soemerep Radèn Wiroen katah palanganipoen ; mangka Sang kinondang bagoes tanpa sami saba kebonipoen . Senggoetroe ladjeng medal saking grija, doemoegi tritis grija wingking ndodok , amoeng aling-aling prawan satoenggal , ingkang kiwa sigoeg ing warni , mila saja EA njaèkaken woedjoedipoen Senggoetroe , anggèning mandeng anamataken Radèn Wiroen boten kirang tjeța .
Rara Senggoetroe angoenandika : I, i, i, njata bagoes banget Goesti Wiroen koewi , sadjegkoe oerip doeroeng weroeh wong bagoes kaja mangkono . Digolèkana ngalam -donja iki ora ana manèh , moeng Goesti Wiroen , pantes baé dadi kondang -kidoenging djagat, géné saleléwané sarwa patoet, apa tekané kéné iki nggawa goena desți , teka gawé rasaning atikoe .Doeh Goestikoe 2: wong bagoes !moegi asiha dateng badankoela ".
Ingkang saweg amirsani bangkéning danawa mèsem angandika : „Èh , oemboel , déné bolonging weteng boeta iki ora pati amba ,botjahé sapira gedéné , lan ingendi omahé ? "
Atoering oemboel : „Doeh ,Goesti Wiroen , raré waoe sareng medal saking goewa -garbaning danawa , samangké sampoen ageng . Inggih poenika , rarénipoen wonten wingking grija ampingan rara ingkang tjemeng poenika , Goesti . "
Radèn Wiroen mirsa warninipoen rara Senggoetroe kasmaran salebeting panggalih ,doek tempoek paningalipoen Radèn Wiroen lan rara Senggoetroe panggalihipoen ladjeng réwa keplèsèt ,sarta ladjeng ndangoe : koemesar ,
botjah wadon , sapa sing doewé omah tjilik , „ É, teka betjik lan koemrisik ? "
Prawan tjemeng loemantjang oematoer : „Doeh , Goesti ! poenika grijanipoen bok Senggoetroe , inggih poenika embokipoen raré ingkang wonten wingkingkoela poenika."
Rara Senggoetroe toemoengkoel mèsem , Radèn Wiroen saja gambira solahipoen , angandika dateng ki oemboel :
„Lah ta, oemboel , sira timbalana bok randa kang anaké ajoe ."
Ki oemboel sampoen pinanggih njai randa wonten nglatar , ladjeng kairid sowan. Sadoemoeginipoen ngarsaning Radèn Wiroen ladjeng matoer :
„Poenika , goesti , tijang ingkang gadah anak ajoe poen Senggoetroe .
iki Radèn Wiroen : „É, embok randa , apa anakmoe kang bisa matèni boeta ? "
„Inggih , ingkang medjahi danawa Bok randa : goesti , Idjo poenika anakkoela poen Senggoetroe .
Radèn Wiroen : „Jèn mengkono anakira ikoe woes awit woes anglakoni ana prasasat tapa , bok randa , weteng boeta ,kang ikoe bok randa , jèn kowé tjondong ing pamikir , anakira si Senggoetroe ingsoen poendoet dadia garwaningsoen .
Noewoen inggih ,goesti ,kawoela amoeng Bok randa : ,, sadarmi anak -anak kémawon ,boten langkoeng kawoela noewoen soemangga ing goestikoela Sang binagoes .
Poen Senggoetroe ladjeng dipoendandosi , sampoen dados garwanipoen Radèn Wiroen , kabekta kondoer dateng nagari Djenggala ,lestantoen dados garwa amoekti wibawa .
DATE DUE GAYLORD PRINTEDINU.S.A.
Pualic Domain in the United