Baca PDF (OCR): Ngeronce welas : puisi using

74 halaman · 74 halaman diproses dengan OCR · 9.5 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. NGERONCE WELAS
  2. NGERONCE WELAS
  3. KATA PENGANTAR KEPALA BALAI BAHASA JAWA TIMUR
  4. DAFTAR ISI
  5. KATA PENGANTAR KEPALA BALAI BAHASA JAWA TIMUR.....ii
  6. GURIT KAWITAN
  7. TUKU KAHANAN
  8. WURUNG
  9. NYEBAR UNYIK
  10. WELAS SING KALIS
  11. NGERONCE WELAS
  12. WELAS SING AREP PUNGKAS
  13. RIKA RING AWANG-AWANG
  14. MERGA NDIKA
  15. BANGKEL SING UWIS-UWIS
  16. UDAN PUNGKASAN
  17. UAAAN MUPUS
  18. USUM GELUDUG
  19. GELnDNG
  20. PAREK RIKA
  21. MIBER NANG MEGA
  22. ADOL WELAS
  23. KETEKAN MANGSA
  24. TERUS MELAYU
  25. NGERENDA RASA
  26. LURU WELAS
  27. MUNG RIKA
  28. MALIK ILAT
  29. NGASAH WELAS
  30. MUJUDAKEN KAREP
  31. MBERAK ANTER
  32. NUTUPI BELANG
  33. KEMBANG KUDUP
  34. NYEBAR RASA ALA
  35. NJIGAL
  36. TATU LAWAS
  37. NGAMBAH SUBUH
  38. KANG BADUT
  39. NGIRIJIGI ATI
  40. MUNG SEDHELA
  41. NGELIRI DUNYA
  42. WELAS RING LAMBE
  43. NGERONCE ANGEN
  44. TATU DURUNG ARON
  45. ARAN RIKA
  46. KATON PARAN
  47. MANJINGE WELAS
  48. NAHAN HAWA
  49. PENAMPAN
  50. AWANG-AWANG
  51. PAMAN BRENGOS
  52. KEDUWUREN
  53. KEPILIS
  54. NGUDARI SUWUNG
  55. NYULAM KEMBANG
  56. MBELIYAKI LAKU SENI
  57. MERANGAS
  58. NGUNDURI KUASA
  59. MELINTIR ANGIN
  60. NGGAYUH ANGEN
  61. TENTANG PENULIS
  62. NGERONCE WELAS
  63. NGERONCE WELAS

NGERONCE WELAS

Sentot Parijoto

P u i s i

NGERONCE WELAS

Sentot Parijoto

NGERONCE WELAS Puisi Using

Penulis Sentot Parijoto

ISBN: 978-602-8334-52-5

MELAS NGEON Seoutob

Kurator Mashuri

Penanggung Jawab Mustakim

Redaktur Khoiru Ummatin

Penyunting Sentot Parijoto Mashuri

Desain Grafis Alek Subairi

Sekretariat M. Iwan Mukaffi

Diterbitkan dalam Bahasa Indonesia oleh Balai Bahasa Jawa Timur Alamat Redaksi: Jl. Siwalanpanji, Buduran, Sidoarjo, 61252. Telepon/Fax. (031) 8051752, 8071349.

Cetakan pertama, April 2019 Ukuran: 14 x 21 cm Jumlah halaman: viii + 64

Hak cipta dilindungi undang-undang Dilarang memperbanyak isi buku ini dengan bentuk dan dengan cara apapun tanpa izin tertulis dari penerbit.

KATA PENGANTAR KEPALA BALAI BAHASA JAWA TIMUR

Karya sastra merupakan hasil imajinasi dan kreasi manusia. Perkembangan penulisan karya sastra dapat dikatakan amat pesat. Dewasa ini, berbagai media dapat berfungsi atau difungsikan sebagai wahana pengungkapan nilai-nilai estetis yang berbentuk karya sastra. Selain ditulis di surat kabar, majalah, dan internet, karya-karya sastra juga ditulis atau dihimpun dalam wujud buku. Bahkan untuk jenis penerbitan buku sastra ada kecenderungan peningkatan. Keadaan tersebut ditengarai sebagai bukti apresiasi masyarakat terhadap dunia sastra bergerak ke arah yang lebih baik daripada sebelumnya.

Menyikapi hal tersebut, sejak lama Balai Bahasa Jawa Timur menerbitkan karya-karya penulis Jawa Timur dari berbagai genre, baik karya sastra berbahasa Indonesia maupun berbahasa daerah. Beberapa antologi puisi, cerita pendek, cerita rakyat, dan naskah drama telah terbit dan didistribusikan ke seluruh Indonesia melalui Balai/Kantor Bahasa.

Selain merupakan wujud apresiasi dan upaya pendokumentasian karya sastra daerah, tujuan penerbitan buku Ngeronce

Welas karya Sentot Parijoto (Hasan Sentot) adalah memelihara semangat para penggiat sastra daerah agar terus berkarya dan melestarikan warisan sastra. Penerbitan karya sastra dari subkultur Banyuwangi ini juga merupakan implementasi program untuk mengembangkan dan memberdayakan penggiat dan komunitas sastra di Jawa Timur. Kami bangga kepada para penulis yang tak kenal menyerah dalam berproses dan menghikmati dunia sastra. Semoga kebanggaan tersebut berjalan seiring dengan terlaksananya program Balai Bahasa Jawa Timur seperti Pembinaan Sanggar Sastra, Literasi, dan Bengkel Sastra dan Bahasa.

Terima kasih kami sampaikan kepada Kepala Badan Bahasa, Sentot Parijoto, dan panitia penerbitan buku ini.

Februari 2019

Drs. Mustakim, M.Hum.

DAFTAR ISI

KATA PENGANTAR KEPALA BALAI BAHASA JAWA TIMUR.....ii

GURIT KAWITAN. TUKU KAHANAN 3 WURUNG. 4 NYEBAR UNYIK. ..6 WELAS SING KALIS 7 NGERONCE WELAS ..8 WELAS SING AREP PUNGKAS 9 RIKA RING AWANG-AWANG ..10 MERGA NDIKA 11 BANGKEL SING UWIS-UWIS ..12 UDAN PUNGKASAN. 13 MUPUS ..14 USUM GELUDUG ..15 PAREK RIKA ..16 MIBER NANG MEGA .17

ADOL WELAS .18 KETEKAN MANGSA. ..19 TERUS MELAYU ..20 NGERENDA RASA ..21 LURU WELAS. 22 MUNG RIKA .23 MALIK ILAT. .24 NGASAH WELAS ..25 MUJUDAKEN KAREP 26 MBERAK ANTER. ..28 NUTUPI BELANG ..29 KEMBANG KUDUP ..30 NYEBAR RASA ALA .31 NJIGAL 32 TATU LAWAS 33 NGAMBAH SUBUH .34 KANG BADUT. ..35 NGIRIJIGI ATI ..36 MUNG SEDHELA 37 NGELIRI DUNYA. ..38 WELAS RING LAMBE 39 NGERONCE ANGEN. .40 TATU DURUNG ARON. .41 ARAN RIKA 43 KATON PARAN 44

MANJINGE WELAS. .45 NAHAN HAWA 46 48 PENAMPAN AWANG-AWANG. ..49 PAMAN BRENGOS ..50 KEDUWUREN 51 52 KEPILIS. .53 NGUDARI SUWUNG NYULAM KEMBANG ..54 MBELIYAKI LAKU SENI .55 MERANGAS ..57 ..58 NGUNDURI KUASA .59 MELINTIR ANGIN NGGAYUH ANGEN ...60 .61 TENTANG PENULIS

GURIT KAWITAN

Ngawiti nulis gurit iki Muji dunga nyang Illahi Robbi Sun kutahaken kabeh isine ati Muga bisa kewedhar nyerambahi Kabeh ubahe rasa hang dadi isi

Isi hang dibungkus ning gurit Dudu barang ketebluk teka langit Uga dudu teka panggonan wingit Njaluk sepura lan ngucap sewu amit Nang kanca dulur hang dadi penganggit

Nganggit gurit kanggo niteni mangsa Tingkah polahe rakyat lan penguwasa Kabeh wong urip mesti disiksa gudha Isun titip kuping lan titip mata Muga kabeh dijaga mane temata

Tata lan tematane nang penguripan Sing bisa disawang sak kelerepan Mata lan rasa kudu ana kaitan Duduk merga penter-penteran Iku laku apik apa ajakane setan?

Setan hawane wujude menungsa

Megawane methetheng ambi meksa Sing mikir rakyat apa hang duwe kuwasa Kabeh dipeksa lan dianggep padha Nduwure penguwasa ana Maha Kuasa

Gurit kawitan wis sun pungkasi Muga bisa mbiyak raina bengi Ginau bareng aju padha niteni Iki basa Using teka Banyuwangi Kurang lebihe kudu jujur diakoni

Sby, 26/02/2018

TUKU KAHANAN

Kebeh panjere wong kene sun undang Maling, begal, tukang ubred sun kudang Sing lali hang omongane barang suci Sun sembah aju sun sambati Kembang melathi, toh nyawa toh pati Isun kudu tetep mukti Para punjer iki nak sun taleni

Kahanan arep sun tuku Mane sing ana hang meksa isun ngaku Belang lakunisun wis kondang Ambi cara gedigi mesti ilang Hang muji isun sing arep mamang

Mamang, mamanga sira Atase magih butuh bandha Kabeh dilakoni hang sun bisa Mumpung lungguh nduwur duwe kuwasa Kain sutera buntele mane sing kerasa

Kahanan wis kecekel tangan Wong hang rame wis wareg mangan Turu sirepa sira kabeh bantalan tangan Isun tetep ngadeg, rika sun idek-idek Isun panggah mujeg

Sby, 25/02/2018

WURUNG

MU

Esem wis kadung semebar Unyik sing ana hang nampik Idin nang wak Modin Ngenteni kapan isun kawin Madahnea isun munggah derajad Kabeh sun tata lan sun etap

Uba rampe wis dicawisi Urunane wong hang titip mukti Nana hang lila kejaba kepingin bathi Kabeh sun terima lan sun janjeni Dongkar jaran teji wis ngenteni Angen isun tambah aji Diajeni merga mukti Masia tah sing teka njerune ati

Jaran teji, jaran teji Njaluk liwat dalan sepi Dalane para resi Sing kalis banda lan bendi Sak anggak-anggake isun magih wedi

Para resi, para resi Ngajak ketemu ring pucuke bengi Lamat-lamat wong padha tangi Banyu mata sing kerasa mbrebes mili Saiki, kudu gage dipungkasi

Tekad murub kesandung ring lurung Kepingin mukti pungkasane wurung Akeh wong bingung lan kelayung Sarung, gage padha kemulan sarung Isun hang salah lan getun keduhung

Sby, 26/20/2018

NYEBAR UNYIK

Iki wis dadi pesti Unyik isun dudu ngapusi Unyik hang meletik teka ati Unyik sing tahu nyulani janji Unyik sing arep golek bathi

Mara-mara unyik kecanthol empang Buru ngerti akeh wong mamang Mamang merga kasep dikudang Disambati rabine durung adang Kebimbang ati lanang

Unyik meletik sithik Kepingin ngudi daya laku apik Laku ala sing arep kemilik Kabeh karep mungga aja ditampik Unyik terus sun sebar masia cilik

Sby, 27/02/2018

WELAS SING KALIS

Welas iki tetep mbanyu mili Sonder ana hang bisa ngadang lan matesi Welas isun terus kerumat kaya jimat Sing arepa kalis gara raga pisah teka nyawa

Kadung rika welase wis suda Isun rumangsa lan lila nampa Taping isun sing gelem diganti liya Welas temata terus sun jaga

Welas iki wis nguwohaken amanat Paran bain kahanane kudu sun rumat Jungkir walik tangi aju jingkat Ngerawat jimat sing kathik sambat

Welas iki sing tau kalis Merga kebuntel kain sutera tipis Sekehe gudho wis sun tepis Pitenah hang ana sing sun gubris

SBY, 27/02/2018

NGERONCE WELAS

Welas hang merujuk teka njerune ati Terus sun rumat sing mari-mari Sing arep mandeg sing arep leren Gara mucuk umur tuwek ninen-ninen

Kembang mekar maneka rupa Ngeliri urip bareng saben dina Susah seneng gentenan teka Ayo dipapag bareng disangga

Pucil kelapa ketebluka ring latar wera Arep sun wedhar rasa pangrasa Kanggo niteni laku isun lan rika Nggayuh mukti merambat urip sara

Sara sarane wong umah-umah Sing keneng disidem kudu dikutah Uwal teka susah ngarep urip bungah Buncine mung obah lan terus njangkah

Ngeronce welas separo dalan Sing arepa kari lan ketinggalan Hang apik diuri lan dieman Hang ala dibuang mane kegiles jaman

SBY, 27/02/2018

WELAS SING AREP PUNGKAS

Ngomong welas sing arep pungkas Sekeha rasa dibuntel dadi wekas Wekas kepilu karepe ati suci Janji urip bareng sampek mati

Welase lare cilik nang wong tuwek Kementel angger ditinggal mewek Kepingin mituhu urip dhewek Samu barange kudu golek

Welase wong tuwek nyang anak Kelendi carane bisa urip enak Kabeh ditata, kabeh dirika daya Muga anake tembe mburine mulya

Mulyaaken wong tuwek lan keluarga Muga mbesuke diganjar suwarga

Sby, 28/02/2018

RIKA RING AWANG-AWANG

Rika hang ring awang-awang Gage muduna ring latar wera Mane weruh kahanan hang ana Gage temuruna penyawang rika Mane weruh uri[ sarane tangga

Rika hang ring awang-awang Sun randu ngisore uwit jambu Ayo mituhu aju melaku-melaku Buyut rika sing meneng celathu Muga gelem diajak kumpul aju ginau

Rika hang ring awang-awang Wis duwe bunci langit tawang Muga madangi pikiran mamang Melaku gancang nora pincang Kauk bareng katon girang

Rika hang wis gadug bumi Ngelesod bareng lemeke suket teki Kabeh sepakat gelem ngudari Beda penemu dudu barang mati Bisa dibeliyaki, bisa dikenceti Endi kanggo saiki, endi sangune mati

MERGA NDIKA

Kabeh merga ndika Isun dudu sapa-sapa Gadug kene aju akeh hang nyapa Uga merga ndika Ngijabahi kabeh pengdonga kula Maringi kuat raga ngelakoni urip sara

Kabeh merga ndika Ngeliri laku urip saben dina Ngajari asih sak padha-padha Kabeh merga ndika Kadung teng pundi-pundi kula ditanpa Nyabung rasa pangrasa Tanpa ndeleng rupa lan banda

Kabeh merga ndika Kula hang ina niki saged mulya Mulyakan tiyang sepah kalih lan agama

Sby, 2/03/2018

BANGKEL SING UWIS-UWIS

Bangkel rika sing mari-mari Angger papan panggone disebar sunggrak lan eri Kapan rika pungkasi?

Bangkel rika sing uwis-uwis Nyebar ambu banger lan amis Katone titen temekaken lamis kabeh wadanan rika dadekaken mimis kabeh dibedil masia sing titis

bangkel rika tambah ndadra angger wong beda dianggep ala ala-alane menungsa duduk njaluk biji teka rika kabeh diserahaken hang duwe kuwasa

kuwasane Gusti Alloh nana watese muga rika gage nyebut lan mekar welase

Sby, 05/03/2018

UDAN PUNGKASAN

Kemesok ngembungi sawah penguripan Kembang-kembang sekehe romot Kesangsang mbebeng banyu uwangan

Embungana sawah mane bero Wis wayahe nggarap kedokane Winih uritan padha didaut Gage tanduren genjah arum Bibit kawit parine wong Belambangan Sebar suburna tanduranira Akeh hang kudu disangga Sanggane wong angel pangan Penguwasa nekakaken beras manca Ilingana, sawah rika magih wera Ayo gage tandang nyukupi pangan

Genjah arum gage dirumat Merambat sulure kacang Gancang melecuti parine Sembureno rabuk kadang Pari mentes hang dikudang-kudang

Udan pungkasan Pungkasane aju bisa adang Emak-emak padha ngelumahne dandang Mucusi, karon, tapung aju madang

Sby, 06/03/2018

UAAAN MUPUS

Milu mongkog weruh rika tekan pupus Adus keringet, tiba tangi wis dilakoni Saiki wayahe nguduh ewohe mukti

Sawang-sinawang teka kadohan Aloke wong hang sing weruh kahanan untingan donga kanggo rika mili terus nana putuse muga seneng isun bisa nular

Isun nyakseni polah rika Sing kathik sambat terus obah Aju sun ronce dadi kembang lambe Kadung laku rika ana regane Mane ditulada ambe anak putu mbesuk

Sby, 06/03/2018

USUM GELUDUG

Masia udan wis melbu pungkasan Geledug gede terus jepret-jepretan Jedar-jedor unine saut-sautan Kaya arep nguwani kabar pamite udan

Geludug jemelegur uga teka calon pemimpin Kabeh janji diumbar sak anter-antere Kupinge rakyat ana hang ditutupi Merga kerep rungu geluduk nana udane

Usum geledug samber-samberan Angger ana kumpulan uwong dadi sasaran Masia sing direes tetep mempeng Melibeng kampung golek sokongan Mane gage kepilih dadi pemimpin

He sedulur kabeh padha tangara Akeh wong nyebar njanji kiwa tengan rika Rasa pangrasa kudu tetep diagulna Bisa milah-milih sapa hang kudu kuwasa Sapa hang kudu dadi pemimpin rika Aja ulap lan sawer semburane banda Aja sampek rika kejala sutra Rika mbesuki bisa kesiksa

Sby, 06/03/2018

GELnDNG

PAREK RIKA

Kadang kepingin parek rika Serta wis puluhan taun ngumbara Semilire angin raina Ngawa mata gadug kana Mage cetha unyik rika Ngeronce sekehe rasa Sing bisa diejah nang aksara

Kepingin parek rika Titip kuping wayah cerita Angger uwong rika sapa Isun butuh tulada Lila lan lila kabeh diterima Sonder ngersula Sing nyimpen rasa ala nang wong liya

Sby, 06/03/2018

MIBER NANG MEGA

: kanggo anak lanang sekeloron

Miber-mibera sira gadug mega Sawang lan pandenge werane dunya Jembar-jembarna pikiran sira Aja ipek-ipek bentur memengan sak kanca Njaba akeh latar jembar Keneng dienggo playon memengan undar Ubengona aju melaku gancang

Gaduge ngetan nang segara wera Ombak umbul adhangen dhadhanira Dadia karang kuat ditampes banyu saben dina

Telikas lan terginas mintuhune lare lanang Emak lan bapak mung nyangoni welas Masia sak elas, sing arepa rantas

Wong tuwek sing meneng umik Ngeculaken sira ambi munyik Penyawang sing kathik kethip Iling ngerumat sira sakat cilik

Anak lanang sekeloron mibera nang mega Emak Bapak mung bisa ngeronce dunga Dadia gending hang nggawe sira iling Dadia jimat mane sira sing kepaling

Sby, 12/03/2018

ADOL WELAS

Kadung ana hang dodol Isun nak pelakon welas Sun renda aju sun sulam Kanggo kudangane ati

Kadung ana hang nyolong welas Sun belani sampek toh pati Welas isun mung siji Kanggo rika tekan wangkide pati

Welas hang wis sun bundeli Welas suci nana tunggale Kocap isun wis naleni janji Emong ngeliya kanggo gantine

Sby, 12/03/2018

KETEKAN MANGSA

Mungkuri arep entek mangsa

Akeh cara, akeh rekadaya

Mane rika dialem lan terus dipuja

Kelebu nguwah kahanan hang temata

Akeh hang sing lila, akeh hang sing terima

Rika wis kentekan mangsa

Rika wis sing duwe kuwasa

Ayo balik nang panggonan mula

Sby. 12/03/2018

TERUS MELAYU

Dina iki isun weruh rika wis gadug kana Mulang lan adum kaweruh sak padha-padha Esem lan unyik rika mbarengi obahe awak Nana hang uwah

Ring kene rika ninggal tatu Duduk merga candu Taping kelakoan rika hang bedu Bedu ambi wong hang colong pelayu

Kudune rika tetep nang kene

Gendekaken tobat lan ngaku salahe

Kanggo rakyat iku hang dadi penjaluke

Kapan rika bisa nuruti

Kapan rika bisa nyebadani

Aja terus-tersan ngapusi

Sby, 20/03/2018

NGERENDA RASA

Lembaran kain sutra wis sun renda Kembang setaman sun sulam maneka werna Rasa rumangsa gemelar ring tanah wera Isun lan rika keselempit ring kana Masia gedigu bisa ngeliri ubahe dunya

Rasa hang sing weruh mangsa Kudu sun tata lan sun jaga Aja sampek ngelarani liya Sun renda terus sun renda Rasa hang gemulak ring dada Sing pilih raga sing pilih banda Rasa hang ana terus muruba

Isun lan rika terus ngerenda rasa

Sby, 20/03/2018

LURU WELAS

Isun keplayu Nuruti ati tatu Rika wis ngeliya Rika tega uwah rasa

Mangsa wis ganti Aran lan rupan rika wis lali Ring panggonan iki Antebe urip kaya tangi Magih jangget ring ati Isun keserimbed ring janji Nora arep mbelenjani

Welas mung siji Kanggo rika hang sun enteni Embuh kapan disembadani Donganisun raina bengi Duh Pengirang Duh Gusti Kepingin nyanding urip dadi siji

Sby, 26/03/2018

MUNG RIKA

Wolak-walike jagad ibarate Hang arep ngoyag lakon isun lan rika Sing arepa ngeliya, sing arep cidra Sun ugemi welas iki Nana putuse sampek wangkide bumi

Panggah nyang rika Sekehe rasa rumangsa Sun papag lan jaga Sekuate tenaga hang ana

Rika duduk wong liya Raka duduk sewates kanca Rika wis dadi sigarane nyawa Mung rika hang sun terima Mung rika kangen sun sangga

Sby, 26/03/2018

MALIK ILAT

Bengen njaluk paran? Saiki kok duwe karep liya Ilat sing ana belunge Seru gampang molak-malik omongan Aju isun kudu kelendi?

Isin lan wirang sing manggon nang rika Malah wedi dosa kaya sing dirasa Kabeh direka daya Kabeh diatur lan ditata Kanggo nyelametaken rika

Duh Gusti hang maha kuasa Mugi kiyat nampi gudha lan cuba

Sby, 29/03/2018

NGASAH WELAS

Kudune sing ana ati mamang Ketawang padhang Kabeh bisa nyawang

Esem hang muluk ring awang-awang Ketinggul ambak-ambakane mega Angin sing mung nyebaraken arume kembang Gandane urip ala uga kegawa Jahe wana goyang ati yara timbangana Sun timbang antebe welas isun nyang rika Sing arepa oyang

Lawas nora nyanding Ayo ngasah welas ngungkuli ladepe lading Kaya gendingane perawan lan lancing Liyan rika sing ana maning

Sby, 01/04/2018

MUJUDAKEN KAREP

: kanggo lare enom hang njejegaken karep

Wengkuh Wangkod Iku jare rika Serta isun mbantah Serta penemu rika sun uwah

Isun durung nemu Ukara paran hang tepak Kanggo nggambaraken angen Kanggo ngobahaken karep

Kabeh penemu wis sun ramu Sekehe kaweruh wis sun enggo Mujudaken olah pikir Nata laku ngubah rasa Dung bisa gawe kagete dunya

Ring kene getih embah buyut mili Sing arep gingsir tekad iki Gara mari Gara rika gelem ngerti Gara rika rumangsa lan kerasa Urub lan gemulake ati

Sepurane nang dulur-dulur tuwek Kadhung isun nganggo karepe dhewek Saktemene isun mung pingin mujudaken karep Kabeh tinggalane embah buyut mane ning ngarep Kaya gaman hang landep Bisa ngerajang barang ala Bisa macaki laku hang kurang tata

Sby, 1/4/2018

smugm

MBERAK ANTER

Kadung rika rumangsa penter Gage tuntunen bangsa iki Makene sing kebelinger

Aja mung berak anter Atase melaku dalan peteng butuh senter Atase ngerata sawah bera butuh teter

Isun lan rika nana bedane

Magih durung sampurna

Ayo dijaga aja ngomong ala

Aja sampek atine liya lara

Merga magih perlu pitulungan liya

Sby, 2/04/2018

NUTUPI BELANG

Laku urip iki sing kabeh diweruhi liya Dalan jurang lan kaspalan wis sun liwati Kabeh kudu ati-ati Sandungan lan eri wis ngeteni Sing bisa diinggati

Iluh mili nelangsane ati Kabeh uwong tau ngalami Tapi sing kudu wong liya ngerti Paran bain hang rika lakoni

Laku ala ibarat belange rupa Sing arepe diweruhi wong liya Kelendi carane mung isun lan rika Hang meruhi lan ngeraksakaken urip sara

Urip bareng isun lan rika Ngereksa raga uga rasa Kabeh kudu dirumah lan dijaga

Sby, 3/04/2018

KEMBANG KUDUP

Sun randu mekar rika wayah surup Kelir hang wis kuntup-kuntup Kembang kudup nyimpen ganda arum Gage semebrung pinggir lurung Rebut bucung Kupu lan tawon kepingin ngambung

Wis ambungen sak legane ati Angger aja rika sesep sari pati

Kembang kudup mekar arep bengi Nyebar wangi wayah dalu lan sepi Legane ati kegawa nyang nya impi Senenge ngerumat welas sejati

Sby, 9/04/2018

NYEBAR RASA ALA

Sengit Bangkel Srei Ngemuli ati Sing terima wong liya kuasa Sing terima tanggane mulya Sing terima kanca urip mukti Kabeh dianggep ala Kabeh dicamah

Iling Rika wis mambu lemah Sedilut maning mung bisa melumah Mathang-mathang njeru umah Sing bisa obah Paran maning arep gesah

Rumangsane kaya wong sakti Omongane ngungkuli landepe gelathi Kabeh dicacad Kabeh dipaido Rumangsane kaya wong penter Ngaku paling bener Liyane dianggep kebelinger

Sby, 10/04/2018

NJIGAL

Karepe melaku bareng Renteng-rentengan turut dalan Sing nyangka lan ngira Kejeglang lakun rika Kesandet ring sawah bera Getun lan nelangsa diterima

Balik kucing panggonan mula Nyapa lan kudu rika nyapa Nyang hang ditinggal sawantara

Getunana sing kira mbalik kaya mula Wis pastine laku urip rika Ana wangkide wong kuasa Lara mula lara Sing keterutan karep rika Kudune rika lila Aja malih njigal lakune kanca Nerima kudu nerima Timbang laku ala rika Dibeber lan dieler ring latar wera

Sby, 10/04/2018

TATU LAWAS

Bengi iki sun kawiti

Mbiyak tatu lawas

Masia wis luwas

Isun gati lan sing lali

Bencel nora ilang

Tamba sing ngilangi belang

Ibarate toh keneng dienggo tanda Kadung isun tau ana ring atinrika

Sby, 10/04/2018

NGAMBAH SUBUH

Wayah pitik jago kukuruyuk Jelalatan ngusir rasa ngantuk Jengkirat kaya ana hang nyeluk Ring langit wetan saiki Semburat sunar putih wangkide bengi

Sun rumat sepi angenan nyawiji Muga gage mili nyang maha siji Gemincer untingan wiji Sing arep mandeg sing arep mari Ngejah asma Ndika hang maha suci

Sby. 11/04/2018

KANG BADUT

Dedeg sak pengadeg katon sagah Jejeg lakun rika angger njangkah Tetep teges masia lemes lan luwes Terus omes mbuang rasa males

Prigel obah lan nginyere ugel-ugel Kakang badut kaya sing tahu bangkel Nyebar unyik ambi hemunyer dedel Kadang ya nggarahi gemuyu kekel

Rika sebar sampur menduwur Tabuhan timpalan gaur-gaur Laku gancang sing kira kebelandur Wis ditata lan diatur Diceluka ya kudu semaur

Semaur ya tetep semaur Masia rika wis kondang lan kesuwur

Sby, 10 Mei 2018

NGIRIJIGI ATI

Melati kembang melati Kelir putih gandani wangi Rijig rijiga ati iki Teka tamak, anggak lan iri

Melati kembang melati Ngawiti urip seneng ambi pajane ati Semebrung arum dironce welas sejati Kabeh karep direngkuh dadi siji Susah seneng ditingkes lan ditali

Melati kembang melati Ngiring laku urip tumekane pati Nyelempang ring kana Kalunge raga hang pisah nyawa

Sby, 9 Mei 2018

MUNG SEDHELA

Pangkat lan kuasa mung sedela Dibanding umur rika ring dunya Mula aja rika enggo numpuk banda Mung nyenengaken dulur kanca Welas asih rika kudu den timbang rata Kabeh kerasa, kabeh rumangsa Pait manis dikecap padha

Mung sedhela Wangkide umur lan tebluke kembang semuja Muji-mujia rika nyang hang Kuasa Mungkasi laku urip lila ambi lega

Sby, 2/05/2018

NGELIRI DUNYA

:kanggo kanca tukang kelir

Sing arepa mandeg jangkah rika Masia tugel bagian raga hang ana Dikutah angen dadi werna-werna Laku lan labuh rika hang nyata Sing tau gingsir tekad ring dada Terus murub, terus direksa lan dijaga Ngunting rasa pangrasa Ngeliri dunya bengi lan raina

Kang, kawitan isun sing tega Rika kurang hang dienggo nyangga Esem lan unyik rika, lila lan nerima Dianggep wis pestina hang Kuasa Iku isun durung bisa Magih mbesesegen angger iling rika

Gemelar kain putih Rika keliri nganggo getih Kelir sembarang kalir Isun njingkat sing kuatir

Bwi, 10 Mei 2018

WELAS RING LAMBE

Omongan manis sing uwis-uwis Ngaku welas seru masia kalis Kembang setaman terus dironce Semat tongkleh hang dadi sunduke Sing kira atut, sing kira digape Welas rika mung ring lambe

Lipen dubang suruh sak wanci Omong sak kecap merujuk teka ati Welas iku jujur masia sing dibiji Ujude nata ujar ngeronce janji Tekad urip bareng tumekane pati Welas sejati anane mung siji

Sby, 11 Mei 2018

NGERONCE ANGEN

Angin semilir tengah wengi Ademe nembus belung sungsum nacep ring ati Sun ati-ati njaga welas suci Welas isun nang hang ngeroksa sepi Ring pucuke bengi iki Mung siji hang sun puji Ngeronce angen lan nyawiji Ngudang rasa ngarep lilane Gusti

Wiji tasbeh geminyer sing mari-mari Ambi nyebut asmandika hang maha siji Agung kuasane ring langit lan bumi Nggaris urip tumekane pati Iling terus sun iling Muga selawase sing arep kepaling.

二

Sby, 19/5/2017

TATU DURUNG ARON

Ya Alloh ya robbi... Mugo diselametaken dugi belahi Aran padu sing mari-mari Sing raina sing bengi Sadaro dung iki ulan suci

Puasa kudune bisa dienggo mawas diri Karep ala sak dulur gage dipungkasi Ucap lan laku kudene ngati-ati Aja natoni liyan iku hang diugemi

Reroncen kembang melati Dikalungaken dung penganten lan mati Paran maning hang digoleki Sak liyane ridhone Gusti

Aran pati iku mesti Kapan nana hang ngerti Isun lan rika mung bisa ngelakoni Laku apik, hang ala diedohi

Ya Alloh ya robbi Sinten malih hang kulo sambati Kenjaba Ndika hang maha suci Mageri kulo dugi sifat iri lan dengki

Duh Alloh duh Gusti Mugi dunga kula diijabahi Gage aron tatune ati Tatu lawas lan tatu saiki

Sby, 3 Juni 2017

ARAN RIKA

Lamat-lamat ana hang ngejah aran rika Merambat ring uwit hang kesapu angin Pikiran muluk ring awang-awang Aju nggoleki sapa hang ngomong Ring endi punjere suwara

Aran rika terus diejah Masia adoh tapi cetha Aksara hang diunting dadi ujar Kaya miline banyu ring wayah dalu Gemericik, semeriwing ring kuping Tetes pelayune banyu kening

Aran rika dadi cetha Tegese ucap antere suwara Katon ring angen ketelo-telo Semendal ati sing kaya-kaya Wujud rika tetep sing ana

Aran rika ya aran rika Terus diejah aju diwaca Muga ati bungah lan lega Ayang-ayang ring kaca Kadang ana, kadang nana

KATON PARAN

Janji welas keucap teka ati Emong pisah sampek mati Duduk rupa dudu bandha Hang njiret rasa isun lan rika

Kaya muluk ring awang-awang Gemelar taman diperujuki kembang Seneng rasane nora kembimbang Nulis gurit disambi nembang

Tembangane wong kasmaran Ngumbar seneng sak paran-paran Sing perduli kahanan liyan Beberengan ring bentur uga ring taman

Taman-taman pinggiran desa Embuh katon paran isun nang rika Merekahe esem perujuke unyik Omong rika sing bisa dicangkik Katon para isun nyang rika Mancepe welas angel ngeliya Mugo rika mbales hang padha Muga sing nggawe isun ngersula

Sby, Juni 2017

MANJINGE WELAS

Setuhune ring endi manjinge welas? Beda dipeksa padha Miloni laku karep rika Dibelani pati ngelilakne nyawa Masia sing pekakon Larane dipadhakaken sengete tawon Nyawa sing bisa dipitung rega Iku diweni hang Kuasa Kudu dijaga

Duh Gusti hang ngeraksa dunya Mugi welas niki tetep ana Mujud ring rasa manjing ring dhadha Welas manjing ring dada

Sby, 19/05/2018

NAHAN HAWA

Lemes Ngelak Elom Ndelalir Kerasa Wong urip sara Saben dina Isun mung sedela Sing kira mati Mung ngarep ridhane Gusti

Serngenge lengsir Ambu sekehe panganan diasir Bedug wis ditabuh Padha gupuh Ngombe Mangan Wareg Welangkeden

Kudu lila nerima Muji sukur nyang kuasa Magih nyanding nyawa Bisa ngelakone puasa Muga bisa ajar urip setuhune

Sabar nerima nahan hawa Nyebar welas sak padha-padha Magih akeh ngisor isun lan rika Bingung hang dienggo buka Ngelak lan elom sidina-dina

Sby, 22/05/2018

PENAMPAN

Bedug ditabuh mareke lohor Jare lebarane wis kuntup-kuntup Emak embok ewuh ring pawon Olah-olah kanggo mapag tekane dayoh Dayoh adoh teka ring dina lebaran Kopat lepet wis disanding uyah asem pitik Senengane hang sing bisa ditampik

Penampan bedug penampan Lare-lare cilik seneng memengan Ngudang lan kauk-kauk ambi takbiran

Emak-Bapak kepeksa munyik Nyenengaken anak masia sithik Dibelane tangis layung laik-laik Diramesi dadi laku apik

Sby, Agustus 2018

AWANG-AWANG

Rika hang ring awang-awang Disubya-subya lan dikudang-kudang Angger mata nyawang Kerasa rika seneng lan girang Polah solah rika nyata dudu ayang-ayang Tapi apuwa magih ana hang mamang?

Rika hang ring awang-awang Kaya manuk kepodang Masia sisih padha teka suket lan lalang Lawang atinrika sing tau dijemblang Dunya ring njaba wis padang Rika keserimped selendang abang

Rika hang ring awang-awang Kiwa tengen rika tetep dadi rewang Juger-juger barang kepedhem aja kebuang Laku lampah rika aja sampek kejiglang Kesirep ring erum-erume wong dodol kembang

Sby, 13/09/2018

PAMAN BRENGOS

Abekan rika kongos-kongos Ketang kari duwur hang digayuh Padahal rika wis kentekan ongkos Pegawean wis dipungkasi Kabeh kanca padha ngedohi Bengen kari katon omes

Paman Brengos kongos-kongos Terima melaku sak jangkah Kaya marek macul ring sawah Kabeh wis uwah Rika sing tau susah

Paman Brengos akon-akon Kabeh cerita iyane hang dadi lakon Dibelani laku gubab adol abab Angger ucap gandani bacin Kandel rai sing duwe isin

Sby, 25/09/2018

KEDUWUREN

Rika pancen panggon mujeg Sekehe barang ring bumi katon cilik Rasa rumangsan rika keliwat melip Sing rungu diberaki sing omik Akeh wong kepilis rika tampik Janji bengen wis kalis

Keduwuren ring manggon Keduwuren ruika rumangsa Ring kene, ring lemah perujukan Akeh hang pelu diitung lan dipitung Wong cilik bingung Ngabeti omongan lan polah rika Gedigu rika genekena

Surabaya, 26/9/2018

KEPILIS

Bang-bang kulon serengenge surup Sekehe kalong, lowo, lan codot kuntup-kuntup Lengsere serengenge semburat abang ring langit Sapa hang arep ngawasi matenge wowohan ring uwit

Kewan hang nggelantung padha rebut bucung Endi hang mateng wis diambus aju disaut Peteng sintru wahaye wong-wong padha turu Aja seru dirandu riko arep ngunduh jambu

Srengenge melthek gemelar woh-wohan podo tatu Ono hang bundas mergo ketebluk ring nduwure watu Ugo ono hang rosak kecokot untu Moto mendelik arep ngomong sing kewetu

Welas isun nyang ruika dadi kalis Ngarep seneng tibane kepilis

Surabaya, 17/01/2011

NGUDARI SUWUNG

Alas gung liwang-liwung Sun randu kembang celung Adem mbediding longgroke kembang cangkring Duh lare lancing gage cincing-cincing

Bang wetan sumburat abang branang Suket-suket hang kemulan embun jelalatan Munyik ambi matane kethip-kethip Wis wayahe mapag tekane wayah isuk Sak kepel angen-angen hang ana Sun serawataken ring jembare langit padang

Dunyane padang jinglang, pikirane jembar Murub tekade seneng atine ...

Surabaya, 10/01/2011

NYULAM KEMBANG

kudune gedigi isun lan rika nyulam kembang ring kain sutra kekancan arum semebrung gandane endah ring sesawangan tentrem ring rasa rumangsan nana alok tanpa keplok kabeh disidem bebarengan unine cenggeret ring kebonan gawe ayem ambi lungguh meneng sun sulam kembang kemambang kembang-kembang sing arep kemeleyang diterak angin segara merga isun lan rika kaya dadi siji ati lan raga

Sby, 18/10/2018

MBELIYAKI LAKU SENI

: kanggo elvin hendrata Kesimpen ring lemari dhirik temata suaranrika ketela-tela obah lambinrika laku seni suara lan anta wacana Basa Using Basa Jawa uga bisa laik-laik kari apik gagah perbawa laku omong rika kabeh wis sing ana kari barang luwas dadi petilasam lebu alus rata nutupi sun telateni lan sun kusuti sun eja tulisan hang ana aran gedhing maneka werna selak sing serantan gage kepingin kerungokaken ana hang sun rungu magih cilik lamat-lamat disebar angin sawahan nora ngerti lan nora paham gendhingan lan tabuhan nggawe bungah sun beliyaki terus sun beliyaki kaya ngudari bolak buledan kudu sabar lan lila sing bisa diukur rega dipadhaken nang solah dayan rika paran maning kanggo hang duwe karep nyimpan barang minggunane temba ngarep sun sambung lan sung rungokaken pancen ana galure laku seni adiluhung masia tah saiki dideleng lan ngerasakaken rika sak kanca paran anane isun kaya sing ana paran-parane jasan rika sing ilang sampek seperene

Mangir,21/10/2018

MERANGAS

Serengenge arep mujeg siraman panase nyenget dalan lemah mberanang lemah sawah merekah suket garing merkingking nana esem unyik meletik mbesengut mendelik ngerasaken sarane urip

empang panguripan merangas godong atinrika lugrog masalah dadi leleran melamuk kegawa angin semebar dadi kabar

kuping abang rungu sengak omongan mung bisa ngeluk ngolah amuk muluk-muluka ring awang-uwung janur melengkung hang diundang mbok Gandrung

Gandrung siji dadi aji ajenana kaya jimat dirumat lan diruwat mane sing uwah adat

NGUNDURI KUASA

Arep pungkas sekehe ewuh saben dina Dulur kanca susut dung nyubya-nyubya Iki dalan pungkasane penguasa dunya Watese rasa sak padha-padha Muga tambah marekaken Nyang Maha Kuasa Hang nguasane urip lan rasa Hang nginyer angin ngubah dunya

Isun kerep lali nyang Ndika Isun kepingin mituhu lan mandita Meneng lan muji-muja Merga Ndika kula ana Merga ndika kula nyambung rasa Merga Ndika kula dung sing ana

Pagerana kula sak keluarga Teka siksa lan panase gene neraka Mung ndika Mung Ndika Kula kutahaken tangis getun kula

Surabaya, 29/10/2018

MELINTIR ANGIN

Usum ketiga Angin segara nampes wit kelapa Silire nyerambahi werane dunya

Sun pelintir angin segara Mbuled laku jangka rika Sun ulukaken angin sawahan Nyebar winih sekehe tanduran Subur perujuke Gembel uwohe

Sun pelintir angin bengi Njala angen naleni impi Ngemong ati peteng lan sepi Siji-siji lakune kudu dipetani Siji-siji obahe kudu dititeni

Sun pelintir angin Naleni kabeh rasa kepingin

Surabaya, 29/10/2018

NGGAYUH ANGEN

Saiki wayahe nyapa rika Sun turuti kabeh penjaluk hang ana Sun unting sekehe rika daya Supaya rika sing sulaya

Rika, kanca, dulur lan tangga Saiki dadi wong-wong mulya Sak durunge sugeng dadi demen sanja Sanja golek dukung lan suara Kanggo golek pelungguhan dunya

Tanpa rika, isun duduk sapa-sapa Muga sing lali jaji nguwah urip rika Ikhtiyar iki uga njaluk idine Hang Kuasa Kuasa sekahene hang ana Kuasa paran hang dikarep isun lan rika

Surabaya, 29/10/2018

TENTANG PENULIS

Saya lahir di Banyuwangi, 27 Agustus 1965, tepatnya di Dusun Krajan, Desa Parijatah Kulon, Kecamatan Srono. Orang tua saya tidak sempat memberi nama dengan proses selamatan, karena saat itu setiap malam orang laki-laki selalu mengungsi menghindari serangan PKI. Orang-orang kampung hanya memanggil saya SENTOT.

Konon mereka yang saat itu juga berjuang melawan PKI, ingat perjuangan teman Diponegoro, yaitu Sentot Ali Basyah. Baru setelah saya bisa berjalan, setahun lebih dan situasi telah aman, paman saya baru sadar jika tidak pernah diberi nama secara resmi. Saat itulah Paman mengusulkan nama Hasan Ali. Namun orang kampung dan teman sepemainan saya tidak tahu, mereka hanya tahu nama saya Sentot.

Dalam menulis karya sastra, menggunakan nama Sentot Parijoto. Gabungan nama panggilan saat masih kecil dan nama kampung tempat kelahiran, Parijatah Kulon.

Pendidikan saya tempuh, seperti umumnya anak-anak Desa. Bahkan sebelum resmi masuk Sekolah Dasar (SD), saya sudah naik kelas 3 Madrasyah di kampung yang tidak diakreditasi departemen manapun. Meski saya sudah bisa baca tulis, pihak SD Parijatah Kulon (PAKU)-1, tetap meminta saya harus mulai jenjang dari kelas satu. Akhirnya saya menempuh penedidikan

SD di Desa, njenjang berikutnya balik lagi ke jalur Madrasyah (MTsN) Srono.

Jenjang berikutnya melompat ke SMA Negeri 3 Kota Kediri, Jawa Timur. Selama 3 tahun menempuh pendidikan harus jauh dari kedua orang tua dan kampung halaman, justru menjadikan saya semakin cinta terhadap Bumi Blambangan dengan segala kekayaan seni-budaya dan tradisinya. Banyak seni Budaya Banyuwangi justru saya pelajari dan pahami saat saya SMA, karena saya juga harus menjelaskan kepada teman-teman tentang daerah saya dan budayanya yang kadang sudah dikonotasikan negatif.

, 司

Lulus SMA tahun 1985, saya melanjutkan ke Fakultas Sastra (sekarang Fakultas Ilmu Budaya) Universitas Jember. Saya memilih jurusan Sastra Indonesia, karena kecintaan saya terhadap karya sastra sejak SMA. Aktif di teater Kampung, juga sering membaca karya Sastra Jawa dari Majalah Penyebar Semangat dan Jayabaya. Saat kuliah aktif menulis Puisi Bahasa Indonesia dimuat di Majalah Kartini dan Puisi Bahasa Using dimuat Surabaya Post Minggu Kolom Suket dan Majalah Penyebar Semangat.

Sebagai kelanjutnya kecintaan terhadap seni budaya Banyuwangi, saat menyusun Skripsi sengaja mengambil Sastra Using. Padahal saat itu, belum ada buku yang menulis secara khusus tentang sastra Using. Objeknya adalah Karya Gendhing-gendhing Banyuwangi yang diciptakan antara antara tahu 1965 hingga 1975. Skripsi berjudul "Lagu-Lagu Daerah Banyuwangi Tahun

1965-1975 Dalam Kajian Semiotik". Penyusunan skripsi tersebut memakan waktu hungga 4 tahun, karena keterbatasan biasa dan sulitnya mengumpulkan bahan-bahan dan buku bacaan.

Selepas kuliah pernah pernah bekerja menjadi Wartawan Karya Dharma, Group Jawa Pos tahun 1993. Tahun 1995 pindah ke SCTV Biro Surabaya hingga tahun 2009, dengan jabatan terakhir Produser Liputan-6 SCTV Jawa Timur. Tahun 2011 bekerja di JX-International, Gedung Pameran dengan jabatan Marketing Communication hingga sekarang.

Tahun 1993 pernah membawa makalah berjudul "Basanan dan Wangsalan Using: Suatu Tinjuan Awal Terhadap Kritik Sosial di Banyuwangi" di TIM Jakarta. Kumpulan Bahasa Using "Gandrung Jagad" diterbitkan Sengker Kuwung Belambangan (SKB) 2018.

NGERONCE WELAS

Gurit Using ini ditulisa pada rentang tahun 2017 dan 2018, serta dipublikasikan lewat Facebook. Sejak tahun 2009 dijadikan Admin Grou-Group berbahasa Using, serta membuat Halaman khusus Bahasa & Sastera Using. Isinya tentang bermacammacam seni budaya Using, baik masa lampau maupun kekinian.

Sebanyak 54 judul dalam kumpulan "Ngeronce Welas", sebagian besar cerita tentang cinta dalam arti luas. Tidak hanya cinta antara laki-laki perempuan, namun cinta sesama manusia, cinta dengan makluk ciptaan Tuhan, Cinta Tanah Kelahiran dan seni

Budayanya dan Cinta kepala Illahi Robbi sendiri. Tentu cinta yang dituliskan sangat subjektif, semapu yang diungkapkan penulis.

Awalnya penulis prihatin, dengan banyaknya peristiwa sosial yang berkembang, justru hilangnya rasa cinta sesama mahluk ciptaan Tuhan yang seharusnya memelihara cinta itu sendiri.

ERNGEYS

thu

NGERONCE WELAS

Selain merupakan wujud apresiasi dan upaya pendokumentasian karya sastra daerah, tujuan penerbitan buku Ngeronce Welas karya Sentot Parijoto (Hasan Sentot) adalah memelihara semangat para penggiat sastra daerah agar terus berkarya dan melestarikan warisan sastra. Penerbitan karya sastra dari subkultur Banyuwangi ini juga merupakan implementasi program untuk mengembangkan dan memberdayakan penggiat dan komunitas sastra di Jawa Timur. Kami bangga kepada para penulis yang tak kenal menyerah dalam berproses dan menghikmati dunia sastra. Semoga kebanggaan tersebut berjalan seiring dengan terlaksananya program Balai Bahasa Jawa Timur seperti Pembinaan Sanggar Sastra, Literasi, dan Bengkel Sastra dan Bahasa.