Layang Panantang Antologi Geguritan
SUMONO SANDY ASMORO
PERPUSTAKAAN PUSAT BAHAS
DEPARTEMEN PENDIDIKAN NASIONAL PUSAT BAHASA BALAIBAHASASURABAYA 2009
00005165
T .ayang Pan2-T'ltang Antologi Geguritan
Penanggung Jawab Drs. Amir Mahmud, M.Pd
Koordinator Mashuri, S.S.
KetuaiPenulis Sumono Sandy Asmoro
WakilKema Anang Santosa
Anggota Hero Patrianto Maria Magdalena Indraswari
Balai Bahasa Surabaya Jalan Siwalanpanji, Buduran, Sidomjo TeleponIFaksimile (031) 8051752, 8071349 Laman: www.bal81bahasajatimdiJmas.gojd.
HAK CIPTA DILINDUNGI UNDANG-UNDANG lsi buku ini, baik sebagian maupun selurohnya, dilarang diperbanyak dalam bentuk apa pun tanpa izin tertulis dari penerbit kecuali dalam hal pengutipan IDItuk keperluan artikel atau karangan iImiah
Katalog dalam Terbitan (KD1) 808.81
ASM ASMORO, Sumono Sandy
I Layang Panantang Antologi Geguritan/Sumono Sandy Asmoro.-8idomjo; Balai Bahasa Surabaya, 2009 x, III hIm 20 em ISBN 978-602-8334-19-8
ii LAYANGPANANTANG
KATAPENGANTAR KEPALABALAIBAHASASURABAYA
Karya sastra, tennasuk di dalanmya geguritan, merupakan hasil imajinasi dan kreasi rnanusia. Perkembangan penulisan karya sastra dapat dikatakan amat pesat. Dewasa ini, berbagai media dapat berfungsi atau difungsikan sebagai wahana pengungkapan nilainilai estetis yang berbentuk karya sastra. Selain ditulis di surat kabar, majalah, dan internet, karya-karya sastra juga ditulis atau dihimpun dalam wujud buku. Bahkan, untuk jenis penerbitan buku sastra ada kecenderungan peningkatan yang pesat dilihat dari kelimpahan jumlah yang tersedia di toko-toko buku. Keadaan tersebut ditengarai sebagai akibat dari bergeraknya animo dan apresiasi masyarakat terhadap dunia sastra ke arah yang lebih baik.
Menyikapi hal tersebut, sejak lama Balai Bahasa Surabaya telah menerbitkan karya penulis-penulis Jawa Timur dari berbagai genre, baik karya sastra berbahasa Indonesia maupun daerah . Beberapa antologi puisi dan cerita pendek telah terbit dan didistribusikan ke seluruh Indonesia melalui BalaiIKantor Bahasa.
Selain merupakan upaya pendokumentasian karya sastra, tujuan penerbitan buku karya sastra adalah memelihara semangat penulis-penulis, terutama penulis muda, agar terus berkarya. Penerbitan antologi geguritan Layang Panantang ini pun juga merupakan implementasi program untuk. mengembangkan serta memberdayakan sastra Jawa. Kami berbangga ketika melihat masih ada beberapa penulis muda yang menulis karyanya dalam bahasa daerah. Semoga kebanggaan tersebut akan betjalan seiring dengan terlaksananya program Balai Bahasa Surabaya seperti Bengkel Sastra dan Bahasa.
Terima kasih kami sampaikan kepada Kepala Pusat Bahasa, saudara Sumono Sandy Asmoro, dan juga panitia penerbitan buku ini.
November 2009
Drs. Amir Mahrnud, M.Pd.
ATUR PANGIRING
Jroning le1umban ing jagading sastra Jawa wiwit taun 1996, genre geguritan mujudake pilihan sepisanan sing kudu dak tuIis. Kanggoku nulis gegwitan ngono endah. Lagi nindakake prosese bae wis ngemu teges. Nganti bisa nglalekake rerasane kanea-kanea ing njaba sing kerep wadul jare nulis karya sastra Jawa ngono durung mesthi yen kena dijagakake kanggo cagaking urip.
Manut pamawasku ora mung sastra Jawa bae sing kaya ngono. Sastra liyane, kalebu sastra Indonesia uga mangkono. Kalab moneer yen ditandhingake karo jinising seni sing sipate kanggo hiburan. Nanging kabeh mau ora perlu ndadekake eiliking ati tumprap para punggawa sing seneng le1umban ing jagading kasusastran. Yen saiki durung akeh wong sing aweh kawigaten marang donyane kasusastran, ora ateges kasusastran mono remeh, babar pisan ora. Nanging malah tiba kosok balen, karya sastra wis dadi sawijining barang mewah, sing ora saben wong bisa menilanati, apa maneh nganti bisa nduweni.
Mula wiwit dina iki wis ora perlu ngresula, sambat, wadul, kanthi swara trenyuh sinambi netesake lub perkara donyane kasusastran, sing jarene kasingsal ing sampiraning jaman. Awake dhewe kudu percaya apa bae sing saiki bisa ditindakake, mbesuk mesthi bakal ana gunane kanggo anak putu. Paling ora bisa menehi warisan ngenani cathetan jaman sing ora bakal kabusak dening owah gingsiring kahanan.
Mula saka kuwi aku kepengin banget geguritanku bisa dadi sawijining buku. Satemene wis akeh wong utawa saweneh pihak sing kandha arep nerbitake. Nanging bareng dak entani kabeh mau mung kandheg ing tembung . Nganti seprene durung ana nyatane. Atiku lagi cumeplong nalika Balai Bahasa Surabaya lumantar kadang Mashuri ngabari ak:u yen siap nerbitake antologi geguritanku.
Penggurit
Sumo no Sandy Asmoro
DAFTARISI
HALAMAN nTDUL KATAPENGANTAR 111 ATUR PANGIRING v DAFrARISI VB Brubuh 1 Kitir 2 Gugat 3 NaIika 5 Aku Wis Dadi Maling 6 Layang Panantang 7 TembWlg Sing Gogrog 8 Nintingi TembWlg Manis 9 Langgam Karerantan 10 Gurit Saumpama 11 Langit Ginarit 12 Ballada Sura Blengeh 13 Crita Ing Mripatmu 14 Mripat Landhep 15 BawaRasa 16 DuduRasa 17 Narasi Rasa 2005 18 Medhitasi Rasa 19 Rasa 20 Elegi Bengawan Sore 21
LAYANG PANANT ANG vii
Monolog Sepi 22 Satemene 23 Fragmen Pakeliran 24 Esemmu 25 Fragmen Semut Ireng 26 Prolog 2004 27 Saumpama Aku Lila 28 Prolog, 1 29 Pelang 30 Prolog, 2 31 Titi Mangsa 32 Dyah 33 Panggresah 34 Elegi Wengi 35 Elegi Pupus Gadhung 36 Wengi Iki 37 Kembar Mayang 38 Janur Kuning 39 Gurit Lintang Alit 40 Rambut 41 Yagene 42 Jroning Laku 43 Macan Loreng 44 Mendhung 45 Janturan Parikena 46 47 Guritan Sapu Wudhar Susuh Tresna 48 Kaya Kapuk Kumleyang 49 Pupuh Palaran 50 Ing Kene Aku Sumendhe 51 Panas 52 Cathetan Awan 53 Gurit Awang-Awang 54 55 Napak Tilas Driji 56
viii LAYANG P ANANT ANG
Tembang Grahanan 57 Dasanama 58 Stutmen Gara-Gara 59 Narasi Putih 60 61 Crita Ketiga Monolog Mangsa Kapitu 62 Monolog Mangsa Sanga 63 Protelon Loji 64 . Sing Urip Jroning Atiku 65 Nintingi TembWlg Kangen 66 Pupuh Melankolis 67 Niyat Wening 68 69 Pupuh Pamitan Melathi Rinonce 70 71 Tembang Grahanan Tembang Pangruwatan 72 Medhitasi Langit 73 Sokalima 2006 74 Epigram Jingga 75 Rerepen Tembang Pangumbaran 76 Tanpa Cakepan 77 MendhWlg Tumlawung 78 Elegi Pinggir Kali 79 80 Ayang-Ayang Rembulan Langgam Ketiga 81 82 Langgam Wengi, 1 83 Langgam Wengi, 2 84 Ing Pucuk Langit 85 Swara Jago Kluruk Mapag Laire Srengenge 86 Guritku 87 Elegi Mangsa Sepi 88 Prolog 89 90 Epigram Mangsa Panglong Sura 91
92 Epilog Sore Epigram Kacu Wungu 93 KelukRokok 94 95 Ing Walike Jilbab Putih Tatuning Jaman 96 97 Layang Ketiga Aku Ngaso ing Kene 98 99 Monolog Maret 100 Jarene 101 Ing Samburine Kelir 102 Epigram Esuk 103 Panjurung Epigram Awan 104 105 Tapel Wates 106 Epigram Wengi 107 Tugu Pahlawan 108 Gogrog 109 Ing Ara-Ara Bawera 110 Epigram Rasa III BIODATA
BRUBUH
kena bae kowe ngerek gendera panantang jer sedhela maneh perang brubuh bakal kawiwitan apa maneh swarane jago kluruk wiwit nggiring gendhinge wong golek rowang
jagung mangsa janten wancine wong rebutan kamukten nanging aja disengguh impen kesoren yen ing adoh kana ha na ca ra ka pilih nglegena tanpa nganggo busana tinirnbang dandan cara kaprajuritan rebut balung ing pabaratan yen manut etungan kuna ikijaman pilih winih, mitra begjane sing isih bisa ngilo ing kaca rasa
ireng Ian putih mung panjenengan sing pirsa
Ponorogo, pungkasaning taun 2003
KITIR
kitir iki isi panantangku marang wengi sing kebacut anggone nguja sepi dolanan swara asu baung nggegirisi
kitir iki wujud pangundharnanaku marang awang-awang sing kebacut brangasan ngrentengi lintang, nguntal rembulan
kitir iki srana gugatku rnarang isen-iseningjagad sing pijer royokan brekat tan keguh njaluk ruwat
Ponorogo, 2000
GUGAT
aku gugat menawa ngrembuyunge gadhung ing pinggir lurung kae kok babat yen kowe nganggep ledhung-ledhung godhonge amung kinarya pamikat iku satemene mung panemumu sing kurang lirnpat anggonmu mbedakake antarane kodrat Ian wiradat
kantor nanging semi salea winih-winih kang kasimpar nalika abure bethet nabrak-nabrak
mendemi? iku kanggone sing durung ngreti legi, gurih, utawa sepa, pancen kena kanggo timbangan nanging dudu ukuran Ian ing kene kang kudu
dipikuwat satemene dudu ilat, nanging mripat minangka gendhewaning tekad
yen gadhung kok sengguh gadhungan aku gugat
gadhung pancen dudu tanduran pethingan kang kena ditandur ing pot-pot peni Ian kapajang ing meja-meja selak kesusu mencok ing pange wora-wari senajan saiki ora kerumat nanging ing ijo pupuse wis tinulis kodrat kang mbesuk bakal crita marang kabeh rakyat ngudhal sawemaning pisambat nganti aku gugat
Ponorogo,gagatrahina
NALIKA
| gurit iki |
| lair |
| nalika wis ora ana kumleyange layang tresna biro maya-maya kapaes aksara jawa |
| nalika kidung wengi wis ora diiringi |
| ngrangine swara gamelan nyendhal ati |
| nalika ing saben pasamuan wis ora nate dak prangguli |
| prawan |
| sunthi nganggo pinjung Ian sanggulan |
gurit iki lair mbarengi udan ketiga salah mangsa
nalika aku
nalika kowe
nalika dheweke
mlayu mrana-mrene
golek urip dhewe-dhewe
Ponorogo, 7 Mei 2003
AKU WIS DADI MALING (kabar kanggo pendhita druna)
nalika kowe wis ora krungu swara kulanuwunku ateges wis ora ana angin sumilir sing kena dititipi weling wusana ana pletiking geni kang ngobong gorehing ati ya atimu sing kadhung dadi bandan kapikut dening gebyaring metropolitan nganti lali werdining sedumuk bathuk sanyari bumi
eman banget yen nganti ha na ca ra ka katut dadi wawa kasimpar salea dhampar semedi iki
mula mumpung durung kadhung katut kagulung aji(mu) mumpung ing wengi iki wis dak niyati nedya dadi maling nyolong guritan kang kok cencang ing kurungan dakgawa kekitrang golek papan bawera kanggo bawa rasa
Ponorogo, tutup taUD 2002
LAYANG PANANTANG
gendhewa rasa dak penthang sinambi kekitrang ngoncati sepi wengi wis dudu memaia Ian sepa wis manjing dadi mitra
ora ana sing periu disingkrihi yen keplasing anggit wis nyawiji ing sumilire angin padhange rembulan bakal nun tun marang sejatine dalan kasunyatan
tanpa guna bungion pencolotan mancala putra munggel pang-pang gegayuhan pangimpenku ora bakal gogrog mung amarga kinepung pedhut-pedhut esuk awit ing walike peteng sejati ana sejatine padhang coloking panantangku rnring sesuker sewu ngreridhu Iaku
Jakarta, Oktober 2005
TEMBUNG SING GOGROG
wis akeh tembung sing gogrog kelangan teges nalika srengenge dioyak bocah ngarit nganti langit nelangsa kelangan rupa nanging nganti seprene durung ana ukara sing bisa gawe mareme lemah rengka mangsa ketiga seprana-seprene bocah angon mung bisa ura-ura Ielagon sepa manut ocehe manuk sriti sing tansah mabur gawe kalangan njaluk udan wis akeh tembung sing gogrog kelangan teges njelma dadi tembok-tembok prakosa mbendung sumilire angin sing nyebar kabar ngenani turnindak cidra sing kebacut dadi crita sambung nanging angin tetep dadi angin Ian terus sumilir njawilgegodhongansupayapadhaobah jalaran urip ora pinurba kuda kalah
Ponorogo, 16 September 2003
NINTINGI TEMBUNG MANIS
wis makaping-kaping kuping iki kok bisiki . .. . nganggo JanJl manlS rinengga endahing ukara ltmgit sundhullangit
nanging saben-saben rampung gawene mlUlg padha mbisu kaya wong tangi turn sing lali impene
saiki padha polaha sak karepmu mbengoka sak rosamu sinambi ngerek angen-angen ing sangisore gendera lurik pi 1 ihanmu
aku trima nyawang saka kadohan dadi wayang simpingan ngenteni tangane Dhalang njebol gunungan
Ponorogo, 31 Januari 2004
LANGGAM KARERANTAN
muga-muga tanganrnu kuwat nggegem kesabaran nalika jangkahing sikil sing ngambah dalan rumpil among tansah kecocog krikil sing njalari dwnadine tatu-tatu anyar kamangka sewu tatu Iawas isih krasa perih ngutahake abang getib
muga-muga mripatmu ora sulap nyawang gumebyare Iampu-Iampu atusan watt kang tansah kencar-kencar pamer sunar ing daIan-daIan kutha Ian gedhung brewu susun wolu sawetara iku senthongmu katon saya klawu ora nate kampiran cahya pepadhang senajan mung satleraman
muga-muga atimu bisa nglenggana krungu aloke si kuntul yen sing kok ingu wiwit september kepungkur jebul mung wedhus prucul dudu rnacan tutul
Ponorogo, Maret 2004
GURIT SAUMPAMA
saumpama anak-anakmu biyen nate kok tepungake karo panas kira-kira bae saiki ora kidbung srawung karo srengenge jagongan karo geni dolanan karo wawa
saumpama anak-anakmu biyen nate kok tepungake karo adbem kira-kira bae saiki ora bingung kepriye carane kenaI an karo udan paseduluran karo samudra memitran klawan banjir bandbang
saumpama anak-anakmu biyen nate kok tepungake karo perih kira-kira bae saiki wis padba ngreti carane salarnan karo glathi kenaI an karo keris rembugan karo pedhang
nanging emane bocah-bocah sing dwung wareg ngrasakake uyah kuwi mung kok pameri tembung mukti ngusung swarga donya jroning angen-angen kang garing
yen saiki anak -anakmu mung bisa ngrentengi .. . unpen-unpen wengI ora keconggah polah, ngongakjagad kasunyatan sing mbutuhake ati gurrrregah tangan kumrembyah sapa sing salah?
Ponorogo, 1 Februari 2004
LANGIT GINARIT
langit ginarit nalika srengenge
lali ngedum sunare
awit ing ara-ara
bocah ngarit butuh cahya
supaya bisa nyawang kanthi damang
ijo suket, ijone pangarep-arep
kang sasuwene iki katon samun
sinawung bledug mangsa ketiga
sing saya mumbruk
tanpa sinempyok bun-bun esuk
Ponorogo, 15 Juni 2001
BALLADASURABLENGEB
sura blengeh, tumoleh nyawang kaea pangilon ing boman sawise dandan eara warok klambi ireng, clana ireng, udheng ireng nulijumangkah nggoleki swara gamelan ngungkung ing tengah alun-alun rumesep balung sungsum neng nong neng gung neng nong neng gung
sura blengeh mesem terns jogedan mlebu tengah kalangan "biyuh-biyuhjan ora ndlomok tenan," ngono aloke nalika weruh wong-wong rebutan ngangkat barongan
sura blengeh mubeng kalangan ngetung tontonan sing pamer kabisan ana dhangdhutan, ana jathilan, ana larungan, ana kakang sendhuk sisan nanging ana endi dununge geguritan? "takona geranganmu sing ongkang-ongkang ing paseban kae," aloke kaneane
sura blengeb tumoleh nyawang paseban ing atine tuwuh karerantan jebul isih ana kang kasingsal ing wilahane jaman
CRlTA ING MRIPATMU
wengi sing "kabotan impen mung nyawang tanpa kumecap nalika crita ing mripatmu siji mbaka siji dak tata jroning ati
pancen ana rasa perih nalika tangan iki nggrayang tumpukan buku lawas sing nate dak nggo nyathet umure rembulan sadurunge gogrog, nasang ing pucuk gedhang
nanging kabeh mau luwih prayoga tinimbang among nyawang sumiliring angin kesasar jroning rupa ireng ngregemeng peteng
sawetara iku critamu terns dak gawa lungaadoh bakal dak dandani dadi crita esuk critane jago khnuk
Ponorogo, 15 September 2003
MRIPAT LANDHEP
ing sore kuwi dak temokake maneh rrnipat landhep ngiris ati nganti ajur rojah-rajeh (nanging ora krasa perih)
njur dak bukak lawangku dak bukak dhadhaku rrnipat landhepmu terus ngiris daging waras ing saranduning awak (nanging ora ninggalake tatu) sing ana mung seger sumyah ngutahake rasa bungah
rrnipat landhepmu terns dak tekem dak gegem kenceng nganggo driji mucuk eri emane, saya suwe saya ilang landhepe saya suwe saya krasa ninggalake rasa perih ing antarane abang getih
mripat landhepmu dadi barang wungkul gumlundhung saka meja dadi memala
Ponorogo, Agustus 2004
BAWARASA
nalika ken arok mbedhang ken dhedhes tenane ora mung nglabuhi perkara tresna jagad wis luwih saka cukup anggone nyawisi rasa sib pindhane samudra sing ora nate kasatan tirta nanging amarga ana gegayuhan ngowahi jaman kang ora mung cukup didoli sabar Ian tlaten pindhane wong nandur ngenteni undhuh-undhubane
pancen mung saglugut
bedane bener Ian luput
gumantung marang panyawang
sing menehi pambij i
sarta milah Ian milih
antarane ireng Ian putih
Ponorogo. 25 April 2004
DUDURASA
dudu rasa perih sing njalari ati njola nalika glathi mancep ing dhadha
dudu rasa wedi
sing njalari ati mamang
nyumurubi tatu arang laanjang
nanging sambate ibu burni bapa kuwasa
sing tansah kipa-kipa ora mentala
nyawang nusantara
tansah siniram ludira
sing kutah saka dhadhane para putra
Ponorogo, Juli 2004
MEDITASI RASA
ngungkurake sepi rambut dak taleni ati dak bundheli yen urip iki pindhane wong mampir ngombe lilanana aku nyigar langit nguras udan supaya ilang ngelak sing dak rasakake tetaunan
Jakarta, Maret 2006
RASA
rasa perih iki ora bakal dadi tangising ati aku wis nglenggana tatu sing kok tinggal ing dhadhaku pancen wis imbang karo madu sing nate dak cecep saka Iathimu
Ponorogo, 27 Agustus 2003
ELEGI BENGAWAN SORE
| nalika ana banyak nglangi meh kentekan ambegan |
| nglawan banjir ing bengawan sore |
| sing dikirirn dening udan ketiga salah rnangsa |
| ana tukang njala nurnpak gethek nguncalake jaring |
| ternbunge kepengin nylarnetake |
| kang nandhang kasangsayan |
| ah, nanging wekasane nasibe banyak |
| ora luwih apik tinirnbang pitik potong |
| urip sepisan rinancang dening liyan kanggo |
| urip sepisan rinancang dening liyan kanggo pangewanewan |
| awit tukang njala mau butuh kurban |
Ponorogo, 6 September 2003 '
. MONOLOG SEPI
wis mabur adoh manukjalak:
sawise ueul saka kurungan
kasep, yen saiki kowe kandha kepengin
krungu anggunge
sambatmu marang sing duwe
uga muspra
jalaran si tukang ngarit wis lunga
nggawa kranjang isi golek kencana
duweke galuh eandra kirana
Ponorogo, 21 Juli 2001
SATEMENE
satemene ana sandhiwara sing nggelar crita endah emane wis mapan ing lembarane dinawingi
satemene ana esem ngujiwat sing bisa gawe sengseme jagad emane mung dumunung ing perangane dinawingi
satemene ana cahya padhang pindha sewu lintang alihan gawe pangeram-eram emane wis kelakon duking nguni
satemene ana rasa kangen yen pinuju noleh memburi mbiyaki lelakon dina kawmi emane senajan sewu cara wis dak coba sewu buku daksinau meksa ora ana dalan sing kena diliwati kanggo tumuju dina wingi
Ponorogo, 21 April 2004
FRAGMEN PAKELIRAN
aneh yen isih ana sing takon
semar gugat sapa sing ngongkon
uga marang aku
rasane kok lucu
yen isih kawetu tembungmu
ngasah glathi nggrenda pedhang apa karepku
aku wayang
sing nyebal saka pakelirnn
saiki kudu perang
karo para yaga Ian dhalang
Ketintang, 1 Juni 2000
ESEMMU
ora ngira esemmu dirubung semut gumlethak, dicuthik bocah dolanan ing pinggir dalan kamangka wingi sore lambe sing nggula satemlik kuwi isih kober dipotret wartawan njur muni ndremimil nglunturake lipstik
ora nginang, ora udut daksawang mrengut kaya badhut jebul esemmu dirubung semut
Ketintang, Juni 2000
FRAGMEN SEMUT IRENG
kursi sale seteI ditata ngadhep meja dawa sega sabungkus gumlethak ing sandhuwure
iki wancine semut ireng bancakan tumpeng
nalika gogrogan upa dadi sumber pawarta
Ian mayuta-yuta mata
mandeng kanthi kebak rasa cubriya
oh,jaman kala bendhu
sajen apa sranane pangruwatmu?
nalika meja Ian kursi dipundhi-pundhi
ana kukus kumelun
sundhul awang-awang
sing padha nyawang bakaI kagiwang
nanging sing padha ngranggeh durung mesthi pikoleh
gumantung marang semut umpra
rebutan upa
marang sapa dheweke bakal masrahake
swarane
Ponorogo, Juli 2004
PROLOG 2004
| lembaran-Iembaran wektu sing bakal koncatan |
| katresoan |
| panggantba Ian panggadhang tuwuhing samubarang kang sarwa gurnebyar ora dadi |
| tuwuhing samubarang kang sarwa gurnebyar ora dadi kanyatan |
| greget kanggo gumregab ngupaya berkah dadi ora keconggah |
| dadi ora keconggah samubarang gawe gogrog ajine |
| samubarang gawe gogrog ajine |
| kasembur abange larnbe ing kana kene mung ngabarake |
| ing kana kene mung ngabarake |
| blernbuke wong rebutan kalungguhan |
PODOrogO, pungkasaning taun 2003
SAUMPAMA AKU LILA
yen kowe arep njaluk getihku dakwenehi waton kowe percaya sing mblabar abang kuwi getih dudu somba
yen kowe arep njaluk atiku dak Iilani waton kowe ngreti sing arep kok ganyang kuwi ati dudu driji
yen kowe arep njaluk rambutku mengko dhisik saumpama aku lila apa kowe tlaten ngopeni lisa sing saben wengi ngelak inspirasi iki?
Ponorogo, 6 September 2003
PROLOG,!
satemene wis suwe aku
pasrah
nanging nganti seprene durung rumangsa
kalah
isih ana obahing rasa sing bisa
polab
ngitung swarane jantung sing tansah kapenthung
katundhung
Ponorogo, 3 Mei 2003
PELANG
ketiga rendheng tanpa leren ombak gumulung mecah kasepen ngidungake langgam panguripan sandhuwuring wedhi-wedhi pesisir sing setya nyimpen cangkriman Jaman
pesisir pelang papanjujugan tumrap kuntul-kuntul maneba sing padha kulak pawarta sm telenging samudra
senajan bumi gonjing udan salah mangsa kedhep srengenge ndedawa lara nanging pelang tetep nyimpen crita tumrap anak putu sing butuh ngreti bedane donga Ian mantra
Pangumbaran, Mei 2007
PROLOG, 2
ora bakal dak lepeb pait iki
nganti obahing ilat bisa nggiring ati
marang punjering rasa sepi
Ponorogo, 3 Mei 2003
TITIMANGSA (kanggo Zahroh Mufidah)
syukur yen mangsa ketigamu wis mungkur dak sawang saka kadohan plataranmu wis dikebaki kembang abang jambu
mitraku, golek kayu cendhana ing pangkonmu sing akekudhung sutra biru pranyata bisa nyungging birune samudra, maes birune angkasa sing dadi papanjujugane tangan kamulyan ngrentengi lintang ngranggeh rembulan
syukur yen mangsa ketigamu wis mungkur lemah-lemah cengkar wis katon bawera bun-bun esuk padha mara sanja saka kadohan aku melu gumuyu rena dene winih gurit sing nate go grog ing atimu saiki uga tuwuh ngrembaka mekar tumangkar nyulami tanduran garing sing oyode wis rantas kapangan jaman
Ponorogo, 7 Mei 2003
DYAD
kudune sliramu ngreti siji mbaka siji tali sing rantas wis dak pedhoti
dyah, ing tanganku saiki mung kari
ana tali sawiji
tali sutra kumala
rinakit saka lungiting ukara
nedya dak anggo nyencang atimu
supaya awake dhewe bisa
bebarengan ura-UTa
mecaki dalan tresna
sing menggak-menggok kebak sandhungan
iki
Ponorogo, Juni 2003
PANGGRESAH (kanggo reroncenku)
| pangangenku |
| ngambang ing antarane rasa kangen Ian keIangan parandene kledhange ayang-ayangrnu pijer kekitrang |
| kledhange ayang-ayangrnu pijer kekitrang puguh |
| angkuh, ngucireng saka sakehing tembung wanuh paribasan |
| wis ajur sikil iki nyasak eri bebondhotaning lelakon paripaksa durung ana sasmita kapan esemmu tumenga |
| panggresah |
| iki muga dadi Iantaran tinarbukaning manah pungkasan |
| muga ana kepIoking tangan senajan adoh ing pojoking leIakon |
Jakarta, November 2005
ELEGlWENGI
wis dak niyati, arep nurokake ati
ing wengi iki
mula dyah, saiki aku sumarah
tanpa guna tetembangan
yen tatu isih arang kranjang
ya mung kari pasrah
usada sing isih bisa keconggah
kopi sacingkir pawewehmu wingi
wis bisa mbeningake ati
senajan saiki langit kinepung mendhung
aku ora bingung
jalaran lintang waluku
wis pindhah ing netramu
Karangreja, 3 Juni 2000
ELEGIPUPUSGADHUNG
lurnantar pucuking wengi aku nggugah sepimu dak wanek-wanekake nembang kinanthi senajan swara iki isih amping-amping ing pojoking tangis mung beteke ora kepengin kedhisikan tekane panglong sing bakal mbutel cakrawala nganggo rupa ireng ngregemeng peteng
murnpung isih ana satleraman cahya pepadhang, nimas ayo diringkesi ati sing kebacut ajur iki sapa ngreti ing antarane rasa lara isih ana winih tresna kanggo nggusah sepi ing pucuking wengi sing kebak pepali iki
Surabaya, pnngkasaning taun 2000
WENGIIKI
aku ngreti yen wengi iki kowe nangis ngguguk ing paturon nggetuni tangan sing durung gaduk
ngranggeh lintang alihan kamangka cahya sing pating krelip kuning sinangling kuwi wis sawetara suwe kasimpen primp en ing pojoking angen
aku ngreti wengi iki
kowe nangis ngguguk ing patmon
luhmu bakal mili mbrengkali
werdine impen kadaradasih
sing sasuwene iki kandheg
ing tembung saumpama
Jakarta, November 2005
KEMBARMAYANG
kembar mayang wis mapag tekamu, kadang mapag tekane dina-dina anyar
ing kono werdining urip bakal kababar awit kupu sajodho wis sumadya tetegar nyasak jembare awang-awang
nyebar wangine kembang
sawise tetaunan tapa ngrame
wujud enthung gedhe cobane
saiki wis luwar
saiki wis ketemu sempalane iga wekas
sing tetaunan ilang gawe was sumelang
kembar mayang wis mapag tekamu, kadang kembaraning karep
sangu numpak baitaning bebrayan
kanggo nyabrang segaraning urip
muga sembada tumapak ing gisiking gegayuhan
Ponorogo, 2009
JANUR KUNING
mitra, dina iki soroting srengenge mbabar kaendahan awit ing saben puc uk godhong sinungging
welinge angin sumilir
sing wis saguh kinarya pangiringe lakurnu jroning netepi kewajibane urnat
ngrakit prajanjen endah sangarepe janur kuning rinengga pepaesan kembang Ian
kJapa gadhing sandhuwure gedhang raja
dina iki soroting srengenge mbabar kaendahan Iurnantar janur kuning rinengga pepaesan kembang
mitra, aja sangga runggi
Ielakon kawuri ora perlu digetuni yen antarane biyen Ian saiki nyimpen sewu petungan ing sadawane dalan iki cangkrimaning urip bakal kabatang
Ponorogo, 2009
GURIT LINTANG AUT
| lintang alit |
| saben wengi jerat-jerit |
| swarane nggrantes ngrenda ati pepes nelahi wayah mbaka wayah ngupadi werdining sepi |
| milah tan wenang amilih tundhone amung bisa pasrab |
| tundhone amung bisa pasrab nglenggana menawa rahina dudu duweke |
| ngienggana menawa ranna dudu duw |
| lintang alit, lintang alit |
| kelap-kelip ing kamare langit sapa nganggit |
| yen saben kledhange tansah ginupit kodrating urip |
| lintang alit lintange wengi kijenan tanpa rowang |
| kijenan tanpa rowang nyangking sabentel cangkriman sing durung kabatang |
| apa isih ana kang ngemu teges |
| apa isih ana kang ngemu teges ing plataraning langit kang anyep, sepi, nggrantes? |
| ing plataraning langit kang anyep, sepi, nggrantes? sedheng lelakon mbaka lelakon tansah nyeret ati |
Jakarta, Desember 2005 rambutku bali daktalekake menyang layangan sing wingi sore pedhot buntutane saiki bali mumbul menyang awang-awang wis ora ana maneh wektu tunnap sliramu kanggo njumputi lingsa ing sirah sing winginane isih kober kok anggo dolanan unyeng-unyenge
Jakarta, Januari 2006
YAGENE
yagene kudu ana pager sing misahake kulon Ian wetan kamangka Iaire geguritan ora kawiwitan kanthi turnindak slingkuh utawa mrawasa prawan sing , dunmg ngreti bedane saloka, bebasan, laIl paribasan yagene kudu ana rasa cubriya sing wani ngaku putune ken arok
nyawang penggurit dolanan ukara
, kamangka yen ing antarane dheweke ana
sengara wani njongkeng kawibawan
senajan crita rakyat wis mbuktekake
ing saben lembar owah-owahaning sejarah
mesthi ana rasaperih blundrah getih
yagene ana rasa sumelang, ngedum crita marang liyan kang rinasa ora sajambe sapenginang
kamangka yen bisa nglenggana urip iki pindhane sandhiwara
ireng Ian putihe crita wis ana sing nganggit
wis ana sing nata
Ponorogo, 22 JUDi 2003
JRONING LAKU
angin sing ngampirake laku nglungguhake aku Ian kowe runtut kaya wayang simpingan sangarepe dhalang pindhane ukara banjur dipantha-pantha jejer, lesan, Ian wasesane adhuh mitra, aku Ian kowe jebu! nate ngombe banyu sing padha segere lungguh ing klasa sing padha jembare liwat dalan sing padha lempenge senajan seje mangsane
angin sing ngampirake laku
nglungguhake aku Ian kowe 'bawa rasa sawetara ngonceki cangkriman ketiga sadurunge bebarengan ngeli turut lakune dina sing nggawa wema-wema patembaya
Ponorogo, 4 Mei 2005
MACAN LORENG
macan Ioreng nggereng nrrojol saka krangkeng mlaku turut dalan sudhetan nggoleki watu gilang papan Iungguhe sing ilang nalika banjir bandhang
macan Ioreng mung bisa rnIenggong weruh kanca-kancane ganti sandhangan supaya ora ditumbak wong bebedhag sing butuh buron alasan
macan Ioreng kelangan crita, kelangan dongeng senajan lliltune wis ompong nanging sing ngati-ati, mitra lambene isih ngemu wisa
Ketintang, pungkasaning taun 2000
MENDHUNG
yen mendhung padha glimpungan pacak baris ing awang-awang tenane kuwi kabeh lupute srengenge sing emoh ndandani kawicaksanane "sabda pandhita ratu tan kena wola-wali" ngono wangsulane nalika angina nakokake yagene dheweke ora nggatekake swara sora sing njaluk kawigaten kae kamangka pancen wis suwe lemah rengka mangsa ketiga ngelak tumetese bun-bun tresna nanging nyatane nganti seprene sing dirasakake mung panas swara santak ngabarake hawa panas kawicaksanane srengenge malah gawe swasana saya panas
apa pancen critane jagad wis meh tuntas?!
Ponorogo, 21 Januari 2003
JANTURAN PARIKENA
ombaking segara ngelus gisiking ati nyolong gurit kang sumarnpir ing senar pancing binuncang nyiram Iungka-Iungka ketiga
awang-awang koncatan Iintang rembulan surem tanpa guwaya kepengin lumban ing beninge samudra
angin sumilir nyambung pangrasa
ngudang pitakon kapan kelakon
awan Ian bengi dadi salernbar
sapa aruh linarnbaran godhong suruh
kangene suwung cinidra rnendhung
saben klebate nyolong jantung ndhedher wuyung
Ketintang, 30 Maret 1997
GURITAN SAPU WUDHAR
pindhane sapu sing ilang suhe mblasah sumebar satengahing latar mrenca dhewe-dhewe ora karuwan tanjane aja ngimpi bisa ngresiki sakabebing sukerta jalaran yen ijenjenengmu mung sada kaya dene emprit sing kepengin mencok ing plataran rembulan yen ana sing wani ngaku dadi sada lanang saduri.mge bisa nulungi kleting kuning mbanting raga sapinggiring bengawan
pindhane sapu sing ilang suhe mblasah sumebar satengahing latar mrenca dhewe-dhewe ora karuwan tanjane luwih becik manunggal dadi siji urip senasib minangka sesanti gedhe cilik dudu ukuran endhek dhuwur padha sinawang
SUSUH TRESNA
pirang bara kowe mabur adoh kaya keluk kumleyang ngoncati geni nglalekake kobonge kayu dadi latu jalaran wis tanpa guna ngungak patumangan rasa panas kadhung nandhes warata sandhuwuring tumpukan bata nglukis gupita werna abangjingga getun keduwung among kari gunem suwung panjeriting ati ora bisa mbukak dalan kanggo tumuju dina wingi tunggak alang-alang ora bisa ngrenda endahing panyawang kaya nalika alas tresna isih katon ijo ngrembaka rinengga endahing suket teki sumebar warata salumahing bumi
pirang bara kowe maburadoh kaya keluk kumleyang ngoncati geni gawe susuh tresna ing angkasa nglalekake rasa cuwa ati
Ponorogo, April 2005
KAYA KAPUK KUMLEY ANG
kepengin rasane bisa mumbul kaya kapuk sinentor angin
bisa kekitrang ing awang-awang
kumleyang tanpa sanggan
bisa nyalami godhong-godhong sing nate ngayomi
bisa nggrayang pang-pang sing nate dianggo gandhulan
bisa nyimpen impen lungit sundhullangit
emane seprana seprene durung ana angin sumilir sing kuwat njebol sikil kang kebacut mancep
ing ara-ara
bola-bali sing mampir mung wirama banjir
gawe ati kentir
campur larahan sapirang-pirang
nyesegake ambegan
PUPUH PALARAN
apa isih ana sing wani ngungalake dhadha yen kutha sing nate nglairake srengenge saiki ngutahake abang getih?
Iayare jagad wis tinarbuka ireng Ian putih kabeh wis pirsa wis wancine singa awuIu domba digiring menyang pagrogolan
dudu jamane nguri-uri tunggakan kemladhih sing padha silih ungkih nyingitake pamrih supaya kutha sing sarnbat perih ora kakehan ngutahake getih sumbering pangrintih kudu katindhih
Jakarta, Agustus 2005
ING KENE AKU SUMENDHE
wekasane aku bali ngadhep nothok kori-Mu masrahake sa wernaning sesanggan sing wis ora kuwat pinikul pundhak jinunjung tangan
wekasane aku bali ngadhep ndhedher sewu pangarep-arep
ing kene
ing sangisore payung agung-Mu
aku sumendhe
merit gurit werit
nyuwun lurnunturing kawelasan
muga sesuk esuk
jumedhule srengenge ing bang wetan
rinengga kidung pangruwatan
Ponorogo, Agustus 2007
PANAS
srengenge sansaya panas ing imbang kulon ngobong godhong-godhong cemara gogrog sore sing isih adoh saka karepe bocah angon sing mbutuhake segere hawa kaya nalika angin sumilir nyebar gandane kembang-kembang kacang saka pategalan srengenge sansaya panas ing imbang kulon ungak-ungak cendhela eseme abang kebak kamenangan sajake durung rumangsa wis wancine gumanti mangsa
Ponorogo, Agustus 2007
CATHETAN AWAN
awan iki wis ilang gambaran kerukunan turnrap para menjangan ing gegrurnbulan aweh pratandha tumekaning esuk menjangan-menjangan padha guyon parikena hoi obis kuntul baris tan kemba rnanunggalake rasa sakabehing pepalang linumpatan
sing padha-padha playon ing alas
ndedawa napas
kamangka mau nalika ocehing manuk
abot entheng sinangga bebarengan
awan iki wis ilang gambaran kerukunan ing sela-selaning napas mung kari curnanthel esern sepa sajak kapeksa kamangka srengenge wis nganther ing ndhuwur bener sedhela maneh bakal ngglewang mangulon banjur nyandi parane?
awan iki wis ilang garnbaran kerukunan
sing isih bisa disawang saka saben kedhep mripat mung rasa kernrungsung ngrangsang gunung golek rnenang sikut-sikutan Icaro rowang
POOOlOgO, 16 Agustus 2009
GURIT AWANG-AWANG
pancen awang-awang mung sadenna dadi ajang nalika kuntul-kuntul kumleyang
rebut banter nothog puser srengenge nalika crita angkasa
durung bisa ngowahi nasibe suket grinting sing pasrah sumarah sandhuwuring lemah padhas
pancen awang-awang mung dadi ajang ora wenang nyuraki kuntul-kuntul kumleyang rebut menang
wusana candhikala kasimpar saka
plataraning langit
sumilire angin mung bisa ngemuli prawan sunthi
sing bingung ngukur dawane jantung
jroning omah suwung
Ponorogo, 21 Maret 2008
NAPAKTILAS
wengi iki ak:u wiwit jumangkah nyasak dalan sapecak napak tilas sikil-sikil tatu lakune pandhawa sing kalah main dhadhu perih iki wohing kajujuran sing disebratake dening para culika sing ngaku dhadha satriya ya iki werdine impen kadaradasih nalika kuncaraning langit koncatan kedhep lintang Ian esem rembulan
wengi iki aku wiwit jumangkah napak tilas lakune pandhawa kalah main dhadhu iki pendadaran sejati iki pangumbaran sejati tumrap winih-winih kesisih sing negesi werdining perih
Pauggul, 22 Maret 2008
DRIJI
nalika driji iwut ngonceki werdining urip lumantar tetesing bun wayah esuk ana sing kumembeng ing antarane ireng Ian putih ngupaya sranane pangruwat samangsa kodrat isih bisa diwiradat
Jakarta, 7 Juli 2006
TEMBANG GRAHANAN
senajan mung sagebyaring thathit
kledhange ayang-ayang sing mlumpat sungapaning
bengawan
ninggal tenger rasa geter tandha sapatemon
awujud tembange angin
kanthi wirama langgam karerantan
rerumpakan tangise rembulan blundrah getih
nanging panglonging wengi dudu wates
kang njalari dina candhake kelangan teges
angin isih bakal terns sumilir
nyalarni bocah dolanan
sing kepengin menehi teges marang
saben clorot sunar rembulan
senajan ora wutuh bunder seser merak ati
kaya pinuju pwnamasidhi
Ponorogo, Oktober 2004
DASANAMA
gantiya jeneng sedina kaping sanga sing lungguh kursi ing astina kuwi wonge padha duryudana, kurupati, jaka pitana utawa embuh sapa maneh arepa nyilihjeneng saka manca negara cak-cakane mesthi padha pedab apa ganti sandhangan yen isih kudhung lulang macan?
aku Ian kowe pilih ndedonga enggal teka baratayuda ing kurusetra ukurn alam dijejegake saengga dhampar semedi ora kendhang jroning rasa perih banjir getih
Ponorogo, Oktober 2004
STUTMEN GARA-GARA
| tembang panantang cengkok palaran kasigeg |
| perang gagal wis rampung urnbul-umbullan gendera bali dilempiti jroning kothak para senapati ngetung tuna rugi |
| blencong sumunar kencar-kencar nyoloki sewu tatu sing isih keri ing pakeliran |
| munggel impene para penggedhe smg nggege mangsa |
| tumurune wahyu mahkutharama |
| lamat-lamat gerongane waranggana ngangetake swasana |
| ngangetake swasana nggugah sing padha ketungkul mbundheli |
| ratu kenci |
| ratu kenci :sawetara iku suluking dhalang aweh sasrnita |
Ponorogo, 30 Mei 2004
NARASI PUTIH
saiki padha ngaku putih kaya kapas ora rumangsa wingi sore padha maJangkrik sinambi dandan nganggo klambi Jurik, pilihane ngalor ngidul migunakake aji mumpung mumpung padhang rembulane mumpungjembar kalangane, jarene putih yen mung perkara rupa putih yen mung sinawang roata pedah apa?
saiki padha ngaku putih kaya kapas ora rumangsa atine ireng gosong kapanggang ubaJing gegayuhan sing ora timbang
Ponorogo, 20 Nopember 2004
CRITAKETIGA
jroning mripatmu erita ketiga terns ngrembaka mulas beninge banyu bengawan ing kono dak temokake dalan lUTUS kaya rambutmu sing ireng njanges
liwat dalan IUTUS iku dak endhangi thukulan geguritan sing nate dak tandur ing irnpenmu nalika udan salah mangsa nggogrogake kembang kenanga
saiki atiku segara ora bakal swala nampa saben tetes luh sing ngemu crita :saka mripatmu
Ponorogo, 21 Nopember 2004
MONOLOG MANGSA KAPlTU
muruba kaya geni supaya bisa dak titeni ing endi papan dunungmu
sumilira kaya angin supaya bisa dak ngreteni men yang endi saben klebatmu
kumricika kaya iline banyu supaya bisa dak rasakake segere pangaribawamu
antenga kaya bumi supaya bisa tinulad apa kang dadi gegebenganmu
kedhepa kaya keliping lintang supaya bisa dak sawang wema-wema kaendahanmu
padhanga kaya rembulan supaya bisa tinrawang damang sakabehing wewarah wewangsonrnu
sumunara kaya srengenge supaya bisa dak rasakake geter patering kawicaksanmu
jembara kaya langit supaya bisa tinulad sakabehing wekas kesabaranmu
Ponorogo, 2008
MONOLOG MANGSA SANGA
nalika tembung guyon dadi pasemon
nalika panyaruwe dianggep pangece
nalika salam memitran ditegesi memungsuhan
nalika kasukan wis dadi kadurakan
nalika saben obahing tembung kelangan petung
nalika
nalika nalika Ian nalika
wis dadi nalika
luwih becik menggok dalan
nggelar klasa satengahingjogan
nggletbakake sakabebing sesanggan
sapa ngreti jroning twu kepati
isih bisa ngronce melathi
sinambi tetembangan ndedawa ambegan
ya mung kari kuwi
pangarep-arep sing isih sumlempit
ing pucuk langit
nalika sakabebing ukara ndedawa lara
Ponorogo, 2008
PROTELON LOJI
ing poj ok lor kulon isih katon wewayangane nyonya susana mamerake rambut pirang dawa sabangkekan yakuwi susuhing akal prambataning nalar nalika sisuta sinaya sarowange diperes kringete holobis kuntul baris yen ora manut mungsuhe mirnis
ing poj ok lor wetan sapandurat katon gumawang wewangunan kuna nyimpen werna-wema pangrasa
duk kalane angin surnilir sisuta sinaya sakancane padha nglilir mung antenging pikir sing ora kentir nalika segara rob, kali panggul banjir
protelon loji
njenggureng anteng nyimpen sewu wewadi yen dalan sidhatan iki dak lumpati playuning ati bakal tumapak ing endi?
Ponorogo, 2009
SING URIP JRONING ATIKU
dudu imp en kadaradasih
yen esuk iki aku nemu gurit ing mripatmu ora nate aweh tengara tanpa ana obahing kangen
jalaran tetesing bun
yen abure merak sing biyen kedhungsangan
saiki bali menyang kurungan
sinambi ngiwi-iwi mbebedha ati ketiga
sing seprana-seprene gumlethak
ing antarane wengi-wengi sepi
sing njalari ati gumregah polah
ngungakjagad anyar kebak kembang-kembang mekar
ngretiya ngono dakjarake bae
kluruke sing jago kate
sing nawakake obor blarak
coloking laku sapecak
nalika wengi durung sumilak
ah, nanging urip iki nyalaa manggilingan
aku trima nintingi guritanmu
sing saiki urip jroning atiku
Ponorogo, 2008
NlNTlNGI TEMBUNG KANGEN
kangenku kaya ketiga sing kepengin weruh gebyaring thathit ginugah sumiliring angin sore sing nyebar kabar jingga lurnantar arurning melathi rinonce
kangenku marang (aku)
sing biyen tanpa leren mecah kasepen lurnantar swara ombak kang gumulung atimu sing biyen wani kedhungsangan mecaki galengan senaJan panase srengenge ngobong bun-bunan sing biyen wani nrajang sepi ngoyak kelipe konang kang gawe cangkriman ing pategalan
Ponorogo, 2008
PUPUH MELANKOLIS
dak kira pangundhamanamu kae mung sandhiwara nalika kowe kepengin weruh endabing tangis tumetesing luh saka mripat sing koncatan pangarep-arep
sawetara iku critane kleting kuning durung rampung awit andhe-andhe lumut isih iwut ngumbah ati durung saguh diunggah-unggahi
Ponorogo, 21 April 2003
NIYAT WENING
saka banyu bening suguhanmu aku weruh niyat wening saka tulusing atimu sing sumadya mungkasi crita wengi kebak pepali lumantar swarajago kluruk Ian tumutesing bun-bun esuk pane en tanpa guna ndedawa lara sinambi ndhedher rasa eubriya marang rembulan sesigar kaling-kalingan mega
saka banyu bening suguhanmu aku weruh niyat wening saka tulusing atimu nalika ana eahya kuning sinangkling mrambat ing sadawane rambutmu
Ponorogo, 12 Februari 2005
PUPUH P AMITAN
kunci sak gemboke wis dak balekake
menga Ian menepe Iawangmu
wis dudu tanggungjawabku
ing wengi iki
sikiIku tumapak mecah sepi
ngetut cahyane rembulan
sing dhoyong manguion
ngretiya
bareng karo pungkasane le1akonmu iki
critaku sing sejati isih bakal dak wiwiti
Ponorogo, 21 April 2003
MELATHI RINONCE
kepengin rasane nyangking melathi rinonce banjur dak kalungake ing gulumu minangka sulih Ian gantine ora mara sanja ing dina ulang taunmu nemlikur taun mesthi saya tambah ayu s!iramu saya tambah !andhung napasmu kaya dene susuhe angin sing ora baka! rumangsa garing senajan saben mangsa kudu lelana mbrengkali lungka ketiga sing kena disurasa
nemlikur taun mesthi saya tambah seger pasuryanmu senajan thukul saka winih kang kasisih nanging isih bisa mekar ngrembaka kaya dene pethetan ing taman sing tansah mbabak kaendahan
nemlikur taun saya dawa jangkahmu pindha menjangan wasis mlompat, nyasak eri bebondhotan sinambi nguber gegayuhan sing isih sinengker jaman
Jakarta, 15 Desember 2005
TEMBANG GRAHANAN
mahas ing asepi
sapandurat sepa, samun
hananging ana sib ngisi suwung
jroning wening
wengi
rung
nunggal greget
nunggal karep
karuketjroning krenteg
Karangreja, 19 Juli 2001
TEMBANG PANGRUWATAN
dak oyak saben obahing kayon mburu susuhing angin parandene durung ana tresna kang katon ing antarane pang-pang garing
ana ngendi disingitake ocehing jalak sing biyen nate crita perkara janji ketiga rikala ngumandhanging pupuh tembang pangruwatan disenggaki bocah dolanan sinambi adus sunar rembulan
dak oyak saben obahing kayon mburu susuhing angin mbokmenawa mbarengi tetesing bun-bun ketiga ana pupus sing isih gelem trubus gawe segere pangrasa mekare panggantha sing sasuwene iki garing tan sinempyok sumilire angin
Jakarta, gagat rahina 2006
MEDHIT ASI LANGIT
sumamburat abang ing cahyane rembulan
kae getihku sing kutah
nalika gontok-gontokan
rebutan bumbung sakluwung
isi wewadine Iangit
nalika Iesung tengara tekane grahana
wis tan muni tinabuh
Jakarta, Desember 2005
SOKALIMA 2006 (cathetan satriya awangga)
pendhapa ngarep sepi nalika aku nginceng saka sandhing pethetan, samburine beteng pendhawa Ian kurawa lagi dolanan domino sinambi ngombe tuwak ngguyu lakak-Iakak druna, sang guru lagi nampa tamu
sabubare kuwi bendhe muni blabar kawat kentheng waja wis tumata pendadaran diwiwiti
ab, satriya sing uripe kajen keringan jebul tandange ora heda adoh karo wong pidak pedarakan aku nrambul ing palagan pendhawa dak tantang senajan aku uga putrane dewi kunthi nanging apa salah yen saiki nyawiji karo ponak-ponakane sengkuni
sing wis menehi aku kalungguhan senapati?
urip pancen pindhane cangkriman batangane rinegem kenceng ing asta-Ne drunaaa ... ! yen jemparing iki uwal saka kendhenge sapa sing bakal sigar dhadhane!?
Jakarta, Januari 2006
EPIGRAM JINGGA (-reronce nku-)
rembulan sumunar cahya kencana
mulas langit biru banyu segara
aku dolanan ing sangisore
sinambi ngrapal mantra tembang tresna
ngenteni purnarna pungkasan
sing nggawa pawarta jingga
Jakarta, Desember 2005
REREPEN TEMBANG PANGUMBARAN
| isih dumeling ing kuping |
| sakabehing pitutur Ian piweling duk kalane aku ngangsu banyu wening |
| ing sendhang pawitranmu biyen ana rekasa sing ora ateges sengsara ana pangudarasa sing ora crita panalangsa |
| ana tangis sing dudu tunggale susah ana esem senajan ora wancine bungah |
| kabeh maujebuljamu racikanmu |
| kabeh maujebuljamu racikanmu kanggo tamba rojah-rajehing tatu |
| kanggo tamba rojah-rajehing tatu sawise ajar nyasak eri bebondhotaning Iaku |
| sawise ajar nyasak eri bebondhotaning Iaku |
| biyen dak tampa pepadhang sing dudu padhange awan nalika aku jroning pepeteng |
| nalika aku jroning pepeteng sing dudu petenge wengi |
| saiki wis dak saring bening dak trawang damang |
| saiki wis dak saring bening dak trawang damang sakabehing wewarah wewangsomnu |
| sakabehing wewarah wewangsomnu |
| sakabehing wewarah wewangsomnu saka kadohan dak SUWlDl donga pangestu |
| saka kadohan dak SUWlDl donga pangestu |
| saka kadohan dak SUWlDl donga pangestu |
| saka kadohan dak SUWlDl donga pangestu |
| saka kadohan dak SUWlDl donga pangestu |
| saka kadohan dak SUWlDl donga pangestu muga sembada anggonku ngayahi sesanggeman |
| saka kadohan dak SUWlDl donga pangestu muga sembada anggonku ngayahi sesanggeman |
| muga sembada anggonku ngayahi sesanggeman |
| muga sembada anggonku ngayahi sesanggeman |
| muga sembada anggonku ngayahi sesanggeman |
| muga sembada anggonku ngayahi sesanggeman |
| muga sembada anggonku ngayahi sesanggeman |
| muga sembada anggonku ngayahi sesanggeman |
| muga sembada anggonku ngayahi sesanggeman mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| mecaki simpangan dalan kasunyatan |
| moealsi simpangan dalan kasunvatan |
| meealri simpengen dalen kasunyaten |
| eeeelri cirerercen dalen lresuevaton |
| i |
Ponorogo, Pungkasaning Juni 2005
TAlWA CAKEP AN
playuku ngoyak angin nyanglcing tembang sing ilang cakepane
kepalang jati ngarang papane manuk platuk gawe
gowokan
ing kono sing ana mung oceh tanpa wirama parandene disubya-subya tanpa beda temanten anyar sing lagi ngresepi werdine kembar mayang rinengga pepaesan kembang
sawetara iku angin sore saya banter playune Ian sagatra tembang tanpa cakepan isih gawang-gawang cat katon cat ilang kecelik ing waliking candhikala lcinukup gendhinge wong semaya
Ponorogo, pungkasan taun 2004
MENDHUNG TUMLA WUNG
ora perlu bingung iki wancine mendhung tumlawung theyot-theblung theyot-theblung ing blumbang kodhok ngorek gawe liwung
begjane tani utun isih kober nandur pohung Ian jagung esuk ngukup kulup lembayung bengine diuran-urani swara walang kadung
iki wancine mendhung tumlawung aja mutung knmgu pait getiring tembung sebab ing gedhung-gedhung akeh wong mendem kecubung adhuh bapa, adhuh biyung rambut dawa ora digelung rampWlg gawene malah ditundhung
tekaku saderma tetulung
Ponorogo, Pungkasaning taun 2004
ELEGI PINGGIR KAU
| ing sungapane banyu kali sing lagi banjir dak temokake larik-Iarik gurit isi janjine sampek engtay |
| nalika mrangguli dalan tresna yen nganti ora kena diliwati bebarengan |
| pilih mati mmggalluwangan |
| ing antaJ"ane larahan |
| sing mbunteti got-got pinggir dalan |
| dak temokake gatra-gatra tembang asmara |
| rerumpakan prasetyane rara mendut prana citra nalika bebarengan rangkat saka katumenggungan |
| cathetan dongeng wis mbuktekake |
| biyen Ian saiki ora ana bedane senajan aku Ian kowe ora kudu tebah-tebah dhadha |
| ngaku ram mendut Ian prana citra |
| umpama pancen kowe ram mendut cetha aku dudu pranacitra |
| pranacitra aku wong kalah |
| aku wong kalah |
| aku wong kalah saben polah dianggep salah |
| saben polah dianggep salah |
Ponorogo, Januari 2005
AYANG-AYANG REMBULAN
katon maneh ayang-ayang rembulan ing sanjerone gelas kothong nalika rasa mumet ing sirah durung ilang
wis ora ana maneh sing bisa dilangga
kanggo nutugake mendem gayeng
ing surup peteng iki
sawetara iku ayang-ayang rembulan
terns ngrangsang
kepengin dilangga menyang Iambe
sing isih teteh nyuwara
ha-na-ca-ra-ka
iki mendemku
iki mabukku
sing terus jejogedan rinengga gendhing dolanan
jroning kalangan asli
nalika ing adoh kana wong-wong keli
ing ulegane arus westemisasi
Ponorogo, April 2005
LANG GAM KETIGA
bali dak eluk tumelung ing pangkon
angen-angen ngrangsang
sing biyen nantang awang-awang
wis ora ana sing bisa diandelake
saka kacang sing kelangan lanjaran
pedah apa rmambat kayu cendhana
sundhul angkasa
yen beteke mung golek kuncara
luwih becik pasrah
urip ing sandhuwuring lemah
gawe lung-lung anyar
sarnangsa srengenge sumunar kencar-kencar
Ponorogo, April 2005
LANGGAM WENGI, 1
wengi sing lungkrah nyingitake rasa kangen marang gumebyare hawa kutha sing nate ngajak playon ngoyak angen-angen kurnleyang sadawane trotoar ing kono gumebyare lampu-lampu dalan kaya Iagi pasang sawijining cangkriman yen bengi Ian awan ora mung perkara peteng utawa padhang sawayah-wayah napas-napas lawas bisa gumregah polah nintingi werdining pangimpen sing saben-saben mrambat ing sadawane rambut kalamun mrucut mung bisa diwadhahi nganggo atine dhewe-dhewe
LANGGAM WENGI, 2
kudu dak ambali sepisan engkas anggonku ngubengake gelas mbandari ngombe arak sendhen cagak jalaran kalangan iki isih mbutuhake wongmendem sing saguh ora mikir perkara adus, mangan, Ian ganti sandhangan butuhe mung sila methekel ngadhep keblat papat lima pancer mripat nyawang awang-awang ngudang rembulan sinenggakan lambe ndremimil ngej a ha na ca ra ka ka ra ca na ha
kudu dak arnbali sepisan engkas anggonku ngubengake gelas karoben werdining wengi ora mung ilang ing bantal pagulingan jalaran sesuk esuk bun sing bakal tumetes isih ngenteni tutuge lakon sepi ing wengi sing kebak pepali iki
Jakarta, September 2005
ING PUCUK LANGIT
manjer pandulu ing pucuk langit
kaya ana sing polah ing antarane
ngregemeng petenge mendhung ireng
jebu! ora kabeh rumangsa keraszn
lungguh ngethekur ing papan dhuwur
nyatane ana sing saguh gogrog
satetes mbaka satetes
nyawiji karo suket-suket teki
kang sumebar ing salumahing bumi
manjer pandulu ing pucuk langit
ism ana salarik pitakon kang sumlempit
yen papan bawera iki pancen merdika
kanggo sakabebing swara
yagene sunaring srengenge
ora kabeh bisa ngrasakake?
Ponorogo, Maret 2005
SWARA JAGO KLURUK
swara jago kluruk miyak watese wengi Ian esuk ing sisih wetan ngegla cahya mbranang padhang
peparing-E
sanalika gawe gumregahe ati rengka tetaunan ngliwati dina sepa kebak panggodha
swara jago kluruk mungkasi kamurkane
uler-uler serit ngrangsang ijone gegodhongan jroning alas jati kebak wewadi
mungkasi panalangsane enthung-enthung gumantung kelangan petung
swara jago kluruk mbabar
Iumakune crita-crita anyar
jroning panggung sandhiwara tanpa layar
Ponorogo, Nopember 2008
MAPAG LAIRE SRENGENGE
sawise anajago klwuk esuk nalika pang trembesi rame ocehing manuk
sawise suket-suket teles ketiban bun-bun esuk nalika pedhut klawu ngreridhu laku
ing sawijining esuk aku mbukak lawang pangarep-arep ngetung munggah mudhune karep
nalika ing cakruk wis ora tinemu wong thenguk-thenguk nalika ing sadawane laku wis ora keprungu swara umuk aku mapag laire srengenge wangine rambutmu sing ngancani nata dina-dina mburi kebak pangaji
Ponorogo, 2008
GURITKU
guritku tembang ngrumpaka cakepane jaman edan ngoyak tebane jangka tuwuhing pepadhang
guritku pedhang sisa nyali, kaasah landheping keyakinan sumadya kumlawe mbabat sakabehing pepalang
guritku panantang gumontang ngoyak kamurkan sing saya mumbul, sundhul awang-awang
Ponorogo, 13 Juni 2001
ELEGI MANGSA SEPI
omah kuna awangunjoglo
ing kono dilestarekake krama inggil
Ian basa ngoko
ah, nanging saiki ora perlu ngarep-arep
tumangkare tembang macapat-an
dadi wiramaningjaman
ha na ca ra ka wis kadhung divonis mati
mung kari ngenteni
esuk apa sore bakal dieksekusi
Ponorogo, 16 April 2003
PROLOG
ha na ra sa sa ra ka ga wa sa ka ka ca ra sa ra ga Ja ya ha ya wa pa dha da na da nya sa ka na 1a 1a ga wa sa da ra nga ha na ca ka ca sa ka kaaaaaaaaaaaaaaaaaang rna ha ka wa sa
Ponorogo, 25 Oktober 2009
EPIGRAM MANGSA PANGLONG
aku Ian kowe tetela kalah wicaksana karo konang ing pategalan dheweke luwih tanggap Ian bisa maca sasmita cecawis colok kanggo miyak petenging wengi sing bakal diliwati
Ponorogo, 16 April 2003
SURA
taun anyar sing tanpa swara terompet Ian kelipe kembang api sing ana mung perban putih mbunteI perihing ati sing tatu ing man gsa Iabuh iki 11 swara sing mrojol ing kupingku mung swarane angin sore sing ngabarake pedhote rante sadurunge rodha panjangka gumlindhing tatas nuntasake sesanggeman 111 crita sepi wis wancine ditinggaI ing bang wetan wis katon cahya sumunar tandha yekti crita anyar bakal kababar
Ponorogo, 15 Januari 2003
EPILOG SORE
wis dak tutup kelire crita senajan ayak-ayak pamungkas durung keprungu nyuwara
tanpa guna lakon sore dibacutake yen jembare ara-ara mung saderma dadi papan macak kewan galak awulu domba nganti sumilire angin ora wani nggogrogake godhong garing mung beteke kudu manut marang swara nunut sing satemene wis kudu keli ing ulegane kali nanging nganti saiki isih diuri-uri
wis dak tutup kelire crita bali dak bukak mbesuk bareng karo swara kidung pangruwate sukerta
EPIGRAM KACU WUNGU
kaeu wungu pawewehmu
nate dak anggo mbuntel ati tatu
nalika ana mripat landhep
maneep ing dhadhaku
Ponorogo, September 2004
KELUKROKOK
sawangen keluk rokok sing mumbuI menek langit nggawa reroncenku sing durung kober dak pulas mawa wernaJmgga parandene wis dadi kabar sinebar mbok bakul sinambi wara dadi pawarta mirunggan sadawane dalan
sawangen keluk rokok sing mumbul menek langit nyangking crita carangan sing panase ngembari srengenge gawe garinge oyot-oyot lumut sing nyoba nintingi werdining urip ing watu item kebak panganggit
sawangen ke1uk rokok sing menek langit ngronce maewu-ewu crita sore sing durung karuwan kapan tancep kayone
Jakarta. Maret 2006
ING W ALIKE JILBAB PUTIH
kledhange ayang-ayangmu mung ninggalake crita sumelang ora ana sasmita sing bisa dak waca saka aksara nglegena sing ngrengga wangine rambutmu mWlg saka tapak-tapak sikil sing nyisa ing dalan sidhatan ana gatra-gatra cangkriman sing nyimpen werdine impen kadaradasih
kledhange ayang-ayangmu mung ninggalake crita sumelang ora ana sasmita rinonce sing kena dak tintingi werdine mung aksara-aksara sandhi sing kececer ana sadawane trotoar nyimpen wewadi kang kudu kababar
kledhange ayang-ayangmu mung ninggalake crita sumelang nganti rembulan tanggal sepisan kelangan esem ngujiwate
nanging aku percaya dasih
senajanjangkahmu nyebar gandane kembang telasih nanging dudu tangis sing kok singitake ing walike jilbab putih
Jakarta, Maret 2006
TATUNINGJAMAN
lilanana aku ngonceki tresna sing gumlethak ing sangisore wit cemara senajan bumi bengkah tangis kutah Ian abure manuk pOOhang kedhlmgsangan kelangan pencokan nanging apa iya kabeh kudo salin slaga dadi singa awulu domba ngendelake landheping suing kekering panguwasa ngalor ngidul ngronce tembung lelanrisan njaremake tatune jaman?
lilanana aku nintingi tresna sing sumebar sadawane wedhi putih sadawane pesisir senajan sumilire angin wis ora nyangking gendhing-gendhing dolanan nanging apa iya kabeh kudo tiwikrama wujud denawa nggadhang dllmadine grabanan ngabangake tatune jaman?
JiJanana aku nyangkok winih tresna sing thukul ing anlatane alang;dang ngrangsang ngelak tumetese banyu udan sapa ngreti esem ngujiwate kena kanggo nambani tatune jaman sing saya suwe katon abang mlerah ngucemake Iembaran sejarah
Jakarta, Maret 2006
LAYANG KETIGA
dak kirim layang ketiga werna jingga
marang wangine kuthamu
muga bisa kok mangerteni sambate ati nela sing ora bakal teles siniram udan kiriman
pancen seprana-seprene pijer dadi lakon
tutwuri gremete karep sing kala-kala kudu mlaku
lumawan iline banyu
iki sambat-sebut suluk pathet sanga
sing kebacut ajur katindhes wengise crita
senajan ora duwe karep njaluk kawelasan
nanging cukup dadi tengara
yen dalan sidhatan iki
dudu pungkasan kanggo sawijining pangumbaran
Jakarta, Maret 2006
AKU NGASO ING KENE
aku ngaso ing kene sinambi nyawang langit sing meh numpleg kabotan sanggan dumadakan ana rasa sing ngajak brontak nyawang rembulan grahanan tanggaIIas-Iasan nanging banjur dak peper rasa perih dak uncalake menyang kali campur dadi siji karo larahan Ian sisane wong ngumbahi ing ndhuwur kana
aku ngaso ing kene sinambi nata ati sing rojah rajah eling Iaku sing durung antuk separone dalan
Jakarta, Maret 2006
MONOLOG MARET
-indah sanrambutmu teIes, atiku kekes
nyalami grimis sing mungkasi mangsa rendheng taun iki
aku Ian kowe
wis ora ana maneh tresna sing kentir
ing ulegane banjir
ngadeg dhewe-dhewe
ing sandhuwure Iemah bengkah
mung ijone suket sing isih bisa rumaket
nyawiji tumetese bun tumrap ati nela
mangsa ketiga
sedheng rasa kangen wis ilang
kabuncang angin, embuh tibane
ora karuwan kapan baline
JARENE
miturut tembange angin sing ngumandhang cengkok palaran jarene wis dumadi owah-owahan ing saben pecak tindak ing pasrawungan jarene wis ora ana kem1adheyan kang tumumpang ing pang jarene wis ora ana kawicaksanan sing mban cindhe mban siladanjarene jarene lanjarene ah,jebul kabeh mau mungjarene jarene sing butuh digatekake jarene sing puguh ngugemi kekarepane jarene sing ora saguh diganggu gawe jarene wis dumadi owah-owahan jarene wis saguh ngugemi tatanan jarene wis njunjung dhuwur marang kamanungsan :nyatane kabeh mau mung slogan sing isih adoh karo kanyatan
Ponorogo, Februari 2005
ING SAMBURINE KELIR
| swara gamelan wis ngumandhang, dhalang wiwit janturan |
| ing mburi pakeliran ana crita carangan kang lagi bae dikarang dening lintang Ian rembulan |
| irama gendhing wis ngancik pathet sanga, dhalang nyandra kasulistyane wara sembadra ing mburi pake1iran lintang Ian rembulan nembang asmaradana |
| gunungan kajunjung diobahake munggah mudhun |
| tancep kayon ing mburi pakeliran lintang Ian rembulan wus ora katon |
| wus ora katon ing salembar kertas tilas buntel kacang kang mentas dianggo lungguhan katon ana tulisan :"idhe lungit wis kaanggit crita anyar bakal kababar" |
Ponorogo, 21 Oktober 1997
EPIGRAM ESUK
esem sing wingi dadi rebutan sailG garing ing sandhuwuring alang-alang mung kari rasa keduwung sing isih krasa tandhes balung
Jakarta, September 2005
PANJURUNG
ora perlu ngrakit tembung-tembung manis tulisen bae sakabebing pangrasa nganggo ukara-ukara prasaja kaya spandhuk sing saben dina kumlebat ing tengah kutha awit kabeh wis padha waleh disemayani nganggo manisingjanji
ora perlu pamer rupa sinambi tebah-tebah dhadha :aku iki Iho susuhing cahya sing sembada madhangi donya
sakabehing ternbungmu tiwas mung dadi burnbon guyon sak enggon-enggon sebab bocah dolanan ing plataran kae durung mesthi yen ngenteni rembulan ndadari
Iuwih becik ngadega bae ing antarane keblat papat lima pancer yen pancen jejeg mesthi bakal dadi adeg-adeg
Ponorogo, Oktober 2004
EPIGRAM A W AN
tatu ing dhadha wis katon garing sawise disawuri heras laming nanging ati sing kebacut ajur isih morat-marit durung ana sing kena kanggo madhahi
Jakarta, September 2005
TAPELWATES
-siswa kinasihesuk iki esemmu pecah
kaya kudhup melathi mbabar ganda wangi kaya pletheking srengenge sumadya ngedum sunare awit ombak ing pesisir pelang wis aweh pralambang yen anggonmu ngangsu kawruh sinambi mesu budi wis telean titi pwnaning gati ocehing 1repodhang ing wit-witan melu manembrama njampangi lakune siswa kinasih leang lulos pendadaran
esuk iki sliramu tumapak ing Irene ing tapel wates mitra rowang sing sakawit gandhengan tangan titi mangsa ik:i kudo sewang-sewangan ati emoh pisah nanging sikillwdu tetep jmnangkah kanggo ngoyak jangkaning sejarah pisah dudu pratandba enteking tresna ik:i mwg Iaku mmih kelakon sawijining lakon
Panggul. 12 Juni 2009
EPIGRAM WENGI
nalika rambut ngrembyak kajambak lingsa-lingsa padha umra golek sirah sing saguh madhahi inspirasi
Jakarta, September 2005
TUGUPAHLAWAN
angen-angenku ngumbara mencok ing tugu pahlawan nyawang papan gogroge kembang puluhan taun kepungkur sing ganda arume isib ngambar nganti seprene
angen-angenku ngumbara mencok ing tugu pahlawan surabaya katon ngegla dalan-dalan padhet kendharaan ing kene awan Ian bengi wis ora ana bedane rame gumerite angkutan ngusung arak-arakan buruh pabrik kaya lagon lawas semut ireng golek ambeng
saka kadohan dak ungak wengine ketintang atiku nate perih ing kana nalika ngrajut bolah sutra wema jingga
angen-angenku ngumbara mencok ing tugu pahlawan melu dadi seksi yen urip iki paternbayan
Surabaya, 26 Oktober 2004
GOGROG
| yen sesantining urip wis gogrog saka bwuIhelaning ati abange lambe mung kari kaya papan iklan ngumbar ukara sepa kelangan tanja |
| sing nyisa mung kari jangkah tanpa arab gumelare donya mung karl nyisa rupa peteng awit soroting mripat wis katutupan rasa cubriya |
| gogrog |
| tembange jaman wis gogrog ajine cengkok palaran singjarene panantang |
| saiki ora luwih saka lagune bocah dolanan kelangan rernbulan |
| gogrog tembange jarnan wis gogrog |
| tembange jarnan wis gogrog yel-yel sing biyen nuntut dwnadine owah-owahan |
| yel-yel sing biyen nuntut dwnadine owah-owahan |
| yel-yel sing biyen nuntut dwnadine owah-owahan saiki keprungu blero |
Ponorogo, 21 Oktober 2003
ING ARA-ARA BAWERA
ing ara-ara bawera iki mesthine sliramu uga ngelak kaya sing dak rasakake mung bedane yen aku wani nyekel kendhi sinambi ndhangak nantang langit nguras banyu udan sakatege sedheng sliramu anane mung meneng ngenteni kawelasane bun-bun esuk sing ajeg tumetes saka gOdhOng lumbu
ing ara-ara bawera iki mesthine sliramu uga ngelak kaya sing dak rasakake mula lilanana dak cecep lathimu supaya ngelakku Ian ngelakmu bisa ilang bebarengan jalaran bakal ana rasa anyles kang bakal rumesep tandhes pulung ati
Jakarta, September 2005
EPIGRAM RASA
saiki dheweke enthung nulad kesabarane angin nglalekake ijone gegodhongan jroning napase kebak panggadhang tuwuhing owah-owahan
Ponorogo, Riyaya 2009
.. SUMONO SANDY ASMORO, terkadhang nganggo jeneng samaran ·:'· lA · eandra Dyah Pambayun. Alumnus Jurusan Basa Ian Sastra Jawa .h " .' lJNESA Surabaya sing lulus taun - . 2000 iki tulisane kababar ing majalah '. . . Panjebar Semangat, Jaya Baya,
Mekar Sari, Djaka Lodang, Surabaya Post, Bende, Ian sapanunggalane. Gegtuitan Ian cerkake kerep menang jroning lomba nulis gegwitan Ian cerkak ing Surabaya, Malang, Ian Y ogyakarta.
Sawetara karyane uga kaemot ing antologi bebarengan kayata: Liong Tembang Prapatan (1999), Bandha Pusaka (2001), Kabar Saka Bendulnrrisi (2001), Sunnmar (2002), Jagade Obah (2003), Duka Atjeh Duka Bersama (2005), Trubus Saka Pang Garing (2005), Malsasa 2005 (2005), Surabaya 714 (2007), Ian Senthong (2008) . Antologi Romansane sing lagi bae terbit Tembange Wong Kangen.
Surnono Sandy Asmoro lair ing kota reyog, Ponorogo. Kuliah Ian sinau kasusastran ing kota pahlawan, Surabaya. Nate dadi redaktur majalah Damar Jati, Jakarta. Saiki dadi guru ing SMPN I Panggul, Trenggalek. Aktivis Sanggar Triwida iki uga kerep diundang kanggo maca karyane ing maneka warna acara. Taun 2007 nikah karo Sari Astuti, kenya saka Trenggalek. Taun 2008 anake mbarep lair, diwenehi tenger Lungit Winahyu Lintang Musthika Aji. Alamate desa Bancangan Kecamatan Sambit, Ponorogo, Jawa TimUT. lIP 081335305614.
!O-C>C j-I
P RPUSTAKAAN PUSAT BAHASA