Pustaka Taratsa

Baca teks (PDF): Serat Daja Wahana (Jawa-Sunda)

44 halaman · 44 halaman diproses dengan OCR · 16.1 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. SERAT DAJA-WAHANA
  2. BAB 1. Djawah.
  3. BOEBOEKA
  4. BAB 2. Gelap.

Prijs franco per post/ baay het Dépôt van Leermiddelen te Weltevreden tege n toezending van een postwissel tot genoemd bedrag.

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur No. 107.

SERAT DAJA-WAHANA

KARANGANIPOEN

TOEAN H. Ch. CROES, DIRECTEUR PAMOELANGAN

TJALON GOEROE

ING

DJOKJAKARTA.

PNRI bp

BAB 1, kawontenipoen DJAWAH. BAB 2, kawontenipoen GELAP.

ing pangetjapanipoen G. KOLFF & Co.—Betawi 1914.

52/%2. .S

CR. 530/

1-52 19/3

PERPUSTAKAAN

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur No. 107.

SERAT DAJA-WAHANA

KARANGANIPOEN

TÕEAN H. Ch. CROES, DIRECTEUR PAMOELANGAN

TJALON GOEROE

ING DJOKJAKARTA.

BAB 1, kawontenipoen DJAWAH. BAB 2, kawontenipoen GELAP.

Kaetjap ing pangetjapanipoen G. KOLFF & Co.—Betawi 1914.

BAB 1. Djawah.

BOEBOEKA

I. Bilih koela-manah-manah ing alam donja poenika teka katah sanget reroepèn, lelampahan oetawi samoekawis ingkang anèh, oetawi ngéramaken; manoesa boten saged njandak ingkang dados sababipoen. Ananging saking pangoedinipoen para saged sampoen kațah kémawon lelampahan waoe ingkang kasoemerepan sababipoen. Tiang bodo oetawi tiang ingkang taksih sakelik kawroehipoen, inggih sok ngaken saged nerangaken bab ingkang mekaten waoe, ananging keteranganipoen poenika bilih kamanah ingkang sa-èstoe, amesti ladjeng tetéla anggènipoen boten pinanggih ing nalar. Kațah kémawon lelampahan ingkang pantjèn kénging katerangaken serana sabab ingkang gampil oetawi pesadja, sami ka-anggep saking pandameling sétan oetawi djim; toemrapipoen tiang ingkang badé nerangaken, patrap mekaten poenika mila inggih pantjèn pesadja saha barès, ananging toemrapipoen tiang ingkang pandjang angen-angenipoen, poenika malah moeroegaken bingoeng.

Tjarios koela inginggil waoe, terangipoen kados déné ingkang kaseboet ingandap poenika.

Wonten sinjo kekalih ambeboedjeng lateng wana ngantos sadinten moepoet; saking bentèripoen sami kringeten ngantos penganggènipoen kaleboes sedaja, anoenten sami mantoek. Lampahipoen nglangkoengi lèpèn, ingkang tojanipoen bening sanget; sinjo kekalih sarèhné boten koeawi nandang soemoeking badan, ladjeng sami tjoetjoel, ambjoer ing toja saha adoes. Sadoemoegining gria, boten antawis 1 Serat Daja Wahana dangoe ladjeng katjandak ing sakit sanget, ngantos lami sinjo kekalih waoe anggènipoen sakit bentèr malah mèh ké- mawon dokter boten saged andjampèni.

Djongos saha baboe ing grianipoen sinjo waoe, sami mastani bilih sakitipoen poenika kesambet", awit lèpèn waoe wonten ingkang baoe-reksa, inggih poenika sétan, poenika sami sakit manahipoen, déné lèpènipoen dipoen-anggé gegebjoeran. Amoerih wiloedjengipoen ingkang sakit, kedah ènggal-ènggal dipoen-boetjali" saha dipoen-wiloedjengi, poenika ingkang badé damel itjal sakiting manahipoen sétan ingkang baoe-reksa waoe.

Toemrapipoen tiang ingkang boten pandjang angenangenipoen, tjariosipoen djongos saha baboe waoe leres sanget. Sa-oepami bapakipoen sinjo waoe goegontoehon bodo, amesti ladjeng anggega kémawon dateng tjarios waoe, ladjeng ènggal-ènggal kèngkènan boetjali saha wiloedjengan, boten pisan nela pitoeloenganipoen dokter. Toedjoenipoen toean waoe boten mekaten pamanggihipoen, toean waoe sampoen ngretos, bilih adoes poenika boten prajogi toemrapipoen tiang menawi saweg kringeten, awit badanipoen bentèr, woesana kénging ing asrep sami sanalika, badan waoe anggènipoen dados asrep ngagètaken; mila ladjeng masoek angin", poenika sababipoen sakit bentèr waoe. Bab ingkang mekaten poenika, saben tiang sampoen naté ngalami, kados ta tiang pinoedjoe kringeten linggih sangadjenging kori, amesți ladjeng masoek angin, terkaang pileg.

Sarèhné toean waoe sampoen asring soemerep katemahanipoen tiang adoes ing nalikanipoen kringeten oetawi badanipoen bentèr, mila boten pisan-pisan anggega dateng tjariosipoen djongos toewin baboe; ènggal-ènggal datengaken dokter, sarta djampèkaken anakipoen. Ingkang sakit kadjampènan serana djampinipoen tiang masoek angin", wekasanipoen saras.

Boten antawis lami, sesampoenipoen sinjo waoe sami saras, asring kémawon sami adoes ing lèpèn kaseboet inginggil, éwadéné boten naté katjandak ing sakit kesambet", poenika ingkang nelakaken bilih sakitipoen sinjo waoe boten sabab saking pandamelipoen sétan; sa-oepami lèpèn waoe wontena ingkang baoe-reksa, poenapaha sinjo waoe nalika adoes ingkang sapisan sami kesambet, sareng sampoen kaping kalih, kaping tiga teka boten? Nalika adoes ingkang kaping kalih oetawi kaping tiga waoe, diksoeranipoen rak inggih sami kémawon kalian kala ingkang sapisan.

Mila tiang poenika bilih mireng tjetjriosan, sampoen ènggal-ènggal kagega, prajogi kamanaha roemijin, katjoendoekna kalian samoekawis ingkang sampoen kasoemerepan. Ananging tiang poenika sagedipoen notjogaken oetawi njoendoekaken waoe, kedah soemerep saha ngretos dateng lelampahar sawetawis, saha saged mestani poendi ingkang dados sabab, poendi ingkang nama katemahanipoen.

Ingandap poenika koela balé midjang-midjang lelampahan sawetawis ingkang magepokan kalian bab djawah saha bledeg. soepados saged nerangaken sababipoen prekawis waoe.

II. Poenapa ta lelampahan ingkang kénging kawastanan magepokan kalian djawah? Limrahipoen sadèrèngipoen djawah, langit kalatengan mendoeng, saja dangoe mendoeng waoe saja kandel, anoenten toja djawah dawah; sesampoenipoen sawetawis dangoenipoen, menloengipoen itjal; ing nalika wiwit djawah, oetawi nalika djawahipoen dèrèng dangoe, temtoe wonten angin sawetawis ageng.

Lah, ingkang kawastanan mendoeng oetawi méga poenika poenapa?

Sajektosipoen mendoeng kalian ampak-ampak poenika sami kémawon, bilih katingal tjelak kalian siti, kados ta toemrapipoen tiang ing paredèn, poenika nama ampak-ampak; bilih katingal tebih saking siti, dados katingal wonten inginggil, poenika nama méga, menawi warninipoen tjemeng nama mendoeng. Dados: méga, mendoeng saha ampak-ampak poenika sajektosipoen samikémawon; bilih tiang wonten ing poetjaking redi, loemampah ing ampak-ampak, amesti panganggénipoen, mekaten oegi rai, tangan saha soekoenipoen ladjeng teles, awit poenika boten ketoetoepan sandangan, dangoe-dangoe sami kebak ing toja ingkang sami pating printis kados kringet. Mekaten oegi barang-barang ingkang kadèkèk ing ampak-ampak ngantos sawetawis dangoenipoen, ladjeng katoetoepan toja ingkang pating printis; menawi boten wonten ampak-ampak, ames!i ingkang mekaten waoe boten kelampahan, dados menawi mekaten, tetéla bilih ampak-ampak poenika, sajektosipoen toja alit-alit. Ingkang mekaten poenika tjotjog kalian tjariosipoen para ingkang sampoen naté noempak baita hawa oetawi luchtballon minggah ing awang-awang; tiang waoe bilih sampoen doemoegi nginggil, ladjeng loemebet ing méga; ingrikoe soemerep, sedaja barang-barang ingkang wonten ing baitanipoen katoetoepan toja pating printis. Tiang ingkang nganggé tismak, tismakipoen katoetoepan toja, kados bilih tismak katjepengan wonten ing koekoesipoen toja oemob.

Bok menawi para maos wonten ingkang pitakèn, kados poendi toja sagedipoen lelajangan wonten ing awang-awang?

Toja mekaten menawi adapoer gliningan ageng, amesți toemètès dawah mengandap, kados déné tètèsing djawah, ananging menawi alit sanget kados oepaminipoen toja ingkang mantjoerat saking grodjogan, saking alitipoen katingal lajang-lajang wonten ing hawa, ngantos sawetawis dangoenipoen, menawi kempal malih ngantos dados gliningan ageng, amesți ladjeng dawah malih.

III. Toja ingkang pating printis alit-alit poenika pinangkanipoen saking poendi? Soepados tiang saged ngretos prekawis waoe, kedah angjektosi lelampahan sawetawis, ingkang kawastanan ngoeap saha dados kentel. Amrih gampilipoen prajogi serana katjobi kados ingandap poenika.

Wonten piring tjèpèr isi toja sawetawis kadèkèk ing latar, soepados kabentèran ing soerja; antawis djam dangoenipoen, menawi piring waoe katiti priksa, amesți tetéla bilih tojanipoen sampoen kantoen sakedik, malah terkadang telas babar pisan, inggih poenika menawi tojanipoen waoenipoen na-

S 2 PERPUSTAKAAN NASIONAL

moeng sakedik, saha bentèripoen sanget, Déné sababipoen, amargi toja waoe kataman dajaning bentèr, ladjeng santoen roepi, inggih poenika dados dat ingkang alapoer hawa; toja ingkang dapoer hawa poenika kawastanan oeap.

Toja poenika oegi saged dados oeap sarta ladjeng boten katingal, menawi dipoen-bentèri serana latoe, oepaminipoen toja kawadahan ing koeali oetawi kendil, ladjeng kagodog; menawi koeali oetawi kendil waoe boten katoetoepan, dangoedangoe tojanipoen itjal sedaja, awit dados oeap.

Sindjang, rasoekan oetawi panganggé sanèsipoen ingkang teles, poenika dipoen-djèmbrèng wonten ing panggènan ingkang bentèr, dangoe-dangoe ladjeng garing. Poenika sababipoen, amargi toja ingkang doemoenoeng ing sindjang saha sanès-sanèsipoen waoe dados oeap, djalaran kénging bentè- ring soerja.

Toja anggènipoen dados oeap mindak rikatipoen, menawi kasarengan wonten angin, oetawi loemahing toja ingkang ngoeap wiar; menawi kelampahan mekaten, piring kaseboet inginggil ènggal kotong, panganggé teles ènggal garing. Terangipoen mekaten: Toja kalih tjangkir, ingkang satjangkir kawadahan gendoel, ingkang satjangkir malih kawadahan lèpèk tjèpèr; menawi sareng-sareng kadèkèk ing panggénan ingkang bentèr, amesți toja ing lèpèk ènggal telasipoen, tinimbang ingkang wonten ing gendoel. Wonten sindjang teles kekalih, sami wiaripoen ka-epé ing bentéran, ingkang satoenggil kadjèrèng, satoenggilipoen boten, amesti ingkang kadjèrèng waoe ènggal garingipoen. Prekawis poenika tiang toekang menatoe inggih sampoen sami soemerep, senadjan boten naté kawoelang ilmoe alam, sabab sampoen naté njoemerepi piambak.

Inginggil koela sampoen tjarios bab toja sakendil ingkang telas dados oeap sabab kagodog; poenika nélakaken bilih toja poenika sagedipoen dados oeap, kedah ketaman dajaning bentèr; menawi boten wonten bentèr, amesti boten saged kelampahan. Oepaminipoen toja ing piring, ladjeng kadèkèk ing panggènan ingkang asrep, sasampoenipoen sawetawis dinten, menawi katoewènan, amesti namoeng sakedik kalongipoen, dados ingkang ngoeap namoeng sakedik.

IV. Oeap poenika malebet ing hawa, ngempal kalian hawa waoe, dados hawa poenika saged ngandoet oeap. Ananging kațahing oeap waoe poenapa tanpa wangenan? Poenapa hawa poenika tansah kénging kalebetan oeap kémawon, boten wonten watesipoen?

Poenapa katemahanipoen, bilih hawa kekațahen anggènipoen ngandoet oeap?

Hawa poenika kénging ka-oepamèkaken wadah, wadah mekaten namoeng saged isi barang-barang sawetawis, menawi kekațahen isi, amesti ladjeng baloedag. Mekaten oegi hawa, namoeng saged isi oeap ing sawetawis, hawa anggènipoen saged ngandoet oeap, poenika kațah kedikipoen goemantoeng saking bentèripoen hawa waoe; menawi hawa kekalahen anggènipoen ngandoet oeap, amesti menggaha walah mekaten ladjeng baloedag. Oepami hawa namoeng saged isi oeap 8 M³, woesana kisèn 9 M³, amesți ingkang 1 M3 ladjeng ngentel, tegesipoen oeap waoe santoen roepi, ladjeng dados toja pating printis, dangoe-dangoe kempal, ladjeng toemètès. Terangipoen kados ingandap poenika.

Wonten wadah rapet isi hawa, oepami 1 M³. poenika tansah dipoen-lebeti oeap, boten kèndel-kèndel. Ing sakawit boten wonten poenapa-poenapa ingkang katingal, awit hawa 1 M³ waoe saged ngandoet oeap ingkang kalebetaken, ananging menawi oeap ingkang kalebetaken waoe tansah mindak ké- mawon katahipoen, dangoe-dangoe wadah waoe katingal teles, ingkang nglebet wonten tojanipoen pating printis. Menawi anggènipoen nglebeti oeap tansah kaladjengaken kémawon, toja ingkang pating printis oegi tansah mindak kațahipoen, saja dangoe saja kèndel, ing woesananipoen printis waoe sami kempal,ladjeng toemètès dawah mengandap.

Sa-oepami wadah ingkang kaseboet inginggil waoe dipoen-bentèri (dipoen-latoni), senadjan hawa ingkang wonten ingrikoe taksih adjeg kațahipoen (1 M³), amesti hawa waoe pangandoetipoen oeap saged minlak; bilih hawanipoen asrep, sagedipoen ngandoet oeap inggih ladjeng soeda malih.

Pratélan ingandap poenika, kapețik saking étangan saha pepriksanipoen para saged, ingrikoe kaseboet hawa 1 Ms kațah-katahipoen saged ngandoet oeap sapinten, bilih bentèripoen kados ingkang kapratélakaken ing sisihipoen.

Bentèring hawa. 00Ka!ahing oeap. 5.6 Gram
506.8 G.
10°9.4 G.
15°12.7 G.
20°17.1 G.
25° 022.8 G.
270 025.5 G.

V. Para maos ingkang sampoen ngretos dateng tjarios koela inginggil waoe, amesti inggih ladjeng ngretos, poenapa ingkang dados sababipoen djawah?

Inginggil sampoen kaseboet, menawi hawa poenika temtoe ngandoet oeap, terkalang kaļah, terkadang sakedik. Angin ingkang tansah midit poenika ambekta oetawi menlet oeap waoe, amila djalaran wontening angin, kațahing oeap ing satoenggiling panggènan tansah minlak oetawi soeda. Angin ingkang datengipoen saking seganten, poenika adat bekta oeap, dados nginlakaken kațahing oeap ing panggè- in ingkang kalatengan; ananging angin ingkang pinangkanipoen saking laratan, adat namoeng nganloet oeap sakedik. Kedjawi saking poenika, sarèhning angin (larat waoe limrahipoen bentèr, mila inggih ngindakaken bentèring hawa ing panggènan ingkang kalatengan angin waoe; djalaran datengipoen angin darat, hawa poenika sangsaja saged ngan- (loet oeap kațah (Katjoenloekna kalian pratélan inginggil).

Bilih ing satoenggiling panggènan oeap ingkang doemoenoeng ing hawa minlak kalahipoen, ngantos hawa waoe mirid bentèripoen boten saged ngandoet oeap waoe sedaja, amesți oeap waoe salong wonten ingkang kențel ladjeng dados toja pating printis, inggih poenika ingkang nama méga, mendoeng oetawi ampak-ampak. Menawi bentèring hawa tansah soeda kémawon, amesți toja ingkang kentel inggih tansah mindak-mindak, printisipoen saja dangoe saja ageng, woesana toemètès dawah ing siti. Lah poenika ingkang kawastanan djawah. Menggah hawa anggènipoen mindak asrepipoen poenika, amargi ketaman ing angin asrep, oetawi amargi nampeg ing poetjaking redi.

Dados mirid ingkang kaseboet inginggil waoe katah kediking djawah goemantoeng saking bentèring hawa, kațahing oeap ing hawa waoe, sarta soedaning bentèripoen.

Dados tetéla kawontenanipoen toja poenika, kénging ka-oepamèkaken tjakra panggilingan", tansah moebeng wongsal-wangsoel: toja ing seganten, tlaga, rawa, lèpèn sapanoenggilanipoen dados oeap, amargi bentèring soerja; oeap waoe djalaran kataman ing hawa asrep, ladjeng kențel dados toja malih, inggih poenika djawah, dawah ing boemi ladjeng djangkepi toja ing seganten, tlaga, rawa, lèpèn sesaminipoen ingkang itjal dados oeap waoe. Djalaran lampahing tjakra panggilingan waoe, manoesa boten soesah koeatos, menawi ing alam donja pawingkingipoen badé kekirangan toja.

VI. Mirid tjarios koela inginggil waoe, ladjeng gampil ké- mawon menawi badé nerangaken sababipoen lelampahan sawetawis ingkang magepokan kalian bab djawah saha méga.

Ing wantji éndjing ing sabin asring katingal wonten ampak-ampak. Menawi soerja sampoen sawetawis inggil, kadoegi djam woloe, ampak-ampak waoe ladjeng itjal, menggah sababipoen mekaten: Ing wantji daloe soerja boten wonten, boemi asrep, mila hawa sanginggiling boemi waoe inggih toemoet asrep, djalaran asrepipoen, hawa boten saged kațah anggènipoen ngandoet oeap, mila oeap waoe ladjeng kențel dados ampak-ampak; menawi soerja sampoen sawetawis inggil, bentèring hawa amesți minak, mila saged kațah pangandoetipoen oeap. Poenika sababipoen déné ampak-ampak ladjeng sirna.

a

Ing wantji éndjing saha sonten, poetjaking redi ketingal katoetoepan méga. Sababipoen poenapa? Ketranganipoen mèh sami kémawon kalian ingkang mentas kaseboet waoe, inggih poenika loemahing boemi dados asrep ing nalika wantji daloe; poenika dadosaken asreping hawa, asreping hawa ngentelaken oeap, poenika ingkang djalari wontenipoen ampak-ampak (katingal saking redi) oetawi méga (katingal saking tanah ngaré).

Ingandap poenika panjoba, kanggé nélakaken jén tjarios waoe leres sa-èstoe.

Wonten gelas isi toja boten kebak; sarèhné gelas waoe boten borot, dados tojanipoen boten saged brabas; toemoenten katjemploengan ès saprongkol, ka-angkah sampoen ngantos tojanipoen loebèr. Boten antawis dangoe amesti gelas waoe ingkang djawi katingal teles, wonten tojanipoen pating proentoes, toja waoe saja dangoe saja ageng proentoesipoen ngantos mili pating dlèwèr mengandap. Toja ingkang pating dlèwèr poenika saking poendi pinangkanipoen? Rak boten saking salebeting gelas, awit sadèrèngipoen katjemploengan ès, sampoen tetéla jén gelas waoe boten borot, dados sampoen tetéla, jèn toja waoe pinangkanipoen saking sadjawining gelas waoe. Hawa waoe ngandoet oeap, sareng kataman asreping ès, ladjeng kasrepen, temahan oeap waoe kențel ladjeng dados toja malih, awit hawa sareng asrep, ladjeng soeda anggènipoen saged ngandoet oeap. Toja ingkang dados oeap waoe toemèmplok ing rainipoen gelas ingkang djawi. (Poenika kénging ka-oepamèkaken ampak-ampak ing paredèn). Bilih hawanipoen tansah minlak asrep, toemètèsipoen saja ageng. (Poenika kénging ka-oepamèkaken djawah).

Dados toelada ingkang katingal ing gelas waoe, kénging kanggé oepaminipoen ampak-ampak saha djawah.

Para maos ingkang sampoen ngretos lateng tjarios nginggil waoe, koela-atoeri ngoepadosi piambak dateng sababipoen.

Bilih sempritaning locomotief ka-oengelaken, amesiladjeng wonten ampak-ampak oetawipedoet sakedik ingkang katingal;

boten dangoe ladjeng itjal malih. Menawi tiang noempak karéta latoe oetawi trèm tjelak sanget kalian locomotief, rai saha panganggénipoen asring kepletikan toja.

Mendoeng poenika poenapa mesți dados djawah? Poenapa sababipoen, déné mendoeng wandé boten saged dados djawah? Poenapaha, déné mendoeng boten dados djawah, menawi katampek ing angin ageng?

Angin poenapa ingkang saged ngawontenaken djawah, angin ingkang pinangkanipoen saking seganten, poenapa ingkang saking daratan?

Dados sedaja lelampahan ingkang boten tjotjog kalian tjarios koela inginggil waoe, oetawi boten pinanggih ing nalar, bilih katjoendoekaken kalian tjarios waoe, poenika boten kénging ka-anggep katranganipoen djawah. V

VII. Ing tanah Djawi saha poelo sanès-sanèsipoen ing tanah India-wétan, tetiang sami gadah kemonah (hikmat) kanggé datengaken djawah, menawi ngantos lami boten wonten djawah, oetawi noelak djawah, menawi ing mangsa renleng kekatahen djawah. Ing serat poenika koela badé njariosaken kemonah waoe ing sawetawis, awit sa-oepami koelatjariosna sedaja, amesti badé kirang papan. Sesampoenipoen koela-tjariosaken, kemonah waoe badé koela-tjoenloekaken kalian tjarios koela inginggil waoe.

Limrahipoen ing tanah Banjoemas saha Keloe, bilihbalé datengaken djawah, poenika isaratipoen tjowongan (nini Towong oetawi Towok; ing Tegal kawastanan minta-minti). Menggah pandamelipoen nini Towok waoe mekaten: siwoer ageng kapoepoeran mawi glepoeng oetawi wedak, kapeța rai tiang, kapaèsan mawi sekar sapanoenggilanipoen, ladjeng katrapaken ing krandjang, poenika minangka badanipoen. Ing krandjang waoe kadèkèkan keloet merang sekawan, minangka tanganipoen; sesampoenipoen rampoeng, nini Towok kaboetjal ing koeboeran, ingkang kawertos angker, laminipoen 3 — 7 daloe. Ing wantji padang remboelan (woelan poernama) nini Towok kapendet, badanipoen katangsoelan mawi bengkoeng, katjepengan tiang kalih sekawan. Nini Towok waoe kadèkèk sanginggiling anglo mawi dipoendoepani, dipoen-sindèni saha kataboehan mawi djoen, ilir, kedjèn sapanoenggilanipoen. Ingkang sami njindèni saha naboehi waoe limrahipoen prawan, oetawi tiang èstri nènè- man; soeraosipoen sindèn: ngatoeri rawoeh nini Towong, inggih poenika widadari ingkang ngoeaosi djawah; bilih nini Towong waoe poeroen èbah-èbah poenika tanda kapandjingan widadari, sarta boten gantalan dinten, amesți ladjeng djawah.

Toemrapipoen tiang ingkang nalaripoen pandjang, kemonah nini Towong waoe amesți noewoehaken tjipta mekaten: poenapa dadak nini Towong poenika saged ngwontenaken djawah sa-èstoe?

Manoesa poenika boten kațah kawroehipoen, taksih kaah sanget ingkang dèrèng dipoen-soemerepi, ananging kawroeh waoe senadjan sakedika kados poenapa, sasaged-saged kedah katamakaken ingkang toemandja. Inginggil koela sampoen tjarios, jèn ing hawa poenika wonten oeapipoen, pinangkanipoen saking tojaing seganten, rawa, tlaga sapanoenggilanipoen. Oeap waoe djalaran mindak kaļah sarta mindak asrep,éwah dadospedoet oetawiampak-ampak; dangoe-dangoe menawi asrepipoen tansah minlak kémawon, ing woesananipoen ampak-ampak (méga, mendloeng) waoe dados djawah.

Kados poendi tiang-tiangan kados déné nini Towok teka saged ngéwahi anggering Pangéran? Nini Towok poenika rak damelan tiang ta. Kalian malih nini Towok poenika rak boten magepokan pisan-pisan kalian méga ingawang-awang oetawi kaļahing oeap ing hawa. Menawi badé datengaken djawah, bok boten soesah mawi nini Towak-nini Towok, lah bok njawataken séla lateng pajon, rak inggih sami kémawon?i)y

1) Ing sawenèhing negara botjah-botjah sok pada dolanan oetawa sesindèn, perioené ncelak oedan, kaja ta:

Otak-otak gilingan, mendoeng ilang panas djeprèt; kéné mémé- an tjindé, goenoeng méméan djagoeng, désa méméan klasa, men. loeng ilang, panas djeprèt."

Adja oedan, adja mendoeng, ana baja ditelikoeng."

Ana manèh isarat ncelak oedan toemrap marang wong kang

Wonten malih akalipoen tiang atengaken djawah, limrahipoen jèn ing Madioen, serana koetjing tjemeng; menawi ngantos lami boten djawah, tetiang sami ngoepados koetjing tjemeng, ladjeng kabekta dateng sendang oetawi belik. Wonten ingrikoe dipoen-tjepengi kémawon, boten dipoen-tjoel-tjoelaken, menawi koetjing waoe ngéong oetawi ambèngèr (ngéor), toemoenten ènggal-ènggal katjemploengaken ing toja, kalelepaken ngantos pedjah. Saking pangandelipoen para goegon-toehoen waoe, boten gantalan dinten, malah terkadang sanalika amesți ladjeng djawah.v

Patrap poenika waoe boten wonten bédanipoen kalian kemonah nini Towok, mokal sanget, jèn pedjahing koetjing tjemeng saged ngindakaken kaļahing oeaping hawa, moeroegaken soeda bentèripoen, oetawi ngéwahaken enering angin ingkang bekta oeap. Menawi pedjahing koetjing gadah daja ingkang semanten, séla peļak oetawi klapa idjem ingkang katjemploengaken ing sendang amesti inggih mekaten oegi dajanipoen.

Wonten malih kemonah ingkang limrah toemindak ing Madioen, amrih (latengaken djawah; kados ta: prawan soenți kapoerih ngoentjalaken rasoekanipoen ateng pajon, ladjeng ngadegaken sapoe sada wonten ing siti, nanging koealik, poetjoekipoen wonten nginggil, bongkotipoen ingandap, satjelakipoen ngrikoe kadèkèkan bațok isi awoe saha aloe. Poenika sedaja sampoen sami kémawon kalian nini Towok waoe.

Déné isaratipoen menawi badé noelak djawah, poenika sasoemerep koela mekaten: Waos poesaka, tetilaranipoen tiang djaman kina katjepengan ka-adjengaken manginggil wonten ing latar, mawi dipoen-doepani saha dipoen-sadjèni, kados ta: sekoel, oelam, sekar, borèh sapanoenggilanipoen. Patrap mekaten poenika sami kémawon kalian atengaken djawah serana nini Towok, kalih pisan tanpa damel, awit boten wonten ingkang saged ngwontenaken djawah oetawi mandèkaken djawah kedjawi namoeng Goesti Allah. Rak mokal sanget déné Goesti Allah kénging kapréntah serana nini Towok oetawiserana waos.

VIII. Sapoenika wonten pitakèn mekaten: Poenapa manoesa boten saged latengaken djawah, oetawi noelak djawah ingkang badé dateng?

Saking pamanggih koela kalih prekawis poenika nama mokal, boten wonten manoesa ingkang saged maréntah angin oetawi bentèr, kedjawi namoeng Goesti Allah poenika ingkang saged. Inggih leres, sapoenika para saged sami saged mastani poenapa badé djawah poenapa boten, anggeripoen gadah pirantos ingkang kanggé niti priksa lampahing angin, katah kediking oeap toewin sanès-sanèsipoen. Ananging pametjanipoen waoe terkadang sok boten tjotjog. Amargi sok wonten sabab sanèsipoen ingkang ngèwahaken ateng kawontenaning djawah.

Ing Nederland kațah panggoeng panggènan niti priksa bab hawa; serana papriksan waoe tiang saged mastani, badé wonten angin dateng saking poendi. Menggah patrapipoen niti priksa waoe, ing wingking badé koela-tjariosaken; bilih angin waoe (datengipoen saking laratan, temtoenipoen boten bekta djawah, menawi saking seganten, kénging kagagas mestinipoen bekta djawah. Bilih tiang

PERPUSTAKAAN NAS

E

mawi ngèngeti ratjak-ratjaking bentèripoen hawa, katanding kalian bentèripoen hawa ing nalika poenika, amesti ladjeng saged nginten-nginten poenapa bentèring hawa badé mindak, poenapa badé soeda. Djalaran ingkang mekaten waoe ladjeng saged mastani poenapa badé wonten djawah, poenapa boten. Oepaminipoen: anginipoen midit saking seganten dateng (lara. tan bentèring hawa soeda-soeda amesți nemtokaken badé djawah ananging senadjan angin latengipoen saking seganten, menawi bentèripoen tansah minlak poenika dèrèng temtoe wonten djawah.

IX. Terkadang sok wonten tiang ingkang ngaken saged datengaken djawah oetawi noelak djawah ingkang badé ateng. Tiang ingkang mekaten waoe boten kénging kagega, sabab sagedipoen galah koeaos mekaten waoe, rak kedah saged ngențelaken oetawi ngedjèraken oeap ing hawa. Mangka toja sagedipoen dados oeap poenika saking dajaning soerja, dados tiang boo kémawon saged mastani bilih tiang ingkang ngaken saged damel djawah oetawi noelak djawah poenika soemedya balitoek.

Tiang ingkang ngaken gaah kagoenan mekaten waoe sampoen pitados sanget jèn tiang ingkang kaļah-kațah sami toehon; kabar anggènipoen misoewoer saha gadah kagoenan waoe inggih piambakipoen piambak ingkang mentjaraken. Tiang kațah sami anggega, malah toemoet mentjaraken pawartos waoe, mawi kawewahan piambak; paribasan: oendaking pawarta soedaning titipan; boten lami tiang sanegari sami soejoed saha adjrih. Lah ingrikoe kadoemoegèn pikadjengipoen, inggih poenika ngebèki jatra darbèkipoen para goegon-toehon wace.

arep leloengan, oetawa ana ing paran. Patrapé mengkéné: Jèn kepetoek wong ana ing dalan, bandjoer ènggal-ènggal ditakoni:

Sampéan waoe poenapa kepetoek tiang meteng?"

Jèn wangsoelané: Boten," amesti ora bakal oedan, oetawa senadjan mendoengé woes toemioeng, ia ora sida oedan. Déné jèn diwangsoeli: Inggih, koela waoe kepetoek tiang wawrat," ikoe isaraté koedoe soemamboeng mengkéné: Mangsa bodoa wetengé." Wangsoelan mengkono ikoe bisa moeroengaké oedan.

Ana manèh isarat noelak oedan, mengkéné: Jèn wong ana ing paran koeatir kodanan ikoe djoepoeka krikil, sa-anané dikandoet karo tjelatoe mengkéné: Ora pati-pati oedan jèn krikil kijé doeroeng tiba ing lemah." Saka pangandelé wong goegon-toehon, angger krikilé isih ana ing kandoetan, amesti ora bakal cedan.

Isarat kang kaseboet ing doewoer ikoe jèn ditjoendoekaké karo ketrangan bab dadiné oedan, woes ora pisan-pisan tinemoe ing nalar. Keprijé bisané oenèn-oenèn oetawa oeran-oeran kang kaja mengkono, moeroengaké kersané Allah?

BAB 2. Gelap.

I. Saben wong wis taoe menangi oedan awor angin, kilat ngebaki langit, gelap ngampar-ampar, sarta ing nalika ikoe amesți tansah koeatir lan wedi. Ananging arang kang bandjoer toekoel nalaré, oetawa graita: Kilat ikoe satemené apa? Gelap ikoe pinangkané saka ngendi? Apa sétan, apa djim, apa panoenggalané oedan, angin lan lia-liané.

Gambaring bledèg wonten ing masdjid Demak Ingarep akoe wis nerangaké apa kang dadi sababé oedan, Serat Daja-Wahana 2

PERPUSTAKAAN N lan prekara lia-liané kang magepokan bab ikoe. Jèn prekara maoe andadèkaké padangé pikirmoe sawetara, ingisor iki akoe bakal nerangaké sababé bledèg, kilat, gloedoeg sapanoenggalané, mirid saka panemoené para wasis ing kawroeh.

Sadoeroengé akoe nerangaké bab ikoe, arep genahaké bab electriciteit disik.

Ana gelas wangoen giligan, oepama sempronging dian pétrolioem, digosok rganggo soewékan soetra, jèn wis sawetara soewé, gelas maoe doewèni daja kang anèh banget, ja ikoe bisa gèndèng barang èntèng kang tjilik-tjilik, kaja ta: gaboes, soewékan dloeang, sapanoenggalané. (Jèn kowé arep njoba, njatakaké watek kang kaseboet maoe, goléka gelas oetawa semprong kang kepata tipis, jèn kandel sok ora bisa olèh gawé penjobamoe; lan manèh gelasé koedoe kang garing, moelané sadoeroengé katjoba, betjik gelas maoe digarəng disik).

Sadoeroengé di-gosok oetawa digebeg soewékan soetra, semprong maoe ora doewé daja panggèndèng kaja mengkono. Dadi tetéla gelas maoe ketaman ing daja anjar djalaran digebeg, ja ikoe kang marakaké doewé daja panggèndèng; dajaikoe ka-aranan electriciteit. Moelané ditemboengaké mengkéné: semprong ikoe doewèni daja electriciteit djalaran digebeg nganggo soewékan soetra, ananging electriciteit maoe anané ing semprong moeng sadéla banget, bandjoer moesna (sirna)

Kedjaba saka gelas lan soewékan soetfa, ana manèh isaraté kanggo nganakaké daja panggèndèng kaja kang kaseboet ing doewoer maoe, ja ikoe giligan eboniet *) digosok nganggo loelang koetjing, oetawa lak digebeg ngang. go soewékan parnèl (kain panas), kang garing. Giligan eboniet lan lak maoe ia pada doewé daja electriciteit, kang djalaran saka digebeg tekané: daja maoe anané ing kono ia moeng sedéla.

Electriciteit kang dadiné djalaran semprong gelas karo kang djalaran giligan eboniet digebeg maoe, ikoe ora'pada Amrih terangé katjoba kaja ingisor iki.

Giligan gelas A ikoe diréka soepaja bisa soemelèt ana ingtpoetjoeking dom. Sarèhné poetjoeking dom maoe lantjip banget moelané gelas A ikoe disénggol setițik baé amesți bandjoer obah. Sawoesé gelas A maoe digosok nganti doewèni daja electriciteit, poetjoeké salah sidji ditjedaki giligan liané (oepama eboniet B) kang oega woes doeweni daja electriciteit, djalaran digebeg nganggo loelang koetjing; ing kono giligan lóro maoe bandjoer pada doea-dinoea; jèn A ditjedaki B, bandjoer obah noeroet peneré panah, dadi ngloengani giligan sidjiné.

Sa-iki giligan A digebeg manèh soepaja doewèni daja electriciteit-(sabab electriciteit kang disik wis sirna)— *) Ketrangan. Eboniet ikoe woedjoedé atos, kang digawé karèt (Caoutchouc) diwori welirang, pengemoré serana dipanasi kang loewih banget. Warnané ireng, rada mèmper kajoe wesi oetawa galihing wit djohar, ananging ora goemilap.

mengkono oega giligan eboniet C ia digebeg manèh. Anoeli giligan C ditjedakaké ing salah sawidjining poengkasané A. Amesti A obah lakoené ngener C, kaja déné kang kapratélakaké ing panah ikoe, dadi A ikoe digèndèng ing C.

Giligan gelas lan eboniet kang ora digebeg ikoeora doewèni daja panggèndèng oetawa pandoea. Dadi daja panggèndèng lan pandoea kang katon ana ing panjoba maoe, woes tetéia banget daja electriciteit.

Ana manèh panjoba serana giligan eboniet loro, kang pada digebeg nganggo soewékan parnèl, soepaja metoe dajané electriciteit. Giligan kang sidji ditrapaké ing poetjoeking dom, (kaja patrapé ngetrapaké giligan gelas kaseboet ingarep) anoeli poengkasané salah sidji ditjedaki ing giligan eboniet sidjiné. Ing kono giligan loro maoe pada doeadinoea, ananging jèn poengkasané eboniet ditjedaki giligan gelas kang wis doewèni daja electriciteit, amestipada gèndèngginèndèng.

Dadi panjoba kang kaseboet ing doewoer maoe nélakaké jèn electriciteit ikoe ana rong warna, ja ikoe electriciteit ing giligan gelas, karo electriciteit ing giligan eboniet. Kedjaba ikoe ia tetéla jèn electriciteit kang toenggal bangsa (oepama electriciteit ing gelas pada gelas, oetawa ing eboniet pada eboniet) menawa ditjedakaké bandjoer doea-dinoea; ananging electriciteit kang ora toenggal bangsa (oepama electrieiteit ing gelas karo ing eboniet) ikoe pada gèndèng-ginèndèng.

Jèn ana giligan loro pada doewèni electriciteit, nanging sé- djé bangsa, mangka pada ditèmpèlaké, amesți electriciteit maoe bardjoer sirna, tegesé giligan maoe ora pisan ketara doewèni daja panggèndèng oetawa pendoea. Dadi electriciteit rong warna maoe kaja-kaja bandjoer pada koempoel dadi sidji.

Sawenèhing barang kena kanggo njimpeni" electriciteit, tegesé: jèn barang maoe doewèni daja electriciteit, ngantisoewé dajané ora sirna, sawenèhing barang manèh ora kena kanggo wa(lah electriciteit. Bangsané logam, kaja ta: mas, wesi, tembaga sapanoenggalané ikoe ora kena kanggo waah electriciteit;jèn barang maoe kambon electriciteit, bandjoer soemebar ing serandoening barangé, temahan ora soewé dajané bandjoer sirna. Mengkono oega badaning manoesa, banjoesapanoenggalané ikoe kaleboe barang kang ora kena kanggo wadah electriciteit.

Déné barang kang kena kanggo wadah electriciteit ikoe kaja ta: gelas, eboniet, beling lan lia-liané. Jèn kalebon electriciteit, ora ditjoelaké toemoeli; barang kang mengkono ikoe ka-aranan: ora pati bisa noendakaké (nimbalaké) electriciteit; déné kang kaseboet ingarep, ja ikoe wesi, mas sapanoenggalané aran barang kang bis a banget noendakaké electriciteit.

Ana manèh wateké electriciteit kang loewih déning 4 anèh; mengkéné genahé:

Ana boenderan tembaga, ditoempangaké ing sikilan gelas— (moelané sikilan ikoe sing digawé gelas perloené, soepaja jèn boenderan-maoe ketaman electriciteit, adja nganti ènggal toemimbal menjang lia panggonan)—bandjoer ditjedaki giligan kang doewèni daja electriciteit, amesți boenideran maoe ia bandjoer mèloe doewèni daja electriciteit. Jèn giligan maoe isih ana ing tjeaké amesți boenderan maoe ia tansah doewèni daja electriciteit baé.

Kang kaseboet maoe kabèh ia kelakon, jèn boenderan gelas maoe ditjedaki giligan eboniet kang woes doewèni daja electriciteit djalaran digosok, ananging electriciteit kang doemoenoeng ing boenderan maoe béda-béda mawamawa giligané kang ditjedakaké.

Electriciteit kang ditekakaké serana giligan digosok oetawa digebeg (electriciteit gosokan) ikoe moeng sețițik, jèn arep nganakaké electriciteit kang akèh, ikoe koedoe serana piranti (machine). Electriciteit maoe oega kena dikoempoelaké (disimpeni"), kaja déné electriciteit disimpen oetawa dikoempoelaké ana ing boenderan gelas mawa sikil maoe, jèn boenderan gelas maoe ditjedaki dridji jèn wis tjedak banget, amesți ana katon kaja geni mletik saka kono menjang dridji.

Ikoe ketrangané mengkéné:

Boenderan, maoe doewèni daja electriciteit; dridji kang ditjedakaké boenderan maoe ia bandjoer olèh daja electriciteit, djalaran enggoné njedaki boenderan maoe, ora béda karo boenderan giligan gelas kaseboet ing doewoer. Electriciteit rong warna maoe arep koempoel, sarta djalaran koempoelé ikoe bandjoer nganakaké geni mletik.

C PERPUSTAKAAN NASIONAL

Panjoba kang katjrita ingisor iki ia kaleboe ngéram- éramaké.

Ana barang loro kang kena kanggo njimpeni electriciteit, oepama gelas, beling lan lia-liané ja ikoe barang kang ora patibisa nimbalaké electriciteit. Sekaroné di-isèni electriciteit kang ora noenggal bangsa. Jèn barang loro maoe didjedjèraké nganti tjedak, amesti electriciteit rong warna maoe bandjoer koempoel. Jèn ing barang maoe electriciteité akèh, amesti nganakaké geni mletik saka boenderan kang sidji menjang boenderan sidjiné.

Para wasis pada jasa piranti, kang kena diisèni electriciteit akèh banget; jèn piranti maoe didjèdjèraké, electriciteit rong warna bandjoer koempoel. Ing kono nganakaké pletiking geni kang dawané nganti loewih saka 2 M. sarta nganakaké swara kaja déné kajoe teles kang kobong.

III. Woes pirang-pirang atoes taoen kepoengkoer, para wasis pada gagas, apa baja kang aran bledèg oetawa gelap; lawas-lawas pada ngerti marang daja electriciteit, sarta koempoeling electriciteit rong warna ikce nganakaké geni lan pepadang. Éwa-semono, nalika ikoe doeroeng bisa njandak marang wadining bledèg.

Lawas-lawas ing Amérika ana wong pinter, aran toean Franklin. Ikoe doewé pangira jèn mendoeng ikoe doewèni daja electriciteit; bandjoer dinjatakaké serana penjoba. Patrapé mengkéné: Ing sawidjiné dina pinoedjoe mendoeng, ngan tarani bakal oedan awor gelap lan kilat njamber-njamber. Toean maoe ngoeloekaké lajangan. Bareng lajangan wis doewoer banget nganti gajoeh méga, poengkasané tali lajangan kang ngisor digandoeli koēntji. Ing sekawit ora ana katon apa-apa ananging bareng tali maoe woes teles, toean Franklin dridjiné ditjedakaké karo tali maoe; ing kono katon ana geni mletik. Déné sababé amarga tali maoe nalika isih garing, doeroeng isi electriciteit; sabab tali garing ikoe ora pati bisa nimbalaké electriciteit; ananging barang teles, bandjoer bisa, sabab banjoe ikoe kaleboe panoenggalané barang kang bisa nimbalaké electriciteit, kaja déné kang woes dakpretélakaké ing doewoer maoe.

Ing pamboeriné panjoba maoe dipindoni déning toean Romas. Ing kono tetéla banget jèn mendoeng ikoe doewèni daja electriciteit. Toean Romas nganggo tali lajangan, kang disoelam kawat dembaga, sebab dembaga ikoe bisa banget nimbalaké electriciteit. Ing nalika ikoe senadjan taliné doeroeng teles, woes katon ana geni mletik saka koentji menjang dridji.

Ananging panjoba kang mengkono maoe ngoeatiri banget, awit jèn pinoedjoe akèh electriciteit ing awang-awang geniné bisa gedé. Jèn dawaning paletik nganti sawetara wong kang dridjiné ditjedakaké kerasa lara, kaja dipidjet seroe.

Malah para wasis kang daktjeritakaké ing doewoer maoe ana sidji kang nemoe bebaja djalaran olèhé mriksa bab electriciteit. Ing sawidjining dina toean maoe mriksa bab electriciteit, woesana ana geni mletik saka pirantiné menjang awaké. Saking gedéning geni, toean maoe toemeka ing tiwas, sabab pletiking geni maoe satemené ia bledèg..

PERPUSTAKAAN NASIONAI

IV. Blelèg oetawa gelap ikoe satemené apa ta?

Dèk bijèn akoe woes tjerita, jèn banjoe ing kali, rawa, tlaga, segara sapanoenggalané ikoe pala ngoeab djalaran panasing srengéngé. Oeab maoe menawa kalemen, bandjoer dadi méga lan ampak-ampak. Saka pangirané para wasis, boenderaning banjoe oetawa méga lan menloeng ikoe pada gosok-ginosok, ikoe kang nganakaké electriciteit. Ing mé- ga lan mendoeng maoe terkalang akèh banget electriciteité.

Ingarep wis daktjeritakaké, barang kang doewèni electriciteit, jèn ditjedakaké ing barang liané, ikoe bandjoer nganakaké electriciteit ing barang liané maoe. Dadi sa-oepama ana mendoeng kang doewèni electriciteit njedaki mendoeng liané, amesți ing mendoeng kang kaseboet kari maoe ia bandjoer ana electriciteit, ananging sédjé bangsa karo electriciteit kang disik. Terkadang ing woedjoed kang doewoer, oepama menara, wit ranoe alas lan lia-liané sok ana electriciteité, ananging ora noenggal bangsa karo electriciteit kang doemoenoeng ing menloeng, ngarep woes tetéla serana katjoba, jèn electriciteit kang ora noenggal bangsa ikoe pada gèndèng-ginèndèng. Jèn kelakon electriciteit maoe koempoel, bandjoer katon ana geni mletik. Sarèhné electriciteit ing menloeng ikoe akèh banget, moelané geniné ia sok nganti dawa banget, terkalang nganti satoes meter kepara loewih. Moenggoeh kang ka aranan kilat ikoe satemené ia geni maoe.

Dadi kilat ikoe lakoené saka sawidjining mendoeng menjang mendoeng liané, oetawa saka mendoeng menjang barang-barang ing boemi; kilat kang saka mendoeng mletik menjangmendoeng liané ikoe gegirisi banget, ananging satemé ora bebajani.

Déné jèn kilat mletik saka méga menjang boemi, ikoe kang bisa bebajani, sabab kilat maoe panoenggalané geni electriciteit kang dadèkaké tiwasé toean professor kaseboet ingarep. Kilat maoe bisa dadi djalaran patining kéwan oetawa manoesa, kaja kobong pada sanalika. Witwitan kang kena ing kilat maoe (,disamber gelap") bandjoer kaja disigar oetawa bandjoer kobong, mengkono oega kerep ana omah disamber gelap, bandjoer kobong, jèn wong disamber ing gelap, mangka ora toemoeli toemeka ing tiwas, ikoe sarandoening awaké, bandjoer loempoeh terkadang moeng tangan oetawa sikilé baé kang loempceh.

Terkadang gelap ikoe ia sok njamber lemah, jèn kaja mengkono, ing lemah maoe bandjoer ana loeangan dawané nganti sawetara meter.

Saking panasé pérang-pérangané lemah maoe adjoer oetawa loeloeh, temahan loeangan maoe roepané kaja tjorong oetawa boemboengan gelas.

V. Keprijé réka oetawa isaraté soepaja wong adja nganti disamber ing gelap, oetawa soepaja bisa njingkiri bebaja maoe?

Kang preloe déwé di-araha adja nganti gelap njamber omah, jèn bisa kelakon mengkono, amesți wong sa-omah slamet ora nemoe bebaja maoe. Déné isaraté ikoe ka-aranan: isarat kanggo njimpangaké lakoening gelap, ing basa Welanda bliksemafleider". Kang doewé panemoe gawé isarat maoe, ia toean Franklin kang woes kotjap ingarep.

Isarat kanggo njimpangaké gelap ikoe awoedjoed giligan logam teloe oetawa loewih, pating tjrongat ana ing sadoewoeré pajon, poetjoeké teloe oetawa loewih, lantjip. lantjip. Giligan teloe maoe paļa digandèng serana kawatlo. gam, sarta ana samboengané di-olèhaké lemah, poengkasané oetawa ngadeg satjedaké dian oetawa tjanțèlan ikoe katoet kesamber gelap, ananging jèn ana ing lia pariggonan, bebajané ora patia gedé.

VI. Saben wong woes taoe weroeh, jèn ana gelap njamber amesti pada sanalika oetawa ora let soewé bandjoer ana swara kroengoe. Lah swara maoe apa sétan, apa ia panoenggalané gelap, apa swara maoe ia kena diterangaké serana sabab oetawa prekara kang tinemoe ing nalar?

Ing kéné sabisa-bisa akoe bakal nerangaké sabab kang nganakaké swara maoe; ananging arep dakwiwiti nerangaké lisik, kang nganakaké swara ikoe apa?

Ana gong oetawa kenong ditaboeh sawetara seroe, sarta sanalika ing kono diwoer-woeri wedi kang lemboet, amesti wedi maoe katon pațing pletik, moemboel-moemboel.

Jèn kawating rebab oetawa tjlempoeng di-oenèkaké serana gosoké oetawa dridji-panjoba iki ia bisa toemindak serana kawat dipențang ing peļèn kotong-amesți kawat maoe bandjoer obah, kaja goemeter, jèn swarané meneng, geteré ia lèrèn, jèn kawat maoe disampiri dloeang tekoekan, di-arah bisaha gampang obahé-(adja ditalèni oetawa didomi)- amesti sasoewéné ana swara, dloeang maoe moemboel-moemboel.

Ing (loewoer ikoe gambaré stemvork", kang digawé wadja; jèn ditoetoekaké ing médja oetawa panggonan liané amesti bandjoer obah kaja déné goemeter, sarta jèn garané ditèmpèłaké ing médja, peți oetawa liané, amesți bandjoer ana swara kroengoe, Swara maoe ka-enoet kanggo swarané wong kang arep nembang. Poetjoeké stemvork kang pantjèn ditoețoekaké ikoe loro, sarta kang sidji ana tjongattjongaté lantjip banget. Menawa wong arep njatakaké, jèn swara ikoe kedadéan djalaran getering pérangané woedjoed, kedjaba stemvork. koedoe doewé blèbèkan kang di-oesaroesari angoes. Stemvork ditoetoekaké ing médja disik, tjongat-tjongaté kang lantjip bandjoer ditèmpèlaké ing blébékan kang woes di-oesar-oesari angoes maoe, nanging moeng anggang-anggang baé; anoeli blébékan dilakokaké rikatan amestiing angoes maoe bandjoer ketara dalané tjongattjongat kang lantjip maoe; dalan maoe ora dapoer garis kentjeng,ananging mèntjang-mèntjèng,oetawangoentoe-walang.

Panjoba ing doewoer maoe kabèh nélakaké, jèn wedi ing kenong, dloeang ing kawating rebab, lan lantjiping stemvork ikoe obah goemeter, sasoewéné ngetokaké swara.

Obahé pérang-pérangané barang ing nalika barangé njwara, ikoe ia kena dinjatakaké serana barang liané, ananging ora mesți gampang tetélané; dadi ikoe maoe kabèh kena katemboengaké mengkéné:

Swara ikoe kedadéan saka getering barang kang bisa mendal oetawa melar-mingkoes (k a w at ikoe jèn dipanțeng, mangka di-obahaké, amesți bandjoer obah bola-bali; g o n g jèn ditaboeh, pérangané ia obah kaja goemeter; sapanoenggalané. Ikoe maoe kabèh dibasakaké; m e n d al, oetawa m e l a r -m i n g k o es. Jèn ora ana obah kang kaja déné goemeter, amesti ia ora ana swara, jèn gong sasoewéné njwara bandjoer ditjekel, mengkono oega kawat rebab lan stemvork, amesti swarané ia bandjoer meneng, sabab geteré di-andegaké.

Hawa ikoe oega kaleboe panoenggalané woedjoed kang mendal. Jèn bedil di-oenèkaké, ing woeloehé ikoe bandjoer ana woedjoed panoenggalané hawa (gas) warna-warna kang pinangkané saka obat kang moeroeb maoe. Sarèhné papané tjioet, gasé akèh, dadi wetoené saka ing woeloeh rikat banget, ikoe njingkiraké hawa ing sadjabané woeloeh, jèn gas maoe wis metoe, amesți hawa saka A lan B pala bali ing panggonané lawas, temahan tempoek-tinempoek; tekané klawan ngagètaké sarta kanți karosan, temahan pérangpérangané hawa ikoe pada obah kaja goemeter. Élinga marang taboeh kang ditaboehaké ing kenong, oetawa stemvork nalikané-ditoețoekaké ing médja. Lah ia ikoe kang dadèkaké swarané bedil.

Moenggoeh dadiné swaraning bledèg ikoe ia kaja mengkono oega, bédané ora akèh.

Ingarep woes kaseboet, jèn pletiké geni bledèg ikoe dawané nganti satoes meter. Geni maoe kena kabasakaké njigar hawa (ing sanalika ing kono ana panggonan kang hawané soemingkir), ikoe maoe kabèh kelakoné klawan rikat sarta kanti karosan, jèn hawa sakiwa-tengené panggonan kang kotong maoe pala tempoek manèh, amesți nganakaké geter kang loewih déning banget, ia ikoe kang nganakaké swaraning gelap oetawa blelèg. (Jèn adoh aran gloedoeg).

Blelèg ikoe sawoesé njwara sepisan, ora bandjoer meneng, isih ana samboengané, swarané saja soewé saja lirih, kaja-kaja sangsaja adoh, sa-èmper kaja barang gilig oetawa boender kepleng kang goemloendoeng. Káng mengkono ikoe sababé, amarga swara ikoe nanggor barang-barang bandjoer ditoelak oetawa ditangkis ikoe kang aran koemanang; dadi kang aran gloedoeg ikoe koemanlangé gelap oetawa bledèg.

Ana sawenèhing para bisa kang niti-priksa rikating swara toemimbal ana ing hawa; woesana tinemoené, rikaté ikoe sasekon 330 M. Lakoening pepadang rikat banget, mancesa prasasat ora bisa 'nggajoeh oetawa doengkap, bédaning rikaté swara lan pepadang maoe kena kanggo isarat ngawroehi doh tjedaking bledèg.

Jèn ana kilat katon, ikoe kena ka-anggep jèn katoné pada sanalika karo anané kilat maoe, sabab saka rikating lakoené kilat—(kilat ikoe pantjèn panoenggalané pepadang); oepama kowé weroeh kilat, sanalika bandjoer milang alon-alon dji. ro, loe. Ing kono bandjoer kroengoe swarané gelap, dadi antarané katoning kilat karo kroengoené swara ana 3 sekon, tetéla jèn lakoené swara saka panggonan gelap karo panggonanmoe 3 sekon. Dadi panggonan maoe saka panggonanmoe leté 330 M 3 = 990 M, jèn mengkono panggonan maoe adoh banget, ora soesah koeatir moenggoeh bab kesamber ing gelap.

Patokan ing loewoer maoe oega kena kogawé nengeri, apa gelap ikoe sangsaja adoh apa sangsaja tjedak. Oepama kowé weroeh gelap, bandjoer ko-étoeng ketemoe dohé 990 M; bareng katon manèh dohé ketemoe 1320 M, bandjoer 1650 M, sabandjoeré. Wis tetéla jèn gelap sangsaja soewé sangsaja adoh, dadi ora moetawatiri.

Jèn serana ko-étoeng ketemoe, gelap ikoe sangsaja soewé sangsaja tjelak, ikoe prajoga tata-tata ngati-ati njingkiri bebaja kang nekani.

VII. Kilat, gelap, gloedoeg ikoe dasar memedèni. Senadjan wong wis kerep weroeh lan kroengoe, éwadéné sabensaben jèn kroengoe manèh ia koeatir, atiné trataban, roemasa wedi. Moelané ora ngéramaké déné wong pada golèki apa sababé oetawa apa kang nganakaké gelap lan kilat maoe ananging bok menawa kowé déwé ia ngreti, jèn ketrangan saka panemoené wong kang koerang kawroehé ikoe doeroeng mesți kena dipretjaja. Sabab kang digawé waton adoh dongèng, tjaritané wong djaman koena, kang soerasané terkadang ora temoe-tinemoe karo lelakon kang disoemoeroepi dé- wé, oetawa ka-anggep mokal déning para kang woes akèh kawroehé. Moenggoeh kang bakal dakremboeg ing kéné moeng bab pangandel lan ila-ilané wong ing Djawa-tengahan baé.

Saka pitajané wong akèh, gelap ikoe panoenggalané sé- tan kang sok gawé piala marang menoesa; malah mirid tjarita kang bakal kaseboet ingisor iki, gelap ikoe akèh banget, moelané ana ratoené. Gelap maoe doewé satroe, ja ikoe kang aran Sétan goendoel". Saking sengité marang sétan goendoel maoe, gelap tansah pada ngarah bisané matèni serana kasamber.

Moenggoeh bab ikoe maoe, ora preloe diremboeg akèhakèh. Ingarep rak wis katerangaké, jèn kang ka-aranan gelap ikoe satemené geni kang kadadéan djalaran koem. poelé electriciteit rong warna. Dadi wong kang pitaja (ngandel) jèn kilat ikoe panoeggalané lelemboet ala, ikoe nélakaké goegon-toehoné, lan djirihé. Moenggoeh wediné wong kang mengkono ikoe ora ngéramaké, ikoe sabab bodoné lan ora ngretiné marang dajané titah ing Allah.

Goegon-toehon lan koeatiré wong bodo maoe bandjoer nganakaké adat lan ila-ila, kang nganti sepréné tansah dileloeri, perloené njingkirioetawa noelak bebaja disamber gelap.

Kang loemrah déwé isarat noelak oetawa njingkiri disamber gelap ikoe mangkéné: Jèn wong weroeh kilat,ènggal moeni: ,Gandri! akoe anak poetoené kjai ageng Séla". Saka tjaritané wong toea-toea, moela boekané oenèn-oenèn maoe kaja kang kaseboet ingisor iki.

Ing sawidjiné dina pinoedjoe oedan awor angin, gelap njamber-njamber kjai ageng Séla ana ing sawah lagi matjoel; ing kono kjai ageng ningali reroepan kaja déné kéwan memedèni. Kjai ageng ora kesamaran jèn ikoe satemené gelap, ménda-ménda kéwan, sebab gelap ikoe jèn arep njamber woes mengkono adaté. Gelap énggal ditjekel, ditelikoeng ora bisa polah. Gelap maoe setemené ratoening gelap, digdajané ngoengkoeligelaplia-liané,anangingsakingsektinéKjaiageng Séla, meksa ora bisa ontjat. Bareng roemasa kalah, bandjoer ngrerepa, njoewoen ngapoera, soepaja di-oetjoelaké toemoeli, ananging Kjai ageng ora pisan welas marang gelap, kang woes akèh pialané marang poetra sentanané. Gelap dikoeroengi, bandjoer di-atoeraké kangdjeng soeltan Demak. Ing kono éwon wong kang pada nonton, kangdjeng Soeltan ia pareng, ananging kabèh wong dipatjoehi: menawa nonton njedaki gelap, ora kena pisan-pisan 'nggawa banjoe, sebab jèn gelap nganti kambon banjoe, senadyan moeng setètès, amesti bandjoer babar dadi gelap manèh sarta bisa ngroesak koeroehgané.

Ing sawidji dina ana wong nini-nini (setemené ikoe bodjoné gelap kang dikoeroengi maoe) miloe nonton gelap, karo 'nggawa banjoe saberoek. Saking repité olèhé ngoempetaké beroek ora konangan déning wong kang djaga, bisa njedaki gelap, banjoené saberoek disiramaké ing lakiné. Senalika gelap dadi gedé, ngroesak koeroengané, bandjoer moesna, swarané 'nggegeteri wong sanegara. Koeroengané roesak dadi sewalang-walang. Wiwit dina semana gelap ikoe wedi banget marang Kjai ageng Séla lan sa-anak poetoené, moelané jèn kroengoe wong moeni: Gandri, akoe anak poetoené kjai ageng Séla", bandjoer loemajoe sipat koeping, ora pisan wani genak-sikara karo wong maoe.

Dongèng ing doewoer ikoe satemené lasar loetjoe, sarta jèn ditjritakaké marang botjah-botjah amesți akèh kang seneng, ananging jèn dipikir sawetara, amesți tetéla ngajawarané. 'Ingarep rak wis dakterangaké, kowé (léwé jèn

Serat Daja-Wahana gelem njoba, ia bisa njipati đéwé, jèn kang aran kilat ikoe geni, kedadéan déning koempoelé electriciteit rong werna. Apa dadak geni oetawa electriciteit ikoe wedi karo oenènoenèn , Gandri," sebandjoeré maoe? Karo déné manèh jèn katjoendoekaké karo ketrangan ingarep, tetéla mokalé, jèn gelap bisa ménda-ménda sato kéwan.

Jèn ana wong kanda karo köwé, wis taoe 'ndikep geni, bandjoer dikandoet ana ing saboek, saka pangirakoe kowé amesti doewé tjipta mengkéné: Wong iki jèn ora arep gawé goejon akoe, ia gembloeng déwé." Sebab tjeritané ikoe ora temoe-tinemoe karo lelakon kang kosemoeroepi saben dina; moelané wong maoe patoet di-aranana gembloeng, oetawa rada oah angen-angené.

Ananging menawa kapikir sawetara, amesti tetéla jèn kandané wong maoe ora béda karo tjeritané Kjai ageng Séla. Karo pisan njaritakaké bab njekel geni; emboeh geni ikoe kedadéan djalaran fèk, digosokaké ing wadahé, emboeh serana ngagar, emboeh serana soerja-kanta, satemené ikoe kabèh pada déné geni, ora pisan-pisan ana bédané. Toemrapé wong kang bisa mikir, njekel geni ikoe wis mesti kaanggep ngajawara, moelané tjritané Kjai ageng Séla ikoe ora kena di-oegemi, moeng prajoga kanggo dongèng, amrih njenengaké atiné botjah tjilik baé.

Ana manèh dongèng, mèmper karo tjritané Kjai ageng Séla, pinangkané saka afdeeling Poerwaredja kang sisih kidoel. Déné gantjaré mengkéné:

Kjai Kala Bentjak anoedjoe ing sawidji dina ana ing sawah matjoel; ora soewé mendoeng peteng bandjoer oedan awor angin, gelapé njamber-njamber. Gelap maoe njamber oewit kandri, kang ora pati adoh karo panggonané kjai Kala Bentjak matjoel; woesana gelap krèndèt-krèndèt ing epang, ora bisa oetjoel; kjai Kala Bentjak marani gelap maoe. Gelap ngrerepa, 'ndjaloek toeloeng marang kjai Kala Benrjak. Wangsoelané ia gelem noeloengi, ananging gelap dikon prasetya, ora bakal njamber kjai Kala Bentjak sa-anak poetoené. Gelap noeroeti, kjai Kala Bentjak diwekas, jèn pinoedjoe oedan, gelapé njamber-njamber, dikon soemping pang kandri, soepaja gelap élinga marang prasetyané, sarta jèn weroeh kilat, dikon moeni: ,Kandri (Gandri!) akoe anak-poetoené kjai Kala Bentjak."

Tjritané Kjai Kala Bentjak maoe ora preloe dakgenahgenahaké, sebab ora ana bédané karo tjeritané Kjai ageng Séla, karo pisan pada ngajawara kabèh; dadi oenèn-oenèné ikoe ia tanpa paédah sațițik-țițika moeng saprekara kang perloe dakkandakaké, ja ikoe katemahané, jèn ana barangbarang disamber ing gelap, jèn gelapé wis ora ana, kang katon moeng katemahané baé, ja ikoe kajoe oetawa barangbarang liané kang gosong oetawa mengangah,yananging geniné gelap woes sirna, pala baé karo jèn kajoe kobong. Sawoesé geni mati geniné mesți ora katon, mangka ing tjeritané kjai Kala Bentjak njeboetaké, gelap sawoesé njamber wit kandri, ora bisa loenga, apa geni ikoe digondèli kaja déné wong oetawa sato kéwan?

Ila-ilané wong ing Banjoemes, jèn pinoedjoe oedan, gelapé njamber-njamber ikoe pada soemping pang kandri kang ana godongé. Saka kanané wong toea-toea, ikoe isarat soepaja ora disamber ing gelap.Y Wis akèh kang daktakoni. apa ila-ila maoe sebabé merga gelap lèk bijèn wis taoe ketjepit ing wit kandri, kaja tjeritané kjai Kala Bentjak, ananging ora ana kang bisa mangsoeli kelawan genah.

Moenggoeh wit kandri oetawa wit liané ikoe, ora ana kang kena kanggo toelak bledèg, sebab keprijé bisané wit oetawa pang ngalang-alangi koempoelé electriciteit rong werna.V Isaraté njingkiri gelap ora ana manèh kedjaba moeng ngati-ati adja nganakaké panggonan kang 'nggèndèng electriciteit; kang kanggo isarat mengkono ikoe doedoe pang kandri, ora lia moeng pikiran.

Ingisor iki akoe njeboetaké ila-ilané wong koena, jèn pinoedjoe gelap njamber-njamber. Gantar koedoe dioenaké ing lemah, oetawa disèndèkaké; déné sebabé mengkéné: Gelap ikoe satroené sétan; sétan demen ambéda gelap, amrih nepsoené. Jèn sétan di-ojak gelap, bandjoer gandoelan gantar, menawa gantar maoe ora seméndé oetawa gemlétak ing lemah. Jèn sétan kang gandoelan gantar disamber ing gelap, loepoet-loepoet ngenani wong oetawa omah.

Ana manèh ila-ila kang magepokan karo bab njingkiri bledèg. Sawenèhing botjah demen dolanan pengilon, kanggo nadahi soroting srengéngé, ditoelak bandjoer dikenakaké ing pager, pajon oetawa raining wong, soepaja kagèt. Kang mengkono ikoe ila-ilané ora betjik, sebab jèn bledèg weroeh soroting srengéngé goemebjar ing pager témbok bandjoer ngira jèn dibéda déning satroené, ja ikoe sétan goendoel, amesti bandjoer nepsoe, soemedya njamber satroené maoe. Sétan goendoel énda, temahan wong sakiwa tengené pengilon maoe kesamber ing bledèg, moelané ila-ilané wong koena, adja sok dolanan pengilon kaja mengkono,moendak disamber ing bledèg.

Woesana ana saprekara manèh kang arep daktjeritakaké, bab ila-ila jèn pinoedjoe oedan adja sok ngatjoengi barang oetawa kéwan kang katon anèh, malah senadyan ngatjoengi barang loemrah ia kleboe ila-ila. Saka oedjaré para goegontoehon, sebab gelap ikoe roepané molah-malih, terkadang ménda-ménda wong, terkadang ménda-ménda kéwan oetawa barang liané, jèn ditoedingi oetawa di-atjoengi, bandjoer nepsoe, sarta njamber.

Ila-ila ikoe maoe kabèh ora perloe dak-remboeg akèh-akèh, ingarep rak wis tetéla serana penjoba, jèn gelap ikoe satemené geni, kang dadiné amerga prekara kang kena sinatmata ing wong, ja ikoe djalaran koempoelé electriciteit rong werna, pada baé karo geni kang kedadéan djalaran rèk digosokaké ing wađahé, oetawa djalaran soroting srengéngé kang dikoempoelaké serana soerja-kanta. Kang ikoe tetéla jèn gelap ikoe doedoe demit, doedoe sétan oetawa lelemboet, pengandelé wong, kang ngarani gelap ikoe lelemboet, kena ka-éwokaké goegon toehon. Andadak rèk oetawa soerja-kanta ikoe ana sétané? Moeng wong kang bodo ikoe bok menawa wedi marang rèk lan soerja-kanța amerga dikira ana lelemboeté.

Apa pengiramoe gambar idoep", oedan lan lia-liané ikoe ia ana lelemboeté?

Jèn kowé woes terang soemoeroepmoe, gelap ikoe doedoe sétan,amestipangirakoeia ora bakal anggoegoe marang oedjaré ila-ila ing doewoer maoe, oetawa ora bakal ngandel marang dongèng bab Kjai ageng Séla oetawa Kjai Kala Bentjak njekel bledèg. Karo déné bok kopikir déwé: apa wong Landa ikoe ngerti marang ila-ila maoe? Apa pangiramoe akèh Welanda kang disamber ing gelap tinimbang wong Djawa? Ikoe ora babar pisan, malah akèh wong Djawa kang nemoe bebaja maoe tinimbang Welanda, sabab Welanda dènger isaraté njingkiri gelap, jaikoe serana isarat, kaja ta piranti njimpangaké gelap" lan lia-liané.

Loemrahé kawroehé wong goegon toehon ikoe ora kena di-oegemi, mengkono oega ila-ila kang metoe saka pengandel marang barang kang ngajawara maoe. Jèn karwoehé marang sawidjiné prekara ditanding karo prekara liané bandjoer ora temoe-tinemoe, malah kang akèh ora ngerti; apa sebabé ngandel marang sawidjining prekara, oetawa ja géné pada ngleloeri ila-ilané wong koena, ikoe kabèh né- lakaké jèn prekara ikoe maoe ora taoe dipikir satementemené, moeng anoet ing groebjoeg baé, ora nganggo niti priksa oetawa njatakaké déwé. Moelané tjerita oetawa dedongèngané, mengkono oega anggoné nenerangaké ia ora kena dipitaja

2 bp PNRI

AAN NASIONAL E

PERPUSTAKAAN NASIONAL PNRI

NAMANING PENGARANG.NAMANING BOEKOE.REGL
M. Poedja-ardja. R. Marta-koesoema.Dongèng Empol-Empil. Pakem ringgitPoerwaI, II, III. (Holl. karakter) mawi gambar. Pratikel moerih soeda- ning karojalan (Holl, karakter). Nembelas tjarios (Holl. karakter). Bab bako garangan. Niti karsa. Serat Poerwa wahja.0,08 0,15 0,12 0,14 0,06 0,08
R. Poerwa-soewignja.ning karojalan (Holl, karakter). Nembelas tjarios (Holl. karakter). Bab bako garangan.0,06 0,08 0,11
M. Prawirasoedirdja. M. Poedja-ardja. R. M. Mangkoedimedja. IdemBab bako garangan. Niti karsa. Serat Poerwa wahja. Serat Pararaton II. III. n Bioeng koealon.0,11 0,09 0,19 0,15 0,50 0,31
R. Sasraprawira. idem R. Dirdjasoebrata.III. n Bioeng koealon. idem (Holl. karakter). Gara-gara. Pamboekaning nalar. Pasrèn. Tjarios Tilarsa.0,50 0,31 0,04 0,02 0,10 0,20 0,05
R. Dirdjasoebrata. idem Kemis alias Ardjasoewita. M. Poedja-ardja.Gara-gara. Pamboekaning nalar. Pasrèn. Tjarios Tilarsa. Ngèlmoe kasoegihan (Holl. karakter).0,10 0,20 0,05 0,26 0,05