211 999-2211 X Ser X bp PNRI Balal Pustaka
Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur, No.102
SERAT TJARIOSIPOEN
OELAM KOETOEK
NGRABÈNI TIANG ESTRI
KAWEDALAKEN DÉNING
COMMISSIE VOÖR DE VOLKSLECTUUR.
区
a-etiap ing pangetjapanipoen G. KOLFF & Co., Betawi 1914.
NASIONA PNRI bp PNRI
Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur, No.102
SERAT TJARIOSIPOEN OELAM KOETOEK
NGRABÈNI TIANG ÈSTRI.
KAWEDALAKEN DÉNING
COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR.
Ka-etjap ing pangetjapanipoen G. KOLFF & Co., Betawi 1914.
ERPUSTAKAAN NASIONAL PNR
Serat tjariosipoen oelam koetoek ngrabèni tiang èstri.
ZANG I; dichtmaat: GAMBOEH
1. tyas mirong moerwèng gamboeh jajah roga tanposada toehoe
tangèh loear saking maskating panjakit malah kongsi sarwa koesoet kasatmata dadining don
2. dènira karja pémoet limoet ing tyas raré kang kalimpoet latjoet maring rèh.soemirang moerang niti tantan toeman amamatoeh temah loemakoe ginoeron
3. mangkana jogjanipoen toemoelara soedarpana loehoeng doek ing djaman kaboedan kang dadya misil kasoesilaning toemoewoeh mèt saking rèh karahajon
4. lelakon élok toehoe tjaritaning ngoeni ana koetoek . rabi kenja winiwahèng Narapati poerwakanirakaseboet ing sastra wědda kinaot
5. poestaka radja ikoe njaritaken lelakoning koetoek djaman pradjèng Wiraļa kang madeg adji sang Basoe-késwara praboe kasoeb ingrat widagdèng don Serat-Tjariosipoen oelam koetoek.
6. andina-dina moehoeng mèt martèng tyas anggoeng anenamoer kanti wadya sawetara kang kinapti samaptaning anenoengkoe piter poedya moerwèng lajon
7. semana doek anoedjoe anenamoer maring lor pradjagoeng amoeng arja Manoengkara kang oemiring lan parpat ro kanținipoen angampil tépak tembako
8. praptèng marga lit ikoe sesimpangan kang maring désagoeng karadjaning Wanda-singha doek ingoeni kahjanganira hjang Wisnoe nalika warni arimo
9. praboe rarjwan ingrikoe moelat ana wong papat loemakoe gegantjangan sarja tawan-tawan tangis ingandeg samja dinangoe karananing rèh mangkono
10. ana ingkang soemaoer doeh priantoen sampoen aroebiroe kang sajekti lampah kaoela poeniki gegantjangan arsa panggoeh kelawan leloerah ingong
11. sedya noewoen pitoeloeng pamingkaraning baja pakéwoeh dyan dinangoe sapa loerahira jekti winangsoelan kang kaseboet Manoengkara poenggawèng djro
12. mangkja djinatèn sampoen lamoen Arja Manoengkara ikoe kang tetanja marmanira pada nangis kapat pareng makidoepoeh dènja loenggoeh tan rinaos
13. moeng marep sarjandoeloe maring Arja Manoengkara ikoe tan wroeh lamoen anèng ngarsaning Narpati panakawan ro goemoejoe kinira wong lara panon
14. djinawil kinèn moengkoer angarepna ing pasilan praboe pareng kagjat kapat woes samja oedani adan mingsed sroe maboekoeh anèng abjantara katong
15. doepi woes mari ngangsoer napasira wong papat poenikoe dinangoe kang dadya daroenèng anangis kang sewidji alon matoer poekoeloen djeng Sang Akatong
16. inggih sedjatosipoen abdi dalem poenika leloenggoeh oemboel loesoen ing Kasidan awewangi poen Sarwa mangkja kaseboet karan saking anak wadon
S
17. pak Saroei poenikoe ingkang wonten kiwaning bokipoen déné tiang èstri kalih kang soemanding biang lawan bibèkipoen doemateng soetamba wadon
18. milanipoen poekoeloen kapat sami kakapang kapiloeh sedya soan doenateng Loerah negari Arja Manoengkara patoet paring pitoeloeng wirangrong
19. mekaten poerwanipoen wonten tamoe èstri saking doesoen ing Pahoman awasta Njai Gandori poenika sémahing boejoet Gandowara kasoeb ing wong
20. dènira amartamoe dateng wisma kaoela mitemboeng andjedjawah sonten ngeboen-eboen èndjing ing soetamba èstri waoe poen Saroei lamoen djodo
21. soemedya kambil mantoe antoek soetanipoen warni koetoek wasta djaka Deleh poenika sajekti dahat andoeparèng temboeng mangsa sageda kalakon
22. Déné ta oelam koetoek badé ngangkah rabi wanoedyajoe sanalika sémah amba Njai Kèsi soegal wewangsoelanipoen nirbaja wikarèng batos
23. ah teka soroh saroe sararasan andika bokajoe andjedjada djadja andjedjangkoeng aris poendi wonten oelam koetoek badé daoep lan wong wadon
A
24. sèwoe boten pakantoek pepantesé lamoen oelam koetoek amoeng djagi pèspèsan lan oerip-oerip mekoten ing loemrahipoen kang empoen kaprah déning wong
25. Njai Gandori napsoe nanging tansah kaoela rerapoe doepi sarèh noenten amba apepanggil minta tengran retna loehoeng maniking taja sadjodo
26. kang ageng sabeloeloek lamoen saged toemoentena woedjoed mila karja pepanggil mekaten goesti amoeng dadosa tetanggoel menawi nampika awon
27. Narèndra mèsem moewoes lah ta paran wangsoelané ikoe si Gandori apa bandjoer anjagoehi oemboel Sarwa atoeripoen sakedap kèndel kémawon
28. antawis dangoe moewoes sagah dèrèng kantenan liripoen koela niki moehoeng dremi anglampahi pakèning soeta poen koetoek wonten pepanggil kang abot
29.° tinantoen saratipoen saged boten jekti koela wangsoel pamit mantoek ing antawis dinten prapti mamardaha woewoesipoen baja empoen pasți djodo
30. soeta andika nikoe lawan anak koela warni koetoek nadyan mina oedjer langkoeng dibja sekti saged moedja retna loehoeng sami sakedap kémawon
31. poeniki warninipoen manik warih ageng sebeloeloek tanggapana retna sakembaran mangkin tanpa koetjiwèng wewangoen toepiksanen dèn-waspaos
32. kaoela moelat mangoe mangoenengan angoengoen poepoengoen ngoenandika paran kasidaning woeri woerjaning tyas arsa loemoeh tan poeroen tampi sajektos
33. singlar oebajèng dangoe nanging tangga tepalih sahoejoen samja ngémoetaken doek amba pepanggil mangkja kadatengan sampoen pantes tinampèn kémawon
34. menawi maksa loemoeh jekti badé awrat sangginipoen amba dahat poetek tyas metek kepati wekasan kaoela moewoes minta inah dèn-serantos
35. ing pendak soma èstoe kalampahan wiwahaning soenoe manik warih kabektaha wangsoel malih gampil katanggapanipoen bèndjang soma pon kémawon
36. Ganlori datan poeroen kedah badé tinilar poenikoe retna maniking toja moeloeng katampik dia dinia adangoe sinapib tangga teparo
37. ing rembag kang pakantoek saking ing pamrajogi piroekoen tinoeroetan inah pendak soma mangkin kang manik warih goemantoeng anèng brahmana kémawon
38. doepi bibaran sampoen amba lawan anak rabi èstoe dahat gioeh jajah tan miat wiati tjipta toemamèng pakéwoeh ngesah tan wrin dajaning don
39. marsoedi tyas tarwiloen anggoeng ngrembag kadadosanipoen miroeda nglès ing daloe sa-anak rabi sedya toemamèng pradjagoeng noewoen pariksaning katong
40. wontena welasipoen angoewoekaken prekawising laoep sampoen ngantos anak kaoela pawèstri kalampahan laki koetoek mindak dados odjat awon
41. telas ing atoeripoen oemboel Sarwa wekasan wotsantoen Srinarèndra angoengoen toemandoek liring arja Mangkara pan sampoen toemanggap sasmita katong
42. kadawoehaken ikoe maring oemboel Sarwa kinèn ladjoe dènirarsa toemamèng pradja toemoeli andjoedjoega wismanipoen arja Manoengkara ing djro
43. wotsari mangkat sampoen oemboel Sarwa anak rabi toemoet praptèng pradja marem andoeloe sarwa sri jata lampahira praboe ladjoe andjog marga kang lor
44. rerasanira moehoeng boejoet Gandowara kang dedoekoeh ing Pahoman teka ka-élokan jekti djanma anak-anak koetoek anglengkara jèn rinaos
45. woesana karsa praboe dinadèken pamiwahanipoen awit koetoek lan kenja rara Saroei bok menawa kang tinemoe karja éloking lelakon
46. ananging saratipoen arsa mariksa beboekanipoen boejoet Gandotvara dènira sisiwi warna iwak koetoek ikoe dinangoe jektining pandon
47. manadoekarèng praboe arja Manoengkara atoeripoen karsa Nata poenika langkoeng oetami bok menawi babaripoen dados soeka sakararon
48. semana ladjoe kondoer Sri narèndra praptèng pradja sampoen animbali kja patih wasita mangkin winartosan langkoeng ngoengoen déné teka sèwoe élok
49. wekasan kang rinemboeg kjana patih linawoehan goepoeh anoedoeha poenggawa kinèn nimbali boejoet Gandowara ikoe dèn-prapta pada samengko
50. patih sampoen anoedoeh ingkang maring Pahoman katemoe lawan boejoet Gandowara dèf-dawoehi sandika kérid salakoe praptèng ngabjantara katong
ZANG II; dichtmaat: SINOM.
1. enggar kang tyas toemaroena ki boejoet anèng ngarsadji dènirantoek panambrama kabagjaning anak rabi saksana kjana patih tinoedoeh kinèn andangoe sangkaning asesoeta warna koetoek temah kongsi angrasani rabi wanitèng Kasidan
2. woes dinangoe atoerira
poekoeloen sang misoedèng sih 0 mangkja kaoela sadjarwa beboekanipoen ingoeni kados sampoen antawis langkoeng kalih welas taoen semanten sémah amba kang awasta poen Gandori wawrat sepoeh mèh andoengkap lèking masa
3. doek kepati dènja nèndra ing daloe soepena kèksi lahiring wawratanira warni koetoek asmoe wilis kang tjahja anelahi mawi makoeļa bra moeroeb djamang mas kinatipa déning retna moetyaradi salebeting soepena sémah kaoela
4. sanget dènja kamigilan sarwi angemoe prihatin kang koetoek ladjeng binoetjal dateng lèpèn tan atebih doepi ing wantji èndjing kawistara wetengipoen kimpès tanpa kerana kadi doek dèrèng garbini sémah amba kampitèng tyas senalika
5. dateng gèn doekoen mamalar kinèn doemoek sampoen jakin moesnanipoen kang wetengan tan kénging dèn-oesadani ingrikoe poen Gandori goepoeh-goepoeh antoekipoen karoena amlasarsa amba takèn paran marmi djinatosan ing poerwa madya woesana
6. amba daha gegetoen tyas sanityasa asmoe tistis tansah moneng analangsa mintaksamèng beļaradi praptaning ratri malih poen Ganori tilemipoen saweg angles kéwala kadi wonten kang amangsit woewoesipoen angingimoer manoeara
7. lah ta bioeng ing semangkja loearen tyas kang roedatin moepoesa pandoning déwa menawantoek bagja jekti anemoe soeta pekik antarakna tembénipoen jèn woes toemekèng masa babaring manoesa djati kanirmalan anèng ngabjantara Nata
8. lah ta mara jektèkena sésoek menjanga ing kali sidataning Wanda-singha menawa ana ka-èksi koetoek mawa boeka-sri djedjamang rinenggèng tatoer pinatik sarwa retna oedjwalanira nelahi iaikoe sedjatiné awakingwang
9. ajwa sandéa ing dria dènira angakoe siwi sèsèren gampang kéwala tan rekasa kang kinardi mèt pamrih ing pakolih jèn woes kena koetoek ikoe ingoenen ing pabongan ajwa nganggo dèn-pakani amoeng saben tengah wengi doepanana
10. sa-oebenging kang pabongan doepa ratoes wida sari sa-antara oemenenga seboeten ing dalem batin doeh koeloep soeta mami djaka Deleh ajwa limoet kapijénaken nèndra anggèr tangia toemoeli nekanana kang dadi pamintaningwang
11. djroning tjipta aranana
apa pamintanirèki jekti soen toeroet kéwala pesți senalika prapti katemoe woes soemanding anèng sakiwa tengenmoe sangkep tanpa koetjiwa nanging ana wekas mami sesoek-ésoek menawa maring narmada
12. ajwa kongsi nganggo roang
lawan ajwa kapiarsi maring lian poma-poma kabèh wangsit ingsoen iki simpenen dèn-arepit jèn kelakon ora kasoeb sajekti katarima dadi kabegjan ing woeri doepi wantji bangoen ingkang sajempraba
13. sémah amba ka-èngetan salir ingkang dados wangsit tangi tilem senalika oemateng lèpèn pribadi mantoek wantji bjar èndjing sampoen antoek oelam koetoek 'mawa praba toemédja nganggé makceta boekasri djedjamang mas pinatik ing nawa retna
14. ladjeng ka-ingoe poenika wonten pabongan ing woeri kala semanten kaoela mentas tangi amarengi arsa does aningali ing pabongan wonten koetoek toemédja makoeta mas adjedjamang sarwa roekmi kampitasmoe maketer tyas senalika
15. angengoewoeh sémah amba datengipoen poen Gandori api ngoengoen kalahiran moewoes toemoet amastani menawi élok jekti samantara oelam koetoek manțongol saking toja moeng sirah kéwala kèksi sarja moewoes mamardawèng basa krama
16. lah ta bapa Gandowara ampoen pisan andarbèni kampitèng tyas was soemelang wroehanta koela poeniki soetandika pribadi ingkang midjil saking bioeng Gandori jektinira nalika ing daloe wingi bioeng koela Gandori tilem soepena
17. wawratanipoen ambabar midjil koetoek mawandari soepraba sri doemipèngrat ladjoe binoetjal ing kali doek tangi bangoen èndjing wetengan kimpès kadoeloe wewarti ing andika inoekoenken sampoen jekti moesnaning kang wawratan tanpa kerana
18. semanten samja nalangsa minta marmaning déwadi ing daloe malih poenika bioeng tilem antoek wangsit menawi tangi èndjing atenga ing lèpèn goepoeh pribadi tanpa roang ajwa kongsi kapiarsi maring lian dén-awadi tingkahira
19. lamoen onten kang katingal koetoek mawa praba asri kinèn angangkah dèn-kena poen bioeng djinatèn jekti jèn soetané pribadi kang amidjil warni koetoek ladjoe kaprenahena anèng pabongan ing woeri tanpa pakan agesang saking kawasa
20. moeng dinoepan gonda wida saben wantji tengah ratri moebeng tepining pabongan. angoewoeh ing dalem batin mintaha kang kinapti tinoeroetan déning koetoek djaka Deleh panengran poen bioeng nalika tangi ladjoe dateng narmada amoeng priangga
21. waoe sampoen kaleksanan sawasitaning wewangsit praptèng mangké doek andika arsa does kagjat ningali ing koela dènja kèksi mawa praba angengoewoeng makoeța djedjamang mas leres andika kagèti oedjer élok akarja maketering tyas
22. ananging jèn praptèng masa sampoen antoek djarwa djati jekti mantoen tyas sandéa amoeng mangkja dèn-agati saliring kang weweling pitoehoenen djroning kalboe kang sarta dipoen-sasab ampoen kongsi awewarti ing wong lian moendak moeroengken parasdya
23. kénging tembé sadjarwaha anèng ngarsaning Narpati jèn wahjaning masa kala badé kanggé barang kardi mekaten kang weweling poen koetoek kala roemoehoen kèndel ing woewoesira oelam koetoek silem malih amba ladjeng angresiki ing pabongan
24. ngoeni sampoen kalampahan amitoehoe ing weweling amba lawan njai somah saben wantji madya ratri dedoepa angoebengi tepining pabongan kempoet sinawoeran poespita sirat soeganda widasri sarwa ngoewoeh ameminta ing samoerwat
25. kalatengan senalika sèstining tyas tanpa wèsți doemoegi ing sapoenika katjekapan sawetawis labet saking nglampahi sapakèning oelam koetoek ing mangké kaparengan soetamba sampoen birai andarbèni paminta dateng kaoela
26. kedah arsa palakrama nanging aèng kang kinapti rara ajoe ing Kasidan kang awasta kèn Saroei kasoebing rat sajekti nirken sarwa sri raras roem poenika kang soesoeta oomboel Sarwa bioeng Kèsi woewoesipoen soetamba mèt manoeara
27. lah ta bapa kaparenga mangkja poen bioeng Gandori koela wawrati ing karja temboeng ngeboen-eboen éndjing andjangkoenga wiati sonten nawoer riris aroem dateng doesoen Kasidan onten kenja kang wewangi kèn Saroei atmadjaning oemboel Sarwa
28. lamoen sami kasembadan badé koela-angkah rabi nanging temboeng bebarèsan ampoen mawi sasab sandi kaoela amangsoeli djemoeroeng ing lahiripoen sèwoe mengajobagja angoengoen ing dalem batin andoepara koetoek meksantoek menoesa
29. rèhning dahat ing kadjrihan sémah-amba poen Gandori kelampahan senalika dateng Kasidan kapanggih oemboel Sarwa lan Kèsi Serat-Tjariosipoen oelam koetoek.
anandoeken mardawaroem roemesep mèt pamrihan manoearèng oekararis lamoen sami sembada ing sekalian
30. kèn Saroei keparenga
badé dipoen-mong pribadi kang minangka sesambitan soeta djaloe awewangi poen djaka Deleh warni oelam koetoek nanging bagoes mawa praba toemédja makoeļa roekmi respati wignja liring raras ati basa krama
ZANG III; dichtmaat: RARAS ATI.
1 oemboel Sarwa nalika miarsi tanpa amiraos asmoe dahat awrat kéwran ing rèh ing woesana akarja pepanggil minta soeratnadi moestikaning ranoe
2. sakembaran kang tan inèng werni wangoen gana tinon sabeloeloek gengnja maniking wé mangka tengraning patiba sampir lamoen anlatengi jekti saged daoep
3. poen Ganlori amangsoeli miring amèt tyas kémawon sagah dèrèng kantenan ing tembé pamit mantoek sapraptaning panti ladjeng awewarti dateng oelam koetoek
4. lamoen oemboel Sarwa apepanggil langkoeng awrat élok minta tengran retna maniking wé sakembaran wangoen gana sami kang tan siwah warni gengnja sabeloeloek
5. oelam koetoek boten amangsoeli moerdanipoen tinon lir semadi pasang rakiting rèh tan adangoe manțongal sarja ngling mangkja woes antoek sih parmaning déwagoeng
6. lah ambilen retna manik warih sakembaran tinon kadi gana ikoe wewangoené doemipèng djro pabongan nelahi sa-isining panti pala moebjar moeroeb
7. poen Gandori toemoenten angambil manik wé sadjodo doek pinoesti moenggwing èpèk-èpèk amba lawan sémah poen Gandori moelat mangoe sami lengleng tyas kajoengjoen
8. dènja prabaning kang manik warih toehoe jèn kinaot jajah nirken srining rat ing mangké winadahan sangkoe kantjanadi toemoenten angroekti wewahing mengoejoe
9. oeparengganing ambekta manik pantesipoen tinon sampoen wonten kang koetjiwa ing rèh ladjoe matah kang sami oemiring doepi sarwa sarwi samapta sedaroem
10. éndjing mangkat sarwi dèn-koermati moerwati djanmasor tetaboehan amoeng kendang bendé trebang angkloeng ing samargi-margi kațah kang ningali ladjeng samja toemoet
11. praptèng doesoen Kasidan kepanggih lan oemboel karoron djaloe èstri wonten ing djro balé poen Gandori mèt maniking warih sarja moewoes aris mamardawèng temboeng
12. raji koela sekalian sami minta tengran élok inggih sampoen kedatengan mangké lah soeawi andika tampèni kang retna poeniki kembar warnanipoen
13. kalih pisan ing wangoenan sami kadi gana tinon sabeloeloek poeniki agengé praba nirken raras roeming boemi oemboel djaloe èstri kèndel tanpa moewoes
14. badé boten poeroen anampèni pineksa déning wong kang toemingal samja mrih katampèn lamoen meksa tan poeroen atampi sajekti ing wingking awrat sangginipoen
15. boten wandé katoer ing negari kawisésa jektos ing poenika cemboel ragi mèlèd minta inah pendak dinten mangkin dènja anampèni retna manik ranoe
16. tiang prapat sami angrembagi mèt roekoen kémawon amba dèn-prih sarantosa sarèh pendak dinten ingrikoe oepami tjidra ing oebanggi jekti sampoen kokoem
17. kadjibahna ing tangga tepalih mekaten kémawon déné maniking toja ing mangké goemantoenga wonten brahmanarsi sang Soda wewangi mangkja sampoen rampoeng
18. telas atoering boejoet wotsari waoeta sang Katong doek miarsa dahat pengoengoené ing wekasan angandika aris seka ing pamikir èlok temen ikoe
19. baja betjik kalakona panggih daoep sakeroron koetoek lawan perawan dadiné kaja paran babaré ing woeri apa ikoe jekti, sadjatining koetoek
20. apa baja mamalian djanmi mangkja jèn kalakon bok menawa élok babarané nanging kang soenèsți ing pemboedi temoea pribadi ingsoen lawan koetoek
21. lan bisaha imbal woewoes jekti kena jèn tinakon kjana patih dahat djoemoeroengé boejoet Gandowara matoer aris ing karsa déwadji gampil dadosipoen
22. inggih amba mangkja kang kadoegi karja prasidèng don oelam koetoek amba soanaké dateng abjantara Narapati saking pametawis kénging jèn dinangoe
23. kados-kados saged amangsoeli saliring wiraos Srinarèndra kasembadan tyasé angandika jèn mengkana betjik gawanen toemoeli maring ngarsaningsoen
24. dèn-asamoen ajwana oedani ing rèh kang mengkono ingsoen arsa atetakon déwé mangkja lamoen woes sadjarwa djati gampang ing pemikir dènja mrih rahajoe
25. boejoet nembah woes kelilan moelih asmoe soeka tinon sapraptaning wisma agé-agé 0 somahira winartan kang dadi karsaning Narpati dènja mèt pakantoek
26. njai boejoet soekèng dria kadi manggih mas sagelong tan antara mangkja sakaroné samja maring pabongan wewarti maring koetoek sarwi amèt tyas memardoe
27. moewoes manoeara memalad sih adoeh soetaningong keparenga koeloep mengko soré tinimbalan ing Srinarapati kadarpaning galih amoeng arsa wanoeh
28. prajogané koeloep dèn-toeroeti marek ing sang Katong bok menawa dadi djalarané •bisa daoep lawan kèn Saroei kałakona jekti dahat soeka soekoer
29. djaka Deleh doepi amiarsi kang moerda mențongol sarja aris aroem pemoewoesé jèn mengkana betjik dèn-lakoni moenggoeh kang kinardi wadah awakingsoen
30. mengko ana lantjang mas kang prapti wangoen koemba tinon ing djro mèsi tirta pawitramèn saking swarga parmaning déwadi · ikoe baé betjik karjanen angdesoeng
31. koetoek kèndel samentara kèksi lantjang mas kinaot toehoe kadi koembaja wangoené mèsi tirta saking soeranadi kongas gandanja mrik wilet marboek aroem
32. tanpantara kang koetoek ka-èksi woes manggon anèng djro soeroep soerja mangkja pengoesoengé tanpa roang amoeng lawan rabi praptaning negari patih kang djinoedjoeg
33. ladjoe kérid marek ingarsadji datan kawroehan wong Praboe moelat katjarjan ing tyasé jajah toemon para warapsari anembrama ririh dènja mandanajoe
34. doek miarsa koetoek moerda kèksi atoerira alon doeh déwadji karsa anjaroewé ing dasih kang dahat kawlas asih saweg anemahi osoting beļaragoeng
35. manggih bagja kamahjangan mangkin panembrama katong sakelangkoeng anoehoen dasihé kapirenan tyas Srinarapati anggoeng amemoedji nirmalaning koetoek
36. ing wekasan angandika aris aoeh mitraningong moega djatènana ingsoen kijé karananta koetoek arsa rabi menoesa sedjati paran wadinipoen
37. koetoek matoer sedjarwa ingoeni poerwaning lelakon loeh poekoeloen kalilana mangké oeloen soemboeng wonten ingarsadji lepata saliring sarik saroe sikoe
38. ngoeni wonten déwa kang wewangi hjang Paswa kinaot poetraning hjang Poeroesa wiosé swaminipoen inggih widadari bețari Darani ngoeni namanipoen
39. atmadjaning hjang Mestri sedjati mangkja katjarios kala teksih pasihan kalihé sang hjang Paswa lan dèwi Darani samja wawan dalih ing sih tresnanipoen
40. pandalihing hjang Paswa mestani tresnaning keroron èstri datan nimbangi priané sang bețari Darani mangsoeli lepat kang pendalih inggih jektinipoen
41. djaloe datan nimbangi pawèstri sihing sakeroron sang beļara Paswa atetakèn paran ingkang dadya tanda jekti beļara Darani alon atoeripoen
42. tiang djaloe menawi oedani ing dyah ajoeanom anglangkoengi kang garwa warnané jekti dahat kajoengjoen ing galih ladjoe kambil sori sabab wenang wajoeh
43. paé estri lamoen aningali pria bagoes anom anglangkoengi kang djaloe warnané boten pisan darbéa tyas mélik dènja sanget ing sih dateng prianipoen
44. sang hjang Paswa goemoedjeng sarjangling aloeh djiwaningong amrang tatal ikoe bebasané jèn wanoedya wewenanga sami lawan pria jekti tan béda ing kajoen
45. sang bețari Darani mangsoeli anglengkara jektos bok darbéa wewenang èstoené dèrèng wonten èstri laki kalih andjawi menawi kang iroeng sapoetjoeng
ZANG IV; dichtmaat: POETJOENG.
1. mèsem moewoes hjang Paswa lamoen setoehoe kaja pikirira koedoe nganggo tanda jekti ingsoen arsa wroeh kang dadi kanjatahan
2. liré lamoen ingsoen mendjanma ing poengkoer maring artja pada apa ta sira toetwoeri apa kari ana ing swarga kéwala
3. woewoesipoen dèwi Darani mring kakoeng lamoen mekatena kaoela jekti toetwoeri sampoen ingkang doemateng manoengsa pada
4. nadyan njemploeng jamani oepaminipoen boten nedya pisah lestantoena dados tjèți ing wekasan dèwi Darani prasetya
5. lamoen limoet ila-ila kang tinemoe ngoeni kasaoeran geter pater asenggani dèdèt érawati asrang sesaoeran
6. doek poenikoe noedjoe peparenganipoen antoek kala désa wonten kambet saking swargi gandanipoen tiang saweg pepasihan
7. wor saloeloet panregasmaraning kakoeng dateng sémahira hjang Paswa mèt minang kreti mrih katoengkoeling garwa sami sakala
8. drenging kajoen hjang Paswa ladjoe toemoeroen đaténg artjapada angoepadi' gandaningsih doek tinoeroet praptèng (loesoen ing Pahoman
9. ladjengipoen anoekma ing oelam koetoek sampoen katemahan dènira mrih minang kreti dados koetoek toemamèng alam limoenan
10. masiloeroep moenggwèng goea garbanipoen èstri ing Pahoman kang wasta njai Gandori inggih semahipoen boejoet Gandowara
11. milanipoen hjang Paswa doemoenoeng rikoe saking dènirarsa angjektosken sihing rabi poenapèstoe angantepi kang prasetya
12. inggih lamoen taksih tresnèng prianipoen warnia poenapa kang sa-èstoe boten pangling kelampahan panggih malih dados semah
13. doepi sampoen antawis satengah taoen wonten kajektosan kèksi saking rahsa djati kawistara ing pramana dados tanda
14. lamoen toehoe dèwi Darani poenikoe netepi prasetya ladjeng toemoetoer medjanmi babaripoen wonten doesoen ing Kasidan
15. mangké sampoen dados soetanipoen toehoe oemboel ing Kasidan sinoeng tengran kèn Saroei bioeng njai Kèsi bapa oemboel Sarwa
16. babaripoen hjang Paswa awarni koetoek boten kasamaran ateng poen rara Saroei jèn setoehoe dèwi Darani poenika
17. mila koetoek bangoen kadarpaning kajoen paksa amengkoea ing kèn Saroei menawi kelampahan sa-èstoe dados pretanda
18. jèn setoehoe prasetyanira ing dangoe samantarèng masa njai Gandori tinoeding andjedjawah sonten doemateng Kasidan
19. amoeng antoek wangsoelan minta tetangsoel panggiling koedangan C tengran retna manik warih sakembaran sabeloeloek agengira
20. inggih sampoen kedatengan panggilipoen mangkja ing wekasan minta inah pendak ari tinoeroetan soemené semanten dina
21. ladjengipoen kang manik tirta goemantoeng wonten ing brahmana wasta sang Soda maharsi pangagenging karadjan ing Wandasingha
22. bèndjang lamoen praptaning oebangginipoen penlak dinten soma sang brahmana jekti wadjib angloeloesken kasidaning lelampahan
23. mangkja sampoen telas atoeraning koetoek praboe doek miarsa angoengoen tyas asmoe tistis dènja wikan jèn ikđe djatining déwa
24. silardjajoe manadoekarèng pemoewoes lah ta mitraningwang andika poenikoe jekti sedjatining déwa sang bețara Paswa
25. koela sampoen soemerep èstining kalboe marma jèn sambada menggah prekawis poeniki lestantoena sagedipoen kelampahan
26. koetoek manggoet tanda jèn dahat djoemoeroeng noelja Srinarèndra angandika ing pepatih lah ta adi Wasita baja prajoga
27. karsaningsoen koetoek lestaria laoep lawan kèn Kasidan mangkja roematana dingin dèn taretib ajwa kongsi kewangoeran
28. apa kang woes dadi adat koetoek ikoe boejoet Gandowara ajwa kongsi angoahi penoetoering doepa ratoes ganda wida
29. jèn woes rampoeng pemetrinira,ing koetoek noeli anoedoeha poenggawa kang animbali sang brahmana Soda wiprèng Wandasingha
30. telas dawoehing Nata patih wotsantoen woes kalilan medal Gandowara mjang Gandori kang anggawa koetoek pareng oendoerira
31. praptanipoen ing wisma kja patih sampoen nimbali brahmana saking poerwa amekasi kadi atoering wong Pahoman Kasidan
32. ngandikaroem sang Basoekéswara praboe lah bapa brahmana moenggoeh ing prekara iki ingkang dadi kederenging karsaningwang
33. jogja lamoen kelakona daoepipoen nanging ingsoen karja ka-élokan dimèn dadi katjarjaning wong andoeloe pemiwahan
34. déné koetoek ia rinoeat karoehoen dadia manoengsa moenggoeh kang ingsoen boeboehi pangroeating koetoek arja Manoengkara
35. menawa woes mengkono ing karsaningsoen karja sisintrénan iwak koetoek kang sedjati ikoe bakal kaoeparenggèng bawahan
36. ing wewangoen tjinara pangantèn đaoep anèng datoelaja koetoek kang woes dadya djanmi soen prenahken dlingin ing gedong pengantyan
37. mangkja jèn woes pangantèn wadon loemeboe maring pagedongan paran wahananing dadi kèn Saroei apa ta maksih kélingan
38. lamoen ikoe sedjatining prianipoen ingkang apanengran bețara Paswa ingoeni doek maksihé pada ana ing kahjangan
39. apa limoet baja kélingan salemoet maring prianira dènja pisah woes alami marma ingsoen adarbé karsa mengkana
40. wroehanamoe bapa iwak koetoek ikoe sadjatining déwa kang kaseboet awewangi sang hjang Paswa atmadjaning hjang Poeroesa
41. déné ikoe si Saroei wroehanamoe toehoe waranggana anama dèwi Darani dadi somahira sang bețara Paswa
42. karo ikoe doek maksih anèng swargagoeng pada wawan-wawan reboet tarka ing pendalih amintoken sih tresnanira priangga
43. temahipoen pada prasetya ing dangoe noeli sang hjang Paswa semana mèt minang kreti dadi koetoek toemedak maring Pahoman
44. somahipoen dèwi Darani toemoetoer nanging salisiban tanboeh kasidaning laki dadya noekma maring désa ing Kasidan
45. kang tinoedjoe mangka jajah rénanipoen ikoe oemboel Sarwa lan somahé njai Kèsi sebandjoeré kongsi dadining prekara
46. doek angroengoe brahmana Sola wotsantoen dahat pengoengoenja ing woesana matoer aris jèn kepareng saking karsa padoekèndra
47. oelam koetoek poenika prajoginipoen mawi kadawahan sageda roeat pribadi rèhning déwa bok menawi kelampahan
48. milanipoen mekaten ingkang sa-èstoe wewah ka-élokan Srinarèndra najogjani kjana patih Wasita kang dinawoehan
49. panggja boejoet Gandowara pantesipoen kinèn prasabena maring soeta kang awarni iwak koetoek jèn mangkana karsa Nata
50. patih sampoen toemanggap kang dadya dawoeh jata sang brahmana amèt retna manik warih sakembaran katoer ladjoe tinoepiksa
51. sang apraboe angoengoen sadangoenipoen tanpa angandika déné ana manik warih sabeloeloek kang praba andiwangkara
52. doepi sampoen sampéka sinoengken wangsoel maring sang brahmana sarja paring pamrajogi lamoen prapta ing oebaja pendak soma
-33-
53. wadjibipoen kang retna maniking ranoe ikoe oeloengena maring oemboel Sarwa jekti woes beneré minta pepanggil tinekan
54. awotsantoen brahmana kalilan moendoer lawan kjana patya praptaning wisma toemoeli andawoehken ingkang dadya karsa Nata
55. jata boejoet Gandowara goepoeh-goepoeh wewarah ing soeta koetoek mangkja amangsoeli maring patih Wasita sarjasmoe soeka
56. inggih lamoen mekaten ing karsa praboe langkoeng kasembadan sawetawis aprajogi witning dados kasmaraning kang toemingal
ZANG V; dichtmaat: ASMARADANA.
1. kang sa-èstoe saged oegi koela roemoeat priangga déné kang mangka sesintrèn dados koetoek sanalika agampil traping karja dèwi Darani roemoehoen doek wonten ing Soeralaja
2. darbé mengamengan adi warni koetjing tjandramawa djaloe roeroeh kang pasemon aboesana tjara déwa poenika jèn tjinipta toemoeroena dados koetoek prapta sami senalika
3. sarta roeatipoen malih Serat-Tjariosipoen oelam koetoek.
amewahi kabingahan wonten ingkang dados élok sadjatosipoen poenika sampoernaning menoengsa kang dèrèng widagdèng kawroeh kemoeljaning sangkan paran
4. arinipoen njai Kèsi kang awasta empoe Prasļa prenah ipé dados ipé dènira sang oemboel Sarwa mekaten atoer amba pawèstri wasta poen Remboen sémahipoen empoe Prasļa
5. arining sang Sarwa jekti roeatipoen kang wekasan aoepa malih ing tembé kang soepados sami soeka mekaten tegesira roeat pisan saking koetoek dados koetjing tjandra mawa
6. bok menawi kèn Saroei kèngetan ing patembajan dènira katembèn toemon lelangenipoen ing kina kang koetjing tjandramawa roeat malih kang sa-èstoe waloeja djatining djanma
7. soemanggèng karsa Narpati atoer kaoela sedaja dremi loemampah kémawon boten ta jèn kabektaha kadoek tyas koemawawa mekaten ingkang sa-èstoe kados raré taksih moeda
8. mangka loeang kang oetami bebasaning kasoedjanan wignja poenika jogjané rinawatan moenggwing woentat dados tan kawistara tiningalna bolonipoen Boten kaseboet koetjiwa
9. kja patih mèsem sarjangling jèn mangkana atoerira betjik ingsoen saosaké omaring kangdjeng Srinarèndra soepaja ka-oeningan barang pangrèhanta ikoe semana praptaning masa
10. kja patih toemamèng poeri angatoerken pamrajoga saking koetoek kang wiraos bok menawi kasembadan mewahi ka-élokan kaparengan ing tyas praboe angandika maring garwa
11. jaji ingsoen awewarti bakal ana ka-élokan déné babaring lelakon jèn woes ana dedaoepan perawan antoek mina warna koetoek,bisa moewoes ikoe jaji jèn sembada
12. mangkja pada dèn-jektèni amemanton ing djro poera jaji mangkoea kang wadon kèn Sařoei aranira soetaning oemboel Sarwa déné ingsben kang amangkoe pangantèn djaloe prajoga
13. warna koetoek awewangi djaka Deleh ing Pahoman kang soesoeta sedjatiné ikoe boejoet Gandowara wardaning wong Pahoman doek miarsa dèwi Wastoe goemoedjeng matoer sandika
14. dènja ka-élokan jekti kaja paran poerwanira ing titika kang mangkono Srinarèndra woes sadjarwa saliring lelampahan dèwi Wastoe soeka ngoengoen kadarpèng tyas daja-daja
15. mangkana Srinarapati rembag lawan kjana patya kang dadya kasidaning rèh kjana patih atoerira poekoeloen jèn sembada mangké daloe oelam koetoek kinèn roeat dados djanma
16. ing antawis sampoen kèksi samaptaning kang boesana kaprenahken kinèn manggon dateng gedong paaoepan mekaten ing pratingkah dipoen-awadi setoehoe sampoen ngantos kawedaka
17 toemoenten rara Saroei kapoendoet malebetira sangadinipoen ing mangké siningidaken poenika wonten ing datoelaja kasembadan ing tyas praboe kawistarèng pangandika
18. patih kinèn andawoehi maring koetoek dèn-atanggap ingkang dadya karsa katong noelja arja Manoengkara kang kinèn andawahna maring oemboel Sarwa ikoe leboening soeta wanoedya
19. semana pareng wotsari woes sami kalilan medal soang-soangan oendoeré gantjanging kang winoersita ing ratri kaleksanan samantara koetoek sampoen nir mala roeat priangga
20. dadya menoengsa sedjati manoengkoe tyas senalika djroning lantjang ana katon koetoek mamalihanira kang koetjing tjandramawa mengkana kja patih sampoen angirid kang woes roemoeat
21. doepi praptaning ngarsadji datan kongsi sinembrama kinèn toemamèng djro gedong badé panggénaa pangantyan gantya kang kawoewoesa kèn Saroei lebetipoen sareng sedaloe poenika
22. kaprenahken kang arepit lan sajajah rénanira amiranti panggonané woes mengkana Srinarèndra ing wajah titi soenja amanggihi karsanipoen maring sang nir malèng warna
23. amoeng kanți kjana patih lawan arja Manoengkara manembrama woerjaning rèh kadya moedyastawèng déwa sang djaka kipa-kipa manoehara atoeripoen poekoeloen Srinaranata
24. tanpa karja poedyastoeti rèhning amba ing samangkja dèrèng roeat sedjatiné taksih sawek kamanoengsan ing bèndjang jèn waloeja dados déwa kang sa-èstoe soemanggèng karsa Narèndra
25. malah mangkja ing pangèsți kaparenga soemawita kasembadan ing tyas katong djaka Deleh kinèn lenggah satata lawan patya tansah samja mèt martajoe remboeg kasidaning karja
26. djaka Deleh matoer aris poekoeloen jèn kaparenga bèndjang-èndjang kang pangantèn mangkat saking kapatian mawia djinadjaran manik warih kang goemantoeng wonten sang brahmana Soda
27. mangka tana đawah sampir kang saking pangantèn pria seladjengipoen ing tembé soemanggèng karsa doemawah menawi praptèng masa noenten pawèstri poen Remboen binoesanan adi warna
28. kembar lawan kèn Saroei daoepipoen sekalian koetoek roeat warni sato dados koetjing tjandramawa menawi kalampahan samja gawok kang andoeloe amewahi soekaning tyas
29. bok menawi kèn Saroei ènget darbé mengamengan èstoenipoen boten soepé kang prasetya doek ing kina jen sampoen samantara koetjing roeat dadosipoen djatining djanma sang Prasța
30. ladjeng kadaoepna malih lawan poen Remboen poenika kados oegi wewah saé kèndel sang djaka wotsekar mengkana Srinarèndra mangajoe bagja ing remboeg èndjang samapfeng wiwaha
31. praptaning soré miranti
pangantèn pangarakira woes kalakon patraping rèh dadya soeka pirenèng tyas semana karsa Nata sampoernaming karja ladjoe kabèh kinoela wisoeda
32. dadi wadya poenggawadji djaka Deleh woes ingangkat arja Paswa panengrané sang Prasļa arja Minarda oemboel Sarwa anama arja Srawana poenikoe pinaringan manik tirta
33. boejoet Gandowara mangkin anama arja Kesrawa lantjang mas pinaringaké kang a-isi toja marta brahmana Soda dadya kami-toea oeloe-oeloe angrèh para poeroeita
34. pareng dènira wotsari ingkang kinoela wisoeda samja soeka soekoer kabèh amemoedji rahardjèndra semana woes kalilan sesoangan antoekipoen loeloes kongsi praptèng wisma
PNRI
| NAMANING PENGARANG. | NAMANING BOEKOE. | RE |
| M. Poedja-ardja. | Dongèng Empol-Empil Pakem ringgit Poerwa I. II, III. (Holl. karakter). mawi gambar. | 0 0 0 |
| R. Marta-koesoema. R. Poerwa-soewignja. M. Prawirasoedirdja. | II, III. (Holl. karakter). mawi gambar. Pratikel moerih soeda- ning karojalan (Holl. karakter). Nembelas tjarics (Hoh karakter). | 0 0 |
| R. Poerwa-soewignja. M. Prawirasoedirdja. | ning karojalan (Holl. karakter). Nembelas tjarics (Hoh karakter). | 0 |
| R. Poerwa-soewignja. M. Prawirasoedirdja. | Nembelas tjarics (Hoh karakter). | 9 |
| M. Prawirasoedirdja. M. Poedja-ardja. | karakter). Bab ako garangan. | |
| M. Prawirasoedirdja. M. Poedja-ardja. | Bab ako garangan. | 0. |
| M. Poedja-ardja. R. M. Mangkoedimedja. | Niti karsa. | 0. 0, |
| R. M. Mangkoedimedja. Idem | Niti karsa. Serat Poerwa wahja | 0, 0, |
| Idem | Serat Poerwa wahja | 0, |
| Idem | Serat Pararaton I. | 0. |
| . | II. ” | 6, |
| R. Sasraprawira. | ” III. " | 0, |
| R. Sasraprawira. idem R. Dirdjasoebrata. | " Bioeng koealon. | C, |
| idem R. Dirdjasoebrata. | Bioeng koealon. idem (Holl. karakter) | 0, |
| R. Dirdjasoebrata. idem | idem (Holl. karakter) Gara-gara. | 0, |
| idem Kemisalias Ardjasoewita. | Gara-gara. Pamboekaning nalar. | 0. |
| Kemisalias Ardjasoewita. M. Poedja-ardja. | Pasrèn. | 0, |
| M. Poedja-ardja. R. Tirtadanoedja. | Tjarios Tilarsa. | 0, |
| R. Tirtadanoedja. | Ngèlmoe kasoegihan | 1 |
| R. Poerwasoewignja. | (Holl. karakter). | |
| R. Poerwasoewignja. idem M. Mangoenpoestaka. | Serat Lebdatama I. idem II. | 0, |
| M. Mangoenpoestaka. Soeara. | idem II. bepa-darja. | 0, 0, |
| Soeara. M. Wirjadiardja. | bepa-darja. Bab alaki-rabi. | 0, 0, |
| M. Wirjadiardja. | Bab alaki-rabi. Waris lan Lalis | 0, 0 |
| M. Wirjadiardja. | Waris lan Lalis Jogja Sastra. (Holl. | 0 |
| R. Ng. Djajamargasa. | Jogja Sastra. (Holl. karakter). | |
| R. Ng. Djajamargasa. M. Jasawidagda. | karakter). Wredda-moeda. | CO... |
| R. Ng. Djajamargasa. M. Jasawidagda. | karakter). Wredda-moeda. Tjarios peksi glațik. | |
| R. Ng. Djajamargasa. M. Jasawidagda. | Wredda-moeda. Tjarios peksi glațik. | |
| R. Ng. Djajamargasa. M. Jasawidagda. | Wredda-moeda. Tjarios peksi glațik. | o |
| M. Jasawidagda. | Wredda-moeda. Tjarios peksi glațik. | 0. |
| M. Jasawidagda. | Wredda-moeda. Tjarios peksi glațik. | 0, |