Pustaka Taratsa

Baca teks (PDF): Serat tumuruning wahju maja

48 halaman · 48 halaman diproses dengan OCR · 9.4 detik

Versi OCR mungkin terdapat kesalahan eja, ketik, tata letak, atau hal terkait tipografi. Untuk ketepatan hasil, silakan merujuk pada dokumen asli.

Daftar isi
  1. SERAT TUMURUNING WAHJU MAJA
  2. SERAT 195f TUMURUNING WAHJU MAJA
  3. ISINIPUN
  4. 1. Semar dipun sukani anak kekalih, gareng tuwin Petruk déning radja gandarwa Bausasra
  5. 2. Mandjanmanipun Hjang Maja dateng Semar
  6. 3. Prabu Brahmanaradja, Nata ing Gilingwesi sekel ing galih djalaran kendeling djinantra
  7. 4. Tumurunipun Hjang Narada dateng negari Gilingwesi, metja ing bab sarana pulihing pradja
  8. 5. Wulang Astabrata
  9. SUNARNO SISWORAHARDJO

SERAT TUMURUNING WAHJU MAJA

mb. Keb. Ind.

Kon. Bat. Gen. B:- 484. no.1981. 1957.

BALAI PUSTAKA DJAKARTA

JiSH mig81

SERAT 195f TUMURUNING WAHJU MAJA

Ginubah déning wanita mardi basa Djawi

Radèn Aju H. Bangun Subrata

ing dinten Sabtu Paing kaping 5 wulan Ramelan Djimmawal. Tjandra sinengkalan Tata murti salira tunggal 1885 utawi kaping 8 Mei Surja sinengkalan: Kéblat tata djawataning nagara 1954

Kawedalaken déning DINAS PENERBITAN BALAI PUSTAKA DJAKARTA—1957

PERPUSTAKAAN Lembaga Kebudklaan Indonesia Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen

Kawedalaken déning: Dinas Penerbitan Balai Pustaka ** *

Pangetjapan: Balai Pustaka — Djakarta **

B. P. No. 1981 Hak Pengarang kaajoman ing Angger-angger

Rp. 5,—

Lemb. Kebudajaan Ind. Bat. Gen. Perpustakaan tanggal 9. 9. 1959 asal-usul No. 1964

ISINIPUN

1. Semar dipun sukani anak kekalih, Garèng tuwin Pétruk déning radja gandarwa Bausasra . katja 5 2. Mandjanmanipun Hjang Maja 14 ateng Semar 3. Prabu Brahmanaradja, Nata ing Gilingwesi sekel ing galih djalaran kèndeling djinantra 21 4. Tumurunipun Hjang Narada ateng negari Gilingwesi, metja ing bab sarana pulihing pradja...... 31 5. Wulang Astabrata. 37

1. Semar dipun sukani anak kekalih, gareng tuwin Petruk déning radja gandarwa Bausasra

1. RArasira winursita, DENnja medarken kintèki, Anawung madyaning pradja, JUwana amardi kawi, Hasasamta menawi, BAbasané kang tan runtut, NGUNtaraning sinengka, SU- setya pambudyèng dadi, BRAmintya tyas TAtanan ingkang winahjwa.

2. Puspita di tumaruna, andjrah tumibèng pratiwi, maksih kongas gandanira, mèt sudarsana piningit, wigatining dumadi, nadyan wreda mua tuhu, nanem jekti abakal: ngunuh wohé angemohi, mugi-mugi tetep ing pangandelira.

3. Wahjèng ngrenggani tjarita, satunggiling djanma tani, wasta Kjai Badranaja, tilas lurah kang palinggih, Daapan usun nenggih, bawah Wirata pradja gung, djuga atma tan gaah, mung pribadya tanpa kani, panglipuré nggarap sawah lan gérongan.

4. Sregep tumemen ing karja, lumbungé wus kebak pari, singa ingkang ngambil angsal, lega lila trusing batin, tan darbé owel jekti, tetangga samja sih lulut, tetulung kasangsaran. Lamun wonten laré nangis, pan sinuwuk sanalika mari béka.

5. Djanma sakit ingusadan, sauwat waluja sami, winastan dukun utama, katah ingkang meminta sih. Dangu rinasèng pikir, tan wonten pituwasipun, malah supé manembah : ing Déwa ingkang linuwih, déning tamu késah dateng tanpa kenat.

6. Pan dadya lénaning drija, kirang nalangsa ing batin, pinuni-puni ing katah, tan saged ngowahi takdir, sabarang tan ngrampungi, ladjeng osikirèng kalbu, nedya anon lelana, andjadjah wana mjang wukir, anenea kanugrahan ing delahan.

7. Minggah arga manap djurang, wus tan wonten kang tinolih, subrata amesu raga, manteb tékad tan gumingsir, tilar naah lan guling, rangu-rangu kapirangu, prapta ing Nilandusa, wukir geng kelangkung wingit, pan ing ngriku karatonirèng gandarwa.

8. Putraning radja prawata, Bausasra kang bebisik, pan wus kalih putranira, saking ing garwa paminggir, langkung kutjiwèng warni, karana gus Kutjir Kuntjung, atmèng Ni Lutrung wilwa, warnanira wéwé putih, Radja Bausasra mangkja arsa krama.

9. Putri Parajangan Nata, aran Retna Anggastini, pan purun pinunut garwa, lan Bausasra Narpati, nanging jèn gaah siwi, gumantia dadi Ratu. Déné putra kalihnja, siningkirna ingkang tebih, lan Ni Lutrung ing~ gih ugi kabutjala.

10. Radja Bausasra sagah, sapanjuwunnja Sang Putri. Ni Lutrung késah lan anak, nulja émah-émah malih, angsal Sang Kalarubi, brekasakan ing wana gung. Nulja putra kalihnja, wangsul ngarsaning sudarmi, nangis nggijeng datan purun tumut réna.

11. Wusana Ki Badranaja, anèng sanganap wit manggis, nggagas ingkang lelampahan, gesang tuna tan sesiwi, mupus pastèning Widdi wus keladjeng wreda tuhu, rengeng-rengeng gérongan, kinarja panglipur pikir, astjarjèng tyas mijat asrining antjala.

12. Sutaning Radja gandarwa, kekalih nangis kepati, Sang Nata awas tumingal, mrepeki ngandika aris: ,Tigas djanma kaèksi, anggana sampéjan uh jun, apa ta karsanira, lawan sapa kang wewangi, ingsun minta djinarwan sedajanira.'

13. Pan aris wangsulanira: ,,Kula tijang kang tetegil, wreda papa angumbara, ngénggar-énggar tyas mrih aring, datan sémah tan siwi, winastanan pandji-klantung, (1) nama pun Badranaja, ing nguni inggih prijaji." Sanga Prabu gandarwa ngrangkul lan suka.

14. Jèn mangkono Kjai sira, sun paringi putra mami, kekalih pan sami prija, pasrah ing sira sedjati." Badranaja nauri: ,,Ndika bangsaning lelembut, pasrah maring manungsa: wreda sepen guna sekti." Nulja putra Kutjir Kuntjung tinimbalan.

15. Bausasra angandika: ,,Kutjir Kuntjung sun djarwani, Kjai tuwa tuhunira, sudarmanira sedjati, ingsun mung ngepèk siwi, mangkja sun pasrahkan wangsul: maring wong-tuwanira, kudu miturut sajekti, lamun darbé pènginan njuwuna mring wang.

16. Agé Kjai sindènana, sutanira mrih tan nangis." Badranaja sesinénan, makaten dènira angling: ,Ngrudjit puspita adi, warsiki lan sekar bakung, asirna madunira, kang nggubed ing ratu sekti, kembang nangka ora bana ora rupa.

17. Kembang abang sumarsana, srananing wong sukèng ati, witing gaung kang rumambat, rawé-rawé pinggir margi, ginajuh datan keni, kembang nodja lawan menur, wudjud widjang prasadja, Kutjir Kuntjung dadi widji, sun salini peparab dimèn waluja.

18. Nalagarèng Pétruk mangkja, tjep meneng nggèr adja nangis, kulon ana tjanik ala, munak anduduti kutjir." Mingseg-mingseg gja guling, Ki Badranaja gumuju, sinèlèhken suketan, nulja amudjasemadi. Kuneng gantya tjarita ing Suralaja.

19. Wau ta Sang Hjang Ismaja, kang raka Sang Hjang Pramèsti, putranira Sang Hjang

Tunggal, wus peputra prija nenggih: sanga sami pinekik, déné Prampèswarinipun, Dèwi Kanastrèn wasta. Hjang Maja nawung prihatin, kang dèn èsti sedjarahing wéda-wédda.

20. Ngandika maring kang garwa: ,,Jaji sun djarwani jekti, urip anèng Kadéwatan, djinurung sakarsa dadi, sinung guna lan sekti, kawibawan kang linangkung, sinembah sining djagat, jèn tan nganggo subrata di, temah sirna manggon ing Tjandradimuka.

21. Jèku jamani asarnja, salami tan bisa ngalih, wit mear wadining djagat, tan urub lamun pinikir, terang sagung dumadi, soroting Suksma linuhung, kalamun bisa nunggal, kaanan wangsul ing widji, tiwas-tiwas luwih tuna jèn ginagas.'

22. Ingkang garwa atur sembah: ,,Purwanira kadospundi, wontenira pra Djawata." Kang raka ngandika aris: Wit Nabi Adam nguni, putra ingkang midjil tjupu, aran Retnadumilah, sarining sesotya adi, dupi praptanira tigang atus dina.

23. Tjupu dimulja binuka, mèsi djabangbaji pekik, Nabi Sis peparabira, diwasanira nglangkungi, lawan kadangé sami, saking Siti Kawa wau, kabèh putraning Adam, patang puluh djoo nenggih, wuwuh Siti Unus lan Nabi minulja.

24. Esis kekasihing Suksma, akrama sawusnja wantji, pepudjan Retna kumala, Dyah Mulat ingkang bebisik, nulja peputra kalih, kakung sami bagusipun, Sajid Anwas arinja: Sajid Anwar kang wewangi. Sajid Anwas tapa among ingkang karsa.

25. Taunan dènnja subrata, ingkang raji ngantya lalis, run-tumurun Sajid Anwar, nerahken kang para Nabi, ngantya tri atus warsi, tapa lir éjang rumuhun, baar apalakrama: kusuma putrining edjin, santun asma djedjuluk Sang Hjang Nurtjahja.

26. Apeputra kalih prija, Sang Hjang Wenang lan Hjang Wening, Hjang Wenang nulja peputra, Sang Hjang Tunggal kang bebisik, kramantuk putrining djin, kraton teleng samodra gung, Rekatawati Retna, iku ibuningsun jaji, garwanira Kangdjeng Rama Sang Hjang Tunggal.

27. Duk mbabar amidjil tigan, binanting Djeng Rama nguni, dadya bebaji antiga, ingsun pinangka pangarsi, nulja jaji Pramèsti, Hèrlodra ingkang djedjuluk, samja nèrèk ing Éjang, nèng Alang-alang kumitir, Kraton wungu onggjaning Suksmadimulja.

28. Jaji Pramèsti karsèng Hjang, kang murba djagat sekalir, dadya wakil rama éjang, wenang sinebut trimurti, ing Djonggring-Salaka di, nartani djagat sedarum, manungsa lan lelembat, saisining buwana di, wenang nggandjar kepareng murbawisésa.

1) Tegesipun nganggur. B.P.

2. Mandjanmanipun Hjang Maja dateng Semar

1. Kasmaran wibawa mukti, dadi ing sakarsanira, wus kepareng ing Hjang Manon, jaji ingsun ginauhan, sisaning wéda-wéda, sawidji binagé telu, ingsun mung tampa saduman.

2. Memati anggung wijadi, memaju ajuning tjipta, sanityasa tyas tan sarèh, kèksi wetjanirèng wéda, sastra adi pratana, pangleburaning arda gung, palupinirèng nalangsa.

3. Kèsi samaning dumadi, tinampi sabar nalangsa, mrih sinung waspadaning rèh, sawé- ganing lumaksana, praptèng don kang sanjata, maring sasana linuhung, kang satuhu tanpa pinda.

4. Kesiku djangkaning budi, rumasa kadudon tindak, ingsun antuk siku mangké, mandjanma mring Ngartjapada, sira jaji karia, mukti madyaning Swarga gung, kumpul lawan para putra.

Betara Surja. Déwaning srengéngé, anakipun Semar.

5. Dyah Betari matur aris : Mung nèrèk karsa paduka, datan suwala dasihé." Hjang Maja pan sipat warna, kadya wahju wilajah, mentjorong wilis sumunu, mandjing maring Badranaja.

6. Karsané arsa nulungi, maring putra wajah béndjang, nenuntun njamar lampahé, tan konus maring manungsa, saniskarèng krianja, jajah majit amurtja wus, sari-sarining puspita.

7. Badranaja duk nampèni, panuksmanirèng Djawata, mèh datan kijat ragané, sanalika akantaka, dupi wus paripurna, sipating warna kedulu, resik ladjeng mawa praba.

8. Lepas panggraita lantip, nedya mring wukir Maéndra, marak pandita putriné, Betari Rukmawati ran, putri Hjang Antaboga, waskita sidik pandulu, priksa kang dèrèng winarah.

9. Nudju amedar semadi, lenggah ing balé pangarsa, andèr kang sumiwi manké, supenuh anékawarna, ngèbeki patjrabakan, adjar wasi lan manguju, tjantrik kelawan djedjanggan.

10. Pra énang miwah dedungik, umjung suka-suka samja, kesaru wau sowané, Ki

S

Badranaja lan suta. Samja kagjat tumingal, kang wreda lema kelangkung, dedegé tjebolkepalang.

ik ng ah, ng vatan ija, ita. niika rna ring tari skirah. balé enuh wasi n. jung Ki

11. Kang nèm kera langkung inggil, satunggal nèk alit pintjang, kang mijat gumudjeng kabèh, dyah Betari angandika: ,,Adja ginuju paa: kelamun ana tetamu, tampanen lawan prajoga.

12. Pan sami tumungkul adjrih, Panita Putri sung bagja: Ki sanak madjua mangké, ing ngendi pinangkanira, apa ingkang sinedya, dèn sami kepénak lungguh, adja nganggo subasita.

13. Anggepen wisma pribadi, mung sami nggauh kéwala, datan ana ing bédané. Sapa ta sinambat wasta, dèn madju lungguhira." Badranaja nembah matur: ,Nama amba Badranaja.

14. Dukuh ing Daapan : Gusti, ngaturken sugeng raardja, déné derenging dasihé, sedya njiswa Djeng paduka, suta kalih punika, sinaua unggah-ungguh, mrih uning mring tatakrama."

15. Jata wau duk mijarsi, Panita Putri ngandika: ,,Kabèh sun tarima mangké, sedyanira kang utama, ing pudya pangastawa, tampanana lan atmamu." Badranaja matur nembah.

16. Kapuni kaping tri kei, sabdaning Panita wara, pinudji ing kasidané, dadyaa djimat kawula, donja praptèng don-mulja." Sang Pandita renèng kalbu, suta kalih pinaringan.

17. Gelang lan sangsangan klining, pan badju kalawan sruwal. Pandita ngandika alon : ,,Kakang Badranaja sira, dèn djenak nèng pratapan, sadjatiné sun sumurup, kang dadi wosing sedyanta.

18. Ingsun minta sawab nenggih, dènira bisa anandang, kuwawi nanggulang mangké, mangrèh gumunggunging tjipta, ngasorken raganira, luhuring djiwa satuhu, amandjer salaminira.'

19. Kuneng gantya kang winarni, ing Gilingwesi negara, nenggih kang djumeneng Katong, Sang Prabu Brahmanaradja, putranira Hjang Brama, nagari gung pandjang-pundjung, tetilaraning kang rama.

20. Duk ngédjawantah ing nguni, djumeneng ing tanah Djawa, muksa ginantyan putrané. Tjinatur resmining pradja, tan wonten kutjiwanja, langkung wibawa Sang Prabu, bana-bandu binatara.

mah. ng aa a." a~ an n: ng di ira ké, en jer ng ng ira 1g, ne~ an

21. Kutjiwa déné marsudi, dadiné pangudyèng brana, nginakaken radjadarbé, datan ngemungken dagangan, karsanira Naréndra, tri prakara renanipun, sapisan ananem pisang.

22. Saenggèn-nggèn dèn tanemi, nadyan marga datan sela, mung pisang lan tiris kabèh, lan malih awuhing Nata, pepatjak unangundang, sagunging narmada sinung: sarawungan situbanda.

23. Minangka panuban sami, kinarja misaja mina, ngeneg mina sesabané, binendung lan linarangan, kang sami amèt mina, amardi mrih ngrebdanipun, sagunging mina narmada.

24. Kaping tri remen memelik, mélik ngébor djedjomboran, ing guwa djurang mjang ngaré, apan sami kineukan, ginontoran ing tirta, ngupaja pelikanipun, punapa ingkang pinanggja.

25. Dupi ing antawis lami, antuk benduning Djawata, sasmita arsa rengkané, ndjro pradja wonten djinantra, sawidji kang djinantra, ingkang nglampahaken latu, jasanira Sang Hjang Brama.

26. Lan malih djinantra warih, punika nglampahken tirta, Sang Hjang Wisnu ijasané, malih kang djinantra badjra, dadya langkep tetiga, jasanira Sang Hjang Baju, mrih wewah manising pradja.

3. Prabu Brahmanaradja, Nata ing Gilingwesi sekel ing galih djalaran kendeling djinantra

1. Duk ing nguni kang djinantra katri, pan kinarja patrapan wong dosa, minangka paukumané, kawula kang lampah dur, mjang sabarang tindak tan jukti, wusana kang pinanggja, dahuru tinemu, sabdaning Djawata tiga, sinaksènan geter pater kilat tatit, oreg ingkang buwana.

2. Katah para kawula memetri, ngobar dupa : sareng djumenengnja, Sri Brahmanaradja mangké, djinantra pan dèn esuk, witing pisang kelawan tiris, marmané pra kawula, tan sami kekutug, saking panggalihing Nata, ing nagara kalamun kaah kang kasil, andadosaken rosa.

3. Amarengi ing mangsa Asudji, nulja kèndel lampahing djinantra, datan uning kamulané, Sang Prabu dahat wujung, animbali Sang Nindyamantri, awuh paring pariksa, maring ari Prabu, Naréndra Purwatjarita, Sang Sri Mahapunggung tuwin ingkang raji, Basurata Wirata.

4. Sasampunnja Sang Naréndra kalih, sesarengan sowan ingkang raka, pan sami nèrèk wiragé, tri rembag karsanipun, sowan maring Maéndra wukir. Marga datan winarna, samana wus rawuh, pratapan wukir Maéndra, Sang Panita anudju meleng semadi, kang sesadji mawarna.

5. Semar Garèng Pétruk ngatjarani, rawuhira Naréndra tetiga: ,Bagja kemajangan anggèr, Gusti sembahing ulun, saha kondjuk sugeng ardjanti." Suka Naréndra tiga, karenan andulu, Nabda Sri Brahmanaradja: ,Semar Garèng Pétruk tampanana mangkin, pudya pangastawèng wang.'

6. Sang Sri Mahapunggung tuwin Ari, Sang Sri Basurata ing Wirața, paring pangastawa mangké. Sami sukaning kalbu, Sang Panita muar semadi, lenggah madé utara, amanggihi Ratu, sanget amarwatasuta, tur bagjardja sinawung ing basa manis : ,,Anakmas dènnja prapta.

n k n rr a i. s βì a ur Sri Brahmanaradja. as

7. Kadya wonten wigati kang wingit, Nata tiga sareng rawuhira, ing semu nanang wiragé Sri Brahmana umatur: Ibu amung amba pribadi, ingkang nahen sungkawa, dé ri kalihipun, ing marma tumutur mangkja, amung baé mireng kang sabda Sang Jogi, tumut béla duhkita.

8. Angaturken sembah pangendjali, tuwin pangabekti salaminja, ari kalih datan paé. Déné ing prapta ulun, wigatinja atur udani, kènelipun djinantra, tiga sareng wau, nguni sabdaning Djeng Rama, pan menawi kèndel baé rengka nagri, njuwun dèn tulakana.'

9. Mèsem matur Sang Panita putri : ,Duh anakmas datan punapaa, mapan paduka sedyakké, sajekti Djawata gung, angidèni sedyaning dasih, kang remen kasugihan, miskin temahipun, aneging punang djinantra, apan saking kagubed ing ojod tiris, tuwin ojoding pisang.

10. Malihipun siti dèn keuki, karja risak namining negara, tur pradja darbèké déwé, pantes makaten wau, diju ndjadjah ngedjègi nagri, sareng satrija tama, tan makaten wau, angudi ardjaning pradja, anggegulang guna prawiraning djurit, amrih widjajaning rat.

11. Rat rumatira sanggjèng dumadi, rata ingkang amurbèng wasésa, menawi ta kinarsakké, risak déning Déwa gung, datan wonten kang nanggulangi, kedjawi amung pasrah, suméné mjang nglinung, maring Hjang kang amisésa, sampun gaah pangraos awrat ing galih, minak amino papa.

a a e a n i. di el h 2 a a 6 k ée, u, la

12. Kang pratjaja panguwasa dadi, kasidaning lampahan sedaja, purna ruwating wiragé, susah kekembangipun, ingkang mardi saged nambahi, maring margi utama, kasidaning laku, kalawan pitulung lijan, datan saged pribadinipun maniri, inusta mring kanistan.

13. Sanga Prabu Brahmana mijarsi, matrenjuh tyas kang tan padjamuga, karantan kaluputané, wit mélik purwanipun, angrisakken tengering nagri. Panita malih turnja: ,Mangké anak Prabu, rengkané wus dugi putra, ladjeng béndjing mawiku wonten ing wukir, nanging darahta béndjang.

14. Run-tumurun madeg Nata Djawi, awibawa mbawani bawana, nguni wus djinangka déné, Hjang Brama lan Hjang Wisnu, darahira dadya sawidji, amanggih kawirjawan, nanging jektinipun, kedah agung ing subrata, pranataning pradja jekti amèt ing sih, kang tjotjog lan kawula.

15. Kabèh mung dadya sranèng dumadi, angagema kelangenan tiga, mangkja wus wonten ngarsané, Semar Garèng lan Pétruk, panakawan Déwa linuwih, tumut mranata pradja, binangun kang patut, Semar Kjai Badranaja ngantya prapta ngemong darahira béndjing, sawelas kang turunan.

16. Déné anak Prabu kalih nenggih, ugi kénging minta karjanira, menawi wonten perluné, datan paé saèstu, ing Wirata lan Gilingwesi, tuwin Purwatjarita. Kang pandjang saèstu, amung pradja ing Wirata, awit Nata gunawan manawur manis, maring wadya samoha.

17. Déné Badranaja kang kuwawi, angraosken raos kang sinanang, mulja papa datan paé, wadjib kinanti Ratu. Mung samanten ing atur mami." Nata tri sami nembah, nulja ngaras djengku, gantya-gantya: sawusira, ingkang ibu paring pudya pangastuti, kalawan sabda ardja.

18. Nata tiga mundur saking ngarsi, Semar Garèng Pétruk atut wuntat, kelangkung suka manahé, déné suwita Ratu, tiga sami Bațarèng bumi, nulja nabda Naréndra, nimbali Nindya nung, dawuh kinèn mbabadana, angresiki ndauti ojoding uwit, ngurugi leledokan.

an i. 1- a~ a, ia gi gi rg g ta a a~ n 1g as 1g la

19. Lan ndawuhken pra kawula sami, pan kepareng angupaja mina, mring narmada sedajané, malih mring wana gunung, apan pareng amikat peksi, nanging sadjroning pradja, tan pareng inuuk, supadya resik warata. Kjai Badranaja ingkang manégani, awuh mring para wadya.

20. Samja suka manahing pra dasih. Sri Naréndra saben penak tjandra, lumuntur agung danané, Wus ardja kang pradja gung, raji kalih kondur mring nagri, kalilan mring kang raka, sanget sukèng kalbu, mung andum basuki ardja, mjang nenuwun mring Hjang Ingkang Murbèng Pasti, Sang Sri Brahmanaradja.

21. Nulja djengkar umandjing djro Puri, pinapagken garwa Pramèswara, winartan: suka galihé. Karsanira Sang Prabu, Kjai Badranaja lan siwi, pinaringken kang putra, mrih among Sang Bagus, Rahadyan Brahmana: jèka,

Hjang Asmara Déwa katresnan.

kang ginaang tembé gumantya Narpati, mangku rat binatara.

22. Sri Naréndra utamèng penggalih, miwah antuk soroting prabawa, wahju Ismaja jektiné, prasetyanja Sang Prabu, mangkja datan arsa umelik, saniskarèng tiningal, nadyan wanodya ju, kang tan kapareng ing Déwa, amung nedya nuhoni mring warsita di, kang tumanduk kotaman.

23. Surem soroting arka kelinih, jajah tumutur ing tyas dyatmika, tan rongèh ananang mangké, santosa djroning kalbu, pambu~ kaning tjipta kang sutji. Wedal ari semana, Soma Manis nudju, Naréndra mijos sinéwa, Kjana Patih mjang sagunging pra Bupati, lan Nata Mantjapradja.

24. Pangranpati ingkang mungging ngarsi, ing Paglaran pepak para wadya, samja sumiwi bek anèr, ambèr kongsi supenuh, lir samodra amaratani, pepak sanggjèng punggawa, saenggon-nggon penuh, datanpa pilih tataran, kongsi prapta kang kawula alit-alit, sami angabjantara.

25. Ladjeng wonten wong kalih sing ardi, sami pépé nganap wringin kembar, Nata awas paningalé, awuh mring Ganèk ladju, kang apépé kérit ngarsa Dji, kelangkung adjrihira, anembah tumungkul, dinangu Sri Naranata : Karanané sira pépé paran marmi." Kekalih matur nembah.

26. Gusti kang mangka pepunèn dasih, sowan amba ing bjantara Nata, mentas amemelik djené, ing wana Walahulu, amba manggih kang golèk rukmi, tinarètès sesotya, mutyara djumerut, tri kati ing bobotira, miwah tjupu isi kang dujung-sengkali, sumangga karsa Nata."

27. Sri Naréndra mèsem ngandika ris: ,Iku pan wus dadi begdjanira, wong loro ingkang aduwé, sira kepareng mundur." Sri Naréndra ing batos mélik, angandika djroning tyas: Jèn maksiha ingsun, melik: dadi darbèkingwang." Jèki tukul mélik pakolih lir lami, pugut utamaning tyas.

28. Nadyan tjipta wus ananang sisip, dyan prasetya mbangun kautaman, ènget mring kaluputané, mila umèndel mangu, temah tuwuh ing drija kingkin. Kesaru rawuhira, Hjang Kanékasunu, Sri Naréndra ngaras-pada, lir satatèng manggihi Baara luwih, Hjang Narada ngandika.

4. Tumurunipun Hjang Narada dateng negari Gilingwesi, metja ing bab sarana pulihing pradja

6 a、 : h eh la si : ri 6 i. n 1~ g ag 1~

1. Ingsun nduduk ngédjawantah prapta kulup, mring karaton Gilingwesi, dinuta ing jaji Guru, amaringaken wéda di, mangka pambirating lamong.

2. Astabrata piwulang ageming Ratu, anggitanira Hjang Wening, pinaringaken Hjang Guru, duk ngédjawantah madeg Dji, purwakaning para Katong.

3. Agemira Naréndra kadya anjembuh, dinulu katon respati, dudu makuța lan kampuh, keris lan sangsangan adi, mung prabèng utamaning don.

4. Ing pamawas kautaman ingkang mungguh, kadya ilining kang warih, tan pegat salaminipun, dadya sesekaring bumi, pakuning rat ingkang maton.

5. Datan remen mangrèh nging rena tetulung, tan mbédakken garwa siwi, pinidana lamun luput, pina umawahing riris, warata tan pilih enggon.

6. Angajemi mjang martani ing tumuwuh, nandukken krama memanis, legawa tan rengat kalbu, liringing nétra kaèksi, paang terus djroning batos.

7. Tan ketara kalamun adarbé kajun, krianing pambudi wingit, ambeg dahana trinipun, misésa pinaning bumi, sakèh piala sirna doh.

8. Kang rerunggut binabadan amrih patut, kang peteng dipun paangi, murih dadining rahaju, bisa sarèh lan pangarih, semuning witjara maton.

9. Bisa ngulah pangarahira lumintu, bramantyanja nggegirisi, kagila-gila satuhu, lampahé datan ketawis, puwara wèh sukaning wong.

10, Kapat ambeg maruta pepinanipun, tan kenat mamriksa titi, anggung nginté panuksma at tuna ata 1h, jat us riin, oh. ut, ng ng nhé an na gung, sarèh sasolahing djanmi, anjamar jekti tan katon,

11, Agal alus kalimputan ing pamengku, tan wates lampahirèki, pamrih tanpa tenger tuhu, guna wani guna maring: sesarenganing dumados.

12. Ring sasmita tan serik tinulak tuhu, péling mapinda surja di, sarèh ing sabarang tanduk, rèrèhing pangarah ririh, tan karana nétra katon.

13. Pralampita niskarèng pinriha tuhu, kataman surja ngenani, tan agé garing satuhu, saking tyas pangati-ati, ngarah karaardjèng djatos.

14. Ngarih-arih patrapira datan kaduk, tan rekaos kang nampèni, ping nem tjandra ambegipun, nor raga mèt prana jekti, sarèh sumèh ing pasemon.

15. Nétra wingit alus ing budi rahaju, prasadja jèn lampah sisip, prabawa asrep sawegung, kawaratan amartani, jèn misésa trapé alon.

16. Sumjarira amarisaken rum-arum, winastan dipaning bumi, sinembah samèng tumuwuh, tan wonten ingkang nimbangi, sinebut Djawata katon.

kti tan hu, nahu, ng ana hu, hu, eng tan eging ju, ep ésa asuh,

17. Déné sapta ambeging sudama kulup, nala susila tan gingsir, santosa pan teguh timbul, andrija niskarèng wantji, sedaja tan ana kléon.

18. Nora lèrèn nanggulang bebaja agung, datan lèmèr reké karsi, pitaja samudana ju, setya watjana kawidjil, wasana wasita tanggon.

19. Asta mendung maratani ing sedarum, anibakken kukum ngadil, tan pilih asih satuhu, pan dananira lumintir, nggandjar sawarnèng dumados.

20. Saranané anurunken udaja rum, njiram tanem-tuwuh sami, panggesanganing sawegung, kang sindu warsa umintir, tan saged pisah sapanon.

21. Sijasaté kalamun ana kang luput, inena lan pinisakit, gebjar tjalèrèt andulu, langkung terang lawan titi, kawontenan donja kaot.

22. Jèn wus terang kang ala lawan kang aju, piniana ingkang sisip, kang betjik ginandjar tuhu, kawuwuhan kang martani, kadya nugrahaning Manon.

23. Datan samar dadyaning sagung tumuwuh, amemanis ing pambudi, ageming sagung pra Ratu, astabrata kang piningit. Sumurupa kaki Katong.

24. Jèn tan antuk sarana pituduh aju, mengku rat amadalsumbi, luwung dumadia wiku, martapa putjaking wukir, jajah dwidja kaki Katong.

5. Wulang Astabrata

g a 1 T a

1. Astabrata kang rinenggèng kawi, kawidjil ing batos, amemulet ing wuleting tyasé, kang apina ilinirèng warih, tan pegat salami, lumuntur rahaju.

2. Kawruhana djenenging Narpati, nang~ gulang pakéwoh, wohing sedya kalap maring akèh, tambah-tambah utamaning pikir, laksita dumadi, tan langgeng sedarum.

3. Getun temen jèn tumibèng nistip, uriping kinatong, datan bisa ngadeg pribadiné, angandelken jajah réna ugi, sedulur tanapi, ngantya mitra karuh.

4. Jèku traping basa mua pingging, tan bisa kelakon, mangagengi pakarjan jektiné, datan pantes kinanti Narpati, kulina nenei, sepen kawruh suwung.

5. Saja trapé kang mbantu negari, kalamun taléor, tan marsudi kawidjajaning rèh, dangu~ dangu keeseg kang nagri, pan ketungkul sami, dènnja rebut wakul.

6. Lawan rebut misuwuring nami, binombong punang wong, pan kinurung pepeteng ing tyasé, dènnja mbantu pakarjan negari, supé dènnja mèksi, rebut ura-uru.

7. Jajah ruara dènira brangti, déning karoban rob, karerantan satata tan sarèh, lir sudjana sung wasitaning sih, kang memungu ati, sanityasa luntur.

8. Kjai Badranaja anjelani: ,Duh Déwa kang katon, pandjang temen memarah wajahé, mindak mangké datan saged tampi, bok tjinekak keik, ing wosira: rampung.'

9. Wasita kang rinengga ing kawi, winangun lelakon, malah saged salah tampi mangké, mua punggung tan ngerti ing lungit, Asabrata adi, mung sami ginuju.

10. Rinèmèhken tan arsa mèngeti, sinambi gegujon, Hjang Narada angandika sarèh: ,Bener kakang aturira sami. Kaki Prabu uwis, karia rahaju."

11. Ingsun bali makahjangan mangkin dèn bisa amomong, mring putumu mrih mituhu ing rèh. Sami nembah nuwun mring Déwadi, Hjang Kanékasiwi, mesat tan kadulu.

12. Palasta wus pangiketing tulis, panglipuring lamong, pra nupiksa Astabrata mangké, ginaliha lawan tyas kang wening, linimbang pribadi, pinenet kang djumbuh.

BUKU BASA DJAWI BABARAN ENGGAL

SINTA

KAANGGIT DENING

SUNARNO SISWORAHARDJO

Lelampahan salebetipun djaman revolusi. Neng~ semaken lan nrenjuhaken. Mawi dipun bebukani sedjarahipun kita Klaten.

B. P. 1985

Regi Rp. 6,—

Dinas Penerbitan Balai Pustaka Djakarta —1957

PERPUSTAKAAN NASIONAL