SALAT DAIM MULAT SALIRA
Ngewrat wedaran bab lampahipun anggajuh
KASUNJATAN
AN NASIONAL RI
:-245
déning B. K.
ASAN PENERBITAN DJOJOBOJO" SURABAJA
150-000 09 NOV 2021 SALAT DAIM MULAT SALIRA
lt.21
Ngewrat wedaran bab lampahipun anggajuh KASUNJATAN
ugi kasebut
MAKRIFAT ING PANGERAN
KBL:-245
Sinartan andaran bab: nanding salira, ngukur salira, tuwin tepa salira, ing salebetipun pasrawungan
déning
297.412
B. K.
DEN
(Pengarang ,Bajanul Chaliq" & ,,Bajan Maot")
TJAP-TJAPAN VII — 1965.
Penerbit:
JAJASAN PENERBITAN ,DJOJOBOJO"
SURABAJA
PERPUSTAKAANNASIONALRI
:29 D05 2021 Tanggal 00003285807
Item ID :202100106061380
No Induk 0010-122/009/21 BIB-ID
Bell/Hadiah: TB. Sitompul /DNR
Without self-knowledge there can be no right thinking. Right thinking can come into being only when each one is aware of his every day thought, feeling, and activities.
Tanpa kawruh diri-pribadi, tangèh saged memikir leres. Sagedipun memikir leres punika manawi boten kekilapan dateng pikiran, pangraos, tuwin sabarang ingkang katindakaken.
(Krishna Murti: 16 — 10 — 1947)
BISMI'LLAHI'RRAHMANI'RRAHIEM
Prawatjana
NGGEN-KULA nempuh-bjat nggubah serat SALAT DAIM A MULAT SALIRA" punika, awit saking usulipun sabagéjan ageng para mitra pamaosipun serat ,Bajanul Chaliq", amargi ing serat ngriku wonten ingkang njebutaken bilih lampah salat daim mulat salira punika dados sarana nggajuh tataran makrifat ing Pangéran.
Kula matur prasadja: swarganing petani punika menawi tanemanipun ndados lema², swarganing sudagar manawi kilak mirah sadé awis, déné swarganing pengarang punika manawi karanganipun angsal kawigatosan, sarta tampi kapitadosan saking para mitra pamaos kapurih njambeti karanganipun.
Ananging kawuningana, anggèn-kula minangkani usulipun para mitra nggubah serat SALAT DAIM MULAT SALIRA" punika, satemenipun kanti. .... .g r a j u n g - g r a j u n g, èmperipun kados déné tijang wonten ing masdjid, ingkang miturut panudingipun sadèrèk katah: kepeksa ngimami sembahjang, mangka pijambakipun punika sagedipun sembahjang namung ,rubuh² gedang, lénggok² lumbu". Utawi kados déné tijang wonten ing pasamuwan tajuban mawi kaundi ingkang beksa lan gendingipun, pijambakipun dawah undi beksa ngrumijini, gendingipun ,,gambir sawit" mangka ingkang dipun-sagedi namung gending .. ,,bribil".
Grajung² kula punika sajektos, awit masalah ingkang karembag wonten ing serat punika, pun pangripta pijambak taksih wonten salebeting 'alam pasinaon, tangèh lamun nggadahana raos rumaos sampun mumpuni.
Déné anggèn-kula nir-baja nir-wikara-kamipurun minangkani usul wau, djalaran kasurung déning pamanahan makaten:
I. Kula njumerepi terang, bilih sabagéjan ageng sanget para nggajuh makrifat, mawi lampah samadi, tarèk naksabandi, punapa salat istikaroh, utawi lampah sanèsipun malih, katah ingkang narimah mandeg ing margi, djalaran rumaos boten kasil. Sisip sembiripun wonten ingkang ladjeng malik grémbjang ngrungkebi paham ,ngorakaken wontenipun Pangéran" (A'uudzu billahi 'an dzalik = mugi rineksaha ing Pangéran saking makaten punika). Déné sabagéjan alit sanget ingkang rumaos kasil adakanipun ladjeng sami katrem wonten ing 'alam mitsal, kininten sampun dumugi ing djannatul firdaus.
II. Kula njumerepi terang, bilih sadaja onar lan kakisruhan ing salebetipun gesang sasrawungan punika, wiwit ingkang tjijut sanget (balé- grija), dumugi ingkang djembar (negari) tuwin djembar sanget (djagad raja) boten sanès: etukipun saking kandeling raos aku perseorangan.
Amila isinipun serat ,,SALAT DAIM MULAT SALIRA" punika boten kirang boten langkung, namung badé njarasèhaken pamanggih ingkang adadasar pangalaman, bab lampah nggajuh makrifat ingkang sinten kémawon saged nindakaken lan saged ngunduh wohipun, tuwin bab njuda kandelipun raos aku perseorangan, ingkang boten njakétjakaken wonten ing djagad pasrawungan punika.
Kaleresan wiwit-kula ngripta serat punika ing rijadi Sawal 1375, manawi wontengalap-gangsuling tembung, para maos kaparenga nglubè- raken samudra pangaksama.
Tinengeran: Pudjining Kaula Angèsti Gusti.
PANGRIPTA
I. SALAT DAIM LAN DIKIR NAFI ISBAT
1. ANAK:
Kula nuwun bapak, rumijin bapak paring dawuh: marginipun makrifat ing Pangéran punika, kadjawi nindakaken sembahjang saréngat punapa sinau samadi, taksih kedah dipun-rangkepi l a m p a h sanès, inggih punika.... s a la t d a i m. Dawuhipun bapak rumijin makaten (,Bajanul Chaliq" bab VII: wekasan): Salat daimé ora ngutjapaké allahu, allahu" manut lebu wetu-
ning napas, utawa ora mung ngulataké krenteg kang ngadjak éling utawa lali marang Pangéran kaja sing dikandakaké lajang ,Kuntji Swarga". Salat daimé diarani m u l a t s a l i r a (zelfkennen):
I. Njirnakaké saka satitik rasa rumangsané aku idjen² (individueel) supaja dadi aku sawutúh (universeel).
II. Óra mung ngulataké krenteg waé, uga ngulataké pakartiné kabeh pirantining badan, sing wadag, sing alus, sing alus luwih dening alus.
Sarèhning dawuh wau panampi kula dèrèng terang, pramila wontena keparengipun bapak paring penerangan ingkang sadjelas-djelasipun.
1. BAPA:
Upama durung terang panampamu, ija mèmper. Sabab sing koktirokaké kuwi mau rak mung antjer utawa garisé gedé waé. Djelasé kudu nganggo katrangan pandjang lébar. Aku ora keberatan awèh penerangan, sok uga kowé ora bosen ngrungokaké, lan gelem miterang jèn kowé durung ngerti marang katranganku. Rungokna!
Tembung ,,salat daim" sing wis kerep kita rungu, kuwi asal-asalé saka dawuhing Pangéran ing kitab sutji Al-Qurän surat Al-Ma'aridj: ajat 19 saterusé, mangkéné:
(19) innaal-insaana chuliqa haluu'an = satemené manungsa kuwi tumitah sarwa ngewuhaké;
(20) idzaa massahu asj-sjarru djazuu'an = manawa dèwèké nandang ora kepénak: ngresula;
(21) waidzaa massahu al-chairu manuu'an = manawa dèwèké olèh kabegdjan: kumed;
(22) illaa al-mushalliena = kadjaba wong sing pada sembahjang;
(23) adz-dzienahum'ala shalaatihim daaimuuna=sing pada nindakaké salat daim;
(24) wa-adz-dziena fie amwaalihim haqqumma'uluumun = lan sing pada mbajar djakaté bandané apa beneré;
(25) lis-saaili wal-haruumi= marang wong ndjedjaluk lan marang wong sing emoh ndjedjaluk.
2. ANAK:
Kula nuwun bapak, dalil ingkang kapangandikakaken punika wau, kados² boten wonten sambetipun kalijan soal marginipun makrifat ing Pangéran, ingkang kula-suwünaken pendjelasan punika. Punapa boten makaten?
2. BAPA:
Mengko ta, kowé kuwi sok kesusu. Surasané ajat angka 19—20—21, kuwi: Pangéran ora rena marang wong sing demen ngresula lan kumed, rak ija ta? Déné surasané ajat angka 22—23—24—25: Pangéran rena marang wong sing pada nindakaké s alat d a im lan lila legawa mbajar djakat. Tegesé: panggawejan sing djeneng salat daim" kuwi andadèkaké keparenging Pangéran. Hla salat daim kuwi apa utawa keprijé, kuwi sing bakal tak-terangaké sadjelas-djelasé.
shalaatan kuwi tembung Arab, tegesé: sembahjang utawa salat.
daim saka (daama) ija tembung Arab, tegesé: sing tetep.
Dadi: salat daim kuwi tegesé salugu (letterlijk): sembahjang sing tetep, utawa sembahjang sing ora tau mangkir.
Hla teges ,sembahjang sing tetep" mau bandjur disurasa miturut panemuning wong dewé².
Golongan saréngat anggoné njurasa tjetèk-tjetèkan utawa barèsbarèsan waé,ja kuwi sembahjang l u m r a h nganggo sudjud rukuk kaé, sing panindaké tetep lan adjeg. Ija tumindak kaja mangkono kuwi sing dadi keparenging Pangéran. Jèn ana sing njurasa néka², genah keplantrang kesasar-sasar.
Golongan failasuf (ahli falsafah) lan golongan shufi (ahli tashawwuf), panjurasané djero-djeronan lan muluk-mulukan. Panemuné: sembahjang Îu m r a h kuwi durung kena diarani salat daim, senadjan ta panindaké tetap lan adjeg. Awit satetep-tetepanéja, isih nganggo kala-mangsa, sadina sawengi mung kaping lima. Senadjan sembahjang limanga waktu kuwi wadjib dilakoni, isih kudu d i r a n g k e p i sembahjang sing tanpa sudjud rukuk, sing t e r u s-t er us an waé panindaké, ora miturut kala-mangsa. Kasebut ing wirid² utawa suluk², ja kuwi: saben dina wiwit melèk krijip² tekan les turu, ing batin ngutjapaké unèn² ,allahu, allahu" utawa hu-allah, hu-allah" manut lebu wetuning napas utawa ambegan. Jèn ambegané metu ing batin ngutjap ,,allah", jèn ambegané mlebu ing batin ngutjap ,,hu". Kuwi terus-terusan ora nganggo mangkir, sanadjan sadjroning nindakaké panggawéjan apa waé.
Laku kaja mangkono kuwi ditékadaké dadi margané makrifat ing Pangéran, utawa anggampangaké anggajuh makrifat.
Iki lho, udjaring Suluk anggonku nurun nalikané aku lagi umur 16 taun, élingku sing ngetokaké pagujuban Ma Pitu", ora dipratélakaké suluk apa, karangané sapa:
DANDANG GULA //O// Mulané perlu badanmu kaki, betjik kumbahen lawan ngibadah, sudjud rukuk pamasuhé, ngadeg utawa lungguh, sampurnané djisimmu kaki, déné pangutjapira, kang ginawe masuh, kumbahen lawan sembahjang, takbiratulikram tahjat awal akir, salawat lawan salam //o// Budinira pamasuhé kaki, aran salat ija ismu ngalam, salat kadji lan malihé, salat kusta ranipun, ana manèh ran s a l a t d a i m, iku sampurnanira, kabèh kang tetelu, mung kari sawidji rasa, iku kaki sampurnané anèng wirid, sirnané nafi isbat //o// Ginantènăn aran nafi gaib, amitedah neng djaman antara, kalawan isbat gaibé, ja dat wadjibul wudjud, lan djatmika lan djais miring,arané sipat salat, salat limang waktu, dudu sipat maknawijah, dudu sipat makngani dudu rochani, tan ana sanépanja.
3. ANAK: Njuwun pangapunten, bapak. Suluk ingkang nembé kadawuhaken punika kados boten wonten katranganipun pandamelan ingkang nama salat daim punika. Sarta nuwun² sèwu, panampi kula: peteng sanget. Ingkang katembungaken ,sirnané nafi isbat" punika tegesipun kados
pundi? Manawi kula boten klintu, nafi isbat punika namaning dikir, angutjapaken laa ilaha illaallah, ladjeng katjekak illaallah, illaallah, katjekak malih allahu, allahu punapa hu-allah, hu-allah, ladjeng hu, hu (Wirid I.T.M.I." katja 30).
Sarèhning salat daim punika utjap-utjapanipun inggih allahu, allahu" utawi ,hu-allah, hu-allah", jèn makaten, punapa kénging kula tembungaken, bilih pandamelan ingkang nama salat daim punika: dikir nafi isbat ingkang terus-terusan?
3. BAPA:
Wah, pitakonmu ndjur mak bruk. Bab dikir nafi isbat, pantjèn ja bakal tak-kandakaké, mengko jèn wis tekan gilirané.
Anggonmu njurasa suluk kuwi mau: peteng? Pantjèn kabèh sing djeneng,,suluk" kaja mangkono kuwi. Jèn ora peteng, ja ora djeneng suluk.
Salat daim kuwi: apa utawa keprijé, pantjèn ora kasebutaké ana ing suluk sing mentas tak-kandakaké kuwi mau, nanging kasebut ana ing suluk²lija lan wirid². Déné anggonku ngandakaké ikimau, mung tak-anggo nuduhaké, jèn ana ahli falsafah utawa ahli tashawwuf, sing nganggep penting salat daim, uga mrajogakaké nindakaké sembahjang saréngat limang waktu. Dawuhé: sudjudé lan rukuké minangka pamasuhing raga, tetembungané minangka pamasuhing pangutjap, déné salaté daim minangka pamasuhing budi. Rak ija ta?
Ananging ija ana, ahli falsafah utawa ahli tashawwuf, sing nglirwakaké salat saréngat, karana wis nindakaké salat daim. Ana manèh sing duwé panemu, jèn salat daim kuwi, dinijati utawa ora dinijati, wis tumindak d e n g a n s e n d i r in j a. Ja kuwi ambegané wong iki, dinijati utawa ora dinijati, wis muni hu-allah, hu-allah" karepé déwé. Tjoba rasakna uniné suluk iki: anggonku nurun uga nalikané aku umur 16 taun, saka lajang Rangsang Tuban" karangané Embah M.Ng. Wirapuspaka;
bareng aku wis umur setengah abad, aku mrangguli suluk mau uga kasebut ana ing lajang Tjabelang" tunggalé lajang ,Tjentini" sing misuwur kaé, mangkéné uniné:
PANGKUR //O]/ Kang aran talining gesang, swasananta tan kandeg rina wengi, tanpa pakon lampahipun, ijèku aran njawa, balik sapa ija ingkang ngadjak turu, lawan ingkang ngadjak gesang, tunggalé kang ngadjak mati //0// Sapa kang karja ambegan, wit udara meneng datan lumaris, obahe iku katundung, déning maudjud lijan, ija iku tunggalé kang ngadjak lampus, ngebut enenging udara, dadyambegan mandjing midjil //0// Lira-liru datan pegat, hu umandjing all ah wedalirèki, s al at d a i m aranipun, pudji tan kenèng pegat, tjedak lawan susuh angin dunungipun, jèku marga parapatan, kumpuling rahsa sakalir.
Iki tunggalé, uga petikan saka suluk mau:
DURMA //0/| Kaping kalih salat warna ro winahja, djuga salat ngabekti, subuh luhur ngasar, mahrib kelawan ngisa, ping kalih ran s a l a t d a i m, swasananira, lumaku mandjing midjil //o// İja iku pudji kang tan kena pegat, hu kalamun umandjing, huteg tegesira, a l l a h kalamun medal, angen2 lawan éling, swarèng swasana, jèn supta gung kapjarsi.
Rak ija wis terang, ta, jen miturut uniné suluk sing kèri iki mau, salat daim kuwi: kakékaté ambegan, djaré: tjetané jèn lagi . . . . . . turu (supta).
4. ANAK:
Kula nuwun bapak, manawi salat daim punika sampun tumindak d e n g a n s e n d i r i n j a, kados tjarijosipun suluk ingkang kantun punika wau, hla rak ladjeng boten wonten pangudi utawi pamarsudi. Punika sami: kalijan peneranganipun sawenèhing guru kabatosan bab tembung g o d s d i e n s t. Limrahipun godsdienst" punika ateges agama, inggih punika dawuhing Pangéran ingkang dipun-ampil para rasul (utusan) ingkang awudjud préntah lan tjegah. Nanging sajektosipun, tijang gesang punika ing sadinten-dinten sampun nindakaken g o d sdi e n s t, tegesipun nindakaken ajahaning Pangéran. Awit anggènipun gesang, ambegan, luwé, ngantuk, tilem, tangi, ...... punika sadaja sandjawining panguwaosipun pun manungsa. Makaten pamanggihipun.
4. BAPA:
Hla ija penemu mengkono² kuwi, sing ndjalari para ahli saréngat bandjur sok kipa² marang kawruh falsafah lan tashawwuf. Sanjatané saupama panemu kaja mangkono kuwi sumijar lan diarepi déning umum, amesti andjalari li ar, ora ambedakaké panindak bathal lan haram.
Karo déné manèh, saupama kita manungsa iku wis nindakaké salat daim d e n g a n s e n d i r i n j a, amesti kita manungsa ija wis makrifat ing Pangéran dengan sendirinja. Mangka njatané......ora. Sabagéjan sing gedé banget: manungsa njebut asmaning Pangéran kuwi mung tiru² bapaké lan bijungé; hla bapaké lan bijungé tiru² embahé.
Mulané jèn mergoki panemu sabangsané kaja mengkono kuwi, betjik simpangana waé. Kiraku kowé ja wis ngerti, jèn aku pantjèn ora wani duwé panemu kaja mengkono kuwi. Panemuku:
J I. Salat daim kuwi panindak sing kanti nijat, o r a ,dengan sendirinja"; jèn ketrima bokmanawa dadi margané makrifat ing Pangéran. IÍ. Salat saréngat sing ditemtokaké wektuné, miturut agama sing diantepi, ora prajoga dilirwakaké.
5. ANAK:
Kasinggihan dawuhipun bapak punika. Saking pangèstunipun bapak kula punika inggih boten gampil dipun-pengaruhi ing lijan, kedah kulatimbang², lan kula-limbang² mawi akal lan pikiran-kula rumijin.
Nuwun, anggèn-kula njuwun keterangan bab ungel-ungelan ,,allahu, allahu" tumrap salat daim lan tumrap dikir nafi isbat, bapak dèrèng paring penerangan. Makaten ugi bab ingkang katembungaken ,,sirnané nafi isbat" bapak inggih dèrèng paring dawuh.
5. BAPA:
Gadjegé pitakonmu mau mengkéné: Sarèhning salat daim punika utjap-utjapanipun ,,allahu, allahu"utawi ,,hu-allah, hu-allah", jèn makaten, punapa kénging kula-tembungaken bilih pandamelan ingkang nama salat daim punika: dikir nafi isbat ingkang terus-terusan?
Terangé nganggo upama: Upama kowé lagi ana ing kamar mandi, awakmu sakodjur kok-gebjuri banju, bandjur kok-kosoki, bandjur kokgebjuri banju manèh . . . . .. wusana aku teka ing omahmu, takon marang bodjomu: Rakamu apa ana, nduk?" Wangsulané bodjomu: ,Wonten, bapak, pijambakipun saweg adus". Dadi: panggawéjan sing djeneng a d u s kuwi, wudjudé: panggawéjan nggebjuri awak nganggo banju lan kosokan. Rak ija ta?
Saiki tandingen karo katrangan iki!
dikir (dzikir) kuwi djenenging panggawéjan, tegesé; ngéling-éling; nafi isbat kuwi katranganing si-dikir utawa katrangané sing diéling- éling, ja kuwi: laa ilaha = ora ana sesembahan = ngorakaké = nafi; illaallah = kedjaba mung Allah = netepaké = isbat;
salat (shalaat) kuwi djenenging panggawéjan, tegesé: sembahjang; daim (daaïm) kuwi katranganing si-salat utawa katrangané si-sembahjang, tegesé: terus-terusan ora nganggo mangkir.
Dadi: wong nindakaké panggawéjan dikir nafi isbat t e r u s-t e r u san (tegesé ngéling-éling laa illaha illaallah" utawa ditjekak ,allahu, allahu", t e r u s-t e r u s a n) ija kena ditembungaké nindakaké panggawéjan ...... salat daim, tegesé nindakaké sembahjang t e r u s - t e r u san. Rak ija, ta?
Ambalèni bab penggawéjan sing djeneng adus. Adus kuwi rak ora kumudu ana ing kamar mandi, lan ora kumudu gebjur ta? Ana uga adus slulup² ing kali. Mengkono uga panggawéjan sing djeneng salat daim (sembahjang terus-terusan), mesti waé ija ora kumudu nganggo tjara kaja sing dirembug iki mau. Ija apa ora?
6. ANAK:
Inggih, inggih, bapak, kula sapunika mangertos, dados ngutjapaken ungel-ungelan allahu, allahu" punika namung salah satunggaling tjara kémawon tumrap nindakaken pandamelan salat daim. Déné bapak pijambak keparengipun nindakaken salat daim tjara sanès, inggih punikā salat daim ,,mulat salira".
Ananging, bapak, sadèrèngipun bapak paring penerangan bab salat daim mulat salira punika, nuwun² sèwu, keparenga paring penerangan rumijin bab ,,sirnané nafi isbat" ingkang kasebut wonten ing suluk punika wau. Lan ugi keparenga paring penerangan: punapa sebabipun bapak boten milih tjara ,allahu, allahu" kémawon ingkang sampun kalimrah kasebat wonten ing wirid² punika?
6. BAPA:
Bab ,sirnané nafi isbat" keterangané ora angèl lan tjekak waé. Nanging bab ,allahu, allahu" kuwi sing mbutuhaké keterangan dawa, lan anggonmu nampani kudu kanti kawigatèn, sabab pantjèn penting.
Mau wis tak-terangaké: nafi kuwi tegesé ngorakaké anané sesembahan lija, déné isbat kuwi tegesé netepakê anané sesembahan Sing asma Allah. Mesti waé nalika wiwitané: pangertèn ngorakaké lan netepaké kuwi mau sing minangka pandom anggoné nindakaké panggawéjan sing djeneng dikir nafi isbat utawa panggawéjan sing djeneng salat daim kuwi. Ananging suwéning suwé utawa lawasing lawas, j è n k e t r i m a, pangertèn ngorakaké lan netepaké kuwi wis ora karembug manèh, hla kuwi sing ditembungaké sirnané nafi isbat, ginantèn nafi gaib lan isbat gaib". Jèn miturut istilahé lajang Kuntji Swarga" lan Wirid I.T.M.I.": ing waktu kuwi ngalami kahanan sing t an k en a kin aj a n g a p a.
Katranganku bab ,,sirnané nafi isbat" sing kasebut ing suluk, tjukup samono waé. Saiki ganti kotjapa bab anggonku ora mrajogakaké nindakaké salat daim sarana ngutjapaké ing batin ,allahu, allahu" kuwi mau. Rungokna kanti pikiran sing tenang.
I. Tjara kaja mengkono kuwi gampang disalah-pigunakaké golongan a t h e i s t (golongan sing ngorakaké anané Pangéran): djaréné ambegan kita mlebu metu kuwi d engan s en dirinja wis muni allahu, allahu" kaja kandané suluk sing kèri mau kaé.
II. Tjara kaja mengkono kuwi gampang nasaraké panemu: angira jèn swara utawa unèn²,,allahu, allahu" kuwi sing maédahi. Bandjur dadi wong mangéran swara utawa tembung.
Kowé mangertija, sing kasebut ana ing ajat-ajating Al-Qurän apadénéing Hadiets² sakèh (shahih): sing dadi keparenging Pangéran lan ingapura sadosané kuwi wong sing ngutjapaké: terus ing ati-sanubariné unèn² laa ilaha illaallah = nafi isbat w u t u h, ora mung dipedot allahu, allahu mengkono waé. Sing dikir pedot-pedotan kuwi, malah tjinatjad, kapadakaké swaraning kéwan: kèmar.
Ana-déné tembung ,ngutjap terus ing ati-sanubari" kuwi, tegesé n g e r t i m a k s u d é. Dadi: sing maédahi, utawa sing dadi keparenging Pangéran kuwi: dudu swarané utawa unèn-unèné, nanging m a k sudé.
Wong sing ngerti temenan marang maksudé unèn² ,,laa ilaha illaallah'
= ora ana sesembahan kedjaba Allah, a m e s ti pangabektiné ja marang Allah; upama njunjuwun ja mung marang Allaħ. Hla kuwi bisa dadi tataran makrifat marang Pangéran. Déné jèn ngertiné kuwimung ngertèn-ngertènan utawa tiru2, samangsa kepengkok ing pantja-baja, ja bandjur grajah² golèk pangajoman marang s a l i j a n é Allah.
Dadi: tjinatjadé dikir ,,allahu, allahu" kuwi, amarga unèn² ,,allahu, allahu" kuwi ora isi pangertèn sing wigati mengkono mau.
Keprijé, apa isiħ kurang tjeta katranganku iki?
7. ANAK:
Kula nuwun, bapak, sapinten kémawon agenging kalepatan kula: kula njuwun pangapunten. Kula dèrèng saged nginggihi dateng dawuhipun bapak punika wau, amila kaparenga njuwun keterangan, ingkang wudjudipun kados ambantah.
Manawi kula boten klintu, bapak kagungan pamanggih, bilih swara lan tembung punika boten wonten dajanipun; ingkang wonten dajanipun punika pun maksud utawi pun pangertos. Mangka saking pamanggih kula, swara lan tembung punika wonten dajanipun:
a. Manawi kula njuwara: éé, éé" sanadjan swara wau dèrèng mudjudaken tembung, éwadéné tijang langkung ingkang mireng swara kula wau ladjeng nolèh.
b. Manawi kula njuwara ingkang sampun wudjud tembung ,manis, manis", kutjing kula ingkang nama Manis ladjeng dateng.
c. Swara ingkang mawi laras, inggih punika ungeling gamelan utawi musik, teka wonten ingkang saged nuwuhaken raos gembira utawi raos nglangut anganjut-anjut.
d. Ingkang punika kula gadah pamanggih, bilih tembung ,allahu, allahu" ingkang kautjapaken ing ndalem batos utawi kalahir ing lésan punika inggih wonten dajanipun. Malah wonten Primbon ingkang njarijosaken bilih asmaning Pangéran 99 warni, ugi kasebut Asmaül Husna (,Bajanul Chaliq" bab: VI: wiwitan) punika satunggal-satunggalipun anggadahi daja pijambak², kados ta: ngutjapaken ,,al-qudusu, al-qudusu" kaping 100 ing wantji dalu, dajanipun makaten; ngutjapaken ,,al-hakimu, al-hakimu" kaping 100 ing wantji bakda ngisa, dajanipun makaten.
7. BAPA:
Aku bungah, kowé gelem takon utawa ambantah kuwi, pratandané kowé mikir lan migatèkaké temenan. Karo déné manèh, sarana dibantah kuwi andadèkaké resiking panemu. Alasan-alasanmu kuwi mau sagebjaran ja maton, nanging saka panemuku: ora bener, amarga:
Sapisan: kowé ngèmper-èmper Pangéran karo barang a n j a r iki, ja kuwi kok-èmper² karo wong liwāt, karo kutjingmu, lan karo kowé dewé jèn krungu gamelan utawa musik.
Kapindo: kowé nganggo waton udjaring Primbon sing ngemot bangsa ning donga, adji, djapa, mantra, dumèh unèn-unèné ing basa Arab tur asmaning Pangéran pisan. Mangka kowé mestiné wis ngerti: jèn bangsaning donga, adji, djapa, mantra, kuwi, dudu praboté kanggo ngrembug Kasunjatan.
PERPUSTAKAAN NASIONALRI
Kowé mangertija, jèn ana wong duwé panggajuh babagan d u n j a: nindakaké kanti tlatèn ngutjapaké unèn² ing basa apa waé, asmaning Pangéran utawa dudu, kuwi ija sok katekan sedyané. Nanging katekaning gegajuhané mau ora saka dajané si unèn² utawa si swara, ja kuwi saka gumolonging tjiptané.
Mengkono uga jèn ana wong mangsah s a m a d h i: ngutjapaké unèn² ing basa apa waé, asmaning Pangéran utawa dudu, kuwi ija sok...... pla s, ngambah alam lijané alam dunja iki. Nanging bisané kaja mengkono kuwi, ija ora saka dajané si uněn² utawa si swara, ja kuwi saka lereming piranti-pirantiné badan wadag iki.
II. TEMBUNG SALIRA" UTAWA SARIRA"
8. ANAK:
Kula nuwun bapak, samangké kula mangertos sababipun djapa" punika wonten ingkāng mandi wonten ingkang boten, inggih punika gumantung tijangipun ingkang ngutjapaken.
Sapunika wontena keparengipun bapak ladjeng miwiti paring penerangan bab ,mulat salira".
8. BAPA:
Aku ora keberatan, nanging prajogané soal-djawab iki tjatetana sing tliti, sabab sing bakal tak-kandakaké iki saweruhku durung tau ana sing ngrembug. Mulané bener luputé bakal tak-tanggung dewé.
Lan,manèh kowé adja daja2 kepéngin ngerti ,,mulat salira". Supaja terang panampamu, prajoga pada ngrembug tegesé tembung s a lira disik.
9. ANAK:
Manawi keparengipun bapak makaten, kula bingah sanget. Malah panjuwun kula, wontena keparengipun bapak: ugi nerangaken tegesipun tembung d i r i kalijan tembung p r i b a d i pisan. Awit sasumerep kula, tembung salira punika asring linintu tembung diri utawi tembung pribadi.
9. BAPA:
Aku mupakat marang usulmu kuwi. Nanging sapisan dji iki aku maklumen: anggonku nerangaké bab tegesé tembung² ora tak-tlesih²-aké kaja adaté. Satemené bareng umurku wis kliwat 60 taun iki (lahirku: 20 Djumadilakir, Alip, 7182) mbijaki bausastra (kamus) warna2 ,kuwi wis rada wegah. Pamupusku, upama kateranganku kliruwa, ja mung diarani bodo. Saweruhku mangkéné:
diri tembung Djawa asli utawa tembung Indonesia kuwi, tegesé sing baku: awak, badan wadag utawa badan djasmani, ja kuwi badan sing kasatmata iki. Nanging mingsad-mingsedé utawa perkembangané, tembung,,diri" uga ateges badan sing o r a kasatmata iki. Kaja ta: diri sing ateges angkuh utawa gumedé, kuwi rak djenenging wewatekan, dudu badané wadag sing kasatmata iki, ta?
Mengkono uga tembung: ngesoraké diri, ngluhuraké diri, tan tolèh diri, kuwi kabèh djenenging panindak, uga ora ateges badané wadag sing kasatmata iki. Tembung pertjaja diri pribadi, si badan wadag uga ora pati katut.
n r S k Pk b b m k na la o k di ik M m pa p ja ng di bu bi m D tu
Déné mandiri tembung Djawa, Indonesiané berdiri, tegesé: ngadeg; lan kena disilih tumrap sadéngah waé sing dipadakaké awak, kaja ta: omah, pakumpulan, nagara lan lija²né.
Hla tembung Indonesia sendiri, bokmenawa saka se (=sidji) lan diri (=awak), anggoné duwé teges ,,awak" kuwi ija isih ketara, ja kuwi ateges: dudu awak lija, utawa ora dikantjani awak lija, utawa ora dipadani awak lija. Tembung Indonesia sendiri" kuwi tjara Djawané: dawak (saka awak") lawas² owah dadi: dèwek, bandjur owah dadi: déwé.
Manèh tembung Indonesia minta diri, tjara Djawané pamit, anggoné duwé teges ,awak" ija isih ketara, amarga pamit kuwi ateges: awèh weruh jèn awaké bakal sumingkir saka ngarepé wong sing diadjak guneman.
Déné tembung Indonesia pendirian wis ora ketara duwé teges awak sing kasatmata iki, mingsed dadi awak sing ora kasatmata, ja kuwi badan pikiran, awit ,,pendirian" kuwi ateges: adeging pamikir.
Tembung Djawa utawa Indonesia sing asal saka ,diri" kuwi isih akèh, golèkana déwé.
10. ANAK:
Kasinggihan dawuhipun bapak punika. Namung kémawon kula njuwun tambahan katrangan sakedik: punapa ,,badan wadag" punika boten sami tegesipun kalijan: raga, angga, tuwin sarira, teka boten katut kadawuhaken?
10. BAPA:
J Sababé tembung salira utawa sarira ora tak-sebut², hla wong kuwi sing dadi bakuning rembug, mengko bakal katemu ing mburi. Tembung angga mengko bakal ketjangking jèn nerangaké tembung pribadi.
Déné tembung raga katrangané mangkéné:
Perkembangané tembung ,,raga" kuwi kosok-balèn karo perkembangané tembung diri" mau kaé.
Tembung ,diri", asal-asalé ateges badan wadag, lawas² uga duwé teges wewatekan lan lija-lijané mau kaé. Hla tembung ,raga" asal-asalé o r a ateges badan wadag, nanging lawas² uga ateges badan wadag.
Raga kuwi tembung Sanskrit, tegesé: tresna utawa kepéngin; ragya tegesé: katresnan utawa pepènginan; wairagya tegesé uwal saka pepènginan babagan ndunja (mirsani ,Kuntji Swarga" III:7). Tilas-tilasé teges mau isih ketara ana ing basa Djawa tembung djaman saiki, kaé hlo lajang,,Manuhara" anggitan-dalem M.N. IV, ana sing muni:
KINANTI //O// Mjang dedeg pangadegipun sedeng sedet amantesi, sembada genging sarira, léléwané milangoni, w i r a g a r a g a - k a r a n a, murwèng dyah hjang-hjanging bumi.
Tembung raga ing ,,raga-karana" kuwi isih lugu Sanskrit; raga-karana tegesé: nuwuhaké tresna utawa nuwuhaké kepéngin. Déné tembungé raga ing ,wiraga" kuwi wis dadi tembung Djawa, wiraga tegesé: pantes solahing badan wadag.
Mengkono panemuku, embuh bener embuh luput. Aku mau wis kanda: ora tak-tlesih²-aké.
11. ANAK.
Kula nuwun upami klintu, inggih boten dados punapa, djer bakunipun: kula njuwun penerangan bab salat daim. Ewadéné kula ngladjengaken panuwun kula wau, keparenga bapak nerangaken tegesipun tembung pribadi.
11. BAPA:
Ija ta, djandji kowé mung trima sabisaku waé. Tur peneranganku bab tembung ,pribadi" iki bakalé rada ulet-uletan, malah ana sing sadjak mambu djarwa-dosok barang. Rungokna:
pribadi, tumrap tembang jèn kepengkok dongding ,,a" dadi: pribadya kuwi, ing basa padinan, liré: dudu basa ngrembug ngèlmon, duwé dasanama: priangga (prijangga) terkadang priawak (prijawak). Déné angga" lan ,,awak" kuwi, kowé wis ngerti, ateges badan wadag iki. Rak ija, ta?
Jèn mengkono bisa uga pribadi" kuwi bijèn-bijèné muni: pribadan, owahé dadi pribadi asalé djalaran kepengkok đong-ding i". Déné badan kuwi tembung Arab, tegesé: badan wadagé manungsa iki. Lan bisa uga, djalarané ,,raga" bandjur ateges badan wadag kuwi, amarga lira-liru karo angga".
Tembung Djawa sing apurwa ,pri" utawa ,pra" kuwi akèh. Apa iki ater² Djawa apa ater² Šanskrit, ora perlu dirembug saiki. Ana ing basa Mlaju bijèn, pri kuwi dadi peri, pra dadi per.
Saiki tak-nerangaké tegesé s a w i s é dadi tembung ,,pribadi' kuwi mau waé.
Tembung pribadi utawa prijangga utawa prijawak kuwi, ing basa padinan, liré dudu basa ngrembug ngèlmon, ateges: dé w é, kramané p i j a m b a k. Bisa uga ,,pijambak" kuwi asalé saka mingsedé utjap ,,prijawak".
Mau wis tak-kandakaké, tembung ,,déwé" kuwi asalé saka ,,dawak" ngliwati ,,dèwèk" disik; déné tegesé persis kaja tembung Indonesia ,,sendiri" ja kuwi:
(1) dudu awak lija, kaja ta: ngenggoni omahé déwé, ngrembug butuhé déwé, 1.1.1.
(2) ora dikantjani awak lija, kaja ta: lungané mung déwé, wis bisa mentas déwé, 1.1.1.
(3) ora dipadani awak lija, kaja ta: sak-sadulur apik déwé, sak désa mlarat déwé, 1.1.1.
Kotjapa tembung Indonesia (bijèn: Mlaju) ,,sendiri" karo tembung Djawa dawak" (=děwèk = déwé) kuwi mau, ing Isakawit lakuné runtung². Nanging bareng tekan kala-mangsané pada mbutuhaké tembung sesulihing wong, si-sendiri karo si-dawak mau lakuné bandjur sowang-so-
wangan. Mangkéné djelasé: Tembung sesulihing wong sing guneman (= wong I) Mlaju: aku
Djawa ija: aku. Tembung sesulihing wong sing diadjak guneman (=wong II), Mlaju: kau anggoné ngutjapaké kao. Djawa: ko, lawas² diwuwuhi n utawa en
dadi kon ko-en utawa kowen, bandjur dadi kowé. Tembung sesulihing wong sing dirasani (=wong III), Mlaju: ia, dèk bijèn Djawa ija: ia utawa ya, nanging bandjur malih....d è w è k, diwuwuhi é utawa né, dadi dèwèké utawa dèwekne. Hla iki sing tak-kandakaké si-sendiri karo si-dawak bandjur mlaku sowang-sowangan. Amarga ,,dè wèk" sing mauné ateges s e n d i r i, bandjur ateges i a; anggoné ateges sendiri mung kala² jèn kanggo babasan mawa purwa-kanti swara, kaja ta: opor bèbèk mentas awaké dèwèk". Nanging ,,dèwèk" ing basa Krama, teges loro-loroné kanggo ing saben dina: pijambak ateges s e n d i r i, pijambakipun ateges ia. Rak ija, ta? Ambalèni tembung pribadi, prijangga lan prijawak mau kaé. Ing basa
padinan, tembung mau katelu pisan pada ateges d é w é (sendiri) ora mingsed ateges dè w è k é (ia).
Tembung prijangga lan prijawak ora tau dipigunakaké ing basa ngèl-
mon, milih migunakaké tembungé pribadi. Tembung pribadi tumrap basa ngèlmon, lumrahé ditulis Pribadi" (p gedé), sarta ora bandjur mingsed ateges ,,dèwèké", mingsedé ateges .. ... a k u, nanging aku" sing linuhuraké, ja kuwi i n g s u n, lan lumrahé ditulis Ingsun" (i gedé).
12. ANAK:
Kula nuwun, leres dawuhipun bapak kala wau, teka ulet-uletan makaten. Manawi boten klintu panampi kula: ,dawak" kalijan ,pribadi" punika sami tegesipun, ananging lampahing mingsedipun, boten namung sowang-sowangan kémawon, malah akosok-wangsul. Inggih punika: dawak mingsedipun dados dèwekê, inggih punika tembung sesulihipun tijang ingkang dipun-raosi (tijang III).
Pribadi (Pribadi) mingsedipun dados: aku utawi ingsun (Ingsun), inggih punika tembung sesulihipun tijang ingkang gineman (tijang I).
Punapa boten makaten?
12. BAPA:
Ora mengkono: Lakuning mingsedé ,,dawak" karo ,,pribadi" ora djeneng kosok-balèn kaja kandamu kuwi, ja mung djeneng sowang-sowangan waé. Awit tembung aku utawa ingsun utawa Ingsun mau kaé: d u d u tembung sesulihing wong. Kuwi Ingsun" tembung aran kanggo istilah, déné tembungé mantja I k h e i d.
Ik"(=aku) kuwi tembung sesulihing wong; jèn diwuwuhi ,heid" dadi Ikheid (=ka-Akuan) bandjur dadi tembung aran. Rak ija ta? Hla basa kita Djawa duwé lagéjan déwé: aku" kuwi tembung sesulihing wong jèn didadèkaké tembung aran, ora diprusa dadi ka-Akuan", nanging bandjur disilihakésalah sidjining dasa-namané, ja kuwi ,,Ingsun"mau kaé.
Šarèhning Ingsun kuwi tembung aran, mulané ja bisa rumaket marang sadéngah wong, ora nganggo mawang nomer. Kaja ta:
wong I: Pribadiku = Ikheidku = Ingsunku = Ingsuné aku.
wong II: Pribadimu = Ikheidmu = Ingsunmu = Ingsuné kowé.
wong III: Pribadiné = Ikheidé = Ingsuné = Ingsuné dèwèké.
Keprijé, apa wuwuh tjeta, apa malah tambah ulet-uletan?
13. ANAK:
Kula nuwun, manawi tjetanipun sanget: inggih dèrèng. Nanging kula sapunika mangertos terang dateng maksudipun tardjamahan Kadis (Al-Hadiest) ingkang ungelipun: ,sapa weruh marang Pribadine, temen2 weruh ing Pangerané"; punika maksudipun: sapa weruh marang Ingsuné, temen2 weruh ing Pangérané".
Hla punika wontena keparengipun bapak paring penerangan:
a. Íngkang kasebut Íngsun utawi Pribadi utawi Ikheid, punika sajektosipun punapa?
b. Ingkang dipun-tardjamah Ingsun utawi Pribadi utawi Ikheid, punika wonten ing Hadiets ngriku tembung punapa?
13. BA PA:
Pitakonmu sing kapisan, ora perlu tak-djawab, sabab bakal ketemu ing mburi mengko, jèn wis tekan ngrembug maksudé ,mulat salira". Déné pitakonmu sing kapindo, katrangané mangkéné:
Lapalé Hadiets kuwi mau ing basa Arab mangkéné: ,man 'arafa nafsahu faqad 'arafa rabbahu". Dadi sing ditardjamah Pribadiné kuwi tembung n a f s a h u; jèn Pribadi tanpa né" tembungé Arab: n a f s u n (An-Nafsu).
Hla tembung nafsun kuwi jèn diterangaké ija ulet-uletan, awit saka djembaring tegesé, ja kuwi: badan, uwong, sedya, karep, semangat, getih, njawa, djiwa, lan lija-lijané, tjekaké: badan wadag lan badan² alusé manungsa; jèn tumudju marang karusakan, diwuwuhi hawa" ing ngarepé, dadi hawa-nafsu.
Kedjaba saka kuwi, nafsun uga anduwèni teges: déwé, Indonesiané: s e n d i r i. Salah sawidjining sifaté Pangéran ana sing muni: ,,qijaamu binafsihi" tegesé: djumeneng kalawan pij a m b a k. Tandingen karo tembung Djawa dawak (saka awak) sing lawas² dadi dèwèk, bandjur dadi déwé, mau kaé, lan tembung Indonesia diri sing bandjur nganakaké tembung sendiri.
14. ANAK:
Wah, punika urusanipun para ahli basa, bapak; kula trimah djémbit. Sapunika wontena keparengipun bapak ladjeng paring penerangan bab tegesipun salira.
14. BAPA:
Nijatku mau ja mung arep negesi tembung salira waé, djer arep nerangaké maksudé ,mulat salira". Anggoné kedawa-dawa iki mau djalaran kok-purih ngontjèki tembung diri lan tembung pribadi. Nanging ija ora ilang muspra, sabab wis ngontjèki tegesé tembung diri lan tembung pribadi mau, andjalari katranganku bab tembung salira tjukup tjekak-
tjekak waé. Rungokna! Sarira kuwi tembung Sanskrit, tegesé badan wadag utawa badan djasmani iki. Dadiné tembung Djawa sarira utawa salira, tumrap basa padinan, ija isih ateges badan wadag uga. Kaja ta ing tembang Kinanti anggitan-đalem M.N. IV sing mentas waé tak-sebut² iki mau muni: sembada genging s a rir a", kuwi tegesé: si badan wadag gedéné
timbang karo dedegé. Nanging tembung Djawa salira kuwi ija kaja tembung Djawa diri sing wis dirembug mau kaé. Senadjan ing basa padinan, kala² ija sok ateges badan sing ora kasatmata iki. Kaja ta: tan tolèh salira", tegesé lan kanggoné pada waé karo ,tan tolèh diri", ja kuwi ateges: ora ngrumangsani asoring k a h a n a n é, sing kasatmata lan sing ora kasatmata, liré ora ngrumangsani bab kutjiwaning rupa apa bab mlaraté apa bab bodoné.
Panunggalané tembung salira sing kaja mengkono tegesé kuwi kaja ta: nanding salira, ngukur salira, lan tepa salira.
Ana manèh perkembangané tembung salira ing basa padinan: bandjur dadi tembung sesulihing wong sing diadjak guneman (=wong II) ja kuwi: saliramu, salirané, lan ingkang salira, katelu pisan pada ateges k o w é. Hla sing disebut kowé" kuwi jèn dirasakaké, rak d u d u badané wadag, ta?
Déné tembung salira sing tumrap ing basa ngèlmon: m ul a t s a lir a, tegesé ora kurang lan ora luwih: persis kaja tembung Pribadi nganggo p gedé, utawa Ingsun nganggo i gedé, mau kaé.
Dadi: mulat salira" (ora kelumrah ditulis nganggo s gedé, lan ora perlu diwuwuhi ,né" dadi mulat salirané") tegesé: mulat Pribadiné utawa mulat Ingsuné. Jèn perlu ditjetakaké manèh nganggo tembung pribadi sing ateges déwé, bandjur dadi: mulat salira (tanpa né") pribadi= mulat Pribadiné pribadi= mulat Ingsuné pribadi. Nanging lumrahé muni mulat salira" ngono waé wis tjeta, ora susah diwuwuhi tembung katrangan manèh, wis ateges salirané déwé, dudu salirané ........ tanggané.
15. ANA K:
Kula nuwun, paringipun penerangan bapak bab tembung salira, kanggénipun lan tegesipun wonten ing basa p a d i n t e n a n, kalebet serat² waosan tembang, tuwin wonten ing basa n g èl m o n,' sampun terang ing panampi kula.
Namung wonten ,,istilah" ingkang mireng kula saweg sapunika inggih punika: nanding salira, kalijan ngukur salira; manawi tepa salira kula sampun kerep mireng.
Ingkang punika, sadèrèngipun bapak paring penerangan bab salat daim mulat salira, kaparenga paring penerangan rumijin: pilah-pilihipun: nanding salira, ngukur salira, tuwin tepa salira punika wau.
15. BAPA:
Sedyaku pantjèn mangkono, mulané aku mau kanda adja kesusu disik nakokaké mulat salira". Penerangan bab nanding salira, ngukur salira, lan tepa salira kuwi, saka panemuku pantjèn minangka a.b.c.-né pangertèn mulat salira; mangka lumrahé sok digebjah ujah pada asiné waé.
III. ANDARAN BAB NANDING SALIRA
16. ANAK:
Sukur ing Allah, menawi keparengipun bapak pantjèn makaten. Kula sampun ,siap" badé njateti punapā ingkang bādé kadawuhaken.
16. BAPA:
Supaja adja kliru tampa, perlu tak-élingaké disik: jèn tembung ,,salira" ing istilah nanding salira, ngukur salira, lan tepa salira, kuwi, o r a p ad a karo tembung ,salira" ing istilah salat daim nulat salira.
Ing istilah mulat salira, tembungé ,,salira" ateges I n g s u n, anging ing istilah nanding salira, ngukur salira lan tepa salira, tembungé salira" mung ateges d i r i. Senadjan diri sing ora kasatmata, ananging d u d u Ingsun. Ja kuwi mung babagan kalakuwan, dradjat, kasugihan, kapinteran, lan lija-lijané, sing tjekak aosé isih kalebu ing rasa a k u i d j è n i d j è n (=per-seorangan = individueel); déné Ingsun kuwi asipat a k u s a w u t u h (=semesta = universeel). Mulané aku mau kanda: penerangan bab nanding salira, ngukur salira, lan tepa salira iki, mung minangka a.b.c.-né pangertèn mulat salira waé.
Saiki sing arep tak-terangaké disik bab n a n d in g s a lira, rungokna lan tjatetana sing taliti, bokmanawa ana paédahé tumrap para sadulur sing nunggal antjas.
Sing diarani ,nanding salira" kuwi, garisé gedé mangkéné:
a. Banget migatèkaké marang diriné kana² (= awak lija).
b. Diriné kana² kuwi bandjur ditanding karo diriné déwé.
c. Ngrumangsani diriné déwé bener lan betjik.
17. ANAK:
17. BAPA:
Kula nuwun, urut-urutanipun punika punapa boten kuwalik? Saking panginten kula: Langkung rumijin ngrumaosi bilih dirinipun pijambak punika leres lan saé, ladjeng dipun-tanding kalijan dirining sanès. Punapa boten makaten?
Ora mengkono! Wong demen nanding salira kuwi, sing diwigatèkaké banget dudu diriné déwé, ja kuwi diriné wong lija. Déné anggoné ngrumangsani diriné déwé bener lan betjik kuwi: kaja déné ora kedjarag, mulane sepi ing panimbang babar pisan. Upamané ngrumangsani diriné kuwi emas, wis ora tau dipikir: emas pirang karat lan apa tjampurané. Mengkono uga anggoné ngrumangsani bener lan betjik kuwi, ja tanpa dipikir: bener betjiké sapira lan apa wawatoné.
18. ANAK: Kula nuwun, tijang kados makaten punika, punapa djiwanipun inggih ngalami kamadjengan? Saladjengipun: kados pundi sambetipun nanding salira kalijan salat daim mulat salira ingkang kula suwunaken penerangan punika?
18. BAPA:
Mengko ta, kowé kuwi kesusu waé, anggonmu selak kepéngin ngerti
mulat salira. Wong urip sing kaja ngapa waé kalakuwané lan kaja ngapa waé tumindaké, kuwi m e s t i ngalami madju djiwané. Ananging madjuné kuwi ana sing rindik banget, ana sing rindik, ana sing rada rikat, lan ana sing rikat, ja kuwi bédané wong sing marsudi karo sing ora marsudi. Wong sing ora marsudi kuwi, madjuning djiwané djalaran pengalaman werna² sing tinemu. Déné wong sing marsudí, madjuné djiwané, kedjaba pengalamané ja saka uwohing pamarsudiné.
Anadéné nanding salira (= nanding diri) kuwi pantjèn d u d u sambungé karo mulat salira (= mulat Ingsun), malah dadi r i n t a n g a n sing gedé banget.
Mau wis tak-kandakaké, jèn nanding salira kuwi sing banget diwigatèkaké diriné k a n a ². Hla kuwi wis k o s o k - b a l è n karo mulat salira. Jèn kosok balèn, wis mesti ora bakal mu-tinemu. Rak ija ta?
Ananging soal sing kosok-balèn kuwi ija perlu dirembug sing sadjelasdjelasé. Awit kita bisané ngerti marang sing diarani padang kuwi jèn ngerti marang sing diarani peteng.
Kowé mangertija, nanding salira kuwi babar pisan dudu urusan Kasunjatan, mung urusan wong urip ana ing masjarakat iki: anggoné sasrawungan karo sapadaning tumitah.
Saka panemuku, kawruh Kabatinan sing maédahi kuwi: sing marakaké kepénak tumrap sing ngawaki lan kepénak tumrap sakiwa-tengené, dudu sing marakake bisa néka-néka. Mulané ajo pada mbandjuraké ngrembug kalakuwan utawa panindak nanding salira mau kaé disik, keprijé uwohé tumrap sing ngawaki lan tumrap srawungé karo sapada-pada.
19. ANAK:
Njuwun pangapunten, bapak. Ingkang kawastanan ,kepénak" punika terangipun kados pundi?
19. BAPA:
Apa tumon?! Hla wong istilah kepénak waé teka kok-purih nerangake ta, nggèr!
Sing djeneng kepénak kuwi, upama diukur nganggo dradjat, jèn wis dadi apa ta? Upama diukur nganggo semat, jèn wis sapira? Upama diukur nganggo kramat, jèn wis keprijé? Tjekaké telu pisan kuwi dudu ukurané kepénak.
Déné sing tak-tembungaké kepénak tumrap sing ngawaki kuwi, ora lija kedjaba kepén ak......rasaning a tiné, jakuwi: tentrem gembira, padang. Hla kepénak tumrap sakiwa-tengené kuwi tegesé: sing srawungan o r a ris i, sukur bagé ketularan kepénaké.
Keprijé panampamu, rak wis terang ta, saiki?
20. ANAK:
Matur sembah nuwun, bapak. Pamanggihipun bapak punika ugi kasebut wonten ing serat ,Kuntji Swarga" tuwin ing serat Falsafah Sitidjenar", ingkang wosipun mastani, bilih s w a r g a n a r a k a punika boten sanès kadjawi r a o s i n g m a n a h ingkang sakétja utawi ingkang boten sakétja, ing salebetipun gesang sapunika punika; inggih punika unduh-unduhanipun pandamel kita salebetipun gesang ingkang rumijin. Pamanggih punika tumrap kula: sampun marem.
20. BAPA:
Jèn kowé seneng migunakaké istilah ,swarga-naraka", katranganku iki mesti bakal luwih gamblang panampamu. Rungokna!
Wong marsudi kawruh Kabatinan utawa Kasampurnan utawa Kasunjatan, sing nganggo dibandani la k u la h ir - b a t in werna², kalebu salat daim barang kuwi, ora lija tudjuwané kedjaba anggajuh.... s w ar g a, tumrap uripé m bés u k, sukur bisa dirasakaké ing sadjroning uripé s a i k i.
Déné wong sing kulina nindakaké panggawé nanding salira kuwi, kena diarani kungkum ing n a r a k a sadina-dina, adjeg-adjegan. Naraka sing ditjemplungi kuwi dudu jasané sapa², sanjatané gawéjané déwé. Hla rak memelas ta? Ananging akèh sing nglakoni.
Wong sing demen nanding salira kuwi, tan kena ora, pikirané dadi s u p e k lan r u p e k. Sababé mangkéné:
Sarèhning ngrumangsani jèn diriné kuwi bener lan betjik, mangka sepi ing panaliti, akibaté bandjur duwé panganggep, jèn awak² lija kuwi akèh banget, malah mèh kabèh, pada.... or a bener lan o r a betjik, amarga ditanding: teka o r a p a d a karo diriné. Pagawéjan kaja mengkono kuwi dadi pawigatèné ing sadina-dina. Mesti waé bandjur rumangsa uripé kepentjil: ana ing ngendi-endi teka kepetuk karo awak² lija sing ora pada karo diriné. Apa ora memelas?
21. ANAK:
Kula nuwun, manawi namung rumaos gesangipun kepentjil kémawon, kinten kula: boten sakétjanipun punika dèrèng nama sanget. Manawi kanamakaken naraka, bokmanawi saweg naraka djahim kémawon, dèrèng nama naraka wel. Punapa taksih wonten perkembanganipun malih?
21. BAPA:
Isih akèh! Aku rak durung ngandakaké uripé ana ing tengah-tengahing masjarakat, ta? Hla tutugé kandaku mau mangkéné:
Manungsa kuwi machluq sing tinaqdir uripé demen gegrombolan. Wong lumrah, sing kaja ngapa waé kalakuwané lan kaja ngapa waé tumin daké, ija oraseneng urip idjèn, kumudu tetunggalan karo kantja sing tunggal djinis. Mulané bandjur tuwuh hasraté golèk kantja, asarana adjak² utawa nular-nularaké isèn-isèning atiné.
Wong sing ora ngulinakaké nanding salira, anggoné nular-nularaké isèn-isèning atiné mung ukur² waé, amarga tumindaké ora sepi ing panimbang lan pètungan. Nanging wong sing ngulinakaké nanding salira, hasraté nular-nularaké kuwi gedé banget, amarga sepi ing panimbang. Kedadéjané: ora rumangsa olèh kantja, malah rumangsa olèh mungsuh. Djelasé mangkéné:
Wong sing demen nanding salira kuwi, upama kasèrènan panguwasa, anggoné nindakaké dadawuhan sing awudjud pakon lan penging: keras banget. Ja kuwi maréntah supaja niru kaja diriné lan njegah adja nganti ora niru kaja diriné.
Balik ora kasèrènan panguwasa, pakon-pengingé kuwi bandjur mung ditumrapaké marang .... .... endi sing tjedak, babasané ,,ledok ilining banju". Ja kuwi marang anak-bodjoné, putuné, baturé, sor-sorané, tjekaké marang awak² lija sing pangirané kena dipengaruhi. Bandjur mrèmèn-mrèmèn manèh marang awak² lija, senadjan ora tunggalan saben dina lan ora kena dipengaruhi, kaja ta: sanaké, tanggané lan tepung-kuwanuhané.
Keprijé akibaté ana ing tengah-tengahing urip bebrajan iki? Ja kuwi: bandjur dadi wong djuwèh, sendon, waon, dahwèn, tumrap awak lija sing kinira kena dipengaruhi. Lan bandjur dadi wong sing demen njatur alaning awak lija, sing kinira ora kena dipengaruhi. Tjekaké bandjur kasebut wong sing ora bisa tetunggalan, ora bisa momong uwong, lan ora bisa sanak uwong.
Wong sing ngulinakaké watak kaja mengkono kuwi, sing ngawaki dé- wé ora kepenak, amarga sakèhing awak lija pada ora gawé senenging atiné. Awak² lija sing didjuwèhi, sing kinira kena dipengaruhi, tibané ja ora kena dipengaruhi, apa manèh awak lija sing mung ditjatur alané.
Déné awak lija sing tunggalan, sing tjedakan lan sing srawung, ja pada o r a k e pén a k: risi, terkadang kaworan serik.
Hla rak djeneng andjarag njemplung naraka wèl ta nggèr?
22. ANAK:
Kula nuwun bapak, manawi kula boten klintu tampi, ingkang nama nanding salira punika anggadahi sedya: andajani (= mengaruhi) diri sanès sageda niru dirinipun, ingkang rumaosipun leres lan saé. Kinten kula pijambakipun punika boten kétang namung satunggal kalih, inggih wonten leresipun lan saénipun.
Hla manawi ingkang kapurih niru punika pantjèn leres sajektos utawi saé sajektos, menggahing t é o r i, sedya ingkang makaten punika kalebet utami. Déné akibatipun adamel boten sakétja tumrap ingkang anggadahi sedya, punapa déné tumrap ingkang kataman, bokmanawi djalaran klinta-klintunipun anggènipun m r a k t i k a k e n (nindakaken) kémawon.
Punapa boten makaten?
2. BAPA:
Kandamu kuwi bener. Kalakuwan utawa panindak sing ditular-tularaké marang awak lija déning wong sing demen nanding salira, kuwi terkadang pantjèn bener temenan lan betjik temenan.
Ananging kowé mangertija:
a. Ingatasé wong marsudi Kasunjatan, panggawéjan ngopèni kana² kuwi kalebu tumindak salah-wèwèng. Saja banget anggoné ngopèni kana², saja kebandjur-bandjur salah wèwèngé.
b. Sing kita arani bener temenan lan betjik temenan kuwi, mungguhing Kasunjatan: durung karuwan beneré lan betjiké. Awit bener-luput lan ala-betjik kuwi mungguhing Kasunjatan ora ana watesé.
c. Déné jèn miturut Hukum Masjarakat, sing matesi bener-luput lan ala-betjik kuwi: u m u m, panimbangé adedasar e m p a n p a p a n.
Dadi: tumrap para ulah kasunjatan, tan kena ora, ija kudu sumingkir saka pakulinan nanding salira kuwi, amarga pantjèn dadi rintangan. Déné sing kok-arani sedya utama mau katrangane mangkéné:
Bener lan betjik kuwi kudu nganggo empan papan. Bener-betjiking sèp ora pada karo bener-betjiking andahan, bener-betjiking madjikan ora pada karo bener-betjiking buruh, bener-betjiking bendara ora pada karo bener-betjiking batur.
Wong sing wewatekané demen nanding salira, ora kèlingan marang empan papan kuwi mau. Si-sèp kumudu nularaké bener-betjiké marang andahané, si-madjikan kumudu buruhé bener-betjiké kaja dèwèké, si-bendara kumudu ditiru bener-betjiké déning baturé. Ora wurung karepé mesti ora bakal kelakon, tiwas tuwas mung dadi sèp sing djuwèh, madjikan sing digeting déning buruhé; bendara sing ora ngrasanaké batur.
Hla jèn dèwèké witjaksana, rak ora perlu nanding salira mengkono kuwi, sing uwohé mung gawé rekasané atiné déwé lan ora kepénaké atining lijan; déné jèn maréntah utawa mituturi kudu trep karo kahanané sing diparéntah lan dipituturi. Tanggung bèrès, tur pada kepénaké.
Tjoba pikiren: ingatasé ,,sedya utama" waé, — miturut istilahmu, — jèn ora kanti empan papan, akibaté pada déné ora kepénaké. Apa manèh nanding salira sing arupa njatur utawa natjad wong2 sandjabaning kukubané. Uwohé ora lija gawé rekasané atiné déwé, gawé risiné sing krungu, lan gawé seriké sing đitjatur. Ija apa ora?
23. A NA K:
Kula nuwun, bapak, dawuhipun bapak punika kula boten saged ambantah, ananging nuwun² sèwu: manah kula dèrèng sreg, inggih punika soal nular-nularaken ingkang nama leres lan saé punika wau.
Manawi pandamel nular-nularaken leres lan saé punika dados rintangan tumrap ulah Kasunjatan, punapa déné wonten madyaning masjarakat inggih dèrèng kantenan uwohipun njakétjakaken, hla para pamong tuwin djuru pendidik punika ladjeng kedah kados pundi tumindakipun?
23. BAPA:
Mèmper waé jèn panampamu durung sreg, hla wong kowé rada kliru tampa.
Nanding salira karo nularaké bener-betjik, kuwi panggawé werna loro'sing katoné pada, nanging sanjatané o r a pada.
Sing dadi rintangan tumrap marsudi Kasunjatan, lan ana ing pasrawungan uwohé pada ora kepenaké kuwi panggawé ...... nanding salira. Ja kuwi sing garisé gedé: ngorèksi kana², ditanding karo diriné déwé, sarta diriné déwé kuwi ngrumangsani bener-betjik. Senadjan bener-betjik temenan, uwohé pada ora kepénaké, sebab bener-betjik kuwi kudu nganggo empan papan. Apa manèh jèn beneré lan betjiké mung rumangsané déwé.
Déné para pamong lan para djuru pendidik, sing nindakaké panggawéjan nular nularaké bener lan betjik kuwi, o r a kalebu ing panggawé nanding salira. Dèwèké anggoné among, andidik, mulang lan mituturi awak lija, apa marang wong² sadjroning wilajah, apa marang murid-muridé, apa marang anaké déwé, kuwi o r a dipurih niru dèwèké, satemené dipurihn gerti parentah lan tjegah sing kasebut ana ing Hukum Nagara, Hukum Agama, lan Hukum Masjarakat; paréntahé dièstokaké, tjegahé disingkiri.
Tandané ora nanding salira: ora ana guru sekolah sing mulang marang muridé supaja demen main, sanadjan dèwèké demen main; destun malah mituturi jèn main kuwi dadi dadalaning karusakan. Uga ora ana bapa sing ngandjuraké marang anaké lanang supaja rabèn, senadjan dè- wèké rabèn; destun malah mituturi jèn solan-salin bodjo kuwi ora betjik, djaréné, karebèn alané tak-lakoni déwé, anak putu adja ana sing tiru.
IV. ANDARAN BAB NGUKUR SALIRA
24. ANAK:
Kula nuwun, bapak, sapunika sampun terang ing panampi kula: manawi tijang kepéngin sakétja manahipun, kedah nebihi pakulinan nanding salira punika. Senadjan kita mulang-muruk, andidik tuwin mituturi lijan (kalebet anak pijambak), manawi uwal saking babandan nanding salira, saèstunipun inggih sakétja kémawon; liripun boten dados rintangan tumrap ulah Kasunjatan, tuwin boten risi utawi boten ngrisèni srawung kula kalijan sasami.
Ingkang punika, wontena keparengipun bapak ngladjengaken pangandika: paring penerangan bab ngukur salira. Walèh² punapa, saèstunipun ngukur salira" kalijan nanding salira" punika kula anggep sami kémawon.
24. BA PA:
Pantjèn akèh sing duwé panganggep kaja kowé kuwi. Malah karo tepa salira" ja digebjah pada waé. Mangka sanjatané sidji-sidjiné kuwi, sababé, perkembangané, lan akibaté: béda².
Perlu tak-élingaké manèh, jèn tembung ,,salira" ing istilah ngukur salira kuwi ija mung ateges d iri kaja ing istilah nanding salira sing wis dirembug sadjelas-djelasé mau kaé. Mulané tebaning persoalan sing sebagéjan gedé ija mung babagan kalahiran, ja kuwi bab srawungé karo sapadaning tumitah iki. Ananging sarèhning lahir karo batin kuwi sipaté daja-dinajan, mulané para ulah Kabatinan, sampurnané kudu mangerti marang Hukum² Kalaħiran. Suwaliké para ulah Kalahiran jèn kepéngin ngunduh wohé sing mirasa, ija kudu mangerti marang Hukum² Kabatinan. Ajo saiki wiwit ngrembug sing kok-takokaké kuwi.
Ngukur salira kuwi, garisé gedé ija migatèkaké kana² (awak lija) bandjur d i u k u r karo diriné déwé. Saklébatan kaja² ora ana bédané karo nanding salira, nanging satemené bédané gedé banget.
Panggawé nanding salira kuwi:
(1) điri lijan ditanding karo diriné déwé;
(2) rumangsané tinemu: b é d a;
(3) dedasaré ngrumangsani diriné déwé bener lan betjik;
(4) diri lijan dipurih n i r u diriné utawa mung d i t j a t j a d waé. Déné panggawé ngukur salira kuwi:
(1) điri lijan diukur karo diriné déwé;
(2) rumangsané tinemu: p a d a ;
(3) dedasaré o r a nganggo ngrumangsani diriné déwé kuwi bener apa luput, ala apa betjik;
(4) diri lijan tansah didakwa wewatekané lan tumindaké p a d a kaja diriné déwé.
25. A N A K:
Kula nuwun manawi kados makaten djèrènganipun, tetéla bilih anggèn-kula anggebjah sami wau: klintu. Awit pun-nanding rumaosipun béda, pun-ngukur rumaosipun sami; pun-nanding mawi ngrumaosi leres lan saé, pun-ngukur boten mawi ngrumaosi punapa2. Saladjengipun: pun-nanding kumedah dipun tiru lan remen nenatjad, pun-ngükur gadah pandakwa.
Manawi anggèn-kula milah² punika sampun leres, kinten-kula pakulinan ngukur salira punika, ingkang ngawaki: sakétja, ingkang dipun-sra wungi: inggih sakétja; awit gadah rumaos lan gadah pandakwa: bilih diri lijan punika s a m i kados dirinipun pijambak. Mestinipun sami déné boten kraos risi anggènipun srawung, lan mestinipun tebih saking pasulajan, amargi ingkang njababaken risi lan sulaja punika boten sanès, inggih anggènipun rumaos b e d a kalijan dirinipun pijambak punika. Punapa boten makaten?
25. BAPA:
Anggonmu gawé garis pamilah kuwi wis bener; bisa muwuhi terang. Nanging anggonmu nibakaké putusan, kuwi salah.
Pakulinan ngukur salira: kok-kira sing ngawaki kepénak, sing disrawungi ija kepénak, kuwi salah. Salah temenan kaé!
Ngukur salira kuwi uga dadi rintangan gedé tumrap ulah Kasunjatan Lan kena dipatoki: sarupaning wewatekan utawa panggawé, sing dadi rintangan tumrap ulah Kasunjatan kuwi, tan kena ora, amesti uwohé ora mirasa, djer tembungé diplomasi: ora d a d i keparenging Pa n g é r a n. Katrangané mangkéné:
I. Panggawé ngukur salira kuwi garisé gedé: ngorèksi diri lijan. Kuwi kalebu salah wèwèng, djer andjarag ngambah dalan sing kosok-balèn karo mulat salira.
n tu dj aí m dj pi pu si se dj pe na ng sa ku ta te Na né ta ar tli an ku pr pir ta dé tej ng sal ta
II. Ngukur salira kuwi tegesé: ngukur diri karo diri, ja kuwi diriné lijan karo diriné déwé. Mangka anggeré isih djeneng diri" kuwi, tan kena ora isih asipat aku idjen² (= perseorangan). Hla rasa aku idjèn² kuwi sing ngebot-eboti tudjuwan marang aku sawutuh (= semesta), alias tudjuwan marang Kasunjatan.
III. Rasa aku idjèn² kuwi, babaré ana ing djagad pasrawungan, kawengku déning Hukum Kudrat, sing wudjudé:
a. betjik kumpul pada betjik: bisa runtut, bisa rukun, bisa kepénak. b. betjik kumpul karo ala: jèn si betjik gelem kurban perasaan, ija bisa runtut, bisa rukun, nanging si-betjik ora kepénak, sing kepénak mung se-sisih, ja kuwi si-ala sing dikurbani.
c. ala kumpul pada ala: mesti ora runtut, mesti tjrah, mesti pada déné ora kepénaké.
Dadi: angger² ,soort zoekt soort" (= anggolèki golongané) kuwi isih tetep tumindak, liré: ala anggolèki pada ala; nanging jèn wis kelakon kumpul, sadéla waé bandjur sulaja.
Hukum mengkono kuwi kita-sipati ing sa-dina².
26. ANA K:
Kula nuwun, manawi makaten, ingkang dados soal: sanès pun-pandamel ngukur, sajektosipun pun-tijang ingkang ngukur. Manawi puntijang saé watak lan tumindakipun, ingkang ngawaki sakétja, srawungipun inggih sakétja. Déné jèn pun-tijang ingkang ngukur watak lan tumindakipun awon, inggih rèwèl kadadosanipun. Senadjan wiwitanipun saé, amargi ,soort zoekt zoort", ananging boten badé lana. Punapa boten makaten?
26. BAPA:
Pamikirmu wis rada bener tinimbang dèk mau. Nanging panganggepmu ngukur salira kuwi soal uwong, dudu soal wawatekan utawa soal panggawé, kuwi salah. Amarga wawatekan utawa panggawé sing djeneng ngukur salira kuwi, ditindakaké déning wong sing kaja ngapa waé betjiké, utawa kaja ngapa waé alané, tetep ora marakaké kepénak tumrap sing ngawaki lan tumrap sing ketaman. Terangé mangkéné:
Panggawé ngukur salira kuwi, diriné lijan diukur karo diriné déwé, r u m a n g s a n é tinemu: p a d a. Dadi: jèn sing nindakaké panggawé ngukur kuwi wong betjik, r u m a n g s a n é si-djuru ngukur: adep-adepan karo wong betjik. Jèn sing nindakaké panggawé ngukur kuwi wong ala, r u m a n g s a n é si-djuru ngukur: adep-adepan karo wong ala.
Nanging ,rumangsané" si-djuru ngukur kuwi mau apa tjotjog karo njatané? Durung karuwan! Malah kena dipestèkaké: kerep banget ora tjotjogé, arang banget tjotjogé.
Jèn mengkono, dadi: wong sing kinira betjik déning si-djuru ngukur betjik, bisa uga sanjatané ...... ala. Suwaliké: wong sing kinira ala déning si-djuru ngukur ala, bisa uga sanjatané........ b e t j i k.
Sarèhning pangukuré mlèsèd karo njatané, mesti waé uwohé: sing ngukur lan sing diukur ora kepénak salah sidji utawa sakaroné, djer kapitunan salah sidji utawa sakaroné.
Si-djuru ngukur betjik, jèn mlèsèd pangukuré: ora sapiraha rèwèlé; djer kapitunané mung dipikul déwé, sarta anggoné ngrasakaké ora pati abot. Nanging si-djuru ngukur ala, jèn mlèsèd pangukuré: rèwèl, jèn ora mlèsèd ija tambah rèwèl, awit pantjèn pengawak rèwèl.
27. ANAK:
Kula nuwun, dawuhipun bapak punika wau, ingkang bagéjan ngadjeng, kula sampun saged tampi. Nanging ingkang kantun pijambak punika wau peteng sanget ing panampi kula. Amila wontena keparengipun bapak andjelasaken.
27. B A P A:
Ija bener, pantjèn perlu kudu didjelasaké. Djelasé nganggo upama sing gampang waé disik, mangkéné :
Üpamané A kuwi wong sing djudjur, ora gelem ngapusi. Nalika A sesambungan rembug karo B, dèwèké đuwé pangira jèn B kuwi ija djudjur kaja diriné dewé. Mulané ing wektu sesambungan rembug kuwi, A pertjaja banget marang B, ora duwé sangga runggi apa². Kaja ta: kalané nampakaké marang B arupa barang pengadji utawa duwit: ora perlu nganggo saksi utawa lajang,tanda terima". Wusana A anggoné ngukur salira kuwi mlèsèd: B njélaki barang utawa duwit sing wis ditampani kuwi. Malah nganggo nantang² ngakon merkarakaké.
Wong sing betjik atiné kaja A kuwi, nandang kapusan banda lan ditantang, apa sida perkaran apa diéklasaké: ora pati karasa abot. Nanging terang: jèn karèwèlané kuwi djalaran A ngukur salira.
Kosok-baliné, upamané C kuwi wong sing urik lan gelem ngapusi. Nalika C srawung karo D, dèwèké duwé pangira jèn D kuwi ija kaja diriné déwé. Mulané nalika Ć nampakaké barang pengadji marang D, atiné tansah deg-degan, kuwatir jèn diuriki utawa diapusi. Kanggo ngaremaremi rasané deg-degan kuwi, merlokaké lajang tanda terima" sing tliti banget anggoné njebutaké kahanané barang mau, sinartan djandji lan antjaman marang sing nampani. Ewadéné isih kudu nganggo .... saksi.
Hla upama D kuwi wong betjik apik, kataman tindak kaja mengkono kuwi kaleksanan kepeksa kurban perasaan. Déné C wis ora kober niti priksa: anggoné ngukur salira kuwi mlèsèd apa ora.
Kotjapa, srawungé C karo E ija kaja mengkono. Dilalah sapinterpinterané C isih kalah karo pinteré E. Lajang tanda terima" sing uniné tarik², tur nganggo saksi kuwi, isih kena dibrobosi utawa diubeng-ubeng déning E, akibaté dadi ........ gendra. Déné si-djuru ngukur saja mantep pandakwané, kinira jèn angger irung kuwi wataké urik lan gelem ngapusi kaja dèwèké.
Bokmanawa saiki wis terang panampamu, jèn panindak ngukur salira kuwi pantjèn kudu disingkiri ing sadjroning pasrawungan karo: tangga, mitra, kantja tunggal sapagawéjan, lan karo sapa waé.
Wong sing wataké temen, sregep, djudjur, welasan, ngerti ing wadjib, nuhoni djandji, sapanunggalané sing kasebut wewatekan betjik, samangsa ngukur salira kerep nandang kapitunan banda lan perasaan. Déné wong sing wataké: drengki, srèi, panas-tèn, urik, mèlikan, tjulika, slingkuh, méntjla-méntjlé, tjidra, sapanunggalané sing kasebut wewatekan ala, samangsa ngukur salira, kowé bisa anggambaraké déwé: keprijé akibaté ana ing pasrawungan iki.
du sal pa sal ma pu pu ke wa ora mu mi pr em ku Dé kal de lija pai kas bu an wa ma ak dig wu pu
28. ANAK:
Kasinggihan dawuhipun bapak, sapunika sampun terang ing panampi kula bab istilah ngukur salira punika.
Kula sampun kerep mireng babasanipun tijang paben wonten ing pakampungan, ungelipun: wong gawé klambi teka diukur awaké déwé", sapunika kula saged negesi: pun terdakwa mungkir, gentos mendakwa bilih pun pendakwa nindakaken n g u k ur s a lir a.
Punapa temen pun terdakwa boten dosa; lan punapa temen pun pendakwa ngukur salira, punika wallahu a'lam. Punika wau namung saged mewahi marem kula dateng paringipun penerangan bapak, bilih ngukur salira punika pantjèn dados sasakit gendra wonten ing pasrawungan.
Ananging wonten soal ingkang ambingungaken manah kula, inggih punika pangupamèn bab apus-apusan punika wau. Saking panampi kula: tijang ingkang tirah pangandel, dawāhipun klintu, ingkang' t j up e t pangandel, inggih klintu. Hla tumrap kita ingkang gesang sasrawungan kalijan sasami, manawi kaleres wonten urusan bangsanipun kados maten punika, ladjeng kados pundi prajoginipun?
28. BAPA:
Wé hla, keprijé ta nggèr kowé kuwi? Sing dirembug iki mau rak bab panindak ngukur salira, ta? Kita ora ngrembug ala-betjiké turah pangandel, apa tjupet pangandel, ora ngrembug ala-betjiké sidji-sidjining watak utawa tindak sing akosok-balèn. Ija apa ora?
Miturut pangrembug iki mau, kowé wis mupakati panemuku, jèn panindak ngukur salira kuwi kudu disingkiri déning sapa waé, ora nganggo ambédakaké apa dasaring wewatekané betjik utawa ala. Upama putusaning pangrembug diwudjudaké panguwuh (seruan), uniné mangkné:
Hèh, wong temen muga² tulusa katemenanira iku, nanging supaja sira ora kapitunan, adja sira duwé pangira, jèn mitranira temen kabèh kaja sira. Hèh wong mangerti wadjib, muga² lestarija kainsjafanira iku, nanging supaja kuwadjibanira ora ngutjiwani, adja sira duwé pangira, jèn kantjanira nunggal sapagawéjan iku insjaf kabèh kaja sira".
Íng sisihé, ana panguwuh sing uniné mangkéné:
Hèh wong demen goroh lan tjulika, manira ora ngrembug alabetjiké wewatekanira iku, nanging supaja ora wuwuh rèwèl lan gendra, adja sira duwé pandakwa, jèn sakabèhing titah iku demen goroh lan tjulika kaja sira".
Dadi: bab lung-tinampan barang pengadji sing kok-takokaké kuwi mau, kita kudu bisa mikir déwé keprijé prajogané; sok uga turahé pangandel utawa tjupeté pangandel kuwi o r a adedasar ngukur salira.
29 ANA K:
Nuwun inggih, bapak, sapunika kula sampun dong. Tumrap urusan dunja, kados² ingkang prajogi punika tumindak z a k e li j k (bèrès, sakperlu), sok ugi boten karana tjupet pangandelipun dateng sasami.
Anu, bapak, kula njlèwèng sakedik: wontena keparengipun bapak paring penerangan: sambetipun watak ,butarepan" kalijan ngukur salira" punika kados-pundi? Barèsipun kula boten mangertos njuraos pamanggihipun salah satunggaling ngulami, ingkang mastani bilih Pangéran punika Maha Butarepan. Mangka tumrapipun tijang, watak butarepan punika kalebet watak ingkang tjinatjad, amargi ingkang katah murugaken gendra.
29. BAPA:
Soal watak butarepan kuwi pada waé karo soal watak temen utawa watak tjulika mau kaé. Ja kuwi ana sing disusuli ngukur salira, ana sing ora. Pantjèna kita tjukup ngélingaké:
Hèh wong butarepan, ala-betjiké watak iku ora manira rembug, mung manira prajogakaké adja sira rangkepi ngukur salira, supaja ora múwuhi gendra".
Nanging sarèhning kowé nganggo njangking asmaning Pangéran, ija prajoga tak-terangaké, miturut panemuku:
butarepan = but-arepan, kuwi tegesé rebut lungguh ana ing ngarep, emoh disingkur; nanging bandjur ménggok dadi kuwatir disingkur utawa kuwatir kesingkur.
Saka panemuku: ,emoh" kuwi bebas, djer pantjen wewenangé déwé Déné kuwatir" kuwi mratandani jèn dèwèké ringkih, rumangsa bakal kalah. Ja kuwi sing kelebu watak tjinatjad.
Tembung butarepan kuwi satemené bisa ditumrapaké marang deduwurané, wong tuwané, lan sapa waé, karana didakwa nresnani awak lija, satemah dèwèké bisa kesingkur. Nanging umumé, tembung butarepan kuwi mung babagan kelamin, ditumrapaké marang bodjo utawa kekasihé, didakwa mangro tingal. Bokmanawa iki sing kok-takokaké sambungé karo ngukur salira mau. Djawabé: sing nganggo ngukur salira ja ana, sing saka kandelé rasa perseorangan ja akèh.
Déné Pangéran katembungaké Maha Butarepan" kuwi, ija kena waé. Nanging butarepané Pangéran kuwi ora ngéwuhaké kaja butarepané manungsa. Pengéran e m o h (ora kersa) dipangro tingal utawa disakutokaké: jèn butarepané manungsa: or a e'm o h, nanging diperkara lan digawé gendra, đjaréné saka pangémané.
Wis nggèr, olehmu ngadjak njlèwèng, seméné waé.
V. ANDARAN BAB TEPA SALIRA
30. ANAK:
Kula nuwun bapak, anggèn-kula ngaturi njlèwèng punika wau: njuwun gunging pamengku. Sajektosipun, soal ingkang mentas kadawuhaken punika wau, upami kaladjengaken pangrembagipun, nuwun inggih taksih pandjang sanget. Ananging kula inggih sampun narimah dipun-tjutel samanten kémawon. Saladjengipun kula ngadjeng-adjeng wontena keparengipun bapak: miwiti paring penerangan bab tepa salira.
ku sa di da ke m tè ba sa ke di ka di so lij m di tij jD di ba w m m lij dj ija di m m
Manawi miturut tembungipun, sasumerep kula ,tepa" punika ateges u k ur utawi t j on t o. Dados tepa salira" kalijan ngukur salira" punika kula kinten inggih sami kémawon. Mila sareng bapak andawuhaken b é d a, punika kula kepéngin sanget mangertos djelasipun.
30. BAPA:
Mula bener tepa kuwi ateges ukur, nanging ,,tepa salira" karo ,,ngukur salira" kuwi ora pada tegesé. Awit sing diukur, ukurané, lan tjarané ngukur, pantjèn béda.
Panggawé sing djeneng tepa salira kuwi garisé gedé mangkéné:
a. Pawigatèné marang diriné déwé;
b. Diriné déwé dititi-priksa: kepénaké jèn ketaman tindak keprijé;
c. Diri lijan d i t e p a (= diukur) karo diriné déwé, tinemu: p a d a;
d. Ngati-ati panindaké marang diri lijan, sukur bisa gawé kepénak, saora-orané adja nganti gawé ora kepénak.
Dadi wis tetéla, bédané kuwi mangkéné:
I. Nanding salira lan ngukur salira kuwi niti priksa m e n d j a b a (= extrospeksi), tepa salira kuwi nitipriksa mendjero (= introspeksi).
II. Nanding salira lan ngukur salira kuwi karana kepentingané diriné déwé, tepa salira kuwi karana kepentingané diriné lijan.
III. Nanding salira lan ngukur salira kuwi panimbangé groboh, tepa salira kuwi panimbangé tliti.
IV. Nanding salira lan ngukur salira kuwi mahanani tumindaké grusa-grusu, tepa salira kuwi mahanani tumindaké ngati-ati.
V. Nanding salira lan ngukur salira kuwi mesti ora kepénak ana ing pasrawungan, tepa salira kuwi kepénak ana ing pasrawungan.
Jèn bédané kuwi panampamu isih kurang tjeta, mara rasakna: upamané ana sawidjining kepala: njambut gawé bebarengan karo andahané.
Kepala sing kulina nanding salira, pintera utawa bodowa, rumangsané pinter. Andahané tansah diwaoni awit rumangsané ora pinter jèn ditanding karo dèwèké. Mesti waé andahané ora seneng dikepalani wong sing kulina ngukur salira, pinteré utawa bodoné, ora dirumangsani. Andahan diukur pada kaja dèwèké: gelem takon pagawéjan sing durung terang. Nanging si-andahan wataké isin tetakon. Akibaté pegawéjané kerep kutjiwa.
Kepala sing kulina tepa salira, dèwèké pinter apa bodo, ngrumangsani keprijé, apa ora ngrumangsani, ora dadi soal. Pamikiré mung: kepala kuwi uwong, andahané kuwi ija uwong, andahané ditepa kaja diriné déwé. Dèwèké jèn ditjatjad: ora seneng, jèn dipituturi kalajan ulat manis: gelem Mulané dèwèké emoh natjad marang andahané, gelemé: mituturi, tur kalajan ulat manis. Mesti waé si-andahan wedi asih dikepalani wong sing kaja mengkono kuwi.
Keprijé, apa isih kurang tjeta?
31. ANAK:
Kula nuwun sampun tjeta sanget, bapak. Ananging wonten ingkang kula anggep anèh, inggih punika:
Tijang ingkang kawigatosanipun dateng diri lijan (djuru nanding salira lan djuru ngukur salira), teka tlondjongipun karana kepentingan diri pijambak. Kosok-wangsulipun: tijang ingkang kawigatosanipun dateng diri pijambak (djuru tepa salira), teka tlondjongipun karana kepentinganipun diri lijan. Punika saking pamanah-kula teka boten matuk.
31. BAPA:
Pantjèna ja ora anèh; padané mangkéné: Ana wong sing tansah migatèkaké marang kasugihaning lijan, kaja ta migatèkaké tindak korupsi bandjur dadi sugih. Anggoné migatèkaké mau, glètèk petèlé djebul saka rasa mèri lan kepéngin. Saupama dèwèké olèh kedudukan lan ana kesempatan: bakal dadi koruptor déwé. Hla kuwi ateges migatèkaké diri lijan, karana kepentingané diriné déwé.
Kosok-baliné, ana wong sing tliti anggoné ngétung pametuné utawa kasugihané déwé. Déné perluné diétung tliti kuwi, amarga saturahé sing dianggo kabutuhaning uripé, nijat disadijakaké kanggo andarmani usaha² sosial. Hla iki djeneng migatèkaké diriné déwé karana kepentingané diri lijan.
32. A N A K:
Inggih, inggih, bapak, sapunika kula sampun marem. Ananging meksa taksih wonten ingkang badé kula-suwunaken penerangan:
Tijang punika limrahipun remen ngomongaken punapa² ingkang dipun-wigatosaken. Manawi makaten, nalikanipun srawung kalijan tijang sanès, temtunipun ngresepaken pun-djuru nanding salira utawi pun djuru ngukur salira, amargi boten ngomongaken dirinipun pijambak. Déné pun-djuru tepa salira, mesti amboseni, djer ingkang kawigatosaken dirinipun pijambak, dados remenipun inggih omong bab dirinipun pijambak. Jèn makaten dados kosok-wangsul kalijan dawuhipun bapak kala wau.
32. BA PA:
Pitakonmu kuwi mratandani jèn ngertimu durung temenanan, dadi maremmu ija durung 100%. Tjoba rungokna, bokmanawa maremmu bisa mundak:
Djuru nanding salira migatèkaké diri lijan, demen ngomongaké diri lijan; iki bener, lan tjotjog. Nanging, omongé kuwi, ora lija, kedjaba wudjud panatjad tumrap marang wong sing dirasani (wong III), terkadang ija marang wong sing diadjak guneman (wong II) terkadang manèh isih diwuwuhi ngomongaké bener-betjiké diriné déwé. Apa srawungan kaja mengkono kuwi ngresepaké? Mesti orané.
Djuru ngukur salira migatèkaké diri lijan, kok-kira uga demen ngomongaké diri lijan: iki bisa uga bener, bisa uga salah. Wong sing demen nanding salira, panatjadé marang lijan kuwi pantjèn kudu² diwetokaké ing lésan. Nanging wong sing demen ngukur salira, pandakwané marang lijan akèh sing mung dibatin waé. Upama pandakwané marang wong III kuwi dilahiraké marang wong II, utawa pandakwané marang wong II dilahiraké adu arep marang wong İI, ja durung-mesti ngresepaké kaja kandamu mau. Amarga pandakwa kuwi ana sing ala ana sing betjik, ana sing njata ana sing ora njata.
su al M sa Te sa ba ng ba ak di as sa pi dj tra bo ke da m d ra tje É sa ak eb di eb an p ka pa ni dj pa m
Djuru tepa salira migatèkaké diriné déwé kok-kira demen omong bab diriné déwé; iki salah babar pisan. Sapisan: migatèkaké kuwi kena mung dibatin waé; kapindoné: wong sing demen ngomongaké diriné marang lijan, kuwi genah durung ngerti lan durung nindakaké tepa salira.
Tata-krama sing ngresepaké sadjroning srawung, ja kuwi nakokaké wong sing diadjak guneman, bab keslametané, kula-wargané, lan lija-lijané, sok uga ora nakokaké bab² sing kinira andadèkaké wirangé sing ditako ni. Sabandjuré, jèn wongé sing diadjak guneman ngandakaké kasusahané prajoga ngatonaké béla sungkawa; déné jèn kantjané guneman kuwi ngandakaké kabungahané, prajoga ngatonaké béla sukané.
Ana-déné wong sing ngandar-andar ngandakaké kahanané diriné déwé, ora mung saperluné mangsuli pitakon utawa njambungi rembug, kuwi pantjèn ja amboseni sing ngrungokaké. Apa manèh jèn ngandarandaré kuwi babagan pangresula utawa babagan umuk, saja amboseni banget. Mulané panggawé kaja mangkono mau ora bakal katindakaké déning wong sing ulah tepa salira.
Pangiraku kowé saiki wis ngerti temenan, jèn panindak tepa salira kuwi pantjèn kudu dadi dasar sing baku, tumrap wong urip sasrawungan karo sapada-pada, ana ing ngendi waé.
Ing lajang Kidungan", kidung rumeksa ing wengi: tembang DAN- DANGGULA kaé, ana piwulangé bab tepa salira kuwi, muni mangkéné:
sapa weruh kembang tepus kaki, sasat weruh reké Artadaja, tunggal pantjering uripé;
surasané: sapa sing wis mangerti temenan bab tepa salira, ateges uga wis mangerti marang asalé kabèh titah kuwi: sawutuh saka Urip kang Agung.
sapa wruh ing panudju, sasat sugih pageré wesi, rineksa wong sadjagad, kang angidung iku;
surasané: sapa ngangkah gawé senenging lijan lan njingkiri sing andadèkaké ora senenging lijan, mesti uripé santosa, rineksa ana tengah-tengahing masjarakat, ja kuwi wong sing nindakaké tepa salira mau (ana uga lajang Kidungan" sing tembungé rineksa wong sadjagad kuwi muni: sinihan wong sadjagad).
lamun dipun-apalena, kidung iku dèn-tutug pada sawengi, adoh panggawé ala.
surasané: jèn tepa salira kuwi wis dadi pakulinan, amesti ora bakal gawé ala marang lijan, lan ora bakal digawé ala déning lijan.
Keprijé nggèr, apa isih ana sing kok-takokaké manèh?
33. ANAK:
Kula nuwun bapak, sapunika kula sampun mangertos temenan. Miturut ungelipun serat ,Kidungan" punika wau: sekartepus alias tepa salira punika djebul wonten wewadosipun ingkang samanten pentingipun. Terang sanget bilih tepa salira punikā sampun njelaki dateng raos aku sawetah. Déné nanding salira lan ngukur salira punika asipat aku idjen² baledjet.
33. BA PA:
Hla mbok ngono! Dadi saiki kowé wis dong: Jèn nanding salira lan ngukur salira kuwi niti priksa m e n d j a ba lan asipat aku idjen² baledjet déné tepa salira kuwi niti priksa m e n d j e r o lan njedaki rasa aku sawutuh.
Sabandjuré, amesti kowé ija wis mangerti: apa sababé panindak nanding salira lan ngukur salira kuwi ora ngepénakāké. Ora lija ija djalaran asipat...... aku idjen² mau kaé. Tjoba delengen ing sakiwa tengen kita: sababé wong pasulajan, padu, perkaran, kerengan, intjim-intjiman, pitnah-pitnahan, tekan........ patèn-patènan barang kuwi, ora lija: djalaran kasurung déning rasané aku idjèn².
Ana-déné wong sing rasané aku idjèn² wis tipis, amesti anggoné mimitran, kakantjan njambut gawé, baton dagang, maréntah, mulang-muruk, bobodjowan, momong ipé apa mara-tuwa apa anak kuwalon, . . .. .. . . ija kepénak waé. Mungguh bisané tipis kuwi ija kudu dilantih, supaja lawas² dadi kulina. Panglantihé wiwitan, ija meruhi kembang tepus mau kaé, sing miturut panampamu, panindak mengkono kuwi (tepa salira) w i s n j e - d a k i rasa aku sawutuh. Hla saiki perlu tak-genaħaké:
Jèn tembung ,,wis njedaki" kuwi kok-tegesi wis kelakon tjedak karo rasa aku sawutuh, kuwi salah. Panindak tepa salira kuwi durung kelakon tjedak karo rasa aku sawutuh, satemené mung lagi wiwit tumindak njedak. Éwa-déné uwohé wis kepénak ana ing djagad pasrawungan.
Mau wis tak-kandakaké, jèn tembung ,,salira" ing istilah nanding salira, ngukur salira, lan tepa salira kuwi, mung pada ateges d ir i alias aku idjen² (mirsani 16. Bapa); mangka rasa aku idjèn² kuwi sing ngeboteboti tudjuwan marang rasa aku sawutuh (mirsani 25. Bapa); Saiki perlu diwuwuhi katrangan: senadjan diri pada diri, ngebot-eboti pada ngeboteboti, ananging nanding lan ngukur kuwi pada dadi rin t angan, amarga rasané aku idjèn² isih kandel banget; balik tepa kuwi dadi ...... pa n d o m t u d u h d a la n, amarga rasané aku idjèn² wis suda kandelé.
Sapa sing gelem mlaku ngliwati dalan sing dituduhaké déning pandom t e p a s a l i r a, insja Allah luwih gampang bisané mangerti lan nindakaké panggawé sing djeneng m ulat salira, awit nunggal djinis pada déné niti priksa.......... m e n d j e r o (introspeksi). Ija panggawé mulat salira kuwi sing minangka t a t a r a n panggajuh kita marang rasa aku sawutuh (Kasunjatan).
34. ANAK:
Kula nuwun, bapak, kula-kinten tepa salira punika sampun mèh dumugi Kasunjatan, kawistara sampun sami sakétjanipun linampahan. Dawahipun djebul taksih njamut², saweg dumugi ,,wegwijzer" anggènipun badé mantjik tataran mulat salira. Saiba sakétjanipun manawi pangudinipun sampun dumugi tataran ngriku punika. Amila kula kepéngin sanget tumunten mirengaken dawuhipun bapak bab mulat salira punika.
S S 60 S
34. BAPA:
Hla rak kesusu waé ta, kowé kuwi. Tepa salira mau isih perlu takwuwuhi katrangan manèh supaja panampamu tambah tjeta:
Mula beneř tepa salira kuwi rasané aku idjèn² wis ora kandel, kaja nanding salira utawa ngukur salira; nanging tabeté rasa aku idjèn² kuwi isih ketara; ja kuwi: panindaké kudu tunduk marang Hukum Agama, Hukum Negara, lan Hukum Masjarakat. Liré mangkéné:
Sabarang panggawé, sing dadi larangané Hukum² mau, o r a k e n a ditindakaké marang diri lijan, senadjan sing nindakaké wis kanti panimbang tepa salira, ja kuwi gelem kataman tindak kaja mengkono déning diri lijan.
VI. SALAT DAIM MULAT SALIRA
35. ANAK:
Kula nuwun, dawuhipun bapak sadaja wau sampun tjeta gamblang, boten wonten kakuwatosan malih manáwi kula taksih saged klintu tampi. Amila wontena keparengipun bapak ladjeng paring penerangan bab salat daim mulat salira, minangka gong-ipun.
35. BAPA:
Sukur bagé (= bagja) sèwu, jèn kepara njata kaja mengkono. Anggonku gawé katrangan sok tak-bolan-balèni kuwi, ora lija, saka pangati-atiku, andjaga adja nganti kowé kliru tampa. Saupama kandaku ora kok-anggep beńer, malah ora dadi ngapa, aku ora bakal kapitunan. Nanging jèn kandaku kok-anggep bener lan kok-mupakati, mangka sanjatané panampamu kliru tampa, hla kuwi aku rumangsa dosa, terkadang dilok-lokaké ing ngakèh, kadakwa nularaké kawruh sasar. Mulané tak-ati-ati banget.
Kowé mau wis ngakoni, jèn panindak tepa salira mung minangka pandom tuduh dalan, anggoné arep mantjik ing tataran mulat salira. Hla kuwi kowé mangertija, panindak sing djeneng mulat salira kuwi satemené ana rong werna, ja kuwi mulat salira mawas diri karo mulat salira mawas Ingsun.
Tembung,,mulat"karo tembung,mawas"kuwi tegesé pada waé, ja kuwi: niti priksa utawa andeleng kanti tliti. Terangé tinemu ana ing tembung ngulataké karo ngawasaké, tegesé rak pada, ta?
Mulat salira'mawas diri, maksudé: andeleng kanti tliti di rin é déwé utawa aku ne idjen2 déwé. Panindak iki penting banget tumrap panggajuh kita babagan d u n j a.
Mulat salira mawas Ingsun, maksudé: andeleng kanti tliti I n g s u n é déwé utawa akuné sawutuh déwé. Panindak iki penting banget tumrap panggajuh kita babagan K a s u n j a t a n. Ija panindak iki sing kasebut salat daim mulat salira.
36. A N A K:
Kula nuwun, bapak, senadjan ingkang kula-impi² sakawit bab salat daim mulat salira, ananging sareng bapak paring dawuh bilih mulat salira punika pilahipun werni 2, raosing manah kula teka inggih kumedah mangertos djelasipun kalih pisan.
36. BAPA:
Sukur, jèn kowé tlatèn ngrungokaké; pantjèn kudu tak-terangaké sakaroné, djer pantjèn pada pentingé. Anadéné panindak mulat salira werna 2 kuwi, tembungé mantja pada waé, jà kuwi z el f k en n en.
Mulat salira (zelfkennen) mawas diri kuwi penting banget tumrap anggajuh babagan d u n j a. Déné babagan dunja kuwi ana sing asipat p e rs e o r a n g a n kalebu kula-warga sing tjedak banget, ana sing asipat u m u m, ja kuwi tunggal bangsa, utawa tunggal kelamin, utawa tunggal kapertjajan, utawa tunggal nasib, utawa djembar banget: tunggal pada déné manungsané.
Apa asipat perseorangan apa asipat umum, ora ana bédané, sing djeneng panggajuh babagan dunja kuwi garisé gedé mung 3 bab, ja kuwi ngangkah kepénaké bab sandang pangan, bab djodjodowan, lan bab sesrawungan. Jèn 3 bab kuwi kabèh dirembug sadjelas-djelasé, hla ija dawa banget. Saiki mung arep tak-grambjang waé tur mung sing asipat perseorangan. Djelasé lan djembaré udinen déwé.
Bab sandang pangan. Upama kita arep ngedegaké sawidjining perusahaan, sing miturut kahanan: dadi butuhé akèh, dadi kena diarep-arep bisa madju. Nanging sadurungé wiwit, kita kudu mawas diri kita disik:
(a) Apa kita iki wis ahli utawa gampang dadi ahli tumrap perusahaan kuwi?
(b) Apa semangat lan kasarasan kita tjukup kanggo ngurusi perusahaan kuwi?
(c) Apa pawitan kita tjukup; jèn durung tjukup, keprijé istijar kita?
(d) Lan lija-lijané.
Jèn pamawas mau tinemu akèh ,ijané" tinimbang ,orané", bandjur ditindakaké kanti semangat lan kedjudjuran; keprijé kadadéjané, s u m ar a h ing taqdir. Ija sumarah sawisé istijar mengkono kuwi sing kasebut Islam.
Bab djodjodowan. Upama kita arep golèk djodo (lananga utawa wadona), sadurungé kudu mawas diri kita:
(a) Wong sing sipaté keprijé sing tjotjog karo wewatekan kita?
(b) Keprijé bakal panguripan kita sakloron?
(c) Lan lija-lijané.
Jèn pamawas mau tinemuakèh,,ija"-né tinimbang,,ora"-né, bandjur ditindakaké, kanti nijat mong-kinemong lan gelem kurban. Déné sing ora nganggo mawas diri, mung nuruti tjinta hawa nafsu sing kinira tjinta sedjati, akibaté........rasakna.
ko te id 一 tj pu ba pu sa In ak ten gar ana sais gan ,,a" uta
Bab sasrawungan. Sing diarani kawruh sesrawungan kuwi satemené ora lija, ija kawruh mawas diri. Sabab wong sepirang-pirang, sing werna² tingkatané, umuré, lan wewatekané, sing srawung karo kita kuwi, ora mungkin jèn ta kita-purih manut kita utawa ngemong kita. Balik kita sing wadjib mawas diri kita: mbetjiki wewatekan lan tumindak kita, supaja wong² mau u m u m é rumangsa kepénak sesrawungan karo kita. Hla kuwi bisa ditéori, kaja ta diriné déwé ditakoni déwé mangkéné:
(1) Apa aku sok seneng marang kasusahaning lijan?
(2) Apa aku luwih seneng olèh tinimbang wèwèh?
(3) Akèh endi wong sing tak-senengi karo wong sing tak-getingi?
(4) Apa aku rumangsa seneng jèn bisa mitulungi lijan?
(5) Apa aku kagolong wong sing sugih mitra?
(6) Apa botjah² anaké tanggaku pada seneng marang aku?
(7) Lan lija-lijané, akèh banget.
37. ANAK:
Kula nuwun, bapak, senadjan namung grambjangan tjekak-tjekakan kula sampun marem. Sapunika mugi keparenga ladjeng paring wedjangan bab salat daim mulat salira, badé kula emataken sajektos, bokmanawi kula saged nindakaken.
37. BAPA:
Mulat salira (zelfkennen) mawas Ingsun, sing uga kasebut s a l a t daim mulat salira, kuwipantjèn dadi sarana anggajuh makrifat ing Pangéran, Indonesiané: dengan djangka pendek. Lan manèh: sapa waé bisa nindakaké, sok uga gelem. Nanging anggonku nerangaké supaja kowé ora kliru tampa, kuwi sing rada angèl. Saja angèl mangertiné: manawa kowé wis akèh watjanmu, nanging isiné sing wis kok-watja ora koksisihaké disik. Awit buku² sing ngrembug mulat salira (zelfkennen) kuwi, kèh-kèhané babagan mulat salira mawas diri. Sababé ora ngrembug mulat salira mawas Ingsun bokmanawa djalaran pengarangé pahamé mula mengkono, bisa uga djalaran rinasa déning pengarangé, jèn basa ing ngalam dunja iki ora trep dianggo nerangaké.
Dadi: upama aku bisa nerangaké mulat salira mawas Ingsun, sarta kowé ora kliru tampa panampamu, kuwi tetep p a d a b e g d j a n é. Soal kowé mupakat utawa ora, lan sawisé mupakat: kowé gelem nindakaké utawa ora, kuwi begdjamu déwé.
Tjoba rungokna, tak-wiwitané:
Jèn kita arep ngrembug panggawéjan sing djeneng mawas Ingsun kuwi, tan kena ora, kita kudu ngerti disik maksudé istilah mawas" karo maksudé istilah ,,Ingsun".
Istilah mawas utawa mulat, lagi mentas waé anggonku ngandakaké, ateges: niti-priksa utawa ndeleng taliti (mirsani 35, Bapa).
Déné istilah Ingsun sing uga kasebut Ikheid utawa Pribadi, mau wis kok-takokaké, ananging durung tak-wangsuli (mirsani 12. Anak-Bapa).
Sabandjuré, nalika ngrembug bédaning tegesé tembung diri karo tembung Ingsun mau, aku wis nerangaké saklébatan: diri kuwi rasa aku idjen² = perseorangan = individueel, déné Ingsun kuwi rasa aku sawutuh = semesta = universeel (mirsani 16. Bapa).
Satemené, mungguhing teges, tembung ,mawas Ingsun" kuwi wis tjeta, ja kuwi: niti priksa rasa aku sawutuh.
Nanging bareng kowé takon ingkang kasebut Ingsun punika punapa", hla kuwi sing mbutuhaké katrangan pandjang lebar. Mestiné bandjur disusuli pitakon manèh, ingkang dipun-titi priksa punapanipun". Rak ija ta?
38.. A NA K:
Kasinggihan dawuhipun bapak punika. Manawi kula boten klintu, saratipun salat daim mulat salira punika boten sanès:
(1) Mangertos ingkang sinebut Ingsun punika punapa:
(2) Mangertos ingkang dipun titi priksa punika punapanipun Sang Ingsun:
(3) Anggènipun niti priksa adjeg-adjegan, boten mawi katemtokaken wekdalipun.
38. B A PA:
Wis bener panampamu kuwi, nggèr, mratandani jèn kowé wis ngerti temenan. Aku bungaħ, sebab anggonku gawé ketrangan bakal luwih gampang. Tjoba ematna koloman iki:
| bas a Djawa | k o l o m a” Pribadi Ingsun | kolom A" Pribadi kang Agung |
| Djawa Landa | Pribadi Ingsun Ikheid | Pribadi kang Agung Ingsun ,” ” Absolute Ik |
| Landa Sanskrit Pèrsi | Ingsun Ikheid Purusha Khudi | Ingsun ,” ” Absolute Ik Isjwara |
Sawisé kok-emataké, bandjur rasakna katetepan iki:
I. Kolom a" kuwi rasa aku sawutuh (= semesta = universeel) sing ana ing sidji-sidjining titah.
II. Kolom a" kuwi sing kita tékadaké: wewajangané kolom A" III. Kolom A" kuwi sing kita-tékadaké: nitahaké bumi langit saisiné kabèh iki.
IV. Kolom ,A" kuwi tan kena kinaja ngapa, liré ora bisa digambargambar utawa dièmper-èmper karo apa waé.
V. Sarèhning kolom A" kuwi tan kena kinaja ngapa, amesti kolom ,a" ija tan kena kinaja ngapa.
Da di: panggawéjan mawas Ingsun kuwi ateges: niti priksa utawa andeleng kalajan taliti: marang sing..........tan kena k in a j a n g a p a. Jèn kasil pangudiné, kasebut wis bisa anggajuh Kasunjatan utawa wis makrifat ing Pangéran.
Mestiné kowé bandjur takon: hla tijang tan kena kinaja ngapa teka dipun-titi priksa; hla gèk ingkang dipun-titipriksa punika punapanipun?"
Djawabané ora angèl ja kuwi: a d j a niti priksa sing tan kena kinaja ngapa, w ali k e n: niti priksaha sing kena kinajangapa waé. Jèn wis tlesih paniti priksamu tumrap sing kena kinaja ngapa, amesti gamblang tumrap sing tan kena kinaja ngapa kuwi.
Kandaku bijèn, sing kok-takokaké djelasé dèk wiwitan rembugan iki mau, muni mangkéné:
Ora mung ngulataké krenteg waé, uga ngulataké kabèh pirantining badan, sing wadag, sing alus, sing luwih déning alus" (mirsani 1. Anak)
Rak ija ta? Ija ngulataké krenteg lan lija²-né kuwi mau: sing katembungaké niti priksa tumrap sing kena kinaja ngapa.
Tandingen karo wasitané Šang Maharshi R a m a K r i s n h a (sugeng sadjroning abad 19), sing surasané mangkéné:
rékané wong ngupaja Ingsun kuwi kaja déné wong ngontjèki brambang: disiké kulité sing ndjaba déwé, bandjur kulité sing ndjero². Wohing pamarsudi sing temen² sarana patrap mengkono mau, sasirnané Ingsun, ja kuwi: Allah".
Mara rasakna: sing dingibarataké kulit brambang kuwi rak ija sing kena kinaja ngapa mau kaé, ta? Jèn kulit² kuwi wis dititi priksa lan diontjèki kabèh, d eng an s e n dirin j a Sang Ingsun djumedul pijambak.
Keprijé, apa wis tjeta panampamu?
39. ANAK:
Nuwun² sèwu, bapak, panampi-kula peteng sanget. Ingkang katembungaken ,sasirnané İngsun, ja kuwi: Allah" punika sampun terang panampi kula, inggih punika pinda retja sarem ingkang sirna luluh kalijan saganten, utawi kados wewajanganing surja ing salebetipun djembangan isi toja, wangsul dateng surjanipun. Ananging pangupamèn ngontjèki brambang, punika bapak kaparenga paring penerangan kados pundi djelasipun:
Kapisan: brambang punika jèn dipun-ontjèki kulitipun terus-terusan, wusananipun........ telas sadaja, boten wonten punapa-punapanipun. Manawi makaten, punapa ingkang sinebut ,,Ingsun"punika sadjatosipun s u w u n g? Hla ingkang kasebut Pangéran utawi ,Ingsun kang Agung' rak inggih s u w ung. Punapa boten makaten?
Kaping kalihipun: saking pangertos kula, niti priksa kalijan ngontjèki punika wonten bédanipun. Niti priksa ateges ningali kanti taliti, déné ngontjèki ateges nisihaken kulitipun. Manawi namung nindakaken pandamelan ningali, bokmanawi sinten kémawon inggih saged, kados dawuhipun bapak kala wau (mirsani 37. Bapa). Ananging nindakaken pandamelan nisihaken, kinten-kula boten saben tijang saged. Amila inggih awis sanget para ulah Kasunjatan ingkang dumugi tataran makrifat punika. Punapa boten makaten?
39. BAPA:
Pangertimu bab ,,sirnané Ingsun, ja kuwi: Allah" kuwi wis bener, nggèr. Alhamdulillah. Déné pitakonmu loro pisan kuwi mau pantjèn penting. Kena katembungaké sariné rembugan-kita sawengi iki, ija ana ing djawabé pitakon rong bab kuwi. Mulané rasakna sing temenan:
I. Brambang sing wis ilang kulité kabèh: kinira suwung, kuwi salah. Awit brambang kuwi ora bisa dadi brambang senadjan wis ditandur lan tjukup pangupa-karané, jèn ora kasandangan........ u rip (leven, tembung krija), déné urip kuwi dumadi saka babaring pakartiné si - u - r i p (het leven, tembung aran). Hla si-urip dalah uripé kuwi: ora mung mligi tumrap brambang sidji endil sing diontjèki kuwi, sajekti njarambahi tanem-tuwuh ing salumahing djagad iki. Ananging tekan dina iki, durung ana mikroskoop sing kena dianggo andeleng rupané , si-urip" kuwi, sarta kawruh tanem-tuwuh mung lagi bisa nerangaké sababé ,urip" waé, sanadjan pangerti kita wis jakin, jèn si-urip dalah uripé kuwi pantjèn a n a.
Mengkono uga bab Ingsun (dudu si-urip utawa uripé) lan Ingsun kang Agung (dudu si-urip utawa uripé), pangerti kita sing bébas saka pengaruh, wis jakin a n a n é, nanging ora bakal ana mikroskoop sing kena dianggo andeleng. Sebab jèn kenaha dideleng nganggo mikroskoop, amesti dudu Ingsun lan dudu Ingsun kang Agung.
Liding kanda: si-brambang diontjèki utawa ora diontjèki, si-urip lan uripé: tetep ana, adja kok-kira suwung. Mengkono uga si-uwong, niti priksa utawa ora niti priksa marang krentegé lan lija-lijané, Ingsun lan Ingsun kang Agung: tetep ana, adja kok-kira suwung.
II. Mula bener, panggawéjan andeleng kuwi sapa waé bisa nindakaké; balik panggawéjan nisihaké kuwi ora saben uwong bisa nindakaké, mulané akibaté akèh sing ,putus asa" nrima mandeg ing ndalan, sabab wis lawas pamarsudiné, rumangsa ora kasil. Ana sing lagi wiwit kasil, adak ané bandjur katrem, terkadang tumindaké nganéh-anéhi. Ananging para ulah Kasunjatan akèh sing milih laku nisihaké iki mau. Sang Maharshi Rama Krishna pijambak lan para siswané uga ngagem laku nisihaké kuwi mau. Ja kuwi nisihaké piranti-pirantining badan, sing tak-kandakaké mau kaé; tegesé: piranti² mau dipurih lèrèn adja makarti (mirsani Kuntji Swarga" III lan "Wirid I.T.M.I.").
Ana-déné panggawéjan ngawasaké (= mawas), utawa ngulataké(= mulat), utawa niti priksa, utawa andeleng kanti taliti kuwi mau, sapa waé sok uga gelem, mesti bisa nindakaké lan mesti kasilé. Jèn ditindakaké kanti atul lan tulatèn, ija bisa tekan tataran m a k r i f a t. Sabab piranti² sing diulataké kuwi mau, samangsa k o n a n g a n makartiné, bandjur sumisih d e n g a n s e n d i r i n j a. Jèn kabèh² wis sumisih, kari. ..... In gs un sing tjeta wela². Awit sing dadi aling² tumrap Kasunjatan kuwi, salugu-luguné: ija piranti² kuwi mau, sing pada rebutan kursi" ngaku Ingsun, kumudu njekel papréntahan.
40. ANA K: Sembah nuwun, bapak, manah kula sampun marem sanget. Saladjengipun mugi bapak kepareng paring wedjangan: kados pundi patrapipun ngulataken pirantos2 punika wau, sarta kados-pundi titikanipun dumugi ing makrifat punika, tumrap ingkang ngawaki tuwin ingkang ningali?
40. BAPA:
Patrapé lumrah waé: sembahjanga miturut agama apa sing kok-antepi, sinau samadi ija betjik. Rangkepana saben krijip² tangi turu, ing batin ngutjapa Nijatingsun nindakaké salat daim mulat salira, karana sedya makrifat ing Pangéran". Bandjur katindakaké temenan, sadjroning lagi apa waé, ngulatna makartiné piranti² kuwi. Tjontoné, upama kowé panudju arep mangan, ndadak mambu gurih banget. Kowé jakin, jèn kuwi ambuné saté ajam. Bandjur kok-pikir betjik tuku apa betjik ora, putusané kudu tuku. Nuli nimbali botjah kapurih njatakaké lan tuku. Satekané, bandjur kok-anggo lawuh, karasa nikmat banget, djer anggonmu mangan rada kasèp, tur kepetuk karemanmu.
Lagi perkara sepélé mangkono waé, piranti² sing makarti wis werna², ja kuwi: tukang ngadjak mangan, pangganda, tukang matja tjatetan, tukang mikir lan mutusi, l.l.l. Kuwi mau kabèh jèn ora diulataké: ora kawruhan, amarga saka alusé lan rikating lakuné.
Saka sing gampang² mengkono kuwi, lawas² kowé mangerti sababmusababé: bungah, susah, ngantuk, muring, deg2-an, ngimpi, tresna, geting, lan lija-né², sing gaib², piranti endi sing makarti. Ana sing wis kapratélakaké ana ing buku² wetenschap, ana sing durung. Pikiranmu dadi tansah padang, ora gumunan.
Salat daim mengkono kuwi, bisané énggal kasil, jèn linambaran: njirik kronèhan ngaja-aja, njegah angkara murka ubaling nafsu hawa, mbrantas pepénginan sing néka2, nipisaké rasa aku perseorangan: nguripurip rasa aku sawutuh (mirsani 33. Bapa).
Ana-déné sing bisa ngerti wong tekan ing tataran makrifat kuwi ija mung ...... sing ngawaki déwé, utawa sing pada tatarané. Sing durung tekan tataran kono ora bisa werúh buktiné arupa ,,idjazah" utawa rupa lijané. Upama diterangna anganggo tetembungan: ija ora bisa nampa; sing nerangaké ija ora bisa, kaja déné ora bisané nerangaké rasané saresmi" marang wong sing durung tau saresmi.
Wé hla, wis mèh ésuk, nggèr, bubaran!
ISINIPUN SERAT PUNIKA:
Prawatjana. Katja 3 I. Salat daim lan dikir Nafi isbat (Tegesipun tembung ,,salat daim"; dikir allahu, allahu" utawi hu-allah, hu-allah" tjinatjad déning Al Hadiets) .. 4 II. Tembung salira" utawi sarira" (Dasa-namanipun tembung badan, tumrap basa padintenan kalijan tumrap basa ngèlmon: boten sami maksudipun) .. 11 III. Andaran bab nanding salira (Migatosaken diri lijan, katanding kalijan dirinipun pijambak: kaanggep béda; dirinipun pijambak rumaosipun leres lan saé) 17 IV. Andaran bab ngukur salira (Migatosaken diri lijan, kaukur kalijan dirinipun pijambak: kaanggep sami; dirinipun pijambak leres punapa lepat, awon punapa 22 saé, boten kanti dipun-rumaosi) V. Andaran bab tepa salira (Migatosaken dirinipun pijambak, kataman tindak kados-pundi: karaos sakétja utawi boten sakétja; dirinipun lijan dipun-tepakaken 27 dirinipun pijambak)..... VI. Salat daim mulat salira (Mulat salira mawas diri: tumrap panggajuh babagan dunja; mulat salira mawas Ingsun: tumrap panggajuh 32 dateng Makrifat) ..
patrapipun ngulataken pirantos² punika wau, sarta kados-pundi titikanipun dumugi ing makrifat punika, tumrap ingkang ngawaki tuwin ingkang ningali?
40. BAPA:
Patrapé lumrah waé: sembahjanga miturut agama apa sing kok-antepi, sinau samadi ija betjik. Rangkepana saben krijip² tangi turu, ing batin ngutjapa Nijatingsun nindakaké salat daim mulat salira, karana sedya makrifat ing Pangéran". Bandjur katindakaké temenan, sadjroning lagi apa waé, ngulatna makartiné piranti² kuwi. Tjontoné, upama kowé panudju arep mangan, ndadak mambu gurih banget. Kowé jakin, jèn kuwi ambuné saté ajam. Bandjur kok-pikir betjik tuku apa betjik ora, putusané kudu tuku. Nuli nimbali botjah kapurih njatakaké lan tuku. Satekané, bandjur kok-anggo lawuh, karasa nikmat banget, djer anggonmu mangan rada kasèp, tur kepetuk karemanmu.
Lagi perkara sepélé mangkono waé, pirantiº sing makarti wis werna², ja kuwi: tukang ngadjak mangan, pangganda, tukang matja tjatetan, tukang mikir lan mutusi, l.l.l. Kuwi mau kabèh jèn ora diulataké: ora kawruhan, amarga saka alusé lan rikating lakuné.
Saka sing gampang² mengkono kuwi, lawas² kowé mangerti sababmusababé: bungah, susah, ngantuk, muring, deg2-an, ngimpi, tresna, geting, lan lija-né², sing gaib², piranti endi sing makarti. Ana sing wis kapratélakaké ana ing buku² wetenschap, ana sing durung. Pikiranmu dadi tansah padang, ora gumunan.
Salat daim mengkono kuwi, bisané énggal kasil, jèn linambaran: njirik kronèhan ngaja-aja, njegah angkara murka ubaling nafsu hawa, mbrantas pepénginan sing néka², nipisaké rasa aku perseorangan: nguripurip rasa aku sawutuh (mirsani 33. Bapa).
Ana-déné sing bisa ngerti wong tekan ing tataran makrifat kuwi ija mung ...... sing ngawaki déwé, utawa sing pada tatarané. Sing durung tekan tataran kono ora bisa werúh buktiné arupa ,,idjazah" utawa rupa lijané. Upama diterangna anganggo tetembungan: ija ora bisa nampa; sing nerangaké ija ora bisa, kaja déné ora bisané nerangaké rasané saresmi" marang wong sing durung tau saresmi.
Wé hla, wis mèh ésuk, nggèr, bubaran!
ISINIPUN SERAT PUNIKA:
Prawatjana. Katja 3 I. Salat daim lan dikir Nafi isbat (Tegesipun tembung ,,salat daim"; dikir ,allahu, allahu" utawi hu-allah, hu-allah" tjinatjad déning Al Hadiets) .. 4 II. Tembung salira" utawi sarira" (Dasa-namanipun tembung badan, tumrap basa padintenan kalijan tumrap basa ngèlmon: boten sami maksudipun) . . 11 III. Andaran bab nanding salira (Migatosaken diri lijan, katanding kalijan dirinipun pijambak: kaanggep béda; dirinipun pijambak rumaosipun leres lan saé) 17 IV. Andaran bab ngukur salira (Migatosaken diri lijan, kaukur kalijan dirinipun pijambak: kaanggep sami; dirinipun pijambak leres punapa lepat, awon punapa 22 saé, boten kanti dipun-rumaosi) V. Andaran bab tepa salira (Migatosaken dirinipun pijambak, kataman tindak kados-pundi: karaos sakétja utawi boten sakétja; dirinipun lijan dipun-tepakaken 27 dirinipun pijambak)..... VI. Salat daim mulat salira (Mulat salira mawas diri: tumrap panggajuh babagan dunja; mulat salira mawas Ingsun: tumrap panggajuh 32 dateng Makrifat)..
X
KBI
E