FJA Keiz
SENGGOETROE
DONGÈNG DJAMAN KOENA BAB BOTJAH WADON DÉSA ING TEMBÉ DADI GARWANÉ RADJAPOETRA
SALINAN SAKA BABON KAGOENGNÉ
KANDJENG TOEAN Dr. G. A. J. HAZEU
TJAP-TJAPAN KANG KAPINDO
KAIITOOR TJITAK RUYGROK & Co,-BATAWI 1915 I
Jom C
PERPUSTAKAAN
A.1615
Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur No. 32.
SENGGOETROE.
Dongèng djaman koena bab botjah wadon désa ing tembé dadi garwané radjapoetra.
SALINAN SAKA BABON KAGOENGANÉ
KANDJENG TOEAN Dr. G. A. J. HAZEU.
Wawenangé kang nganggit karangan iki ka-ajoman déning angger taoen 1912 bab karang-karangan. Lajang iki ia kena ka-etjap manèh, katoeroen oetawa ka-anggit manèh, nanging koedoe ana lajang palilahé Commissie voor de Volkslectuur sarta koedoe katerangaké ka-petik oetawa kapirid saka lajang apa.
KANTOOR TJITAK RUYGROK & Co.,-BATAWI 1915
8719190
Poenika dongèng tjariosipoen Senggoetroe."
Katjarios ing doesoen Welahan wonten satoenggiling randa miskin, déné panggesanganipoen amoeng anggèning sesadéan djenang. Bok randa waoe gandah anak èstri satoenggal nama Senggoetroe.
Kala semanten ing doesoen Welahan sa-antéro (') mangsa prasé, djalaran doesoen-doesoen waoe sami kasaba ing boeta ingkang saèngga weri, oetawi andamel kasisahan toewin karisakaning para titiang katah, pramila sedaja sami prihatin, tiang sepoeh sami angoengsèkaken anakipoen. Sareng sampoen sawetawis mantoen prasé, para laré ingkang sami kaoengsèkaken tiang-sepoehipoen sami kabekta mantoek dateng grianipoen piambak-piambak.
Wondéné bok. randa boten poeroen angoengsèkaken anakipoen dateng ing sanès panggénan, awit poen Senggoetroe kénging kasingidaken sawiahing panggénan, sarta boten angoeatosaken. Saben dinten bok randa késah dateng peken asesadéan djenang, déné anakipoen wonten ing pandelikan ingkang primpen, bilih ngantos dipoenoepadosi ing denawa boten saged pinanggih. Poenapa malif Senggoetroe waoe saged sanget pados papan pendelikan, oetawi saking kerepipoen saba grianing Senggoetroe, sarta boten naté pinanggih, dados poen Senggoetroe ngantos koelina poeroen witjantenan lan denawa ingkang dateng waoe, bilih denawa atjeloek-tjeloek: Senggoetroe, oegi anjaoeri, malah patrapipoen kados angisin-isin mekaten.
Anoedjoe satoenggiling dinten bok randa badé késah sadé djenang dateng peken, awitjanten dateng anakipoen mekaten:
Senggoetroe! pikirkoe rada ora kepénak, tangga désa kidoel koewé anaké mentas dipangan ing boeta, moenggoeh saka karepkoe kowé mèloea akoe loenga menjang pasar".
Wangsoelanipoen Senggoetroe: Bioeng, akoe ana ngomah baé, moeng lading gapit tjilik kaé tinggalen takgawané, si wa boeta Idjo saiki wis ora pati anggolèki akoe; jèn teka saben anjeloek akoe, bandjoer taksaoeri, dèwèkè wis nrima, sarta bandjoer mangan djenang ngè- ngèhakoe baé".
Bioengipoen Senggoetroe ladjeng késah kalian witjanten: la ta, enggèr, nanging sing ngati-ati, djenangmoe takdè- kèkaké ana ing salang".
Senggoetroe amangsoeli: la bioeng, mengko, jèn akoe arep mangan takdjoepoeké déwé".
Sakésahipoen bok randa, poen Senggoetroe ladjeng oempetan; sareng sampoen wantji ngadjengaken petjat sawet eném, boeta Idjo dateng. Saweg doemoegi ing latar sampoen atjeloek-tjeloek kados adatipoen: Senggoetroe! Senggoetroe!"
Wangsoelanipoen Senggoetroe semoe anjanjampahi:
"Walang pontang, wa".
Boeta Idjo: Embokmoe menjang endi?"
ae
Senggoetra: Menjang pasar, wa".
Boeta Idjo: Ngèngèhané apa?"
Senggoetroe: Ngèngèhané djenang, wa".
Boeta Idjo Ana ngendi?"
Senggoetroe: "Ana salang, wa".
Boeta Idjo: Wadahé apa?"
Senggoetroe:Wadahé pandjang, wa, soeroené patjoel gowang, wa".
Boeta Idjo: "Embokmoe (') ana ngendi?"
Senggoetroe: "Ora karoean wa".
Boeta Idjo anggèning madosi ngantos dangoe boten saged pinanggih, manahipoen kaken sanget, ladjeng amende djenang ingkang goemandoel ing salang kateda. Sa- • reng sampoen telas panedanipoen, ladjeng dateng pawon, mingak-mingoek ngoepados tetedan sanésipoen, aningali ing paga wonten beton nangka mentah salajah ageng, dipoen-pendet ladjeng kabakar sedaja. Samatengipoen toemoenten kateda dipoen-iras wonten ingadjeng pawon kalian alinggih ing batok boloe, telas panedanipoen beton, Boeta Idjo waing. Ing mangka poen Senggoetroe anggènipoen andelik wonten ing batok boloe ingkang kadamel linggih waoe. Poen Senggoetroe mireng waingipoen kagèt andjelih. Boeta Idjo goemoedjeng anggoegoek, witjantenipoen: Lah, sa-iki Senggoetroe, kowé bisa katemoe".
Batok ladjeng dipoenbikak, Senggoetroe katjepeng. Boeta Idjo witjanten malih:
Lah, déné menis-menis temen roepamoe, Senggoetroe! saiba segeré rasané awakmoe kijé".
Senggoetroe mangsoeli: Wa Boeta Idjo! akoe adja kopangan, waregmoe sepira, akoe moendak mati".
Boeta Idjo: Apa abamoe".
Poen Senggoetroe badé kateda, saweg dipoenangapaken tjangkemipoen Boeta ldjo, ladjeng mantjolot dateng toetoek, lgemebeting goea-garba wiloedjeng boten kamamah. Senggoetroe wonten wadoeking Boeta Idjo witjanten:
"Wa-Wa, Boeta Idjo! sing poetih-poetih dawa iki apa?" Boeta Idjo: Koewi oesoes".
Senggoetroe: Dakirisé, wa!"
Boeta ldjo: Adja, Senggoetroe, saiba larané oesoeskoe arep ko-iris".
Senggoetroe: Apa abamoe, maoe kowé dakpenging mangan akoe ia ora galem, kowé koedoe gawé patikoe, toer pemanganmoe ora sepira, nganggo kowé tjelatoe: "nApa abamoe,"" saiki gentèn, sanadjan kowé boeta loewih gedé doewoer prakosa banget, ananging saiki kowé dadi ringkih".
Roeta Idjo: O, enggér Senggoetroe, alimana akoe, oesoeskoe adja ko-iris".
Senggoetroe: Moelané wong doewé pengoeasa ikoe adja doemèh, jèn lagi menang, ara, akoe wetokna, mengko jèn akoe wis ana djaba mesti ora sida dakiris oesoesmoe".
Boeta Idjo: O, ora bisa, Senggoetroe, akoe moetahaké kowé".
Senggoetroe: Sanadjan kowé bisa ngoetahaké akoe,ja bandjoer kopatèni". 4
Oesoesipoen Boeta Idjo ladjeng dipoeniris-iris, Boeta Idjo klabakan, andawah-sambatipoen:
"Senggoetroe! mati akoe".
Senggoetroe: Sing gemantoeng tangkeban sapaşang iki apa, wa?"
Boeta Idjo;: O, koewi ati, Senggoetroe".
"Senggoetroe: Dakirisé, wa!"
Boeta Idjo: "O, adja, enggér, Senggoetroe?"
Senggoetroe: Apa abamoe".
Ladjeng dipoen-iris, Boeta Idjo asasambat abengakbengok: Mati akoe, larané, ora djamak".
Senggoetroe: Polahmoe ora karoean, wa, apa saka boengahmoe, lah sing kaja kembang gedang iki apa, wa?"
Boeta ldjo: Koewidjantoeng,Senggoetroe,adja ko-epikpik. akoe mengko bakal mati, jèn djantoengkoe ko-iris".
Senggoetroe: Jèn djantoengmoe ora olèh dak-iris, sing dakpangan apa, wetengkoe ngeléh".
Boeta Idjo: Liané baé, Senggoetroe, adja koewi".
Senggoetroe: Wa-wa,.iki apa sing rada boender?"
Boeta Idjo: lkoe gindjel, Senggoetroe".
Senggoetroe: Dak-irisé, ja, wa?"
Boeta Idjo: O, adja".
Soenggoetroe: Lah, keprijé, sing dakpangan, apa, nigè- ngèhakoe djenang wis kopangan, akpe milih-mililt sing bakal dakpangan kowé koedoe ora olèh".
Boten tarén malih poen Senggoetroe ladjeng angirisi djeroanipoen Boeta Idjo, saking sakitipoen klabakan polahipoen ladjeng pedjah wonten dadah kebon wingking gria, Senggoetroe atjeloek-tjeloek:
Wa-wa, Boeta Idjo, wa-wa, lo kok teka meneng saé si wa iki, apa toeroe, apa wis mati, djadjal djeroanédakirisé manèh, jèn isih oerip kang mesti sambat".
Boeta Idjo dipoen-irisi djeroanipoen mèndel kémawon, amratandani bilih sampoen pedjah.Poen Senggoetroe wonten wetenging denawa mindak ageng, kados kalimrahanipoen laré, ladjeng medal. Senggoetroe soemerep woedjoed- .ng denawa éram sanget,sabab woedjoedipoen langkoeng ageng inggil, mila Senggoetroe angoenandika mekaten:
Akoe iki seméné tjilikkoe, apa manèh botjah wadon, ing mangka bisa ngalahaké boeta kang semono gedé- doewoeré, lan kang dadi werining botjah-botjah kabèh, dadi tétéla banget saka pitoeloenging Allah".
Poen Senggoetroe mantoek ladjeng adoes, badanipoen sakodjoer dipoenlandani, sindjang lan rasoekanipoen dipoenwasoehi, ladjeng santoen penganggé. Saweg djoengkatan wonten sangadjenging kori, embokipoen Senggoetroe dateng, anjèlèhaken babektanipoen kalian witjanten:
Senggoetroe, kowé teka amandan rawa? adoes kramas, angadi warna, teka petjah pamoré anakkoe, enja gilo, dak-oléh-olèhaké kang dadi dojanamoe, panganen".
Wangsoelanipoen Senggoetroe: ,la bioeng, mengko howé dak-kandani, wetengkoe selak ngelèh, dakmangan olèh-olèh disik".
Senggoetroe ladjeng neda sekoel oelam sarta panganan olèh-olèh waoe, sareng sampoen toewoek wiwit tjarios:
Bioeng, sapoengkoermoe maoe si wa Boeta Idjo mréné, anggolèki akoe, ora bisa katemoe. Barang simpenan kabéh dipangani; soewé-soewé enggoné anggolèki akoe katemoe, . bandjoer di-oental, bareng akoe ana sadjroning wadoek boefa, djeroané kabèh dakirisi. Soewé-soewé si Boeta Idjoe nati, bioeng, wetengé dak bedah, bareng wis bolong akoe noeli metoe kalawan slamet".
Bioengé tjelatoe: O, enggèr dadi kowé dèk maoe dioental boeta, rahajoe banget déné bisa metoe kalawan slamet".
Anakipoen, dipoenrangkoel sarta dipoen-amboengi, temboengipoen: Sa-iki ana ngendi, 'nggèr, boetané?"
Wangsoelanipoen Senggoetroe: Ana dadah kebon boeri kana, bioeng". Bok randa énggal anoewèni bangkéning denawa; sareng soemerep langkoeng adjrihipoen ladjeng wangsoel kémawon, anakipoen dipoenpoeroegi saha dpoenrangkoel malih, witjantenipoen:
Senggoetroe, kaprijé déné kowé bisa matèni boeta kang semono gedéné?"
Wangsoelanipoen Senggoetroe: la bioeng, lah wong boeta salah, dadi moenggoeh patiné ia kalawan gampang, enggonkoe matèni ora rekasa".
Saking bingahing manah bok randa énggal amiloedjengaken ingkang winastan Narawéda". Para tangga tepalihipoen sami dipoen-oendangi, ingkang sami dateng kalebet wakiling Brahmana (toekang donga) wonten tiang woloe, sami linggih wonten ngambèn angepoeng ambengan. Bok randa madjeng sarta witjanten: Sedèrèk koela ingkang sepoeh toewin ingkang enèm, mila koelaatoeri sami pinarak ing saloe pirantoskoela, perloe koelaatoeri neksèni, koela amiloedjengi anak-koela poen Senggoetroe, djalaran mentas kateda denawa saged medal saking goea-garba kanti wiloedjeng, malah-malah denawanipoen pedjah, déné anak-koela waoe, itjala badjang sawanipoen, rineksaha ing déwa".
Brahmana ladjeng andongani ambeng kadjatipoen bok randa waoe, sabakdaning donga, ambeng kabagé warata kados adat, tirahaning panedanipoen sami ka bekta mantoek piambak-piambak, ingkang kawastanan sekoel brekat.
Katjarios poen Senggoetroe saja ageng warninipoen katingal saé, ngantos dados kondang-kidoenging para djadjaka ing padoesoenan prepat mantja gangsal. Déné para titiang ing doesoen ngrikoe taksih sami prihatos kémawoi:; sabab kadang kala taksih ka-ambah ing denawa ingkang saéngga weri, lami-lami wartos waoe sampoen kamirengan ing nagari Djenggala. Menggah ingkang djoemeneng nata wonten ing nagari Djenggala Maha Praboe Lemboe Amiloehoer, mios tinangkil ing siti loehoer kados saban-saban, kapraboning naréndra ageng, ka-adep déning para poetra ingkang sami soan, 1. radèn pandji Asmaraà- ngoen, 2. radèn pandji Tjarangwaspa 3. Bradjanata, 4. Kartala, 5. Andaga, 6. Wiroen, 7 Soenggingan, poenapa nalih kadang-kadéan sedaja pepak. Déné ingkang magelaran Patih Koedanawarsa sakantjanipoen boepati sapengandap sedaja. Sang Natalenggah ing dampar kantjana kados djawata angédjawantah.
Rekjana Patih Koedanawarsa soan ingarsa Nata nembah ladjengmatoer:
Doeh! goesti-kaoela sang Praboe, kaoela angoendjoeki oeninga siti kagoengan Nata, inggih poenika ing doesoen Welahan samangké dipoen-ambah déning denawa wanan, dados ing doesoen waoe kapétang mangsa prasé, kaoelaning Nata sami sisah sadaja, boten saged anggarap sabin toewin pategilanipoen".
Sang Praboe ing Djenggala mireng lapoeranipoen kjai Patih, welas dateng para tiang ingkang sami karisakan waoe, doeka salebeting panggalih, ngantos gondjing palenggahanipoen. Ing wasana karsa midji dateng poetra ingkang nama radèn Wiroen, andikaning Nata:
Koeloep Wiroen, sira ingsoen-oetoes ilangna werining désa Welahan, ja ikoe kang roepa boeta alasan, angantia adinira si arja Soenggingan; wis, koeloep, bandjoer mangkata sadina iki, sabab mesakaké botjah-botjah désa kabèh."
Atoeripoen radèn Wiroen: Noewoen inggih sendika."
Radèn Wiroen ladjeng pangkat kalian ingkang raji radèn Soenggingan, keboetsawadija-balanipoen,lampahipoen ing margi boten katjarios.
Sang Praboe Lemboe amiloehoer anggèning sinéwaka kondoer angenja-poeri, kjai Patih sakantjanipoen sami mantoek piambak-piambak.
'Gentos tjinarios. Lampahipoen radèn Wiroen demoegi ing'doesoen Welahan, kèndel sedinten sedaloe angasokaken sarira. Èndjingipoen pirembag kalian ingkang raji arja Soenggingan soemedja amadosi denawa poendi panggénanipoen.
Dawoehipoen dateng radèn Wiroen: Jaji, sira loemakoea mengidoel, akoe kang mengalor".
Wonten loerah sepoeh moendjoek dateng radèn Wiroen: Dueh! goesti, sedaja karsa-padoeka poenika prajogi, ananging moerih majaripoen ing lampah mekaten. Para pengageng doesoen, oemboel boejoet sami katimbalan, menggah perloenipoen kadawahan anedahaken panggé- aning denawa, menawi sampoen kantenan dangkanipoen, oetawi pasabanipoen, boten rekaos anggèning moeroegi badé marwasa".
Radèn arja Wiroen mireng atoering kaoelanipoen mekaten waoe, kagalih langkoeng prajogi, ladjeng ngandika dateng radèn Soenggingan:
Jaji, dakrasa-rasa loewih prajoga atoeré si loerah Denta. Lah, iki, jaji, oetamané wong leloengan kanți wong toea, saoepama lakoe iki maoe bandjoer pada dilakoni kaja prijé? Kang mesti bandjoer sajah, si boeta doeroeng bisa ketemoe".
Radèn Wiroen ladjeng dawoeh dateng loerah Denta soepados anglempakaken para pengagenging doesoendoesoen oetawi boejoet-oemboel.
Loerah Denta ladjeng préntah dateng Soeradenti, saha temoenten angradinaken préntah, kanti Djadjasedasa ('), boten dangoe sami angiri oemboel-boejoet sami soan ngarsanipoen radèn Wiroen, kalian sampoen mirantos dadamel:
Radèn Wiroen andangoe dateng para boejoet-oemboel ingkang sami dateng: Èh, boejoet lan para oemboel kabèh, moenggoeh panggonané boeta kang dadi werining padésan ikoe dangkané ngendi, lan sing kerep diámbah ingendi?"
Atoeripoen boejoet ing Welahan: Noeninggih goesti, menawi ing wantji éndjing mekatan poenika, sami tilem ing groemboel-groemboel toewin panggénan goea-goea ingkang sepi boten ka-ambah ing tiang; mangké wantji tiang doesoen sami mantoek saking peken, ladjeng tangi angadang margi, poendi ingkang saged katjepeng ladjeng kateda, terkadang mangké sakedap sami pating-tlasak dateng ing pedoesoenan".
Radèn Wiroen ngandika: Mara paman boejoet, akoetoedoehna, ingendi panggonané si weri boeta?"
Boejoet Welahan ladjeng andèrèkaken radèn Wiroen, knedahaken panggènaning denawa, mila radèn Wiroen énggal tedak manoet pitedahipoen ki boejoet, doemoegi ing groemboel wana Tjepokal. Ki boejoet moendjoek: Goesti, inggih groemboel ingkang ageng piambak poenika ingkang sami dipoen-enggèni para denawa weri".
Radèn Wiroen soeka ing panggalih; groemboel ladjeng kadawahan ngepang, barisan ingadjeng para abdi nagari, ing wingking para boejoet-oemboel, oetawi tiang alit ingkang kawitjal kendel,sami pating batitit. Sareng sampoen tepang pangepangipoen, tengara gong-bèri kadawahan naboeh, swaranipoen oejeran(') anggageteri; mangka saben abdi loerah satoenggal, gong-bèri kalih, mila swaranipoen saklangkoeng ramé.
Katjarios para denawa taksih sami sakétja atilem. Sareng mireng swara oejeran angebeki wana, sami kagèt tangi saking anggèning sami tilem, goegoep pating-gedandap medal saking groemboel, anatab kakadjengan, wonten ingkang kasarimpet ing bebondotan.
Wondéné para ingkang sami ngepang, soemerep solahing denawa medal saking groemboel pating-bedigas angadjrihi, ingkang djerih loemadjeng, wonten ingkang déprok, wonten ingkang adjelih-djelih sasambat bapa bioeng, wonten ingkang pating-biloeloeng pados pandelikan, ingkang kendel sami ambekik, kantja nagari sami asoerak-soerak. Para denawa ladjeng dipoen-krotjok ing dadamel, denawa anandang kanin, ladjeng aneradjang poeroen. Nir baja, nir wikara, kroda angamah-amah amakikikan, goemoeloeng anderpati, angerah angerek anjenjempal, gègèrpara titiang kados gabah dipoen-interi, tanboeh-tanboeh solahipoen, pamoeking denawa anggegirisi, wadyanipoen radèn Wiroen boten mangga poelih, ngisis asar-saran.
e、
Radèn Wiroen mirsa abdi sadaja sami kasoran prangipoen lan denawa ingkang ambeg doertjara, doeka jajah sinipi, angasta talempak aneradjang poeroen, sinander ing ditya tjaroek asilih oengkih. Saking kiatipoen radèr Wiroen agenging denawa, talempak kagem anjoetat denawa poetoeng, ditya njander anoebroek badé angroeket tinabok pedjah kapisanan. Radèn Wiroen kinaroeboet ing denawa katah boten mingkoeh, solahipoen tjoekat kebat kados prendjak tinadji. Denawa ingkang tjelak sami pedjah déning asta kémawon. Saja dangoe rota denawa langkoeng katah ingkang dateng amarwasa radèn Wiroen, kalindihing prang radèn Wiroen kénging katjepeng kaboetjal tebih. Déné radén Soenggingan mekaten oegi, dawahipoen katampénan raka radèn Wiroen, ladjeng kadangoe:
Jaji, sira apa isih wani prang lan boeta manèh".
Atoeripoen radèn Soenggingan: Taksih poeroen, kangmas, saoepami wewaha semanten engkas, koela boten badé oelap ('), kangmas".
Radèn Wiroen ngandika malih: Lah mengkono, koewanèné radja sinatria ikoe, koedoe binéda lan bangsa kalésa (2), akoe ia mentas diboeang ing boeta, jaji, sarta doeroeng soewé tangikoe, sira katon koemléang énggal daktjandak iki. Lo! lo! lo! jaji, daksawang boeta kaé kaja pada boengah-boengah temen, pating galidro anjedak maréné. Jaji, adja kongsi kasoewèn, énggal dakpoengkasané."
Radèn Wiroen angasta djemparing angembat langkap, medal amberoeboel sendjata gandéwastra, kemroesoek ingawiat kèbekan djemparing, anggioet (3) dateng rotadenawa, goendam-goendam sami loemadjeng anggendring, bibar laroet sedaja sinaponan djemparing. t
Ki loerah Soeradenta-Soeradenti sami. marek ing goesti oematoer alon: Doeh goesti, moegi kaoeningana, mengsah rotadenawa sapoenika sampoen sirna, ingkang kantpen pedjah sedaja oetawi setengah pedjah, amoeng patingglereng angadeg-ngadeg rebah.
Radèn Wiroen ngandika: Jén mengkono, ajo pada ngaso, ngantarakaké bokmenawa sédjé dina boetané bali manèh aminta sraja; saiki kantjamoe pada oendangana mangkat marang désa Welahan".
Ki loerah matoer: Sendika, goesti".
Bendé gong-bèri ladjeng tinaboeh angoengkoeng, wadya bala ladjeng mangkat bidal alon-lonan. Boten dangoe doemoegi ing doesoen Welahan. Radèn Wiroen dipoenatoeri sipeng ing grianipoen boejoet Welahan, angentosi rotadenawa taksih poeroen angresahi padoesoenan malih panoepa boten; para wadya bala sami makoewon sadjawining doesoen, anjekétjakaken badan piambakpiambak.
Ing satoenggil dinten radèn Wiroen karsa ameng-ameng alelédang 'ndjadjah doesoen Welahan, radèn Soengging- ·an boten andèrèk, amoeng kadèrèkaken loerah sepoeh kekalih. Samargi-margi andangoe nalika denawa angambah pedoesoenan toewin gria-gria poendi ingkang dipoen-lebeti ing denawa waoe.
Atoeripoen oemboel ingkang andèrèk: Goesti, menggah kagoengan-dalem doesoen poenika, presasat sadaja grianipoen abdi-dalem sami kalebetan rota-denawa, nanging para titiang ingkang sami gegria boten koeawi ananggoelang denawa weri waoe, goesti, mila dipoen-pilaoer angili angoengsèkaken anak rajatipoen. Éwa déné wonten lelampahan ingkang sanget élok, ngantos anggoemoenaken sanget, inggih poenika wonten denawa Idjo ingkang ageng inggil anglangkoengi kantjanipoen, poenika pedjahipoen kalian raré alit toer èstri".
Co
Radèn Wiroen goemoedjeng alatah mireng atoer mekaten waoe, andikanipoen: Paman oemboel, tjaritanira ikoe teka kaleboe andoepara, kaprijé nalaré déné botjah wadon ilik bisa matèni boeta kang loewih gedé doewoer, ing mangka kowé mentas anjaritakaké boeta kang loemrah baé pada sira-tanggoelang kelawan gegaman pada kalah, wekasan matining boeta maoe moeng déning botjah wadon kang isih tjilik, apa ora keliroe, paman oemboel, mar akoe tjaritakna (') sebab-sebabé".
Ki oemboel malèngèh goemoedjeng sarwi temoengkoel, saha ladjeng angatoeraken lampahanipoen Senggoetroe. kaoental ing denawa ngantos demoegi pedjahing Boeta Idjo, rara Senggoetroe waloeja demoegi samangké, oetawi malih bangkéning denawa oegi taksih wonten kebonipoen.
Radja poetra ing Djenggala radèn Wiroen èram mireng atoering oemboel waoe, ladjeng kadawoehan anedahaken panggénanipoen bațang boeta, radén Wiroen kadèrèkaken. Sademoegining panggénan batang denawa mirsa woedjoedipoen saweg angaboeh-aboehi saja sanget ngoengoen déné badanipoen ageng pandjang.
Rara Senggoetroe wonten ing gria, manahipoen awidagwidig, kedah medal saking gria toemoet kantjanipoen para rara ingkang pating-groebjoeg pating-talénok aningali poetra Djenggala radèn Wiroen ingkang kondang bagoes datanpa sama. Dasar raré sampoen diwasa warninipoen montjol piambak, anggèning adjeng soemerep radèn Wiz roen-katah palanganipoen; mangka sang kinondang bagoes tanpa sami saba kebonipoen. Senggoetroe ladjeng medal saking gria, demoegi tritis gria wingking andodok, amoeng, aling-aling (²) prawan satoenggal, ingkang kiwa sigoeg ing warni, mila saja njaèkaken woedjoedipoen Senggoetroe, anggèning mandeng anamataken radèn Wiroen boten kirang tjeta.
-0
Rara Senggoetroe angoenandika: li.i. njata bagoesbanget goesti Wiroen koewi, sadjegé oemoerkoe (³) doeroeng weroeh wong bagoes kaja mengkono. Digolèkana ngalam donja iki ora ana manèh moeng goesti Wiroen, pantes baé dadi kondang-kidoenging djagad, géné () saleléwané sarwa patoet, apa tekané kéné iki anggawa goena desți,
() Prajoginipoen sadjeg oemoer akoe.—."
teka gawé rasaning atikoe. Doeh! goestikoe wong bagoes, moegi asiha dateng badan-koela".
Ingkang saweg amirsani bangkéning denawa mèsem angandika: Èh, oemboel. dèné bolonging weteng boeta iki ora pati amba, botjahé sapira gedéné, lan ingendi omahé?"
Atoering oemboel: Doeh! goesti Wiroen, raré waoe sareng medal saking goea garbaning denawa, (1) samangké sampoen ageng. Inggih poenika, rarinipoen wonten winigking gria ampingan rara ingkang tjemeng poenika, goesti".
Radèn Wiroen mirsa warninipoen rara Senggoetroe kasmaran salebeting panggalih, doek tempoek paningalipoen radèn Wiroen lan rara Senggoetroe penggalihipoen koemesar, ladjeng réwa kaplèsèt, sarta ladjeng andangoe:
É, botjah wadon, sapa sing doewé omah tjilik, teka betjik lan koemrisik?"
. Prawan tjemeng loemantjang oematoer: Doeh!goesti, poenika grianipoen bok Senggoetroe, inggih poenika embokipoen raré ingkang wonten wingking-koela poenika".
Rara Senggoetroe toemoengkoel mèsem, radèn Wiroen saja gambira solahipoen, angandika dateng ki oemboel: Lah ta, oemboel, sira timbalana bok randa kang anaké ajoe". .
Ki oemboel sampoen pinanggih njai randa wonten nglatar ladjeng ka-irid soan. Sademoeginipoen ngarsaning radèn Wiroen oemboel ladjeng matoer:
Poenika, goesti, tiang ingkang gadah anak ajoe poen Senggoetroe".
Radén Wiroen: É, embok randa, iki apa anakmoe kang bisa matèni boeta?".
Bok randa: Inggih goesti, ingkang mendjahi Boeta Idjo poenika anak-koela poen Soenggoetroe".
Radèn Wiroen: Jèn mengkono anakira ikoe woes presasat tapa bok randa, awit woes anglakoni ana weteng
(1) Oekaranipoen kirang, kawewahana taksih alit, nanging.
boeta, kang ikoe jèn kowé bok randa tjondong ing panyikir, anakira si Senggoetroe ingsoen-poendoet dadia garwaningsoen.
Bok randa: Noewoen inggih goesti, kaoela amoeng sadarmi anak-anak kémawon, boten langkoeng koela noewoen soemangga ing goesti koela sang binagoes".
Poen 'Senggoetroe ladjeng dipoen-dandosi sampoen dados garwanipoen radèn Wiroen, kabekta kondoer dateng nagari Djenggala, lestantoen dados garwa amoekti wibawa.
1
(1) sa-antero = satelatahipoen.
(') Kinten-kinten: Enggonmoe.
(1) Kinten-kinten: djadjar sedasa.
() Ing baoestra boten wonten temboeng oejeran" Ambok menawi tegesipoen "oelekan".
(1) Oelap = miris, maras, adjrih.
(2) Kalésa, lésa, léswa oetawi lesja poenika temboeng kawi, djarwanipoen rereged" (saking temboeng Sanskrita kleça", Dja winipoen rekaos oetawi soesah".
(3) anggioet poenika boten kaseboet ing baoesastra, amook menawi kelantoering basa anggajoeh" tegesipoen nglandjak".
(1) Prajoginipoen tjaritanana".
(2) Prajoginipoen aling-alilangan".
(4) Leresipoen déné".
HOE EEN DORPSMEISJE PRINSES WE
Bewerkt naar een handschrift in het bez
VAN
DR. G. A. J. HAZEU.