SERAT TJENTINI
Babon asli saking kita LEIDEN ing negari Nederland.
Kaleresaken dening R. Ng. SOERADIPOERA, kabjantoe ing R. Poerwa soewignja kalian R. Wirawangsa, mawi dipoen-baeboekani dening R. M. A. SOERJA SOEPARTA djoeroe basa ing negari Soerakarta.
KAWEDALAKEN KALIAN WRAGADIPOEN Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen
ING NEGARI
BETAWI
DJILID I—II
Ka-etjap ing kantor pangetjapanipoen
Firma RUYGROK & C°-, BETAWI 1912.
Katrangan minangka boeboeka.
Sa-e'stoenipoen para maos boten kakilapan bilih ing Betawi wonten pakempalan ingkang kawastanan ,BATAVIAASCH GENOOTSCHAP VAN KUNSTEN EN WETENSCHAPPEN." menggah toedjoening sedyanipoen pakempalan waoe, angadjengaken dateng pamarsoedining ba sarta kawroeh bab kawontenanipoen telatah INDIA NEDERLAND, toewin bab kawontenantpoen sawarnining bangsa ingkang asli tanah India Nederland; para prajagoeng Welandi sarta Djawi saha para toean mardika toewin para loehoer Djawi, katah ingkang sami kepareng merlokak dados warganipoen.
Adegipoen pakempalan BATAVIAASCH GENOOTSCHAP van KUNSTEN en WETENSCHAPEN poenika doemoeginipoen samangke wetawis sampoen 150 taoen, dados wiwit nalika tanah Hindia dereng kahasta ing kangdjeng Gouvernement, taksih kawengkoe ing KoEMPENI (OOST-INDISCHE COMPAGNIE), sarta sami-sami pakempalan ing tanah India, GENOOTSCHAP waoe pantjen sepoeh piambak, sanadyan katandinga kalian sedaja pakempalan satlatah Asia wetan, GENOOTSCHAP meksa taksih sepoeh piambak.
Wiwit adegipoen doemoegi samangke inggih poenika meh 150 taoen, sampun katah sanget anggenipoen GENOOTSCHAP angwedalaken serat-serat ingkang isi kawroeh bab kawontenanipoen telatah India Nederland toewin bab kawontenanipoen bangsa ingkang asli tanah Hindia Nederland, sarta serat-serat waoe ageng sanget paedahipoen toemrap para pangreh pradja, dene ngewrat tjarios bab adat tata tjaraning bangsa ingkang kaleres dados wawengkonin paprentahanipoen.
Kedjawi poenika GENooTsCHAP sakelangkoeng anggenipoen amboedi soepados ingkang sami remen oelah kasoesastran Djawi sami mindaka ing pamarsoedinipoen. Menggali anggeni-poen amboedi moer indaking pamarsoedinipoen basa toewin kasoesastran Djawi waoe GENooTsCHAP mawi sirana angwedalaken serat Djawi toewin Kawi, poenapa dene anggitan warni-warni, ingkang nerangaken oetawi anggelaraken waton-watoning kasoesastran Djawi kawragadan saking GENooTsCHAP piambak, dene tjatjahing serat-serat bab kasoesastran Djawi ingkang sampoen kelampahan kawedalaken dening GENoOTsCHAP waoe, doemoeginipoen samangke inggih sampoen katah.
Kedjawi poenika GENoOTsCHAP oegi anglempakaken sela-sela ingkang wonten sastrapoen boeda toewin retja-retja ingkang sae wewangoenanipoen, sarta blebekan koeningan ing-kang wonten sastranipoen miwah serat-serat kropak, sedaja waoe karimatan ing Betawi wonten ing gedong MUSEUM (GEDONG GADJAH).
Ing sa-oepami boten kaklempakaken mekaten, barang-barang waoe temtoe paling blesar boten kantenan panggenanipoen, sarta bade risak oetawi itjal tanpa lari, kados dene sanes-sanesipoen barang jajasan nalika djaman Kaboedan ingkang sami boten karimatan; sareng sedaja waoe karimatan dening GENOOTsCHAP, doemoegi sapriki inggih taksih sami sae sarta kenging kangge paseksen menggah awiging pakirtyan saha adining jajasanipoen bangsa Djawi nalika ing djaman semanten.
Kita tipang Djawi ing djaman kamadjengan sapoenika ingkang niat andjoendjoeng bangsa kita saking anggenipoen asor, sarta niat angadjengaken saking anggenipoen kantoen kalian bang sanes, kita wadjib angatoeri panoewoen doemateng BATAVIAASCH GENoOTsCHAP,- djalaran saking anggenipoen sampoen poeroen merlokaken anglempakaken barang kina waoe, ingkang anjihnakaken kelangkoenganing kasagedan toewin agenging kawibawanipoen bangsa Djawi nalika ing djaman Kaboedan. Awit saking poenika ing mangke kita saged nimbang kawontenanipoen bangsa Djawi nalika djaman semanten kalian kawontenanipoen bangsa kita ing djaman samangke, sarta ingkang mekaten waoe aminihi toewoehing pangadjeng-adjeng kita ing dalem batos, pina-rengna kasembadan ing sedya kita anggen kita niat ngangkah sageda bangsa kita Djawi kadoe-noengan kelangkoenganing kawroeh malih kados nalika ing djaman kina, toewin sageda bangsa kita kadoenoengan santosaning manah sarta bangkit iasa dedamelan ingkang adi saha endah ing warni kados loeloehoer-loeloehoer kita ing Djaman kina-kina.
Menggah ingkang dipoen-klempakaken BATAVIAASCH GENOOTSCHAP wonten ing salebeting gedongipoen MUsEUM, poenika boten ngemoengaken barang dedamelanipoen bangsa Djawi ing djaman Kaboedan kemawon, oegi barang dedamelan sapengkeripoen djaman Kaboedan waoe, kados ta: rimatanipoen serat-serat Djawi kemawon wetawis wonten 1400 idji; wonten ingkang kaserat ing dlantjang gendong (dlantjang Panaraga). toewin wonten ingkang kaserat ing dlan-tjang limrah, sarta isi bab warni-warni ingkang mratandani genging kamoeljanipoen kasoesas-tran basa Djawi, (sapengkeripoen djaman kasoesastran Kawi) nalika djaman semanten; ananging satilaripoen donja raden ngabehi Rangga-warsita, poedjangga ing keraton Soerakarta, oetawi sasedanipoen kangdjcng goesti pangcran Adipati Arja Mangkoe-negara ingkang kaping sekawan, kasoesastran Djawi ladjeng kenging kawastanan risak sarta babar pisan men boten kamanah dening bangsa kita Djawi ngantos doemoeginipoen ing djaman samangke poenika.
BATAVIAASCH GENOOTSCHAP ing saben kala mangsa angetjapaken serat Djawi sarta ladjeng kawedalaken ; menggah kerep oetawi awisipoen anggening GENOOTSCHAP angedalaken serat Djawi waoe, goemantoeng wonten katah kediking arta bandanipoen Genootschap, dene serat ingkang kawedalaken poenika pamilihipoen manoet sapanimbangipoen Genootschap, awewaton saking saening tjarios, loewesing oekara, oetawi sabab sanes-sanesipoen.
Ing mangke ingkang kaleres kapilih kawedalaken inggih poenika SERAT TJENTINI, ka-etjap mitoeroet serat TJENTINI ingkang wonten ing Betawi, tatedakan sakingbabon SERAT TJEN-TINI pisoengsoeng saking keraton Soerakarta, ingkang doemoenoeng ing UNIVERsITEITS- BIBLIO-THEEK (gedong serat-serat ing pamoelangan loehoer) ing kita LEIDEN bawah negari Wetandi, klempakipoen sedaja wonten tjatjah woloeng djilid.
SERAT TJENTINI poenika anjariosaken Ielampahanipoen SEH AMONG-RAGA nalika lelana andjadjah tanah Djawi; menggah lelampalianipoen seh AMONG-RAGA waoe boten preloe koela andarakan wonten ingriki, awit para noepiksa temtoe sampoen katah ingkang sami ngaoeningani; dene ingkang sami dereng oeninga moegi ladjeng keparenga maos serat poenika. Ananging menggah isinipoen serat TJENTINI ingkang preloe karaosaken sanget dening para noepiksa, poenika sanes lelampalianipoen sell AMoNG-RAGA, nanging andaranipoen ngeimoe Djawi roewin toetoeroetanipoen kawroeh kasampoernan Djawi, sanadyan para sardjana bangsa Europa, ing wektoe poenika katah ingkang sami merlokaken ngoedi dateng sosorahanipoen ngeimoe toewin kawroeh kasampoernan Djawi, djalaran, ngeimoe Djawi poenika pantjen kalebet edi, mila inggih pantes kaperlokaken dipoen-parsoedi. 1)
Sa-estoenipoen bangsa kita Djawi wadjib soeka soekoer ing manah dene bangsa sanes sami gadah tjiptamerlokaken anjoemerepi dateng ngeimoe kita; ingkang mekaten waoe sampoen temtoe bade nambahi dateng adrenging sedya kita anggen kita niatmarsoedi kawroeh, inggih sadengah-dengaha kawroehipoen, dados sanadyan kawroeh kina ingkang toemrapipoen djaman samangke ka-anggep sampoen boten kangge, kita inggih wadjib amarsoedi, djer sedaja pamarsoedining kawroeh ing wekasan temtoe bade dipoen-aosi dening sanes bangsa sarta bade saged mimboehi dateng pitadosing manahipoen sanes bangsa, bilih darbeking Djawi ingkang kawastanan sae, poenika pantjen boten sakedik.
Bok menawi bangsa kita Djawi katah ingkang sami kaget, dene" BATAVIAASCH GENOOT- SCHAP anggenipoen ngedalaken serat TJENTINI poenika ka-etjap mawi AKSARA WELANDI (Latijn) boten mawi AKSARA DJAWI ; ingkang soewaoe koela piambak oegt kaget, pangoeda-raosing manah koela, poenapa aksara Djawi poenika pantjen ka-angkah soepados saja dangoe saja boten kangge", sarta selot-selotipoen sageda sirna babar pisan; woesana sareng koela ngingsep wartos, katranganipoen anggening BATAVIAASCH GENOOTSCHAP angedalaken serat TJENTINI mawi aksara Welandi poenika boten pisan soemedya bade angitjali aksara Djawi, awit ingatasipoen prakawis basa, oetawi temboeng sapanoenggilanipoen, poenika bab ewah oetawi itjalipoen goemantoeng wonten kadjengipoen bangsa ingkang anggadahi piambak, sanes bangsa boten wadjib toemoettoemoet, mila Genootschap inggih bade boten moena sika prekawis poenika. Dene wontenipoen GENoOTsCHAP angwedalaken serat Tjentini mawi aksara Welandi, poenika amoeng sakingangengeti wragad ; menawi serat TJENTINI waoe ka-etjap mawi aksara Djawi, prabeaning pangetjap bade awis sanget, meh tikel kalih, sarta pangetjapipoen bade langkoeng dangoe; kedjawi poenika sarehning aksara Welandi kinging katindakaken kangge njerat basa Djawi wah boten ambibrahaken teges oetawi soeraosing temboeng, poenapa malih sarehning sedaja tiang Djawi ingkang sampoen sinaoe ing pamoelangan kinging katamtokaken sami mangretos dateng aksara Welandi, dados temtoe boten bade kangelan maos temboeng Djawi ingkang kaserat mawi aksara Welandi. Milasaking pamanggihipoen GENOQTSCHAP, serat TJENTINI poenika prajogi ka-etjap mawi aksara Welandi, bok menawi oegi bade wonten paedahipoen tocmrap para Welandi kaboedidajan toewin sanes-sanesipoen, ingkang namoeng lebda dateng pawitjantenan temboeng Djawi, saged noewoehaken kapengming manahipoen soetnedya bade njoemerepi dateng soeraosing serat Djawi, dene saged maos kalian gampil.
Sarehning sedyanipoen BATAVIAASCH GENOOTSCHAP poenika namoeng bade ngadjengaken kasoesastran boten amboedjeng bati, pramila reginipoen serat TJENTINI poenikakadamel mirah, preloe namoeng moerih wangsoeling wragad.
Awit saking poenika bangsa kita Djawi wadjib sami angatoeri panoewoen doemateg BATAVIAASCH GENOOTSCHAP, dene sampoen kesdoe angedalaken serat TJENTINI djangkep wah kanti argi mirah, ing niangke serat TJENTINI sa-estoe bade kelampahan saged soemebar, boten kados ing soewaoenipoen, serat Tjentini boten nate saged djangkep wah taksih seratan tangan, sarta ingkang gadah namoeng satoenggal kalih, poenapa malih wedalipoen serat TJENTINI poenika boten ngemoengaken bade migoenani dateng pangoedining kawroeh kemawon, ananging oegi bade maedahi ingakatah, dene ingkang sami soemedya njoemerepi dateng edining kawroeh Djawi, sapoenika sampoen boten kewedan anggenipoen bade minangkani.
Awit saking ingkang kaseboet inginggil waoe sedaja, andadosaken soeka soekoering manah koela, dene koela pinitados dening BATAVIAASCH GENOOTSCHAP adamel katrangan minangka boeboekaning serat Tjentini ingkang kawedalaken sarambahan poenika, sarta agenging manah koela pinga woekir Maha-meroe, dene roemaos katoedjoe ingkang dados pangestining sedya, pramila boten ketang bade dados goegoedjenganing para sardjana dening sigoeg gingsoeling oekara, inggih sa-estoe koela temah- Woesana rampo'enging panjerat ingkang kaseboet inginggil, leganing manah koela tanpaoepami, dene roemaos sampoen saged angleksanani poenapa ingkang dados panedanipoen Genootschap, ingkang' sanjpoen kapitadosaken doemateng koela, djoeroe basa Djawi
poen SOERJA SOEPAKTA. SOERAKARTA, Juni 1912.
1) Ngelmoe Djawi poenika menawi katimbang kalian ngelmoe Grick oetawi ngelmoe Hindoe, katjarios taksih kawon edi, sarta saloegoenipoen pantjen petikan saking elmoe Hindoe, ananging sarelining koela boten soemerep dateng ngelmoe Grick oetawi ngelmoe Hindoe, dados koela inggih boten saged nimbang; mila boten langkoeng koela inggih namoeng amborongaken doemateng para noepiksa ingkang sampoen sami ngoeningani dateng sosorahaning ngelmoe-ngelmoe waoe.
TjentiniI
le Zang; dichtmaat: DANDANG GOELA.
1. Poerwaning reh manising paloepi respatyendjang noedjwa gatitasta roeah ping tiga likoere ing dal mangsa kasekoe sinengkalan atata resi apan amoelang djalma nenggih kang dinapoer amarna rikang tjarita doek prang Giri awoesana soring djoerit temah kitane bedah
2. saroesake waoe kiteng Giri djeng pangeran Pekik kang ambedah garwa poetra sedajane binojong mring Mataroem tapis radja brana ing Giri toewin kang radja kaja binekteng Mataroem wadya lit roesak djinarah koeneng wonten poetra sing ampean katri apan atoenggil rena
3. ingkang sepoeh wasta Djajengresmi wonten malih arinipoen pria Djajengsari panengrane kalih samja abagoes apan sami djatmika kalih pan samja ahli tekad ing ngelmi takaboel waroedjoenipoen wanodya apaparab waoe ni ken Rantjang-kapti warna ajoe oetama
4. tjinatoer doek bedahireng Giri poetra titiga waoe poenika sami nis tilar pradjane wong Mataram datan wroeh mring poetra tri denja loemaris sami arebat gesang ing poeroeg tan ngoempoel knlangkoeng kawelas arsa
pan mangilen parane dyan Djajengresmi kekalih rentjangira
5. de kang raji raden Djajengsari apan mangetan ing lampahira tan pisah lawan arine ken Rantjang-kapti waoe dahat dening kawelas asih panakawane djoega Boeras wastanipoen panakawane kang rama datan pisah sapoeroeg denja loemaris sadjoega ingkang milja
6. kikintil tan kena sah Ian goesti pan poen Boeras kang abdi wastanja katjatoer waoe lampahe langkoeng kawelas ajoen Rantjang-kapti anggoeng anangis ingkang raka sangsaja poetjaking tyas poepoes toemingal ing arinira kinen gendong mring poen Boeras ingkang abdi jen sajali ginentosan
7. pan woes ilang wangoening priaji jata raden ngangin-angin-warta jen djeng Soeltan ing karsane tentrem tan karsa angloed mring sentana poetra ing Giri kang sampoen tan ketjandak kang anis roemoehoen radyan etja ing tyasira jata moelat semana ningali woekir langkoeng asri kawoerjan
8. de wit-witan anganggrang neng nginggil taroe genggeng kang apoejoeh denta amepeki sawarnine ingkang pala goemantoeng toewin sekar-sekar mawarni ran woekir Soka-jasa dene kang piloenggoeh sang pandita Anggoeng brangta ingkang toemoet wisma rong desa watawis sami sentananira
9. kasoeb lamoen pandita tinoewih nenggih kjai gede Anggoeng brangta bantas ngiwa panengene katah wong agoeng-agoeng ingkang samja angalap ngelmi darbe poetra satoenggal djaloe toer binagoes nanging dereng mawi krama doek timoere kang rama sinoeng kakasih mas Ngali nging tan karan
10. sareng diwasa dipoen parabi mring kang rama kae mas Tjeboiang katerah) diwasa rane nanging poegal kelangkoeng nora kena batoek kelimis langkoeng dening belasar mring panggawe doedoe katah prawan lan somahan wong ing ngare tan getang2) ing siang ratri minggah marang aldaka
11. panggih law an mas Tjebolang sami mring pondoke rinewangan tjoemban pan woes sinoeng wismeng dewe lering wisma ramekoe miwah³) jen mring ngare rama marengi ana wong angon menda maesa lan lemboe rentjange kinen soeng sega lan gadoebeg winoran katjoeboeng sami kang sinoengan tan njana
12. lamoen gadoeblege dipoenmo4) mori sawoesira mangan noelja niba dene lemboe sakatahe lan mendane djinoepoet nidji-nidi nora ketawis prapteng wisma pinragat dinoem santri agoeng winartan genipoen toembas apan asring kang rama sinreg ngileni mring kang darbe maesa
13. nora mantra poetreng panditadi pan woes soeroep ngelmoe kasampocrnan prandene den-mamah bae langkoeng sewoe daloeroeng kang ramang goeng denja doekant tinoendoeng pinelalah bekteng santri tjatoer woes sedasa woelan kentar anoeroeti denja pralente sajekti ngoembara barang trebang
14. woes anoeroet tanah ing pasisir malah woes bengang ping pira-pira saking kekatahen ronggeng neng Sidajoe kinepoeng andemeni bodjoning santri kesah marang ing Dana mondok wismanipoen ki Djamal pangoeloe Daha dasar katah santrinira ki Djamali ki Djamali sroe boengah
15. mring sang prapta woes sinoeng wismeki santrinira ki Djamali samja mring kang prapta langkoeng sihe arenes tjangkem karoet jen kalane dipoensoeroehi ginawe pakaoelan panganten tan atoet kaoel nanggap mas Tjebolang jen loemampah katah 5) santri 6) ngiring santrine dewe papat
16. bebektane doek kesahe ngoeni moeng poenika kang ginawe tandak kapat parigel beksane toer wong woes samja soeroep lamoen ronggeng lanang sajekti prandene neng kerengan kweh soedoek sinoedoek nenggih wong lakon sadina jen miarsa mas Tjeboiang den-soeroehi dangan pra samja prapta
17. nanging wong tjilik datan koeawi anjoeroehi marang mas Tjeboiang saking tan kelar opahe langkoeng goeng sadjenipoen jen bebasan rong poeloeh anggris marma arang kang kelar nanggap sabab agoeng lan bektane santri katah jen wong tjilik arang kelar angingoni dangan nonton kewala
1) prajoginipoen : katelah.
4) langkoeng 1 wanda, kaboetjal: mo.
2) prajoginipoen: gotang.
5) ing babon : kantos.
3) langkoeng 2 wanda, kaboetjal: miwah.
6) kirang 2 wanda, katambahan : ingkang.
2e Zang; dichtmaat: SINOM.
1. jata anoedjoe somana boepatine darbe kardi poepoet denja darbe poetra doek kala garweng njakiti doekoen katah samjangling sok Ioedjenga darbe kaoel ngoendang ki mas Tjebolang mangka rahajoe manna ning animbali marang pandjak mas Tjebolang
2. anoedjoe woelan poemama lir rahina padangneki badene wetan pendapa enggene ananggap singir pepak sadjen mawarni sekar konjoh lawan koetoeg sekoel toempeng megana warni pasar amepeki salawate neng sadjeng salawe real
3. rolas wadah samja doelang
lia antjak lawan tjeting miwali bokor gelas talam sedaja dipoen-sasabi sindjang sekaran warni batik loerik lawan woeloeng mjang karoekoeb koeroengan kang sindjang mawarni-warni padang boelan binantonan obor sanga
4. mjang kang saos pelataran
patih mantri lan pradjoerit pandam ting parik tinata denja lenggah kja dipati ngedangkrang aneng koersi pinggir pendapi genipoen tjenela kinembang mas pantes ngagem njamping batik nagasari djinembangan latar petak
5. paningset tjinde djo bara rasoekan blah banten asri
sembagja loes kapoeranta tjorake kembang pinetik kotaug kantjing mi rah brit peniti djangga inten bjoer doewoeng gandja kinatah ing inten mirah toelja sri koeloek tjemeng baloedroe rinenda ing mas
6. koembalanja keketoegan
soemping sekar her rinoekmi abagoes poepoek sembada lir kelana angedjawi ing ngajap para tjeti aboesanendah joe-ajoe kenja randa welandjar ander marek ki dipati awibawa tinarap para biada
7. miwah sasaosanira
ki adipati neng ngarsi kenap lan bangkoe tjantjingan sinerbet poetih toelja sri ingkang anglaladeni pawestri samja joe loehoeng wedang ten mamanisan poean roti wedang kopi aneng ekan semoea isining medja
8. satjaraning lah-olahan
goegoerian manis-manis pepak di-adi ingolah miwah wowohan mawarni samja roemat tjoemawis latar ginelaran sampoen lampit ageng apandjang goning pandjak den-gelari kasah aloes jata ing waoe semana
9. mas Tjebolang ing ngandikan ki Djamali kang angirid boesanane mas Tjebolang badjo kotang krestin abrit pinggir rinenda alit njampingira kasa woeloeng saboek poetih rong kilan koeloeke batoka'n setrim destaripoen djeplakan poetih rinenda
10. adoewoeng kemalon abang gajaman landean miling toelange oelam minatan mirah agenge saranti santrine kabeh ngiring gede tjilik loewih satoes wong nongton pan atoesan katboe abdining dipati nadyan 1) desa pan kenging kewala
11. pan parentah sang dipatya njoekakna manahing alit marma wong nonton akapang ki dipati lenggah koersi ingajap manggoeng selir samja binoesanan moeroeb pan woes pepak sedaja sinarah pendjaloekneki saprabote kimas gen bade anoelap
12. pan woes dawoeh kinen lekas sendika kang den-dawoehi anoeija njandak tarebang sasolahira respati dasar ragi kinardi apatjak terbang pinangkoe ing dengkoel dangak ladak beranjak Anggoenoeng-sari adan lekas sadjak Djawi sekar lempang
13. swara moeloek getas renjah angoengkoeng aroem toer manis nges wiletnja nganjoet manah panerbange angapipir sabat gja naoerani tarebang tiga goemroemoeng baroeng angkloeng lan kendang tjaloeng tjalapita gading ramja gobjog goemer geter magentoeran
14. wor swara sroe lagoe Iempang oreg kang samja ningali djedjel rijel jel-oejelan desekan pipit-pinipit keh solah bawaneki boengah kang para tjalimoet tjeler-tjineler ramja katah kang kelangan sami opjak geger sakedap nora karoean
15. soewe-soewe tan rinasa kelangan preloe ningali djalwestri tjaroeb desekan
wong kang doegal mangarahi mring wong wadon anggriming tangan ngoejel-oejel soesoe naloesoer gagap-gagap gembok ginegem agemi keh mengkono weneh tekem-tinekeman
16. jata waoe mas Tjebolang narebang besoes awasis geter koeinitir ngapindjal ketoengtoeng pjek tong ting tong grig proeng preng groeng pang pang pong ping klong kloeng tjrik tjrik ²) bah bah goer toengklek toengplek toeng ting brang. pap pep bah bah ter nal nil nil ngoek ngoek breng broeng poeng pak poeng pjak doeng deng doeng brang
17. kang saoeran reboet sora swarane samja sroe angrik rahab oengkoel-ingoengkoelan santri baroeng naoerani jen noedjoe selehneki saoeran denja goemroemoeng jen kabeh tibeng gongan mas Tjebolang kang nampeni ngelik meloeng ngoengkocng membat angemandang
18. anglangoet swara roem membat bening lir soeling wratsari tan ana swara kang memba empoeke gilig ametit mangkja kang samja singir woes dangoe denira taloe soewoek matja selawat kendel aso ngaring-aring pan anglela mas Tjebolang andjentara
19. ki dipati ris ngandika endi sabatmoe kang dadi tandak kang djibles wanodya mas Tjebolang matuer inggih poenika kang prajogi poen Noerwitri namanipoen pinoendoet binoesanan tjarestri ronggeng linoewih pinaringken kinen toemoeli lekasa
20. toer sendika mas Tjebolang lekas bawa gambir sawit swara roem man is ngesira membat wilet doedoet ati santiine naoerani goemrembjeng bareng terbang broeng rampak oekele pada tan ana gangsoel menehi mas Tjebolang akipat panerbangira
1) kirang 2 wanda, katambahan: lare
2) kirang 1 wanda, katambahan: tjrek.
21. noelja tandaknja abeksa
berag kabeh kang ningali ki dipati langkoeng soeka abdine kinen ngleboni genten lan den-dawoehi tombokira kabeh njoekoe soeka gantya ambeksa abdinira ki dipati sasenenge denira djaloek gendingan
22. saweneh ana barengan samja gending gondjang-gandjing beksa karone bramatya sebrak pareng narik keris geger ingkang ningali ki dipati langkoeng bendoe sigra anjandak rotan kang toekar loemajoe adjrih pan woes poelih tata kang nonton sedaja
23. jata waoe ki dipatya
kapengin toemoet angibing kang abdi keplok sedaja manggoeng selir soeka sami montro gendinganeki tan dangoe anoelja sampoen jata ki mas Tjebolang tan kenging ngampah kang galih tarebange woes sinoengken roangira
24. boeka rasoekane djoebah
moeng kotange ingkang maksih doek waoene sinasaban djoebah kotange tan keksi jata lekas angibing beksanira beksa aloes gendingane la-hela oreg samja kang ningali sahabdine ki dipati langkoeng soeka
25. miwah sira ki dipatya
1) prajoginipoen:
soekanireng.
langkoeng soekanira 1) galih jata waoe kang ambeksa sawoesnja niba kang gending ki mas beksane njirig ngleter sarja patjak goeloe ngalaliken tandakira beksane noeroet ing pinggir ring kalangan sarja oelate kinarja
26. kweh boengah satengah ana
sawidji kaoem ningali Doelso eboer lan bodjonira nedja miloe naoerani mantengah ngambjong singir kang goemawang andoedoeloe seseg tan antoek marga migag-migeg sroe kapipit nimbok Soeboer rada wasis sok geleman
27. den-intjih kiwa tengenja
dineseg dipoen-gagapi kena tjeg kang pajoedara kinepel pinidih-pidih poeringisan ngesemi kang ngoejeg saja kasoesoe rinangkoes sindjangira bok Soeboer pasang anjenting tanganira kiwa gondelan kang lanang
28.kang tengen kari sidoea neng dengkocl sarwi andjentir pinarnahaken agampang toemandoek kang mangarahi bener andedel noeli garegel baloesoek poepoet kasamoer ijag-jegan lir linampahken pakolih enak-enoek ki poenoek nora ketara
29. ojag-ojeg dedesekan
Doelsoeboer pangrasaneki degdege solah ing katah tan njana bodjone oentir andjongok rada djengking kesel ngadeg awadipoen Doelsoeboer woes pitaja kasamoer solahing djalmi malah genti kiwa tengene anggarap
30. gilir ginarap wong tiga noedjoe panggarap kang kari doeweke gede adawa satekem net mangang loewih ni Soeboer ngoelet djondil asroe banene koemloekoek Doelsoeboer kagjat moelat bodjone ginarap wingking sroe ambengok ngoedoe bilah katiwasan
31. goemroebjoeg kang garaji oewal slendang tapih den-dedeli marang bangsat kang anggarap moeng kari koelambineki geger pating djarelih Doelsoeboer sroe toeloeng-toeloeng moendak dadi bajangan bodjone den-oeli-oeli noelja moelih bodjone bandjoer pinala
32. wonten welandjar satoenggal abdinira ki dipati pan lagja kagem sapisan ing mangkja dipoen-kasihi nama poen Djae-manis akoening wedana soeloeb netra djait balerah alandep idep toemengging pajoedara kengkeng lir moendoe oendoehan
33. pangangge kinatjek pelag ngoengkoeli kang para selir tikel regi parabotnja saking sine ki dipati nging rada ngadi-adi pan kemajoe adol ajoe oelate blas-eblasan aling-aling nglaladeni mring ki adipati jen woes nebih genja
34. malah tjelak lawan pandjak sadela bali ngladeni katjoe koembaja koesta bang krep nginang idde ngatjoewis belisen soesoern^ki sabiti atos lir watoe pulahe kerangdjalan nener kewes galak lirik pan sasore wis pindo katjoene ilang
35. saking mendese aganas
nas nes mendjeng noendjang koeping kapengin marang kang nrebang sedatsedot oelatneki kadoeloe mring dipati
agja marek aneng ngajoen jen woes katoengkoel loenga dol ajoe dlerengan ngliring pan kemaroek kinasihan ing bendara
36. andjenggleng pinggir kalangan misah gon lan kantjaneki eram sakeh kang toemingal kenese lindis kemini semana amarengi sawidji wong andedoeloe soedagar ngangge moempjar sakodjoer dipoen-dedeli kena kabeh gembor-gembor galimpangan
37. geger asroe leng-oelengan
tjaroeb-tjaroeb ting djarelih wor-winor nora karoean kabrawoek bok Djae-manis telas den-balodjodi ambaledjed boekoeng widoeng kaoejel ing ngakatah angadeg ki adipati langkoeng doeka asroe mring kaoelanira
38. dene kaja wong alasan kabeh kang nonton si djoprit de ikoe mas patih ana njengoh kabeh keneng baring oepajanen den-aglis sapa kang agawe roesoeh goepoeh kaoelanira anggoleki kang ngroesoehi tan kapanggja moeng wong sidji ngatang-atang
39. den-idek-idek ing katah
katoer marang ki dipati lawan pawestri satoenggal katoer jen poen Djae-manis gegetoen ki dipati kakasihe ambaloedjoe doeka mring wong lanang kang kaoedan kinen geboegi dosanira dene amemada oeda
40. gja parentah ki dipatya kinen djagani kang betjik adjana wong roeroesoehan djaganana toembak bedil matoer sendika aglis dinawoehken sedaja woes tap adjrih woes tan resah ki dipati ngandika ris eh ja pandjak beksaha Ian tandakira
41. Tjebolang toere sendika noelja bawa lompong-keli swara roem getas araras njenjed ngeses menjed ati saoeran naoerani goemoentoer ger baroeng aroem pjoeng pjoeng pjek deng toeng toeng brang pep pep bah bah klong kloeng toer tir tjrak tjrik-nal nil pong ping toeng pek beng boeng
brong brang 42. segseg1) gobjog asaoeran jen woes tekeng gonganeki
greg pet ririh terbangira panaboehe oekoer djawil kang sanget moeng kakalih tjaloeng tjalapita baroeng nampani mas Tjebolang lan tandake baroeng ngelik metet merit awilet goelet-oeletan
43. akantjoeh rentjang swaranja lir rebab baroeng lan soeling njamleng saplak nora djatnak mas Tjebolang lan Noerwitri tog-tinog denja ngibing mas Tjebolang beksa kakoeng Noerwitri kang beksa dyah akarja wembaning ati kaja oega Onengan lan Woekir-sekar
44. sasolahira kinarja
liringe ameratani kang kasangkoet ing paningal geragapan senig-senig tan tawadjoeh ing ati ati lir roentoeh taledoek keneng soembaga gendam mas Tjebolang ngigel apik asta manteng andengklang klek patjak djangga
45. naretjet rikat koemlepat miwir sondere koemilir aebat naga kapalang tandake moengser sisirig
lir parendjak tinadji larap madjeng ladjeng nindoer golang-galing lilingan kwehning kang mjat sipteng kapti kaja-kaja lan deweke mengkonoa
46. wanodya ingkang niningal samja kasmaran kepati kanjoet wat kinging soembaga geges tyasira mawerdi miwah manggoeng lan selir ira ki dipati waoe tamboeh ing solahira ana ngoelet kirig-kirig angatjetjeng malah midjil rahsanira
47. bandjoer Ioemajoe wan-awan
ngoejoeh mring pakiwan sami jata ing waoe semana mas Tjebolang kendel noeli wangsoel denira linggih sang dipati noelja dawoeh kinen lekas anoelap pan kinen aso karijin pan sendika atoere ki mas Tjebolang
48. jata manggoeng selir samja
iriban samja balangi ing gaganten miwah kembang weneh badjong-badjong liring ana ingkang ngaweti sarwi ngeblongken goemoejoe nangging langkoeng iriban denira balangan liring tjiptanira emben bae roeroentjoengan
3e Zang; dichtmaat: POETJOENG.
1. jata lekas njoelap mas Tjebolang waoe koemoetoeg kang doepa toempeng papat den-koeroengi mas Tjebolang beksa ngoebengi koeroengan
2. Ian tandake moebeng koeroengan roeroentoeng sawoesnja mengkana kang koeroengan den-oengkabi toempeng papat sedje-sedje toekoelira
3. sidji toekoel wit-witan lombok wohipoen sidji wit semangka oewohe sakendil-kendil sidji bliglo oewohe sadandang-dandang
4. sidji waloh sagembol-gembol wohipoen soeka kang toemingal ki dipati toesteng galih angandika eh pandjak apa kenaha
5. kabeh ikoe apa kenaha djinoepoet matoer mas Tjebolang boten soesah inggih kenging dinahara nadyan binekta mantoeka
6. boten poeroen molah-malih sampoen loegoe sanes lan wong katah kang limrah warti tan kenging jen poeniki inggih ta kenging kewala
7. langkoeng soeka ki dipati ngatag goepoeh manggoeng selirira satnja kinen amendeti koemarojok apan sami rareboetan
8. angoendoehi semangka kelawan waloeh atjengkah-tjinengkah samja rewanging 1) pribadi ladjeng oeleng adedreg tengah kalangan
9. ki dipati doeka ken ngoendoerken sampoen wong nonton sedaja langkoeng soekane kepati jata bade lekas malih arsa njoelap
10. njandak djanoer koening lan ron benda goepoeh lan lar bebek ajam lan lar manoek emprit peking lar brekoetoet drekoekoe poeter lan dara
11. lineboken koeroengan koetoeg koemeloen mas Tjebolang beksa lan tandakira ngoebengi tarebange tinitir kaja bedaha
12. parikane apan moeni soeroeng dajoeng sawoesnja mengkana koeroengan woes den-oengkabi sawarnine elar woes woedjoed sedaja
13. godong benda apan ia dadi boeloes djanoer dadi oela sawarnane kabeh samibebek ajam manoek boeloes lawan oela
14. aboeboeron datan ana ingkang metoe saking ing kalangan soeka moelat ki dipati miwah kabeh wong kang sami aniningal
15. ki dipati angling apa kena ikoe bebek den-opora lawan pitike ja den-tim matoer nembah sira waoe mas Tjebolang
16. boten soesah pan kenging sedajanipoen soeka ki dipatya noelja kinen anjekeli pan koemroeboet sagoeng kang para parekan
17. moeng oelane lan boeloes sampoen rinatjoet marang mas Tjebolang moelih dadi djanoer koening boeloesipoen moelih dadi godong benda
18. ki dipati soeka malih ngandika roem ja maneh wetokna kabisanmoe kang gawoki mas Tjebolang noewoen atoere sendika
19. noewoen lesoeng kakalih sahaloenipoen sigra ki dipatya moendoet lesoeng noelja prapti moedjoer ngidoel moedjoer ngalor sahaloenja
20. pan agoepoeh mas Tjebolang masang koetoeg kang lesoeng ginoenan dinoemoek-doemoek kaping tri tan antara obah lesoenge amapan
21. aloe woloe samja abendrong koemroewoek titir kokotekan madjoe sareng lesoeng kalih moeni dewe abendrong aloe nembelas
22. lesoeng toemboek adjebles soeroeng-sinoeroeng aloenja tan gigal saha sroe bendrongan titir toeng prong toeng prong toek prek toek prek dong dong brag brag
23. kang andoeloe sedaja soeka agoemoen lesoeng toetoembakan aloe titir tanpa djalmi aloe kalih ting baleber liroe gjanja
24. saja soekoep kang nonton oejel atimboen kang saweneh ana wong bebedangan woes lami pan katoedjoe panggih ana ing tontonan
25. soekeng kalboe kalihe deket akoempoel pan sami karsanja kasamoer pipit—pinipit toetoeg ing sakarepe agegarapan
26. dangoe-dangoe ketara ing solahipoen ing kiwa tengenja ginetak oewal kang oentir pan sinoerak ginagoejoe ing akatah
27. estrinipoen loemajoe tan bisa metoe den-oejeg ing katah soesoene den-tjoetjoewoli tjag tjeg mag meg mal mol soesoe pipi branang
28. woesnja dangoe denira angadoe lesoeng anoelja rinoetjat aloe ngaloempoek geneki lesoeng galih 1) woes kinen anggawa medal
29. soeka ngakak ki dipati ngatag goepoeh maneh alekasa metokna kagoenan malih kang liningan sendika santrine noelja
30. gja binanda tinalikoeng winajoejoeng soekoe antoek djangga ginajoet-gajoet ginodi sawoesira linebokaken koeroengan
31. lawan djantra sarta koetoege koemeloen mas Tjebolang ngatag mring pandjak gending kinanti wira-troena dyan lekas goemer swaranja
32. ladjeng tandak Ian ki mas Tjebolang roentoeng moebeng neng koeroengan kaping pitoe gen ngoebengi sawoesira ngatag ki mas pandjakira
33. kinen salin kebo giro gendingipoen goemoeroeh swaranja seseg kang bawa gora tri pan tinitir goemoentoer torbang baroengan
34. kang doedoeloe tan bosen panontonipoen sangsaja karenan wonten wong lonte sawidji langkoeng landep ampoehe prasasat sarpa.
35. lonte ikoe warnane kelangkoeng ajoe singa wong djinawat tan seranta noeli ngintjih gja ginarap aneng tengahing tontonan
36. dereng toetoeg kang garap krasa andjeploek moendoer mekah-mekah deprok ngoejoeh ngolang-aling wonten malih kang anggarap deg-adegan
37. lagja madjoe angloemba sakala aboeh pan sasore moela oleh wong selawe loewih kabeh rengkeng-rengkeng gereng-gereng lara
38. ana bandjoer lonjoh 2) ting palepoeh pan pada sadela anderok tan bisa moelih akeh ngintjim-intjim sanake kang waras
39. mas Tjebolang ngoengkabi koeroenganipoen pandjak kang binanda woes oetjoel sami noenggangi marang sima gigibrah tengah kalangan
40. gero-gero sima ngadjrihi dinoeloe kagoem kabeh pada sagoeng kang wong niningali reboet doetjoeng loemajoe agogolongan
41. lonte waoe katemoe tinemoe koewoek pan binatodjodan sandangane sarwa betjik sengkang sindjang sedaja temah telandjang
42. den-koek-engkoek ngarengkoek noeija tibambroek ingles wong katah lonte nangis djerat-djerit gemboek-gemboek gemboke den-idak-idak
43. pan den-epoeh iloene pan meksih ampoeh singa kang angidak koemaranjasnja soemengkring kitrang-kitrang kinoekoer saja werata
44. ting barekoeh keh markotok sikilipoen oejeb kekerogan sakeh wong mimisoeh sami pan pinala kaselak adjrih ing sima
45. sagoeng selir gila djrih samja loemajoe malbeng dalem samja tinilar sang adipati wong kang nonton samja soemingkir anebah
46. soeka ngakak ki dipati mantoek-mantoek asroe angandika pandjak paran adatneki apa nora anemeni ingkang sima
47. ki Tjebolang matoer boten-botenipoen gigila kewala jata angling sang dipati jen mengkono noeli ratjoeten den-enggal
48. gigilani medeni kang pada doeloe sigra mas Tjebolang koeroengan winengkang noeli sarwi tjetet sima mandjing djro koeroengan
49. langkoeng soeka ki adipati andoeloe manggoeng selir samja
ngoewoeh pan sami midjil ngadep malih le 1) simane tan ana
50. kang nononton woes samja wangsoel sedaroem jata mas Tjebolang boeka koeroengan toemoeli ingkang sima woes moelih pan dadya djantra
51. santri katon wangsoel binanda andingkoel soeka kang toemingal sigra rinoctjat toemoeli kang binanda soeka anglindoer oepama
1) prajoginipoen: seseg.
1) prajoginipoen : rewange
1) kirang 2 wanda, katambahan: koelit.
1) prajoginipoen : kalih.
4e Zang; dichtmaat: DANDANG GOELA.
1. jata maoe sira sang dipati karsanira waoe dik-oedikan nadar doek sakit garwane poetrane dereng metoe saking goea garbaningbibi weroeh ing padang hawa kang garwa loemajoe manna arsa linampahan oedik-oedik apan lima welas anggris nanging warni ardana
2. ki mas Tjebolang den-andikani pan winartan ingoeni kang sabda
pan woes tinoetoerken kabeh kang dinawoehan matoer inggih oeloen darmi nahidi nanging inggih dadosa ping kalih poenikoe abdi padoeka sedaja sawarnine tiang estri kang roemijin pan sampoen kawoworan
3. apan ngamoengna padoeka inggih kang toemoeta angreboet pan amba ingkang anebar artane pan anging sarat toemoet amba ngrebat saking sakedik sang dipati karenan apa sakarepmoe jatra pan woes tinampenan mring Tjebolang sang dipati tedak noeli samanggoeng selirira
4. gede tjilik wong dalem pan midjil apan ladjeng akepoeng akapang wong djaba winarah kabeh lamoen mangke ing poengkoer iki nora ken'a den-wori jata woesnja mengkana mas Tjebolang goepoeh angadeg tengah kalangan manggoel bokor parestri pasang prasami gen bade rebat arta
5. jata mas Tjebolang nebar aglis pan goemeder parestri reboetan oejel atjablek-tjinablek dipati soeka doeloe toemoet ngreboet sarat ngetjani jata ki mas Tjebolang bokore rineboet mring pawestri arta woetah ladjeng oejel mas Tjebolang api-api tiba rehning rinebat
6. ngatang-atang ladjeng pan den-bjoeki mring parestri arta kang neng djadja rineboetan ing wong akeh kimas andjoemboel-djoemboel pandjoemboele anjondol pentil kang sinondol tan etang maksih etja ngreboet mas Tjebolang kinakahan mring wong akeh kimas a pan djongkit-djongkit anggamboel margeng soeta
7. soeka miat waoe ki dipati ragi welas marang mas Tjebolang dening den-oejel ing akeh angling mring ki mas aroem adja dadi manahireki dene ta awakira mring wong wadon den-bjoek mas Tjebolang ragi soesah lengoer-iengoer batine oentoeng kepati dapoere pinda soesah
8. woesnja noeli dik-oedikan malih wong ing djawi kang kinen madjenga ki dipati nebar dewe rame oejel goemueroeh toea anom gede lan tjilik wor-winor tan karoean gedrah soengsoen timboen ana kang tiba kaloemah weneh ngagir anggaloengsar kadjoempalik oedreg tjengkah-tjinengkah
9. raredjengan ramja ting djarelih wengkang-winengkang denja rebatan tan pidjer kena doewite ana kang woes den-emoet meksa ngoekih dipoen-gogohi miwah aneng kandoetan kang ginegem oetjoel langkoeng soeka ki dipatya pancbare kang arta denintir-intir pinrih dangoe rebatan
10. noelja kinen moendoet arta malih limalas engkas tan dangoe prapta katoer pitjis bolong kabeh sinebarken soemawoer rineboet ing abdi djalwestri sikep bangsat angrebat dedreg ting barekoeh adosok djengkangdjinengkang miwah sikoet-sinikoet biti-biniti goedrah agoeladrahan
11. ana goejoe weneh pan anangis ana ingkang sindjangipoen sempal mjang baloerrg djongor1) lambene
mimisen iroengipoen nora kena sindjang barendil ginoedjeg akakalan mari-mari jen woes arta woetah sindjang bedah keh tingkahe ana wong lanang sawidji akatah olehira
12. tepoeng gelang lempeng kebak doewit ngandoet ngemoet gegeni kebak oewang miwah kang ginombol ²) akeh ing ngebjoek pan rineboet pitjis mawoet dipoen-rebati rinentjak ing wong katah bebede djoer moemoer wonten pawestri angrebat pan kasoesoe kleroe kontole sinebit kewal ago'brah-gobrah
13. djelih-djelih nora den-pradoeli meksa rinoedjag ingidak-idak metjetet paringsilane oejel koewoer katawoer tan tjinatoer solahireki lingsir daloe genira kasoekan anoetoeg jata semana boebaran ki dipati paring tigang dasa anggris marang ki mas Tjebolang
14. ki dipati angandika aris esmoe goejoe marang. mas Tjebolang pandjakmoe Noerwitri koewe lah tilaren karoewoen dimen kari neng djero betjik soeka tyas socn toemingal lir wong wadon loegoe nora mantra-mantra lanang Ian maninge manira akarja ringgit Noerwitri kang moeroeka
15 lawan sira jen ingsoen timbali adja loenga-loenga neng Kaoeman omahe Djamali bae jen ana koerangamoe loemeboea ingsoen paringi jen ora kongkonana bae matoer mring soen ia bodjone si Djamal ngong paringi pangan sasantrinireki sakehe tjatjahena
16. matoer nembah soemangga noelja mit mas Tjebolang anampani arta tigang dasa real kehe lan saboesananipoen toewin paring sindjang mring santri anidji woes werata mjang sasadjenipoen den-oesoengi santri katah langkoeng boengah sakeh santri ting tjoekikik oentoeng ki mas Tjebolang
17. moendoer saking ngarsane dipati lawan sasantrinira sedaja mjang pangoeloe Djamaline santri satoes goemroedoeg aneng margi Djamali angling doeh anak mas Tjebolang poenikoe jen moenggoeh koela amoedjoer salawat sindjangipoen sadjenipoen koela inggih lerese toemoet angsal
18. sabab margane angsal ridjeki kapratjaja pinaring akatah saking koela wiwinihe mas Tjebolang lon moewoes jen woes prapteng wisma agampil koela mangsa ngitjalna ing tata lan patoet datan soesah winitjara ki Djamali ambesono ngedih-edih goemermeng toeroet marga
19. tan adangoe prapta ing wismeki kae Djamali ing Pakaoeman goemeder santri praptane tata denira loenggoeh tan antara sadjen binagi tinadah ting koetjapah toewoek ngadoeg-adoeg mjang saketib modinira leber maring tatangga pan maksih loewih sekoel oeiam panganan
20. arta tiniten sedajaneki sadjen selawe lan tigang dasa ki dipati paparinge
arta tombok ingetoeng apan angsal kawan dasanggris goenggoenge kawan dasa gangsal langkoengipoen kang dateng pangoeloe Djamal pan sedasa real kang dateng ing santri arta tri dasa gangsal
21. dinoem kadoeman anjoekoe sami kang seket real mring mas Tjebolang kaleboe lan Noerwitrine woes rampoeng pandoemipoen aloearan sedaja aris waoeta ki dipatya esmoe tyasnja kanjoet mring Noerwitri ronggeng lanang ki dipati ragi kawoeron sakedik ing brem tape waragang
22. woeroe kaworan alimpang brangti mring Noerwitri kang binrangti anjar katemben blere karsane noelja binekta kondoer maring dalem gedong kawingking ki dipati ngandika Noerwitri di-madjoe soen sare singeben ingwang sembari rengeng-rengenga lompong keli montro petoeng-woeloengan
1) kirang 1 wanda, katambahan: ga.
1) prajoginipoen: njongor
2) prajoginipoen: ginembol.
23. gambir-sawit lawan gandroeng-manis
matoer inggih Noerwitri ngoedjiwat sarwi pinatet latine ki dipati agoepoeh ngrangkoel goeloenira Noerwitri gregeten tjinoewolan lali pipinipoen den-ingsep ingaras-aras matoer mangke doeh mangke kangdjeng kiai toerene kinen nembang
24. angandika lah ia den-betjik
noelja rengeng-rengeng swara raras lompong-keli kaloeloete djalirit merit aroem kaleleran ambeler ati pan lagja rong egongan ki dipati moewoes wis menenga soen tarima den-mrenea adja sira wedi-wedi Noerwitri ngarah apa
25. gja ginajoet angganing Noerwitri kekep-kinekepan arep-arepan 1) kadya maring dyah tan pae sasolah bawanipoen mriembada ancmbadani angrengih kang rinepa ingoekih kinoekoeh katomah temah tan polah ginoelingken golag-galig anglegani pinoengkoerken karenah
26. angoedempel poepoel aneng woeri waringoeten tan salajeng karsa wastra silak warastrane pangangkahira rikoeh lir kekean akongkah-kangkih nempoeh tan keneng ngampah Noerwitri andjoemboel andengkeng tyasnja koemesar poelintiran angesah oematoer ririh ingkang anter kewala
27. kjadipati langkoeng soekeng galih sangsaja ngloed loengiding toerida rada katemben karsane sanepaning dyah ajoe ing pangrasa malah ngoenkoeli koelinaning kalangjan dede ampoetipoen pan ora oentap-oentapan soerasaning karasikan moeng Noerwitri ngalempak toempak lawak
28. tan awiwal pakiwoeling gati deket keket lir banon Ian rimbag nora renggang don-adone ki dipati kalimpoet kaloeloeting wilet kalaning katah solahing karsa riwenira koemjoes kang kinarsan tan goelawat woes antara andjog dres gatining resmi kongsi bjar aloearan
29. Noerwitri pan lir sawoeng kepilis kateresan ing gati marloepa tan keneng tebih enggene sarwi den-eloes-eloes ki dipati welas ningali
apan katah sihira mring Noerwitri loeloet soepe langening wanita noengge²) ronggeng lan angantos kalih latri tan kinging medal-medal
30. katah peparinge ki dipati nahen semana ki mas Tjebolang nfeng Pakaoeman pondoke mompjor boesananipoen ambaleret salin-soemalin besoese angajangan katah prawan kanjoet kikintil toemoet pondoknja sapraptaning pondok rinewang saresmi endjing moelih sinoengan
31. arta sawang-sawoeng wongireki ana neloeng real angrong real sareal andoeloe wonge jen si lamoen anoedjoe ingkang ajoe akintjih-kintjih ngantos sapoeloeh real ki mas denira soeng manna wadon loenga teka ing tjiptane enak kodil olih misil jen ta lamoen gemia
32. mas Tjebolang pasti lamoen soegih jata ing wantji soeroeping arka doeta saking djro praptane kinen nimbali goepoeh mas Tjebolang anjendikani noelja dandan boesana alise tjinoekoer pinatoet tadjeming tanggal adoe mantjoeng soemping sekar naga-sari sarira ganda djenar
33. atetasik soemilak aresik njamping saroeng boegis gegeroesan saboek gedog paringane koelambi galar konoes besoes wasis dasare sigit abagoes toer sangsangan barang den-go patoet noelja kering lampahira tan adangoe woes katoer mring ki dipati kang prapta ingandikan
34. kinen ladjeng maring dalem wingking sapraptanira aneng ngadjengan ki dipati lon delinge den-kapareng 1) ingajoen aloenggoeha lawan Noerwitri toer sembah mas Tjebolang woes noenggil aloenggoeh samja sasmiteng eseman ting barisik atotokan dengkoel ririh ing semoe woes andoega
35. ki dipati angandika aris besoek ing pendak woelan poernama sira soen timbali maleh ngloewihi Ian kang oewoes sira dadya ringgit sorakit lan Noerwitri prajoga abagoes joe-ajoe entingna pagoenanira sira besoek soen gandjar kang loewih betjik anglenggakna 2) tyas ing wang
36. mas Tjebolang nembah matoer aris inggih pinten banggi kaleresan sendika sakarsanta ngreh jata woesnja adangoe moendoet dahar ki adipati noetoeg denira dahar gja linorod sampoen pinaringken mas Tjebolang sedaja woes nadah kelawan Noerwitri woes toeroeh tjinarikan
27. woesnja boebar ingkang ngleladeni parestri samja moendoer sedaja tan linilan pangajape pan amoeng ingkang kantoen mas Tjebolang lawan Noerwitri sami awa 3) prenesan wenesing pamoewoes tjara tjarem tjaremedan pan kakenan ing liring ki adipati kagebang ronggeng lanang
38. pan anjelak lenggah ki dipati sarwa man is aroem angandika abetjik tjelekan bae
tan ewoeh kang tjinatoer ing pasemon semana malih lan sira mas Tjebolang adja adoe mantjoeng nganggea tjara wanodya pan toeroeten kewala sakarsa mami kang kaja warnanira
39. mas Tjebolang nembah matoer inggih esmoe goejoe sarwi ngoengkred djangga anggeget ilat lewane mingser lengser sing ngajoen pinaringan boesana adi angiwa ping-ampingan tjoetjoel adoe mantjoeng boesana tjara wanita geloeng senteg sinekar loengsen kinantjing tjepaka lan ronira
40. apan asindjang garingsing ringgit kemben gadoeng melati rinenda pinajoedara estane awida djenar aroem poepoer sawetara nelahi katje koembaja koesta abrit dasar aloes roemimong ing pawidangan sawoesira boesanarsa marek ngarsi sasolahe kinarja
41. oelat rikat lir kilat ngawengi ngima raras koemenjoet tyasira ki dipati pandoeloene sangsaja woewoeh woejoeng prapteng ngarsa noenggil alinggih Noerwitri pan kasoran ing memanisipoen kaot trah goeroe lan sabat jekti kaot laraping liring nelahi akarja lara brangta
42. langkoeng soekanira ki dipati sarwi goemoedjeng winor woewoesnja doebilah doedoe rasane bagoese dene ajoe noelja tanganira tinarik pajo adedesekan bae pada loenggoeh kang ingikal ngajoet tingal woes anglela leledjeme djaman wingi andedet-dedet asta
43. rinedjeng kendo anoelja linggih adoe dengkoel moeng sapedadonan ki dipati Ion delinge pajo pada anginoem brem tape grit waragang manis sinambi dadaharan sesaosan agoeng noetoeg denira kasoekan pagoedjengan apranesan manas ati sisiwo sedangoenja
44. ki dipati angandika aris pajo woes daloe rarjan loearan manira rip arsa sare sisindena sirekoe swara wadon bae kang betjik gending patet manjoera ia petoeng woeloeng kabojong lan kembang gajam koewoeng montro lambang-sari gandroeng-manis anoeli patet sanga
45. onang-onang lawan lompong-keli gambir-sawit miwah ela-ela lara-lara lirih bae kang liningan soeng goejoe sarwi matet lati amatis woes tata pesarean ronggeng ro neng ngajoen kinen sinden gegentena ki dipati sesarean den-peteki sarja sinden la-ela
46. onang-onang lawan gambir-sawit petoeng-woeloeng lawan kembang gajam montro mjang gandroeng-manise ki dipati Ion moewoes sisindena ja lompong-keli wong roro abaroenga kang sinoeng ling matoer sendika anoelja lekas abarocngan sinden ngelik lompong-ke1i oelon alon-alon 1)
47. angriringik angres ngraras ati roentoet njamleng kepleng 2) lir pendah rebab kaloesen kawate swara lit manis aroem
merit metit ametet ati tetela kang parikan ki dipati woengoe abeksa bari alenggah mas Tjebolang lan Noerwitri angrakiti andjoget loeloenggoehan
48. paling karinggeg denira ngibing dangoe-dangoe saja sroe anembang dadya ngadeg pangibinge agoelet kinaroeboet ronggeng kalih anindoer tiring lengek-lengek linglingan njangkloek patjak goeloe seblak koeinlebat araras anjarisig sisirig moengser neng ngarsi aberag ki dipatya
49. noetoeg denira sami angibing noeljatanganira mas Tjebolang tinarik lan Noerwitrine agapjoek pareng loenggoeh pan kinajoet djangganja sami pipi lati ingaras aras kalihipoen noelja malih asarean ronggeng roro neng dagan tan kena tebih pan sarwi peprenesan
50. sarta kinen sinden ganti-ganti sagendingan edang anggendinga Noerwitri lompong-keline Tjebolang petoeng-woeloeng noelja ngelik swara djalerit getere moeloeh remak toengtoeng manis aroem ki dipati woengoe lenggah kinendangan tjangkem gong kenongireki sami tjangkem kewala
51. asta kalih angeboek goegoeling pinda kendang neng tjangkem oengelnja pong pep em-em dah ketote eng eng toek nang nang nong nang3) goeng ginagoejoe ing ronggeng kalih ki dipati anoelja sarean lan moewoes Tjebolang angrerepia ngoera-oera tembange sinom pengrawit tibakna soejoeng ika
52. lan tibakna denok silir-silir Ian tibakna gendjoeng reraen ingwang noeli lompong-keli maneh jen woes ikoe noelja woes mas Tjebolang anjendikani anoelja ngoera-oera tigang pada sampoen swara roem getas arenjah noelja gendeng meded lempeng lompong-keli wilet nganjoet-anjoet tyas
53. goemoedjeng soeka ki adipati mas Tjebolang binalang sap tangan pan ladjeng pinaringake Tjebolang matoer noehoen noelja tanganira tinarik sarwi mesem ngandika den-marene loenggoeh Noerwitri oeningeng sipta moendoer saking ngarsanira ki dipati sasamoer neng djerambah
54. ingkang aneng djroning gedong sami ki dipati lan ki mas Tjebolang baleging ledjem semoene mas Tjebolang ginajoeh kinapiting liningling-lingling rinoengroem sinembrama lir bremara roeroeh angremih madoening sekar ki dipati kapadan loengiding kapti katoedjon legaweng tyas
55. pandam lilin woes mati ginoenting noelja ginoelingken mas Tjebolang soemeleh miring rakite ki dipati kapoengkoer pan karakct keket neng woeri dangoe areredjengan sindjang woes karangkoes angikal warastra mapan santosa dreng adon-adon adoe manis toemandoek pan dinadak
56. kinoekoehan makas angengkengi dia-dinia dinaja-daja dinoea-doea tan poleh sinerot anoelja loed 1) amrekeneng kena ginati
mas Tjebolang garondjal tyasira koemepjoer pinarwasa kawisesa sasolahe kapidih oematoer ririh ingkang sareh kewala
57. saja gembira ki ²) dipati amranani ing sakersanira ing reh rekasa woes rame tan wiwal denja kiwoel poelintiran angoentir-oentir anter antaranira nirken ing dyah ajoe tapis rarasing wanita winetara lan Noerwitri kasorneki pan kirang baoedira
58. mas Tjebolang aloewes awasis ing salata tatening pratingkah ki dipati karenane kapadan ing tyas loeloet pan ginopan panoempoeneki rerekaning kalangjan langkoeng soeka noetoeg telas soerasaning solah kasreg sinreg binotan riwoeting gati gita loentoering prana
59. bjar rahina loearing poelangsih ki dipati sarira marloepa mas Tjebolang lempe-lempe sawoesira toetoeroeh ki dipati angarih-arih pangrehe angrerepa sarwi ngeloes-eloes Noerwitri marek ingarsa esmoe goejoe kaoela poeniki tilik kang mentas kadjantaka
60. mas Tjebolang ngeblongken Noerwitri sarwi naoeri mesem ngoedjiwat aran wong woes pada dene ki dipati goemoejoe niwel lati pipi sarja ngling karone aratjoeta bebeda kang bagoes noelja pinaring boesana bebet iket saboek kelawan koelambi keris pendok soeasa
2) kirang sawanda, katambahan: a.
61. noelja boesana wong roro sami penganggenira apan kinembar djalkitit pada bagoese ki dipati andoeloe mring ronggeng ro sangsaja asih siang daloe karenan djadjambon anoetoeg giniliraken trekadang kinarsaken ronggeng ro sareng saratri soepe mring para garwa
62. kang parestri nora den-pradoeli moeng Noerwitri lawan mas Tjebolang alengket lir goea 1) ledeng ing siang daloenipoen mas Tjebolang iriban liring mring pra selir biadan sisinglon poelang joen lamoen Noerwitri kinarsan mas Tjebolang nilib marang para estri gerang-gereng kewala
63. sekatahe para estri-estri samja kedanan mring mas Tjebolang abagoes gampang oewange milanja samja toetoet Tjebolang jen adoes mring djawi estri gebel ambegal amrih pinoelangjoen linaden aneng padoesan jen woes toetoeg loemeboe angampir-ampir rikatan bari liwat
64. dadya pandjang kidoenging pawestri sandoeng djekloek angob koelakepan mas Tjebolang kang den-ame samja jon brangta woejoeng beda lawan Noerwitri tani geleme jen djiniad setoen roro teloe tan ngeprah lir mas Tjebolang sabab ki mas Tjebolang pan doewe adji ja pangontong-ontongan
65. bisandoega sakateping estri ingkang tjilik lawan ingkang dremba mi wah landoeng lan tjelake tjinilik jen ing tjioet ingkang. omber dipoen-agengi
kang anggajer dojanan . tri daloe tinoetoeg lan weroeh enggoning rasa woes rinadjah radjanare ring pawestri traping asmara gama
1) langkoeng sawanda, kaboetjal; a.
2) prajoginipoen ; noenggeng.
1) prajoginipoen : kapara. 2) prajoginipoen : anglegakna. 3) prajoginipoen: bawa.
1) kirang sawanda, katambahan : an. 2) kirang sawanda, katambahan: ang.
3) langkoeng sawanda, kaboetjal: nang.
1) prajoginipoen: ngloed.
66. milanipoen parestri agampil
kang doeroeng kena kedanan roepa kang woes kakenan angenel tana daratan ketoeng katon bac rahina wengi kadya wong kasoeroepan djoto lengoek-lengoek lekas obah andjerantal mintai-mintoel akikintil kang kaesti kontole mas Tjebolang
67. abdinira estri-ki dipati katah ingkang woes2) dinedjahan kari kang woes kempong bae setoen roro teteloe ingkang nora dipoen-greweli toewin djawi andjeprah kaprah reboet pajoe angoepaja pinilala mas Tjebolang belabalaboeh mragadi eber wani kelangan
68. arta boesana mjang ali-ali paringanira ki diapatya pinaring sapanjoewoene ia gandjaranipoen mas Tjebolang tan nedya soegih moeng ambandani bedang dadya ngoendoeng-oendoeng pan aiboet sisinglonan kadi toja neng talang telas tan kari amoeng teles kewala
69. mas Tjebolang kelawan Noerwitri ingkang lagja kanggep kinasian kinoengkoeng neng djero bae bisa kondoer jen adoes pan sinambi bedangan nilib nanging datan konangan tingkahing ngasingloe moeng kang loemrah liliringan tan ngapaha mas Tjebolang djatineki ngajoeti angajangan
70. selaminira ronggeng kekalih binotan sih pan woes pendak dina ki adipati lingloenge kawoeron ronggeng kakoeng kang kawengkoe ing siang ratri woes soepe langening dyah para garwanipoen toewin pra prameanira pratelaning dasih tan arsa nampeni milahoer ronggeng lanang
71. pan keledon kodeng nandang brangti tita antara ketare-ng tingkah kahana kaoetjap ngakeh ronggeng ro kang djinamboe boeboekane ananggap singir soesah pra selirira datan pinalahoer moeng ronggeng lanang kinarsan sekatahe para Iangen nekad sami ambelani bendara
72. miwah mas Tjebolang denja nilib woes kawentar pan baloentahira somahan randa sedene landjar prawan kinermoes satingkahe anglelanangi sakeh kang doewe sanak bodjo mjang sedoeloer samja panas atinira meksih adjrih nanging tansah ngintjim-intjim dadya ngeneb kewala.
73. woes mengkana nahen ki dipati kang lagja neng gedong tetelonan tan kena benggang kalihe sisiwo siang daloe datan soeda maiah saja sih ademel kadi goela keraket lir antjoer kantil-kantil kikintetan mas Tjebolang Nocrwitri ki 1) dipati neng gedong gegendongan
74. noedjoe semana kalaning ratri ki dipati lawan mas Tjebolang tan taha-tinaha dene saking sih woes ketjampoer
1) kirang sawanda, katambahan: a.
woring karsa karasikaning koelina kinalilan tanpa krama matoer koko-kinoko kewala ki dipati mesem angling bisik-bisik marang ki mas Tjebolang
75. soen tetanja marang ing sireki sajektine endi kang mi rasa moenggoeh wong djedjambon koewe apa ta ingkang djamboe kang kapenak boengah ing ati nikmate kang mirasa apa kang djinamboe kang endi bedaning rasa mas Tjebolang naoeri goemoejoe ngikik pan sarwi atjetjepan
76. kang satemen-temene kiai ia moenggoeh prabedaning rasa asanget akeh kaote mirasa kang djinamboe koemesare ameratani tan ana tondenira rasaning tyas nganjoet amleng tjoemleng kalenjeran ngoenjer-oenjer mrekinding pating garingging anggo den-anggang-anggang
7,6. ki dipati kenjoet tyas kepengin angandika marang mas Tjebolang sarwi gaiigik goejoene apa ia satoehoe jen mengkono toetoerireki lah pajo tjoba-tjoba jen kaja toetoermoe sasmita woes kawistara ginoeiingken mas Tjebolang pan angoekih lingkabe" ingkang wastra
77. sinembrama ing srenggara manis ki dipati winarga piloeta sekala soepe priane lir dyah raosing kalboe
dock rinoengroem ingariharih wastra kirih woes singsal warastra toemandoek soementeg sentoeging woentat mas Tjebolang noelja sarat matek adji pangontong-ontong makas
78. loegoe ageng akengkeng toer litih woes andjatok ing tjitak dinadak andedel sroe pemadale ki dipati andjeploek makpet panonira alangking tyasira terataban kokonang koemepjoer anengkali-nengkah tan polah pan sinerod pantog ki dipatyandjelih lah oewis adja-adja
79. woeroengena bae adoeh oewis ki dipatya barebel kang waspa androewili sesambate kabotan ing panjatoe sanjatane dereng nglampahi sapisan kedrawasan winisesa sengkoed apan sarwi rinarepa ginoentoeran srenggara pengarih-arih rapeh sareh tyasira
80. wonten senggange tyasira kedik tan betah kang sarira rekasa tansah ngesah pamoewoese soedanen pangeloedmoe lelegede anjenjamari doeh welasa maring wang tan kawawa tengsoen mas Tjebolang ngres tyasira pan ginelak ing sakarsanira pinrih soepaja ge loeara
81. rongeh panregira bjatning gati kang kasregan ngadoeh ah ah ngesah doedoe sebae-baene ki dipati kepojoeh arijengkeroeng sangsaja sakit gadeder akedjotan gatining prana woes warastra lon linoearan pan djoemebrol andjoemboel djedjamboe midjil kebes rembes loedira
82. anelesi aneng kasoer sari sariranira ki adipatya ngaloemproek marloepa tjape riweanira koemjoes toelang kedjoe tan bisa osik mas Tjebolang soengkawa mjat bendaranipoen
tinoeroeh woes sinotyanan ngemoe waspa denira loearan endjing gegetoen mas Tjebolang
83. noelja Noerwitri prapta neng ngarsi ambrebes mill aparembean noedingi sipteng ke mase Tjebolang ngawe woek-woek netya poetjat angoengoen sami apan sadina pisan tan bisa aloenggoeh ki dipati denja gerah mas Tjebolang anoedoeh marang Noerwitri ngambil godong pa-apa
84. ingkang kinen tan adangoe prapti godong papa poepoese minantran pan ladjeng winenjed bae noelja djedjamboenipoen pan pinetelakon aririh poelih wiwironira gjaning ganda maroe pan woes senggang gerahira nanging taksih wonten letjeke sakedik mjang rapoehing sarira
85. noelja saged lenggah ki dipati animbali garwa selirira sedaja prapta tan soewe samja atap neng ngajoen woes dinoega gerahireki apan gerah geroah tan lidok oedjarkoe ngendika lon ki dipatya marang para selir moendoet dahar aglis anoclja sinaosan
86. woesnja dahar linorodken sami ronggeng ro woes pinaring lorodan anoetoeg nadah kalihe gja tjinarikan sampoen ki dipati ngandika aris mring garwa selirira manirarsa kondoer tatanen panggonan ingwang gedong koelon resikana den-baresih sakehe garwaningwang
87. ajwana kang loenga-loenga sami angadepa bae raganingwang adja iren saroepane kang liningan oematoer pan sedaja sendika sami jata malih ngandika mring ronggeng ro waoe eh Noerwitri lan Tjebolang . ing saiki modiha metoe karijin ia mring Pakaoeman
88. jwa loenga neng wismane Djamali lamoen ana ing sakarsaningwang adja nganti soewe-soewe dening paringanamoe kabeh pada gawanen moelih manembah kang liningan samja matoer noehoen woesnja ngandika saksana ki dipati noelja kondoer lan pra selir mring daiem ageng ngarsa
89. jata mas Tjebolang ian Noerwitri medal mantoek marang Pakaoeman kang ambekta dandanane parestri djro kang njangkoel ngiring kimas lawan Noerwitri tan dangoe noelja prapta wismaning pangoeloe ki Djamali oeloek salam noelja sesalaman sarwi ngantjarani marang ki mas Tjebolang
90. sami kaloedjengan dene a 1) lami anaoeri inggih kaloedjengan ki Djamali pandongane ki pangoeloe atnoewoes anak emas lamoen marengi moenggoeh ridjeki Allah kerana 'llahipoen pan koela moedjoer sidekah sekadare poen anak genja maringi arta kelawan sindjang
91. sawontene gih kaoela ngemis saking sakeglik winratanana sabab koela dongakake mas Tjebolang amoewoes inggih mangke koela ngatoeri anoelja woes sinoengan sindjang arta sampoen wiar tjioet lawan destar
arta gangsal real Djamali nampeni matja alkamdoe lillah
92. noelja kang estri njai Djamali ingkang anem mesem-mesem mara koela poendi oedjoerane arta lan sindjangipoen gja sinoengan arta tri ringgit lan sindjang noelja ki mas pamit moendoer mantoek woes djenak neng pondokira mas Tjebolang tan soeda baloentahneki sajomber angelantrah
93. aneng djawi woes sadasa ari mas Tjebolang pan ara2) kepalang apoelang joen lan bedange mitra pawestri manggoeng nama Djae-manis mantesi petel marang pondokan edjleg siang daloe saben-saben tinimbalan pan kepanggih aneng pondokanireki Tjtebolang Pakaoeman
94. pan binendon kongsi den-geboegi saprandene nora tobat-tobat meksih ambalebed bae iriban siang daloe Djae-manis memanas ati malah kagoenganira katali itjalipoen arta boesana sedenja asring Djae-manis ingkang njonjolongi sinoengken mas Tjebolang
95. samadjade mas Tjebolang soegih pan tjinatoer manggoeng selir samja ingkang woes wawoeh waoene agoeng pawewehipoen boesanarta lan boerat wangi ingkang dadya djaroeman Djamal rabinipoeh njai Djamal langkoeng bisa loewih dangan doek neme ) dadya ringgit sinelir ki dipatya
96. linorod pan pinaringken maring ki Djamali apan woes patoetan kekalih pan mati kabeh marma lir prawan kentjoer arang kang wroeh jen woes sisiwi dasar woes wanoeh lawas Ian ki mas poenikoe nanging kang lanang tan wikan moeng bodjone kang toea njai Djamali wewadoel mring kang lanang
97. ki Djamali meksih nengah minggir winadoelan bodjone kang toea nanging tinampel wadoele jen noedjoe giliripoen mring kang enem renes kepati rinampad saben dina oleh kang djinaloek satjiptane linadenan liwet anget lombok kentjeng lawan petis dendeng goreng gepoekan
98. jen panganan srabi bang wi legi tan ginopan saliane ana kang nem langkoeng goematine jen gilir mring kang sepoeh krep kapiran asring kalingsir sahanane pinangan moeng wareg wewadoel tan giniteng wadoelira ing batine ki Djamali pan woes oening sesenggolan kewala
99. nora dadi pikire kang roentik tan ngapaha djaban part tnana moeng boeroe renese bae nadyan weroeha toehoe bisa ngampet nepsoe rigalingi jata ngalama-lama mas Tjebolang waoe datan kenging sinajoetan .genti-genti selire ki adipati akatah ingkang prapta
100. djarocmane pan njai Djamali ngiras djarocman talang toeronja toer demitan saprandene keboeran akeh weroeh katoer rnarang ki adipati katah ngaben ing basa dasar abdinipoen dipati geting sedaja
sang dipati miarsa kelangkoeng roentik pan woes gempal sihira
101. arsa tinoekoep tjinara maling noelja nimbali mas patih sigra tan dangoe prapteng ngarsane lan saprameanipoen ki dipati ngandika wengis mas patih soen miarsa pawarta kang saroe jen si Tjebolang njeloentang angaloenjat apa njata wani-wani mring para selir ingwang
102. kang katitik moeng si Djae-manis saben soen timbali nora nana katemoe aneng pondoke pisan pindo ping teloe jen mengkono tjemer si santri ngilangken kabetjikan kaja asoe boentoeng betjik si dalang badoedan nora woeroeng metoe edane si andjing tan kena binetjikan
103. ki mas patih matoer biantoni inggih leres doedoeka padoeka ing djawt goemjah wartine estri katah tjinintoeng tjentang-tjenteng amengarahi kang den-iwat ambekta sagadahanipoen boesanarta njanjamikan milanipoen abdi katah ngintjitn-intjim anging adjrih padoeka
104. jen angsala pangadja kang abdi angedjoera dateng poen Tjebolang abdi dalem sedajane samja geting andoeloe datan wonten remen satoenggil mas patih moesawarat ing prameanipoen sedaja saoer koekila inggih leres ki loerah atoerireki tan wonten ingkang lepat
105. rajang kantja koela pramea mantri wonten bodjone ingkang kakenan toewin anak sedoeloere ing mangke wewah poeroen angresahi langen priaji prajogi dipoen-poerak dimene djoer moemoer tan pantes den-ingoe gesang pra pramea samja sagah ting barekis neng ngarsane dipatya
106. ki dipati ningali pra mantri samja gregoet solahe gambira wonten soedane soekane awelas djroning kalboe angandika marang mas patih kaprie akalira adja kongsi loepoet ing patine si Tjebolang ajwa kongst kawroehan wong sanegari mas patih atoer sembah
107. lamoen pareng karsa sang dipati ringkes tjinara pandoeng kewala kinawalan panjidrane daraponipoen samoen ki dipati pan woes marengi jata malih ngandika mring mas patih goepoeh lah ta ajwa kelajatan mengko bengi toekoepen tjaranen maling mas patih toer sendika
108. noelja kapilih kang para mantri kang pitaja angentasi karja rolas kang wani ing geteh dinawoehaken sampoeh ing pratingkah ngangkah wewadi den-kena ajwa tjorah tjaraning asamoen pramea matoer sendika noelja kinen loearan sedaja midjil woes samja asedia
109. lingsir kilen asar wajahneki jata kang wonten ing pemondokan pasantren Pakaoemane mas Tjebolang doek loenggoeh Ian santrine papat bibisik matoer jen angsal warta nanging warta toehoe apan woes katoer sedaja sareng mjarsa kimas angres ingkang galih noetoeh sariranira
110. jata pikir bade angontjati ing remboege santrine sekawan nenggih woes soeroep wajahe" ki mas goemingsir goepoeh santri gendong tan 1) kari loemebeng wana wasa bok bilih binoedjoeng manna loemebeng ing wana langkoeng brangta ing tjipta pan bade moelih mring rama atoer tobat.
1) prajoginipoen : goela.
2) pra|oginipoen : sampoen.
1) langkoeng sawanda, kaboetjal: a.
2) prajoginipoen : arang.
3) kirang sawanda, katambahan: e.
5e Zang; dichtmaat: ASMARANDANA.
1. lan malih matoer woes mari nglakoni tindak belasak jata semana osike santri matoer paran karsa ing lam pah sampoen tita anggoeng kabegal ing batoek woes sedeng memarenana
2. poenika minangka piling andika poetreng olia Ian malih woes wroeh soeroepe namane ing batal karam prandene den-teradjang mas Tjebolang saoeripoen lah ia woes bener sira
3. moengna kang woes soemlakoni jen malih anglakonana tobat nasoka jektine roemasa jen antoek dosa noendjang walering bapa kapindo dosfeng Hjang Agoeng dene soen angroesak sanak
4. katoet panggawening eblis kapareng maksih rineksa pan ora sida metjetet santri Saloka toerira nadyan dika mantoeka wontena toekantoekipoen jen dinangoe rama toean
5. bab moesawarating elmi rehning kesah sampoen lama sampoen katon temen mangke loenga noet pikir belasak jekti woewoeh dinoekan mring ramanta sang awikoe ki mas aris saoerira
6. bener karsanira oegi lah ta paran karepira ingspen darma noeroet bae ki Saloka atoerira lamoen pareng kang karsa apan ing goenoeng Semeroe pawarti wonten wong tapa
7. langkoeng denja mati ragi kinasihan ing Hjang Soeksma bantas ngiwa panengene aran boejoet Dana-darma nanging woes ngraga Soeksma jen kang sinoeng rahmat waoe sang pandita jekti ana
8. jen kang tan. sinoeng rahmati anenggih soewoeng kewala poenikoe ing pawartane Karti-pala namboeng sabda leres ingkang pawarta doek ing dingin koeia toemoet marang swargining poen bapa
9. pan wong nenem kang loemaris toer samja apedjah brama pitoeng dina ing lamine prandene soewoeng kewala oelihe pelarasan malali wonten wong kang toetoer ngalih mring goea Sigala
30. ki Tjebolang mesem angling djadjal pajo pinaranan soen tandane awak ing wong 1) jen ingapoera dening Hjang sajekti teka ana jen tan ingapoera ingsoen pestine ikoe tan ana
11. jen mengkonoha oepami jekti ingsoen ngoer matia leboer aneng ardi kono lah kowe bae moeliha matoera kjai bapa
woes saja roemasa ingsoen jen akeh dosa manira
12. ing Hjang Soeksma lawan malih kangdjeng -nabi kang Moestapa jata woes ladjeng lampahe marang goenoeng Meroe-dipa semana bjar rahina medal saking ing wana goeng noeroet wana tarataban
13. ngambah djoerang ngiring-iring pepereng paroeng aparang toemoeroen ing djoerang sigrong tan ana doergama ngetang ²) langkoeng tobat ing Soeksma anangis sadjroning kalboe den-pepati sariranja
14. datan kawarna ing margi semana pan sampoen prapta ing Meroe-dipa soekoene anenggih ingkang ler wetan pan wonten goeanira jen kang tan antoek pitoeloeng goea poenika tan ana
15. jata neng ngandap koesambi sira ki emas Tjebolang lawan wong papat rewange toemingal goea tan ana langkoeng soesah ing dria Tjebolang maras ing kalboe ngrasa jen ora katrima
16. angling mring santrinireki wis kabeh pada moeliha matoera ing rama mangke woes kaleboe oedjar ingwang jen ingsoen tan panggiha kelawan ingkang piloenggoeh woes soen sedya ngoer matia
17. aneng ing kene wak mami santri papat atoerira leboera kaoela derek senadyan pedjah gesanga jwa pisah Ian andika mandah 3) silih doekanipoen ramanta dateng kaoela
18. mas Tjebolang angling malih jen mengkono karepira soen tarima sira kabeh pajo pada rewangana neneda mring Hjang Soeksma soepaja temoea ingsoen ia lawan sang atapa
19. semana kasapoet ratri ladjetig sami salat kadjat aneng ngisoring pepereng ken swara tan piniarsa moeng andoeloe satoenggal kang kaija segara goenoeng kang tan samar mring kaoela
20. semana woes pitoeng bengi genira apedjah brama neng ngisoring goea kono genira mrih kinantia doemareng sang pandita jata doek semana waoe mas Tjebolang sinoeng rah mat.
1) kirang 2 wanda, katambahan: ana.
2 prajoginipoen; ketang.
3 prajoginipoen: mendah.
1) prajoginipoen: ingong.
6e Zang; dichtmaat: KINANTI.
1. moeng badane dewe sinoeng oeninga mring sang atapi santri papat tan oeninga jata sang tapa doek Iinggih pitekoer djawining goea tan samar marang kang prapti
2. jen soetane mitranipoen sigra ingawe mring ngarsi mas Tjebolarig goepoeh mara praptane sigra noengkemi ing padane sang pandita sang tapa angrangkoel aris
3. sarwi angandika aroem owel temen sira iki dasar anaking pandita kapindo warnamoe sigit dene polahmoe belasak apa woes tobat sireki
4. dening katemoe Ian ingsoen toer senibah kang sinoengan ling matoer inggih sewoe tobat jen anglampahana malih
nenggih panggawe 1) salah ngemoengna kang woes kawoeri
5. goemoedjeng sang apaloenggoeh sarwi angandika malih owel temen ngelmoenira woelange ramanireki dadak sira go slewengan mengko ingsoen awawarti
6. jen sira doeroeng soemoeroep ramanira lawan mami aprasasat toenggil welad doek anom lan ingsoen iki goeroe seh Kadir-djalena ki ageng Karang kang dingin
7. aneng Karang teloeng taoen pondoke toenggal Ian mami pisah-pisali bareng toea woes tega pretjaja sami gon tinitali aneng donja nadyan tan kepanggih lami
8. ramanira lawan ingsoen sasat tan pisah sahari saking woes toenggil ing rasa nanging manira woes doegi kang pinaringaken sira paraboting salat dakim ²)
9. arsa ginajoehkcn doewoer soen doega ramanireki doeroeng pretjaja ing sira kang sinoeng oedjar wotsari matoer mangsa borong toean kados sampoen ngoedaneni
10. jata papat santrinipoen samja gegetoen tan sipi mjarsa loerahe ketrima sinoeng oeninga sang resi ketara bikoet sembahnja mokal jen njembah ing sepi
11. jata sang pandita sampoen njipta dadaran mawarni sinoegoehaken kang prapta aglar neng ngarsanireki sekoel oelam dadaranan ) mas Tjebolang djenger oening
12. toemon sektine sang wikoe kelangkoeng denira adjrih sang tapa alon lingira pajo mas daliaren noeli iekoe riajanira wong mentas apati geni
13. kang sinoeng ling matoer noehoen jata woes anadah noeli langkocng saking kanikmatan sang tapa pan angetjani toemoet adahar wowohan dangoe denira aboekti
14. sawoesira dahar matoer mas Tjebolang mring sang tapi poenika rentjang kaoela paran karsa toean inggih poenapa inggih kenginga lawan padoeka pepanggih
15. sang tapa aris soemaoer ikoe babo nora keni lah la senadyan sira moeng soen wangeni sawengi woees sesoek noeli moelia marang Sokajasa ardi
16. ramanira sakelangkoeng onenge mring sira oegi lan malih jen ramanira dajohan poetra woes lami roro kang sidji wanodya iekoe poetra ing Giri
17. saroesake Giri ikoe binedah mring pangran Pekik garwa poetra pan sedaja binojong marang Matawis ana poetra sing ampean titiga toenggal sabibi
18. Djajengresmi ingkang sepoeh mangoelon parane ngoengsi Djajengsari pan arinja Ian arinipoen pawestri jekoe babo ingkang prapta temoe Ian ramanireki
19. woes lawas gjanira panggoeh ia sapoengkoerireki mas Tjebolang doek miarsa pangandikane sang jogi koemepjoer ana kerasa ing tyas kang tamoe pawestri
20. toer sembah alon toeripoen jen pareng karsa sang jogi rentjang kaoela poenika bade kaoela warteni jen amba ing dinten bendjang enggen padoeka nglilani
21. sang tapa ngandika aroem ia wartanana sami Ian maninge paringana sekoel lan dadaran sami kang liningan sigra mentar bekteng daranan ²) Ian nasi
22. miwah Ian saoelamipoen mawarna-warna mepeki praptane sinoengken sigra santri papat soeka ngenting jata noelja winartanan kapat soekane tan sipi
23. mas Tjebolang sigra wangsoel prapta ngarsane sang jogi gamboeh ing solah wiraga semana kasapoet ratri sang tapa woes mandjing goea mas Tjebolang pan ingirid
1) kirang sawanda, katambahan : kang.
2) prajuginipoen : daim.
7e Zang; dichtmaat: GAMBOEH.
1. prapteng djro goea sampoen sang tapa lenggah ing sela pingoel sang minta sih aneng keringira linggih jata djateni asoeng wroeh sang tapa marang sang anom
2. dene wong oerip ikoe ingkang sajekti pesti jen sinoeng kanoegrahan maring Hjang kang maha Tinggi ingaran badan tjahja noer wiwitan wekasan kono
3. pesti langgeng poenikoe annning Hjang dene ta sirekoe wahja moelja tan kadjisim ananeki poenikoe pan arsa weroeh kang sinoeng ling matoer alon
4. roemijin amba ngroengoe nenggih ingkan-g wirajat poenikoe pan paesan wahja djati kang sajekti djatmika kadoeloe lemboet poenapa inggih sajektos
5. sang tapa ris soemaoer dening kang aran -paesan ikoe sajekti 1) ia djasat roh ilapi paesan djatmika ikoe lemboet tan bisa maring gon
6. dening ta widjilipoen wahja djatmika djasat poenikoe ing tegese kabeh ikoe roh ilapi pan paesan tegesipoen jwa salang soeroep ing kawroh
') prajoginipoen: dadaliaran.
2) prajoginipoen: daharan.
7. ana malih winoewoes
paesan tan mantoek ing direkoe lawan djasat ia tan mantoek ing diri ia endi roepanipoen paesan kang ngilo djatos
8. lawan wajangan ikoe endi silih ia poerbanipoen mas Tjebolang oematoer saha wotsari kasinggihan sang poekoeloen kaoela noewoen djinatos
9. sang tapa mesem moewoes Allah ia ing sasmitanipoen apan kadi woelan ing ananireki paesan kang ²) wahjekoe djatmika lemboet tan awor
10. endi ta roepanipoen wajah djatmika tan aneng woedjoed loenga ingkang paesan paran poeniki oendak-oendak sasmitekoe ana kang angilo kono
11. kadi paesan sewoe wewadahe paesan di loehoeng
datan ana roepanta anane nenggih gedah ist hernawekoe jekoe prenahe Hjang Manon
12. padesi woelan ikoe
saini roepa sasi gedah sewoe kasenenan denireng gebjarjng sasi sasi toenggil warnanipoen endi sasine kang jektos
13. kang sinoeng oedjar matoer
inggih toean djarwakna poekoeloen sang tapa ngling dening sasmitaning sasi kang neng djro paesan ikoe aisi madoe kinaot
14. dene kang wahja ikoe apan wewajangan jektinipoen apan doedoe kahananing Hjang kang djati lamoen sira arsa weroeh angiloa damar kono
15. lir djasad soemboenipoen ia ikoe mangka djisimipoen ia-endi roepane djasad poeniki kawroehana oeroebipoen Ian soeroepe arsa weroh
16. ing oeripe poenikoe doek doeroeng prapta di oeripipoen lawan endi roepane damar poeniki jen mati di gon soemoeroep labete geni kang rawoh
17. sasmitaning njawekoe
nenggih lawan djisimira ikoe ia, endi roepane njawa lan djisim api endi labetipoen kang sinoeng ling matoer alon
18. tegese islam ikoe
sampoernane endi ingkang tinoet sang pandita aris denira naoeri rokani reke poenikoe kalboening moekmin kinaot
19. moekmin ingkang linoehoeng ingkang tan pegat sembahjangipoen dening padanging tyas kang arsa matitis kang bisa matekken ikoe ing badan anggoeng winasoh
20. pesti kalamoen sinoeng padanging tyas ja maring Hjang Agoeng kang liningan oematoer sarja ngabekti kaoela malih oematoer tegese salatkinaot
1) kirang sawanda, katambalian : ne.
2) kirang sawanda, katambalian : ka.
21. menggah ing tertibipoen
adege oetawi jen 1) loenggoeh sang tapa ngling kang roekoek pan angsal²) angin dening ia oeripipoen angsal boemi kang aloenggoh
22. dening takbir poenikoe
makripate kang sampoerna jkoe olih banjoe dening kang sarengat singgih kasoetjiane poenikoe tan owah gingsir ing enggon
23. lan tan woworan ikoe
denira non marang ing Hjang Agoeng ing loenggoehe kakekat loenggoehe nenggih joen angrawit ing pandoeloe lan tan owah ing wiraos
8e Zang ; dichtmaat: SINOM.
1. kang sinoeng ling matoer nembah paran ingkang asal angin lawan kang angsal pratala sang pandita anaoeri adeg oeripireki sabda Allah tahjatipoen pan ia ikoe Allah sabdekoe roekoene singgih soedjoed Allah oerip nelahi boeana
2. pan loenggoehe Ingkang sabda
sembahjange ikoe singgih. tan pegat ing takbirira roekoen sadat sarengati ka 3) tarekat poeniki sembahjang reke pamoewoes angsal angin poenika kelawan toja sedjati ajoen awas babo ing paningalira
3. dening sipat tegesira karep-karep kang poeniki marang panggawe oetama karep kang mring rasa djati
rasa kang idep maring Moehammad toewin Hjang Agoeng angsale boemi ika loenggoehekakekat singgih angsal angin pan ora kena ingisab
4. angsal boemi saking hawa
banjoe saking aksareki alip kang mangka wekasan kang liningan matoer aris toean ladjengna malih pan meh padang manah oeloen goemoedjeng sang pandita sarwi awetjana aris karep lawan tjahja pan ing tegesira
5. madi tegese Moehammad
kahnaning nepsoe poeniki kang angsal angin poenika dadi badan ikoe jekti dada dadining warih edat saking boemi ikoe amperoe saking bra ma banjoe apan dadi ati banjoe loehoeng sedje ingkang dadi dada
6. angin apan dadi swara boemi loehoeng dadi boedi endi kang katoer pangeran ia ingkang aneng ngarsi den-waspada sireki boemi kang katoer roemoehoen paran ingatoerira noer tjahja ingkang sajekti angsal banjoe nenggih soedjoede poenika
7. nora katoer ing pangeran
noer mani joen kang nampani angsal boemi saking rasa ja rahman ikoe sajekti rane kang ngroengoe nenggih de pangoetjap djroning kalboe iekoe aboe loelah lir tjahja warnanireki djro segara oeripe pan kadi retna
8. loenggoeh poetjaking kang grana kang joekoek pan angsal warih den-adepken mring siroellah tjahjane lir lintang ngalih wroeh ing djasad pribadi pareke lawan Hjang Agoeng nora sakoetoe ia Ian pangeran rasa toenggil ing artine woes nora nana pangeran
9. woes poedji-pinoedji dawak angel kang oedjar poeniki jen kang tan sinoeng noegraha saratana mati ragi karemening Hjang loewih manoesa kang tabri namoen kang agoeng maii raga kang roemasa genja oerip nora pisan ngakoe oeripe priangga
10. ngrasaha jen bade pedjah aneng donja iki kanipir soemoengkem ki mas Tjebolang ing padanira sang tapi matocr kang moegi-moegi angsala berkat') poekoeloen saged anglampahana ing woelange sang ajogi woes²) sinigeg semana woes bjar rahina
11. sedaja denja moemoelang ing elmoe ingkang ginaib kang winoelang tyasnja padang semana tinoendoeng moelih sarta wineling-weling toer sembah ki mas dyan moendoer medal saking djro goca woes panggih Ian rentjang sami pan winartan sareh kalaneng djro goea
12. rentjang papat samja boengah nerka jen ki mas ing mangkin karem marang kaoetaman jata ladjeng mangkat sami daroeng lampahir&ki genira bade oemantoek daja-daja wikana nenggih datenging tetamikoeneng ingkang neng marga gantya winarna
13. kang neng goenoeng Soka-jasa Djajengsari pan woes lami aneng ardi Soka-jasa Ian ari ken Rantjang-kapti anglir poetra gen jogi
sang tapa pangrengkoehipoen pan woes telas sedaja ngelmoe ingkang haib-haib kang ginedong kinandoet woetah sedaja
1) kirang sawanda, katambahan : a.
2 prajoginipoen : asal.
3 prajoginipoen ; kang.
14. dasar manalie rahadyan
pasang grahitane lantip marma kang tapa sangsaja tresna troesing lahir batin dening asmareng elmi men soepe poetra kang nglangoed nanging sang apandita tan samar poetra meh prapti lawan sarta antoek noegrahaning Soeksma
9e Zang; dichtmaat: ASMARANDANA.
1. semana sang tapeng lagi pinarak aneng ing langgar bakda ngasar ing wajahe pan amoelang elmoe rasa marang kang waoe prapta lan moelang rakiting lakoe kang bisa mati djro gesang
2. gesang sadjroning kepatin selamine moeng poenika kang dereng winoelangake santrine ngadep neng ngandap nenem ingkang sedasa neng tegal andangir kimpoel otek djagoeng lan ketela
3. timoen kentang lan kerai nahen waoe kang loemampah kapidoeloer lan santrine datan kawarna ing marga semana sampoen prapta ngandap Soka-jasa goenoeng jata langkoeng pategalan
4. kagjat kabeh wong kang dangir toemingal mring mas Tjebolang sigra sami mara age praptane sami karoena angling koela tan njana jen andika ingkang rawoeh dening lami temen njawa
5. kesah andika mring poendi kantja-kantja pan anedya ngoepaja ing sarirane rama andika tan soeka mekaten kang timbalan woes adja koedoe ko roeroeh besoek pan eling priangga
6. baleni panggawe betjik goeang gawene kang ala jen sinjata 1) anak ingong ajwa soesah ko oepaja besoek moelih priangga toer anggawa ngelmoe loehoeng poenika kang pangandika
7. rama andika ingoeni marmane kantja manira sami akendel kemawon goemoedjeng ki mas Tjebolang sarwi aris wetjana dening daja-dajanipoen olea ngelmoe sampoerna
8. lawan soen tanja sajekti kangdjeng rama kedatengan roro sawidji batoere ing pawarti woes alawas ing kene kedatengan ingkang tinanja oematoer saestoe wonten wongprapta
9. saoengkoer andika inggih moeng kaot sapoeloeh dina tamoe poenika praptane bekta sederek wanodya. warnanipoen joe endah rama padoeka sang wikoe kelangkoeng genira tresna
10. dateng ingkang waoe prapti kinempit daloe rahina lir poetra gen joga dewe miwah ta iboe padoeka sami mekaten oega tan mantra-mantra poenikoe larnoen poetra pepanggihan
11. nanging ta wartaning warti poenikou pan peladjengan poetra ing Giri-kedaton doek bedahe Soka-radja garwa poetra parekan
binojong marang Mataroem . poenikoe genipoen kcsah
12. tegese poenikoe ngoengsi anamoer amendem koela marma ramanta jektine kelangkoeng genira welas dateng kang waoe prapta kados tan samar poenikoe ramanta sang apandita
13. marang poenikoe kang prapti mas Tjebolang aris modjar wis pajo matoera age ia maring kangdjeng rama kalamoen ingsoen prapta pan woes tobat kapok ingsoen naradjang walering bapa
14. atoerena kabeh sami sagoenging soepataningwang agoepoeh ingkang kinengken minggah marang ing aldaka jata sapraptanira ingarsanira sang wikoe sang pandita woes oeninga
15. sinamoer ataken aris dene gati lakoenira lah baja ana gawene Ragatroena atoer sembah amba atoer oeninga jen poetra padoeka rawoeh kendel aneng pategalan
16. amba kinen toer oepeksi inggih doemateng padoeka pan akatali prasetyane katoera dateng padoeka
jata katoer sedaja saliring pitoengkasipoen sang tapa goemoedjeng soeka
17. ngandika soekoer jen mari pegawehane kang salah eling lamoen poetraningong Djajengsari matoer nembah poenapa ta poenika kang toean raosi daloe poetra padoeka kang kesah
18. sang pandita anaoeri ia koeloep arinira kang soen tjatoer selawase nanging soen doega ing mangkja woes eling tetemenan kadangira watarengsoen banget tobat ing pangeran
19. Djajengsari matoer aris kados leres sabda toean inggih kados poendi maleh kelamoen boten mantoena poenapa tan roemasa lamoen poetranta poekoetoen 1) goemoedjeng sang atapa
20. ngandika Raga-troena ris enggal noeli timbalana Raga-troena wangsoel age praptaning ngandap woes panggja lawan ki mas Tjebolang Raga-troena lon oematoer padoeka angger ngandikan
21. ing rama toean den-gipih pan sampoen katoer sedaja saweling andika reke prasetya katoer sedaja dateng rama padoeka sareng mjarsa atoer oeloen ramanta kelangkoeng soeka
22. koela kinen wangsoel gipih animbali djengandika jata mas Tjebolang age minggah oemarek ing rama sareng waoe katingal kang rama angawe goepoeh kang poetra loemampah enggal
23. sapraptaning ngarsa noeli anoengkemi padeng rama kang rama nesep emboene pan sarwi anenggak waspa mas Tjebolang karoena akatah prasetyanipoen katoer dateng ingkang rama
24. jata raden Djajengsari toemoengkoel anenggak waspa pan keraos sarirane akatah ingkang kerasa
kengetan kadangira. tan karoean paranipoen neboet sadaleming dria
25. sang pandita ngandika ris mring poetra ki mas Tjebolang lah pajo koeloep den-age ngabektia kakangira lah babo ikoe njawa pan ja sedoeloermoe sepoeh soen toenggilken roh lan sira
lOe Zang; dichtmaat: MEGATROEH.
1. jata ingkang liningan anoelja goepoeh ngabekti mring Djajengsari sawoesnja tata aloenggoeh resep tyase Djajengsari marang ingkang lagja rawoh
2. ngalem ing tyas Djajengsari mring kang rawoeh iki wong ladak mantesi sasolahira apatoet lajak wanodya ken asih andoeloe wong kang mengkono
3. tan prabeda mas Tjebolang mawas doeloe angalem sadjroning ati angling ing tyas dene bagoes dajohe rama kiai wingit tjahjane mantjorong
4. adjatmika pesadja bagoes aroeroeh jata kang rama ngling aris Djajengsari poetraningsoen adja taha-taha kaki mring arinira angrengkoh
5. kang liningan toer sembah langkoeng anoehoen oematoer sarwi wotsari moegi estoea poekoeloen sagoeng timbalan kang maring kaoela wahjoe kang dawoh
6. dening sanget temen gen toean angrengkoeh mring koela wong kawlas asih marmamba langkoeng anoehoen moeng Allah kang maha tinggi neksenana raganingong.
7. anggep amba mring toean troes batin kalboe atanapi sira jaji ajwa taha mring wakingsoen ingsoen iki ngoengsi oerip ngoengseken sedoeloer wadon
8. aneng kene temahan ingambil soenoe marang ing kangdjeng kiai pan jekti soen oetang oemoer noehoennoehoen kang sinoeng ling jata sang tapa agoepoh
9. animbali marang ing Roebiahipoen kang pinanggil medal noeli lawan waoe poetranipoen sira niken Rantjang-kapti dangoene pidjer neng pawon
10. bok Roebiah tan oening jen poetranipoen mas Tjebolang ingkang prapti sapraptaning Ianggar doeloe tnring poetra pan rada pangling woes lami denira bolos
11. sang atapa andjarag pan ora toetoer mas Tjebolang goepoeh noeli ngraoep padane kang iboe kang iboe woes mari pangling wesana nangis anggembor
12. lara-Iara akatah sesambatipoen katoeone sira goesti apa tan welas maring soen lan malih sira woes eling jen atmadjaning kinaot
13. ingkang poetra wlas tangise ingkang iboe senggroek-senggroek meloe nangis Rantjang-kapti lenggah poengkoer dakoekocl marebes mili langkoeng wlas moelat ing embok
14. dening langkoeng bok Roebiah tresnanipoen lir iboe-iboe sajekti marma Rantjang-kapti moewoes1) tan nangisi ingkang prapti saking wlas doeioe mring embok
15. sang pandita alon angandika aroem wis pada ajwana nangis aran praptane rahajoe soetanira sinoeng eling marang Hjang Soeksma kinaot
16. tan winoewoes kang oneng marang ing soenoe jata ing antara lami rembag kalih-kalihipoen Djajengsari anglangkoengi maoe denira atjondong
17. marang ki mas Tjebolang lir kadang toehoe tan kenging pisah sahari samja angrasehken ilmoe roentoet woes toenggil pamanggih marma jwa tanggoeng dadya roh
18. pan tjendake bae ing waoe tjtnatoer semana sampoen apanggih mas Tjebolang lawan waoe sira niken Rantjang-kapti siang daloe akaroron
19. iboe rama langkoeng soekanira 2) kalboe miat mring poetranireki genira krama aroentoet jata ing antara lami kang rama grah ladjeng lajon
20. ingkang poetra langkoeng soengkawane kalboe antawis ing pitoeng ratri kang garwa noesoel asoeroed ladjeng sinare anoenggil lan sang tapa kilen gandok
) prajoginipoen : bcrkah.
2) prajoginipoen : pan.
1) prajoginipoen ; sanjata
1) kirang sawanda, katatnbahan: gja.
21. langkoeng dening soengkawa kang kantoenkantoen
saja kagagas ing galih Djajengsari tjiptanipoen dene ta koerang satitik dawoeh kang timboel maringong
l1e Zang; dichtmaat: MAS KOEMAMBANG.
1. pan antara sawoelan soeroedireki sira sang atapa santri Saloka toer peksi mring Djajengsari wewarta
2. amarengi lenggah masdjid Ian kang raji sira mas Tjebolang lan garwane Rantjangkapti pan agoenem ngelmoe rasa
3. kagjat sareng mjarsa Saloka toerneki ilang bajoenira sira raden Djajengsari toemoengkoel asangga oeang
4. ki Saloka matoer malah woes kaping tri ing sasoeroedira rainanta kangdjeng kiai wong poenikoe genja prapta
5. panggih lawan koela langkoeng njala wedi wong kekalih apan aboesana tjara santri ngaken santri Soerabaja
6. tan anjana koela jen poenikoe telik gen taken ing radyan langkoeng dening niti-niti kaoela inggih belaka
7. wingi koela mring ngare sampoen apanggih sanak Soerabaja mring wismanipoen pak Kemis ladjeng djawil mring kaoela
8. jen padoeka ginem 1) pangeran Pekik sawab wong poenika padagange pangran Pekik marma ing goenem waspada
9. saja angles rahaden doek amiarsi atoering Saloka ngandika ris mring kang raji lah jaji sira karia
10. ingsoen titip marang garwanira jaji bok menawa lepat poma apoeranen jaji manira arsa moelana
11. ngongontjati marang goenem kang tan betjik nanging ia poma wartakna goningsoen jaji jata kang sinoeng wetjana
12. mas Tjebolang Ian garwanira noengkemi padane kang raka sarja sroe denira nangis Rantjang-kapti magep-magep ²)
13. apan ladjeng kantaka ken Rantjang-kapti pan woes timoer moela jen moewoen pegel kang galih atemah niba kantaka
1) kirang sawanda, katambahan: ang. 2) prajoginipoen: megap-megap.
14. Djajengsari jata angandika aris adoeh ariningwang adat temen sira iki jen nangis bandjoer kantaka
15. ngendi ana ing wong pipikiran betjik temahane pada andadak sira tangisi jata sira mas Tjebolang
16. ingkang garwa pinangkoe sarja anangis adoeh mirah ingwang paran polahingsoen kari jen sira toeloes palastra
17. baja-baja ingsoen edan toeroet margi nimas awoengoea jata raden Djajengsari kang raji woes sinotyanan
18. noelja nglilir poepoengoen anangis ririh angling ingsoen kakang soetik kari aneng riki senadyan mati oeripa
19. nora gelem pisah Ian sira sajekti goemoedjeng kang raka nora kaja sira iki moendoeran kaja doek botjah
20. pae dingin sira doek doeroeng akrami saparan pan mangsa kenaha sah lawan mami ing mengko woes doewe krama
21. jekti abot ing wong angladeni laki sira mas Tjebolang namboeng sabda sarwi nangis poenapa inggih kaoela
22. toean kesah koela pan dinalih kari mangsa ta poeroena sapoeroeg amba toetwingking sanadjan pedjah gesanga
23. nadyan inggih pedjah gesang adjeng oening kang raka ngandika paran polahingsoen jaji lamoen sira toetwoeria
24. sajektine nora oleh dene jaji ia pet-oempetan Saloka namboeng sabda ris jen kedah temen rajinta
25. atoetwoeri marang ing padoeka inggih pan kedjawi kantja sedaja kinen angari jen malih wonten wong prapta
26. jen pitaken ing padoeka inggih gampil ing sahawad-awad koela warti jen woes anis saking ingriki wikana
27. ing poeroege koela boten ngoeningani jen sampoen padoeka andok noenten toean noeding asocng wroeh dateng kaoela
28. gih poen Boeras toemoenten padoeka toeding pesfinf kaoela lan sanan 1) anoesoel sami inggih demitan kewala
29. pan sedaja mangsa sida daka inggih pisah raji toean wong kantet-kinantet sami tan wonten sedje satoenggal
2) prajoginipoen; soekanireng.
1) prajoginipoen : moewoen.
I2e Zang; dichtmaat: KINANTI.
1. bab kabeh sentananipoen woes ingoendang sami prapti ander sedaja neng langgar jata sampoen den-warteni marang sira ki Saloka kabeh panoedjoe ing pikir
2. woesnja dadi rembagipoen Djajengsari soengkeng²) galih toewin sira mas Tjebolang langkoeng soeka Rantjang-kapti dene awoeroeng tinilar nahenta kasapoet ratri
3.ing daloe datan winoewoes sareng bjar angkafireki sagoeng kang para sentana ngater wangsoel ngandap ardi prasamja angemoe waspa kang loenga lawan kang kari
4. jata kang kesah lestantoen mas Tjebolang Djajengsari
ken Rantjang-kapti poen Boeras neng ngarsa atoedoeh margi katiwang-tiwang lampahnja Sokajasa woes tan keksi
5. lampahe" kawelas ajoen doeloer wong tjatoer loemaris woes tebih ing lampahira Sampoen mandjing ing wanadri doesoen Djoerang minggah arga Rantjang-kapti anggoeng nangis
6. ngrempong tan bisa loemakoe ginendong mring raka noeli mas Tjebolang langkoeng sajah poen Boeras ingkang genteni sedangoenira mengkana waoe denira loemaris
7. noeroet wana ardi kidoel mangilen lampahireki tan winarna solahira ing lampah woes tigang ratri kendel jen daloe kewala kelangkoeng kawelas asih
8. jata aningali goenoeng alit kelangkoeng respati ing poetjak aneng wong tapa genipoen tapa woes lami sidji pan datanpa roang kinasihan ing Hjang Widi
9. aran ki sen Ertjaranoe toean³) pan woes kaki-kaki apanta kaprenah tjanggah mring ki Banjoe-biroe ngoeni kang pratapa4) ardi Lima woes 5) ngraga soeksma jekti
10. arang wong kang wroeh ingrikoe saking angkere nglangkoengi seh Ertjaranoe tan samar jen bade wonten wong prapti satria alakoe papa langkoeng asih kawlas asih
11. langkoeng awlas sang paloenggoeh marang sira sang kaswasih jata waoe kang loemampah kendel aneng soring woeni soekoe ardi kang ler wetan toemawing djoerang atrebis
12. goerda goeng langkoeng asingoeb singoebe ngoengkoeli woeni samja toemieng ing djoerang djoerange langkoeng atrebis ngisor panggenaning sima ting galero rnemedeni
13. kang rarjan pan ora kegoeh ngeningken tjiptaning galih moeng ketang kang karja djagad marma roemarasira nir kweh swaraning peksi moenja mangsa wohing goerda sami
14. oemjang reboet woh abaroeng mawarna-warna kang peksi mrak njangoengong ing paragak kang sata wana naoeri djegiger swara angatag kinen panggiha sang resi
15. kang mengkana pengetipoen kang rarjan grahiteng galih jata non poetjak aldaka ana wong toea alinggih pitekoer moedji Pangeran semocne brangti Hjang Loewih
16. jata radyan mara goepoeh soernengka raarang ing woekir sedaja pan samja minggah sapraptanira inginggil sareng tjelak Ian sang tapa ki seh pan angawe gipih
17. lah bandjoera poetoeningsoen adja sira wedi-wedi goepoeh waoe kang ingatag sapraptanira ingarsi ngaras soekoe delamakan sang tapa angrangkoel aris
18. sarwi ingaras kang emboen katiga ginenti-genti riwoesnja tata alenggah
langkoeng samja aminta sin toemoengkoel denira lenggah sang tapa angres ing galih
19. tan samar sasolahipoen wesana ngandika aris sang pandita mring rahadyan adoeh poetoeningsoen kaki dening liwat kawlas arsa ing solahira mas goesti
20. den-narima poetoeningsoen pan woes kersaning Hjang Widi sira dadi lelampahan kawit wong toea kang mawi ramanta marma dinoekan dening Hjang kang maha Lewih
21. lali pantjen arsa mengkoe angangkah ing tanah Djawi koealen arsa binoeang marma apantes malati toeas roesak ngadjak-adjak marang anak poetoe woeri
22. manna poetoe wekas ingsoen marang ing sira den-eling jwa ngambah pikir belasak lan den-awas sira kaki kang katibanan noering rat adja sira wani-wani
23. jwa tiroe ramanirekoe lali ing bangsekoe jekti marma sroe doekaning Soeksma kang liningan awotsari saloegoet pan boten nedya atjipta kadya kang wingking
1) prajdginipoen: sanak. 2) prajoginipoen: soeking.
prajoginipoen: toea.
ううう prajoginipoen: mratapa.
kirang sawanda, katambahan : a.
13e Zang; dichtmaat: PANGKOER.
1. sanget panoewoen kaoela lamoen amba darbe kreket samenir moeng mikir loedjenging poeroeg sampoen binoerak-boerak inggih namoeng tentreme manah poekoeloen Ian malih kang dados manah kadang kaoela sajekti
2. sepoeh poenapa inggiha meksih gesang oetawi jen ngemasi sang tapa mesem soemaoer jwa soesah manahira kadangira sajekti meksih rahajoe Hanging adoh panggenanja mengoelon parane ngoengsi
3. adja soesah mikir kadang awakira lah reksanen pribadi jekti gal iawase temoe sok oega selameta Djajengsari toer sembah alon toeripoen kados-poendi karsa toean mring amba manggih basoeki
4. sang tapa goemoejoe soeka adja maras tyasira poetoe mami jenta meksih djeneng ingsoen nanging moeng loedjengira Ian sirepe adja ana kang angroeroeh nanging sarate mas njawa den-asroe brangti Hjang Widi
5. lah noeli sira mangkata ana alas kapit ing ardi alit tinepoeng djoerang atredjoeng arane Wana-taka doedoekoeha mas poetoe wonten ingrikoe matekena raganira amoeng delenga sawidji
6. marang Hjang Soeksma wisesa matoer nembah waoe kang sinoengan ling sendika sareh poekoeloen amba darmi loemampah sang pandita ngandika ingsoen toetpoengkoer angateraken ing sira mrenahken enggonireki
7. lega tyasira sedaja
ja dening sang panditarsa toetwingking sang tapa ngandika aroem wis kabeh poetoeningwang ia pada goedjengana njamping ingsoen lan poma pada merema ajwana kang melek sami
8. jen ingsoen doeroeng parentah pan sendika waoe kang den-dawoehi noelja sami njangak goepoeh ing njampinge sang tapa
sang pandita datengken karamatipoen sakedap anoelja prapta ing enggen kang den-esiri
9. nenggih ardi Wana-taka
kang ing tengah kapit goenocng den-goni kinepoeng djoerang atredjoeng masdjide pan woes ana langkoeng pelag kinoebeng baloembang tepoeng resik palataranira sasekarane mepeki
10. miwah ingkang pala kirna ingkang tiris ngoebeng karangan asri andadi-dadi wohipoen rakit-rakite kadya kaja oewoes doekoeh kanggenan sawindoe sedjatine kang karamat seh Ertjaranoe linoewih
11. meh timbang Ian wali oelah karamate sasat pandita loewih lan ageng soebratanipoen sadjeg tan kambon oepa mitanipoen kinasihan ing Hjang Agoeng barang satjiptane dadya jata woesira anoeli
12.kang wajah kinen meleka kang ingatag kagjat moelat oemeksi anon pakarangan agoeng sangkepan 1) sarwa ana woes anarka karamate sang awikoe langkoeng sami adjrihira sang pandita angling aris
13. wis den-enak atinira
aneng kene ajwa amoeta-watir kang sinoeng oedjar anoehoen tjinendak kandanira pan tjinatoer sang tapa tengga neng rikoe moemoelang marang rahadyan apan ngantos kalih sasi
14. woes antoek wedaring rahsa langkoeng soeka waoe rahadyan kalih sang tapa ngandika aroem lah wis sira karia apan sira oewis pada lawan ingsoen lewih ing penganggenira lan malih ngaliha nami
15. poetoeningsoen kang atoea Djajengsari asiliha wewangi sen Mangoen-arsa apatoet dene ki mas Tjebolang anamaha seh Anggoengrimang pan anoet angempek namaning bapa poetoeningsoen kang pawestri
16. meksiha arane lama ja si Boeras ingsoen paring wewangi ki santri Montel poenikoe noehoen kang sinoeng aran angling malih sang pandita manis aroem poetoeningsoen Anggoengrimang betjik misaha geneki
17. anaha saloring djoerang dadya antoek wong ngening 1) aken pandeling Ian ora ngregoni ikoe ing tjiptane kakanta kang liningan sabda sendika toeripoen poenapa sareh padoeka amba pan darma nglampahi
18. jata sang tapa anoelja anoedoehken kang poetra kalih ngiring saondjotan tebihipoen lawan enggening raka pan woes manggih padoekoehan sri dinoeloe saking sabdaning pandita barang satjiptane dadi
19. kelapa kadya tinata pan adarik neng pinggir dadah sami wowohan pala goemantoeng amepeki sarwana wismanira alit-alit djadjar teloe tjekli masdjide araras baloembange angoebengi
20. seh Anggoengrimang katjarjan aningali rakiting doekoeh asri riwoesnja mrenahken waoe sang tapa amit mentar wajah ²) kang ngaterken djawining doekoeh sawoesira wangsoel sigra mantoek mring doekoehe sami
21. katjatoer seh Mangoen-arsa aneng langgar apan rahina wengi moeng ki Montel roangipoen langkoeng soebrangtanira tan ana Ijan katon amoeng sih Hjang Agoeng terkadang angloegas raga anoeroet manah goeng brangti
1) prajoginipoen : sangkep pan.
14e Zang ; dichtmaat: ASMARANDANA.
1. ngambah tanah ing pasisir lan raji seh Anggoengrimang angoelati mring kadange miwah marang padoesocnan angangin-angin warta angroeroeh mring kadangipoen meksa datan angsal warta
2. ladjeng sainja wangsoel noeli marang doekoeh Wana-taka tjinatoer tjendake bae jata waoe sentananja kang kantoen Soka-jasa woes sinoeng wikan sedaroem ki Montel ingkang dinoeta
3. woes keboet sedaja sami noesoel marang Wana-taka Hanging aitjir lampahe semana pan woes rahardja doekoehe Anggoengrimang koeneng ingkang adoedoekoeh gantya ingkang kawarnaha
4. sira raden Djajengresmi kang lami aneng ing Karang kadi sareng ing lampahe Ian kang raji kesahira Hanging genti kinanda katjatoer waoe sang bagoes kanggep pangaoelanira
5. marang ki ageng ing Kawis malah ingambil atinadja saking resepe ing tyase kadya poetra gen ajoga ki ageng datan samar marang sira sang binagoes ing tembe antoek kamoeljan
6. pira ta laminireki genira aneng ing Karang kinempit rina wengine mring ki ageng pan winoelang ngelmoe lemboet lan kasap kang ginedong kang kinandoet pan sampoen telas sedaja
7. dasar manahira lantip oekoer koemlebat kewala ketjandak tekan bongkote pan woes pinesti dening Hjang jen bakal sinerenan ingelmoe kang agoeng-agoeng dasar ngoeni woes pawitan
8. winoelang kang rama nenggih doek meksih neng Sokaradja marmanira ta ing mangke ladjeng abantas kewala sakeh ngelmoe sampoerna malah woes sinoeng djoedjoeloek mring rama ki ageng Karang
9. sawab ing kawroeh woes noenggil sinoeng nama Amongraga pan woes karan nama eseh abdi kembar Gatoek Gatak woes ingalih namanja djeneng santri aranipoun woes ing ngalih Djamil Djamal
10. abdi kala meksih alit ing mangke toemoet saparan nahenta semana reke ki ageng doek lagja lenggah neng eniper masdjid djaba kang poetra lenggah neng ngajoen toemoengkoel sarja mangrepa
11. ki ageng waspadeng aksi toemingat marang kang poetra aruein waoe andikane kadingaren babo sira marek inearsaninewane apa na kang doeroeng soernep bab ing basa ia ora
12. lan doedoe ikoe ja iki sadjatine ikoe ia pan jektine ia dede
apa meksih roebet njawa kang liningan toer sembah inggih ing sawab poekoeioen sedaja sampoen kadada
13. sanes kang poenikoe inggih marmarnba marek ing toean arsa pamit sajektine kesah angoepaja kadang kang amba toerken toean inggih ing kantenanipoen pedjaha tanapi gesang
14. kaoela arsa oedani ki ageng mesem ngandika adoeh poetraningsoen angger adja maras atinira prakara kadangira woes antoek kamoeljan agoeng meh timbang kelawan sira
15. kawroehe Ian sira noenggil sawab goeroening rinira woes taoe weroeli ing kene nanging soon tan wani babar prenahe kadangira nanging jen sira dreng koeloep ngoepaja ing arinira
16. angetana sira oegi marang doekoeh Wana-marta kaprenah kidoel wetane patilasan negri Madja lengka ana pandita lan dadi pagoeron agoeng sagoeng boepati bang wetan
17. sawab sarwana sajekti apa kang tinakokena mring Baji-panoerta koewe ing kasap lemboet tan kewran manna saja keh prapta wong pasisir oeroet goenoeng miloe wismeng Wana-marta
18. dene goeroene ngong oening pehgoeloe Tjerbon Doelsalam ikoe kang dadi goeroene amoelang Baji-panoerta dasar jekti sarwana ki Doelsalam jen ing moenggoeh toemibeng tanah bang wetan
19. ngelmoene tan animbangi jen moenggoeh neng kene njawa apan loemrah Ian wong akeh doeroeng papak lawan sira kang poetra matoer nenibah saking berkat 1) sang poekoeloen awit pamoelang padoeka
20. ki ageng ngandika malih kapindone ki Panoerta adarbe afrnad'ja wadon warnane pan ajoe pelag arane Tambang-raras dadya kondanging kikidoeng asring dadya lilindoeran
1) langkoeng sawanda, kaboetjal: a. ²) kirang sawanda, katanibahan : e.
15e Zang ; dichtmaat: DANDANO GOELA.
1. akeh para santri kang nekani sami kasmaran miarseng warta apanta nora ketampen bandjoer wisma ingrikoe marma pondok djedjel apipit soedagar djor-djinoran ing patoekonipoen nora nana kang tinampan witjarane besoek ingsoen arsa krami jen oleh seneng in g tyas
2. miwah wong gede ken doewe melik nora nana ingkang wani meksa sawab woes goegoeroe reke lawan wong wadon ikoe woes winasis ngelmoe maknawi pirasat²) pan woes wignja dadya was pandoeloe ngoepaja kakoeng oetama ingkang pantes sinembah ing awal akir ikoe kang ingoepaja
3. marma noedoeh ingsoen mring sireki ingsoen kon mring Wana-marta sira pesti sira jen daoepe Ian marganira temoe lawan kadangira ing bendjing boeh sesangkananea marga saking rikoe dadine tyasira padang
nging sarate den-asroe amati ragi soepajane Hjang Soeksma
4. asiha marang ing sira oegi
karemene Hjang Soeksma Wisesa wong asring amatekake marang ing raganipoen lawan wong kang remen ngasepi jekoe kekasihing Hjang sedje lan wong koepoer dasaf linoeloe dening Hjang ja wong dasar ginadang neraka bendjing marma ngoegoeng dening Hjang
5. seh Amongraga saja awingit
miarsaken andikaningrama padang nerawang tingale enget jen trah linoehoeng jata sigra denja toer bekti angaras delamakan sinesep kang emboen 3) pan sarwi binisikan ing pangawroeh kang ngilangaken sak-serik lan enggening Pangeran
6. riwoesnja mengkana lengser aglis datan kantoen abdi kalihira ki ageng sroe pandongane djinoeroengken mring soenoe jata waoe ingkang loemaris andaroeng lampahira tan ana ljan ketoeng amoeng sihira Hjang Soeksma datan lian kang pinoesti ing pandeling kendel-kendel jen salat
7. sawoesing bakda sigra loemaris
ngetan bener geniia loemampah noeroet goesoen pinggir lepen akatah kang kadoeloe akeh langen-langening margi doesoen katah kang gemah pala kirna agoeng kapoengkoer ingkang padesan jata ngambah tarataban pinggir woekir tebih kang padoesoenan
8. tindaknja ris waoe apan sarwi toemingal langen-langening marga kadya anggoegah driane pradapeng wreksa loemoeng apan samja nedeng asemi baroe katiban warsa amoejeg dinoeloe marga soemare 1) soemengka woerjan ingkang marga kadya ngroedjit ati berag kanjaran warsa
9. loerah-loerahing 2) ra-ara kadi kang oedaja kaleban ing oembak. patjinge seger sawange srigoenggoe lawan semboeng poespa-lembong mjang sangga-langit kaselan manda-lika roempoet mrak angregoe nelasah kang adal-adal kang wclingi anoeroet tepining margi marga leboe apanas
10. tindaknja Ion waoe kang kaswasih noedja^mantengah sang dewangkara mengkana kandeg Iampahe neng ngandap madera ') goeng ladjeng ertja rana neng belik lan abdi sawoesira ngabekti Hjang Agoeng pan angeningaken tjipta sawoesira abdi kalih amangani orong-orong binakar
1) prajoginipoen: berkah.
2) prajoginipoen: wirasat.
3) kirang sawanda, katambahan: a.
16e Zang; dichtmaat: WIRANGRONG.
1. jata woesira anoeli sang brangta lampahnja alon ngambah djocrang sengkan siloek-siloek jen4) aterbis marga roempil arampal pan arang kambah ing djalma
2. marga kapit ing 3) tjoeri jen wong kang tan sedya 6) jon mangsa si ) wania ngambah ingrikoe
jen wong misih mikir enak lawan kapenak mangsa ta silih ngimpia
3. liwat marga kang asoengil bok ngambah liane kono toer mangsa koeranga lianipoen margi ingkang radin ingkang taoe den-ambah ing manoesa pan akatah
4. ing jekti dapoer ngoelati sang brangta marga kang ewoh ingkang nora kambah ing wong langkoeng jata waoe noeli anenggel minggah arga notdjoe asar wajahira
5. jata neng nginggil ningali
kidoel wetan ler lan koelon nglimoet pan anglamat doesoen-doesoen tan awas ingaksi miwah kang ardi katah pan samja elet djoedjoerang
6. nanging ardi alit-alit sang brangta kasmaran anon etja denja lenggah sela pingoel kang abdi meteki jata waoe semana meh ngajom sang hjang pradangga §)
7. abaroeng swaraning peksi
reboet gon aneng kekajon poeter djalak mentjo peksi sioeng prit peking soelindit djohan Ian atat kembang kedasih moenja ing tawang
S. swaranira ngasih-asih
lir nangisi ingkang rawoh mrak njengoengong kadya napeng 9) tamoe kang sata wanandjrit angling 10) asoeng sasmita sang brangta mesem ing dria
9. akeh sato ing wanadri samja moenja ting galembor lemboe singandaka loetoeng tjengoek dipoen 1) awingwrin oeninga groning sima mentjit ngoengseken tenaja
10. semana wantji maherib oemjang swara tjenggeretnong baroeng koep-angkoepan kong kang ngoengkoeng aneng ngrong lir gending patoet lir manda raga res-reres moenja saoeran
11. tangeh oetjapena sami isining djoerang toewin rong jata sang abrangta soekeng kalboe mjarsa keh kang oening jata ing sawoesira bakda genira asalat
12. lenggah sela wisnoe radin ladjeng amoedji Hjang Manon nora dompo awas ing pandoeloe woes ngoempoel nganggeki pranjata jen oetama sira ki sen Amongraga
13. pratanda waspadeng eksi enggoning Soeksma kinaot pan sajekti arang wong kang weroeh marang Hjang kang Loewih lamoenta doeroeng bisa mati sadjroning agesang
14. nadyan mengkonoa oegi jen sinoeng sih ing Hjang Manon arang kang waspada ing pandoeloc enggoning Hjang Widi mandah ²) dening akatah kalamoen sok panditaha
15. sinoeng ilham ing Hjang Widi mandah 2) wali ting pragogok jata ing ratrinja tan winoewoes semana woes endjing hjang arka men soemirat angganteng kang mega malang
16. kweh warnanira ingeksi mega p'nda kang wastra bjor
dadoe koening rekta wilis woengoe amemba mandjeti oemjang peksi kang mangsa wohing boeloe lawan goerda
17. sato gora begar sami oemoeni pating galembor nirak mangoewoeli kadya asoeng pemoet peksi beloek kadi angatag oeninira sampoen kadangon gingsira
1) prajoginipoen: soenare.
2 ) prajoginipoen : larali-iarahing.
3 ) prajoginipoen : mantifra.
8) prajoginipoen : pratangga. 9)
4) kirang kalih wanda, katambahan: djoerang.
prajoginipoen: njapeng. 10)
5) kirang sawanda : tjoe.
6) kirang sawanda: la.
7) Iangkoeng sawanda, kaboetjal: si.
prajoginipoen : anglir.
17e Zang; dichtmaat: SINOM.
1. riwoesnja nitih atjala 4) hjang soerja sang brangta noeli toemoeroen saking aldaka abdi kekalih neng wingking praptaning ngandap noeli jata ladjeng lampahipoen margeng djoerang sesengkan parang rong pereng kapering kang kedekan tjoeri mingis lir soetiksna
2. prandene meksa den-ambah tan kegoeh margi kang soengil tan wonten baja kang ketang amoeng andoelweng sawidji kang karja boemi langit kang pinanteng ing pandoeloe daroeng ing lampahira sadina denja loemaris pan ararjan saben ing wektoe kewala
3. bakdane noeli loemampah
ngetan bener gjan Ioemaris jata aningali arga ageng doekoehe kaeksi genggeng jen tinon asri pan aneng soekoening goenoeng doekoeh poenika aran pan ing Tatarmaledari goenoengipoen ingaranan ardi Gora
4. dadya doekoeh miloe karan dene ingkang apalinggih ki boejoet wasi Bagena gentoer ing tapanireki dasar ngelmoene loewih pan dadya pagoeron agoeng sagoeng patinggi desa akatah sabatireki ingkang toemoet wisma patang poeloeh ana
1) prajoginipoen : prasamja.
2) prajoginipoen: mendah.
4) prajoginipoen: antjala.
5. masdjide katon anganggrang
pager tabag den-endjeti iir laboer saking kadohan baloembangira ngoebengi ingon oelam mawarni darik 1) sasekaranipoen samja binatoer sela amepeki sawarnining naga-poespa koemoening ngapit ing lawang
6. kenanga neng djawi pisan
pala-kirna amepeki manggis doekoe lan pidjetan gowok kupoendoeng ketjapi pelem doerjan koeweni pakel ramboetan Ian djeroek srikajane ngajangan mangsane lagja woh sami angrembaka kang teboe woeloeng ardjoena
7. dasar tojane toemoempang weh andjog saking ing ardi tibane pan tinalangan kilen ngoebengi kikitri ingkang wisma aparik aseger-seger dinoetoe ki boejoet wismanira aneng tengah den-oebengi ing wismane sagoeng para santrinira
8. pan kekalih ketibira papat marebotireki apan ta ngiras kebajan wong papat poenikoe nenggih ketib aran Noeripin sawidjine ketib Samocd marebot ki Djatroena kelawan merbot Nqerkasim lawan Kerti-sapele Kerti-sepaia
9. ki boejoet wasi Bagena adarbe atmadja kalih sami estri kalihira warnane samjajoe loewih
jen ing desa moendjoeli doek samja birahinipoen wastane kang atoea awasta ni ken Pangliring ingkang anem wasta ni rara Soemekar
10. kelangkoeng dinama-dama
marang rama sang ajogi ing sapantese wong arga saking delape sisiwi jata sang tapa noeli pinarak Janggar moemoeroek mring sagoeng santrinira goemoeroeh santrinireki ni ken rara lan iboe ngadji neng wisma
11. prasamja amangkoe koer'an kang moelang iboenireki nahen waae kang loemampah jata semana woes prapti ing doekoeh Maledari sang brangta resep ing 2) doeloe oening rakiting dekah lan mjarseng keh santri ngadji pan koemepjoer enget doek kalaneng wisma
12 jata ladjoe lampahira
kendel sadjawining kori katoedjoe ngenoe semana Kerti-sapele neng djawi kagjat denja oemeksi wong ngadeg aneng ing pintoe bagoes misih taroena kang tjahja aminda sasi sigra Kerti-sapele manggihi noelja
13. goepoeh denja oeloek salam
Kerti-sapele tanja ris anak tedja soelaksana tembe poen bapa oemeksi kang tinanja naoeri kewala wong kawlas ajoen santri saking ing Karang nanging santri tanpa ngelmi aneng Karang tan antoek papan katiwar
14. kalingan kang woes oetama marina kewala poeniki ngoembara jekti ngoepaja ing pandita kang woes sidik arsa ngrasehken ngelmi warti ingriki pinoendjoel boejoet wasi Bagena marma manirenggal prapti mantoek-mantoek Kerti-sapele saoernja
15. gih leres anak kang warta sajekti kangdjeng kiai anak pangraos kaoela poen bapa dereng amanggih kawroeh kadi ingriki koela poenika kang waoe santri saking ing Toeban lir poen anak woes ngeblegi kesah amba kasmaran kawroeh oetama
16. nglelana andjadjah desa saben wonten wong kang lewih kaoela datengi apan meksih apeteng kang galih dereng padang samenir sareng ngriki koela rawoeh tyas ngong padang nerawang marmamba wisma ingriki saking dining karem ngelmoene sang tapa
17. sang brangta mesem ngandika lah dika atoerna noeli inggih dateng sang pandita koela pan arsa apanggih Kerti-sapele gipih prapteng ngajoenan oematoer kaoela toer oeninga ing toean lamoen ing djawi wonten tamoe ajoen marek ing padoeka
18. bagocs pan maksih taroena ngaken santri saking Kawis rentjange kekalih kembar atemboeng jen kawlas asih dene datanpa kanti neng Karang tan antoek ngelmoe sawab dening kalingan ing santri goeng-agoeng sami marma kesah arsa ngoepaja ranging tyas
1) prajoginipoen: tarik.
2) prajoginipoen : an-.
18e Zang; dichtmaat: KINANTI.
1. moeng kantoen santri goeng-agoeng sareng miarsa toerneki
marebot jata sang tapa pangandikanira aris pajo enggal atoerana ajwa kasoewen neng djawi
2. lan kowe Sepala goepoeh matoera njainireki konen asadji pawohan lan enggal kon ngraratengi sekoel tanapi njamikan ing sa-anane den-aglis
3. arsa dadajohan ingsoen wong woes loehoeng ngakoe santri jatenggal ingkang dinoeta langgare woes den-gelari kasali aloes santri samja kang ngadji woes kinen moelih
4. moeng kantoen santri goeng-agoeng taksih sami mangkoe tapsir jata woes kerid semana seh Amongraga woes prapti nenggih sangadjenging langgar ki boejoet kagjat doek oening
5. anon tjahjaning tetamoe goepoeh denira nedaki santri toemoeroen sedaja jata sang brangta anoeli goepoeh denja oeioek salam mesem ki wasi naoeri
6. sarwi njandak astanipoen mring sang brangta gja kinanti binekta minggah ing langgar ri woesnja tata alinggih ki boejoet wasi Bagena nambrama marang tetami
7. taken ing kamoeljanipoen sang brangta pan woes wawarti ki boejoet resep toemingal marang waoe ingkang prapti djatmika semoe agawat anarka jen woes linoewih
8. woes katjihna ing pandoeloe ing solah kelawan moeni ngakoea santri oerakan mangsa kenaha piningit jekti semoene ketara ngakoea bodo oeparni
9. jekti katjihna ing woewoes poenikoe kang dadi saksi oepama wong bodo ika nanging angakoe linoewib nora soesah binarengkal patjelatone ketawis
10. mengkono oepaminipoen jekoe maknawi sajekti woesnja dangoe denja lenggah ki boejoet sigra ngantoeki mring ketib Samoed woes wikan ing semoenira sang resi
11. noelja tnandjing wisma goepoeh ketib Samoed andawoehi ing garwane sang pandita jen kang poetra kinen ngirid rtjaosna wolian mring langgar ing tamoe kang lagi prapti
12. jata ni njai agoepoeh poetra kinen samekta glis nata pawohan neng talam tjepoeke selaka poetih wohe wangen soeroeh tjanang ampoe 1) tjampoer sadak rawis
13. noelja salin sindjang sampoen kang sepoeh ni ken Pangliring loerik Lasem sindjangira kembene idjo pelangi asengkang oeroebing damar soesoepene roro sisih
14. tikel baloeng sekar soeroeh poepoer lamat tan ketawis kembang menoer tjoendoekira pasemoning jen ingeksi lajak dimer pagoelingan sang rara solah ketawis
15. rara Soemekar pan sampoen asindjang loerik patani kemben solok soepe mi rah roro sami moenggeng entik
sengkangipoen nata brata poepoer remoe tan ketawis
16. tjoendoek sekar wadja djamoes sang dyah semoene liniring lajak rongeh pagoelingan solah bawane ketawis jata riwoesnja samekta medal iboene angirid
17. nenggili ni rara kang sepoeh kang bekta pawohaneki kang nem ambekta padoedan ²) tembako aneng salepi rara kalih esmoe merang oemiat.marang tetami
18. sang brangta nglirik andoeloe ing solahe sang dyah kalih koemepjoer karaseng nala marang kadangira estri jata ing sapraptanira ni njai djadjar alinggih
19. Ian raka kiai boejoet poetra kalih loenggweng woeri ning iboe roentjoeng kalihan toemoengkoel nanging anglirik marang ing tetamuenira meneng toerida ing galih
19e Zang ; dichtmaat: POETJOENG.
1. kang pawohan noelja sinadjeken sampoen mring ni njai lawan padoedan tembat neng salpi ki marebot Sapele anoemed pandam
2. ri woesira ni njai anapa aroera anak ka-ateeran sadateng andika ngriki matoer noewoen waoe kang sinoeng wetjana
3. kjai boejoet namboeng aris woewoesipoen angger amoetjanga oedoeda dimen^ mari sajahipoen wong inentas loemakoe tebah
4. kang sinoengling ngetjani angganten goepoeh noelja sang atapa ngatag mring garwanireki apa oewis njai genira lah-olah
5. lamoen oewis bok sa-ana-ananipoen ia ngarah apa goepoeh waoe kang sinoengling malbeng wisma malih law an poetranira
6: ladjeng ngrakit sekoel wangi aneng soemboel oelame mawarna tinata moenggeng ing piring sawoesira tinata aneng ing doelang
7. ni ken rara kang bekta lantinganipoen neng bokor koeningan rara kangnem pandjangneki kang ngrcrampa doelang Sapele Sepala
8. sapraptane ing langgar tinata goepoeh bok njai kang nata ken rara njaosken kendi ni Soemekar anjaosken pandjangira
9. gja tinoemplek sekoel kang aneng ing saemboel jata sawoesira ki boejoet ngandika aris mring sang brangta anak daweg wawantinga
10. soegatnne iboenta sawontenipoen noewoen kang ingatag ngetjani sigra wawanting kjai boejoet Ian garwane wanting samja
11. noelja lekas adahar ing wong teteloe ken rara kalihnja longgah woerino boeneki tansah nglirik marang waoe ingkang prapta
12. Amongraga gen dahar sedangoenipoen poeloeke sakentang tjilik anggoeng den-gelintir kaleboe satitik pan atob ping sanga
13. kjai boejoet anglirik sedangoenipoen ngartikeng wardaja baja woes lawas wong iki ia gone nora kambon-kambon oepa
14. gone mangan amoeng ngenaki tyasingsoen wong iki soen doega banget gjan nemoe prihatin ko 1) mengkana ki boejoat osiking dria
15. jata dangoe genipoen dahar anoetoeg ingoendoerken noelja gantya daranan ²) soemadji warna-warna aneng ing tebok poelasan
16. sekoel oelam ingoendoeraken ing poengkoer woes kinen angepang mring ketib marebot sami Djamal Djamil pan miloe kemboel anadah
17. tan winoewoes ing solahira pocnikoe jata doek semana hjang arka woes nitih woekir ladjeng sami totoja bade asalat
18. ri woesira gen angambil toja woeloe ni njai lan poetra kalih sampoen salat sami ketib Samoed apan noelja lekas adan
19. sawoesira adan iekas soenat sampoen ki boejoet wetjana mring tamoe kinen ngimami lah ta anak andika dadosa imam
20. Amongraga atoerira manis aroem leresipoen toean kang darbe wisma pan wadjib anaoeri ki boejoet wadjib wong brangta
1) prajoginipoen: apoe.
2) limrahipoen: pasesan.
2Oe Zang; dichtmaat: ASMARANDANA.
1. leresipoen anak inggih poen bapa angambil sawab wong mentas lelana mangke sang brangta mesem gja lekas djoemeneng dadya imam noelja amatja alkamdoe swaranira pait kilang
2. tandoektng sastra matitis bener pandjang tjendakira jata sang rara kalihe goegoer gening makmoem samja pidjer mirsaken swara manahira koewoer-koewoer asenes ") ingkang tjinipta
3. ingsoen teda dajoh iki aweta neng kene mana moega raganingsoen kie pinaringna mring wong ika ia karsaning rama noeli ingsoen djaloek woeroek ngong doegawong ika wignja
4. mengkana osiking galih nora pidjer asembahjang ing batin sedje den-ame nanging miloe roeboeh gedang jata woesnja semana
prapta ngisa bakda sampoen ladjeng sami lenggah tata
5. njamikan soemaos ngarsi ni njai maksih alenggah aneng keringe kakoenge poetra kalih woerinira ketib lan merbot samja maksih angadep sang wikoe santri kweh neng djawi aglar
6. noelja ki boejoet lingnja ris marang ing sang waoe prapta anak ala nganggoer mangke dimen tanak loeloenggoehan daweg sami rerasan angrasehken babing elmoe poen anak pan woes katjihna
7. ingsoen doega woes winisik kenjatan doek dadi imam oekoeng tandoeke aleteh ngakoea bodo tan kena matoer sen Amongraga marma mariki wakingsoen kepanggih lawan padoeka
8. arsa angrasehken ngelmi mangke padoeka ngandika langkoeng saking soekoer ingong idep-idep toean moelang daweg toean oetjapna kang dados raosing kalboe ki boejoet goemoejoe modjar
9. elok kang oedjar poeniki kang soen takoken denira ngendi enggoning Hjang Manon Amongraga saoerira wikana jen leresa dening enggoning Hjang Agoeng pan wonten ing gedong retna
10. djatine tigang prakawis poenika amba miarsa ki boejoet aris woewoese aneng endi prenahira lan paran tegesneka kang aran gedong di loehoeng seh Amongraga saoernja
11. roemijin koela miarsi neng sadjroning badan kita nabi wali moekmin kabeh poenikoe djatine oega ing 1) pamiarsa kaoela toedoehe gedong di loehoeng enggene pasisimpenan
12. karsane Hjang maha Soetji marma ingaran retneka pan poenikoe sadjatine ingaran ikoe sosotya adi loewih poenika ikoe ing pamjarsaningsoen wikana lepat leresa
13. jekoe sosotyaning boemi ingaran kembanging djagad kekasihira Hjang Manon ki boejoet kelangkoeng soeka petoek ing kersanira sigra denja ngrangkoel goepoeh woes babo ikoe larangan
14. pan dedalan lakoe iki pilih-pilih kang oeninga wis mandeg semono bae lah angger ajwa dinawa ngoetjap basa poenika mangsa koeranga tjinatoer rnalih manira tetanja
15. Iahir batin sarineki apa sajektine toenggal nora pisah ing karone sakoetoe roro-roronja Mongraga saoerira roemijin amba angroengoe inggih kang tjatoer poenika
16. wikan jen leresa oegi jen ing djasad toean ika jen pinet nama lahire nadyan ing batin tan beda toean lawan kaoela toenggal djatining soeksmekoe ing lahir sepoeh padoeka
17. ing batin sajekti sami tan wonten anem sepoeha mesem ki boejoet delinge ana malih oedjaringwang kajapa karsanira anama salah karoengoe alim lawan kawroehira
18. kajapa badan poeniki dene ta ingaran toenggal 1) kaja poenikoe reke Amongraga saoerira bedane kawroeh ika la ²) kawroeh reke poenikoe dingin miarsa manira
19. apan ta ingaran alim kang mandjing ing djiwa raga kang dadi rasa djatine kanoegrahan djatineka manira amiarsa djatining sastra poenikoe lir emas timboel ing toja
2) limrahipoen: daharan.
1) prajoginipoen: ka.
3) prajoginipoen: asanes.
1) tangkoeng sawanda, kaboetjal: ing.
2le Zang; dichtmaat: MAS KOEMAMBANG.
1. kjai boejoet malih woewoesira aris kang ngawroehi ika tegese ta kadi poendi Amongraga saoerira
2. ingkang kawroeh sadjatinipoen anenggih tingal kang tan Ioear wiose Hjang Soeksma loewih ngelinoe kawroeh djatinira
3. tan kekalih pralambine ingkang elmi lir sekoel oepama ingkang pinangan sahari wonten dene kawroehira
4. gih poenikoe kang darbeni pangan singgih ki boejoet karenan
5. sarwi angling adoeh anakingsoen goesti
miarsa pendjawabneki jata angrangkoel anoelja
oedjare tan bisa dene ki oewis winasis lah ta njai nora ilang
6. enggon para angrengga anakireki
njai tetakona sampoernaning salat daim soen doega anakmoe wignja
7. ja dimene si rara pada miarsi sira sok letanja maring soen doeroeng doemeling ni njai ngangseg asigra
8. sarwi moewoes anakingsoen wong asigit kaoela aneda sapangat andika singgih poen biang andika woelang
9. malah mandar samja tinelada sami dateng rajindika pan sami kasengsem ngelmi Amongraga saoerira
10. gih poenapa ingkang dinangoe ing mami ni njai lingira soenat preloe lawan djati artine kadi poenapa
11. Amongraga mesem saoerira aris
manira miarsa tegese perloe poeniki dingin goemanti mring soenat
12. ni bok njai naoeri wetjana aris
tegese poenapa ingkang perloe djatineki Amongraga saoerira
13. tegesipoen kang perioe poenikoe singgih langgeng kadjatenja kang langgeng tan kena gingsir arane reke sarengat
14. pinangeran tan keni lengganeng pesti anglakoni amar agoeng paedahe singgih ingkang teka ing tegesnja
15. jekoe bakal kang tampi gandjaran bendjing sasampoene ika tegese lainpah sadjati apan sajektine salat
16. sadoeroenge telas lampahe poeniki tana oekoem baja ni njai amoewoes aris kang soenat paran tegesnja
1) kirang sawanda, kasambetan: kang. 2) prajoginipoen : Ian.
17. Amongraga alon anaoeri aris
kang soenat tegesnja margane langgeng poeniki dene ia ananira
18. jen woes tekeng paraning lakoe poeniki tanda jen toek sawab padang paningalireki ja awas djatining lampah
19. ni bok nja 1) woewoesira malih soenat perloe ika apa kena jen tinoenggil aneng ing lemah poenika
20. Amongraga saoerira roem amanis pesti lamoen kena kang sampoen toemekeng djati lan jen telas lakoeneka
21. woes tan nganggo etanging wektoe poeniki lampah wong oetama sawab tinoenggil karjeki tegese" woes neng ngajoenan
22. lan kawroehe tan kandeg daloeang mangsi pan woes oleh sawab marma tan etang ngabekti ing wektoe reke woes noenggal
23. ni bok njai aris atetanja malih anak wonten basan sinten ta namanireki poenikoe roh tetemenan
22e Zang; dichtmaat: MEGATROEH.
1. Amongraga alon waoe woewoesipoen manira miarsa warti jekoe kanoegrahaningsoen
ni njai amoewoes aris marmane ngaran mengkono
2. ingaranan kanoegrahan marmanipoen
Amongraga anaoeri marma ingaran poenikoe jekti wewajanganeki wewajanganing Hjang Manon
3. ni bok njai taken malih manis aroem anama salah kadyeki ing djroning kakoeng poenikoe wanita sedjatineki nenggih sadjroning wong wadon
4. ana kakoeng kadi paran tegesipoen
Amongraga anaoeri nenggih ing pangroengoeningsoen sadjatine kakoeng singgih sajekti ananing eroh
5. ingkang moerba misesa djisim poenikoe njawa aran meksih estri dening meksih kapoerbekoe ananing roh ikoe singgih doedoe lanang kang sajektos
6. satoehoene lanang ananing Hjang Agoeng dene tan ana moerbani ni njai malih amoewoes kang pawestri kadi poendi lah djawaben anak ingong
7. Amongraga saoerira manis aroem
pan ora beda poeniki nenggih wong wadon poenikoe kelawan wong lanang sami sami wadjib oelah batos
8. ni bok njai malih atetanja aroem
sapa Pangeranireki lah pajo oetjapna goepoeh lah adja nganggo kekelir Amongraga saoernja Ion
9. apan ingsoen Pangeran sadjati ikoe
datan ta saking ing kami andikaIan kaoelekoe jektine tan beda oegi tan kekalih atoenggil gon
10. langkoeng soeka ki boejoet denira ngroengoe jata sedaloe tan goeling genira areboet kawroeh ketib marebot tan goeling genira mirsaken dongong
11. rara kalih kelangkoeng kasrnaran ngroengoe angalem sadjroning galih iki si wong bagoes toeloes widagda angoelah ngelmi soen senggoeh doeroeng kinaot
12. nora Iarang ia wong mengkono ikoe den-rowangi adol tapih ingsoen teteda wong bagoes lawasa ana ingriki doewea esir maring ngong
13 tan kawoewoes kang raras sadjroning kalboe jata ki boejoet lingnja ris adoeh angger anakingsoen den-lawas aneng ingriki arinta woelangen karo
14. soen srahaken marang ing sira satoehoe nadyan tembe ana soedi kang koeasa anakingsoen anglakekna rinta bendjing soeka lila raganingong
15. Amongraga atoerira manis aroem langkoeng noehoen kaoelenggih ing sih padoeka kang dawoeh boten saged memangsoeli nanging apoenten kemawon
16. pan kaoela njipta moeng sipeng sedaloe sirik jen wewaha malih pinten banggi ta ing poengkoer jen moegi sami basoeki pesti wangsoel raganingong
17. jen kepanggih poetranta kang ingsoen roeroeh pesti amba noeli bali sang pandita aris moewoes andika oepaja poendi kang sinoengling matoer alon
18. ngong oepaja marang negari Mataroem inggih kelamoen kepanggih sabab katan rentjang oeloen kang aneng negri Matawis bok bilih wonten ing kono
19. woes tinoetoer kabeh moela boekanipoen sang tapa sareng rniarsi
Amongraga wartanipoen tanboeh waspanja doek midjil ni njai Ian poetra karo
20. sareng mjarsa ing toetoer tri senggroek-senggroek ki boejoet ngandika aris maring garwa lawan soenoe wis pada ajwana nangis moendak soesah kang badyandon
21. ia balik ira1)2) lawan ingsoen pada djoeroeng poedji dikir selamete neng delanggoeng Ian moegi enggala panggih ingkang pada den-oepados
1) kirang tigang wanda, katambahan : -i tanja.
22. ia dimen anakira enggal wangsoel
wis adja kakehan pikir kang garwa kendel gen moewoes saksana memekas aris mring kang poetra wantos-wantos
23. Amongraga saoefira manis aroem jen oegi sami basoeki pestine manira wangsoel ni njai wetjana malih welasa arimoe karo
24. jata datan winoewoes ing solahipoen samja angaterken noeli ki boejoet lan ketibipoen samja angater ing djawi genja wangsoel djawi doekoh
25. jata ki seh Amongraga lampahipoen padoekoelian woes kawoeri abdi kekalih tan kantoen loemampah troentoenan woekir andaroeng lampalie kang wong
23e Zang; dichtmaat: PANGKOER.
1. lepas lampahe sang brangta Amongraga djoemeneng aneng woekir mandjing ing goea asamoen alenggah djroning goea asembahjang aseng djroning goea ngrikoe sabakdane salat donga ladjeng mawantah amoedji
2. tan wonten ingkang katjipta moeng sih ing Hjang kang 1) pinandeng djroning ati semaiia apan sedaloe aneng sadjroning goea endjingira sang moneng woes medal goepoeh saking waoe djroning goea ladjeng lampahira aris
1) prajoginipoen ; sira.
2) kirang 2 wanda, katambahan : angger.
3. anaradjang djoerang sengkan
pan toemawing parang redjeng anggawing asiloek asingoeb-singoeb djoerang trebis katingal panggrit ingkang ori wor panggriting tepoeng soemjak swarane tjemara koemrisik kang woeloeh gading
4. koemrawak swaraning toja ron tjemara kadya soerak baroengi sata wana moenjeng boeloe pan kadya anembrarna mrak njangoengong peksi kweh moenja goemoeroeh samja mangsa wohing goerda enggar manahe sang brangti
5. sang brangtarsa anoepiksa swaraning kang kindjeng tangis aneng prih lir dyah rinabaseng kakoeng pangrengihe kapirsa lir pamane neng tilam kawratan loeloet padapaning djring koemelap kadya angawe oepami
6. mring waoe sang anggoeng rimang sang abrangta jata mesem djro ngati sedina denja loemakoe kendel-kendel jen salat doek semana ngandap asar wajahipoen ladjeng minggah ing aldaka sajah ararjan alinggih
7. aneng sela soemajana
ppctjak arga neng sandaping koesambi Djamal Djamil ting kaletoes amangan woh kemlaka lawan ketos kang mateng-mateng wohipoen sang moneng mesem oemiat ningali kang abdi kalih
8. adangoe denira rarjan jata kagjat anon doekoeh respati
soekoening Sendara goenoeng anggenggeng katoepiksa wastanipoen ing doekoeh Andong-tinoenoe dene namane kang tapa nama ki seh Soeksina-sidik
9. moeng wowoloe sabatira
ingkang djaga marang ki Soeksma-sidik pandita wadad poenikoe darbe poetra satoenggal gen amanggiti aneng sapoetjoeking goenoeng tan karoean kang soesoeta manggih kala meksih alit
10. men kadi rare titiban saking dening pandita dreng sisiwi mangke pan diwa2) sampoen langkoeng sihe sang tapa pan ingoegoeng ing sapantese wong goenoeng mring rama woes sinoeng aran ni ken rara Pamegat-sih
11. klangkoeng karem ing ibadah saking dening ginoeiang siang ratri mring kang rama jektinipoen raarma sang dyah tan njipta palakrama saking kasengsem ing elmoe pasemon ladak agawat ngegoengken jen soegih ngelmi
12. ingoeni pan woes kalakjan pan akatah sagoeng para petinggi kang sami kasmaran ngroengoe ing wartane ni rara andatengi akatah ingkang kawangsoel saking dening tan kadoega sang rara pendjaloekneki
13. tan andjaloek radja brana moeng angadjak bantah kang eJmoe gaib nadyan para santri agoeng kang prapta tan kewawa angesorna ing elmoenira sang ajoe oendoere amet oepaja doejoeng soembaga Ian desti
14. akatah ingkang misaja ing paekan anging tan anedasi nanging wentala sang ajoe nahen kang aneng arga Amongraga toemoeroen saking ing goenoeng osik bade oemampira maring doekoeh kang kaeksi
15. dadya ladjoe lampahira pan sineroe lampahira sang brangti noeroet ereng-ereng goenoeng semana pan woes tjelak 1) lawan doekoeh ing Andong-tinoenoe soekoenira kang ler wetan lawan ing Sendara woekir
16. masdjide katon anganggrang pan atjekli kederan dening warih baloembang goeng keringipoen ingideran toendjoeng bang toendjoeng poetih irim-irim toendjoeng biroe terate mangsanja sekar ganggeng lawan ganggong wilis
17. masdjide binatoer sela oempakipoen apan sela ingoekir pagere tabag ingapoe korine kir-oekiran mastakane rineka-reka apatoet tilase pinajoe anjar idjo lir dinandang gendis
1) langkoeng sawanda, kaboetjal: kang.
2) kirang sawanda, katambahan : sa.
24e Zang; dichtmaat: DANDANG GOELA.
1. djadjar kalih wisma tjekli-tjekli mandapane ²) dineket kewala Ian wisma tinalang bae latar resik dinoeloe tiris woelan Ian tiris gading tepoeng moebeng pemahan wohan wangen agoeng sela-sela tiris genja pelataran petetane sawo manggis doekoe lawan pidjetan
2. pelem pakel djamboe lan koeweni lagja mangsanira awoh samja kilen mandapa ²) masdjide sasekarane agoeng tan ana Ijan tanemaneki pan amoeng kembang-kembang
pra samja binatoer ing sela pingoel scdaja amepeki sedaja warnaning sari mangsane lagja sekar
3. tjampoer gandaning poedak sisili³) roem oelekan gandane angambar pandan sari pipinggire ingkang baloembang agoeng sobrah ningkang pandan kinardi pasenetaning oelam tambra loekas mangoet oelame pan warna-warna jen mangsane asar samja den-pakani katah moenggoet sedaja
4. toja moentjar doemelah4) awening we toemoeroen kang saking aldaka apan tinalang andjoge iline mating doesoen tan woes oetjapena ingkang sri rakiting padekahan asinger apatoet tjatjade tjilik kewala jata ingkang loemampah pan sampoen prapti djawining pekarangan
5. nahen hjang arka woes nitih woekir sang abrangta kendel ngandap gajam djabaning lawang korine pan ana sendangipoen witing gajam apan ngoebengi ing sendang pengangsonan wong estri ingrikoe rabinira para sabat Ian malihe jen ki seh mentas ningali kakaring mirsa tegal
6. sakondoere ngrikoe gen soesoetji ladjeng genja ngambil toja kadas aneng ingrikoe djoedjoege jata semana noedjoe ki seh Sidik saking ing tegil mantoek ingiring sabat sang rara pan toemoet oemiring marang kang rama jata kagjat ki seh Sidik aningali kang lenggah pinggir sendang
7. santri bagoes warnanja nom pekik jata ladjeng denja oeloek salam sen Amongraga noelja ge ngadeg aris soemaoer ja ngalekoem salam anoeli djawab tangan sawoesnja seh Sidik amoewoes anak tedja soelaksana tembe mirsa poen bapa kelawan malih ngadjeng paran sinedya
8. Amongraga pan woes awawarti wismanira toewin kang sinedya marmamba kampir jektine kedalon lamoen asoeng ing sawengi amba njoekeri nenggih masdjid padoeka ki seh sareng ngroengoe kelangkoeng awlas ing dria osiking tyas woes narka jen wong linoewih sasolahe ketara
9. lan tjahjane kang dadya pandeling njana jen doedoe santri la-ala noelja sang dyah sedangoene mandeng marang kang rawoeh esmoe kenjoet denja ningali salamine sang rara pan dereng kagoemoer toemingal ma rang ing pria pan lagjeki sang dyah osik djroning galih wong iki soen wetara
10. ing praptane baja gawa desti pinasangken ana ing dedalan ketara ragengsoeri kie. goreh moelat wong ikoe soen wetara asoegih ngelmi pawartane ing Karang gone wong linoehoeng soekoer ki dalem bisaha anglegaken marang manah ingsoen singgih dedekan pangaoelan
11. ki seh Soeksma-sidik ngandika ris soekoer poen anak soedl kampira mring depok kaoela mangke noelja ingadjak ladjoe djoedjoeg masdjid lenggah soerambi sang brangta eram moelat anon rakitipoen
pasang-pasanging sekaran Ian resike pelataran karang asri nedeng mangsa wohira
12. denja lenggah neng weloelang sami nanging rinangkepan kasah anjar sang tapa ngantoeki age marang ing sabatipoen santri Djoeris oeningeng wangsit kelawan ki Noersoerat mring tegal angoendoeh timoen kerai semangka kimpoel kentang tales lawan wi gembili santrine kang sekawan
13. Amad-iman lawan Amad-kasim ki Noeridin lawan Amad-badar kinen misaja oelame Mad-asroe lan Noersamoed lan rabine kinen ngrewangi neng pawon mring ni rara kang mring tegil rawoeh toewin kang misaja oelam pan sedaja ladjeng sami den-ratengi pan ingolah mawarna
14. woesnja mateng noelja den-wadahi aneng piring tinata ing doelang semangka timoen kraine tinata pandjang watoe kimpoel kentang oewi gembili tinata pandjang ilang pelem pakel djamboe koeweni lawan srikaja winadahan neng bokor koeningan sami sekoel woes winadahan
15. aneng soemboel jata sang dyah noeli pan ingoewoeh marang ingkang rama kinen anjaosken djambe noelja sang rara goepoeh malbeng wisma anoelja salin asindjang mori petak kemben dara moeloek asengkang oeroebing damar poepoeripoen anglamat datan ketawis dasar koening ni rara
16. soesoepene apan kalih sisih sekar sedah lan sasra loedira moenggeng entik-entikane woesnja dangdan 1) sang ajoe ladjeng nata pawohaneki aneng talam koeningan tjepockipoen penjoe ladjeng malih tinimbalan mring kang rama noelja sang rara agipih medal njangga pawohan
1) kirang 2 wanda, katambahan: nenggih. 2) limrahipoen : pendapa.
3) prajoginipoen : sisilir. 4)
prajoginipoen : doemilah.
17. langkoeng merang moelat ing tetami
sarimpoengan denira loemampah lir wong amcndem poetjoenge jata Mongraga doeioe teka mesem sadjroning galih nenggih sang rara noelja lenggah woerinipoen ning rama sang tapa njandak kang pawohan sinaosaken ingarsi sarja ngling mring kang prapta
2Se Zang; dichtmaat: POETJOENG.
1. lah ta daweg amoetjanga poetraningsoen noewoen kang ingatag sang tapa angling mring siwi rara apa oewoes gonmoe olah-olah
2. ingkang poetra matoer bibisik jen sampoen kang rama ngandika pajo ladekna toemoeli ngarah apa ing sa-anane kewala
3. jata goepoeh sang dyah malbeng wisma sampoen sang tapa ngandika marang seh Amongraga ris lah poenikoe anak raji djengandika
4. moeng sapele anak peparing Hjang Agoeng matoer kang liningan poen enibok wonten ing poendi sang pandita goemoejoe ing saoerira
5. woes tinoetoer waoe ing sedajanipoen
mesem Amongraga nahenr ta sang rara noeli woesnja ngrakit dahar gja binekta medal
6. santri kalih kang ngrampa doedoelangipoen kang aisi oelam
soemboel binekta wong sidji kang njamikan apan ta dadi sadoelang
7. ni ken rara kang bekta lantinganipoen
ing sapraptanira ing langgar ladjeng sinadji sekoel soemboel pan woes tinoemplek ing pandjang
8. oelamipoen tinata darik²) neng ngajoen
pan awarna-warna jata wocsira anoeli sang pandita ngatjaraken daweg anak
9. wewantinga soegatnne rinirekoe
sawontene oega soegatane liang ardi kang liningan noewoen anjandak lantingan
10. atoetoeroeh sang pandita gja
toetoeroeh dyan lekas adahar adangoc denira boekti sawoesira ladjeng linorodken samja
11. lawan sabat Ian rentjanging tamoe kemboel gantya kang daranan ³) sinaosaken ingarsi sang pandita lan tamoe dahar njamikan
12. doek semana noedjoe mahrib wantjinipoen dyan sami totoja angambil toja kadasi sabat woloe ngambil toja woeloe samja
13. Djamal Djamil woes angambil toja woeloe
woesnja ladjeng adan sadjak Tjarebon anggalik sami eram sagoeng ingkang amiarsa
14. dasar besoes ki Djamal jen karja temboeng
woesnja sami soenat Djamil ingkang angamati Amongraga pineksa pan dadya imam
15. anoeroeti dadya imam sawoesipoen
bakda gja poedjian ri woesnja anoelja dikir woesing dikir ladjeng denja maos donga
16. woesnja donga ladjeng sesalaman sampoen noelja tata lenggah sigra panganan soemadji jata kalihira adahar njamikan
17. sang pandita aris pangandikanipoen dateng Amongraga anak ala nganggoer sami inggih saking dereng soemoeroep kaoela
18. neda brekah poen bapa sajektinipoen doemateng poen anak poenapa samia oegi rahsanipoen ngelmoe ingriki lan Karang
19. Amongraga mesem aris saoeripoen poenapa sanesa pan inggih namaning elmi jekti saini ingriki lawan ingrika
20. senesipoen 1) ingriki lebet kelangkoeng katahen wangsalan sanes kelawan ing Kawis gatakgatoek boten katahen karenah
21. sang pandita aris waoe woewoesipoen anak jen poen bapa ingoeni manira manggih kang wirajat saking titiang moelana
22. nanging nora binabarken jektinipoen pan saben mitjara ingoempetan den-djarwani marma taksih roebet manahe poen bapa
23. Amongraga aris waoe atoeripoen lah toean djarwakna kaoela adjeng miarsi sang pandita aris denira wetjana
24. inggih wiwitane kang djagad poenikoe mring Hjang maha Moelja poendi kang kinarja dingin Amongraga soemaoer apan datoelah
25. tinibaken poeat baboe Hawa nenggoeh doek lagine apan neng sirahe Adam singgih aranipoen pan aran betal moekadas
26. ingkang betal moeka pan ing tegesipoen ingkang dadi ngarsa
tegesing das pan pangeksi doek neng koeping kanan waoe kajat ranja
27. doek neng koeping kiwa wilajat ranipoen jekoe noer senjata doek neng mata tcngen singgih pan ingaran nenggih rasa djati ika
28. sotya kiwa sari rasa wastanipoen doek neng goeloe kiwa waoe wahid wartaneki doek neng dada wahid waoe wastanira
29. doek neng ati sirolah pan namanipoen sang tapa angoetjap doek lagi neng poeser iki gili poenapa anak wastane poenika
30. Amongraga aris waoe saoeripoen doek neng poeser ika djamilah wastane nenggih doek loengane mring segara rante ika
31. doek toemoeroen noetpah namane poenikoe doek neng kempoeng ranja albali wastanipoen singgih aneng tengah kalam apan ingaranan
32. nokat doek neng poetjoeking kalam poenikoe naptoe gaib apan doek tiba wewaciah singgih lir mas timboel toemiba babaoe Hawa
2) prajoginipoen : tarik.
1) prajoginipoen : dandan,
3) prajoginipoen : daharan.
26e Zang; dichtmaat: MAS KOEMAMBANG.
1. ingaranan nenggih wadi lawan mani manikem wewadah wadi enggoning rasweki madi gin enggone rasa
2. mani sedjatine rasane poeniki kang manikem ika doek kern pel rasa sedjati kakoeng kelawan wanodya
3. mantoek-mantoek pandita ataken malih dadine poenapa wadi madi lawan mani lah angger toean djarwakna
4. Amongraga mesem saoerira aris wadi dadi ika poepoetihing mata kalih madi ireng-ireng mata
5. manikem pan dadi oeger netra kalih lawan dadi ika doek kempel tibane kalih aneng wewadah poenika
6. sedjatine datoelah djatining oerip pandita lingira apa roepane rasweki Amongraga saoerira
7. rasa ikoe roepane pan anglir getih nging doedoe roedira anenggih ingkang poeniki lawan kaja daging ika
8. nanging doedoe djatine daging anenggih apan djohar awal pan tegese djohar iki poenikoe apan sosotya
9. pan poenikoe ingkang dinadeken dingin roh ilapi ika sang tapa ataken malih paran tegese poenika
10. ja ingkang roh ilapi ta kadi poendi angger padangena Amongraga mesem angling tegese roh oerip ika
11. kang ilapi tegese tresandaning sih kinarja pratanda artine ingkang ilapi sadjroning oerip pan ana
12. woes kalingling dening Soeksma kang linoewih nanging nora kengang jen ngoegemana poeniki nenggih kang sami ingoetjap
13. datan kengang toengkoel wong aoelah ngelmi jen anggoeng djoebria lir wong ngambil mineng kali oelam sakedoeng pan sirna
14. meksa adreng pengameke tan amikir pidjer soeka-soeka pakewoeh tan den-kawroehi tan wroeh jen sinisil baja
15. pan poenikoe lambange wong oelah ngelmi pan koedoe prajitna lan malih ngedohken kibir sang tapa angrangkoel agja
16. sarwi angling poetraningsoen wong asigit soen njana tan limpad ing kawroeh ingkang sedjati Amongraga saoerira
17. dremi-dremi paman kewala poeniki saged amitjara jekti tan saged nglampahi jata waoe ni ken rara
18. sedangoene neng woerining ramaneki mirsaken kang sabda genira abantah ngelmi tyasira agaroenekan
19. osik ing tyas njata winasis wong iki baja iki oega kang pantes ingsoen ngengeri jen bade soeal manira
20. pan mengkana sang rara osiking galih jata sang pandita alon awetjana aris marang ing seh Amongraga
21. lah ta anak poeniki arinta inggih bok andika woelang darbe kawroeh pan ingoeni kaoela tari akrama
22. nora ajoen jen tan wonten kang djawabi ing pangawroehira Amongraga mesem angling kaoela ajoen miarsa
23. ing kawroehe bilah 1) kaoela poeniki saged anglegakna ing manahipoen menawi karja dana kasampoernan
1) prajoginipoen: sanesipoen.
27e Zang; dichtmaat: ASMARANDANA.
1. sang tapa soeka kepati angling marang poetranira lah rara madjoea age matoera dewe kakahta lah ia ngarah apa apan woes mandjing sedoeloer anggepkoe mring kakangira
2. ajwa donja nadyan ngakir mandjinga dadi atmadja insa Allah anggep ingong. jata sang rara gja lenggah ing keringe kang rama niatoer minta apoera goeng dateng ki sell Amongraga
3. sampoen padoeka mestani mring kaoela wong goemisa pan tetaken sajektine Amongraga mesem lingnja nadyan awak manira tan roemasa jen linoehoeng lagi rarasan kewala
4. basa kang oewis kawidjil pan inggih toengtoen-toeng-toenan kiai kelawan ingong balik ta pajo oetjapna ia pangawroehira pira barane wakingsoen kelamoen bisa ambatang
5. kang rama namboengi angling lali rara pajo oetjapna boentelamoe selawase soen doega mangsa soesaha jektine kakangira rara Megatsih amoewoes amba miarsa wirajat
6. meketen melipoen singgih poendi kang soeng wroeh ing tingal
pan salah dalih tingale anglir moeksa djiwa raga kakoeng miat wanita Amongraga mesem moewoes jekoe manira miarsa
7. kang badan roh ikoe singgih linahirken rasaneka amoeng kang roh ilapine kang tanpa djisim poenika rohani rabanika dene anane poenikoe marmane ana roh njawa
8. ingaranan roh ilapi pan kinarja kenjatalian
ni rara malih ataken boedi Ian nepsoe poenika amarah moetmainah boedi loeamah poenikoe inggih pinten warnanira
9. kang nepsoe amarah poendi inggih kalawan soepiah poendi kang ingaran mangke boedi nepsoe maring ala Amongraga saoernja nepsoe amarah poenikoe ingkang karem maring ala
10. kang tan soeroed ingkang galih saderah nepsoe poenika poenikoe amarah reke dening nepsoe moetmainah kang remen kabetjikan toehoe wetja karepipoen loeamah kang maring loba
11. soepiah karepireki maring ingkang doedoe ia amarah moemoelang reke mring sagoeng penggawe ala kang loeamah sasmita abangsa setan poenikoe berketoetoer loemprah lengkrah
12. rara Megat-sih ling malih boedi andap loehoer ika Amongraga lon saoere kang loehoer ikoe tan ana ingkang loewih oetama dening kang loewih poenikoe boedi sasmitaning Soeksma
13. kang satengah den~arani boedi toedoeh maring ala ana kang ngoetjap mengkene dene kang maoe prajoga ing mengko teka ala koepoer kang ngoetjap poenikoe bodoken marang Hjang Soeksma
14. tan wroeh jen Hjang maha Soetji kang aparing betjik ala boedi ikoe satemene pratanda karsaning Soeksma estoe tan amemada lan ana malih winoewoes poenikoe ajoen waspada
15. tan kena asalah dalih kang ba 1) eroh poenika nenggih sekawan katahe njawa djasmani poenika ingkang ingaken toenggal roll rasa djati poenikoe jekoe roll ilapat ika
16. doedoe njatanipoen singgih Hanging toenggal ingkang karsa kang rabani ikoe reke njataning dat ilapika sipat lawan apengal Megatsih malih winoewoes poendi kang djati poenika
17. Amongraga anaoeri kang aran kadas poenika kelawan sangkan parane doek laline ikoe ia lali roesakan ing dyah Ialine rasa akoempoel dcning tingal kang moertjita
18. doek Ialine rasa iki kakoeng soemoeking wedana koemesar tan ana reke marma joen gamboeh ing tingkah Megat-sih atoerira pratelakna tegesipoen kang badan poenikoe oega
1) prajoginipoen: bilih.
28e Zang; dichtmaat: GAMBOEH.
1. Amongraga amoewoes jekti tingal kang manderik ²) ikoe tjipta prapta ing manahira sajekti limoet soeh sirna awimboeh djisim djohar ingkang lonjoh
2. woh rasa kang kadoeloe djasmani ingkang asoeng poenikoe tegesipoen doek atjampoeh rasa djati wanodya kelawan kakoeng djasad aranira reko
3. djasmani doek lagjekoe tampi rasa saking angganipoen apan ia dadi sesamanireki dadya temahe poenikoe wanodya kang asoeng raos
4. rahsa manikem ikoe wanita kang rahmani poenikoc sajektine djisim ikoe kang atampi Megat-sih malih oematoer inggih kaoela atakon
5. kang roh ilapi ikoe inggih ta paran ing tegesipoen Amongraga alon denira naoeri roh rabani ingkang toehoe kang lanang manikem jektos
6. warna lir moetyarekoe roh rahmani nenggih prianipoen roh ilapi jekoe oega napi djinis doedoe badan sanjawekoe kang djasmani jekoe reko
7. ngaken raga soeksmekoe djisim aloes arane poenikoe kang rohani tanpa roepa warna singgih lir sekar pralambinipoen kakoeng kombang angganing wong
8. doek mangrabaseng santoen sari oepama wadon poenikoe marma ajoen awas jen sira neng diri doek lagi megar kang koedoep jekoe lambange kemawon
9. djaba prenahing madoe poma den-awas ) prenahipoen jen woes awas pesti wrpeh asmara garni jen kang oetama jekti wroeh nanging arang singa sang wong
10. kang wroeh basa poenikoe jen kang tan mateng ing tjiptanipoen jata deleg sira ni rara Megat-sih angartika djroning kalboe njata pinoendjoel iki wong
11. nora larang wong ikoe soen roangi adol tapihingsoen selawase anaha mangkene 1) oewis ia palakrama ingsoen mengkana osiking batos
1) kirang sawanda, katambahan: dan.
2) prajoginipoen: mendelik.
3) kirang sawanda, katambahan : ing.
12. Amongraga amoewoes
pagene mindel apa woes soeroep jen woes soeroep menek ana ingkang kari kang rama namboengi woewoes soen doegi angger woes katog
13. rara matoera goepoeh marang kakangira apa oewoes moeng semono kang lawas sira betitil kang poetra alon toeripoen pan woes telas atoer ingong
14. nanging kaoela sampoen padang nerawang ing nalaningsoen ingkang rama goemoejoe abelik-belik lah nora piraha ikoe kelamoen amoeng semono
15. rara oewoes begdjamoe Ian maninge pan woes kalbeng woewoes sapa-sapa kang madangken tyasireki amawongan sira ikoe poetra lengser wangsoel ing gon
16. ladjeng Ienggah toemoengkoel sen Amongraga mesem andoeloe ni ken rara kesah malbeng wisma noeli semana apan sedaloe genja ngaben ngelmoe raos
17. poekoel pat wantjinipoen sang tapa aris andikanipoen inring kang poetra sen Amongraga bibisik barang reh ing karsanipoen Amongraga matoer alon
18. amba langkoeng anoehoen ing pasihanta ingkang doemawoeh pan ing mangke amba tan poeroen nglampahi kedjawi kalamoen sampoen kepanggih sadoeloer ingong
19. pesti amba jen wangsoel anoet ing karsa ingkang poenikoe Jen ing mangke tebih boten darbe pikir
sang tapa langkoeng angoengoen pitekoer sarwi andongong
20. woesana ris amoewoes
marang kang poetra sarwi angrangkoel nanging poma anakingsoen wong asigit j^n oegi sampoen kapanggoeh kang para oepaja karo
21. poma-poma nakingsoen noeli wangsoela marang ke goepoeh ing pestino lawas fenggale ngong anti seh Amongraga oematoer jen si ²) estoea kelakon
22. panggih kang mara roeroeh pan sajekti manira awangsoel kados boten koela anjidrani djangdji sang tapa lega tyasipoen jata Amongraga goepoh»
23. djawat asta angoedjoeng pamit loemengser saking ingajoen ladjeng goepoeh dateng abdi Djamal Djamil sang tapa Ian sabatipoen ngater sadjawining ^oekoh
24. woesnja mengkana wangsoel sang tapa jata 3) loemakoe sampoen ladjeng Ian santrinira kekalih andaroeng ing lampahipoen tan miris mjat ing margfewoh
29e Zang; dichtmaat: GOERISA.
1. semana woes bjar rahina kang mega malang soemirat ganteng neng poetjaking ardi akeh warnane kadoeloe ana lir wastra mandjeti ana pinda moeteara weneh ana wastra woengoe rinenda pinggire moeroeb
2. Obah boeron agoeng-agoeng andaka maesa danoe pating galero mongira moeni neng panggonanira mangsane doek moelih lagja saking denira memangsa pan woes adate kang sima jen daloe kesah memangsa
3. oelihe jen men rahina senes 1) boeron akeh pada jen daloe loemrahe toeroe jen meh rahina pan swara ting galembor bade saba baroeng wre keiawan loetoeng wrangoetan Ian oewa-oewa goemer moenja ing kekajwan
4. sang hjang pradangga 2) oemoengoep moenggeng poetjaking aldaka goemeder swaraning peksi reboet wohing boeloe goerda tjoektjak djalak mentjo djohan goetilang 3) katik gidawa 4) derkoekoe poeter soelindit prit tjoang lan barandjangan
5. enggar manahe sang brangta toemon peksi kweh swaranja kadali moenja ing tawang kaswasih jen piniarsa kadya ngandega ing lakoe peksi beloek moenja nglamat kadya ngenggalna ing lampah sang brangta mesem wardaja
6. wroeh sasmitane kang peksi jata ris ing Iampahira marga noeting wana pringga moedoen djoerang minggah arga tan wonten doergama ketoeng ing tjipta agea weroeh doekoehe Baji Panoerla ja kang aran Wana-marta
7. rahina wengi loemakoe kendtl-kendel jen asalat noeroet Kendeng Iampahira datan kawarna ing marga
jata semana woes prapta telatah ing Madjalengka enggar manah sang brangta ladjeng waoe Iampahira
8. anoedjwa pctjat rakitan Djamal Djamil kinen tanja marang wong giring maesa ataken ing Wana-marta kang tinanjan saoerira poenika ingkang katingal doekoeli kang genggeng poenika gih kang aran Wana-marta
9. andika ladjeng kewala ing mangke pesti kadoeloe masdjide ageng aloehoer lan malih kaoela tanja andika santri ing poendi soemaoer ingkang tinanjan manira santri atebah saking ing Banten jektinja
10. marma dreng mring Wana-marta manira miarsa warta jen ki seh Baji Panoerta sabar toer lila ing donja anoentoen ing wong baliloe marma santrinira agoeng poenapa inggih jektia soemaoer kang sinoeng woewoes
11. tan dora ingkang atoetoer inggih saestoe mengkana ambeke Baji Panoerta marma sagoeng pra dipatya goegoeroe ambek ambapa tan tjoea barang karsane sawabe Baji Panoerta ngiwa panengene kena
12 Ian malih santrine agoeng kaoela dereng oeninga kang kadya ing Wana-marta kehing santri kang ngloewihi kados kawan ewoe ana kaoela doek maksih botjah sagoeng pasantren oeninga dereng wonten kang toemimbang
13. 1ir Wana-marta kehipoen dasar papane prajoga mirah ingkang pala-kirna beras datanpa adjia marma santri tebih-tebih katah kang prapta ingrikoe pan oewoes adating santri marani kang mirah teda
14. kaoela pan dereng lawas oemantoek saking ingrikoe salawase pan kaoela dadi santrine ki Baji Amongraga namboeng woewoes kalamoen wonten wong prapta inggih sinten kang djinoedjoeg oematoer Dalem djoedjoega
15. inggih poetrane penggoeloe poenikoe kang pinitaja dateng ki Baji Panoerta wastanipoen Djajengwesti saben wonten wong kang prapta inggih andjoedjoeg ingrikoe pan sampoen wisma pribadi sakidoeling masdjid Mangoe
16. dene waroedjoene aran anenggih ki Djajengraga pan inggih kalih poenikoe singa ingkang djinoedjoega djer atmadjanipoen djaloe pan amoeng kalih poenika pambadjengipoen pawestri wastanipoen Tambang-raras
17. kaoela dereng amanggoeh wanodya kadi poenikoe poetrane Baji Panoerta apike kagila-gila doek kaoela ingkang waoe inggih taksih aneng rika asring meningi kaoela kang wong prapta loenga teka
18. anake petinggi desa tanapi anak soedagar toekone pan djor-djinoran sami kawangsoel sedaja wit sang rara boten kena tinari mopo kewala mring kang rama atoerira bendjang kaoelarsa krama
19. jen wonten senenging nala boten koedoe den-toekoni lan boten melik kaoela wong kang bagoes awibawa sanadyan tjebol boetjoea lamoen panoedjoe kaoela badan kaoela soemangga jen woes kalboe petek oeloen
20. marma ki Baji kelangkoeng soesah mirsa toering poetra kalamoen pineksa-peksa atoere pan koedoe loenga marma kang rama amoepoes naoeri kang namoer lakoe manira saweg angroengoe wanodya tan arsa krama
21. menawi inggih poenikoe ngoepados santri oetama angling malih kang wong ika pan woes pirang-pirang poeloeh santri tebih-tebih prapta sami santri djadoeg-djadoeg prandene' tan na kinarsan kaweleh pan sami gria
22. sami ngoepaja paekan awit karsane ki Baji mring santri sapa kang begdja saking soesah mjat ing poetra kelakon sami ngoepaja nanging sang rara wentala loepoet ing desti soembaga toeas kabeh ngatjoeng samja
1) prajoginipoen : ing kene.
2 prajoginipoen: sa,
3 kirang 2 wanda, katambahan: samja.
1) prajoginipoen : sanes.
2 prajoginipoen: pratangga.
3 prajoginipoen: koetilang.
4 prajoginipoen: kedawa.
3Oe Zang; dichtmaat: POTJOENG.
1. marmanipoen keh-kehing wong ana moewoes soen doega ni rara boentet tan doewe njemimik milanipoen sakehing wong tinampikan
2. jen loemrahe wong gene semana ikoe pestine pan ana ingkang pinilih sawidji ikoe nora dadak tinampik sedaja
3. jen wong boentet andadak kakehan woewoes pan inggih akatah kang moewoes kadi poeniki pan goemoedjeng waoe ki seh Amongraga
4. angling kadi boten kang kados poenikoe
saweg dereng arsa ngoepaja djodo prajogi ingkang kangge awal akir ingoepaja
5. dadi ingsoen ngroengoe ing wartinirekoe manah moendoer mara bok manira den-arani darbe niat marang ing estri poenika
6. toer ta boja pisan-pisan raganingsoen njiptaha poenika inoeng sedya ngoepaja ngelmi dadak noedjoe ingrikoe wonten broesahan
7. wong kang angon maesa ris saoeripoen kang amba witjara pan woes sawarsa poeniki jen ing mangke tentrem tan wonten pawarta
8. winginipoen kaoela saking ingrikoe tindjo sanak lara ala nganggoer awak mami anakoken poenikoe kang koela oetjap
9. pan saestoe sampoen tan wonten wong rawoeh mikir bab poenika sang moneng mesem djro ati doek semana hjang arka nitih atjala 1)
10. jata angling Amongraga manis aroem ngong langkoeng narima pitcdah para mring mami lah ta sampoen manira ladjeng kewala
11. kang liningan moewoes aris atoeripoen bok endjing kewala lamoen soetah Dalem kampir ing pagrian kaoela jen pareng lega
12. jen ladjoea sampoen ketanggelan daloe apan ewed aja jen praptaha wengi-wengi jen kepareng ing bendjing-endjing kewala
13. marma koela atoeri kendel sedaloe ing wisma kaoela
1) prajoginipoen : antjala.
jen tan arsa sare panti asarea wonten ing masdjid padoeka
14. pinten banggi kewala jen saged toemoet djriah ngaterena kalamoen loedjeng saratri sedajane krandahe Baji Panoerta
15. mring kaoela apan ta woes pada wanoeh kang dados kebajan poenika poen santri Loetji leresipoen nak-sanak lawan kaoela
16. soeka ring tyas sang brangta sareng angroengoe aris saoerira ki sanak para ngetjani anjoekeri sawcngi neng wismanira
17. lah poenapi maksih doh wismanirekoe kang tinanjan lingnja doekoeh mentjil kang kaeksi lah ta enggeh andika dingin mantoeka
18. ri sang wisma angintar mantoek roemoehoen sapraptaning wisma woes mangsit mring rabineki ladjeng manggil ing batoerira sekawan
19. moeng wong papat kang toemoet wisma ingrikoe
jata sami prapta wong papat woes den-pojani soeka ladjeng ngrewangi ing rabinira
20. olah-olah ing pawon langkoeng abikoet ri woesnja mengkana sang wisma metoek woes panggih Ian sang brangta noelja ladjeng ingatoeran
21. sapraptane ing doekoeh sang brangta mangoe mjat ing pala-kirna mawarna langgare tjekli her toemoempang lan resiking pelataran
22. sang wisma ling paran ing kersanta nenggoeh poenapa pinarak ing wisma toewin soerambi anaoeri pened soerambi kewala
23. noelja ladjeng mring soerambi tata loenggoeh mahrib wajahira ladjeng ngambil arastoeti lan sang wisma salat mahrib prapteng isa
24. woesnja bakda pan ladjeng atata loenggoeh 215. sang wisma angoendang mring Roebiah kinen noeli amedalna sa-anane kang soegata
25. kang ingoewoeh ni Roebiah langkoeng goegoep anata soegata ri sampoenira anoeli apan noelja sinaosaken mring Ianggar
26. gja tinata sekoel oelam aneng ngajoen sang wisma wetjana lah daweg toean wewanting soegatane inggih bok ajoe andika
27. kang sinoeng ling ngetjani wewanting goepoeh dyan lekas anadah sekantoek denira boekti sang kaswasih kelangkoeng kapioetangan
28. mring sang wisma dening tjakoete kelangkoeng jata sawoesira ambeng ingoendoerken maring Djarnal Djamil atekoel denira mangan
29. besngek teloe lan pindangsatjoewo gempoer bekamal sepaudjang sirna datan wonten kari toempeng kalih bebas imboeh sekoel bodag
30. langkoeng merang sang brangta denira doeloe angling ri sang wisma adi sampoen isin-isin pan ingriki pan woes wismane priangga
31. anaoeri Djamal Djamil gih-gihipoen kadi poendi kakang pengraosipoen poen jaji jen mawia ringa-ringa mring poen kakang
32. nadyan inggth sanak tembene kepanggoeh pengraos kaoela lir toenggil sajajah bibi ki Noeripin goemoejoe asoeka-soeka
33. tan kawarna ing daloe datan winoewoes jata bjar rahina ladjeng salat soeboeh nenggih sabakdane lenggah ngemper tadjoeg samja
34. sang abrangta alon waoe woewoesipoen dateng ing sang wisma
paran ing karsanireki poenapestoe miling 1) anoet ing kaoela
3le Zang ; dichtmaat: SINOM.
1. Noeripin aris saoernja lah inggih daweg soeawi koela pitoeloeng ngaterna djoedjoego mring Djajengwesti sigra kjai Noeripin amanggil ing rabinipoen prapta Noeripin lingnja karia soen bade ngiring marang arinira marang Wana-marta
2. moeng pak Kebak lan pak Dama ikoekang soen gawa nanging sira den-betjik neng wisma menawa ingsoen alanii rabinc matoer inggih jata sigra mangkat goepoeh ing marga tan winarna rawoehira petjat rakit Wana-marta sang brangta eram toemingal
3. toemon srining padekahan ageng anggenggeng kaeksi awilis kitri ketingal dadah kinoebeng pring ori roning kang tiris-tiris tepoeng djanoer papahipoen doesoen geng sri kawoerjan wisma keh pipit amarik bebandjengan latare asisipatan
4. katah swabawaning desa djanma samja namboet kardi saliring pakarjan ana pande kemasan ²) gending koendi kelawan njingi sajang angleboer anggebjoer kang milanten amarna oendagi miwah meranggi kang angoekir-oekir mjang karja landean
5. belandong Ian karja wisma karja djoengkat soeri serit miwah toekang tjekatakan toewin toekang sela kerti djaid kelawan gerdji mjang ngemalo karja pajoeng iniwali karja orean seser soendit djala djaring karja soemboel tambir lampit mjang kelasa
6. karja toping natah wajang karja golek Ian tjempoerit miwah saroengan sendjata karja keboet lawan katil kang leles karja godi kang gawe e'pok mjang tandoe angetel karja kopjah panegar dalang mepeki wong kang soegih loemrah adoewe gamelan
7. miwah ingkang karja larab toewin pakarjaning estri djor-djinoran namboet karja pangobeng nenoen lan batik mjang tando barang pokil pan limrah tiang sedoesoen Wana-marta sedaja akatah kang soegih-soegih saking berkah djeng kjai Baji Panoerta
8. tan ana boedi maksiat sakehe wong djaloe estri tetep pra samja ngibadah agami sambi agrami ken pinangkaning djalmi kang tebih-tebih marikoe ngadji ladjeng awisma djenak tan anedya moetih sabab dening gainpil ngoepaja padjiwa
9. tan ana ingkang kewoehan endi kang den-karemeni ngadjia anggaotaha sarwa akeh sarta gampil mocrah sandang lan boekti singa kang den-edol pajoe wawrato ing adesa gemahe kadi negari nora nana kestori kang dora-tjara
10. milane samja kerasan traping wong wisma miranti koempoelan akarandahaiv
sagotra-gotranireki woes kasoeb ing atebih dadya pangoengsening doesoen miwah tangkar-toemangkar kang gegria winatawis tjatjah wisma semoerebat langkoengira
1) prajoginipoen : milweng. 2) kirang sawanda: Ian.
11. sang mong kingkin doek toemama
mandjing ing doesoen toelja sri moelat rakiting awisma tata naroetoes taritis pasiten gesik pasir pager djaro noeroet loeroeng kentjeng sinipat rampak gapit djedjet ginelamit goemarining sang moneng moelat karonan
12. tan mantra-mantra ngadesa solahing wong pan woes kadi negari renggeping karja saben wisma toeroet margi sami andedasari waroeng panggeng toeroet loeroeng bango samja tangkeban ngiras empering wismeki siang daloe tan ana koekoeding dasar
13. dadya pepaesing marga
kang dinol 1) mawarni warni kalitik wesi koeningan toewin selaka lan roekmi miwah sotya mjang keling pepak pepantan angladjoer grabad samja garabad kelitik samja kelitik ingkang adi samja keling-kekelingan
14. seladjoer samja njamikan sekoel oelam amepeki mjang panganan lah-olahan wowohan awarni-warni toewin jen noedjoe paing kidoel ngarsa pager doesoen bangone bebandjengan kadjeng ageng angaoebi kadjeng kcpoeh bibis boga lan karoja
15. saengga loen-abenira jen noedjoe pasaraneki
1) prajoginipoen: den-dol.
pan kongsi sedina pisan asar andap boebarneki dasar neng pinggir kali kaline kebak peraoe getek pring toempang sanga getek balok bade milir toewin katah bakoel pipikoel daratan
16. miwah momot kekapalan, sapi-sapen amedari kalang edeg ngiras wisma sepalih kang den-momoti sasisih dadya panti goemrit swarane aseloer tjikar keser eloeran momotan awarni-warni belantikan wade kapal mjang maesa
17. kang toemameng padedesan sang moneng lawan Noeripin lon-lonan sarja ngandika abener toetoerireki dene sanget moendjoeli sesamaning doesoen-doesoen tan wonten meketena gemahe kadi negari ki Noeripin oematoer inggih poenika
18. kahardjaning Wana-marta berkahipoen djeng kiai Baji Panoerta oetama moektine kaqli boepati sang mong koeng naoer inggih kjai geng mangoenahipoen mengkana oeroet marga katah ingkang kapiarsi kang gamelan ngrerangin weneh terbangan
19. pasang rekaning pagrian
anggenggeng marik apipit geng-ageng kampoeng limasan djoglo singoeb tawon boni roemat kadya priaji pendapa gandok lan loemboeng pa won kandang gedogan tadjoeg sarta lawang kori mjang pakiwan bakoepon lan pambatikan
20. kang para soegih mengkana
rakiting wisma miranti kang doewe awirja-wirja
angkoehe woes kaja mantri samja oelah kamoektin lan tetep ibadahipoen latar resik sinaba ing ajam poetih kebiri miwah dara Presi mjang banjak kambangan
21. sadewe-dewe rekanja
oengkoel-ingoengkoelan sami lawang kori ingapikan samja pinipil aremit mjang pinoelas mawarni soepaja amrih kadoeloe kang liwat pepasaran solahe samja birahi pinaranten lawang dadya pengampiran
22. sang mong wingit kawiletan ladjoe malih aningati masdjide ageng neng tengah goemoeroeh santri angadji dasar amangkoe kali katine ageng binendoeng ingedjogen baloembang baloembang ageng ing masdjid tojanira awening pan kadya katja
23. ingingonan oelam katah
sagoeng kang oelam benawi pan kinarja kelangenan oelam pinatoet ing gending oelam panjoewoek adil lawan oelam djalma kampoeh oelam semoene doeka oelam rare anggelidig lawan oelam kang marga karja simpangan
24. kang oelam baloeng kelapa
oelam ginoenggoenging laki lan oelam pada katjarma oelam tambanging oendagi oelam tansah angradin mjang oelam manggoeng tan emoet oelam djanma melarat oelam pamiwaling laki lawan oelam djanma besoes bebedangan
25. lan oelam djajeng kalpika oelam panggoegahing djalmi oelam pandjaloeking potang mjang oelam saptaning kaki oelam groboh ing kardi oelam pameksaning lakoe oelam nemoe kelangan oelam pandaming wong kemit lawan oelam djalma wire aboesana
26. kang oelam goetoel gambira lawan oelam wohing dami kang oelam loear binanda toewin oelam tansah asih Ian oelam benang roekmi miwah kang oelam prang moesoeh oelam kajoe pinasah oelam pangesoeking djoerit lawan oelam semoene djati angarang
27. toewin oelam netra djingga Ian oelam rangkep koelambi oelam timbrah ing wedelan lan oelam roesaking baris mjang oelam widji sami lan oelam pangoeloe-oeloe oelam djalma tjarita oelam tjirining atitik toewin oelam kasoesoe ngombe kasatan
28. lawan oelam manggoeng soeta mjang oelam weteng malenti kang oelam pametes warah oelam paweh ken nanggapi oelam ambobolehi Ian oelam djedjering woewoes kang oelam djamang djadja oelam peraboting mantri lawan oelam toembak pangendak dipangga
29. mjang oelam agoeng ketingal
toewin oelam remboeg dadi lan oelam besoes ingoenda mjang oelam sesawat kantjil lan oelam dangdang tjempli lawan oelam terek badoet oelam sasawi dadah lawan oelam soedoeng peksi toewin oelam kang woes padang-pinadangan
30. lawan oelam matis gandja lan oelam sengkrok kalentik lawan oelam anggoeng ganda mjang oelam tansah adjoerit miwah oelam toembak pring
lawan oelam djalma boesoek mjang oelam kepanasan lawan oelam piring siti toewin oelam bedando manah kewoehan
31. lawan oelam wedoes djamprah
oelam patoet anggenteni Ian oelam patjoel katoean toewin oelam dangdang langking kang oelam djatmikani lawan oelam ngaben doewoeng mjang oelam djanma wajang lan oelam rada abaring miwah oelam rare koedoe miloe loenga
32. kang oelam kajoe ginangsa
oelam panggresahing santri lan oelam ngepoeh paroedan mjang oelam pangegol siti toewin oelam ngempoki lawan oelam mateng sepoeh oelam estri katawan Ian oelam tan kena lali lawan oelam djalma godeg brengos tjapang
33. ingkang oelam anggoeng sirna
Ian oelam kintjanging alis Ian oelam selamet sawah oelam palanging wong batik oelam kelalar menir oelam pangoendanging koetoek oelam djoedeg ing lampah oelam ketanggoengan Iinggih lawan oelam ngintir-intir naoer oetang
34. toewin oelam kadang toea Ian oelam tarebang moeni Ian oelam kenja boesana oelam nitya poetjat isin oelam sapoeloeli doewit oelam pamiwiring kapoek oelam tansah mimilang oelam rimbaganing pitjis lawan oelam djalma ken tansah arocngan
35. djawabe ingkang wangsalan oelam kang toemrap ing gending kang kinarja kelangenan badene sawidjiwidji tambra panjoewoek adil bader ingkang djalma kampoeh mangoet semoene doeka grameh rare anggalidig oelam sidat marga kinarja simpangan
36. betok kang baloeng kelapa melem ginoenggoeng ing laki taroernpah pada katjarma sepat tambanging oendagi papar tansah angradin kelalen manggoeng tan emoet djambal djalma melarat patjal pamiwaling laki oelam lele djalma besoes bebedangan
37. djajeng tjintjin wira sotja tengiri penggoegah djalmi tageh pandjaloeking potang lempoek kang saptaning kaki wagal groboh ing kardi berod pameksaning lakoe sili nemoe kelangan keting pandaming wong kemit oelam bader djalma wire aboesana
38. oetjeng kang goetoel gambira wader pari wohing dami kotjolan loear binanda weloet ingkang tansah asih mare mas benang roekmi djaga ripoe perang moengsoeh peloes kajoe pinasah soeroeng pangesoeking djoerit senggaringan semoene djati angarang
39. oelam beles netra djingga
lopis rangkeping koelambi baloetak timbrah wedelan kadalan roesaking baris tjakoel kang widji semi deleg kang pangoeloe-oeloe kotes djalrna tjarita tawes tjirining atitik oelam kakap kesoesne ngombe kasatan
40. belanak anggoeng soesoeta
bekel kang weteng malenti rengareng pametes warah paloeng paweh ken nanggapi oerang ambobolehi kada djedjering pamoewoes kelaloeng djamang djadja
rebon peraboting mantri
titikoesan toembak pangendak dipangga
41. totog kang manggoeng katingal giligan kang remboeg dadi gambret kang besoes ingoenda bentjoleng sesawat kantjil djidjindil dangdang tjempli larong ingkang terek badoed djaliger sawi dadah soesoeh ingkang soedoeng peksi damar woelan kang woes padang-pinadangan
42. sebit lentar matis gandja
sogok prana sengkrok klentit loembet ingkang anggoeng ganda pamprang kang tansah adjoerit garanggang toembak epring oelam loendoe djalma boesoek epe kang kapanasan loper ingkang piling siti oelam grago bedando manah kewoehan
43. barok ingkang wedoes djamprah sanggreng pantes anggenteni bo-gerang patjoel katoean gagakan kang dangdang Iangking gateng kang djatmikani katjangan angaben doewoeng dalang djanma amajang galendeng rada abaring pan kaloejoe rare koedoe miloe loenga
44. areng kang kajoe ginangsa
seboet panggresahing santri meresi ngepoeh paroedan oengkil pangegoling siti bekem ingkang ngempoki djembloeng kang ameteng sepoeh bojongan estri tawan oeling kang tan kena lali pan djabrisan djalma godeg brengos tjapang
45. soembilang kang anggoer sirna oedet kang kintjang ing alis boeloes selameting sawah dawangan palang wong batik ketoel kelalar menir koera pangoendanging koetoek kodok djoedeging lampah bangkong ketanggoengan linggih pan paretjil ngintir-intir naoer oetang
46. kongkang ingkang kadang toea tjebong kang tarebang moeni joejoe kenja aboesana bajas nitya poetjat isin koangan dasa doewit bibis pamiwiring kapoek kidjing batoer maedjan wader petak rimbag pitjis oelam sriwet djalma ken tansah aroengan
47. toemon srining sasekaran samja pinatoet ing gending kang sekar djaboeng pajoedan an sekar mandeg anolih sekar panggoegah mantri miwah sekar djajeng moengsoeh lan sekar kabendana lan sekar panida radin miwah malih nenggih kang sekar wiraga
48. lawan sekar anggoeng liwat miwah sekar soring alis kelawan sekar kapita toewin sekar pondoh tjengkir sekar panambang peksi lawan sekar wadja djarnoes miwah sekar angkatan lawan sekar djalma mantri anelasar perawan mati sepata
49. lawan sekar kasentana mjang sekar bonang kapentjil lawan sekar palinjokan miwah sekar netra arip sekar panambang djanmi lawan sekar djanma soesoen 1) lan sekar tjatjad awak toewin sekar ganda wilis lawan sekar ing prenah kedah kapisah
50. miwah sekar mangan oedjar lawan sekar soring wentis toewin kang sekar kasoempah kelawan sekar sridenti sekar boboting kawi lawan sekar djalma sepoeh sekar kang tanpa ngoetjap sekar tan patoet ing gending lawan sekar ingkang kapisah ing toja
51. miwah sekar djedjamahan lawan sekar aprang tanding miwah sekar mangkoe pradja sekar kentjana rinoedjit sekar kang asoeng warti sarpa senen anggoeng moengsoeh noetoeti mandi angkah lan sekar bapakne kaki soengsoeng goejoe sah pria anitih swara
52. dene djawabe kang sekar
sekar kang moenggeng ing krami djelamprang djaboeng pajoedan gianti mandeg anolih woengoe panggoegah mantri sekar bopong kang pinanggoel kelak kang kabendana kapoeranta nida radin sekar poedak nenggih kang sekar wiraga
53. wora-wari anggoeng liwat praboe setmata sor ngalis kemoening sekar kapita sekar sempol pondoh tjengkir menoer panambang peksi melati kang wadja djamoes tandjoeng sekar angkatan wong araga djalma mantri rara kendat perawan mati abela
54. sekar dangan kasentana
lenga teleng aningali gambir ingkang ati begar kenanga bonang kepentjil katambang wong anali wong aroempoek djalma soesoen ²) patjar wong pipisahan wida-sari ganda wangi raga-ina kang sekar tjatjading awak
55. orok-orok mangan oedjar sekar sempql soring wentis kang kasoempah sekar soengsang sridenti sekar srigading bobot sekar wrat-siki manda-kaki djalma sepoeh mangoeneng tanpa ngoetjap saroeni tan patoet gending pat]ar_banjoe sekar kapisah ing toja
56. poerba nagri mangkoe pradja toeri ingkang netra arip soendel-malem djedjamahan dalingsem soesoeng goejweki kelajoe anoetoeti sekar soka anggoeng woejoeng linjok kang poespa njidra dalima wantah prang tanding kang adakan nenggih kang sekar tjepaka
57. remboejoet kakining bapa taloetoer kang angsoeng werti argoelo kang niandi angkah sarpa senen naga-sari karandang sah ing laki djaga satroe anggoeng moengsoeh kentjana rinoempaka sekar mas ingkang kinikir nitih swara nenggih kang sekaf baloerak
58. miwah kang kitri mawarna samja pinatoet ing gending oewoh pangebanging basa lawan woh aso ing margi woh madoe 1) ambekitjik Ian woh kang tinantang poeroen oewoh sobrahing sirah lawan oewoh toempang titih toewin wohing djalma tjidra ing semaja
59. miwah oewoh katja netra lawan woh loentoer ing siti toewin woh toerangga boental lawan woh wangsoel ing margi lan woh saranging mangsi woh kena tansah kebrawoek miwah woh tanpa basa lawan woh trapsila adjrih lawan oewoh tjiri pratanda nawala
60. miwah oewoh asoeng pekah miwah woh dadalan baji toewin woh nora atata lan woh pamoeloeking boekti mjang'woh rasaning geni lan woh peparoning poeloek miwah woh tegal bangka kang oewoh moenggeng raragi lawan oewoh djalma boesana rikatan
61. miwah oewoh ngantjam-antjam lawan woh rare noetoeti toewin woh pada gininda lan woh wismaning priaji miwah woh anggoeng tilik lan woh penganten woes atoet²) lawan woh kesoesoe aglis lawan kang woh tomboking djalma totohan
62. djawabe ingkang wangsalan oewoh ginoerit ing gending gedang pangebanging basa doeren kang asa ing margi pakel kang ambakitjik koeweni tinantang poeroen ramboetan sobrah sirah kepoendoeng kang toempang titih pan keletja djalma tjidra ingoebaja
63. semak ingkang katja netra manggis kang loentoer ing siti nangka kang toerangga boental balimbing wangsoel ing margi djirak saranging mangsi sawo kang tansah kabrawoek kokosan tanpa basa doekoe kang trapsila adjrih pan ketjapi tjiri pratanda nawala
64. srikaja kang asoeng pekah djeroek dadalaning baji waresah kang nora tata kepel pamoeloeking boekti nanas rasaning geni dalima paroning poeloeh maloa tegal bangka djamboe kang moenggeng reragi doewet ingkang djalma boesana rikatan
65. gajam kang ingantjam-antjam kilajoe rare noetoeti pidjetan pada gininda pelem wismaning priaji malindjo anggoeng tilik tjareme penganten atoet galembak siti andap salak kang kesoesoe aglis moendoe ingkang tomboking djalma totohan
66. keloewih poendjoel wilangan soekoen kang woes kaki-kaki sentoel kang walesan pikat elo ingkang pendok warni madja djalma pepenging boeloe ingkang sandang manoek kawista aken loear gowok erong moenggeng kitri apan woeni panatabe ing gahielan
67. pala kapendem kasimpar samja pinatoet ing gending pala kang rare oegoengan lawan tanda wareg boekti pala minggah ing ardi paia menawa andoeloe mjang kang kepala ngarsa kang pala tojaning tangis lawan pala agoeng dadya moengmoesoehan
68. pala telasing pemangan lawan pamoedaring weni kepala bodjoning bapa toewin pala talang kendi kanimpang aningali miwah kang wiwinih padoe lawan pangepe raga kang pala koemoedoe amrik miwah wohing pala nora bebarengan
1) prajoginipoen: soengsoen.
2) prajoginipoen : soengsoen.
1) prajoginipoen : padoe.
2) kirang selarik, kasambetan: kolawan siti andap.
69. lawan pala keloempoekan
pala kang tjeta ing oeni kang kasoewen ing memean pala basa krama adi mjang kesemekan wilis pala gering pipi lemoe miwah pengoedal benang pala basa lagi-lagi lawan pala parang djadja ing wanodya
70. djawabing pala kasimpar
mjang kapendem kang ginending djagoeng kang rare oegoengan teboe tanda wareg boekti semangka minggah ngardi timoen menawa andoeloe krai kepala ngarsa waloeh kang tojaning tangis wohing bestroe anggoeng dadya moemoengsoehan
71. otek telasing pemangan pare pamoedaring weni
lombok kang bodjoning bapa terong ingkang talang kendi tjipir nimpang ningali kara kang wiwinih padoe goede pangepe raga koemangi koemoedoe amrik ranti ingkang praptane nora barengan
72. kimpoel ingkang keloempoekan
ketela tjeta ing oeni kentang kesoewen memean oewi basa krama adi gadoeng kekemben wilis gembili gring pipi lemoe waloer pengoedal benang soeweg basa lagi-lagi pan besoesoe parang djadja ing wanodya
73. katjang pangoeger toerangga
kadele sindeting tali widjen madjoe prang priangga kangkoeng kang prekoetoet moeni bajem woes mari brangti pete kang marga binoentoe djengkol sindjang kapelag kemlandingan kembar djoerit kang kaloeak trenggaloeng kang tanpa baga
74. kemiri pengembet karja
soemanggi soemelang ati poetjoeng selaganing manggar patje pojok ngisin-isin pakis nora ngremboegi goenda patrapaning Ioepoet loemboe soctra rang-rangan sambeng pangoendang poetrestri apan laos widji esel woewoetoehan
75. sang mong koeng prapteng Kaoeman saja keh rerekan apik kendel sakedap neng lawang korine ki Basarodin ingoekir pinoelas sri sinoengan bale ingajoen padasan keri kanan djrambah pinalester resik pinaranten parerenan gon asalat
76. bakoepon inggil atawang darane sedaja poetih andjeprah lagja pinakan sang seh tanja mring Noeripin lah ta apa poeniki ki Panoerta dalemipoen Noeripin atnerira dede poenika kang kori Basarodin pan pengoeloe wismanira
77. mangke pan wetan poenika
sampoen tjelak saking riki noelja ladjoe lampahira arerasan toeroet margi Noeripin mratelani sedaja patakenipoen wismane pra sentana kadang koelawangsa sami mjang soedagar kang soegih-soegih sedaja
78. dene wismane pra kadang samja madoe resa pinggir kinarja pengawat-awat wewaton prakoseng tamping Soeardja wismaneki padon ler kilen djro doesoen Wira-doesta ler wetan ki Panoekma pan wismeki kidoel kilen ki Panamar kidoel wetan
79. woeragil ki Koela-wirja
wismane tjelak ing kori korine djeng kjai ngarsa noenten salebeting kori wismane poetra kekalih 1) Djajengwesti kilenipoen kang wetan Djajengraga dadya djeng-adjengan kori kilen wetan lawang korine kinembar
80. noelja ladjoe lampahira toemingal langening margi sadjake padesan ardja kang warnane kang²) metoeki momotan djaran sapi kang gegendung amimikoel ajom margi tan panas dening kitri pinggir margi sentoel djering pring woeloeng eso lan salam
81. kadang kapapag djodangan sinamiran serbet poetih
aseloer rakit sasrahan goemaroedoeg djaloe estri anandang sarwa adi kang anem birahi besoes lakoene keletjeran³) oengkoere kapetoek malih ing penganten woes wajoe wajah sepasar
82. Noeripin akoetawelan andennimil toeroet margi djodangan ingkang kepapag sasrahane ki Moekidin besane lan Noerngali inggih sami soegihipoen dene penganten loeas wetanipoen ki Moekidin wisma ingkang kaliwat waoe poenika
83. wonten wong ngriki setoenggal soegihipoen anglangkoengi namanipoen pak Radjiah jen djakat emas sekati prandene lir wong miskin panganggene kloewoek-kloewoek saboek waloelang meutah oedeng loeas ting saloewir padinane pamere inggih mengkana
84. jata moelat rare dolan bengkat bikir tjirak oembris kang bentik samja gendongan goemeder weneh anangis mjat tanggapan salirning ambebarang gambang tjaloeng topeng lengger barongan wajang beber mjang karoetjil trebang menafeiiwali barang oera-oera
85. Noeripin lawan sang brangta
prapta nataring masigtt aresik rata adjembar kitri woeni Ian waringin pakel kawak kawan wit asem tandjoeng langkoeng seoeb djoge margi prapatan sajah keh wong mjang rarwelit4) gedrah ramja weneh djanma pepanahan
86. ingkang tegar kikiteran nglaroeg belo ambakali tinegar ngiras dagangan kang woes medem ngangkat njirig mjang kang lagja angradin djodjog tjongklange linadjoer amrih rikat adean akeh warnaning toeranggi ingkang kore tokol Kedoe Ian Kadoeang
1) langkoeng sawanda, kaboetjal: ke.
2) prajoginipoen: kang, dipoengentosi dening a.
3) prajoginipoen : kalentjeran.
4) prajoginipoen : rarjalit.
87. ki Woeragil Koela-wirja
angetingkrang aneng koersi sarwi pinikoel wong papat ingiri 1) santri rarjwalit panakawane ngampil rokok lopak-lopakipoen panah endong gandewa talempak Ian pajneng alit neng loehoering koersi sarwi ngoenda-oenda
88. emprit moeloek akalangan ambebles katon sabibis pengoendan pinontang ing mas selaka sinilih asih anoelja den-oeloengi pangoendan emprite moedoen gambret mentjok pengoendan kang tegar moedoen samjadjrih Koela-wirja angling tetegar toetoegna
89. noeja emprite ginoesah moeloek noentoeng ing waringin binaroengan rare katah kang ngoendamprit samja emprit glatik sami goelatik pan sinambi andoedoeloe djanma kang djemparingan . Koela-wirja langkoeng moekti sasolahe kadya poetra ing negara
90. njampinge saroeng peloengan
saboeke pelangiabrit rasoekan koetoengan petak rjestar koembaja koestabrit tjatokan amelipit pentjengan semada gendoeng gendoeng labet oegoengan ingoegoeng mring djeng kiai sasolahe karsane nora kepalang
91. sang moneng aris ngandika sinten poenikoe Noeripin noenggang koersi ngoenda-oenda emprit kadya rare alit Noeripin matoer bisik poenikoe woeragilipoen djeng kjai pan poenika ladak tan wonten den-djrihi jen oeninga mring koela ladjeng sembranan
92. djenggot koela goeng sinebrak
goer-anggoere djewer koeping pan anjakitaken awak mawi enggal nimpang riki korine ki Sebagi djoemeneng ladjeng neroetoes lawang kori piambak piambak awarni-warni kir-oekiran poelasan areka-reka
93. moeng oenda oesoek kewala sadjake kori pan sami mawi bale parerenan saben-saben lawang kori padasan nganan-ngeri bakoepon inggil lir panggoeng peksine roepa-roepa wonten remen dara gambir weneh topong telampik tjelep Ian megan
94. swarane peksi ingonan
derkoekoe poeter ngalap sin betet nori djaka-toea gemak djago lan goelatik djalak mentjo soelindit prekoetoet manggoeng moenja koeng tjoemengkloeng neng gantangan semoening desa saja iri sang mong woejoeng soemedot kadaoet ing tyas
95. karaseng sesananira
doek meksih moektyaneng nagri toemingal ardjaning desa tan pae lawan negari randat lampahe sarwi awaspa sinamoer-samoer mjarsa gamelan raras salendro mjang tjara Bali ingkang pelog panaboehe lilirihan
96. kang moengel amoeng titiga gambang rebab lawan soeling nora dompo wiletira sarantjak tangkepe sami oenine gong ngagengi andoele Bima goemoejoe ngalep-alep ngoemandang saron imbal oekoer djawil beming kendang soementeg irama lamba
97. sang moneng alon ngandika marang sira ki Noeripin dene poeniki kang desa pamoetihan gama soetji keni gamelan moeni lah poenapa sababipoen Noeripin atoerira wonten dene ingkang mawi inggih saking djeng kjai Baji Panoerta
98. saking ageng makloemira kamoekten tan den-larangi toewin kasabing padjiwa sakedahipoen doemoegi ing sedoesoen poeniki sangkep penggaotanipoen mapan wonten sedaja dalah dalang topeng ringgit tledek badoet niaga sami gegria
99. mila sangsaja agemah woes katjeloek ingatebih tebin katah sami prapta doempil moepangat djeng kjai Baji Panoerta nenggih sabar mot among amengkoe mitoeloeng ingapapa peparing mring pekir miskin sedesa pan sami kinoela-wisoeda
100. tan ana sinoengan rengat peradah ing bodja krami rahab abetah moemoelang mring awon pened geng-aiit kang ngalap woelang sami sinami talatenipoen tan ana kang bineda mila wong sedesa sami adjrih asih anggepe ambapa-biang
101. marma wong wisma sangsaja katah wit dangan met melik apan sarwa sarwi ana
Ian malih tjelak pasisir gampang pamboeangneki latnoen wong. adol tinoekoe mila tiang sedesa tan ana kang kirang boekti sawawrate pan sami tjekap sedaja
102. dene ki Baji Panoerta pan woes saengga boepati kelangkoeng moekti wibawa keringan ing kanan keri toewin sagoeng boepati anggepe ambapa toehoe dasar woes masoek sama angalap ing lahir batin ing kawroehe djeng kjai Baji Panoerta
103. boten songar samoedana wateke djeng kjai Baji saben mjat tiang melarat ketjoepetan ing ridjeki djeng kjai merbes mili awelas noelja tinoeloeng paring sandang belandja angger toemingal wong miskin madjadipoen poenika kjai anggombal
104. prandene wewah-mawewah kirang pirsa ingkang mawi sang among koeng lon lingira lajak poenikoe kang mawi welasan ingkang sami mring wong nista kinarja joe Djamal Djamil andjawab mring Noeripin anakeni gih poenapa boten wonten wong doerdjana
105. dene ronggeng andjelanah wong adol tike weradin pekoempoelaning wong ala Noeripin naoeri aris wikana kang amawi tan wonten djalma lam pah doer katah tiang doersila jen sampoen wisma ingriki pan rahajoe ilang doersilaning dria
106. pan meketen kang timbalan nenggih djeng kiai Baji soen dongaken maring Allah sakehe nak-poetoe mami moega sinoenga eling tjoekoeling boedi rahajoe ajwana dora-tjara doersila kang lakoe djoeti malah mandar pada rahaba sembahjang
107. limang wektoe kang kewasa pira-bara jen netepi moeng selamete kewala atine kang maring betjik segawe-gaweneki anggere boedi rahajoe ikoe djeneng ibadah ia penggawe kang betjik Hanging kabeh karepe koedoe sembahjang
108. sabotenane sembahjang djoemoeah salat ing masdjid mekoten tiang sedesa nadyan teledek gih sami datan maksiat boedi Djamal Djamil mantoek-mantoek jen mekoten oetama mangoenahe djeng kiai ki Noeripin ngling gih-inggihane oega
109. gih malih koela akanda randa Wana-marta ngriki medjoe sami apepasar mring Sobrah pasare legi wong Sobrah angremeni sanget kedanan anglamoeng marang randa poenika ngantos ngetoetken mariki prapteng ngriki tyasipoen mantoen kedanan
110. nadyan wong doerdjana niat memandoeng-mandoeng ingriki jen woes malebet ing dadah manahe tan ika-iki doemadakan tan apti ilang niate memandoeng bandjoer sandja kewala mring wong sanakipoen ngriki woes mengkana mawane" ing Wana-marta
111. Djamal moewoes inggih talah golonganing desa wingit tan kena kambah ing tjorah Djamal Djamil angling malih dika kantoen neng riki
sakedap koelarsa toekoe kepengin sega pindang noelja djadjan wong kekalih srabi poetoe djenang sega rames pindang
1) prajoginipoen ; ingiring.
112. atekoel patoekon mirah
wong roro woloelas doewit mengkana seh Amongraga ladjoe manengah samargi margi anggoeng ningali katah wamaning pandoeloe wong loemampah seloeran mandah 1) jen noedjoea paing saprandene 2) asring nimpang ing pegagan
113. Noeripin matoer atedah
poenika lawange kori djeng kjai Baji Panoerta korine pan toenda katri tan wonten kang njameni inggih pasang rakitipoen Amongraga toemingal noelja ladjoe mandjing kori kendel aneng wisma kampoeng pananggelan
114. kampoeng dara gepak pelag pinipil patra angremit toempang sari pamidangan dada peksi soendoek kili singoeb ingoekir apik pengapit lis-lisan aloes sirap gendeng beranang woewoeng tjenting oekel pakis emper tjangtjoet tjoekitan danjang roeroepan
115. oempak tjetjanden simbaran
bebatoer den-palesteri aresik kang pelataran kanan keri den-tanemi tandjoeng kawan wit sisih den-ploek gebjog keliripoen gapit boeled lis-lisan kiwa tengen pantog kori nira wetan kilen samja djeng-adjengan
116. kori palengkoeng rineka kaloewoeng angebeb warih laboer ingoekir loengloengan oendak-oendakan arisig kinembar-kembar rakit kelir tepoeng kori ngajoen pisan kampoeng belaka lis-lisan pinoelas asri sawetaru ingoekir tjeplok kembangan
117. samja sirap gegendengan angger saben lawang kori kiwa tengene padasan lawang paregolaneki samja pinipilpipil pilar mjang sesakanipoen pipi koepoe taroengan taloendag tambem (?) ingoekir mjang belandar pengeret oekir-oekiran
118. kiwa tengen tinaneman sawo djadjar kawan sisih gebjog kelir pantog lawang kori tengah tan paeki kelir kang kilen kori sawidji lawang palengkoeng kembang laboer poelasan ginapoera lit kang kori masdjid dara gen teraweh pra sentana 119. moeng kadang warga kang ngambah sembahjang siang mjang ratri resik kinoebeng baloembang baloembang mili awening andjog angapit kori toeroet pinggir gebjog ladjoer toja aserewehan toemoempang pasiten gasik para desa geng-ageng tan mengkanaha
1) prajoginipoen: mendah 2)
prajoginipoen : soeprandene
120. daleme Baji Panoerta
kang waoe kang angjasani katah boepati oetoesan paring wragad mjang oendagi kadang mriksa pribadi kang woes samja bapa toehoe miwah para nakoda 1) ing pasisir samja prapti mjang priaji ngabei lan poetra-poetra
121. 2) dalem pendapa petjak woloeng dasa lambang sari
kang kinarja kajoe sana belandar takir ingoekir singoeb mjang dada peksi sesaka ingelis aloes bebatoer palesteran ompak sela pik ingoekir djaga satroe kampoeng pandjang tinalangan
122. kineket lawang panirat
ing dalem geng tawon boni ginandok-gandok limasan ingarsa kori geng lempit djanela 3) krepjak ngapit linis panil tangkebipoen triiis talang sroemboengan woewoeng laboer lis ingoekir tirahira djembangan toetoep kinembang
123. boentaring woewoeng pinatra trap andjentir ngoekel pakis pinoelas aloetoeroetan pepajon sinirap sami gendeng soemringah abrit sedaja pagrianipoen geng alit ginendengan latar tinaneman kitri kang saparik pelem gandik dodok 4) krasak
124. sengir santog madoe bala saparik djamboe bang poetih kalapok 5) aroem dresana toemroena sawo saparik soring djanela kitri patjar Tjina sekar maroem djembangan geng ngingonan wader kok djelebrah abrit sadjembangan beranang ngapit panirat
125. jata waoe sang abrangta neng pananggoengan alinggih Noeripin aris toerira Dalem kendel koela mandjing ngoepaja santri Loetji bade koela ken soeng weroeh dateng ki Djajengraga jen boten mring Djajengwesti salah sidji singa ingkang kepanggiha
126. sang mong wingit angandika sakersanta ngong oemiring ki Noeripin sigra mentar prapta ing djro angoelati dangoe datan pinanggih jata waoe kang winoewoes Djajengraga neng wistna wismane apik goemrining nora gede tan tjilik apan sebetan
127. loemadjang gandok kampoengan pendapa sami lan wingking petjak seket sasoer magak singoeb pinatra aremit blandar serong ingoekir soendoek kilt linis aloes saka patra patrapan oempak tjanden sela langking djrambah batoer pinalester djodjobinan
1) prajoginipoen : nangkoda.
3) prajoginipoen: djandela.
4) prajoginipoen : dodol.
2) kirang sawanda, katambahan : kang.
5) prajoginipoen : kelampok.
128. emper longkang tineratag
ingarsa kewala asri rinambat anggoer ngrembaka pinarate ginaribig aloes pinoelas apik pinerada loeng winengkoe keteb gendeng tinalang ijagaking talang ingoekir kori lempit tebeng patra paperadan
129. ing panirat bale pelag benet papradan serakit ingrikoe 1) paneratan kilenipoen masdjid alit goemarining rekaning rakitnja lir masdjid agoeng saka goeroe giligan dinanjang kang soendoek kili linis boelet pangimanan mimbar endah
130. kiwa tengening panirat koelah geng kinembang adi pinoelas-poelas rineka ingingonan wader abrit djlebrah beranang asri gebjog pager keliripoen tinoeroet sesekaran samja djinembangan beling latar kitri sawo lan djamboe dresana
131. wetan mendapa2) gedogan penganten koedanja kalih sawidji kore dawoek bang lan daragem Margawati mengkana Djajengragi kang raka rawoeh inretamoe lenggah aneng pendapa Djajengraga ragi pinggir ingkang eler lan kang garwa woerinira
132. selir titiga sor ngajap kabeh joe koening goemrining Djajengraga ngoere rema rema teles mentas goenting kaloeng pasatan poetih sarwi gebeg tekonipoen mentjeret kilah-kilah ginebeg ing serbet poetih apan sarwi oedoed kaloekoek Benggala
133. njamping kawoeng latar petak peningset woengoe waloelin doewoeng ingampil selirnja destar prang roesak kelitik ebro 3) moepoek inginggil djrih ing raka koermatipoen Djajengwesti alenggah kelasa batoe pribadi njamping saroeng kembang Tjina kakelengan
134. apeningset gedog djenar rasoekan djoebah sembagi biroe tjorak kembang tiba arangkepan takwa poetih destar modang apoetih semada masem asemoe sarwi ngasta oekiran dereng pinatjak ing keris sarwa sedeng wangoene ginebeg gilap
135. saosan patean ngarsa mjang tenongan isi manis Ian dadaran djing-endjingan djoeadah ledre soerabi gemblong lempeng Ian wadjik djenang tjara bikang poetoe wedang kopi Ian poehan neng ekan redjasa poetih oelam dendeng bakaran kandel gcpoekan
136. ngajoen kantor panoeratan mjang rekal kitab tan tebih tepsir djalalon 1) 2) kitab sitin asmra-kandi pekih mjang soeloek bajan mani soeloek kadim kang tinoeroen kang ngadep ngarsanira santri wasta Djalalodin sing Kalangbret warti pened swaranira
137. lawan wong masah gendewa njoegoe deder nglar-elari djemparing kinarja lesan mjang mranggi lagja njawangi kadjeng timaha kendit miwah wong akarja toeloep lawan kang masah gambang dalang niaga penjoeling den- 6ntjoken neming gender rarasira
138. kang raka aris ngandika mring kang raji Djajengragi para iki nora djamak akeh kang sira demeni tan mamboe trah ngoelami lir wong negara angkoehmoe sabarang rinemenan gegaman gamelan moeni ikoe rada setitik tjegahing sarak
139. Djajengraga atoerira inggih saweg pareng oegi soenat parsing maksiat kang raka mesem naoeri soen badene sireki maoe kaja nora soeboeh pratanda ramboetira teles tilase ketawis
1) kirang sawanda, katambahan: kang.
2) prajoginipoen: pendapa. 3) prajoginipoen : abra.
Djajengraga sarwi goemoedjeng toerira
140. noewoen adjrih ing doeraka boten nedya angepoti owel pot wektoe palilah kaoela tos-atos jekti teles koela poeniki
inggih bakdanipoen soeboeh Djajengwesti ngandika marang ni ken Rarasati apa njata bok ipe mengkono oega
141.Rarasati atoerira semoene wedi awadi doeka sampean poenika datan soemerep ing latri naming gadjeg meningi denja siram lingsir daloe inggih soeboeh sakecjap bjar endjing asiram malih doegi koela angrapehken belo anjar
142. kang raka goemoedjeng sarja ningali mring Djajengragi kang raji goemoedjeng latah Djajengwesti angling malih pinter ipekoe iki mitjareng pasemon moenggoeh sira sawengi pisan nora toeroe pidjer nitik Rarasati esmoe ngoso pagoedjengan
143. lah inggih boten kadosa padoeka andangoe jekti kaoela matoer pesadja wekasan wong den-pojoki kang raka mesem angling nora mengkono soen ngoengoen ledjemira anjata belone ikoe kang endi Rarasati matoer ingkang djangdjan djenar
144. tjetjaloeng tjalon watangan pada wedana respati koetjiwa idep ngoesoemba pandoegi' koela tan kenging katjentok ing kendali tan wande ngalenggak ambjoek Djajengwesti denira goemoedjeng sarwi noedingi mring kang raji Djajengraga-saja latah
145. sarwi matoer mring kang raka padoeka poenika inggih dateng bok tjilik doek anjar tinoempoe ing siang ratri jen sira goetoek idji sing 1) kalingsir wektoenipoen koela ngantos awelas mring bok ajoe agring kingkin tan milaloe maring bok tjilik kewala
146. baja-baja ngoer kaoela kang raka ngandika aris lawan sira angoer ingwang ger goemoejoe sedajeki kang ngadep aneng ngarsi ingampct djrih goejoenipoen Djajengwesti ngandika sarwi angoendjoek wedang tih saking endi tekomoe dene prajoga
147. kang raji matoer poenika saking sederek pasisir ki djoeragan pak Djoemilah ing Tandes kang komoek soegih genipoen melarangi Tjina prasanakanipoen Tik Jan Koan wastanja kengingipoen den lambangi kapal kore lan lapak prabot selaka
148. dene wontene ing koela saking pak Radjiah ngoeni noedjoe mring Tandes rerasan pak Djoemilah arsa panggih doemateng djeng kiai agemet pitakenipoen milawang mring kaoela soemerep jen koela asring remen teko mila tekone poenika
149. kinintoenken pak Radjiah soepados katoer ing mami sareng kaoela oeninga ing teko boengah tan sipi koela dereng oedani kang darbe kadi poenikoe teko kaliwat langka lekanc kebak anjoeri kalih dening raosing ten mindak etja
150. kang raka mesem ngandika lajak bener toermoe jaji mara tjobanen sedela goepoeh kang raji ngladosi
1) prajoginipoen: djalalon.
2) kirang sawanda, katambahan : lan.
1) prajoginipoen: sring.
wedang panas miranti teh tjoan amoeng sesoeroe Rarasati anjandak tjeret tjinoerken aririh apan moentoek metoetoek koekoes angambar
151. woes sinoetji tjangkirira petak toetoepan serakit kang teko noelja ingasta namoeng amot rong tjangkir til goemoedjeng Djajengwesti dene satitik motipoen madjad pat tjankir ana teko den iling-ilingi leka njandi akebak njoeri narantjang
152. ingoendjoek wedang teh tjoan
setengah tjangkir ngling aris ia bener toetoerira ngong doeroeng pati paham tih beda lawan sireki rasaning teh tan keliroe Djajengsaga toerira inggih kasinggihan oegi lamoen itjal mjang petjah teko kaoela
153. temtoe medot tan wedangan kang raka goemoedjeng angling ikoe titik rada tjegah oedjaring wong ahli wirid gegedening rasekoe ²) tan kaja rasaning elmoe tokide mangkonoha moetoeng matoeng marang elmi amal tama mrih metoe mangoenahira
154. ia wong ikoe jen kaja pama pelem dodol wangi doek lagi koemaropokan ketjoete anjempaloeki mangsane woes mateng wit neng barongsongan adaloe rasane asor kilang ia jen mengkono jaji jen lir pelem kepodang ketjoet kewala
155. mentahe matenge pada tan petjat ketjoete meksih mengkono oepamaneka ing wong aoerip poeniki koedoe angeling-eling Djajengraga matoer noewoea inggih moegi sageda woelang padoeka ing elmi Djajengwesti aris malih angandika
156. endi santrimoe kang anjar djare" betjik swaraneki terampil amatja kitab kang raji oematoer inggih poen Djalalodin saking Kalangbret pinangkanipoen saweg waoe kewala endjing gen koela nimbali lah ja mara tjoba konen matja kitab
157. noelja pinaringan kitab kang sitin asmara-kandi Djalalodin atoerira noewoen-noewoen noehoen adjrih ajwa sira djrih-adjrih apan wong talaboel ngelmoe koedoe kerana Allah pineksa ki Djalalodin dangoe-dangoe Djalal atoere sendika
158. lekas ta-awoed pasekat kir-ate rada petitis oelone semada serak daredeg merkoetoek sedil anggagro semoe adjrih nodja kinen swara seroe sinangetken swaranja lekas matja bismillahi arahmannir rakimi alkamdoe lillah
159. soen amiwiti amoedja moedji aneboet namaning ing Aliahoe ingkang moerah ing tlonja asih ingakir sakehing poedji-poedji kadoewe Allah kang agoeng rabialngalamina Pangeran ingalam kabih noelja walngakir batoe liimoetakina
160. oetawi moeljeng akerat moeljaning amal kang salih paedahe dalem doenja tertamtoe mring djeng pra nabi lan aoelia moekmin
wasalatoe wasalamoe oetawi rahmat Allah ing tyas moekaranah adjrih maring Allah kang tjengeng soemoengkemira
161. ngala sajidin Moehammad wa-alihi waskabihi ingatase nabi kita Ian sakoela-warganeki mring sakabatireki kala saekoel imamoe al-adjaloe djahada ibenoe Abinasari ibenoe Ibrahim asmara_kandtan
162. rahmat oellah ngaleisam
tegese pangandikaning wong toea kang dadi iman kang aran Aboefaesi kang anak Binasari Ibrahim mas mrakandioe pan ing sipat Moehammad ingkang sinoeng rahmat dening ing Allahoe atasing nabi Moehammad
163. masalatoen ida kila laka ing tegese iki lah tatkala tinakonan ing sira ma-al imani Ian kaja pa sireki makoel bihi paldjawaboe mangka ing djawabira lapal amantoe bilahi Tangala ing tegese ngandel ing Allah
164. lire pengandel poenika ing wamalaikatihi wakoeloe bihi poenika kelawan wa Rasoelihi wal jaomil akiri wal kadri keri wasaroe minallahi Tangala swarane ki Djalalodin amberabah erak-erak rada kial
165. jen masalatoen amapan saboeke dipoen-kendoni ambaledeh wetengira ngangkat masalatoen malih swarane den-kentjengi ketjiliken nora tjoekoep mati pangelikira leren swara den-gedeni masalatoen woes pakolih ing likira
166. jen moedoen gede tan njandak anggalerek ngelokori anibeter goelne gondokan bekoeh ah eh golek oeni kang sedeng gede tjilik sroea djoedel swaranipoen rengkodan sangga oeang ngiwa nengen ngolah-ngalih ken solahe atimpah-timpoeh sidoea
167. angoelet semoene wegah kaprie mengkene oegi serete nora kedjamak Djajengraga ngandika ris mara lekasa ngelik lah antepen soearamoe Djalalodin anoelja pineksa sanget angelik masalatoen sroe anggembor wedoes domba
168. otote aprekenengan goeloe medok amoetjitjil batoek iroenge beranang kringet koemjoes mrebes mill angeden wangsoel wiwit mantoek pret kapentoet-pentoet ger ginoejoe ing katah goemjoek goemjak hih hih hih hih hah hah hah hah kepingkel-pingkel barengan
169. niaga goejoe leh babah noedingi pating teroeding Djajengraga latah-latah nora kojoa sireki kanti kaja wong djoerit djarene betjik swaramoe dene aparongkolan ting geloetoek tan pakolih saja soemjak kang goemoejoe tjoekakakan
170. ki Djalalodin abias kelangkoeng denira isin sarwi matoer inggih talah sabenipoen tan kadyeki. doegi koela kang mawi wonten ngarsanta tan metoe saja dadya pagoejwan
sedaja kang namboet kardi bok woes moepoes ki santri dasarmoe ala
171. ni ken Rarasati denja goemoedjeng tan pati moeni ragi ewa kesoekeran swarane ambaledegi 1) selir tri ting tjoekikik tjat-tjatan samja djrih seroe Djajengwesti denira goemoedjeng oekoer geligik sarwi alon angandika mring niaga
172. lah mara Widi lekasana 2) entjokna neme kang endi lehira anglaras gambang gendermoe grimingen titik ia djineman djengking si Tjerma-sana kang soeloek soelinge Toendjangkara matoer sendika anoeli lekas ngelik djineman djengking toendjoeng bang
173. swaraning dalang alebda ngentoel-entoel wiletneki gender njamleng anjaloepak soeling wratsari abening ginariming goemrining Djajengraga meloe soeloek aroentoet swara saplak amembat wilete sami kadya emprit ingoenda reboet toengtoengan
174. woes doemoegi elajana moeng sairama noeli wis iramaning sara joeda Djajengwesti ngandika ris sedje rasaning ati ngroengoe singir lawan soeloek pan adoh sebatira soen datan pati njoeroepi marang gending namoeng sesendon kewala
175. nora pati kaja sira dasar karep maring gending jen adja wedieng rama dalah djoged sira wasis anopeng beksa rangin ia ketara solahmoe Djajengraga toerira inggih poenika sajekti jen sampoena djrih rama lawan padoeka
1) prajoginipoen : ambalebegi.
2) langkoeng sawanda, kaboetjal: na.
176. kelampahan dados dalang
ioerah tjengkoeng toekang ringgit kang raka mesem ngandika noelja ni ken Rarasati mring raka matoer aris sampoen siang wantjinipoen koelarsa saos dahar Djajengwesti ngandika ris mengko bae bok ipe sedela engkas
177. Djajengraga ngling mring garwa
loroden dadaran sami paringna kang namboet karja den werata sedajeki noelja dipoen-tjariki pinaringken sedaja woes kang samja aneng ngarsa Djajengwesti aningali marang kang ginarap mring toekang sedaja
178. noelja aningati kitab ibnoe Kadjar den temboengi pepetikan saking kitab toetoelisane kang raji tinoemrap dandang gendis lagja angsal tigang poepoeh linimbang roedjoekira Ian babon kitab ibeni Kadjar datan nalimpang moenggoeh ing moerad
179. mindak dangan raosing bab
pan winastan soeloek kadim Djajengwesti Ion lingira ja woes bener iki jaji tan ana kang ngontjati rasaning moerad woes tepoeng noekil ing kitab baka ko arani soeloek kadim toetoegena lan bajan maote pisan
180. kang raji noewoen toerira inggih padoeka idini kang moegi angsala sabda padoeka kaoela poendi kang raka angantoeki lorogan kantor dinoedoet
katah ingkang djilidan korasan kertas akodi wonten kantong sawidji biloedroe abang
181. sinoentak isi derekan ting galoendoeng tigang rakit kemiri pidak abenan lemped tjontang lawan gambir ambete den oekoepi koetoeg sekar tjampoer bawoer kang raka esemira arendet nora kedoegi Djajengraga toemoengkoel njana kedoekan
182. kang raka alon ngandika geseh temen sira iki doedoe tabiat soenatan menganggoeran kang tanpa sil moeng sidji iki jaji karepmoe ngong nora remboeg lapal djale napsaka djaenabil maksiati doedoe paes-paesing kerana Allah
183. lah ikoe paedah apa kemiri pinetri kadi djimat makoeta Soeleman gawe kaslioning boedi tabiat maksiati tanpa moepangat ingilmoe kang raji anor raga kelangkoeng denira adjrih arsa matoer tan woen dinoekan ing raka
184. kang raji ngatoerken kitab ing 1) raka anocwoen sih soepaja ingapoeraha kitab markoem djilid a 1 it bajan mani maoti baka toenggil djilidipoen kang raka roem lingira iki prajoga binoedi sampoernane ing tekad rnaring kasidan
185. kaja ta sawidji ajat iki al insanoe siri wa-ana siroehoe lirnja walkajatoe biia rokin insanioen birakin koeloe sai-in wadhahoe ikoe ingaken toenggal Hanging nora toenggal jaji sabab dening akadim kelawan anjar
186. kadim oerip tanpa njawa anjar oerip Ian njaweki moenggoeh pangandikaning Hjang sineboet sawidji-widji wadhahoe ikoe jaji ia senet ingalemboet lemboetlemboeting agal agal-agaling aremit pahoea ila lioea heroehoe lirnja
187. ia ikoe iki ika doedoe ikoe ika iki nanging ia nora lia saking ikoe ia pesti mengkono ikoe jaji manira doeroeng goegoeroe doega-doega kewala doeroeng winoelang djeng kjai Djajengraga lega mjat kang raka ledjar
188. jata waoe sang abrangta adangoe denira nganti ki Noeripin mandjing medal ngoepaja mring santri Loetji masdjid geng tan pinanggih kepanggih neng masdjid mangoe anoelja winartanan lingira ki santri Loetji ing betjike sira dewe pepanggiha
189. kelawan ki Djajengraga ia t'oet-woerieng kami ki Noeripin saoerira sakersanta ngong oemiring loemampah wong kekalih Djajengraga wismanipoen panoedjoe akalihan Djajengwesti aningali soeloek kadim kagjat kalaning toemingal
190. santri Loetji kalanira kelawan santri Noeripin sigra denira anjapa paran karja dene gati apa ngoetoes sireki
mring djeng kjai dene goepoeh santri Loetji toerira wiosipoen toer oedani pan ing djawi wonten wong arsa panggiha
191. inggih doemateng padoeka poeniki adi Noeripin jektosipoen kang ambekta Djajengraga moewoes aris marang santri Noeripin santri teka ngendi ikoe dene wanoeh lan sira Noeripin oematoer aris inggih santri poenika saking ing Karang
192. kados dede santri para
tingalipoen santri moerni awasta sen Amongraga doek wingi neng wisma manii kaoda tetakeni akoembi tan pati koedoe kekalih rentjangira pocnika koela tan njani teksih ngemoe wewadi boten pesadja
193. Djajengraga angandika
mring kang garwa Rarasati wong kabeh kang namboet karja konen soemingkir karijin sadangdanane sami ajwana ingkang kedoeloe ikoe doeroeng amangan pada ingonana sami aneng kampoeng wingking den-roemat sedaja
194. kang garwa matoer sendika liningan kang namboet kardi sigra boebar sami ngiwa galetekan den-oesoengi djoemeneng Djajengwesti kinen nata lampitipoen Djajengraga parentah mring wong rentjangira sami angresiki kang pendapa sinaponan
195. Loelji lan Noeripin gepah
tata palenggahan lampit kasah aloes ginelaran klasa batoe wiar poetih Djajengwesti ngling aris lah bok ipe sira ikoe moendoera marang wisma angertenana tjetjawis sa-anane sadidik 1) ingkang prajoga
196. abener gonkoe semaja kaja ana kang inganti kang raji matoer sendika loemebeng wisma sesadji raka ngling pajo jaji konen angoendang dajohmoe kowe kene linggiha matoer sendika kang raji noelja noedoeh mring Loetji Noeripin agja
197. lah den-aglis atoerana ajwa kesoewen neng djawi kang liningan sigra mentar Noeripin Ian santri Loetji prapteng djawi woes panggih santri Loetji kagjat doeloe maring kang waoe prapta djatmika semoene wingit woes anerka jen doedoe wong ala-ala
198. Loetji matoer daweg enggal padoeka dipoen-atoeri inggih dateng Djajengraga lan kang raka Djajengwesti goepoeh kang sinoengan ling jata Djajengwesti waoe Loetji saoengkoerira angandika mring kang raji kaja-kaja jaji dajohmoe prajoga
199. dene sadoeroenge prapta tyas ingsoen woes angroedjoeki ki dajoh santri ing Karang bade amagoet ²) ngelmi para den-ngati-ati dajoh kang sedya papanggoeh mring djeng kiai bapa kang raji oematoer inggih lagja etja rerasan ki Loetji prapta
200. matoer mangke kedatengan kerid kendei aneng djawi leres Noeripin toerira
awingit kang bade prapti tjahja apinda sasi djatmika anteng aroeroeh kados anamoer koela solah bawane ketawis Djajengraga Djajengwesti sigra mapag
201. Djajengwesti lon lingira mring kang raji Rarasati ni ipe bok ajoenira Toerida konen mariki kekoeranganireki moendoeta mring bok ajoemoe karo angladenana sendika ni Rarasati santri Loetji mit mentar marang ngadjengan
202. Djajengwesti Djajengraga denja ametoek woes panggih sang moneng aoeloek salam agoepoeh samja naoeri aris angatjarani ingatoeran goepoeh ladjoe neng pendapa alenggah woesnja djawat tangan sami lenggah tata Djajengwesti anembrama
203. kakang padoeka katoeran sarawoeh toean neng riki sinten kang sinoedjeng basa lawan poendi kang kawingking naoeri kang sinoeng ling temboengira manis aroem kaoela saking Karang dene kang soedi mestani doek neng Karang wasta ki seh Amongraga
204. nenggih ki ageng ing Karang ingkang aparing kekasih Djajengwesti atoerira paran karsanta mariki Amongraga naoeri marma prapta jektinipoen kaoelarsa panggiha doemateng kangdjeng kiai lamoen pareng jekti arsa poeroehita
205. ngrasehken kawroeh kang njata kepentjoet kita miarsi wartine saking ing Karang ramanta sarwa winasis marma tan etang mami tebih-tebih kita roeroeh saking kasmaran mirsa goemoedjeng ki Djajengwesti sarja matoer mangsa borong kang wewarta
206. sajekti pan boten dora . anenggih rama kiai apan sarwa sarwi ana marma sagoeng pra dipati bang wetan ngalap sami mring djeng rama kawroehipoen tanapi santri tebah katah ingkang sami prapti ladjeng wisma awis kang poeroen mantoeka
207. kaoela sring darbe sabat . soetaning para dipati saweg samja mantoek enggal tan soesah dateng kiai pan kaoela pribadi sajekti ingkang moemoeroek wit pakening djeng rama goemoedjcng sen Amongragi witning soekoer jen jaji sampoen sampoerna
208. inggih boten soesah-soesah panggih Ian ramanta nenggih jata dangoe arerasan Djajengwesti ngandika ris mring garwa Ian kang raji bok ipe apa sira woes jen doewe sesaosan boeboetjoe teka sabiti ladekena sira maoe djangan apa
209. Toerida lon atoerira mring raka awidik-widik inggih kelan soemapala djangan doesoen tan prajogi rajinta Rarasati kang sesadji dangoenipoen kelan djangan negara Djajengwesti mesem angling ingkang endi bedane desa negara
210. matoer djangan pada-mara djangan doesoen inggih menir lah wis sira ladekena agoepoeh kang raji kalih
rampadan woes miranti sinaosaken ingajoen sedaja selirira ingkang samja ngleladeni sekoel boetjoe lan poelen petak las-lasan
211. neng pandjang giri mjang oelam petjel pitik djangan menir djangan pada-mara dara madep kang lagja memeti kileng-kileng akinjih opor bebek Ian betoetoe dengdeng goreng gepoekan gorengan katik goelatik empal abon dengdeng pandjen Ian soedjenan
212. age rempah mjang toem-toeman keroepoek basengek pitik sambel goreng sambel katjang lombok kentjeng lawan petis lalaban katjang tjipir ketjemeh terong mjang timoen berambang tempe mentah ketjambah goede kemangi kang rampadan sedaja piring lantjaran
213. woes tinata aneng ngarsa Djajengwesti ngandika ris inggih soeawi ki raka padoeka lekas wewanting pajo wisoeha jaji noelja samja atoetoeroeh Djajengwesti lingira mring garwa miwah kang raji lah Toerida lan Rarasati madjoea
214. akemboel boektia sisan ngalap barkahing sang tami kerana Allah kewala ngarah apa woes tan sigi adjang toewoengmoe endi wisoeha karo di madjoe kang garwa djrih pineksa noelja samja madjeng sami pan poenika rajinta kalihe pisan
215. moegi sampoen taha-taha ngaken rajintestri kalih sang moneng loentoer tyasira rinahab datan sinigi koemenjoet tyasira sih mring Djajengwesti soeh rempoe osiking tyas kang moega dadia djalaran ing sih nastidjaba sawabe ki ageng Karang
216. sakedik ragi tjawengah akemboelan dede moekrim tinahan ngetjani sarak noelja lekas kemboel boekti samja pikantoek boekti sang tarnoe tan pati antoek wetara moeng sesalak kalonge sekoel binoekti ketoewoeken denja lenggah tan bisobah
1) prajoginipoen : setitik.
2) kirang sawanda, kasambetan : ken.
217. denja nadah akemboelan
Djajengwesti goeng .anglirik mring tamoe osiking nala soen doega lawas wong iki tan kambon ing ridjeki saking brangtining ing elmoe Djajengwesti Iingira kakang den-nemen aboekti sampoen katah-katah ingkang pinikira
218. kaoela kang madangena ribede" poen kakang jekti ing mangke daloe kewala koela ambabar sedjati sasoerasaning elmi kang tan tfdeng Gatak-G|atoek rnesem seh Amongraga angalem sadjroning ati marang Djajengwesti lawan Djajengraga
219. wong iki jadak pesadja sapolahe amantesi satitik kakehan oembak ngegoengken jen soegih ngelmi mengkana ris naoeri inggih sampoen sanget toewoek lami koela tan kadya poenika gen koela boekti sakelangkoeng pikantoek gen koela nadah
220. katemben koela rahaban sami ajtemboel kendoeri langkoeng Ian takere saban Djengwesti naoeri inggih mitjareng djroning ati
ikoe apa woes togipoen semono tadahneka, apa samoedana lamis jen katoga atjitjik lir koetjing lara
221. lan adja kemboel lan ingwang
tan semono kroakneki kalong moeng sapongge badjang prandene wareg kepati koemlekaren aboekti batine tan pati koedoe saking brangteng Pangeran tjahjane soemilak wening matoer malih doeh soeawi kang pakangsal
222. tansah njaraken soemangga
Amongraga naoer inggih sampoen doemoegi kateda koermatipoen jaji kalih tan saged amangsoeli ingkang sih prananing kalboe Djajengwesti nor raga alon moewoes mring kang raji lah Toerida Rarasati angloroda
223. ia bandjoerna kewala
tjariken marang pawingking mring sabate kakangira wasisan lawan Noeripin noelja sami wewanting linorod kang dahar sampoen binagi woes werata Toerida Ian Rarasati woesnja tebah baresih moendoer mring wisma
224. arakit sadji dedaran sinaosaken ingarsi sekoel soesoe ketan kolak roedjak kopjor pisang koening doerjan kelawan manggis pelem lan doekoe kcpoendoeng djamboe sawo ramboetan salak semangka koeweni woes atata dadaran ander neng ngarsa
225. Djajengwesti ngling soemangga poenika pangoesap amis Amongraga roem Iingira inggih kelangkoeng ingkang sih sanget panrimeng mami noelja met sawidji doekoe
Djengwesti moendoet salak setoenggil dinahar manis Djajengraga tjekoh kokoh ketan kolak
226. Djajengwesti ris ngandika sirekoe rada mangani maoe bok waregi pisan dadi tan mindo gaweni langkoeng tawekalneki Djengraga matoer goemoejoe inggih kelangkoeng kemba jen mentas kaoela boekti kedah neda lelegi moeng ketan kolak
227. woesnja noetoeg adedaran Djajengwesti ngandika ris mring kang raji Djajengraga masdjid tatanen kang betjik sira adana dingin iki sedeng wektoe loehoer Djajengraga toerira inggih sampoen den-rimati ingatoeran seh Amongraga asalat
228. woes kering mring masdjid salat mjang Toerida Rarasati makmoem lawan selirira Ian Djamal Djamil Noeripin wocloe woes den-adani asoenat sedajanipoen Djajengwesti toerira padoeka kakang ngimani Mongraga ngling prajogi jaji kewala
229. boten prajogi poen kakang kang sepoeh ingkang ngimani noelja ki seh Amongraga kalihira anglegani sigra madjeng ngimani mengkana oesali perloe loemawan toemaninah nenelakaken kang tertib toetoeg denja salat loehoer bakda salam
230. peragat poedji-poedjian woesnja dikir doenga loehri noelja selawat salaman ladjeng kewala neng masdjid Toerida Rarasati dedaran kinen soemoesoel mring masdjid sedajanja
agepah kang para selir samja angoesoengi dedaran sedaja
231. miwah mawantoe njarnikan lah olahan ingkang adi Rarasati lan Toerida tansah ngladeni neng ngarsi kantos wektoe ngaseri mengkana sabakdanipoen Djajengwesti toerira mring Amongraga aririh prajogine kakang ladjeng mangilena
232. inggih dateng wisma koela sekedap sewang miranti jen sampoen kaweradinan tamian padoeka inggih ladjeng sami oemandjing saos mring rama wong teloe Amongraga anabda poenapa sakersa jaji koela derek kersane jaji kalihan
233. Djajengwesti lon ngandika mring garwa moeliha dingin tatanen aneng panirat Ian adimoe Rarasati dedaranane 1) iki gawanen ngoelon sedaroem kang kalong soelamana lan apa ingkang prajogi ia mangsa bodoa sira kang roemat
234. kang garwa matoer sendika noelja mantoek Ian kang raji ingiring pra selirira mangoelon sigra arakit papan denira linggih woes miranti sedaja woes jata tiga sang wirja loemampah mengiien sami neng panirat tan pae paesing wisma
235. reka-rekaning arengga arakit tan ngoetjiwani mengkana seh Amongraga ngatoeran ladjeng ing panti panirat denja linggih Mongraga raosing kalboe kadi tan ngalih gjanja esmoe goemoen djroning galih dene nora nana siwahe salingsa
1) prajoginipoen: dedaharane.
236. woes tata denira lenggah
sinarnbi dedaran adi
ki Noeripin atoerira kaoela anoewoen pamit mantoek mring wistna mami mapan ing Iampah woes katoer Djajengwesti ngandika sira jwa moelih karijin sesoek jen woes loemeboe sira moeliha
237. kerana ikoe menawa dinangoe mring djeng kiai analia kang matoer tjeta kakang waoene doen 1) prapti aneng wismanireki dadya titi patoeramoe pan ora ketanggoengan ngiras ladenana mami ki Noeripin sendika ing atoerira
238. Ian winarna solahira semana pan sampoen malirib jata noelja minggah salat neng masdjide Djajengwesti kang adan ki Noeripin sedaja ngambil her woeloe Rarasati Toerida miwah parestri makmoemi Djamal Djamil Djalalodin samja soenat
239. woesnja soenat poepoedjian astagpiroelali halalim min koeli danbin alima walajag piroe doenoebi ila rabil alamin sang wirja tri soenat sampoen Amongraga pineksa waoe kinen angimami santri Karang mokal lamoen tan gamboeha
32e Zang; dichtmaat: GAMBOEH.
1. Amongraga amoewoes
wadjib kang darbe wisma poenikoe angimami ngemoem kewala ngong jaji
Djajengwesti toerira roem boten poen kakang kemawon
1) prajoginipoen : doek,
2. bener tan bener ikoe
wadjib poen kakang titiang sepoeh Amongraga mesem naoeri aririh menawi katah kang loepoet galat temah ginagoejon
3. Djajengwesti oematoer
inggih kang boten-boten winoewoes mangke daloe kaoela ambabar ngelmi ki Amonggraga goemajoe sarwi madjeng ngadeg alon
4. ladjeng oesali perloe
langkoeng pasekat ing temboengipoen Djajengwesti Djajengraga woes oesali miwah kabeh ingkang makmoem noelja Amonggraga goepoh
5. woes amatja alkamdoe
awalira soerat koelja-ajoe noelja soerat ida dja-a akirneki oeleming swara amentoel kang makmoem kabeh andongong
6. Djajengwesti lan waoe
ki Djajengraga doek mjarsa getoen osiking tyas wong iki baja pi-api awade bae baliloe ngong doega woes poetoes kawroh
7. katjihna watjanipoen
toemembel bener oekaranipoen Amongraga toemaninahe atertib tahjat akir iptitatoen noelja salam nengen alon
8. asalamoe ngalekoem
warahmatoeiah wabarakatoeh asaloeka alpaodja bildjanati patakoe nasroel islamoe noelja salam ngiwa alon
9. asalamoe ngalekoem
warahmatoeiah wabarakatoeh asaloeka nadjata waminanari wal apwa ngindal kisaboe bakda salat lenggah timpoh
10. gja poepoedjianipoen langkoeng rahab sedaja kang makmoem woesnja noetoeg poepoedjian ladjeng dikir woes dikir andonga radjoek Djajengraga nasib alon
11-. ngelik sedeng swara roem bening goemrining alempeng empoek ala hoema sali wasalim ngalehi pagpir lana warkamnahoe walinian ja koeloe reko
12. tamat pendonganipoen noelja salawat salaman waoe Iadjeng soenat bakda ngangkat soenat wabin tigang salam atepakoer pamawasing kang waspaos
13. sampoening dikir soehoel amoeng Pangeran ingkang woes djoemboeh djoemboeh ing dat sipat asma apngalneki pagoet napi isbatipoen ing dalem kak tan kele"don
14. woesnja mengkana waoe wantji mandjing wektoe ngisanipoen noelja Djanial Djamil kinen angadani woes adan soenat sedaroem Amongraga meksih kinon
15. angimami poenikoe
Amongraga mopo pineksa woes ladjoe kewala ngimam noelja oesali agja patekah alkamdoe awal soerat kang winaos
16. soerat djoemoeah nenggoeh noelja soerat moenapek akiroe toemaninah tertibe sarwa oetami doemoegi ing salamipoen bakda poepoedjian rojom
17. dikirira asengkoed
woesnja donga ing aplaloe ²) Djajengraga tansah bcrag denja nasib kang amin rahab kelangkoeng sampoening salat 3) kang wong
18. sarta sesalaman woes
denira soenat bakda kang makmoem noelja moendoer moedoen pra santri lit-alit
kantoen sang wirja kateloe soenat witir tasbeh enggon
19. sampoerna tangatipoen
ladjeng manggen kewala neng tadjoeg tata katri denja lelengahan sami para garwa aneng poengkoer atjadang jen ana pakon
20. Djamal Djamil akoempoel
lan Noeripin Djalalodin tan woen lawan santri-santrine piambak sami Djajengwesti ngandika roem marang ing garwanira Ion
21. eh Toerida sirekoe
apa wis gawe sekoel senandjoeng rnatoer dereng saweg dipoen-reratengi sakedap engkas meh sampoen dedaran kang woes mirantos
22. ia saosanamoe
sa-anane ladekna kang moenggoeh lan tekone rinta gawanen mariki satenongane den-goepoeh kang raji matoer woes saos
23. garweng raji agoepoeh
angladeken patean neng ngajoen selir kang samja nampa doelang toep sadji kakarangan prapteng ngajoen Toerida lan raji goepoh
24. ingkang nata ingajoen
pisang mas djamboe kelampok aroem salak pakel koeweni doerjan Ian manggis pidjetan doekoe kepoendoeng srikaja lan pelem dodol
25. nanas keretan teboe
semangka djingga ketela gantoeng miwah olah-olahan kang adi-adi randa-keli rara-mendoed pipis Toeban pipis kopjor
26. sempora lemet pasoeng
gantal lemper Ian semar-linandoe plered gempol apan kopjor roedjak kawis tjlorot djenang pati sagoe djoeadah Ian djenang dodol
27. woes soemadji sedaroem
moenggwing piling lantjaran kang Djepoen
Djajengwesti alon denja ngatjarani soeawi kakang sang bagoes kerana Allah kemawon
28. sang tamoe lingnja aroem sanget jaji ing panrimaningsoen boten saged amangsocli genging kang sih kang raji kalih toeripoen kang botenboten rinaos
29. kaeela pan woes sagoeh amadangkeri kakang ribetipoen selot-selotipoen mangke sedeng wengi moegi sesamben karoehoen rajinta gjanipoen soegoh
30. noelja samja amoendoet dahar dedaran sakersanipoen. Amongraga moeng pisang mas saoeler til dinahar noegel ping pitoe goetoek toegel denja atob
31. Djajengwesti ngling kalboe nora djamak tjitjike wong ikoe lajak mingkoep oesoese amoeng sedami moeng gedang saoeler toewoek den-ondjot-ondjot ingatob
32. Djajengwesti tan antoek denja sesamben njamikanipoen Djajengraga dahar bikoet meratani tan winoewoes dangoenipoen Djajengwesti lingira lon
33. marang ing garwanipoen eh jaji gonmoe angliwet maoe liwet tambra gadjihe ajam kebiri pariksanen lamoen oewoes noeli ladekena kono
34. gja pinariksa sampoen rimat sedaja saosanipoen ni Toerida rerasan Ian Rarasati aneng wisma ting katjemoet samja ngoengoenira karo
35. Toerida ris amoewoes ja talah dajoh kae kelangkoeng djatmikane aroeroeh apik atjitjik wong mengkana kae patoet dadia pripean moenggoh
2 prajoginipoen : apengal laloe.
3 kirang sawanda, kasambetan : ing.
36. lawan selaminipoen
ki Djajengwesti toewin bodjomoe dedajohan nora kaja dajoh iki rahabe raket sedoeloer nora mamboe tembe toemon
37. tana sisigenipoen kaja ana kaleteking kalboe bebatangan bae besoek bade dadi ia paripeanatnoe Rarasati matoer alon
38. inggili kados poenikoe leres pembatang padoeka toehoe doegi koela tiang poenika angilmi jen mangke rerasan ngelmoe koela petek sami kawon
39. poen tamoe ingkang oenggoel ketawis tadjem polatanipoen sinagoehan semoenipoen woes ngandangi Toerida naoeri woewoes ajake ia mengkono
40. lah pajo wis mring ngajoen kasoewen jen kaselak pinoendoet para selir ingirid madjeng mring ngarsi anampa rampadanipoen dedaran pinire maro
41. boeboetjoe dinok ngajoen liwet tambra angalenga koemjoes djangan pindang soengsoem kare tjara kadji brongkos sambel goreng mangoet basengek pitik Ian opor
42. pes-pesan tambra paloeng besngek angsaran kalalen klaloeng gogorengan bontot boertjet katik giatik djohan derkoekoe tjoewtoen gangsir emprit peking bondol
43. dengdeng age betoetoe endog bekamal pindang tjeroeboek babad galeng seregan Ian kalak ati soedjenan keroepoek teroeng sroendeng empal ragi abon
44. sate pal empoek doedoeh lalaban terong kerai timoen sambel letok lombok kentjeng lawan petis ketjemeh lan pare weloet temoe poh katjang galeor
45. woes soemaos ingajoen kendel kang garwa sarwi akeboet Djajengwesti alon denja ngatjarani soemangga kakang toetoeroeh noelja widjik tojeng bokor
46. woesnja wewanting waoe kang garwa raji tan kena kantoen samja kemboe! kali ma denira boekti Amongraga poeloekipoen sawohing tandjoeng kang idjo
47. kinepel-kepel dangoe
nganti atos boender lir binoeboet tinakera goetoek poeloeh lan kang raji oetam moeng karoepoek teroeng kang dinahar lan temoe poh
48. denira dahar sekoel
liwet tambra namoeng patang djoempoet langkoeng tamban pamamahe nganti-anti anganti salemboetipoen tan aketjap ngeled alon
49. Djajengwesti andoeloe
sasmitanira sinamoen-samoen osiking tyas wong iki dasare apik tjitjike saking kepatoeh maoene kerep ngelowong
50. nadah saking keboetoeh soenat bae" datan pati koedoe ngoer dek awan rada keh kalonge kedik kalonging sega koer-oekoer moeng saendog ajam tjebol
51. Djajengwesti arangoe
rangoe denja nadah moeng andoeloe lamoen keraos etja denira boekti sedeng boemboene asengkoed mjat ing tamoe miloe kendo
52. Djajengraga asengkoed
denja nadah kokoh tjekoh bikoed rab-oeraban mjang djangan salin-soemalin winratan oelam sedaroem kanti kesocndoelan atob
53. pan teksih kokohipoen petis rinemekan abon remoes
Djajengwesti alon moewoes mring kang raji entekna adja kesoesoe mati pitikmoe berondoi
54. Djajengraga goemoejoe
ginoejoe mring garwa kang bok ajoe pan sedaja denja nadah angenteni semana woes samja noetoeg Mongraga kinen toetoeroh
55. sareng denira wisoeh
noelja linorod ambeng neng ngajoen woes tinampan para selir anjariki mring pamboeri sedaja woes Djatnal Djamil samja golong
56. denja nadah matekoel 1)
Djalalodin Noeripin atekoel nora taoe amangan lawoeh kadyeki samja angendoni saboek mentegmenteg lamboeng medok
57. sampoen penglorodipoen
dedaran malih tinata ngajoen Djengwesti ngling soemangga panoelak amis Mongraga moewoes kelangkoeng narimeng sih tekeng batos
58. Djajengwesti amoendoet
djeram keprok binelah kaoedjoer Amongraga moendoet ramboetan satoenggil Djajengraga sega soesoe ketan kolak nora epot
59. Djajengwesti goemoejoe dene djodjodangan sira ikoe bisa mrenahaken cnggoning lelegi koekoeh gandjane kerismoe kentjeng tan kena binetot
60. kang raji sroe goemoejoe sarwi matoer langkoeng kembanipoen boten mangseg jen boten neda lelegi lamoen kang olah bok ajoe sadengahipoen kemawon
61. saged doedoegi boemboe kaleresan tan wonten kang kadoeng dados katah etja raosing aboekti ki Djajengwesti goemoejoe pinter anggenah sireko
1) prajoginipoen: ngatekoel.
62. Amongraga amoewoes
inggih leres rajinta poenikoe lamoen sarwa sedeng boemboenipoen oegi raose sanget anoentoeng kaot piambak saadjon
63. Djajengraga goemoejoe
ambodoken padoeka poenikoe dene leres ta enggen koela mestani raka ngling andelna ikoe oleh babah gegem gatjon
64. Djajengwesti amoewoes
mring Amongraga wetjana aroem inggih talah tan njana kakang winasis tan kena ngaken baliloe katjihna gene memads
65. patitis kir'atipoen
aleres pandjang fan tjendakipocn Amongraga naoeri aroem amanis tetelad kang wees linoehoeng sajektine boten endjoh
66. batining moeng poenikoe kewala toengkoel pan oelah temboeng Djengwesti anaoeri dene akoentji angalingi kawroehipoen tan kinging angaken bodo
67. etja rerasan dangoe
sinambi dahar njamikanipoen sapikantoek denira angimbir-imbir ngrasehken raosing elmoe Mongraga kinaroeboet ro
68. Djajengwesti lon moewoes
Toerida sira karo adimoe wis tilaren nenga ing wismanireki nanging jwa sira atoeroe manira lagja tetelon
69. Noeripin bae toenggoe
tjereting anglo dimen kineboet ken Toerida moendoer Ian ken Rarasati Mongraga lega tyasipoen . tyas ledjar mari arikoh
70. Djajengraga oematoer
mring Amongraga temboengira roem "gong noenoewoen apitaken kang sajekti kang poendi woedjoeding elmoe tan papan tan toelis reko
71. koela selaminipoen
dereng manggih inirad 1) kang ginatoek ngelmoe kotong tanpa papan tan pa toelis moegi padoeka soeng toedoeh woedjoedipoen kang samengko
72. Mongraga mesem moewoes
jaji de aneh temen poenikoe kang tinakokaken sawoedjoeding elmi tanpa papan toelis ikoe kang kotong ingkang tinakon
73. ewed ngelmoe poenikoe
pan soemangga jaji ingkang sepoeh Djajengwesti naoeri soemangga moegi wontena pitoedoehipoen pangoedinipoen patakon
74. inggih soepajanipoen
padang nerawang ing manahipoen pan poenikoe gegambenipoen kang elmi koela inggih dereng manggoeh woedjoeding elmoe kang kotong
75. Mongraga lingira roem
langkoeng oetamaning elmoe waoe jen tan geseh ²) tanggaping kalbi jen kapelantrang kapaoeng lir kindjeng tanpa sotya non.
76. dene sedjatinipoen
elmoe tanpa papan toelis waoe' nenggih koer'an Ian kitab-kitab sajekti semoene tanpa sedaroem poenikoe pinoerih tjoplok
77. saking djilidanipoen
jen bisa tjoplok ngalih ing kalboe saoenining koer'an woes apil ing galih mjang kitab apil katjakoep tjapleng tjoplok woes ngalih gon
78. kewala aneng kalboe
kalboe woes woedjoed ngelmoe kang agoeng tan kena sat tyas woes pangawak djeladri mring papan toelis tan ngingoes tanpa gawe woes tan kanggo
79. jaji inggih poenikoe
ngelmoe tan papan tan toelisipoen
1) prajoginipoen : moerad.
2) kirang 3 wanda, katambahan: kelawan.
dene ingkang wong salang soeroep ing tampi amangeran dewekipoen deweke awake bobrok
80. moeng ngengel-engel woewoes woewoese ngakoe-akoe amengkoe kang poenika kapelantrang kawrochneki mila kedah mrih soemoeroep jen kesosol dados getjol
81. Djajengraga toemoengkoel
tyasira kekandangan ing kawroeh graitane poentes tan toekoel sademi jen nedya mawali kawroeh malah tyas mindak tjoemeplong
82. panarimanja antoek
wewatesan ing kawroeh kang loehoeng Djajengraga ngregepeh oematoer aris datan anjana saloegoet tjoploking elmoe ngalih gon
83. manggon aneng ing kalboe inggih sanget kasinggihanipoen dereng wonten para pandita kang alim ingkang nampoernaken kawroeh kang andjarwani mengkono
84. ingkang sami tertamtoe
tan kenging nalimpang saking rikoe nenggih wonten tiang ahli raos angling toenggil kang padoeka woewoes mengkoe angakoe Hjang Manon
85. sanget kalesikipoen
soemangga kakang kala roemoehoen doek padoeka tamian ki Tatasdjati ing pengraos koela sampoen ing mangke temahan tjebol
86. Djajengwesti amoewoes
mring kang raji woes manira miloe ing kawroehe kakangira Amongragi woes sira jwa ro ing kawroeh tjiptanen noegraha rawoh
87. Djajengwesti aoesoel
maring Amongraga soealipoen doek wang oewoeng doeroeng ana boemi langit Allah neng endi genipoen mjang doek karja djagad kono
88. langit Ian malihipoen
kang toekaelan Ian goemremet ikoe miwah goenoeng segara Ian kali-kali kang poendi sajektosipoen waoene lawan samengko
89. Djajengwesti asengkoed
mantenteng 1) wadi pitakonipoen jen wong tember-tember arang kang ngawroehi nadyan para kaoem-kaoem kedjaba olia jektos
90. Amongraga doek ngroengoe
teka goemoejoe wardajanipoen patakone apa baja amoeng iki kang binoentel kang kinandoet Mongraga naoeri alon
91. menggah basa poenikoe
doek wang oewang kabeh doeroeng moedjoed boemi langit saisine doeroeng dadi poenika apan la takjoen koen ingkang ana ing kono
92. lagi ora poenikoe
Ian Iagi-Iagi nanging-nanging koen doeroengdoeroeng nging nokat wilajat gaib tri gaib gaiboel goejoeb gaib oeloewiah reko
93. gaib oewiahipoen
gaib tigang prekawis poenikoe pan kelangkoeng elmoe poenika aremit kang la takjoen miradipoen ²) kang pesti anane linjok
94. koenhi pan miradipoen ²)
lagi bae tan kena binestoe nokat wilajat gaib poenikoe wingit wit tanpa kerana ikoe tan adjali abadi pon
95. gaiboel goejoeb ikoe pesti amor tan katon dinoeloe gaib oeloewiah poenikoe woes pesti tetep neng sadjroning limoet petenging peteng tan katon
96. gaib oewiah ikoe pesti tetep neng pepadangipoen padanging apadang tanpa aling-aling nerantang tan lamoek-lamoek semonoa pon tan katon
97. poenika miradipoen 1) dene ingkang kak hakekatipoen senjatane poen boemi kelawan langit langit boedi djatinipoen boemi ngakal kang sedjatos
98. Mongraga doek²) wang woengipoen sedoeroenge boemi Iangitipoen inggih saderenge wonten akal boedi boedi kita kang satoehoe toehoe ananing Hjang Manon
99. anane tan kadoeloe tan kena jen dinalih dinoeloe jen ta dereng maoedjoed akal Ian boedi meneng moeng meneng poenikoe eneng ening woes pana pon
100. poenika djatinipoen njataning njata kawroeh woes poepoes Djajengwesti toesta manahe kadjatin kelangkoeng denira ngocngoen sapandoerat tan miraos
101. jektine moeng poenikoe kang kinarja gem selaminipoen ing tengahe mangke wonten kang djawabi kalihe osiking kalboe wong iki toehoe kinaot
102. lawas goningsoen ngandoet doeroeng ana kang bener saloegoet pandjawabe moeng wong iki kang patitis delenge kadya baliloe tan njana jen woes soemrowong
103. teka mengkana waoe kalih osike djro nalanipoen Amongraga angling malih roem amanis dalem wedalna sedaroem kabeh ngelmoe kang kinaot
104. pinten banggi wakingsoen menawi saged ambatang oeloen Djajengwesti Djajengraga saoernja ris
entek woes tan wonten kantoen kang aneng gegedoh 3) ingong
105. soen doegi dereng poetoes poen kakang dcning pinda baliloe tan andipe kelamoen sampoen linoewih ki Amongraga soemaoer langkoeng saking soekoer ingong
106. jaji gonira goenggoeng narima saking sihing Hjang Agoeng kang liningan kalihe soeka semoe djrih angling kakang pan satoehoe boten anggoenggoeng ragengong
107. apan sajektinipoen
tan wonten lir poen kakang satoehoe pan woes datan karoehan kang prapteng riki sawidji tan wonten weroeh nenggih pontjote kemawon
108. tebih Ian kang poenikoe saprandene 4) sedaja tan weroeh Amongraga goemoejoe ngantetken malih anglambangi ing pangawroeh poenikoe pan meksih ngadoli
1) prajoginipoen : matenteng.
2) prajoginipoen : moeradipoen.
33c Zang; dichtmaat: KINANTI.
1. nenggih basa kang poenikoe sarak sarengating nabi Moehammaddinilmoestapa wasalalahoe ngalehi moektamad daliling koer'an ing kadis lawan koedesi 5)
2. idjemak kias lan koesoes paedah koermat ing Widi poenika kedah santosa ling-aling gendolan dalil kang inoekarab ngelmoe sarak aplaloe ingkang oetami
3. sarengat tarekatipoen hakekat makripat nenggih amot ing dalem sarengat sarengat goning kedadin wong kang aral bangsa riah moepangat sinoeng ridjeki
4. ngelmoe kakekat poenikoe jen tilara 1) sarak kasarik kasirik kasoerang-soerang kasingkang-singkang kasitjing ewa poenika djamanan ing djaman kalih prekawis
5. kang dingin djajnan ngam ikoe Ian djaman ekas poeniki lamoen djaman moekmin engain kedah ngapilaken dalil sawirasane ing kitab kedah paham anglampahi
6. mangoenah djalaranipoen saking apil dalil kadis ingkang sarta linampahan satoes perloene tan gingsir asih ing wektoe palilah rosa sembahjang angadji
7. poenikoe wahjoening djamhoer sarapdin oelama moepid djaman ngam engam oetama tocmama ing wahjoe soetji sotjane manoesa engam tinage noegraha ngadil
8. dene dalil lan madeloel mrih kandelnja ing ling-aling tepakoerireng Hjang Soeksma dadya tangating abekti wadjibing rasoel pan tiga kang sidik amanat tablik
9. sidik bener tegesipoen amanat kapratjajeki tablik ingandel tegesnja mokaling rasoel pan katri kang gidib kianat kitman gidib goroh tegesneki
10. kianat pala tjidra doer kitman ngoempet tegesneki poenika ingkang soepaja kawangwang ing siang ratri
1) langkoeng sawanda, kaboetjal: a.
kabiroe moelki gaiban agoeng keratoning gaib
11. nenggih basa kang poenikoe pan meksih tjelak poeniki tan ngangge tebeng setocma galeteke kang sajekti njatanjataning anjata raji kalih denbisiki
12. atoek gatoek adoe batoek toemoengkoel kang raji kalih tyas samja tjadang andangdang lir tjintaka minta riris ris rerasan ngelmoe rasa woes tan na rasaning elmi
13. lire bibisik poenikoe pamedaring elmoe gaib kang linarangan ing sarak tan kena kewidjil ing ling kang woes poepoes ngalih titah lah poeniki jaji kalih
14. jaji moeng eneng manekoeng antara moeng pitoeng sasi meneng boedi meneng solah meneng nendra meneng boekti meneng ngoetjap meneng ganda meneng mjarsa meneng meksi
15. datan ika iki ikoe bleg plcng gemploeng bleng ocwoes nir lowoeng 2) boentoe tan pinangka sadjroning bleng amoeng sidji widji widjiiing kasidan sida akoe ia oerip
16. widjining widji poenikoe toemanem ing pitoeng sasi widjining noekat wilajat doerjat mertabat san kamil widjining ing kedadean asenet neng pitoeng sasi
17. sadjroning pitoeng sasi woek kemoerahaning Hjang Widi pan ing dalem satoes dina palaling Hjang mretandani tikil widjining olia noeboeah 1) walioelahi
18. jwa kandeg pratandeng rikoe ladjoening dadi ngadadi ing dalem woes pitoeng woeian oetami kang sangang sasi djatining wisik tri ketjap namoeng akoe ia oerip
19. akoe tan loro teteloe ia pra sedjen doemadi
oerip tan kena ing pedjah poenikoe jaji kang pusti wekaswekasan kasidan sidasidaning kedadin
20. awang oewoeng lan kang elmoe tanpa papan tanpa toelis woes poepoes rampoeng sampoerna kang boentoe ing pitoeng sasi poenika moeljaning tekad toewin kamoeljaning Widi
21. poepoes palestaning kawroeh woes sampoerna tel kinoentji toetoep woes datan kaboeka kang rnantep denja akoentji Djajengwesti Djajengraga sareng mjarsa brebes mili
22. ngraos tanpa boekti toewoek seger tan anginoem warih rasa nikmat kanikmatan woes padang doelweng sawidji kalih sareng ngrangkoel pada mring Mongraga awotsari
23. sarja ris ingatoeripoen doeh kakang sedoeloer mami ing donja prapteng akerat mandjinga sekabat mami ing padoeka dening toean asoeng padang ing tyas mami
24. djeng rama kang ngoekir mring soen tan asoeng elmoe ginaib toean kang tembene prapta mring kaoela anetesi
1) limrahipoen ; noerboeah.
ngelmoe kangge akir awal marmamba goegoeroe jekti
25. tan koemedap ing pandoeloe moeng toean goeroe ngong jekti goemoedjeng sell Amongraga sarwi awetjana aris moega Hjang aneksenana saking kersanira kalih
26. darmi-darmi raganingsoen noedoehken ngelmoe wit saking bcgdjaning jaji kalihnja saking sih noegraheng Widi aparing elmoe sampoerna kewala kang dadi mergi
27. jata kalih matoer noewoen toemoengkoel osiking galih soen teteda ing Pangeran ajwa tanggoeng awak mami goningsoen angestoe pada moegi pinarengna bendjing
28. panggiha lawan bok ajoe moegi Hjang gampangna bendjing wangkale bok ajoeningwang arsaha mring wong poeniki paran malih ingoepaja poengkasan moeng kari iki
29. teka mengkana djro kalboe katjatoer pan men sawengi gen anggoenem ngelmoe rasa jata sedenge samja rip Djajengwesti lon ngandika marang ki santri Noeripin
30. sira timbalana goepoeh ni kfen Toerida ken midjil kang liningan sigra mentar tan dangoe kang garwa prapti sira moendoeta gelaran kadjang sirah ingkang soetji
31. kang garwa liningan moendoer moendoet pesarean aglis tan dangoe prapta anampa ladjeng tinata miranti lere tjaket pangimamam klasa batoe den-gembesi
32. ingoekoeb pan marboek aroem kadjang sirah teloe alit goegoeling roro koentingan singeb kampoeh semen poetili woes tata matoer ing raka Djajengwesti toerira ris
33. soemangga woes wantji bangocn padoeka leleson arip Amongraga roem lingira inggih sakelangkoeng jaji ing mangke menawi kcrsa kaoela tilem jen arip
34. jaji prajogi oemangsoek ing dalem asare arip Djajengwesti atoerira kaoela kelilan gingsir makloem padoeka kewala kaoela moendoer mring panti
35. noelja lengser kalihipoen inring wisma Ian Djajengragi praptaning dalem alenggah ngandika marang kang raji jaji rasane tyas ingwang sedjen wingi lawan iki
36. kawroeh ingkang roengkoed-roengkoed Ian kang boendet-boendet kelit marganing geseh rerasan simpangan ing doegi-doegi ing sa-iki woes sinoengan deling tan samar ing kapti
37. nora anjana seramboet palaling Hjang ingkang prapti ginandjar ing kemoerahan inring sira kelawan mami Djajengraga atoerira inggih kasinggihan oegi
38. kaoela semantenipoen sanget pra bedane jekti waoe lawan. saben ika wonten kaotipoen oegi kaoela lawan padoeka kaot padoeka woes sidik
39. kang raka alon amoewoes ja woes pada oega jaji moeng kaot banget kewala
ing dalem djati woes sami pajo sedje winitjara rnoenggoeh ki seh Amongragi
40. jen woes djenek ing tyasipoen neng kene katoer kiai soekoer jen ana kersanja djeng kjai.mring Amongragi jen tan ana prajoganja oematoer dadia krami
41. ing djodone Ian bok ajoe sira dongakena moegi ilanga boedine wangkal soekoer toekoela pribadi kang raji matoer nor raga inggih kados poendi malih
42. noelja ngling mring garwanipoen mjang kang raji Rarasati karone pada soen wekas jen sira saben kepanggih lan bok ajoemoe den-bisa soepaja ledjar ing kapti
43. kang garwa rajwa wot santoen woes mengkana Djajengragi pamit moendoer kondoer ngetan kelilan woes lengser midjil lan garwa mjang selirira Djajengwesti moenggah goeling
44. ki Djajengraga kang kondoer rerep neng panirat djawi lindoek bang raji tjin-andak loengajanja kinapiting pinidih ingaras-aras adoch begdja temen mami
45. anemoe koemalaningroem tjamped sadina sawengi kadya tan panggih sepasar doek mring sira maskoe ari kang raji ngesah amiwal mangke ta sampoen pinidih
46. kersane lir wong dereng wroeh
dene anjar temen iki poenikoe wonten poen Giah si Sikem lawan si Sati doemeh-doemeh jen petengan nikoe njengoh aningali
47. kang raka goemoedjeng namboet kang raji pinondong aglis kang raji noet karseng raka kondoer mengetan den-iring ing sclirira titiga Wagiah Saikem Sati
48. kang raji tansah rinoengroem kinoeswa-koeswa samargi woes prapta ing dalemira ladjeng toemameng djinemrik ing daloe tan winoersita mengkana woes gagat endjing
49. tinaboeh bedoeg deng soeboeh Djamal Djamil Djalalodin Noeripin atoja kadas noelja adan ngalik-alik sedaja sami soenatan mjang santri lit maring masdjid
50. araras poedjianipoen Amongraga asoesoetji sawoesnja siram akadas nelasken soenat teretib Djajengwesti prapta kadas woesnja ngambil tojastoeti
51. soenat kalih rekangat woes anetek kinen ngamati Noeripin sigra akamat Amongraga angimami noelja ngangkat perloenira takbirira amatitis
52. pasekat parekahipoen emat kasar tan kalempit mjang sekatahing patekah pipitoe den-kinawroehi sawoese matja patekali soerat soedjada walneki
53. soerat kasar akiripoen beroekoet kelawan tertib toemanem kang toemaninah soetji ing tigang prekawis soetji badan soetji lesan kaping tiga soetji ati
54. kang soetji badan liripoen salate seh Amongragi lamoen ngadeg soekoenira
benggange kang sedeng koetjing adege kentjeng tan obah kang kadya adege alip
55. ana roengon tan rinoengoe ana tingal tan ningali ana swara tan den-oetjap aneng ganda tan ngambeti ana rasa tan rinasa kang toemempel angganeki
56. kang goemremet koemaloeloer kang agatel tjoemalekit kabeh tan ana rinasa ekraming badan tan osik noedjoc ing lapal soedjadah soenating imam noedjoedi
57. woesing ngadeg noeli roekoek tocngkoeling kang batoek sami sipat dengkoel leresira palengkoeking roekoek nenggih kadya elam ingkang awal iktidal adegireki
58. abener la-oelanipoen lan adege lengen kalih tangan megar marep keblat noelja soedjoed seleh rai tangan papak lawan sirah kadi elam ingkang akir
59. aloenggoeh soekoe toemimpoeh tangan toemoempang ing wentis kadya eke loenggoehira antaraning soedjoed kalih adeging koenoet abengal 1) soetjining lesan matitis
60. tjeta ing wewatjanipoen oetama swarane betjik soetjining ati kelawan moekaranahira ening mengkono salat noegraha kawase seh Amongragi
61. denira asalat soeboeh andoengkap tahjat kang akir tertib samja toemaninah tan kaselan-selan dening tingkah sedjabaning salat noelja salain nganan ngeri
62. bakda salat ladjengipoen poepoedjian langkoeng asri adikir rempeg arahab woes dikir andonga soekril tinoempa-toempa oetama mrih manpangat ingkang moeslim
63. sawoesnja pandonganipoen selawat salaman sami oejet samja ngalap berkah marang ki sen Amongragi santri sedaja woes boebar samja moedoen saking masdjid
64. sang wirja kalih kang kantoen tepakoer soehoeling dikir tandjeh ing panaoelpana tan kalingan woes kalingling lingloeng pagoet kedjoemboehan loro-loroning atoenggil
65. tan pae paesanipoen kaoela kelawan goesti neng sadjroning kaenengan enenge oneng kang ening pawore toenggal kahanan aneng anane pribadi
66. denira soehoel bakda woes padjar bjar hjang arka midjil ladjeng wektoe tangat loka akasoed ing pangabekti loka ing rolas rekangat nem salani sampoen baresih
67. mengkana sabakdanipuen sesalaman lan kang raji Djajengwesti atoerira kados sedaloe tan goeling Amongraga Ion lingira inggih pikantoek sakedik
68. pan alajap ing aloenggoeh goemoedjeng ki Djajengwesti sarja ngling Noeripin sira timbalana Djajengragi kang liningan sigra mentar noelja ni Toerida prapti
69. anampa dedaran ngajoen patean lan wedang kopi lempeng bang djoeadah djcnang poetoe majang lan soerabi ledni isen palered sat tjara bikang abang poetih
70. lemper lan semar tinandoe bakaran pisang mateng wit gemblong oelam bebakaran dengdeng gepoekan sinapit jata Djajengraga prapta atoer salam angabekti
71. noelja kang raji toemoetoer angirid rampadan asri kang raka ngling ikoe apa bok ipe kang sira irid ni ken Rarasati toernja saos dahar moepoeng endjing
72. kang raka goemoedjeng moewoes lah mara ladekna ngarsi ni ken Toerida agepah sekoel oelame rinakit sinareng leladenira sekoel djadjanan mawarni
73. sinaosaken ingajoen dedaran pinire marik tinata kang sekoel oelam liwet anget sekoel goerih lembaran Ian pindang tambra opor bebek besngek pitik
74. mjang pespesan tambra palocng botok djambal lawan masin pal poek abon soesoedjenan dengdeng age sroendeng ragi sambel letok Ian lalaban lombok kentjeng lawan petis
75. tjeroeboek keroepoek teroeng woes tata denja sesadji matoer sampoen mring kang raka Djengwesti ngatoeri widjik timboel ngawirja titiga woesira toetoeroeh widjik
76. woes lekas nadah kateloe sami pakantoek ngaboekti Djajengraga dokoh nadah kang raka anggoeng anglirik sinamoen adahar oelam panadahe Amongragi
77. asengkoed ragi pikantoek lawan sabene ken iki kepelipoen sawidara pinidih kangsi angintip sarwi tamban denja nadah pemamahira aririh
78. kersa meratani lawoeh njapisan oekoer sasoewir jen oelam tan mawi sega jen sekoel tan mawi daging saben dahar sepoeloekan goetoek pit atob kikintil
79. kantoen sakepel adangoe kinepel kewala nganti nganti mring raji kalihnja pakantoek denira boekti dasar sedaja tan nendra Djengwesti mitjareng ati
80. ikoe dremba-drembanipoen dene gelem meratani angambil kang oelam-oelam njadjimpit lir wong tjip-itjip krowaking sekoel semana sabitining botjah baji
81. atobe bae deroedoet wit moeloek atob ping kalih tyasira keraos lepat doek kemboel kalih kang estri ki Amongraga tan rena mengkana osiking galih
82. woesana alon oematoer soemangga ingkang doedoegi Mongraga naoeri sabda inggih jaji woes doemoegi anoelja samja widjikan ambeng linorod tjinarik
83. sekoel lorodan woes dinoem werata djaloe lan estri Djamal Djamil tinoewoekan pat Noeripin Djalalodin dedaran tinata ngarsa wetah pan dereng dinimik
84. Djajengwesti Ion oematoer soemangga poenika manis Amongraga Ion lingira atobe dadya pangarsi inggih sanget ing panrima moeng wedang satengah tjangkir
85. Djajengwesti moendoet tiinoen watang moeng sa-iris tipis lah ta pajo Djajengraga mara soen bade sireki bade kang abot kewala djoeadah djenang soerabi
86. kang raji soeka goemoejoe inggih pan amoeng soerabi kang raka ngling djarkoe apa kena temen den-arani anoetoeg dahar njamikan jata ingkang raji kalih
87. Djajengwesti Ion oematoer mring raka sen Amongragi paran ing kersa padoeka poenapa noenten apanggih inggih kelawan djeng rama Amongraga sodjar aris
88. kewala dateng anoeroet poenapa kang kersa inggih jen estoe pinanggihena Ian ramanta soen oemiring jen kinen kendel soemangga ing rehira soen toeroeti
89. Djajengwesti lon oematoer inggih prajogi pinanggih doemateng kiai bapa mila kang waoe toer mami jen toean kasora mring wang pesti poen andeg neng riki
90. lan djeng rama jektinipoen mangke temah awak mami kasor lan toean satemah ladjeng gandjar ngelmoe gaib dadya mangke raganingwang mring padoeka woes ambalik
91. pan bade koelangge sawoeng mengsah mring rama djeng kjai goemoejoe sen Amongraga tan anedya awak mami mring djeng kjai amoengsoeha nedya goeroe jen marengi
92. kadarmanira kang waoe marma nis prapta ingriki woes kasedyeng poeroehita doemateng ramanta nenggih ngrasehken ngelmoe kang njata goemoedjeng ki Djajengwesti
93. sarja ris denira matoer kantoena ngong atoer oening inggih dateng kangdjeng rama jatenggai denja loemaris Djajengwesti Djajengraga katiga santri Noeripin
94. seh Amongraga kang kantoen nahen ta ingkang loemaris kotjapa kang aneng langgar kang lagja moemoelang santri sira ki Baji Panoerta doek lenggah neng masdjid alit
95. moemoelang ing para poetoe miwah keponakan sami tan wonten santri kang Han dene santri agoeng sami ngadji aneng masdjid besar ingkang moelang para ketib
96. toewin santri agoeng-agoeng pra samja ngrasehken ngelmi nenggih iawan kantjanira nahen ta kiai Baji Ian kang garwa sami moelang koer'an atanapi tepsir
97. marang para anak poetoe tan wonten ingkang ljan santri Tambang-raras toemoet moelang sindjange tjaweni poetih kembene gadoeng welaka rasoekan sembagi koening
98. kalpikeng kalih oemoeroeb samja barlian neng djentik asengkang tjemeng kewala barlian penoenggoel sami goemebjar aneng wedana kadya metotena galih
1) prajoginipoen: moeradipoen.
3 prajoginipoen : gegedong.
4 prajoginipoen: soeprandene.
2) langkoeng sawanda, kaboetjal: doek.
5 prajoginipoen: koedoesi.
2) prajoginipoen : lowong.
1) prajoginipoen: apengal.
34e Zang; dichtmaat: MEGATROEH.
1. serawoengan lan ken Raras tjahjanipoen neng wedana lingsir siring lan sorote netra baroeng koewoeng reboet paran sami boeboeron aliroe enggon
2. tangeh lamoen rinengga koesoema ajoe toehoe moestikaning boemi djatmika anteng aroeroeh grahit^ng semoe awingit dasar woes limpad ing kawroh
3. nanging tebih sang retna ningali kakoeng nenggih wit denira saking soebrangta karem ing elmoe ngoepaja kakoeng prajogi ingkang woes poetoes ing kawroh
4. Ian nengenken sang dyah pirasating 1) kakoeng ing rapli lawan maknawi marma ngoeni akeh rawoeh satria para ngoelami sang dyah mjat tan wonten tjondong
5. saking dening tan kalbeng pirasatipoen kang kenging dipoen-gendoli ing awal lan akiripoen sang dyah langkoeng apikneki nging gawat tan ana weroh
6. gawatira sadjroning tyas kersanipoen besoek ingsoen arsa laki menawa wonten wong kakoeng goeng kang ngelmoe sih ing estri kang tan karem mring wong wadon
7. ni ken rara jen ningali mring wong kakoeng kadya ningali wong baring wa-e"wa soeker andoeloe pengraose kadya nadjis sengit mring wong lanang dajoh
8. lamoen maring sentana mjang kang woes lir ningali rare bentik wawoeh tan mantra-mantra salemoet djroning sare nora ngipi sadjege doek meksih beong
9. kangsi mendro-mendro malah loengse sepoeh tan ana biranineki moeng birahi maring elmoe banrasi mring dalil kadis paham ing koer'an kinaot
10. pan woes inggil sang rara pengaosipoen ngoengkoeli kang raji kalih ngadji tepsir agoeng-agoeng tepsir bahwi baelawi djalalen ing moerad woes wroh
11. lawan kitab geng-ageng sampoen ketjakoep tan ana bab kang kalempit ngoengkoeli kaoem pengoeloe pemboedining dalil kadis lapal makna moerad raos
12. sabobote estri pan sampoen linoehoeng nanging tan kawentar ahli sabab tan watak dedaroes mring kaoem mjang santri-santri oekoer mring kang raji karo
13. asring kandih kang raji ing kawroehipoen djomblahe madloed 1) lan dalil idjemak kias woes poetoes nanging raose kang galih tyasnja kado dereng manggon
14. moeng tjetjadang menawa na sih Hjang Agoeng pinaring goeroe kang jekti ingoempet datan kawoewoes sanget denira akoentji moeng pasrah marang Hjang Manon
15. nadyan iboe 2) rama datan weroeh nenggih kang basa poeniki ing kersane sang dyah ajoe kelangkoeng denira wingit gjan noetoepi tan merodjol
16. marma ingkang rama kelangkoeng angoegoeng dasar poelrestri sawidji wasis sabarang ing kawroeh jata semana ki Baji kagjat waoe deniranon
17. doek praptane kang poetra kalih neng ngajoen Djajengraga Djajengwesti
1) bok menawi: madloel. 2) kirang 2 wanda, katambahan : toewin.
anoelja sinapa goepoeh ana karjanira kalih gati prapteng ngersaningong
18. ingkang poetra toer sembah alon oematoer kaoela atoer oedani ing djawi wonten tetamoe arsa marak toean inggih daloe sipeng wismaningong
19. santri tebih saking Karang wismanipoen taroena langkoeng apekik djatmika wingit asemoe tjahjanja aminda sasi ing pandoegi oeloen kados
20. dede widjil ing alit ketareng semoe manis temboenge matitis kawistareng tindak tandoek mesem sira kjai Baji mjarsa toere poetra karo
21. jen mengkono timbalana ngarsaningsoen pan ingsoen arsa oedani warnane kang sira goenggoeng lan apa ing maoe ratri woes kabrengkal ingkang kawroh
22. kotonge lan anane ing isenipoen kang poetra matoer wotsari sampoen katjoelik ing daloe Ian amba teksih pradongdi dereng wonten ingkang kawon
23. oeloen lan ingrika teksih salang soeroep ki Baji goemoejoe belik apa tan ko tjoelik ikoe ia basa ingkang iki poepoengkasan kang saking ngong
24. ingkang poetra nembah aris atoeripoen pan kaoela beber nanging ing rika pan boten ajoen ingaranan teksih tebih winastan lambang kemawon
25. kang akaija poenikoe poendi genipoen Ian malekat kang neng langit inggih pintentjatjahipoen amba pan dereng oedani toean dereng moelang ringong
26. mila amba tinakenan mingoek-mingoek kang rama goemoedjeng malih sareng miarsa toeripoen woesana ngandika aris basakena sira karo
27. teka kegawokan basa kang poenikoe soen doega dajohireki gegamane ia namoeng kang binoentel saking Kawis kinarja medeni tjebong
28. ingkang poetra kalih aris atoeripoen padoeka den ngati-ati memedosi ingkang tamoe jen kasor ngisin-isini padoeka pan sampoen kalok
29. satemahe kasor mring santri angoentoel mindak nawarken kang wingking kang rama angling goemoejoe toetoermoe dajohireki sadoeroenge ingsoen weroh
30. emboeh kasor ingong lawan oenggoedipoen 1) nanging tyas ingsoen legawa sih jen oenggoel soen lila moeroek lamoen kasor ngong minta sih raosing tyas anerontong
31. akeh tamoe kang brengga roa ing kawroeh tan ncdya ingsoen pradoeli semoening dajoh roemoedjoek pajo timbalana aglis manira pan arsa weroh
32. ni ken rara Tambang-raras namboeng woewoes ngandika marang kang raji tolo dajohira ikoe tekane marene jaji apa dasar barang obrol
33. langar arsa ngajoni djeng rama ikoe doemeh-doemeh santri Kawis paran tan adol pengroengoe jen djeng rama kalok saking ing tanah kang adoh-adoh
34. liwat saking koemaki kang prapta ikoe kang raji oematoer aris
1) langkoeng sawanda, kaboetjal: na.
kakang bok sajektosipoen boten anggoenggoeng wak mami sajektenipoen kakang bok
35. koela kang bok mring tetamoe sampoen ketoer tan kenging dipoen-etohi poenika oepaminipoen poen adi kelawan mami sami ambentje kemawon
36. sajektose iba ta ing katahipoen ngoelama kang prapteng riki poengkas dening koela sampoen tan soesah kondjoek kiai moeng poeniki raganingong
37. ngraos kasor marmenggal ngatoeri weroeh dateng ing rama djeng kjai mesem kang raka sang ajoe ana kerasa ing ati mjarsa toere jaji karo
38. sadjroning tyas kaja ta agea weroeh paran ta warnanireki ingkang ambebarang elmoe kang rama angatag malih marang ingkang poetra karo
39. pajo enggal timbalana ngarsaningsoen tengginas kang poetra kalih tan adangoe noelja panggoeh Amongraga den~dawoehi ingandikan rama goepoh
40. jata enggal seh Amongraga toet poengkoer waoe ta kiai Baji meksih lenggah ngemper tadjoeg anak poetoe ingkang ngadji woes kinen boebar goemoeroh
41. ni ken rara malbeng wisma lan kang iboe ngrakit sedah woh Ian malih sedia soegatanipoen jata Amongraga prapti ingirid kang poetra karo
42. sareng prapta ki Baji koermat toemoeroen ngoermati kang waoe prapti kasmaran moelat ing tamoe ing solah djatmika wingit Ian tjahjanipoen mantjorong
1) limrahipoen: wirasad.
35e Zang; dichtmaat: ASMARANDANA.
1. sen Amongraga noelja glis toer sembah angaras pada Baji Panoerta ge-age denira anjandak asta sigra binekta lenggah woes tata denira loenggoeh poetra katih djadjarira
2. ki Baji resep ing galih ningali tetamoenira djatmika wingit semoene pan ora angoembar tingal toemoengkoel denja lenggah ki Baji awlas andoeloe angartika djroning nala
3. wong ikoe semoene lantip nanging tan ketareng nitya awadi ing pasemone soen wetara ing doedoega doedoe wong bandarakan 1) pantos widjiling amengkoe solah bawane ketara
4. teka mengkana ing galih dangoene denja amawas woesana ngandika alon anak tedja soeleksana oedjare santri Karang apa ta Karang ing doesoen apa Karang kaagengan
5. toer sembah kang sinoeng angling jektos Karang ka-agengan nanging santri lit kemawon marmamba marek ing toean soemedya poeroehita arsa angrasehken ngelmoe saking ing ribed kaoela
6. tiang sepoeh anilari ing elmoe kaselak pedjah dereng oeninga soeroepe doek neng Karang pan kaoela taken kang woes oetama toewin dateng kjai goeroe manah amba dereng padang
7. marmamba anoempal keli soan dateng ing padoeka ki Baji goegoek goedjenge sareng miarsa toerira aris widjiling sabda dene ing Karang ta koeloep enggone wong kang oetama
8. kewala malih wak mami ia lamoen kadoegia kedjaba toengtoenan bad pira bara jen poen bapa bisa amadangena ing roewede tyasirekoe langkoeng saking begdjanira
9. noewoen ingkang sinoengan ling ki Baji sigra angatag mring santri Loetji pan kinen amanggil ing rabinira Ian samektaning gantyan tengginas ingkang ingoetoes malbeng wisma woes apanggja
10. Ian garwa woes den-dawoehi mring santri Loetji tengginas Loetji ambekta gantene sapraptaning masdjid lenggah aneng kerining raka gantyanira apan sampoen sinaosaken ingarsa
11. ki Baji watjaneng rabi njai sira bagekena mring anakira ngong kie sanget aresep toemingal marang atmadjanira meh oega ingsoen andoeloe lawan karo anakira
12. kang garwa angatjarani anak andika katoeran pan inggih ing sarawoehe Mongraga noewoen toerira langkoeng kalingga moe'rda saking sihing kang doemawoeh anampar ing kawlas arsa
13. lir pinetot ingkang galih sira bok Baji Panoerta sareng miarsa atoere manahira gogolongan kedadak tresnanira jata gen rerasan dangoe kotjapa ken Tambang-raras
14. adangoe denira ngintip aneng gribig ing mandapa kang neng langgar nglela bae katon salir solahira jata koesoema rara ana kerasa ing kalboe baja woes kersaning Soeksma
15. jen bade kang djatoe krami jata dyah osiking nala dene amentjes wong kae pasang semoene pesadja bener riningsoen samja pengaleme mring wong ikoe 1) ki dalem kang lagi prapta
16. angentek temen wong iki pirasate tan agetang ingong teteda ki dajoh nglegakria galihe rama moegi rama toeloesa asiha mring dalem ikoe ingkang semoene djatmika
17. pira barane ta oegi ana sih gandjaraning Hjang raganingong selawase sakehe kang sami prapta anggoegoejoe maring wang tyas ingsoen nora saloegoet tan pisan niata krama
18. moeng doeloe ki dalem iki gem pal raosing werdaja oepamane raganingong tinari pinaringena marang ki dalem ika pira barane katengsoen jen poeroen anglakonana
19. teka mengkana djro ati sang rara angemoe waspa dadya rongeh sasolahe sasmitane palaling Hjang marang ken Tambang-raras
djodo ngawal akiripoen jata kang etja pinarak
20. neng langgar jata ki Baji angatag ing rabinira njai dene kangsi kasep apa nora kasoegata kang garwa atoerira inggih sedangoene sampoen ngantosi kang pangandika
21. Baji Panoerta ngantoeki ni Roebiah sigra men tar maring wisma ngrakit age sawernine kang soegata sekoel oelam njamikan mawarna oelatnanipoen toemrap neng piring rampadan
22. daranan ²) awarni-warni neng piring Djepoen lantjaran samekta neng djodang wareng kang poetra ken. Tambang-raras waoe toemoet anata woesnja winedalken goepoch santri Loetji kang ngrarampa
23. kelawan santri Noeripin sapraptane aneng langgar pan ladjeng sinaosake sekoel petak las wetahan neng pandjang giri pradan djangan kloewih septanipoen kinela asem pedesan
24. betoetoe besengek pitik dengdeng gepoekan gorengan empal ragi dengdeng age dengdeng pandjen Ian soedjenan babad galeng seregan por bebek pes-pesan paloeng rempah sidat botok djambal
25. gorengan katik goelatik lidali ati lawan limpa barongkos Ian sambel goreng sambel kemiri lan katjang toem gadon tjeplok dadar abon lan keroepoek teroeng lombok kentjeng petis banjar
26. lalaban katjang kerai terong ketjipir lan kara koentji lempoejang temoe poh woes samekta aneng ngarsa sira Baji Panoerta nnelja njaraken mring tamoe anoewoen kang sinoeng oedjar
27. noelja lekas awewanting dahar akemboel wong tiga ki Baji sa-ambeng dewe nadah lawan ingkang garwa noetoeg denira dahar Mongraga kapeksa toewoek ngetjani sarak mamel tyas
28. akokoh djangan sakedik imboeh sekoel sakaloeak adangoe den-ondjot-ondjot tan dahar oelam moeng djangan kewala lan lalaban temoe poh sedangoenipoen angantoe denja loearan
29. angampet atobe ririh ki Baji mitjareng nala wong iki apa dasare apa gawe samoedana pasang semoening wanda tan doewe watak koemloengkoeng gadjeg watake pesadja
30. nora mangan kelah-kelih moeng djangan kang kinokohan kalonging sega sapongge kaja woes lanteh nastapa jata denira dahar woes noetoeg linorod goegoeh pinaringken panakawan
31. noelja dedaran mangarsi pisang mas semangka djingga djamboe bang poetih djroek keprok pelem salak lan ramboetan manggis kelawan doerjan kang nangka kepoendoeng doekoe srikaja djoeadah djenang
32. ketan kolak lawan pipis Toeban bantalan sempora rand<ikeli ketji lemet
lemper pasoeng tape majang ebrem tjoetjoer rengginang mendoet Ian semar tinandoe tjariping toempeng walangan
33. woes.tata kebek neng ngarsi ki Baji alon lingira pajo angger sa-anane soepaja dadya pangoesap ajwa ataha-taha kang liningan .matoer noewoen kapoendi ingkang pasihan
34. ki Baji ngandika malih marang poetra kalihira sirekoe dadak lir dajoh amiwitana daranan 1) tepa-tepa aneng wang jen lagja tembene metoe meksih wigih doega-doega
35. kang poetra goepoeh njarani soemangga poenika kakang sihipoen ramanta mangke sedyaningsoen kapasoeka lenggaweng ²) tyas sih marma Mongraga nor rageng woewoes pan inggih jaji soemangga
36. ki Baji goemoedjeng sarwi amoendoet setoenggil djeram pinelkah dinahar age noelja sami sareng ngalap njamikan sasenengnja Amongraga moendoet doekoe setoenggil til pinalekah
37. dinahar kelangkoeng ririh anoelja ki Djajengraga moendoet ketan kolak kokoh Djajengwesti mesem moelat ingkang raji alatah kang rama goemoedjeng moewoes poenapi kang sira sabda
38. pematoer ki Djajengwesti poetra padoeka Djengraga pan kenging kaoela petek denja nadah ketan kolak kang rama angandika pan tjilik moela adimoe dojanane ketan kolak
39. tan woen denja memanoehi noetoeg sesamben njamikan jata woes mandjing wektoene lohor pan samja asalat ki Baji dadya iman sedajanja samja makmoem Malarsih lan poetranira
40. Tambang-raras lawan tjeti Tjentini Soembaling miwah ingkang makmoem sedajane woes antara denja salat paragat bakdanira sesalaman sedaja woes kang makmoem moedoen mengandap
41. sang wirja wangsoel gjan malih aneng soerambining langgar daran meksih pepak ander kang kalong woes sinoelaman anjatoer batal karam mjang riba soenat lan perloe tjegah pakon kang rinasan
42. mengkana sedangoeneki sinambi dahar njamikan andoengkap wektoe ngasare noelja samja asembahjang tan owah makmoemira ing wektoe ngasar bakda woes sira ki Baji Panoerta
43. moedoen saking langgar aris sarwi alon angandika den-pada tanak loenggoehe soen arsa siram sadela poetra matoer nor raga noelja kondoer mring wisma goeng ki Baji sawoesnja siram
44. nimbali garwanireki pinarak aneng djerambah sarta poetranira ni ken Tambang-raras aneng ngarsa ki Baji lon lingira kae santri kang mertamoe dajohmoe ki Amongraga
45. sedangoene soen timbali pasang semoene djatmika awenes wening senene selaminingong tamian santri kang woes oetama tan kadyeki legaweng soen tjipta lir gjan ngong ajoga
46. soekoer jen sajekti inggil ngelmoene woes soeroep ing kak lir toetoere nakmoe karo nadyan ora mengkonoa soen tjaloni ngoelama ni Malarsih Ion oematoer inggih dateng kesinggihan
47. ing semoe samja magoeti kang poetra iboe Ian rama mapan toenggil kaleteke kewala tyas tan kawedar andeder pan aneda daoepe dedajohipoen sadidik 1) dadya dadakan
48. teka mengkana tjipteki ki Baji malih ngandika mengko olaha kang aden oelam lawan pepanganan nora doemeh jen katah setitik jen sarwa loehoeng dajohmoe iki oetama
49. kaja widjining amoekti ati-atinen kang sarwa prajoga pasoegatane Malarsih matoer sendika mengkana wajahira kang soerja woes toenggang goenoeng ki Baji wangsoel mring langgar
50. wantji mandjing wektoe magrib ladjeng sami minggah salat Noeripin Djamal Djamile Djalalodin Loetji samja amendet toja kadas santri Loetji kang adan woes sedaja samja asoenat
51. ni Roebiah makmoem sami lan kang poetra Tambang-raras ana ing gandok masdjide
1) prajoginipoen : setitik.
let wrana kadjang djedjetan kang ler pawestrenira tjeti Tjentini tan kantoen Soembaling mjang pra wadonan
52. Tjentini tan kena tebih langkoeng karem ing agama marma dyah langkoeng geng sine mring bok Tjentini wit noenggal ing boedi pekareman tan kena sah siang daloe woesnja kang sami asoenat
53. mandjing kinen angamati ki Baji kang dadya iman ngangkat perloe oesaline tibaning takbir asantak woes oesali sedaja pan ilhar pemaosipoen patekah sadjak Birftara
54. groal-graoel angoenani sawoese patekah matja pan soerat koelja ajoene kang akir woesing patekah pan soerat ida dja-a 1) doemoegi ing bakdanipoen iptitah ladjeng poedjian
55. woes poepoedji ladjeng dikir woes dikir donga radjoekna anoempa donga soekoere anasib ki Djajcngraga swara landoeng angembat boentas lega pan anglangoet kang amin-amin ja Allah
56. woes bakda perloening mahrib samja soenat bakdiatan ki Baji Amungragane Djajengwesti Djajengraga nandjehken soenatira wabinem rekangatipoen tri salam tapakoer ing Hjang
57. asoedjoed takroeb ing Widi poting mahrib mandjing isa kinfen angadani mangke noelja adan jat-ajatan Noeripin Djamil Djamal
Djalalodin Loetji pan woes wong Iilima sareng adan
58. woesnja soenat sedajeki ki Baji alon lingira rnarang Amongraga kinen angimani perloe ngisa eh anak Amongraga madjoea ngimami perloe genti soen makmoem kewala
1) prajoginipoen: padarakan.
1) katja 368 kalian 369 ing babonipoen kalangkoengan.
2) prajoginipoen: daharan.
1) prajoginipoen : daharan.
2) prajoginipoen : legaweng.
59. Amongraga noewoen adjrih
ngling aris ajwa soemelang soen kalilani deweke woesana matoer sendika ladjeng seh Amongraga ngimani angangkat perloe oesalinira pasekat
60. oesali parlan ngisai arbanga rakangatina adaan imaman kable jatan lilahi tangala Allahoe akbar noelja tasbih sarta wadjahipoen patitis matja patekah
61. emad kasare terampil sekatahe kinawroehan mjang sastra kandel tipise tetela tan moesabiat djais wadjib ladjimnja swaranira amlas ajoen ngalep-alep angemandang
62. noedjoe kalimah walalin toemembel kandel eladnja ngandelong landoeng oelone' sedeng traping moekaranah prenah genah ing talak sadjak jaman nganjoet-anjoet ajat sawoese patekah
63. soerat djoemngah awalneki akire woesing patekah soerat moenapek ajate tertib sarta toemaninah karenan kang makmoeman sedaja tyase tawadjoeh soekoer nikinat denja salat
64. woes antara tahjat akir asalami bakdanira asareh poepoedjiane noelja dikir napi isbat arahab mrih sapangat ing dikirira woes soehoel bakda dikir matja donga
65. Djajengraga kang nasibi dasar besoes ahli swara angentoet-eatoet sadjake sawoesnja donga selawat samja asesalaman koemaroeboet sedaja woes samja soenat bakda ngisa
66. noelja boebar kang makmoemi kantoen sang para ngawirja ngasoedken soenat witire bakda soenat trap wiridnja isbandi satariah tandjeh ing soehoel woes djoenoen sira ki sen Amongraga
67. denira kasoed ngantoeni dereng pot tepakoerira pana ing dalem lajape lijep marang kanjenjetan tan pada rat woes komplang pagoet ing tingal panaoel pantoging tyat 1) kedjoemboehan
68. tan pinangka minangkani ing napi kelawan isbat tjengeng linoear ikrame rasarasa jen loeara saking sroe kawimboehan ing rahmat nikmating kalboe sabakdaning wiridira
69. noelja soedjoed tanasari soedjoed takroeb anelangsa minta apoera dosane angirigaken bidengah giwar saking maksiat nimpang ing tyas kang tekaboer kibir angas mring Pangeran
70. tobat nasoka sroe tokid waspanja dres marawajan kalingling kaloepoetane mengkana ikraling nala moepit maring Pangeran
linahirken djroning takroeb kang moega goesti Pangeran
71. kang kewasa andjoemboehi kang latip ing kaelokan dinohena amba mangke ing tjipta ria soemengah kiparat ing sesama jwa kaselan ing pendoeloe pemandeng amba ing toean
72. mengkana seh Amongragi woes poerna denira kawas ion andjoendjoeng wedanane woes moeljeng djaman moengajan ja djaman kaloemrahan loemrah sedjabaning wektoe ia djaman saban-saban
73. woes bakda seh Amongragi noelja marek aneng ngarsa mingser kang raji kalihe woes tata denira lenggah ki Baji angandika mring Loetji sira dengoepoeh manira poendoetna sega
74. mring njaimoe ni Malarsih kang liningan sigra mentar pan sampoen dinawoehake ni ken Malarsih agepah anoeding tjetinira Soembaling Tjentini goepoeh samja anampa rampadan
75. ni Malarsih aneng ngarsi sapraptanira ing langgar kang boetjoe sinaosake neng pandjang giri peradan rampadan piring lantjaran langking samja pradan loehoeng oelamnja tan pati katah
76. pes-pesan tambra tengiri botok djambal mangoet oetak bakaran angsalan kialen basengek opor kambangan masin ajem mendjangan ragi pondjen empal doedoeh dengdeng gepoekan gorengan
77. prit gangsir katik goelatik dengdeng age ati lidah sregan limpa rempah gadon lombok kentjeng petis banjar tjokak kelawan ketjap lalaban semangka timoen temoe poh terong lan katjang
78. sesambelan amepeki ki Baji alon ngandika lah pajo wewanting angger noejja samja wiwidjikan Djfengwesti Djajengraga katri sell Amongragekoe ki Baji ambeng piambak
79. dyan lekas samja aboekti pikantoek denira nadah Djengraga dokoh akokoh barongkos 1) anglenga nemen lir boeka siam winaratan oelamipoen sen Mongraga denja nadah
80. kepel sawidara boengkik moeng pikantoek nern poeloekan pan goetoek kepel atobe kantoen sakepel angantak antak nganti loearnja ki Baji wroeh tjipteng kalboe gja awidjik aloearan
81. Djajengraga meksih boekti denja kokoh katanggoengan kasesa Ioearan mangke Djengwesti me.se m lingira bok kang alon kewala ngenganteni jwa kes'oesoe kang raji goemoedjing nabda
82. padoeka ngling angentosi ngentosi kendel kewala namoeng boten widjik bae kang raka ngling djer-karosan madani teloeng boeka ki Baji goemoedjeng moewoes dimoe ikoe tjilik moela
83. brongkos doedoeh den-dojani dek tjilik bebede ilang den-oeroepken rames brongkos pan sareng goemoedjengira mesem ki Amongraga
noelja sami atoetoeroeh ambengira tjinarikan
84. pinaringaken pawingking Djamal Djamil tinoewoekan Noeripin Djalalodine Soembaling Tjentini sigra anglorodaken dahar wong kekalih sareng moendoer wangsoel anampa dedaran
85. tinata ni ken Malarsih ingkang kalong woes sinoelam pepak sarwa aden-aden woesnja anata dedaran ni Malarsih liningan kinen moendoer ing wisma gocng noelja kondoer maring wisma
86. woesana wangsoel aningid lan kang poetra Tambang-raras jata kang samja aloenggoh sira ki Baji Panoerta lon widjiling wetjana moerwani patakenipoen marang ki sen Amongraga
87. sedenge rerasan ngelmi ing wantji meh sirep djalma anak Mongraga jektine ingkang dadi preloenira pepanggih Ian poen bapa lah mara wedalna goepoeh kang dadi soemelangira
88. babing basa kang piningid doenoenge ana lan ora apan sajekti anane tjoeriga mandjing werangka werangka mandjing marang ing tjoeriga balikipoen soeksma mandjing maring badan
89. badan mandjing ing soeksmeki Ian tjahja ing malaikat nabi wali ing tjatjahe apa ikoe anak ingwang kang dadi roebedira pira barane nakingsoen jen bisa amadangena
90. jengsoen marang ing sireki Amongraga atoerira kaoula noewoen pan dede padoeka woewoes poenika pan teksih basa swara kewala pan dereng djoemboeh meksih kabar jakin sarak
91. sarengat kabiroe jakin nganasir moenggoeh ing Allah meksih rambatan dalile madeloel idjemak kias katah djoedjoeioekira masoetji moelja Hjang Agoeng Hjang Aloehoer Hjang Wisesa
92. poenika pan meksih ngelmi dereng abadan sadjoega kadjeng kaoela jektine itjala nama kaoela woes roron-roron toenggal kewala lawan Hjang Agoeng poenika oeloen oepaja
93. keiamoen ngemoengna singgih poenikoe kang toean oetjap teksih katah ling-alinge dereng koempoel Ian Pangeran dadya manah maksih was ing Kawis sampoen angoemboek saben wong anom mengkana
1) Inggih poenika: soerat alnasr.
1) prajoginipoen : tyas.
1) kirang 2 wanda, katambahan: ira.
36e Zang; dichtmaat: SINOM.
1. tan soesah amba oemarak dateng ing padoeka nenggih marmamba marek ing toean kawarti saking ing Kawis padoeka sampoen sidik nenggih basa kang poenikoe djetoeng Baji Panoerta sareng miarsa toerneki sapandoerat datan kena angandika
2. jektine amoeng poenika
ageme kiai Baji nadyan lambang djer poengkasan sirahing soeloek sekalir woesana angling aris ki Baji lah mara goepoeh djawaben kang pratela sakehe oedjarkoe iki apa rapak lawan kawroehe wong kana
3. mengkana seh Amongraga matoer mring kiai Baji . wondene timbalan toean basa kang padoeka pingid doenoenging ana jekti poenika djirim kang moedjoed djirim djriah karidjah inggili ananing sekalir pan asjaka djirim anse istidelal
4. poenika ananing aral
kaoela-kaoela jekti tan kewasa gadah poerba lir sarah aneng djeladri tan kena ngrasa toenggil goesti tetep goestinipoen kaoela tetep koela tan kena silih-sinilih moeng angandel woedjoede kang sipat moerah
5. wondene doenoenging ora
kita poeniki ngandemi tan nedya mjat ing Pangeran woedjoede ingkang sa-iki tokid kita poeniki woes angandel jen Hjang Agoeng tan arah enggon ora kanta warnamboe raseki tanpa doenoeng nanging doenoeng tan doenoengan
6. tan kena kinaja apa poenika tetela moekmin koempoeling ana lan ora djoemblatoen moenkin pi djirim djirim woes tetep moenkin moenkin ngadam kadal woedjoed moenkin djoed badal ngadam poenika moenggoeh ing dalil ingkang leres mirad 1) kang kadya poenika
7. wondene kang salang serap
ing graita den-wastani anane ana ing kita rinengkoeh woedjoeding Widi tan tinoenggal-toenggali datan ana kang njekoetoe ekak ing dewekira piambak tan ana kalih ingkang nora wiwitan nora wekasan
8. poenika boten saketja karanten kita poeniki dereng binoeka dening Hjang koeasa nampik amilih liripoen nampik milih kamoerahaning Hjang Agoeng moerah kerana donja ridjeki sandang lan boekti teksih amilala enak lan kepenak
1) prajoginipoen: moerad.
9. angrasa sakit saketja
bener loepoet ewah gingsir gingsir maring kaeiokan kepengin sampoerneng oerip kasoesoe boengah ati atine akoedoe-koedoe koedoe ngakoe Hjang Soeksma geseh tekade tan noenggil ngelmi ekak tekad ngam abangsa riah
10. dados pendeking paningal tjopetan rimbag Ian ngelmi ngelmi kak kedah kas tekad anampik tan melik pingil pingil donja poeniki melik pingil moeng saiemoed langkoeng kagengan brangta sepele dipoen-kedani boten ampoed lawan kamoeljan akerat
11. ki Baji mitjareng nala rada belero ing galih dene kekalih moeradnja denja moeradi kang dingin dereng pati njoeroepi dene moerade kang kantoen satengoe nora gagal woes toemanem tyas kadyeki woesananja den-arani. keloepoetan
12. mantoek-mantoek pan rinasa
rasa soerasaning elmi jata lon denja ngandika toetoegna'ngger kang matitis Mongraga matoer aris . dene kang padoeka woewoes nenggih ingkang tjoeriga mandjing ing werangkaneki elokipoen werangka mandjing tjoeriga
13. poenika pralambangira soeksma mandjing badaneki
lan badan mandjing ing soeksma inggih salat djatineki wonten ing dalem takbir--atoelikram tjampoehipoen pandjinging soeksmeng badan badan mandjing ing soeksmeki nalikanja ingrikoe tjampoering karsa
14. minangka saketengira lawang ati sanoebari binoeka kelawan ikram mirad moenadjad toebadil lestari pandjingneki soeksma maring badanipoen mangka poenika badan oemandjing maring soeksmeki jen woes koesni ing dalem ikraming salat
15. minangka seketengira pamboekaning roh ilapi binoeka kelawan salat koesta daim ismoe ngalim lestari pandjingneki badan maring soeksmanipoen soeksma pan woes kapoerba maring badan sabab dening badan saged anembadani ing soeksma
16. dene ingkang salah tampa kang salang soeroep ingelmi tan goegoeroe koemabisa anggeping kita poeniki dinalih badaneki mandjing maring soeksma loehoeng sirna woedjoeding badan woes badan soeksma sekalir nora nana badan moeng soeksma kang ana
17. obah osik solan tingkah ing siang kelawan ratri ing kersa-kersaning soeksma tingkah-tingkahing soeksmeki badan woes den-tamboehi badan soeksma sadjengipoen tan ana watesan 1) ing awal toemekeng akir kang poenika tiang kaslio ing tekad
1) kirang sawanda, katambahan : nja.
19. mapan woes nedya anjoengap mring pribadine Hjang Widi tan sedya moring asja-a woes moeslim maring pribadi kedah mekaten oegi lamoen tan mekaten riboet ki Baji tyasnja wewah soemerep mirad 1) kekalih pan gineget-geget sangsaja kerasa
20. ki Baji alon lingira toetoegna maneh nak mami Mongraga Ion atoerira de tjahjaning malekati padange tingal djati wonten senening aloehoeng loehoeng ingkang woes limpad winahjoe rahajoe boedi sinoeng tjahja kelomodrn ing malekat
21. tan tekdir sawidji roepa malekat poenika haib nglimpoeti sakehing roepa roepa-roepaning tjahjeki jahja sasmita wingit wewarah sadereng modjoed pan datan kawangoeran namoeng kang kinarsan dening Hjang maha goeng kang asipat bidjaksana
22. kewala ingkang kinarsan idajat oelah minihi idajat tjahja malekat poenika sedjatineki dene nabi Ian wali para nabi tjatjahipoen sadjabare ing koer'an wali sadjere koer'ani moekmin ekas sa-epese koer'an kehnja
23. jektining nabi poenika walboerhanoe ambiai ina pi dati alaka karidjah bilmoekdjidjati pratandaning pra nabi karem ing dat sartanipoen medal ingkang moekdjidjad toer anoe walioelahi ina pi sipati alaka karidjan
24. bilkaramati poenika
pretandaning para wali pra wali karem ing sipat medal keramatireki walboerhanoe moekminin wa ina pi apengaloe alaka karidjatan mangoenatri pretandaning moekmin ingkang ekas karem ing apengal
25. lan medal mangoenahira
ingkang pangkat tri prakawis sedjatinipoen poenika woedjoeding ratoe kakiki ratoe adjaman nabi sih noegrahaning Hjang Agoeng wahjoe tjahja noerboeah ing kenabean pinesti sinoeng rahmat kamoeljan donja akerat
26. ratoe djaman walioelah sih noegrahaning Hjang Widi wahjoe tjahjane idajat ing kewalean pinesti sinoeng rahmat ing akir ratoe djamaning moekminoen ing sih noegrahaning Hjang wahjoe tjahja latoelkadri kamoekminan pesti sinoeng rahmat donja
27. dene kang salah tampinja
malaekat nabi wali moekmin ekas aneng badan datan maredjel sademi tjahja moekdjidjat toewin keramat mangoenahipoen aneng badan sedaja badan woedjoed malekati woedjoed nabi wali moekmin aneng badan
28. poenika boten saketja anggepe ngangas-angasi boten tejeng ing kasidan kang tan djomblah tekadneki kawroeh poenika nilib mleset kedjangkelok loempoeh wa poenika soemangga sarehning mirad ²) kekalih akJkirih satoenggilipoen pepalang
29. kirih poenika oepama wowohan djamboe kang inanis tan mawi optjek-ontjekan kewala ladjeng binoekti pepalang saoepami wowohan doerjan kang aroem kedah angarah-arah wroeh djoedjoeringaning ing ri pinalekah jen dereng mletek lekasa
30. ngelmi kang padoeka oetjap leres sajektine jakin namoeng selaja ing tekad woes sami nabon pribadi ki Baji doek miarsi tyasnja ledjar mantoek-mantoek saja soemerep gamblang kategor tyase ki Baji woes katjoepan tan goelawat mawalana
1) prajoginipoen : moerad.
2) prajoginipoen: moerad.
31. Mongraga pembatangira
sakawroehe den-wastani genah ing satoenggal-toenggal malah ragi den-wewahi inginggahken kang elmi ki Baji adjoemboel-djoemboel mandah 1) dentelakena paran dene kjai Baji pengraose woes panggih lawan Pangeran
32. jata glis angrangkoel madya. sarja ngling doek anak mami ja pagene sira njawa woes njekel ngelmoe premati kongsi prapta ingriki adoh-adoh para djoedjoeg sajektine manira moeng ikoe boentelan mami arinira karone doeroeng ngong warah
33. ngong wehi basa poenika
miwah kang para boepati kang samja ngangsoe maring wang soen wehi ngisore tebih temah tibeng sireki meh tan ana karjanipoen ing Karang pan djelanah wartanira ikoe kaki jen ing kene ngelmoe ikoe gegedongan
34. ajwa ingkang moenggoeh kaja kang sira oetjapken inggih jen poen bapa soemoeroepa lagjekoe boentelan rnami paran dene tyas mami bolong sa-iki katengsoen Amongraga toerira basa kang poenika inggih sajektine kaoela sampoen oeninga
35. marma gepah amba niarak
ing toean poenapa sami mirade lawan kaoela nenggih basa kang piningit woesana toean sepi ki Baji malih angrangkoel doeh bendara soetengwang pan poen bapa woes ambalik wak manira sira ger kang madangena
36. nenggih basa kang poenika oematoer seh Amongragi inggih tan kenging jektinja jen tan adjrih djiwa ragi Ian malih boten kenging jen kadjarwa ing ljanipoen kedjawi kang woes pada angalap poenika kenging ki Panoerta andekoe ing woewoesira
37. pan sarja asrah prasetya
katah-katah kjai Baji lingira mring Amongraga jata mengkana anoeli anjimpar maring djawi noelja midjil saking tadjoeg kilene pangimanan aneng sasoring koemoening kjai Baji Panoerta madep ing keblat
38. seh Amongraga atangat sarekangat sajam noeli tepakoer ngeningken tingal ing gaibira Hjang Widi amantjad ing tareki mikrad lepas ing pandoeloe pleng komplang sanalika ing djaman sapta tinarki alam kamil alam misal alam adsam
39. ping sekawan alam arwah kapitoe gaibe katri wakidiat lawan wahdat akadiat sami haib isim sadjroning gaib ihgrikoe denira soehoel ening tan katjamboran pinalalpana ing tekdir tan kalempit ing tingal tan koemalendang
1) prajoginipoen : mendah.
40. wroeh papantjening asja-a
mjang gandjaraning kamreki siksa gandjaraning dabah mengkana denira moepid tan pae andjoemboehi tarekinira tanadjoel akadiat wahedat wakidiat gaib akir alam arwah alam adsam alam misal
41. alam insan kamil loear woes bakda tanadjoel tarki woes moeljeng djaman wentehan mengkana sen Amongragi ningali kang neng woeri ki Baji meksih toemoengkoel sesangat antaranja dekoekoel kondjem ing siti ki seh Amongraga alon woewoesira
42. lah woes toean toemengaha
prajogi sami alinggih sira ki Baji Panoerta goepoch denira atangi tingkahe ihgamisik timpoeh wioeng ngaben dengkoel matis tan ana obah djangdjine angalap djangdji djangdji setya toehoe ing donja akerat
43. ki Baji asrah prasetya
kasanggeman jata noeli winisik basa sampoerna sareng miarsa ki Baji senggroek-senggroek anangis tangis tjoemeplong ing kalboe manah padang nerawang ngraos toewoek tanpa boekti pengraose woes ana sangisor aras
44. ambalik sami sekala kramane mring Amongragi rnfh-meh kaja ngabektia
saking tan njipta kekalih moeng mangsoed goeroe jekti ki Baji aris toeripoen raji dalem kalihnja soemangga ing kersa sami ingkang moegi wontena sih woelang toean
45. inggih kang basa poenika
Mongraga oematoer aris gih poetranta sekalihan sampoen kaoela wedjangi ing ratri kala wingi kalihe woes sami soehoed matoer alkamdoe lilah kaoela dados woeragil sakelangkoeng panrima koela satitah
46. Amongraga pan woes wikan
ing dalem pepantjeneki ki Baji lan poetranira Djajengwesti Djajengragi beda gandjaraneki ki Baji gandjaranipoen sih kamoeljaning donja kang poetra gandjaraneki pan tjetjalon gandjaran moeljeng akerat
47. kewawa ngelmi makripat
de ki Baji Panoerteki kahidajat ngelmoe sarak sarengat oetameng oerip Mongraga matoer aris padoeka ingkang akasoed tepakoer maring Allah Ian tangat kalaning wengi lawan ngagengena salat perloe kala
48. jwa pegat adaroes moelang
ing kitab koer'an amerdi ing djanma pekir kasihan ki Baji nor raga adjrih ing woelang Amongragi Mongraga malih oematoer soemangga maring langgar ki Baji aneng ing wingking prapteng langgar mingser kang raji kalihnja
49. woes tata denira lenggah
ki Baji langkoeng nor ragi Djajengwesti Djajengraga moelat mring seh Amongragi tjahjane angoeladi senening goeaja mantjoer tjetjangkoking awirja ngoesoema semoene wingit pan ketara pasang tedjaning olia
50. kang poetra kalih tyasira boengah amerwata siwi aningaii mring kang rama antoek noegraha djinatin ingga sampoernan noenggil . samjangsal wedjanging goeroe ki Baji Ion ngandika marang poetranira kalih sira pada woes sinoetji ing paningal
51. kang poetra aris toerira mring rama goemoejoe sami padoeka andangoe marang kaoela Iawan poen adi inggih sampoen pinaring marang ing poetranta nenggoeh basa ingkang poenika padoeka kita sisani ingkang rama mesem lega ing tyasira
52. ngling malih mring Amongraga
iboenta poenapa kenging mirsa basa kang poenika Amongraga matoer aris poenika boten kenging estri ripak wadaliipoen boten kadi ni Dara Moertasiah garweng Arip inggih minrjak amewahi kang doeraka
53. soesah-soesah mekatena
1) sok temena oegi genja pala krameng toean pesti ing tembe pinanggih jata bok Sori Baji denira ngintip woes dangoe aneng kadjang djedjetan pinaletek mrih oedani Iawan ingkang poetra ni ken Tambang-raras
54. apan woes sasonten mila Tambang-raras Ian bok Sori tjeti Tjentini tan tebah denira sami angintip
katon sasolahneki kang samja rerasan ngelmoe kjaine doek winedjang wong roro sareng oemidjil sapraptane ki Baji sanget nor raga
55. ni Sori lan Tambang-raras tyas soekoer boengah, tan sipi Tambang-raras sadangoenja mjarsaken rerasan ngelmi getoen dene njapleki ing elmoe osiking kalboe kabeh raosing dria ing moerad basaning tepsir nora gotang kang liningken Amongraga
56. toewin denira oemiat
Tambang-raras mring Mongragi sapraptaning pamisikan tjahjanira angindaki kilah-kilah mawingit ing senenira soemoenoe wenes tnanis soemilak toemedja amreba ²) ni pan sangsaja medar kebagoesanira
57. ni ken Tambang-raras rantas
tyasira toempes ketawis kedaoet dahat kerantan roentoeh tyasira mawerdi tan pa awer roedatin katemben denira woejoeng wioeng ngoejang ing dria andrawaja waspa midjil manah bebeg djoedjoel kedjala ing pria
58. priaji kang lagja prapta pratameng el mi kedjatin Tambang-raras ngling ing dria ki Dalem bisa karja gringo paran bisa wak mami loemadeng pada angestoe mring ki Dalem kang memba njoedama poernama sidi doeh ki Dalem dalema ing Wana-marta
59. teka rnengkana linging tyas tan kewawa anjabili saking geng kanndoehan brangta tan Ijan kaeksi kaesti pan amoeng Amongragi kang modjok medjek djedjantoeng ngreradjang djingdjang gojang poejengan sadjroning galih nanging taksih angeker ing sangkribira
60. dadya angganja djatmika tan owah denira tinggih astanira aiiangan ing gapit kadjang galamit pinaletek rong njari doeloe sarja sangga djanggoet mengkana Tambang-raras angingkoet tyas ingkang wingit pinapanken tepakoerireng Hjang Soeksma
1) kirang 2 wanda, katambahan: djangdji.
2) kirang sawanda, katambalian : wa.
61. ja ilahi soebkanallah
he Allah kang maha soetji kang.moega goesti Pange'ran kang agocng kang anglimpoeti kang sipat moerah asih sajekti amba noenoehoen moega pinarengena ki Dalem kelawan mami ing pangadjap amba toean tekanana
62. mengkana ekraling nala
nalika amoentoe boedi alajap ing penglinggihan pan aoel tjiptanja ening tan ana kang oedani mring sang rara denja kasoed ni ken Malarsih miwah tjeti Tjentini tan oening jen bendaranira lagja soehoel ing Hjang
63. sesangat denira ikram
kentjeng tjengengira ngikis amepes napas mrih kawas woes bakda datan ketawis jata bok Sori Baji denira ngintip woes dangoe Ian poetra Tambang-raras koemanjoet sareng miarsi ing woewoese waoe ki seh Amongraga
64. kelamoen estri tan kena ngalap ngelmi kang piningit abot moewoehi doeraka jen dereng nir ingkang boedi
osikira bok Baji lega doning kakoengnja woes amoeng ni Tambang-raras toemoengkoel merebes mili senggroek-senggroek ladjeng mantoek marang wisma
65. kang iboe pan woes oeninga
jen poetra sanget prihatin ladjeng manggihi kang raka ki Baji kagjat doek oening miat ing garwa noeli sinapa sarwi sinendoe garwa ladjeng tan wangwang matoer bibisik awadi sawoesira garwa ladjeng mantoek wisma
66. jata ki Baji Panoerta
djetoeng dangoe datan angling miarsa atoering garwa Iangkoeng poetek djroning galih sinamoen sangkribneki woes datan ketareng semoe Mongraga ris atoernja mring rama kiai Baji toewin marang Djajengwesti Djajengraga
67. oetamaning kelakoehan
ing pana tigang prekawis wadjib sami ngawroehana pananing dat kang setoenggil pana kang kaping kalih pananing sipat poenikoe pana kang kaping tiga pananing apngal djangkep tri pananing dat tegesipoen jektinira
68. tan ana woedjoed kalihan
amoeng woedjoeding Hjang Widi sedaja woedjoeding Allah pana sipat tegesneki sekatahe kang oerip tan lian Allah kang modjoed tan ana ingkang koeat tan ana kang ngoedaneni ing asja-a kang maoedjoed anging Allah
69. tegese pana apengal
tan ana penggawe mosik kabeh penggawene Allah poenika ingkang kelingling ing siang lawan ratri ki Baji saja soemoeroep kang poetra kalihira noewoen-noewoen woes mengerti matoer malih sira ki seh Amongraga
70. dening tekad poepoengkasan pan inggih kalih prekawis sarengat lawan makripat manoet tekdiring kang elmi jen sarengat kang elmi ing tekad kedah tawadjoeh kang sentosa ngibadah soemoengkem ing perloe wadjib anglampahi tjegah pakoning sarengat
71. poenapa djangdjining sarak ajwa kangsi anggegampil poeroen-poeroen karja wenang nglong-longi hoekoem kang wadjib poengkase moeng sawidji tan ke'nging pot salatipoen amoeng sawidji rahab ing wektoe perloe Ian wadjib jata daroen 1) ing kitab kelawan koer'an
72. ngrasehken idjemak kias
sarta sedya angantepi den ton djiwa den angrasa wirang jen tan anglampahi dene kang kaping kalih makripating tekadipoen kedah eklas ambirat ing misil kerana lahir tan mredoeli ingkang kipajah kal donja
73. den kirigaken sedaja sembahjang ngadji tan soedi tan kepengin madjemoekan tan kadereng nandang boekti tan kepengin kemoektin nendra radjah tamah nginoem tan predoeli sedaja pan amoeng dating Hjang Widi kang kaesti madjenoen moenggoeh ing Allah
74. poenika tekad kang tama tjangtjalan tjetjalon dadi ing kasidan pinardika kang angga saengga kitri moejek toemroena adi
tan ana leng-olengipoen beser wohe ngajangan poenika ingkang soepami salah satocnggile ajwa apepeka
75. ki Baji angling nor raga
inggih kesinggihan oegi tyas koela sangsaja padang nerawang datan kalempit roemaos tekad sisip ing elmoe koela kang waoe mangke woes angsal berkah winoelang djatining elrni inggih moegi kinoewatna dening Allah
76. sarta sawabe poen anak
kang tansah kaoela poendi lah kaprie kono sira koeloep apa kaja mami matoer kang poetra kalih inggih ing manah saestoe tan pae lan padoeka katah indakipoen wening anderadag tyas koela anglir pinilar
77. woes samja soeka pirena
datan mangmang ing pangesti seh angling alkamdoe lilah Allah ingkang nembadani loeloes santoseng elmi kang rimbag iktekadipoen jata malih ngandika mring rama mjang raji kalih lamoen pareng padoeka sami kondoera
78. kauela arsa iktikap tangat palilah ing ratri anoewoen makloem padoeka moegi padoeka lilani ki Baji Panoerta ngling inggih soemangga aplaloe pajo koeloep alinggar madal pasilan oemidjil ingkang poetra kalih oematoer soemangga
79. noelja medal katrinira santri Loetji angeloedi pinire ingkang dedaran denja tetebah woes bersih noelja moendoet pagoeling kadjang sirah klasa batoe tinata aneng langgar sira ki sen Amongragi mring patirtan soesoetji sawoesnja kadas
80. mring langgar tangat palilah tan tjinatoer solahneki jata ki Baji Panoerta neng wisma Ian poetraneki Djengraga Djajengwesti ki Baji alon amoewoes tanja esmoe soengkawa mring garwa ni ken Malarsih prie maoe toetoegena toetoerira
81. Ian soetanta Tambang-raras dene nora na kaeksi kang'garwa matoer pesadja poetra padoeka pan lagi atangat ingawengi sasonten mila andoeloe nginte lawan kaoela maletek kadjang rong njari aliangan sa-eler gapit djedjetan
82. kaoela inggih kadyeka sami nedya aniniling nijarsa gjan padoeka bantah Ian tami sang Amongragi oening sasolahneki padoeka pan djinaten woes poctranta Tambang-raras kalesedan denja linggih kados lamoen kawoeron mjat tamoe tarna
1) prajoginipoen: daroes.
83. sareng padoeka ngandika
iboenta poenapa kenging menggah ing basa poenika tamoe dalem matoer aris sajekti boten kenging sampoen wonten anggeripoen angsal bekti ing pria agoeng gandjaran pinanggih poetra toean asenggroek-senggroek karoena
84. ladjeng mantoek maring wisma anoempa tangatireki sapoenika dereng kendat poetranta kandoehan kingkin soemangga gjan anggalih poetra padoeka poenikoe saestoe woes kantenan brangti mring seh Amongragi moegi-moegi kagaliha poetra toean
85. kelangkoeng kawelas arsa sadjege dereng nglampahi samenir mikir ing pria saweg poenika mongwingit bok Sori ken Malarsih oematoer sarwi rawat loeh sira Baji Panoerta mjarsa atoering garweki toemoet ngondok-ondok welas mring kang poetra
86. woesana aris ngandika
marang poetranira kalih lah kaprie koeloep sira ing remboegira kang betjik kewoehan ing tyas mami gjan soen midjilaken woewoes Djajengwesti toerira ingkang kepanggih tyas mami prajogine toean djarwaha pesadja
87. kerana Allah kewala
boten wonten awoneki winisik sampoen kesamjan jen ta mawia kekelir dangoe kadang menawi salajeng karsa angantoe oetami kang belaka katingal padoeka woes nir tan soemelang malah kawistareng wantah
88. lah mara adi Djengraga
moenggoeh ing pikirireki kaprie prajoganira mrih lestari remboeg iki Djengraga matoer aris kewala kaoela toemoet ing nalar kang belaka temboeng pesadjan prak ati sampoen adat watak ngoelama kranallah
89. kang rama tyasnja woes ledjar
mjarsaken atoering siwi woesana alon ngandika iengsoen noeroet sireki jen woes pada ngremboegi soen temboenge mengko e'soek matoer inggih prajoga jen padoeka woes marengi pan sedaloe denira arerembagan
90. wantji woes akir idjabah mandjing soeboeh padjar gidib mjarsa swaraning wong adan ing langgar ki Djamal Djamil noelja samja mring masdjid djaloe estrisamja soeboeh moeng ni ken Tambang-raras soeboeh ing wisma pribadi woesnja kadas sedaja sami asoenat
91. woesnja soenat noelja kamat seh Mongraga angimami jigangkat oesali parelal soebeki rakangateni ada-an imamani lillahi tangalahoe akbar tasbih kabiran alkamdoe lillahi kasir ran pa soebkanallah boekratan wasilan
92. ladjengira matja wadjah ini wadjahtoe wadjehi ja aliladi patarassamawati wa alarli kanipan moeslimani wa mahjaja wa mahmatoe ila almoerikina noelja takbir kang makmoemi Amongraga pasekat patukahira
93. watjan sawoesing patekah soerat soedjdawalneki akiring woesing patekah soerat kasar kang kinardi pandjang wewatjaneki ing soedjada mawi soedjoed dadya dangoe degira toemaninahira tertib ingkang makmoeni sedaja kelangkoeng rahab
94. datan ana kang koetjiwa trap tingkahe kang ngimami kang salat antaranira prapta ing tahjat kang akir slawat atasing nabi mjang atas koela wargekoe toemaninah iptitah noelja salam awal akir bakda salam poepoedjian sesarengan
95. nganjoet-anjoet swara rampak woes poepoedji noelja dikir lalagon ladjeng asantak
ambata rebah kapjarsi woes kawan atoes dikir noempa donga limang wektoe kang nasib Djajengraga swaranira roem amanis woesnja donga selawat asesalaman
96. miwah kang samja asalat ing masdjid mangoe pan asri ing mangoe kang dadya imam ketib kjai Noer-soekidin gilir lan Talabodin kang salat ing masdjid agoeng saben kang dadya iman ki pengoeloe Basarodin kadang kjai Baji Panoerta piambak
97. swaranira sesaoeran
kang lagja rame adikir weneh saweg poepoedjian mjang lagja donga anasib piniarsa mewahi asri senening desa goeng saben kang koeat-koeat sentana soedagar soegih nadyan pipit masdjid piambak-piambak
98. wektoe soeboeh mahrib ngisa
rame swarane sarenti werata sedesa pisan katab swabawaning santri toewin jen noedjoe sasi ramelan trawehanipoen sagogolonganira kersanira kjai Baji satoes traweh sadjrone ing Wana-marta
99. tan woen ardjane kang desa jata kang salat ing masdjid sira ki seh Amongraga woes bakda soeboeh anoeli tangat loka akasil nem rekangat tri salam woes dikir tepakoer ing Hjang moepid denira awirid sawoesira Ioear saking pasoehoelan
100. noelja samja lelenggahan lan rama mjang ingkang raji Djajengwesti Djajengraga woes waoe bakda anganti dedaran gja soemadji Soembaling Tjentini waoe kang ngladeni ingarsa patean mjang wedang kopi gemblong lempeng tan kolak djoeadah djenang
101. ledre isen lawan bikang poetoe gedang majang tjangkir glali soetra djenang tjatja soerabi Ian koepat moendjit bakaran pisang koening bakaran dengdeng ginepoek woes tinata neng ngarsa Soembaling tjeti Tjentini moendoer sarwi bekta toep sadji karangan
102. Loetji kang tengga tjeretnja oeti ane'pasi geni mengkana sen Amongraga aris matoer mring ki Baji poenapa woes kaesti masalah menggah ingelmoe menawi wonten ingkang keraos soemelang galih iitggih moegi padoeka anglahirena
103. miwah poetranta kalihnja poenapa sampoen anoenggil menawi salajeng kersa toewin kirang serepneki prajogi kang kawidjil kerana Allah aplaloe gjan toean rerasehan lan poetranta jaji kalih ing roedjoeke kang oedjar waoe pocnika
104. ki Baji aris atoernja boten angger gih sajekti apan tan mangmang samendang oedjar poenika woes ening sajektine nak mami iboenta doek panggih mring soen jata medar pesadja saliring solah sekalir saraose sira ki Baji Panoerta
105. andekoe sen Amongraga mjarsa lingira ki Baji poetra kalih namboeng sabda mangrepa -atoerireki katahkatah minta sih
mring Amongraga mlas ajoen jata seh Amongraga oematoer marang ki Baji pan amedar nenggih sedjarah ing lampah
106. asai oesoele woes djarwa nenggih doek roesakireki negari ing Sokaradja woes djinarwakaken sami ki Baji doek miarsi lawan poetra kalihipoen andjetoeng ngemoe waspa sedangoenira alinggih saking dening ngoengoen mjarsa toetoerira
107. sedaja tjiptaning nala tan bodo kentjeng tyas mami njata widjiling awirja trah koesoemandana warih toerasing amertapi ngoelama abangsa loehoer noelja noetoegen rembag jata ki seh Amongragi anoeroeti jen woes panggih kadangira
108. semangke langkoeng lenggana
ki Baji ngemoe waspa ngling tanapi poetra kalihnja atoernja angasih-asih jen ta lamoen woes panggih sakersa rinta poenikoe tan ketang moeng sedina ing panggih tilaren gampil moeng welasa mring rajinta lir koekila
37° Zang; dichtmaat: DANGDANG GOELA.
1. langkoeng awlas ki seh Amongragi aningali mring Baji Panoerta toewin ing ari kalihe woesana ris oematoer kersa toean amba oemiring nanging panoewoen amba ing toean poekoeloen sampoen datengaken soeka inggih dipoen-saged roemeksa ing kami rehning ngemong toerida
2. kjai Baji woes sagah ing djangdji apan samja toeroet tinoeroetan tjoemeplong bolong driane itjal riringanipoen soeka boengah sadjroning galih narima maring Allah tjipteng tyas katoedjoe ana legane kang kersa jen tan pajoen kaprie ing solah mami kaja tan aneng donja
3. kjai Baji Panoerta ngling aris marang ingkang poetra kalihira kinen ambektaha age marang ing wismanipoen apan sarja wineling-weling ing salir solahira ing satoeroetipoen poetra kalih woes atampa noelja matoer Djajengwesti mring Mongragi soemangga kondoer medal
4. ki Panoerta anatnboengi aris inggih prajogi jen pareng ing tyas midjil kondoer ing wismane ing rajinta kang sepoeh Djajengwesti njarehken pikir kaoela pirembagan ing toemoentenipoen sen Mongraga tan ienggana woesnja pamit sesalaman binekta glis mantoek mring wismanira
5. jata kondoer waoe kjai Baji prapteng wisma panggih lan kang garwa dock lenggah lawan poetrane noelja winartan sampoen ingkang garwa salir ingoeni kelangkoeng soekanira garwa doek angroengoe ana kedik sengkeling tyas dene poetra lagja ana den-kersani saweg manggih soengkawa
6. ni ken Tambang-raras doek miarsi pangandikanira ingkang rama soekeng tyas ana sekele kang dadi soekanipoen tan andipe jen trah priaji kang dadi sekelira dene ngemoe woejoeng nanging dyah waspadeng tingal nadyan silih doematenga lara pati loeloeha woes sinedya
7. dene antoek ngoelama linoewih sedya krama ing donja akerat mengkana waoe tjiptane denja lenggah toemoengkoel neng ngarsane ramanireki kang rama angandika babo poetraningsocn moeng sira woding werdaja begdjanira ana kang sira karepi kepalang sekel ing tyas
8. nanging narimaha latnoen pesti palaling Hjang kang paring mrin'g sira nanging wekas ingsoen angger kang poetra gja winoeroek salir ingkang wong pala krami onde kang kina-kina estri kang woes kasoeb bebakoe dewi Patimah sosorane Aklimali garweng wong grami kakoenge ala toea
9. pan winartan patrape mring laki wonten malih dara Moertasiah mring kakoeng seh Ngarip trape lan Djoharmani ikoe antepira adarbe laki woes pinadjar sedaja salir solahipoen kang poetra sareng miarsa andikane kang rama sang rara noeli toemoengkoel rawat waspa
10. poma wekas ngong mring sira nini nem prekara tekading wanita ingkang woes moektamad raseh parestri kang linoehoeng ageongan ing nem prekawis tinoewadjoehken ing tyas tan mengeng seramboet estri kang dadi lepian kae maoe kang soen toetoerken sireki lire kang nem prekara
11. dingin wedi kapindone asih kaping teloe soemoeroep ing kersa kaping pat angimanake ping lima bangoen toeroet kaping neme laboeh ing laki lire wedi sira jwa wani ngroesak woewoes kabeh sapadaning ngroesak lire asih adja kemba sira nini rahabmoe marang pria
12. endi kang den-karemi ing laki sira miloea rahab kang tresna sabab sih toenggal woedjoede nalikane kajoengjoen kang sinoengsih lan kang ngasihi tan pae ing paeka miloea sih loeloet lire soemoeroep kang bisa amet ati ing pria kang anjondongi apa kang dadi tjipta
13. pepanganan boeboengahan toewin ing leledjem sasmitaning pria pria roedjoeke kersane lire ngimanken ikoe ngeling-eling watering laki tan ngilang-ilang woelang anggoegoe mitoehoe lire bangoen toeroet ingkang anglakoni sapakon-pakoning laki jwa wangkot ing sakersa
14. abot enteng saen wirang isin kinarja la ajoe ing sawiahwiah linakonan bae lire kaping nem laboeh tan ondjotan datan mangeni toemekeng lara pedjah tan nilar tan kantuen toh djiwa donja akerat ajwa doewe tyas rengked kang esa-k serik lilakna angganira
15. jwa piiih ing kedadeaneki angandemi denja noet ing pria tan soeineiang pamelenge ikoe rara den-emoet dalil estri kang angramati kang brangta maring te'kad lir toetoerkoe maoe wong wadon kang dadi iman ja alapen berkahe soepaja olih gandjaran ing akrama
16. bakal djodomoe ikoe linoewih wahjoe ngoeiama goeng toer oelia dasar trail ngawirja gede
lah den-bisa soetengsoen koedoe ngati-ati ing kapti adat bangsa wibawa kedah sira weroeh ngawroehi daloe Ian siang sakersane ajwa wani memaoni tobata ing Pangeran
17. sabab kakoeng woes tinitah djais angratoni ing dyah donjeng kerat anrapaken koekoemahe poerba wisesanipoen mring wanila oewocs djinais moelane sira rara tyasira kang soekoer den-gede panrimanira maring pria kang bekti anggoesti-goesti poma den-wedi sira
18. ni ken Tambang-aras doek miarsi ing woelangira pan ingkang rama lir taroe kadresan dene djawoeh oepaminipoen tyasnja semi amiminihi ambek koemba soesila tyas moestika loehoeng toemoengkoel angemoe waspa angling malih ki Baji mring garwaneki Roebiah toetoegena
19. awewarah mring soetanireki manirarsa nimbali rinira weh weroeh sarta remboege kiai noelja metoe angandika mring santri Loetji Loetji sira oendanga kabeh di-adimoe santri Loetji sigra mentar animbali sedaja kang para ari tan dangoe noelja prapta
20. ki Soeardja lan Wiradoesteki Koelawirja Panoekma Panamar gepah narka ana gawe asagoeh aneng ngajoen samja tjadang kersa djeng kjai ki Baji lon ngandika moelane sirekoe sedaja samja ngong oendang ngong weh weroeh jen poepoeloenanireki ja ni ken Tambang-raras
21. ngong doedoetken bae oleh santri santri mojang anjar saking Karang lagi toetoere maoene basa woesananipoen ngoelarna kas trailing amoekti aran seh Amongraga widjiling aloehoeng sira pada andongakna jen pinareng maring Hjang kang maha loewih djodone poeloenanta
22. ni ken Tambang-raras lan Mongragi moega selameta sihing Soeksma tetepa dadi djodone ri sedaja andekoe nembah matoer ngatoerken poedji moegi Allah marengna inggih daoepipoen para ri matoer ing raka amba datan mjarsa jen wonten tetami saweg serap poenika
23. ingkang raka angandika malih apa sira doeroeng wroeh warnanja pra ari oematoer dereng Koela-wirja oematoer koela ingkang midanget warti saking poen Tjarma-sana doek tembene rawoeh neng wismane Djajengraga pan kawarti santri saking Karang edi poetra sanget sihira
24. ki Bajwangling ja bener sireki djoedjoege neng wismane nakira kang nom Mongraga praptane rnengko kabeh sirekoe mampira wismane Djengwesti jogja pada panggiha lan bakal alomoe para ri matoer sendika nembah moendoer saking ngersane ki Baji medal mring wismanira
25. kjai Baji kondoer mring wismeki pra ri samja marang wismanira Djajengwesti ing djoedjoege jata waoe kepanggoeh sesalamari agenti-genti woes tata dfenja lenggah samjambageken woes
Djajengwesti ris toerira pan poenika paman padoeka kang raji djeng rama sami pria
26- Amongraga ngling inggih oetami mindak santosa ing sarakira pra paman mjat ngoengoen tyase pasang pasemonipoen samja moedji lajak trah loewih ketareng solan bawa tjahjane soemoenoe toemedja angoelad-oetad ki Soeardja woesana tetanja aris mring ki seh Amongraga
27. doeh anak mas soen tanja ing poendi asal kamoelanipoen anak mas seh Mongraga lon atoere saking Karang satoehoe tebih-tebih kaoela prapti ngalap berkah rakanta djeng kjai kelamoen winedjang ngelmoe raos kak Amongraga ing wadi meksih akoentji kang paman sedajanja
28. sampoen sami makloem ing wewadi woes winengkoe lia kang rinasan bab sarengat tarekate noetoeg sedangoenipoen denja samja rerasan ngelmi noelja samja pamitan mring kang poetra goepoeh ing ngandeg dahar tan arsa moeng ngong preloe pepanggih rehning tinoeding sigra asesalaman
29. tan tjinatoer solahireng oeni nalikane ing sawidji dina kjai Baji Panoertane aneng pendapanipoen lenggah lawan garwanireki poetrane tinimbalan tan adangoe rawoeh Djajengwesti Djajengraga aneng ngarsa ki Baji ngandika aris karo pada madjoea
30. pajo pada pipikiran iki saenake rinemboeg wong papat gawene kakangmoe kie dene pendjaloekipoen kakangira seh Amongragi ririkesan 1) kewala tyase meksih woejoeng lamoen manira ringkesa prie maleh anak pawestri sawidji anandang rara toea
31. nganti kelangkahan kadang kalih sira kelawan ki Djajengraga jen soen roa kaja prie Djajengwesti oematoer pan prajogi dipoen-toeroeti ringkesan krana Allah amoeng perloenipoen ewa poenika soemangga ing sakarsa sampean koela oemiring ki Baji angandika
32. sira prie soetengong taroeni apa ia kaja kakangira ki Djajengraga atoere menggah ingatoer oeloen kados poendi lamoen sinepi prajogi dipoen-roa ing sawawratipoen ing sariringkesanea koela warga tiang sedoesoen poeniki poenapa tan mjarsaha
33. pra sentana miwah magersari sinten ingkang dipoen arsa-arsa moeng djeng toean Ian liane lan kaping kalihipoen pan pikantoek soenat oetami Djajengwesti asipta mring raji andoeloe Djajengraga anor tingal ingkang raka namboengi wetjana ririh ja bener atoerira
34. nanging ikoe rada ninisani kersane kjai doeroeng winedar kang iboe lon andikane kaja bener adimoe tan ngapesken ramanireki jen rinowaha pisan pesti asoeng weroeh marang priaji negara kyai Baji Panoerta ngandika aris wis pada benerira
35. moenggoeh manira kang dadi pikir sekadare ia kinoermatan moeng sakoelawangsa bae emboeh toempeng saboetjoe rinajap ing brajat pribadi Ian wetaranen pira wong sadesa ikoe Djengraga matoer ing rama kados wonten tiang sewoe malah loewih kedjawi padekahan
36. ja moeng ikoe bae kang pinikir kebo selawe kirang tjoekoepa kedjaba bebek ajame wis Djajengwesti goepoeh kakangira ki Amongragi anaha wismanira sira besaningsoen beladahen omahira toetoewoehan kembar majang ajwa kari pan ikoe ila-ila
37. kasompoken kesoesoe sakedik iki lagi tanggal kaping sanga besoek ping rolas temoene pakolih sangatipoen ing Achmade sore ngasreri jekoe amoeng djagongan sadinten sadaloe ngarah apa riringkesan jen adjaha kepalang mantoekoe kingkin mestt limalas dina
38. Djajengwesti dekoe matoer inggih noewoen sendika ing reh padoeka dermi loemampah sapaken kang rama malih moewoes dene sira ki Djajengragi amemataha karja dadaka sadaroem kabeh koela wangsanira pra teloenen wetoening godong salempit kabeh mangsa bodoa
49. wong doekoehan adjana kang kari atoegoera dalem teloeng dina lan bodjomoe konen mrene dadya kantining boemoe ana ingkang soen pitajani lan paman-pamanira rehen saliripoen dadakan kang rampoeng rikat ing pakarja ajwana koerangan boekti mangsa bodoa sira
40. Djajengraga scndika toerneki ngling mring garwa ikoe anakira belandjanen sarjoekoepe Djajengwesti toeripoen noewoen sampoen ngantos pepa'ring saking berkah padoeka kados inggih tjoekoep lamoen semanten kewala Djajengraga goegoejoe mring raka sarwi sasmita praneng basa
41. prandenipoen koela den-westani anisani kersane djeng rama padoeka ponenika dene medalken gedegipoen angloehoeri kersane kjai dadya apagoedjengan ki Baji goemoejoe woes nora dadi angapa woes moeliha karo nambeleha sapi maesa bebek ajam
42. nembah matoer sendika noelja mit poetra kalih lengser sampoen medal ki Baji lon andikane bok Roebiah sirekoe bersihana wismanireki galetekan singkirna endi kang tan patoet tatanen ingkang prajoga satjaraning memanlon sabarang kalir memadjang kang moerwendah
43. matoer sendika njai Malarsih 1) noelja njorog petine giwang moendoet arta bolong kabeh kersa kinen toetoekoe animbali wadon Soembaling sira mianga ²) pasar toetoekoea boemboe oejah trasi brambang bawang katjang wose idjo kaloeak kemiri asem laos pandjelang
44. kang sarwa ken toetoekonireki goela kahwa adja koekoerangan
betjike borongen kabeh warnan pasar den-ramoet moepoeng pasarmoe dewe paing kang liningan sendika jata kang toetoekoe ambekta rentjang sedasa sigra mentar mring pasar wadon Soembaling angepak warnan pasar
45. jatra tigang dasa real enting age-age ingiring rembatan sigra katoer bendarane woes djangkep denja ngetoeng kjai Baji sigra nimbali ingkang raji Soeardja lan Wira-doestekoe Panoekma miwah Panamar Koela-wirja sedaja prapta ingarsi santri Loetji tan tebah
46. sira kabeh mila ngong timbali apa saparentahe nakira ki Djajengraga kang angreh gawene poeloenamoe pan dadakan sedina iki bladahen wismanira ia moempoeng esoek bandjoer tetaroeba pisah si Panoekma lan Panamar soen boeboehi ana sadjroning wisma
47. ladenana bok ajoenireki mangsa bodoa wong roro sira lan bodjomoe sekarone sendika kang tinoedoeh angling malih mring santri Loetji gawea kembar majang rong djodo kang patoet koempoelna sapa kang bisa lan malihe moendoet toetoewoehan tjengkir pisang teboe redjoena
48. marang para loerah santri-santri kang liningan Loetji sigra mentar andawoehken poendoetane samja ngoepaja goepoeh pisang radja Ian tjengkir Iegi teboe redjoena angsal katoer sedaja woes pinasang aneng sesaka sawernine saka tetaroeb tan kari sinoengan toetoewoehan
49. nora -kongsi sabedoeg gja dadi mjatig wismane Djajengwesti poerna rinajap dening wong akeh sakoela wreganipoen langkoeng scngkoed anamboet kardi lelatar rinesikan sedaja woes rampoeng ki Baji iboet parentah sawoesira anoelja ngingon-ingoni wetara koelawangsa
50. saroepane santri botjah tjilik kinoempoelken ngingonan sedaja den-adepi pemangane soeka denja andoeloe lamoen kirang dipoen-imboehi sekoel kelawan oelam noetoeg sami toewoek kami toea pra moemoelang neng mendapa karja soedjen sapit abing miwah kang moepoeh oelam
51. kjai Baji Panoerta siniwi neng pendapa pepak nak poeto'enja akemoel kampoeh sindoere koeloek tjemeng beloedroe destar batik Arab woes poetih njamping kawoeng loeasan kang mentas winasoeh lenggah ing lampit demangan njanding tepsir Djalalen Ian Baelawi pan ngiras amoemoelang
52. para pinisepoeh aneng ngarsi jen ki Baji amoeradi lapal kang namboet karja amene tangane sami gatoe seleh soedjen mjang sapit abing atakwa ing pitoea woewoelanging goeroe jen woes noelja namboet karja iamoen wektoe kendel salat bakdaneki noelja trap damelira
53. kjai Baji angling maring Loetji sira kang dadi djoeroene pangan ajwa kekoerangan kabeh
sakarepe den-toewoek ridjekine Allah marengi mangsa sabena dina memangan anoetoeg sakehe kang namboet karja samja sengkoed soeka renane kepati wareg mangan ambekta
54. bakda ngasar waoe ni Malarsih lan kang raji Panoekma Panamar katri mantoe Ian ipene sadinten gja memangoen anelasken rerekan apik Malarsih kersanira nglangkoengi kang oewoes roemijin doek darbe karja ngantos kaping kalih tan kadi poeniki gjanja memangoen tilam
55. patani geng ing tengah toelja sri bade panggenan pengantyanira kinarja poetihan bae inendali mara semoe sinalimoet ing sarwa poetih langse tjaweni pejak galer konoes aloes wewaton Ian sakanira toempang sari pamidangan soendoek kili linapis mori petak
56. pelag 1) lelangitan sarwa poetih podjok saka sekawan sinoengan wiwiron lir worah-wareh medok njekar ketjoeboeng pan kinajoe apoe apoetih tinon lir kembar majang moengser soesoen pitoe palisir kajwapoe malang tepoeng gelang soesoen katri samja poetih kelasa batoe petak
57. toewin kasoer ageng lan goegoeling kadjang sirah anteban pan seta tinoenda ageng alite lawan kekawalipoen padjagan sri sarwa apoetih winingkis ing tjantelan sinampiran katjoe petak winiroe araras karang oeloe kinarang melok melati mjang kasoer sinebaran
58. djinebadan amrik ganda minging patani geng inendah ing seta tinon toehoe tanpa tanda 1) iinon bjoer poetih mantjoer pan soemilak esmoe awingit nelahi dironing wisma soemoenoe dinoeloe ni Malarsih koermatira rnring oelama pinasadja sarwa soetji tjareming karasikan
59. kanan keri kokobong angapit moebjar moentjar karone kinembar kang kinarja goebah tjinde tjorak djelamprang woengoe pincrada goemebjar asri palisir garendjengan tinoeroet kajwapoe ing soetra idjo koening bang sesakane sekawan pisan linapis garendjeng lir saka mas
60. kasoer ageng sinamir mendoki goeling entjit soerati lorog bang bantal anteb samja tjinde miwah kekawalipoen tjinde idjo sinelan abrit bantal sinoesoen sanga geng alit tinoeroet karang oeloe pinelokari ontjen-ontjen anggitan gambir melati kasoer asri sinekar
61. soendoek kili sinamiran keling limar peloeng solok pandan soerat waloelin Ian pelangine kendaga karang soesoen peti giwang keboet angapit kendi pratoela ²) miwah katja Benggala goeng popondjen Ian paresikan mjang botekan tjetjanden pinrada asri kembar majang ingarsa
62. pandam sewoe lara bonjo ngapit genoek sadjen sampoen pinepckan
ila-ila sedajane asri kendoeng-koemendoeng ni Malarsih boengah tan sipi soeka sengkel sekala keraos tyasipoen ningali rakiting tilam djroning wisma anglir kaswargan kaeksi moelek ganda angambar
63. ni Malarsih soemoempel kang galih saking kagengen ing boengahira tanboeh raose manahe barebel arawat loeh prembeh-prembeh woesana nangis kamisesegen soepak anoelja tan emoet goegoep Panoekma Panamar djaler estri Rarasati anangisi goemrali tangis djro wisma
64. kjai Baji kagjat mjarseng tangis goepoeh denira loemebeng wisma ikoe ana apa koewe dene tangis goemroemoeng ki Panoekma oematoer nangis koela boten oeninga ing prekawisipoen ing sawoesipoen memadjang apan kendel noelja mewek-mewek nangis ladjeng niba kantaka
65. kjai Baji mantoek-mantoek angling
wis menenga adjana karoena betjik sarehena bae noelja sami anoeroet ingkang kantoen 3) noelja anglilir pan teksih marawajan tan adangoe emoet ki Baji alon lingira kena ngapa genira sira tan eling Malarsih atoerira
66. inggih boten wonten ingkang mawi ki Panoerta alon woewoesira mring Panoekma Panamare ia wroehanirekoe woes boenoehe adat wong tjilik jen katemben toemingal ningali koemendoeng nora boengah malah soesah saking dene nora taoe doewe apik moelane keneng lara
67. oekoer akeh titik amadidig keboengahen temahane soesah sedje pantjene wong gede gadah angandoeg-andoeg pengrasanja meksih setitik ikoe lagi wadagan bae ing woewoeskoe dene dalane agama jen oedjaring sarak poenikoe pan sirik tan kena kinareman
68. lamoen moenggoeh sira lawan mami nora kena koelina ing donja woes aganteng 1) wewalere tan kena mamak-moemoek jen kepretjet moeroengken dadi angloro ing Pangeran akerate boekoeng tjoetel lir gandjaranira apan beda lan kang tinitah pradjoerit tan kena koekoerangan
69. ki Panoekma Panamar samja djrih kaloehoeran sabdane kang raka toemoengkoel brebes waspane sanget kraos tyasipoen ki Panoerta moewoes mring rabi ia Malarsih sira den-narimeng woeroeli ajwa pegat dikirira Ian istigpar selawat atasing nabi tepakoer kang santosa
70. ni Malarsih toemoengkoel langkoeng djrih amitoehoe woewoelanging raka soeka soekoer ing kalboene winedjah woes tawadjoeh woewoeh tadjem andjatmikani sawoesira mengkana ki- Baji amoewoes wis pada tatrapa karja ingkang raji sedaja anjandak kardi ki Baji neng pendapa
71. wantji ngasar akir kjai Baji kinen kendel kang anamboet karja
dawoeh mring santri Loetjine' kinen amoendoet sekoel angingoni kang narnboet kardi werata koelawarga tan ana kang kantoen djalwestri apanta-panta pan aoeti santri Loetji angideri ngimboehi sekoel oelam
72. woes loearan denja samja boekti toewoek sakehe tan ana kirang sedaja pan menteg-menteg soerja woes toenggang goenoeng samja ngangkat wektoe mahribi santri naboeh kentongan goprake koemroesoek pra santri katah andjeprah sami goepoeh loemadjeng pating tareklik prak-prakan abaroengan
73. amet banjoe woeloe ting katjoewik kerabjoekan lir bendrong grahana saking katahing santrine salemprotan kekemoe kang woes woeloe mandjing ing mesdjid andonga jat-ajatan noelja adan baroeng swara sora roem arampak woesnja inallaha wa malaikati ladjeng sedaja soenat
74. sawoesira soenat samja moedji Djajengraga kang dadi moebalah alelagon istigpare swara oebjoeg goemroemoeng oemjang aroem rempeg kapjarsi kang tjiiik kang sedengan kang ageng abaroeng ngeiik ngandoel-andoel pada toemalawong tan ana barendjoel sidji dalah emele rampak
75. astagpiroellah alngalim min koelli danbin ngalim la jagpir ajoeman ilia rabbilngalamine baroeng aroem aroentoet goemarenggeng asri amanis woes mandjing noelja kamat ngangkat perloenipoen djeng kjai Baji Panoerta noelja madjeng kersa ngimami pra santri tangawoet ladjeng niat
76. woesnja oesali praptaning tekbir ladjeng tasbih noelja matja wadjah patekah moekaranahe tamat patekahipoen soerat waloeka awalneki akire alam nasrah noeli tahjat loenggoeh awal prapteng akir tahjat noelja matja selawat atasing nabi miwah ing koela warga
77. noelja asalam ing awal akir woesnja bakda amatja iptitah ladjeng poepoedjian akeh swaranira goemroemoeng woes poedjian anoelja dikir rempeg ambata rebah swara sroe goemoentoer woes atoesan antaranja bakda dikir andodonga ing Hjang Widi rahab donga tinoempa
78. Djajengraga rahab denja nasib swara moeloek memet membat-membat sinaoeran amin akeh rainja asroe goemoeroeh woes peragat ing wektoeneki prapta ing bakda ngisa sesalaman sampoen Ian santri katah selawat noelja kondoer ki Baji saking ing masdjid ingiring santri katah
79. jata ingkang neng wismanireki Djajengwesti ki seh Amongraga Djajengraga doek praptane saking masdjid pan ladjoe neng ngarsane kang raka kalih sawoesnja sesalaman tata denja loenggoeh kang aneng ingarsanira ingkang paman Soeardja- Wira-doesteki kelawan Koelawirja
80. ki Noeripin kinarsan neng ngarsi Djamal Djamil aneng ngandap tebah dene pra loerah pesantren
bagoes Jahja goes Dawoed Amad Asra bagoes Arpani Djanodin Djajaniman Djalalen goes Joesoep miwah para bekel desa Wira-troena Djatroena lan Soera-kreti Sadangsa Djaja-joeda
81. sepoeh anem kapang neng pendapi lan santri kang dadi kasinoman miwah kang anamboet gawe moeng sawetaranipoen datan koesoeng-koesoeng ing kardi mapan datan linilan rekasaning baoe mengkana seh Amongraga aneng dalem kelajan kang raji kalih kelawan para paman
82.. sesaosan dedaran mawarni wedang eteh lawan memanisan rinampad neng ngarsa ander wedang boeboek tan kantoen goela aren lan roti kering Amongraga tan patya dedaran anginoem oekoer wedang satjetjepan tanpa gendis moeng angsal setengah tjangkir kinoerebken ing tjawan
83. angandika mring kang raji kalih jaji Djajengwesti Djajengraga menggah ing tekad kang angel kalih prekawis nenggoeh apan kadang 1) riah kang dingin lawan kadjabariah poenikoe jen moenggoeh binoedi para ngoelama dereng wonten kang rikat angrerampoengi saking ngel-ngeling moerad
84. lamoen kadariah tekadneki apan kapir ngindallah poenika jen kadjabariah dene kapir ngindanas toehoe datan kenging lamoen pinilih salah setoenggilira pestinipoen koepoer jen pinet sedaja kopar lamoen nampik kalih pisan pesti kapir tan kenging ginagampang
85. kedjawi kang sampoen ahli soeni lah poenikoe kang sampoen sampoerna kang woes tan ana tjatjade poenikoe oegeripoen ing agesang kedah amboedi tekade kang santosa jwa nganti kesandoeng jen tekioer kekandangan datan woeroeng anarik apesing boedi badan anoet kewala
86. gampil jaji sembahjang angadji sawab wonten landjarane kitab tan wonten ngelmoe kang angel anamoeng tekad nenggoeh lamoen sisip ambilaeni tekad dadya pratanda awon penedipoen wande sios saking tekad ingkang dados labet-labeting aoerip saking tekad piambak
87. wiwinihe tekad saking boedi njataning boedi ketareng tekad jen sampoen djomblah tekade kelawan boedinipoen gih poenika jaji kang koesni kang raji kalihira toemoengkoel maboekoeh noehoen-noehoen atoerira datan poeroen anglawani atoerneki pan kaloehoeran sabda
88. sanget kontragira Ingkang galih Djajengwesti lawan Djajengraga nijat ingkang raka wingite dadya toemoet mangoen koeng datan koloe wedang setjangkir miwah kang paman-paman dedaran koer-oekoer tan kaoer ngraosken tekad tepangipoen moerade kadariahi lawan kadjabariah
89. Amongraga semoene awingit angandika mring ari kalihnja kadi poendi ing kersane
kjai kelawan iboe denja namboet karja nglangkoengi memantoe roan-roan tingale agoeproek dene koela woes pra sambat noewoen riringkesan 1) oetami pesadja kerana'llah
90. sasat saged nimpeni ing mami inggih talah de boten kadosa kjai lan iboe karsane Djajengwesti oematoer inggih koela sampoen ngatoeri ajwa ngantos rinoa dede parengipoen nanging iboe djengandika ingkang adrengkedah koermat sawetawis berkating wong poepoetra
91. tjiptanipoen poetrestri satoenggil inggih boten niat roan-roan rampoenga sekoel selemper namoeng niat madjemoek lawan brajatipoen pribadi inggih sakoela warga moeng tiang sedoesoen datan ngatoeri oeninga ing priaji negari saking setoenggil piarnbakan kewala
92. moegi den-apoentena poen bibi
kami poeroenipoen apepeka saking sangetipoen sihe inggih dateng bok ajoe mila moegi toean alimi Amongraga ngandika soemangga ing kajoen sinamoer dahar djoeadah moeng satjoewil ginalintir kang ginigit dangoe panggiloetira
93. sarwi ngatjarani mring kang raji jaji soeawi sami daranan kang raji nandoeki age dahar njamikan sampoen linorodken mring Djamal Djamil agepah denja nadah wong roro atekoel jata kang sami djagongan neng daleme kjai Baji Panoerta ngling sakehe koelawangsa
94. ing latri lagja midadareni pan pcpekan koelawarganira miwali pra loerah santrine ki Baji denja loenggoeh pinggir kang ler tengah geneki, anjamping godong djarak 1) kemoel kampoeh sindoer destarira mori petak koeloek tjetneng loeas sedaja aresik lenggah lante demangan
95. sesaosan dedaran mawarni ingkang tjelak denira alenggah ri kalih kanan kerine Panamar Panoekmekoe mjang pengoeloe ki Basarodin Talabodin kelawan Noersoekidin waoe moerid Djaki Pranaita santri Loetji Djoemena Ian ki Sebagi prenah paman lan oea
96. pan tinata loeloenggoehaneki ingkang tengen Ian sepoeh nemira akapang tepoeng loenggoehe Amadiman soemamboeng Amadolah lan Amadtahir kelawan Amadbadar miwah Amadaroem bagoes Imram bagoes Iljas goes Soehada Moertadja bagoes Nawawi Djanawi Ian goes Noerja
97. goes Noerjani Noerdjani Djamdjani goes Tabrani Djaelani miwah Ngabdoel-soedoer Doetsoekoere Ngabdoel-tamsoer Doelgapoer Doeldjoeair Ngabdoel-ngadjoedjir noelja petinggi desa samja bekel tepoeng Wrega-ita Wrega-troena Wrega-naja Kerta-jasa Wangsa-kerti Kerti-nala pak Sawa
98. pak Banikem pak Soengkem pak Kemis pak Radjiah pak Kedah pak Soesah
pepakan sedaja ander bekel kewala ngajoen pan kedjawi bekel pawingking samja djagani karja atjakoet agoejoeb mjang santrine masdjid katah samjandaroes koer'an kitab lan tadjoewid mjang oesoel nahwoe sarap
99. langkoeng rema papatjitaneki wedang kopi wowohan gorengan balebah pangan santri kjeh tan kirang malah langkoeng jata ingkang aneng pendapi kjai Baji Panoerta tinarap nak poetoe katonton wibawanira ki Panoerta wong sedesa moele sami nadyan lian amantja
100. langkoeng asri langening pendapi linangse petak sedajanira pjan lawon Ian sesakane amarik pandam koeroeng pan daloeang banjoe rinoedjit kinembang samja dioeang idjo lawan biroe damardamar ting paloentjar miwah salebeting wisma anelahi moebjar tan ana mfemba
101. samja gawok sakeh kang ningali pan katemben ing desa tan ana kabeh djomblong pandoeloene kang djagong samja moewoes Ian roange tjatoeran ririh djeng kjai nora djamak karjeram pendoeloe akoe wroeh ing kana-kana pra priaji mantoe tan kadi poeniki rakiting pepadjangan
102. ki Sebagi rerasan aririh ting kerantoek lawan ki Djoemena ragi awadi antoeke ki Baji Ion amoewoes iah poenapa oea Sebagi ingkang dipoen-witjara awadi dinoeloe kelawan paman Djoemena ki Sebagi naoeri wetjana aris inggih bab pasatoean
103. kjai Baji goepoeh ugandikani de poenika rerasan temenan lah oea neh toetoegake ngong kasoepen keiamoen oea saged amemetangi pasatoean wong krama awon penedipoen den mariki oea paman tjetjelekan toenggilan poetrane kalih poen Panoekma Panamar
104. ki Sebagi Djoemena mangarsi woes anoenggil Panoekma Panamar ki Bajwa Ion patakene wajah dalem poenikoe Tambang-raras Ian Amongragi kados poendi poenapa penede poenikoe ki Sebagi lon woewoesnja ngelmoe boeda beda lan sarak oetami ki Baji lon ngandika
105. woes lailanja wong laki rabi kedah anggoenem ing pasatoean ki Sebagi wangsoeiane inggih soemanggeng kajoen kang kepanggih petangan mami estri neptoe tri dasa langkoenge teteloe. kang djaloe neptoe tri dasa langkoeng woloe goenggoeng pitoeng dasa sidji ingetjer pitjis kentang
106. tjrek-tjrek kroekoep tjrik andok dawah sri sinanesken kang kari ngetjeran tjrik andok dawah sri maleh winor Ian kang sri wape sekantoene dipoen-etjeri tjrek andok tiba lara sinedjeken goepoeh tjrek andok dawah ing lenggah satelase tjrik andok dawah sri malih wetah danjange gangsal
107. ambegenggeng ki Sebagi angling ill sae temen etjeranira penganten ageng begdjane kjai Baji goemoejoe
amatja alkamdoe iillahi atanja derahira ki Sebagi moewoesdanjang gangsal gih poenika wiwit esri loenggoeh gedong lara pati etang anoet ing danjang
108 ki Panoerta ngling poenapa malih kang oea djar meksih wonten ramal kala moedengipoen dereng pan sami kekahipoen neptoening kang sastra winilis aksara kalih dasa pan pinara teloe sastrane sadoeman sapta ha ra ta la dja ma ta neptoenja nidji rong doeman sastra sapta
109. na ka sa pa ja ga nga neptoe dwi kang teloeng doeman nenem sastranja tja da wa da ba ba dene neptoenipoen aneloe pan ingetang djaloe Ian estri binoetjal tiga-tiga pinten kantoenipoen jen kantoen tiga palestra lamoen kantoen kekalih poenikoe sakit kantoen sidji oetama
110. poetra dalem poenika prajogi wiwitane wekasane soesah pisah lan jajah renane wikana pisahipoen enggal lawas pati Ian oerip temtoe oedjaring ramal kala moedengipoen ewa poenika soemangga tabit boeda menawi tjegah ingelmi arnawi pasatoean
111. kjai Baji angling mring Sebagi langkoeng katah ngelmine Pangeran tan saged anatjahake oea jen bab poenikoe jen tilaren tan melarati nging ki Baji Panoerta manahe soemenoet ki pengoeloe datan rembag ngelmoe kala moedenge kjai Sembagi mjang santri katah-katah
112. ki Panoerta ngling mring santri Loetji sira oendangen si Koela-wirja kang liningan mentar age tan dangoe noelja rawoeh prapta ngarsanira ki Ba]i kang raka angandika betjik pada tjatoer lan kakangmoe ki Panamar totohana wedoes lemoe Ian kebiri kang raji toer sendika
113. ki Panamar amoewoes mring ari prie djangdjine sira lan ingwang moenggoeli totohane koewe manoeta ing matipoen emat pidak kelawan etir mat mantri djaran gadjah katjek bajaripoen jen mat mantri pidak gadjah apan wedoes lemoe bajaranireki jen mat etir djaranan
114. soksokane pan a jam kebiri Koela-wirja anaoeri sagah noelja pinasang tjatoere Panamar gelaripoen kawal soepit-oerang miranti Koela-wirja glarira etire tinoempoek koekoeh kawal kakantetan lekas niadjoe sagseg pidak mrih pepati ngoekih angkah-ingangkah
115. ki Panamar langkoeng ngati-ati nanging pidake katah kang roesak rada katimpah lampahe aketjap mantoek-mantoek' dangoe pikir lampahing etir Koela-wirja angatag swawi kedangon woes noelja nglampahaken djaran pan kesoepen tinggal kawal mangan mantri djaran pinangan gadjah
116. dadya goelet sadengaha lali pangan-pinangan gesah-ginesah ki Baji la-iloe bae anggesahgesah toemoet ngalor ngidoel miloe goesahi roeboengan para toea soeka samja doeloe
kang timpoeh weneh sidoea ana ingkang ngeloes-eloes djenggotneki kang tjetjatoet anglangak
117. ki Baji ngling eh Wirja den-aglis Iakokena djaranmoe anggoesali sigra ginoesah ratoene kenging den-rok tiripoen toemoet goesah kiai Baji Koelawirja asoeka sah-sah es-es soeh-soeh angalengger ki Panamar koekoerkoekoer kerogan tyasira sedih gatelen djenggotira
118. Koela-wirja kekel anjoekikik ratoe mingsed tir pinangan djaran gja tire' kinentengake sarwi alon merkoengkoeng toeding-toeding tangan koemitir den-matna tir woes emat nanging datan ajoen ingangkah emat kapidak ki Panamar ngoelat-ngoelet prie iki angosog denja lam pah
119. sekarine rinampedken aglis tinadahan ing kawal kantetan dadya toempes sedajane kari gadjah angatjpeng Koela-wirja saja angikik dasar watak mentelang mangka olih boeroe tan ering mring kakangira andjegenggfeng ngisin-isin bakal iki anoentoen wedoes domba
120. dasar djamboel kebeneran kendit berok lemoe gimblah djenggotira adjamprah kaja djenggote Basarodin bleg loegoe ki pengoeloe ambekoeh ih—ih dadak garap wong toea ki Baji goemoejoe ki Panamar rada doeka ih wong anom aneng ngarsane kiai polahe tjelangkrakan
121. Koela-wirja saja bilik-bilik tjoekakakan Panamar ngling njentak lah wis ta ematna age
Koela-wirja goemoejoe emat pidak sapapan oewis Panamar asok menda garoendelan moewoes bener kang ngarani karam wong botohan nora patoet den-predoeli betjik pada tjinegah
122. kjai Baji Panoerta ngling aris mring kang raji Panoekma Panamar katri mring Basarodine moenggoeh ing dina sesoek wajah apa sangatireki Ahmade ing paningkah ki pengoeloe matoer poenika tanggal ping rolas leresipoen endjinge wit Djabarail Ahmade wektoe ngasar
123. wajah wisan darnel Joesoepneki pan soemangga poendi kang kinarsan ki Baji Ion andikane oetama Ahmadipocn ningkah ngasar sorene panggih bebandjoeran kewala dasar kersanipoen nora kaja wong maksiat nganggo ngarak ramen-ratnen tan marengi kersane Amongraga
124. semene kie woes anglodjoki malah soen doega tan pati rena kersane ringkesan bae Ski saking njaimoe berkating wong sih ing sisiwi pinalangan tan kena koedoe koesoeng-koesoeng koesoenge tan roan-roan jen roaha pesti njoeroehi priaji amoeng niat sidekah
125. mangan krasa pedes asin titik sekoel selajah kedah pinroetah nak poetoe koelawangsane satengah kaja kaoel doemeh anak kari sa-idji manahe ge loeara rnoelane abikoet manira semada welas apan miloe kerasa ing ati mami soetestri moeng sadjoega
126. pan toemoengkoel ingkang raji kalih mjang ki Basarodin atoerira inggih kados poendi maleh tyas padoeka den-soekoer soeka rena ing lahir batin mapan sampoen djaragan samja neda toewoek sampoen mawi soesah-soesah mokal soepe wal ngamaloen kadjiratin bikakekati iman
127. pan goemoedjeng wane kjai Baji ia bener setjatoering kitab sidekah gede pedahe ja banget tarimakoe angandika mring santri Loetji sira moendoeta trebang sidji bae goepoeh Loetji sigra moendoet trebang sinaosken ingarsa kiai Baji trebang noelja sinentak
128. kjai Baji angandika aris pajo pada trebangan dewekan ki Panoekma Panamare kateloe ki pengoeloe kapat Loetji kalima Djaki neneme Prana-ita kapitoene akoe samja soeka kang liningan adan lekas ginembrang trebangireki anoelja lekas bawa
129. singir Djawa sadjak Bintareki ngelik alot erak-erak serak pating karekel oelone brekat goeroe asemoe lelagone pan angoenani gadoewoel membal-membal loeloengsoeran besoes saoerane ja hoe Allah tabaraka 'llahoe nabi 1) bakina wa-abada
130. panerbange katah kempjangneki gembroengira nibani irama den-inger-inger terbange pong pek pjak tong ting brang broeng
1) prajoginipoen : rabil, poenapa malih kirang 4 wanda, katambahan: ngalamini.
noelja njandak singir angelik Djaki Loetji asenggak keploke agoeproek lapale singir tanakal toebi asla biarbabi saodadi kadasamsoe pilibra
131. djiha tatana kaloe kang singir noelja selawat matja roewia kendel samja asesamben rare goemeder oemjoeng tanglangan toh pating djarelih tak tek sami panggalan ki Bajwangling hoes-hoes botjah pada keneng toelah sok sinaoe maiang djati bolong bendjing djamak ngadji sembahjang
132. dinoekanan sedaja pan adjrih samja boebar ngalih gon kewala roeboengan panggalan maleh kjai doeka aneboet njandak wilah Djaki lan Loetji kang rare sinabetan boebar bjoer loemajoe ki Djaki nemoe wong toea ginitikan ngoedoe bilah dene iki ana benggole kawak
133. kjai Baji doeka sarwi paring bebet poetih woes kinen kapoka jata kang neng djro wismane ni Malarsih aloenggoeh lawan ipenira kekalih Soembaling datan tebah angladeni ngajoen angajap parestri katah sami tjoeki weneh kejo ting karipjik dakon samja pagoejwan
134. pawestri kang aneng masdjid alit samja dikir lelagon baroengan tjoemlering rempeg oengele swara anganjoet-anjoet amewahi asrining wengi sedaloe datan kendat salin-salin lagoe ing masdjid ageng trebangan santri katah samja selawatan dikir maoloed langkoeng rahab
135. santri Loetji bikoet angladeni wedang panganan rampadan moentjar woes pinetang sepatoete rinampad ingkang moenggoeh angalihi weneh nigani kang ingantjak kewala nigani sedaroem pepak warnining panganan lah-olahan wowohan sedaja sami kaot piring Ian antjak
136. mjang wedang ten manisan neng beri wedang kahwa manisan neng doelang Ian rokok d jam be soeroehe gembol wer ingkang moenggoeh rokok dawa miwah tap sirih bokor mjang pandjang ilang weneh kang winoengkoes weradir. sedajanira kang djagongan ing mendapa Ian ing masdjid miwah kang namboet karja
137. toewin kang aneng wisma pra estri datan pra beda samja rinampad ingkang djagongan arame memangan ting karioek ting karetjap mjang segoe wahing weneh kanda-kinanda toetoere agoeproek dagang maring Soerapringga praoe momotan djaran keser Ian sapi paraning pepasaran
138. djor-djinoran toetoer olih bati ingkang getek batine getokan loemoeh sornoetoer oentoenge kang tanen noetoer toeloes angoejangken nempoer leh bati rando atoenda-toenda tanda tanding oentoeng panegar belantik djaran toetoer toekoe belo sanga tengah dadi pajoe sewidak lima
139. ingkang aloel anglampahken doewit jen anggade motangken sareal soeang sigar oejahane jen sepoeloeh rong poeloeh sareale soekoe sesasi toetoer gade tjoeriga sakandelanipoen mas ginade rolas real woes boer dinol pajoe pitoeng poeloeh anggris keris tok tan kandelan
140. nora lian kang kinanda sami para soedagar tani panegar aneng ngon-ingon kandane djago gemak prekoetoet bebek banjak pitik goelatik emprit petekanira kaug pajoe nem soekoe samja tjatoer kang toerangga apepantan sagolongane pribadi dalang kanda angroeat
141. angetepres bebanjolan ringgit tangan soerawean kang minangka Semar Petroek Nalagareng sembada tjoetjoedipoen Widigoena loetjoe kepati ginagoejoe ger-geran kang linggih angeloen ngaleh ngroeboeng Widigoena samja kekel tjoekakakan hih hih hih hih hoeh hoeh hoeh hah hah hah hah
142. nora pidjer amemangan sami rare roeboeng mjang kang namboet karja ken salong tinggal gawene kasinoman aroeboeng ting tjockikik midjeti ati ngangsoe ngoendjal ambekan ger ambata roeboeh kasor kang para tjarita kjai Baji pan goemoedjeng anggeligik andelna Widigoena
143. jata woes daloe bedoeg deng moeni santri Loetji angladeken dahar ngabani kasinomane nampa rampadanipoen miwah antjak gotong pat sami panganan dinoem samja sabageanipoen kineroso tapak dara noelja sekoel oelam madjeng maring ngarsi ingetang ambeng tata
144. rampadan kang ngalihi nigani ambeng antjak njedasani samja njelaweni santri rare
kang djangan betjek wedoes adjang takir gedebog sami sawoesira werata ki Baji amoewoes soeawi sami widjikan noelja samja toetoeroeh sedaja sami wanting angoembah tangan
145. adan lekas nadah ting karetjip kriak-krak 1) seropan ²) ingkang mangan kweh swarane Widigoena ngling njamoek engak gangang bekek agoewih ger ginoejoe ing katah kang kaselak hoek-hoek anggoegoejoe Widigoena noetoeg denja mangan enak sedajeki ambeng dinoem binerkat
146. woes werata kang bagi-binagi sami kineroso tapak dara sinanding tan ana moeleh ladjeng natas sedaloe samja kanda-kinanda malih kang matjanan wong-wongan Ian dam-daman tjatoer weneh ngantoek arenggotan kang njenjambi mangan berkate pribadi kang oedoed notjoh kinang
147. ting kalempor amjang ting parelik ki Baji ses keloekoek Benggala kang oedoed nipah mjang wangen Widigoena aoedoed patang geieng tike lininting kjai Baji ngandika ngong mamboe alangoe langoe lir koekoesing madad ingkang sami tjeiak matoer djeng kiai inggih poen Widigoena
148. tike sagegem kang dipoen-linting Widigoena naoeri ja talah kabeh pada ngroeboehake ginoejoe ing sedaroem ki Bajwangling kadekne sangit madat Iininting klaras langoe ngaloek-aloek
Widigoena anggeloengsar kekadalan madjeng nembah bari ngagir mring ki Baji Panoerta
149. koela noewoen kamipoeroen kedik dalem paringi mindo sakedap kados poenapa raose eses dalem galoegoek gih apoenten dalem kang moegi dalem lilani kedap ki Baji goemoejoe tjebloeng dalang tjelangkrakan djaloek mindo keloekoek nja-enja iki oedoeda kloekoek ingwang
150. di marene madjoea sadidik Widigoena pinoeiir iroengnja iroengmoe iki kageden andelole' ambengkoek bok elongen petel pen tjilik Widigoena andjola goemoejoe doeh bioeng iroenge den oesap-oesap iroeng koela poenika koela remeni awon-awon botena
151. sampoen bektane doek wingi oeni pinoeiir ngantek abang beranang ger ginoejoe ing wong akeh kjai goemoedjeng goegoek penjanakoe aweh den-longi matoer dede pabenan sangsaja ginoejoe ki Baji moendoet rasoekan sembagi bang Ian iketdjingga pinaring- -aken ki Widigoena
') prajoginipoen: riringkesan.
1) kirang sawanda, katambahan: a. 2) — menjanga.
1) prajoginipoen: pelag.
1) prajoginipoen: tonjte. 2)
prajoginipoen : pratala.
3) prajoginipoen : kantoe.
1) prajoginipoen : angganteng.
1) prajoginipoen : kada.
1) kirang 3 wanda, katambahan ; kemawon.
1) godong djarak: namaningbatikan.
1) prajoginipoen: kriak.
2) kirang 3 wanda katambahan: amangan.
152. koelambikoe djobah gonen iki
bardjoemoeah de ikere djingga jen tinanggap gonen meret ki Goena nembah noewoen noewoen inggih-inggih kapoendi sinoenggi linggeh beksa klak kloek patjak goeloe oedoed keloekoek keselak hoek hoek sarwi matoer dalem poelir malih iroeng koela kang begdja
153. moendoer lero mar ing gone malih ginoejoe mring wong katah ger-geran parestri neng dalem gede"
samja ngoengak goemoejoe mring ki Widigoena pinaring akeh polahe boengah langkoeng tjoetjoedipoen njai Malarsih tinarap ing parestri kang poetra mantoe neng ngarsi Rarasati kelawan
154. ni Daja Ian Djoemena Sebagi
ni Panoekma lawan ni Panamar soedagar kang gede-gede ni pengoeloe nem sepoeh woes loearan denira boekti samja namoer lek-lekan kejo ting keroepjoek ingkang tjoeki dedakonan rare tjilik goemeder gateng tjanggoering ana kang tjetjatoeran
155. weneh pagoejwan pating tjoekikik weneli rerasan atjaremedan ni Soembaling eng 1) ngetepres taken mring ni Dajekoe lah bok ajoe dika roemijin kaping pinten mah-imah doek meksih nemipoen njai Daja saoerira ia namoeng ping pindo kangdjeng kiai dipati Wirasaba
156. oek pinoendoet koe kinarja selir pengantyan lagja oleh nem woelan sedenge pepasihane pinantjal pitoeng poeloeh saking remen marang wak mami bodjokoe bentajangan rina wengi bingoeng kang den-ameken moeng ingwang akoe ia semono maneh anangis kelingan doek pasihan
157. berkating botjah soen doeroeng ngarti rakiting wong laki pipindonan kelingan lakikoe bae satingkahing aloeloet tjinedakan mring ki dipati mengkarag angganingwang djrih sengit kelangkoeng toer rinepa ingarihan
1) prajoginipoen: a.
sarta pinaringan arta boesanadi tan arsa nampanana
158. kang kaetang namoeng laki mami solah bawane tansah ketingal ia wong pada enome ki dipati woes sepoeh sariranja poepoek medeni saben ngong tjinelakan tansah nangis asroe pan kongsi setengah woelan nora kena manira pan meksih eling marang lakikoe lawas
159. ni Soembaling tanja kadi poendi wiwitipoen kenane kakenan ni Daja goemoejoe njablek ikoe lagi soen toetoer noedjoe oedan deres kepati ngong aneng pagedongan dalem emperipoen tan wroeh ki dipati prapta kantja boebar noeli lawange kinoentji goemoedjeng galigikan
160. njandak tangan ginoedjeg ngong djelih regedjengan pinaksa kewala tan bisa mawal kersane noeli ia wis atoet manira lan ki adipati Soembaling desek tanja sarwi goejoe-goejoe tanggoeng temen dang den-djoegag ingkang tjelak samja, goemoejoe angikik njai pengoeloe tengah
161. njai Pratima soedagar soegih ragi dompol wong pat tjaremedan tjoekikikan samja lireh Soembaling desek moewoes kadi poendi witipoen kenging bok ajoe doek kinersan neh wangsoeli waoe ni Daja toetoer tan ringa keraseng tyas ningali padjangan ainrik enget kala nemira
162. ika maoe doek ki adipati anggeredjeg kembenkoe linoekar soen benaken loekar maneh sindjang ingong rinangkoed ladjeng deprok-deprok tinarik
Iamboengkoe njeng den-angkat angadeg rinangkoel ngong nangis anjengkahnjengkah kinoekoehan ngapiting sarwi ngarasi angoejeg pajoedara
163. woes kewoedan tan polah ing tapih ki dipati njamping woes siningsal bjar anglela kagoengane noeli wis ja wis patoet tan beda Ian penganten oegi Soembaling em ah biang tanggoeng temen ikoe manas ati sok den-djoegag tjaritane wong teloe sami angoedi batjoete babar pisan
164. njai Daja esmoe goejoe angling maoe teka koedoe tjetjarita tan kena sabrebet doeren ia mara soen toetoer nanging mengko gantya nakoni woes samja sinagoehan ni Daja goemoejoe basa mengkono ngong moelat kagoengane djeng kjai teteg atitih nglegarang gede dawa
165. anderedeg atikoe koeatir noelja ginoelingken kinoereban timbalane toh eh toh eh manira asidekoes pan winengkang ingong koekoehi tinimpah saja sajah woes benggang poepoekoe djeng kjai dipati mapan gja toemandoek warastra seg angelebi pan doedoe lamakira
166. net andedel tan kena toemoeti pinapan-papanaken woes mapan pineksa sroe pemadale makeneng raosipoen ambarebet pating prckinting koemesar aneratab gregel soen andjeploek andjrit pinaksa kewala tan kewagang pantoging wates ngong djelih kesamoer dresing oedan
167. binotan sreg pengkeredan mami pat pet peteng ambekan salekak mawoet kokonangkoe kabeh eroeg ngatoet mandjoeloek bantal kontal oedjoerkoe ngalih polah ngong gelasaran malang megoeng tinoet oedane tan terang-terang deres bae soewe-soewe rada rapih tangiskoe noeli soeda
168. gigilani (solahe djeng kjai pajoedara pipi tjinakotan pingget oenton-oenton kabeh majar rasane Iiroe mak bias sedje' maoe saiki nora memper satoema moeng sadela bingoeng noeli pikir salin ada sasoewene tan bisa melek sakedik soemrahe nora djamak
169. tan kelingan bodja-bodjo dingin botjah tjilik-tjilik tan mi rasa noelja leh gede angatel satengahing poelang joen leren kinen nekem ningali ih tobat nora djamak satoetoep net poendjoel sadjempol penjet sih ngongkang mareni matem pengrasa tan nedya oewis oedan dres kongsi terang
170. ger ginoejoe ririh ting koelikik wong tri angling njetoti ni Daja ngepenginake dongenge samja rongeh aloenggoeh ting kaleset gondange salit napase koemerangsang ngeled-eled idoe samja djawil lan papindan ingabedang leledjem iriban liring ni Daja ris atanja
171. lah bok tengah wis ping pinten laki naoeri gih doeraka ping tiga tinanjan poendi bedane bok tengah esmoe goejoe djaka lara pegatan oerip penganten sami botjah lamine rong taoen randa nem woelan mah-imah angsal ngriki kemawon ki Basarodin adine Amadbadar
172. moeng poenika kang dadya tyas mami memper kang dika toetoer poenika rebat ageng Ian pandjange kang poendi oekoeripoen sami njakep gelangan sikil genge geng ki dipatya menang pandjangipoen boten patos kerep minggah nanging betah wiwit sonten kantos endjing raose kalenjeran
173. badan sekodjoer ngalenjet mrinding pan kerasan ras-arasen wisan jekti pikantoek kang gede sami mesem ngatjemoet dedeketan denira Mnggih nging tan kongsi soesoeta noelja pegat lampoes randa pat woelan mah-imah inggih angsal ki pengoeloe Basarodin lah poenapa bedanja
174. anaoeri apan kaot oegi dene ki pengoeloe darbekira geng nanging sanget tjendake sampoen lir tjepoek loegoe wates galeng Ian bongkot sami gendol-gendol ingandap sagegem agemoek jen garap sapatileman goblag-gabloeg bag beg kadya den-sotoni grewal-grewel potjotan
175. kesel benakaken andjagani ting tjoekikik wong papat tjeblekan lajak jen grewelan bae wong kaja Bala-boedoer ambalender ngewoeh-ewoehi dasar bandane tjendak wetenge andjendoel tan pati bisaha kandas ngaja-aja soen doega bojoke sakit menetaken rekasa
176. njai tengah goemoejoe naoeri leres njai Daja pendoeginja tingkah sanget kangelane ambekane asenggoer koela watoek kemawon djebling wahing sareng tjopotnja mak brel sroe tjoemepoet tan kekah aneng panggenan soesah ing tyas keraos rajat kang mati ginoejoe tjoekikikan
177. ni Pratima kaping pinlen Iaki naoeri moeng sapisan kewala nanging sring kenging godane kinedanan wong bagoes godaning blis pisan ping kalih jen sampoen kelampahan manah koela getoen sareng ping tiga sekawah ladjeng toeman tan nganti milih wong sigit angger ageng kewala
178. jen koela kesah pepara asring rinedjeng djenak sapatileman tan nganjang jen toembas wade inggih leres bok ajoe ingkang ageng lawan kang alit jen angsal ageng pandjang angalenjeng bingoeng pangobeng koela nembelas anjapisan werata koela pilihi angsal tiang sekawan
179. pangobeng tiga boeroeh satoenggil boeroeh sanget awon warnanira nanging geng pandjang bandane ngoengkoeli kang tjinatoer dados agem mat em ingati iriban mring wong lanang jen pasar pon Tandjoeng mangkat .bangoen neng dedalan gcgarapan sakatek-kateke doegi seger adeang-deang
180. tiang ngriki katah soen-itjipi ingkang kerep moeng ki Koela-wirja rajat datan oeningane Ian ki pengoeloe empoen inggih leres lir den-biteni goemoejoe djodjorogan ni Malarsih doeloe tjat mjarsa ing tjaremedan tyasnja ngoengoen ja talah dene woes sami toea atjaremedan
181. sedangoenira ni ken Malarsih moewoes Ian njai pengoeloe toea does wiladah Ian nipase
kesaroe kang goemoejoe ting koelikik ingampet sami lirih denja rerasan ni Malarsih moewoes bibi pocnapa rinembag dene nemen goemoejoe pating djerawil naoeri kang liningan
182. inggih goedjengan tamba leksami ni Malarsih maliii angandika Soembaling poenikoe bijen teledek langkoeng pajoe ger ginoejoe rewange linggih meneng mari tjermedan lia kang tjinatoer tjawengah angon iriban woes ketoengkoel noeli tjaremedan malih Soembaling tinakonan
183. noetoer doek meksihe dados ringgit dereng paringkilen woes andjadjah djedjaka wong toea dene sadjeg koela poelang joen dereng weroeh raosing sakit pan saketja kewala nanging wiwitipoen krep djadjalan sami botjah oega gede saja gede gede malih koela doek meksih botjah
184. dipoen-toenggil tilem lawan entjik entjik Soebede bandane domba lan kang dika tjatoer kabeh ageng kang koela toetoer pan satoetoep batetet loewih rong djempol penet ngaja etjoel manggoet-manggoet dinedelaken ing wokan lir den-dengkoel ngelebi oebenging pinggir den nger-inger mrih mapan
185. dangoe-dangoe sami ngemoe jijit den-oeselaken angelar-elar woes angeloewing kikise mekeneng mak bleng angloed bongkote ngong oebed-oebedi ing sap-tangan soepaja jwa toetoeg pokipoen bles-bles alon kelemira rada soewe toetoege watesing djarit sap-tangan maoe ika
186. doek wiwite' njang njeng gringgang-gringging amrekinding raose tan kaprah lawan sabene wong akeh datan kadya poenikoe ngoenjer-oenjer ngalenjer anjir bed-oebed ingoetjoelan poepoet lar ler lar loer saking agenge tan gonggang Iae-lac doebilah rasane ngenting aboengah ngangah-angali
187. moeng poenika kang dadya tyas mami andjeladjah kabeh kaweratan Tjina Kodja Tjik Djawane woes tan bisa angetoeng awon pened ageng lan alit miwah kang pandjang tjendak kang knming mjang boentoeng anggere kang kengkeng makas ingkang pandjang kang bener bembeng agilig kang mendok boeletira
188. kang moetjoek boeng tan pati pakolih miwah kang bendol alit bongkotnja sring doko tengahing gawe" ngong ginarap wong teloe den-woloni dipoen-rolasi ngagir miring meloemah mjang moengkoer sidekoes andjongok djengking loemampah amberangkang ngadeg ngingkrang aneng nginggil pinangkoe ngandja-andja
189. mila katelah remenan mami jen wong garap tan akeh rekanja bosen ilirangkrok bae asring ngong tinggal toeroe jen meleka soen plaoer didis ginoejoe kalesikan malih lon amoewoes mandahane ) ngalahena ingkang akeh rekane salin soemalin soemrah bisa alihan
190. salin solah salin raosneki nadyan sadina sawengi betah malah saja keh rasane lir gatelen kinockoer poek nem koekoer koekoering goedig
enjeng sakodjoer pisan lajake poenikoe djenengc enjeng njangnjengan paribasan wong kena ngenjeng sajekti tern toe rasaning lanang
191. jata wonten woelandjar sawidji rada karem rerasan kcrasa adjrih isin meloe ngomel sedangoene angroengoe rerasan kang ngenaki ati nilingken tan ketara api-api idoe ketjah-ketjoh sesamoeran nanging nora maredjel pangroengoeneki kabeh woes katjatetan
192. dangoe-dangoe kerasa merkinding djelalatan naritil kedepnja awake kabeh anjabe soesoewene 1) aloenggoeh pan woes metoe ping nem mring djawi kalesed malih medal awad-awad ngoejoeh bakoene saking amadas saja matoe bengka kagoenganireki tinoetoeka kemlatak
193. sapraptaning djawi noelja linggih bekah-bekoeh eh eh ah ja talah sarwi midjet welakange bojoke den koek-engkoek parandene nora amari angadoeh sarwi ngoetjap ambakna wong moewoes agawe laraning awak soewe-soewe angadeg 'sarwi andjengking merkoengkoeng ngoelet kajang
194. kakoe atine andjeleh ririh gedrag-gedroeg ekar soekoenira kadedelan andelewer kisroeh kebelet ngoejoeh mring pakiwan loemajoe gendring kieng abededengan wetoene kesoesoe kotjar-katjir neng dedalan doeroeng kongsi toetoeg enggone woes enting sindjange kaompolan
195. parandene meksa doeroeng mari peringisan lir wong lara ajan ketjap-ketjap ngeses bae amingka batoekipoen nora kena dipoen-sajoeti wegah sanget ngersoela djer ja kae maoe tjelatoene nora kaprah sarwi nekem kagoengan meksa ambili tjinetot tjiniwelan
196. wong papat sami mendem kalisik saking njenjede kang tjaremedan sedaja metoe jijide ngember sedangoenipoen kopoh tambas inarang ing tapih takon-tinakon samja sami dres angiloe goemoejoe apolongokan ngadjak adoes djenabat poengroedjoel1) mani wong papat sareng kesah
197. tan woen tjatoer sembere Soembaling jata ingkang djagongan kidoelan Djajengwfsti ing daleme sasonten kang winoewoes namoeng elmi saraking nabi moerading kawiridan pekih kang pakewoeh sabatoering pasoegata sedaja woes wantji setengah satoenggil Djajengraga krekoehan
198. sasonten mila denjarsa singir nanging adjrih menawi dinoekan mring raka dadya tyas mene garentjengan ing kalboe arsa moendjoek-moendjoek pan adjrih tag teg widag-widigan tan seranta matoer ing raka seh Amongraga koela noewoen pangapoenten ingkang moegi wonten lilah padoeka
199. lamoen pareng padoeka lilani kewala joen soenat sisingiran dikir maoeloed pedahe Amongraga amoewoes inggih soenat-soenat oetarni
1) prajoginipoen: pamrodjol.
koermat djeng Rasoeloelah manpangat aplaloe Djajengraga enggar ing tyas woes kelilan ketekan groeneking ati sentot medal ing djaba
200. Djamal Djamil lawan Djalalodin Noeripin tan kantoen Djajengraga lenggah ing pendapa ngegleh moendoet terbang teteloe lawan kendangira satoenggil pra santri kang djagongan mire maro kepoeng angandika Djajengraga marang para loerah santri goes Arpani Djanodin Djajaniman
201. bagoes Jahja goes Djalalen toewin goes Daoed goes Joesoep Amadasra kinen inepak rehrehane mjang para bekel doesoen kang sami kewala agami dalang topeng ki Tjerma- -sana aneng ngajoen kelawan Widi-leksana Toendjang-kara samja tjelak Djajengragi para santri aberag
202. Amongraga mesem aningali mring kang raji sira Djajengraga angling mring Djajengwestine rajinta woes adangoe denja arsa asoenat singir Djajengwesti toerira inggih sakalangkoeng jen ta sampoena kepalang djrih ing toean kedah natab tjara Bali salendro mjang peiogan
203. tan pae lan kersane djeng kjai toewin iboe sanget brangtanira doek wingi kantaka soepe katah keraseng kalboe Amongraga naoeri aris boten maiben jen ta tjoeweng tyas poen iboe moegi Hjang kang ngapoeraha inggih jaji prajogi andika midjil kalih paman sedaja
204. kaoelarsa seneting awengi noelja toemoeroen seh Amongraga maring Ianggar panepene Djajengwesti oemetoe lawan ingkang paman kekalih Soeardja Wira-doesta prapteng pendapa woes kang raka aris ngandika para iki dadak nganggo terbang katri aramen nganggo kendang
205. Djajengraga mring raka toernja ris mapan tiang sampoen kinalilan poenapa rinaos maleh ngadjrih-djrihi tiang joen kang raka goemoedjeng noedingi andelna jen singiran rahabe kelangkoeng Djajengraga angandika marang dalang eh Tjerma-sana sireki oendangen Widigoena
206. ia soewoenen mring djeng kiai Ian si Soeratin jen aneng kana anake pak Radjiahe lamoen tan aneng rikoe ampirana neng wismaneki Ian malih timbalana poetoemoe si Senoe Ian paman ki Koela-wirja atoerana noelja kang liningan aglis mentar enggal-enggalan
207. prapteng djroning regol aningali wong gergeran ki Tjerma woes njana jen ki Widigoena kae pinaran tan asantoen kagjat Widigoena kepanggih Tjermasana adjarwa lakoene ingoetoes Widigoena saoerira jen mekaten daweg marek djeng kiai noelja nembah ingarsa
208. matoer kaoela dipoen-timbali ing poetra padoeka Djajfengraga Tjerma-sana kang kinengken dipoen-poerih oematoer kjai Baji goemoedjeng angling ikoe kantja keboedan doempjoek pada kasoed dedalang angoendang dalang
sing kon dalang kang kinongkon dalang sami pada dalang dalangan
209. ana gawe apa dene gati Tjerma-sana oematoer poetranta kersa terbangan reramen ki Bajwangling amoewoes den-lilani mring Amongragi matoer kados kelilan de soeka kelangkoeng ki Baji goemoedjeng enggal ingsoen nempil sadela ia setitik wong loro banjolana
210. sareng bengok andjelih wong kalih samja kaget sedaja alatah beketn-binekem karone Widigoena atjoetjoed Tjerma-sana loetjoe kepati pojok-pinojok samja gergeran ginoejoe djeng kjai goemoedjeng soeka noelja moendoet rasoekan sembagi abrit kelawan iket djingga
211. Tjerma-sana koelambikoe iki soen paringken gonen djoemoeahan iket gonen jen anopeng ki Tjerma-sana noewoen nembah-nembah langkoeng kapoendi neng mestaka katjangtjang poepoetjoeking ramboet dahat ing kalingga moerda sih djeng kjai dadosa djimat paripih dados ing kajoeanan
212. lah ja oewis dadak tjrita ringgit djeng kjai sarwi anggegem jatra sadjampel sinebar gone wong ro kinen angreboet Tjerma-sana Widigoena glis regedjegan reboetan brawoek-binarawoek goh-ginogoh ing gegeman rame wengkang-winengkang tindih-tinindih kontole Widigoena
213. ginoedjengan set adjelah-djelih Widigoena kandoetane woetah kang den-moet ginegem dene kabeh kena rineboet
Tjerma-sana boengah kepati den-tjoelken kontolira ki Widi mimisoeh ki Baji asoeka-soeka goemer-goemer goemeder djaloe lan estri goegoejoe Widigoena
214. Tjerma-sana pan oematoer aris inggih raji dalem Koela-wirja ingatoeran poetra mangke ki Baji alon moewoes ja wis sira ngidoela aglis kang liningan sendika nembah samja moendoer anakipoen pak Radjiah goes Socratin si Senoe woes den-timbali woes kerid sedajanja
215. tan adangoe woes prapta ingarsi Djajengraga ngling mring Tjerma-sana dene soewe sira monjet Tjerma-sana oematoer inggih saweg dipoen-paringi ginandjar oedeng djingga sarasoekanipoen sembagi bang langkoeng pelag dipoen-kembar gebal dalem tiang kalih koela Ian Widigoena
216. sarta pinaring arta dik-oedik kang ngrebat koela lan Widigoena ramanta sanget soekane Djajengraga goemoejqe soekoer sira karo pinaring si Senoe Ian si Soerat kon madjoe ingajoen noelja madjeng aneng ngarsa Djajengraga anoedoeh marang Noeripin botjah.') wenehena
217. njang si bioeng konen anggeloengi karo pisan bae konen ngembar kang lir ronggeng boesanane sigra ingirid masoek mring daleme ki Djajengragi jata ki Djajengraga terbange ginembroeng Iekas amatja selawat
lan wong akeh salalahoe ngalaihi wasalamoe ngaleka
218. noelja taloe baroeng bismillahi amana bismillahi amana mana lilah ger arame terbang gobjog abaroeng adjegoeran goemocntoer atri goemrembjeng agembroengan abaroeng breng brang boeng anggoegoek gedoeging kendang kempjang imbal atampelan Ian terbang tri senggoekan magak-magak
219. samja kagjat kang wong djaloe estri wong sedesa kadi ginoegahan tangi pada nonton kabeh derakalan loemajoe toea anom gede Ian tjilik rare nangis amotah ting tjrengek kilajoe ginendong nangis neng dalan anggawa bor oepet tjolok nijang didimik miwah eting daloeang
220. miwah kang aneng dalem ler sami miroed aningali ing kidoelan djaloe estri age-age loemajoe reboet doetjoeng moeng kang angger kewala kari toenggoe tengga dandanan Ian kang sepoeh-sepoeh rarjalit goesis sedaja mring kidoelan pendapa djedjel apipit djalwestri jel-oejelan
221. woes antara dangoe taloeneki noelja soewoek amatja selawat ngaring-aring sedajane ingonira winangoen kinang rokok wangen lilinting nipah kelobot menjan srotong Ian keloekoek rokok tandjoeng kapoelaga wedang kopi djenang widaran krak keling groebi oeler-oeleran
222. santri saja keh meloe alinggih samja rahab miloe selawatan wong toea botjah sedene Djajengraga amoewoes mring Noeripin Ian Djalalodin karo mengko empraka noeli genti madjoe si Tjrema Ian Widigoena kang liningan sendika atoerireki berag santri sedaja
223. Djajengraga angandika malih Noeripin poendoeten terbang ingwang si maljan garongan kae lawan moendoeta angkloeng teka lima gede Ian tjilik moendoeta maneh terbang teloe engkas goepoeh kang kinengken sigra-sigra moendoet terbang titiga tan dangoe prapti kelawan angkloengira
224. woesnja katoer marang Djajengragi noelja sinentak matjan garongan ginembrang aroem swarane dadya trebang pipitoe angkloeng gangsal kendang kekalih ingkang sami narebang Djajengwesti moenggoeh lan kang raji Djajengraga Wira-doesta Soeardja Koela-wirjeki goes Daoed Amadasra
225. santri Iilima ingkang ngangkloengi Widi-leksana Ian ToenUjang-kara kang naboeh kendang karone aroemat sedaja woes Djajengraga lekas asingir bawa matja selawat lagoe sekar gadoeng swara ngelik aroem membat ja ilaha-ilaha ja ilalahi ilalah Allah-Allah
226. sinaoeran swara keh gora tri sarta Ian terbang pitoe baroengan angkloeng Ian kendang arame anggoegoek imbal gedoeg kempjang kipjah angkloeng angentir kloeng kloeng toer noet irama pong ping pjek prong1) broeng tocng toeng dan doeng groeg beng boeng brang
poeng pek ping pek pong boeng peng peng tong ting tong gring pep pep bah poeng bjang doeng brang
227. kang emprak Noeripin Djalalodin sarwi njekel soemboe rnoebjar-moebjar moebeng kalangan angleter sarwi angemoet soemboe tenggok karo den-barongoti tjitjingklok tjetjangklakan pan soeroeng sinoeroeng brongot binarongot gantya dangoe denja beng-oebengan siring geni kelangkoeng rahabira
228. lamoen noedjoe tibane ing singir Djajengraga ngelik abaroengan wong pitoe rempeg oengele aroem roentoeng anoentoeng lir salendro moenja ngrarangin kang senggolan kewala loeloet wiletipoen singir deling angemanak tan sarenti lapal bisahri rabingi kad badan noerhoel akla
229. pajah badan badrabida kali ²) majoedjla-ana rat bihil akla noesarkan wamagribane ahloessamai kaloe oemarkaban ahlan waoelbi soban noer ngidjan ripta tanpa mamis loehoe kil ngatil koes nioes tahlan wa la mar-ahoel badroekarli koesnihi bah djata tloeboe akla
230. noeija kang santri keh naoerani tanpa roengwan baroengan Ian terbang sawidji tan ana geseh kelangkoeng ger goemoentoer sinalahan selawat nabi wasalalahoe ngala-ilii wasalamoe salalah ngala Moeliammad soewoek alon terbangira angepiping beng beng beng seleh terbang
231. Djajengraga noelja matja rawi toemembel patitis kir'atira pasekal dawa tjendake sembada empoek mentoei sadjak jaman woes angesehi wilete ambiola ngemandang alandoeng anggalendem roem araras santri ingkang ahli kir'at tyase' enting mjarsa pasekatira
232. woes bakda denira matja rawi noelja sasamben oedoed anginang wineton panganan maleh inggih sakantoenipoen saprandene misih prajogi santri samja njamikan ing sasenengipoen noelja lekas bawa lempang Allahoe ja Allahoe Allah ja rabi na Allah kasboen Allah
233. tanggap bareng santri keh naoeri angantep swara tan etang erak sedaja samja rahabe goemer goemroemoeng ngandoel asaoeran gantya woes kadi monggang lan lokananta nganjoet-anjoet aroem ki Tjerma lan Widigoena samja emprak beksa kelana tinangkil karone iket djingga
234. tjatokan set njontong asisinting ramboet pinoentir ngloewer singsetan tjawetan saboek sondere akaweng tali wangsoei pan andegleg ambapang ngibing apasang poepoe malang ngingkrang gedroeg-gedroeg aebat groeda andjingklak seblak larap naretjet moendoer serisig anglenggak langak-langak
235. tangan kipat-kipat oekel tangkis djaridji geter amboentoet landak andengklang manteng mantengteng madjoe banjak saloeloep anggedingdang lamboeng klak-aklik patjak goeloe edjlegan manggoet-manggoet njoengoek
angembjak akipjah-kipjah keplok tangan lempeng aniba ginondjing akiprah gidrah-gidrah
1) limrahipoen: in^ndaharn5.
1) prajoginipoen: sasoewene.
1) kirang sawanda, katambalian : ro.
1) kirang sawanda : prong.
2) Temboengipoen Arab poenika buten kaleresaken, namoeng niitoeroct poenapa kawontenaning babonipoen kemawon.
236. Djajengraga tyasira meh kedik
seleh terbang ambeksa kelana mjat ing raka tyas djrih mene moepoes mocng nerbang besoes angoengkoeli kang sedajeki ngapipir ngipat asta imbal rangkep baoed ngagem si matjan garongan pan djoemenggloeng lir gong Siem mantoeg bening tan ana timbangira
237. aningali boengah sedajeki
mjat kang emprak Ian ingkang narebang saoeran tiba singire angelik tan akantoe bi aslabi arbab sodadi kadis samsoe pilibra djihatan akaloe koeloe wasirtoe sarian pi boetoeni tasarapat likamali pi loemoeriltoengawal
238. naoerani santri kweh gorangrik sroe aseseg ginobjog terbangnja pong broeng brang broeng beng toeng toeng greng pep pep bah bah koer bah koer ngoek ngoek bebeb tjlong tjloeng toer toer tir tong ting tor bong poeng poeng brang tanpa roengjan oebjoeg Tjerma-sana Widigoena njekel tjoiok njengkelang tjolok soesoemping tjolok njakot amoebjar
239. rane soeroeng sinoeroeng sisiring bobrongotan pan bakar-binakar kelana perang rekane atelorongan soemboe bar ber moebjar apaser geni genti tjandak-tjinandak gja kinarja tjoendoek saengga lir pengabaran kang anonton enting soekane kepati soemjak-soemjak gergeran
240. samja katemben denja ningali. noelja soewoek amatja selawat samja reren sedajane
Djajengraga goemoejoe ingkang raka goemoedjeng ririh dasare toekang beksa kinen emprak baoed karja boengahing akatah anglegaken galihe para priaji ki Tjerma Widigoena
241. tinimbalan madjoe aneng ngarsi pinaringan panganan segeran roedjak kopjor djroek keproke dengaloendoengken neloe kang sawidji dipoeniseni arta sedjampel soang kang pinaring noehoen moendoer wangsoel ing genira woes pinangan noelja kang pininda ringgit si Senoe lan goes Soerat
242. saking wetan padang den-obori ingiring para rare djedjaka tjingak wong nonton arame ngaroehi goejoe-goejoe ojeg kabeh samja anolih bilah nganggo ronggengan merokmerok ajoe ting baleker goeligikan ham hem ramja neboet bilah setan radjin radjine pak Radjiah
243. noelja piak mire nganan ngeri pating ketjemoet atjoekikikan kabeh marenges andores saking soeka andoeloe kang pininda ronggeng woes prapti ngarsane ingawirja mepes sila panggoeng Djajengwesti mesem moelat Djajengraga goemoedjeng soekeng ningali Koela-wirja alatah
244. pan kinembar boesananireki sindjang parang roesak kemben djingga rinenda pinrada aden singset ngaweng ing poengkoer apamekan 1) mendala giri wangkong wingking talfban mantjoet adoe mantjoeng tapih sipat polok tinap
asandoengan pengasih nerampad. woeri widi djenar gebegan
245. sengkang oeliran panoenggoel sidji poepoer rinemboeg petak socmilak tjetik asangsangan katjte gembaja brit koestaloes geloeng sedeng bokoran djinggring pinalipid ing sekar anggit mager timoen tinirahan ontjen moentjar pinalangkan ing djoengkat penjoe rinoekmi tjoendoek mentoel tamengan
246. Djajengraga angandika aris sapa ingkang andandani sira apa ja si bioeng dewe Soerati nembah matoer njai Daja ingkang dandosi midjil bekta boesana saking djro sedaroem panoewoenipoen bok inja ia talah nini Daja dene apik bisa karjajoe warna
247. lah wis pajo empraka kang betjik kang liningan oematoer sendika Djajengwesti Ion delinge si Djamal Djamil ikoe konen eniprak disik wong kalih kang raji noet ing raka noeija ngandika roem lah Djamal Djamil empraka berkat sira sabating goeroe linoewih ingong kang ngalap berkah
248. matoer sendika ki Djamal Djamil sarwi noewoen sela item wawrat Djajengraga soeka tyase gja kinen moendoet watoe pan sakendil ageng woes prapti doepa menjan rinoemat adan lekas goepoeh sadjak Karang keboejoetan bismilahi hi amana bismillahi amana mana lilah
249. sinaoeran goemoeroeh pra santri kadya bendrong sasra abaroengan goemer goemeder arame angkloengira kemroewoek terbang oemres baroengan singir ki Djamal Djamil emprak lir ngalangi banjoe sela sagenoek ingangkat rame anteb jnganteban genti-genti kadya kapqek salamba
250. kang ningali kegawokan sami sedaja sami asoeka-soeka Djamal Djamil mendet rate pasoeson dipoen-reboet den-agirken rare neng lampit rare alit berangkang den-antebi watoe mring wong ro balag balegan bioeng andjrit biang prie koewe kjai wong akeh djelih samja
251. nanging rarene sangsaja aring gelenteran inganteban sela tan pitaja wong toeane age-age rineboet woes karebat dipoen-tangisi noelja ger samja latah langkoeng ramenipoen Djamal Djamil denja emprak denja bandem-binandem sakenaneki rai weteng gigirnja
252. terbang adjegoeran manengkeri tinatab gobjog kaja bedaha. toeng plek toeng plek doeng brang doeng breng beb beb bah bah goer bah goer pang peng ping beng ketongting tong gring groeng groeng bjeg hrang broeng broeng brang kloeng kloeng kloer kloer tir toer Djamal Djamil denja emprak saja rahab nelasken boedajaneki noelja agegaboesan
253. noewoen kalewang berang Ian arit bapang sinoengan kinarja emprak kang mjat maras tyase kabeh noelja batjoek-binatjoek mjang arnetjok gares pribadi bat bet datan toemama ngali-ali ketoel miwah denja babrongotan kang kinarja tjolok obor geng kang geni rame bakar-binakar
254. Djamil kinarja tedas ing geni bebed saroeal koelambinira
oedeng ramboet lan djenggote pan dadya geni moeroeb moelad-moelad abadan geni wong nonton eram-eram langkoeng soekanipoen Djajengwesti Djajengraga goeng goemoedjeng ningali ki Djamal Djamil sedaja soemjak-soemjak
255. bebedira ki Djamal den-ating atingaken ngoboran kinarja anggoreng katjang kedele mateng samja ingoentoet koelambinja anggembol warih genine ingoboran karja godog kimpoel mateng pinangan ing botjah noelja nocwoen Iinggis wesi gilig kalih sinoengan kinarjemprak
256. sigra gcgaboesan Djamal Djamil pentoeng-pinentoeng ing linggis samja Djamal pinentoeng raine sroe banene koemeproek batoek petjah tiba ing siti getih adeladagan kelosodan moedjoer pinindo nganteban sela sirah remdek baloeng renjek badaneki ngaloemproek gobrah-gobrah
257. kang ningali tjep getoen tan sipi goemoen samja manahe soemclang sedaja poetjat oelate Djengwesti mantoek-mantoek gedeg-gedeg ki Djajengragi Soeardja Wira-doesta mjang Koela-wirjekoe samja angoengoen sedaja prie koewe mengko akale ki Djamil agawe gegawokan
258. ki Djamil salin anoewoen gending sekar gadoeng kang landoeng lon-lonan pan mengkana saoerane oeloeng asamber oeloeng ja maole si oeloeng mati ngelajoeng ja maola roke pida jakoen Djajengraga goepoeh modjar mring goes Soerat Senoe lah ngadega singir noeta Djamil kewala
259. matoer sendika kang sinoengan ling noelja ngadeg mring Djamil winoelang woes linoeroeban wangkene Djamil neng woerinipoen sarwi bekta angkloeng kekalih kang djisim ingoebengan sinden oelueng-oeloeng samber oeloeng ja maolasi oeloeng mati ngelajoeng mole rokin pida jakoen mengkana 260. sareng ngelik metit andjelirit alantik lir poeloeng kang pipitan kadya nangisi istane mring bangke kang amoedjoeng kang ningali sainja keh nangis trebang lirih satoenggal lan angkloeng teteloe lawan kendange satoenggaloekoer djawil imbal angepindjal bintjil kempjang njampjeng pintjatan
261. ting salentik pang pingletapak pik pik toeng plek toeng plek tong ting boeng pang
ngoek ngoek doeng doeng tong toeng toer ter koetoegipoen koemeloen majid obah noelja ki anglilir loeroebe ingoeongkaban Djamal woes loenggoeh ambekane arenggosan ingadepan ronggeng ro lawan ki Djamil Djamil lir welas moelat
262. noelja njandak bende 1) lawan arit Djamil ngoetjap keh ta bendo sira Ian si arit bapang koewe loemakoea soen oetoes pada meka dawegan aglis gja bendo arit bapang kesah reboet doetjoeng goemlotak ketanggor tjagak Djamil angling bok den-alon bendo baring loenga tan ngarah-arah
263. ginagoejoe mring kang nonton sami tan adangoe bendo arit bapang
kaloeng degan anjegandeng sareng saking ler kidoel praptanira aseleh ririh bendo arit toemoempang neng daweganipoen ki Djamil woewoese soegal ora oeroes Djamal ²) bandjoer den-parasi sebele 3) boeangana
264. noelja tangi bendo lawan arit ting galasrok marasi dawegan polah dewe ras res ras res kang mjat soeka goemoejoe dawegan den-inoemken aglis degan sekawan telas bendo arit goepoeh amboeang sepet boeboehan noelja Djamal woes bagas lir wingi ocni noewoen sal in lagoenja
265. denggoeng Banten bawa saoerneki denggoeng jahoe daim denggoeng Allah daim Allahoe daime sigra sinaoeran goer brong proeng proeng brang deng toeng toeng toeng gring
pjak pjak bjeg pep pep bah bah ngoek groeg boeng tor tir toer oemres baroeng Ian saoeran Djamal Djamil aemprak nelasken gending genti ngantjiki sirah
266. emprak poendak kinarja tjik-antjik samja banting-binanting bag-began pra emprak tan kadya kie kang nonton sakelangkoeng tjoekakakan hah hah hoeh hih hih kapingkel kel kaselak pan kapentoet-pentoet katah ketoeh ngebrok genja kaparitjit arsa loenga bok den-goni milane anggadidak
267. woes antara kesaoeran singir soewoek matja selawat lahoema sali wasalim ngalehe lan wong keh salalahoe ngalaihi wa asalami salalahoe ngalaja Moehammad tjep soewoek samja reren sanget sajah amemangan kang seger mjang wedang kopi Djamal Djamil ngandikan
268. aneng ngarsanira Djajengwesti pinaringan ingkang sesegeran semangka djeroek salake srikaja lemet mendoed woewoengkoesan pipisan isi arta sareal sewang kang pinaring sampoen noewoen moendoer ing genira asesamben sedaja angaringaring noetoeg dahar njamikan
269. ki Koela-wirja amatja rawi swara santak erak moeloeh remak grawoel moeng boeroe wantene seroe rada merkoetoek nanging marang sastra petitis matja lapal roewia woelingan kabiboe salalahoe ngalehisam wa hoea ma kakaloe ala ngoejoeni ma ka toengoen soeratan
270. wocsnja tamat denja matja rawi Djajengraga ngling soeawi paman padoeka ladjeng bawane witipoen tjarang gantoeng niba petoeng woeloeng kang aris sigra ki Koela-wirja abawa swara sroe ja lai laha ilolah 1) Moehammad rasoeloelahi Moehammad kabibolah
271. santri sedaja ²) naoerani rempek tan ana menehi sadjak angioed-ioed swara keh jen noedjoe selehipoen tinanggapan ronggeng ro ngelik ngalik-alik araras njamleng nganjoetanjoet lir soendari kapawanan lantiklantik soeinenoet ambeler ati wong samja sir koemesar
272. wileting sinden amoelet. ati lir tinoetoe tan kena tinata tete"la lir estri djibles sasolahe well woejoeng kabeh samja remen tyasneki tjipta sami kedanan mring goes Soerat Senoe Senoe dassr poetoe dalang goes Soeratin dasar anf.ke wong soegih ginoelang wasis beksa
273. beksa gambjong meses ronggeng kalih tan ana sor-sinoran rimbag tjangket-tjangket keketjete tjat-tjatan kengisipoen lentreng kesit moengser sisirig ketjlap larap anilap lengek-lengek madjoe djaridja kedjer ling-lingan mentoeng oewet antjengklang gendewa gading sedet andedet oelat
274. patjaknja lir Srikandi neng kelir lan Dresanala aparibawa tanding wilet kaloeloete oelet lir koepoe taroeng tan koetjiwa baoede ki Tjerma Widigoena ambadoedi tjoetjoed sarta senggake imbalan abebanggen prak-prak keploke ngedasih tjoronge moebjar-moebjar
275. ngelik petoeng-woeloeng koemalinting lir soeling wratsari abaroengan kang tan selaja toetoepe ngalep-alep mlas ajoen pan sembada sasolahneki sangkep tangkepe limpad ilo oekel tjentoeng oekel lelaten tasikan inggeg djadja djoewet ngoedjiwat ngaweti Djengraga kegoegoeran
276. karekoehan widag-widig denjarsa ambeksa gatenjengan djrih ing raka isin ngakeh kado-kado angoengoen saking sanget denja kepengin
Djajengraga oemedal totoja angoejoeh mring sor djamboe ing gedogan goes Soeratin sigra bekta tjeret midjil kang toeras tinoeroehan
277. tinaken apa gede ta iki inggih agenge boten kedjamak ah ngadjeng sanget medoke Djengraga sroe goemoejoe selehena tjeretmoe dingin mireng Senoe sindenja ngeiik petoeng woeloeng tjoemengkling bening lir pendah rebab sedeng oleh santene goemrining Djajengraga ambeksa
278. lan Soeratin denira angibing paling karinggek neng pepetengan antara teloeng gongane lah wis pajo anoesoel tjankingen tjerete jen lali kasoewen bok kenjanan wangsoel ing gjanipoen anoetoeg denja trebangan woesnja dangoe kendel sinalahan sami samjaso sedajanja
279. Djajengwesti angling mring kang raji toetoegena manirarsa soenat kang raji inggih atoere kang raka noelja kondoer Djajengraga omber tyasneki ngandika mring kang paman kados poendinipoen poetrandika kondoer soenat prajogine boebaran kewala sami koela mantoek mengetan
280. paman kalih kantoena neng riki moeng soeawi paman Koela-wirja kang paman aion saoere lah ia sakarepmoe toetoegena ia prajogi boebaran sakersanta Djajengraga moewoes penedipoen aboebaran noelja Djajengraga lan Koela-wirjeki samja kondoer mengetan
281. ronggeng roro Senoe goes Soeratin Tjerma-sana lawan Widigoena
Widi-leksana lan maleh Toendjoeng-kara poenikoe Ganda-sana sami angiring Noeripin Amad-asra goes Dawoed tan kantoen kang nonton boebar sedaja woes mengkana atata denira linggih aneng tengah pendapa
1) prajoginipoen: asamekan.
2 prajoginipoen: djamak.
1) prajoginipoen: bendo.
3 prajoginipoen : sepete.
1) kirang kawan wanda.
2) kirang sawanda, katambahan : a.
282. Djajengraga angandika aris
moendoeta trebang gender lan gambang kelawan kendang soelinge kang kinarja gongipoen trebang bae kang ora sirik kang liningah sendika tan dangoe prapta woes teng-teng pinatoet rebabnja neming gender, sinenggreng ngek woes pakolih njamleng neme araras
283. Djajengraga mesem ngandika ris
senggrengen sesendon patet sanga den-noetoeg lih-oelihane Widigoena kang soeloek kang sinoeng ling sigra miranti Tjerma-sana angrebab Widigoena soeloek kang anggender Ganda-sana Toendjang-kara penet toetoepane soeling Widi-leksana gambang
284. Koela-wirja ingkang angegongi gong trebange si matjan garongan noelja lekas sasendone Tjerma-sana abesoes toetoepira geter amiwil djaridji anglir pendah kaladjengking ngantoep akesit lir angganganggang kosok lamba amoepoet aloes alari jen rangkep rikat rata
285. Tjerma-sana patjake amandjing ngik-ingike ngereng lir garantang kawat pakolih santene nges wilet manis aroem Ganda-sana gender goemrining serenge anjaloepak empoek oelem aroem bebengkakane ngemanak penaboehe ngapindjal pantjer mintjati semoene lir Onengan
286. Widi-leksana penggambangneki apik dasar gambang dadi anjar kajoe rawan roem swarane kaieresan pikantoek grobog sedeng rongronganeki platjak pakoe koeningan sesenteng pinoentoe apesagi rarasira penaboehe naritil dridji koemitir galebeg tan tjaroekan
287. abot kiwa kebat alestari ter geter lir koepoe pret-oepretan tan goling wiwilahane matjalang wiletipoen baoed besoes anggoenoengsari Toendjang-kara denira njoeling nganjoet-anjoet tioepan pakolih djamang woeloeh tarang toea bobotsari tipis mentjok oenjeranira
288. tan belero laras nora silir matis manis enteng swaranira bening tjengkok toetoepane samja reboet ngesipoen keh oeninja amemelingi soemelet atoetitan panioepe landoeng anglir poeloeng kapipitan pra niaga kang samja sesendon ngenting sara joeda sabeman
289. Djajengraga angandika aris wantji poenapa paman poenika ki Koela-wirja saoere pan iki bakda saoer doeroeng bedoeg teloe kang wantji setoen setengah tiga Djengraga amoewoes saenggane rong gendingan apa kanti Tjerma-sana matoer aris kados boten kasesa
290. lah ja pajo moeni lompong keli noeli petoeng woeloeng ingkang membat noelja boeka gendingane egong trebang djoemenggloeng pan ambaoeng lir gongsa jekti rebab ngetjek ngak-ngikan gambang koemloentoeng toer
soeling merit atilepan gender nal nil Widigoena angendangi rara tjiblon kosekan
291. rarasnja roem njoendari ngrerangin 1) kang naboeh samja baoedira adoe wilet jatmakane ing gending nges-nges besoes Tjerma Widi kalok pesisir niaga Wana-marta kang komoek moemoeroek ronggeng ro Senoe Ian Soerat sareng ngelik meded lempeng lompong keli saja weh kalingloengan
292. dasar woes enggone aneng gending kang anaboeh ambjantoe tog-togan rempeg mrih pada rasane ronggeng sangsaja besoes pengibinge dipoen-gendingi kang mjarsa noendjang-noendjang loemajoe andoeloe asoekoep pada sedela ing pendapa gede tjilik djaloe estri apipit jel-oejelan
293. saja karenan ingkang ningali Djajengraga ngatipoeng pang poengan sarwi alon andikane paman soepaminipoen poenapinggih poenika kenging lamoen den-emprakana kang paman goemoejoe patoete bae ja kena dene' ²) ora nganggo egongneki namoeng trebang kewala
294. wa mengkana ing kono Noeripin Dawoed Amad-asra prie sira kang sinoeng ling lon atoere soemangga kersanipoen langkoeng adjrih matoer koemawi Koela-wirja lingira keh-akeh rinemboeg wis pajo teka empraka ngarah apa mengko manira laboehi Djajengraga alatah
1) kirang sawanda, katambalian: ing- 2) kirang 2 wanda, katambahan : teka.
295. nging jen wonten doekane djeng kjai ngong tan oening mangsa borong paman ki Koela-wirja begenggeng ja wis ana ing akoe kang nadahi doekane kjai kang poetra dasar kersa ana kang ananggoeng Djengraga tjoetjoel rasoekan njamping destar ingeloes ingkang alengkin ngoesap-oesap koembaja
296. adan djoemeneng lekas angibing Koela-wirja ngadeg aserigak Noeripin Djalalodine kinen anjekel soemboe wong kekalih lir ambadoedi Djajengraga ambeksa patjake asagoeh beksa pandji nom Madoera miwir njamping ageter djempol klak-aklik atandjak kebo menggah
297. medi kengser ngalesed narisig angikal oekel asta ngradjoengan midak irama tindake parigel egol lamboeng aloek-loekan oela ngelangi naredet asigegan patjak djangga manglpeng amentang asta andengklang pan aebat naga kaboenton anolih alaras riringgitan
298. kang ningali katah samja linggih mjat kang beksa sedaja asenggak kepiok lir gerah swarane samja soeka andoeloe bendarane kersa angibing pasemone awajang lir Wiroen abagoes sarira loeroes adjenar brengos tepen keketoegan lir minangsi wadja tetesing toja
299. langkoeng boengah-boengah kang ningali samja eram eraming kedanan sakehe kang nonton kabeh mitjareng djroning kalboe doeh bendaraningong wong sigit laelae saengga moemoendoeta mring soen
ngong rewangi raja-raja noemboek bentoes datan etang kinarikid tyas ingwang tan soemelang
300. sangsaja berag denira ngibing ronggeng ro pentjar moebeng kalangan koempoel prepet nindoer age sarwi anengkah lamboeng golang-galing linglingan tiring tjetik metok apasang nampel-nampel poepoe Djengraga lir pinagolan djadja moengal mangloenging djangga angliling kadya groeda kapelag
301. ebat ketjlap koemalebat kesit lir peksimprit mesat sing pengoendan alon akalangan kangsen kedjer gambret anioep mentjok maring pengoendan wentis oeal moewer nengarsa sisirig ngadoejoek matet ngaleter tintingan larap marang ngarsa nindoer sareng ngelik amanis getas renjah
302. apoepoenton swara roem amanis miroet 1) kwehning oelon amemba atjampleng matis manise datan meled seramboet nges wilete ametet ati ati petot tel gigal geleng golong lingloeng ka-iroep langen kalangwan Djajengraga mentang oekel angetibing nangkloek klek patjak djangga
303. woes adangoe loear denja ngibing noelja lenggah sedaja aterap sinoeng wedang panganane ngaso-aso sedaroem amemangan mjang nginoem kopi noetoeg denja njamikan Djengraga amoewoes jen woes aso sesendonan patet manjoera Widigoena njoeloeki woesnja bandjoer gendingan
304. petoeng woeloeng tibakna ginondjing niaga 1) sigra pepatetan noetoeg oelih-oelihane dan boeka petoeng woeloeng Djengraga ngling paman soeawi Koela-wirja agepah saboeke den-oeloer ngiras sonder singset pisan destarira tinetepken katjep alis njamping tjangtjoet serongan
305. kaweng sonder tali wangsoel prekis tandang sagoeh asinggah agagah beksa dadap kreta tjekeh tandjak alaras madjoe njidang moendoer kitjak narisig madjeng seblak tajoengan ladjeng nrisig moendoer anampa manggel amagang ngingkrang njidang manggel madjeng anaritjig djeglig apatjak djangga
306. petoeng woeloeng aniba ginondjing noelja kiprah ambeksa kelana patjak goeloene aedjleg ronggeng ro angeroeboet nindoer gendeng moengser sisirig goelet oelet-oeletan moebeng madjoe moendoer lintjak-lintjak kitjat-kitjat amatenggeng matengteng lir Bima koenting manggel tek patjak djangga
307. noelja sampoen denira angibing keringetira aperoentoesan leren aso sedajane sesamben njamoek-njamoek woesnja noetoeg amatjit sami Djajengraga ngandika doenena rebabmoe kendonana kendangira pajo pada boebaran sedenge arip kang finingan sendika
308. angling malih amoendoeta doewit teloeng real paringna niaga tan dangoe prapteng ngarsane gja pinaringken sampoen pra niaga nembah noewoen sih
njamikan binerkatan sigra samja moendoer Koela-wirja apamitan kang anonton woes boebar tan ana kari moeng Senoe Ian goes Soerat
309. ingkang datan kinalilan moelih anata sarean neng panirat woes miranti sa-oelese Djajengraga doek waoe neng panirat denja agoeling Senoe lawan goes Soerat angeloni poepoe dangoene akelesikan Djajengraga esmoe goejoe angling ririh sarwi narik pipinja
310. sira karo di mandjoeloek titik samja mendjoeloek doemoegeng djadja angekep Iamboeng kalihe ing kanan kerinipoen ronggeng roro den-tetakoni sarwi kinen nekema ing kagoenganipoen ronggeng ro agaligikan samja nekem rong tekem pandjangireki wates galeng kewala
311. sira ikoe wis pada nglakoni kelampokan lawan botjah-botjah gede endi karo kie ronggeng roro goemoejoe matoer dereng tate den-wori maido Djajengraga apa moeenga akoe tjekek bae oewis sira goes Soeratin matoer inggih sampoen mami kang kedoegi ing manah
312. sami soetaning soedagar singgih ingkang asih lir tiang kedanan kewala kang sami dene santri gih katah woejoeng nanging datan koela langgati namoeng raji padoeka goes Kandjir kang sampoen poetrane ki Wira-doesta jen kang sepoeh moeng padoeka lawan malih kiai Koela-wirja
313. Djengraga ngling paman lawan mami gede endi matoer kang liningan geng pandjang padoeka kie kiai moeng sa-etjoe jen poeniki sa-etjoe loewih kirang kedik sakilan Djengraga goemoejoe sapa maneh kang anggarap matoer sampoen ora satemene maning inggih namoeng poenika
314. 1ah si Senoe kaprie sireki. ajwa koembi maioera pesadja Senoe nenibah Ion atoero inggih katah kang woejoeng mring kaoela kedanan sami santri mjang soedagaran katah pawehipoen sami ingriki kewala men weradin akatah kang sami brangti inggih dateng kaoela
315. kalih ki pengoeloe. Basarodin dipoen-kaloetoek namoeng sapisan kapok kinelampok maleh Djajengraga goemoejoe goeligikan gerojok angling kadekne kelirikan mjat botjah roemoetjoeh bagoes kang soeloeh wedana man pengoeloe oelate angintjih-intjih nora mamboe wong toea
316. saliane ing kene kang endi Senoe oematoer inggih kaoela noedjoe katimbalan nopeng dateng kita roemoehoen kinersaken dateng djeng kjai dipati Wintes sowan geng gandjaranipoen boesana arta kandelan boenton djene kaoela ngantos tri latri tan sinoeng medal-medal
317. toewin para poetra sentaneki katah kang kedanan mring kaoela mila wit kaoela wade gih sapikantoekipoen tiang nista ngling Djajengragi manira lan kakang mas gede endi ikoe oematoer ageng padoeka
angling malih ikoe pan goroh sireki lan soen gede kakang mas
318. sarwa ngontjori kelawan mami kerana akoe doek muksih djaka kang mas toemenggoeng sring mrene kadang soen kang loemeboe aneng kana tan pisah mami kongsi setengah woelan tan kalilan mantoek mring wang kersa kelampokan pan pineksa makeneng lagja sakedik mopo akoe tan koeat
319. moeng soen kempit ing poepoekoe mipit kanti anggandjel aneng welakang lineloer pegel raose bade ia satoehoe matoer namoeng kaot sakedik sarwi gelo ingogak Djengraga goemoejoe sapa kang ngloewihi kang mas matoer boten wonten sarwi anggeligik ora teka blakaha
320. matoer ngentet-entet esmoe isin inggih wonten nglangkoengi rakanta agengipoen mjang pandjange gebaldalem poenikoe kaki Widigoena nglangkoengi angoewer mring kaoela kongsi anjengkeroeng Djengraga goemoejoe latah anempoeh bjat dene poetoene pribadi apa meri wong katah
321. djer roepamoe gregetaken ati sira ro apa tan kangen mring wang Ian pirang dina lawase tan kctemoe mar ing soen inggih wonten kalih dasa ri Soerat matoer sepasar apan djrih kelamoen tan wonten ingkang timbalan ja den-mrene kewala mengko soen ganti samja matoer soemangga
322. jata waoe mjarsa swareng peksi kloeroek ajam mjang poeter Brenggala Djengraga kado kersane penggalihira tanggoeng angandika mring ronggeng kalih Senoe Soeratin sira tekemen bae woes tjoea ing wektoe toenggangan noelja samja nat-net anekem-nekemi sarwi ganti angaras
323. warastranja dangoe den-arasi denira makas woes waoenira Djajengraga rongeh tyase koemenjar angganipoen datan keni dipoen-sajoeti mrekinding bededengan ngatjetjeng sakoedjoer noedjoe ronggeng ro angaras sanget ngingsep koemedjot njoroti pi pi karone goebras-goebras
324. anggalegeg ngoedal-oedal midjil aler-leran nando neng landoengan nora oetjoel panggegeme Djajengraga ambekoeh ah eh ngeses em-em sarja ngling o o lah ketiwasan prie koewe ikoe da-pada ngoer den-tamakna ginagoejoe ing ronggeng pating goeligik toengtas denja derawas
325. kekentelan andjendel neng rawis miwah kang katah aneng landoungan den-kesoedi saptangane kebes koembajanipoen pan werata lir den-sekoeli Djengraga woengoe nendra anggereng gegetoen njampinge adelemokan eh Soeratin moendoeta njamping den-aglis koelambi saboek destar
326. mring si bioeng kang kinen gja prapti boesana katoer neng patadahan Djengraga mring patirtane Senoe Soerat toet poengkoer marang koetah tinalang mili jkoengkoem siram djinabat poeroedjil mani woes ronggeng ro kinen angoema angosoki -kagoengan landoenganeki anglalar sariranja
327. noeli mentas denja asoesoetji salin boesana sapangadegan patlesan pinaringake maring goes Soerat Senoe nanging Soerat matoer tan apti noewoen panah kewala sagendewanipoen Ian emprit kang moeloek lepas sinagoehan pinaringan samja tampi nembah noewoen kalihnja
328. Djajengraga malbeng dalemneki Senoe Soerat woes tjoetjoel boesana datan winarna solahe kang aneng ler winoewoes kang djagongan pendapa sami kang noetoer kalanira mring kidoel andoeloe kang emprak singir terbangan para toea mantoek-mantoek den-kandani ki Baji toemoet soeka
329. angandika marang santri Loetji kaprie Loetji sira toetoera kang emprak sapa kabehe Loetji matoer agoeproek kang roemijin adi Noeripin Ian Djalalodin emprak asoemboe-sinoemboe noenten kentol Widigoena lawan Tjerma-sana loetjoene kepati pan emprak tjara boeda
330. koetjiwa tan mawi tekesneki dede emprak anopeng belaka metenggeng tir andjegegeh ki Baji sroe goemoejoe tir keprie toetoermoe Loetji matoer tan saged nelad badanja sakodjoer goeloe atoklak-taklikan telorongan baleberan paser geni rineka kelana prang
331. noenten sabat kalih Djamal Djamil medalaken pangeram-eraman teb-teban gaboesan rarne mawi pedjah amoedjoeng sirah petjah adjoer kang koelit rahipoen deladagan kang ningali goemoen noenten ronggeng kalih beksa anjindeni tan adangoe majid tangi moelja lir waoenira
332. katali rekanja bendo lan arit kinen mendet dawegan sedjandjangbebede kinarja goreng katjang Ian gembol banjoe darnel godog oewi gembili ki Baji soeka-soeka winartan agoemoen angling ja besoek kewala lamoen ana leganing ati ing bendjing jata ing wajahira
333. woesing bedoeg teloe ingkang wantji noelja amedalaken ambengan rolas ambeng gede-gede kendoeri sekoel woedoek delamipoen lembaran pitik kelawan sekoel kepjar koekoeloeban koedoe sekoel golong petjel doan petjel ajam mjang sadjen-sadjen petani sedaja linorodan
334. sedaja kapang ngepoeng kendoeri ki pengoeloe Basarodin donga moemoele lan selamete dinongan sedaja woes gja binage ambeng wtjradin djaba djero kawratan djaloe estri soekoep tan ana kang keliwatan woesnja tjinarikan binektanan moelih woes mandjing wektoe padjar
1) kirang: sawanda, katambahan : sa.
1) kirang sawanda, katambahan: nja.
335. kinentongan ngoemres goprak moeni
binedoegan soeboeh wajahira mjarsa adan ing masdjide santri samja loemajoe goemaroebjoeg salat ing masdjid kjai Baji Panoerta angimani soeboeh sawoesira bakda salat kjai Baji kondoer den-iring pra santri ladjeng lenggah mendapa
336. angandika marang ingkang raji ki Panoekma lawan ki Panamar
katri lan Djajengragane pada dandana goepoeh parentaha sakehing santri prajoga djenengana ing paningkahipoen ki Djamhoer seh Amongraga masdjid gede tatanen ingkang abetjik kang raji toer sendika
337. dene sira koeloep Djajengragi ingkang kidoel mangsa bodo sira rampoenge barang rakite lan wong mager-sarimoe prajoganen ingkang angiring marang ing kakangira ing paningkahipoen kang poetra matoer sendika ngling mring garwa marenea soen tuetoeri midjila ing pendapa
38e Zang; dichtmaat: MIDJIL.
1. sigra kang garwa ni ken Malarsih lampahira alon prapteng ngarsa amipit silane djatmikane semoene awingit tingkah ngati-ati ketange jen loepoet
2. tekad tinawadjoehken ingati loemampah sapakon tan poeroen ngroemijini kersane pan koemambang wisesaning laki tan watak nisani ing woewoes mjang tjatoer
3. solan bawa angganja sadermi narah tan roemaos andarbeni ing tyas sendet sedeng moeng soemangga sakersaning laki djrih doerakeng akir amanggih papa goeng
4. pan mengkono wong wadon premati geng begjane woewoh jekang kaja Malarsih anggepe anoet roentoet nora memalangi rnoewoehi kamoektin marang kakoengipoen
5. aningali mring garwa kiai angandika alon soetanira ni Tambang-rarase' paningkahe ia mengko wantji ngasar sangatneki Ah made kang loehoeng
6. soetanira resikana noeli pesadjan kang moenggoh paesana lelaradan bae moeng boesana patoeten kang betjik wiwida jwa mawi tjitjitak tjetjentoeng
7. mjang Ielata pepeta ti-ati ikoe adja nganggo ajwa kaja maksiat tjarane apan tjegah ngelmoe tan pakolih kapindo menawi doedoe parengipoen
8. kang kinarsan ki sen Amongragi krana Ilah kemawon malah karja moeng semene kie kaja-kaja nora amarengi betjik andjoeroengi ing sakersanipoen
9. lan penggawe ing sadina iki kabeh abon-abon rampoengana apa ing adate parabote' wong amoenggah hadji adja kongsi sisip koekoeranganamoe
10. ni ken Malarsih oematoer inggih sendika ing pakon berkah toean tan wonten kang keter sampoen mirantos sedaja sami moeng kantoen kendoeri ingkang dereng rampoeng
11. ja wis inangsa bodoa sireki sawing pakewoh ajw nganti koekoerangan kabeh amoeng kari ing sedina iki tan memekas malih ia moempoeng esoek
12. moendoer saking ngarsa ni Malarsih ngiring pra wadon pan andjoedjoeg engggoning poetrane
ni ken Tambang-raras kang piningit apan woes tri ratri tjatoer dahar toeroe
13. lir pradapa sinempal ngawengi lorod wenes idjo
angga-angga tjitra anglalentreh trah toerasing kang elmoe mawingit repiting pangaksi angganteng ngoengoewoeng
14. sarwa sedeng pangadeg respati tan ana winaon
anteng adi woetoeh djatmikane rema kebes mentas d6n-djamasi djamoesing wadja lir laring koembang gempoeng
15. tasik wawaleran bae nipis pesadja jen tinon sindjang seta limar semekane rasoekan takwa sembagi koening pengangge tan pati woes masem asemoe
16. ingkang iboe prapta ing gjaneki Tambang-raras anon goepoeh mingser moedoen saking gene woes pinarak waoe ni Malarsih angandika aris ado eh atmadjengsoen
17. tinibalane pan ramanireki
dawoehe maringong kinen angresiki mring sirangger tan linilan trap paes pipidih lelata tiati tjitjiiak tjatjentoeng
18. pendjaloeke ki sen Amongragi kersane mengkono
adja kaja maksiat tjarane moeng krana Ilah bae den-kersani kapindone lagi kawingitan kalboe
19. dadya ramanira angrodjongi
sakersane winong pan angrasa bcgdja mring sira ger krama antoek ngoelama trang elmi sroe soekoer ing Widi ing pendonganipoen
20. soempeg dedel tyas dening sireki inengko woes tjoemeplong lir poenagi ja saking boengahe jen ta adja kepagol ing kingkin nira seh Mongragi kaja noemboekbentoes
21. pesti ngatoeri para priaji anggedeken dajoh nganggo boebak kawah toempak pondjen moeng pinoepoes oetamaning elmi soenat maksiati ngoendaken tekaboer
22. Tambang-raras sangsaja awening tyasira soemorot
pan soemrowong mindak menter anter tar pepeka tyas mring inaksiati raosing iyas kadi katjondongan djoemboeh
23. niatoer mring iboenira aririh kaoela sajektos paminipoen tjinara penganten ingadesa kang limrah nglimrahi inawi klenak-klenik koela boten soekoer
24. dados roebed roebeda ing boedi badan koela mopo katoedjoenipoen wonten ingkang reh kaleresan boten rnawi-mawi jen mawia pesti tan wande begoegoek
25. ni Malarsih goemoedjeng ngling aris doeh soetengsoen babo nora njana jen kabenerane nianira senggoeh tyasira moetik ing inengko woes noenggil denok soekoer-soekoer
26. moegi sira djinoeroeng ing Widi santosamoe woewoh pira-pira noegrahan tibane marang sira ilhame Hjang Widi menawa njaloni loekitaning loehoeng
27. ingkang poetra niatoer noewoen moegi amanggiha jektos sabda iboe nastidjaba mangke
pandonganing rameboe kapoendi pan kaoela dermi anglampahi toedoeh
28. Tambang-raras ingaras boenneki sarja barebel loh
doeh soetengsoen woding tyaskoe angger ia-ia moega-moega nini sinihana Goesti Pangeran kang agoeng
29. noelja ngandika noedoeh ing tjeti Soembaling soen kongkon oendangen si bibi Daja kae neng padjangan kang toenggoe patani wong toea berkahi ika kang woes taoe
30. amaesi penganten priaji ja ninekmoe denok pan selire dipati swargine Wira-saba moelane si bibi neng kene noet kjai dadi kadang katoet
31. Tambang-raras atoerira inggih kang tinoeding goepoh tan adangoe ni Daja praptane moenggwing ngarsane ni ken Malarsih angling mila bibi wajahe poenikoe
32 ngalap berkali andika pahjasi
laradan kemawon datan niawi peta lelatane tjetak tjentoeng trap pidih tan mawi moeng angimpoen alis woeloe poehoenipoen
33. ngentja kentjenging keteb malipit ngilang woeloe kalong ingkang 1) ingarsa woerine pinrih maja-maja koelit rimpi rampinging pangaksi soepaja soemoenoe
34. toewin sadadosipoen ing mangkin bibi mangsa borong koela sampoen pitaja penede kang soemoeroep mring kersane kjai
1) kirang 2 wanda, katambahan; ana.
krana Ilah kang pinrih ingkang mara semoe
35. ni'mbok Daja pamoewoese inggih sampoen walang atos koela angkah-angkah prajogine ni Malarsih noedoeh mring Soembaling enggalna toemoeli sadjen-sadjenipoen
36. panggang toempeng tjara djenang abrit Ian kelapa oewos gedang ajoe soeroeh ajoe djambe gambir bako menjan sarwa betjik Ian djoepoeta doewit tindihe nem soekoe
37. warnan pasar ia kang mcpeki ajam oerip babon klasa bangka anjar lan palemek djarit kekembangan baiik loerik kang pepak swarnaning among adja kantoen
38. lan godong kloewih ginawe linggih mjang roedjak tjarobo doepa dian soemeden kang menter jen ana kelalenkoe Soembaling takona si bibi ladenana goepoeh
39. ni Soembaling atoerira inggih ngomel sarwi djomblong akeh temen klenak-kalenike kinoempoelna kjeh pengadjineki ana rolas anggris kelamoen den-etoeng
40. 1) moedjoer plemek bae' jen wis dene moemah-moemoh gitik trohi njai Doja koewe 2) goemoedjeng doeka ni Malarsili ora teka gelis pidjer akoemroesoek
41. ni Soembaling pan kaja tembaling prentah maring wong-wong kinen moentioet pepaking sesadjen tan adangoe woes samekteng sami
katoeran ingarsi kang bekta adoeloer 1)
42. tjampoer bawoer mjang sckar toelja sri setaman neng bokor ni Malarsih aroem andikan koela tilar mangsa borong bibi koela angroemati karja lianipoen
43. ni'mtok Daja toernja gih prajogi moegi kang pitados dan loemampah ingiring rentjange andjenengi keh kang namboet kardi kang dereng ginelis kang oewoes tinoenggoe
44. maring wisma moendoet djarit-djarit sinoengken pra wadoit wiar tjioet wradin sedajane kang sentana miwah maher²) sari kinaot peparing oenda oesoekipoen
45. djaloe estri pan samja pinaring pesalin sabobot telas sindjang nem kodi katahe wiar tjioet woes dinoem djalwestri mengkana kalaning wonten wong mertamoe
46. anak poetoe ing Wana-marreki sedaja puenang wong djaloe estri pan pada embjake soemawana petinggi djalwestri samja nadar bekti ngatoerken pamoendjoeng
47. mring djeng kjai Baji Panoerteki denira memanton panggrahitanira sedajane poepoengkasan denja namboet kardi poetrestri sawidji dinama ingoegoeng
48. koesoeng-koesoeng sami niatneki tangkepe babjanton samja amrih katon dewe-dewe djaloe estri anjoembang pribadi katrimaha dening sekalianipoen
49. ing djeng kjai toewin mring djeng njai kabeh pan mengkono toer tan ana pinardi soembange samja toekoel nadare pribadi kang soegih mjang miskin pan saini denipuen
50. ingkang njoembang wiwit bjar anggili samja djodon-djodon amerabot sabobot pengangge kang tan doewe sakadarireki wong kang soegih-soegih semoea dinoeloe
51. djor-djinoran boesana di-adi rare pinarabot pan rinoekmi-roekmi penganggene samja bekta panganan mawarni neng doelang toep sadji bobokoran moendjoeng
52. miwah djodang sinarebet poetih mjang djodang ginodong antjak kodok angkring lawan djolen samja ingentilan bebek pitik kang banjak kebiri weneh ingkang wedoes
53. ingkang kidang mendjangan mjang sapi goedel pedet kebo saben wong kang noembang bebektane apangiring sembelehaneki rekanira kadi semajan sedaroem
54. kang panganan pangiringing estri ngarsa bekteng bokor sinamiran antakoesoemane ingkang nampa rare boesanadi kinarja di asri pengiriding lakoe
55. weneh patadahan kang sinamir kang gawa pinrabot pra rarestri kang anampa kabeh kang anjoembang samja ngangge keling djaridjya li-ali mirah inten tadjoeg
56. kang meksih nem sengkangan toeljadi penoenggoel rinonjok inten bjoer mjang sekar satamane abra markata awarni-warni djaloe lawan estri mompjor moebramoebroe
57. pala widja kinarja pengiring ing wong lanang mengko kabfeh samja kinaioengan lawe anjatoekel nadyan pitik sidji sinarimpoeng dening ing lawe sagemoeh
58. ingkang ngirid rare djaler sami djedjaka merabot pradjoeritan kotang beloedroene abangkol mas saboek tjinde abrit bebet limar wilis sinerong tjinantjoet
59. akris landean prasoe pinodi pendok ngoenir bosok sroeal sangklat abrit 1) pandji-pandjine iket rendan djeplakan breh koening anggagas mredjoerit sarwi noentoen wedoes
60. miwah kang rapekan golang-galing oedeng gilig djarot kotang sangklat idjo renda djene kris tjara Balen tjara pangroekmi oekiran kendit tri brengos woeloe loetoeng
61. boreh koening garoetan medeni djadoeg noentoen kebo weneh djaka koelambi balenggen 2) sikepan baloedroe lilintjis saboek tjinde wilis brengos lemet angoes
62. bebed polos iket djingga manis adoe mantjoeng penjon singsetane gituk mawi kontjer pendok boenton kris landean miling besoes ngerik alis sarwi noentoen lemboe
63. pan sedaja djedjaka kadyeki samja marong-marong
1) langkoeng sawanda, kaboetjal: a. 2) kirang sawanda, katambahan:
a.
sarwa keling sarwa roekmi kabeh ing anake soedagar wong grami wonten bekteng pitik aneng woerinipoen
64. bapanira1) pribadi pan sami tan pae merabot warna-warna sadoewek-doeweke kang pradjoeritan kang tjara santri ingkang tjara Boegis tjara Madoerekoe
65. endi kang woes den-ambah agrami tjarane ing kono pan tiniroe-tiroe penganggene pra soedagar samja anoetoegi panganggenireki antjoeng reboet oenggoel
66. datan tjaroeb sapangkatireki babrajatan golong kang soedagar sami soedagare ingkang kria samja krianeki dalang lawan gending niaga akoempoel
67. kang blantikan pan sami belantik tan ana oewor soh sabangsane madjoe bareng genten kerig lam pit wong sadesa prapti kang tniskin tan isin ing sakoeatipoen
68. datan etang moeng godong salempit mjang beras satompo kajoe satikel ingatoerake sami tjipta marang djeng kiai poetrestri sawidji wekasan memantoe
69. mila samja darbo nadar sami sakadare kang wong woes mengkono sedaja kadjate datan ana kang toemamboeh sidji wong kang soegih-soegih loemampah adoeloer
70. doepi prapta pelataraneki djaioe estri njero
ingkang estri ladjeng mring daleme dene pora djaler mring mendapi samja bekta anggris sedaja kinandoet
71. ambrengangang neng pendapa asri boesanane mompjor samja akris tjra panggoedel mele' keli oekiran sagolek gengneki kraheng roekmi woes lir boeta prang anggregoet
72. ki Moertala ki Gopa ki Peti ki Gandang ki Loendong kjai Derma-joeda kjai Gobes kjai Imba-kreta Djaga-pati ki Benlang ki Ketjil ki Bapang ki Koepoe
73. ki Djoemena Djempina Sebagi ki Doplang ki Polong kjai Djamblang ki Bopong ki Konteng ki Balendang ki Mendang ki Tjanting ki Brarem ki Brahim ki Koeloer ki Lengkoer
74. kjai Padang-boelan ki Sentagi kjai Singa-barong kjai Mentak ki Keblak ki Tjotek kjai Pandak ki Galak ki Klitik ki Katik ki Pati ki Batok ki Batoek
75. kjai Djabang ki Djoeber ki Kadir ki Sembong-doengaron ki Trenggoeneng ki Goeleng ki Sole kjai Merdi ki Koelih ki Wakil ki Penggik ki Sidik ki Goegoet ki Ketoel
76. ki Djakrentja lawan ki Soemendi ki Gondrong ki Sendrong kjai Ima-joeda kjai Gombreng kjai Tadjem ki Djendjern ki Moebin kjai Andamohi kjai Djaga-satroe
77. pak Radjiah pak Roemiah toewin pak Kidjah pak Borong pak Boediah pak Klimah pak Medeng pak Salbiah pak Mirah pak Radjin pak Imran pak Jasin pak Garem pak Remoe
78. pak Banikem pak Trikem pak Kemis pak Tenias pak Drebos ki Sampora ki Djali-poerane ki Djepara ki Sapoera toewin ki Tarn am ki Arnin ki Pandjangdjiwfkoe
79. ki Lawatan ki Djoegah ki Tikjik Ian kjai Malangbong ki Pangirat ki Nodja ki Djaet ki Boediman Ian kjai Baoedin ki Banda ki Kabir ki Bandoeng ki Tjantoer
80. kjai Soka-dana ki Wardadi ki Bekong ki Bonong ki Pandaja ki Baga ki Koernen kjai Malang-djiwa Malang-sari kjai Poera-sari ki Poetoe ki Mantoe
81. ki Sekar-petak ki Kembang-koening ki Sawo ki Soero ki Dadapan ki Warga ki Tompe ki Roembaja ki Tjandra ki Widig ki Garoeta toewin kjai Sapoe-garoet
82. kjai Djebad lan kjai Kastoeri mjang kjai Salobog kjai Poespa-rana ki Sentagen kjai Poespa-raga Poespandjali kjai Tali-pranti kjai Tali-datoe
83. kjai Poespa-djiwa Poespandali kjai Tali-wangkong Tali-kapa kjai Tali-rante kjai Tali-montje Tali-kambil kjai Tali-soetri kjai Taii-temboeng
84. kjai Rembet kjai Pet ki Petri mjang kjai Balongsong ki Pramada ki Djadrema Gambling ki Poerwaka Poerwangga Wiraki kjai Wiragati kjai Marga-ewoeh
85. Praba-drana Praba-djaja kjai Pratima ki Gedong ki Djoemiah kjai Basiahe'
Kreti-sedana ki Soka-nandi Djoemilah ki Roebi ki Djamoer ki Gandjoer
86. kjai Galang ki Kalang ki Kalim ki Djongkang ki Gondjong kjai Soeta-djiwa kjai Peres ki Tjaloera ki Gombak ki Merti ki Djoekoeng ki Konting ki Dapoer ki Dampoe
87. kjai Bandja-joeda ki Pandjari kjai Rengga-ganggong kjai Angga-dipa Angga-tete kjai Mara kjai Moere-mori Limaran ki Goeling kjai Tjanda-sampoer
88. kjai Reban ki Remben ki Rindik ki Sembong ki Songsong ki Mangkoerah kelawan ki Gebel ki Pandjala lawan ki Pandjalin mjang kjai Waloelin kjai Tjakrawedoek
89. samja madjeng matoer genti-genti nembah matoer alon kang poenika kaoela wiose, soemapala angatoeri bekti kondjoeka djeng kjai patoembasing apoe
90. pan mengkana atoerira sami djeng kjai nglingnja lon ia banget tarimengsoen kabeh moega-moega berkata kang kari selameting oerip kang pada rahajoe
91. tinampanan pasoembangireki sedaja poenang wong kang rang real teloeng real weneh matang real limang real nenggih sekedike sanggris pra soedagaripoen
92. magersari mjang para petinggi kang njagak pat retjon samja ngatoeraken pasoembange ingkang njoekoe ingkang djampel toewin tigang seka sanggris kedike njetangsoel
93. noelja sinoegatan sedajeki para noembang kang wong sarta berkatane neng te'boke sedangoenja kang noembang nis prapti tan beda toerneki lan wangsoelanipoen
94. kang parestri malbeng dalem sami merabot di kaot sekadare wong desa pamere samjambekta rare djaloe estri maboesana roekmi anak poetoe boejoet
95. ingkang soegih ngangge djamang soemping kaloeng soengsoen badong kaloeng dirham kokodokan selpen koekoe sima pinodi rinoekmi mjang kaloeng li-ali langalang sakapoeng
96. kinantet tepoeng samja li-ali mjang mirah sabeton kaloeng pitjis mas kang anggris tjentel binggel kilat baoe anting-anting tjoendoek soeri roekmi miwah sroemboeng koentjoeng
97. samja apipinggang apepending slepe tjatok krontjong sarwa keling kabeh penganggene sindjang kemben selendang koelambi sasenengireki kewala pinatoet
98. kang koembaja entjit mjang sembagi poetih koening idjo pandan soerat sembodja limare loerik ramboetan lawari tjelari deraga waloelin palanging 1) mjang peloeng
99. berem daragem patani tloeki solok lan balongsong moer biloedroe kesting kestop tjinde mjang kang ngangge sengkang warni-warni mas samja angoenir-bosok sepoeh-sepoeh
100. sengkang seta mjang panoenggoel sidji kang sengkang teronjok sengkang taman ²) seling mirahe kang tjeplok kembang rinadja werdi kang soernboelan adi sroemboeng gedah biroe
101. apanoenggoel pipinggir pinodi mjang kalpika kaot inten mirah pan katah dapoere ngangge radja kapoetren rarestri djaloe panganggja di radja kapoetran noeng
102. tesel pinardjoeritan rarjwa lit sarwa lit anganggo kris pendok mas tjerapang kirane kraheng prasoe miling de'n-ne'trani inten mirah abrit kinotang baloedroe
103. tjemeng idjem biroe woengoe abrit epek ababangkol sroeal pandji-pandji keh warnine djamang gagaroedan asoesoemping samja bebed keling wida djenar aroem
104. samja djedjer lir wajang kalitik moewoehi sri tinon soedagar kang prapta sedajane njai Doplang njai Djamblang toewin ni Bentang ni Tjanting njai Djaga-satroe
105. ni Drema-joeda ni Djaga-pati ni Gandok ni Batok ni Djoemena lan ni Djempinane ni Sebagi ni Kindjeng ni Tikjik ni Blendang ni Bening ni Tala ni Boengsoe
106. bok Radjiah bok Tadjetn bok Jasin bok Imran bok Bobot bok Trikem bok Semangka bok Sonder pepak sedaja para pawestri randa somah prapti soegih miskin tan woen
107. Ian bodjoning kamisepoeh santri kabeh samja rawoh matoer genti-genti dewe-dewe samja ngatoerken pasoembangneki mring ni ken Malarsih patoembasing apoe
108. kang sareal rong real patanggris mjang sindjang kemawon wiar tjioet samja keling kabeh miwah bodjoning para petinggi toewin magersari ngatoerken pisoengsoeng
109. woes tinanggapan pasoembangneki tinarima kang wong ni Malarsih alon andikane moega barekata ingkang kari kapindone malih jwa soesah sedaroem
110. dene ngong tan mawi 1) ngoelemi kabeh sanak ingong samja matoer sedaja parestren boten soesah pan kaoela dermi berkah padoeka wit saged atoeratoer
111. sarta barkahipoen djeng kiai sawabipoen kaot ni ken Malarsih aroem delinge alkamdoe lilah kadjate sami noelja ingkang prapti sira njai Djamboel
112. ngirid djodang pat sinerbet poetih linapis ing godong kang sadjodang wowohan isine laholahan kang sadjodang malih sadjodang kerambil kang sadjodang boemboe
113. sarwi ngiringaken lare alit rolas amerabot kinembar sedaja boesanane gelang kilat baoe djamang soemping kerontjong pepending kaloeng sroemboeng koentjoeng
114. samjambekta bokor selaka lit sinamir bloedridjo pan goemroedoeg kang ngiring woerine
samja mrabot keling warni-warni pan randaning entjik wasta entjik Djamboel
115. tengah toewoeh wantjinipoen njai sadjak meksih den-go tjara bodjoning entjik prabote sakelangkoeng rahabing agami asring moelang ngadji rare saben esoek
1) kirang 2 wanda, katambahan : ingsoen.
2) kirang 1 wanda, katambahan : a.
1) prajoginipoen; andoeloer.
2) prajoginipoen: mager.
1) prajoginipoen: bapakira.
2) kirang sawanda : se-
1) prajoginipoen pelangi.
116. langkoeng soegih piambak njaintjik
Djamboel amerabot sindjang saroeng sobanlah ngalembreh apan rasoekan kebajak setin biroe pinaletik ing kembang mas moeroeb
117. kotang poetih kantjing roes mirah brit
kantjing tangan karo barlean er laoet sanga siseh liali taota lawan lintring mirah toelen toewin serakit geng tadjoeg
118. akeraboe roes barlian adi geloenge anjontong tjoendoek soeri toemanggal tinretes inten kinemalan mirah abrit katje koembaja brit koesta dasar aloes
119. prapteng taroeb ki Baji ngoedoeni malbeng wisma wong ro parestri sedaja samja mire ni ken Malarsih mingser sarja ngling m lah ingriki bibi Ian koela aloenggoeh
120. woes pinarak Ian kiai Baji tata denja loenggoh njai Djamboel nembah toer salame sembah kepada Allah djeng kjai ki Panoerta gipih rahab salamipoen
121. sinaoeran ngalekoem salami noelja ngalih goepoh marang ni ken Malarsih salami sembah kepada Allah djeng njai Malarsih naoeri ngalekoem salamoe
122. woesnja prenata ngoempoelken samir ingkang rolas bokor sarwi matoer lah poenika ni ken koela ngatoeri patoembas sirih lan malih njaosi tape kang sawoengkoes
123. kjai Baji lan kang garwa sarwi goemoedjeng miraos sampoen soesah-soesah dados tyase lintang namoeng donganipoen bibi lan tan mawi-mawi ngoelemi sedaroem
124. Djamboel matoer he soesah poenapi berkah padoekandon sinoeng ridjeki kamoerahane dening Allahoe tangala paring sawabe djeng kjai tan kirang woes tjoekoep
125. wawrat koela doesoen tiang alit tan awalang atos inggih saking djeng kjai donganemangsa saben woelan darte kardi moeng kantoen poeniki djeng kjai memantoe
126. ni Malarsih goemoedjeng nampeni ingkang rolas bokor binoeka isi ngrong real kabeh goenggoeng kabeh selawe prah anggris ki Bajwangling inggih sanget tarimengsoen
127. toewin noewoen narimeng Malarsih langkoeng soeka karo kjai Baji andonga amine wabarakalahoe palalihi' inggih moegi bibi berkata kang kantoen
128. kinen noelja Malarsih anoeding mring Soembaling goepoh medalaken ambeng soegatane sigra noedoeh marang kang ngladeni Ian kinen nampeni djodange ni Djamboel
129. roemat ingkang nampeni ngladeni tinata kang soegoh
kjai Baji alon andikane bibi djengandika kantoen boekti koela amanggihi jen wonten tetamoe
130. matoer inggih gja djeng kjai midjil ni Malarsih alon lah wantinga bibi miwah kabeh noelja sedaja sami awidjik adan lekas boekti rojom apikantoek
131. woes antara noetoeg denja boekti gja kinen anglorod ingoendoerken ambeng rampadane noelja tjinarik marang pemboeri wrata sedajeki rarjwalit mjang batoer
132. lan berkatan tampah tedok tampir sampoen pinirantos ni ken Malarsih alon delinge sedajane ingkang sami prapti jen woes sami boekti moegi ingkang moedjoed
133. atoegoera bandjoer ajwa moelih djroning gawe kono pada boemenana dewe-dewe mjang rarjwalit kang menganggo sami dimene neng riki ajwana kang mantoek
134. krepen dolan pada rare tjilik samoha tinonton amoewoehi srine djroning gawe kang liningan tan sawaleng kapti dasar tyas kadweki 1) nedyeng sami toegoer
135. woes pinatah-patah sedajeki karjane pra wadon pan binagen tjoekoep sedajane woesnja noetoeg aloearan boekti berekat pinaring-aken marang batoer
136. kinen ngoelihaken rentjangneki roemat sedaja wong noelja sami boebar andoem gawe rare dolan sapoeroegireki ting sariwet asri srining kang pendoeloe
137. gedrah goemeder pating djalerit miwah kang den-emong ingaringan sinden mrih loeloete rare kang rada gede ambentik toedjon tjirak oembris gangsingan aroeboeng
138. kang tamboeran kendangan derindil toet-entoetan kontol mjang plemboengan pitik pinidak tet meksih samja ngangge-angge roekmi ting pentjorong kadi brana sinebar bjoer
139. keh kang nangga sega aneng takir sinambi goegoejon langkoeng soeka tanpa rocngjan rame tan woes oetjapen sakweh rarjwalit kang sami datengi noenoembang adoeloer 1)
140. tiang djaler dateng kjai Baji pra djaler kemawon ingkang estri samjestri katoere tan kaliroe pisoembang kang prapti jata kjai Baji neng pendapanipoen
141. wonten tiang titiga kang prapti sami ambelowos nanging matis kabeh tapsilane kjai Baji tanja sira ing di matoer kang sinoengling kaoela ingoetoes
142. poetranta djeng kiai dipati maringaken oewos kawan atoes pitrah ing katahe mesa pitoe lemboe woloe nenggih lan sedasa kambing bebek ajam njatoes
143. kang poenika katoera djeng kjai pisoengsoeng soepados dadosa lotoeng kemawon mangke kagjat Baji Panoerta nglingnja ris
soen narima inggih moenggoeh ing Hjang Agoeng
144. noelja sinoegata kinen boekti woes noetoeg linorod tjinarik mring rentjangira kabeh pan werata toewoek sedajeki noelja tjaraka tri pamit noewoen mantoek
145. tan linilan kedah adreng pamit woesana rinodjong noelja nembah lengser sing ngarsane jata kang neng dalem ni Malarsih mengkana kalaning wonten kang mretamoe
146. ni Malarsih ambageken noeli kang tamoe tinakon karjanira kang liningan toere oetoesane djeng kjai dipati Wira-saba nenggih paring arta satoes
147. dawahipoen dedemitan paring patoekoning lombok sabab nora weh weroeh marene jen aweha weroeng 2) marang mami gone doewe kardi sedaja soen sangkoel
148. ni Malarsih djetoeng aningali ing real sekantong nora njana kedatengan gandek narima mring ridjekining Widi saestoe ki Baji ing mangoenahipoen
149. woes tinampan arta mring Malarsih anoelja sinoegoh woesnja noetoeg nadah soegatane tan antara tjaraka noelja mit ingandeg tan kenging sigra lengser ladjoe
150. kjai Baji Panoerta nimbali mring kang garwa goepoh prapteng ngarsa alon andikane tampanana lagjana ridjeki paringe dipati beras patang atoes
151. kebo sapi soeap lan kebiri boemboe abon-abon kangdjeng kjai dipati paringe tjalengepan bae apeparing miwah kang tinoeding ngangge sarwa kloewoek
152. nora kena soen andeg dang moelih moeng mangan soen soegoh sapi woloe kebo pitoe kehe lawan bebek ajam mjang kebiri kang garwa ngesemi mring raka oetnatoer
153. kaoela men marek noenten kjai animbali mringong koela inggih mekaten tan pae wonten oetoesan estri satoenggil kangdjeng ki dipati paring arta satoes
154. ingatoerken arta satoes ringgit ki Baji andjomblong gedeg-gedeg moewoes oewe-oewe dene akeh temen aparing sih de soen tan ngatoeri oeninga maleboe
155. kang sentosa loeloesing kainoektin kasoeding Hjang Manon tinandjehken ing panarimane moega-moega kangdjeng ki dipali winales ing Widi kaboekaning elmoe
156. kang sentosa loeloesing kamoektin ing donja prapteng don woesnja dodonga soekoer ing tasbeh soebkan Allah ngala palalihi ridjekoe apihi wabil ngibadatoen
157. woes mengkana noelja animbali ingkang raji karo ki Panoekma lawan Panamare prapteng ngarsanira kang raka ngling pasoembang kang prapti kebo lawan lemboe
158. banjak bebek ajam swab kebiri peragaten goepoh
saroepane jwa 1) olahen kabeh ikoe sidekahe djeng kiai dipati peparing ingon kaoem-kaoem
159. ki Panoekma bibisik kang raji woes rembag wong roro alon niatoer kang raji kalihe laniocn pareng kersane djeng kjai pinragat sepalih sepalih kang kantoen
160. jen sedaja katahen moebadir pinragat kesompok ingkang kantoen kangge sepasare poetra dalem Mongraga menawi wonten nering wingit adikiran moeloed
161. ki Baji woes pareng toerireki oemoendoer ari ro rinampoengan parentah nambeleh woes pinoerak mring sakehing santri mring pawon dalidir kang sainja soeng-oesoeng
162. tangi malih kang-anamboet kardi goemerah ing pawon oebres oemres pan sinengkakake tjaroeb santri kaoem njai-njai lah-oelah ngrameni kabeh bantoebantoe
163. banjoe kajoe kajoe-kajoe toewin ingkang ambelandong ting geratok blag bloeg prak prek sroek sreng srang srong kretjep kretjep ting karetjit mamboe anjir goerih lir gerah goemoeroeh
164. katah solahe kang ngreratengi gegelakan kang wong para santri tan ana wangene amemangan anggado tjip-itjip angiras njenjangking amboentel kekemoel
165. akeh kemlakaren para santri koewaregen gado gado kalak sa-enggon-enggone kalak daging toengtoet lawan ati gindjel mjang kikisi penioel sandoeng lamoer
166. pondok kebak kalak ting salempit aneng renggang-renggong mentah mateng akeh meme dengdeng lir poenagi agahan tan wigih gagah wegah ngadji amoeng ngadji moempoeng
167. ana santri sawidji kang sakit andeprok neng pawon senden toempang alempeng Iempenge pan andomble dalole mendelik mlemboeng wetengneki moetah-moetah woeroeng
168. binabajang mring kantjane santri ginawa mring pondok pan woes siang ing wantji tengange kjai Baji noedoeh santri Loetji kon ngingon-ingoni mring wong-wong sedaroem
169. woes werata denira ngingoni djalwestri koemrojok woesnja noetoeg denja nadah kabeh kongsi bedoeg and.erend.eng moeni noelja den-kentongi salat wetoe loehoer
170. kjai Baji salat maring masdjid angimami lohor woesnja bakda boebar santri kabeh kjai Baji kondoer mring mendapi pepak kang para ri Djajengraga ngajoen
171. miwah para loerah santri-santri neng ngarsa toea nom angandika ki Baji dawoehe pada adandana 1) prajogi sarerehaneki ingkang moenggoeh-nioenggoeh
172. ia sadoewek-doewekireki samja nganggo-anggo toewin pada moeliha den-age matoer sendika sedaja sami
moendoer saking ngarsi para pinisepoeh
173. tan woen sakendjing kang sami prapti noembang lanang wadon jen woes noembang ing djro saoelihe ladjeng noembang marang Djajengwesti sakadarireki mengkana sedaroem
174. jata ingkang aneng dalem wingking kang lagja binonjo Tambang-raras bade pinenganten pinahjasan marang ingkang nini sarira kinisik pan lagja den-loeloer
175. ing bras temoe lan keningar toewin asem poepoes laos sinaloesoer lalar pengloeloere tjetinira Tjentini tan tebih pan sakesoek oeti ngladeni abikoet
176. woesnja toetoeg penglalarireki kinen sira goepoh siram marang ing patirtan age ni Tjentini ingkang ngleladeni ngosoki beresih sawoesira adoes
177. apasatan sindjang seta noeli wangsoel prapta ing gon gja ingoelik kinirab rikmane pan winiwir djinebadan amrik rema memak wilis apandjang ambakoeng
178. woes ingedjoem kang oera sinoeri ingimpoen sinerong pan kineloen sinekaran ontjenontjen anggitan gambir melati minangka pemidih bebaloenging geloeng
179. pada bote loeloengsen nengahi pan moengser anggandok kinelaban djinoem pinaletek soerat-soerat ing poespita kengis lir soedama mingip amimiak mendoeng
180. noelja Tjentini kinen maesi sarwa di kinaot nenggih bade kinarja patahe pinahjasan lir panganten jekti amawi pipidih tjitjitak tjetjentoeng
181. lagja geloengira ingkang oewis sinarehken aso jata kjai Baji Panoertane pan pinarak aneng ing pendapi njampingira keling saroeng taboer-taboer
182. apeningset sindoer amantesi apipinggang tjatok goiok soeasa merdjan tasbehe arasoekan djoebah ledja abrit kotang kiper poetih kantjing mirah mantjoer
183. koeloek batokan biloedroe langking antjepe dinojong kanigara rinenda balenggen atjeripoe samak oenta abrit rinenda ing pinggir pan pinakoe djamoer
184. ingkang aneng ngarsa ni Malarsih sindjang sembagi djo asemekan sindoer welakane arasoekan galer konoes poetih soepe' tadjoeg sidji woeri kang ro mantoe
185. ni Toerida aloenggoeh respati sindjang limar idjo kasemekan oeda-raga aden rasoekanira sembagi poetih katje koembaja brit kenaren mas loeroe
186. geloeng sedeng loeloengsen tinitih ing sekar argoelo asoesoepe mirah inten selen kananira ni ken Rarasati sindjang tjinde wilis kasemekanipoen
187. plangi toempal podang ncsep sari pan rinenda mompjor ardja rasoekan sembagi djene
tjorakira kajoe aiijang remit talekem mas adi soepe inten tadjoeg
188. atetasik soemilak aresik ageloeng kekendon pan atitih tjepaka lan rone wingking tarap sakoela-wergestri pengangge mawarni samja moebramoebroe
189. ni Soembaling tapihe sembagi mindo ibang pelong kemben sindoer seser li-aline langalang sakapoeng kalih sisih ngampil tas tan tebih lan boentelan roekoeh
190. ki santri Loetji den-boesanani amoebroe amarong woewoeh tjekeh abesoes mendjete pan abebed keling golang-galing kopjah biloedroe brit iket adoe mantjoeng
191. mentjong prandene den-koewoek mlirit djeplakan lir antok batik bang ngarab tepen pinggire meret ngarep bae toeroet alis klambi krestin abrit singsetan asagoeh
192. binalengi ing renda senjari linintjis amompjor benik paloentoengan gede-gede saboek tjinde wilis renda koening rangkep kotang poetih benike karepoe
193. anjote golok balosong roekmi tesbeh mote idjo sinampirken ing golok amontjer sroeal pandji-pandji kantjing dasi teken tjis tjinet brit ngadep aneng poengkoer
194. noelja ki pengoeloe Basarodin prapta andjemperok pan ingiring modin merebote Taiabodin Noer Soekidin Djali Prana-ita toewin sarerehanipoen
195. ing Pekaoeman sedaja ngiring samja amerabot sadoeweke angetog pengangge batik loerik ingkang soegih keling golok kris rinoekmi angiring goernroedoeg
196. ingkang bekta epok lante' etjis tjeripoe paidon kjai Amadiman Amad-djoeber Maddoelah Amad-kahar Mad-tahir Amaddjaelani Mad-badir Madenoer
197. Amad-koeramat Kapas Mad-koepi Mad-loebi Madanom Amad-sraja Mad-doerjat Madbae Amad-insan Mad-rawi Mad soepi Mad-kabir Madsair Mad-oenoes Mad-joesoep
198. sami anggerebeg aneng woeri wong selawe golong kjai Kampoeh kawoeng ketoenggenge saboek wiwiron poetih tinepi akris pendok poetih landean ambetoet
199. arasoekan sembagjaloes abrit lorog blorong-blorong tesbeh genitri sewoe katahe denoebedken ing golok soemampir binalongsong roekmi pan minangka wedoeng
200. kotang poetih kantjing mirah abrit sebe krestin idjo ngaweng ngiwa nengen ing poengkoere amoeng sela gandar mekah adi nervg poendak soemampir ketoene ngendoekoer
201. pandan binetot ageng angendil lir tjangkoking keong lemoengsire pinoentir angontjer moengser andjeprak nglewer neng wingking djembraking pipinggir pan kinajoe apoe
202. andap ageng kjai Basarodin lemoe anggelombroh
djenggot pandjang woes soemambel widjen pan amedok aberok nglenggirik nglamberek medeni anglir bala boedoer
203. Talabodin Noersoekidin djagi Prana-ita keton modin merbot sami penganggone dodot kawoeng kemplang saboek poetih knelambi sembagi abrit ketoe biroe
204. wong Kaoeman tan ana menehi samja akeketon ki pengoeloe prapta pendapa ge atoer salam mring djeng kjai Baji woes tata alinggih noelja ingkang rawoeh
205. ki Soeardja waoe ingkang prapti kampoeh gendjong idjo saboek renda koening bjoer gombjoke doewoeng alandean miling gading adjoebah sembagi dadoe tjorak ing loeng
206. kotang poetih kantjing tjremen roekmi asebe'-moer biron koeloek kestop srebanipoen djene atjeripoe teken djolang abrit tesbe'h tjandanagi lelawedan aroem
207. pan ingiring sarerehaneki kria sedaja wong samja ngetog boesana pamere anoet basahan sareban sami pan awarni-warni ing sa-oenda oesoek
208. ki Sepoera ki Nodja ki Amin Nong-nong Banda-bonong ki Boediman Taman Wregadjaet ki Werdadi Tjandra-toempe Kabir Baoedin Pasari Malangsari poetoe
209. Malang-djiwa man toe Kembang-koening Sekarpetak Bekong ki Garoeta Soero Sawo Koernen ki Baidin Tjantoer Baga-widik goemroedoeg angiring kehe'teloeng poeloeh
210. prapta sedaja aneng pendapi nembah tata loenggoh pan atarap wong kria woerine kjai Baji mesem aningali sadjake kang raji noelja ingkang rawoeh
1) kirang sawanda, katambahan : a.
1) prajoginipoen: kadyeki.
1) prajoginipoen: andoeloer.
2) prajoginipoen : weroeh.
1) prajoginipoen: ja.
1) kirang sawanda, katambalian: kang.
211. Wira-doesta kampoehira batik
parang roesak barong saboek renda poetih klengkam djene doewoeng landean gading sinemi wrangka iadrang kendit pendok swasa mantjoer
212. arasoekan koededar nelahi sebenira kestop biloedroe brit linintjis kotange koeloek tjemeng sreban krestin abrit binara mas ngrawit tesbeh akik woengoe
213. atjeripoe lapis biloedroe brit rinenda wewengkon pan ingiring sakeh rehrehane wong kang boekak waroeng sedajeki kjai Djaga-pati ki Mendang ki Goegoet
214. Drema-joeda Gopa Polong Ketjil
Pati Singa-barong Imba-kreta Gandang Tjanting Konteng ki Trenggoeneng Djabar Djoeber Kadir Goeleng Koelah Merdi Gatik Sole Gatoek
215. tiang tigang dasa sedajeki
goemaroedoeg golong Wira-doesta prapta pendapa ge nembah ing raka tata alinggih kjai mesem meksi mring ari kang rawoeh
216. ki Panoekma prapta kampoeh keling
peloeng bangoen telpok arasoekan kelentang bineset saboek renda kris landean gigi pendok soewasa di tesbeh baloeng doejoeng
217. akotang kantjing magori kendit sibe brit mantlas top koeloek beloedroe wilis balenggen sreban djenar pan binara poetih tjripoe sengklat langking pan rinenda wengkoe
218. sarta ingiring rerehaneki wong djagal ngon-ingon sawarnining blantik sato iwen kjai Reban Djebad lan Kastoeri kjai Poespa-ragi Remben Tali-datoe
219. Poespa-rana kjai Poespandjali
lawan Tali-wangkong Poespa-djiwa kjai Tali-montje Tali-arnben Tali kembang Taligoenda Tali-soetri miwah Tali-temboeng
220. kjai Tali-banjak Tali-pranti
lawan Tali-badong Tali-sentagen lan Tali-godeg Tali-rante kjai Pet ki Petri Balongsong Premadi Djadrema ki Gempoeng
221. tigang dasa rerehanireki samja amerabot prapteng pendapa nembah woes linggeh kjai Baji ningali mring ari soeka tyasireki anoenten kang rawoeh
222. ki Panamar kampoeh limar abrit
toempal idjou-idjon apaningset epek renda djene doewoeng alandean tjoela miling pendok boenton ngoenir tesbeh kinjang mantjoer
223. arasoekan sembagjaloes koening tjoerak woh sedompol kotang poetih kantjing mas senoenen sebe gambar Arab latar poetih koeloek emoer koening sereban gadoeng bjoer
224. atjeripoe gegemoekan koening pesadja inganggo sarerehanira ngiring kabeh sarnja ngangge keling warni-warni wong atando sami sedaja tri poeloeh
225. Ima-joeda Sampora Tjelari Wira-gati Drebos Mretigala Kalang Goeling Peres Gumhak Kembak Moerah Mandra Dimpil Pendjalin Waloelin Rembet Tjondong Sampoer
226. Angga-dipa Remben Mara Rindik Goentang Ganggong Bojo Sombong Songsong Moere Mori Gebel Rengga Moentjar Angga Poera Keling Grago Renggong Seling ki Galendeng Dampoe
227. noelja prapta ing pendapa nenggih nembah tata loenggoh tarap aneng woeri djedjer linggeh kjai Baji soeka mjat ing ari samja amriaji noelja ingkang rawoeh
228. Koela-wirja kampoehe menehi djingga pinaraos pan rinenda moebeng rnjang barane pan sageblog epek renda poetih kris landean roekmi kraeng ngoegoetoegoet
229. kodok kesingsal tjangtjoel atjangtjing tjekeh-tjekeh tjengkok ngoembar koentja ngededer ambantjer akoelambi djoebah limar wilis biloedroe bangoen djring bordir kotangipoen
230. alantjingan tjinde pandji-pandji pinerada porong tesbeh sewoe djenangan selinge ingoebedken tinap amentalit ketoe poetih ngendii ambawang seboengkoel
231. gnemoengsir 1) lir oewering bekingking andjeprak wiwiron ngontjer pandjang ngalewer woerine pan den-kajang mengangge mrih mentjil
tan mamboe ngoelami larasing bakikoek
232. pan den-iring sarerehaneki wong Ketandan golong samja kembangan kabeb dodote akeketon kadya loerahneki djordjoran mawarni kabeh teloeng poeloeh
233. ki Setana Witana Wiraki Wiaga ki Winong Poerwaka Poerwangga Angga-tete Praba-drana Praba-djaja Roebil Mangoendrana Paris Keblak lawan Dapoer
234. ki Pandoe Taroempaka Wiragni ki De'mes Selobog ki Pandelem Soembreng Kebak Djolen Bamban Eka-bawen Moga-penggik Bantjang Wora-wari Dempel Koewel Mandoel
235. prapta aneng pendapa anoeli nembah noelja loenggoh kjai Baji anggoegoek goejoene langkoeng soeka denira ningali mring kang raji-raji soekoer ing Hjang Agoeng
236. noelja ingkang pra sentana prapti samja amerabot ki Sebagi djoemeneng ioerahe koelawarganira kjai Baji misan mindo sami prenah anak poetoe
237. kawan dasa ingkang koelit daging kang toenggig ²) bendojot ki Sebagi prapteng pan njampinge saroeng loerik aloes boegis abrit djoebah ginggang loerik kotang benik biroe
238. koeloek biloedroe bang binaienggi oedeng-oedeng idjo tesbeh djenangan njampir goloke ki Djoemena njamping soetra gringsing saboeke waloelin klambi krestin woeloeng
239. koeloek beloedroe woengoe tinepi oedenge kamanjon tesbeh batok njampir ing goloke tjripoe linapis sengkelat abrit pra sentana woeri ngangge' reboet oenggoel
240. kjai Pandjang-djiwa ki Kalitik ki Tjotak Malangbong ki Lawatan ki Anda-mohine ki Djempina Pandaja Pandjari ki Djakrenda Tjikjik kjai Kindjengkoepoe
241. kjai Doplang Djamblang Bentang Bentik ki Bapang Balongsong ki Pangirat Kreti-sedajane kjai Soka-dana Soka-nandi ki Gemblak Tjetari ki Kocloer ki Lengkoer
242. kjai Djali-poera Soerantani ki Dadapan-gondjong Onggantaka Onggandoea Selen kjai Djongkang Padang-boelan Bening ki Mangkoerah Koentji kjai Djaga-satroe
243. Tjakra-wedoeg ki Pandjala Moebin Djala-soetra Bobot ki Roembaja Roembaka ki Bangen ki Dokerok Djembangan Werdati ki Taweng Tjeraki kjai Dampoe Bandoeng
244. sareng prapta ketebing pendapi sanija lenggal loenggoh kjai Baji soeka soekoer tyase aningali sentana mepeki keraos kang galih berebel ingkang loeh
245. ketang sih kamoerahaning Widi rahmating Hjang Manon rinedjeken sakoelawargane sawengkoning ing Wana-marteki sedaja pinaring ridjeki Hjang Agoeng
246. anor dria anggroes ingkang galih koemenbeng waspanon pira-pira soekoer pendongane'
noelja para soedagar kang prapti karehing Djengwesti asarat maleboe
247. kjai Tadjem ki Djengdjem Soemendi ki Pratima Sendrong pak Radjiah pak Tidjah pak Medeng pak Boediah pak Roemiah Radjin Salbiah pak Widji ki Tjenting pak Tjantoer
248. ki Semirah pak Moerah pak Kitri pak Basiah Gombong pak Djoemilah Djoemiah pak Peres pak Kabirah pak Nakirah Kobis pak Widjah pak Siti pak Konting pak Djoengkoeng
249. pak Boererah Soedjiah pak Soetji pak Parah Semangko pak Sariah pak Tomas pak Beser pak Banikem pak Trikem pak Kemis pak Soerem pak Rimbi pak Garem pak Remoe
250. samja ngangge sasenengireki ting prengangah mompjor moeng pak Radjiah tan pati ngangge sarwa loengset kewala toer resik saboek wloelang langking tjatoke peroenggoe
251. prapteng pendapa samja ngabekti tata samja loenggoh noelja pra ioerah santri praptane sarerehanira santri-santri pengangge mawarni ing sadarbekipoen
252. ingkang sreban deng-oedengan toewin iket mjang keketon setjaraning oelama besoese sadoewekdoewek kang den-simpeni samja denanggeni waneh kang nenamboet
253. ting biloengloeng pan silih-sinilih mjang kang liron anggon ana santri tan oleh njinjiieh djadjah omah kawawoehaneki meksa datan olih moepoes noelja masoeh
254. weneh santri kabojoeng ninilih kaboetoh mimisoh wingj moela ninileh tan oleh koeawoehan kang woes loewih betjik mjang sanak pribadi tjoempet nora antoek
255. ih ja talah wong woes tepoeng betjik tan ngandel maringong dene-de~ne tan katon adoewe lir toemingal bangsat maring mami panedakoe noeli gegera kang roesoeh
256. krepen modar soesah ole ngili kedjaba mengkono ikoe kelingan mring si mengkene pada dene moenggoeh Allah iki djare moerah asih dene ki wakingsoen
257. tan pinaring kamoerahan mami de tan beda ingong nembah moedji ing rina wengine endi gandjarane moerah asih adil tlenong tlening adile' barendjoel
258. kedoemelan moering-moering sami nangis anggelolo pan mendokol sabiti atine noelja wonten santri kang njilihi loengset den-tampeni agoepoeh winasoeh
259. pan koemerab para santri-santri sare're'han golong para loerah dadya pengarepe ki Moertala Moertadja Moerdjaki bagoes Djaelani goes Soleman Joesoep
260. goes Djamdjani Arpani Tabrani Belawi goes Oenoh goes Jahja goes Soehada goes Djoeher goes Ngaripin Moesin Moekin Jasin Djanodin Ngabidin Sarapdin goes Djadoen
261. goes Djoeakir Ngadjoedjir goes Kandjir Wadjir Tamim Nahot goes Tabjani Djuhari goesDjaher Bahri Bahwi Kanawi Toekrani
goes Tajib goes Brahim goes Joenoes goes Tamsoer
262. goes Dawoed Doelsoengoer Doelmoedangi Doelkabir, Doelkaop Doelkahar Doeldjala! Doeldjalaien Doelkami Doelkamid Ngabdoelgani Doelkamil Doelmoehji Doelsoedoer Doelgapoer
263. Doelsoekoer Doelkoelner lan Doelbasir Doeltaksir Doelsoero Doelmansoer Doeldjaboer Ngabdoeldjaet Noerdjani Noerngali Noerkamari Noerani Noerbani Noeriman Noersoehoed
264. sareng prapta para santri-santri nenibah tata loenggoh apan nora djedjer djedjel bae kjai Baji moelat ing pra santri arahab tyasneki noelja ingkang rawoeh
265. Djajengraga kampoeh tjinde abrit pinarada mompjor pan biloedroe boerdiran epeke tjorak ing loeng sinongket lo bretji klengkam banjoe manggis ginombjok bolioen
266. atjelana poetih pinrada sri kepoh toenda medok nioengser ngajoe apoe talibane' wewalikan sindetan melipit pirid lamboeng wingking toeroet adoe mantjoeng
267. tepoeng mat is lan panengeneki moewer njangkok keong boentaring pasingsetan loengsene djereng lir laring walang waleri atjangtjoetan inggil sanginggiling dengkoel
268. kodok kabeset anjatriani satjengkang angongkong wiron semboelihan pengasihe sipat polok sandoengan amiwir anggoebah winangkis seseronganipoen
269. wewaleran tan ana ngalengkin mekar ambedodok ngoembar koentja'winiroe tap tepen ambelarak nerampad ing siti pandjanging koentja sri tigang asta landoeng
270. kris landean tajoeman sinemi kandelan mas boenton wrangka timaha pelet semboere tan rasoekan akokonjoh koening abadong soengsoen tri tinatoer mas tatoer
271. binggel kilat baoe anting-anting pamekak bebangkol oentjal rante mas oedawalane agegongsor tjerapang pinodi atekes mawingit adjadjamang soengsoen
272. kinarang melok mentoel er tatit sinalon koekoepon garoeda ngrem pamekak woerine ardja soemping poespa krena roekmi ingontjen melati mjang gogombjong doewoeng
273. apepaes imbane pinirit aloengit moetjoek dom soegih liring kesit iribane brengos ketoeg tepen lir minangsi pasemon aringgit abagoes lir Wiroen
274. pan den-iring sarerehaneki kabeh para bagor samja tekes kabeh soesoempinge gelang kilat baoe anting-anting rapek koentja kalih bangkol akekaloeng
275. boreh koenir sroeal pandji-pandji kris pendok mas boenton patra emas mengkol oekirane ontjen tibeng dada sekar gambir anggerebeg asri tiang pitoe likoer
276. Tjerma-sana Widigoena Widileksana Bintaro Ganda-sana Ganda-taroenane
Ganda-baja lawan Ganda-sanggit miwah Ganda-sasi Ganda-mara aroem
277. Ganda-tenaja Ian Ganda-wangi miwah Ganda-mirong Ganda-poerwa lan Ganda-resmine Ganda-poespita mjang Ganda-sari Ganda-poera dewi miwah Ganda-lajoe
1) prajoginipoen : loemoengsir.
2) prajoginipoen: toenggil.
278. Ganda-retna lawan Ganda-latri
Ganda-kria kang wong Tjerma-laja Tjerma-wiragane Tjerma-djiwa Tjerma-soeta toewin Tjerma-jasa kawi Toendjang-kara badoet
279. ki Noeripin kinarsan ingkang sih
kinampoehan djonggrong abris 1) oekiran patra mengkole saboek sindoer tjelanane koening binorehan koening soemping ontjen landoeng
280 kopjah matak ramboete djoemiwit
wangoene apego santri loegoe tjinara priajen nora santri nora amriaji goendoel ambelindis dapoere anjepoek
281. rada soegih woeloe ki Noeripin djenggote abrewok kinantilan tjepaka Ian rone lawan kinantilan djangkrik gangsir orongorong bibis koangan koeangwoeng
282. mjang woeloe tjangklakan den-kantili
joejoe walang gamboh dada kinantilan samber lilen gedeg-gedeg soeker ting selentik baoe malang kerik tan bisa ngeringkoes
283. jen sinapit ing joejoe andjelih ginoejoe pra bagor prapta ing pendapa nembah kabeh kjai Baji goemoedjeng ningali
1) prajoginipoen : akris.
mring poetra Djengragi ing boesananipoen
284. tjara doek djamaning Kaboe lengkir prabote mengkono tjingak ingkang neng mendapa kabeh eram ningali mring Djajengragi sarwa angalami Djawa Arabipoen
285. jata wonten tamoe ingkang prapti kekapalan rawoh rentjang rolas kekapalan kabeh nama kjai demang Poera-sani ing Pager-wadjeki woes netjep goegoeroe
286. marang kjai Baji Panoerteki praptano agoepoh tjinantjangan sedaja kapale kendel aneng paregolaneki woes kinen toer oening tinimbalan ladjoe
287. ngangge predjoeritan ametiting 1) merabot adjarot sedeng tengah toewoeh ing oemoere tjekeh tjikat rikat amantesi bebed naga sari sinerong tjinangtjoed
288. saboek gedog biroe bara koening apetat bebangkol arasoekan sikepan loerike kantjing emas nanasan angoenir kotang biloedroe brit blenggi lintjis moenggoeh
289. saroealira sengkelat abrit pandji-pandji kaos njoeriga kris sinampiran katje tali bandang tas Tjina neng keri iket modang poetih basoenanda toedoeng
290. srigak lir djaka nedeng birai anoelja prapteng gon kang linggihan mingser samja mire woesnja lenggah demang Poera-sani
noelja madjeng ngarsi soemembah angoedjoeng
291. angandika aris kjai Baji lah woes dika loenggoh dene koela tan well oeningane niat ringkes kendoeri sabiti demang Poera-sani nembah noewoen-noewoen
292. inggih mireng werti kala wingi mila koela goepoh apan sarwi ngoetjoeli etase mendet arta tiga welas ringgit kaoela njaosi pitoembasing apoe
293. noelja tinanggapan sarwi angling banget tarimengong tiang pinten rentjang dika kabeh demang Poera-sani matoer naming kalih welas nenggih lantjaran agoepoeh
294. ki Bajwangling alkamdoe lilahi narimeng Hjang Manon noelja sinoegata sarentjange arta sinoengken ing santri Loetji ken maringken aglis mring Malarsih waoe
295. para kjai mivvah santri-santri toemingal agawok kjai Baji agoeng mangoenahe samja poepoedji soekoer ing Widi miwah adjrih asih jata kang tjinatoer
296. wonten tiang woes sepoeh setoenggil kaki-kaki reto pan minanten ing sadesa kabeh doekoeh Poetjangan wismanireki wong Wana-marteki djaloe estri takoet
297. mjang perapat doesoen kanan keri poendjoenge merono marang poenden doekoeh Poetjangane loeloehoere ing Wana-marteki samja moendjoeng bekti ngalap sawabipoen
298. kjai Wana-ita wastaneki woes pikoen adejog kaprenah pan kaki ing awoene eang oewa iboene ki Baji mila tan ngatoeri saking makloemipoen
299. wong woes toea moeng tinoei-toei ing «mangkja ki djompo joen oeninga ing tjanggah ningkahe kedjoemoetan sarwi den-djagani loemampah woes wigih ketoejoekketoejoek
300. Iimar biroe woes loengset kang njamping rasoekan kemanjon koeloek kropak woes kawak semoene oedeng oebet pisan poetih lami tesbehe genitri saboek tali datoe
301. prapta djroning paregolaneki ki Baji doek anon goepoeh moedoen ki Baji ge-age njandak astanira ririh sarwi ki boejoet ngarasi mring ki Baji waoe
302. moedoen sedaja ingkang alinggih sami angrerojom woes pinrenah ki boejoet lenggahe noelja sedaja sami ngoendjoengi ki Baji ngling aris sampean poenikoe
303. soesah-soesah plnarak mariki wong woes sepoeh repot kjai boejoet Wana-ita linge moempoeng akoe ia meksih oerip arsa wroeha mangkin ningkahe tjanggahkoe
304. ki Baji tnatoer inggih oetami sawabipoen kaot angling malih srawoengan ing akeh langkoeng sanget sepoehe kiai pepantaran tapis woes ngadjal sedaroem
305. djaman awal ing Padjang meningi weroeh doek patogog tjer-antjer pager koeta kodjore
iba lamine woes kawak oewi milane pinoendi ing tiang sedoesoen
306. langkoeng rahmat sampean poeniki sarwi atanja lon pinten joeswa padoeka ing mangke kjai boejoet angling oemoer mami taoene sapriki woes satoes nem likoer
307. samjandekoe toemoengkoel kang mjarsi pitoetoer kinaot ngoengoen tyase ngalap berkah kabeh jata woes andoengkap ngasar wantji santri mager sari tan ana kang kantoen
308. pepak sedaja ingkang den-anti ki Baji lingnja lon apa oewoes prapta sakabehe samja matoer telas tana kari djeng kjai ngling malih Djengraga sirekoe
309. angirida kabeh para santri bandjoera merono marang kakaugira Djengwestine manira ladjoe marang ing masdjid Ian pamanireki toewin ki pengoeloe
310. ingkang poetra sendika toerneki ki Baji toernja 1) lon eh Loetji sira roematen age sesanggan praboting inoenggah hadji Loetji matoer inggih pan sampoen sedaroem
311. kjai Baji Panoerta ngling malih mring pengoeloe alon iki pa woes andoengkap sangate mengko bakda ngasar sedeng akir pengantene prapti ing paningkahipoen
312 ki pengoeloe matoer aprajogi loehoeng noenten bodol woesnja pareng boedal noelja lengser kjai boejoet Wanaita ngarsi ki Baji angiring ing wingking goemroedoeg
313. Djajengraga animpang ing margi sedaja poenang wong prapteng petidapaning Djengwestine' tan kaliroe saoeroetireki djedjer djedjel pipit denira aloenggoeh
314. kang loemampah ing masdjid woes prapti sedaja agoepoh ngambil toja woeloe sawarnine binedoegan wektoe ngasar mandjing ki Baji ngimami anoetoeg bakda woes
315. jata kang wonten kidoel winarni Amongraga dandos sinaosan boesana saking ler kalih petadahan kebak njamping tjlana kampoeh toewin kdelambi mjang ketoe
316. woes aresik sinaratan mawi njoekoer woeloe kalong njai Daja djoeroe pamarase imha ingemba tanggal aloengit sesadjenja sami njai Daja oentoeng
317. sira ki seh djamhoer Amongragi denira adandos ngagem sarwa seta saoejoene njamping bretis apaningset mori rasoekan tjaweni galer galar konoes
318. koeloek petak sarebanja poetih sebf seta mawor . tesbeh maniking toja apoeteh tjaripoenja sinangkelat poetih tan kersa mamangking golok miwah doewoeng
319. pan solahing aolia wingit tan karem menganggo pesadja woes kerana'llah toelen woetoeh aolianja awening semono prandening soekoer moebramoebroe
320. Amongraga tjahjanja nelahi amanon jen tinon sabatira Djamal lan Djamile pan kinembar karo sarwa langking sapengadegneki pan samja woeloeng bjoer
321. Djajengwesti pan akampoeh batik latar tjemeng ganggong saboek renda poetih pan ameped ngoembar kontja tjangtjoet mrak kasimpir kampoeh toenda apik bagoes mara semoe
322. arasoekan ginggang soetra poetih sebe kestop idjo kotang akantjing mirah sclane doewoeng landean tjoela sinomi kandelan mas adi balewehan sepoeh
323. koeloek emoer djenar sebe wilis sinekar argoelo pan magori Soeleman tesbehe tjcripoenira rinenda koening katje koembaja brit lenggah aneng ngajnen
324. toewin para loerah santri-santri kang samja adandos woes samekta ngangge' sekadare pepak sedaja sampoen miranti noelja ingkang prapti Panoekma Panamoer
325. pan ingiring para loerah santri woes tata aloenggoh nabda aris mring Djajengwestine koela ingoetoes ramanta kjai kinen angatoeri rakanta sang bagoes
326. Djajengwesti atoerira aris mring kang raka alon pan poenika wonten oetoesane rama djengandika angatoeri mring padoeka mangkin Mongraga lon moewoes
327. inggih soemangga kersane jaji adan noelja bodol sinongsongan idjem sorot djene santri tata ngoeroeng-oeroeng ngarsi miwah kang ngetebi garebeg ing poengkoer
328. ingkang aneng ngarsa Djamal Djamil Ian santri nem golong Djamal Djamil anaboeh trebange ockoer ngebem imbal kempjangneki kanem bawa singir Iagone alandoeng
329. singirira moeng kalimah kalih ngalik-alik alon sinaoeran Iirihan wong akeh pan gocinremeng rempeg paweh wingit ngarsane kang singir Djajengraga bagoes
330. djedjel oejel wong kang niningali djalwestri reboet gon pan sakesoek moela panontone toemplek lawan wong sadesa kerig perapate prapti mantja limanipoen
331. koerang omber ing papan apipit ken betek abndjod tan adangoe woes prapta lampahe aneng masdjid ageng woes miranti ing panggenan moengging pangimanaii ngajoen
332. woes tinata djedjer ingalinggih oeroeting toea nom tan balendjat apapak dengkoele ingkang lenggah kilen ler kiai Wana-ita nenggih noelja ki pengoeloe
333. noelja Talabodin .Noersoekidin Prana-ita merbot moerid Djaki Ian santri Loetjinc ingkang lenggah ler wetan kiai Baji Panoerteki noelja ki seh Djamhoer
334. Amongraga lenggah aneng ngarsi kinoebeng toea nom ladjeng kiwa tengen ing boerine sila bata apepet apipit dalah ing soerambi adjedjel soepenoeh
335. sawoesira rereh ingkang linggih sedaja sakeh wong dedep meneng tan ana banene noelja kjai Baji Panoerteki pamoewoese aris mring kjai pengoeloe
336. eh kjai pengoeloe Basarodin angresaja ingong ningkahena poetraningsoen ni ken Tambang-raras Ian ki Amongragi maskawinireki koer'an kang aplaloe
337. noelja ki pengoeloe angidjabi tangawoedira Ion bismilahi rahman nirakime ngoesikoem ngibadalah wanapsi wabitak walahi ankahtoe wangindoen
338. binta poelanin mintabi maliri kada pan mengkono ingsoen ningkahaken maring ni ken Tambang-raras Ian ki Amongragi kelawan meskawin koer'an ingkang agoeng
339. pakenira ngoetjap angaboeli Mongraga miraos anrima koela ing paningkahe ni ken Tambang-raras lawan mami meskawin koer'ani ngalirn ingkang agoeng
340. sarta amoeroek ing awal akir ahline katempoh dadosa oetang kaoela mangke ing dalem donja rawoeh ingakir pengoeloe noelja ngling wa baraka'llahoe
341. ngala kaher wa bi palalihi wise pan mengkono allahoema alipbinahoeme' kania alapta baenalmaki walbardi wassaldji watin djangkepipoen
342. gja seksi Talabodin djangdjeni sarwi njepeng djempol dika tampi djangdji dalem dene semangsane pakenira mangkin aninggal mring rabi tri taoen ing laoet
343. pitoeng sasi ing daratan bendjing Ma karjeng katong tan trimane rabinira mangke pesti pegat tanpa talak sarwi tinagih srikawin Mongraga woes sagoeh
344. seksi kalih satoenggile kjai Noersoekidin goepoh matja donga ngoemoer sabandjoere sinaoeran amin ger pra sami woes paragat soetji ing paningkahipoen
345. noelja kjai Baji Panoerte'ki sesalaman goepoh Amongraga ngabekti salame kinen ladjeng sarwi woes adjarwi marek eng 1) kiai Wana-ita sepoeh
346. Amongraga oemarek ing kaki angoedjoeng ing pangkon kjai boejoet Wana-ita age andonga rabana-rabana pi doenja kasanatin wabil arli ratoe
347.kasanatan wangadabanari noelja ngrangkoe! goepoh sarwi angaras-aras oeloene woes andoega tedjaning aloewih sawoesnira noeli salam mring pengoeloe
348. toewin dateng paman sedajeki pra toea kang moenggoh woes mengkana anjimpar enggone pan ki boejoet tansah sanding linggih mengkana ki Baji Panoerta amoewoes
349. aparentah marang santri Loetji lah mara den-goepoh adjokena sarah sesanggane noelja santri Loetji angabani
kang sesanggan noeli sinaosken ngajoen
350. kawan bokor geng sinerbet poetih pan sampoen soemaos tinampanan mring Noersoekidine Talabodin Prana-ita djati abikoet aoeti boekak serbetipoen
351. ingkang kalih bokor gedang koening kang ro djambe soeroh selawat selawe real siseh dadya seket kang selawe maring pengoeloe pribadi kang selawe dinoem
352. kang pitoelas mring ki Talabodin Noersoekidin wong ro moloeng real sadjampel parone kantoen woloe Prana-ita Djaki satni pandoemneki ngawan real rampoeng
353. toewin djambe soeroeh gedang koening pandoeme mengkono kjai noedoeh mring santri Loetjine kinen moendoet ambengan kendoeri sigra santri Loetji moendoet ambengipoen
354. ingoesoengan mring wong magersari slawe ambeng abot pan gotong pat ambeng sawidjine sigra tinata ingkang kendoeri ing saetangneki tan ana kaliroe
355. noelja dinonganan madjemoeki goemer arnin kang wong ambata rebah amin-amine woes mengkana angepoeng kandoeri aneloeng poeloehi ngrongpoeloeh njapoeloeh
356. amoloni ingkang angenemi samja nadah dokoh santri tjilik roesoeh pemangane rereboetan iwak ngowak-awik doedoeh pindang takir pan kapjoek-kinapjoek
357. den woet-awoet sega sakendoeri kinarja balang wor samja kelaproet sega djangane rare seket toekar ting djarelih lian anjirati koelambi mjang ketoe
358. tjomot-tjomot penganggene' sami santri ting galembor woewoeh rame kabeh santri akeh sami misoeh waneh anggitiki djarit olih nilih kasiratan doedoeh
359. lagja ngangge pamer sarwa betjik bagoes mrih tinonton temahane abanget isine ingkang rada soegih moelih salin weneh ngoengoetjoni ana morod mantoek
360. goejoe-ginoejoe mjang moering-moering katah solahing wong tan tjinatocr jata waoe ni ken Tambang-raras kang ingapti-apti kinoesoema adi boesana pinatoet
361. roentoetipoen ingkang mara soetji ngnelama kinaot binoesanan seta saoejoene pan asindjang aloes genis poetih sandoengan pengasih, soemered ing poengkoer
362. sinembongan seta pinermasi adining paraos sawat djalengoet sibak tjawine tjitraning semen parang taritis dinrendjeman remit gigion winengkoe
363. pipiakan sarong ing pengasih tjatjontoking wangkong talibane ingarsa ameped ngaweng ing walikat pan pinirit atoroet maripit tepoeng adoe mantjoeng
364. pasingsetan pamekak ingarsi sinoemped anjontong oedet seta pinarada adcn
pan rineka sorot toetoempaling kang mendala giri pan kinajoe apoe
365. soengsoen katri tinata rininggit taptaping wiwiron lere mepet pan winiroe tepen midjipoeh koer-oekoer inedok kedik angembang oenda sri alandoeng linoehoeng
366. boental seta argoelo inganggit poespa mara dalon anggrek woelan sembodja menoere majang wingitan Ian manda kaki sikatan saroeni semboelihanipoen
367. tnoewer pinasang ngaweng ing woeri anangga tjatjontok boentaring boental kanan kerine dadya oentjal goemantoeng arakit wida djenar aming toengtoeng remoe-remoe
368. kalpika djoemeroet mirah abrit e'r laoet soemorot sengkang penoenggoel inten boemine tjoendoek mentoel er tatit nelahi tasik ngima nipis soemilak soemoenoe
369. woesira binoesanan respati tan ana winaon ni Malarsih tyas sanget ngoengoene mjat ing poetra tanpa sameng djalmi ja talah si bibi bisa gawe roengroem
370. noelja Tjentini den-boesanani sindjang tjinde idjo sinembongan gadoeng melatine pinarada kinoemoeda wati las-alasan asri boental setaman roem
371. ingoedetan pan mendala giri toempal piniraos winidan djenar gebegan aden kalpika tadjoeg mirah lilintring sengkangira adi sekar setaman bjoer
372. langkoeng pelag Tjentini joe loewih lir pengantyan jektos woesnja binoesanan Tjentini neng woerinira Tambang-raras sang lir wintang anjeleki ing woelan soemoenoe
373. toenggil tedja kaot ageng alit Tjentini katonton pan angepak wong sadesa joene sawoesira sang ro boesanadi jata ni Malarsih malih roem amoewoes
374. lamoen sampoen wajah dika bibi koela bekta mring gon aneng dalem woes akir sangate njai Daja woewoesira inggih soemanggeng karseki pan poenika sampoen
375. noelja binekta mring dalem ngarsi Tambang-raras tinon pan asoekoep toea nom mjang rare miwah kang aneng pa won ningali samja tilar kardi loemajoe andoeloe
376. sami prapteng dalem amiranti neng djrambahing kobong kelasa Ioes soesoen tri sinerbet mamrik sinebaran sarwa sari noelja Loetji prapti tanja sampoenipoen
377. ni Malarsih anaoeri aris ia woes mirantos santri Loetji wangsoel age-age atoer marang ing kiai Baji Panoerta ngling aris mring Mongraga waoe
378. toewin mring kang sepoeh-sepoch sami sedaja roemodjong noelja noedoeh mring santri Loetjine kinen boedalena para santri ingoendangan aglis oemangkat sedaroem
379. tinata djedjer saoeroetneki sedaja woes bodol aprajoga ing lampah tatane
oeloer ngoeroeng-oeroeng kanan keri miwah kang ngetebi garebeg ing poengkoer
380. miwah ingkang djainia niningali goemerah poenang wong djaloe estri pepet areboet gen ingkang gendung anak ting djalerit jel-oejelan sami tanpa roengwan oemjoeng
381/ djedjel noendjel djoedjoel papan pipit kang djongkong-djinongkong sawarnine pager djaro betek roeboeh ingabjag wong niningali leboer kitrineki den-iles lir roempoet
382. miwah wisma kang tjelak ing mergi akeh omah dojong kang ringkih roeboeh empjak empere nora kena wong akeh sinapih wong dodol ting djerlih woetah mawoet-mawoet
383. jata ingkang loemampah ingiring sinarodja ing wong ingkang aneng ngarsaning perfganten Djamal Djamil wong ro anerbangi pong pek tong ting tong gring doeng doeng beng poeng poeng broeng
384. santri nenem ngelik ngalik-alik aroem aroentoet wor sinaoeran ing wong sedajane pan arempeg satitaiie moeni moeng kalimah kalih Ion lelah alandoeng
385. Amongraga lampahe awingit tjahjane mentjorong anelahi pasamoean kabeh amiarsa lelagohing singir soehoeling tyas dikir sangsaja anganjoet
386. tan roemasa neng djaman donjeki moeng akerat manggon apan woes nora kabere-bere anoemoesi tyas kang niningali katah mrebes mili kapeneden doeloe
387. mjat miarsa solah bawaneki tyase ken merongkol ngarak penganten kaja kepaten ting salenggroek wong kari ningali saking tyas kepengin sanget barebel loeh
388. saking boengah-boengahe ningali betjik kang tinonton Amongraga kinanti astane mring ki boejoet Wana-ita nenggih lampahira ririh ketoejoek-ketoejoek
389. Djajengraga ambantjer neng ngarsi bagoese katongton kang tan wroeh den-arani penganten aneh dewe sigit andjelantir wong kang nom-nom estri katah kang kepojoeh
390. samja ngoetjap sroc pating kelikik darapon kadoelon kang liniring roentoeh ting garegel salendange woedar geloengneki kemben tan ngopeni kendo tapihipoen
391. datan ana mingkem latineki ken njengoh mengongoh ana ngatoengi kinang iribe' reratjikan kinang soeroeh semprit ngegar-gar djeridji ngeblongken goemoejoe
392. amoeng Djajengraga kang pinendir rinebot pandoelon sabab bagoes dewe sigit dewe kanteit dewe bantjer andeweki wnkaning parestri derodos angiloe
393. Koela-wirja solahe kinardi loemakne tinonton ginagoejoe dene lir penameng malah nosot titik djroning ati tan mandani 1) entik tikane wong bagoes
394. tan woes oetjapen kang niningali tan adangoe rawoh
santri pangarsa kendel praptanedjibeg ngadeg ngepoeng angoebengi tcpoeng gelang pipit nganti ingkang rawoeh
395. pengantyanja lagja prapteng kori singir salin lagon asrakal badroe 3) ngala enane pan goemoeroeh swaraning asingir meksih ngadeg sami asrakal anoetoeg
396. prapta kendel satengah mendapi pan amangoe ngantos ing djro wisma noelja mapagake bok Tjenjini kinanti neng kori nora kena tebih lan ni ken Tambang-roem
397. kanan ingkang iboe ni Malarsih woeri mantoe karo ni ken Toerida Rarasatine namoeng nenemipoen bok Soembating kang toemoet djenengi kang sedaja loenggoeh
398. seh Mongraga kang kering ki Baji kananira moenggoh woeri Djajengwesti Djengragane kanem ki pengoeloe Basaroedin kang sedaja meksih ngadeg soring taroeb
399. langkoeng tata tetela kaeksi kang nonton tan roesoli plalah mendet anda angadempel anda tepoeng parik toeroet pinggir moeng katon rerai soekoep andoedoeloe
400. sangsaja sroe goemerah swaraning asrakal den-etog samja erak pineksa swarane miwah kang nonton tjilik djalwestri sami toemoet singir sangsajemboeh oemoeng
401. samja madjeng lampahira ririh gatoeking patemon satengahing kori geng panggihe antarane aneng djro fan djawi gegantalan genti ila-ilanipoen
402. tojeng bokor sekar sataraan sri pan kinneman endog tinibaken koemeprok perjahe woes siniram tojeng bokor nneli tinetes toja tis ingemboen ping teloe
403. noelja kinen nembah padeng laki Tambang-raras goepoh mcndak nembah soemoengkem soekoene sarwi ngaras delamakan iring toewin kanan kering sawoesnja aloenggoeh
404. noelja tinarik astanireki mring kang iboe alon sigra kinanti waoe astane woes prapteng gon tata sami linggih ki boejoet nengahi kang sedaja metoe
1) prajoginipoen : ametinting.
1) prajoginipoen: nabda.
1) prajoginipoen : ing.
1) prajoginipoen: badroen.
1) prajoginipoen: madani.
405. ingkang kantoen amoeng Djajengragi
kinen linggih koelon tjelak mring kang raka pinenganten djadjar lenggah kilen Djajengragi noenten Amongragi noenten kjai boejoet
406. noenten ni ken Tambang-raras noeli Tjentini tan adoh djedjer wajang mengkana patoete ingkang iboe neng ngarsa kepering Toerida Rasati ro samjaneng ajoen
407. miwah pra bibi oea lan nini aneng wetan koelon samja rerasan pating katoewel ia talah begdja bok Tjentini tinocnggil alinggih binoesanan moeroeb
408. dadi pengantene bok Tjentini pinaesan kaot geloeng gambjong tinerekan djerre apepeta lelata piptdih tjotjontok anjenting tjitjitak tjetjengtoeng
409. doeroeng ngarti ngong temanten iki ikoe apa mengko lemoe lawan Djengraga bakale Djajengraga dene andjelkitit samja goejoe lirih doli mokal jen temoe
410. o-ekoer den-gawe ngasren-asreni patah lanang wadon pan mengkana pengoetjaping akeh noeli leladen wedang neng ngarsi pra santri kang singir asrakal woes soewoek
411. kantoen santri nenem Djamal Djamil lilirihan lagon arang beme ngapindjal kempjange panerbange mjang singire ririh kataman nabiji ja Rasoel Ioelahoe
412. katam Moehammadoen ngadjam Ngarbi saoeran mengkono noelja bawan pakam lahoemen ajatin mashoeratin nasalki taboe biha gadin mashoera poenikoe
413. swaranira pan angasih-asih empoek mentoel alon ngombak-ombak arampak sadjake panerbangira ngapipir ririh pong ping ping pek ping ping tong ting tong beng pong broeng
414. woes doemoegi saroekoek kang singir samja kendel aso sedaja sinoegatan wedang teh goela batoe tangkoeweli ti koetjing manisan mepeki ting-ting satroe aroem
415. woesnja toetoeg nginoem wedang sami tan ana kaleson noelja kjai Baji Panoertane angandika marang ingkang raji den-kapareng ngarsi soen toeding gawemoe
416. ki Soeardja lan Wira-doesteki Panoekma^an amor Koela-wirja mjang santri Loetjine goepoeh madjeng ngarsane ki Baji angandika aris mengko lamoen wektoe
417. moeng perloea bae salat mahrib noelja balieilg gon pan rakiten kandoerine kabeh mangsa bodoa kanem si Loctji noelja bedoeg moeni mahrib deng ping teloe
418. noelja ki Baji salat mring masdjid boebar sedaja wong samja salat santri sedajane wong nonton woes moelih weneh kari santri djaloe estri sanggon-enggon wektoe
419. ingkang salat ngiras boesaneki moeng Djengraga karo Koela-wirja samja tjoetjoel moeleh jata Soeardja Wira-doesteki Panoekma Panarnir kang areboet perloe
420. Koela-wirja lawan santri Loetji sigra marang pawon angoendangi mring magersarine kasinomanira woes tinoeding pan rinakit-rakit lam-oelamanipoen
421. djedjer tata kendoeri pinarik ambengan bot-abot tepoeng gelang pinggir pendapane tigang dasa ambeng katahneki antjak geng den-beki gotong pat barengkoet
422. lam-oelaman tinata sineling oelam mateng woetoh bekakak wedoes limalas kehe banjak bebek ajam lan kebiri woewoetoehan sami kehe tigang atoes
423. kedjawi kang sinoedjen sinapit rinempah kinendo kang rinateng binakar ginoreng kang linemboet ingagal sinoeir ginodog rinoti kinoekoes sinajoer
424. lam-oelaman pepak sawafnaning peksi kewan eloh samja ingolah katah tjarane tjara Kodja lawan tjara kadji tjara Djawa boemi mawarna kang sekoel
425. toempeng wadjar megana kaboeli anggi sekoel golong sekoel poenar kepjoer oera angen sekoel biroe kendit lawan abrit tjemeng goreng goerih lojang poelen woedoek
426. djangan menir dakoan Ian tomis asem bobor lontjom tjoepang kala moentjang bcntje betjek plepah koeah kare gile goerih lada doebleg toewin windoe boeboes moenggoel
427. pada mara djangan pindang poetih belkotok Ian lotro pindang tangkar banjak banjar gereh pindang antep kikil pindang pitik pindang keong kidjing etje joding soengsoem
428. dene ingkang oelam dengdeng ragi dengdeng kripik abon abon ermoes Ian abon wajangc dengdeng pandjen paroe miwah ati aboeloesan sami dengdeng gepoekipoen
429. dengdeng age' daging age ati age gendon tawon age lidah Ian age oemboete age geboeng age ojod lindjik empal empoek kisi Ian pal empoek doedoeh
430. empal toengtoet limpa lawan ati tak kapoer kalepon gindjel babad galeng lan soemping'e babad tala lawan babad djarit iso sregan toewin glepahing bol pendoel
431. goeroeng widoengan lan saren didih bloetak pentoel poesoh empal sakendi-kendi gedene sawarnine kalak amepeki kojor Hdah gitik rambak kroepoek teroeng
432. sroendeng semaradana Ian gebing seroendeng marios sroendeng botor sroendeng goendil dele endog bekainal dog pindang abrit tjeplok kamal toewin tjeplok dadar sawoet
433. dadar lempit dadar wolak-walik jawan dadar ladjon dadar kobis lawan dadar ledre tjepiok madon lawan tjeplok djengking tjeplok gimbal blenjik tjeplok oentoep-oentoep
434. endog banjak grati Ian meliwis pasiran dog nientog tjroeboek groto gorengan tarone gana tawon entoeng gendon goedig olanolan gangsir cbi lawan loer djoek
435. besngek wader besngek tempe pitik Ian besengek tawon trinil troelek bontot miwah boertjet opor betek banjak menlog grati por landak trenggiling optfr badjing gendoe
436. bekakak gembal bekakak kantjil kidang lawan belo pedet goedel lan mendjangan kompreng kang ginoreng mjang kang den-bakari wewetahan sami lan balebet kentoes
437. gogorengan katik Ian gelatik peking emprit bondol manjar djoan lawan goedawane sribombok mjang tjoewiocn terinil lan goetilang toewin deroek lan drekoekoe
438. ajem ati mendjangan Ian masin lan lemengan e'gol getik dara drekoekoe lan boertjet getik drigoel gemak bontot trinil troelek katik glatik mjang bangbangan boeboet
439. gorengan bader mremas Ian lentri wira sotja lendong tambra melem areng-areng bantjer grameh bekel bentjoleng Ian keting kepek wagal gilig tawes tjakoel koetoek
440. sambel goreng otak djroan ati brongkos sambel letok sambel oerang sambel djengkol pete sambel goreng kara kobis petis bekotok belenjik oerip-oerip koetoek
441. sambel djinten widjen lan kemiri sambel bawang laos sambel santen katjang Ian kedele sambel keloean 1) lempoejang toewin tjabe mritja djahi dengdeng sambel baloer
442. sambel tiatjam²) tjongor petjel pitik lele oemboet tawon laron endog wader plelek gepeng rempali goreng gotong sidat sili rempah entoeng djangkrik grigit peloes vveloet
443. getjok benem botok betik sanggring kendo lawan gadon etoem djamoer woekoe lan polone barat kentos endog lot tjepagi droedjoe watoe koeping koekoeloeban gamboeh
39e Zang; dichtmaat: GAMBOEH.
1. tokolan katjang woekoe kara 3) tjipir kangkoeng lembajoeng goenda gondang ademati kendal bandil manjawoen radjoen remakdjoen kakas bantji Ian kalepoh
2. tjombrang sroenen ketjipoet rang-oerangan, ranggitan kilajoe loentas kapas papasan rempelas pakis kasemboekan salam katoe topeng patikan kerokot
1) prajoganipoen: keloeak.
2) prajoginipoen : tranjtam.
3) kirang sawanda, katambahan: ke.
3. tjereme kepel pohoeng
aha gajam panegoang raoe sambeng patjing tjokol tjangkring lan tjempoerit pantjasoeda tjoengtjnengbeloet godong lolobak djelegor
4. brangbangan boros bestroe
kendal kemladean belketepoek kahwa wangon prekosa belimbing senting dadap sobrang koedoe wedoeng tjembirit katisen ketos
5. krangehan poetat waoeng
djaloemampang lateng Ian kemadoeh sojar jah-oejahan pradapeng koesambi tikelan tjiploekan djoerhoen mjang rnn pradapeng karangkong
6. koetjila lan srigoenggoe
dedetan mjang toengkoel poetjoeng sentoel ron gianti kemiri ranti semanggi soeroe toendjoeng walikoekoen popokan lirih broes poksor
7. etim biri lan so-oen
sarang boeroeng otot datan kantoen etim dara lim bandeng bebek tim men tim grameh tambra tim boeloes tim gibas tim landak mopol
8. miwah lalaban agoeng
doengdoengan katjang tjitjipir timoen terong bontjis ketjambah goede kemangi ranti bodeh pare weloet pete djengkol terong aor
9. rawisan koelit djeroek
tjokol boeng gelagah poepoes kentjoer lokak selat kobis koetjai scledri patraseli brambang soeroe rainenas sawi woretol
10. ketjeme kembang bekoe
seledere salantara ebroet kevvik singkel lara gereng walang sangit atjar ketjap lan taotjoe petis lombok abang idjo
11. pepak lawoehanipoen
goedang koeloeban lalaban sampoen mjang panganan lah-olahan amepeki toewin wowohan sedaroem tinata nora kaladon
12. djadjoeadahanipocn
tetel sasenik-senik gengipoen wadjik ketan salak mili lenga goeriii tetel bang poetih lan biroe tetel gedang djenang dodol
13. tetel djagoeng djeawoet
saboen gada geng sapoepoe-poepoe gemblong lempeng len-oelen pan abang poetih tetel onggok gadoeng waloer poeli bleng sagembol-gembol
14. wingka poedak noegganoek
djemoenak getoek sagenoek-genoek kerasikan geplak madoe sirat intil tawonan lan djenang djagoeng gerontol karag berondong
15. moenten serabi koemboe
embel-embel lopis Ian tjengkaroek kctan ragen iwel-iwel wolak-walik leganela lepet loe-oeloe ampjang gablog elog-elog
16. lelontong oentoek banjoe
koepat tape brem ledre lan satoe 1) obat anget opak djaritan goelali tjara bikang geti kaboel djipang onde-onde gandos
17. tjelorot roti boloe
tjetot eplek kepel limpang-limpoeng rengginang bang toempi tjeriping geroebi djalabia tjarang madoe ramboetan ebrem kalepon
18. widaran apem tjoetjoer
lontjis gebleg ler-oeleran poetoe majang doelak batok tjangkir lawan oetri lemper lemet lawan pasoeng meniran bantalan djongkong
19. mjang orog-orog garoe sagon kernbangpala satoe aroem koepapoela rakkcling t'en-ent'en rangin ketji randakeli mendoet tebon soemping plered genipol
20. pradapan ganggeng kanjoet kemplang walangan semar tinandoe semar mendem sempora srikaja pipis kopjor toeban sagoe djagoeng kitjak kolak lotjo mento
21. kang djenang boeboer lemoe djcnang abang kalong djenang manggoel lahang tjatja tjatja benda djenang tjandil grendoel kenoel koekoes djagoeng karangrang galonibjor lempog
22. rang-arang kambang tjemploeng apcm kotjor oerat sega soesoe ronde dawet tape kambang roedjak kawis kolak kloea waloeh soekoen kincda-keda lan tjao
23. woh pisang radja taloen djeroek keprok randjam boetoen goeloeng pelem nangka srikaja moelwa keweni ramboetan djirak kepoendoeng manggis doerjan pakel gowok
24. langseb pidjitan doekoe doewet benda semak madja moendoe sarangan sawo kaletja Ian ketjapi siwalan woenglon kilajoe djamboe wer kloetoek kelampok
25. semangka krai timoen wresah salak dele teboe awoe katjang Tjina ketela oewi gembili kentang lindjik tales kimpoel soeweg gatjeng lan gembolo
1) prajoginipoen : satroe.
26. njenjamikanipoen woes
lah-olahan lan pala goemantoeng pala kesimpar pala kependem dening sangkep warnan pasaripoen kembang boreh lawan ampo
27. seket antjak ginoenggoeng kedjawi pandjang rampadanipoen lan kedjawi antjak iber seket soepit sedaja tinata rarnpoeng rampadan sangkep djabeng djro
28. mengkana woesnja ramoet bakda ngisa akir wantjinipoen kjai Baji kang nientas salat mring masdjid ingiring pra santri agoeng ing mendapa woes mirantos
29. samja tata aloenggoeh sedaja santri saoeroetipoen tepoeng gelang djeng-adjengan denja linggih tepoeng kendoeri angladjoer santri nomanom aneng sor
30. soring tetaroeb tepoeng kadya kang nginggil pangepoengipoen aneng kasah santri nem lan santri tjilik pandam ting paloentjar agoeng patjang lir rahina katon
31. woesnja sami aloenggoeh kjai Baji angling mring pengoeloe miwah marang Sebagi Djoemina toewin para ri mjang demangipoen Poera-sani Pager waos
32. samja ingirid mangsoek
marang wisma kang liningan goepoeh prapteng wisma parestri samja soemingkir woes tata denira loenggoeh ki seh Amongraga alon
33. ngabekti mring ki boejoet noelja ngabekti salamanipnen marang ingkang mara sepoehira kalih noelja salam mring pengoeloe mjang Sebagi Djoemena lon
34. noelja mring pamanipoen ki Soeardja Ian Wira-doestekoe ki Panoekma Panamar Koela-wirjeki mjang mring demang datan kantoen Poera-sani langkoeng anor
35. seh Amongraga sampoen noelja ni ken Tambang-raras ngoedjoeng ngoeswa soekoe mring kang raka Amongragi noelja ngoedjoeng mring jangipoen angoedjoeng mring soedarmeng ro
36. werata sedaja woes
wangsoel marang ingpanggenanipoen noelja ingkang raji kalih madjeng ngarsi toer bekti mring raka ngoedjoeng kalihira gentos-gentos
37. woesnja mengkana waoe samja donga wabarakalahoe ngala palalihi warahmanoerakim sawoesira donga sockoer kjai Baji matoer alon
38. marang ki Baji boejoet
soeawi midjil prajoginipoen madjemnekan lawan pra wajah ne'ng djawi samja ngalap berknhipoen ing sampean kang tinoehon
39. angandika ki boejoet
ia bener moempoeng akoe weroeh noelja tindak alon sarwi den-djagani Mongraga koermat toetpoengkoer woesnja kinen wangsoel ing gon
40. tata denira loenggoeh
neng mendapa kja Baji amoewoes mring pengoelne kendoeri kinen dongani soeng dahar moele madjemoek pengoeloe sendika goepoh
41. angadeg ing gjanipoen
marep mengetan denja donga sroe donga Rasoel moemoele madjemoek toewin toelak slamet moeljeng oemoer noeljamin ger sroe swareng wong
42. amin rempeg goemoeroeh ambal-ambalan ambata roeboeh ki pengoeloe anoetoeg denja dongani amin sedaja toemoengkoel asoesoehoen noeli loenggoh
43. ki Baji lingira roem
marang Loetji ki apa woes rampoeng Loetji matoer inggih sampoen genah sami ingkang gangsali angepoeng ingkang njedasani golong
44. ngalih dasani ngepoeng
nigang dasani sa-ambengipoen inggih boten wonten kang soemelang kapti ki Baji njaraken wisoeh pojo docdoek sekoel woeloh
44e Zang; dichtmaat: DOEDOEK- WOELOEH.
1. noelja sareng jata samja awiwisoeh kjai boejoet den-toeroehi ki Baji noelja koekoetjoer ki pengoeloe awewanting bilas tangan weneh kobok
2. samjambanjoe masoeh tangan ting keroetjoek santri lit reboet kendoeri tangan koer teles kesoesoe sarengan tangan rarjalit tjineloebaken mring gentong
3. garedjegan reboet dingin sami wisoeh pipisoehan ting djarelih pipitan sikoet-sinikoet rercdjengan loemoeh kari bak tangan gentonge ambrol
4. petjah makbrol kreweng wingka mesat soemjoer Han batoek iroeng santri toja blabar ing wong loengaoeh santri toea keh misoehi doeroeng toetoeg didedeplok
5. sanggon-gone kana kene gawe roesoeh
nora patoet den-tjedaki amboetoehake wong loenggoeh jen linggih nelesi djarit tern ah andodok merkongkong
6. santri tjilik koemresek naoeri asroe
prandene ngaroeh-aroehi botjah den-arani roesoeh deweke nora respati mangan matongkrong lir bangkong
7. santri toea ana srengen weneh goejoe
tan woesen roesoehing tjilik dan anadah kabeh tjakoet besengek pitik ngidjeni miwah betoetoe lan opor
8. landak banjak mjang manoek kang woetoeh-woetouh
rangkep-merangkep mawarni mjang djangan masoesoen-soesoen rong poeloeh wadah ngidjeni mangan kokoli-dokoh tjekoh
9. kjai boejoet linaden kang empoek-empoek
kjai Baji matoer aris mring ki Wana-ita boejoet poenapa kang den-saptani wonten sedaja soemaos
10. oelam ke'wan miwah peksi mjang oelam loeh kang den-olah adi-adi soemangga sampean moendoet koela ingkang angladosi ngling ja banget tarimengong
11. sarwi nadali ki Baji tansah oematoer dene tan pati ngoelami namoeng tim njoewil koer-eckoer tan lia kang den-kersani moeng dada mentok lan soesoh
12. ingkang etja kjai koelit swiwi poepoe abodo temen si kjai endog kang empoek tan moendoet mjang liane anjir-anjir kabeh tan ana ginepok
13. kjai boejoet naoeri wetjana aroem ngong woes toea nora pati mangan ngarah-arah ajoe wong toea tjerbaka boekti dadi peraboting repot
14. Ian toetoere wong toea kang maoe-maoe iwak endog kinen njirik soewiwi poepoe boroetoe mjang iwak djeroan sami ikoe pakolilie awon
15. kaja ta wong woes septa koelinanipoen endog djroan den-dojani besoek toeanja glis lampoes goedjih kaja botjah baji keh repot lara koeajon
16. akoe kie soewe'-soewe' dadi toetoer mring sira ja boejoet Baji eangmoe tjanggah roemoehoen kasiate marang mami toetoer bisik-bisik alon
17. kine'n mangan iwaking serira perloe
lan iwak landak den-asring toetoer paedahipoen iwak serira binoekti toewin ngoemoere tan repot
18. dene iwak landak ikoe pe'dahipoen soegih anak djaloe estri lan sentosa poeroesipoen miwah baloeng koelit daging jen waras otot tan repot
19. kjai Baji mantoek matoer noewoen-noewoen eng-eng mekoten kiai
oelam serira poenikoe poenapa tan karam ngelmi jen landak kalal kemawon
20. kjai boejoet Wana-ita lingira roem emboeh karam kalalneki lagi toetoere poenikoe wong toea amesiati tegeg ora anggon-anggon
21. kjai Baji keloehoeran sabda sepoeh andekoe kelangkoeng adjrih kodjah pae'dah ginoegoe kjai Baji Panoerteki matoer mring ki boejoet alon
22. koela noewocn apoenten sampean makloem koela sarat angetjani ingkang pra wajali sedaroem soepaja rahab aboekti doemoegi kang raos-raos
23. ngling ki boejoet je'koe perloe toer nplaloe mrih soekane ing sesami moempoeng kendoeren akoempoel ki boejoet gja ngatjarani pajo poetoepoetoeningong
24. kang atoetoeg sasoekanira akemboel adja ering wigih-wigih soen moempoeng misih andoeloe sira mangsa saben ari memangan kang raos-raos
25. kang liningan sedaja oematoer noehoen berkah sampean kiai ki boejoet matja alkamdoe lilahi rabil ngalamin ki Baji noenda wiraos
26. lah gih daweg sawarnine kang nem sepoeh kang doemoegi kemboel boekti setengah soen kaja kaoel akeh pakoiehing ati mring anak mjang sanak rojom
27. kang kendoeren samja lega manahipoen tan ana tinaheng galih mangan samja tekoel-tekoel sabab oelam nanding milih kang kokoh djangan aserop
28. ki pengoeloe pemangane doedoe-doedoe poeloeke sabiti-biti angepel rada kesoesoe tan telaten angepeli tangane oekoer njakodong
29. sakeh oelam djangan tjinaroeb winor soeh serap-serop kesoesoe glis keseretan lenggoek-lenggoek ambagegeg ngepel biti hak-hoek lir anantang moengsoh
30. deleg-deleg tjlegoek pleleng led-led merngoet gocpoeh kang samja ningali kiwa tengene atoeloeng Soeardja wroeh adatneki pengoeloe goeloe dinodog
31. mak taletok tjotjor opor banjak nietoe legender bjar brebes mili woes loedang neboet darocdoct astag piroelah halngalim noelja tandoek meksih kokoh
32. ki pengoeloe singa kang nawani ajoen tan ana ingkang tinampik saben den-tawani mantoek tampi ladjeng den-wadahi dalah lalaban anggemos
33. para santri akeh samja tjoetjoel saboek soeka noetoeg denja boekti sedaja angadji moempoeng ana ngegoh lempengneki enak weteng pinrih kotong
34. Koela-wirja arosa pemanganipoen
koewaregen andjengginik karingetira akoemjoes mewek ngoendjal megap wahing mak djetoet tjatoke pedot
35. ting taletik benik dada nem kang roentoeh kotang mrenjenjeng rong njari mantelet koelite metoe ginagoejoe para santri weneh mangan sarwi ngondjot
36. loenga ngising jen woes noelja wangsoel moeloek anemen lir wong angelih keh mengkono tingkahipoen ana kan kesoesoe ngising mlajoe montjrot me'dong-medong
37. andele'we'r toeroet tjingklok toengkakipoen kesoesoe denja babresih kang niprat ing djaritipoen nora kongsi de'n-koetjont ge'- age' wangsoel ing enggon
38. tang teng mamboe rowange pating barekoes de'n singkang-singkang alinggih meksa ngoengsel-oengsel moeloek kewatir jen tan den-doemi barekat mila derwolo
39. weneh santri keselak-selak sroe watoek ting salemprot oepa midjil mamahane' ting kalepjoer kantjane samja njrengeni weneh kawaregen moekok
40. ana ingkang kemlekaren lengoer-lengoer wetengipoen den-iroesi kabeh de'ne'h lehe loenggoeh weneh kelelegen kikil metjotjo mata moendelo
41. niba baleg poendelikan hak hock liak hoek kantjane nora predoeli pan woes akeh kang kadyekoe begdja-begdjane pribadi ana atetawa gentos
42. lah poenika oelam kang etja betoetoe mjang oelam kang adi-adi loeng-linoengken samja roekoen enting soekaning aboekti angepah moeng nesep doedoh
43. Koela-wirja amangan sarwi amoewoes
lah mardnea Noeripin socn anggandjar pemaleskoe sih pamoele mring sireki mergane pada arojom
44. saking sira djalare Mongraga rawoeh neng riki sasat sireki ing gawe dadi memantoe amarcgi para santri kie ombenen doedoeh tok
45. den-arani doedoeh djangan tjampoer bawoer miwah iwak sawarnaning kabeh ngong peres mrih doedoeh koela ingkang angladosi ngling ja banget tarimengong
11. sarwi nadah ki Baji tansah oematoer dene tan pati ngoelami namoeng tim njoewil koer-oekoer tan lia kang den-kersani moeng dada mentok lan soesoh
12. ingkang etja kjai koelit swiwi poepoe abodo temen si kjai endog kang empoek tan moendoet mjang Hane anjir-anjir kabeh tan ana ginepok
13. kjai boejoet naoeri wetjana aroem ngong woes toea nora pati mangan ngarah-arah ajoe wong toea tjerbaka boekti dadi perabo.ting repot
14. lan toetoere wong toea kang maoe-maoe iwak endog kinen njirik soewiwi poepoe beroetoe mjang iwak djeroan sami ikoe pakolihe awon
15. kaja ta wong woes septa koelinanipoen endog djroan den-dojani besoek toeanja glis lampoes goedjih kaja botjah baji ken repot lara koeajon
16. akoe kie soewe-soewe dadi toetoer mring sira ja boejoet Baji eangmoe tjanggah roemoehoen kasiate marang mami toetoer bisik-bisik alon
17. kinen mangan iwaking serira perloe lan iwak landak den-asring toetoere paedahipoen iwak serira binoekti toewin ngoemoere tan repot
18. dene iwak landak ikoe pedahipoen soegih anak djaloe e'stri lan sentosa poeroesipoen miwah baloeng koelit daging jen waras otot tan repot
19. kjai Baji mantoek matoer noewoen-noewoen eng-eng mekoten kiai
oelam serira poenikoe poenapa tan karam ngelmi jen landak kalal kemawon
20. kjai boejoet Wana-ita lingira roem ernboeh karam kalatneki lagi toetoere poenikoe wong toea amesiati tegeg ora anggon-anggon
21. kjai Baji keloehoeran sabda sepoeh andekoe kelangkoeng adjrih kodjah paedah ginoegoe kjai Baji Panoerteki matoer mring ki boejoet alon
22. koela noewoen apoenten sampean makloem koela sarat angetjani ingkang pra wajah sedaroem soepaja rahab aboekti doemoegi kang raos-raos
23. ngling ki boejoet jekoe perloe toer aplaloe mrih soekane ing sesami moempoeng kendoeren akoempoel ki boejoet gja ngatjarani pajo poetoepoetoeningong
24. kang atoetoeg sasoekanira akemboel adja ering wigih-wigih soen moempoeng misih andoeloe sira mangsa saben ari memangan kang raos-raos
25. kang liningan sedaja oematoer noehoen berkah sampean kiai ki boejoet matja alkamdoe lilahi rabil ngalamin ki Baji noenda wiraos
26. lah gih daweg sawarnine kang ne'm sepoeh kang doemoegi kemboel boekti setengah soen kaja kaoel akeh pakolehing ati mring anak mjang sanak rojom
27. kang kendoeren samja lega manahipoen tan ana tinaheng galih mangan samja tekoel-tekoel sabab oelam nanding milih kang kokoh djangan aserop
28. ki pengoeloe pemangane doedoe-doedoe poeloeke' sabiti-biti angcpel rada kesoesoe tan telaten angepeli tangane oekoer njakodong
29. sakeh oelam djangan tjinaroeb winor soeh serap-serop kesoesoe glis keseretan lenggoek-lenggoek ambagegeg ngepel biti hak-hoek lir anantang moengsoh
30. deleg-deleg tjlegoek pleleng led-led merngoet goepoeh kang samja ningali kiwa tengene atoeloeng Soeardja wroeh adatneki pengoeloe goeloe dinodog
31. mak taletok tjotjor opor banjak metoe legender bjar brebes mili woes locdang neboet daroedoet astag piroelah halngalim noelja tandoek meksih kokoh
32. ki pengoeloe singa kang nawani ajoen tan ana ingkang tinampik saben den-tawani mantoek tampi ladjeng den-wadahi dalah lalaban anggemos
33. para santri akeh samja tjoetjoel saboek soeka noetoeg denja boekti sedaja angadji moempoeng ana ngegoh lempengneki enak weteng pinrih kotong
34. Koela-wirja arosa pemanganipoen koewaregen andjengginik karingetira akoemjoes mewek ngoendjal megap wahing mak djetoet tjatoke pedot
35. ting taletik benik dada nem kang roentoeh kotang inrenjenjeng rong njari mantelet koelite metoe ginagoejoe para santri weneh mangan sarwi ngondjot
36. loenga ngising jen woes noelja wangsoel moeloek anemen lir wong angelih keh mengkono tingkahipoen ana kan kesoesoe ngising mlajoe montjrot medong-medong
37. andelewer toeroet tjingklok toengkakipoen kesoesoe denja babresih kang niprat ing djaritipoen nora kongsi de'n-koetjoni ge'- age' wangsoel ing enggon
38. tang teng mamboe rowange pating barekoes den singkang-singkang alinggih meksa ngoengsel-oengsel moeloek kewatir jen tan den-doemi barekat mila derwolo
39. weneh santri keselak-selak sroe watoek ting salemprot oepa midjil tnantahanc ting kalepjoer kantjane samja njrengeni weneh kawaregen moekok
40. ana ingkang kemlekaren lengoer-lengoer wetengipoen den-iroesi kabeh deneh lehe loenggoeh weneh kelelegen kikil metjotjo mata moendelo
41. niba baleg poendelikan hak hoek hak hoek kantjane nora predoeli pan woes akeh kang kadyekoe begdja-begdjane pribadi ana atetawa gentos
42. lah poenika oelam kang etja betoetoe mjang oelam kang adi-adi loeng-linoengken samja roekoen entingsoekaning aboekti angepah moeng nesep doedoh
43. Koela-wirja amangan sarwi amoewoes lah marenea Noeripin soen anggandjar pemaleskoe sih pamoele mring sireki mergane pada arojom
44. saking sira djalare Mongraga rawoeh neng riki sasat sireki ing gawe dadi memantoe amaregi para santri kie ombenen doedoeh tok
45. den-arani doedoeh djangan tjampoer bawoer miwah iwak sawarnaning kabeh ngong peres nirih doedoeh woes tjainpoer dadi sawidji sakeda ombenen kono
46. saking gede-gedene pasihanakoe oekoer sakeda melep til entekna kabeh den-atoes adja kongsi nora enting Noeripin moelat melongo
47. kadi poendi kersa sampean poenikoe woes menteg-menteg poeniki padoeka ken ngoejoep doedoeh weteng sampoen mintjip-mintjip pineksa menawi ambrol
48. Koela-wirja ameksa sarwi goemoejoe nora ilok anampik sih tjinangarken kinen ngoejoep panggcngen napasmoe titik mitesa iroeng den-alon
49. woes pinaksa Noeripin doedoeh den-oejoep lagja limang tjegoek noeli Koela-wirja nekem goeloe tan kena ngampah Noeripin kagjat oewek moetah sak-sok
50. ting salemprot metjotot mamahan metoe lir nemboer niprat rerai ki Koela-wirja kelamoet kiter-kiter meratani klambi ketoe ting dalemok
51. angeledrag neng kelasa ngaloer-aloer tjetjek betjek getjok midjil kang mangan keh samja kogoeg kagoegoe gigoe kawigih moengkagmoengkoeg miloe oemor
52. tjoengir-tjoengir ngoetjap prie ikoe maoe lagi samjetja aboekti dadak boelaeran roesoeh noelja wetanipoen pinggir samja alok santri ngebrok
53. djinagoeran mring kantjane ting garebloeg ambeng tan kongsi binagi tjok-tjinohok reboet doetjoeng santri tjilik noelja bengkrik roeroesoehan reboet kokoh
54. kalih engge'n kang roesoeh djagoer-djinagoer tendangan biti-biniti
goemoeroeli pisoeh-pinisoeh rare nangis ting djalerit tabokan popok-pinopok
55. kang sedaja kendoeri dinoem kesoesoe prandene roesoeh sakedik reboet katjek samja djoepoet bikoet iboet bari linggih brekat talening-talenong
56. ana koerang weneh sedeng kang barekoet tan nganti den-kebajani kesoesoe santri kang roesoeh agedrah reboet kendoeri keh berkat woetah ambrobol
57. sami oedreg ledroeg sekoel oelam adjoer anggadibeli kang sikil akeJh wong tjeripoe sekoel tan winoewoes solahneki loearan nadah sakeh wong
58. noelja winedalan tap sirih lan oedoed wetara kang santri-santri pandjang ilang mjang winoengkoes samja nginang sedajeki weneh oedoed anjeroto
59. oedoed nipah mjang kang wangen rokok wiroe kang septa kelobot linting sata lenjet menjan aroem keloekoek mjang anglantari papahing ketela gamblok
60. ting pramongmong lir ampak-ampak kang koekoes ngempor-empor memeleki ting kareses ngakep oedoed noetoeg raosing kamoektin wareg mangseg mendem rokok
61. kjai Baji Panoerta ngandika aroem
kabeh nora soen wangeni sawoese soeka akemboel pada boebaran karijin kabeh nak poetoe toea nom
62. ingkang bandjoer moelih lan kang sedya wangsoel sasoekanira pribadi kedjaba ingkang ketempoeh adja ta nora abali le'k-le'kan dewe samengko
63. kang liningan sendika woes samja moendoer ingkang nieksih aneng ngarsi kang raji sedajanipoen Ian ki demang Poera-sani salong loerah santri. golong
64. santri Loetji angirid sinomanipoen ngresiki kelasa lampit ngoenduer pandjang piringipoen kang itjal petjah tinitik mjang bokor tapsirih gembol
65. woes mengkana baresih denja kekeboet jata kang aneng wisma di kang lagja inendah loehoeng sen Amongraga kang wingit lcnggah ingajap pra wadon
66. ingkang iboo lenggahnja kcpara ngajoen Toerida lan Rarasati lan pra nini pinisepoeh koelawarga pareng estri samja karenan pandoelon
67. ni Malarsih noedoeh moendoet dahar goepoeh kang liningan bok Soembaling sigra sinaosken ngajoen Soembaling lawan Tjentini samja ngleladeni karo
68. sekoel oelam mawarni pepak sedaroem ingolah kang adi-adi tinata atap neng ngajoen tan ana piring kang alit sedaja lantjaran djegong
69. woes soemaos leladen dahar neng ngajoen seh Mongraga matoer aris jen pareng poenika iboe prajogi dipoen-boetjali lara bonjo boten ilok
70. pan brahala poenika tjegahing elmoe Malarsih meseni esmoe djrih inggih anak sang abagoes saking pikir kirang elmi moeng ilok-ilok kemawon
71. sigra kinen amboetjali sedaja woes noelja ngling angatjarani soeawi wanting sang bagoes sigra Tambang-raras. aris anoeroehi mring raka Ion
72. ki seh Amongraga lon matoer mring iboe poenika iboe menawi oetami sedajanipoen sami akemboelan boekti kerana Allah kemawon
73. noelja samja amapan tepang neng ngajoen Tambang-raras kinen boekti tan arsa atoere noehoen adan lekas samja boekti ana tjitjik aneng dokoii
74. seh Mongragange'tjani sarwi sidekoe poeloeke moeng sakemiri ginalintir tos lir watue tan dahar oelam satjoewil namoeng sarem lan temoe poh
75. dadya wigih sedaja poepoeloekipoen woes noetoeg sedaja saint linorodken maring ngajoen ira Tambang-raras boekti tapak asta oekoer desok
76. Tambang-raras pamoeloeke moeng setandjoeng
tigang poeloekan noelja wis sedaja woes samja toeroeh tjinarikan mring pemboeri toewoek sedaja poenang wong
77. woes linorod rampadan loearan sampoen noelja dedaran soemadji kang adi pala goemantoeng pala kesimpar mepeki laholahan ingkang raos
78. goegoerihan manis-manis sedaja woes soemaos aneng ingarsi jata ing wantji woes daloe seh Mongraga matoer aris mring kang iboe sarwi anor
79. lamoen pareng kaoela noenoewoen makloem iktikap tangat ing masdjid poenika meh wektoe sakoer sedeng tojastoeti tertib koeatos kelamoen epot
80. ni Malarsih naoeri woewoesira roem inggih soemangga ing kapti moenadjat maring Hjang Agoeng koela adjrih anggendoli jen woes inoeng bakda kemawon
81. moegi noenten kondoer sarea tilam roem awadjib ing garwaneki perloening penganten panggoelt kedah ing ratri wor goeling matoer inggih Mongraga nor
82. woes linilan Mongraga loemampah metoe sarwi gam pare tjinangking kang iboe soeka angoengoen moelat begdjane kang siwi geng soekoering mring Hjang Manon
83. ki seh Amongraga mring patirtan adoes woesnja soetji noelja ngambil boesananira rinasoek toeroeh kadas tojastoeti amhandjet agama kaot
41e Zang; dichtmaat: DANDANG GOELA.
1. woesnja ngambil kadas tojastoeti niatira ngilangaken kadas kang tjilik nir soesoekere noelja oemandjing tadjoeg sigra soenat soekril woeloei woes rong rekangat salam gja soenat tahjatoel masdjidi kalih rekangat woesing salam ngangkat salat kiparati rolas rekangat nem sam 1)
2. tan keselan-selan salatneki
woesing patekah moeng soerat iklas kang kinarja wewatjane akasoed soedjoed roekoek tan kalempit doenoenging tertib mjang moekaranahira tan tjopet seramboet anoentoeng rolas rekangat ikrani mikrad moenadjad lawan toebadil tjoplok woes ngalih titan
3. woesing rolas rekangat kang akir roekoek iktidal soedjoed alenggah antara soedjoed lorone' sarta lan tertibipoen
asta kalih toemoempang wentis tahjat akir iptitahira tertibipoen soenat akekat amatja selawat kang atasing koelawarganing nabi kita Moehammad
4. salalahoe ngalaihi 2) salami
noelja salam bakda woes peragat tyas bjar neng djaman tengahe djaman tengahan ikoe ananira ia sa-iki iki-iki belaka tan mengko tan waoe mengkana seh Amongraga noelja tatrap bardjah djalalah soehoeling satarjah isbandiah
5. napas anpas tanapas noepoesi patang prekara kang mandjing medal liningling-lingling raose ingarah beneripoen ing parenge tibane oeni lamodjoeda ilalah mot sanapas landoeng noelja dikir napi isbat woes angingkoed ing tjipta tingalireki satoes klimah sanapas
6. lapal Lailaha ilalahi linampahken ilalah-ilalah noelja Allah-Allah bae lan hoe Allah-Allahoe hoe hoe hoe hoe lan i i i i Ha ilalah lah lah o o e e oe oe miwah la la a a ha ha pan woes djomblah tan beda widjiling oeni moeni tan moena sika
7. saliane' woewoese kang oewis tyas woes kawas kawawas tan oewas ing 'kedjep lijep lajape babahanira boentoe mingkoep tan mjat ing boemi langit lap nir norana apa pan woes soewoeng gemploeng tjengeng pleng moeng pamelengan moeljaning dat salat daim ismoe ngalim mantjad panaoel pana
8. moring tingal pinantjer woes ening enenging karsa tan ana ngloemba akasoed pantja-driane pineleng ing pendoeloe dadalan kang ilang mring sepi titis grana poesika pnesakaning kajoen kajoengjoen kahananing dat datan osik ngoelisik enenge ening badan boedi tan obah
9. pan mengkono senete wong a rip ingkang soening oening ing Pangeran tan samar napi isbate haib nganasir pagoet arambatan tanadjoel tarki tan kena ngilangana tata-kraminipoen jen woes moenggah boedi moelja sang Hjang Maha Moelja lan mooljaning boedi abeda nora beda
10. pan woes djoemboeh sembah lawan poedji poedji amoedji ing dawakira ia dewe nora dewe tanpa dewe woes poepoes poerna tan djali 1) abadi kae sen Amongraga sawoesira djoenoen tawakoep marang Pangeran anelangsa apoeranira Hjang Widi wedaning kaloepoetan
11. andodonga rila mring Hjang Widi kapindo soekoer mring nabi doeta sakeh rahmat djalarane djeng nabi kang moelja noeng woes peragat denja amoepid kang dingin marang Allah pindo mring djeng Rasoel woes sampoerna tangatira ki seh Amongraga kondoer saking rnasdjid alit panepenira
12. bakda wektoe palilah woes lingsir wengi wantjinira bakda tangat Amongraga kondoer mangke kang iboe meksih loenggoeh
lawan para sepoeh kang meksih sami andaroes koer'an katah kang woes toeroe Tambang-raras meksih lenggah ngarseng tilam noelja seh Mongraga prapti alenggah ngarsanira
12. ni Malarsih angandika aris arakingsoen ki seh Amongraga prajoga andika sare neng djinem tilam aroem Amongraga oemaloer inggih kaoela kinalilan lajap neng tilam roem noewoen pangaksameng galat ingkang iboe naoeri wetjana aris ajwa awantjak dria
14. apan sampoendados wadjibneki kapopohan ing donja akerat moeng koela andongakake moegi toeloesa roentoet ajwa nganti sawaleng kapti koela titip kewala ing rajinta boesoek mangsa borong gen amoelang wan kepalang ing tjegoek baliloeneki pasrah reh woes pitaja
15. Amongraga dekoe matoer aris inggih moegi angsaia pandonga ing soedarma sekalihe' darmi kaoela noedoeh langkoeng begdjanipoen pribadi woesira mengkana ni Malarsih metoe asare aneng mendapa meksih pepak kang raji tan ana arip mjang poetra kali hi ra
16. kjai Baji angandika aris mring kang garwa apa wis poetranta goeling neng tilam karone ni Malarsih oematoer inggih kados saweg poeniki adangoenipoen salat atangat ing daloe ane'ng tadjoeg pamelengan lagja enggal poenika bakdanireki kaoela woes apasrah
17. sawoesipoen koela ladjeng midjil ki Bajwangling ja alkamdoe lilali angandika mring poetrane miwah mring arinipoen pada toetoegena tan goeling kang matja .kang trebangan miwah ngadji oesoel kang dolan tjatoer wong-wongan lek-lekana sawengi ajwana goelfng ingsoen toeroe priangga
18. woesmiranti panggenan agoeling lan kang garwa Malarsih anendra tata kang wonten daleme sang pinangantyan waoe kang kalihan lenggah sarimbit Amongraga ngandika mring kang raji aroem doeh jaji koesoemaningwang asarea neng tilam mangsane arip rapoeh sasore moela
19. Tambang-raras liningan ing laki pan koemepjoer tyasira neratab sarwi aseret atoere poekoeloen sang abagoes kaoela kewala neng djawi padoeka kang sarea djrih kaoela noewoen ki seh moeda Amongraga lingira room sarwi anarik asteki doeh sang koemalaning dyah
20. ajwa kalimpet sira ingelmi palaling Hjang mring sira Ian ingwang ing gandjaran woes tan pae noegraha sang Maha Goeng pira-pira soen sira jaji karone pinaringan kawasa tatemoe marma kang kerana Allah noelja ni ke'n Tambang-raras angabekti noet sakersaning raka
21. gja winingkis kang samir tjaweni rnasoek sang ro kinanti kang asta woes toemameng djro djineme loemangkeb samiripoen Tambang-raras tyasira enis koemoetoeg kang sarira
keteg reboet doetjoeng do tjeng napase tyas melang toehoe-toehoe katemben tjelak pribadi 1) koewoer keh njananira
22. angandika seh Mongraga aris mring kang raji ia jaji sira dfen-narima satitahe nioenggoeh ing bab kang perloe ingaoerip tekaboel ngelmi ngelmoe kang woes moektamad ing sarak djeng Rasoel oelah ingalehi salam aminihi moemoeroek ing sira jaji sira neboeta sadat
23. nadyan woes ahli ja sira jaji doeroeng esah jen tan lakinira kang amoelang ing ahline wadjibe amoemoeroek pan katempoeh ing donja akir ingelmoe lan nipekah samja perloenipoen sadat wadjibing wanodya ia sadat Patimah ingkang linoewih jaji pasoeken ing tyas
24. ajwa doemeh re'me'h ikoe jaji wadjib angoetjap ashadoe an la ilaha ilalah dene soen ngawroehi satoehoe tan ana Pangeran kekalih nanging Allah kang esa kang toenggal poenikoe dadeken alam sedaja wa ashadoe anna Patimah tin djokril karimi irnra atal
25. noeboewatin binti Moehammadin salalahoe ngalaihi wasalam soen nekse'ni satoehoene dewi Patimah ikoe lintang djohar ingkang moeljadi kang dadi ratoening dyah kang atjahja mantjoer kang poetra djeng nabi kita Moehammad dinil salalahoe ngalehi wasalam ngalaeka
26. jwa pepeka kang djatmika ngelmi djatmikaning elmne ikoe sarak ia sarengat jektine lawan tarekatipoen pan minangka wadah sekalir dening elmoe hakekat Ian makripatipoen minangka widji noegraha widji jen tan toemanem wewadah betjik boengkik noegrahanira
27. moelane jaji den ngali-ati sarengalira koedoe sentosa asareh akeh pedahe ajwa langar ingelmoe jen kepretjet ambilaeni moeroengaken kasidan dene langar ikoe hakekat tinggal sarengat ikoe akeh langar pengrasane oewis angrasa badan moelja
28. solah tingkah moena lawan moeni adja salat ta pan oewis salat mengkono sepapadane ikoe jaji den-emoet jen manira tan ana bendjing sira kari awirja lamoen ana tjatoer kang mengkono ikoe oega watak ladak keselak tjalak ketjelik tjeloek-tjeloek ing seian
29. singa kang den-lakoni tan dadi doedoe dedalane daliloeiah kang nioepid Moehamad raseh ta dalil lawan madloel kadis koedoe lawan koedisi idjemak lawan kias kisas lawan koesoes ikoe oegering sarengat lapal makna moerad rasa den-kalingling ikoe ahli oetama
30. rong prekara jaji den-pakeling kang dingin koedoe wedi mring Allah kapindo maring lakine ikoe gandjaranipoen dunja kerat kinatjek betjik traping wong wedeng Allah tan pegat adaroes
ing koer'an kelawan salat perloe soenat lan tangatira ing wengi tepakoer maring Allah
31. dene nora pati toeroe jaji wong kang melek sadjroning palilah toempa-toempa gandjarane sinoeng illiam Hjang Agoeng bresih djrenihira awinih boedi loehoer oetama sidik ing pamoewoes awas maring kira-kira ngelmoe ingkang samar-samar sinoeng oening malekah tyas moestika
32. semono ikoe gandjaran nitjil 1agjeng donja doeroeng ing akerat pira-pira keh tikele dene trap djrih ing kakoeng apan ia kalih prekawis kang dingin koedoe ia mitoehoe ing woeroek jwa maido analimpang kapindone koedoe pasraji maring laki koemambang ing wisesa
33. kang toemanem jaji donjeng akir ajwa sela-sela salah tampa toempa-toempa doerakane angkoeh ening kang koekoeh eling-eling sira den-eling nelangsa ing Pangeran nelangsa ing kakoeng jen sira woes narimeng tyas jekti amretandani Hjang maha Soetji bineda kabeh beda
34 boedinira badanira jaji nora rengked boendet nora randat ginnntoengan rahmat bae donja akeratipoen donja rahmat saking ing laki akerat rahmat Allah ro ikoe atjoekoep kajoen pidareni ika ingoepaja oeriping banjoe kekalih ing donja ing akerat
35. Tambang-aras tyasira mranani ketaneman woewoelanging raka soemilak padang driane ing soeroep pan woes kojoep datan ana ingkang kalempit dasar woes ahlinira brangti maring e'lmoe ing mangke wah angsal woelang langkoeng sanggem agemi marang agami ngoegemi reh kang tama
36. ing patemon ki sen Amongragi tan pati amrih bakda doekoelan namoeng agama kageme winoelangken sang ajoe kang rahajoe lestareng boedi ngandika jaji sira apa woes soemoeroep kang raji matoer anembah inggih berkah padoeka kaoela poendi tan nedya apepeka
37. Amongraga mesem sarwi narik astanira ni ken Tambang-raras sang ajoe koemepjoer tyase riwenira akoemjoes kawistara nityesmoe adjrih alon denja ngendika doeh jaji sirekoe sarehena drianira menawa na eblis momor samboe jaji ngregedi moesliming tyas
38. pan mengkana ki seh Amongragi saben seroekoek denira moelang tansah anjandak astane' jen teksih tyas koemenjoet dereng korsa amagoet kang sih wedaring kerasikan jen ta dereng djoenoen angantia pi rang dina apan meksih inganti ahlinireki mengkana kersanira
39. Tambang-raras roemaos ing kapti jen mengkana sangsaja pirena tjipta tan ana toewoeke nadahi woelangipoen drianira angganing agni tan wareg ing galinggang ing soepaminipoen Tambang-raras woes noegrah pan keboeka idajat woelanging laki alandep tan koemedap
40. ni Tjentini meped aniniling andekoekoel neng waton liangan angoela-ocla ngeleleh mapan sedangoenipoen atjateti 1) setjandakneki kctjandak oega ora akeii kang ketjakoep ngalap berkah rerebetan semangsane ing djro banene anangis Tjentini toemoet waspa
41. kantjane sami pating koelisik nora djamak bok Tjentini ika ancmeni nilingake berkate wong angilmoe karem woewoeh dipoen-lilani ngong mangsa mengkanaha ni Soembaling moewoes woes pajo tjoeki kentelan ja wong teioe pasangane lintang ngalih kaletik ter kentelan
42. awiwit tjrak-tjrek mangan asisir sami masisir wiwitanira areboet lakoe pitjise anjoeblik karja teloe weneh gawe liliman poetih rame tjegat-tjinegat kang kaseser nepsoe moering-moering ge oewisa ingkang dakon ting karesek andok ambii alok goemeder boengah
43. ingkang wonten djroning tilam sari Amongraga alon angandika mjarsakna jaji mengkene moenggoeh sampoernanipoen ing asalat tigang prekawis kang dingin soetji badan kaping kalihipoen kang asoetji lesanira kaping teioe kang soetji atinireki tan kena jen gampangna
44. ikoe oeger wong kang ahli koesni anoetjeken ing teloeng prekara badan lesan lan atine anade'ne' trapipoen bangsa badan koedoe reresik penganggo lawan prenah ing asalat ikoe wroeh perloene' jen woloelas ingkang dingin niat kasdoe takroel takjin takbir lawan patekah
45. roekoek Ian iktidal adegneki sarta lawan toemaninahira soedjoed loro antarane kelawan loenggoehipoen tahjat awal tertibireki selawat ingkang atas ing nabi poenikoe lan atasing koelawarga lawan toemaninah sarta ingkang tertib asalam djangkepira
46. Tambang-raras oematoer ngabekti poenapa kelilan oernatoera mring djeng padoeka tetake'n Mongraga lingira roem endi petakonanireki Tambang-raras toerira kaoela noenoewoen woelang doenoenging asalat kang sedjati ngadeg roekoek soedjoed linggih angsal saking poenapa
47. niat sampoernaning kang sedjati sedjatining tambir 1) atoel ikram kaoela noewoen djinaten kang raka ris amoewoes ia jaji ingsoen djateni mas Allah ing asalat kang sampoerneng doenoeng tambir 1) moekaranahira aksarane wowoloe poenikoe jaji ja ikoe kawroehana
48. wit alip moetakalimoen wakid lamta bengil lawan lam djaidah hehoe akad limtamsoere kapkabirah beroeboe birah rera pingoel dradjati djangkep aksara asta inangka koempoelipoen
pan dadi patang prekara ikram mikrad moenadjad lawan toebadil ikram tjengeng tegesnja
49. ingkang lali ing sabarang kalir solah tingkah sedjabaning salat tan katimpah ing liane' ingkang pleng parengipoen lawan niat tibaning tekbir anadene kang mikrad moenggoeh tegesipoen moenggah ing boedi kang moelja boedi moelja moeljaning salat masoetji soetji djatining edat
50. dene kang toebadil ikoe jaji pan kagenten kang badan woes singsal mobah mosik sroe lirihe polah tingkah kang waoe woes kagenten polah sa-iki iki polahing salat edat ingkang agoeng anadene kang moenadjat tegesipoen sapotjapan ikoe jaji oetjap-oetjaping salat
51. apotjapan lawan edat jaji salat ikoe soehoel maring edat basa soehoel wong tan pae dat kang sipat rahmanoe dat kang asma iskat Ian napi edat ingkang apengal ia koen pajakoen ikoe jaji hak hakekat salat ikoe moeljakena kang asoetji loehoerna kang koeasa
52. ingkang moeslim wiridira jaji tctalinen pikoekoehing iman woloeng prekara kang tandjeh kang dihin sipat kajoen tegesipoen poenikoe jaji oerip tan keneng pedjah ing salatirekoe pindo kadiroen koeasa tan kena pes kang koeasa salatneki tri moeridoen kang kersa
53. kersa kang tan kepalang lestari salatira jwa nganti kepalang ping pat samingoen tegese pengroengoe kang tan boentoe tilingena salatireki basiroen kaping lima tegese andoeloe pendoeloe tan keneng woeta kang waspada amandeng saiatireki liroe loroning toenggal
54. ping nem ngalimoen kang ngawikani kawikanana djenenging salat tan kena bodo dompone pitoe moetakalimoen pangandika tan ngaping kalih jaji pengoetjapira kang tjeta jwa gangsoel ia saoetjaping salat ping woloene sipat bakin langgeng jaji kang langgeng salatira
55. Tambang-raras tyas semada rapih kandih dening woewoelanging raka tan pati akeh njanane nembah alon oematoer noewoen ladjengipoen kang moegi toean ambabarena Mongraga lingnja roem ia jaji pirsakena ing asalat adege asal ing geni doedoe geni kang mangwa
56. doedoe geni ingkang moeroeb mati geni kang sipat patang prekara roh ilapi sedjatine lan roh rahmani ikoe roh noerani Ian roh roekani sekawan ikoe moelja tjahja ingkang koedoes koedoes wiwinihing doerjat doerjat ikoe winih pepestenireki kang pesti salatira
57. roekoek ikoe angsal saking angin doedoe angin barat lesoes badjra doedoe kang goemrebeg kije dene" angin poenikoe ngin kang sipat kawan prekawis napas anpas tanapas kaping pate' noepoes noepoes wiwinihing roehjat roehjat ikoe apan wiwinihing oerip kang oerip salatira
58. dene soedjoed ikoe asal warih doedoe warih kali soeinoer sendang mjang kang asat agoeng dede dene banjoe poenikoe ja kang sipat patang prekawis roh rabani kelawan roh nabati ikoe ping tri roh kewani lawan roh djasmani djangkepe kawan prekawis ja jaji doenoengira
59 roh djasmani pan ikoe wiwinih wiwinihe kang mertabat sapta mertabat wiwinih mangke ing kedadeanipoen ingkang dadi saiatireki dene loenggoehe salat asal boemi nenggoeh doedoe boemi kang kentjikan doedoe boemi kang mendoekoel ikoe jaji ja boemi pat prekara
60. ingkang dihin wadi lawan madi mani lan man ike m papatira manikem winih ngadjale dene adjal poenikoe winih kelanggengan tan gingsir ia kang langgeng sira ing salatirekoe den-brangta sira ing salat pan padjoenen ing teloeng prekara jaji imam tokid makripat
61. tekadena tokidira jaji baledagen ja ing antepira ajwa mengeng salah wengweng kang loemoeh maring woeroeng kang kcpengin maring kedadin sedjatine djatmika enengira loegoe eneng narik kelanggengan langgeng pati matia sadjroning oerip oerip kang ahli pana
62. Tambang-raras tyasira woes wening padang nerawang tan koemalendang woes ampet pasang soeroepe mengkana kang moelang wroeh woes andoengkap wantjinireki pot palilah idjabah padjar gidib soeboeh ki sen moeda Amongraga ugandika roem sarwi anarik asteki doeh jaji Tambang-raras
63. moepoeng awal meksih padjar gidib wektoe soeboeh oetama kang awal padjar gidib ing bakdane pajo jaji awektoe ni ken Tambang-raras agipih kinanti astanira midjil ing tilam roem Tjentini gepah tan tebah pan liningan mring seh moeda Amongragi apa woes sore moela
64. nora toeroe dene aglis prapti tjeti Tjentini oematoer nembah inggih djeng toean wiose mirma dereng atoeroe lamoen wonten kersa anoeding rajinta ing kaoela ajwa kongsi asroe Mongraga me'sem ngandika mring kang raji jaji ikoe si Tjentini kaprenah apanira
65. ni ken Tambang-raras matoer aris poenika kadang katoet kewala koela tresnani wiose sabab piambakipoen langkoeng tresna dateng ing kami mila kaoela tresrn nglegaken tyas oeloen seh Mongraga lon ngandika ikoe betjik pan manira miloe asih ing mintra tjetinira
66. krana olih idajating elmi melek sawengi menangi woelang akeh ketjantel soeroepe Tjentini nembah matoer berkah toean ingkang kepoendi noelja midjil kalihan mring patirtan adoes woes soetji noelja bocsana ladjoe ngambil toja woeloe maring masdjid gantya kang raji siram
67. tjeti Tjentini kang ngleladeni sawoesira siram noelja kadas Tjentini Ian kantoen mangke
Mongraga adan soeboeh ngalep-alep swara ngalap sih manis aroem arenjah moeloeh remak empoek mengkana kang neng mendapa mjarsa swaraning adan samja atangi kang toeroe ginoegahan
68. samja soeboeh para santri-santri mring masdjid gede woes binedoegan aramja rempeg swarane noetoeg denira soeboeh bakda padjar bjar soerja midjil moedoen kang samja salat boebar weneh mantoek kang wangsoel marang pendapa kjai Baji asoeboeh aneng pendapi endjing ladjeng alenggah
69. pan ingadep ingkang poetra kalih Djajengwesti miwah Djajengraga Ian para ri sedajane Swardja Wira-doestekoe ki Panoekma Panamar toewin kalima Koela-wirja anoelja kang rawoeh ki Sebagi lan Djoemena tan adangoe ki pengoeloe Basarodin lawan samodinira
70. Noersoekidin lan ki Talabodin moerid Djaki lan ki Prana-ita mjang loerah-loerah santrine sarenti datengipoen demang Poera-sani kang prapti pepak kang koelawangsa atap anengajoen tan dangoe seh Amongraga marek dateng ing rama kiai Baji samja mingser kang lenggah
71. kjai Baji ngandika mring Loetji esoek betjike pada madangan nget-angetan sega goreng lawan iwak betoetoe sega rames ingkang mepeki sega toempeng kelawan nembeleha wedoes sawidji bae den-iras tjawisana geni arenging koesambi tjokak boeboek maritja
72. wedang srebat kopi ajwa lali santri Loetji goepoeh noelja men tar mring dalem andawoehake' ni Malarsili agoepoeh angreteni leladeneki miwah ingkang dedaran srabi lawan poetoe sawarninendjing-endjingan woesnja pepak needing Soembaling Tjentini kinen angladekena
73. ni Malarsih waoe kang angirid lan kang poetra ni ken Tambang-raras angladeni ing kakoenge sinaosken ingajoen sekoel oelam daran mawarni santri Loetji meragat wedoes sidji lemoe woes baresih djrohanira sinaosken bekakak mentah neng ngarsi lan soedjen gja pinoerak
74. kjai Baji angandika aris soemangga samia sesemekan koela toeri toeroeh kabeh ingkang liningan goepoeh tepang kapang koepeng awanting samja awiwidjikan kotjor atoetoeroeh adan lekas samja nadah ki pengoeloe aprawira denja boekti dokoh tjekoh atjikat
75. rambah-rambah kokoh meratani sekoel rames lada bobor pindang sekoel toempeng sekoel goreng satengah njamoek-njamoek den-sesambi ambakar daging oekoer anget kewala wal-wol apikantoek ki Koela-wirja anabda kang pengoeloe mengko dadi gawe malih moenggah dodog-dodogan
76. dika eling-eling kala wingi ki pengoeloe anaoeri sebda dadi dodogan begdjane kang mjarsa ger goemoejoe den-tekadi temen kiai mengkana ki seh moeda Amongraga amoeng
anadah ngetjani sarak poeloekipoen alit moeng samiri boengkik ginalintir kewala
77. samja noetoeg denja kemboel boekti menda setoenggil telas pinangan kedik kang linorodake woes noetoeg samja toeroeh ni Soembaling lawan Tjentini anjarik sekoel oelam linorodken sampoen gantya dedaran tinerap aneng ngarsa djoeadah djenang soerabi wadjik Ian poetoe majang
78. lempeng oelen-oelen wedang kopi gemblong ledre isen-isen sega mjang isen-isen gedange bakaran pisang soeloeh pisang radja damplak kang koening woes soemadji ingarsa kang ngladeni moendoer Malarsih lan Tambang-raras samja nadah lan ni Daja samja boekti Malarsih angandika
79. mring kang poetra Tambang-raras ririh soen tetanja babo maring sira lah keprije sira angger apa wis bakda doekoel katetesan satjareming sih kang poetra atoerira pan kaoela iboe ing djro wektoe kang palilah kaoela pan woelang pratikel ngelmi natas sedaloe pisan
80. pan kaoela sanget dereng ngerti dereng soemerep basa pasihan tan saged oematoer mangke kang iboe alon moewoes dadi doeroeng bakda doekoeli kaliwat rerehira panjananingsoen woes linoear ing karasikan ni bok Daja namboengi wetjana aris poenikoe aneh tama
81. boten limrah sesamining sami nedeng malih akir-balegira tan njana lamoen arereh saking agoenging elmoe Ian pratanda djalma linoewih langkoeng panrimanira poetranta sang ajoe Malarsih linge gih talah ladjeng toetoer marang ing poetra mawerdi doeh ni ken Tambang-raras
82. soekoer alkamdoe lilah sireki kang moega sira bisaha krama teloeng prekara jwa wengweng poraa sira kang emoet tyas den-gemi wedi goemati lire wcdi kang pasrah jwa maoni woewoes moeng lakonana kewala kang toememen ing lahir toemekeng batin kang mantep adja oah
83. lire gemi sira den-akoentji ajwa boros terobos ing pekah pekah samoekrim-moekrime ala lan betjikipoen ingkang akeh senadyan kedik pan ikoe gemenana kang narima soekoer woeroek ikoe ja nipekah ingkang gemi akoentji maring wewadi jwa rebet ing witjara
84. liring goemati sira kang asih marang kang den-remeni ing pria kang miranti sademene basa miranti ikoe woesa wonten katon tjoemawis sira njandang amangan mjang anginoem ranoe kang kasatmata ing pria adja kolon singloe sabarang pakarti antinen priksanira
85. pamoeroenge pan teloeng prekawis dihin wani awanoeh sembrana tan mitoehoe ing wekase ambadalaken woewoes asring-asring anjempaloeki basane mendaloengan diksoera dahoeloe nganggo atine priangga kang mengkono tan winahjoe bangsa inggil andap sesamanira
86. kapindone nora angoegemi barang ingkang dadya sisimpenan . den-ebreh den ewer-ewer tan doewe owel lowoeng tan roemasa pewehing laki angroeroesak nipekah mjang wadining woewoes ngadoel-adoel mring tetangga ikoe pedot derodot tan bisa betjik atjorah djanma roetjah
87. kaping teloe tyase sangga roenggi remen ninged aloemoeh satmata mangan ngombe koedoe dewe karepe anoenengkoel tan pesadja tyase besiwit gawe sawiah-wiah nora pati koedoe laki soenatan kewala kang mengkono entek talitining titik tan kena tinakokna
88. soring asor tyas mengkono nini wiranging wirang lamoen binoeang tan kanggo maring lakine petot gendolanipoen tanpa djia papa pinanggih kaloenta kawlas arsa sangsajane moepoet moeng ikoe pitoetoer ingwang ia nora bisa soen nglakoni nanging wong toea koedoe warah
89. ni ken Tambang-raras matoer aris inggih kelangkoeng noehoen kaoela woelang padoeka wiose moegi kaoela iboe asageda soeiteng laki tan roemaos mah-imah pan sedya angleboer tapak tilas delamakan sarta siang daloe kaoela amoendi ing berkah iboe rama
90. jata waoe wonten ingkang prapti tiang pipitoe sami kapalan kendel neng lawang korine santri Loetji andoeloe lamoen ana tetamoe prapti ki Loetji sigra medal mariksa woes toendoek tinanjan sodjar oetoesan kinen matoer maring djeng kiai Baji docta mrih satnja sowan
91. angantoeki sigra santri Loetji prapteng ngajoen ngatoeri oeninga jen wonten datengan mangke kinen nimbali goepoeh santri Loetji noelja amanggil kcrid ing lampahira dajoh wong pipitoe woes kinen loenggoeh pendapa ingatjaran woes binagekaken sami matoer noewoen anembah
92. wong pipitoe madjeng genti-genti samja oematoer lampah dinoeta ing poetra ken njaosake ing patoembasing apoe saking Soera-pringga Garesik Sidajoe mjang ing Toeban ing Rembang pra soenoe kang pisoembang tinampanan sedaja woes katoer mring djeng kjai Baji ingkang rong poeloeh real
93. kang woloelas mjang nembelas anggris limalas keton kang rolas real ki Baji alon delinge inggih andika matoer mring anakmas toemenggoeng Gresik miwah poetoe mas rangga nak demang den bagoes den bei Wirja-poespita sanget panrima koela soekoer ing Widi inggih alkamdoe lilah
94. moegi winalesa sihing Widi rahajoeng teteping agama mring anak mas sedajane pra doeteng 1) nembali noehoen samja matoer anjendikani arta sinoengken noelja marang garwanipoen mring Malarsih woes tinampan goenggoeng arta woloeng dasa kawan anggris pan langkoeng tigang seka
95. kjai Baji Panoerta ngling aris Loetji sira ngroektia soegata mjang djaran kae soekete ingkang liningan goepoeh angroekteni soegataneki ki Baji malih nebda mring pra doeta waoe kewala sami tjelakan kerana'llah sami matoer noewoen inggih pan ingriki kewala
96. kalih dening poenika menawi wonten pendangnenipoen poetranta poetra padoeka kramine ing poendi angsalipoen mantoe toean besan djeng kjai inenawi ing negara toewin sami doesoen Baji Panoerta ngandika inggih dika matoer jen dinangoe mangkin memanton tanpa besan
97. koela doedoetaken olih santri santri kang saking Karang boejoetan ngoembara kesasar mrene dadi manira poepoe sarta baja woes tekdirneki djodo walahoe aklam karseng Hjang Maha Goeng manira datan koeasa gawe daoep loewih kersaning Hjang Widi ingong derini kewala
98. samja dekoe pra doetengabekti sarwi miat mring sang pinangantyan langkoeng wibawa semoene tan kewasa andoeloe sainggiling tenggak blerengi kami tenggengen moelat marang sang abagoes mengkana woes sinoegatan noelja pamit tjaraka woes den-lilani nembah lengser woes mentar
99. jata ingkang samja neng pengapi kjai Baji lan para ngoelama ngoesoesken tepsir moerade sedaja sami kadoeng datan pati metoe moeradi sami tjipta kajoman mating sang abagoes penganten sen Amongraga samjan djoeroeng soemangga ing reh moeradi tepsir hakekatira
100. kjai Baji Panoerta ngling aris daweg angger anak Amongraga andika moeradi lire kitab Ibnoe Kadjaroe noelja gipili seh Amongragi kang kitab geng tinampan rekal woes neng ngajoen patitis wewatjan ilhar pemaose noedjoe lapal sapinati kamli sartoe albahra
101. pidalika wa-al bahri kamli sapinatan ladjeng tegesira mengkana pangandikane menggah lapal poenikoe pan peraoe aneng djeladri wontena pira-pira sarah mjang peraoe seganten tan kenging kebak wa poenika kaelokaning Hjang Widi peraoe mot segara
103. soemanggeng kersa kang sedajeki miradipoen toendjeming hakekat kang tan petot sarengate jen metot sarak koepoer ingkang mawi lapal poeniki ing dalil inallaha lajoe gajiroehoe inna insani gajiran wakoelihi sadaka ngabdi pikoeli soemangga miradira
104. kjai Baji njanteng tan kena ngling para sepoeh andjetoeng sedaja mantoek-mantoek weneh gedeg roemaos miradipoen toena doengkap adjrih menawi tan tepoeng ing sarengat asalajeng kawroeh dadya ngalengger sedaja Djajengwesti tansah mesem mring kang raji sasmita matem ing tyas
105. nenggih ki pengoeloe Basarodin ki Soeardja lawan Wira-doesta
Panoekma lan Panamare' Koela-wirja pra sepoeh sami matoer mring Amongragi prajogi minoeradan kang soepadosipoen sedaja angalap berkah roedjoekipoen lan sarengate ing pekih ki Baji namtoeng sabda
106. inggih leres atoeripoen sami sami talaboel angalap berkah ing mirad pan dereng raseh Amongraga toemoengkoel alon matoer anjendikani anuelja pasal moerad segara mot praoe peraoe oepamaneka woedjoeding kaoela poenika sajekti djeladri oepamanja
107. ngilmoening Hjang ingkang anglimpoeti tan kena sat lan tan kena kebak ing peraoe mjang sarahe de ngilmoening Hjang Agoeng jen ta lamoen dipoen-toelisi kajoe ing alam donja karja kalamipoen godong kabeh dadi papan samodra goeng kinarjaha mangsi meksih keh ngelmoening Pangeran
108. moerad kaelokaning Hjang Widi dalika ngaksoe mengkono pama peraoe mot djeladrine djalma ingkang woes mashoer kalbi moekmin baitolahi moekmin kang sampoen kawas wakasoen kasioen kang tan nandang keloepoetan oepamane angin margeng toeloep nenggih iman tokid makripat
109. ingkang kersa moedji amrih asih
noegrahaning dat kelawan sipat kang esa ing apengale tegese tyas poenikoe kang tjoemadang kersanireki tyas rohani poenika sengga damar moeroeb neng djroning gedong wilajat apan gedong wilajat poenika ati damar roh rohanian
110. datan ana patinipoen ncnggih oeroebipoen Ian paletikira saking djro gedong pantjere pantjer lan panteripoen ja laila hailalahi Moehammad Rasoeloelah kang waspadeng kewoeh soj-oting dat lawan si pat jekoe loroning toenggal kaoela goesti soera legaweng laja
111. kang woes awor tekad lawan ngelmi ngelini kang woes mandjing maring tekad tekad mandjing ing badane hadan oepaini praoe peraoe kang amot djeladri djeladri ngelmining Hjang. sarengating Rasoel tarekating Rasoeloerah hakekating Rasoeloelah makripati Rasoel djalawa ngadja
112. dedep sirep tan ana tjoemoewit kang alenggah andekem sedaja mjarsaken moerad rentese tan ana salang soeroep samja angsal peridah 1) mangerti saking genah aprenah samja mantoek-mantoek kabeh anglalojop netya saking sanget pangoengpenira ing kapti kaloehoeran ing moerad
113. angling malih ki seh Amongragi wakoelihi tangala sadaka ngabdi pikoeli moerade andikaning Hjang Agoeng sakeh dalem ²)a poeniki ja tekeng soen tan lian inallaha la joe-gajiroe wa man saian satoehoene Allah datan angoahi mring sawidjining titah
114. an insani gajiran riati ingkang oah-oah bangsa riah
kita piambak kang sedeng saking aral tan kioer man lasara ngilman maoti tegesipoen sing sapa tan dadi kang elmoe mati bae sadjegira nora nana antarengnja oeripneki dalika paokaha
115. waman sara ngilman lamaoti kajana bajan ing tegesira sapa kang dadi ngelmoene oerip ing sadjegipoen nora mati kewala ngalih panggonane kadatyan lawan malihipoen manda kalapil maota padjis moena soema sipat toerabani tegese Ian sing sapa
116. wonge kang mandjing ing dalem pati mangka ilang djisim kawiboehan malih sipate Hjang reke ingrikoe gjan pakewoeh bok toempangso asalali kardi kedah terang lan moerad jwa kanti ketroetjoet amestekaken neng swarga kang den arsa-arsa moeng ngersanireki lir nagih tanpa potang
117. kados poenapa genipoen olih wonten roengside raosing mirad tan kenging gegampang lire katjentok doeraka goeng sabab dening gegampang angling tan parah ing sarengat mentah dereng koesoes bilai donja akerat kemlekeren kawroehe pan ora dadi dadak andjedjak sarak
118. sarak borot ketjer borak-barik dadya sia-sia maring badan wong kang anggempal sarake temah kloeroeng kepaoeng nadyan bener ngelmoenireki je'n meksih tinggal sarak sarake djeng Rasoel djeng Rasoel poenika apan sajektine woes woedjoeding goeroe djati djatining rasa moelja
119. moeljaning dat sipat apngalneki sekatahc ngelmoe lahir miwah batin mjangagal lemboete tan lian saking Rasoel mila mring wewaler den-adjrih ing tjegah lawan pakwan batal karamipoen karam ing kawan prekara karam tingkah mjang karaming penganggeki karaming pepanganan
120. karaming pamoewoes djangkepneki ingkang nerak wewaler poenika kang aran kapir jektine tegese pan ketoetoep ketoetoepan tan wroeh ing jekti kene den-rani kana lor dinalih kidoel arahab maring kang karam nora rahab maring kalal kadangneki tan ana batal karam
121. gih poenika kopar koepoer kapir woes merodjol metoe saking sarak se'dje'n agama kapire poenika kang samjemoet ja agampil saking sakedik kedik saja akatah padoene aboebroek ngereti koekoem Pangpran djare wenang sabab kiteki kekasih tinimbang lawan kewan
122. kang poenika tiang anggegampil tjebol kawroehipoen gelangsaran ngelmoe pala widja pendek tan ketjatjah ngaloenggoeh pan woes kanas adegan tebih tan katjelek ing sarak pantjen getjoel ngoentoel tetep tiwas ingagesang ingkang sami lenggah mitjareng djro ati demes angantet moerad
2) prajoginipoen : ngalehi.
1) prajoginipoen : s(a)lam.
1) kirang sawanda katambahan : a.
1) prajoginipoen: anjateti.
1) prajoginipoen : takbir,
1) prajoginipoen: doeta.
1) prajoginipoen : pe'dah.
2) kirang sawanda, katambahan : i.
42e Zang; dichtmaat: KINANTI.
1, abagoes djatmika roeroeh pasang semoene awingit
pantes trahing awibawa wangoene angrespateni tjahjanira anranggana toemedja soemoenoe wening
2. ngong doega olia loehoeng widjining moekti mengkoni ketara loengiding basa liringe amrabawani singa sinatmateng tingal tyas goegoep mengeh ngabekti
3. ngoelama sedaja ketoer tan ana poeroen mapali kajoman tyas tan goelawat kabentjih remeking galih wangsoel sih samja narima mindak dangan serepne'ki
4. mengkana kang para sepoeh grahitanira djrih asih marang ki seh Amongraga samja matoer ngasih-asih ki pengoeloe atoerira mjang kabeh ambiantoni
5. moegi ladjengna saroekoek engkas bab kang angel malih noelja ki seh Amongraga amiak kitab ibeni Padjar angleresi pasal kaelokaning Hjang Widi
6. walkapiroe parilatoen wa-al islamoe soenatin kapir perloening agesang islam soenating aoerip kang mjarsa sami andjola saking weneh pasalneki
7. kabeh goejoe-goejoe goemoen wontena saking satoenggil ingkang graita ing moerad tan soemerep kantetneki kang roedjoek lawan sarengat kodenge roemaos teksis
8. samja tjadanging pangroengoe seh Amongraga moeradi poenika boten moengajan kapir perloening aoerip islam soenating agesang de moerad eloking dalil
9. ing dalem sawidji taoen tanasoeb ing perloe kalih wadjib kelawan kipajah apan sami preloeneki preloe wadjib ikoe salat perloe kipajah does majit
10' islam kang nglakoni perloe perloe ing kalih prekawis wektoe Ian does majit pada tinggale poenikoe kapir kang tinilar islam soenat sabab perloe tinggalne'ki
11. wong kang atinggal ing perloe poenikoe djenenging kapir nanging koedoe-koedoe tinggal merlokaken salah sidji sabab sami perloenira ing wektoe Ian doesing majit
12. poenikoe roedjoeking elmoe koesoesing moerad kang salih kang mjarsa padang tyasira tansah penggoenggoengireki sedaja oepamanira lir loemboe katoebing angin
13. Amongraga malih moewoes pasal watarkoes salati wadjibatoen wasalatan soenatoen tegesireki dene wong kang tinggal salat poenikoe kelangkoeng wadjib
14. de kang wong salat poenikoe soenat kewala nglampahi perloe kang atinggal salat toer oetama ingaoerip kabeh djengek kegawokan ki Baji aneiek lampit
15. gereng-gereng ki pengoeloe mjarsa lapal moetawatir dereng raseh saking moerad noelja ki seh Amongragi moerading tegesing lapal tandoek manis amatitis
16. moerading kadis poenikoe atinggal salat pan wadjib kang malah-malah oetama ki Soeardja matoer aris doeh kadi poendi anak mas wadjibipoen kadi poendi
17. koela kodeng koesoesipoen atinggal winastan wadjib kang nglampahi soesoenatan poenika ta ingkang poendi seh Mongraga atoerira inggih prajogi binoedi
18. pahoewa dalika ngaksoe ilabil ngoendjilatihi kenging jen tinggala salat kale ngoedjlati Hjang Widi ngoedjilat poenika mojang tan sedya mor ing sesami
19. woes nora asinggan-singgoen tan amikir sandang boekti miwah marang radjah tamah tyasira woes tan sak serik lan datan aloro tingal anoetjeken djiwaneki
20. madjenoen marang Hjang Agoeng nedya midji ing pribadi woes mantjal saking sarengat poenika bilih menawi wonten kang sedya atinggal salat limang wektoeneki
21. ki Baji Panoerta mantoek aneboet ki Basarodin ki Soeardja biang-biang gedeg demang Poera-sani ana ingkang ketjap-ketjap mesem Djengraga Djengwesti
22. sabab woes wiwinih ngandoet ingelmi ingkang piningit sedaja sami rerasan goemermeng tana kadoegi tinggal salat tan saketja kewala etja netepi
23. ki pengoeloe namboeng woewoes woes datan nedya giningsir tan kewagah kamban djangkah kang kaprah kewala betjik snemangga ngrikoe sedaja jen wonten kcrsa nandangi
24. sedaja sami andekoe Wira-doesta mesem angling aleres kiai Basarodin Koela-wirja angling jen meksih wnng bangsa engam pan koemaki koemawawi
25. sasat goerem ngemoet edjoen ger goemoejoe sedajeki sedaja tyasnja nalangsa rocmaos ngam tingkahneki tan ana kang mengkonoa ljan ingkang woes kerseng Widi
26. mengkana ing wajahipoen bedoeg deng kiai Baji ngandika mring santrinira eh Loctji matoera maring njainira aneng wisma moendoeta dahar den-aglis
27. sendika ingkang tinoedoeh matoer mring ni ken Malarsih sigra angatag padekan Soemb&ling lawan Tjentini anampa rampadanira ni Malarsih aneng ngarsi
28. Ian poetranira sang ajoe Tambang-raras woerineki angladeni kakoengira woes prapteng mendapi ngarsi pengadjeng toempeng megana neng pandjang giri prada brit
29. sekoel golong menoel-menoel opor bebek besngek pitik a!engdeng gepoekan gorengan petjel pitik djangan menir lada pindang pada mara gorengan katik goelatik
30. bon age empal poek doedoeh deng pandje'n soedjenan ragi kalepon limpa seregan pes-pesan tambra tengiri getjok genem gadon rempah lombok kentjeng lawan petis
31. sambel goreng 1) ngoetmangoet
sambel keloeak kemiri talaban ketjipir kaljang kara timoen terong glatik ketjemeh pare lempoejang tenioe poll tjabe Ian koentji
32. woes tata keket neng ngajoen Malarsih matoer ing laki poenika sampoen samekta ki Baji ngandika aris soeawi sami widjika sedaja noelja wewanting
33. dan lekas nadali akoempoel pikantoek denira boekti doemoegi sasenengira ki pengoeloe Basarodin penadahe djor-djinoran pengoeloe lan Djajengragi
34. Djengwesti mesem amoewoes mring Koela-wirja bibisik tan pangling lon woewoesira goegoedjeng mring Djajengragi anamboeng tantang-tinantang lan pengoeloe Basarodin
35. poenapa kenging poenikoe kelamoen dipoen-totohi poendi ingkang betah menang goemoejoe ki Djajengragi mesem ki pengoeloe Basar - odin poeloeh tan ngendati
36. Djajengwesti lon amoewoes mring kang raji Djajengragi jwa pidjer latah kewala mengko ga kesoesoe moelih kebat soesoelen ki Basar woes kalong ken kokohneki
37. kang raji saja goemoejoe kang tjelak-tjelak goeligik Koela-wirja woewoesira pajo den-boet ro ki Roedin angling malih daweg paman jata ki seh Amongragi
38. atamhan pemoeloekipoen kepele' sadjambe ranti oelam moeng paroe kewala ginigit den iwit-iwit temue poh tjabe lempoejang moeng poenikoe kang binoekti
39. sira kiai pengoeloe kaetjan denira boekti tocmpeng megana pinroetah oelam djedjangauan sami mot djroning toempeng megana safta binoembon goegoerih
40. dipoen-imboeh sedaja woes noetoeg denira aboekti tan ana ingkang tjawengah ki pengoeloe Basarodin denja anadah matetah atekoel poeloek sabiti
41. ki pengoeloe denja ngoeloe goetoek lag-leg ketjap aglis legender hem oeh andjengat blai kalelegen eri pan eri iganing tanibra kokohira kantoen kedik
42. tangan meksih ngepel gatoeng ngicnggerek ambrebes mili sedaja kagjat wlas moelat ki Koela-wirja mjat angling lah-lah oedjarkoe ta apa poeloeh-poeloeh djer tan aris
43. kaja wong keboeroe nepsoe tan nganggo satitah boekti pengoeloe naoeri serak woes tandange kadi poendi sarta neboet astag pirlah Allah-Allah prije iki
44. Koela-wirja tanja moewoes apa baloeng poenapi ri glerek-glerek saoerira doeh niki klelegen eri ri iganing tatnbra ika sakit temen pre'hpoen niki
45. ki Baji welas angoengoen ni Malarsih toetoep lati kabeh getoen welas moelat mring pengoeloe Basarodin ki Baji alon ngandika mring mantoe sch Amongragi
46. poenika kjai pengoeloe moegi angger atoeloeng sih soepaja sageda man'gan jen kelantoer kawlas asih Amongraga atoerira pan inggih poen Djamal Djamil
47. asring saged sabenipoen ki Baji angatag aglis lah ta sira Djamil Djamal toeloengen ki Basarodin ki Djamil anoelja minggah mring gjaning ki Basarodin
48. Djamil matoer mring pengoeloe kjai talinganireki andika djewer priangga sarta amatja poeniki salehsaleh kaping sapta noenten andika eledi
49. saleh malih kaping pitoe noenten ngeled saleh malih ping pitoe djangkep ping tiga noelja den-poeloeki nasi ingkang anget sakeledan Basarodin anoeroeti
50. lir woelanging Djamil waoe andjewer koeping pribadi saleh-saleh poedjinira tri ping pitoe dereng kongsi ampoehing donga woes sirna sapoeloekan ngeled nasi
51. legender lap sakitipoen mak blas raosing sesakit waloeja sami sekala ki pengoeloe Basarodin amatja alkamdoe lilah olih tocloenge si Djamil
1) kirang sawanda, katambahan : ma.
52. Djamal Djamil alon tnoewoes
wonten saratipoen oegi jen wong dahar oelam toja eloh samodra benawi kawitana saking sirah pemangane oelam warih
53. jen woes dahar sirahipoen madjenge tan moetawatir ki pengoeloe soeka nabda katoedjoene ana adi Djamal Djamil aweh waras banget legane tyas mami
54. ki Djamil naoeri woewoes
inggih kjai sami-sami pan dertni dadya djalaran ki Basar oelate aring jen mekoten daweg nadah koela lan dika ingriki
55. ki Djamil tan poeroen kemboel pineksa-pcksa tan apti djeng kjai alon ngandika teka toeroeten prajogi poenagine goning waras lan ki Djamal ajwa kari
56. kemboela kono wong teloe ia Ian ki Basarodin Djamil Djamal toer sendika anoelja nadah wong katri scdajn dan ladjoe nadah Kaelawirja goegoejoni
57. njata rosa ki pengoeloe awak-awak taloe malih njanakoe woes Petroek bundan esoek-e'soek anoeli wis iki bali sorenira lekas wiwit moemoetjoeki
58. ki Djajengraga goemoejoe koela woes mantoen den-tohi poenika pengoeloe Basar salin landing Djamal Djamil goemoejoe kang sanija mjarsa denja nadah Djamal Djamil
59. ki pengoeloe njandak doedoeh duedoeh djangan den-kokohi angingkaed oelam-oelaman ngaloemproek mring Basarodin sedaja kang samja nadah sami mene angantosi
60. tan ana toemoenten wisoeh Koela-wirja pagoejwan ling sasat wong laki tinambang alok gosong sedeng malik ki Basar saja kae'tjan imboeh sekoel djangan malih
61. sarwi moewoes njamoek-njamoek wawi sampoeng iking-iking kang goemoegi kaih koea ger ginoejoe sedajeki Djamal Djamil saoerira boten-botene' ngontjati
62. dangue denja nadah toetoeg
ki Basarodin ngandegi koemjoes karinget riwean koemlakaren soendoel ati kempocs-kempoes kalekeran legejeh sidoeweng woeri
63. anganti wong ro dereng woes
Koela-wirja goemoejwangling sarwi mara djer koe apa mocndoeta iroes den-aglis tan dangoe katoer iroesnja ki pengoeloe den-iroesi
64. kang ngiroes sarwi sroe moewoes de kawon ki Basarodin dika temah kadjantaka kasoran aprang aboekti sira ki pengoeloe Basar klesik-klesik anaoeri
65. kantoen tigas kalihipoen mila rosane abelis moengsoeh woes randan grabahan sinten koeat angembari kang mjarsa goemoejoe soeka mring saoere Basarodin
66. ki Koela-wirja anoedoeh mring Soembaling lan Tjentini kinen anglorodken dahar baginen marang pemboeri lan eh sira Djamil Djamal ambengmoe gawanen ngailih
67. ki Baji namboengi woewoes
ja bener gawanen ngalih ki Baji gja wisoeh asta sedaja noelja wawanting kang toetoeroeh ngoembah tangan woes samja soetji pra sami
68. rampadan linorod moendoer pinroetah marang pemboeri werata tan ana kirang santri Loetji angeloedi ni Malarsih lan kang poetra woesnja angladosi laki
69. moendoer saking ngersanipoen ladjeng malbeng dalemneki Soembaling Tjentini medal ambekta gembol tap sirih daran meksih djing-indjingan woes tata malih alinggih
70. kang anginang weneh oedoed ki Baji angatjarani wawi poenikoe mangsegan pocnapa kang den-kersani oematoer inggih soemangga Djamal Djamil meksih boekti
71. wong roro samja asengkoed sekoel sepandjang moendjoengi oelame nem piring bebas goemoejoc kang samja meksi mjang miat pengoeloe Basarodin meksih den-iroesi
72. wetengira den boek-emboek obah alihan alinggih menggeh-menggeh tjege'h sajah ki pengoeloe Basarodin angling doeh mangke sakedap koelarsa totoja seni
73. gedoebroegan ngadeg timpoeh grigoeh djinagan ing santri santri sekawan tan tebali moendoet djogan ing pendapi kadoeng grago soekoenira kaglongsan napak ing siti
74. kjai pengoeloe tibambroek keglimpang sreban kaglinding santri papat kethidihan ting barengok djelih-djelih kjai Basar tinoeloengan tinarik woes bisa tangi
75. sreban inganggeken sampoen ki pengoeloe Basarodin sarengen mring santrinira santri pat pada penjakit tan kena gawe liangan nora kongang andjagani
76. kang mjarsa sami goemoejoe kesoesoe ki Basarodin age ingkag mring gedogan woes kalingan djaro kelir tan kongsi pendodokira lagi pengoeloe atjingtjing
77. antarane dereng dangue mak brok pret preket angising kagjat kang aneng mendapa ger bareng goemoejoe sami Koela-wirja latah-latah de ngemaiidang saking riki
78. tan woes woewoesen ing goejoe jata ing wektoe woes mandjing sira ki Baji Panoerta ngandika mring santri Loetji eh Loetji sira tata ha salatan kclasa lampit
79. neng kana ing masdjid mangoe den-age Ian si Noeripin kang liningan sigra mentar Noeripin lan Djalalodin mring masdjid mangoe anata pesalatan woes miranti
80. ki Baji ngandika aroem soeawi sami amidjil ingrika ingkang adjembar matoer soemangga prajogi anoelja samja amedal salat loehoer maring djawi
81. ki Baji lawan sang mantoe Ian Djengwesti Djajengragi Soeardja Ian Wira-doesta Panoekma Panamar toewin Koela-wirja lan ki demang Poera-sani mjang Sebagi
82. Djoemena Djamal Djamiloen
lawan para loerah santri samja angenteni marang ki pengoeloe Basarodin tan dangoe noelja katingal ladjeng noesoel mring ing masdjid
83. den-iring pra santrinipoen sapraptanira ing masdjid woesnja woeloe noesoel soenat sedaja woes soenat sami ki Baji angatag kamat Mongraga kinen ngimami
84. noetoeg denja salat loehoer prapta ing bakdanireki poedjian dikir andonga nuelja sesalaman sami ladjeng soenat bakdiatan woes peragat sedajeki
85. ladjoe kewala aloenggoeh aneng soerambining masdjid woes tata denira lenggah angandika kjai Baji maraug para arinira Soeardja Wira-doesteki
86. soen tetanja ing sirekoe paran toemon wisma betjik jen gawe menawa lawas tan bisa kanggo toemoeli prije kono remboegira pikiren ingkang prajogi
87. bakale panggonanipoen poeloenanira ing mangkin toewin paman lawan oea Sebagi Djoemena dening toemingal wisma kang pe'lag kang tjelak kewala ngriki
88. ki Soeardja lon oematoer ing raka semoenira djrih kaoela soemanggeng kersa poendi padoeka kersani wismaning para sentana mjang soedagar magersari
89. mangsa eweda ing kajoen wisma katah kang prajogi sadengah ingkang kinersan kaoela ingkang ngrampoengi kang raka Ion andikanja ja bener kweh wisme'ng betjik
90. nanging tyas ngong meksih e'woeh doeroeng ketemoe ing pikir Soeardja matoer soemangga kanrije' ing kono jaji pada matoera priangga ondi kang sira pirsani
91. ki Wira-doesta oematoer tingal koela kang prajogi grianipoen pak Radjiali geng piambak tawon-boni Panoekma ngling inggih samja lan wismane Basarodin
92. ngling Panamar kaot sepoeh sepoeh griane ki Rodin pened griane poen oea Sebagi koetjiwa alit Koela-wirja woewoesira leres sedaja prajogi
93. nanging pinten bangginipoen pareng kersane djeng kjai demang Poera-sani nabda koela ingriki satoenggit prajogi lainoen kinersan man demang dongkol wismeki
94. nanging wonten tebihipoen botena koela kadoegi ngrampoengi andatengena ki Baji ngandika aris gin nak demang ngong tarima ki Koela-wirja ngling malih
95. poenika wonten kalamoen pareng kersane djeng kjai nanging meksili reragangan petjak seket sasoer nanging koetjiwa dapoer limasan ki Baji soeka mjarsa ngling
96. lah ia ikoe ngong remboeg toetoere arinireki eh Wirja kang doewe sapa oematoer kewala ngriki inggih poen anak Moertala pendamelipoen den-apti
97. arapet tjatokanipoen sarwa santosa nglangkoengi baloengan takir belandar sakersa teksih kedoegi ki Baji alon ngandika mring poetra ki Djajengwesti
98. koeloep remboegen kang patoet Ian painaii-pamanireki ragangane si Moertala pira regane kang pesti ajwa nganti amisesa pikiren ingkang abetjik
99. jen den-regani poenikoe toetoegen satawaneki satitik ajwa ko enjang lamoen ora angregani teksiren tikelen rega soepaja jwa dadi pikir
100. prakarekoe jen woes rampoeng toetoegena dadineki adja lali sanak Kalang kon garap dadi papali lawan oendagi Djepari si Patra-kria kang betjik
101. mangsa bodoa sirekoe rajapen dimene gelis kiranen bisaha dadya djroning patang poeloeh ari tanggal patlikoer kanggea ing sasi ngarep poeniki
102. ingkang poetra ris oematoer inggih sendika oemirina pitaren kang paman-paman poenapa sampoena bendjing kangge tanggal selawe prah ing woelan ngadjeng poeniki
103. kang pra paman sami sagoeh jen ginelak kaja oewis woes samekteng remboegira jata demang Poera-sani oematoer mring ki Panoerta djeng kjai lamoen marengi
104. amba noewoen pamit mantoek naoeri kiai Baji poenapa tan ketanggoengan prajogi bok bendjingendjing saketja pan datan panas adreng demang Poera-sani
105. noelja oemarek angoedjoeng pamit mring sedajaneki noelja samja sesalaman moendoer demang Poerasani saocngkoerira ki demang oematoer kang para ari
106. mring kang raka nembah moendo poenika lamoen marengi poetra dalem sang pengatityan kaoela soewoen saratri poen adi-adi sedaja noewoen saratri-saratri
107. ki Baji aris amoewoes ja soekoer karepireki mengko bengi neng nakira kang toea namoeng sawengi rinane aneng wismanja moeng sadina bae noeli
108. ana ing wismanirekoe ia sadina sawengi noeli mring para rinira sami sadina sawengi arakita sawetara pedah koermating pengantin
109. sawising kono anoedjoe sepasare nakireki kang raji lega tyasira ki pengodoe Basarodin koela nienawi kclilan jen sampoen sapekeneki
110. kaoela noewoen sedaloe kemawon lamoen marengi ki Bajwaris woewoesira lah ia ki Basarodin pada nadar sekadarnja salamete nakireki
111. jata boebaran sedaroem akondoer kiai Baji samja angiring sedaja prapteng pare'golan sami ki Bajwangling woes balia pada ambandjoera moelih
112. kang liningan samja boengkoek samja matoer njendikani noelak saking paregolan sarengan lampahireki ngatjarani kang soemimpang ampir-ingampirken sami
113. jata ki Baji kang kondoer prapteng pelataraneki kang ngiring ki Djainil Djamal santri Loetji Ian Noeripin waoe kang aneng ing wisma ni sori Baji Malarsih
114. lawan kang poetra sang ajoe samja me toe k maring laki toendoek ni ken Tambang-raras mendak ingarsa ngabekti soemoengkoe angraoep pada seh Amongraga oemeksi
115. sarwi narik astanipoen ngandika aroem amanis ja woes jaji ngong tarima pajo toemameng wisma di noelja ni ken noet ing raka kang raji asta kinanti
116. kang raina lawan kang iboe ningali poetra sarimbit buengah amarwata soeta jata waoe kjai Baji ladjoe mring gandok kang wetan de kang poetra Amongragi
117. ladjeng mring panepenipoen ing tadjoeg alit pawingking ler kilen dalem tan tebah baloembang kinoebeng asri djinaro risig djedjetan kori lit ingoekir remit
118. kitri trenggoeloen ngregoejoeng ngajomi natar aresik kanan keri sasekaran kenanga gambir melati ketongkeng Ian sekar dangan soendel-malem manda-kaki
119. tjepaka kalak lan menoer patjar anggrek woelan asri argoelo patra menggala taloeki lan wora-wari poeriiig koemoening andong bang tajoemas nodja saroeni
120. tinaman panepenipoen asimpar singoeb awingit waoe sang ro pinangantyan rena neng panepen ninis ing srambining pamelengan Tjentini kang ngleladeni
121. Soembaling ngaterken waoe dedaran saking boeneki wowohan mjang lah-olahan wedang ten sarebat manis Soembaling ngimbalken daran tjeti Tjentini nampeni
122. sinaosken sedaja woes neng ngarsa asri soemadji sira ki sen Amongraga angandika roem amanis lah jaji daroesa koer'an ngong arsa wroeh gonmoe ngadji
123. ni ken Tambang-raras goepoeh anoeding tjeti Tjentini kinen amoendoeta koer'an kelawan djalalen tepsir kang liningan sigra mentar moendoet koer'an Kastamboelmil
124. tan adangoe noelja katoer ni ken Tambang-raras noeli ngambil toja woeloe marang baloembang mili awening sawoesnja marek ingarsa kang Kastamboelmil ingambil
125. nembah amiak Kastamboel soerat patekah awiwit tangawoedira pasekat tan wang-wang neng ngarseng laki talaboel tyas wit arahab noelja matja bismilahi
126. rahmani rakim alkamdoe lilahi rabil ngalamin arahaman nirakima maliki jajo 1) midini wa iaka nakboedoea wa iaka nastangini
127. lan ihdina siratalmoes-
takima sirataladina an nganta ²) ngalehima gerilmagloebi ngalehim walalalina amina kir-ate datan kalempit
128. miwah kasar lan madipoen toewin kandel tipisneki
1) prajoginipoen: jao. 2) prajoginipoen : ngamta.
kang rakn mestrm ngandika ja woes bener ikoe jaji oetama ingkang akir-at nanging wong estri tan wadjib
129. jen ngocdia kir-atipoen moeng watjan ilhar kang wadjib kir-at wadjibing wong lanang lamoen sira remen jaji wewatjan kir-at pasekat moenggoeh patekah kang wadjib
130. koedoe ngawroehi poenikoe sakatah pitoe kang wadjib jen tan ngawroehi sakatah pengadjine ngoendang eblis gone neng talak kalimah iki sakatahe jaji
131. kang dingin klimah alkamdoe wadjib mandeg watjaneki jen batjoet angoendang setan tasawoer ing setan doelil klimah lilahi saklimah setan irab kang noenggoni
132. rabil ngalamine ladjoe arahmani arakimi klimah malihi sakatah setan kiaho kang mandjing janmidini kaiimah iaka sakatah malih
133. setan kanak kang atoenggoe nakboedoe kaiimah kalih waiaka kang sakatah setan kanas kang ngadepi ladjeng nastangin ihdinas lawan siratal moestakim
134. siratal ladina noedjoe an ngamta sakatahneki
ngale'him ge'ril magloebi sakatah kang setan binga ngalehim walal lalin wis
135. woes djangkep sakatah pitoe ajate pan nenem jaji kapitoe ajat bismilah
ing patekah koedoe sidik kerana kang moekaranah ing asalat wadjibneki
136. sabab ikoe bangsa kalboc koedoe-koedoe apil jaji kang tratil 1) ing moekaranah lesan lan ati jwa srenti tan keneng tjewed salilab pan moekaranah kang dadi
137. kawroehana sedajekoe pandjang tjendake lan tesdjid den-pretela katahira pat belas kelajan malih aksara winatja pandjang pan pitoelas katahne'ki
138. mad ladjim lapal lalinoe tigang alip pandjang sami ele' elad pandjangira sami lan alip kaping tri kehing djabaring patekah patang poeloeh nem kehneki
139. edjere pan sanga likoer epe'se' pan amoeng nem til kalih likoer klimahira ikoe soenating awadjib ingkang sampoerneng patekah dadi geroegering pingil
140. kang raji nembah toer noehoen toemoengkoel kelangkoeng adjrih karahmatan mring kang raka kapasoek ing tyas anggoesti angesti saja waskita tan tje'we't woelanging laki
143. sangsaja menter ing kalboe kaboeka talaboel ngelmi bersih djrenihi djinarwan raga tan sawale'ng kapti sira ki seh Amongraga ngandika ris pajo jaji
142. angambila tojeng woeloe ing wektoe ngasar meh akir kang liningan noelja kadas woesnja samja tojastoeli sareng denja minggah salat sang ajoe makmoeni ing laki
143. bakda denja salat sampoen wangsoel gjan tata alinggih sen Mongraga angandika mring garwa wroehanta jaji ing sawising wektoe ngasar moenggoeh tjaritaning kadis
144. tan kena lamoen atoeroe apan datan manpangati malali kiparat melarat soeda gandjaran donja kir krana pangandikaning Hjang wabasiral akadjirmi
145. waidapi moekinatoe lidjoelela pinahari watoeng lidjoena arpila elia badan noerihi pada ningalana sira ing djirim lagine moenkin
146. kalaning soerja meli soeroep pandjinging rina lan wengi koedoe arep oeningaha kaja ta soerja meh midjil pandjinging ratri mring siang koedoe arep ngoeningani
147. kadi ta ing bakda soeboeh panjegah jen toeroe jaji tan beda lan bakda ngasar kiparating ing goegoeling jen wong sring nendra bakda sar bakda soeboeh samineki
148. lalen toer peteng tyasipoen dedel grahitane sedil ketoel marang kira-kira kerana datan ngawroehi mring wewelaking anendra jogja kawroehana jaji
149. kang raji nembali mitoehoe jata waoe kjai Baji pinarak aneng pendapa lan garwa ni ken Malarsih ningali ana wong prapta goemaroedoeg djaloe e'slri
150. sami ngangge-angge moebroe toea nom mjang kang rarjwalit pametoek sang pinangantyan dene kang dadi pengarsi Toerida lan Rarasatya sarta lan kang bibi-bibi
151. prapleng ngajoen tata loenggoeh temboenge'noewoen ngatoeri mring raka sang pinangantyan kang ram a ngandika aris mring poetra mantoe kalihnja sirekoe mapag pengantin
152. kang poetra inggih toeripoen ngling mring garwa ni Malarsih matoera mring anakira seh Mongraga den-atoeri marang adine' amapag karo pisan keh kang ngiring
153. wis mangsa bodo sirekoe boesanane nakireki apa kersane kang lanang kcwala toeroeten betjik Malarsih lengser sing ngarsa amrajogi mring kang siwi
154. toendoek lan kang poetra loenggoeh mesem toemoengkoet Mongragi pinadjar sedajanira pra paman ingkang poenagi sira ki se'h Amongraga oemiring kerseng reh bihi
155. sinaosan aneng ngajoen boesana sakersaneki noelja kondoer dateng wisina samja maboesana adi ngagem lir doek panggihira sarwa seta loes respati
156. ni ken Tambang-raras ingroem ni Daja kang boesanani sawoesnja ngagem sarwendah woes samekta sedajeki sira ki Baji Panoerta ngandika mring mantoe kalih
157. lah wis ambilen oemangsoek ing wisma kakangireki kang poetra kalih toer sembah malebeng dalemira ris noelja waoe ingkang prapta Soeardja Wira-doesteki
158. ki Panoekma lan Panamoer Koela-wirja ane'ng ngarsi ki Baji alon ngandika anoesoel kewala mami dedalon lan bakjoenira parari oematoer inggih
159. jata kang adandos sampoen ingatocran mangkat midjil bodol parestri sing wisma goemrah toea' nom rarjwalit samja angangge kelingan kang ra're rinoekmi-roekmi
160. djeng kjai Panoerta goepoeh 'djoemeneng denira linggih sedaja sarcng oemangkat djadjaran songsong miranti sang pengantyan sinongsongan idjem sorot prada koening
161. akekanten astanipoen djeng kjai lan ni Malarsih angater ing paregolan sapraptaning madyeng kori pinapag ing selawatan tarebang moeng kalih rakit
162. bawa lagoe sekar gadoeng santri ken kang naoerani salatoelah ngalalhoeda ja al imana imani a! anbiai imamal moersalina aki-aki
163. Allahoe aki Allahoe wong pat nampani asingir woelidalkabib wakadah moetawarid wanoeroemin wadjanati ia tawa kadoewoeli da-alkabib
164. sinaoeran santri baroeng tarebang papat broeng moeni pong pek pong ping beng poeng poeng brang toeng pjek toeng pjek tong ting tong gring rame swarane araras piniarsa milangeni
165. ingkang oemiring goemroedoeg woes prapteng wismanireki sang pengantyan denja lenggah djerambah ing tilam wangi tinarap ing estri katah toea nom pepekan sami
166. para djaloe pendapa goeng saja sroe denira singir goemer tarebang baroengan noelja soewoek tan asari sami amatja selawat woes kendel tata alinggih
167. noelja angladeni goepoeh pawohan gembol tap sirih mjang rokok wangen mjang nipah keloekoek sarotong toewin rampadan wedang patean woes werata sedajeki
168. tinanjaken sedaja woes samja anginoem wedang tih noelja medalken ambengan lir.roeahan kang kendoeri ngendoekoer rolas ambeng wrat kedjawi iher mring tjilik
169. miwah sadjroning wisma woes linade'n ambeng kendoeri moeng sang tama pinangantyan ingkang rinampad di-adi ing pendapa woes ngatjaran atoeroeh wisoeli wewanting
170. sagseg madjeng tepoeng dengkoel ngepoeng kendoeri ngenemi moloni ngrolasi miwah rarjwalit ngerong poeloehi adan lekas samja nadali koemrepjek kwek swaraneki
171. ting karetjap ting kerioek koemarojok rojom sami santri lit reboetan oelam sapftan basengek pitik djalwestri sareng anadah noetoeg rahab denja boekti
172. kang noenggil sa-ambengipoen kang rinampad Amongragi akalian ingkang garwa lan Toerida Rarasati ni Daja lan ni Djoemena Sebagi mjang para bibi
1) kirang sepada lingsa.
2) prajoginipoen : tram pi).
173. seh Mongraga ragi rikoeh
tan pantoek denira boekti atatnban pamneloekira kepele moeng sagcnitri Toerida mitjareng nala woes adat temen wong iki
174. nadah lan wong wadon kemboel manah jen englea boekti parestri gawokan moelat penadahe Amongragi mengkana noetoeg denira anadah djaloe lan estri
175. sedaja woes sami wisoeh ambengan samja binagi sinarang ing tapak dara berkat kinen gawa moelih djaba djro werata samja tana keliwatan sidji
176. loearan parestri mantoek salong-salong ingkang kari ken kang kari ken kang boebar woes andoengkap wektoe mahrib ing masdjid ageng tengara binedoegan deng maherib
177. samja minggah salat wektoe maherib sedaja sami noelja ngambil toja kadas gja adan ki Djamal Djamil djaloe estri minggah salat seh Mongraga angimami
178. woesnja soenat sedaja woes noelja kinen angamati woes tamat noelja aniat oesaii parlalmahribi salasa rakangatina adaana imamani
179. lilahi tangla Allahoe akbar ladjeng matja tasbih kabiran alkamdoelilah kasran pasoebkanalahi waboekratan wa asilan noeija matja wadjahneki
180. ina wadjahtoe wadjahoe lilahil ladi patiris samawati wa-an aria kanipan wamoeslimani wama niati wamah jaja wa ana minalmoesrikin
181. sareng denja oesali woes sedaja denira tekbir imam amatja patekah kir-ate kelangkoeng apik soerat sawoesing patekah koela ajoe awalneki
182. membat pandjang tjendakipoen sawising patekah akir mapan soerat ida dja-a woes djangkep rekangatneki gja tahjat akir iptitah selawat atasing nabi
183. mjang ing koela warganipoen noelja salat awal akir ladjeng samja poepoedjian woes poepoedji noelja dikir woes dikir amatja donga Djajengraga anangsibi
184. swara moeloek landoeng aroem lahoema sali wasalim ngalaihi wa ngala a-lihi wasabih wasalim noelja min amin ja Allah arempeg asri kapjarsi
185. noetoeg denja nasib waoe sesalaman sedajeki noelja soenat bakdiatan gja soenat abengal wabin nem rekangat tigang salam bakda soenat noelja wirid
186. antara ing tigang atoes soehoele marang Hjang Widi woes dikir tepakoer ing Hjang soedjoed takroebe woes koesni pan woes mandjing wektoe ngisa noelja kinen angadani
187. woesnjadan soenat sedaroem ladjeng kinen angamati seh Mongraga noelja niat oesali praptaning tekbir tasih wadjah toemaninah sawoesing patekahneki
188. soerat ina andjalnahoe wawatjan awalireki lan malih woesing patekah kang akir soerat watini taratil tana koetjiwa nikmat kabeh kang makmoemi
189. angoengoen oneng kajoengjoen pan rekangat tahjat akir iptitah selawat ingkang atasing djeng nabi toewin nijang atasing koelawarga noelja salam awal akir
190. ladjeng poepoedjian noetoeg noelja anglelagon dikir noelja sroe santak asenggak arempeg swaraning santri woesnja dikir matja donga limang wektoe tinoempami
191. para loerah santri goepoeh anasibi ganti-ganti woes noetoeg noelja selawat ladjeng sesalaman sami noelja soenat bakdiatan sedaja sami awitir
192. peragat denira wektoe boebaran saking ing masdjid tata tarap neng pendapa oeroet-oeroeting alinggih noelja wonten ingkang prapta ki pengoeloe Basarodin
193. lan merbot Prana-itekoe Noersoekidin Talabodin moerid Djaki sami lenggah Mongragi ing tengah pinggir denira lenggah ler pisan noeli kiwane kang raji
194. Djajengwesti samboengipoen Soeardja Wiradoesteki ki pengoeloe lan Djoemena Talabodin Noersoekidin moerid Djaki Prana-ita noelja loerah santri-santri
195. ambandjeng saoeroetipoen kiwane seh Amongragi kang lenggah ki Djajengraga Panoekma kiwane maiili Panamar lan Koela-wirja ki Sebagi oeroetneki
196. pra loerah santri soemamboeng atcpoeng santri pengalit kedjawi loerah pinatah kasinoman kang nglade'ni kekalih titindihira Nocripin lan Djalalodin
197. noelja leladen ingajoen gembol wer lawan tap sirih bokor miwah pandjang ilang kang winoengkoes wineradin scsampoenira mengkana Djajengwesti ngandika ris
198. poenika paman pengoeloe kadjat koela koermat nabi Rasoeloelah kang moestapa dikir moeloed ingkang moegi angsala berkahe' noeskah soepangate kangdjeng nabi
199. doematenga ing bokajoe lan kakang sang Amongragi wiloedjenge ingakrama ing donja prapta ing akir ki pengoeloe matoer gepah moesawarataken aglis
200. lah poenika ekralipoen anak mas ki Djajengwesti moegi-moegi nastidjaba sami andika sahidi sedaja kang sepoeh moeda sigra samja anaoeri
201. donga wabarakalahoe wangalabil palalihi ngadjidjan birahmatika ja arkama rakim amin sawoesnja amatja donga noelja samja anaoeri
202. goemroemoeng asaoer manoek inggih sami anahidi moegi nastidjab ing kadjat sawoesing mengkana noeli samja boeka noeskahira ki pengoeloe Basarodin
203. wiwit tangawned angoedoe bilahi minasetani radjim bismilahirahmannoerikimi ladjengneki a 1) lamoe ngalaeka djajena al anbiai
204. sinaoeran sedaja woes goemarocmneng swara sami asalamoe ngalaeka atkial atkiai ²). asalamoe ngalaeka asapial aspiai
205. doemoegi seladjengipoen salalahoe ngalaihi salam salalahoe ngala Moehammad kendelireki noelja ki seh Amongraga kang miwiti matja rawi
206. pan tangawoedira aloes bismilah rahman nirakim matitis kir-at kang matja alkamdoe lilahil ladi sarapa ilal anama hisakibi almakami
207. akla waklama 3) sangoed biasrapi maoloedi kang wasarapa wapalan wasarpa bihil abai wal djoedoeda wamala-a alwoedjoedoe bidjoedihj
20S. andjomblnng santri kang ngroengoe rnring kir-ate Amongragi lir toean weweton Ngarab ngesorken kang para kadji ngoelama tan mengkanaha dene, sarwa angloewihi
209. abagoes sawarnanipoen abagoes boesananeki
1) kirang saw.inda, kntambahan : sa. 2) kirang sawanda, katambahan : )ii. 3) kirang sawanda, katambahan: a.
abagoes soearanira bagoes denira angadji abagoes soesilanira bagoese andedeweki
210. mengkana tjiptaning kalboe sakatahe kang ningali anoelja waoe kang prapta sira djeng kiai Baji Panoerta lan garwanira de'n-iring wong djaloe estri
211. pandain ting gelas ne'ng -ngajoen Soembaling Loetji tan kari moedoen pra santri sedaja koermat ing djeng kjai Baji ladjeng pinarak pendapa Malarsih malbeng wismeki
212. ki Baji denira loenggoeh toenggil lan seh Amongragi sedaja woes tata Ienggah Amongraga matja rawi kantoen kedik ketanggoengan kang rama ngandika aris
213. prajogi ing ladjengipoen gjan andika matja rawi ingkang poetra anor raga sarwi miak matja rawi tratil atjeta ing sastra sembada swara roem manis
214. wangadaian kang malathoe aminatoe palam tadjid likamlihi pi alaman wa la sikalan wawali wa la ngatoea salalah-hoe ngalehi wa salami
215. gja selawat salalahoe wasalamoe ngalaihi wasalam salahoe ngala Moehammad woes tamad rawi ki Baji alon ngandika soenat betjik den-trebangi
216. moendoeta trebang teteloe kang liningan santri Loetji sigra mentar moendoet tcrbang titiga woes prapteng ngarsi pinoendoet sarwi ngandika paringena kang kekalih
217. mring Djengwesii Djengragekoe noelja pinaringken aglis asoeka ki Djajengraga trebang sinoengaken aglis mring kang paman ki Soeardja moendoet trebange pribadi
218. matjan garongan woes katoer ingarsane Djajengragi sincntak noeli ginembrang ki' Baji ngandika arts ikoe si matjan garongan Djajengraga matoer inggih
219. kang rama malih amoewoes bismilah sapa kang singir prajoewane 1) papat-papat kang singir kantjoehaneki si Djengwesti Ian Djengraga Soeardja Wira-doesteki
220. kang liningan singir goepoeh la ilaha ilalahi Moehammadocn Rasoeloelah singir bisahri rabingi katbadan noeroehoel akla pajakabadan badrai
221. bida kalkima joedjlajoe santri keh anaoerani sarta trebange ngapindjal kempjange imbal ngapipir gembjang beme alelamban nianoet lelagoning singir
222. poeng poeng beng broeng brang deng toeng bjoeng pong ping pong boeng tong ting tong gring pong boer broeng breng doeng brang doeng brang tonge tong ting beng p'roeng proeng bring ping bep ping bep deng toeng toeng pjang ping ping pjek pjek beng beng boeng bring
223. pinirsa asri abaroeng rempeg tan ana menehi geng alit swara araras toetoeroenan tan sarenti lelagon landoeng asora lir pelog serantjak ngrangin
224. jen seleh saoeranipoen kang singir nampani ngelik
swara pat baroeng wiletan oekei karekele sami angadal landoenge pada oebede datan anilib
225. anoentoen nges manis aroem eram kang samja miarsi Djajengraga swaranira ngajorai bening pribadi anglir rebab sinambadan batok kawate pakolih
226. kinosok lainba angoengkoeng ngemandang landoeng goemrining tan rak malah moeloeh remak weh kesar ambeler ati kcsabet ing swara renjah renjah tyasing djaloe estri
227. dasar meses lagoe besoes kepoeloengan swara betjik parestri kang oewoes toea mjarsa oelone Djengragi sekala tan fenget toea tyase lir prawan birahi
228. woes antara singiripoen matja selawat kaping tri kendel aso sedajanja gja Noeripin Djalalodin lan Loetji ngatag sinoman ngiadeken pangananeki
229. rampadan wedang neng ngajoen teh manisan wedang kopi noelja rampadan dedaran kang pandjangan miwah takir woes tata roemat sedaja Djajengwesti ngatjarani
230. soemanggeng raka sang bagoes kang rama ngandika aris pajo krana'llah kewala paran sasenengireki wedang panganan bismilah sedaja oematoer inggih
231. dan lekas samja anginoem noelja njamikan tjinemil ²) koemarojok bebarengan ki Baji soeka ningali woes anter antaranira noelja kinen lekas rawi
232. Djajengwesti miak goepoeh noeskah winatja kang rawi sadjak Mataram pesadja swara empoek roem amanis kadya gender djidjineman sawoesira matja rawi
233. ki Baji noedoeh rinipoen Panoeknia Panamar toe win Koela-wirja kinen bawa kang raji sigra asingir Allah-Allah rabana'llah hoe kas bina ja Allahi
234. noelja santri katah baroeng sarta terebang sroe moeni jen noedjoe selehing bawa wong teloe nampani singir tana kaltoe pira sela biarbabi sahadadi
235. woes doemoegi noelja soewoek matja selawat kaping tri so samja reren njamikan ki Baji ngandika malih kang singir pada gentena saoeroete loerah santri
236. kang liningan sendika woes matja rawi noelja singir woelidalkabib wa kadah setamatira gja genti matja rawi noelja sikra kaslal kasdoe walmoeradi
237. woes taniat tinampan goepoeh singir alkamdoe lilahi tamat gantya singirira badatlana pirabingi woes tamat noelja asrakal sarat kendel ngaring-aring
238. samja njamikan anginoem santri sanget sajahneki ambandreng pitoeng rambahan pemangane lir poenagi plemboeng anginen tan ketang ngarenges betah ngoetjemil
239. tan angojag-ojag djanggoet lir gilingan den-kapasi woes gemet kang enak-enak kari anggrah-anggrahneki gowok madja lan kaletja mlindjo kemplang kentang toempi
240. meksih den-betahi goegoet Koela-wirja goemoejwangling oewe bilah nora djamak kantja santri gradji angin kaja ngroeboehaken omah ting garepek swaraneki
241. pepeding sioeng tan etoeng kadi goenting bae kit-kit pra santri goemoejoe soeka ki Baji ngandika aris wong tas sajah maninganan wis ridjekine pribadi
242. kang Wirja mesum toemoengkoel
e santrine den-iloni mengkana sedangoenira kang sesamben pra priaji djeng kjai malih ngandika jen woes aso sareh sami
243. pajo ngadeg sedajtikoe ngoermati asrakal dikir sedaja matoer soemangga noelja ngadeg tan asari pan pinaro pangkatira dan lekas singir ja nabi
244. salam ngaleka ja Rasoel salam ngaleka ja kabib salam ngaleka selawat toelah ngaleka gja ganti baroengan ger santri katah la ilaha ilalahi
245. Moehammad Rasoeloelahoe goemer sroe rempeg swara tri arame tan mawi trebang seleh tinampan ing singir iisrakal badroen ngale'na pah tapat minhoel boedoeri
246. misloe koesnik maraenoe katoe jawadjhoe soeroeri anta samsoe anta badra anta noeroe pokanoeri anta iksiroe wagala anta misbahoe soedoeri
247. ja kabib ja Moehammadoen ]a ngoeroesal kapakeni ja moeajad ja moeadjad ja imamoel kiblatneki man raawad oeka joesngad ja kari moelwali deni
248. sinaoeran bawa goejoeb tan ana geseh menehi ngajoed-ajoed sroe lir gerah tog-tinog swarandjrit-andjrit tan e'tang rak saking rahab asroe-asroe ngantep ngelik
249. sarta koetoege koemeloen sirat er mawar mawangi lan sekar-sekar soemebar kajoengjoen sakeh kang meksi mewah i soekoer ing Allah kajana palaling Widi
250. kang samja dikir maoeloed olih sepangating nabi antara denja asrakal matja selawat atasing nabi salalahoe ngala Moehammad woes noelja linggih
251. aleren sedajanipoen wedang woes den-babantoni saosanipoen dedaran djeng kjai Ian poetra kalih Djajengwesti Djajengraga kinen mroetah mring pra santri
252. kang sami nandes kang waoe winantoe lorodan wradin noelja samja njenjamkan ting kerepjek ting kaletik ki Koela-wirja lingira lo nikoe ki Basarodin
253. njata dremba tadahipoen wonten nikoe limang santri lir wong ngamper bata linggan bar ber bae tan ngendati goemoejoe kiwa tengenja kebeneran kang ngaroehi
254. ki Baji ngandika aroem jen woes pada ngaring-aring pajo lekas nganggo trebang sapa matja rawi singir para loerah toer sendika noelja lekas bawa singir
255. Ibrahim kalilolahoe Moesa ja kalamoelahi Ngisa rohoelah Moehammad kabiboelah jata noeli sinaoeran ger sedaja sarta trebang bareng moeni
256. seleh bawa pakam lahoe min ajatin mashoeratin nasa aikitaboe biha gadan mashoera anoeli tamat amatja selawat ladjeng ganti rawi singir
257. watoeroekoel waslikatoe moestakimah wasoe roerin hawaja ngindi moekimah wala taksa soedoe danbin kabiboelahi angiman bima ola ngamimatin
258. noelja gantya kang soemamboeng tangalam linoehoel goesni Ian alkawi moen warn in al tapi makna hoe nasimin malikoen lam jakar basar koelah kadlabianihi
259. tamat gja singir man misloe Ahmadoen pialkoneni nahwoe badroe 1) djaminga alwaraja pikoesnihi taloesman misloe hoewa-al lahoel kalki sarapihi
260. soewoek noelja ladjengipoen matja rawi woes gja singir maolidal kadkawa²) ngidjan waik balbi raspi japloegoel moestakoe amal ja moedangil koebi pihi
261. woes tamat gantya soemamboeng salalinoeh ngala noeri ala dilah aramana sahri rabingil awalis tahar ala atil aria noeroen ja mamoli dihi
262. tamat noeli singiripoen tangala binanas talih waba bilakadpoetihka wadaoel poel adaladi b]a pilawakad djoehrika aja moeda ngikoebini
263. tamat soewoek singiripoen noelja djeng kiai Baji kersa asingir wekasan trebang samja den-sentaki santri angloeloenjoe swara bajem toer lagoening singir
264. wasalatoen wataslimoen wa adjaki taki jati ngala-al moetapal moestar likaeril bariati sinaoeran santri katah baroeng tarebang boeng moeni
265. pong ping tong pjek doeng deng breng broeng poeng poeng ping pek tong ting groeng gring pjak pjang pong pek dang toeng toeng brang ketongteng groeg greng proeng proeng bring toeng pjek itoeng pjek plak blang plak blang ting tek ting tek ting ting tong gring
266. noedjoe seleh bawanipoen djeng kjai nampani ngelik baroeng papat ki Djoemena Sebagi lan Basarodin swarane akedemoengan ting karekel angoenani
267. ngandoel-andoel ngombak banjoe labeling besoes ketawis oebeding wilet matjalang gratoel-gratoel andalangi prigel karekele membat dangoe-dangoe denies manis
268. terebangira pinangkoe aneng dclamakan sikil den inger-inger met swara-
ning trebang kempjang bemneki dasar si matjan garongan koemembroeng ambaoeng bening
269. lir pendah gong Siem ngoengkoeng para noin santri kepengin mring djeng kjai denja nrebang aberag kiai Baji semoene rada kepalang toea noelja ngelik singir
270. kabiboe joegaroelbadroe nikoesnihi wadjehihi takaja ratil apkara piwaspi makna hoe kabib tadjalalil koeloebina katiban pataboebihi
271. sinaoeran ger goemoeroeh baroeng rempek tan sarenti woes antara sinalahan noelja kendel sedajeki sawoesnja kendel sakedap mengkana seh Amongragi
272. singir poepoengkasanipoen selawat atasing nabi lan Djengwesti Djajengraga ngantjoehi kang raka singir sareng ngelik swara saplak lir raras njamleng nemneki
273. ambiola nganjoet-anjoet remek tyase amiarsi alahoema salingala Moehammadini ja rabi saloe ngalehi wasalam santri kabeh naoerani
274. angantep swara sroe landoeng bawa saoeran lan singir wit pikoebi sajidina Moehammadin noeroel badni alhoeda jamoetamaman noeli kabiboen siwai
275. ila Moehammadoen keroe Rasoel nabijil moekrimi saokoel moekibi ila Moehammad asmah soematih tahiampilkoes srisig ngoena Moehammad mandjil kalaik
276. min djahanain ladjengipoen kang singir baroengan santri prapteng nembelas selawat salalahoe ngalaihi salam salalahoe ngala Moehammad kendelireki
277. woes tamat sedajanipoen dikir moloed rawi singir ki'Baji alon ngandika eh pengoeloe Basarodin sira kaboeboehan donga agoepoeh ki Basarodin
278. wa sadaka Rasoelahoe anabiji alkarimi wa naknoe ngala makala rabana wa radjikoeni wakalikoen amin naas saidin irgam irgamin
279. lildjakidina alkamdoe lilahi rabil ngalamin sinaoeran amin katah Djajengraga anasibi angelik lempeng am em bat agilig bening koemrining
280. getas renjah manis aroem angetog wilet ngesneki para santri merang swara moengkrcd isin nora midjil roemasa tan mengkonoha kari kapoeloengan betjik
281. denira nasib woes noetoeg saoeran santri kjeh amin amin-aminoe ja Allah gja selawat sedajeki sarwi ngadeg sesalaman moebeng satoeroetireki
282. tepoeng gelang sedaja woes werata lan santri alit tan antara samja lenggah tata sedaja woes linggih ki Baji alon ngandika Loetji metokna kendoeri
283. kang liningan mentar goepoeh ngabani sinomaneki mring pawon ngoesoeng ambengan
sinaosaken ingarsi dedaran samja dinoeman binerkat binagi-bagi
284. ki Baji alon amoewoes prie djawane wong iki jen woes toea sarwa soeda beda doek meksih nom ngoeni pra loerah santri nor raga liningan mring djeng kiai
285. dek bien nonoman akne aneng pesantren ing Bangil kelakon dadi pilalan mring priaji mjang wong soegih akeh kang poenagi nadar ananggap terbang mring mami
286. kantjoehanakoe wong teloe Tjarik-soetra Arsa-boedi Tjarik-moeda kapat ingwang Aroendaja aran mami woes komoek ing pakaoelan negara desa pesisir
287. oedjare kang pada kaoel sok oega selamet iki ananggap dalang terebang mas Aroendaja ing Bangil keli kelakon kana-kana lakon sebedoeg sa-ari
288. kang sawengi dalan rawoeh ing Ngantang Malang Kediri mjang ing Gembong Pasoeroehan manira minoele moekti sewidak santri dadakan sidji gegawankoe santri
289. ja moeng si pengoeloe ikoe Basarodin datan kari sasmita marang kang poetra pamanamoe Basarodin kintil mring ngong tjilik moela jen kelingan wlas ningali
290. ikoe djenenge si Bawoek ger ginoejoe sedajeki Koela-wirja latah-latah wetjana sarwi noedingi bilahing 1) pengoeloe Basar kaboeka wewadineki
291. wewadi woes ne'ng djro ketoe arepit temah mandelis Iagjeki ngong apratela Bawoek djencnge dek tjilik apatoei temen ki Basar kadekne soetik ngarani
292. bawoek ingaran belawoe katjemoetan Basarodin dika waoe ngimpi napa djcnenge dadak binagi marang kantja santri katah ki Baji goemoejoe angling
293. mara takona manamoe ki Basarodin noeljangling mring Djengwesti sodjarira dasar sajekti roemijin raniandika doek djedjaka bagocs anom swara betjik
294. akeh wong wadon kepojoeh jen toeroe tindihen ngipi nglindoer neboet Aroendaja. swarane andoedoet ati parestri nom djor-djinoran pawewehe reboet disik
295. toer nikoe sami goegoeroe goerah swara amedjani nanging ta koedoe dilalah ramandika ingkang betjik koela goerah ngantos sajah kepesing amoetah tjatjing
296. anggroes moetah riak idoe moetah ilat amoetjitjil soemapoet agoelimpangan dadya roeboengan nieh niati pesantren mjang wong omahan samja ngelajat mring mami
297. bebaja toeas meh lampoes swara saja won asedil ger ginoejoe ingakatah djeng kjai goemoedjeng angling
dasar sedil tjilik moela woes pantjen swara tan betjik
298. Djengwesti alon amoewoes man pengoeioe Basarodin poetrandika Djajengraga poenapa memper djeng kjai mcnggah swaraning poetranta adi Djajengraga iki
299. ki pengoeioe atoeripoen angger kados sami oegi inggih lawan ramandika wontena kaote kedik gill rebat seneng kewala ki Baji ngandika aris
300. betjik swarane adimoe nanging koerang wilet titik lan bangete koerang oentas bobote'ja woes ngloewihi tan ana lir adinira koerang ngoembar swaraneki
301. jata ing wantji meh bedoeg woes tata ingkang kandoeri Djengwesti alon lingira mring pengoeioe Basarodin man pengoeioe kadjatena angrasoelken koermat nabi
302. Ian loedjengipoen bok ajoe sekalihanipoen moegi loeloes denja pala-krama lah woes andika dongani pengoeioe gja matja donga alahoema ilpalail
303. pakadaril pasalimoe pi hi alngakloeadini wa aplaloe asalata wa adjakata slimati ngala sajidin molana Moehammadoen wakatimil
304. anbiahi wama almoer salina wasa-alnati gaparallalioe walana alahoema biarahmatika ja arkama rakima soebkana rabika rabil
305. ngidjati ngama jasipoen salamoe ngala moersalinna walkamdoe lilahi rab-bil ngalamin woesnja noeli ki Baji alon lingira bismilah pajo awidjik
306. noelja sedaja toetoeroeh sareng anadah kendoeri karepjek pating karetjap santri lit reboet kendoeri gocmer samja dreg-oedregan reboet ken gembolaneki
307. kang tjelak pan toemoet roesoeh reboetan berkat kendoeri Koela-wirja sroe Iingira adat temen santri tjilik saben kendoeren reboetan lah ikoe temah marahi
308. ki Baji mesem amoewoes ja moepoeng ana ridjeki woes noetoeg denira nadah kendoeri kinen ambagi woes samja binarekatan loearan sedajaneki
309. salong-salong ingkang kantoen kondoer djeng kiai Baji kelawan waoe kang garwa sira ki seh Amongragi ladjeng tangat ing palilah neng panepen sang Mong brangti
1) prajoginipoen : prajogane.
2) prajoginipoen : kinemil.
1) kirang sawanda, katambahan: na. 2) kirang sawanda, katambahan : a.
1) prajoginipoen : bilahi.
43e Zang; dichtmaat: ASMARANDANA.
1. mengkana seh Amongragi aneng tadjoeg pamelengan woes ngambil tojastoetine niring langgar noelja asoenat soekril woeloek tahjatal masdjidi rong rekangat woes gja tangat tahadjoel rolas
2. rekangat nem salamneki ngangkat oesali tangatan tahdjoedi rakangatine lilahi tangala Allahhoe akbar kabiran wal
kamdoe lilalii kasiroen pasoebkanalah boekratan
3. wa asilan ladjeng ini wadjahtoe wadhia liladi paras samwatine walarli hadib woesliman wama matih mahjaja hoe wa ma ana minal moesrikina ngenengken napas
4. anpas tanapas noepoesi nalika tan mandjing medal tangat pinardika kake moeslim djroning tjengengira witing tjengeng tatkala angkating tekbir anoedjoe ing lapal Allahoe akbar
5. kamot senapas kang aring tjengeng datan kelimpoetan woes anglimpoeti ing date dating asalat woes moenggah marang sipating salat sipat he sapotjapan woes marang asmaning asalat
6. asmaning salat kagentin marang apngaling asalat salat woedjoeding Hjang Manon mengkene ingkang woes kawas woesira ka-antengan alon amatja alkamdoe sawoesing patekah noelja
7. soerat ikral awal akir goemoeloeng rolas rekangat jen anoedjoe kalimahe wasdjoed waktarib poenika ing saben sinoedjoedan sesalam dadya nem soedjoed ing dalem rolas rekangat
8. tri dasa nem soedjoedneki woes tandjeh arambah-rambah prapteng nem salam akire tajat1) amatja selawat atasing nabi kita mjang Hiring koelawarganipoen iptitahe toemaninah
9. meneng senapas mangsoeli lir nenge takbiratoelkram angliling kasoetjiane pocrnaning tigang prekara soetjine bangsa badan soetjining lesan Ian kalboe kalboe moekaranahira
10. moekaranah mandjing kalbi kalbi oemandjing ing lesan lesan oemandjing badane bedaning goesti kaoela kaoela woes nalirah lir segara lawan aloen winaspadeng djroning napas
11. napas kang tan mandjing midjil aring linandoeng sekala alon' asalam nengene tertib sarta toemaninah rikat asalam ngiwa woes bakda ing tangatipoen noelja tatrap wiridira
12. amoepid ing isbat napi nakirah moetawasitah moeta-awilah djoenoene panaoel ing dalem dat hak sipat asih ing as ma asmaoel koesnihinipoen makloeking kang satariah
13. woes soehoel moeslim ing dikir tri atoes klimah senapas woesnja Ian senapas roaleh 1)winot sakalimah la ilaha ilallah tinog mot senapas landoeng bakda soehoel wiridira
14. andonga soekoer ing Widi gja toesmak kepakoer ing Hjang anarima ing titahe kandel pengandeling Soeksma kang woedjoed bidjaksana nglimpoeti sakehing makloek ing boemi kasa kasapta
15. tepakoerira woes ening asoedjoed takroeb miminta
apoera sakeh galate ing saben salat mengkana perloe sanadyan soenat datan soepe soedjoed takroeb jata ki sen Amongraga
16. woes poerna tangatire'ki noelja linggar saking langgar alon kondoer ing daleme jata kang aneng pendapa Djengwesti Djajengraga kersa sesamoer ing daloe ngandika mring Djamil Djamal
17. pajo ala nganggoer Djamil lelagonan singir Djawa sira empraka wong roro kang liningan toer sendika Djajengraga ngandika wawi paman awon ngangggoer trebangan sami lek-lekan
18. Koela-wirja anaoeri
ja prajoga menganggoeran Ian santri sapa kang mekseh matoer goes Dawoed Madiman Amad-asra goes Noerja kantja santri ingkang kantoen kados wonten tigang dasa
19. noelja njandak trebang sami Djajengwesti Djajengraga katri ki Koela-wirjane Ganda-sana kang angendang trebang woes sinentakan kendang trebang ginembrang woes goemembroeng matjan garongan
20. noelja bawa Djajengwesti ngelik moeloeng meloek membat djeledrese-djeledrese kajoe rasa awoh mirah anoelja sinaoeran santri katah ger goemoeroeh sarta trebang adjegoeran
21. anggoegoek kendangireki wong sedesa kagjat mjarsa trebang kendang penggoegoeke sanes doek sore swaranja goepoeh kweh sami prapta kang woes nonton wangsoel doeloe djedjel pendapa sekala
22. djalwestri djedjel apipit noelja Djamal Djamil emprak kalangan Iirsandang lawe goelet lir keket boendelan tjoronge moebjar-moebjar soeroengan soemboe-sinoemboe tarebange magentoeran
23. Djajengraga langkoeng apik ngapipir asta akipjah imbal ngatimang kempjange ugagem si matjan garongan ngesorken sakeh trebang abening gendoeng bem gembroeng brang procng proeng brang dang toeng toeng brang
24. ping pjek ping pjek pong ping pong gring toeng plek toeng plek plak blang plak blang ploeng ploeng bleng broeng bem bem pjang pjeng tong tek tong teng breng proeng proeng brang bjeg bjeg groeg grig grong gring bjang pep pep bah bah goer bah bah goer goernita swaraning trebang
25. noeli singir woeloeh rawi dening koekoesing sendjata lah tobata saoeripe moepoeng sira ane'ng donja djamang koedi oepama mjat ing woeri sawah goenoeng arahen olih sawarga
26. Djajenraga denja singir piambak Ian Senoe Soerat ameped aneng woerine tan koningan ingakatah swara roem abaroengan roentoet tan latjoet seramboet nganjoetanjoet awiletan
27. lir soeling den-peneroesi kang miarsa ngres tyasira sembada lan parikane' swara ngasih-asih raras lir tangisirig alara lantik- Iantik manis aroem anjoendari kapawanan
28. santri katah naoerani tampaning singir lan bawa oega sroe oega lirihe
kadya gending pedalangan ambandjet djedjantoeran saoeran lir tibanipoen ing gending ramja baroengan
29. ladjeng sedaloe gjan singir gegenten santri kang emprak mjang salin-salin lagone noetoeg denja selawatan jata kang aneng wisma woes malbeng ing djinem aroum Toerida Ian pra wanodya
30. samjering tjelak tilatn mrik manggjan neng emper panirat ngiras ningali singire salong kang meksih djro wisma s'amja tjoeki dakonan moeng tjeti Tjentini waoe kang tan tebih ing tangkeban
31. kang aneng djro tilam sari sira ki sen Amongraga lan ni ken Tambang-rarase kang raka aris ngandika doeh jaji maoe sira paran woes pakoleh toeroe kang raji matoer anembah
32. inggih pikantoek sakedik wantji sonten salijepan kang raka aroem woewoese pan sarwi anarik djangga ingeloes larapanja sangdyah rara tyas koemenjoet ngaringet djangga poengkoernja
33. ragi koemepjoer kang galih Amongraga waspadeng dyah doeh sarehna tyasirangger owel tantjebing imanta tepakoerireng Soeksma brangtanira maring elmoe ajwa kaselan ing ala
34. kaworan maksiat jaji maksiat ikoe minangka dadya raganing setan mor jen pinarengkcn Pangeran sira kelawan ingwang jen woes krana'llah ing kalboe tyas wantah tan kawoworan
35. kang pitaja ngawal akir soen iki woes wadjibira sire'koe woes wadjib ingong samangsa-mangsaning sangat tan ana' antaranja perloe talaboel ingelmoe mrih oetamaning kasidan
36. kang raji 1) tyasneki manembah matoer ing raka inggih kaoela wiose namoeng djrili sarehning datan tate tjelak ing pria ing djaman dereng soemoeroep Ian dereng wonten tyas amba
37. tan lian kaoela kapti namoeng sin noegrahaning Hjang bodo toemameng aliline kang midjil woewoetang toean angentas doerakamba kaoela sedya angleboer lan tapak dlamakan toean
38. seh Mongraga ngandika ris ja jaji alkamdoe lilah moega palal de Hjang Manon mring sira kelawan ilham wiwinih kahidajat kang raji nembah oematoer moegjantoeka berkah toean
39. kang raka ngandika aris jaji moenggoeh ingagesang wadjib moekmin lanang wadon den-patitis salatira ajwa pot saben dina Ian saben wengi kang perloe bangsa ati lesan badan
40. perloe tri ikoe den-apik kasdoe takroel takjinira ajwa boeroe tjoekoep bae kasdoe kang bangsa ing badan kang takroel bangsa lesan takjin kang abangsa kalboe kalboe moekaraitatoeha
41. jakin wroeh prabedaneki rekangate Ioehoer ngasar
mahrib ngisa lan soeboehe rong rekangat tri rekangat ingkang patang rekangat takroel lesan kir-atipoen wewatjan ingkang pasekat
42. dawa tjendak kandel tipis ageng aliting aksara perloe kang tjeta watjane patekah perloening salat den-temtoe wajahira loehoer ngasar mahribipoen ngisa soeboeh wektoenira
43. jwa loehoer jen doeroeng mandjing jwa Ioehoer jen pot wajahnja ing wajah ana watese lohor petjak ro ing siang kang asar petjak sanga mahrib soeroeping soerjekoe pote sorote kang abang
44. jen woes tek sorot kang abrit jekoe mandjing wektoe ngisa prapta ing tengah wengine wektoe soeboeh antaranja padjar gidib sorot bang kasdoe badan soedjoed roekoek kang te'te'la ing antara
45. soedjoed loro leren linggih iktidalira kang njata ngadeg lir adeg maoene jwa katimpah ing pratingkah kaworan obah-obah obahe sadjabanipoen ing salat batal badanja
46. moeng obah salat pribadi tan kena lianing obah lan malih tapakmoe karo jwa singsal kang koekoeh napak patinen djempolira jwa mingsed saking genipoen tjengengena badanira
47. poma jaji ingkang soetji soetjekena badanira ia ikoe pretandane kalbi inoekminin bitoelah ja wong kang ekas salat ngegoengaken ing Hjang Agoeng sadinane sawenginja
48. lire moekaranah jaji kang rentjang tegesing lapal kang bareng adja telangke kang lapal alkamdoe lilah tegese sakeh ingkang poedji kadoewe Hjang Agoeng kang moerba wiseseng djagad
49. Ian lapal rabilngalamin tandjehna tyas tegesira Pangeran ing alam kabeh rahmat rakim tegesira kang amoerah ing donja kang asih akeratipoen kelawan malih ingarsa
50. maliki jaomidini tegese ratoening dina kiamat basa ing tembe sakehihg lapal kang awal karja panggoenggoeng ing Hjang wadjib moekmin estri djaloe ngocndjoeken poedji sembahnja
51. ing sadina lan sawengi iaka nakboedoe lirnja amba nembah toean mangke langip ing badan kaoela wedi amba ing toean wa iaka nastahginoe tegese noenoewoen amba
52. pitoeloeng toean kang moegi angoeatna agamamba mjang kang agama sake-he lapal idina 1) siratal tegese moegi toean toedoehna iman lan ngilmoe noeli lapal moestakima
53. tegese kang leres oegi sarta toean anoedoehna sedaja ingelmoe saleh lapal siratalladina an ngamta ngalehimnja moegi toean soeng pitoeloeng moeljane ilat kaoela
54. ngalehim tegesireki ing toean anoedoehena imaning pra nabi kabeh lan para wali sedaja kang asih maring toean toean kasihi sedaroem asiha toean mring amba
55. toedoehna merganing nabi sedaja para ambia lapal gerilinagloebine tegese moegi dinohma ing tjipta ingkang lia lir wong kapir Jahoedi joen kang sami tampi doedoeka
56. kang amoengsoeh kangdjeng nabi Moesa kapir Jahoedia amaido ing kitabe ing kitab Toret poenika wong maido ing kitab kapir sasat kapir nenggoch ing kitab satoes sekawan
57. lapal ngalehim walalin atas kang sinoeng kamoeljan Ijan kang sami sasar kabeh amoengsoeh djeng nabi Ngisa maido marang kitab indjil kapir nasranikoe kapir ing kitab sedaja
58. sapa kang maido maring nabi sawidji presasat kapir mring pra nabi kabeh wadjibing moekmin sedaja iktidal mring Pangeran moega goesti ingkang agoeng angapoera ing atobat
59. mengkono jaji den-e'ling jen sira moelja ing salat jekti moelja wekasane wadjibing moekmin sedaja patekah mring Hjang Soeksma sedinten lawan sedaloe mali pitoelas patekah
60. aroekoek marang Hjang Widi sarta toemaninahira sedina lan sewengine samja mali pitoe welas wadjib iktidal ing Hjang lawan toeinaninahipoen samja mali pitoe welas
61. wadjib soedjoed ing Hjang Widi sarta lawan toemaninah sedina Ian sewengine mali tri dasa sekawan selaning soedjoedira jaji wadjibe aloenggoeh pitoelas daloe lan siang
62. wadjib tahjat mring Hjang Widi lawan toemaninahira ping sanga rina wengine wadjib salam mring Hjang Soeksma sewengi lan sedina mali ping lima poenikoe de perloening salat kehnja
63. sedina lawan sewengi kalih atoes kawan dasa poendjoel sekawan katahe salat soeboeh tigang dasa langkoeng kalih dene kang loehoer seket nem winoewoes ngasar seket nem katahnja
64. patang poeloeh pat maherib lan malih ingkang winoelang seket nem ngisa lan maleh wadjib moekmin toer roeroeba ing daloe lawan siang mring Pangeran ingkang Agoeng tegese tahjat akirnja
65. kaping lima wadjibneki aloenggoeh lawan sahadat kalimah kalih salame rina wengi kaping lima lawan donga selawat rah mat nabi Moehammadoen rahina wengi ping lima
66. noewoen selamet donjeki akeraMan ingkang moega moekmin agami slam kabeh moega toean ngapoeraha ing moekmin sedajanja ikoe jaji kang katjoekoep moekaranah ing asalat
67. jen ta doercenga ngawroehi ing sidiking moekaranah salate moeng ngestri bae wa mengkono pepangkatan kehkehe makloeming Hjang teloeng prekara liripoen bangsa ngam ekas Ian kawas
68. kang moega sinoengan jaji palal ilhaming Hjang Soeksma kawase tyasira mangke jen sira santoseng salat idajat sinoeng rahmat jekoe wewaton linoehoeng manoet kang loehoeng waoenja
69. midak tapake kang dingin angwoewoeri kang woes tama lire amidak tapake tapake wong ahli swarga tapake neng djilidan djilid kang kawoewoes waoe satoes sekawan kang kitab
70. de jaji sorahing kadis sing sapa bendoe wong ika mring wong alim sawidjine apresasat bendoe marang djeng nabi Rasoeloelah sing sapa bendoe mring Rasoel sasat bendoe marang Allah
71. sing sapa bendoe ing Widi gone pesti neng neraka sing sapa ngoedjoeng maring wong alim sawidji presasat ngoedjoeng djeng Rasoeloelah sing sapa ngoedjoeng mring Rasoel sasat ngoedjoeng marang Allah
72. sing sapa nembah ing Widi gone pesti neng sawarga kang moeslim rosa tokide sapa asih mring wong islam sasat sih raganira kang sengit mring wong islam woes sengit ragane priangga
73. jen wong asih ing sesami asih ragane priangga kang sengit mring wong islame'
sasat sengit raganira kotjap kitab adkia hoeloe modin djoeahiroe kinen atoet asesanak
74. pakolih salate daim salat daim ikoe apan ja jaji trape mengkene kang tan kendel dikirira papdjing wetoene napas wetoening napas lapal hoe mandjing napas lapal Allah
75. tan kandeg rahina wengi nadyan jaji sira ne'ndra ajwa pegat doek lajape Ian setanginira nendra samboenge kang hoe Allah ing napas kang mandjing metoe prihen lantih kalboenira
76. lan amatja koer'an adi asalata andongaha senadyan rerasan dene mring moekmin mjang sama-sama pon jaji ajwa pegat dainiira mring Hjang Agoeng jekoe tekad kang kas kawas
77. para nabi para wali ja mengkono lakoenira toeladan kang woes minoele lakoe kang loewih oeiama tandane' kinasihan kadis djoeahir pitoetoer sing sapa moekmin kang kersa
78. sapotjapan lan Hjang Widi amatjaha koer'an oega kang bisa lohad moerade ia ikoe apresasat potjapan lan Hjang Soeksma kitab insan kamil moewoes koer'an akadiat oega
79. dene kitab sedajeki poerkan wasta oeloe hiat basa oeloe hiat lire wahdat wakidiat ika satoes sekawan kitab ikoe poerkan namanipoen kadise para anbia
80. dening witing kang doemadi jekoe saking noer Moehammad apan katati djoedjocloeke kang nama enoer Moehammad ingkang roemijin akjan sabitah djoedjoeloekipoen dening kaping kalihira
81. adjoedjoeloek Ngadam moenkin roh ilapi kaping tiga roh rabani kaping pate iman moebin kaping lima kakoel asja anemnja kandjoel kapi kaping pitoe badroel ngalimoe woloenja
82. Adam awal sanganeki kalam kang kaping sedasa dene kaping sawelase adjoedjoeloek Rasoeloelah roh ramani ping rolas nglam sahir teloelasipoen ngalam kabir kawan welas
83. djangkep djoedjoeloekireki kitab adkia asorah sapa kang tan wroeh djoeloeke' ing djeng nabi Rasoeloelah islame nora esah ing kitab markoem pitoetoer moenggoch bengating sarengat
84. salam limang wektoe nenggih asal saking noer Moehammad djohar awal wiwinihe roh ilapi ingkang njata djeng nabi Rasoeloelah asale poenikoe nenggoeh saking sipat djalal djamal
85. ja iradat kerseng Widi wong moekmin kang woes ngoelama ngalap koesoes ing moerade ing kitab doerat kelawan kitab talmisan ika lan kitab asanoesikoe kitab patakoel moebina
86. koesoesing moerad kang rasih moektamat sidik ing njawa djeng nabi Rasoeloelahe ngalehisalam kang njawa tan medal saking sipat djalal djamal kalihipoen dene wedale kang njawa
87. saking sipat kahar nenggih lawan iptikar poenika sababe" woes noenggal dene ing mahloekira Hjang Soeksma dene jaji kang sipat mandjing ing iptikar ikoe lan kang mandjing sipat kahar
88. sipat kodrat iradati ngilmoe kajat lan kadiran moeridan lan ngalimane kajan lawan wahda niat sipat sanga poenika wadjib moenggoeh ing Hjang Agocng sipat kekalih kang wenang
89. nganjaring alam sekalir nora soeng anjaring alam koetjaping dalil koer'ane moeni ing soerat anbia Ibrahim kalam olah tatkalanira tinoenoe lawan wong kapir semana
90. tan toemama sarireki woeloe salamba tan owah ia ikoe pretandane kang alam tan asoeng anjar de'ne' jaji kang sipat mandjing istigna poenikoe kasoegihaning Hjang Soeksma
91. sabab dening andarbeni sipat katahe sawelas kang wenang moeng sipat roro sipat iptikar istigna moenggoeh asmaning Allah karja ngalam sedajekoe nora wadjib nora mokal
92. kewala moeng wenang oegi moenggoeh Hjang Agoeng akarja ing alam kabeh marmane nama soegih Hoe Tangala tan kena kinajapa karja sampet ing sawegoeng pan ora ngalap manpangat
93. beda lan makloem poeniki je'n kasap ngalap manpangat sabab ngambong sariahe ana dene ingkang sipat mandjing maring istigna sawelas wadjib Hjang Agoeng sipat woedjoed kidam baka
94. moekalapal lil kawadis wal kjamoe binapsihika lan samak basar kalame samingan lawan basiran djangkep moetakaliman pan sawelas ingkang masoek marang ing sipat istigna
95. nama djohar awal nenggih apan kinarja pratanda kenjatahaning Hjang Manon kelamoen Allah kewasa pan ora nana ingkang kinarja dadi roemoehoen pan amoeng enoer Moehammad
96. njawa Rasoel den-arani gedong latip pasimpenan moeng Allah kang moerba dewe animpeni ing as]a~a kinen soedjoed sekala djohar awal nora soedjoed ngakoe dadining priangga
1) prajoginipoen: tahjat.
1) kirang 2 wanda, katambahan: apan.
1) kirang 2 wanda, katambalian: marem.
1) prajoginipoen: ihdina.
97. djohar awal kinen kardi
ngalam kabeh nora bisa woes angrasa ing apese noelja soedjoed djohar awal mring Allahoe Tangala kaping lima soedjoedipoen sesampoenira mengkana
98. kinarja dera Hjang Widi ingkang roh lawan sarira woesnja baleg ing roehjate kinarja moelki kabiban djoemeneng nabi oela.h Moehammad Rasoeloelahoe salalahoe ngalehisam
99. moelane jaji awadjib kita poeniki asalat limang wektoe ing wadjibe ja bener jen ana ngoetjap asalat kersa Allah nora salat nadyan koepoer kapir ja kersaning Allah
100. bener dadi loepoet jaji sabab doeroeng wroeh ing kak kas koedoesi kadis imrate wangkote ing djohar awal tetep pratanda engani wekasan noeli asoedjoed marang ing kelaratoelah
101. saestoe dalil kane akir kang dadya toelad oetama kerana djohar awale sawoesing soedjoed Hjang Soeksma ginandjar gja kinarja kabiboe Rasoeloelahoe nabi penoetoep wekasan
102. mengkono kang woes wroeh ing lid jaji sira woes ahli bab seboboting wanodya nom ing sepantaran tan ana estri kang kaja sira kinalilan amboekak book djilidan gede woes palal
103. tepsir koer'an pan woes ramping djamanira woes oetama nanging ta jaji den-weroh waler sangkering agama tan kena ginagampang jen kapretjet dadi latjoet petjat imane tjat-tjatan
104. kringga gandjaran donja kir jaji den-waspadeng tekad kang wadjib lawan mokale moeng kadising Rasoeloelah 'kang woes raseh moektamat minangka gagawaripoen wadjibing Rasoel titiga
105. kang sidik amanat aglis je'koe wadjib sinantosan ia teteloe mokale kang gidib kianat kitman kang ikoe sininggahan kerana wong soegih ngehnoe oepamane kajoe goerda
106. roeboeh dening ani-ani wong kang woes keh kawroehira apes dening tekaboere poma jaji den-kawangwang wadjibing Rasoeloelah jekoe tetalining elmoe kang koekoeh ajwa pepeka
107. kang raji soemoengkoe adjrih nembah sarja ngraoep pada alon mlas asih atoere mring raka angemoe waspa saking djrih soekoerira inggih kaoela poekoeloen saking berkah djeng padoeka
108. asoeng ladang ingaroengsit asoeng panggih ingaitjal lan asoeng gampiling ewoh peteng tyas amba ing mangkja sinoeng padang nerawang tekaboel amba ing waoe dereng oening ing wekasan
109. ing mangkja toean minihi angojod doerakeng badan soeroeping mirat logate kang tertamtoe ing kasidan ing mangkja tyas kaoela rantas rerengkeding kawroeh tan soemelang ing watesan
110. amba tan nedya miarsi lianing woewoelang toean senadyan dalil kadise je'n de're'ng dados kersanta kelangkoeng djrih kaoela soemanggeng kersa sekajoen ngong koemambang ing wisesa
111. angga kaoela sedemi ing donja prapte'ng akerat datan roemaos adarbe denni kaoela toemindak amba noet kersa toean datan soemelang saloegoet poenapa ing reh djeng toean
112. kang raka ngandika aris ja jaji alkamdoelilah moega loeloesa ikrare sinoeng ilham ing Hjang Soeksma Ian sarta kinoeatna jaji ibadahirekoe lan tetepe imanira
113. kang raji kondjem ngabekti ing raka soekoer ing Soeksma alon matoer mring kakoenge' inggih moegi nestidjaba sabda toean ing amba kaoela kelangkoeng noehoen narima amba ing toean
114. jata ni tjeti Tjentini sedangoenira miarsa arcrasan bendarane manahe nora nalimpang tinoengge pengroengoenja men tan pae Ian sang ajoe olih manpangat padang tyas
115. seh Mongraga ngandika ris jaji ikoe tjetinira si Tjentini sasoewene tan loenga-loonga neng dagan nora mjat selawatan sira tan anoedoeh-noedoeh betah angadep ing sira
116. kang raji matoer ngabekti pan inggih roemijin mila poen Tjentini socbrangtine ingelmi kang kinareman pan sampoen tap-oenlapan lawan kaoela pocnikoe ngaos koer'an miwah kitab
117. woes toemindak ngaos tepsir sakedik meksih koetjiwa dereng parigel moerade mjarsaken padoeka moelang mila poenika tanak pan mindak soemerepipoen katah ingkang katjatetan
118. jen mengkono ikoe jaji ing saben sira ngong woelang konen angadji tepsire manira kang asoeng moerat marang sira soepaja deweke miloe soemoeroep sasat sira kang wen woelang
119. kang raji oematoer inggih ngandika mring tjetinira lah Tjentini sira mangke kinarsan ngadji neng ngarsa ja sira pira-pira pan katrima pandongamoe antoek idajat winoelang
120. Tjentini matoer ngabekti saking sedjawining goebah inggih bendara ing sine kang doemawoeh gebal toean noegraha kinalilan kang abdi kelangkoeng noewoen poenapamba walesena
121. sih bendara maring dasih tan saged amangsoelena sarwi anoenda sembahe tan tjinatoer sedangoenja jata kang neng pendapa ingkang trebangan goemoeroeh santri samjemprak arahab
122. mengkana woes bangoen akir bedoeg teloe deng wajahnja Djajengwesti lon delinge pajo sedenge boebaran sajah sedaloe pisan iki woes awal ing soeboeh pra santri matoer sendika
123. sedaja woes samja pamit kang paman mjang para loerah santri anggawa berkate kang nonton woes samja boebar sedaja asowangan salong kedik ingkang kantoen loerah lerehan piambak
124. Djajengraga matoer pamit ing raka woes kinalilan noelja kondoer Ian garwane ni ken Rarasati sigra kinanti astanira selir tri oemiring poengkoer lan parestri rentjangira
125. doemoegi wetan pendapi kang raji noelja ingaras aras krep kanan keringe kang raji ngesah anengkah ambakna darbe kersa wonten wong sedonja ngoemboek andadak sadengah-dengah
126. kang raka goemoedjeng angling nadyan wong sedonja wiah ngrawati mataning kodok kang raji sigra ingemban pan sarwi ingarasan rinpengroem ing srenggara roem ririh lir sabdeng bremara
127. mangrengih mangoeswa sari Djengwesti angling mring garwa delengen adimoe kae lir wong katemben anjaran matoer ni ken Toerida dasare ragi kebatjoet rinta lir wong tan kaopan
128. Djajengwesti goemoejwangling oegoengen bae rinira berkate wong anom mono waoe kang raji Djengraga samerga mriembada doeh wong ajoe mirah ingsoen sanget kangenkoe mring sira
129. mengko bandjoer bae jaji amedar ing karasikan kang raji mopo atoere' kang garwa dinoegeng dria mopone'samoedana mondong linianing baoe sarje ngisep pajoedara
130. prapteng pelataraneki Djajengraga astanira ragi anggandjel raose kang ke'ri nangga pondongan astane' ingkang kanan alon aneloesoer lamboeng prenahing endit poengkoeran
13l. woes tetela jen toeranggi kagjat kang raka tetanja lo apa sira iki ke'l angglong kadoeng ing tyas kang garwa lon toerira djrih ing raka esimoe goejoe inggih saweg magoet woelan
132. kendel djoemeneng gan meksih kang raji aneng embanan kang raka naoeri alon maoede 1) doek ngasar nora betjik-betjik kewala dengoroh bae sirekoe sarwi ngaras pajoedara
133. kang raji rinemih-remih
dangoene pinriembada dadya gegetoen galihe rasa-rasa jen woeroenga koelinaning asmara gela galih lir ketoenoe sendet atoere mring raka
134. singgih wiwitipoen midjil kala ngadjengken asrakal makprol tan njana lamoen kel sonten tan ana kerasa adat mawi antara kraos pegel bojok lamboeng poenika ladjeng kewala
135. kang raka naoeri aris sarwi ngisep wonga-wongan lah keprie mono kie astane keri kang garwa roemangkoel djangganira asta kanan kinen njakoep anekem kagoenganira
136. kinepel-kepel pinidih sarwi ngeses kalihira sarta met iriban ing wong Djengraga sanget denjarsa kang garwa kagoentoeran samja kadoeng kalihipoen kepalang dening lambaran
137. alon kondoer ing wismeki ingedoenaken kang garwa meksih kang asta tengene keket ing warastra makas kang raka lon lingira se'nggane' bok ngalang bandjoer aran wong mekroeh kewala
138. kang garwa oematoer ririh padoeka marahi resah
1) prajoginipoen: maoene'.
kados kirang dinten male'h kang raka ngling sepoeloeha wong kaja mengke'ne'a kang rajwangling de poenikoe si Giah si Sikem ana
139. tiga poen Ragil andjengil liane wonten kewala rare prawan sadengahe dereng pringkilen tanggoengan senggane kinarsana soen petek mati njengkeroeng sementen niki memala
140. sarwi goemoedjeng ningseti pangentgireng warastra jen ta pineksaha dene mring raka narah kewala wite wis wingi moela tyas woelangoen mring sang bagoes atoere asamoedana
141. kang raka sanget tyasneki kersa rarasing wanita ambengkajang goegoetoele kentjeng lir balebes kalang tyas moepoes Ion lingira ja wis si Giah bae woes kang garwa goemoedjeng toernja
142. poen Giah poenikoe wingi tingal koela mapag tanggal wikan poenika kang roro poen Sikem Ragil menawa datan amapag tanggal kang raka solahe goepo-eh sarwi angaras kang garwa
143. ja wis oetjoelena jaji sakedap arsa anggarap anoempoe selirkoe roro kang garwa arasa-rasa kang asta jen oetjoela ngeses ingoetjoelken goepoeli sarwi tjineneng net-netan
144. woes loegar denja nekeini noelja midjil Djajengraga sclire meksih neng emper Djajengraga angandika maring ro selirira ro kinajock djangganipoen binekta mring gandok wetan
145. woes prapta ing tilam katil Djengraga ngling lah woedaha Sikem matoer lah kaoela 1) ke'l kogel galihe Djengraga bojoke ginerajang ling doek kapan lehmoe masoeh matoer winginipoen siang
146. pajo sira bae Ragil age woedaha sedela. woes begdjamoe sira dewe Ragil nembah lon lingira bendara noewoen doeka kaoelewed garap santoen Djengraga atebah djadja
147. dadi kedjoedjoer soen iki esmoe moering-moering doeka kabehane di-Ielengeng bok adja adjak-adjakan agawe kemlaratan sarwi ginerajang soekoe lo dene ki dene nora
148. matoer saweg sapoeniki eh agoroh bae sira mara endi soen delenge noelja njoenjoenge ginagap njok asta ketelesan linarik djingga kadoeloe kipa-kipa gja tinoja
149. ginoejoe ing selir kalih sarwi anoeroehi asta kang sidji ngosoki berse'h angling goejoe-goejoe doeka ih kabeh kena nglara ketek ogleng pada boentoet selir karo tinotokan
150. kepadil wong di-sekait lah ja oewis sira pada amboengana bae sineh djoemeneng sarwi angliga agoepoeh selirira samja nekem reboet poetjoek samja ngaras saseropan
151. sengak-sengok genti-genti Djengraga ngling lah wis adja soewe-soewe nek metjotot noelja loekar ing tekeman Djengraga sigra medal noedoeh panakawanipoen loro Setoe lan Kadiman
152. eh botjah loro den-aglis oendangen si Senoe Soerat jen idjih ana ing koelon gage kebat loemajoea jen koelon nora nana djoedjoelen ngomah den-goepoeh Setoe Kadiman loemadjar
153. kalintingan Djajengragi mider-mider neng pendapa ambadedeng sasoewene kakoe apegel tyasira anoelja malbeng wisma andodog kori woes masoek nimbali mring garwanira
154. sirekoe apa woes goeling matoer saweg arsa nendra lajap-lajap noelja kaget de enggal temen padoeka noempoe roro selirnja kang raka ngling wong kedjoedjoer djer sira marahi beka
155. mawi koela kados poendi ngling ambekoeh ih ketoelatoela pada boentoet kabeh tan ana kang koearasan oendangen kabeh pada noelja tinimbalan sampoen selir titiga gja mara
156. Djengraga noedingi sarwi wira-wiri neng djerambah meksih njengkal dodogole garwa matoer pagoedjengan goegoejoe mring kang raka inggih padoeka poenikoe poenapamindoken tetak
157. ngagem tjengkal sepet aking kang raka goemoedjeng soeka tjengkal iras njengkal bae ginagoejoe kelikikan mring garwa selirira
Djengraga marang gen Ioenggoeh sarwi njampinge liningkab
158. bjar ngalela anglenggirik kesorot padanging pandam meleng-melcng amentjeret lir batok gebegan kawak atebeg titih antar soemringah lir tjinet woengoe alawoeng langkoeng samoha
159. gedeg-gedeg para selir kepengin akatjemoetan kang garwa nentak goejoene ambakna doewe tenaga adjodeh tan sangkriban kidoeng liringe sang ajoe mjang pra selir kaletjeman
160. Djajengraga ngandika ris mring garwa pra selirira koe kie aneh wong akeh jen woes angot ambengkajang tan bisa lemes dawak koedoekoedoe nganggo metoe jen doeroeg metoe tan bisa
161. Sikem angling bisik-bisik samja goemoejoe ampetan Djengraga mesem tanja Ion kang sira goegoejoe apa oematoer kang liningan poenikoe poen Sikem moewoes sandjangipoen nini Kedah
162. padjar doek meksih nemneki bodjonipoen darbe kersa ni Kedah ketanggelan ke'l kang lanang kedah ameksa ni Kedah darbe akal darbeke kang lanang kinoem ing toja moengkred lir lintah
163. garwa goemoedjeng ngalikik lajak moengkreda lir lintah katisen kamikekele seiir Sikem Ragil Giah pan sareng goejoenira ting goeligik Sikem moewoes senggane den-konokena
164. kinoem ing banjoe kang atis dimene mari bengkajang
Djajengraga sroe goejoene mara tjobancn menawa jen kaja dongengira gja moendoet toja prapta woes ing bokor noelja kinambang
165. ginoejoe ing para selir sarwi anjawoeki tnja samja goejang dodogole nglegarang lir koetoek ngambang Rarasatyarsa loenga kang raka ngling adja moendoer ngarah apa tan ana ijan
166. woeroeng mingser Rarasati anggoegoedjeng mring kang raka aningali ing kersane tetanja eh prie Giah apa bisa ngalemprak oematoer sarwi goemoejoc poenika sangsaja kial
167. den silep-silepken warih malah molah kalobakan lir deleg aneng ganggenge boten lemes malah makas ngantos anjep koelitnja pan inggih sangsaja moeloer meh djoedjoel bokor poenika
168. sedaja akirig-kirig gigilani jen sinawang gila kepengin manahe karemenen denja goejang selirira titiga toja srep dadya ngetipoen kesoemoekan ing warastra
169. waoe ta sedangoeneki ingkang lagja tjeremedan Kadiman prapta bane"ne sigra ngentas Djajengraga djoemeneng ketes toja scdaja samja goemoejoe Djengraga anoelja medal
170. panggih lan bagoes Soeratin ngling di si Senoe tan prapta Kadiman oematoer dereng dateng saweg katimbalan ngandika lah enggalna
kang kinen sigra loemajoe goes Soeratin tinimbalan
171. nneng panirat ademit pesarean katil roesban tertib gedong aning 1) emper woes aneng djroning gedongan bisik-bisik ngandika Soerat di mrcne wong bagoes sarwi kinen anekema
172. goes Soeratin kinapiting pipjaloes ingaras-aras pan lincnggak-lenggakake ginoelingaken ing roesban tansah pinriembada dadya reparepan moedjoeng latinira tjinetjepan
173. goes Soerat sendet tyasneki doeh wong bagoes mirah ingwang paran sira djaloek angger sesoek jen mapag pengantyan sore ing wajah ngasar perabot ing sademenmoe soen kang aparing mring sira
174. sarwi ingoengkoerken aris wastra rinantan tinaman ing warastra ling atoere jwa dangoe-dangoe kewala kaoela saweg soesah Djengraga aris amoewoes soesah paran sira mirah
175. soen kang ngledjarken sireki jwa kongsi koesoet tjahjanta owel manisira raden sira matoera pesadja kang dadi wot tyasira goes Soeratin atoeripoen sakit padaran kaoela
176. moeles sadinten tan mari pan boten kendel wawratan mila jwa dangoe kemawon jen kenging noewoen apoera makloem dalem kewala
1) prajoginipoen : aneng.
menawi temahan saroe kaoela djrih ing padoeka
177. Djengraga osik ing galih iki wong ketoela-toela prasasat mapag tanggale' kersane ia djeg nora keprie kie mana noelja banene si Setoe kang nimbali Senoe prapta
178. ngandika mring goes Soeratin toerona bae ]wa loenga inidjil lampahira alon panggih Ian Senoe woewoesnja kesoewen temen sira sarwi notok batoekipoen den age sira mrenea
179. woes prapta ing roesban katil ing kersa ragi kesesa tjinetjep pipi latine' ginenti pengarasira djinedjer Ian goes Soerat sinoeng pinoengkoerken waoe moengkoer koemoerep pasangnja
180. loemah koerep woes miranti winingkis wastra woes silak toemandoek seg warastrane den-ongkongken angganira mrih dangane pamapan anglemped wangkong djinoendjoeng mongkrong mrih tadah pagoetan
181. anjenting lir gemak laki woes andjatok ing tjatokan pinadal ned pendedele meksih kaboenton rekasa solahe lir kekean brebet mekeneng noeljangloed niak hek andengkeng sesambat
182. atoeh pedjah koela mangkin alon kemawon bendara kelangkoeng sanget sakite mrekinting kadya petjaha sabene tan kadyeka Djengraga ngling wong kesoesoe lara titik ngarah apa
183. ginelak panregireki pantog pok Senoe gerondjal lir den-ogek warastrane dasar woes soewe bengkajang amelag siningsetan anggadeder dasar kodjoer koemesar ter akedjotan
184. woes toengtas rarasing gati warastra tan bisa obah kasingsetan ing pangadon tinarik loekar tan kena meksih kekah neng papan Djengraga ngling lah wis Senoe adja ko kentjengi lara
185. tinarik meksa ngentjengi ginoejoe mring kalihira sarwi matoer gih kadjenge andjiad sapindah edang kaoela males meksa mila tan soeka oemetoe tegese kenging awisan
186. lir wong mampir djaloek gambir dene kelangkoeng sakedap boten semonten sabene angling wong woes soewe mangkas moelane gegelisan ja sesoek bae sirekoe soen djentot sedina pisan
187. dangoe prenesan Djengragi miarsa keloeroek a jam sarta bedoeg teloe soeboh pra santri kang samja adan kidoel lor koelon wetan Djajengraga tyas kesoesoe denja peped woes Ioearan
188. sigra mring patirtan wong tri djinabat nawetoe hoeslal minaldjinabat ashare parlan lillahi tangala alahoe akbar niat ngilangken kadas kang agoeng kerana wenang asalat
189. perloe pakoning Hjang Widi denja sira gegeiakan kinalalar rare roro woes soetji denja djinabat amoendoet njamping sigra woes boesana ngambil woeloe wong titiga roeroentjoengan
1) prajoginipoen : koela.
44e Zang; dichtmaat: POTJOENG.
1. Soerat Senoe aneng tadjoeg adan socboeh swarane araras lagon Bantenan goemrining asalatoe ke'roen min anoem ngemandang
2. sawoesipoen adan gja soenat sedaroem pra santri kang salat wong toea mjang santri tjilik Djengraga woes soenat anetek ken kamat
3. gja kamat woes Djajengraga ngangkat perloe oesali parelas soebeki rekangateni ada-an imaman lillahi tangala
4. gja Allahoe akbar kabiran alkamdoe lillahi kasiran wa soebkanallah boekratin wa asilan noelja amatja patekah
5. sampoenipoen patekah ing soeratipoen pan ina andjalna sawoesing patekah akir apan soerat watini wewatjanira
6. noelja roekoek iktidal andonga koenoet asoedjoed ro tahjat sarta toemaninah tertib noelja salam bakda gja poedji-poedjian
7. swara baroeng rempeg nganjoet-anjoet aroem sebawaning desa kang baroengan kang sarenti ingkang lagja dikir mjang woes selawatan
8. weneh kang woes ngadji tocroetan goemroeana lagja adan moeng sebawane desardjadi wor krengketing pipikoel sami pepasar
9. wektoe soeboeh wong sedesa tanginipoen samja namboet karja malah bangoen keh kang tangi olah ratengan wene'h mangkat pepasar
10. kang gelepoeng ting gerandoeg mjang kang pande' gending sajang ngleboer tan sepen rahina wengi amewahi senening desa rahardja
11. teka setnoe jen soeboeh keh swaranipoen bangoen bangbang wetan baroeng ingon-ingon moeni djaran kebo sapi bebek miwah ajam
12. mrak mangoewoeh njangoengong prekoetoet mjang poeter Benggala manggoeng sikatan moenja tjinggoling aneng kajwan kolik moenja aklik-klikan
13. peksi toehoe neng goerda angganter asroe tjolak kekrajakan goetilang imbal kangdasih 1) betct djalak saoeran mentjo kepodang
14. swara oemjoeng oenining peksi abaroeng swaraning poedjian kang peksi Iir angrakiti kang amoedji mjang kadya toetoekoe djadjan
15. rare goemrah pengadjine aneng tadjoeg gladag kang angedja alip djabar a djere i a pe'se' oe ana kang ngadji toeroetan
16. koel ja ajoehalkapiroen la akboedoe na ina takboedoena wa la antoem ngabidoeni ma akboed wa la ana ngabidoen ma nga-
17. batoem wa la antoem ngabidoen ma akboed lakoem dinoekoem wa lia dini apan nenggih kap lam pes koel ja djabar ja lip djabar a
18. ja pese joe lapalira koel ja ajoe ehe lam djabar hal kap djabar ka pe djere pi re pese roe noe-n djabar na lam djabar la
19. lip ngin djabar a' be pese boe dal pese doe enoen djabar ena noelja gineladag ngadji lapal alkapiroena la akboedoena
20. mim djabar ma te ngin djabar ta be pese boe dal pes doe noen djabar n.i ma takboedoena lan malih angedjah waoe djabar wa lam djabar la
21. alip enoen djabar an te mim pese toem wa la an toem noelja ngin djabar nga be djere bi dal pese doe noen djabar na lip ngin djabar
22. be pese boe dal pese doe wa la antoem ngabidoena ma ak boed wawoe djabar wa nenggih lam djabar la lip djabar a noen djabar na
23. ngin djabar nga be djere bi dal pese doe lapal wa la ana ngabidoen kelawan malih min djabar ma ngin djabar nga be djabar ba
24. te mim pes toem lapalira ma ngabatoem gja waoe djabar wa lam djabar la lawan alip noen djabar an te mim pese toem anoelja
25. ngin djabar nga be djerebi dal pese doe lawan noen djabar na mim djabar ma alip ngain djabar ak be pese boe dal pese doenja
26. wa la antoem ngabidoena ma akaboed lam djabar la ekap mim pese koem dal djere di noen pese noe kap mim pese koem anoelja
27. waoe djabar wa lam djere li poenikoe lawan ja djabar ja dal djere di noen djere ni lakoem dinoekoem wa lia dini tamat
28. jata waoe Djajengraga woesnja soeboeh nimbali banira Karti-raga prapteng ngarsi Djengraga ngling eh ja bapa Karti-raga
29. rerehamoe wong magersari sedaroem mjang wong pedoekoehan saroepane djaloe estri pan kerigen kabeh kon toemandang karja
30. pasang taroeb Ian mragata mesa lemboe wedoes bebek ajam dadakan sedina iki rah-arahen sor ngasar pcngantyan prapta
31. woesa rampoengsamengko bapa den-tjakoep ki ban Karti-raga oematoer mring Djajengragi inggih sampoen koela arteni sedaja
32. tiang doesoen tcksih dereng wonten mantoek lamoen wonten kersa ingkang dadakan kadyeki sampoen kantos dados timbalan abdinta
33. bapa ja woes trapa karja moepoeng esoek ajwa kelajatan ki ban sendika toerneki noelja moendoer sing ngarsa sigra parental!
34. tan adangoe rerehanira koemeroej woes prapta sedaja kantoen anrapaken sami tjagak palang pring taroeb blarak pinasang
35. koesoeng-koesoeng kang masang toewoehan redjoena Ian pisang teboe radja lawan tjengkir gaging Djengraga ngling mring Madasra Amadiman 36. ja sirekoe wong roro dene karjamoe sakweh pepragatan rampoenga dening sireki kebo sapi wedoes miwah bebek ajam
37. ingkang sinoeng woewoes sendika toeripoen noelja malih nebda mring Noeripin Djalalodin kinen karja kembar majang sakembaran
38. lan sirekoe Tjerma-sana sakantjamue mengko sore pada jen mapag penganten prapti pcnganggomoe kabeh pada bagorana
39. lah wis goepoeh prentaha mring anak poetoe kabeh pedalangan kang liningan nembali amit Djajengraga ngandika mring para loerah
40. eh goes Dawoed pepeken rerehanamoe mengko bakda ngasar mapan selawatan dikir trebang teloe bae kang pada arahab
41. matoer noewocn sendika ingkang tinoedoeh sigra Djajengraga kondoer mring dalemireki ngandika mring garwa- Rarasati sigra
42. paran oewoes noedoeh batoer ken toetoekoe apa kang tan ana moepoeng pasar dewe paing ni ken Rarasati oematoer sendika
43. dereng noedoeh kaoela ngentosi dawoeh kang raka lingira ia moepoeng esoek jaji biocng Tjerong bae konen miang pasar
44. doeit woloeng re'al kaja ikoe tjoekoep ngoer para koeranga mengko gampang amoewoehi wong woes sarwa ana moeng oekoer panganan
45. lawan boemboe mjang sadjen-sadjen poenikoe jeki wroehanira samantoe 1) midadareni woes begdjane' ipe'moe bok Tambang-raras
46. kersanipoen ramanta djeng kjai nenggoeh sawise neng sira kakangira sen Mongragi ing sedina sewengi sorene paman
47. gilir oeloer para paman ngoendoeh mantoe noelja mring Kaoeman man pengoeloe Basarodin noewoen ngoendoeh mantoe mring sang pinangantyan
48. alon matoer sendika kang raji goepoeh noedoeh mring bok inja eh bioeng Tjerong den aglis lah menjanga pasar paing toetoekoea
49. goela boemboe pepanganan sedajekoe apa kang tan poenja niangsa bodoa sireki pitjis woloeng re'al iki amboronga
50. lah wis bioeng oemangkata moepoeng esoek ni Tjerong gja mentar mring pasar Ian pengantih tri woes dinoega amborong warnaning pasar
51. tan adangoe ni Tjerong denja toetoekoe woes tan kaliwatan
mjang kang mikoel woes miranti moelih ngirid ting karengket boeroeh rolas
52. prapteng ngajoen woes tiniti toekonipoen ni ken Rarasatya ngandika marang kang bibi lah inggih poenika bibi Koela-wirja
53. koela sampoen pasrah mring bibi sedaroem kang dadia koelmak mendegani namboet kardi rampoengipoen ing sekoel oelam panganan
54. saliripoen keletek pawon poenikoe koela woes pitaja dateng poen bibi kekalih njai Koela-wirja naoeri sa Allah
55. noelja moendoer ni Koela-wirja nem sepoeh Djengraga ngandika marang padekan pawestri maleboea oendangen si nini Daja
56. kang jngoetoes tan antara noeli rawoeh sira njai Daja Djajengraga ngandika ris lah ni Daja andika reh wajah dika
57. rakitipoen ing pepadjangan poenikoe inggih kang prajoga nini pasanging tilam mrik njai Daja naoeri inggih poetoe mas
58. penedipoen ngemper sakedik tilam roem pasang rakitira ing dalem ageng inirib ²) tilaming sang pinangantyan sarwa seta
59. alon moewoes Djengraga inggih poenikoe nini aprajoga sawidji gjan sarwa poetih rekanipoen mangsa borong nini Daja
60. malih moewoes mring garwa jaji sirekoe lah oewis den enggal moempoeng esoek den agelis toer sendika kang raji noelja memadjang
61. sigra matoer3) mring djawi pendapa loenggoeh ing lante demangan njamping loerik boegis langking apaningset djingga seret idjo doelang
62. sarwi kaloeng serbet poetih genis aloes pahasatan rema rema kebes mentas goenting adestar koembaja tjatokan koesta bang
63. wadja djamoes anglaring kombang agemkoembala ketoegan poeng lemet tepen lir minangsi aliangan epek tembalo gebegan
64. seliiipoen satoenggil angampil doewoeng aneng keringira Ian rare perawan soenti ngampil lopak-lopak lawan paketjohan
65. linting aloes nipah sata dedes aroem sira Djajengraga tinerap pra magersari miwah para loerah santri namboet karja
66. pan goemoeroeh swaraning pawon koemroerinajap ing katah soek sarerehane pribadi desa magersari santri pedalangan
67. kang neng ngajoen Koela-wirja lan pra sepoeh Scbagi Djoemena mjang soedagar magersari samja darnel soedjen sapit abing rempah
68. ingkang moepoeh oelam saweneh amaroet ngontjeki berambang boemboe sate age arih Djajengraga pinarek sarwi gambangan
69. nadyan noedoeh ing karja sekaliripoen sinambi anggambang geter galebeg koer djawil Koela-wirja ngendangi tjangkem deng-doengan
70. ngandika roem Djengraga sarwi goemoejoe Tjerma-sana sigra moendoeta rebab Ian soeling gender kenclang pajo gagadon lirihan
71. kang tinoedoeh tan adangoe praptengnga- Ganda Widigoena joen Widi-leksana tan kari Toendjang-kara sampoen samekteng sedaja
72. lingira roem kendangmoe atoerna goepoeh mring man Koela-wirja noelja ingatoerken aglis angling malih lah Tjerma-sana ngrebaba
73. gender ikoe Ganda-sana kang anaboeh si Toendjang njoelinga Widigoena kang njoeloeki wis senggrengen rebabmoe patet manjoera
74. jen sendon woes toetoeg bandjoer koewoeng- Tjerma-sana sigra koewoeng rebab tinenteng nemneki gender soeling gambang tinaboeh nemira
75. woes pikantoek njamleng sinenggreng ngek gja matet manjoera aroem toetoepan geter amiwil ngoeler keket panoedoehe ngembat kawat
76. tjoementeng poek angatonggeng masang djaridji pat nganggang antoep lir sikiling laler kesit djridji manis djentik ting tjengkenoek rikat
77. anglir soengoeting koepoe angingsep madoe kosokane lamba moepoet segegan lestari walikane rangkep ngetjek rikat rata
78. patjakipoen amandjing anteng toemoengkoel dene Ganda-sana anggender grenengan ririh angatimil koemiining srenge njaloepak
79. ngenoek-enoek bebengkakane oelem poek tjengkoke tjlempoengan pantjer sandoengan mintjati angepindjal djedjel njelani irama
80. patjakipoen lir Onengan semoenipoen Toendjang-kara denja anjoeling bening tjoemlering anjaririt toetoepane atilepan
81. ngelong toetoep papelon alioe-lioe Djengraga anggambang neritil asta koemitir tan selaja kiwa tengene' arikat
82. koemaloentoeng naretek geter glebeg toer patjake' wiraga aladak Agoenoeng-sari Widigoena soeloek ngeliking manjoera
83. nganjoet-anjoet lojop pantes soeloek bangoen sakeh kang miarsa sedaja karenan dening Djajengraga denja sasendon araras
84. kendangipoen adjeg djedjeg lamba koekoeh oelet wilet samja reboet jatmakaning gending 1) dangoe denja nges-nges tjengkokira
85. gendingipoen niba kendange anggoegoek kipat akosekan bem sebah kempjang nelampit ambiantoe tan setaja wiletira
86. woesnja dangoe neseg tan antara soewoek sigra Djajengraga ngasta rebab patet ngelik ngik-ingiking toetoep kosoke rangkepan
87. toetoep besoes kosok rangkep rikat aloes e'ram kang amoelat sembada lan kang njoeloeki pan katongton Djengraga kamoektenira
88. ngandika roem mring rarestri kinen moendoet serat Brata-joeda kawi kang kinen gja prapti Djajengraga seleh rebab moendoet serat
89. pan anoedjoe kang winiak poepoehipoen kang sekar sardoela wikridita den-wiwiti swara manis aroem membat woeloeh remak
90. ngka Swetanoemangsah masenghiti nenggoeh ²) pajali ning soera kalih pisan ladjengireki jeka tandyangamah goenoeng saha bala
91. ngambah tekeng sohini jeka swoeh nenggoeh rata Nata Salja pinanah ladjengireki mwaiig wirajoda pajah tanbismeh sira
92. matya Karwa Kretawarma ladjengipoen panmakarwanrata moeng sepada ngandikaris Widigoena iki sira apalena
93. gonen soeloek ada-ada geget saoet ikoe dalil dalang lajang Brata-joeda kawi nadyan pada kawi adja lajang djarwa
94. koerang moenggoeh tete"la jen dalang doesoen senadyan doesoena jen oelah jpeda-negari dadi njata sembada komoek ing dalang
95. dalang ikoe pat prekara koedoe gamboeh dihin djedjantoeran kapindo gending kekawin ping tri banjol kaping pate sesabetan
96. jekoe kang woes pralebda njenjed atoetoek Widigoena toernja moegi angsala pangidin sawab berkah ing woewoelang djeng padoeka
97. inggih noewoen bendara kaoela sinoeng woelang mrih pralebda Koela-wirja ngandika ris ikoe prie lakoene sardoela pira
98. ingong doeroeng pati omah kawi ikoe namoeng oeran-oeran daja keha sepada til lamoen matja neng lajang loempoeh kewala
99. naoer woewoes Djengraga inggih poenikoe lampahe kang sekar sardoela wilanganeki lampahipoen sepada lingsa sangalas
100. angkatipoen nenem ping ro noeli pitoe goenggoeng sepadanja pitoeng dasa gangsal nenggih oekaranja kang nem ngangkat rong aksara
101. ingkang pitoe oekaranja mangkat teloe kedah wiwitjalan angkating pada lingseki lamoen gangsal dipoen-angkati setoenggal
102. de jen woloe pan sekawan angkatipoen senadyan kang sekar kidoeng matja pat tan pahi inggih sami jen angkating wiwitjalan
103. mantoek-mantoek Koela-wirja dereng soeroep ah manira wegah nora tetalen niteni pajo pada klenengan bae kapenak
104. nanging ikoe ana kodjahe kang moewoes jen wong kelenengan agangg° kendang tan den-gongi rada nora ilok ingaran kemaga
105. betjikipoen nganggo gong jwa seroe-seroe lirihan kewala Djajengraga mesem angling apa njata Widigoena mengkonoa
106. alon matoer leres pengandikanipoen paman djengandika sami lan pitoetoerneki djenatipoen gebal sampean poen bapa
107. djenatipoen kakang mjang kang sepoehmestani kemaga sepoeh mawi kendang tan den-gongi tan amawi egong sampoen mawi kendang
108. lingira roem jen mengkono jengsoen miloe wadagane ala lire kemaga tan betjik lah ja mara djoepoeta gong pewajangan
109. kang tinoedoeh moendoet gong kenong noelja Djajengraga prapta woes angrebab langkoeng respati asesendon sinoeloekan patet sanga
110. woesnja noetoeg sendon lih-oelihanipoen apan ladjeng boeka gending sanga gambir sawit ingegongan lega tyase samja soeka
111. kabeh baoed pada rasane' nenaboeh rereming irama adoe wileting malatsih oekoer djawil sadjedjantoeraning dalang
112. langkoeng roentoet rasaning gending pakandadya ngantak-antaktoek dangoe denira anggendjng tan antara aneseg gendinge' moenggah
113. pan adangoe saja goelet wiletipoen reboet nges kesaman naboehe samja birai rahab berag rasa-rasa jen oewisa
114. sesegipoen ngendelong anoelja soewoek noelja sesendonan
rebab ladjeng ngetjek ngelik soeloek soeling gambang gender abaroengan
115. nganjoet aroem noetoeg lih-oelihanipoen patet sara-joeda sabeman gong wisireki Koela-wirja ambekoeh goemoejoe latah
116. sarwi moewoes ia talah wong nenaboeh lamoen kebeneran dasar gending gambir sawit penaboehe koer djawil pada kerasa
117. ngetog kajoen raosing gending anganjoet anjenjet tan lian tjipta salianing gending Widigoena ambeter ngiler ler-leran
118. apakantoek matcngkoek tan ana ngantoek beda jen sembahjang djoemoengah watoeke gigil ngandi 1) bakda idjeh tjokro ambranahan
119. ger ginoejoe niaga mjang santri goejoe matoer Widigoena kirang priksa ingkang mawi lamoen salat ting kleker gondang kanela
120. kedah watoek anggigil tjegoeken hak hoek gatel iroeng koela ting geriming kedah waning kadang sareng ngentoet watoek waning samja
121. sangsaja sroe kang goemoejoe sedajekoe Dje'ngraga asoeka goemoedjeng pan sarwi angling gih leres paman poen tjebloeng Widigoena
122. pantjen koepoer tan pinoeloeng salatipoen djaga pakan nraka Widigoena matoer aris inggih moeng sok larisa kewala nrima
123. lon awoewoes Djajengraga noelja noedoeh mring parekanira kinen moendoet lajang Pandji kang liningan sigra moendoet prapteng ngarsa
124. woesnja katoer kang serat winiak goepoeh waoe kinebetan kang panggoeh poepoehireki sekar midjil noedjoe Pandji Wangseng-sekar
125. kalanipoen andemon mring taman mong noelja poepoeh ngarsa koeng sekar sinom den-kersani maos tjengkok sinom pengrawit araras
126. swara moeloek getas renjah manis aroem alepas mapas tyas wiwiting pada poeniki oengelipoen. ingkang kegagas ing dria
127. ladjeng saroene kagoenganing ki saloekat tan ana bisa matoet amoeng Djajengsari ladjeng kang bisa matoet gendinging gambang
128. ladjengipoen ngadjeng ing saloekatipoen moelja kadyeng koena mila keraos ing galih pan den angen-angen ing latri mengkana
129. Ion goemoejoe Koela-wirja sarwi moewoes jatalah anak mas woes palale sarwi betjik matja ngadji anggending anoenggang djaran
130. sarwa loehoeng ngepenginaken sedaroem kadek pra bentetan goemriwis pada ngoenggahi prawan landjar randa rongge'ng ken kedanan
131. dasar bagoes asoegih poetraning goeroe wasis ing kabisan ana ke"danan jen ngadji kang kedanan matja kedanan jen tegar
132. esmoe goejoe Djengraga lingira aroem sampean poenika dadak ngoempak-oempak ati naoeri satemene bae kitinga
133. toetoeg sikoet nora goenggoeng dasar loegoe mara Widigoena kabeh kowe kono sami bok menawa ngang den-arani angompak
134. samja matoer noen inggih sajektosipoen Tjerma-sana toernja inggih poen Widigoena sring anggegabro ngaken dados pelawangan
135. ngipoek-ipoek sring angsal pawewehipoen njagak padintenan
wad-awad kinen nimbali maiebeng djro kinen loemampah piambak
136. prestri masoek doeka dalem ladjengipoen goemoedjeng Djengraga sarja ngling wis keneng baring kadekne wong sring prapta matoer soen oendang
137. kewoehan soemaoer soen doeroeng soemoedjawane si Goena roep kang nekakake' bagedjil wis kandoehan akale si Widigoena
138. ki Widigoena groeneng-groeneng amoewoes marang Tjerma-sana bisa ngalaken wong betjik ja dandanan bot-bote wong petaghian
139. jen tan koedoeng bendara sapa sing goegoe Tjerma-sana ngoetjap lah ja jen noedjoe wong betjik jen ketanggor wong a!a biiahi sira
140. lamoen ikoe wong landep gatek sek ampoeh se'ngga kelakona bendara gerah denestri pesti mengko iroengmoe ngong ope'li plas
141. Widi djoemboel ih nora djamak wong ikoe teka panastenan padoene tan ngong oedjoeri moerfngmoering andadak olih dadakan
142. sedaja sroe goemoejoe kang sami ngroengoe mjat ki Widigoena oelate maleroek wedi Djajengraga Koela-wirja latah-latah
143. gar-ger oemjoeng kang kinarsan aneng nga- Djengraga ris nabda joen paman poenikoe soepami natab gangsa pelog siange kewala
144. kang paman goemoedjeng angling mantoekaremboeg manira mantoek ngarah apa wong woes loengse ja ko asar bae soewoeking gamclan
145. pajo goepoeh Widigoena sakantjamoe ngoesoenga gamelan pelog si aloen djeladri peparinge ki dipati Wira-saba
146. djare ikoe berkatan bintoeahipoen ing e'ange' swarga tedak dalem pra boepati ing Bintara gangsa saking Giri-poera
147. inggih toehoe nanging ingkang meksih loegoe bonang kenong gangsa inggih poen aloen djeladri ritjikipoen pepak aneng Wira-saba
148. wartinipoen kangmas dipati kadyekoe kala doek kang eang kang jasani ritjikneki ki dipati nimbali gending Djepara
149. toenggilipoen kang wonten kangmas poenikoe slendro poen samodra bonang kendang gangsa toenggil asring petjah boten kenging rinakitan
150. milanipoen gong doeda selaminipoen sareng denja jasa ritjikan aloen djeladri anaoeri ja woes mawane bintoeah
151. lah den goepoeh niaga lehmoe angoesoeng den ririh kewala jwa goemloeweh koemawani kang liningan matoer sendika gja mentar
152. tan adangoe kang socng gangsane prapta tata neng pendapa woes sarta sadjen mjang doepamrik woes samekta niaga pepak sedaja
153. 1ingiraroem sarwi moendoet kendangipoen lah mara lekasa gentling lima bonang dingin ja pengrawit kang liningan toer sendika
154. kang paman woes mapan anaboeh kedemoeng Djajengraga ngrebab Widigoena kang ngendangi Tjerma-sana kang bonang peneroesira
155. djam sepoeloeh denira anatab taloe tjoemengkling bonangnja ritjik baroeng naboeh sami ing limane pan soementeg beming kendang
156. pan djoemegoer andoele bima goemoejoe wadone angombak banjoe srenge lwih mawingit ingkang mjarsa kagjat tyasira neratab
157. sinroe aroem angebegi ing sedoesoen lir natab priangga pengrasaning djoganeki prebawane aloen djeladri je'n moenja
158. kang angroengoe tan pangiing soearanipoen tan ana memada oenine aloen djeladri samja berag anggoegah manah gembira
159. ngantoeg-antoeg rarasira manis aroem ki Baji Panoerta kagjat atetanja aris djeg si aloen djeladri kang moeni ika
160. garwa matoer pan inggih ing swaranipoen boten wonten lian gangsa kadya loen djeladri Ian prenahe leres wismane Djengraga
161. sigra waoe ki Baji nimbali goepoeh mring Loetji gja prapta eh Loetji priksanen aglis mring si Djajengwesti disik takokena
162. dene ikoe dene wani-wani naboeh apa wis kelilan mring kangmase Amongragi lamoen ora sababe wani anatab
163. kang tinoedoeh santri Loetji sigra metoe prapteng wismanira Djajengwesti santri Loetji matoer kaoela ingoetoes djeng ramanta
164. kinen matoer mring padoeka milanipoen rinta Djajengraga natab pelog loen djeladri poenapa woes kinalilan ing rakanta
165. jen ta lamoen dereng wonten kersanipoen ram a djengandika wonten doekane sakedik djeng padoeka kinen mariksa rajinta
166. ngandikaroem eh Loetji ngong tan soemoependoegengsoen nora roep den-lilani seh Mongragi pesti karepe dewe naboeh gamelan
167. ja sirekoe bandjoera bae soen oetoes pan moendak prajoga soen kongkon sarta djeng kjai pengarepe jengsoen kang kongkon ing sira
168. lah wis goepoeh Loetji mentara sakingjoen prapteng ka Djengragan anoedjoe soewoek kang gending Loetji prapta ingawe niring Djajengraga
169. na gawemoe dening agoepoeh lakoemoe santri Loetji toernja kaoela ingoetoes dening rakanta Ian sarta rama djengandika
170. kinen dangoe ing padoeka marmanipoen anatab gamelan poenapa woes den-lilani mring raka djengandika seh Amongraga
171. lingira roem sarehning sira den-oetoes ia Tji matoera mring kakang mas mjang djeng kjai jengsoen noewoen pangapoenten sekalihan
172. mjang maring seh Amongraga noewoen makmoeng siang kewala loem mengko jen woes ngasar mari ngarah apa Tji wong soenat dedewekan
173. namboeng woewoes Koela-wirja Tji ngong lamoen rada doeka toetoer mangsa bodoa sireki Djengraga ngling kados boten jen doekaha
174. ja moeng ikoe atoerkoe wis den agoepoeh Loetji sigra mentar sawingkingira ki Loetji Djajengraga ngandika marang niaga
175. pajo taloe oenekna gending kalentoeng dan lekas saksana aloen djeladri ngrerangin mjarsa gangsa wong sedesa lir kinerab
176. tjiptanipoen sedaja sami jegipoen merdateng anjoembang djalwestri kadi doek wingi kaot moeng wong kang koeat-koeat kewala
177. estri djaloe samja boesana amoebroe prapta samja noembang rarjalit rinoekmi-roekmi ting saliri anggili kang loenga teka
178. tangkepipoen wong noembang lir winginipoen pria mring Djengraga
estri mring ken Rarasati kang anjoembang njereal kang angrong real
179. kedikipoen njedjampel pan ora oewoen matoer gantya-gantya poenika koela ngatoeri patoembasing apoe namoeng soemapala
180. ngandikaroem inggih sanget tarimengsoen 9C bok jwa soesah-soesah tan nedya ngoelem-oelemi namoeng angloedjengi penganten praptanja
181. samja matoer kang liningan sedajekoe angangkah poenapa padoeka agadah kardi berkahipoen djeng kjai Baji Panoerta
182. gja sinoegoeh kang noembang sedajanipoen mjang antjak berkatan mengkana sedangoeneki ingkang aneng pendapa para lanangan
183. kang mertamoe semoea penganggonipoen matoer mring Djengraga poenika koela njaosi panoembasing apoe sepala katoera
184. soembangipoen sareal ngrong real neloengreal Senoe Soerat ingkang kinen anampeni ngandikaroem ja banget tarimaningwang
185. sedaja woes samja ingingonan sekoel mjang berkatanira Noeripin kang ngleladeni pan mengkana kang anoembang loenga prapta
186. enem sepoeh loemrah samja besoes-besoes miwah pra wadonan lakoene meses birai ingkang tepos dadi njenting bokongira
187. ingkang woengkoekdadya dengkeng lampahsedaja wiraga ipoen keh dol ajoe adol sigit Koela-wirja mesem ningali wong katah
188. alon moewoes lah ta wong oerip poenikoe jen ana semoan angroengoe gamelan moeni sesolahe moelih tenaganing boeda
189. alon matoer aleres padoeka woewoes pan sedasa-dasa titiang Djawi dos poendi jen gamelan poenika bintoeah boeda
190. jen poen aloen djeladri woes mawenipoen mekaten tandjeknja kang mjarsa sarai birai nadyan nini-nini kaki-kaki berag
191. milanipoen katah ngalap sawabipoen mring gangsa poenika sakedahipoen berkati sanes lawan poen samodra tandjekira
192. adatipoen jen sinamboet tiang mantoe kedik ingkang noembang penganten sring pegat mati mila awis tiang kang poeroen anjelang
193. Ion amoewoes email awon tandjekipoen oenine tan loemrah rarase gede roem manis teka doewe meda mengkono genea
194. inggih sampoen ila-ila waoenipoen gedeg Koela-wirja Djengraga ngandika aris Widigoena Tjerma-sana kabeh sira
195. ja sirekoe kantjamoe bagor sedaroem mengko wajah ngasar pada rapeka den betjik boreh koening nganggo tjentoeng tetekesan
1) prajoginipoen : kedasih.
1) prajoginipoen: amantoe.
2) prajoginipoen: ingirib.
3) metoe.
1) kirang 2 wanda, katambalian : apan.
2) Pada 90—92 poenika petikan saking Brata Joeda kawi, poepoeh XI, pada 1 (vgl. uitgave, Leiden 1903, pag. 20—21).
1) prajoginipoen: nganti.
45e Zang; dichtmaat: SINOM.
1. mengkana ki Djajengraga denira amangkoe kardi katongton wibawanira tan ana ingkang jom-jomi sor suetaning boepati dasar ki poetra ingoegoeng datan sinoengan rengat sakersanc den-lilani mring kang rama kelangkoeng sanget sihira
2. jen poetra ki Djajengraga jen kadang Koela-wirjeki pan ingoegoeng alit mila
mila ladake ngebeki moeng ladak tingkahneki labete oegoenganipoen nanging poetoes piambak dasar landep tyasireki ngelmoe bahtas ing koekoem joeda negara
3. andele ing Wana-marta
pan amoeng awirja kalih Djajengraga Koela-wirja keringan ing kanan keri pataren kang ngrampoengi pakewede ada doesoen nadyan moerading kitab gatak-gatoek amedoti watak keras krawoesan nanging welasan
4. jen keleresan tyasira
ketjondong lega kang galih paring sih tan sita-sita mila sedaja djrih asih maring sang Djajengragi miwah mring Koela-wirjekoe mengkana wajahira wektoe loehoer petjak kalih samja kendel reren marang masdjid salat
5. sedaja samja sembahjang
djaloe estri tana kari namoeng niaga kewala ingkang kanloen neng mendapi woes antara kang sami asalat loehoer bakda woes wangsoel sewang-sewangan poenapa garaping kardi kang mring pawon mring kebon kang mring mendapa
6. Djengraga lan ingkang paman
Koela-wirja lingiraris kowe maoe Widigoena apa salat maring masdjid matoer kesoepen jekti ki Tjerma-sana andjagoer dasar wong keneng lara laline wiwit dek tjilik dinangoe mring bendara dadak sembrana
7. Djengraga mesem ngandika ja Widigoena sireki djoemoengahanmoe kewala adja pot ljan soeker sakit kang kereng Iehnioe mredi kabeh wong rerehanamoe matoer inggih sendika Tjerma-sana anoedingi o ngleboeri babon demene andenda
8. ngandika mara oenekna iirihan bae kang gending lima rebab kombang mara kembang mara dara dasih moentab lawan pengrawit limang gendingan bae woes kang sinoeng ling sendika Tjerma-sana angrebabi asesendon patet lima roem araras
9. noelja moengel kombang mara aloen djeladri ngrerangin sekatahe kang miarsa djalwestri tyase mong brangti rempeg penaboehneki oekoer djawil ngenoet-enoet oengele kang ariglela rebab gambang lawan soeling serantjak oengele kamot djroning kawat
10. nganjoet-anjoet langkoeng raras kasmaran ingkang miarsi lir mamresing karasikan engcse ngekesi ati wen wileting malat sih lir winoelang ing woelangoen raosing tyas mengkana saking njenjeding kang gending ngoejoe-oejoe ngreranteg denja gam el an
11. mengkana ing wantji ngasar
Djajengraga ngandikaris soewoeken gamelanira moeni ladrangan noeli wis singgahna kang miranti ladrang pelajon den goepoeh noelja boeka ladrangan pelajon lima angrangin dangoe neseg ngendelong alon soewoeknja
12. woesnja kendel kang gamelan
Koela-wirja ngandikaris lali wis pada singgahena panganan berkaten moelih para niaga noeli
angoesoeng gamelanipoen mring dalem pasimpenan woes telas samja neng ngarsi ngandikaroem wis pada moeliha dandan
13.kang liningan toer sendika
nembah moendoer samja moelih Djengraga malih ngandika kabeh sanak-sanak mami pada dangdana moelih nganggoa kang sarwa loehoeng sadoewek-doewekira koermat penganten kang prapti kang liningan matoer sendika sedaja
14. mengkana boebar sedaja
soedagar mjang magersari miwah santri ingoendangan bade' selawatan dikir Koela-wirja woes moelih Djajengraga maring tadjoeg asalat wektoe ngasar Ian para santri kang boemi woesnja bakda kondoer malebeng ing wisma
15. ningali langening tilam
kelangkoeng dening respati anilad ing djro rakitnja ing tengah djinem setadi ingapit kanan kering kang pepadjangan koemendoengkendoeng sri sinampiran wastra sawarnining keling pan sarwendah sarta gandaroem angambar
16. jata waoe Djajengraga
boesana akampoeh keling peloeng pandji karoengroengan talepok banjoe mas koening inganti langkoeng apik kepoeh toenda ngajoe apoe amoengser medok atap amoeloe peksi soelisik pengasihe sesandoengan semboelihan
17. sipat polok anerampad
seronging tjangtjoetan inggil kodok kabeset asikat satjengkang kesis ing wentis mekar ngongkong amiwir waleran pewingkingipoen talibane ingarsa ameped toeroet malipid pirid tepoeng adoe mantjoeng papantjoedan
18. kekawet ambokong semar
atnatis nora ngalengkin boeboentaririg pasingsetan anglaring walang welori ekare miwir asri inepek renda mas moeroeb koentja landoeng tri asta adjereng winiroe remit ambedodok anglir sandanging manjoera
19. lantjingan tjinde poespita goebeg pinerada asri rinenda kalengkam djenar akris lande'an sinemi pendok boenton pjnodi mirah sineling inten bjoer adjamang soengsoen tiga agelang kana rinoekmi kilat baoe anting-anting tebah djadja
20. badong soengsoen kebo menggah pamekak garoeda kanin loer-oeloer naga karangrang asoemping ron tri rinoekmi karang melok her tatit sisir toemanggal inten bjoer tjoendoek koepon apitan tinengah argoelo poetih ngoeda 1) rema ingoere pinara tiga
21. koembala tepen ketoegan
anggampeng anglir minangsi wida djenar gegebegan toehoe bagoes Djajengragi lir ringgit moenggeng kelir ingkang garwa esmoe goejoe sasmita mring kang raka Djajengraga amagoeti ing mringe ing raji mesem ngandika
22. sapoeloeh ta mengkonoa
djer nora kena den-pikir ni ken Rarasati sodjar goemoedjeng andjiwit ririh pan kirang tigang latri noedingi pra seliripoen
mentjep megos Djengraga ambakna wong atetawi ketek ogleng seranggon adjak-adjakan
23. ginagoejoe goeligikan
mring garwa mjang para selir Senoe Soerat pinaringan boesana kang sarwa roekmi asindjang tjinde abrit pinrada mompjor amoeroeb kinembar kalihira adjamang roekmi soesoemping nangga groeda moengkoer ngrem lir metarangan
24. atjoendoek mentoel moetyara
wor podining garoeda sri akekaloeng gelang kana kilat baoe anting-anting pamekak bangkol roekmi tinaretes ing her laoet wida pandan gebegan tasik soemilak aresik kris tjerapang pinatik mirah her kembang
25. pan mengkana ing mendapa salong-salong kang woes prapti para loerah santri katah prapta boesana Iir ngoeni Koelawirja kang prapti kampoeh djingga taboer-taboer pakonjoh mementahan alantjingan tjinde wilis pinerada renda satebah goebegan
26. kris warangka kendit ladrang
landean tjoela sinemi pendok boenton ngoenir kawak epek renda klengkam poetih agelang kana roekmi anting-anting kilat baoe abadong ageng doedan soemping poespa krena roekmi tjoendoek djoengkat tinare'te's inten mirah
27. ngoedal rema poepoentiran
tibeng sor walikat gilig pan akoeloek kanigara bitoedroe tjemeng binlenggi roekmi pinodi-podi ing mirah inten her laoet ngalepjoer amarkata njoeriga geong sor bali ginarebeg rerehane wong Ketandan
1) prajoginipoen: ngoedar.
28. sami basahan sedaja
dodote awarni-warni batik modang tjoemengkirang1) miwah sembagi bang koening kopjah kanigara brit koening idjo biroe woengoe arenda seta djenar miwah tjelana mawarni samja ngangge badong kewala sedasa
29. golong sarerehanira Ketandan tan ana mentjil angoempoel mring Koela-wirja neng pendapa djedjer linggih anoelja ingkang prapti ki Soeardja kampoehipoen pan limar baroe tigas asaboek patola abrit alantjingan tjinde woengoe pinerada
30. ngoembar koentja nora pangdjang akris landean sinemi rasoekan biloedroe rekta balenggen kantjing linintjis kotang poetih toeljasri rema asingset gineloeng koeloek petak amajang ingiring rerehaneki sawarnine wong kria lir loerahira
31. samja rasoekan sikepan
basahan akopjah poetih penganggene warna-warna batik atanapi keling woes lenggah ing pendapi djinedjer rerehanipoen noelja ki Wira-doesta predjoeritan njamping batik parangroesak barong tjinantjoet serigak
32. lantjingan bloedroe bang rendan pandji-pandji kantjing dasi abangkol kentjana nagan nganggar tjqerigan t]ra Bali kris landean sinemi kandelar soeasa mantjoer wrangka semboer timaha
asongkok biloedroe langking pan winengkoe ing renda mas roeroedjitan
33. ingiring rerehanira
para waroengan kelitik sakehe kang boekak anjar kang moenggeng rerehaneki marang Wira-doesteki sedaja penganggenipoen samja apradjoeritan sadoewek-doeweke sami batik ioerik sembagi keling mawarna
34. sedaja kopjah djangkangan woes lenggah aneng pendapi tinata rerehanira noelja Panoekma kang prapti apredjoeritan boegis arasoekan toro landoeng ginggang setin loerik bang tjelana Ioerik setin djring abebenting tjinde wilis pinaremas
35. pan epek bangkol kentjana
nganggar pedang soedoek roekmi doewoeng tjinote ingarsa bate-bate tjara Boegis akantjing mirah abrit oedeng taboer-taboer woengoe telakoepan pentjongan sedaja rerehaneki kang wong djagal pan angger belantik kewan
36. sawarnine ngon-ingonan
toerangga mjang kebo sapi wedoes banjak bebek ajam ingkang samja binelantik kabeh rerehaneki sedaja penganggenipoen tjara Boegis sedaja tan ana ingkang menehi penganggene oenda oesoek ingkang koeat
37. sembagi loerik tjelepan
woes lenggah aneng pendapi noelja Panamar kang prapta sarerehanira ngiring kampoeh limar ketangi atjelana tjinde koepoe epeke renda petak ngoembar kontja kadoeng siti akris ladrang sinemi pendok soeasa
38. rasoekan sembagi djenar tjorake kembang pinetik djoebah landoeng kotang petak kantjing kotang mirah abrit sreban seta toeljasri rinenda taptapan bagoes koeloek mantalsetop bang tesbehnja akik sinampir para tando kang ngiring rerehanira
39. samja sreban bebasahan mawarna batik sembagi soetra keling sasenengnja woes lenggah aneng pendapi tinoeb rerehaneki noelja ingkang sami rawoeh para djadoeg soedagar sarenti praptaning gili djor-djinoran penganggene moeroeb moempjar
40. ing setjara-tjaranira kedah ngangkah angoengkoeli bebed mjang koelambinira saboek Ian iketireki pan oengkoel ingoengkoeli keris kang njoeriga teloe emase toea-toea wong toea nom limrah sami ting prengangah pendoke mas moenggah gandja
1) prajoginipoen : semoekiran.
41. ngalempak sami soedagar
pak Radjiah ingkang prapti angetog penganggenira denira ngangge menehi sobanlah njampingneki saboek mas tinali datoe klambi djoebah rante mas ngoenir bosok masireki arangkepan kotang sikepan moer petak
42. akantjing eroes barle'an
aserban petak ginodi pinalipit ing rante mas anjote golok rinoekmi tinaretes her geni barlian pinasang batoe tjeripoe belongsong mas tjingak kang samja ningali kang aloenggoeh angingseri pak Radjiah
43. kang ragi' tebah genira ki Moertala abibisik
lan rowang kiwa tengenja eram samja goegoejoni nora djamak kiai angetog penganggenipoen beda wingining ika sa-iki lagi nemeni nora kaprah penganggone wong sedesa
44. anoelja waoe kang prapta
para bagor sedajeki Tjerma-sana Widigoena samja rapek koentja katih poleng soetra sembagi limar pelangi mjang peloeng lantjingan pandja-pandja gelang kilat baoe antinganting soemping djamang samja tetekesan
45. abebadong soesoen tiga
kris pendok landean roekmi kang miskin djamang soempingnja waloelang pinrada apik anoelja ingkang prapti panegar boesananipoen bebedan boborehan soemping krang melok melati iket rendan djeplakan samja giligan
46. penganggene warna-warna
batik loerik miwah keling katah kang nganggo tjerapang poenika rerehaneki panegar dalang gending niaga koernpoelanipoen toenggil rerehanira kareh maring Djajengragi pan woes pepak sedaja aneng pendapa
47. anoelja wonten kang prapta
satoenggil santri Noeripin kampoeh peloeng podang-podang anjoeriga tjerapang tri kaloeng kelewang krebin drebos anjengkelit pistoel pedang soedoek inganggar pedang kra loke ngadjrihi mawi wedoeng gendewa anggendong panah
48. arit bapang sinengkelang golok pangot sinangkelit tameng towok landeanja waregoe winegig abrit ketoe kontjerireki ngelewer lir oemboel-oemboel pandjang kasrah ing lemah poepoer koening boreh koening brengos woeloe loetoeng pandjange satebah
49. woes prapta aneng panirat kagjat kang sama ningali Noeripin penganggenira Koela-wirja animbali marenea Noeripin sedela soen arsa weroeh Noeripin sigra mara krengkangan tan bisa diri pan kakehan perabot abot keliwat
50. ngadeg-ngadeg nora bisa kangelan solahireki ginagoejoe ing wong katah djalwestri soeka ningali Koela-wirja ngling noeding sarwi kepingkel goemoejoe wong ro glis toeloengana pen bisa ngadeg Noeripin tinoeloengan wong roro djagani sama
51. gja prapta ingarsanira Koela-wirja goemoedjeng ling dene ambarengkoet sira kaja tjantelan sireki dene sarwa mepeki kaja wong dodclan doedoe djeg kaja wong njenjelang djeg kaja wong den-titipi matoer raosipoen lir dipoen-pilara
52. kersane poetra padoeka adjeng mopo kaoeladjrih gih pinten-pinten kinarsan pinaring sih kaoelalit Koela-wirja ngantoeki kaprie maneh sirekoe lan akoe titip pedang Djepan gawanen Noeripin ki Noeripin aneboet astagapiroellah
53. dos poendi denja ambekta kawraten tan saged osik Koela-wirja latah-latah sengkeliten bae betjik matoer sampoen tan kenging
langkoeng kentjeng lamboengipoen ah ora sedeng pisan mengko ngong benakne' oegi sinengkelangaken Noeripin braokan
54. akentjeng seret pineksa
Noeripin adjelah-djelih kesingseten wetengira njongat pedang sinengkelit tjegeh mlentet batitit ambekane kempas-kempoes Koela-wirja lingira sisan tjeretkoe Noeripin gawakena ngling Noeripin Allah tobat
55. ger ginoejoe ing wong katah goejoe welas mring Noeripin ngling malih wis maronoa neng panirat gonmoe malih matoer tan saged inggih ingriki kemawon sampoen sampoen tan saged obah jen obah lir den-gendoli samja soeka sakeh kang aneng pendapa
56. miwah parestri kang prapta toea iiom mjang rare tjilik sarwendah boesananira samja mrih amentjil betjik djor-djinor sor doek wingi mangka moebroe abra moeroeb djaloe estri sedaja pepak tan ana kang kari ingkang samja bade amapag pengantyan
57. anoelja ki Djajengraga
midjil sing dalemireki ingiring Senoe goes Soerat ngampil pawohan ses wangi lir hjang-hjang moengging toelis ingapit pepatahipoen obah kang neng pendapa mingsed trepsila alinggih Djajengraga lenggali tengahing djedjeran
58. woes tata denira lenggah Djengraga oematoer aris mring kang paman sedajanja poenapa sampoen kang prapti kang pra paman naoeri lajake bae ia woes de'ne' tan maneh prapta kang poetra naoeri inggih noelja angandika marang Senoe Soerat
59. wadonan konen oemangkat
sedaja ajwana kari kang Hningan sigra mentar malbeng dalem andawoehi mring ni ken Rarasati parestri kinen roemoehoen anoelja ingatjaran sedaja oematoer inggih noelja bodol goemaroedoeg lampahira
60. sawoese para wadonan
Djajengraga ngatjarani soemangga paman oemangkat noelja bodol sedajeki sagolonganireki tan ana selajeng lakoe sakehe kang loemampah tan ana koesoet sawidji lir sinoentak donjane wong Wana-marta
61. parestri kang aneng ngarsa prapta daleme Djengwesti kang wingking lagja oemangkat srining boesana sarwadi tanak kang aningali sedoesoen mjang prapatipoen djalwestri aboesekan neng pelatar mangoe pipit langkoeng soeka ningali para boesana
62. kasorotan ing soerjandap ting pentjorong ngoedjwalani miwah mompjoring penganggja lir sekar setaman asri mengkana Djajengwesti lenggah ing pendapanipoen akampoeh latar petak sawat lar semen teritis rasoekan beloedroe idjem kotang petak
63. akantjing djadja tadjoegan tjelana beloedroe langking rinenda mas roeroedjitan peningset kalengkam koening doewoeng tinatoer renggi akoeloek petak soemoenoe kang woes neng ngarsanira ki Djoemena Ian Sebagi ki pengoeloe Basarodin saketibnja
64. ki Noersoekidin kelawan Talabodin moerid Djaki Tan merebot Pranaita pra soedagar magersari Ian para loerah santri golong sarerehanipoen samja mrabot sedaja waoe ta kang para estri ingkang samja amapag prapta sedaja
65. anoelja kang raji prapta sarerehanira sami kang raka mesem ngandika di mrene jaji alinggih sedaroem ingkang prapti ingatjaranan aloenggoeh tata tepoeng akapang sagogolonganireki woesnja tata sinoegata ing pawohan
66. Amadasra Amadiman kateloe ki santri Loetji angatag sinomanira mring pawon ngoesoeng kendoeri sekoel neng pandjang giri sarta Ian rampadanipoen miwah antjak saradan langkoeng wrat gotong pat sami lawan kendi mjang karoso tapak dara
67. tan pae sadjroning wisma werata denja ngladeni ambeng pan samja rinampad woes tinanjakaken sami noelja sami wewanting ingkang toetoeroeh wiwisoeh weneh angoembah tangan kang ngloroni amapati kang moloni ngrolasi sa-ambengira
68. njelaweni sa-ambengnja
koempoel samja santri alit adan lekas samja nadah rame swarane kang boekti samja pikantoekneki antaranira woes dangoe noetoeg denja anadah woes lorod ambeng tjinarik pan binagi werata denjandoem berkat
69. sinarangan tapak dara santri Loetji anenggani mring santri alit soepaja jwana roesoeh Loetji angling botjah delengen iki sarwi ngagagi gegeboeg sapa marahi gedrah roesoeh pesti ngong geboegi ikoe ana sing rada gede si Sadja
70. si Djenal Tjonal si Sawa dadya tindihe rarjalit lo adjana roeroesoehan mesti makan poekoel iki adat roesoeh si Djoprit lah wis doemen berekatmoe sing gedekoe andoema sarta" den-oengkoeli gitik santri toea mesem mjat Loetji tingkahnja
71. santri tjilik andoem berkat
botjah papat kang noeani andoem berkat pada botjah kiwa tengene wak-oewik amek iwak pribadi ana kang ngling akoe doeroeng rare nora seranta iri met iwak pribadi ting sarewot tan asoewe rereboetan
72. serakah tjengkah-tjjnengkah
katjawoek tjangkeme djempling pisoeh-pinisoeh tabokan pjoekan sega sroendeng ragi ki Loetji djelah-djelih geboege pidjer anggatoeng apa ta djer koe apa wis adat temen jen djoris hoes hoes ko tak rangket kongsi modar-modar
73. tan den-predoeli ing katah
anggedrah pating djalerit akapjoekan sekoel oelam gelaproet ki santri Loetji loenga sarwi misoehi keneng toelah edan taoen ginoejoe santri katah djeh salah gawe si Loetji deweke ja anglakoni dadi botjah
74. ing pendapa woes loearan ing wisma kang lagja boekti
Mongraga Ian ingkang garwa Toerida Ian Rarasati kemboel sareng aboekti mjang pra wadonan sedaroem samja anadah etja Mongraga tan pantoek boekti jen tjelakan Ian estri tan pati rena
75. woes noetoeg denira nadah sedaja loearan boekti tjinarikan andoem berkat binagi sampoen weradin berkat sinoeng pemboeri woes rerep sedajanipoen wage ni Rarasatya oematoer ing raka aris kang poenika bok ajoe lampah kaoela
76. anoewoen sang pinangantyan
pengoendoeh kaoela moegi ing kersa linggar mengetan bekti kaoela ngoermati ni Toerida naoeri ja jaji nianira matoer marang sang pinangantyan noelja nembah matoer aris pan poenika atoeripoen ri padoeka
77. noewoen ing sang sekalihan pengoendoehipoen ngoermati wiloedjengipoen padoeka sira ki sen Amongragi naoeri roem amanis inggih poenapa sekajoen noelja kang raji prapta Djajengwesti angatoeri mring kang raka oemangkat tedak mengetan
78. seh Mongraga lon lingira
pan inggih soemangga jaji noelja parestri sedaja bodol sing wisma oemidjil sira seh Amongragi djoemeneng lan garwanipoen meksih boesananira tan ewah kadya doek panggih gja oemangkat sang ro akekanten asta
79. miranti patjaranira
songsong djadjaran woes rakit santri ingkang selawatan kalimah kalih trebang tri sedaja kang oemiring ngrahabi saoeranipoen goemoeroeh rempeg tiga . ta ilaha ilalahi Moehammad 1) rasoeloelah Allah-Allah
80. ingkang narebang titiga Djamal Djamil Djalalodin sarwi singir ing gambjongan santri selawe prah singir kapjarsa langkoeng asri lelagone sekar gadoeng wit badatlana pi rab bingit ngatil ²) kamari sinaoeran ing la ilaha ilalah
81. Moehammadoe rasoeloelah
Allah-Allah sedajeki kelangkoeng semoanira miwah kang samja ningali djibeg djedjel apipit prapat mantja limanipoen woes ngerti wartinira jen pengantyane djeng kjai poetra ari angoendoeh rnantoe sedaja
82. dadya ngarak saben dina mengkana pengroengoeneki milambjoek nononton samja djalwestri mjang rare alit samja soeka ningali mring kang samja moebra-moebroe miwah kang para wirja toewin ningali pengantin tjahjanira soemilak kadi sesangka
83. waoe ta ing lampahira Djajengraga ambagoesi loemampah aneng ing tengah den-iring pra bagor sigit lir pendah wajang klitik aboreh koening soemoenoe sonder koentja kanginan miwir kadya beksa rangin lampahira anggamboeh neng Djajengragan
46e Zang ; dichtmaat: GAMBOEH.
1. tan dangoe noelja rawoeh ingkang ngirirrg kendel aneng taroeb meksih ngadeg adeket djedjer apipit tepoeng gelang sarwi ngantoe selawatan salin lagon
2. asrakal sadjakipoen
ja nabi salam ngalek ja Rasoel salam ngalaeka ja habib salami ngalaeka salawatoe Iahi ngaleka mengkono
3. ganti saoeranipoen
apan la ilalah 1) lahoe Moehammad rasoeloellah asrakalbadri ngalena pachtapat minhoel boedoeroe misla hoesniko
4. mara 2) na katoe ja wadjha soeroeri anta samsoe anta badroe anta noeroe pokanoeri anta iksiroe wa ghaloe anta misbahoesoedoero3)
5. waoe ta ingkang rawoeh
ladjeng toemame'ng djro wismanipoen lenggah tengah padjangan kang sineta di kadi doek pepanggihipoen patembajaning patemon
6. djalwestri sedajekoe
woes tata denira sami loenggoeh miwah ingkang selawatan para santri asrakalira gja soewoek sedaja woes sami loenggoh
7. aneng pendapa tepoeng
djedjer dedeketan adoe dengkoel kjai emban Kerti-raga andjedjegi ngatag kasinomanipoen ngladeni pawohan rokok
8. sinaosken ingajoen
epok gembol wer tap sirihipoen bokor pandjang ilang winoengkoes weradin sedaja woes nginang oedoed ting kalempor weneh notjoh
9. sarta wedang woes tjoekoep noelja soegata kendoeri metoe pengadjeng ambeng sekoel neng pandjang giri sarta Ian rampadanipoen noeija antjak kang ginotong
10. gotong pat angendoekoer rolas ambeng pinasang barengkoet djabeng djro woes weradin leladeneki Djengraga nairaken woewoes soeawi sami toetoeroh
11. noelja sami wiwisoeh widjik wanting ngoembah tanganipoen adan lekas sedaja sami aboekti oelam ingkang woetoeh-woetoeh bekakak wedoes lan opor
1) kirang 2 wanda, katambahr.n: ila.
1) kirang sawanda, katambahan: oen. 2)
2) kirang 2 wanda, katambahan: ae.
kirang sawanda, katambahan : ar.
3 ) poenika petikan saking kitab Mauloed sjarifoe'lanam, katja 36.
12. besnge'k pitik betoetoe
saben ambeng oelame kang woetoeh kang ngalihi mapati kang njepoeloehi wradin djangan betjek wedoes sanija djang takir gedebog
13. kang nadah sami tekoel andengengek koedi kongsi woengkoek nora ketang saking kilen mentas boekti toer sami anoetoeg toewoek prandene meksih aserop
14. mengkana pan woes dangoe denira sami nadah anoetoeg aloearan sedaja kang sami boekti kendoeri gja kinen ngedoem woes werata kinaroso
15. santri rarjalit koempoel
woes den-keloemoehi sring sok roesoeh pinisah lan santri toea sakendoeri aneng sedjabaning taroeb roesoehe nora kepagol
16. loearan sedaja woes
ing djro dalem s'ira sang linoehoeng ingatoeran toetoeroeh mring Rarasati kapat samja nadah kemboel sedaja noelja wiwisoh
17. dan lekas boekti waoe sekatahe parestri sedaroem pan sakantoek denira sami aboekti Amongraga tan pakantoek tyasira tansah arikoh
18. tjetjelakan pra aroem
sadjroning galih tan mawi soekoer jen ta sampoen kapopohan pinangantin tan betah sa-enjek loenggoeh saking kal donja woes loenggoh
19. namoeng nimbangi tandoek sarat ngetjani sesaminipoen angsal limang kepel atobe drewili daja gedea kang poeloek kepele sadjaha tepos
20. sawarni oelamipoen
nanging tan ana ingkang dinoemoek amoeng paroe kang ginigit satjoeil til adangoe angantoe-antoe pra ri loengiding pasemon
21. Rarasati agoepoeh
maring raka ngatoeri toetoeroeh sen Mongraga sigra denira wewanting kang garwa noeroeh ing kakoeng sedaja kang para wadon
22. noelja sami wiwisoeh
ambeng tjinarik binagi goepoeh binerkatan weradin kang para estri sinoengken ing rentjangipoen sedaja samja gegendong
23. linorod ambengipoen
pandjang piring rampadan ingoendoer sadji dedaran soemadji aneng ngarsi sarta lan pateanipoen memanisane neng tenong
24. woesnja mengkana waoe
Djajengraga neng pendapanipoen angandika sedaja mring para santri prajoga boebar karoehoen reboet ngabekti Hjang Manon
25. mahrib ajwa kesoesoe
jen woes bakda ngisa bae wangsoel. kang liningan sedaja kang para santri soedagar lan magersantoen toer sendika noelja bodol
26. djabeng djro estri djaloe sesarengan sowang-sowang mantoek raka lawan para paman datan moelih kelawan kjai pengoeloe kelawan kang para bagor
27. Djengraga malih moewoes
Djamal Djamil den kepareng ngajoen kang sinoeng ling goepoeh mafek aneng ngarsi Djengraga bibisik moewoes seen djaloek goenamoe roro
28. woeroeken Soerat Senoe
Widigoena Tjerma-sana ikoe ngelmoe pengersman mangoenah ripangi warahana kang soemoeroep mangsa bodoa wong roro
29. mrih gawok kang andoeloe apa kang dadi adi-adimoe ia woeroekena mring wong papat iki sira soen dadak goenamoe kanggo selawatan mengko
30. Djamal Djamil oematoer
boten saged kaoela wong boesoek kaping kalih adjrih rakanta menawi dados ing doedoekanipoen mring koela kaoela wedos
31. Djengraga naoer woewoes
ac'ja soesah ja mengko ngong moendjoek mring bendaranira kangtnas Amongragi pan ikoe karepkoe pe,rloe mrih soeka sanak toea nom
32. soen ngalap berkahipoen
mring kakang mas Mongraga kang loehoeng sira kang minangka wewakil sajekti Djamal Djamil Ion oematoer jen mekaten gih kemawon
33. sendika ing sakajoen
Djengraga ngling eh ja Soerat Senoe Widigoena Tjerma-sana ajwa kari anggoegoeroea sirekoe marang Djamal Djamil kono
34. kang sinoeng ling oematoer noewoen sendika kelangkoeng soekoer angling malih wis mianga wismaneki Widigoena bae koempoel anoetoeg lehmoe djedjandon
35. ki Djamal Djamil sampoen samja moendoer maring wismanipoen
36. ge-age denja wektoe
Widigoena mengkana soerja woes nitih ing atjala mandjing soeroep mahrib noelja sakehing wong
mring patirtan ngambil toja woeloe ting kerapjoek ngoembah tangan wisoeh sikil kang kekemoe lagja raoep swarane pating salemprot
37. Djengraga woesnja tjoetjoel siram soetji angiras woes woeloe ngrasoek pesalatan anggampar mring masdjid masdjide piambakipoen noelja santri adan goepoh
38. sedaja tan atjoetjoel
ladjeng kewala ladjeng awektoe Djajengwesti waoe ingkang angimami kang raji pra paman makmoem mjang santri samoting soero
39. jata kjai pengoeloe neng pendapa denira awektoe sarerehanira kang sami makmoemi sesisih kilen genipoen sesisih wetan pra bagor
40. Djengwesti denja perloe
sawoesing patekah soeratipoen koelja ajoe dene rekangat kang akir sawoesing patekahipoen ida dja-a kang winaos
41. tan pae lan pengoeloe
wewatjane soerat koelja ajoe lawan ida dja-a wewatjan jen mahrib seh Mongraga denja wektoe angimami para wadon
42. gandok kilen genipoen
langkoeng pasekat wewatjanipoen dasar swaranira empoek roem amanis sedeng sadjake anganjoet kang makmoem samja soemedot
43. sami wewatjanipoen
sawoesing patekah koelja ajoe ida dja-a woesing patekah kang akir prapteng tahjat akiripoen iptitahira woes manggon
44. noelja salam bakda woes poepoedjian lelagon swara roem binaroengan parestri angasih-asih lir rebab soeling tjalempoeng gambang tan niawi kengang gong
45. omelog rarasipoen
langkoeng rahab sedaja kang makmoem lelagone swara estri langkoeng asri sarwa lagon dikiripoen woesnja dikir dodonga lon
46. woes donga limang wektoe imam ngidjab asalam ngalekoem angaboeli ngalekoem salam parestri samja soenat bakdanipoen woesing soenat sami ngaos
47. moehadam sareng goejoeb ting tjarengkling swarestri anganjoet Tambang-raras Toerida Ian Rarasati datan toemoet ngadji amoeng soenat wabin kang kinaot
48. Mongraga denja kasoed soenat wabin nem rekangatipoen tigang salam sawoesing bakda anoeli tangat kiparat tawadjoeh kalih salam bakda manggon
49. amapanaken djoenoen pasang wirid isbandiahipoen satariah djalalah bardjah amoepid pratingkahe timpoeh wioeng tyas napas kentjeng tan dompo
50. noelja tjoel dikiripoen lapal la moedjoeda ilalahoe kang pinoesti datoe wadjiboelwoedjoedi winih napi isbatipoen pinatoe tyas woes anggatok
51. anggoejer kepala noet oebeding napi Ian isbatipoen derah ing lam kang akir wit poeserneki tinarik ngeri mindoewoer lapal ilaha angengo
52. nganan poendak kang loehoer angleresi lapal ila nenggoeh pendjadjahe kang dria mring napi gaib ilalah isbat gaiboe ing soesoe kiwa kang ngisor
53. nakirahe woes broekoet
lapal la ilaha ilalahoe winot seket kalimah senapas nenggih senapas malih motipoen ilalah tri atoes manggon
54. anoelja lapal hoe hoe senapas landoeng winotan sewoe pemantjade tyas lepas lantaran dikir kewala moeng wrananipoen moeni woes tan ana raos
55. woes wenang sedajekoe nadyan a a e e i i oe oe, sep.adane sadengah-dengah kang oeni oenine'poenikoe soewoeng sami lawan orong-orong
56. ing sanalika ngrikoe tjoploking satoe Ian rimbagipoen dewe-dewe badan boedine tan toenggil nis mikrad soehoel panakoel badan kantoen lir gelodog
57. tinilar lagja kalboe
jektining napi poenikoe soewoeng komplang njenjed djamaning moetelak haib woes tan ana darat laoet padang peteng woes kawios
58. pan amoeng ingkang modjoed wahja djatmika djroning gaiboe pan ing kono soehoele denira moepid tan pae-pinae djoemboeh nora sidji nora roro
59. woes tarki gja tanadjoel moedoen sing wahja djatmika ngrikoe aningali tan lawan netranireki dating Hjang kang maha Loehoer patang prekara ing kono
60. sipat djalal gaiboe djamal kamal kahar gaibipoen woesnja midjil saking gaib denja moepid wiwit beda djinisipoen goesti lan kaoela reko
61. dating goesti poenikoe djalal kamal djalal kahar nenggoeh sipating kaoela pan akadiati wahdat wakidiatipoen alam arwah adsam 1) mengko
62. misal insan kamiloe bedaning goesti Ian kaoelekoe jekti bcda ingrikoe lawan ingriki kedjaba kang woes linoehoeng pratameng kawroh kang woes wroh
63. sawoesira aloejoet lir antigan toemiba ing watoe pan koemeprah tyasira kagjat tan sipi toemitah ing djamanipoen araling koela katonton
64. loearan denja soehoel angaringaken scnapas landoeng mot saklimah la ilaha ilalahi noelja andodonga soekoer sawoesnja gja adan goepoh
65. pandjinging ngisa wektoe woesnja parestri soenat sedaroem noeli kamat Mongraga perloe ngimami woesing patekah soeratoen ina andjalna winaos
66. watini akiripoen prapteng tahjat awal akiripoen noelja salam awal akir bakda noeli poepoedjian kadya waoe adikir donga Hjang Manon
67. sawoesnja gja para roem soenat bakdiatan settaja woes soenat minal witri rakangatal witri woes peragat soenatipoen sesalaman satnja wadon
68. anoelja saini moendoer saking gandok maring dalem agoeng kantoen ni ken Tambang-raras lan Mongragi andjenaken denja kasoed sami moepidira karo
69. kang salat aneng tadjoeg bakda lagja poepoedjianipoen kang sembahjang neng pendapa lagja dikir saoeran kang aneng tadjoeg samja rahabe bebjanton
70. mjang kiwa tengenipoen ing djawi ler kilen wetanipoen ingkang tjelak ragi tebah pan kapjarsi arame swaranja oemjoeng mewahi srining roeroengon
71. wantji ngisa bakda woes Djajengwesti Djengraga gja moedoen saking salat sami pinarak pendapi tan ewah lenggali lir waoe mjang pengoeloe tata loenggoh
72. Djajengraga angrasoek
boesana kadya doek siangipoen namoeng salin koeloek kanigara bertji asoesoemping tjoendoek mentoel toemanggal taretes abjor
73. lenggah pendapanipojen
wetane kang raka denja loenggoeh tan adangoe kang wineling samja prapti soedagar djalwestrinipoen santri magersari mring djro
74. kedik ingkang tan rawoeh katah kang sami prapta maleboe sabab woes samja mjarsa warta ing mangkin Djajengraga kersanipoen kesoekan-soekan ing mengko
75. ander pendapa tepoeng tan keliroe gjaning oeroetipoen woes miranti sagogolonganireki woes pepak sedajanipoen Djengraga ngandika alon
76. eh Noeripin sirekoe si Soerat Senoe wehna si bioeng botjah roro ikoe konen memaesi keinbaren perabotipuen ingkang sarwa di kinaot
77. sarta lan sadjenipoen
lan malih moendoeta trebang woloe sanga lan trebangkoe poendoeten den aglis kendang loro angkloeng pitoe kang liningan mentar goepoh
78. angirid Soerat Senoe
woes sinoengken ni Tjerong kang bioeng dinawoehan kersane ki Djajengragi njai Tjerong woes soemoeroep ngaroeri ni Daja goepoh
79. Noeripin moendoer metoe moendoet terbang kendang lawan angkloeng tan adangoe kang pinoendoet katoer ngarsi mjang trebang pribadinipoen ageme si matjan garong
80. datan antara waoe djeng kjai Baji Panoerta rawoeh lawan ingkang garwa sakoetjoembineki eting gelas agerlg ngajoen santri Loetji sisinggah wong
81. bjak mire samja takoet kang lenggah sedaja sareng moedoen ki pengoeloe repot tan rikat ngoedoeni djeng kjai ngling wis jwa moedoen krengkangan temen arikoh
82. kablendercn wetengmoe dene kanti senggoeran napasmoe wis linggiha bae sira Basarodin kang mjarsa sami goemoejoe mring pengoeloe repot rikoh
83. ladjeng kewala masoek maring dalem joen panggih lan mantoe sen Mongraga Ian garwa metoek neng ngarsi noelja samja tata loenggoeh mingser mire kang pra wadon
84. seh Amongraga goepoeh atoer salam mring djeng kjai waoe kjai Baji agepah salamireki ni ken Tambang-raras ngoedjoeng mring rama iboe wot sinom
1) prajoginipoen : adjsan.
85. ni Malarsih andoeloe
mring kang poetra toewin ingkang mantoe sakamantyanira ring poetra lir mimi pendoegining tyas kang iboe kadya woes asmaraning don
47e Zang; dichtmaat: ASMARANDANA.
1. sedaja ingkang parestri pan samja gawok toemingal marang sang ro pinanganten tjahjanja apinda woelan soenarira toemedja awingit djatmika roeroeh tadjem semoene olia
2. ki Baji ngandika aris anak mas seh Amongraga poenapa kersaha mangke ningali dikir singiran kang poetra lon toenira kewala kaoela kantoen ningali sakimg djro wisma
3. padoeka prajogi midjil ningali ripangi Karang poen Djamal Djamil ing mangke medalken pengoenahira ingkang kelawan soenat pan katah pigoena'nipoen sakersanta tan katjoean
4. ki Baji goemoedjeng ngikik koela moeng mjarsa pawarta poen santri Loetji kang ngomong jen poen Djamal Djamil sarwa saged rerekan goena gaboesan ripanginipoen anggawokaken wong katah
5. kang poetra oematoer inggih sajektos saged poen Djamal Djamil doek meksih neng kilen pangapoenten sapoenika menawi salong itjal kang rama goemoedjeng moewoes kintene mangsa itjala
6. jen mekoten koela midjil mring pendapa joen oeninga poen Djamal Djamil rekane kang poetra matoer soemangga ngandika mring kang garwa jaji sira jen joen doeloe oemiringa iboe rama
7. ningali si Djamal Djamil ripangi aneng pendapa kang rameboe lon delinge pajo rara Tambang-raras sirekoe kinalilan sang ajoe tyasnja kapenjoet 1) mjat wong ripangi angodjrat
8. dasar linilan ing iaki wewah kinersan boe rama kelangkoeng dangan kersane lagja mingsed padanira kersa anderek rama sekala tyase soemenoet roemaos kapoerbeng pria
9. sang retna osiking galih jatalah kareping hawa ngarad kaloepoetaningong angroesak sangkribing kenja anganjag wong djelanah dastoe ngong ngwang tanpa oeroes amedot talering nalar
10. moedjadah sabil anggaiih ja Allah astagpiroelah sanalika ledjar tyase angeker nitya kang timpang tan labet kawistara poelih liringe lir waoe alon oematoer ing rama
11. rameboe kaoela naming ningali ngriki kewala kang rama mesem liringe anjatet djroning werdaja ningali mring kang poetra ngandika lah ja wis soekoer ngong priangga tan boenira
12. ki Baji anoelja midjil kelawan kang garvva poetra Toerida Rarasatine' djeng kjai prapteng pendapa mingser sedajanira lenggah neng kelasa batoe garwa poetra neng woerinja
13. ing pendapa woes miranti doepa sesadjen mawarna pepaksedaja bon-abon kiai Baji Panoerta ingajap santri katah njamping keling limar biroe peningsete djingga mangsa
14. rasoekan djoebah sembagi dadoe tjorak kajoe anjang kotang poetih roes kantjinge
golok balongsong soeasa pan tesbehira merdjan destar batik Arab aloes koeloek batokan pentjengan
15. ki Baji ngandika aris marang poetra kalihira apa woes pepak sadjene jen oewis pada samekta prajogane lekasa pan manira arsa weroeh ripangine Djamil Djamal
16. poetra kalih matoer aris pan inggih sampoen sedaja tan wonten kang dipoen-antos lah ja wis mara bismilah Djengwesti Djajengraga ngatag loerah santri goepoeh kang samja njandak tarebang
17. Djajengwesti Djajengragi goes Arpani Amadasra goes Djamdjani Ian Djalalen goes Dawoed Noerdjani Noerja kelawan goes Moertadja kang angkloeng santri pipitoe kang angendang Toendjang-kara
18. Ian Ganda-sana anoeli santri kang bawa narebang lekas matja selawate bawa singir sadjak Djawa lelagon sekar lempang anglik wong sesanga baroeng swara mor geng alit raras
1) prajoginipoen : kapentjoet.
19. la Haha ilalahi
Moehammadoen rasoeloelah noelja sinaoeran ing kjeh goemoeroeh sroe swara rampak trebang sanga djegoeran sarta kendange anggoegoek seseg andoedoek ing kendang
20. pangroking angkloeng getreri anggobjog trebang sesanga wor swara roeg santri kabeh trebange kempjang akipjah lah kendang atampelan imbal bem gedoeg asegoek angkloeng sengkrak bebagenan
21. plak blang plak blang pong ping pong bring bem poengpoeng pek deng doeng doeng gjag toeng plek toeng plek pjak kioer kloer ter toer kloeng kfoeng krak tjrir tjir pjang pjang kloklir bjeng dreng toer toer brang brang pep pep bah bah goer bah, goer tong ting tong groeg bjeng groeng groeng brang
22. gentoeran goemoeroeh atri kontrag wong sedesa pisan koemeroed bebantoe nonton mring prapat manfja limanja djalwfstri keh kang prapta djedjel ing taroeb soemenoeh kang ningali reboet papan
23. rarjalit pating djalerit kapipit oejel-'oejelan desek-dinesek reboet gon ingarah-arah woes tata berkate samja denja mengkana denira taloe woes dangoe antaranira
24. noelja soewoek ingkang singir matja selawat wong katah kaping tiga samja reren goepoeh ki ban Kertiraga angatag kasinoman Noeripin Djalalodin woes angirid leladenira
25. patean tenongan ngarsi pawingking tlam mjang doedoelang woes pinernah saoeroete djeng kjai Baji Panoerta piambak sinaosan Malarsih Ian poetra mantoe woes sinaosan patean
26. weradin sedajaneki ngalihi nigani miwah kang mapati sekatahe noelja dedaran mangarsa tan pae pctangira rampocng leladosanipoen ki Baji alon ngandika
27. lah pajo nak poetoe mami bisrnilah pada krana'llah tamba kasatan sakehe sasenengira priangga
sedaja toer sendika samja dedaran mjang nginoem soeka rena ting ketjoepah
28. kang neng wisma seh Mongragi Ian kang garwa Tambang-raras linaden sesaosane di-adi daran mawarna Tjentini tanseng ngarsa seh M'ongraga ris amoewoes ja jaji sira kantoena
29. manirarsa mandjing masdjid panepen tadjoeg pocngkoeran Tambang-raras ris atoere kaoela lamoen kelilan moeng toemoetoer padoeka kang raka mesem lingnja roem ja soekoer alkamdoe lilah
30. noelja kang raji kinanti tjeti Tjentini tan tebah neng woeri angampil roekoh sang ro woes prapta ing langgar andjoedjoeg ing patirtan Tambang-raras Tjentini woes ngalap tojastoeti samja
31. sawoesira asoesoetji sira ki sell Amongraga masoek ing langgar panepen woes soenat woeloe tahjatal masdjidi noelja tangat tasbih rolas rekangatoe nem saiam oesalinira
32. pinareng niat lan tekbir wiwit oesali tangatan tesbihi rakangatine lilahi tangala Allah hoe akbar kabiran wal kamdoe lilahi kasiroen wa soebkana'llah boekratan
33. wa asilan noelja malih ini wadjahtoe wadjhial liladi pataras reke samawati wala aria hanipan wamoesliman wa mahjaja wa mamatoe ana minal moesrikina
34. sawoesing wadjah kang lirih matja tasbih ping lima las saderenging patekahe lapaling tasbeh poenika awale ping lima las soebkanalahi walkamdoe lilahi wa la ilaha
35. ilalah hoe Allah nenggih hoe akbar la kola wa la koeata ila bilahel ngalijilngalim anoelja lirih matja patekah .... 1) ipoen tasbeh malih ping sedasa
36. aroekoek sawoesing tekbir matja tasbih ping sedasa noelja iktidal adege sami Allahoe koeliman kang midahoe rabana tasbih malih ping sepoeloeh gja soedjoed woesing takbirnja
37. ping sedasa matja tasbih setangine soedjoedira loenggoeh sawoesing takbire matja tasbih ping sedasa soedjoed malih sedasa ngadcg woesing tekbiripoen matja tasbih ping lima las
38. sawoesing patekah malih matja tasbih ping sedasa roekoek ping sedasa maleh iktidal malih sedasa soedjoed tasbih sedasa loenggoeh tasbih ping sepoeloeh soedjoed malih ping sedasa
39. noelja loenggoeh tahjat sarwi iptitah Ian toemaninah gja salam nganan ngerine tasbih ing dalem sesalam ingetoeng katahira apan satoes limang poeloeh goemoeloeng rolas rekangat
40. ing dalem nem salam nenggih goenggoeng sedaja tesbihnja sangang atoes ing katahe
tan pae lan ingkang garwa sami atasbih tangat toewin Tjentini kadyekoe tangat tasbih ing palilah
41. langkoeng nikmatireng galih makmoem tangat mring Mongraga antara dangoe salate woes prapteng rolas rekangat tahjat akir iptitah woesing bakda salam ladjoe tatrap djoenoen wiridira
1) kirang 6 wanda, katambahan : sawoesing pate'kah.
42. rinakit pasanging dikir
satariah isbandiah bardjah djalalah soehoele tinokidken mring makripat pemantjade maring kak dedalan tarki tanadjoel lajaping panaoel pana
43. woes lanjah lantaran dikir singsale nora rekasa kedjeb liepe woes lobok mengkana sen Amongraga woes tjoplok angganira mingkoep tan renggang seramboet moentoe tanpa amboe rasa
44. goemaloentoeng lir kajwaking badane woes tanpa karja pada lawan remeh-remeh moeni lir oenining woengwang woes dewe dewekira nora pisah nora koempoel moelja neng djaman enengan
45. loejoeting wilajat gaib tan kena kinaja apa kang mengkono kang woes djoemboh panane ahli olia Mongraga Tambangraras katri tjeti Tjentini woes kasoed masoek denja bengat
46. sang ro katri Ian Tjentini goemoeling lineng lajapan dadya saoedjoer-oedjoere kang samja nikmat ing pana soehoelira maring Hjang kadjenekan denja kantoe jata kang aneng pendapa
47. sapengkerira Mongragi pan woes angsal kalih rambah Noeripin Djalalodine kang emprak kelangkoeng rahab ki Baji soeka-soeka miat kang soemboe-sinoemboe woes dangoe reren mengkana
48. kjai Baji Panoerta ngling iamoen woes aso bismilah si Loetji sapa tandinge Djejigraga matoer poen Toendjang kara tandingnja emprak lah mara lekasa goepoeh si Loetji Ian Toendjangkara
49. sendika kang poetra kalih noelja ngeiik wong sesanga rempeg lagoene kabojong swara sroe Iandoeng angembat la ilaha ilalah hoe rabana ja Allahoe kasboena ja Allah noelja
50. santri ger ken anampani rampak goemer tanpa roengwan gora geng alit tan waneh terebang ambata rebah angkloeng goemrah lir gerah kendange seseg andoedoek kempjange ngablak bengkakak
51. noelja emprak santri Loetji mejek lir anglangi enggak tangan karo njepeng tjorong ebat kadya sepat molah emprake Toendjang-kara dasar gcdog ngiras badoet keh tjarane djogedira
52. ting salentoek sikoetneki sikile kaja kapindjal pepekohan atjetjekon tangan ro tjoronge moebjar prabot meksih tekesan Loetji sih tjaraning kaoem djoebah 1) batok djeplakan
53. emprake tjaraning santri djoemboel-djoembod saieoran
geseh lawan gendingan moeng roedjoek Ian kalimahnja loemrah emprak slawatan moeng mengkono kloejoer-kloejoer sedje lawan Toendjang-kara
54. megal-megol anarisig tangan seblak serawean rengkad-rengkod tjara Regol tjangklakane palentetan wetenge pelemboengan agoelet soemboe-sinoemboe ki Baji asoeka-soeka
55. kasoran ki santri Loetji apan kalah babrongotan njoenjoek sakena-kenane tjetjek-tjinetjekan wongwa neng salang mjang kandoetan geni tanpa raosipoen mila rahab bebakaran
56. woes dangoe antaraneki gja soewoek matja selawat noelja kendel sedajane angaring-aring memangan santri sajah kasatan kang miat meksih koemroesoek goegoejoe kang samja emprak
57. noelja Noeripin kang prapti angirid Senoe goes Soerat singgah sarwi bekta obor sakehe wong aniningal apiak ngeri kanan ting balek&r samja koekoek doebilah nora kedjamak
58. waoe kang pininda estri amepes sila panggoengan sarwa adi boesanane sindjang tjinde bang pepradan pengasih asandoengan sa-asta nerampad poengkoer tjiningkrang pawingkingira
59. wates memelan mawingkis winidan djenar gebegan dadya anglela kempole sinemekan bangoen toelak rinenda klengkam djenar ngaweng singsetane moenggoeh ing poendak pirid poengkoeran
60. boebocntar winiroe apik djereng, toemoempang taliban mantjoet sipat kokodoke lir gitoke gik-enggikan tjetik metok pinekak ing tjatok tretes inten bjoer pasingsetan soetra djenar
61. atoempal mendala giri sebet akatje koembaja koesta loes abrit pinotjot kalpika lintring tadjoegan mirah bang gelang kana anting-anting kilat baoe kaloeng badong soesoen tiga
62. soemping poespa krena roekmi atjoendoek mentoel tamengan pakentjeng soeri tinretes geloeng sedeng tinengan 1) ing groeda kanin noentak sinekar rontjening geloeng pinalipit ing anggitan
63. sengkang oeliran her tatit pengadjenge pinahjasan mawi tjitak tjetjentoenge peta ti-ati lelata alis mendjangan milar tasik rinemboeg soemuenoe setengoe tan mantra pria
64. sedaja gawok ningali marang ro kangpininda dyah samja kasmaran sakehe ki Baji soeka toemingalgoernoedjeng sarwi nabda tnengkono djawane ikoe akale si Djajengraga
65. ikoe sapa kang maesi si Senoe lawan si Soerat Djajengraga Ion atoere poenikoe poen nini Da]a ki Baji mesem nabda sasmita mring garwanipoen jatalah si bibi Daja
66. bisa temen karja adi wong desa nora kedoega mae'si kaja mengkono Malarsih matoer ing raka mila poen bibi Daja saben tiang kang memantoe tan lia poen bibi Daja
67. ki Baji ngandika aris wis mara noeli lekasa Djengraga njandak terbange matjan garongan ginembrang angelik wong sesanga lelagon kinanti taroeb taroeb agoeng Allah-Allah
1) kirang sawanda, katambahan: be-
68. pengaoebaning wong brangti
abrangti marang Pangeran Pangeraning alam kabeh sinaoeran santri kajah goemoeroeh swara rampak trebang kendang lawan angkloeng kadya gerah adjegoeran
69. noelja ngadeg ronggeng ngibing wiwit oekel babedajan antoek serambah gongane salin laras sarimpenan pan angsal serambahan medar tjengkok oekel lakoe noelja kedjer gegambjongan
70. ronggeng kalih sareng ngelik
lir rebab amatet sanga Ian soeling enem njamlenge sidji lir getering rebab amiwil ngembat kawat kang sidji lir geteripoen ing soeling elong toetoepan
71. angeloes tilepan miwil swara roem man is araras rantas tyase kang mjat kabeh kojoep mring Senoe goes Soerat kang saplak ing kalangjan sinden lir sasendon nganjoet tetela parikanira
72. pendjalin toelak ros langking trate pita ing daratan tingalana reragane jeka poerbaing Pangeran obor tegal siloeman palestane ing pamoewoes ajwa mangmang aneng donja
73. jen oerip wekasan pati sandang lawe among wohan dene patrining wong pande iinglingen sariranira jwa pidjer ngoedjar-oedjar ja hoe Allah kontoel biroe deroek seta ing Benggala
74. tjengak-tjengek lir rarjalit nora pinter aneng donja menjan seta oepamane ja ilahi djenoe tawa tiwasing oeripira pan ketoengkoel loeraloeroe dening sasmitaning netra
75. dodotane wong pawestri ngoelatana ingkang njata sampoernaning elmoe kabeh wong gemeti 1) ketjeran kelasa djinamang bang eman-eman wong toemoewoeh jen keiakon mati bangka
76. goede pandak wong aoerip pradja neng koerandji ika krondahan papa temahe poespa ranoe ja hoe Allah swarane pra poedjangga oeripira anglir toendjoeng atoewoeh tanpa telaga
77. wong tetanja woesing kardi sapa dadekaken sira peksi krenda lae-lae dewa nataning gambira sabdaning goeroe njata dadi lawan dewekipoen sesana djoeloek satria
78. ngendi gon Pangranireki prekoetoet goeng ja hoe Allah kang petis tjinandoe raos ia ikoe oetjapena
kang angoetjap lan sira patanjan gambireng koetoek sapa molahaken sira
79. minangkara ja ilahi kang pradja angapoes gita kasatmatan ing osike tanpa kerana neng donja patakon pangoepaja sesana patjalang lakoe endi gon kang dihin pisan
80. sawo sempal sa-oepami soerja latri diwangkara saking ora wiwitane moelaningsoen dadi ana loeloengan woesing gesang ngendi parane jen lampoes tapas aren ja hoe Allah
81. lata minda boentala di oelih mara pan waloeja moelja kadya doek norane sana praboe koenir pita djron pati nemoe apa penganten lagi pinagoet djoedjoeloek poetri Djenggala
82. dening djroning pati iki nora nemoe paran-paran kang goela drawa doeh lae Nata jaksa Poeroebaja woeta toeli moekanja bisoe tan pegat amoewoes lae ngendi goning Soeksma
83. kang tata prana oepami pratapane sang Rahwana ananing Hjang sajektine anglindoeng ana ing tjipta srengenge woes goemiwang menjan seta woes kadoeloe jwa gingsir ma was kang njata
84. kang pari lagja koememping parentah oendang prajoga ketoengkoel tata kramane marang moeka ja hoe Allah se'la gineniara badan rempoe poedjinipoen keloeroeng tamboeh paranja
85. pawidjilan tjatjad ragi kang tan metoe merga ina wisangkara oepamane kang gcbang paniwer wana kelamoen kebabaran ing woewoes tanpa gawekoe ja hoe Allah djamboe alas
86. djenipana kang moenggeng'esti adja kapok alelana tedja moeka krameng katong koemingsoen koerang pretjaja poetra ing Lesan-poera retja kajoe kang pinatoet golfka oedjar kang setya
87. toja reka ja ilahi inten dewi Dresa-nala metoea geni oedjare ing toetoek mangsa kandela kawoek tjitra oepama koelampis seta tan rikoeh kapilang dening sarira
88. mengkana denira ngibing si Scnoe lawan goes Soerat Iir binagi sarirane djaloe estri kang toemingal brangteng solah warnanja Ian swara boesananipoen samja kedanan tenaga
89. saweneh ingkang djalwestri ingkang sampoen ahli rasa tyas kanjoet ing parikane kraos oeripe neng donja tinitah langkoeng ina Iir winirang ing panoetoeh pangolok-oloking Soeksma
90. tanpa goejoe tanpa angling kagagas ing pcparikan pan woes dangoe antarane singir seleJi ing saoeran tinampan ing wong katah saoerane taroeb agoeng taroeb agoeng Allah-Allah
91 pengaoebaning wong brangti abrangti marang Pangeran Pangeraning alam kabeh
kendang andjoedjoet irama sesege kinendonan ngandelong anoelja soewoek samja amatja selawat
92. leren pan angaring-aring para santri sedajanja aso sarwi asesamben anginoem wedang njamikan tan tjoea sasenengnja miwah ingkang nginang oedoed noetoeg dedaran mawarna
93. mengkana djeng kjai Baji Panoerta alon ngandika dene betjik parikane lah ikoe sapa kang moelang peparikan kadyeka apa bisa maoenipoen Djengraga oematoer nembah
94. poenika poen Djamal Djamil kang moelang soeloek wangsalan pan limrah tiang bang kilen wangsalan tanah ing Karang parikan dadya rasa kang rama ngling lah ja ikoe berkating sabat olia
95. karenan ingong miarsi emele soeloek wangsalan koetjiwa rada keseron trebange lan saoeranja kakehan kang slawatan kedjaba moeng trebang teloe setoen santri selawe prah
96. ikoe tetela kapjarsi dadi norana kang samar ing raos tan ana ketjer oematoer kang para toea pan inggih kesinggihan ki pengoeloe mantoek-mantoek ngantoeki Senoe goes Soerat
97. kinen madjoe ngarsaneki manira doewe wangsalan 1) enggonen peparikan anjelak goes Soerat Senoe bisik-bisik winarahan
93. soeda rengga 1) pratjajeng sih matjan galak gegawean toena doengkap ingtilmoene nganggep oedjar boborongan maroes dyah gentong lanang doerocng ilang kadasipoen meksih soeker aneng donja
99. paran woes apil sireki sarwi mesum-mesum modjar ki pengoeloe ing bating saking kepengin tjedakan ki pengoeloe aberag alingalinge moemoeroek moeng tjedak tok til kewala
100. Senoe ngling mesem ngaweti kagoengan dika sap tangan lan kepet koela soewoene koembaja koesta langkoeng bang koela remen kelintang ki pengoeloe ngling karepmoe enja poendoeten priangga
101. sap tangan noelja ingambil soemampir aneng wangkingan ki Basar sikoete dosok kepet sap tangan binekta inantengah Senoe Soerat ki pengoeloe ginagoejoe Koelawirja latah-latah
102. akale ki Basarodin katik lir wong sakijikan kenan kepet sap tangane daja-daja ketjantela sikoete namboet karja leh titik rong titik lowoeng oeroepe kepet sap tangan
103. kang mjarsa goemoedjeng sami ki Baji goemoedjeng nabda sapa den-goegoejoe koewe oematoer ki Koela-wirja poenika kakang Basar
anamboet darnel bebratoe ketjalan kepet sap tangan
104. angsal njikoet bokong kedik ki Baji goemoedjeng soeka prie' e'h ngoeloe soeroepe ki Basarodin atoernja koela moelang parikan kalih rambahan tinoeroet wewangsalan soeda rengga²)
105. ki Baji mesem ling aris parikamoe koena laja ja betjik Iwih oetamane ngandika marang kang poetra Djengraga santrinira jen wis aso pajo goepoeh kang poetra matoer sendika
106. lan kang raka Djajengwesti sareng denja njandak trebang anglik bawa lan santrine oemjoeng swara roem araras sadjak tjengkoke santak lelagon Djawa loeng gadoeng saoeranira mengkana
107. semoen kering-semoen kering djare Allah Allah Allah djilma wong toeane djare lanat agoeng ja hoe AHah hoe Allah djare lanat goeng mas angger sira temboeng noelja tinampan wong katah
108. kelangkoeng goemoeroeh atri abaroengan tanpa roengwan trebang kendang lan angkloenge pong ping pong pek deng doeng doeng brang plak plak blang pjak proeng proeng brang tong ting tong prig kloer kloer tir toer ioeng plek toeng plek beng pjoeng pjoeng bjang
109. Djajengraga noelja noeding Tjrema-sana Widigoena kinen emprak sigra djengkle'k djoged kelana kasmaran roepane karo pisan lir nganggo topeng satoehoe salin roepane welaka
110. ki Baji goemoedjeng angling si Tjrema Ian Widigoena apa pada nganggo topeng Djengraga matoer ing rama doeka dalem poenika Djamal Djamil akalipoen mantoekmantoek ki Panoerta
111. wong roro denira ngihing arakit sasolahira nelasken tjengkoking djoged pangembjake tan selaja amiwir sonderira kekitjatan tindakipoen patjak goeloene edjlegan
112. andegleg klek oklak-aklik ebat koemroewel lir bahak inda sinamber ing keket kiprah kitrang kipat-kipat nglingngling-nglingngling djengginggat agroeda babon neladoeng kesroeg gidrah roendjah-roendjah
113. ilo-ilo ngolang-ngaling atindak lir katel nebak manggel kadoeng medong-medong anggedindang pipintjangan dedangkak lenggak-lenggak gedroeg-gedroeg nampel poepoe naritjig sisirig manggang
114. keplok tangan angetibing mentang baoe aseblakan noelja seseg lelagone semoen keringira niba ginoendjing langkoeng santak kang beksa tjelana tjangtjoed tjapeng lir arsa mangoen prang
115. andoedoek kendang tinitir anggobjog terbang lir bedah saking asroe penatabe angkloeng sengkrak kadya gerah mengkana Djamil Djamal anoedoeh pra bagoripoen kinen emprak sedajanja
116. njepeng tjorong sidji-sidji bagor selawe prah e'mprak maro rolas lir balane kelana sawidjineka
agibrah kekalangan samja salin warninipoen kadya balaning kelana
117. poenggawa roepa mawarni ting prengangah roepa-roepa kang sakepel babrengose kang godeg wok akakaban simbar dada sasagan moekane lir topeng toehoe ilang roepane welaka
118. eram sakfh kang ningali pratingkahe kang tongtonan kabeh pan katembe'n toemon djeng kjai Baji Panoerta kelangkoeng soekanira jata kang emprak sedaroem rekane samja ngloeroeg prang
119. moebeng ing kalangan ngibing ting djelimprak sarwi emprak pepantan ne'ng wetan koelon kabeh samja keplok tangan tjawetan tandang perang ginondjing gja niba liwoeng saja sroe trebang saoeran
120. goemoeroeh gora.reh atri seseg ngetog rahabira gja tjampoeh kang emprak prange arame bakar-binakar samja aselomodan sroe njoenjoek soemboe-sinoemboe bar-ber rame telorongan
121. aliweran paser geni kang kena tan pilih papan koemapres neng reraine wangwa soemjoer lir wesi bang pinaloe kras mentjoerat obor telas lawan soemboe anoelja satin gegaman
122. pedang kelewang miwah kris gigitik wesi giligan. rit bapang talempak towok ge'ge'r giris kang toemingal sedaja maras ing tyas kabeh pra samja aneboet kaja prie koewe Allah
123. noelja prang keris-kineris mjang pinedang kinalewang bat-bet koemeproek swarane kang pasah kang tan te mama kans tatoe gelangsaran saweneh ana kang lampoes loedira adeladagan
124. akatah warnaning kanin ana kang goeloenja pagas weneh kleweran oesoese gereng-gereng kelosodan kelana Tjerma-sana balane sedaja lampoes de kelana Widigoena
125. moeng kanin kedik kang mati gja kelana Tjerma-sana angamoek lawan kerise madjoe kinaroeboet bala ngrempak ngiwoeng merdjaja telas kang bala ingamoek pan kantoen sami kelana
126. sareng madjeng aprang tanding soedoek-sinoedoek aranija san.ja adjoerira karo rontangranting angganira aniba kalih pisan kelana ro pedjah sampjoeh pra bagor nem likoer pisan
127. samja pedjah anggoelinting sarta getih belabaran mjang kang klaweran oesoese gereng-gereng tan bisobah se'tehe kang toemingal gawok samja djrih andoeloe bias oelate sedaja
128. tan tahan ningali djisim akeh kalenger aniba binajang marang sanake trebange meneng priangga tan kanti sinalahan trebange meksih pinangkoe anggatoeng ngoengoen toemingal
129. kabeh tan ana tjoemoeit djalwestri gegetoen samja -^ "'dakep toetoep tjangkeme
mengkana ki Djamil Djamal ngadcg aneng kalangan linoeroeban djisimipoen oedjoering majit tinata
130. ronggeng ro kinen angibing noelja ngadeg Senoe Soerat Djamal bawa siwal mole djoedjoeloeke wali oelah Pangeran kang minangka nabi minangka djatikoe djatine tale wangsoelan
131. sinaoeran para santri landoeng samja lilirihan lelagone pari anom lir nangisi kang palastra rarase kang slawatan ronggeng ro goes Soerat Senoe kinen ngoebengi majitnja
132. Djamal Djamil aneng woeri sarwi ngangkloeng kalih pisan noet woerine ing ronggeng ro tibaning saoeranira anoelja Senoe Soerat sareng ngelik nganjoet-anjoet lir nangising kang palastra
133. penangising garwa siwi kadya poeloeng kapipitan asendet-sendet wilete lir wong anjoeling karipan sembada parikanja ana tangis lajoeng-lajoeng tangise wong wedi pedjah
134. tangise wong wedi mati gedongana koentjenana jen woes pesti nora wande gja tinampan ing saoeran trebang imbal ambalan lagone lirih aiandoeng Senoe Soerat Djamil Djamal
135. samja angoebengi majit koemeloen koetoeg angatnbar mengkana getih kang leber woes tan ana labetira ronggeng ro ngambil sekar saontje'n ing geloengipoen winigar sinebar-sebar
136. winratan lir nebar widji sinawoer kang kembang-kembang sarwi sinde'n parikane djati ngarang mangsa kapat djati temahan moelja moelja temah sampoerna woes moelih lir wingi ngoeninja
137. waloeja ingkang basoeki bedoeg teloe atangia
soetjekna badanmoe lae banjoe saraban tahoeran moedjia ing Pangeran lah wis ajoe ajoe ajoe wong donja balieng donja
138. kang majit noelja ngelilir koekoebe kabeh binoeka samja linggeh delog-delog Djamal Djamil keplok tangan pari anom aniba noelja tangi kang aloenggoeh kinanti ki Widigoena
| Prat elaning kalepatan | pan jita kipoen. | |||
| KATJA | 1e. Oetawi 2e. Kolom | Larikan saking n ging gil | KALEPATANIPOEN. | LERESIPOEN. |
| 2e. | 27 | |||
| 5 | 2e. | 8 | goegoerian ring | goegoerihan |
| 10 | le. | 30 | ing | |
| 14 | maoe | waoe | ||
| le. | 20 | tyas ing wang | tyasingwang | |
| 17 | 2e. | 37 5 | kinasian | kinasihan |
| 19 | 2e. | aparembe"an | aparembehan | |
| 23 | le. | 29 3 | pelarasa | pelarasan |
| 28 | le. | 18 | pangeran | Pangt'ran |
| 29 | te. | 5 | olea | oleha |
| 30 | le. | 16 | pangeran | Pangeran |
| 48 | 2e. | 19 | toewoes | moewoen |
| 55 | le. | 6 | toeng-toenan | toengtoenan |
| 62 | 2e. | 13 | semoe an | sewoe |
| 66 | le. | 23 | noeJa | lan |
| 158 | le. le. | 38 | noelja | |
| 150 197 | fe. | 23 | wabinem tan pada rat | wabin nem |
| 117 | le. | 33 | tanpa da rat | |
| 217 | le. | 20 | goemoedjing tjopetan | goemuedjeng |
| 248 255 | lc. | 29 | doek | tjopet tan doeh |
| 268 | lc. | 28 | oek | doek |
| 269 | 2e. | 34 | keh | eh |
| le. | 45 | gongsa | gangsa | |
| le. | 45 | noegrah | noegraha | |
| le. | 36 | kwek | kweh | |
| 2 | 2c. | 36 | ngang | |
| 1 | le. | 16 | ngang tanpa katja babon | ngong katja babon 924 |
| le. | 2 | tanpa katja babon | katja babon 924 | |
| 2 | 32 | 2 | wongwa | wangwa |
| 2e. | 2e. | kangpininda | kang pininda | |
| le. | le. | |||
1) kirang sawanda, katambahan: ah (tinengahan).
1) kirang sawanda, katambahan: ka.
1) kirang 2 pada lingsa, katambahan: betjik kinarja rerepei lahta mara tampanana.
1) prajoginipoen : rega.
2) prajoginipoen : rega.